Menak Lakat (Jilid 02), Balai Pustaka, 1937, #864

Judul
Sambungan
1. Menak Lakat (Jilid 01), Balai Pustaka, 1937, #864. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Lakat (Jilid 02), Balai Pustaka, 1937, #864. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Lakat (Jilid 03), Balai Pustaka, 1937, #864. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 10-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1251a

Menak Lakat

Jilid 2

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- 2: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2: [3] ---

Têtêdhakan saking babon kagunganipun Bandara Radèn Ayu Cakradipura.

12. Sinom

12. Candhakipun Raja Lakat dipun biyantu dhatêng Raja Jênggi

1. antawis kirang saêjam | lampahira Raja Jênggi | lawan pambitingan Lakat | gya kèndêl sagunging dasih | sang nata mlampah ngarsi | ambêkta wadya rong puluh | nulya Bardanas prapta | wus caran-ngancaran sami | Raja Jênggi wus têdhak saking ing rata ||

2. Bardanas têdhak sing kuda | gya wêngkul-winêngkul sami | sang nata ngênorkên raga | Bardanas tansah ngrakêti | tan măntra anyar panggih | panguswaning tyas lir juruh | ganti barêng rangkulan | lir mintuna lawan mimi | Sang Bardanas dhasare luwês sambada ||

3. wus samya tunggal sarata | Jênggi lan Bardanas Patih | anggusthi samarga-marga | wus prapta kikising biting | angling Bardanas Patih | lah ing mangke yayi prabu | sampun gabah ing sabda | lan gusti kula sang aji | sawab sanès bangsane Lakat lan Ngabsah ||

4. Jênggi amangsuli sabda | sakarsa amba lumiring | lan malih raka paduka | sabarang kasrah ing mami | datan kawarnèng margi | wus cundhuk lan Lakat Prabu | sêsugun kalihira | angèstu Sang Raja Jênggi | Raja Lakat angrangkul nguswa mustaka ||

5. Sang Prabu Lakat têtanya | dhumatêng Sang Raja Jênggi | yayi prabu paran karsa | dene [de...]

--- 2: 4 ---

[...ne] nusul wong ajurit | umatur Raja Jênggi | ing purwa wusananipun | sumêdya ngèstupada | lumampah nanggulang kardi | Raja Lakat miyarsa kalangkung suka ||

6. têpung ujaring pandhita | ing nguni kang asung wangsit | wusana arum manabda | prakara dènira jurit | sirnane tiyang mukmin | măngsa borong yayi prabu | Jênggi matur sandika | Raja Bardanas nambungi | tiyang Islam ugêre amung satunggal ||

7. ingkang nama Amir Ambyah | wantêripun anglangkungi | sakti sura widigdaya | ngungkuli samining jalmi | yèn mangsah nilar dasih | ngandêlkên prawiranipun | yèn ngamuk munah mêngsah | cumêthi agêming jurit | singa ingkang kaparag tumpês gêlasah ||

8. mangsuli Jênggi Narendra | rangkêpa sakêthi sisih | sarambut pinara sasra | amba tan duwe kuwatir | Bardanas amangsuli | yayi prabu sèwu sukur | yèn sagêd sirna Ambyah | ènthèng boboting ajurit | tiyang Islam pasthine dhadhal kewala ||

9. mangsuli jêng sri narendra | sampun susah kakang patih | mênggah risake tyang Islam | wus kagêgêm asta mami | lan pêsthèkêna malih | pêjahe pun Jayèngsatru | yèn datan kalampahan | apagas sun kaurmati | langkung latah gumujêng Raja Bardanas ||

10. gya matur mring Prabu Lakat | yèn marêngi paduka ji | rayinta prabu ing Ngabsah | dimèn makuwon samangkin | amba ingkang ngladosi | ya ta rinojongan sampun | saksana lêluwaran | Bardanas lan Raja Jênggi | kalihira kacundhukan ing sakarsa ||

--- 2: 5 ---

13. Durma

13. Prajuritipun Raja Jênggi Ngêdali prang

1. durma Jênggi makuwon sabalanira | pêpanthan pirang biting | wadya pirang-pirang | lir sagara bêlabar | saha atur bulu bêkti | cèthi biyada | dhatêng Lakat Narpati ||

2. aprituwin wadya andêling sang nata | wasta Sang Jaburmali | de satunggalira | Kasral Kudus Narendra | prakoswa widagdèng jurit | wudhu ing rana | mungsuhe padha wingwrin ||

3. agêng inggil rong puluh kaki luhurnya | sêmbada gêng ngajrihi | kang ujwala kêmbar | tan wiguh gêlaring prang | agul-aguling wong kapir | kagila-gila | pupug digdayèng jurit ||

4. patihira awasta Risang Suteja | ya ta Sang Raja Jênggi | gusthi lan Bardanas | maju munduring aprang | Bardanas tansah mêthuki | jêng sri narendra | digdaya manah kibir ||

5. sri narendra abusana sarwa abra | kadya lintang sakêthi | atêbah mênggala | kadya wulan nèng jaja | makutha kêbak rêtna di | pating galêbyar | surêm mêne kang rawi ||

6. pasêmone kadi wrata binusanan | dinulu gêgilani | kairing wanodya | pinilihan sadaya | garwa sèwu tan na kari | jêng sri narendra | dahat manungku rêsmi ||

7. Raja Jênggi dumugi dènnya kasukan | wor wuru kaduk lali | sanjata gêng tansah | muni lir gêlap sasra | gumuruh swaraning jalmi | para prawira | ngajap tinètèr jurit ||

8. ênêngêna warnanên Sayid Bu Bakar |

--- 2: 6 ---

wus sowan mring jêng nabi | katur sasolahnya | jêng nabi langkung suka | wusana ngandika aris | sira Bu Bakar | de nganti kalih ratri ||

9. Abu Bakar umatur mring nabiyullah | nguni amba anganti | dasih tuwan ingkang | anukma biting kopar | lan nakyinakên pawarti | sapraptanira | jarwa solahing kapir ||

10. nguni sarêng kawon yudane lan tuwan | Lakat tan tumut jurit | wadya sapratigan | kalih duman kang aprang | saduman kang têngga biting | Patih Bardanas | dadya têtindhih jurit ||

11. sasisane kang pêjah mundur sadaya | Patih Bardanas gêndring | pan bolos sadaya | satriya para raja | dêstun ingkang kalih biting | kang purun seba | dhatêng Lakat Narpati ||

12. pun Bardanas sarêng prapta jarwa ing prang | dhatêng gustinirèki | sadaya wong kopar | samya maras ing manah | mirsa tandange ing jurit | punggawa Islam | awrat sinanggèng jurit ||

13. enjingira wontên malih raja prapta | awasta Raja Jênggi | sing nagri Ngabêsah | rong èwu bala raja | cacah mantri sangang kêthi | prajuritira | pirang-pirang wong kapir ||

14. Ratu Lakat gung pan agung sapunika | kasêktènira luwih | wignyamblês pratala | mêsat mring jumantara | warnanya tan limrah jalmi | wulu apanjang | riwut kêtêl ngajrihi ||

15. gêng aluhur susu rèntèng kadya sona | netra sumurup kêthip | cangkatak lir wraha | lir mangsi cêmêngira | jajanira sêmu abrit | timbuling braja | andêlira kêkalih ||

16. kang satunggal Jaburmali wastanira [wasta...]

--- 2: 7 ---

[...nira] | Kasral Kudus satunggil | sami widigdaya | kalih timbuling braja | patihira Raja Jênggi | aran Suteja | sêdya nanggulang jurit ||

17. dangu kèndêl nênggih Jêng Nabi Mustapa | wusana animbali | mring Bagendha Ngumar | Ngusman myang ingkang paman | Jêng Sultan Wiradimurti | myang Sayid Ngabas | wus samya munggèng ngarsi ||

18. aprituwin pra sakabat kawan dasa | miwah para narpati | aglar anèng ngarsa | kangjêng nabi ngandika | turnya Abu Bakar Sidik | sampun jinarwa | sadaya saur pêksi ||

19. sampun susah gusti prakawis kang mêngsah | angêblêgana bumi | yèn wong laknat kopar | pun dasih datan wêgah | sanadyan tumibèng pati | ing sabilollah | dados rênaning ati ||

20. Amir Ambyah umatur kantun priyăngga | gusti sampun kuwatir | nanging dipun lila | gusti dhatêng kang paman | yèn amba prapta ing janji | pêjah ngalaga | dados bantêning nabi ||

21. lamun tuwan tan lila pêjah kawula | pasthi awrat ing jurit | sabab prang kawula | taksih ngangge wêtara | ajêng unduring kang kardi | ngrêbat ing bala | awrat ènthènging jurit ||

22. têmtu têmah pun mukmin datan anyăngga | yèn amba tan nglabuhi | amba wus uninga | awrat tiyang ing Ngabsah | yèn tuwan ngumbar mring mami | yêkti tan susah | lawan karsaning Widi ||

23. wêkasane tuwan lanang ing ayuda | tur masrik têkèng mahrib | aradin sadaya | tan ana munasika | yèn tuwan pasrah ing Widi | badan kawula | yêkti sampun ginalih ||

--- 2: 8 ---

24. pan ing mangke gusti kawula wus tuwa | sêdhênge mati sabil | ngupados punapa | kamulyaning akerat | lan amba wus tuwuk mukti | wontên ing donya | sih nugrahaning Widhi ||

25. kangjêng nabi ngandika maring kang paman | lah paman lamun kenging | sampun ngantos tiwas | kapir èsmu dèn kalah | klampahana masrik mahrib | radin sadaya | lampah agami suci ||

26. Bagendha Mir matur ing nabi mustapa | paduka milih pundi | satunggal lan kathah | papan rupak lan jêmbar | ngandika jêng nabi murti | ngong plaur kathah | lawan ingkang satunggil ||

27. rupak jêmbar ngong pilaur ingkang jêmbar | umatur Bagendha Mir | punapa kang mulya | dasih sagunging wadya | rêmên nalar kang nrancahi | padhanging jagad | lawan prakawis jurit ||

28. lah punapa tamtu kalawan sandeya | mangsuli kangjêng nabi | inggih tamtu aprang | malih matur Jêng Ambyah | punapa gusti dèn anti | suwawi mangkat | sigra têngara jurit ||

29. mung gumuruh swarane wadya sumahab | wor pangrik turanggèsthi | sênjata gêng munya | pracihna mangkat yuda | gumludhug lir glap sakêthi | wus sinauran | dening sanjata kapir ||

30. sigra budhal balakuswa ing Madinah | kadya sela blêkithi | wardu ăngga sasra | mawukir guntur agra | anjrak kumalaning rawi | migung swandana | lir pendah kilat thathit ||

31. rindik-rindik gunastra maguna raras | tunggul kêkăndha asri | lêlayu bandera | sang yang lêkawèng teja | èbêk sing mandrawa kèksi | untabing [u...]

--- 2: 9 ---

[...ntabing] wadya | lir jalanidhi ngalih ||

32. ênêngêna wong mukmin ganti kocapa | wau Sang Raja Jênggi | wus amatah-matah | kang badhe banjêl yuda | sapalih prajurit kapir | mêdal ing rana | sapalih rumêksa ji ||

33. tindhihira pêlagan Patih Suteja | lawan Sri Jaburmali | Kasral Kudus ingkang | dadya ugêring aprang | gunging kapir gêgirisi | kagila-gila | swara lir guntur ardi ||

34. myang gumuruh têngara asêsauran | lir udan sinêmèni | sumrêk kang gurnita | anjrak bajra prêkatha | lir sagara agni ngalih | atumpa-tumpa | sanjata biting muni ||

35. Raja Jênggi eca dèni kasukan |[1] lawan Lakat Narpati | myang Patih Bardanas | prituwin raja-raja | kang samya bantu ing jurit | asewagara | kalangênan angênting ||

36. kawarnaa ingkang sami mangkat yuda | têmpur Islam lan kapir | wus samya atata | anèng kiduling arga | wong Islam anggolong pipit | kapir bêlabar | tandangira lir iblis ||

37. kunêng mêngsah kadya buta munah jambal | sigra cucuking jurit | rame long-linongan | brêg-binrêg kathah pêjah | sinungsun-sungsun mawanti | sanjata sarat | singa kapapag gusis ||

38. suprandene tan ana kang ngeman pêjah | ing wuri jêjêl wani | arêmpak-rinêmpak | ucik-ingucik panggah | tan ana nêdya gumingsir | samya sudira | wong Islam lawan kapir ||

39. wadya kapir dhasare padha munggaran | tur angêrobi tandhing | yèn tumpês salêksa [sa...]

--- 2: 10 ---

[...lêksa] | sayuta wuri prapta | kaya sulung mlêbu agni | mangsah mangrêmpak | nangkêp sing kanan kering ||

40. wus watêke wong kapir kirang dêduga | kawus-kawus kang mati | mêrêm wadya Islam | sangsaya kuwalahan | dhasar wus sayah ing jurit | karoban lawan | mundur jinêjêl kapir ||

41. datan kêna pinulih amêksa bubar | tan na ajrih ing gusti | amêrêm kewala | pra sakabat bramatya | kawan dasa ambêk pati | nanggulang kopar | nanging mêksa kalindhih ||

42. wadya kapir tumpês ngarsa wuri ngidak | warnanên Bagendha Mir | sabala narajang | anglambung saking kanan | amawur barising kapir | wadyanya Ambyah | sadaya ambêk pati ||

43. pan pranyata anênggih Bagendha Ambyah | yèn ngrasuk agêm jurit | kang para wasiyat | nabi kagêm sadaya | tan ana kêlar nadhahi | miwah Jêng Ambyah | yèn kala nitih wajik ||

44. ran pun digtya nyambêlilèr pamulunya | galak kagiri-giri | untu ngapurancang | singa sinaut pêjah | tracaknya waja malungit | apan prênyata | babuning kuda pêri ||

45. narpa yaksa pun Ranès rane dênawa | angsalira Jêng Amir | duk kondur sing Ngajrak | punika purwanira | miwah agêmira malih | pun kalisahak | dhawuk ulêsing wajik ||

46. angsalira duk Ambyah maksih taruna | cangkrama mring pasisir | lawan Umarmaya | kuda sing jro talaga | nandêr mrêpêki Jêng Amir | duk dhinginira | nênggih ingkang darbèni ||

47. Kangjêng Nabi Iskak prajuriting jagat | nênggih ingkang turanggi [turang...]

--- 2: 11 ---

[...gi] | dadya agêming prang | mila Jêng Amir Ambyah | pilih tandhing ing ajurit | Sang Jayèngrana | ngamuk anggêgilani ||

48. wadya kapir narajang mawut gêlasah | dèn amuk ing cumêthi | samya tigas pagas | sinaut kuda pêjah | tinubruk babrak ngêmasi | sinepak sêmpal | wong kapir bubar ngisis ||

49. pan pinati Jêng Amir panandêrira | kapir lir dèn babadi | cinumêthi glasah | prandene mantri kopar | miwah kang para narpati | samya narajang | ngêmbuli Bagendha Mir ||

50. warna-warna anitih turăngga liman | singa sinêrang mati | anyabêt sapisan | sèkêt sawidak pagas | gajah jaran tigas pacing | sisaning pêjah | wong kapir samya miris ||

51. wadya kapir ingkang aprang anèng dhadha | wikan ing wuri jisim | sadaya anulak | wadya Islam angrêmpak | wus bubrah tataning baris | pating salêbar | wong kapir kocar-kacir ||

52. Raja Jaburmali sigra anarajang | nitih swandana èsthi | sarya sikêp gada | wrat pitung èwu katya | amapag Bagendha Amir | ayun-ayunan | patêmpuhira siring ||

53. nguwuh-uwuh Sang Jaburmali sêsumbar | sapa sira prajurit | ambêk pêksa lanang | kaya wong ingopahan | tan kêlar mungsuh lan mami | Bagendha Ambyah | sumaur sêmu runtik ||

54. laknat kopar ya ingsun kang aran Ambyah | agul-aguling mukmin | balik sira sapa | amêthukakên ingwang | sumaur sun Jaburmali | Ngabsah tan ana |

--- 2: 12 ---

prajurit kaya mami ||

55. Amir Ambyah sarêng amiyarsa sabda | talingan lir sinêbit | saksana narajang | Jaburmali anggada | tuna-dungkap tibèng siti | bantala bungkar | sinarêngan cumêthi ||

56. gajah rêmuk gumabrug Sri Jabur tiba | rinêjah ing turanggi | gadanira langkah | Jabur aburangkangan | sinaut kang bau kering | dening turăngga | pagas gya cinumêthi ||

57. sirah ajur wong kapir sangsaya giras | Kasral Kudus ningali | saksana narajang | sikêp gada andharat | tandangira mobat-mabit | wontên wong Islam | siji ginada lalis ||

