Menak Kaos, Balai Pustaka, 1934, #1090

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1125

Menak Kaos

Bale Pustaka – Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Sêrat Menak

Sêrat Menak wêdalan Bale Pustaka ngantos tamat dumugi sedanipun wong agung nalika pêrang ing Lakad.

Dene urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

1. Menak Sareas.
2. Menak Lare: 1 – 4.
3. Menak Sêrandil.
4. Menak Sulub: 1 – 2.
5. Menak Ngajrak.
6. Menak Dêmis.
7. Menak Kaos.
8. Menak Kuristam.
9. Menak Biraji.
10. Menak Kanin.
11. Menak Gandrung.
12. Menak Sudarawrêti (Menak Parangakik).
13. Menak Marpinjun (Kăndhabumi).
14. Menak Kuwari.
15. Menak Cina: 1 – 5.
16. Menak Mukub.
17. Menak Malebari: 1 – 4.
18. Menak Purwakăndha: 1 – 3.
19. Menak Kustup.
20. Menak Tasmitèn.
21. Menak Kalakodrat: 1 – 2.
22. Menak Sorangan: 1 – 2.
23. Menak Jamintoran: 1 – 2.
24. Menak Jaminambar: 1 – 3.
25. Menak Lakad: 1 – 3.

Ăngka 1 – 8, sampun rampung pangêcapipun. Dene sanèsipun inggih badhe tumuntên mêdal.

--- [1] ---

Serie No. 1125

Menak Kaos

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka – 1934 – Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

1. Dhandhanggula

1. Wong Agung cinidra wontên ing paprangan ngantos nandhang tatu

1. wong patang atus narik tan osik | yèn anaa tutur mring sang nata | mara sun tarike dhewe | lamun si nora rubuh | gawok têmên ingsun ningali | kalangkung adêksura | puniku pukulun | lamine kawula tumbas | pan sakêcap ulun dèrèng dèn basani | malah kula kang basa ||

2. mila wontêna pitulung aji | maripiha inggih mulangana | kramaa ing juragane | dimène dipun anut | wulang saking paduka aji | manthuk-manthuk ngandika | sira Raja Umum | lah iya sira undanga | kawulamu mêngko sun prêdine ugi | dimèn mari dêksura ||

3. Tasikwaja sira ngundang aglis | hèh ta Palupanèmpolan sira | marenea dipun age | andikane Sang Prabu | Palupanèmpolan nauri | apa ta karyaningwang | sira cêluk-cêluk | Jayèngmurti sarwi mara | Raja Umum gumuyu dènnya ningali | abênêr si juragan ||

4. satuture iya nora sisip | lagi tumon mêngko wong kawula | nora basa ing gustine | lan marenea gupuh | hèh budhake juragan aglis | iki ta gustinira | kang tuku [tu...]

--- 4 ---

[...ku] awakmu | angling Palupanèmpolan | hèh sang ratu manawa sira ta ugi | dadi budhak juragan ||

5. Umarmaya sigra turira ris | dipun agêng palamarta tuwan | inggih punika watêke | tan mawi unggah-ungguh | apocapan lawan narpati | inggih tan mawi basa | myang satriya agung | botên angangge upama | ngandika sru sri naranata ing Dêmis | hèh budhake juragan ||

6. apa nyata sira anyumbari | marang ingsun sanggup anarika | gon ingsun gêgladhèn kiye | sanggup jêngkangkên ingsun | Palupanèmpolan nauri | mara sun nèng rimbagan | tarikên dèn gupuh | yèn rubuh sun patènana | Raja Umum mudhun sing rimbagan aglis | lah mara ancikana ||

7. sigra angancik Sang Jayèngmurti | ing rimbagan nulya sukunira | kang kiwa pinulêt rante | sigra Sang Raja Umum | nyandhak rante nulya anarik | Wong Agung nora obah | ngêtog kuwatipun | suku tumanêm ing lêmah | rante pêdhot runtik Umum marêpêki | angangkat wêwangkingan ||

8. ya ta anon Prabu Nyakrawati | hèh ta Bêstak sira nora wikan | kang ngadêg rimbagan kae | iya Si Jayèng Pupuh | dèn prayitna sagung prajurit | kagyat Kya Patih Bêstak | kang atunggu pintu | kabèh samya ingundhangan | bala Dêmis sira Ki Patih Dêbruni | ngundhangi pra punggawa ||

9. wau ta ingkang lagya anyangking | Raja Umum ngangkat nora kangkat | mêtu gêtih darijine | suku manjing [ma...]

--- 5 ---

[...njing] sadêkung | marêntul rah netra kêkalih | karingêt gêtih kalas | apan tan kajunjung | hèh sira nyata prawira | payo gênti wong Menak tumurun aglis | mundur saking rimbagan ||

2. Durma

1. Raja Umum sigra ngadêg ing rimbagan | wong Menak nyandhak aglis | jinunjung wus kangkat | mubêng kadya likasan | sigra binanting ing siti | tigang pandurat | sang nata tan anglilir ||

2. sarêng nglilir angèngkèl-èngkèl sang nata | lumajar nguwuh aglis | mring prajuritira | sarêng nêmpuh sumahab | Sang Jayèngrana lingnya ris | hèh Umarmaya | ywa pisah lawan mami ||

3. nulya pêtak wong Dêmis akèh kantaka | satanginira aglis | ngamuk saha nêngah | sarwi anarik pêdhang | Kalana Jayadimurti | pangamukira | lir buta măngsa daging ||

4. Umarmaya masang sêsorot nèng wuntat | kathah prajurit Dêmis | tatas kênèng pêdhang | miwah wong Kaos samya | wong Mêdayin kèh ngêmasi | gègèr puyêngan | wangke susun matindhih ||

5. kawuwusa wadya Rab kang para raja | kang jêjêp ing wanadri | duk miyarsa pêtak | garjita para nata | sigra bodholakên baris | angêpung kitha | kêmput kitha ing Dêmis ||

6. ingkang êlor Marmadi sakadangira | wetan Natèng Sêrandil | lan Orang-kaorang | kang kilèn Arya Maktal | lawan Radèn Yusupadi | Sang Raja Kebar | kidul kang ambarisi ||

