Menak Cina (Jilid 03), Balai Pustaka, 1934, #1087

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Menak Cina (Jilid 02), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  2. Menak Cina (Jilid 03), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  3. Menak Cina (Jilid 04), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  4. Menak Cina (Jilid 05), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
Image

No. 1146b ... f 0.50

Menak Cina

Jilid 3.

Bale Pustaka – Batawi Sèntrêm

--- 3 : [0] ---

Sêrat Menak.

Sêrat Menak wêdalan Bale Pustaka ngantos tamat dumugi sedanipun wong agung nalika pêrang ing Lakad.

Dene urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

1. Menak Sareas.

2. Menak Lare. 1-4.

3. Menak Sêrandil.

4. Menak Sulub. 1-2.

5. Menak Ngajrak.

6. Menak Dêmis.

7. Menak Kaos.

8. Menak Kuristam.

9. Menak Biraji.

10. Menak Kanin.

11. Menak Gandrung.

12. Menak Kanjun.

13. Menak Kôndhabumi.

14. Menak Kuwari.

15. Menak Cina. 1-5.

16. Menak Mukub.

17. Menak Malebari. 1-4.

18. Menak Purwakôndha. 1-3.

19. Menak Kustup. 1-2.

20. Menak Tasmitèn.

21. Menak Pirkaras.

22. Menak Kalakodrat. 1-2.

23. Menak Sorangan. 1-2.

24. Menak Jamintoran. 1-2.

25. Menak Jaminambar. 1-3.

26. Menak Talsamat.

27. Menak Lakad. 1-3.

Ôngka: 1-15, sampun rampung pangêcapipun. Dene sanèsipun inggih badhe tumuntên mêdal.

--- 3 : [1] ---

Serie No. 1146b

Menak Cina

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 3.

Bale Pustaka – 1934 – Batawi Sèntrêm.

--- 3 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3 : 3 ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

29. Umarmaya Kêpanggih Menak Jayèngmurti Wontên ing Guwa.

29. Gambuh

1. Ni Êmban Siwang Siwung | wancining sore satêngah pitu | kinèn mijil mantuk pakuwonirèki | tur sêmbah Ban Siwang Siwung | mijil saking ing pakuwon ||

2. wau sang rêtnaning rum | sapungkurira Ban Siwang Siwung | pan kagagas tyasira saya wiyadi | linali-lali mêksemut | Wong Agung Jayèngpalugon ||

3. cumanthèl ing pandulu | wus palikêt mukêt nèng jêjantung | mêrêm mêlik tan ana ingkang katitik | sakèhing pikir katawur | pating balêsar mung katon ||

4. ya ingkang binalênggu | anèng ing guwa Sang Jayèngpupuh | datan bisa ngampêt ing tyas busana glis | kuda sumaos ing ngayun | sang rêtna anitih cemplo ||

5. wanci pukul sapuluh | ing kesahira tan ana wêruh | saonjotan têbihe guwa wanadri | wus prapta ing lampahipun | sang dyah kang nandhang wirangrong ||

6. manjing angaras suku | matur paran ing karsa wong agung | têmbe tumon wong cukêng kêpati-pati | tan ngangge mlèsèd sarambut | bangêt niaya maring ngong ||

7. kawula anênuwun [anê...]

--- 3 : 4 ---

[...nuwun] | inggih lilah paduka pukulun | kula aprang yèn tuwan ingkang anuding | mung ngidènana wong agung | enjang kula prang rêrêmpon ||

8. lan wong Yujana ulun | kang ngawoni putra tuwan tatu | mêngsah nêdya anumpês bala Nata Mir | tuwan idèni pukulun | sapintên gunge kang mungsoh ||

9. wong Yujana sadarum | tuwin wadyabala ing Mêdayun | wadya tuwan sampun wontên tumut jurit | wong Cina bae kang magut | kawula kang malês awon ||

10. môngsa wandea gêmpur | mung tigang êjam kawula sanggup | apêpulih putra tuwan nandhang kanin | katura bandan pukulun | Kewusnendar lan sang katong ||

11. Rajèng Mêdayin niku | salamine apan karya riwut | yèn paduka lilah kawula wêkasi | punika kang dados êtuk | wong ala winalês awon ||

12. anauri wong agung | iku ta luwih karsanirèku | nora akon nora mênging awak mami | sajêg ingsun manggih mungsuh | pira-pira para katong ||

13. durung nyênyambat ingsun | miwah Sang Prabu Mêdayin iku | yèn nêmua siya-siya soring jurit | nora lila raganingsun | sayêkti mungsuh lan ingong ||

14. eca imbalan wuwus | Jayèngmurti lan sang rêtnaning rum | wau lampahira Arya Pulangwêsi | jawining guwa wus rawuh | nitik sukêt lan kêkayon ||

15. kang kobong dadya awu | rêsik padhang kiwa têngênipun | nulya dhodhok Marmaya dènira ngintip | pan ing wanci têngah dalu |

--- 3 : 5 ---

sang putri kang ana ing jro ||

16. guwane pan asumuk | sitine mangêt-mangêt kumukus | Umarmaya miyarsa ana wong angling | ting garunêng dangunipun | swarane lanang lan wadon ||

17. mrêpak panjêjêpipun | narka yèn wewe lagya sêsunu | dangu ngintip Adipati Guritwêsi | atas pamiyarsanipun | karasa undure alon ||

18. nêdya amingêr ngidul | lawanging guwa padhang kadulu | dadya taha mandhêg sira Marmayèki | Sang Putri Cina winuwus | karasa tyase gya miyos ||

19. mulat pipining pintu | guwa ana gumrêmêng kadulu | sigra nilap lampahe sang rajaputri | saengga kilat sumêbut | turôngga cinancang adoh ||

20. mêndhak Umarmayèku | miyat solahe ingkang sumêbut | kawistara wong wadon ragane iki | sang rajaputri kadulu | anitih turôngga cemplo ||

21. Marmaya eram dulu | marang kang nitih turôngga mamprung | sampun têbih Marmaya cangkelak bali | ngintip guwa korinipun | katingal ingkang anèng jro ||

22. waspada langkung ngungun | manjing sarwi uluk salamipun | sinauran Marmaya lumêbêt aglis | mrêpêki suku angrangkul | karuna wong agung karo ||

23. Marmaya aturipun | sintên punika ingkang balênggu | mila tuwan amangih kadi puniki | alok ngandika wong agung | pan panggawene wong wadon ||

24. putri Cina puniku | lungane têka ing prajanipun | kang pinêlêng tan lyan amung marang mami [ma...]

--- 3 : 6 ---

[...mi] | samudana sandinipun | lamis marang sang akatong ||

25. nanging ingsun tan purun | nurutana karsane puniku | dadi runtik sang putri amrih pisakit | panjaluke amrih tinut | supaya mrih saguh ingong ||

26. nurutana sakayun | sêdyane pan lumaku rinêngkuh | ingsun lumuh dene wus kapêtha rabi | inganggêp Rajèng Mêdayun | marmane kakang ngong mopo ||

27. ingsun palaur lampus | yèn nuruta wong iku anguthuh | durung suwe pan mau têka ing ngriki | Umarmaya aturipun | kula wau gih kaprêgok ||

28. nanging tan wowor sambu | tan waspada mring kula pukulun | kula inggih tuna botên anitèni | mung katawis ukêlipun | kalamun priyayi wadon ||

29. lah suwawi pukulun | inggih sagung gêgodhi puniku | nuntên kula pagase kalawan sêking | sampun lami winayuyung | ing mangke dimène pêdhot ||

30. ya ta ngandika arum | sira Wong Agung Anjayèngpupuh | mêngko kakang mênênga sira kariyin | wong agung gya matêk jabur | kang godhi sutra ngalokro ||

31. astanira wus ucul | malorod godhi sutra ngalumpruk | apan arsa cinandhak Umarmaya glis | talikêm tular marucut | sumêbut musna tan katon ||

32. Marmaya eram dulu | sutra tali kêmandèn wus mabur | gèdhèg-gèdhèg matur istijrat puniki | watawis kawula wangsul | mring kang darbe sang lir sinom ||

33. Ki Umarmaya [U...]

--- 3 : 7 ---

[...marmaya] matur | tuman têmên paduka puniku | tingkah tuwan inggih kadi duk Pamêsir | rinante salaminipun | paduka tan sagêd mêdhot ||

34. pun Maktal praptanipun | ngluwari sagung kang para ratu | kinikiran rante pêdhot sadayèki | amung paduka pukulun | pribadi ingkang amêdhot ||

35. punika tunggilipun | mila ta duk wau-waunipun | kongsi lami wong agung mèsêm nauri | kakang durung wêktunipun | kang godhi sutra ngalokro ||

36. mêngko mangsane ucul | tali kêmandèn praptanirèku | sru gumujêng Ki Dipati Guritwêsi | mêdalkên êbir lan madu | juwadah kang raos-raos ||

37. wong agung dhahar ngunjuk | êbir madu lan juwadah arum | sarwi matur Adipati Guritwêsi | kawula botên angrungu | tingkah kang kantun pakuwon ||

38. asor ungguling pupuh | ya ta alon ngandika wong agung | aprang rame putri Cina kang pawarti | yayi dèwi kalihipun | saking Kuwari wus bodhol ||

39. Si Ruslan ingkang tatu | miwah prajurit kang para ratu | akèh kanin wong Yujana akèh mati | Kewusnendar barisipun | ingamuk gusis wus bodhol ||

40. ngungsi jro kitha tutup | Ki Umarmaya alon umatur | inggih guwa punika pan datan têbih | mung saonjotan puniku | têbihe saking pakuwon ||

41. pun kaki kêmpong pikun | kang tuduh ênggèn tuwan puniku | ingkang [ing...]

--- 3 : 8 ---

[...kang] asung Kêndhang Iskandhar rumiyin | asidik pun kaki pikun | waspada pun kaki kêmpong ||

42. paran karsa pukulun | punapa tuwan tumuntên kondur | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | kakang dèn rèrèh rumuhun | karsaningsun mêngko-mêngko ||

43. ôngga ngong maksih lêsu | mêngko kakang yèn wus pukul têlu | karodene iya ora pati têbih | wus dangu pangantinipun | pukul tiga mangkat sinom ||

30. Menak Jayèngmurti Luwar saking Guwa.

30. Sinom

1. datan kawarna ing marga | lampahe wong agung kalih | sira Sang Surayèng Jagad | lan Dipati Guritwêsi | pukul sakawan prapti | ing pakuwon pan gumuruh | Rêtna Dèwi Sudara | miwah Sirtupelaèli | anungkêmi ing pada asru karuna ||

2. sawusnya mundur tur sêmbah | kumrubut sagung para ji | angaras pada karuna | sigra Prabu Umarmadi | natab kêndhang saruni | nimbangi kang para ratu | umung tabah-tabahan | enggar manahe wadya lit | wus misuwur praptane Sang Kakungingrat ||

3. awit ing pukul sakawan | tabahan dènira muni | praptane ing byar raina | kêndhang gong maksih ngrêrangin | pakathik lan sêrati | samya enggar manahipun | suka-suka tan ana | musnane gusti wus prapti | kang wadya Rab [Ra...]

--- 3 : 9 ---

[...b] sukane anutug suka

4. wong agung enjang sineba | aglar kang para narpati | ngandika mring Arya Maktal | yayi sagunging para ji | kang ngêpung kitha sami | padha dhawuhana mundur | dimèn Si Kewusnendar | yayi mêngkoni ngajurit | dyan parentah wong agung ing Parangteja ||

5. bubar ratu pitung dasa | samya ngundurakên baris | ngumpul marang pasanggrahan | Natèng Yujana miyarsi | praptane Jayèngmurti | lawan Ki Umarmayèku | Sang Prabu Kewusnendar | marêk ing Rajèng Mêdayin | matur kadi pun Jayèngrana praptanya ||

6. ing benjang yèn mantuk sayah | pun Kalana Jayèngmurti | nuntên kawula miyos prang | dhatêng jawi kitha malih | wadya Ngarab kang sami | ngêpang kitha sampun mundur | kados pinarentahan | wadya salah ton ing jurit | aprang sarèh kadi yèn gustine prapta ||

7. ya ta kunêng sanalika | wong Arab wong Yujanèki | wuwusên Sang Putri Cina | ing wau kalane prapti | talikêm tular nênggih | ngalumpruk nèng ulonipun | kagyat sang rêtnaning dyah | angungun sampun kadugi | yèn luware Wong Agung Surayèng Jagad ||

8. kang tambang talikêm tular | cinandhak marang sang putri | kang tabêt sariranira | Wong Agung Surayèng Bumi | sang rêtnya jrit pribadi | gumuling sare amujung | rêmêk ingkang wardaya | bêbalung lir dèn lolosi | kinalungkên kang tambang talikêm tular ||

9. sapa kang nguculi [ngucu...]

--- 3 : 10 ---

[...li] baya | Wong Agung Surayèng Bumi | apa kang garwa kalihnya | putri adi Parangakik | kangbok Sudarawrêti | lawan kakang bok Rabingu | Sirtupelèli samya | karone putri prajurit | kayaparan dadine sariraningwang ||

10. sang rêtna nimbali Êmban | Siwang Siwung praptèng ngarsi | biyang paran dayanira | solah ingsun pan kawalik | dadi wak ingsun mangkin | biyang Êmban Siwang Siwung | jaluk apuranira | dene sira sun kilapi | rèh sun lawan Wong Agung Surayèng Jagad ||

11. sira biyang aja swara | Wong Agung Surayèng Bumi | wus sawulan anèng guwa | awit saking sun malingi | sun wot ing kuda nguni | ngong sirêpi nora wungu | tambang talikêm tular | minôngka amrih misakit | kang sun bêbêd nginggiling sikut mangandhap ||

12. sun pratela datan arsa | mirsakkên pra sadu mami | kudu nganggêp maratuwa | kukuh tan kêna kinuwik | ya dumèh wus miyarsi | surak ingsun ingkang katur | marang Prabu Nusirwan | inganggêp kapati-pati | nora obah dènnya ngaku maratuwa ||

13. Siwang Siwung duk miyarsa | dhuh pukulun kadipundi | kang pandamêl sampun salah | munduran tuwan wuwuhi | lan anggèr botên kêni | sanès lawan para ratu | inggih kang kathah-kathah | lamun trahing Pusêr Bumi | mawi walat tan kenging yèn ginagampang ||

14. ing mangke kadi punapa | Wong Agung Surayèng Bumi | sang rêtna alon ngandika | sutra kêmandèn wus prapti | iku kang

--- 3 : 11 ---

ingsun kardi | ambêbêd sariranipun | tambang talikêm tular | baya ana kang nguculi | garwanipun kang roro padha prawira ||

15. Sudarawrêti kang nama | putri adi Parangakik | lawan putri ing Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | karo putri prajurit | baya ika kang anjupuk | bisa napak gêgana | Siwang Siwung matur aris | sampun ruwêd nah anggèr ing rèh punika ||

16. biyang sapa kang prayoga | anjarumi awak mami | tan etang bayar sayuta | tutuge panggawe iki | apa garwane kalih | sun piluta manahipun | sun atur rajabrana | pèni-pèni rajapèni | saisine biyang nagara ing Cina ||

17. manawa tyase karênan | ginubêl ing garwa kalih | Siwang Siwung matur nêmbah | gusti sampun botên kêni | punika putri kalih | sampun kabêranang nêpsu | katon cidra paduka | sayêkti yèn muring-muring | dene anggèr amisakit mring kang raka ||

18. malah tuwan dèn prayitna | inggih manawi dhatêngi | putri kêkalih prawira | nanging kawula miyarsi | watêk wong Pusêr Bumi | tan wontên kang malês uhumukum | lamun ginawe ala | anarima lair batin | sukur anggèr ing solah botên kasêsa ||

19. sayêkti asalin gêlar | pratingkah punika gusti | kenginga pun Kakungingrat | ing gêndam sumbaga dhêsthi | lamun garwane kalih | dèrèng kenging manahipun | anggèr môngsa dugia | akrama lan Jayèngmurti | wontên sarat mirapêt milutèng rênggang ||