58. rêmuk nulya kang bangke sinêmpal-sêmpal | Ambyah kalangkung runtik | sigra anarajang | Kasral Kudus anggada | tinadhahan ing asta Mir | gada binuwang | mring Amir tibèng têbih ||

59. Kasral Kudus saksana anarik pêdhang | sinabêt Bagendha Mir | tinadhahan asta | rinêbat sampun kêna | pinutung dadya kêkalih | Kasral anunjang | tinadhahan cumêthi ||

60. gulu rampung gumuling Kasral wus pêjah | Patih Suteja gêndring | wong kapir puyêngan | tan beda sapu wudhar | pating bilulung wong kapir | dènnya lumajar | anunjang rêbut urip ||

14. Pangkur

14. Raja Jênggi ngêdali prang

1. ing wuri saya matumpang | bangke kapir kaya babadan pacing | liman turăngga lir gunung | têmahan sagara

--- 2: 13 ---

rah | sarah watang lumut bandera lêlayu | turăngga tan ngambah lêmah | ngancik saluhuring jisim ||

2. anênggih Jêng Amir Ambyah | waktu luhur dènira wiwit jurit | ngantos ngajêngakên subuh | dènira munah kopar | tansah anglud dhatêng ing sapurugipun | kang kacandhak pinatenan | nulya kasaput ing wêngi ||

3. gya wangsul Bagendha Ambyah | pan samarga kapêthuk ingkang abdi | kang samya nututi wau | nanging mêksa tan kocap | mung Ngawiyah Kasah sakabat kang tumut | dhatêng Jêng Bagendha Ambyah | untap-untapan nèng wuri ||

4. warnanên jêng nabiyullah | duk pinarak angumpulakên dasih | sakabat lan para ratu | andhèr anèng ngayunan | tansah nganti mring kang paman rawuhipun | jêng nabi nulya parentah | angetang wadya kang sahid ||

5. miwah wadya kang kabranan | wus winilang nulya dipun sêrati | apan ta ngantos sadalu | makuwon nèng paprangan | wus warata sinung salawat sadarum | ingkang samya sabilollah | tanapi kang nandhang kanin ||

6. sinung ganjaran sadaya | awarata dene sakèhing mayit | wus sinalatakên sampun | samya pinêtak ngarga | Amir Ambyah wus prapta ing ngarsa rasul | ing madya ratri wayahnya | kang mêntas ngungsir pun kapir ||

7. jêng nabi dangu mring paman | ing samulabuka umatur sanis- | kara jinarwa sadarum | nging ragi sinatêngah | mung Ngawiyah lan Kasah jêjarwa putus | gusti paman padukambyah | ngebat-ebati duk jurit ||

--- 2: 14 ---

8. pangraos kula malekat | singa ingkang sinabêt ing cumêthi | wadya kapir bubar gêmpur | lamun nabêt sapisan | kapir sèkêt sawidak satus pan rampung | sawênèh kang nunggang kuda | gêmbung pagas tibèng siti ||

9. gêmbung taksih nunggang jaran | pintên-pintên yutan kêthèn kang mati | raja pintên-pintên atus | samya pêjah galasah | pangagênge nata digdaya nung-anung | Kasral Kudus Jabur pêjah | punika andêling kapir ||

10. patih ing Ngabsah nagara | pun Suteja giris lumayu gêndring | punika kang dipun êlud | dhumatêng paman tuwan | kirang kêdhik kacandhak kasaput dalu | tan wontên sapara liman | kapir sasisaning pati ||

11. jêng nabi kalangkung suka | aningali dhatêng kang paman Amir | Sayid Abu Bakar matur | kang mêngsah taksih awrat | Raja Jênggi digdaya kalangkung-langkung | bala kapir taksih kathah | prajurite Raja Jênggi ||

12. nabiyullah angandika | nora susah yèn maksih paman Amir | nadyan akèha wong kupur | lir wêdhi ing samodra | sun tan ulap sanadyan sêkti pinunjul | sok maksiha paman Ambyah | măngsa dadia kalilip ||

13. nêngêna jêng nabiyullah | kawarnaa wau Narendra Jênggi | nèng ngarsane sang aprabu | sineba para raja | Kyana Patih Suteja mangrêpèng ngayun | matur solahing dinuta | tumpêsing prajurit kapir ||

14. para raja kathah pêjah | Jabur Kudus kasambut ing ajurit | sirnane wadya sadarum | rinusak dening Ambyah | sura-sura awantêr digdayèng

--- 2: 15 ---

pupuh | sigit aladak sêmbada | suwarna lir sang hyang tulis ||

15. cumêthi gêgamaning prang | kuda galak singa sinaut mati | wong tinujah babak lampus | sinepak jaja bêncah | panas baran awantêr Sang Jayèngsatru | yèn ngamuk atilar bala | tandangnya lir kilat thathit ||

16. myarsa Dawilkusèn Raja | myang Bardanas miyarsa kirig-kirig | tom-tomên mring Jayèngsatru | matur Patih Suteja | wau amba sampuna kasaput dalu | wikan pêjah wikan gêsang | pinlêcit dening Sang Amir ||

17. Sang Raja Jênggi bramatya | bêkos-bêkos mangkorog tingal andik | gigit waja bakat-bakut | wusana akras nabda | lah Suteja munduran anggunggung mungsuh | tangkêpa sèwu Si Ambyah | nora duwe ulap mami ||

18. Jênggi matur mring Sri Lakat | yèn marêngi amba mundur ngarsa ji | tuwan kantuna sang prabu | ecaa ăndrawina | amba arsa ngayoni Sang Jayèngsatru | nanging pun kakang Bardanas | anjênêngana mring mami ||

19. dadosa tingal paduka | pasthèkêna pêjahipun pun Amir | kêthok-kêthokkên wak ingsun | yèn mrojol saking asta | langkung suka Sri Lakat amanggut-manggut | nulya sampun lêluwaran | enjing têngaranya muni ||

20. Sri Jênggi nulya parentah | minta wadya kawan dasa sinêlir | samya santana sadarum | andêl tur kasarira | ratu tatal atatas marang pakewuh | sadaya wahana kuda | tan ana anyipta urip ||

21. sang nata anitih rata | rukma lumrang kênyarira [kê...]

--- 2: 16 ---

[...nyarira] rêspati | Raja Bardanas tan kantun | samya nunggil sarata | Sang Suteja nindhihi bala wadya gung | kinèn lumampah ing wuntat | sang natarsa pêrang tandhing ||

22. parentahira mring wadya | mangke lamun sang nata campuh jurit | aja ana kang têtulung | têtêgana sing wuntat | sagunging wong padha suraka sadarum | lan urmat sanjata lanang | ywa pêgat gamêlan muni ||

23. wus rampung parentahira | sigra budhal wau Sang Raja Jênggi | têngran sanjata jumêgur | kadya gêlap sayuta | wus nimbangi mriyêming mukmin gumludhug | untabe wadya ing Ngabsah | lir sagara tanpa têpi ||

24. wong Islam wus baris aglar | têngara ngruk barung panjriting èsthi | baris sakiduling gunung | gêlar êmprit anêba | wadya tusan apan samya sinalulup | dening wadya pêpilihan | pra sakabat anindhihi ||

25. prituwin kang para nata | bala-bala prayitna saha dasih | mariyêm sinungsun-sungsun | panggrite mimis obat | amayungi ingkang dharat ênggènipun | kang nitih turăngga liman | kang dharat kang dèn ampingi ||

26. jêng gusti nabi mustapa | kang minăngka pangungsèning wong jurit | nèng dhadha sakabat têpung | tan têbih Abu Bakar | baris kanan Ngumar kang mêcalang kewuh | buntar kering Sayid Ngusman | Ngabas mungkasi nèng wuri ||

27. nindhihi sarerehannya | sura-sura wong Islam golong pipit | dening Risang Jayèngsatru | Senapati Ngalaga | baris ngiras dadya cucuking prang pupuh | pramugari [pramuga...]

--- 2: 17 ---

[...ri] ngiras dhadha | Jêng Sultan Wiradimurti ||

28. manglela munggèng turăngga | ran pun diktya pratistha songsong kuning | kinubêng wadyabala gung | prituwin para nata | tata rampak ngêmuli ing wadyanipun | Kasah Kasim Mungawiyah | kinanthi Sang Jayèngmurti ||

29. adangu dènira ngantya | wadya kapir dèrèng anêmpuh jurit | nanging wus samya kadulu | dangu sawang-sinawang | wadya mukmin binanjêlkên wadyanipun | sarta nguluki sanjata | têngara surak mêlingi ||

30. manrot Jêng Bagendha Ambyah | wadya surak kadya ngrubuhna langit | kang uluk-uluk sinungsun | mimis sanjata sarat | anibani wong kapir kathah kang lampus | kèh tugêl turăngga liman | gègèr puyêngan wong kapir ||

31. Sang Raja Jênggi bramatya | nulya mangsah anitih rata manik | lawan andêl patang puluh | tanapi Sri Bardanas | wus lumarap lir endrajala lêlaku | gumrah têngaraning kopar | pradăngga ngangkang munya sri ||

32. suraknya lir langit rêbah | Raja Jênggi nrajang barisan mukmin | wong patang puluh angamuk | sarya asikêp pêdhang | wadya Islam samya anadhahi grêgut | giyak anglarihi watang | pan sarwi angrutug bêdhil ||

33. wong kapir jinurung setan | tan tumama mimis panah lan biring | sing istijrate sang prabu | bala lir saradula | pangamuknya singa katarajang mawur | bramatya Sang Jayèngrana | kudanira dèn cumêthi ||

34. nandêr lumarap lir kilat | wadya kapir singa katrajang mati | cinumêthi tigas rampung | rêmuk sakudanira [sa...]

--- 2: 18 ---

[...kudanira] | pan pranyata cumêthinya Jayèngsatru | luput wong têguh yuwana | prajurite Raja Jênggi ||

35. wong patang puluh wus têlas | wadya Islam surak banjêl wus pulih | têngara umyang gumuruh | pangamukira Ambyah | kirang kêdhik cundhukira lan sang prabu | sigra Sang Jênggi Narendra | jêmparingira pinusthi ||

36. mijil taksaka agalak | wêndran baran angamuk mring wong mukmin | wong Islam bubar wus larut | lumayu salang-tunjang | saya kathah naga sing awang lir jawuh | bubrah tataning wong Islam | samya ngungsi mring jêng nabi ||

37. Jêng Ambyah pêgêl ing manah | datan wignya ngingêrakên turanggi | pun diktya giras andulu | naga wêndran abaran | langkung kewran pangamuknya Jayèngsatru | nyumêthi saangsalira | pirang-pirang naga mati ||

38. jêng nabi awas tumingal | yèn kang paman kewran dènira jurit | mogok kudanira tatu | nabi murti gya mangsah | pun bukayar mogok kinêtap tan purun | ajrih taksaka awêndran | samya galak gêgirisi ||

15. Durma

15. Raja Jênggi ngêdalakên kasêktènipun

1. mundur musthi tikswara jêng nabiyullah | ambrubul gêgirisi | awêndran abaran | bayak sêsêg ing tawang | lir jawah kèhing jêmparing | kanthi mukjijat | nênggih ingkang jêmparing ||

2. ingkang naga pêjah katiban tikswara | pirang-pirang [pirang-...]

--- 2: 19 ---

[...pirang] wus ênting | pêjah nulya muksa | pulih barising Islam | surak lan têngara muni | kadya ampuhan | Ambyah ngêtap turanggi ||

3. sigra nêmpuh dhatêng Sang Narendra Ngabsah | Jênggi gupuh dènnya ngling | kang Patih Bardanas | sintên mangsah punika | surambêk apêksa luwih | Bardanas lingnya | inggih pun Ambyah yayi ||

4. yèn suwawi pan inggih dèn ulatêna | yêkti ambêbayani | pun Ambyah yèn yuda | kadya dede manungsa | nampèl wêntis Raja Jênggi | sabdanira kras | kakang sampun kuwatir ||

5. sarêng cêlak wau Jêng Bagendha Ambyah | kêbat Sang Raja Jênggi | dèn ingêr kang rata | lumarap kadya kilat | Bagendha Ambyah mangungsir | barising Islam | prasamya anungkêbi ||

6. Raja Jênggi anggêdhêg gandhewanira | tikswara mêdal agni | gêng kagila-gila | mulat dhatêng awiyat | gègèr wadyabala mukmin | asalang-tunjang | binuru dening gêni ||

7. kathah pêjah wong mukmin gêsêng kawlagar | samya angungsi nabi | Amir panggah ing tyas | anèng jroning dahana | samya anyana wus sahid | gumrah wong kopar | suraknya gêgirisi ||

8. pan prênyata Wong Agung Anjayèngrana | tan pasah dening gêni | tan gêsêng ing kobar | saking sawabing jimat | kêndharat sing Nabi Kilir | jinurung ing Hyang | sung jimat mring Jêng Amir ||

9. kudanira anèng sajroning dahana | wulunira tan busik | sing pangrêksaning Hyang | dahana datan panas | ribêt Jêng Bagendha Amir | tansah gagapan [gaga...]

--- 2: 20 ---

[...pan] | anèng sajroning gêni ||

10. bala kapir asurak lir langit rêbah | wong Islam bubar gusis | jêng nabi kesisan | majêng-majêng katulak | dahana kagiri-giri | jêng nabiyullah | mundur dènira jurit ||

11. pra sakabat samya bingung bilulungan | arsa ngungsi jêng nabi | kadya sapu wudhar | warnanên Jênggi Raja | lawan Sang Bardanas Patih | kalangkung suka | wong mukmin bubar gusis ||

12. lawan malih dinuga Ambyah wus pêjah | gêsêng kaparag agni | sang nata sêsumbar | lah payo wong Madinah | cumanthaka magut jurit | tan kulak warta | ingsun narendra luwih ||

13. ya ta wau Wong Agung Anjayèngrana | kang anèng jroning gêni | sumungkêm kêkapa | nênuwun ing Hyang Suksma | nulya parmaning Hyang Widhi | dan salah măngsa | adrês kang punang riris ||

14. kang dahana wus sirna dadak sêkala | pulih barising mukmin | Jêng Bagendha Ambyah | ningali Jênggi Raja | saya bramatya tan sipi | sinêrang sigra | panandêrnya lir thathit ||

15. sampun têmpuh Amir lan Jênggi Narendra | kang rata cinumêthi | anjog saking kuda | ingantêb pêtakira | wus prayitna Raja Jênggi | mêsat lir kilat | Bardanas dipun cangking ||

16. mung kusirnya kuda pangirid kang pêjah | rata ajur wor siti | gègèr wadya kopar | angungsi pambitingan | saya drês kang punang riris | awor lan barat | nulya kasaput wêngi ||

17. Bagendha Mir amangu ing galihira | nulya ngruruh jêng nabi | apêtêng gagapan |

--- 2: 21 ---

samana sampun panggya | wus samya têdhak sing wajik | arêrangkulan | kang paman lan jêng nabi ||

18. pra sakabat sadaya abilulungan | apisah lawan gusti | ya ta nabiyullah | nganti sadalu pisan | lêrêb nèng paprangan malih | sawadyanira | tan wangsul dhatêng biting ||

19. kawarnaa wau Sang Jênggi Narendra | kang mêsat mring wiyati | lan Raja Bardanas | cinangking mring sang nata | manahira kêtir-kêtir | ajrih kalintang | tansah sumêlang patih ||

20. Raja Jênggi wus niyup sing pambitingan | pinrak ing păncaniti | aglar kang sewaka | lan sagung para nata | miwah Ki Suteja Patih | Raja Bardanas | kang nèng ngarsa tan têbih ||

21. ăndrawina lan sagunging para raja | miwah satriya mantri | wuru-wuru samya | gumuruh swaranira | mariyêm tan pêgat muni | gamêlan ngangkang | barung awor saruni ||

22. wadya kapir sadalu tansah tikata[2] | samya prayitnèng wèsthi | sinamur kasukan | lêlangên wanodyendah | ulah kawignyan angênting | sukaning kopar | dadya karênèng iblis ||

23. barang ingkang manggawe mungkur ing sarak | iku dhêmêning kapir | tan mikir ngakerat | krana donya kewala | tan ngrasa wêkasan mati | sok dhasar uga | muktia mumpung urip ||

24. adu daya kaluwihane nèng donya | pinikir siyang latri | angêdohkên brata | tan ana sukurira | hawane dèn gurantèni | sampun jinarag | kêkêl anèng yumani ||

25. Sri Bardanas sadangune ăndrawina [ă...]

--- 2: 22 ---

[...ndrawina] | tan liya kang kaèsthi | amung Amir Ambyah | dènira amêngangkah | prawira wantêr sinêkti | wantêr sêmbada | wusana ngandika ris ||