7. Raja Tanus-tamtanus sawadyanira | satriyèng Rum kêkalih | Sang Iskal [Iska...]

--- 6 ---

[...l] Iskalan | sarta sabalanira | angumpul dènira baris | lan bala Yunan | mangkana kang ajurit ||

8. cinarita dènnya ngamuk kalih siyang | kalawan kalih latri | racak-racak êrah | prandene nora têlas | ing wuri saya gung prapti | wong Dêmis lawan | wong Kaos wong Mêdayin ||

9. ingkang wontên jawi kitha para nata | tan bisa marêpêki | kori tinuguran | sinawat ing mutêpak | gutuk api tan ngobêri | Sang Prabu Selan | duka yayah sinipi ||

10. Alamdahur marêpêki ngundha gada | kori dipun antêbi | lêbur kori wetan | luluh lumrèng bantala | manjing prajurit Sêrandil | abilulungan | gègère wadya Dêmis ||

11. pra dipati Sêrandil sarêng umangsah | carub amor ing jurit | apan tan karuan | angruruh gustinira | Kalana Jayadimurti | rinêbut kathah | malah tan ngambah siti ||

12. ngiwa nêngên pamêdhange Jayèng ing Prang | kadya babadan pacing | sagung kang satriya | punggawa para nata | tumpês ngarêp tangkêb buri | Sang Kakungingrat | ingurugan pêpati ||

13. sawusira pangamuke têlung dina | kalawan tigang latri | sayah tanpa dhahar | kalawan tanpa nendra | muruh-muruh ingkang lathi | makuthanira | kasingsal tibèng siti ||

14. kapiure pangamuke kawênangan | marang Sang Natèng Dêmis | asru angandika | marang Kya Patih Bêstak | sintên punika kya patih | kang reyab-reyab | ngamuk kadi wong baring ||

15. Patih Bêstak [Bêsta...]

--- 7 ---

[...k] umatur inggih punika | pun Menak Jayèngmurti | ngamuk sampun sayah | makuthanya kasingsal | ilu mêdal saking lathi | paduka pêdhang | punika saking wuri ||

16. nanging Umarmaya paduka pisahna | saking wurining Amir | nulya kinêmbulan | Marmaya kinèn pisah | dangu sangsaya atêbih | sampun kapisah | sigra Sang Natèng Dêmis ||

17. têdhak saking turăngga angliga pêdhang | angrundhuk saking wuri | amêdhang mastaka | kêna nginggil talingan | pêdhang manjing patang nyari | kagyat wong Menak | mulat maring ing wuri ||

18. Raja Umum sigra dènira lumajar | amomor ing wadya lit | arsa binujunga | Sang Raja Dêmis ngilang | kanine karaos sakit | ngilèn saksana | sêdya mrêpêki kori ||

19. tutup kori dhinupak pan sampun rêbah | mêdal Sang Jayèngmurti | jujug barisira | Wong Agung Parangteja | lawan Prabu Yusupadi | wong Menak niba | ing lêlarèn gumuling ||

20. kagyat mulat kang para ratu satriya | sigra rinêbat aglis | samya angrarămpa | inginggahkên palana | tan kewran sagung prajurit | arsa puliha | sangêt watiring gusti ||

21. dadya mundur wong agung ing Tambakrêtna | saha bala umiring | miwah bala Kebar | garêbêg kang dipăngga | wong Dêmis kang têngga kori | ngêlokkên samya | yèn wong Menak ngêmasi ||

22. dadya gumyah wadya kang anèng jro kitha | maksih mor ramèn jurit | kang lèr kitha mulat [mu...]

--- 8 ---

[...lat] | miwah sakidul kitha | kang kilèn bala lumirig | samya anarka | yèn mêdal Jayèngmurti ||

23. bodholakên baris anut ngilèn samya | bala Yunan udani | lawan ing Rum wadya | kang baris kidul samya | mulat kang kilèn lumirig | bodhol barisnya | lumirig ngilèn aglis ||

24. bala ingkang maksih prang anèng jro kitha | prajurit ing Sêrandil | myarsa loking mêngsah | Jayèngmurti palastra | ambêkis Rajèng Sêrandil | Ki Umarmaya | maksih akontrang-kantring ||

25. kaparanggul lawan Lamdahur têtanya | wong Menak anèng ngêndi | Lamdahur lingira | ingsun durung kapanggya | gumêr kulon bala Dêmis | kang alok samya | pêjah Sang Jayèngmurti ||

26. gèning êlok tinut sarya ngamuk mêngsah | sang prabu ing Sêrandil | sapunggawanira | pangamuke kotbuta | rusak ingkang kapalipis | Sang Prabu Selan | gadane mobat-mabit ||

27. kang katiban luluh awor lan bantala | tuwin ingkang kababit | turăngga rangkêp pat | malêdug lan kang nunggang | Lamdahur sarta prajurit | lir singa ringas | Umarmaya nèng wuri ||

28. prapta kori kilèn wus pinanggih bibrah | mêdal bala Sêrandil | lumirig lon-lonan | wus amor bala Ngarab | bala jro kutha nututi | wong Dêmis lawan | wong Kaos wong Mêdayin ||

29. wong Sêrandil aprang kalawan lumampah [luma...]

--- 9 ---

[...mpah] | samya rumêksèng gusti | kantaka nèng liman | mundur anèng Katijah | sadaya wong Pusêr Bumi | praptèng Katijah | samya atutup kori ||

30. Raja Mikrab Katijah nulya amatah | punggawa têngga kori | kalih kang salawang | anyèwu prajuritnya | kang sakèthèng papat sami | lêlarènira | wus kadhudhukan malih ||

31. jinêrokkên lawan malih rinangkêpan | Kalana Jayèngmurti | praptèng dalêm pura | maksih dènnya kantaka | gumêrah swaraning tangis | Rêtna Muninggar | sêsambate mlasasih ||

32. sarwi nyundhang kang raka maksih kantaka | cinatur ingkang lami | dènira kantaka | nênggih pitulas dina | wong Dêmis lan wong Mêdayin | wong Kaos samya | nututi ngêpung aglis ||

33. arêrangkah munggwing sajawining kitha | Sang Prabu Nyakrawati | ngadêgakên sigra | nangkilan padmasana | kang sêsaka sèwu nênggih | panggenanira | bujana siyang latri ||