--- 3 : 12 ---

20. inggih tuwan apalêna | sabên dintên Gara Kasih | angsal kaping kawan dasa | sayêkti maru samya sih | sang rajaputri kalih | kadya tunggil yayah ibu | môngsa sagêda pisah | lan paduka kalih latri | lah punika mèlipun kang japa môntra ||

21. hong tingte hong topèk kong kang | padha jurungana mami | jalaku sêngara pita | jala sutra tampang rukmi | sun tibakkên jaladri | kêna kabèh iwakipun | sun tibakkên bangawan | gusis saisine kêni | sun tibakkên ing taman têlaga rêtna ||

22. kêna badhère kancana | sun tibakkên tyas Sang Putri | Rêtna Sudarawrêtika | putri adi Parangakik | lan Sirtupelaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | tyase rantas katatas | tumeplok anèng tyas mami | galang-gulung gumulung agêgolongan ||

23. amor rahsa paripurna | ya tyase Sudarawrêti | iya tyase putri Cina | tyase Sirtupelaèli | lan putri Cina nunggil | rahsanira rahsaningsun | tunggal jroning panukma | ya sirira ya sir mami | wus anêbu sauyun kalawan ingwang ||

24. inggih anggèr sampun têlas | sampun tuwan lali-lali | dèn èngêt sabên Anggara | ing kawan dasa pinusthi | putri Cina nuruti | sampun asrêp manahipun | dandanan marang priya | pêngasih mring maru bangkit | nanging maksih kalanglangan mêlang-mêlang ||

25. ya ta malih kawuwusa | Wong Agung Surayèng Bumi | animbali para nata | kang

--- 3 : 13 ---

tatu tinamban sami | tuwin putranirèki | waluya tinamban sampun | tan ana kaliwatan | mring Dipati Guritwêsi | sami eca tyasira kang para raja ||

26. ing sabên dalu kasukakkasukan | lan sagung para narpati | punggawa lawan satriya | mangkana dina sawiji | Natèng Yujana mijil | saking jro kitha gumuruh | arsa magut ing yuda | wong Arab myarsa nimbangi | sampun aglar barise kapang kalangan ||

27. gumêrah swaraning bala | kêndhang gong bèri tinitir | têtêg munya abarungan | wadya Rab berag ing jurit | balabar tanpa wilis | kadya têdhuh angêndhanu | wong agung wus busana | munggèng ing papan alinggih | ing amparan patarana dirgasana ||

28. aglar sagung para raja | kang sami saos ing jurit | Sri Bupati Kewusnendar | matur mring Rajèng Mêdayin | amba miyosi jurit | dimène enggal pukulun | inggih pun Kakungingrat | yèn mêdala pasthi kêni | Kewusnendar mangsah anitih turôngga ||

29. kawot sakabraboning prang | praptèng papan nguwuh tandhing | hèh payo Ambyah mêtua | papagêna tandang mami | sira anglês ing wêngi | balanira prange rusuh | tan ana kang prayoga | marmane sun kang ngalahi | dadya bubar baris ingong manjing kitha ||

30. wau kalane miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | sêsumbare Kewusnendar | sigra amundhut turanggi | askarduwijan prapti | sigra anitih wong agung | kawot kapraboning

--- 3 : 14 ---

prang | praptèng payudan wus panggih | atêtanya sira Raja Kewusnendar ||

31. prajurit aranmu sapa | kang amapag tandang mami | nauri Sang Kakungingrat | iya ingsun Jayèngmurti | gumujêng sri bupati | agawok ingsun andulu | kabèh boyonganira | para ratu gêng ainggil | sira iku nora agung apidêksa ||

32. apa kêmat lêkasira | ngêsorkên para narpati | payo apa anèng sira | ngandika Sang Jayèngmurti | tan watêk andhingini | Kewusnendar ngêmbat lawung | lah iya dèn prayitnya | ing aprang aja gumingsir | akawala paris waja ingsun tumbak ||

33. ngêtap kuda ngikal watang | Kewusnendar marêpêki | linawung askarduwijan | amubêng nikêl angering | lumarap lawungnèki | kêbate Sang Jayèngsatru | waosira cinandhak | kêna satêngahing godhi | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

34. hèh Sang Prabu Kewusnendar | nistha lêkasirèng jurit | narpati angagêm watang | satriya pantêse iki | sinêndhal dèn kuwati | Kewusnendar kajêrungup | tiba saking turôngga | lawunge binuwang têbih | dyan wong agung nimbangi anulya têdhak ||

35. wus samya dharat kang aprang | amutêr gadanirèki | sira Prabu Kewusnendar | angling sarwi marêpêki | patimu Jayèngmurti | katiban ing gadaningsun | kudhunga bôndabaya | kalih wus nitih turanggi | nadyan guntur surake bala andurma ||

--- 3 : 15 ---

31. Prabu Kewusnendar Nungkul dhatêng Menak Jayèngmurti.

31. Durma

1. rosanira panggadane Kewusnendar | kuwate kang nadhahi | parisane waja | mubal mêtu dahana | pinindho tinitir-titir | tangkis lêgawa | Kalana Jayèngmurti ||

2. tri gumuruh suraking mungsuh lan rowang | yayah nêngkêr wiyati | wau kang ayuda | angling Sri Kewusnendar | hèh Kalana Jayèngmurti | tuhu wêntala | nadhahi gada mami ||

3. nora osik sira sun tibani gada | payo malêsa aglis | iya dèn prayitna | kudhunga bôndabaya | mutêr gada marêpêki | usamadiman | gada agêm Sang Amir ||

4. wus ngawruhi prawirane Kewusnendar | lawan wus angrasani | ing prakosanira | tuhu ratu digdaya | ngêtap kuda marêpêki | Sang Kakungingrat | tumêmpuh punang bindi ||

5. Kewusnendar kudhung parise malela | ginada anadhahi | jumêbrèt lir gêlap | paris mêtu dahana | obah bêbalungirèki | satus sawidak | pinindho anadhahi ||

6. pan gumêtêr sang nata turangganira | pun jongwiyat sru anjrit | pining tiga tadhah | kuwat panangkisira | pandêdêle ing panitih | turôngga rêbah | pun jongwiyat ngêmasi ||

7. Prabu Kewusnendar tibane kaplêsat | tangi sigra mrêpêki | Sang Surayèng Jagad | wus têdhak saking [sa...]

--- 3 : 16 ---

[...king] kuda | adharat kang yuda kalih | gada-ginada | dangu tan migunani ||

8. sèlèh gada sarêng dènnya narik pêdhang | pêdhang-pinêdhang gênti | dangu main pêdhang | tibèng paris kumêmprang | kang pêdhang wus tanpa kardi | asèlèh pêdhang | mangsah tarik-tinarik ||

9. pan sadina ing prang tan ana kasoran | nêlas gêlaring jurit | sagunging gêgaman | sadaya tan wigata | Kewusnendar gya mrêpêki | Sang Kakungingrat | ingangkat wanti-wanti ||

10. tan kajunjung kinuwatkên ing pangangkat | suku tumanêm siti | netranya ngêmu rah | ngantêp panjunjungira | wong agung mêksa tan osik | suku kalihnya | saya rapêt lan siti ||

11. inguculkên angling Raja Kewusnendar | angur bêdhola wukir | kadaut dening wang | anjunjung marang sira | bobotmu anglêliwati | lir gunung waja | cilik têka tan osik ||

12. payo gênti Surayèng Bumi junjunga | wong agung anauri | iya dèn prayitna | sang nata pinrêpêkan | cinandhak wangkingannèki | nolih ing wuntat | Marmaya tampi wangsit ||

13. topongira ingulukkên mring awiyat | wadya Rab tutup kuping | sagunging wahana | kabèh wus tinutupan | gya pêtak Sang Jayèngmurti | lir gêlap sasra | sang nata wus tinarik ||

14. pan ingikal nèng asta kadi likasan | Kewusnendar binanting | gumuling bantala | tarutul ingkang prapta | Adipati Guritwêsi | Rajèng Yujana | pan sampun dèn talèni ||

15. kacêkêle surya tunggang ing ancala |

--- 3 : 17 ---

wus tinêtêgan nuli | bêdhol barisira | mungsuh kalawan rowang | wus kasrah marang Marmadi | Sang Kewusnendar | wau ta kang winarni ||

16. Sri Nusirwan bubare amasanggrahan | mila kèndêl sang aji | nêdya pirêmbagan | arsa panggih kang putra | Wong Agung Surayèng Bumi | ing karsanira | sidane karyanèki ||

17. lawan putri Cina nanging para nata | siji tan anuruti | miwah Patih Bêstak | ature tan sêmbada | amba wus miyarsa warti | pun Kewusnendar | sampun dipun luwari ||

18. botên dangu sapraptaning pasanggrahan | lajêng dipun luwari | pan sagah nyêpênga | dhatêng paduka nata | kang badhe dipun wêkasi | Sang Putri Cina | apan kinarya nênggih ||

19. ing ganjaran panuwune Kewusnendar | onêng dhatêng sang putri | punika angarang | pun Raja Kewusnendar | panuwune dèn turuti | ing putra tuwan | Wong Agung Jayèngmurti ||

20. pan ing wau pun Apatih Jawiarta | undhang salin agami | wadya Sayujana | sarta sami siyaga | mêpêki kaprabon jurit | enjing lumampah | anyêpêng paduka ji ||

21. lah suwawi angungsi mring nagri Kelan | ratu agung linuwih | kasub pramudita | nênggih ratu punika | tur darbe putri prajurit | datanpa lawan | kajiman sang aputri ||

22. kêkês kabèh para ratu tanah ajam | suyut atur ubêkti | katitih ing aprang | kasor ngasmarèng laga | botên prang lawan sang aji | putri kewala |

--- 3 : 18 ---

kang numpês ing para ji ||

23. sampun wontên ratu sèwu tanah ajam | katawan ing sang putri | kang kantun akathah | nungkul aris kewala | ajrih nanggulang ing jurit | botên anandhang | dibyane rajaputri ||

24. Kaelani gusti namaning nagara | praja gêng anglangkungi | asugih punggawa | bisikaning narendra | Sang Prabu Kelanjajali | gagah prakosa | prusa dêdêg rêspati ||

25. kathah balanipun para raja-raja | samya prawirèng jurit | putrinya katawan | samya dadya parêkan- | ira putrine sang aji | punjul sajagad | endah putri prajurit ||

26. apêparab sira Dèwi Kelaswara | ya Sang Rêtna Diwati | kasub prawirèng prang | marmane ingkang rama | sinêmbah samaning aji | saking kang putra | magut mukul ing jurit ||

27. kula sampun utusan atur uninga | yèn badhe tuwan ungsi | sagunging pratingkah | sadaya lampah tuwan | miwah pamundhut sang aji | sampun tumanggah | tuluse tuwan panggih ||

28. lawan putri Cina Rêtna Adaninggar | lan sagah amungkasi | nanging ngalam donya | pêjahe putra tuwan | Wong Agung Surayèng Bumi | samôngsa-môngsa | ewamakatên gusti ||

29. yèn paduka ngarsakkên nut putra tuwan | Wong Agung Jayèngmurti | nanging nanggêl baya | satru munggèng cangklakan | pun Rajèng Yujana mangkin | sampun pinacang | lawan Sang Rajaputri ||

30. Adaninggar pinacang lan Kewusnendar [Kewusne...]

--- 3 : 19 ---

[...ndar] | kang badhe malarati | mring sarira tuwan | Nusirwan sru ngandika | ing ngêndi prênahe patih | nagara Kelan | Patih Bêstak wotsari ||

31. saking ngriki dharatane ngalèr ngetan | nagari Kaelani | apan tinimbangan | lawan nagari Selan | kang kidul nagri Sêrandil | kang lèr ing Kelan | sami gêngipun gusti ||

32. kang lèr wetan ing Kelan jajahan Cina | lèripun lêrês ngêndi | tumut putra tuwan | Wong Agung Kakungingrat | nama Prabu Kaladini | Sang Kalandaran | punika kang sêsiwi ||

33. Gajahbihêr pêpatihipun ing Kelan | sampun ngirabkên baris | lampahan sasiyang | ngrêrangu ing paduka | bêkta bala tigang kêthi | ingkang parentah | Prabu Kelanjajali ||

34. angandika yèn mangkono undhangana | mêngko ing pukul kalih | iya budhal ingwang | lolos saking Yujana | Patih Bêstak gya ngundhangi | kang para raja | sri bathara ngling malih ||

35. lawan kongkonarakongkonana marang putri Cina | angaturi udani | yèn ingsun mring Kelan | amarga pinondhongan | mring Prabu Kelanjajali | Si Kewusnendar | wus kasor ing ajurit ||

36. pan wus dadi balane Si Kakungingrat | Patih Bêstak gya nuding | kêkalih punggawa | marang pakuwon Cina | budhal prabu nyakrawati | saking Yujana | kêbut sami sawêngi ||

37. pan anjujur wana lampahe sang nata | Patih Bêstak gya nuding | marang mantrinira [ma...]

--- 3 : 20 ---

[...ntrinira] | kinèn atur uninga | mring Gajahbihêr dhingini | patih ing Kelan | nyarkara kang tinuding ||

32. Putri Cina Atur-atur Rajapèni dhatêng Dèwi Sudarawrêti tuwin Dèwi Sirtupelaèli.

32. Dhandhanggula

1. kunêng wau Sang Rajèng Madayin | ingkang nêdya ngungsi marang Kelan | lawan sawadyabalane | wau ta kang winuwus | pan Wong Agung Surayèng Bumi | Sang Prabu Kewusnendar | linuwaran sampun | tinêtêpakên sadaya | karatone nagri Yujana tan gêmpil | ingakên saudara ||

2. pan wong agung sampun dèn aturi | angadhaton jro kitha Yujana | sawadya para ratune | kasukan siyang dalu | langkung agêng sihira Amir | mring Prabu Kewusnendar | sinudara tuhu | pinacak ratu wadana | para nata dhomas panêkarirèki | Narpati Kewusnendar ||

3. langkung sugun-sugun sri bupati | Kewusnendar agêng manahira | tan sinuda karatone | winuwus sinung luhur | palênggahanira sinami | lawan Sang Rajèng Yunan | myang Prabu Lamdahur | Kohkarib Ngêrum lan Kebar | Rajèng Kaos Kuristam Ngindi Ngabêsi | sami wadana ngarsa ||

4. ing Kunawar ing Buldan Biraji | ing Tursina lan Rajèng Tarkiyah | miwah Sang Prabu Gulangge | Kangkan Kuwari Kuljum | Ngêsam [Ngêsa...]