26. yayi prabu paran ing karsa paduka | sagah tuwan ing nguni | mring raka paduka | pêjahe Jayèngrana | wau wus kalakon jurit | sarta ingobar | mêksa datan ngundhili ||

27. kinêmbulan anumpêsakên wong kathah | prang tandhing nêniwasi | paran karsa tuwan | dènira amêngangkah | kagila kagiri-giri | digdayanira | nênggih Bagendha Amir ||

28. Raja Jênggi worsuh sabdanira akras | kèndêla kakang patih | ywa susah kang manah | mungsuh manungsa Islam | ingidak wong bèr kuwanin | tilar praceka | gampang dèn pirantèni ||

29. kaping kalih amba sakalangkung merang | yèn sagah nora yêkti | ngong pilaur pêjah | kawona prang lan Ambyah | eman jumênêng narpati | muntab krodhanya | tingal andik lir gêni ||

30. sru bramatya nulya narik pêdhangira | sigra binanting siti | gumêbyar lir kilat | pêdhang sinaut patah | kinêmah dadya gulali | anyandhak gada | ingumbulkên lir mimis ||

31. dhawahira nulya tinadhahan dhadha | murub anggêgirisi | kadya ginurenda | dhêdhêp gunging sumewa | gumêtêr Bardanas Patih | datan darbe rah | ningali Raja Jênggi ||

32. sri narendra sigra asuwarèng bala | mangkat padha sawêngi | nglanggar mring wong Islam | tan suda raosing tyas | sumêkta sagunging dasih | saksana budhal | gumruh lampahing baris ||

--- 2: 23 ---

16. Pangkur

16. Wong Agung kapupu ing prang

1. mungkur ing sawêngi madya | saha bala miwah para narpati | Raja Bardanas tan kantun | pirang-pirang wong Ngabsah | kêrig lampit samya andharat sadarum | sampun tan nêmbang têngara | wus dungkap barising mukmin ||

2. Raja Jênggi gya parentah | karya luwang panjang sami lan baris | alêbêt wiyar tur sirung | sinamun langkung samar | wus tinêngran aju unduring pakewuh | luwang nèng têngah barisan | wingkinge pangarsèng jurit ||

3. wus samya pinatah-patah | cucuking prang pangawat kanan kering | miwah dhadhaning pakewuh | myang bala kang pêcalang | myang panggenan sanjata sarat lan watu | ngundhung-undhung kadi arga | gamêlan sampun rinakit ||

4. prituwin gèning têngara | kang kêndhang gong têtêg sampun miranti | Bardanas alon amuwus | tanya mring Jênggi Raja | yayi prabu lah punapa karanipun | amawi pêluwang samar | sarwi tinata ing latri ||

5. mangsuli Jênggi Narendra | luwang samar punika pan piranti | wong wantêr tan yitnèng kewuh | lan rêmên tilar bala | aprang nunjang ngandêlkên digdayèng pupuh | kakang patih titènana | yèn prajurit bèr kuwanin ||

6. ngranggoni budi brangasan | yêkti gampang lamun ingarah pati | miwah yèn ana ambêrung | agampang pinaekan | Sri Bardanas amèsêm dènira muwus | lêrês pangandika nata |

--- 2: 24 ---

wong tiwas margane lali ||

7. wirang marga buwang weka | kumêlajon dumrojog baya pati | Sang Jênggi malih amuwus | mila dalu tinata | tanpa têngran tur mawi dharat sadarum | dimèn Islam ywa graita | kagèta ginêtak enjing ||

8. swandana turăngga rata | dimèn nusul ing mangke bangun enjing | èsthi blêgêdaba sênuk | miwah raja kang jaga | pambitingan samya sun lêbon sadarum | Bardanas kalangkung suka | sadalu dènira gusthi ||

9. ya ta bangun kawarnaa | wong ing Ngabsah kêrig nusul ing gusti | pirang-pirang barisipun | têtindhihirèng ngarsa | Sang Suteja Sri Jênggi wontên ing pungkur | sarwi nitih rata rukma | sang nata sikêp jêmparing ||

10. kasuluh lintang sing tawang | rêbut sorot ujwala anêlahi | pêtêng dadya padhang gumyur | lir thathit-thathit lidhah | gunastra kasunar padhange inglayung | kang tinggar pating karelam | padhang gêbyar-gêbyar asri ||

11. gumludhug punang sanjata | surak-surak kadya ngrubuhna langit | gobar gurnita majêmur | têtêg ambal-ambalan | sanjata gêng sinulêt sinungsun-sungsun | gègèr barise wong Islam | kagyat ginêtak ing jurit ||

12. kasusu sagunging bala | kang sawênèh prêbatan dèn kambili | wênèh ngujêg kancanipun | gigir tinrapan kapa | abusêkan tambuh rowang lawan mungsuh | Amir Ambyah sabalanya | anandêr nunjang mring kapir ||

13. wadyanira kaceceran | ingkang tumut namung sadasa iji | Ambyah [A...]

--- 2: 25 ---

[...mbyah] pangamuknya nêmpuh | balêdig ing wong kopar | singa ingkang katrajang bubar lumayu | dèn andhêgi surak-surak | sinandêr lumayu gêndring ||

14. siji loro kang kacandhak | sinabêt ing cumêthi ajur mati | kapir bubar saya mundur | wong kapir surak-surak | Amir Ambyah amênggah pangamukipun | dene lagya saput lêmah | wadya tan ana nututi ||

15. wong kapir sampun amapag | samya anèng lurungane piranti | asumbar-sumbar gumuruh | payo prajurit Islam | wêdi mati pangamuke mandhêg mangu | êndi rupane Si Ambyah | payo nututana mami ||

16. sadaya agiyak-giyak | anggaguyu dhatêng Bagendha Amir | nulya Risang Jayèngsatru | ing galih langkung merang | apan kadya sinêbit talinganipun | sinabêt ingkang turăngga | panandêrira lir thathit ||

17. slaminya pun kalisahak | dèrèng nate sinabêt lamun jurit | ing mangke panandêripun | winanti panyabêtnya | kuda sarêng cêlak lan luwanganipun | amrêgak ingkang turăngga | yèn jalma ngucap mêrkawis ||

18. gusti punika luwangan | pan sayêkti paekaning wong kapir | brêmatya Sang Jayèngsatru | akras dènnya ngandika | jaran apa iki amrêgak pakewuh | apa sira wêdi pêjah | dudu jaraning prajurit ||

19. kuda kinantêp kinêtap | gya malumpat turăngga anglir thathit | tuna-dungkap datan tutug | dhawah sajroning luwang | kapir surak kadya ingkang gunung rubuh | ngêbyuk [ngê...]

--- 2: 26 ---

[...byuk] saking kering kanan | prasamya angrutug bêdhil ||

20. sawênèh anosog tumbak | kang sawênèh jêmparing saking nginggil | gumrah swaranira umyung | gamêlan munya ngangkang | tambur bèri gumlêgêr swara ambarung | Raja Jênggi langkung suka | ningali Bagendha Amir ||

21. prituwin Raja Bardanas | datan têbih lawan Sang Raja Jênggi | aningali saking luhur | Bardanas latah-latah | para raja guyune ambata rubuh | Jêng Ambyah kinarya lesan | wontên sajroning piranti ||

22. kapir pirang-pirang yuta | ningali nèng pinggir luwangan rintip | rinangsang cumêthi gêmpur | wong kapir pagas-pagas | kumarutug bangke kêpala kang runtuh | êndhas tiba anglir jawah | gêmbung taksih anèng nginggil ||

23. sangsaya sungsun matumpang | jroning luwang kêbêk kêpala jisim | ajêblog ilining marus | lèngkèt bangke akêkah | kirang kêdhik kuda mancik mèh gumayuh | saking kêbêking bêbathang | piluwang nganti mèh radin ||

24. apan kurang sadungkapan | yèn wuwuha sapuluh bathang malih | bisa mêntas Jayèngsatru | kang kuda bisa mancad | sadangune nèng piluwang taksih manggung | Ambyah wontên ing turăngga | saksana Sang Raja Jênggi ||

25. sigra aparentah bala | kinèn mundur dènira ngêbyuk Amir | tan pasah sinosog ganjur | ingêdrèl tan tumama | dalah kudanira pan atêguh timbul | mila samya ingunduran | parentahe Raja Jênggi ||

26. kinèn angrutugi sela | gya ginutuk [ginu...]

--- 2: 27 ---

[...tuk] watu kang pirang kêthi | dhasar wus miranti dalu | watu sapirang-pirang | kadya jawah nibani Sang Jayèngsatru | tinangkis kang punang sela | dadya glêpung ing cumêthi ||

27. dangu-dangu saya sayah | kinarutug ing sela Bagendha Mir | wus pinasthi ing Hyang Agung | prapta ing ajalira | tur kaparêng dadya rênanirèng kalbu | seda aprang sabilullah | amunah sakèhing kapir ||

17. Asmaradana

17. Kangjêng Nabi Singidan wontên ing guwa

1. kasmaran seda Jêng Amir | lan kuda pun kalisahak | wus pêjah tunggil saênggèn | gya surak prajurit kopar | Bardanas lincak-lincak | Raja Jênggi nulya muwus | kakang patih paran karsa ||

2. rèh Ambyah mangke wus lalis | Bardanas mangsuli sabda | inggih yayi prayogine | amba ngaturi wuninga | dhatêng raka paduka | pukulun nyrantos rumuhun | wontên ing ngriki kewala ||

3. de prakawis mêngsah mukmin | ngamungna abdi kewala | pan sayêkti dhadhal kabèh | dening pangiriding aprang | ngamungna pun Suteja | wus dadi ingkang pirêmbug | Bardanas mangkat sing ngarsa ||

4. sandêran samargi-margi | warnanên prajurit Islam | mangsah wus pinapagake | apan sarya tinuturan | Ambyah kasambut ing prang | wong Islam karoban mungsuh | ambanjêlakên katulak ||

5. dhasar manahe wus alit | sanès [sa...]

--- 2: 28 ---

[...nès] lan wadyane Ambyah | sarêng Amir pawartane | sinunduk lawan dêduga | saèstu lamun seda | nulya golong pipit ngamuk | umangsah sarwi karuna ||

6. tan ana sumêdya urip | sèlèh sanjata myang panah | wênèh ambuwang kudane | pangamukira lan pêdhang | tinadhahan ing kopar | kapir tumpês Islam gêmpur | lir sulung lêbu katulak ||

7. langkung wuru dènnya jurit | akèh kacêmplung ing luwang | samya akuwêl jurite | cêcêpêngan ikêt pinggang | kèkèt pêdhang-pinêdhang | wadyanira Jayèngsatru | tan ana gêsang satunggal ||

8. pitung dasa pra narpati | mantri satriyanya dhomas | pitung èwu prajurite | sagèn-ênggèn dènnya pêjah | samya dhêpani pêdhang | iku bêbasan tinêmu | lir tigan sapatarangan ||

9. yèn ana kang rêmuk siji | sadaya datan sulaya | karam angeman patine | wus kudangane jêng sultan | tur korak ing sajagat | nadyan misiha kêkuncung | yèn abdine Amir Ambyah ||

10. kalangkung-langkung kaèsthi | srah pati myang praja wira | mila têmahane mangke | kalakon tumpês sadaya | tur pêrang ajalira | santana mantri pra ratu | pêjahe datan sulaya ||

11. wong kapir saya ngêbyuki | tinindhihan Jênggi Raja | brubul sing kanan keringe | Suteja mêlak sing wuntat | kapir jêjêl manunjang | wadya Islam mawur-mawur | tan kêna pinulih ing prang ||

12. saya kathah wadya kapir | kumêrap kagila-gila | tandhing jitus [ji...]

--- 2: 29 ---

[...tus] pocapane | siji wadya ing Madinah | satus prajurit kopar | maksih dudu lamakipun | mukmin siji sèwu kopar ||

13. mukmin ngungsi wana wukir | lumayu sarta akawal | kapir ngênut saparane | bêbangke pating gêlasah | ardi myang watu jurang | kang kisma amili marus | wong kapir sangsaya mêlak ||

14. bingung datan măngga pulih | sagunging prajurit Islam | ngungsi saparan-parane | pra sakabat kawan dasa | ngamuk-ngamuk katulak | Ngumar tansah bêkah-bêkuh | apisah lan wadyanira ||

15. pangamuke mobat-mabit | kapir ginada gêlasah | prandene sasat tan kalong | saking gunge wadya kopar | Ngumar lan pangiringnya | sakabat mung patang puluh | saya ingurugan bathang ||

16. pun Bilal ingkang kawarni | anandêr saking ing wuntat | nguwuh Bu Bakar wuwuse | Gusti Sayid Abu Bakar | tuwan nyukupi ngarsa | punika jêng gusti rasul | sampun tinilar ing wadya ||

17. wong kapir anggêgirisi | wus cêlak jêng rasulollah | Bu Bakar gya wangsul age | pra sakabat kawan dasa | sami wangsul sadaya | ngrêbat anjagèni rasul | sadaya samya karuna ||

18. ya ta wau kangjêng nabi | tansah amanggung nèng kuda | sarwi nglêpasi panahe | adate mukjijatira | lamun manah sapisan | kêthèn yutan panah brubul | pracihna ungguling yuda ||

19. ing mangke dènnya jêmparing | lamun lumêpas sapisan | panah maksih sawantahe | sigra anyandhak sanjata | adat [ada...]

--- 2: 30 ---

[...t] mukjijatira | ping sakêthi ungêlipun | amung ngisenan sapisan ||

20. sanjata nulya pinusthi | amung amuni sapisan | tan sagêd mindho munine | jêng nabi kewran ing driya | kapir sangsaya ngrêda | swarane umyang gumuruh | sarwi angrubut sanjata ||

21. Bu Bakar umatur gusti | suwawi sumingkir tuwan | jêng nabi dhahar ature | Ngumar angguguk karuna | sambate lir wanodya | dèn enggal tuwan amundur | ngungsi papan kang prayoga ||

22. amba kang ngadhangi kapir | Abu Bakar sampun pisah | dhèrèka ing tuwan bae | Ngusman suwawi umangsah | ananggulang wong kopar | nulya katrajang ing mungsuh | mentar sarwi surak-surak ||

23. dhasar pra sakabat kêdhik | kuwalahên kathah pêjah | pêdhot kênèng mimis gêdhe | jêng nabi lèngsèr saksana | Bu Bakar anèng ngarsa | Sayid Ngabas miyak sampun | kang ngêpung mring nabiyullah ||

24. Ngumar Ngusman dharat sami | angamuk kagila-gila | Ngumar nyawatkên gadane | kapir mati pirang-pirang | tan wontên purun nyêlak | Ngusman sinosog ing ganjur | tumpês ingamuk lan pêdhang ||

25. sumyur pra sakabat sami | kinarubut ing wong kopar | ngamuk saparan-parane | wus pisah lawan panutan | kocapa nabiyullah | malêbèng jroning wana gung | kang dhèrèk Ngabas Bu Bakar ||

26. jêng nabi anitih wajik | kang aran pun abulkarba | Ngabas ngapit nèng keringe | Abu Bakar anèng kanan | lamun kapêthuk kopar | sèkêt satus apan gêmpur |

--- 2: 31 ---

dèn amuk Ngabas Bu Bakar ||

27. nêngêna wau jêng nabi | kocapa Patih Bardanas | ya ta ing Lakat sang katong | kagyat miyat ing Bardanas | dhatêng saking paprangan | munjuk lamun Jayèngsatru | wus sahid anèng piluwang ||

28. sang nata suka tan sipi | sigra têdhak gêgancangan | wus cundhuk lan Jênggi Rajèng | umatur jêng sri narendra | punika Amir Ambyah | rèhne mangke sampun lampus | ing mangke sumăngga tuwan ||

29. saksana sami ningali | dhumatêng layoning Ambyah | Jênggi lan Lakat sang katong | Sri Lakat kalangkung eram | ningali Amir Ambyah | warnane bagus atulus | sigit sêmunya bêranyak ||

30. pan dêdêgira dumêling | kaduk tipis sariranya | jêne ijo pamulune | tan măntra kalamun seda | kadya sare kewala | datan ana tilasipun | gêgaman lan gutuk sela ||

31. maksih manggung nèng turanggi | angasta cumêthinira | Sri Lakat parentah age | mundhut layonira Ambyah | kinèn ngajêngkên ngarsa | wong kapir angangkat gupuh | wong sawidak datan kêlar ||

32. nulya binantonan malih | asêsak tan angsal asta | tan obah ginulingake | cumêthi tansah ingasta | binênggang datan kêna | sakalangkung awratipun | sarambut tan mawi obah ||

33. ana raja siji angling | iki apa maksih gêsang | dene ana prêbawane | kancanira salah tămpa | ginalih maksih gêsang | bubar sadaya lumayu | Bardanas aburangkangan [aburangkang...]