34. bala Ngarab kang anèng kutha Katijah | tan ana kang mêtoni | aprang saking kitha | sawab kang para nata | samya têngga Jayèngmurti | tansah karuna | saking gung trêsnèng gusti ||

35. amung ratu kang cilik têngga palatar | nuguri baluwarti | lan para punggawa | satriya ulubalang | ratu panggêdhene sami | tansah ngayunan | siyang dalu gêng kingkin ||

--- 10 ---

3. Asmaradana

2. Radèn Umar Mêsir inggih Radèn Maryunani putranipun Wong Agung

1. kunêng kang sami prihatin | wadya Rab kang para nata | maksih pajêg barisane | anèng jro kitha Katijah | wau kang ngêpung kitha | sabalane Natèng Umum | miwah wong Kaos nagara ||

2. tuwin Prabu Nyakrawati | Kya Patih Bêstak turira | inggih suwawi sang katong | pun Ambyah pan sampun pêjah | balane tinumpêsan | siji sampun wontên kantun | kenginga putra paduka ||

3. Gusti Rêtna Muninggarim | yèn tan tumpês para nata | rinêbata maksih angèl | nanging bala padukendra | wong Dêmis Kaos samya | miwah Mêdayin pukulun | gêgamane wus tan pakra ||

4. yèn suwawi paduka ji | samya angêrig wong desa | kinathahan gêgamane | nênggih lare limang kilan | kinênakakên karya | kutha Katijah ginêpuk | ingurugan ing bêbathang ||

5. dhinahar turira patih | sakala nulya utusan | Raja Dêmis Raja Kaos | miwah sira Patih Bêstak | gili utusanira | kabèh jajahan Mêdayun | ingarahan kinêrigan ||

6. nagari kang têbih-têbih | sami binalangan sêrat | pinundhutan arahane | praptaa nagri Katijah | lan sagêgamaning prang | kacarita lir sêsulung | kang samya ngêrig arahan ||

7. nahên malih kang winarni | nênggih ing Mêsir [Mê...]

--- 11 ---

[...sir] nagara | Prabu Sanasir juluke | punika kang madêg nata | rumiyin kang akarya | pan Kalana Jayèng Satru | duk anèng Mêsir nagara ||

8. Sang Raja Hasanbêsari | punika ratune lama | wontêndene duk sedane | Kasanbêsari Narendra | pinêdhang mring kang putra | Rêtna Dèwi Jarahbanun | Sang Sri Maktal garwanira ||

9. mila rama dèn pêjahi | tan dhahar aturing putra | kinèn nut Jayèng Palugon | lêlurahe lakinira | mila nulya pinêdhang | mustakane rama katur | mring ngarsane Jayèng Laga ||

10. duk lagya nèng nagri Mêsir | marmane kaliwat-liwat | Sang Jayèngmurti êsihe | kadya gènnya tunggil yayah | sirna kang subasita | Rêtna Dèwi Jarahbanun | dhasar rapêt ingancuran ||

11. kang raka Sri Ngalabani | wong agung ing Parangteja | anglir kadang satuhune | sarêng ing sapêjah gêsang | kalawan Sang Jayèng Prang | rumiyin Sang Jarahbanun | salenane ingkang rama ||

12. kang paman Radèn Sanasir | ingaturakên wong Menak | milane kinarya katong | darbe putra yu utama | katur dhatêng wong Menak | Sêkar Kadhaton ranipun | ing mangke sampun pêputra ||

13. nanging dadosaning ngimpi | datan kapanggih satilam | Kusuma Sêkar Kadhaton | kalawan Sang Kakungingrat | punika purwanira | ing mangke sang rajasunu | wus yuswa wolulas warsa ||

14. nama Radèn Umar Mêsir | Maryunani kang pêparab | tuhu yèn bagus kinaot |

--- 12 ---

kang cahya mindha basănta | kang mulat kaulapan | miwah wirutamèng kewuh | kaduk sura tan wrin lawan ||

15. nênggih Radèn Umar Mêsir | samana duk tinimbalan | marang eyangira katong | prapta ngarsa tur pranata | kang eyang lon ngandika | Umar Mêsir putuningsun | apa sira milu mring wang ||

16. maring Katijah nagari | sun iki katiban sêrat | ana pan arahan gêdhe | angêpung nagri Katijah | iya balane Ambyah | iku kang arsa ginêmpur | marang Bathara Nusirwan ||

17. matur Radèn Umar Mêsir | lamun paduka lumampah | tan arsa kantun katèngong | kang eyang mèsêm ngandika | sira kulup mas nyawa | anumpês wadya ramakmu | wong Menak Jayèng Alaga ||

18. wartane mêngko ngêmasi | anèng jro kutha Katijah | anadene ta balane | amuwêr anèng jro kitha | tan arsa anungkula | mulane arsa ginêmpur | marang Bathara Nusirwan ||

19. kagyat Radèn Umar Mêsir | kapêmpêngên winga-winga | sumung-sumung wadanane | andik latu sotyanira | hèh kalingane eyang | Kalana Anjayèng Satru | punika bapa kawula ||

20. yèn makatên kawula mit | pêpulih dhatêng pun bapa | ngungsia pundi parane | ingkang mêjahi pun bapa | nadyan silih ngungsia | lak-lakaning naga sèwu | nadyan dhasare samodra ||

21. tan wande kawula usir | măngsa lêgaa kang manah | yèn dèrèng wontên belane | inggih pêjahe pun bapa | kadya jinait [jinai...]