--- 3 : 21 ---

[...m] Yahman ing Kôndhabumi | ratu kang kasarira | mangkana wong agung | langkung sukanira mulat | Kewusnendar bêbantar bisa mèt ati | ing sagung para raja ||

5. Rajèng Selan myang Natèng Kohkarib | Rajèng Yunan Ngêrum lan ing Kebar | samya pinêndhêt galihe | kinulanan sadarum | liya saking wong agung kalih | Marmaya Arya Maktal | ing panganggêpipun | sami lan Sang Kakungingrat | dhasar wagêd sêmbada dêdêg rêspati | bagus titih wacana ||

6. andhap ambêke alus prak ati | wani kasor momot paramarta | putus ing kaprawirane | pulih tyasira dulu | pan Wong Agung Surayèng Bumi | sapêjahira Bahman | malah kapara sru | marang Raja Kewusnendar | gênge kang sih acipta pinaring kanthi | ing Hyang jawala ngajwa ||

7. suka tyasira wadya gêng alit | katutugan nèng nagri Yujana | tan ana kakurangane | akasukan anutug | para ratu sagarwa siwi | rêsêp ingkang pasaban | Kewusnendar Prabu | atur wanodya lêlima | endah-endah samya santananirèki | mring Prabu Kewusnendar ||

8. ingkang bibi Natèng Yujanèki | ingkang sêpuh pinanggihkên lawan | Natèng Kohkarib arine | sinungakên Lamdahur | kadangira nak-sanak nênggih | kang sêpuh katur marang | Sang Prabu Tamtanus | kang anèm Sang Natèng Kebar | arinira lan Rajèng Rum wus apanggih | sarêng paningkahira ||

9. rinêngga mring Sang Surayèng Bumi | ratu ingkang sami mangun krama |

--- 3 : 22 ---

ingestrenan sadayane | lajêng bujana nginum | amêmantu gangsal sang aji | têtiga sami kadang | naking-sanakipun | bibi kêkalih punika | mila kasok trêsnane Sang Jayèngmurti | mring Raja Kewusnendar ||

10. dènnya kêkancan lan para aji | lagya sawulan apan wus kadya | sapuluh warsa rakête | yèn ta sampuna ratu | ngilangakên ing tatakrami | saking nêlas dêduga | lair batinipun | wagêde Natèng Yujana | mirapêti mring sagung para narpati | arang basan-binasan ||

11. kunêng wau kang lagya mangun sih | kawuwusa Rajaputri Cina | kang agung onêng driyane | mêtak wiyoganipun | amiyarsa yèn Sri Bupati | Kewusnendar kabala | mring Sang Jayèngsatru | sampun ngadhaton jro pura | saha bala dene Sang Rajèng Mêdayin | lolos nêdya mring Kelan ||

12. tambuh solahe sang rajaputri | arsa seba mring Sang Kakungingrat | nêdya nuwun apurane | langkung lingsêm jrihipun | dadya mêpak rajabrana di | pèni-pèni ing Cina | nênggih sèwu pikul | nêmpuh ing pikir kadadak | arêruba mring sang rajaputri kalih | Parangakik Karsinah ||

13. gangsal atus gotongan asami | pêpatihe ing Cina dinuta | mring Jayèngmurti jujuge | duk siniwèng wadya gung | aglar ingkang para narpati | panangkilan Yujana | caraka tumanduk | ing ngarsa wus ingandikan | kyana patih ing Cina eram ningali | gunge kang para raja ||

--- 3 : 23 ---

14. lan cahyane Sang Surayèng Bumi | kadidene padhaning manungsa | nukmèng sasôngka sunare | katur saaturipun | yèn dinuta marang sang putri | tur-atur mring kang garwa | ngaturi pisungsung | Wong Agung Surayèng Jagad | angurmati kondur ngadhaton Sang Amir | sapraptanirèng pura ||

15. garwa kalih ingandikan prapti | dutanira Rajaputri Cina | ngandikan manjing purane | angandika wong agung | lah dutane sang rajaputri | kinongkon gustinira | marang garwaningsun | lah mara sira têmbungna | nora kêna yèn ingsun ingkang nanggapi | yêkti kurang utama ||

16. utamane pan sira pribadi | sun lilani sira têmbungêna | mring garwaningsun karone | Patih Cina wotsantun | ila-ila pun patik gusti | ajrih lamun matura | ing garwa pukulun | pan amung matur ing tuwan | ya ta mèsêm ngandika Sang Jayèngmurti | ora têka matura ||

17. Patih Cina umatur wotsari | dhuh pukulun kawula dinuta | ing rayi paduka anggèr | Rêtna Sudara nyêndhu | sarwi mèsêm hèh paman patih | pan luput aturira | ika kangjêng ibu | garwane Prabu Nusirwan | têka sira ênomakên marang mari | tumpang-suh iku paman ||

18. kyana patih lir konjêm ing siti | Putri Karsinah gumujêng latah | kakang êmbok salah gawe | saungêl-ungêlipun | angandika Sudarawrêti | hèh yayi walik sumpah | duraka wak ingsun | ngandika mring dutèng Cina | paman patih jêng ibu

--- 3 : 24 ---

paring punapi | marang sariraningwang ||

19. kyana patih matur awotsari | inggih pèni-pèni saking Cina | gusti akathah warnine | punika pemutipun | sêrat cacah wus dèn tampèni | brana sèwu gotongan | manjing jro kadhatun | dutèng Cina pinaringan | pinisalin matura jêng ibu paring | bangêt panuwun ingwang ||

20. duta nêmbah mring Sang Jayèngmurti | tuwin marang garwa kalihira | saking jro pura wus lèngsèr | langkung pangungunipun | ing murahe Sang Jayèngmurti | lampahe tan winarna | ing pakuwon rawuh | lajêng manjing pasranggahan | kyana patih wus praptèng ngarsaning gusti | umatur atur sêmbah ||

21. katur sadaya lampah tinuding | angandika Rajaputri Cina | iya bapa kaya priye | tutura purwanipun | lakunira katêmu ngêndi | kyana patih tur sêmbah | pukulun wong agung | kapanggih duk siniwaka | pôncaniti balane kadya jaladri | kang para raja-raja ||

22. kadya dede ratu manungsèki | pantês ratu ing pura buwana | sêmbada lan kêkuwunge | cahya nukmèng sitangsu | kula prapta matur wotsari | Wong Agung Parangteja | pantês kang umatur | pantêse kang ingaturan | lamun duta saking ing paduka gusti | tur-atur mring kang garwa ||

23. nuntên kondur ngadhaton Sang Amir | praptèng pura amba tinimbalan | manjing kadhaton nah anggèr | kapanggih dènnya lungguh | garwa kalih sampun sinandhing | kula kinèn nêmbungna | dhatêng garwanipun | kula jrih mopo

--- 3 : 25 ---

pinêksa | amba matur dhatêng Putri Parangakik | sawêg angsal rong kêcap ||

24. nuntên anyêndhu Sudarawrêti | sarwi mèsêm luput iku paman | sira basakakên anèm | pan ika kangjêng ibu | ingkang garwa Natèng Mêdayin | aja awèh wilalat | mring sariraningsun | kang satunggil nuntên latah | kang pêparab Rêtna Sirtupelaèli | putri adi Karsinah ||

25. sarwi matur kangbok salah kardi | kajêngipun inggih singa-singa | sasênênge basakake | Rêtna Sudara muwus | nora ilok hèh yayi dèwi | wong tuwa dadi mudha | sungsang sarik sêru | ing batin awèh wilalat | ngêndi ana ibu binasakkên yayi | sayêkti walik sumpah ||

26. ingkang raka Sang Surayèng Bumi | botên sêgu kèndêl tan ngandika | kang rayi botên tinolèh | duk miyarsa sang ayu | Rajaputri Cina lon angling | bapa nora kayaa | numbras têmên iku | apa pakone kang lanang | nanging nora sun watara bapa patih | kyana patih tur sêmbah ||

27. kadi botên putri Parangakik | tan katawis yèn kinêcêkana | èstu yèn karsane dhewe | dhasar putri pinunjul | limpad pasang graita lantip | bêranyak kasêmbadan | manise kang têmbung | angèl gusti ngupadosa | soring wiyat kadi putri Parangakik | pantêse yèn micara ||

28. dene Rêtna Sirtupelaèli | gandês luwês tur raga kêrana | sêkêpe wikana gène | punika si wong patut |

--- 3 : 26 ---

datan wontên sarune sami | sang rêtna angandika | mêtua karuhun | kya patih tur sêmbah mêdal | putri Cina tontonên ingkang pawarti | tyasnya wayang-wuyungan ||

29. Ban Siwang Siwung maksih nèng ngarsi | angandika Rajaputri Cina | iya biyang kaya priye | numbras têmên wong agung | sagarwane mènthèl kêpati | padha macuk maring wang | milu basa ibu | upama ingsun cidraa | ingsun dhustha aprang tandhing ngadu sêkti | upama sun pêdhanga ||

30. kaya rampung putri Parangakik | sun sabêta ing talikêm tular | rontang-ranting kuwandane | mendahane wong agung | duka nêmpuhakên mring mami | ngêndi gon angupaya | kaya kangbok iku | candhala angur uripa | lothung-lothung kangbok putri Parangakik | yèn ingsun kaluputan ||

31. ênggon ingsun angladèni laki | marang Wong Agung Surayèng Jagad | nora nana prayogane | kang pantês mulang muruk | kang prasasat jêng ibu sori | amung Kangbok Sudara | ngelingna maring sun | kangbok putri ing Karsinah | mènthèl têmên milu mêmoyok mring mami | upama sun pêdhanga ||

32. sun panaha tugêl jangganèki | mendahane ingkang duwe garwa | sataun muring-muringe | nêmpuhakên maring sun | nora antuk ingsun ngulati | kaya Kangbok Karsinah | cêndhalane muput | cêndhala angur uripa | katon têmên Kangbok Sirtupelaèli | sok tawa dhahar rujak ||

33. kunêng kang agung amung wiyadi | awuyungan lir edan kabuyan [kabu...]

--- 3 : 27 ---

[...yan] | andina tambuh solahe | gantya ingkang winuwus | sri bathara anyakrawati | prapta ampeyan Kelan | Gajahbihêr mêthuk | wus angirabakên bala | baris kuda winatara tigang kêthi | lêlampahan sasiyang ||

34. têpung sungut lan wadya Mêdayin | ingaturan uning Sri Nusirwan | Gajahbihêr pamêthuke | ya ta kèndêl sang prabu | piyak wadyabala Mêdayin | praptane Patih Kelan | ing ngarsa wus tundhuk | tur sêmbah ulun dinuta | ing putranta Sang Prabu Kelanjajali | mondhongi jêng paduka ||

35. kapiarsa yèn kasor ing jurit | kabujung saking nagri Yujana | kang sagah ngêkahi mangke | putra tuwan sang prabu | Sri Bathara Kelanjajali | Nusirwan duk miyarsa | suka manthuk-manthuk | hèh patih liwat tarima | pangukupe anak Prabu Kaelani | wêlas marang pun bapa ||

36. anak Gajahbihêr sira iki | dhinginana matur ing sang nata | mung tinggala mantri bae | angirid lakuningsun | Kyana Patih Kelan wotsari | tilar kuda salêksa | mantrinya sapuluh | lampahira sigra-sigra | kyana patih ing marga datan kawarni | wus praptèng nagri Kelan ||

37. katur marang Sri Kelanjajali | sri narendra gya ngundhangi bala | siyaga mêthuk praptane | sang prabu ing Mêdayun | tigang yuta wadya umiring | kadya giri kusuma | budhale sang prabu | rêspati nitih dipôngga | Rajèng Kelan songsong pitung dasa ngapit | upacara ing ngarsa ||

38. asri busananing pra dipati |

--- 3 : 28 ---

amakuwon dohe saking kitha | tiga têngah jam punjule | anênggih tigang mênut | cinarita ing tigang ari | ana ing pasanggrahan | ing pamêthukipun | kunêng ingkang kawuwusa | putri Kelan èstu punjul ing sabumi | bêranyak kasêmbadan ||

39. sarwa pantês pidêksa rêspati | datan wontên sarune samêndhang | angundhung-undhung manise | tuhu ratuning ayu | parêkane samas kênya di | putri ingkang katawan | prajane pinukul | marang Dèwi Kelaswara | ratunipun kasor prang ngaturkên putri | suwita mring kang rama ||

40. panahira Sang Raja Pinutri | Kelaswara pinanahna arga | sapta guntur têmah lèngsèr | pêdhangira sang ayu | pinêdhangna ing gajah wêsi | sigar palih naratas | lawunge sang ayu | linawungêna ing arga | sapta lolos tan kêna dèn parisani | panjunjunge sang rêtna ||

41. liman sapuluh kinarya undhi | mêng-amênge kala timur mila | blêgdaba kinarya canthèng | mila kang para ratu | tanah ajam samya kajodhi | mangkana sang lir rêtna | pamiyarsanipun | kang rama badhe tamuan | parangmuka bêburone dèn kukuhi | kang ngungsi marang Kelan ||

42. animbali pra cèthi prajurit | kawan atus lurahe sakawan | lumrah kang jinara mèntèr | kang tinatah malurud | kang tinumbak angujiwati | mungkur lamun pinêdhang | kumêmprang pan putung | kathah kang winadung mêndat | kang cinundrik ngalirik lir dèn lik-ilik | alatah [a...]

--- 3 : 29 ---

[...latah] tan kêrasa ||

43. yèn ginada nampèl asta kering | angandika Rajaputri Kelan | têtanya marang êmbane | paran wartane biyung | ing têdhake saking nagari | jêng rama ji amapag | ratu ing Mêdayun | kang duwe bêburon sapa | nêmbah matur Êmban Sumbita mring gusti | risang mangun sri nata ||

33. Prabu Nusirwan Mirsani Kadibyanipun Rêtna Kelaswara Nalika Ajar Prang.

33. Sinom

1. anggèr kawula miyarsa | kang pinêthuk ing rama ji | wasta Sang Prabu Nusirwan | anyakrawati Mêdayin | binujung dèn kukuhi | dhatêng ramanta sang prabu | kang darbe bêbujêngan | Wong Agung Surayèng Bumi | ing samangke wontên nagari Yujana ||

2. mirsaa yèn kinukuhan | burone pasthi dhatêngi | Wong Agung Surayèng Jagad | balane kadya jaladri | kasub anglêlanangi | sugih bala para ratu | rong kêthi pitung lêksa | punggawane tanpa wilis | dèrèng wontên ing mangke kang nimbangana ||

3. ratu sangisoring wiyat | tangèh angundha-usuki | kadi Wong Agung Kuparman | Kalana Anjayèngmurti | pinèt mantu ratu jin | Natèng Ngajêrak pukulun | apatutan satunggal | Nata Dèwi Kuraisin | milanipun yèn kula purun matura ||

4. inggih bok sampun minêngsah | Wong Agung Surayèng Bumi | kawula giris miyarsa | gunge wadya kang para ji | bok [bo...]

--- 3 : 30 ---

[...k] sampun dèn kukuhi | inggih burone puniku | luwung dèn aturêna | sampun kongsi dados jurit | Sang Kalana Surayèng Jagad prawira ||

5. malah kawula miyarsa | panganjure kang nênitik | ing salasahe Nusirwan | kèndêl nèng dhusun Paminggir | dede Sang Jayèngmurti | punika ingkang panuduh | Wong Agung Parangteja | kang darbe utusan gusti | cundakane para ratu pitung dasa ||

6. dene wadyane sadaya | wontên tigang atus kêthi | kulanggèr sok ngimpi ala | inggih nagri Kaelani | katingal banjir gêtih | kèlêban lêlarenipun | dene anggèr paduka | katingal sajroning ngimpi | pan lininting munggèng jroning sêkar pudhak ||

7. ingkang anglinting wikana | kentar lumembak jêng gusti | jroning samodra ludira | abdi paduka pra cèthi | katingal sami angling | dhatêng kawula pukulun | nyai sajroning pudhak | punika gusti sang putri | abdi samya nututi botên kacandhak ||

8. dadya anangis sadaya | nuntên gègèr saking wuri | loking wong kang kathah-kathah | padha mirea dèn aglis | ana satriya mantri | yaiku gustining mungsuh | Wong Agung Kakungingrat | agupuh kawula tolih | mung satunggal anitih turôngga pelag ||

9. lamun ing mangke wontêna | tiyange amba tan pangling | pêkik dêdêge pidêgsa | cahyane apindha sasi | sakapraboning jurit | wayahe satêngah sêpuh | nanging kadya jêjaka |

--- 3 : 31 ---

prak ati sêdhêp amanis | jro pangipèn gusti kawula kasmaran ||

10. sarwi angêtap turôngga | sêkar pudhak dèn tututi | nglangi samodra ludira | cinandhak pudhake kêni | anulya dèn sangkêlit | turanggane nulya wangsul | nuntên kagèt kawula | gêragapan lajêng tangi | mila maras raose manah kawula ||

11. angling Dèwi Kelaswara | biyang ingsun iya ngipi | taman lulut udan lintang | ingsun katon anjumputi | tuk têlu sun kandhuti | kumabruk rêmbulan runtuh | tiba ing pangkon ingwang | kagèt ingsun nuli tangi | gêragapan lintang sun kandhut tan ana ||

12. kèlingan lamun supêna | biyang impèn ingsun bêcik | impènira iku ala | tur sêmbah inggih manawi | praptaning mêngsah benjing | wontên awon pênêdipun | layak mangkono biyang | apa wani mungsuh iki | yèn banjura amukul nagari Kelan ||