--- 2: 32 ---

[...an] ||

34. samya kinèn wangsul malih | nanging tan ana kaduga | dangu binalangan bae | saèstu lamun wus seda | anuli pinaranan | ingangkat malih tan keguh | ya ta Ki Patih Bardanas ||

35. umatur dhatêng Sang Jênggi | layonipun Amir Ambyah | yogi binêdhèl jajane | kadya punapa kang manah | tinandhing manah kathah | lah punapa warnanipun | dene ta kagila-gila ||

36. Sang Raja Lakat nambungi | kang jaja kinèn ambêlah | sadaya dhêdhêl ature | tan ana ingkang kaduga | iri-ingiri samya | Sang Raja Jênggi andulu | kalangkung bramatyanira ||

37. marêk mring layoning Amir | Sang Jênggi tan mawi taha | sigra kang jaja binêdhèl | layone Bagendha Ambyah | pinêndhêt galihira | dhatêng Jênggi Sang Aprabu | binêkta anèng ngayunan ||

38. para raja ganti-ganti | ningali galihe Ambyah | tinandhing lan manah akèh | atine prajurit kopar | yêkti sanès sadaya | galihe Ambyah gêng bulug | amawi bolong sasanga ||

39. atine wong kapir cilik | atipis buntêt kewala | sagung kang ningali gawok | kang ati nulya binêlah | saengga dadya kathah | anulya sami kinumpul | nulya rinambang ing toya ||

40. ya ta inguncalkên sami | manah kang sami binêlah | Sang Jênggi umatur alon | dhumatêng Narendra Lakat | suwawi masanggrahan | ing mangke mêngsah wus kawus | ngamungna rencang kewala ||

41. Sri Lakat lan Raja Jênggi | wus mundur sing pasanggrahan | nitih rata [ra...]

--- 2: 33 ---

[...ta] asri tinon | samarga-marga kasukan | nêngna kang masanggrahan | ya ta kangjêng gusti rasul | angungsi ing wanawasa ||

42. wong kapir ingkang ngulari | alas guwa gunung jurang | samya kawêratan kabèh | jêng nabi ing tindakira | langkung kawêlasarsa | samarga anusup-nusup | tansah kaprêgokan kopar ||

43. sapuluh rong puluh ênting | ingamuk mring Abu Bakar | kapir tan ana sudane | Abu Bakar Ngabas sayah | sangsaya kuwalahan | wong kapir saparan anglud | sarya ambrondong sanjata ||

44. Bu Bakar matur wor tangis | gusti têdhaka sing kuda | suwawi singidan anggèr | tyang kapir sangsaya ngrêbda | ngandika Jêng Muhamad | lah kapriye kudaningsun | têmah ingambil wong kopar ||

45. sanadyan tumêkèng pati | jaran kusi abulkarba | barênga kalawan ingong | matur Bagendha Bu Bakar | gusti ramanta Ngabas | malajêngna kuda rasul | jêng nabi saksana têdhak ||

46. Ngabas ingkang anitihi | turăngga pun abulkarba | wong kapir gumruh swarane | Abas anulya binêdhag | sinêngguh Jêng Muhamad | jêng nabi anusup-nusup | wong kapir wus katilapan ||

47. ngungsi garumbul jêng nabi | nuju wontên sata wana | pêtak mabur giras anon | jêng nabi cuwêngah ing tyas | wrin sata wana giras | nora wurung kapir wêruh | nyata sata wana giras ||

48. dados galihe jêng nabi | ngandika mring Abu Bakar | lah iya saturun ingong | aja na kang nglakonana |

--- 2: 34 ---

ayam alas kinarya | ngirim donga mule mring sun | de karya kagoling driya ||

49. gya kesah malih jêng nabi | ngupados pangungsèn samar | mung Abu Bakar rowange | Sayid Ngabas wus kapisah | tansah binujung kopar | sinêngguh jêng gusti rasul | saparan kinuya-kuya ||

50. datan kobêr anglawani | Abas kêkathahên mêngsah | kapiandhêm palayune | warnanên jêng nabiyullah | samana manggih guwa | sêpi nèng madyèng wana gung | kori ciyut ing jro wiyar ||

51. majatira punang kori | rupak tan sêdhêng ing jalma | nabi amangu ing tyase | kewran dènnya amanjinga | saking ciyuting marga | gya myarsa swara gumuruh | kapir kang nasak ing wana ||

52. ya ta wus karsaning Widhi | guwa sêdhêng linêbonan | mring nabi dutaning Manon | kalawan Sang Abu Bakar | warnanên kodhok kadhal | anata dhukut kang rubuh | andilati tilas-tilas ||

53. jêng nabi awas ningali | solahira kodhok kadhal | gya wontên kamlandhingane | sajodho nèng kori guwa | anulya omah-omah | jêjaring sinawang samun | tan măntra dènnya karyanyar ||

54. sukur ing tyas kangjêng nabi | ngandika mring Abu Bakar | kodhok kadhal katigane | kêmlandhingan iku uga | padha asih maring wang | poma Abu Bakar iku | kêmlandhingan kodhok kadhal ||

55. sapa ingkang amatèni | pasthi gêdhe dosanira | Bu Bakar nuwun ature | warnanên prajurit kopar | langkung ngarsaning guwa | asêlur wong kapir agung |

--- 2: 35 ---

ngungak-ungak guwa samar ||

56. sawênèh wong kapir angling | guwa samana dèn ungak | măngsa anaa isine | iku jaring kêmlandhingan | antarane tan kambah | lan korine luwih ciyut | pasthi nora sêdhêng jalma ||

57. ya ta kocapa jêng nabi | kang wontên lêbêting guwa | adangu dènira anon | kapir kang samya lumampah | sarêng cêlak lan guwa | jêng nabi nulya amundur | andhampèng nèng soring guwa ||

58. lawan Abu Bakar Sidik | arêmpit dènnya singidan | kang guwa langkung pêtênge | nabiyullah angandika | lah bênêr Abu Bakar | wong kapir tan ana wêruh | parêng lan thathit gumêbyar ||

59. sadangune kangjêng nabi | nèng jroning guwa pêtêngan | gumêbyar-gêbyar sorote | kangjêng nabi angandika | lah apa karanira | guwa bangêt pêtêngipun | kasunar sorot gumêbyar ||

60. kaya kênyarirèng thathit | gumêbyar têmahan padhang | Abu Bakar matur alon | inggih gusti waja tuwan | kongas thathit lan lidhah | jêng nabi ciptaning kalbu | tansah gunggung kang sarira ||

61. yèn mangkono waja mami | tan ana kang tumandhinga | sajagat pan amung loro | dhingin Yusup kang suwarga | liya iku tan ana | kongasing waja ngênguwung | gumêbyar lir thathit lidhah ||

62. ya ta warnanên wong kapir | kang sami langkung nèng guwa | sarwi lumampah saryanon | korining guwa asonya | ngomahan kamlandhingan | tan ana owah kang dhukut | sawênèh ana

--- 2: 36 ---

kang ngucap ||

63. baya iki guwa sêpi | pangungsènira Muhamad | rowange nauri alon | mokal yèn sêdhênga jalma | sabab aut kalintang | pratandhane lawangipun | dèn omahi kêmlandhingan ||

64. nulya wontên cêcak muni | pan anèng pipining guwa | wong kapir kagyat ing tyase | prasamya ngucap mangkana | luwanging kuna-kuna | cêcak muni adatipun | nora adoh lawan jalma ||

65. kang guwa dèn ungak aglis | yêkti sêsak ingkang sirah | mokal yèn sêdhênga ing wong | ing manah datan sakeca | nulya anyandhak sela | binalang bari lumaku | wit cêcak kenging kang waja ||

18. Dhandhanggula

18. Kangjêng Nabi dipun wêlèhakên dhatêng Jabarail

1. kasarkara wajane jêng nabi | kenging sela ginutuk ing kopar | prana kang sela imbane | gêmpil wajanya rasul | gya kantaka wau jêng nabi | trêngginas Abu Bakar | jêng gusti sinambut | sinundhang wontên ing pangkyan | Abu Bakar anangis kadya pawèstri | sêsambat amlasarsa ||

2. saya gagal[3] wau dènnya nangis | sadangune jêng nabi kantaka | Abu Bakar sêsambate | dhuh nyawa gustiningsun | sangêt têmên dhêndhaning Widhi | Allah Kang Maha Mulya | amba nuwun tulung | pan nabi kêkasihing Hyang | mangke rusak tuwan datan anulungi | dhatêng kêkasih [kêka...]

--- 2: 37 ---

[...sih] tuwan ||

3. Abu Bakar waspanya drês mijil | glis katêkan dening malaekat | nulya dèn wungu ge-age | asung salam amuwus | Jabarail dutaning Widhi | hèh Sayid Abu Bakar | sampun tuwan tutuh | dhatêng Rabil Ngalamina | wruhanira Nabi Muhamad duk dhingin | sangêt têkaburira ||

4. pangandikaning Hyang Maha Suci | Abu Bakar nguni gusti tuwan | ngandêlakên pamanane | duk arsa mangkat nglurug | sumbar-sumbar mingkis kulambi | asring-asring ngandika | sapa mungsuh ingsun | yèn ta misih paman Ambyah | pira-pira mungsuh ingsun laknat kapir | măngsa wania mring wang ||

5. Allah Tangalah arsa nulungi | ing Muhamad yèn aja ngungsia | sajroning guwa dununge | tan pracayèng Hyang Agung | kaya dudu nabi kêkasih | Allah tan kêkurangan | minta kang têtulung | mokal yèn datan nulunga | Allah langkung sipat murah sipat asih | sakarsa tinurutan ||

6. pangandikaning Hyang Maha Suci | puluh-puluh Jêng Nabi Muhamad | lali dhatêng Pangerane | sangêt têkaburipun | ujubriya tan mawi galih | sêsikuning sarira | iku kang tinêmu | ature gunggung sarira | dumèh wajanira gumêbyar lir thathit | dumadi manggih cêla ||

7. duk sun dhawuhkên timbalan nguni | matêdhani pisan mring Muhamad | duk Raja Lakat pêrange | amba ngaturi pemut | wanti-wanti datan ginalih | sadèrèng-dèrèngira | amba sampun matur | yèn mêngsah awrat sinăngga | pemut amba ywa wontên wong aprang lali [la...]

--- 2: 38 ---

[...li] | prandene tan kadriya ||

8. nulya muksa Mulkan Jabarail | Abu Bakar sangsaya karuna | pinêpês-pêpês driyane | dangu jêng gusti rasul | tinangisan winungu wanti | nging tansah kapidhara | Abu Bakar sujud | nalăngsa mring Maha Mulya | minta-minta ngapura sikuning Widhi | miwah saliranira ||

9. sru karuna waspanya drês mijil | ngantos mili pasujudanira | Sayid Bu Bakar ngalosod | Dyan Jabarail rawuh | asung salam pan sarwi angling | hèh Sayid Abu Bakar | tobat tuwan sampun | tinarima ing Pangeran | sigra muksa wau Mulkan Jabarail | Bu Bakar sukur ing Hyang ||

10. sampun èngêt jêng nabi anglilir | pungun-pungun karaos ing driya | barang kang dadya sikune | wimbuh Bu Bakar matur | ing sapangrèh Sang Jabarail | saya ajrih ing Suksma | jêng bagendha rasul | anutuh ingkang sarira | Abu Bakar nungkêmi tansah anangis | langkung angrês ing manah ||

11. kangjêng nabi kathah kang kaèksi | wus rumasa sikuning salira | kadukan dening Hyang Manon | waja satunggal putung | istiparlah ywa kongsi lali | duk nandhang dukaning Hyang | salira ginunggung | ngandika mring Abu Bakar | sawurine cêcak dèn padha matèni | dadya marganing cêla ||

12. pan wus pitung dina pitung latri | kangjêng nabi nèng lêbêting guwa | ganti ingkang winiraos | para sahbat sadarum | ingkang samya nèng pucak ardi | ngupadosi panutan | jêng nabi tan pangguh | nênggih dènira apisah | wus dèn nyana kangjêng [kang...]

--- 2: 39 ---

[...jêng] nabi sampun sahid | tansah pating kulambrang ||

13. jurang guwa samya dèn lêbêti | ing saparan tansah akaruna | sumyur tambuh pangungsène | Ngumar Ngusman winuwus | Ngabas miwah Kasah prituwin | Mungawiyah pan samya | digdayanya punjul | sahbat kang kocap punika | yèn kaparag kapir sèwu dèn ijèni | tur sarwi năngga wawrat ||

14. nanging saking kèhira wong kapir | mundur sayah sagung pra sakabat | ngungsi ing wana têmahe | malih ingkang winuwus | Dyah Patimah kang manggung kingkin | tanpa dhahar myang nendra | bêktine pinêsu | anênêdha mring Pangeran | muga-muga unggula ingkang ajurit | kang rama Jêng Muhamad ||

15. gêrah awit sang dyah ing tyas kingkin | galihira tansah mêlang-mêlang | raka tan ana sênggange | kawimbuhan sang ing rum | ingkang rama dènnyandon jurit | ing manah tan sakeca | yèn sang dyah andulu | pêpêthetan ing jro pura | tansah alum baskara datansah agring | nyênyêt jwalaning praja ||

16. pitung dina tan pêgat garimis | têdhuh limêngan bumi prakêmpa | jagat sumingêp panone | sang dyah kumaraning rum | lir rinujit raosing galih | tansah kumêmbêng waspa | kusumaning ayu | sinamur-samur tilawat | Kuran anèng ngarsane Sang Sayid Ngali | kang sangêt dènira grah ||

17. patihira nênggih Sayid Ngali | ingkang wasta nênggih Ngabdul Jabar | wontên ing paseban andhèr | miwah raja ing Jabul | Raja Kopah wus samya nangkil | têngga

--- 2: 40 ---

praja Madinah | pangagênging ratu | kaparentah Ngabdul Jabar | raja kalih abdine Bagendha Ngali | ing nguni têtêlukan ||

18. siyang dalu atugur nèng jawi | tansah ngarsa-arsa ing pawarta | wus kawan sasi lamine | jêng nabi dènnya nglurug | kawarnaa sajroning puri | Sayid Ngali kang gêrah | angranuhi wimbuh | ing tyas sumêlang ing driya | ingkang rayi Dèwi Patimah sang putri | anèng ngarsaning raka ||

19. tansah nyundhang dènira aguling | saya lêsah Sang Ngali Murtala | bisik-bisik mring garwane | dhuh nyawa ariningsun | priye wartanira jêng nabi | sang dyah mangsuli sabda | amba dèrèng krungu | pawartaning kangjêng rama | tindakira mênggah pawartaning jurit | asor ungguling yuda ||

20. angandika Sayidina Ngali | lah ta anggèr ngadhanga nèng marga | jêng nabi paran wartane | nulya utusan gupuh | sang dyah dèwi caraka mijil | dhawuh mring Ngabdul Jabar | gya manabda gupuh | kănca pacalanging marga | nulya wontên wong anom amikul karbin | sarwi nuntun turăngga ||

21. gya têtanya pacalanging margi | hèh kisanak saking pundi tuwan | prajurit pundi wiyose | risang prapta sumaur | amba inggih prajurit mukmin | saking ing pabarisan | kang tanya amuwus | paran wartane barisan | kangjêng nabi asor ungguling kang jurit | sumaur kang tinanya ||

22. wallahualam Kang Maha Suci | gya tinanya sintên nama tuwan | wallahualam saure | gênti-gênti kang rawuh | atêtanya prajurit prapti [pra...]

--- 2: 41 ---

[...pti] | saur wallahualam | samana wus katur | mring Ki Patih Ngabdul Jabar | kang prajurit nulya dipun pitakèni | paran ing pabarisan ||

23. andhap unggule jêng nabi murti | saurira pan wallahualam | Ngabdul Jabar malih takèn | kisanak ingkang rawuh | sintên nama tuwan sayêkti | sabda wallahualam | samana wus katur | mring Sang Dyah Dèwi Patimah | wontên tiyang bagus anom prapta saking | madyaning pabarisan ||

24. yèn tinakon saure prajurit | datan wontên mung wallahualam | miwah tinakonan malèh | mangkono sauripun | wallahualam Kang Maha Suci |[4] sang dyah matur ing raka | sadaya wus katur | Sayid Ngali angandika | yayi dèwi lah takonana pribadi | sapa rane kang prapta ||

25. lah kapriye yudane jêng nabi | sang dyah dèwi gya miyos têtanya | dhumatêng prajurit anom | sarya manglong nèng pintu | paman sapa sira kang prapti | dene ta prajuritan | èstu mêntas pupuh | ature kang sinung sabda | inggih amba prajurit mukmin ing ngriki | saking ing pabarisan ||

26. Dyah Patimah rum sabdanya manis | paman priye wartane jêng rama | ing aprang andhap unggule | prajurit nom umatur | ya wallahualam Kang Suci | Allah kang luwih wikan | nabda sang lir santun | lah ta sapa jênêngira | amangsuli wallahualam Kang Suci | Allah kang luwih wikan ||

27. angandika sang dyah mring kang prapti | paman sira aja lunga-lunga | kèria nèng kene [ke...]