--- 13 ---

[...t] kang tyas | Prabu Sanasir agupuh | têdhak angrangkul kang wayah ||

22. kalingane sira gusti | trêsna duwe wong atuwa | mêngko-mêngko dèn arèrèh | sun undange ibunira | sigra nulya ngandikan | Sêkar Kadhaton gya rawuh | munggwing ngarsa tur pranata ||

23. ngandika sri narapati | babo nini ana warta | lakinya Jayèng Palugon | seda prang anèng Katijah | marmane putranira | amothah kudu lumaku | ambelani wong atuwa ||

24. kagyat sang raja pinutri | waspa drês kadya turasan | anglir sumaput panone | aturira pêgat-pêgat | paran karsa paduka | ingkang rama ngandika rum | măngsa ta sun tegakêna ||

25. iya marang putu mami | aja silih mangun aprang | nadyan aledhanga bae | ya ingsun măngsa tegaa | matur Sêkar Kadhatyan | kawula rama sang prabu | sayêkti pan botên tega ||

26. lan malih arsa udani | kuwandane putra tuwan | Pangeran Jayèng Palugon | sigra anêmbang têngara | kêndhang gong asauran | baris jêjêl ngalun-alun | pra dipati magêlaran ||

27. ingkang wayah dèn paringi | bala wadya wolung lêksa | kang kalih lêksa ibune | wau balane sang nata | rong kêthi kang binêkta | budhal kang bala gumuruh | gêgamane warna-warna ||

28. sang nata wahana èsthi | kang wayah nitih turăngga | Kusuma Sêkar Kadhaton | nitih jêmpana rinêngga | ingayap ing gêgaman |

--- 14 ---

ambêkta parêkan sèwu | kang minăngka kanthinira ||

4. Kinanthi

3. Radèn Maryunani badhe nyirnakên mêngsahipun Wong Agung

1. mangkana sang rêtnaningrum | samarga-marga wiyadi | kang ketang amung kang raka | Kalana Jayadimurti | dening kawarta palastra | aprang lan Sang Natèng Dêmis ||

2. sang dyah amanggung mangunkung | para babu munggèng ngarsi | anèng luhuring jêmpana | udrasa sang raja putri | dhuh lae ta kadi ngapa | katuwone awak mami ||

3. akrama tan kongsi tutug | angèstupadaning gusti | pangeranku Jayèngrana | tega tilar maring dasih | tan kongsi mulat ing putra | darah dadi Umar Mêsir ||

4. dhingin patêmbayanipun | sakondure saking Mêsir | besuk sun timbali sira | yèn ingsun wus apêpanggih | lawan Sang Rêtna Muninggar | aywa sira walangati ||

5. kalunta wolulas taun | nora nana animbali | wartane maring Ngajêrak | pinèt sraya ratuning jin | mangkya puwara alena | pangeranku Jayèngmurti ||

6. tanpa yayah sira kulup | sutaningong Umar Mêsir | wus diwasa manggih papa | paran polah ingsun gusti | kadya ta suduka jiwa | kapalang sira nak mami ||

7. dhuh gusti pangeran ingsun | abdine tan bisa kari | amomong putra paduka | ya ki Radèn Umar Mêsir | sang rêtna tansah sêsambat [sêsa...]

--- 15 ---

[...mbat] | angusap-usap jaja ris ||

8. duk dhingin lagya kinêpung | amungsuh lan Ratu Jobin | nuli amungsuh danawa | pira-pira angêmasi | mêngko mungsuh ratu kompra | têka puwara ngêmasi ||

9. kakang êmbok Jarahbanun | kaniaya sun arani | bok iya aparing warta | duk sedane gusti mami | kunêng kang agung karuna | sang rêtna samargi-margi ||

10. warnanên kang maksih ngêpung | Nusirwan lan Raja Jobin | Raja Dêmis saha bala | kêrigan wus kathah prapti | kêmput kutha ing Katijah | arahan andina prapti ||

11. mangkana Sang Jayèng Satru | lagya sênggang dènnya kanin | wis èngêt dènnya kantaka | Umarmaya kang jampèni | wau kang lagya kasukan | Sri Bathara Nyakrawati ||

12. andhèr ing têtarub agung | punggawa para narpati | Sang Raja Umum ajajar | kalawan Sang Raja Jobin | têpung lan Ki Patih Bêstak | Betaljêmur anèng kering ||

13. ambanjêng kang para ratu | Patih Bêstak matur aris | pukulun amba miyarsa | dêdamêl ing Mêsir prapti | wontên anake pun Ambyah | pêparab pun Umar Mêsir ||

14. angling Sang Raja Mêdayun | gêgaman Mêsir yèn prapti | warahên wong tunggu lawang | aja na dèn nèhi manjing | wau ta kang kawarnaa | sira Prabu Hasanasir ||

15. wus prapta sabalanipun | miwah Radèn Umar Mêsir | kèndêl jawi pasanggrahan | sinang kang bala ing Mêsir | nulya sami tutup praba | wong Dêmis lan wong Mêdayin ||

16. Sang Prabu

--- 16 ---

Mêsir amuwus | kaya ngapa Umar Mêsir | ngong tan awèh umanjinga | sabalanira ing Mêsir | kang wayah asru turira | punapa ingucap malih ||

17. paduka kalih pun ibu | inggih kantuna ing jawi | lawan prajurit sadaya | kula malêbêt pribadi | kang eyang asru dêlingnya | sira ywa pisah lan mami ||

18. dimèn nèng jaba ibumu | lan prajurit pra dipati | kabèh padha rumêksaa | sira manjing lawan mami | dene kang manira gawa | patang atus para mantri ||

19. Sang Raja Mêsir malêbu | lawan Radèn Umar Mêsir | kang tunggu lawang tan suka | dhinupak rêbah kang kori | kang têngga kori cinandhak | rêmêk angganya binanting ||

20. gègère kadya pinusus | katur Prabu Nyakrawati | iya ika gègèr apa | katur yèn wong Mêsir prapti | pagene dèn wèhi lawang | mau wis ingsun undhangi ||

21. kawula sawiji matur | inggih botên dèn wêngani | korine dhinupak rêbah | kang têngga mati binanting | ngungun Sang Prabu Nusirwan | ngandika nolih ing wuri ||

5. Pangkur

4. Raja ing Dêmis pêjah dening Radèn Maryunani

1. hèh Bêstak iki kaya pa | dene bala ing Mêsir wus umanjing | Patih Bêstak nêmbah matur | suwawi ingancaran | inggih sampun katawis lamun angêpung | sigra Kyana

--- 17 ---

Patih Bêstak | mudhun mêthuk Natèng Mêsir ||

2. prapta nulya ingancaran | Natèng Mêsir mring Prabu Nyakrawati | atata sami alungguh | lajêng sami bojana | Maryunani tan adoh lan eyangipun | arame ing pamondhokan | gêlas midêr arak manis ||