13. wania nora kayaa | langar têmên sun arani | jampêng nora tuku warta | yèn Prabu Kelanjajali | duwe putri prajurit | tate bônda para ratu | agung-agung katawan | kêna madyaning ajurit | nora talah prajurite wong Kuparman ||

14. kunêng Rajaputri Kelan | kang lagya siniwèng cèthi | wau ingkang kawuwusa | Sang Prabu Kelanjajali | pamêthuke wus panggih | lan kang rama ing Mêdayun | sigra Prabu Nusirwan | langkung dènira minta sih | marang Prabu Kelanjajali ing Kelan ||

15. lajêng wau

--- 3 : 32 ---

ingaturan | budhal manjing jro nagari | sira Sang Prabu Nusirwan | sawadyabalanirèki | sapraptaning nagari | ing Kelan lajêng ngadhatun | kang rama ingaturan | sira Sang Rajèng Mêdayin | sawadyane makuwon ing sitibêntar ||

16. kalangkung sinungga-sungga | sri bathara ing Mêdayin | tinutug sasukanira | dene ratu nyakrawati | ngumbara ngungsi-ungsi | katoring-toring binuru | gumrahe kang pawarta | singa-singa kang dèn ungsi | kinasorkên aprang lan Sang Kakungingrat ||

17. Sang Ibnu Bardini Kelan | ya Prabu Kelanjajali | langkung wlasirèng bathara | nyakrawati ing Mêdayin | wagêde Ki Apatih | Bêstak aminta sihipun | bang-êbang kang ingajap | Kalana Jayadimurti | bêgjanipun ing têmbe kang ngawonêna ||

18. dene botên wontên adat | wong unggul sajêge urip | mila sang prabu ing Kelan | purune ngêdêt kapati | dening kênèng mêmanis | Bêstak ing pangunggaripun | mangkana sri narendra | ing Kelan lagya siniwi | Sri Nusirwan ingaturan manjing pura ||

19. wus samya tata alênggah | Sang Prabu Kelanjajali | ingkang putra tinimbalan | Kelaswara praptèng ngarsi | parêkannya sang putri | samas angayap sang ayu | samya kinèn biyasa | ajar-ajar ing ajurit | sapawonganira wus samya siyaga ||

20. pinalih ingkang pawongan | ingabên ajar ing jurit | arame panah-pinanah | tumbak-tinumbak prasami | pêdhang-pinêdhang nguthik [ngu...]

--- 3 : 33 ---

[...thik] | acaruk duduk-dinuduk | eram Prabu Nusirwan | mulat pratingkahing èstri | tanpa karya gêgaman tumamèng ôngga ||

21. nulya sang putri tumêdhak | ngawaki cèthi sapalih | pinalih malih punika | sinungkên ingkang sasisih | dadya sang rajaputri | kang pinangku amung satus | tigang atus kinarya | anglawanana ing jurit | tinêngaran kêndhang gong bèri sauran ||

22. wontên dipôngga sadasa | kang sinaoskên sang putri | cèthi tigang atus mangsah | kang satus pinurwèng jurit | tinêmpuh nganan ngering | panah pasêr ting palêncut | singsal tumibèng asta | kang rukêt pating carêngkling | êmar-êmar wong Mêdayin maras mulat ||

23. parêkan satus kasoran | ngungsi wurine sang putri | gêgamane sampun sinasirna | binêrêk kongkih katitih | sigra sang rajaputri | têtulung ingkang kêplayu | gajah kalih cinandhak | nèng astane kanan kèri | pan ingikal gajah mubêng lir likasan ||

24. binandhêmakên mring mêngsah | pinaliwat pan winangsit | gajah sumyur kalih pisan | kang binandhêm angoncati | gajah sapuluh ênting | anèng ing siti malêdug | anulya tinêtêgan | luwar kang ajar ing jurit | Kelaswara wus marêk ngarsaning rama ||

25. jêtung kang samya umiyat | pra dipati ing Mêdayin | angguguk Kya Patih Bêstak | Nusirwan angêntrog wêntis | sagung wadya para ji | Mêdayin suka kalangkung | sajêge minta sraya | tan antuk kadi samangkin | samya suka wong Mêdayin [Mêda...]

--- 3 : 34 ---

[...yin] nutug suka ||

26. angrasa yèn katandangan | wong Arab samôngsa iki | saking prayoga srayanya | prajurit jalu lan èstri | têgêse animbangi | lan Ngarab prajuritipun | wau ta Sri Nusirwan | dangu dènira ningali | Kelaswara kathah karaosing nala ||

27. wangun sanginggiling tênggak | kadi Rêtna Muninggarim | netra miwah pêpilingan | larapan imba ngêblêgi | netra grana myang lathi | sadaya anunggil wangun | amung kaot bêranyak | antêng Rêtna Muninggarim | Kelaswara lan Sudarawrêti kêmbar ||

28. pidêgsanira Muninggar | Putri Kelan Parangakik | têtiga nunggil dêdêgnya | mung sanès lêlewanèki | Muninggar jêtmikani | putri kêkalih puniku | ingkang kêmbar lêlewa | putri Kelan Parangakik | Kelaswara lan Sudarawrêti samya ||

29. sami bêranyak sêmbada | sasolahe ngrêspatèni | sami manising wacana | èsêm sêdhêpe pan sami | parêk atine nunggil | ngagètakên kang andulu | gandêse wong sajagad | wus anèng sang putri kalih | rêrèbète kang dèn êdum wong sajagad ||

30. kunêng kang amangun suka | Nusirwan Kelanjajali | lan sawadya punggawanya | anèng nagri Kaelani | gantya wau winarni | Arya Maktal dutanipun | ratu kang pitung dasa | nênggih kang samya nênitik | salasahe kang dèn ungsi mring Nusirwan ||

--- 3 : 35 ---

31. ing mangke sampun têtela | anèng nagri Kaelani | dènnya ngungsi kinukuhan | mring Raja Kelanjajali | sagah tandhing ajurit | anyirnakêna anggêmpur | mring Sang Surayèng Jagad | wau ta ingkang winarni | ing Yujana wong agung ngungkurkên karya ||

34. Dhatêng Nagari Kelan.

34. Pangkur

1. wong agung asiniwaka | aglar sagung punggawa kang para ji | Arya Maktal nêmbah matur | pukulun rama tuwan | sri bathara panggenane sampun têmtu | lawan sawadya punggawa | wontên nagri Kaelani ||

2. kang dèn ungsi Rajèng Kelan | pan tumanggah Prabu Kelanjajali | mêngsah paduka pukulun | putrinipun prawira | Kelaswara tate bônda para ratu | milane sagah samôngsa | mêngsah lan Paduka Amir ||

3. wong agung mèsêm ngandika | wus karuhan yayi Natèng Mêdayin | iya nora arsa kondur | anutugakên karsa | wus têtela iya ing pangungsènipun | Umarmadi undhangana | wadya gung saos ing jurit ||

4. samangsane budhal ingwang | nanging wusa samêkta kang para ji | datan wande sun ngalurug | amukul nagri Kelan | dene mêngko pan lagi klangênan ingsun | suka nèng nagri Yujana | sandika sagung para ji ||

5. wau ta Sang Kakungingrat | nèng Yujana kacaryan acangkrami | dènnya kalangênan [kalangê...]

--- 3 : 36 ---

[...nan] nutug | ing wana myang ing toya | lan kasêngsêm trêsna marang ratunipun | Kewusnendar ing Yujana | wong agung langkung dènnya sih ||

6. mangkana duk abujana | Jayèngmurti lan sagunging para ji | alon ngandika wong agung | yayi prabu Yujana | nagri Kelan pira ta lêlakonipun | dharate saking Yujana | Kewusnendar awotsari ||

7. pukulun pan kalih wulan | ngalèr ngetan inggih saking ing ngriki | layaran pitulas dalu | watês pan karocokan | nagri Kelan têtêngahan lêrêsipun | tampinganipun kang wetan | lan ing Cina nunggil wangkid ||

8. kang lèr tampingane nunggal | lan ing Ngindi kang kidul tunggil wangkid | lan kakang Prabu Lamdahur | Lamdahur nambung sabda | inggih saking Surati lèr wetanipun | wetan lêrês saking Kusta | kilèn Kusta tunggil wangkid ||

9. lan jajahan Rum punika | ing Ngandêli lan Kusta tunggil wangkid | Ngandêli kang tumut ing Rum | kidul kilèn tampingnya | tunggil wangkid lawan Yujana pukulun | kang kilèn tamping Yujana | lan ing Yahman tunggil wangkid ||

10. ing Selan ratu prakosa | widigdaya Prabu Kelanjajali | punika pan sutanipun | Raja Bardinilekan | ratu wudhu ing aprang salaminipun | tumitah nèng ngalam donya | inggih dèrèng angsal tandhing ||

11. wong agung alon ngandika | mring Lamdahur yayi Rajèng Surati | tuduhên dhingini laku | ing Kusta lan ing Gêdhah | lan Sêlangur sandika Prabu Lamdahur [La...]

--- 3 : 37 ---

[...mdahur] | parentah ing balanira | ratu kang badhe dhingini ||

12. Rajèng Ngêrum pinundhutan | lan ing Ngindi Yujana Yahman sami | ratu satus pitung puluh | bidhal saking Yujana | panganjure sarta anglalar marga gung | gunggunge kang balakuswa | wontên gangsal atus kêthi ||

13. kang môngka cucuking lampah | Sang Suratisdaham Rajèng Surati | kalawan Sang Raja Harnus | ratu nagri Têrkiyah | lan ing Gêdhah Raja Alam kang panganjur | ing Kusta Raja Marekan | Ngandêli Raja Bêrdasih ||

14. urunan wadya Yujana | Raja Ukdur lawan Sang Raja Kibsil | lan Raja Bardinankandrun | urunan Ngindi Raja | Dawudanu lan Raja Jêrjani Biktur | kadya parbata pawaka | saking Yujana lumaris ||

15. angkên girindra puspita | dêdamêle ratu kang mianjuri | ratu satus pitung puluh | lêpas saking Yujana | nglalar marga ing wana-wana gra gêmpur | wus têbih ing lampahira | asmara sagung para ji ||

35. Putri Cina Nyuwun Mêmitran kalihan Dèwi Sudarawrêti.

35. Asmaradana

1. kunêng wontên kang winarni | rêksasa pêpalajêngan | kabur saking ing dhangkane | ing nguni ditya Jabalkap | nênggih ingkang sêsuta | anama wil Raja Samum | pêparab Mardusindhula ||

2. sapêjahe ramanèki | Raja Samum tilar surat |

--- 3 : 38 ---

marang Mardu atmajane | kulup ing sapatiningwang | sira age lungaa | aja dhêdhôngka sirèku | iya ana ing Wukirkap ||

3. angungsia kang abêcik | kang adoh saking Gunungkap | besuk ing Jabalkap kiye | tan kêna kambah ing ditya | wil diyu lan dênawa | yèn maksiha mantunipun | iya Sang Natèng Ngajêrak ||

4. Wong Agung Surayèng Bumi | Menak Jayèngsatru Ngarab | kang anggêmpur ditya kabèh | yèku kang mêrung maring wang | kang gruwung grananingwang | mila sang rêksasa Mardu | tapa nèng wukir Sindhula ||

5. wontên tigang atus nênggih | kang tumut dhôngka Sindhula | saking Kelan kidul kulon | sadaya sami martapa | wil Mardu wus pêputra | kêkalih èstri pinunjul | tumut amartapèng bapa ||

6. nama Mardawa Mardawi | kalih samya kinawasa | bisa manjing aju-ajèrajur-ajèr | dhasar pakartining ditya | bisa laku mangkana | nanging punika pinunjul | sasama-samaning ditya ||

7. mangkana miyarsa warti | bungasing wana katrajang | ing bala Jayèngpalugon | ingkang mianjuri lampah | angègèrakên wana | burone samya kêplayu | andhêmpèng wukir Sindhula ||

8. buron agêng-agêng sami | gajah banthèng macan warak | balêgdaba sênuk mèmrèng | jilma lajêng asuwita | marang Mardu punika | iya Mardu iya Jamum | Mardujamum namanira ||

9. buron wana ngratu sami | mring ditya Jamum akathah | saking sangêt sutapane | miwah marang sutanira | Ni Mardawi Mardawa | ngawulakkên [ngawula...]

--- 3 : 39 ---

[...kkên] buron agung | Jamum kabul kang istijrat ||

10. dhasar rasêksa wus sêkti | aja kudu nganggo tapa | ditya wus sugih kasêktèn | Raja Mardujamum ika | winuwuhan martapa | pinrih ing kasêktènipun | ngasorna isining jagad ||

11. miwah putra kalih èstri | prasamya mrih kaprawiran | angajap pinunjul dhewe | mangkana wau kang putra | kalih samya ngandikan | praptèng ngarsa ramanipun | putra Mardawi Mardawa ||

12. Raja Jamum ngandika ris | babo nini ana karya | nora wurung gawe gêdhe | iku satru kabuyutan | nêlasah marang sira | ngupaya têdhake Samum | kaya priye dayanira ||

13. Raja Jamum sarwi nangis | karaos wau kang rama | pinatèn Jayèngpalugon | kang putra kalih tur sêmbah | inggih maras punapa | numpêsa sawadyanipun | Wong Agung Surayèng Jagad ||

14. kawula rama kadugi | inggih sadalu kewala | ingkang kadi samodra rob | wong Menak sabalanira | botên kantos rong dina | paran karsa rama prabu | Raja Jamum angandika ||

15. rara ewuhe tyas mami | nora kêna ginagampang | Wong Agung Jayèngpalugon | ditya sangisoring wiyat | gêmpur Jabalkap sirna | tan kêna tinulak iku | dibyane Si Kakungingrat ||

16. dene karêp ingsun nini | bêcike pan pinirowang | mrih kêna rusake kabèh | iki mupung anèng têba | mêntas bêdhah Yujana | banjur mring Kelan anglurug |

--- 3 : 40 ---

yêkti yèn besuk miyarsa ||

17. yèn ingsun maksih nèng ngriki | karana tan ana marga | pantês kambah gaman gêdhe | kang anjog nagari Kelan | amung wukir Sindhula | akèh pacangkraman patut | ing wana miwah ing toya ||

18. nora narka awak mami | alas iki yèn kongsia | kambah ing Jayèngpalugon | dening doh kaliwat-liwat | ing mêngko karsaningwang | sira lan arinirèku | arupaa wanodyendah ||

19. mring Kalana Jayèngmurti | padha amriha kagarwa | wruhanira sutaningong | sirnaa Si Kakungingrat | yèn Maktal durung sirna | sayêkti Maktal winangun | kinarya silih wong Menak ||

20. mring Dipati Guritwêsi | pasthi bisa angupaya | kabèh kang nyidra ing têmbe | yèn maksih Si Parangteja | kang padha gawe ala | tumindak mêmalês ukum | sira pan kaburak-burak ||

21. rêmbug ingsun mau nini | yèn sira kongsi kagarwa | miwah yèn mêtu anake | bisa angêbas ambebas | dene wus kasarira | pinèt ta sangkaning alus | ludhêsa nora kawruhan ||

22. kang putra kalih wotsari | inggih lêrês karsa tuwan | lamun wontêna margine | paran kinarya jalaran | Raja Jamum ngandika | sira maliha warnèku | putri manungsa kang endah ||

23. besuk yèn makuwon lami | wong Menak anèng Sindhula | iya ing kono patrape | nini ing paekaningwang | wus matêng kang rinêmbag | kunêng malih kang winuwus | kang wontên nagri [na...]