--- 2: 42 ---

[...ne] bae | sandika aturipun | sang dyah marêk marang ing laki | kang prapta kèri jaba | Ngabdul Jabar tunggu | inggih anèng palataran | sang dyah rêtna sampun umatur ing laki | sampun amba têtanya ||

28. saurira botên wontên malih | wongsal-wangsul mung wallahualam | amba takèni namane | pan sami aturipun | wallahualam tan malih |[5] punika tiyangira | nèng jawining pintu | alinggih anèng plataran | nênggih Ngabdul Jabar ingkang anênggani | Bagendha Ngali nabda ||

29. lah ta mara undangên dèn aglis | mêngko ingsun takoni priyăngga | dèn arikat salakune | lan pun Jabar dèn gupuh | tinimbalan wus praptèng ngarsi | Ngali lênggah jinagan | sêrêng dènnya muwus | priye wartaning paprangan | kangjêng nabi asor unggule kang jurit | matur wallahualam ||

30. Sayid Ngali angandika aris | wanti-wanti dènira têtanya | wallahualam saure | gya kinèndêlkên dangu | Ngabdul Jabar abisik-bisik | bok inggih dipun wêca | gèn tuwan umatur | wong anom nulya angucap | amung Allah uning ingkang ngudanèni | nulyanjrit Dyah Patimah ||

31. anungkêmi padaning kang laki | asêsambat lan awor karuna | dene ingsun dadi wadon | coba dadia kakung | mati urip nèng ngarsa gusti | Ngali ririh sabdanya | kalamun wak ingsun | ja kêpalang sangêt gêrah | mati urip dhadhani ngarsaning nabi | dadia bantêning prang ||

32. de kapalang kang roga

--- 2: 43 ---

ngranuhi | lamun bêngi tan nyana wruh enjang | urip iki supayane | prajurit anom muwus | akras sarwi ambanting karbin | yèn ingsun kamantua | mring jêng gusti rasul | nora ketang lara pêjah | nora ketang suku jaja sun lakoni | tan gumingsir sing ngarsa ||

19. Durma

19. Bagendha Ngali nusul dhatêng paprangan

1. mundur Ngali kapêcok ujar mangkana | talingan lir sinêbit | sarira ngêmu rah | mulya padha sakala | Ngabdul Jabar dèn tudingi | kinèn trap kapa | ngrasuk sikêping jurit ||

2. prajurit nom mêdal ngisèni sanjata | sarwi takèn turanggi | lampahe asigra | Ngali sarêng miyarsa | kadya ginosong kang galih | nyandhak Dulpakar | jangkah malumpat aglis ||

3. kudanira cinandhak wus tinitihan | pun dudul kang winarni | sak lamining gêsang | datan nate kinêtap | tan nate kambon cumêthi | lagya punika | kinêtap cinumêthi ||

4. kadya thathit pun dudul panandêrira | prajurit nom nglancangi | nèng ngarsa lir kilat | Ngali saya pinêjah | ingantêp ingkang turanggi | lakon tri căndra | ing mangke dèn lampahi ||

5. sak liraning[6] lidhah gunung Kud wus prapta | wong anom kang nèng ngarsi | iku malaekat | Jabrail mindha warna | kinêdhèpakêp[7] [kinêdhèpakê...]

--- 2: 44 ---

[...p] mring Ngali | saksana musna | sira Sang Jabarail ||

6. Ngali ngrasa pitulungira Hyang Suksma | sakêdhap netra prapti | nèng madyèng paprangan | pabarisan Madinah | pambitingan panggih sêpi | bala satunggal | tan wontên kang kaèksi ||

7. nanging wetan pambarisane wong kopar | anggênggêng dèn tingali | uktar tanpa wêkas | lir sagara bêlabar | Ngali jlog têdhak sing wajik | anulya pêtak | sira Bagendha Ngali ||

8. cinarita yèn pêtak Ngali Murtala | kadya gêlap sakêthi | wong kathah kang pêjah | orêg bumi prakêmpa | manggut-manggut kèhing wukir | wrêksa kèh bongkar | sela mlêsat lir mimis ||

9. wadya kapir kalêngêr sapabarisan | dangu tan ana nglilir | panyananing kopar | dèn nyana langit rêbah | angrubuhi mring wong kapir | kang kapidhara | dangu-dangu anglilir ||

10. sarêng nglilir sakathahing wadya kopar | lir udan sinêmèni | agègèr puyêngan | lir gabah ingintêran | angucap sakèhing kapir | sarowangira | swara kang dèn rasani ||

11. kănca batur apa iki mau baya | kaya rubuh kang langit | sawênèh angucap | apan panyananingwang | dhungkar gunung Kud ngrubuhi | wênèh angucap | baya kiyamat nênggih ||

12. ênêngêna solahe prajurit kopar | ya ta Bagendha Ngali | pramilane mêtak | kapyarsaa wong Islam | manawa ana kang urip | myang kang umpêtan | miwah kang ngungsi gêtih ||

--- 2: 45 ---

13. nguwuh-uwuh Ngali dhumatêng wong Islam | hèh sakèhing wong mukmin | lah padha têkaa | ingsun Ngali Murtala | pan arsa ngayoni jurit | aja kumlamar | manahira mring mami ||

14. wong Madinah ana kang abela tămpa | ya ta sisaning mati | sadaya miyarsa | lamun Ngali Murtala | prituwin kang amor mayit | tangi sadaya | ngruruh swaraning Ngali ||

15. dangu-dangu mukmin ngumpul saya kathah | panggih lan Sayid Ngali | pan samya karuna | uluk salam sadaya | ngandika Bagendha Ngali | hèh wong Madinah | jêng nabi ana ngêndi ||

16. saur manuk sakèhe wadya Madinah | amba datan udani | kirang pirsa seda | tuwin lamun botêna | pêgêl tyasira Sang Ngali | kraos ing manah | kewran dènnya madosi ||

17. angandika Bagendha Ngali Murtala | padha tutupa kuping | ingsun arsa pêtak | ngumpulkên umat ingwang | padha gedholana sami | wrêksa kang kêkah | Ngali gya pêtak malih ||

18. suprandene akathah kang kapidhara | mukmin kang wontên wingking | akathah kantaka | mendah yèn kababana | warnanên kang ngungsi gêtih | para sakabat | miwah para prajurit ||

19. samya mapan angungsi saparan-paran | nèng jurang wana ngardi | wong mukmin lir macan | tan kêna cinêlakan | dening wadyabala kapir | bala Madinah | para sakabat sami ||

20. nadyan siji kang kaya Bagendha Ngumar | Sayid Ngusman tanapi | Ngabas Bilal Kasah |

--- 2: 46 ---

Fakur lan Mungawiyah | nadyan kêpêncil ing siji | yèn kinêmbulan | sèwu boboting kapir ||

21. pisah-pisah kêdhik ngumpul jangkêp tiga | nèng têngahing wanadri | sawênèh kang arga | myang jurang trêbis guwa | karoban ing mungsuh kapir | kalah asayah | sarya ngruruh ing gusti ||

22. miwah para prajurit pra ratu Islam | kathah kang maksih urip | kêdhik ingkang pêjah | saking pangrêksèng Suksma | mung wong cilik akèh mati | măngsa bakala | yèn dhasar mêsthi mati ||

23. wong Madinah yèn pasaha dening braja | măngsa dadya satakir | saking kêdhikira | tinimbang gunging kopar | anracak prajurit mukmin | satus wong kopar | sinăngga Islam siji ||

24. upamane tinumbak dening wong kopar | mlèsèd datan ngênani | ya ta sarêng myarsa | ingkang samya singidan | pêtaking Bagendha Ngali | bala Madinah | samya graitèng ati ||

25. nora pangling pêtake Ngali Murtala | kadya gêlap sakêthi | wus tangi sadaya | kang awor lan kunarpa | tindhih-tinindhih lan mayit | kuthah ludira | sagunging bathang kapir ||

26. lir sêsulung mangsanira labuh kapat | bala Madinah prapti | Sayid Ngali mulat | duk lagya bala Islam | lir sêmut brubul sing siti | lêga ing manah- | ira Bagendha Ngali ||

27. pra sakabat ingkang angriyini prapta | Ngumar Ngusman tanapi | Ngabas Bilal Kasah | Jêdin Fakur Ngubedah | Mungawiyah lawan Danis | lan Ăndawiyah | Bu Sopyan Sangat Sangit ||

--- 2: 47 ---

28. Khalit Japar Sidik Dullah Abu Darda | Umiyah Sangut tuwin | Hidayat Durahman | Pasatsah Abu Rerah | Sêmangun Wajima Kasim | lan Hukawiyah | sadaya malajêngi ||

29. pan agêpah dènira nguluki salam | jawat asta lan Ngali | ganti-ganti samya | Ngali tansah têtanya | wontên pundi kangjêng nabi | para sakabat | umatur sarwi tangis ||

30. amba datan wikan kapisah duk aprang | Ngali waspanya mijil | pan arsa apêtak | wus yitna gunging Islam | sadaya atutup kuping | gandhengan tangan | gya ngiwa Sayid Ngali ||

31. sigra pêtak-pêtak Sang Ngali Murtala | orêg sagunging mukmin | kang sawênèh rêbah | wênèh samya kasingsal | wênèh sumaput wong mukmin | gênti kocapa | kangjêng nabi di murti ||

32. ingkang taksih angungsi sajroning guwa | Bu Bakar matur aris | mring jêng nabiyullah | kawula amiyarsa | pêtake Bagendha Ngali | jêng nabi nabda | prênahe ana ngêndi ||

33. lamun Ngali nusula mring pabarisan | ing nguni maksih sakit | sumêlang tyas ingwang | adoh nagri Madinah | alêlakon têlung sasi | luwih nglêngkara | têka amung ningali ||

34. pêtak malih Ngali swarane lir gêlap | orêg kang punang bumi | jêng nabi miyarsa | èngêt pan ora samar | swaranira pan sayêkti | Ngali Murtala | Bu Bakar matur gusti ||

35. pan sayêkti pêtake Ngali Murtala | suwawi miyos gusti | jêng nabi ngandika | Bu Bakar bênêr sira | yêkti

--- 2: 48 ---

pêtake Si Ngali | matur Bu Bakar | suwawi dèn prêpêki ||

36. nulya miyos jêng nabi saking ing guwa | Abu Bakar mangiring | wus praptèng payudan | saksana katingalan | pra sakabat miwah Ngali | prajurit aglar | samya apacak baris ||

37. pra sakabat malih Sang Ngali Murtala | duk mulat kangjêng nabi | mlayu gurawalan | apan samya karuna | nulya sami anungkêmi | para sakabat | mring pada kangjêng nabi ||

38. Sayid Ngali sambate kadya wanodya | jêng nabi ngrês ing galih | nabi ngrangkul tandya | jangganira Murtala | ngaras kang kus wanti-wanti | pan èsmu waspa | Ngali guguk anangis ||

39. nulya sami tata lênggah pasanggrahan | andhèr wadya sumiwi | jêng nabi ngandika | karanira Murtala | gêrah sangêt nusul jurit | Ngali turira | saniskaranya sami ||

40. wusing ngaturakên solahe sadaya | sukur ing Hyang jêng nabi | Sayid Abu Bakar | gêgêt sajroning driya | sabdane Sang Jabarail | duk anèng guwa | Bu Bakar saya ajrih ||

41. kangjêng nabi asrêt wijiling wacana | wong tuwa sun tingali | kangjêng paman Ambyah | dene tan ana prapta | kaya wus sahid lan kapir | para sêkabat | sadaya saur pêksi ||

42. inggih gusti paman tuwan sampun seda | sami suwuring kapir | sayêkti yèn seda | ingkang dados pratăndha | solah bawaning si kapir | tan mawi taha | mangrêmpak mring wong mukmin ||

43. yèn taksiha paman paduka Jêng Ambyah | gusti inggih wêtawis | wadyabala [wa...]

--- 2: 49 ---

[...dyabala] kopar | tan sangêt dènnya ngidak | taksih anganggo pakering | dugi kawula | Jêng Ambyah èstu sahid ||

44. angandika wau Jêng Nabi Muhamad | dhatêng Bagendha Ngali | lamun rêmbug sira | prakara paman Ambyah | antèkna rong dina malih | yèn ta manawa | jêng paman ngungsi têbih ||

45. yèn tan prapta paman ing dalêm rong dina | iya uga yèn sahid | lan gunging wong Islam | yèn dhasar nora pêjah | ngrungu pêtakira Ngali | nadyan têbiha | ya uga padha prapti ||

46. Ngali matur yèn marêngi karsa tuwan | amba botên suwawi | prakawis jêng paman | kados sampun sedaa | wus diwayah botên prapti | wondene mêngsah | yogi katrajang nuli ||

47. angandika Gusti Jêng Nabi Muhamad | bêcik anganti Ngali | sajroning rong dina | Ngali nuwun aturnya | ya ta sampun kalih latri | jêng nabiyullah | dènnya ngumpul nèng biting ||

48. cinarita kang sami ngungsi ing wana | sagunging wadya mukmin | kang lakon rong dina | tri dina samya prapta | nanging Jêng Bagendha Amir | èstu tan prapta | dinuga lamun sahid ||

49. Sayid Ngali ing manah langkung bramatya | tansah pamit mring nabi | arsa nrajang kopar | jêng nabi mangu ing tyas | yèn dede karsaning Widhi | nganti parentah | ajrih gumampil prapti ||

50. sampun pêpak sakathahing wadya Islam | sakèrine kang mati | dene pra sakabat | kang samya sabilollah | putra sami nunggak sêmi | miwah pra raja |

--- 2: 50 ---

satriya para mantri ||

51. ingkang samya kasambut ing ngadilaga | putrane kang gumanti | kang tan darbe putra | wangsanira gumantya | kocapa Sang Raja Jênggi | tansah kasukan | miwah para narpati ||

52. pangajênge barisan pan ora owah | maksih gènira lami | satriya myang raja | wus samya pêpatahan | ngarsa ing lambung myang kering | miwah pêngawat- | ira tansah miranti ||

53. karsanira yèn wus lêrêp wadyanira | arsa nglurug tumuli | mring nagri Madinah | awit saking pirêmbag | dera sira Raja Jênggi | Sang Raja Lakat | sakarsa anjurungi ||

54. wus misuwur yèn Nabi Muhamad oncat | binubarkên kang baris | Sang Jênggi Narendra | nanging tansah parentah | yèn ana cidraning mukmin | mila tinata | karsanira Sang Jênggi ||

55. yèn tinêmpuh ing ngarsa wuri ywa obah | aja ana nulungi | wus ajang-ajangan | sabubuhaning papan | ywa karya gègèr ing wuri | pinacuh samya | aywa kaya kang dhingin ||

56. rêbut dhucung wêkasan ulêng-ulêngan | saya rowang kèh mati | tan uning wong lawan | kuwur ingamuk Islam | pilih panggaha ing jurit | bala saraja | pêpanthan anindhihi ||

57. baris mujur tinata kadya wong mlampah | ujurira kang baris | lakon pitung dina | kandêle winatara | lakon sadina mênuhi | sing gunging kopar | gênggêng lir tambak wukir ||

58. abra sinang pasanggrahaning pra raja | warna-warna pan asri | lir pawaka sêkar | ara-ara kèbêkan [kè...]