3. kathah wuru para nata | amung sira Rahadèn Maryunani | apan tan milu anginum | eca kèndêl kewala | kadênangan marang Sang Prabu Mêdayun | nulya kinèn amariksa | marmanya tan mèlu bukti ||

4. lah warahên putuningwang | konên milu nginum Si Maryunani | punang dinuta umatur | radèn mila paduka | dene kèndêl tan adhahar tanpa nginum | timbalan eyang paduka | Sri Bathara Nyakrawati ||

5. andika tumuta dhahar | anauri sugal Sang Maryunani | apan dudu sêdyaningsun | prapta nginum mêmangan | sêdyaningsun iki arêp aprang pupuh | Prabu Nusirwan angucap | Maryunani dudu mami ||

6. kang matèni ramanira | pan Si Umum iya ratu ing Dêmis | lah iku ta sakarêpmu | Raja Umum sru mojar | hèh Ki Bêstak sun sidhêp Si Jayèng Satru | digdaya gunaa mana | sun pêdhang tanpa ngênèni ||

7. pêcah êndhase lumajar | praptèng larèn kutha dyan angêmasi | Dyan Maryunani sumaur | hèh apa ujarira | dene sira duk padha siji lumayu | kala nèng rimbagan êmas | sira ngungsi jalma cili ||

8. nora wirang marang jagat | Raja Umum bramatya tan sinipi | sarwi nyandhak [nya...]

--- 18 ---

[...ndhak] gadanipun | hèh sira iku bocah | lancang têmên sangganên gêgaman ingsun | sigra inguncalan gada | jajanira kang dipun prih ||

9. sinăngga nulya cinandhak | pan ingundhang mungging asta tininggil | gawok kang sagung andulu | binalèkakên sigra | binarêngan sinandêr cinandhak gupuh | wêntise nulya sinêndhal | nèng asta tininggil-tinggil ||

10. ingikal kadya likasan | dyan binanting kongsêb gumuling siti | tan dangu nulya sinambut | sinawatakên sigra | marang Prabu Nusirwan sumingkir kagum | malêdug kang para raja | giris sadaya angisis ||

11. ingêlud cinacah pêdhang | Raja Umum angganya rontang-ranting | Radèn Maryunani gupuh | ambujung para nata | bala Mêsir gurnita surak gumuruh | wadya gung sarêng umangsah | kang anèng jawining biting ||

12. miwah kang jro pasanggrahan | wong Mêdayin wong Kaos lan wong Dêmis | kang kacandhak samya lampus | luwar pangêpungira | kulon êlor kang wetan sarêng malêdug | warnanên kang nèng jro kitha | Kalana Jayadimurti ||

13. kang lagya siniwèng bala | para nata sadaya munggèng ngarsi | prasamya kagyat angrungu | gumrah jawining kitha | ting balulung garêdêge wong lumayu | ngandika Sang Jayèngrana | apa ta wadine jawi ||

14. kang mungsuh padha lumajar | dene batur nora na kang mêtoni | Marmaya mêtua gupuh | pariksanên dèn enggal | iya sapa kang ambujung-bujung mungsuh | Umarmaya nulya mêdal | èstu yèn mungsuh [mung...]

--- 19 ---

[...suh] wus mamring ||

15. amung Rajèng Mêsir ana | pan jumênêng lagya ngumpulkên dasih | miwah sang rêtnaning arum | wus anunggal kang rama | Umarmaya kagyat dènira andulu | mara sarya ris têtanya | hèh Sang Nata Hasanasir ||

16. sintên kang ambujung mêngsah | mila gusis inggih mungsuh tan kari | Prabu Hasanasir muwus | iku putrane Ambyah | marang ingsun iku pan kaprênah putu | kasêrêng lakune baya | kawarta kang rama lalis ||

17. Ki Umarmaya lingira | hèh sang prabu putra saking ing pundi | Prabu Hasanasir muwus | wêwarta mulabuka | duk kalane wong Menak kelangan kêmul | kongsi laire dyan putra | Rahadyan Mariyunani ||

18. macucu Dyan Tasikwaja | hèh sang nata Wong Agung nora mati | mung iya anandhang tatu | ing mangke sampun saras | timbalana ing wayah Rahadèn Maryun | kawula matur ing Ambyah | Marmaya gya mêsat aglis ||

19. prapta ngarsanira Ambyah | lincak-lincak malêmbung amênyanyi | Jayèngmurti têtanya sru | kayaparan wartanya | Umarmaya umatur sarwi macucu | kêkayang sarwi têtêgar | kalingane mungsuh ênting ||

20. Ratu Dêmis sampun pêjah | dening putra paduka kang mêjahi | wus katur sapurwanipun | wong Menak langkung suka | ngraos ingkang sihing Hyang Agung kalangkung | sigra anitih turăngga | sawadya nata umijil ||

21. marang sajawining kitha | amanggihi mêthuk Sang Natèng Mêsir | praptèng jawi kitha sampun | jujug ing pasanggrahan | panangkilanira [pa...]

--- 20 ---

[...nangkilanira] Batharèng Mêdayun | ingkang patarana êmas | ênggène luhur pribadi ||

22. praptèng pakuwon saksana | Prabu Mêsir mulat ing Jayèngmurti | pinêthuk sarêng cumundhuk | wong Menak ingaturan | pinaraka unggyane Prabu Mêdayun | nanging wong Menak tan arsa | munggèng sinom palowani ||

6. Sinom

5. Radèn Maryunani ngabêkti dhatêng Wong Agung

1. anulya kang para nata | prasamya atata linggih | Sêkar Kadhaton saksana | angrangkul padaning Amir | karuna raja putri | cinandhak wus kinèn lungguh | ing wurine wong Menak | prapta Radèn Maryunani | ingkang saking bêbujung kang para nata ||

2. lajêng tur sêmbah ing eyang | ngandika Sang Putri Mêsir | Maryunani wruhanira | yèku ramanira kaki | Kalana Jayèngmurti | kang siniwèng para ratu | sigra kang rama têdhak | anambramèng Maryunani | dyan cinandhak ing rama lungayanira ||

3. Maryunani ngaras pada | pan sampun kinèn alinggih | tunggil lawan ibunira | ngungun kang para narpati | pan samya abêbisik | mring Umarmaya kang sêmu | dene suwarnanira | iya Radèn Maryunani | wus anyithak wukirane ingkang rama ||

4. tan ana gethang silira | sadayane angêblêgi | duk timurira wong Menak | sawiji lan Maryunani | lir jambe nèm pinalih | saplêk timbange awutuh | mangkana wau prapta | kang nusulakên pisalin [pisa...]