--- 3 : 41 ---

[...gri] Yujana ||

24. Wong Agung Surayèng Bumi | lan sawadya para nata | patang puluh dina lête | budhale panganjurira | ing wuri asiyaga | dene kèndêle wong agung | ginubêl ing para garwa ||

25. garwa putri Parangakik | lawan putri ing Karsinah | kang samya gubêl kalihe | dening Rajaputri Cina | agung tampi rêruba | maria abasa ibu | sangêt ing panuwunira ||

26. malah prasêtya tan sipi | agung dènnya tampi surat | nuwun sangêt pêpacake | yèn datan kêni sêsambat | ing têmbung maratuwa | kangbok kawula mit lampus | kasêksèna ing paduka ||

27. dadya surate sang putri | kang marang Rêtna Sudara | katur ing Jayèngpalugon | gya nimbali kalihira | Marmaya Arya Maktal | sapraptaning jro kadhatun | kinèn maosa kang surat ||

28. Adipati Guritwêsi | maos srate putri Cina | pêpuji marang hong tingte | katura sêrat kawula | inggih pun Adaninggar | katur paduka pukulun | Rêtna Sudarawrêtika ||

29. putri adi Parangakik | tuwin putri ing Karsinah | kawula tur saisine | pèni-pèni saking Cina | kalih èwu gotongan | pun bapa ji kang kêkintun | sawêg dhatêng kawan dina ||

30. kamipurun kaping kalih | kawula tur pêjah gêsang | aksamanên sang lir sinom | Kangbok Sudarawrêtika | paduka mantunana | mring kawula basa ibu | kawula atur prasêtya ||

31. yèn paduka tan mantuni | kawula [kawu...]

--- 3 : 42 ---

[...la] asuduk jiwa | wontên ing ngarsa kakang bok | lamun kenginga kawula | sowan dhatêng paduka | prasasat aparing umur | nambung kawan dasa warsa ||

32. pitungkase jêng rama ji | kang mungêl jro surat warah | inggih makotên wêlinge | babo nini dèn waspada | iya nadyan akèha | putri dadi garwanipun | Wong Agung Surayèng Jagad ||

33. amung putri Parangakik | Rêtna Sudarawrêtika | suwitanana ta anggèr | lair batin anggêpira | rêngkuhên ibunira | iku putri potang umur | mring Wong Agung Kakungingrat ||

34. lawan dènira akrami | Rêtna Sudarawrêtika | êsah lawan hong tingtene | iya tan mawa kinarya | padha-padha manungsa | Jêng Nabi Ibrahim iku | sarta Hyang Lata wal Ujwa ||

35. kang gawa parentah kawin | marang Sang Rêtna Sudara | marmane dèn bisa anggèr | suwita Rêtna Sudara- | wrêti putri utama | angukuhi bênêripun | milalu ambuwang kadang ||

36. lawan Sirtupelalèli | putri adi ing Karsinah | padha kulanana anggèr | makatên ingkang pitungkas | rama ji mring kawula | dhuh kakang bok raganingsun | atur prasêtya prasapa ||

37. lamun paduka anampik | tan arsa andasihêna | dhatêng kawula wiyose | kawula sakêthi merang | mantuk mring nagri Cina | dhuh kakang bok raganingsun | rêngkuhên kula mawongan ||

38. Adipati Guritwêsi | angling marang Arya Maktal | yayi mas ingsun [ingsu...]

--- 3 : 43 ---

[...n] wus wêroh | warnane Sang Putri Cina | dudu pantêse ika | putri sênggrang watêkipun | nora patut laku sopak ||

39. Arya Maktal ananduki | yêktine puniku kakang | ing pawarti titah tanggon | nanging ta kudu dilalah | dhompone ing pratingkah | putri mêmêlas satuhu | lêlakone putri Cina ||

40. nambungi Sudarawrêti | apan sarwi nênggak waspa | iya yayi mas kapriye | lamun ingsun anampika | mitra lan putri Cina | aranana awak ingsun | yayi kalêbu wong apa ||

41. miwah kakang Adipati | Tasikwaja aranana | bêcik êndi raganingong | anampik kalawan tômpa | sêtyane putri Cina | sigra nêmbah sarwi matur | wong agung ing Parangteja ||

42. inggih sae anampèni | lamun paduka nampika | niyaya kêkandhange | mênggah Hyang Suksma winastan | inggih nampik nugraha | wajib ngukup kawlasayun | têtulung wong sudra papa ||

43. wau kalane miyarsi | Wong Agung Surajèng Jagad | Arya Maktal ing rêmbuge | marang ing Rêtna Sudara | tuwin Ki Umarmaya | mèsêm ngandika wong agung | hèh yayi mas Parangteja ||

44. paran gonira ngalingi | iya mring sasiraningwang | darapon aja kagêpok | nisthane sariraningwang | luputa ing pocapan | Arya Maktal nêmbah matur | gampil panatasing nyawa ||

--- 3 : 44 ---

36. Nglulusakên Pamitranipun Putri Cina kalihan Dèwi Sudarawrêti.

36. Mêgatruh

1. apan tuwan inggih botên tumut-tumut | pan amung sang rajaputri | kang darbe karsa puniku | mêmitra sami pawèstri | lan sarate pisah ênggon ||

2. sanalika bucal raosan pukulun | pan paduka anyar krami | putri Kuwari puniku | garwa paduka kêkalih | mingsêra nêbih ing ênggon ||

3. lawan wontên loking jana sasabibun | sang rajaputra kêkalih | wus diwasa wayahipun | mawat binagi para ji | para nata sapratêlon ||

4. pan kawula kang nganthi sadumanipun | ingkang kawula êmongi | Radèn Jayusman puniku | lan ibune atut wuri | sayêkti pisah pakuwon ||

5. kang saduman kang nganthi yayi Tamtanus | dene kang dipun êmongi | Rahadèn Ruslan puniku | saibune atut wuri | inggih pisah kang pakuwon ||

6. ingkang kantun saduman kang para ratu | lah sira kakang dipati | Marmaya nganthia iku | ngarèni umiring gusti | wong kabèh padha parungon ||

7. ingundhangkên sayêkti nuntên misuwur | sintên ingkang amastani | punika nuntên pinupu | ing Cina sang rajaputri | yèn sampun sami kalakon ||

8. botên wontên pawong sanak cacadipun | mêmitra samining putri | sayêkti tan ana iku | graitani [grai...]

--- 3 : 45 ---

[...tani] Paduka Mir | ujêr sampun seje ênggon ||

9. ya ta mèsêm ngandika wau wong agung | iya bênêr iku yayi | pratikêlira puniku | kalis ing sarira mami | sayêkti nora kagêpok ||

10. pan karsane dhewe yayi karo iku | pawong sanak padha èstri | sapa mangênana iku | Rajaputri Parangakik | gumujêng tyasnya cumêmplong ||

11. dalanane yayi aywa na sirèku | rêmbug iki tanpa uwis | si kakang Umarmayèku | wong tuwa sok kidah-kidih | alingan ajrih katanggor ||

12. Umarmaya tumênga sarwi macucu | mele-mele amundêlik | dhing dhang dhèng dhung iya dhèng dhung | inggih lêrês sang suputri | kawula ajrih katanggor ||

13. tur kawula sakêthi wêlas satuhu | dhatêng ing Cina Sang Putri | lan ragi maras ing kalbu | mungguh ing batin kaèksi | pratingkah karya saking wong ||

14. botên wande mêmalêsi anak putu | kang kantun darmi nglampahi | sadaya samya gumuyu | Rêtna Sirtupelaèli | nambungi yèn uwis dados ||

15. mau-mau padha angrasa pakewuh | kang Dipati Guritwêsi | tuwa pijêr mingak-minguk | nora wani angurêbi | anglintêr sok kurang sagoh ||

16. ya ta wau pangandikanira arum | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi bagenên dèn gupuh | Umarmadi milu mami | pangarêp kang milu mring ngong ||

17. tur sandika wong agung kalih gya mêtu | sapraptanira ing jawi | parentah ing para ratu |

--- 3 : 46 ---

pinartiga sampun dadi | pandume kang para katong ||

18. wau putri Parangakik wus angutus | surat marang rajaputri | ing Cina sarta kêkintun | sinêmayan dèn timbali | iya besuk yèn wus bodhol ||

19. saking nagri Yujana sida ngalurug | marang nagri Kaelani | ana ing marga yèn dalu | sira yayi sun timbali | marang pasanggrahan ingong ||

20. suratira Sudarawrêti kang rawuh | mring Cina Sang Rajaputri | binuka dangiyahipun | ngêla-êla nganyut galih | sang putri mrêbêl mêtu loh ||

21. langkung suka kagète kang wêtu êluh | pan dudu êluh prihatin | sêgêr awak mari lêsu | acipta Sang Rajaputri | Parangakik nganthi mring ngong ||

37. Bidhalipun Wadyabala Kuparman Badhe Nglurug dhatêng Kelan.

37. Kinanthi

1. wus lêjar saking kang wuyung | tyasira sang rajaputri | ing Cina Rêtna Daninggar | nalika ningali tulis | saking Sudarawrêtika | putri adi Parangakik ||

2. yèn wus salin têmbungipun | mangkya basa yayi dèwi | aprasasat sinatmata | mring Wong Agung Jayèngmurti | surate Rêtna Sudara | agung dèn iling-ilingi ||

3. têmbungira manis arum | sêdhêpe amukêt ati | bisa gawe êla-êla | kakang bok Sudarawrêti | gandês luwêse pasaja | kaduk manise

--- 3 : 47 ---

rêspati ||

4. nyêr-ênyêre têrus sungsum | ting kalêlêr anèng kulit | ting sarênut anèng manah | kakang bok Sudarawrêti | bisa gawe enggaring tyas | putri musthikaning bumi ||

5. angundhangi balanipun | wong Cina kang pra dipati | kyana patih dhinawuhan | myang sagung satriya mantri | kinèn anabuh gamêlan | biola lawan sêruni ||

6. sami suka kang wadya gung | dènnya lêjar tyasing gusti | kunêng gantya winursita | Wong Agung Surayèng Bumi | ngundhangi bala samêkta | sakapraboning ajurit ||

7. sagung para ratu-ratu | enjing anêmbang têngari | gumuruh swaraning bala | kadya bêlah kang pratiwi | sira Prabu Kewusnendar | tinuduh barêpi baris ||

8. minôngka mênggalanipun | pianjur panata baris | budhal wadya ing Yujana | tigang yuta busana sri | kadya parbata puspita | prajurite bêcik-bêcik ||

9. Raja Ukdiyar nèng ngayun | panuntun lampahing baris | rêmpêk sawadyabalanya | sumundhul kang pra dipati | para ratu ing Yujana | sapangkat-pangkat tulya sri ||

10. sira Kewusnendar Prabu | ginarêbêg pra dipati | rêspati nitih turôngga | ing wuri ingkang nambungi | Raja Samsir Ibnu Buldan | narpati ing Kôndhabumi ||

11. gumrah sawadyabala gung | ingkang sumundhul ing wuri | ing Kangkan Sang Raja Ukman | nulya Prabu Yusup Adi | enjange malih ing wuntat | Raja Kemar kang nambungi ||

12. nitih dipôngga [dipông...]

--- 3 : 48 ---

[...ga] sang prabu | ginarêbêg pra dipati | kathah lamun cinatura | sagunging para narpati | budhale saking Yujana | Wong Agung Surayèng Bumi ||

13. anitih pun askardiyu | sinongsongan tunggul asri | ginarêbêg para raja | satriya punggawa mantri | para kadang wurinira | asri lampahing prajurit ||

14. ing wana-wana gra gêmpur | kambah kathahing lumaris | wadyabala ing Kuparman | kadya ladhu-ladhu mili | antara ing pitung dina | ing wuri budhalirèki ||

15. para nata wadyanipun | Wong Agung Parangtejèki | among ing Radèn Jayusman | Sang Rêtna Sudarawrêti | asri upacaranira | wadyabala Parangakik ||

16. sagunging kang para ratu | sapalih lumakyèng ngarsi | sapalih lumakyèng wuntat | sawadyabalanirèki | lir prawata kêmbang-kêmbang | angèbêgi wana giri ||

17. nulya malih enjangipun | ingkang sumundhul ing wuri | Prabu Tamtanus ing Yunan | sawadyabalanira sri | kang among ing Radèn Ruslan | tan pisah lan ibunèki ||

18. Karsinah Rêtna Rabingu | saupacaranira sri | wadyabala ing Karsinah | tuwin kang para narpati | kang umiring Radèn Ruslan | sapalih kang munggèng ngarsi ||

19. sapalih lumakyèng pungkur | sawadyabalanirèki | kang pungkur nagri Yujana | ing praja sêmune mamring | budhale wadya Kuparman | kadya ombaking jaladri ||

20. lubèr balabar wana gung | saking kyèhning kang para ji | wadyane tanpa wilangan | bêranang lir

--- 3 : 49 ---

parwatagni | kunêng kang lagya lêlampah | wadyabala Kuparmani ||

21. wuwusên ratu panganjur | satus pitung dasa prapti | jajahan nagari Kelan | bêbahak desa paminggir | busêkan dhusun tampingan | gègèr mantrine gambuhi ||

38. Raja Kelanjajali Ngraosi Menak Jayèngmurti.

38. Gambuh

1. turôngga lir sêsulung | wong tampingan wong jro kitha bubul | wira-wiri kang mriksa gègèrirèki | wong tampingan kapalayu | giris praptane kang mungsoh ||

2. ya ta wau Sang Prabu | Kaelani nênggih kang winuwus | sira Raja Kelanjajali tinangkil | aglar punggawa gung-agung | miwah kang rama sang katong ||

3. sang prabu ing Mêdayun | Patih Gajahbihêr awotsantun | dhuh pukulun kang dados gègèring jawi | panganjuring mêngsah rawuh | anitik badhe pakuwon ||

4. datan wande anglurug | Prabu Nusirwan ingkang jinujug | yèn paduka ngêkahi Rajèng Mêdayin | nagari Kelan ginêmpur | tinumpêsan lanang wadon ||

5. para ratu panganjur | wonge ratu satus pitung puluh | inggih gusti wontên tigang atus kêthi | dhusun paminggir supênuh | wontên ing dhusun Mario ||

6. jêmbar radin pukulun | angungkurakên bangawan agung | kanan wukir wana agêng ingkang kering | ara-ara jêmbar ngayun | badhe [ba...]