--- 2: 51 ---

[...bêkan] | kapit punang wana ardi | dadi têngahan | gunung Kud wus pinasthi ||

59. watak ngarga pabarisane wong kopar | kidul kilèning wukir | barising Madinah | ya ta jêng sri narendra | lan Raja Lakat anggusthi | tukang carita | Bardanas kang tinari ||

60. Patih Ngabsah Suteja nindhihi bala | sampun atur udani | Sang Raja Madinah | ngadêg malih barisnya | parentah Sang Raja Jênggi | amapag ing prang | ngamungna baris ngarsi ||

61. Raja Jênggi tansah tanya mring Bardanas | pawartaning wong mukmin | sinambi kasukan | lawan Narendra Lakat | kang gêndhing munya ngêrangin | inum-inuman | pêpak larih-linarih ||

20. Pangkur

20. Bardanas ngojahakên kasêktènipun Bagendha Ngali

1. pangkur Sang Jênggi ngandika | kakang patih dene sang raja mêskin | nguni dhadhal kalah kawus | minggat sing pabarisan | dene mangke pun kaum purun angumpul | pacak baris ing paprangan | sintên andêling ajurit ||

2. umatur Raja Bardanas | nguni amba myarsa wartaning mukmin | milane Muhamad purun | mapag raka paduka | andêlipun mukmin gangsal kathahipun | kang satunggal Abu Bakar | Ngumar ingkang kaping kalih ||

3. kaping tiganipun Ngusman | sakawane nama Bagendha Ngali | punika pangagêngipun | ugêraning Muhamad | kang satungl pun Ambyah

--- 2: 52 ---

kang sampun lampus |[8] nênggih tan dadya parentah | punika kinarya miji ||

4. Sang Raja Jênggi ngandika | kakang patih lah ta wartakna sami | nênggih kadigdayanipun | mukmin satunggal-tunggal | Kyana Patih Bardanas malih amuwus | kang nama pun Abu Bakar | lamun umangsah ing jurit ||

5. nunggang jaran sikêp pêdhang | lamun mêdhang sapisan masthi olih | wong sèkêt sawidak gêmpur | pamuke ngarah-arah | yèn kawratên mêngsah Abu Bakar mundur | yèn kintên numpang anunjang | wruh ing gêlaring ajurit ||

6. Sang Raja Jênggi alatah | lumrang bae kadigdayaning jurit | Sang Raja Bardanas muwus | inggih kalamun aprang | Abu Bakar pan dadya kulmaking rasul | patarènira Muhamad | asugih carita misil ||

7. kêkăndha dongèng wirayat | ngadu guna pambêkane wêwadi | dhinahar saaturipun | dhatêng ing gustinira | kwula kraga tur marasêpuhing rasul | Sang Raja Jênggi alatah | wartakêna kakang patih ||

8. kadigdayanira Ngumar | Sri Bardanas wacananira manis | Ngumar kalamun prang pupuh | asikêp pêdhang kangkam | nitih kuda tandangipun kokot bisu | wantêr pangamuke wuta | yèn kintên kasupit jurit ||

9. ngamuk dharat sikêp gada | wrat salêksa kati kang gada wêsi | yèn mungsuh sawidak antuk | sèwu rongèwu glasah | mara tangan andhupak miwah anjagur | singa kang jinotos rêmak | grêgut griwa dhas babarji ||

10. asring anyênyêmpal tiyang | bathang gajah jaran [ja...]

--- 2: 53 ---

[...ran] samya cinangking | binalangakên mring mungsuh | katiban kathah pêjah | tiyang gêsang cinandhak kinarya gutuk | kang nobatakên punika | alatah Sang Raja Jênggi ||

11. malih pun Ngusman gunanya | Sri Bardanas ngucap tan wontên malih | pangamukira apunggung | kêdhik pamicaranya | gêdhag-gêdhig kalah ngidak mênang nubruk | sabdane Jênggi Narendra | iku budine wong nisthip ||

12. angamuk cara andaka | yêkti kenging kang patih dèn rekani | sêlak lempoh sukunipun | gunane ngamuk dharat | lah ta tiyang punapa Ngumar puniku | nauri Raja Bardanas | kwula kawêraga yayi ||

13. Sang Jênggi malih ngandika | lah pun Ngusman wartakêna kang patih | punapa digdayanipun | mangsuli Sri Bardanas | Ngusman puniki sikêp gêgamanipun | rikat ngulahkên turăngga | yèn nuju sikêp jêmparing ||

14. wong mêmanah tatas sêmpal | angsal jăngga sirah wong tibèng siti | yèn nuju asikêp busur | lamun bêdhil sapisan | mimis nratas wong sèkêt sawidak gêmpur | yèn nuju asikêp watang | pan sagêd anggêbang mimis ||

15. lan wignya ambênthak panah | unclangira sagêd mubêng kaping tri | tinadhahan waja murub | yèn numbak kêre tatas | tiyang ingkang binuntar arêmak-rêmuk | yèn mêdhang sapisan angsal | sèkêt sawidak babarji ||

16. wong pinêdhang tugêl nratas | jaran tugêl yuwana lamun jurit | nanging rereh tandangipun | yayi mawi iriban | datan age-age amapag ing mungsuh | waskitha

--- 2: 54 ---

gêlar paekan | amawrat lawan ing jurit ||

17. Sang Raja Jênggi alatah | botên eram prajurit ringak-ringik | Ngusman apa gunanipun | Raja Bardanas nabda | pan pun Ngusman gunanipun ahli nujum | waspada osiking jagad | nêtêpi sakèh agami ||

18. andhukuni sakit manah | amadhangkên pradata miwah ngadil | luwês ing sabarang wuwus | migunani ngaguna | netra sarja ngarjani ing rèh rahayu | nanging sinamar tan măntra | punika gunane yayi ||

19. Sang Raja Jênggi ngandika | kakang patih lah wartakêna malih | pun Ngusman digdayanipun | Raja Bardanas nabda | botên wontên malih ing kagunanipun | ngling malih Sang Jênggi Raja | pun Ngusman tiyang punapi ||

20. Raja Bardanas angucap | Sayid Ngusman pandhita pinrajurit | inggih sêntaning rasul |[9] malih Sang Jênggi mojar | kakang patih nênggih pun Ngali puniku | punapa digdayanira | Bardanas mangsuli angling ||

21. yayi pun Ngali punika | andêl atos têguh timbul bèrbudi | lamun mangsah rowak-rawuk | ngagêm pêdhang Dulpakar | anèng kuda agême aran pun dudul | napas madu ulêsira | rikat sandêre lir thathit ||

22. pêdhange aran Dulpakar | landhêp makah panjang nêm dhêpa sisih | pinangku wontên ing kêpuh | yèn mangsah kadya kilat | mêngsah sèwu rongèwu tri èwu gêmpur | salêksa rong lêksa pagas | sayuta rong yuta ênting ||

23. sinambêr pêdhang Dulpakar | gêmbung ngadêg êndhas tumibèng siti | wong dharat griwa kêsaut [kê...]

--- 2: 55 ---

[...saut] | nunggang jaran bangkekan | pêdhot tatas gajah sigar têmah rêmuk | kasaut pêdhang Dulpakar | nadyan wrêksa tigas pacing ||

24. sela ngundhung tatas-tatas | nadyan arga katêmbing ngantos gawing | bumi bêlah yèn kasaut | Jênggi jaja lir ngobar | sarêng myarsa Bardanas dènira muwus | wusana Jênggi ngandika | dugèkêna kakang patih ||

25. kang aran Ngali Murtala | kadigdayanira punapa malih | Bardanas malih amuwus | Ngali digdayanira | lamun pêtak akèh gunung manggut-manggut | orêg kang bumi prakêmpa | bala kababan lir mimis ||

26. nadyan wrêksa sêmpal rungkad | tyang ginêtak amlêsat nuli lalis | Ngali awrat sanggènipun | nambungi Raja Lakat | andalêming Bardanas anggunggung mungsuh | Raja Bardanas turira | amba punika sayêkti ||

27. nging sakit kantun Madinah | tambuh taksih gêsang tambuh ngêmasi | Sang Jênggi Raja ngling worsuh | nging amba dèrèng ulap | nadyan bisa amblêsa bumi sap pitu | mabura mring langit sapta | sayêkti ingsun tan wêdi ||

28. aprang anèng awang-awang | aprang banyu ingsun ora gumingsir | Sri Lakat latah gumuyu | wêntisira ginoyang | nora susah sok maksiha yayi prabu | Sang Raja Jênggi ngandika | tiyang punapa pun Ngali ||

29. mangsuli Raja Bardanas | nênggih ingkang nama Ngali sayêkti | kadang nak-sanaking rasul | ingambil mantu ngiras | nguningani sahbat kang sami pinunjul | prajurit kang sêsêliran | pun Ngali kang madanani ||

30. Sang Raja Jênggi angucap |

--- 2: 56 ---

botên eram manira kakang patih | Amir Ambyah tuwan tutur | inggih digdayanira | ngling Bardanas Amir Ambyah Jayèngsatru | pamanira pun Muhamad | andêling santana aji ||

31. sadèrènge praptèng ngajal | têguh timbul tur awani ing mati | mung cumêthi agêmipun | anitih kuda galak | ulês dhawuk kalisahak wastanipun | kalih agême turăngga | satunggal ulêse wilis ||

32. untu rangah lir rêksasa | inggih ugi sami kapal sêmbrani | agême Sang Jayèngsatru | mila langkung digdaya | kuda kalih apan sami têguh timbul | naut nepak pagas-pagas | nguni tuwan wrin pribadi ||

33. nyumêthi sapisan tatas | rêmuk ewon pagas sinabêt mati | manah brangas bèr tur purun | salaminira gêsang | durung duwe sapanginang manah takut | kêdhik mangsah kathah mangsah | rikat kalamun ajurit ||

34. Sang Jênggi gumuyu latah | lah punapa kêna dèn pirantèni | Bardanas mangsuli muwus | pasthine kêdah pêjah | manah bludag kirang rèrèh pambêkipun | mèsêm Sri Narendra Lakat | anabda Sang Raja Jênggi ||

35. kang patih andêl Madinah | kèhe lima kang siji lagya sakit | kèri papat siji lampus | dene dhadhal sadaya | Sri Bardanas aririh dènira muwus | andêl papat amung Ambyah | pramugarining ajurit ||

36. dhasare wong mukmin nistha | wus winawrat datan ambangkat kardi | tan purun mring yayi prabu | sanadyan apuruna | măngsa dadak dadya [da...]

--- 2: 57 ---

[...dya] garêgêting dhêngkul | Sang Raja Jênggi alatah | pêdhange binanting siti ||

37. kang patih lah karanira | mukmin dene têka akumpul malih | ngêdêgakên kang têtunggul | kumaki mungsuh ingwang | lamun ora kaya Jênggi Sang Aprabu | kinadang sinaudara | eman yèn tan ngrata bumi ||

38. sarwi pinuntir rawisnya | bêkos-bêkos mangkorog Raja Jênggi | ginêlak dènira ngidul | netra kêthip ngatirah | singa mulat ajrih pangraose naut | dhasar pasmonira galak | rupanira gêgilani ||

39. bakat-bakut ngering nganan | Sri Bardanas manahira kuwatir | Jênggi akras dènnya muwus | kakang patih dugèkna | apa karanira pêkir purun magut | kuwatir Raja Bardanas | saure dèn ngati-ati ||

40. amêsthi ungas kewala | pun Muhamad saking lumuhing isin | nanging amba nguni ngrungu | swara lir gêlap sasra | bilih-bilih punika pun Ngali nusul | sun majad prajurit Islam | yèn datan wontên pun Ngali ||

41. sayêkti măngsa puruna | nadyan yêkti manusula pun Ngali | lah wuwuha Ngali sèwu | măngsa bangkata ing prang | pan wus dhasar si mukmin kumudu lampus | Sang Jênggi gumuyu latah | ginoyang-goyang kang wêntis ||

42. suka Sri Narendra Lakat | duk miyarsa sagahira Sang Jênggi | ngandêlkên digdayanipun | kagunan wus kanyatan | sagunging wong sumewa enggar sadarum | pra raja samya gambira | akibir ngêntosi kardi ||

--- 2: 58 ---

21. Durma

21. Raja Lakat dipun bănda dhatêng Bagendha Ngali

1. mundur nahan pangajêngira wong kopar | Suteja kang nindhihi | wong Ngabsah bêlabar | wus munya kang sanjata | jumêgur mukmin nimbangi | wus samya mangkat | gumruh têngara muni ||

2. pangriking kang turăngga panjriting liman | wor gêdêbêging jalmi | kang raga prêkatha | anjrah bumi prakêmpa | datan kawarna ing margi | kang mangkat yuda | praptèng paprangan baris ||

3. keblat wetan wong kapir barise aglar | sinang lir gunung gêni | kilèn baris Islam | sampun ayun-ayunan | gumuruh suraking kapir | wadya Madinah | surake animbangi ||

4. samya muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | gumrah sêsumbaring kapir | sanjata sarat | gumludhug gênti muni ||

5. giyak têmpur kang dadya panganjuring prang | lir udan sinêmèni | lir pendah kiyamat | swarane ing payudan | kadya ombaking jaladri | lir langit rêbah | gunturing sela ardi ||

6. ting galêdhug ting galêgêr ting garêbyag | pating clorot lir thathit | swara lir ampuhan | wênèh lir gêlap ngampar | jagat lir gêrêng kapyarsi | bumi prakêmpa | kagênjot gonjang-ganjing ||

7. lêbu blêdug kasampar mumbul mring tawang | grêgut [grê...]

--- 2: 59 ---

[...gut] Islam lan kapir | jêng nabi kawarna | jênêngi ing ayuda | sinongsongan mega putih | pêtêng awiyat | malaekat jagèni ||

8. lumrang tara gumêbyar-gêbyar liwêran | mulêk gănda mênuhi | Ngali anèng ngarsa | pamit marang jêng duta | grêgêt-grêgêtên miyarsi | datan sarănta | jaja lir mêdal agni ||

9. kangjêng nabi kewran dènira miyarsa | mirsa turira Ngali | kèndêl tan ngandika | ajrih yèn nglancangana | karsaning Hyang Maha Suci | sapangrèh bawa | sumarah kangjêng nabi ||

10. awusana dêdonga tumêngèng wiyat | pasrah mring Maha Suci | lan pangamukira | Ngali sumanggèng Suksma | praptèng Mulkan Jabarail | sung salam nabda | hèh kêkasihing Widhi ||

11. karsanira Sayid Ngali turutana | nadyan mêntasa sakit | wus kinarsa mulya | dening mêmangsah ing prang | tuwan ywa sumêlang galih | Ngali Murtala | wus kalilan ing Widhi ||

12. nanging tuwan sampun supe ing Pangeran | glis muksar[10] Jabarail | Jêng Nabi Muhamad | ngidèni mring Murtala | anitih pun dudul musthi | pêdhang Dulkapar | makah nêm dhêpa sisih ||

13. kinèn mundur sadaya prajurit Islam | Ngali nandèr lir thathit | barising wong kopar | tumpês ingkang katrajang | kang bangke tumpang matindhih | sakêdhap netra | dadi sêgara gêtih ||

14. Sayid Ngali saklangkung eklasing driya | cêngêng dènira jurit | tan ana katingal | pan amung pakoning Hyang | lawan pangèstuning gusti | kêbat lir kilat | panrajangirèng [panrajangi...]

--- 2: 60 ---

[...rèng] baris ||

15. kang kêsaut dening kang pêdhang Dulpakar | wêndran baran pan ênting | amung sakêclapan | kapir atêtumpêsan | gajah jaran sami mati | pating kurambang | timbul sêgara gêtih ||

16. wiwit enjang kongsi saandhaping asar | pangamukira Ngali | lêlakon rong dina | kapir lir sinaponan | mung siji loro kang urip | ingkang ayuda | nulya kêsaput bêngi ||

17. nulya kondur Bagendha Ngali Murtala | sowan mring kangjêng nabi | sagung pra sakabat | mantri satriya raja | wus daut dènira jurit | ngiring Murtala | matur mring kangjêng nabi ||

18. sampun prapta ngarsane jêng rasulollah | Risang Bagendha Ngali | miwah pra sakabat | Ngumar Ngusman Bu Bakar | samya enggar ingkang ati | ebat tumingal | pangamuke Sang Ngali ||

19. kangjêng nabi datan amangsuli sabda | gya sukur ing Hyang Widhi | sarêng sampun pêpak | jêng nabi nulya jêngkar | masanggrahan saha dasih | ganti winarna | sira Suteja Patih ||

20. niba tangi palayune barangkangan | kirang kêdhik ngêmasi | sampuna andhawah | saking dipangganira | anggulung awor lan mayit | pêsthi palastra | sarêng kasaput wêngi ||

21. dènnya gulung awake kuthah ludira | kawarnaa ing bêngi | sira Raja Lakat | lawan Narendra Ngabsah | kasukan nutug salatri | tansah bujana | lan sagung pra narpati ||

22. raja satus tri dasa kang anèng ngarsa | samya nèng kursi rukmi | lêlangên bêbêksan | mêntarkên [mêntarkê...]