--- 21 ---

[...lin] | ingkang rama Narendra Mêsir ngaturan ||

5. ingkang garwa pinaringan | miwah Radèn Maryunani | prasamya salin sadaya | kondur Sang Wiradimurti | wadya kinèn ngusungi | panangkilan saka sèwu | wus praptèng jroning kitha | pinarnah pakuwon nênggih | Natèng Mêsir pinarnah nunggil Sri Maktal ||

6. makuwon sagunging wadya | dene Prabu Hasanasir | lajêng munggwing ing ngayunan | lan kang wayah Maryunani | lawan kang ibu sami | nangkil sagung para ratu | lajêng dènnya bujana | lumintu pundhutan mijil | Rêtna Dèwi Sêkar kadhaton winarna ||

7. wus kinèn ing dalêm pura | Rêtna Muninggar manggihi | nanging ta dèrèng anyana | yèn kagarwa marang Amir | wau Sang Jayèngmurti | arame bujana nginum | lan wadya para nata | miwah Radèn Maryunani | pinaringan turăngga pun Kalisahak ||

8. kalawan gamêlnya pisan | Ratu Kebar Yusupadi | sawadya punggawanira | sinungakên Maryunani | kang tinuduh ngêmongi | sira Sang Raja Tamtanus | prajurit saking Yunan | angêmbani Maryunani | ya ta rame anutug dènnya bujana ||

9. salaminira kasukan | Wong Agung tan kadya mangkin | anglangkungi sukanira | dènnya tyas marwata siwi | sadalu têkèng enjing | amêng-amêngan supênuh | kang tan ana nganakna | luwaran Sang Jayèngmurti | Rajèng Mêsir lawan sagung para nata ||

10. sabubare masanggrahan | mangkana ingkang winarni | Rêtna Muninggar miyarsa | lamun Radèn Maryunani | putrane [putra...]

--- 22 ---

[...ne] Jayèngmurti | duk anèng Mêsir anglurug | dènira apêputra | runtike yayah sinipi | jajanira sang dyah lir mêtu dahana ||

11. sêsêk kadya malêdhosa | munya kang talingan kalih | kadya bêl mêtu dahana | mêdal saking dalêm aglis | Sang Rêtna Muninggarim | muwun angriyêng nèng jungut | kagyat dènira myarsa | Kalana Jayadimurti | amiyarsa kang tangis nèng pajungutan ||

12. animbali Umarmaya | kinèn mariksa tumuli | wus prapta ing pajungutan | kèndêl dènira anangis | ngandika raja putri | Marmaya ana karyamu | kawula pan dinuta | ing raka paduka Amir | amariksa mila paduka karuna ||

13. ngandika Rêtna Muninggar | sokur sira kang tinuding | marmane ingsun karuna | tan bêtah ingsun ningali | akêsêl ati mami | mulat ing Sang Jayèng Satru | cidrane ing ubaya | linyoke anglêliwati | rinewangan têmên-têmên têka cidra ||

14. mulane kang para nata | pira-pira kang ngrasani | manira boya kagiwang | iya dening wus prajangji | mêngko ta dèn cidrani | Radèn Tasikwaja matur | kawula tan kaduga | pundi ingkang dados runtik | angandika asru Sang Rêtna Muninggar ||

15. lah iku anake sapa | ingkang aran Maryunani | apa dudu Amir Ambyah | yèn mangkono tan nuhoni | mring sabda kang kawijil | dhingin prajangji maring sun | têmu jêjaka rara | wusana têka nyidrani | marma dadi kêsêle ing manah ingwang ||

16. sang dyah kadya calapita [ca...]

--- 23 ---

[...lapita] | datan kêna dèn sêlani | umatur Dyan Umarmaya | mangke-mangke dèn aririh | kawula pajar jati | duk wontên Mêsir dyah ayu | pan datan nunggil nendra | apanggih sami angimpi | gih makatên purwa mulabukanira ||

17. duk wong Menak pinanjara | wontên nagari ing Mêsir | lan para ratu suwidak | pinarnah sajroning bumi | pun Maktal kang nguculi | kalawan Sajarahbanun | kang ngatêr buka lawang | mila kalampahan urip | misih wontên kasêbut Sang Jayèngrana ||

18. wêdale saking panjaran | anuli dipun aturi | bêdhah kuthane kang rama | gêgaman dipun aturi | gada agêming jurit | pan saking Sajarahbanun | sapraptanirèng pura | Sajarahbanun dhingini | ingkang rama kinèn nungkul ing wong Menak ||

19. tan arsa nulya pinêdhang | murda katur Jayèngmurti | mila langkung kapotangan | mring Sang Raja Putri Mêsir | darbe nak-sanak èstri | Sêkar kadhaton rum-arum | katur raka paduka | Sang Jayèngmurti tan apti | inggih dene wus prajangji lan paduka ||

20. nanging Sang Rêtna Sajarah | ature mring Jayèngmurti | dipun ningkaha kewala | amung minăngka têtali | wit saking angèngêti | prasêtyane lan sang ayu | makatên kang ubaya | inggih gancaripun ugi | awusana wong Menak dalu supêna ||

21. panggih lan Sêkar Kadhatyan | enjinge Sang Jayèngmurti | nuli kesah marang taman | kawula ingkang tut wuri | lan yayi Ngalabani [Ngala...]