--- 3 : 50 ---

[...dhe] papaning prang pupoh ||

7. praptane têlik ulun | saking nagri Yujana pukulun | inggih èstu Wong Agung Surayèng Bumi | lêt patang puluh dinèku | saking ing Yujana bodhol ||

8. balane pinartêlu | pinisah putra kêkalihipun | lan ibune kang samya putri prajurit | sampun binagi wadya gung | dinum ingkang para katong ||

9. lampah lêt pitung dalu | rama lawan putra kalihipun | angandika Sang Prabu Kelanjajali | hèh Gajahbihêr nora wruh | pagene mêtu ing kono ||

10. apa nora na tutur | yèn iku marga gawat kalangkung | ing Sindhula wukir ênggoning rasêksi | nambungi Rajèng Mêdayun | wus adat Jayèngpalugon ||

11. marga gawat tinêmpuh | botên watak nyinggahi pakewuh | kayu aèng lêmah sangar tawa sami | sang Rajèng Kelan umatur | wiyahèn dèrèng katanggor ||

12. pan Sindhula pukulun | ênggèn dênawa Sang Raja Jamum | ditya sêkti martapa amrih linuwih | ing kaprawiran pukulun | atmajane roro wadon ||

13. kaprawirane ampuh | wontên balane wil tigang atus | samya kinèn martapa amrih kasêktin | isining bumi puniku | ciptane samia kasor ||

14. bumi kula pukulun | apan nênggih wontêne ing ngriku | inggih minta lilah kawula sayêkti | sampun tigang dasa taun | wukir singub jurang sigrong ||

15. jangji kula pukulun | yèn arsa môngsa

--- 3 : 51 ---

jalma puniku | botên môngsa manungsa ing Kaelani | ing kanan kering praja gung | inggih kang sami binadhog ||

16. sagah ing kula nêngguh | yèn ngriki manggih baya pakewuh | anulungi purun anglabuhi jurit | mila kèringan pukulun | samya jrih kang para katong ||

17. kula winastan ngingu | inggih dhatêng wil pun Raja Jamum | tur puniku inggih kajênge pribadi | kawula nyêgah tan purun | pinênginga dadi mungsoh ||

18. luwung yèn dadi batur | kenging ing aji kasêktènipun | mila para ratu tanah ajam wingwrin | winastan pun Raja Jamum | kula kang darbe ngon-ingon ||

19. lawan kaananipun | wayah tuwan pun Kelaswarèku | sabên gitik praja ratune nadhahi | kasor prang sakaliripun | kyèh para ratu binoyong ||

20. lampahan kawan dalu | wukir Sindhula lampah sinêru | saking ngriki sêdhênge pan pitung dalu | margine maripid gunung | wukir Sindhula kagêpok ||

21. hèh Gajahbihêr iku | môngsa wurunga yèn gêmpur tumpur | Si Kalana Jayèngmurti sawadyèki | binadhog ing Raja JamunJamum | dilalah tumpês ing kono ||

22. Patih Bêstak lon muwus | marang Gajahbihêr nora sêru | anak Gajahbihêr kula pemut yêkti | sisip tangguhe sang prabu | prakawis Jayèngpalugon ||

23. cinampah prang lan diyu | inggih buta punapa puniku | buta dhêkêm andhêlik sok dêkêp gênjik | wil numpês pitik tumurun |

--- 3 : 52 ---

buta dadi ama babon ||

24. dika botên angrungu | Raja Hiprit lan Raja Pardiyu | sabalane yutan sintên kang matèni | siji botên gawa batur | Wong Agung Jayèngpalugon ||

25. ratu dika puniku | punapa tan ngrungu caturipun | wontên ditya sirah sèwu gêgilani | astanipun kalih èwu | gêgêdhêging jagat wutoh ||

26. Si Jamum buta kuncung | tan pantês kinarya agul-agul | buta ngili papariman gawa pithi | kaliwat nistha winuwus | dèrèng wruh marang wêwaton ||

27. samaduna dhas sèwu | wadyabalane sayuta uluk | kabèh sirna dening Sang Surayèng Bumi | pun Jamum puniku besuk | mung wong sikêp kang anjotos ||

28. Kya Patih Kelan dhêku | inggih rama wontên putrinipun | kalih pisan sami prawirèng ajurit | Ki Patih Bêstak angguguk | pikir dika liwat jompo ||

29. moprok botên lumaku | pikiring rare moprok ing tangguh | Kyana Patih Gajahbihêr dhêku malih | môngsa borong rama ulun | kang sampun jajah pamiyos ||

39. Putri Cina Pinanggih Putri Parangakik.

39. Mijil

1. kunêng ingkang gunêm lawan pikir | gantya winiraos | rajaputri ing Cina budhale | saking Yujana sawadyanèki | baris Parangakik | ingkang tinut pungkur ||

--- 3 : 53 ---

2. nanging sinamar ragi anêbih | miwah yèn makuwon | tan katawis batin panunggale | katon manjila pakuwonnèki | mangkana winarni | duk angsal sadalu ||

3. budhal saking Yujana nagari | wontên ing pakuwon | tinimbalan ing dalu karsane | nênggih Rajaputri Parangakik | putri Cina nênggih | kerid lampah pandung ||

4. Rêtna Sudara nganguk-anguki | jawining pakuwon | putri Cina mung lan turanggane | wau Rajaputri Parangakik | dènnya mêmanuki | nilib cara pandung ||

5. nitih garudha yêksa sang putri | nèng jawi pakuwon | pinggir wana wontên patayare | upacara Radèn Jayusmani | kang rama maringi | Cina kalih èwu ||

6. lurah sakawan binakta kalih | pun Tinggowiyangkoh | lawan pun Jongcukun satunggile | kang kinarya jaruman nimbali | putri Cina kering | dening pun Jongcukun ||

7. mung pacara kalih kang umiring | pun Tinggowiyangkoh | lan Jongcukun anilap lampahe | putri Cina anitih turanggi | wus cêlak kang baris | lampah mandhêg mangu ||

8. Rajaputri Cina ngandika ris | hèh Tinggowiyangkoh | lan Jongcukun iki kaya priye | dening laku wus parêk lan baris | yèn sinapa mangkin | kapriye saurmu ||

9. duk punika putri Parangakik | dènira mirantos | nuju tanggap ping wolu wayahe | pukul sadasa sang dyah kaèksi | praptanira kerid | sang rêtnya gya niyup ||

10. sarwi nguwuh enggal yayi [ya...]

--- 3 : 54 ---

[...yi] dèwi | ing kene gon ingong | Adaninggar kagyat apa kiye | sigra Jongcukun matur wotsari | punika jêng gusti | mêmanuki mêthuk ||

11. putri Cina miyarsa tan aris | saking kuda anjog | gurawalan tilar turanggane | Rêtna Sudara ngadêg nyêkêli | garudha yêksèki | cinandhak Jongcukun ||

12. putri Cina kang nyêkêl kudèki | pun Tinggowiyangkoh | Adaninggar ngrungkêbi padane | sarwi anjrit lara-lara nangis | pada kinapithing | sangsaya sru muwun ||

13. pêjahana kawula puniki | dèn enggal kakang bok | yèn gêsanga mêmirang ing akèh | kula isin dhatêng bumi langit | suku madal siti | sru panangisipun ||

14. papa pataka têmên wak mami | gung dadi lêlakon | Adaninggar matia dèn age | urip karya jalêbuding bumi | atinggal prajèki | tuwin rama ibu ||

15. kadang warga tan ana katolih | praptèng raganingong | durung wêruh ing rèh sêsikune | wêwadine wong agung sawiji | api buta tuli | katanggor ing watu ||

16. Adaninggar aja urip-urip | hèh kaki topèkkong | ngur banjutên ingong sang hong tingte | lênyêpêna sing ngalam donyèki | putri Cina iki | nyênyampuri tuwuh ||

17. ngapêsakên jênênging narpati | sagung para katong | ingkang sami putri tênayane | karya ojat Adaninggar iki | èstu jêjêmbêri | pêngus bêngus-bêngus ||

18. baya katingal wêrjid lan cacing | lan irisirispoh [i...]

--- 3 : 55 ---

[...risirispoh] | nora katon manungsa pantêse | amawongan tan arsa nampèni | amêmitra mami | mèh katawur-tawur ||

19. lah pêdhangên kakang bok dèn aglis | inggih raganingong | yèn wis layon ulihna dèn age | lah pêtakên bumi Parangakik | maring Cina pasthi | môngsa na kang ngaku ||

20. cêmpurungên bumi Parangakik | candhinên aywa doh | nadyan pêjah nyèthi ing dhèwèke | aksamanên kangbok awak mami | mung angèsthi pati | suka nganyut tuwuh ||

21. putri Cina kaku tyasirèki | satêmah ngêjojor | kadya kayu akancing astane | pangrangkule ing pada sang putri | sarira tan osik | malirik tan muwus ||

22. sariranya wus kadya ngêmasi | kêkêtêg nèng tênggok | putri Cina sangêt kakon atèn | nora bisa ngampêt nêpsunèki | netra kadi cuki | ilang kocakipun ||

23. maras tyase putri Parangakik | wungua riningong | kaya dudu anak ratu gêdhe | darungakên pikir tanpa kardi | salahing pawèstri | yèn kagêdhèn nêpsu ||

24. ginarayangan sariranèki | sadaya pan atos | kêkêtêge wus ngalih ênggone | mêmbêg-mêmbêg samataning pitik | wus asawang mayit | sang putri kalangkung ||

25. maras ing tyas wêlas aningali | mring kang sawang layon | angur layon êmpun garayange | iku sang putri atos kapati | ngacêcênge kadi | kayu andalujur [anda...]

--- 3 : 56 ---

[...lujur] ||

26. winungu-wungu mêksa tan osik | angling sang lir sinom | hèh Jongcukun muliha dèn age | mring pakuwon pundhutên dèn aglis | si wulan piningid | ya jêmpananingsun ||

27. kang amikul aja liya saking | padha sikêp wadon | kuda iku lah cancangên bae | atur sêmbah Jongcukun tumuli | lumayu wus prapti | ing pakuwon agung ||

28. sampun binêkta jêmpana aglis | sikêp sami wadon | sigra-sigra wau ing lampahe | nulya prapta ngarsane sang dèwi | sang dyah ngatag aglis | mring wadya kang mikul ||

29. padha unggahna rampanên aglis | iku ariningong | gya rumagang wau pawongane | sampun munggèng jêmpana tan osik | putri Cina maksih | sangêt dènnya kantu ||

30. kondur Rajaputri Parangakik | praptane pakuwon | tinurunkên saking jêmpanane | putri Cina pan dèrèng anglilir | inginggahkên aglis | marang ing tilam rum ||

31. kocaping carita tigang ari | kang amindha layon | panglilire saking antakane | wungu pungun-pungun angabêkti | Putri Parangakik | andikanira rum ||

32. rèrèhêna yayi tyasirèki | aywa katêlangso | wong kêgêdhèn nêpsu ala lire | nora duwe bêbêcik sathithik | lamun putri adi | aywa ngingu nêpsu ||

33. ila-ilane kang dhingin-dhingin | jênênging wong wadon | yèn ngugunga duwe nêpsu gêdhe | nora [no...]

--- 3 : 57 ---

[...ra] antuk jênênging akrami | duraka pinanggih | amanggih papa gung ||

34. putri Cina andhêku wotsari | pukulun kakang bok | saking sangêt ing manah lêpate | amba nênutuh badan pribadi | gêtun ping sakêthi | solah kang wus luput ||

35. mangke sumôngga tan darbe urip | kagungan kakang bok | siyang dalu anut sakarsane | pêpundhutan wus aglar nèng ngarsi | dhahar putri kalih | gunême mas timbul ||

40. Putri Cina Wontên ing Pasanggrahanipun Putri Parangakik.

40. Maskumambang

1. eca tyase dhêdharan Sang Rajaputri | Rêtna Adaninggar | mopo yèn sarênga bukti | purune purun pinêksa ||

2. wusnya dhahar lumados inuman sami | lawan gônda wida | Rajaputri Parangakik | Rêtna Sudara ngandika ||

3. rungokêna yayi dèwi sun tuturi | duk pacangan ingwang | lawan Sang Surayèng Bumi | beya samodra ludira ||

4. paman prabu ing Cina apa ta lali | duwe putri endah | yèn krama bantên ing jurit | wus ila-ila ing kuna ||

5. kramaningsun lawan Sang Surayèng Bumi | bêbantên ayutan | pêpati wong Parangakik | pon-ponane tumulia ||

6. parandene sêmono durung pinanggih | imbuh bantên kadang | kakang Prabu Parangakik | aprang mungsuh lawan ingwang ||

--- 3 : 58 ---

7. sun patèni kakang Prabu Parangakik | madyaning palagan | iku kandêle wak mami | lan yayi putri Karsinah ||

8. putri Cina kagyat umatur wotsari | kakang bok Karsinah | Rêtna Sirtupelaèli | ing pundi kang pasanggrahan ||

9. angandika Rajaputri Parangakik | adoh anèng wuntat | têlung dina saking ngriki | nindhihi wadya ing wuntat ||

10. wus sun undang ing Karsinah yayi dèwi | lakon têlung dina | satêngange bae prapti | payo yayi rêrêmbugan ||

11. sira iku bêcik salina agami | badanmu sêpata | sira Sêlama ta yayi | aja ngèmbèt balanira ||

12. Rêtna Adaninggar umatur wotsari | pukulun sandika | badan kawula pribadi | sampun kawruhan ing kathah ||

13. angucapa lailaha ilallahi | anêksèni ingwang | kang akarya bumi langit | kang satuhune Pangeran ||

14. lawan malih Ibrahim kalilolahi | anêksèni ingwang | satuhu Nabi Ibrahim | yèku dutaning Hyang Suksma ||

15. kang ingakên pawong mitrane Hyang Widhi | sang putri wus Islam | ngindalah ing lair kapir | batine nyata wus Islam ||

16. pun Jongcukun tinuduh paring udani | mring pakuwon Cina | aywa na kelangan gusti | wau ta pakuwon Cina ||

17. abusêkan gumuruh swaraning tangis | sirnane gustinya | tigang dina nora prapti | jalu èsrti sru karuna ||

18. sapraptane Jongcukun sirêp kang tangis | lan bêkta parentah [pa...]

--- 3 : 59 ---

[...rentah] | saking putri Parangakik | pakuwon Cina ywa obah ||

19. aja owah kaya ana yayi dèwi | êmban karo samya | Siwang Siwung dèn timbali | barênga lawan utusan ||

20. sampun têntrêm wadya Cina tyasirèki | ban kalih ngandikan | mring Jongcukun atut wuri | manjing jroning pasanggrahan ||

21. wau Radèn Jayusman praptanirèki | pakuwoning paman | marêk ing ibunirèki | tur sêmbah lajêng alênggah ||

22. putri Cina dhêrakalan angudhuni | ulap duk tumingal | ing cahya amindha sasi | kesisan dening pawana ||

23. momor lawan pawongan dènira linggih | Sang Rêtna Sudara | gya nyandhak astanirèki | lah sirèki basakêna ||

24. dadak lunga sira dalih sapa iki | apan putranira | Ki Jayusman anak mami | patut ingsun lan wong Menak ||

25. wus tinarik astanira minggah malih | Rêtna Adaninggar | ngunandika jroning galih | mèh ngêblêgi ingkang rama ||

26. numbras têmên cahyane wong Arab iki | padha nukmèng wulan | têkan bêbayi nuruni | putri Cina aturira ||

27. kawulanggèr ngawu-awu ing sang pêkik | kamipurun amba | ingambil sudara wèdi | dhatêng ibu jêng paduka ||

28. Dyan Jayusman andhêku nuhun wotsari | putri Cina kagyat | sinêmbah mring radèn mantri | marêbêl awêtu waspa ||

29. angandika Sang Rêtna Sudarawrêti | yayi aja krama | iya mring sutanirèki | dadi was-uwas maringwang ||

30. sutaningsun [sutaning...]