--- 2: 61 ---

[...n] kawiragan | pra raja Ngabsah kang luwih | Jabur putranya | wus gumanti rama ji ||

23. kapêngarsa tur dadi andêling nata | ngran Sri Drustam Duryajid | sura widigdaya | agême lamun yuda | gutuk rante angajrihi | sawidak dhêpa | panjang tur pulasani ||

24. Kasral Kudus putrane sampun gumantya | dados raja pêngalit | pan lumrah kewala | lan sagung para raja | Sri Lakat lan Raja Jênggi | sinewagara | kasukane angênting ||

25. samya wuru mêntarakên gunanira | Jênggi dhasar sinêkti | wimbuh sanjatanya | ingkang aran bramastra | yèn ginêdhêg mêdal gêni | lan mêdal sarpa | wêndran baran ngajrihi ||

26. mila Jênggi kongas sakti widigdaya | kèringan nungsa bumi | malih cinarita | tumpêsing bala ngarsa | Raja Jênggi tan udani | saking têbihnya | wimbuh katungkul sami ||

27. siyang dalu angênting kasukanira | mriyêm tan pêgat muni | enjang kawarnaa | kang anèng pabarisan | wus aglar atata baris | matumpa-tumpa | saraja saha dasih ||

28. mujur gênggêng ana lakon pitung dina | rong dina kang wus tapis | kèri lêlampahan | limang dina kang wêtah | sutejarsa ngungsi gusti | angayam-ayam | mêdal jawining baris ||

29. baris têngah wruh yèn ngarsanira dhadhal | rinusak ing wong siji | prayitna atata | nungsun bêdhil saratnya | gunging wong ngawêt jêpiping | tansah angulab- | ulab ing kanan kering ||

30. ya ta kangjêng nabi anèng pasanggrahan | pra sakabat siniwi [si...]

--- 2: 62 ---

[...niwi] | satriya pra raja | wus samya dandan yuda | Ngali tansah amambêngi | lir cocak măngsa | dènnya matur ing gusti ||

31. gusti sampun dados damêle wong kathah | risaking laknat kapir | pasrahna ing Suksma | mangke amba kang mangsah | kapir kaping kalihnèki | jèngkèlkên manah | tan purun angajoni ||

32. tansah kèndêl jêng nabi sumanggèng Suksma | tumênga mring wiyati | Jabarail nulya | prapta sung salam nabda | Muhamad tuwan turuti | Ngali Murtala | gya muksa Jabarail ||

33. kangjêng nabi ngandika Ngali mangkata | wus linilan ing Widhi | Ngali sigra mêsat | nitih kuda lir kilat | praptèng pabarisan kapir | lumêpas nrajang | dadi sagara gêtih ||

34. bangke gajah jaran jalma ting kurambang | Abu Bakar winarni | lan Bagendha Ngusman | nusul dhatêng barisan | nonton pangamuke Ngali | saking têbihan | inalillahu kalih ||

35. ebat mulat Bu Bakar kalawan Ngusman | kuwasane Hyang Widhi | tandange Murtala | kadya dudu manungsa | lir malaekat Ngijrail | kala mèt nyawa | sakêdhap wong sakêthi ||

36. gêmpur tumpês mung sinambêr sakêplasan | sidhakêp sabat kalih | apan munggèng kuda | jaran ngidak bêbathang | tan arsa lêmah kaèksi | namung mayit rah | pirang-pirang pambêdhil ||

37. nêmpuh ngidul Bagendha Ngali Murtala | sakêplasan winarni | agunung kêpala | nêmpuh ngalèr narajang | gunung wangke tumpang tindhih | pêdhang Dulpakar | anglêburakên kapir ||

38. wăngsal-wangsul [wăngsal-wang...]

--- 2: 63 ---

[...sul] Bagendha Ngali lir kilat | pitulunging Hyang Widhi | kapir baris tatas | tatas mung sakêdhepan | turăngga tan ngambah siti | Sang Ngali wêgah | saking robira kapir ||

39. tinênggêl ing têngah yèn nuju narajang | lir lurung baris kapir | saclangaping pêdhang | tigas pacing wong kopar | lakon patang dina ênting | lir sinaponan | panêmpuhira Ngali ||

40. saking gunging kapir baran wêndran wurdan | baris upama warih | sinabêt ing pêdhang | pasah sayêkti pisah | nanging taksih pulih malih | lir lêlurungan | sakêdhap pulih malih ||

41. tur tan ana wong kapir kongsia indha | saking kêbate Ngali | lir sukêt binabad | tumpês tapis katrajang | nanging saking gunging kapir | pulih kewala | kang brastha tan katawis ||

42. ing paprangan mèh sadhêngkul ilining rah | ngrubyuk sêgara gêtih | saking gunging kopar | prandene datan têlas | kèmêngan Bagendha Ngali | karaos sayah | jlog têdhak saking wajik ||

43. kudanira cinêpêngan asta kiwa | Ngali nulya alinggih | nèng rêmukan bata | nolèh wuri saksana | wontên tiyang nini-nini | lagya anjênang | Sayid Ngali marani ||

44. nuntun kuda cinancang cêlak ing wisma | nini tuwa nulya glis | kuda pinakanan | tur sinandhingan toya | pun dudul gya nginum warih | sigra ni tuwa | jênang wus dèn wadhahi ||

45. Sayid Ngali lênggah jèjèr lan ni tuwa | jênang sumaos ngarsi | ni tuwa angatag | nak bagus tuwan dhahar | jênang kawula

--- 2: 64 ---

puniki | Ngali gya nyandhak | suru dhasare angling ||

46. mangkat dhahar ingkang sinuru ing têngah | nyi tuwa nyandhak aglis | astaning Murtala | ni tuwa sarya ngucap | lah ta anak bagus sisip | amburu têngah | măngsa kêna binukti ||

47. apan bêntèr sanajan pinêsakêna[11] | tuwan dhahar sayêkti | măngsa nuwukana | Sayid Ngali têtanya | paran dènira abukti | ni tuwa ngucap | surunên saking pinggir ||

48. ubêngana mayar dènira tan panas | sinuru saking kêdhik | dangu-dangu têlas | Ngali mangsuli sabda | lir pundi têlasnya nyai | kang jênang kathah | binuktia wong katri ||

49. inggih ugi măngsa ta sagêda têlas | ni tuwa sabdanya ris | nadyan kawan panjang | tuwan dhahar priyăngga | yèn kubêngan saking pinggir | sayêkti têlas | lawan karsaning Widhi ||

50. Sayid Ngali dèrèng ngantos dhahar jênang | sarêng miyarsa angling | kèndêl wus kadriya | pasmoning nyai tuwa | Ngali ngadêg sarwi angling | sampun katêdha | sih pakênira nyai ||

51. Ngali sigra marêpêki kudanira | ri saksana wus nitih | ni tuwa gya musna | sawismanira sirna | saya gêgêt Sayid Ngali | kuda kinêtap | lumarap kadya thathit ||

52. baris kapir kang lampahan kawan dina | ingubêngan mring Ngali | akêbat lir kilat | datan ngantos saêjam | kapir sampun sirna gusis | asagara rah | jaran gajah myang jisim ||

53. ting kurambang tumpês tapis gunging kopar | sadhêngkul jroning gêtih | ingkang kapidhara | kasilêp sagara [saga...]

--- 2: 65 ---

[...ra] rah | asrang kabêntèr ing rawi | kalangkung panas | wong klêngêr laju lalis ||

54. siji loro kang gêsang kapêksa mlajar | kaborang sara lungit | ing satêngah pêjah | lakon sadina gêmpang | kapir kadya dèn saponi | wana katrajang | pan kadya dèn babadi ||

55. wrêksa pating kurambang nèng sagara rah | ngundhung tugêl kang kadhis | sela gêng samya crah | gunung anakan pagas | katrajang Bagendha Ngali | pamidêrira | ping sèwu nratas kapir ||

56. kadya thathit muwêr anèng pabarisan | kêplasira sing pinggir | têmah têkèng têngah | kawasaning Pangeran | Ngali drêma anglakoni | pitulunging Hyang | dhatêng jêng nabi murti ||

57. Abu Bakar Ngusman gèdhèg-gèdhèg mulat | tanpa kumêdhèp kalih | samya ebat mulat | kondur mring pasanggrahan | Bu Bakar Ngusman sang kalih | sukur ing Suksma | atuwuk dananing sih ||

58. kawarnaa wau sang raja ing Lakat | kalawan Raja Jênggi | anutug kasukan | lan sagung para raja | lawan samya pacak baris | nèng ara-ara | lir jalanidhi ngalih ||

59. abra sinang busana lir ardi kopar | tarubira winarni | sangkêlat tur wiyar | rêspati pinlisiran | songkèt wiron sutra wilis | kalih narendra | pinrak nèng langkat rukmi ||

60. abra sumit ginuntrèng ing nawa rêtna | murub busanèng aji | sang nata kinêmbar | rakiting prajuritan | rasukan kinêmbang rukmi | akêbak rêtna | makutha binuka sri ||

--- 2: 66 ---

61. pan pra raja samya kinèn main kuda | ingkang dados pangirid | Sang Raja Bardanas | lawan Sang Raja Drustam | satriya mantri bupati | sadaya têgar | samya main turanggi ||

62. lawung biring wênèh ana ingkang onclang | sawênèh rakit jurit | agêbang-ginêbang | agênti lêlancaran | sukèng tyas narendra kalih | mulat ing wadya | ingkang main turanggi ||

63. Sri Bardanas dhasar wasis nunggang jaran | tansah unclang kang biring | tinêngên kiniwa | solahe lir wong bêksa | eram sagung kang ningali | turangganira | solahe lir wong ngrangin ||

64. Drustam Ngajid ganjur lungit lawungira | unclang luhur turanggi | dèn but tyang sakawan | tinumbak saking wuntat | ngarsa miwah kanan kering | datan tumêka | panggêbangira wasis ||

65. lir kitiran dènira angikal watang | kang nglarihi tinolih | punika Sri Drustam | gêbang sinambi onclang | tibèng jaja tan nêdhasi | Jênggi lan Lakat | langkung suka ningali ||

66. gamêlane angungkung ngenggarkên manah | surak lir karngèng langit | kang samya rakit prang | tan ana kang kuciwa | Bardanas blatèr malipir | dadya tontonan | suka narendra kalih ||

67. wus binubarakên kang main turăngga | prapta ing ngarsa aji | gya inum-inuman | kasukanira nêlas | sagunging wadya kang nangkil | samya gambira | tan pêgat mriyêm muni ||

68. gya kêsaput praptane Patih Suteja | dumrojog ing ngarsa ji | Jênggi kagyat mulat | wusana [wu...]

--- 2: 67 ---

[...sana] ngandika kras | karanira sira prapti | matur Suteja | gusti tiwas pun dasih ||

69. amba kinèn nindhihi baris pangarsa | ing mangke sampun tapis | tan urip satunggal | sagunging wadya tuwan | dèn amuk tiyang sawiji | andêling Islam | wasta Bagendha Ngali ||

70. Raja Jênggi sarêng amiyarsa sabda | talingan lir sinêbit | mangkorog ngatirah | ambêkos krura mangkrak | worsuh sabdanira bêngis | mara tutugna | priye patraping jurit ||

71. sigra patih umatur sarwi wotsêkar | panêmpuhipun Ngali | akêbat lir kilat | sikêp pêdhang Dulpakar | pangamukira duk wingi | baris lampahan | kalih dintên wus ênting ||

72. lakon kawan dina tan kongsi saêjam | ngandika Raja Jênggi | dhasar padha edan | amungsuh wong satunggal | dene ta nora nguwisi | têmahan brastha | sira ingkang kêpadhil ||

73. yèn ta dhasar alumayua sadaya | dene ingsun tan myarsi | swaraning sanjata | iya rong dina pisan | tan ana bênèking bêdhil | matur Suteja | dènira aprang wingi ||

74. sagêbragan mariyêm munya sakêdhap | dèrèngnya Ngali prapti | sarêng Ngali mangsah | panandêre lir kilat | sakêdhap sagara gêtih | lajêng tumpêsan | siji tan ana kèri ||

75. duk ing wau pamuknya Ngali Murtala | abdi tuwan prasami | tan kongsi nyanjata | lampahan kawan dina | kagèt kewala duk prapti | tan kongsi indha | sinambar mring pun [pu...]

--- 2: 68 ---

[...n] Ngali ||

76. Raja Jênggi ngandika dhatêng Bardanas | kadipundi kang patih | aturing Suteja | puniku napa nyata | mangsuli Bardas Patih |[12] turing Suteja | yayi prabu sayêkti ||

77. atur amba nguni swara kang kadya glap | inggih punika Ngali | kados makatêna | ature pun Suteja | mangke kados nuli prapti | Ngali Murtala | Bardanas dèn tingali ||

78. sarwi biru awake cape sadaya | kotbuta Raja Jênggi | nabda sru sêsumbar | nadyan Ngali praptaa | sun cêkêle padha siji | lah dèn tontona | sun tandhing lawan Ngali ||

79. Raja Jênggi gya umatur mring Sang Lakat | kakang prabu suwawi | mangsah ing ayuda | tuwan anjênêngana | ngong kêmbarane pun Ngali | Lakat ngandika | pun kakang tan suwawi ||

80. amba gêga nanging sasat botên gêga | turnya Suteja Patih | lan turnya Bardanas | prayogi dèn yêktèkna | utusan amriksa dhingin | têmên botênnya | rusake wong kang baris ||

81. Lakat Jênggi lagya imbalan wacana | kasaru Sayid Ngali | anjog saking kuda | praptane kadya kilat | anubruk Lakat lan Jênggi | Lakat wus kêna | Jênggi mêsat lir thathit ||

82. nrajang tarub sang nata ambrol atatas | Lakat wus dèn talèni | binănda ing wastra | bêntingira priyăngga | sutra diwăngga binrudir | budi tan bisa | tansah aplintar-plintir ||

83. para ratu kang têbih bubar sadaya | tan ana kèri siji | niba tangi bubar | Patih Bardanan[13] nêbas | Suteja [Sute...]

--- 2: 69 ---

[...ja] rowangnya gêndring | saksana mulat | wontên dhamping andhêlik ||

84. linêbêtan amèpèd dènnya singidan | gumrubyug gunging kapir | wênèh bêrangkangan | dene kapir kang brastha | amung kang katrajang Ngali | sacangapira | ing pêdhang glasah tapis ||

85. mila datan pinutêr panrajangira | Ngali raosing galih | saking kêdahira | panggih lan Raja Lakat | ya ta warnanên wong kapir | ulêng-ulêngan | tambuh ingkang dèn ungsi ||

86. kadi pêksi mrêdăngga sinambêr gêlap | sarêng prapta ningali | kang cêlak kèh mêndhak | lumpuh sami sakêdhap | samya sumungkêm ing siti | kang têbih bubar | lumayu niba tangi ||

87. ingkang samya anjêngking sampun binănda | ginandhèng-gandhèng sami | cinancang lan saka | wênèh cinancang wrêksa | Ngali gya nitih turanggi | nututi enggal | samya lumayu gêndring ||

88. sakêplasan apagas tumpês gêlasah | nanging ura wong kapir | Ngali ing tyas kewran | bujung ngêkèhi lampah | jlog têdhak saking turanggi | Ngali gya pêtak | klêngêr sagunging kapir ||

89. kang lêlakon sapandêlêng lajêng pêjah | myarsa swaraning Ngali | ingkang katungkulan | ajur glêpung wor lêmah | ingkang kababan lir mimis | Ngali Murtala | pêtake wanti-wanti ||

90. orêg gênjot wau kang punang pratala | wrêksa lir dèn saponi | wau mawur kentas | nibani mring wong kopar | sangsaya kathah kang modir | saparan-paran | galasah mayit kapir ||

91. Ngali nulya mrêpêki ing pambitingan [pambi...]

--- 2: 70 ---

[...tingan] | pêtaknya tan dèn gopi | kang biting wus rusak | jalma nèng jro kèh pêjah | gya wangsul Bagendha Ngali | mring panggenannya | Lakat kang dèn talèni ||

92. Raja Lakat sarowang ingkang binănda | sami kapanggih glinting | kalêngêr sadaya | dangu akapidhara | suwe-suwe samya nglilir | pêpungun samya | sakèh kang dèn talèni ||

22. Asmaradana

22. Prajurit Lakat sami têluk

1. Sang Lakat ture wor kingkin | dhatêng Sang Ngali Murtala | dospundi badhe dadose | punaparsa pinêjahan | dene paduka bêsta | yèn kenginga kula suwun | sampun ngantos pinêjahan ||

2. ngandika Bagendha Ngali | lamun sira kudu gêsang | apa gêlêm sang akatong | manjinga agama Islam | manut ing Jêng Muhamad | Lakat matur inggih purun | ing sakarsa-karsa tuwan ||

3. sok asampun dèn pêjahi | lan amba sampun binêsta | gusti tan sae dulune | măngsa tan ngangkah punapa | kawula sampun tobat | tan darbe sêdya lumayu | Bagendha Ngali anyêntak ||