--- 24 ---

[...bani] | anuli siram wong têlu | nutug dènira siram | adangu samya nèng bèji | nulya Rêtna Sêkar kadhaton kang mara ||

22. mring sareyaning rakanta | Wong Agung kapanggya sêpi | amung kampuh ingkang ana | tinilar jroning jinêmrik | sang putri nulya guling | kang kampuh kinarya kêmul | anendra dyah supêna | kapanggih lan Jayèngmurti | tan antara sang rêtna kadi ginugah ||

23. sawungune nulya kesah | kêmul ginawa linêmpit | sarawuhira rakanta | kêmul tan ana kaèksi | nulya wau nimbali | mring Dèwi Sajarahbanun | kinèn angruruh sinjang | singêbipun Jayèngmurti | tan kapanggih sinirêp dening sang nata ||

24. kêmul katur ingkang rama | nulya sinimpên ing pêthi | lami-lami dadi bocah | inggih Radèn UmarMêsir | mila dipun parabi | Iman Supêna ranipun | lah inggih sapunika | mulabukaning rumiyin | pan kawula botên watak matur dora ||

25. ambêkis Rêtna Muninggar | iku tatane wong ngêndi | ana kêmul anak-anak | baya sira Guritwêsi | măngsa miluwèng kami | pêsthi ngiloni gustimu | pan sapolahe uga | sira milu angugungi | Umarmaya macucu akacêmilan ||

26. ingsun durung amiyarsa | dodot aduwe bêbayi | têka adora sêngara | kuthila akalmu wêgig | akèh sira wêgigi | bok aja mêgigi ingsun | kaku tyase Marmaya | tanpantuk amituturi | sang rêtna yu tansah amijil kang waspa ||

--- 25 ---

7. Mijil

6. Dèwi Muninggar Padudon kalihan Wong Agung

1. Umarmaya lungaa dèn aglis | aja anèng kono | lan warahên gustimu dèn age | dèn kapenak iya apêpanggih | lawan Putri Mêsir | aja gape mring sun ||

2. kang dèn ame-ame rina wêngi | mung Sêkar kadhaton | iya kono ênggon kalulute | raganingsun iki tanpa kardi | karya jêjêmbêri | dudu pantêsipun ||

3. kagarwaa Mênak Jayèngmurti | liwat dening asor | angilangkên iya satriyane | kang panuju mung putri ing Mêsir | ayu milangoni | wirotamèng tanduk ||

4. yèn bêcika iya awak mami | pasthi yèn tinuhon | nora cidra iya ubayane | nora kadrêng iya awak mami | milane akrami | nèng Mêsir don lulut ||

5. katuwone iya raga mami | tur têmah alayon | awèt urip nandhang papa gêdhe | kadang ibu rama tan katolih | anutakên laki | cinidranan kakung ||

6. asru miyêng dènira anangis | remanya dèn rontog | tansah sambat sang dyah mring ibune | ibu aji tingalana mami | nganutakên laki | nandhang kawlasayun ||

7. Umarmaya marêk ing Sang Amir | aturira alon | sampun katur kang dadya tangise | angandika Menak Jayèngmurti | undangên tumuli | yayi Jarahbanun ||

8. ingkang tinimbalan nulya prapti | nèng ngarsa [ngar...]

--- 26 ---

[...sa] wotsinom | Jayèngrana alon timbalane | yayi kadangira Muninggarim | wus suwe abudi | nangis anèng jungut ||

9. dene yayi ingkang dadi tangis | andalih yèn ingong | ingaranan cidra ngubayane | iya anakmu Si Maryunani | ingsun dèn arani | tan nuhoni wuwus ||

10. amaido yèn dadine ngipi | dene karsaningong | yayi Sêkar Kadhaton dèn age | lah iridên lan Sang Aji Mêsir | prasandua sami | maraa ing jungut ||

11. Dèwi Sajarahbanun wotsari | lan Sêkar Kadhaton | sri narendra ing Mêsir rowange | prapta jungut Rêtna Muninggarim | kèndêl dènnya nangis | amanggihi tamu ||

12. sinêgah woh Sri Bupati Mêsir | lan Sêkar Kadhaton | Jarahbanun barêng prasandune | purwanira dadi Maryunani | katiga narêngi | sami aturipun ||

13. Rêtna Muninggar murda ngecani | tyasira sang katong | miwah marang Sêkar Kadhatone | nanging katawis jarêming ati | wong ginutuk nênggih | tamèng jajanipun ||

14. nora nana pêsthi yèn ngoncati | iku lumrahing wong | pan kawula tan angèmbèt-èmbèt | ingkang kula panglah mung sawiji | kondur Natèng Mêsir | wruh sang dyah sru bêndu ||

15. lajêng marêk ing Sang Jayèngmurti | wus cundhuk sang katong | matur lamun sampun prasandune | miwah sang raja putri kêkalih | Dyah Sêkaringpuri | lan Sajarahbanun ||

16. mirsa malih pangiyênge tangis | Sang Jayèng Palugon [Palu...]

--- 27 ---

[...gon] | sigra têdhak amarani dhewe | praptèng jungut angling Jayèngmurti | hèh mindêla yayi | aywa gung amuwun ||

17. lah andêlên ujar ingsun ugi | pêsthi nora goroh | Rajèng Mêsir apa prasandune | iya miwah nini putri kalih | lan ature uni | Umarmaya tuhu ||

18. sêtyanira yayi ingkang mandi | trapêna maring ngong | sakurêbe langit iki kabèh | lawan iya salumahing bumi | lamun ingsun kêni | ing sotira iku ||

19. lamun ingsun nyidrani ubanggi | pêsthi nuli lodhoh | antèkêna ujar ingsun kiye | Rêtna Muninggar ngambul ambêkis | êmbuh tan miyarsi | nanging raganingsun ||

20. nora nuku ing cidranirèki | tulusa karoron | sira lawan Putri Mêsir kae | kang sira me-ame rina wêngi | awak ingsun iki | guwangên dèn gupuh ||

21. kêsêl têmên atiningsun iki | andulu wong linyok | hèh ra Arab lungaa dèn age | maringa sira ing Putri Mêsir | kang sira go padmi | guwangên wak ingsun ||

22. duk miyarsa Menak Jayèngmurti | tyasira malêdhos | dèn ăngsa-ăngsa kawijilane | sigra kondur winga-winga wêngis | sotyandik gumilir | jaja latu-latu ||

23. praptèng dalêm animbali aglis | sira tambak cangkol | konên lunga setan pothèr kae | ingkang mangap-mangap cangkêmnèki | yèn tan lunga nuli | sun pêdhanga rampung ||

24. Natèng Mêsir Prabu Hasanasir | lan Sêkar Kadhaton |

--- 28 ---

samya mirma miyar ing dukane | Jayèngmurti angandika malih | pundhutên dèn aglis | kang ingsun balênggu ||