--- 3 : 60 ---

[...sun] iya sutanira yayi | padha ujar pisan | nora bisa ujar lamis | Rêtna Daninggar tur sêmbah ||

31. angandika Rajaputri Parangakik | kulup timbalana | pamanira dipun aglis | ingsun arsa rêrêmbugan ||

32. lan bibèkmu karo pisan sun timbali | sun wêruhne padha | marang ing dhêdhayoh mami | Dyan Jayusman nêmbah mentar ||

33. tan antara praptane sampun dèn irid | wau ingkang paman | lawan ingkang bibi kalih | putri Cina duk tumingal ||

34. pan kumêpyur tyasira sang rajaputri | kesah arsa ngiwa | ampingan sêdyanirèki | Rêtna Sudara ngandika ||

35. sarwi latah jêrèh têmên sira yayi | umpêtan ana pa | nora nana kêdhah-kêdhih | Adaninggar matur nêmbah ||

36. lah punika raka paduka kang prapti | Sang Sri Kakungingrat | ngandika Sudarawrêti | apan ika yayi Maktal ||

37. putranira Ki Jayusman kang angirid | kang sun kon angundang | lamun wong lagi ningali | sapisan kèh kasamaran ||

38. iya Maktal iya Sang Surayèng Bumi | kêmbar rupa swara | mila trêsnane tan sipi | alah ingkang tunggal wêlad ||

39. lunga ngunthul padha cukur wong kêkalih | kadange tan kêna | milu ing salah sawiji | mung Maktal tan kêna pisah ||

40. tunggu makam padha cukur wong kêkalih | Maktal prapta nêmbah | miwah ingkang garwa kalih | sawusnya tata alênggah ||

41. Maktal matur paduka agêgujêngi | ngandika punapa | ngraosi [ngrao...]

--- 3 : 61 ---

[...si] ing prapta mami | Rêtna Sudara alatah ||

42. duk pangunthul duk pamakam sun rasani | duk patunggu jarat | nora nana malih-malih | karo yayi Adaninggar ||

43. Jarahbanun Banawati marêpêki | dènira alênggah | Adaninggar angingsêri | Sajarahbanun gya nyandhak ||

44. ing wêntise dhuh kakang bok dhatêng pundi | wong pinarêpêkan | têka dadak angingsêri | punapa tuwan tan sotah ||

45. akêkaruh kawula tiyang ing Mêsir | Adaninggar mojar | mas ratu kula kang ajrih | lamun botên sinampara ||

46. Jarahbanun matur têka pindho kardi | sampun darbe cipta | liya kakang bok ing ngriki | Adaninggar rêsêp ing tyas ||

47. Jarahbanun angling sarwi angêjèpi | hèh kulup Jayusman | parènèkna jênggi mami | wadhah pamucangan ingwang ||

48. rajaputra tur sêmbah marang kang bibi | marêk ngarsanira | sarya ngaturakên jênggi | putri Cina eram mulat ||

49. baya iki kadange Sang Jayèngmurti | têka nora basa | iya marang radèn mantri | Rêtna Sudara ngandika ||

50. yayi êmas Parangteja sun tuturi | Rajaputri Cina | wus masuk agama mami | Dyan Maktal dhêku tur sêmbah ||

51. inggih sukur kêdah lêstari basuki | nanging jêng paduka | utami atur udani | inggih mring raka paduka ||

52. iya yayi nanging iku yayi dèwi | badane sêpata | balane tan sun lilani | aywa mutahakên kilang ||

--- 3 : 62 ---

41. Raja Jamum Rêrêmbagan kalihan Putrinipun Kêkalih.

41. Dhandhanggula

1. inggih lêrês ing karsa sang putri | gampil masalah mênggahing wadya | yèn sampun senapatine | pintên-pintên pukulun | rajaputri gumujêng angling | ya talah yayi talah | apa kêna besuk | yayi Dèwi Adaninggar | yèn puliha kaya ciptane duk lagi | mangkat saking ing Cina ||

2. kalakona mendah kaul mami | Arya Maktal umatur wotsêkar | kadi wikana ing têmbe | yèn paduka kang mangun | kadi botên lêpat ing benjing | sêdhêng abis kang aprang | kanthia pukulun | lan ature para raja | rama Nata Mêdayin pinungkas nuli | punika kang pangkalan ||

3. lagya eca imbal wacanèki | kasaru prapta putri Karsinah | Maktal têdhak sagarwane | ngurmati ingkang rawuh | rajaputra mêthuk ing bibi | amung Rêtna Sudara | kang maksih alungguh | praptane putri Karsinah | angabêkti mring Rêtna Sudarawrêti | Adaninggar tur sêmbah ||

4. matur Rêtna Sirtupelaèli | lah kakang bok punika wong anyar | sapa sintên kêkasihe | Sudarawrêti muwus | lah badhenên sapa ta yayi | kang dadi praptanira | kaduga sang ayu | gya rinangkul Adaninggar | dhuh ragane sira iki yayi dèwi | putri adi

--- 3 : 63 ---

ing Cina ||

5. aja susah wardayanirèki | dene panggawe kang wus kaliwat | aja sira rasakake | mung panggawe kang durung | yèn wus kanthi kangbok sirèki | nadyan kaluputana | barang pakaryèku | sayêkti yèn nora kêmba | nora nistha bantên dhas mantri sakêthi | antêpe wong sêsanak ||

6. wus mangkana bubar kang apikir | cinarita Rajaputri Cina | wus tinampan pan dasihe | kocap ing sabên dalu | ing pakuwon ing Parangakik | siyang nèng pasanggrahan | Parangakik wau | amung yèn kala budhalan | putri Cina nindhihi wadyanirèki | yèn kala masanggrahan ||

7. nora parêk apan nora têbih | sampun kalok yèn Sang Putri Cina | pamitrane pandasihe | mring Rêtna Sudarèku | pinanjingkên sudara wèdi | wau ta budhalira | lamine wong agung | mangkat saking ing Yujana | sampun angsal kalih têngah wulan nênggih | punjul sawêlas dina ||

8. kantun lêlampahan kawan ari | praptanira jro kitha ing Kelan | kalimput têpis wiringe | mêngsah ngasut anglimput | abusêkan gègèr tan sipi | otêr wong sanagara | para ratu-ratu | kang karèh nagara Kelan | môncapraja kasusu praptanirèki | samya tugur jro kitha ||

9. pajêg barise wong Kaelani | dene sagung para Ratu Arab | angrêsiki saosane | kêkojor kang winangun | dhusun agêng papane rêsik |

--- 3 : 64 ---

nênggih Mariobara | andina gumuruh | wadya gung kang nambutkarya | tuwin sagung pakuwoning pra narpati | rinakit wadyanira ||

10. dene Wong Agung Surayèng Bumi | kèndêl cangkrama têngahing wana | lèr wetan Sindhula gène | pacangkramanan agung | masanggrahan Sang Jayèngmurti | lawan sagarwa putra | kalangon anutug | ya ta wau kawarnaa | Raja Jamum lan putranira kêkalih | prasami pirêmbagan ||

11. payo nini wus sêdhênge mangkin | mêngko pukul siji linêkasan | sira manjinga pondhoke | Kalana Jayèngsatru | amindhaa kênya sirèki | putri kang luwih endah | sumandhinga gupuh | ing dagan nuli matura | yèn kinarsan nêdya mawongan anyèthi | marêkan ngèstupada ||

12. putri kalih matur nyêmadosi | inggih mangke bapa ji kularsa | nêlik anamur siyange | inggih ing benjing dalu | ingkang rama suka nuruti | putri kalih turira | kula mangke dalu | arsa mêmêlêng mêmuja | inggih karya pangabaran gora riris | pikêkêsing prahara ||

13. lamun datan katampèn ing benjing | datan wande lamun bôndayuda | ing prang angabên kasêktèn | ditya kang tigang atus | nyurakana saking ing wuri | anglêkasêna môntra | kêkêsa kang ngrungu | Rêtna Mardawi Mardawa | mring pamujan gêntha kêkêlèng munya tri | anglandêng dupanira ||

14. pan gumuruh brêkasakan prapti | kang anggusti mring Rêtna Mardawa | Rêtna Mardawi wusdene | gandarwo [ga...]

--- 3 : 65 ---

[...ndarwo] ilu-ilu | topèng règès kang samya prapti | klunthung waluh galedrah | pidhir lawan sênggrung | lungkrah pèlèr ludrêg rèngkrèh | samya ngatas ing karsa gusti sang putri | wadyane brêkasakan ||

15. lan wus tumurun kang sanjatagni | sakêmbaran ciptanya sang rêtna | wus katêkêm jagad kabèh | linuwar pujanipun | wangsul marêk ramanira glis | praptèng ngarsa tur sêmbah | dhuh rama wak ingsun | sampun Hyang Lata wal Ujwa | aparing sih kang kawula cipta kêni | kang sanjata dahana ||

16. Raja Jamum suka ngandika ris | iya dhenok sayêktine sira | malêsa lara patine | eyangira karuhun | liwat saking kawêlasasih | dadi pangewan-ewan | kupinge pinêrung | irunge ginaruwungan | panggawene Si Kalana Jayèngmutri | eyangmu nuli lunga ||

17. ngalih ngadhaton alas Sagarsi | balane ditya kang tinumpêsan | ana salêksa cacahe | kang kari ana sèwu | ingkang padha ginawa ngili | kabèh ingkang kapisah | ngulati katêmu | panggonane eyangira | nagaraning manungsa alas Sagarsi | kadhaton eyangira ||

18. nuli lami-lami iku prapti | Kakungingrat Sagarsi nagara | eyangmu iku patine | kang dèn urupkên iku | kêkapaning turôngganèki | ya si askarduwijan | anaking ditya gung | Siranès ingkang sêsuta | nuli Patih Sagarsi kang kinèn kardi | kêkapaning turôngga ||

19. Ratu Sagarsi atur udani | lamun ana buta pêpêrungan [pêpêrung...]

--- 3 : 66 ---

[...an] | sarta garuwung irunge | iku nuli jinujul | mring Si Kakungingrat ing nguni | patine eyangira | nèng Sagarsi gunung | wong wis ngili dèn upaya | liwat luwih Si Kalana Jayèngmutri | gawe sawênang-wênang ||

20. pan ing mêngko sira lawan mami | apêpulih dene ta wus lawas | gon ingsun martapa kiye | pan wus nêmbêlas taun | nêdya sêkti anglêluwihi | dene saananira | dhenok lawan ingsun | limalas taun pan ana | ora etang rasêksa ênggoning sakti | aja kudu atapa ||

21. iya amrih kang babarpisani | iya babo lan sira kewala | wong Arab iku tumpêse | tan nganti jaluk tulung | ingkang jamak pan tumpês tapis | kang sanjata dahana | wong Arab kapupus | ditya tri atus ngandikan | praptèng ngarsa Mardujamum ngandika ris | hèh sagung sanak ingwang ||

22. dèn padha ngantêp sapisan iki | yèn kasora ngungsi ngêndi sira | sajagad kadhangan kabèh | têmpuhing aprang pupuh | dèn gumuruh surakirèki | wil tri atus tur sêmbah | kadi yèn kacakup | balanipun Jayèngrana | pasthi tumpês dening putranta kêkalih | sirna pun Kakungingrat ||

23. iya payo bubaran miranti | kunêng malih ingkang kawuwusa | wadya Rab ing pakuwone | kang lagya lênthang-lênthung | Ki Dipati Tasikwajèki | mubêng ngidêri wana | lampahnya anglantur | ki dipati tanpa rowang | karsanira yun wruh watêsing wanadri | talatah bumi Kelan ||

24. Umarmaya [Umarma...]

--- 3 : 67 ---

[...ya] manggih kali alit | langkung wêning kathah selanira | ing pukul têtiga sore | angambil toya dhingkul | mapan siram ki adipati | inguwuh saking wuntat | Marmaya anjumbul | tinolih si kaki tuwa | kang manggihi ana ing alas Kuwari | Marmaya marêk nêmbah ||

25. kaki Sarwijo saking ing pundi | kaki tuwa mèsêm aturira | iya saksôngka-sangkane | atutur mring sirèku | ana mungsuh nyidra ing jurit | dudu jalma manungsa | ditya aran Jamum | dene kang arsa cinidra | Arya Maktal iya lan Ki Jayèngmurti | nanjak karti sampeka ||

26. prawira dhustha amara sandi | widigdayèng kewuh luwih awrat | yèn luputa pratikêle | iya ing limang dalu | arinira wong agung kalih | aja pisah panggonan | siyang dalunipun | rajaputi karo ika | ing Karsinah lawan putri Parangakik | bubuhana anganglang ||

27. ing sajroning pasanggrahan pasthi | dene patihmu kang roro padha | ngirida ing sakancane | Si Sihngiyar puniku | lan Si Tajiwalar ngubêngi | sajaban pabarisan | wongira kang pêthuk | pilihana kanthèkêna | aja luwih iya patang atus sisih | Tajiwalar Sihngiyar ||

28. kang wadya gung aja na kang mijil | nadyan ana ing prang gêgêmpuran | padha andhêdhêpa bae | ya kang duwe karyèku | iya amung sang putri kalih | wus muliha dèn yitna | musna tan kadulu | wau sira kaki tuwa | langkung ngungun Marmaya gya

--- 3 : 68 ---

nampèl wêntis | umêsat kadi kilat ||

29. tan adangu pasanggrahan prapti | wus apanggih lan Sang Kakungingrat | katur kabèh sasolahe | Marmaya nampèl pupu | mêsat kêsit saengga thathit | praptèng pakuwonira | Sudarawrêtiku | panggih sampun jinarwanan | mêsat malih panggih Sirtupelaèli | jinarwanan sri nata ||

42. Putri Parangakik tuwin Putri Cina Sami Anjêjêp Mêngsah ingkang Badhe Lampah Cidra.

42. Sinom

1. rajaputri ing Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | gya mrasuk kaprajuritan | marêk ing Sudarawrêti | wus panggih awotsari | umatur Rêtna Rabingu | kangbok ngatas ing karsa | punapa inggih tumuli | jêng paduka sowan dhatêng pasanggrahan ||

2. mèsêm dènira ngandika | Rajaputri Parangakik | yayi nora seba rina | sanadyan ing mêngko bêngi | pan nora nêdya panggih | jujug jaba bae ingsun | lah iya ngarah apa | jêr pakewuh sun jagani | lamun sira kangên têka pêpanggiha ||

3. malerok putri Karsinah | inggih paduka manawi | panggih ngong anut kewala | ing puniku Rajaputri | Cina nuju mêningi | Rêtna Sudara lingnya rum | aja ngregoni padha | mring Rajaputri Kuwari | Si Kisbandi [Kisba...]

--- 3 : 69 ---

[...ndi] kang lagya pêpanggih anyar ||

4. têlungane raganingwang | nora kudu dicêdhaki | sok karta asok sirnaa | ingkang dadi satru mami | wong tuwa têmu kari | yayi tan mikir kang iku | iki pan mungsuhira | prawira dhustha ngluwihi | dhasar tapa dhasare dudu manungsa ||

5. arinira Parangteja | iya kang budhala dhingin | Arya Maktal tinimbalan | praptèng ngarsa ngandika ris | Rêtna Sudarawrêti | yayi dhingina sirèku | aja barêng lan ingwang | hèh yayi poma dèn eling | pitungkase kaki Ijo marang sira ||

6. Arya Maktal matur nêmbah | inggih kawula rumiyin | ngandika Rêtna Sudara | iya dhingina sirèki | tur sêmbah lèngsèr aglis | Arya Parangteja laju | mung wadya sawatara | ingkang kari gunêm sami | putri kalih katiga lan putri Cina ||

7. tur sêmbah putri Karsinah | mênggah ta pun yayi dèwi | paran ing karsa paduka | punapa kenging kinanthi | angling pasthi yèn kêni | yèn mungguh arinirèku | sun ajak adol karya | sun adu prang milu mami | mati urip aja pisah lawan ingwang ||

8. Adaninggar matur nêmbah | punika lêganing galih | ajura ngayahan ing prang | datan kumêdhèp ing pati | yèn ta dèrèng ngêmasi | pangraos jêg sampun-sampun | kangbok ngawaki ing prang | ing kalih-kalihe sami | yèn ta dèrèng sêbit kadange taruna ||

9. kangbok kawula putusan | dhatêng pakuwon mêmêtik | kang pantês kawula bêkta | ngandika Sudarawrêti [Su...]

--- 3 : 70 ---

[...darawrêti] | wajib pan sira yayi | kasêktènmu gêni murub | pratikêlira ing prang | yêkti wadyanira yayi | padha konên saos kayu lawan lênga ||

10. sandika Rêtna Daninggar | Ban Siwang Siwung tinuding | andhawuhi kyana patya | Siwang Siwung mêsat aglis | ki patih dèn dhawuhi | wong Cina kang saos kayu | miwah wadya Karsinah | tuwin wadya Parangakik | samya saos ing kayu kalawan lênga ||

11. kunêng gantya kawuwusa | Wong Agung Surayèng Bumi | wadyane wus ingundhangan | yèn dalu aywa na mijil | Arya Maktal wus prapti | panggih winangsitan sampun | pandhapa pasanggrahan | apan sampun dèn langsèni | pan ing ngriku ênggène Sang Arya Maktal ||

12. nêngna suruping baskara | budhal putri Parangakik | anitih garudha yêksa | putri Karsinah anitih | paksindra saomahi | Adaninggar nitih sampun | janggi nanging tan bisa | nênggih anapak wiyati | dadya wau putri kalih lampahira ||

13. angèmpèr mung tigang asta | bênggange kalawan siti | asih marang putri Cina | têgêse kang dèn kawruhi | kanthèn tan kêna têbih | lampahe putri katêlu | bayak samarga-marga | gunêman sarwi lumaris | angandika Rêtna Sudarawrêtika ||

14. yayi abote wong Arab | yèn minungsuh ing ajurit | sêktine akèh kang nyandhak | pan amung awase yayi | kang nora nanimbangi | tan kêna cinidra wêruh | unggule ing ayuda | miwah

--- 3 : 71 ---

praptaning bilai | wus kawruhan iku abote wong Arab ||

15. mungsuh ingkang laku cidra | jampêng nora kulak warti | buta gunung tur alasan | sikara nêdya matèni | wau wong Parangakik | Karsinah Cina asêlur | ngusung kayu lan lênga | kabèh samya pinêdhati | pan tinumpuk sajawining pasanggrahan ||

16. wau patihe Marmaya | Radèn Sihngiyar angirid | kawan atus mubêng ngiwa | Radèn Tajiwalar ngirid | wong kawan atunatus nênggih | mubêng nêngên samya pêthuk | andêl Kaumarmayan | sadaya wus nandhang wangsit | samya sirêp sagunging wong pasanggrahan ||

17. ya ta wau kawuwusa | Mardujamum saputrèki | Rêtna Mardawi Mardawa | ditya nêm atus tan kari | pukul sapuluh wanci | angkatira Raja Jamum | ditya nêm atus ika | ing têgêse laju èstri | buta lanang mung tri atus cacahira ||

18. matêk prapta angin gora | mêsês bayu bajra tarik | sindhung-riwut magênturan | dalêdêg prahara midid | dhêdhêt maerawati | lampahing ditya anggrêgut | ing marga tan winarna | prapta kikise kang baris | Raja Jamum miranti sabalanira ||

19. wau Sang Rêtna Sudara | lawan Sirtupelaèli | katiga lan putri Cina | praptèng pakuwon wus manjing | wadya kinantun jawi | sang dyah namar lêbêtipun | amatak lêlimunan | Rêtna Sirtupelaèli | kalih ngagêm kamandèn saking Ngajêrak ||

20. sêsaat datan katingal | sanadyan [sanadya...]