4. nora têka dèn lakoni | yèn sira kakehan ujar | anêmu pati têmahe | dharodhog Sang Raja Lakat | ulatira abiyas | dènira matur tumungkul | sakarsa amba sumăngga ||

--- 2: 71 ---

5. pra raja satriya mantri | nênggih kang samya binêsta | pirang-pirang nèng ngarsandhèr | cacah raja kawan dasa | mantri satriyanira | gangsal èwu kawan atus | ginandhèng-gandhèng sadaya ||

6. samya micorèng ing ati | dene iki Raja Lakat | têmahan nora pinatèn | ingsun manèh yèn pêjaha | sanadyan cinukura | pinrapat pinara wolu | sok aja pêjah kewala ||

7. warnanên kang ngungsi têbih | raja prajurit satriya | tular-tinular wartane | samya tutur-tinuturan | padha rowanging kopar | kang samya kêcandhak wau | datan wontên pinêjahan ||

8. akathah kang samya angling | Lakat ugêring prakara | kacandhak nora pinatèn | ingsun wong nunut kewala | drêma nglakoni prentah | payo kănca padha têluk | manut saombaking kathah ||

9. kang sawênèh ana angling | yèn sira angungsi gêsang | anêmu pati têmahe | aran wus padha uninga | marang Ngali Murtala | lir thathit kêbat sumiyut | wêruh-wêruh gulu pagas ||

10. arsa angungsi mring ngêndi | lah măngsa wurunga pêjah | Ngali pan dudu pêpadon | nauri rowange ngucap | aja sira rêrasan | Ngali tan kêna cinatur | mêngko prapta nyambêr êndhas ||

11. gya sowan Bagendha Ngali | wong Lakat lan wong Ngabêsah | ngaturakên bongkokane | waos pêdhang myang sanjata | towok tulup myang panah | pirang-pirang kapir têluk | ambuwang pêdhang curiga ||

12. aglar para ratu kapir |

--- 2: 72 ---

anyaoskên pêjah gêsang | Bagendha Ngali wuwuse | iya padha sun tarima | sun atêrakên sira | mring gusti bagendha rasul | têmbe sira manggih mulya ||

13. nulya kondur Sayid Ngali | pun dudul wus tinitihan | lon-lonan wau lampahe | dèn iring ing wadya kopar | bêbandan wus nguculan | kantun ing Lakat Sang Prabu | wau kang maksih binănda ||

14. tinitihakên ing wajik | sarta ingugêr lan kapa | tan kêna têbih lampahe | lawan Sang Ngali Murtala | siyang dalu lumampah | tigang latri wontên ngênu | nulya prapta pasanggrahan ||

15. gumruh wadyabala mukmin | mêthuk mring Ngali Murtala | mêdal saking bitingane | wus tundhuk mungging ing ngarsa | Ngali minta caraka | tur udani mring jêng rasul | yèn Lakat sampun binêsta ||

16. caraka atur udani | dhumatêng gusti panutan | sabat gya ngandika kabèh | satriya myang para raja | kupêng wontên ing ngarsa | sumêkta gêgamanipun | anjaga kapir kang prapta ||

17. Ngali ngandikan wus prapti | pra ratu kapir binêkta | gumrudug kapir praptane | tata glar anèng ngayunan | samya sujud sadaya | nèng ngarsanira jêng rasul | Sri Lakat maksih binêsta ||

18. sakabate kangjêng nabi | pan samya sinêla-sêla | lawan wong kapir lungguhe | panggenanira Sri Lakat | nèng ngarsaning Murtala | binănda tansah tumungkul | mukane konjêm pratala ||

19. jêng nabi ngandika aris | lah êndi Si Raja Lakat | ingkang aran Dawil [Da...]

--- 2: 73 ---

[...wil] Kusèn | Ngali matur pan punika | ingkang agêng apanjang | angandika kangjêng rasul | dhumatêng Sang Raja Lakat ||

20. ingsun têtakon sayêkti | mring sira Sang Raja Lakat | lah tutura sawêcane | kayaparan paman Ambyah | dene lawas tan prapta | tur dadi pangayun-ayun | têka liwat ing antara ||

21. adangu Lakat Narpati | langkung jrih mring jêng panutan | tan sagêd mêdal ature | tansah junjung-junjung jaja | kêtêge rêbut paran | ambêgane mêlar mingkup | kang muka sawang kunarpa ||

22. Ngali ngatag saking wuri | lah mara sira matura | Sang Raja Lakat ature | dhuh gustiningsun pangeran | prakawis paman tuwan | sampun pêsthi sedanipun | inggih kalêbêt ing gêlar ||

23. wondèntên ingkang mêjahi | dhumatêng ing paman tuwan | dede kawula wiyose | inggih Sang Raja Ngabêsah | ing nguni piniluwang | rencangipun ing prang pupuh | inggih lan Raja Ngabêsah ||

24. ingkang nama Raja Jênggi | kang mêjahi paman tuwan | jêng nabi arum dêlinge | singa ingkang mêjahana | jamake wong ayuda | singa tiwas masthi lampus | balik di jisime paman ||

25. saiki ana ing ngêndi | layone jêng paman Ambyah | Sang Raja Lakat ature | wontên sajroning piluwang | layone paman tuwan | angandika kangjêng rasul | Raja Lakat uculana ||

26. dimèn manjing gama suci | sigra Sang Ngali Murtala | anguculi bêbêstane | Lakat wus lêga ing manah | apan sakala [saka...]

--- 2: 74 ---

[...la] bingar | pra raja kapir sadarum | wus samya lêga kang manah ||

27. sadaya winulang sami | Sri Lakat lan para raja | myang sabalanira kabèh | angucap kalimah sadat | wus samya manjing Islam | Lakat tumênga tumungkul | langkung trusthaning wardaya ||

28. ngrasa yèn darbea urip | umatur Sang Raja Lakat | lan raja têlukan kabèh | prakawis layon jêng paman | sumăngga karsa tuwan | punapa inggih pinundhut | ulun sandika ngupaya ||

29. jêng nabi nulya nglilani | lagya ngadêg Raja Lakat | lan raja têlukan kabèh | ngêjèpi Sayid Bu Bakar | dhatêng Ngali Murtala | Ngali wus nampèni sêmu | baune Lakat cinandhak ||

30. Lakat gya dheprok alinggih | sakalangkung ajrihira | para raja wangsul kabèh | jêng nabiyullah ngandika | ya pagene Murtala | angandhêg mring lakunipun | Si Lakat arsa lumampah ||

31. umatur Bagendha Ngali | amba lumampah priyăngga | ngupados paman layone | sarya anganthi pun Lakat | anuduhna kang prênah | raja têlukan sadarum | sampun wontên tumut kesah ||

32. ngamungna Lakat pribadi | sarênga lampah kawula | jêng nabi arum dêlinge | lah kapriye Abu Bakar | lakune Si Murtala | iku apa nora ewuh | Si Lakat tan nganggo kănca ||

33. umatur Bu Bakar Sidik | gusti sae tinurutan | kados tan wontên èwêde | jêng nabi aris ngandika | lah Ngali umangkata | kalawan Si Lakat Prabu | kalih wus mêsat sing ngarsa ||

34. kaum [ka...]

--- 2: 75 ---

[...um] prajurit umiring | sêsanga para sakabat | tumut Sang Ngali lampahe | dhatêng madyaning paprangan | Lakat lumampah ngarsa | samarga dèn urung-urung | mring wadya prajurit Islam ||

35. pan sarwi anitih wajik | wus prapta ing ara-ara | nguni têmpuhing palugon | samarga tan ngambah lêmah | ngancik ngidak bêbathang | bêlarongan gandanipun | rah kandêl samya anêla ||

36. Lakat dinangu mring Ngali | iki bathange wong apa | lan sapa kang numpêsake | umatur Sang Raja Lakat | inggih bathange kopar | kang dèn amuk Jayèngsatru | ngandika Ngali Murtala ||

37. êndi prênahe kang jisim | layone Jêng Paman Ambyah | Sang Raja Lakat turnya lon | nênggih kang êlèr punika | ragi kapara ngetan | gya laju ing lampahipun | wus prapta prênah piluwang ||

38. kapanggih layone Amir | maksih anitih turăngga | sarta ngasta cumêthine | tan măntra yèn sampun seda | maksih sêgêr kewala | nênggih lan turangganipun | gandane arum angambar ||

39. apan prênyata Jêng Amir | ing salami-laminira | dhasare bêsus pangangge | datan pêgat ulah gănda | ngambar saparan-paran | sarêng seda saya wuwuh | minging gandanira ngambar ||

40. jaja kang binêlah kapir | sayêkti nora katara | kêsasaban rasukane | tanapi rasukanira | tan kêtawis yèn owah | Sayid Ngali sarêng dulu | angrês kumêmbêng kang waspa ||

--- 2: 76 ---

23. Dhandhanggula

23. Rêdi Kut dados pasareanipun Wong Agung

1. kudhandhangan gya têdhak sing wajik | Sayid Ngali mlajêngi kunarpa | ngrangkul nungkêmi padane | pra sakabat sadarum | anungkêmi samya anangis | sêsambat warna-warna | Ngali ing tyas sukur | dhatêng ing Allah Tangala | lwih utama sedane ratu prajurit | kang aprang sabilollah ||

2. Raja Lakat nulya tumut nangis | sênggruk-sênggruk ningali kunarpa | manut saumbaking akèh | para sakabat gupuh | lawan Ngali angangkat jisim | sinarèkakên nulya | ing malige sampun | layone pun sêkardwijan | sarêng ginggang lawan layone Jêng Amir | rêbah anulya basah ||

3. wus rinêmbat layone Jêng Amir | tan kawarna lampahirèng marga | wus dungkap pambitingane | mêthuk jêng gusti rasul | pra sakabat sadaya ngiring | wus tundhuk lan kunarpa | jêng bagendha rasul | tansah kumêmbêng jêng duta | pra sakabat pating salênggruk anangis | samya gêntosi ngrêmbat ||

4. sampun prapta pasanggrahan nuli | tiningalan layone kang paman | binuka sabusanane | kagyat sarêng andulu | bêlah jajanira Jêng Amir | tan ana galihira | pra sakabat dulu | saya sru dènnya karuna | Sayid Ngali tansah anungkêmi jisim | Sayid Ngali bramatya ||

5. sru grêgêtên mring

--- 2: 77 ---

Lakat Narpati | duk waune datan matur pisan | jêng nabi ngandika alon | lah paran karanipun | dene bêlah jajaning jisim | kang galih nora nana | Raja Lakat matur | pun Jênggi kang bêlah jaja | milanipun binêlah jajaning Amir | kang galih tiningalan ||

6. de prawira wantêre kapati | pan tinimbang lawan manah kathah | punapa wontên bedane | ngandika kangjêng rasul | apa nyata beda sayêkti | umatur Raja Lakat | gusti kula nuwun | amba pan botên waspada | sabab têbih lawan panggenane Jênggi | jêng nabi angandika ||

7. saikine iya ana ngêndi | ya galihe paman lah tutura | ngong dugi winangsulake | galihe Jayèngsatru | nguni dhatêng Sang Raja Jênggi | mring prênahira Ambyah | nanging kula nuwun | kirang priksa winangsulna | dhatêng jaja kalawan botêne gusti | sawab saking têbihan ||

8. nanging lorogipun Raja Jênggi | inggih dhatêng salêbêting luwang | jêng gusti rasul dêlinge | dene nganggo tan wêruh | aran sira kang darbe kardi | Raja Lakat tur sêmbah | kalangkung jrihipun | prakawis dadosing aprang | Raja Jênggi nênggih ingkang nguwasani | miwah sedaning Ambyah ||

9. amba nguni pan sampun kajodhi | ngajêngakên biluk dhatêng tuwan | kasaru Jênggi praptane | amba pinênging nungkul | Raja Jênggi ingkang nyagahi | angrusak dhatêng tuwan | nanggulang prang pupuh | jêng nabiyullah ngandika | ing saiki Si Jênggi ana ing ngêndi | umatur Raja Lakat ||

10. sapraptaning [sapra...]

--- 2: 78 ---

[...ptaning] Jêng Bagendha Ngali | Raja Jênggi kesah tan kantênan | wusanamba kantun dhewe | amba lajêng tinubruk | dhatêng Gusti Bagendha Ngali | anuntên dipun bêsta | ing wusananipun | amba kenging ing larapan | awit saking pangojoke Raja Jênggi | katiban tinja baya ||

11. angandika jêng murtining bumi | ingsun ora wêruh kana-kana | jêr sira wite prang gêdhe | Raja Lakat tumungkul | angandika malih jêng nabi | lah Ngali ularana | poma dèn kêtêmu | galihe jêng paman Ambyah | Ngali matur punapa têngêring gusti | sabab wus tan kantênan ||

12. kangjêng nabi angandika aris | yêkti seje galihe jêng paman | lawan wong kapir atine | yèn ana agêng buluk | bolong sanga iku sayêkti | galihe paman Ambyah | Sayid Ngali matur | gusti punapa marmanya | mawi bolong ngandika jêng nabi murti | lah Ngali wruhanira ||

13. nguni putraning jêng paman Amir | ingkang mati sabilollah sanga | Ngali anuwun ature | malih ngandika rasul | lah rambangên ana ing warih | sakèhing manah-manah | kalamun tumimbul | iku galihe jêng paman | lamun kêlêm iku atine wong kapir | lah Ngali wis mangkata ||

14. tur sandika Jêng Bagendha Ngali | sarwi ngajak mring Sang Raja Lakat | Sri Lakat tumungkul bae | api-api tan ngrungu | pan sinamur nolih ing wuri | ya ta jêng nabiyullah | waspada ing sêmu | mring batine Raja Lakat | saking jrihnya dhumatêng Bagendha Ngali | ing

--- 2: 79 ---

manah tan sakeca ||

15. ing wusana ngandika jêng nabi | Raja Lakat aja sira gawa | lah ta lumakua dhewe | poma dipun katêmu | aja suwe-suwe sun anti | Bagendha Ngali mêsat | nitih kuda sampun | nandêr lumarap lir kilat | mung sakêdhap lampahe Bagendha Ngali | wus prapta ing piluwang ||

16. gya kêpanggih galihe Jêng Amir | pan kanyina buluk bolong sanga | beda lawan manah akèh | gya winadhahan sampun | mangkat datan kawarnèng margi | prapta ngarsa panutan | tiningalan gupuh | dhatêng Jêng Nabi Muhamad | angandika iya bênêr iku Ngali | galihe paman Ambyah ||

17. gya kinumbah sawusira suci | winangsulkên dhumatêng ing jaja | jêng nabi angusap age | mring jaja Jayèngsatru | kaping tiga saksana pulih | anulya siniraman | mring gusti panutup | kang tumut mung Abu Bakar | Ngumar Ngusman Ngali ingkang angladosi | nyirami layon Ambyah ||

18. kangjêng nabi dènira ngosoki | driji satunggal ririh arata | kang driji ingiringake | para sakabat matur | lah punapa karane gusti | nyirami paman tuwan | pun dasih nuwun wruh | dene mung driji satunggal | sarwi miring angandika kangjêng nabi | hèh kabèh wruhanira ||

--- 2: [80] ---

Isinipun

... Kaca:

12. Candhakipun Raja Lakat dipun biyantu dhatêng Raja Jênggi. ... 3
13. Prajuritipun Raja Jênggi ngêdali prang. ... 5
14. Raja Jênggi ngêdali prang. ... 12
15. Raja Jênggi ngêdalakên kasêktènipun. ... 18
16. Wong Agung kapupu ing prang. ... 23
17. Kangjêng nabi singidan wontên ing guwa. ... 27
18. Kangjêng nabi dipun wêlèhakên dhatêng Jabarail. ... 36
19. Bagendha Ngali nusul dhatêng paprangan. ... 43
20. Bardanas ngojahakên kasêktènipun Bagendha Ngali. ... 51
21. Raja Lakat dipun bănda dhatêng Bagendha Ngali. ... 58
22. Prajurit Lakat sami têluk. ... 70
23. Rêdi Kut dados pasareanipun Wong Agung. ... 76

 


Kurang satu suku kata: Raja Jênggi eca dènira kasukan. (kembali)
tinata. (kembali)
gagas. (kembali)
Lebih satu suku kata: wallahualam Maha Suci. (kembali)
Kurang satu suku kata: wallahualam tan wontên malih. (kembali)
liraping. (kembali)
kinêdhèpakên. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang satunggal pun Ambyah kang sampun lampus. (kembali)
Kurang satu suku kata: inggih sêntananing rasul. (kembali)
10 muksa. (kembali)
11 pinêksakêna. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: mangsuli Bardanas Patih. (kembali)
13 Bardanas. (kembali)