--- 3 : 72 ---

[...n] setan lan êjin | tan ana kuwasa mulat | aywa kang manungsa malih | yèn bisa aningali | Sang Rêtna Daninggar wau | ngagêm talikêm tular | sêkti nanging maksih kèksi | linarapan kêmandèn saking Ngajêrak ||

21. sampun tumut tan katingal | ing Cina Sang Rajaputri | ngandika Rêtna Sudara | nanging yayi yèn ajurit | padha ngaton kang pasthi | ana môngsakalanipun | yèn agunga nyiluman | dudu ambêking prajurit | wong prawira sura mrata jaya mrata ||

22. anjêjêp tata panggenan | putri katiga miranti | prayoga panjêjêpira | prapta angin gora riris | Rêtna Sudara jawil | lah iki dutaning mungsuh | dudu angin pasaja | kêkêse katara yayi | pan wus prapta pantêse kang mungsuh cidra ||

23. yayi mara rungokêna | swara ingkang kapiarsi | praptane kang pangabaran | matur Sirtupelaèli | punika ing wiyati | cat mirêng cat tan karungu | hèh yayi Adaninggar | apa sira kaya mami | matur inggih ngandika Rêtna Sudara ||

24. yèn mêngko ana katingal | cumalorot saking langit | sarupa-rupane baya | sanadyan rupaa paksi | turôngga miwah sapi | yèku panjilmaning satru | apadene manungsa | hèh yayi Daninggar aglis | prêpêkana sabêtên talikêm tular ||

25. nanging antinên sadhela | dulunên solahe dhingin | kunêng kang lagya rêmbagan | kawuwusa ing wiyati | kang arsa mara sandi | ngandika Sang Raja Jamun | rara payo [pa...]

--- 3 : 73 ---

[...yo] manjinga | sun anti têka ing ngriki | nora adoh nora parêk sêdhêng uga ||

26. pan Si Arya Parangteja | wus anunggal têlung bêngi | nèng pandhapa pasanggrahan | ênggone kang dèn langsèni | wus parêk lan nagari | Kelan baya ulah rêmbug | dilalah bêgjanira | ngumpul ingkang sira pinrih | sira padha arupaa wanodyendah ||

27. sira Mardawa jujuga | iya Si Surayèng Bumi | sira Mardawi jujuga | Si Maktal kang anèng jawi | pan ingong angèstrèni | olèha sabda putrèngsun | sigra amalih warna | kalih wanodya yu luwih | sarêng nêmbah putri kalih gya tumêdhak ||

28. cumalorot kadya kilat | manjing pasanggrahan nuli | mayêng ngupaya gènira | pakuwon kêkojor nênggih | sagung wadya kang kêmit | kinênan ing sirêpipun | wus manjing pasanggrahan | tan ana kang ngudanèni | apan lajêng anjêjêp ing pasarean ||

29. anjawil putri Karsinah | kakang bok punika prapti | payo yayi Adaninggar | kinthilên dipun aririh | dulunên solahnèki | Adaninggar nêmbah maju | acancut pêkak madya | Rêtna Sirtupelaèli | anjagani Mardawi kang anèng jaba ||

30. kang anjêjêp pasarean | sakala amalih warni | Mardawa warna kêlabang | manjing mring daganira Mir | putri Cina kasilib | kumêpyur maras tyasipun | dhustha warni kalabang | Adaninggar gya ngulati | miyak langse katingal wau kang nendra ||

31. pukul satêngah [sa...]

--- 3 : 74 ---

[...têngah] satunggal | wong agung wus eca guling | wau Sang Rêtna Mardawa | wus arupa jalma malih | ngadêg daganirèki | Adaninggar kagyat dulu | nanging Rêtna Mardawa | mring Adaninggar tan uning | ingagêman kêmandèn saking Ngajêrak ||

32. marang Sang Rêtna Sudara | wau ta Sang Rajaputri | Adaninggar mundur ngiwa | mulat ngawasakên malih | mêndhak daganira Mir | miyat ing wadananipun | lir imbaning basônta | liyêping netra alungid | kadya sunaring kartika udan kapat ||

33. wau Sang Rêtna Mardawa | mêsgul dènira ningali | dangu dènira nèng dagan | lali dènirarsa mamrih | mring Sang Surayèng Bumi | angraos owêl satuhu | yèn kongsia palastra | dangu dèn iling-ilingi | arsa mungu duk anglawe astanira ||

34. kêju ing tyas ngunandika | jrihe bok ngagèt-agèti | dadya angacung kewala | astane sang putri maling | kamanungsan ing kapti | dangu dènnya rangu-rangu | wau Sang Putri Cina | sumuking ôngga kadyagni | lir balêdhos jajane mundur mangiwa ||

43. Putri Cina Kinarubut Kalih dhatêng Putri Danawa Anakipun Raja Jamum.

43. Durma

1. putri Cina angikal talikêm tular | gigire ingkang pinrih | darapon mêdala | saking ing pasarean | sumêlèt gigire kêni | pêdhês apanas | kagyat nolih ing wuri [wu...]

--- 3 : 75 ---

[...ri] ||

2. nora nana katon kanan keringira | lah sapa nabêt mami | mungsuh angatona | yèn sira nêdya ala | ingsun iki nêdya bêcik | arsa mawongan | marang Jêng Gusti Amir ||

3. lagya ngucap sinabut talikêm tular | wadanane kang kêni | sumaput apanas | kadya tinapuk wongwa | Dèwi Mardawa sru angling | angadêg sigra | wus nora nêdya bêcik ||

4. sangêt wilur agêsêng wadananira | Rêtna Daninggar angling | setan bêlis lanat | dene gumêcik sira | êndi tandhamu yèn bêcik | alaku dhustha | prapta tan ana ngirid ||

5. ngandêlake si wewe sugih prawira | mêtua payo jurit | ya si brêkasakan | Mardawa sru angucap | nêdya apa sira iki | apa nyikua | ing lakuningsun iki ||

6. dhasar lanas Rêtna Dèwi Adaninggar | cinandhak astanèki | pan sinèrèt mêdal | Mardawa sigra nyandhak | astane sang rajaputri | sêndhal-sinêndhal | udrêg tarik-tinarik ||

7. sami mêdal anèng lataring paningrat | wau kang anèng jawi | duk lagine prapta | jumênêng anèng latar | Rêtna Sirtupelaèli | sigra anjambak | sinêndhal saking wuri ||

8. pan kalumah Mardawi tangi gya nyandhak | mring Sirtupelaèli | pan udrêg-udrêgan | miwah Rêtna Mardawa | ngêrik wus malih rasêksi | arine samya | angrik wus salin warni ||

9. samya malih rasêksa mumbul ngawiyat | Jamum kagyat miyarsi | lan tri atus ditya | kang nganti nèng gêgana |

--- 3 : 76 ---

kang putra prapta nungkêmi | wadananira | gosong abuh abintik ||

10. adhuh rama solah kawula kawruhan | wong Arab langkung sêkti | kula kajêmala | wonge datan katingal | pundi kang sanjata gêni | kula umangsah | ing yuda apêpulih ||

11. Raja Jamum mangkrak krura gora sabda | niyup sawadyanèki | Mardawi Mardawa | ngêrik mudhun sêsumbar | ngatona payo ajurit | hèh putri Arab | gumuruh ing wiyati ||

12. Rêtna Dèwi Sudarawrêti wus mêdal | marang jabaning baris | napak jumantara | watara pitung dhêpa | lawan Sirtupelaèli | Rêtna Daninggar | praptèng jawi nauri ||

13. nguwuh-nguwuh sira Dèwi Adaninggar | mudhuna sira bêlis | atandhing prawira | iki Si Adaninggar | kadang putri Parangakik | sudirèng laga | rêbutên ing ajurit ||

14. wadya Cina Parangakik lan Karsinah | sadaya wus winangsit | akarya dahana | wadya Kaumarmayan | Radèn Sihngiyar ngundhangi | lan Tajiwalar | suraka anyalahi ||

15. surak uhu tan ana malih suraknya | uhu suraknya ririh | sira Ni Mardawa | musthi panah dahana | miwah Ni Dèwi Mardawi | lumêpas sigra | wau kang sanjatagni ||

16. udan gêni gênine Sang Putri Cina | mumbul marang wiyati | sidhakêp Sang Rêtna | Adaninggar amatak | mênyan madu sapêdhati | sigra sadaya | ingêbyukakên gêni ||

17. mubal mumbul mulad-mulad ngalad-alad | prasami anadhahi | gênine kang mêngsah [mêng...]

--- 3 : 77 ---

[...sah] | kentar kumantar-kantar | pyur sumyur samya muryani | amudhar asta | putri Cina saryanjrit ||

18. mumbul malih dahanane putri Cina | gantya napak nampêki | rame ngadu yasa | dèrèng wontên kasoran | swaraning ditya krura ngrik | mangamah-amah | gumuruh ing wiyati ||

19. mubal malih dahana saking gêgana | prapta têmpuh samyagni | gumuntur swaranya | pak prok nungsung gêgana | langkung sukanya ningali | Rêtna Sudara | myang Sirtupelaèli ||

20. dènnya ngabên pangabaran putri Cina | langkung ramene jurit | nadhahi dahana | têmpuh samya dahana | kadya nampêk-anampêki | ambyar sumêbar | tuhu ngebat-ebati ||

21. nguwuh-uwuh Rêtna Mardawi Mardawa | nusula yèn prajurit | padha putri Arab | payo aprang gêgana | dèn padha angungsi pati | ngrik gora sabda | wau duk amiyarsi ||

22. datan kêna sinayutan putri Cina | lanase nglêliwati | sigra dènnya nêmbah | mring putri kalihira | mêsat sang putri nulya glis | manjing dahana | dêdêl anurut gêni ||

23. samya maras Sang Rêtna Dèwi Sudara | myang Sirtupelaèli | jagani prangira | kang rayi Adaninggar | nitih titihane kalih | saking kadohan | wau ta kang ajurit ||

24. putri yaksa kagyat dènira tumingal | mungsuhe nurut gêni | hèh hèh babo sapa | aranmu putri Arab | dene bisa nurut gêni | sumaur sugal | Adaninggar ran mami ||

--- 3 : 78 ---

25. kang ingakên kadang mring Rêtna Sudara | lan Sirtupelaèli | ditya sira sapa | ingkang arsa mangrusak | ingsun Mardawa Mardawi | mung loro sanak | sudibya ing ajurit ||

26. jinêmparing pawaka Rêtna Daninggar | sinabêt ing panangkis | ing talikêm tular | sumyur agni suh sirna | ing prang kinarubut kalih | Rêtna Daninggar | tuhu putri prajurit ||

27. datan kewran ing prang pinrih kering kanan | sigra langkap pinusthi | tajêm wus lumarap | kêna Dèwi Mardawa | kacundhuk jajanira ngrik | tiba sinôngga | ing ramanira aglis ||

28. Raja Jamum ngrik nguwuh Rêtna Mardawa | pindhonên ingsun iki | dimèn babarpisan | ywa tanggung patiningwang | wau kang rayi Mardawi | manah pawaka | ngêbyuki saking wuri ||

29. mawur ambyar sinabêt talikêm tular | agni tan migunani | Mardawi pinanah | tiba sinôngga bapa | nguwuh ngrik akon mindhoni | Sang Putri Cina | mênthang langkapira glis ||

30. kêna dening pamindhone Adaninggar | kalihe urip malih | sarêng dènnya mangsah | kalih ngagar badhama | ambêdhama nganan ngering | talikêm tular | panangkis mobat-mabit ||

31. pan gumuruh surake ditya ngawiyat | nêm atus jalu èstri | wau ing dharatan | Sihngiyar Tajiwalar | samas ingkang surak lirih | uhu suraknya | wong kawan atus sami ||

32. kang ayuda rame dènnya ngadu yasa | rok bôndawala pati | kinrubut bêdhama | Sang Putri Cina kontal | kasingsal [ka...]

--- 3 : 79 ---

[...singsal] saking ing agni | tiba lumarap | kumleyang dèn tadhahi ||

33. sigra Rêtna Sudarawrêti anyandhak | myang Sirtupelaèli | niyup pêparentah | hèh wong Cina gêdhèkna | gênimu aja na kongsi | kandhêg urubnya | hèh wadya Parangakik ||

34. miwah bala Karsinah padha milua | angurubakên gêni | aja kongsi kêndhat | byukana kayu lênga | sungsunên mênyan saèsthi | sigra kang dupa | inguncalakên agni ||

35. mubal mumbul kadya sundhula ngakasa | Rêtna Sudara angling | paran yayi sira | apa maksih kuwawa | ing prang kinarubut kalih | Sang Putri Cina | nêmbah maksih kuwawi ||

36. inguncalkên malih sajroning pawaka | dêdêl anurut gêni | Rajaputri Cina | nguwuh asru sêsumbar | payo Mardawa Mardawi | bapakmu padha | konên ngrubut ing mami ||

37. aja tanggung lah payo barênga mara | rêbutên ing ajurit | iki putri Cina | kasub kaonang-onang | widigdaya tanpa tandhing | sudirèng laga | yudakanaka mami ||

Lajêng nyandhak jilid 4.

--- 3 : [80] ---

Isinipun

... Kaca

29. Umarmaya kêpanggih Menak Jayèngmurti wontên ing guwa ... 3

30. Menak Jayèngmurti luwar saking guwa ... 8

31. Prabu Kewusnendar nungkul dhatêng Menak Jayèngmurti ... 15

32. Putri Cina atur-atur rajapèni dhatêng Dèwi Sudarawrêti tuwin Dèwi Sirtupelaèli ... 20

33. Prabu Nusirwan mirsani kadibyanipun Rêtna Kelaswara nalika ajar prang ... 29

34. Dhatêng nagari Kelan ... 35

35. Putri Cina nyuwun mêmitran kalihan Dèwi Sudarawrêti ... 37

36. Nglulusakên pamitranipun putri Cina kalihan Dèwi Sudarawrêti ... 44

39.37. Bidhalipun wadyabala Kuparman badhe nglurug dhatêng Kelan ... 46

38. Raja Kelanjajali ngraosi Menak Jayèngmurti ... 49

39. Putri Cina pinanggih putri Parangakik ... 52

40. Putri Cina wontên ing pasanggrahanipun putri Parangakik ... 57

41. Raja Jamum rêrêmbagan kalihan putrinipun kêkalih ... 62

42. Putri Parangakik tuwin putri Cina sami anjêjêp mêngsah ingkang badhe lampah cidra ... 68

43. Putri cina kinarubut kalih dhatêng putri danawa anakipun Raja Jamum ... 74