25. ya Si Olat Marjaban ing Bangid | luwarana gupoh | wêtokêna saking panjarane | apan iku pacangane lami | sun wèhne tumuli | dèn gawaa mantuk ||

26. iya marang nagarine Bangid | aja anèng kono | ika mangap-mangap talundhage | nora wurung sun sabêt calimprit | sun antêbi bindi | si mêngkono iku ||

27. Umarmaya sigra dènnya mijil | wus praptèng pakuwon | Raja Olad gène panjarane | kang anggadhuh Prabu Umarmadi | sagènnya tan kari | wus salawe taun ||

28. duk praptanira saking Sêrandil | dènira ambêlok | pinanjara tansah saparane | mring Yunan Ngêrum Mêsir tan kari | bala ing Kohkarib | panjara kang mikul ||

29. winêdalkên saking panjara glis | binêkta maring jro | pan wus rusak akuru awake | praptèng ngayunan Sang Jayèngmurti | angandika aris | pandhandhangira rum ||

8. Dhandhanggula

7. Dèwi Muninggar Kabêkta dhatêng ing Bangid

1. hèh Marjaban sang ratu ing Bangid | ingsun anjaluk apuranira | ingsun manjara lawase | iya salawe taun | mêngko sira ingsun luwari | dèn akèh

--- 29 ---

martanira | marang raganingsun | ing mêngko sira rabia | iya Olad sira ingsun tarimani | iya yayi Muninggar ||

2. pan pacanganira saking alit | mêngko iya têka tampanana | gawanên mring Bangid age | Raja Olad asujud | hèh kèlingan panduka Amir | kawula linuwaran | pintên-pintênipun | sasat manggih utang pêjah | panarima pintên-pintên manggih urip | tan nêdya sapunika ||

3. Jayèngmurti angandika malih | hèh Sang Olad aja lumuh sira | ing rèh ingsun kang mangkene | lah tampanana gupuh | Umarmaya wêtokna aglis | srahna Olad Marjaban | Si Muninggar iku | Ki Umarmaya lingira | maring Olad sira kariya ing jawi | Olad tur sêmbah mêdal ||

4. Umarmaya mêdal saking puri | pan agunêm lawan Radèn Maktal | hèh Maktal sun tutur mangke | wong Menak dudon padu | lan Muninggar malah ing mangkin | tinundhung saking pura | pinaringkên iku | maring Si Olad Marjaban | sira bae dèn bisa kalawan mami | prakara iki uga ||

5. bok nalăngsa besuk Jayèngmurti | sapa bisa ingkang ngupayakna | ingkang miriba warnane | kaya Putri Mêdayun | iya sira milua ugi | marang Olad Marjaban | dèn bangkit ing kalbu | măngsa ta bodhoa sira | anèng Bangid amrih wurunge sang putri | panggih lawan Marjaban ||

6. pan Si Olad sadulure siji | kang umadêg ing Bangid nagara |

--- 30 ---

Prabu Sakandar namane | lamun sira dinangu | ing Kalana Jayadimurti | lagi lunga ambêdhag | mangkono tur ingsun | ngling Satriya Tambakrêtna | Radèn Maktal kakang aywa walangati | ana paekan ingwang ||

7. iya măngsa kongsia kapanggih | raja putri lan Olad Marjaban | nanging kakang sira bae | tilika maring ingsun | besuk yèn wus anèng ing Bangid | prakara Si Marjaban | lan saduluripun | kaya palastra dening wang | Umarmaya asuka dêlingira ris | anuli siyagaa ||

8. prajuritmu aywa na kang kari | ya Si Olad Marjaban nèng jaba | anuli turana age | mring bêbutulan kidul | iya ingsun mring dalêm puri | sigra Ki Umarmaya | lampahe mring jungut | matur ing Rêtna Muninggar | lah punapa atur kawula ing nguni | andika dudon baya ||

9. dika mangke tinundhung sing ngriki | lamun dhingin nuruta kawula | măngsa têmaha mangkene | pan rakanira iku | ulun tuhu basanya siki | tinarka si linyokan | ing satingkahipun | yèn kapaido upama | nuli duka sintên purun amalangi | andika kinèn mêdal ||

10. pinaringkên sang prabu ing Bangid | dene pêpacangan alit mila | mila tinarimakake | pan mangke wontên ngriku | bêbutulan kidul anganti | ing wiyos jêngandika | dawêg dika mêtu | bok kadangon manggih duka | rakanira pêdhange sampun tinarik | lah dawêg dipun enggal ||

11. wimbuh tyasira sang raja putri | analăngsa [ana...]

--- 31 ---

[...lăngsa] langkung ngungunira | dene tinarimakake | anangis sarya muwus | hèh raka kang Umarmayèki | paran sakarêpira | kakang ingsun nurut | ingsun kakang mari pugal | awak ingsun sok wêkasane abêcik | măngsa bodhoa sira ||

12. Umarmaya mèsêm jroning ati | iya têkane wong analăngsa | saking lali wiwitane | Ki Umarmaya matur | yèn makatên inggih suwawi | wontên gêndhing kawula | nanging panduka tut | ulun wau pirêmbagan | lan arinta ing Tambakrêtna anênggih | ingkang kawula têdah ||

13. kang ngiringa ing lampahirèki | prajurite sapalih binêkta | wong patang lêksa cacahe | kabèh wong wirèng kewuh | nadyan prapta nagara Bangid | măngsa si kalakona | andika têtêmu | lawan Si Olad Marjaban | lamun inggih Si Maktal têksih basuki | sampun ta wancakdriya ||

14. pan Si Maktal punika sayêkti | sêtya tuhu marang rakanira | wus manjing saudarane | nadyan kang para ratu | lan wong Menak duk anèng Mêsir | pinanjarèng bantala | kang ngluwarkên iku | yayi mas ing Parangteja | saature têka andika turuti | lah suwawi gya mêdal ||

15. sampun kadêngangan lamun taksih | Rêtna Muninggar anulya mêdal | ambêkta sapawongane | cacahe kawan èwu | kang pangawak êmas sinangling | miyos ing bêbutulan | Marmaya amuwus | Maktal iku tampanana | dyan [dya...]

--- 32 ---

[...n] inginggahakên wau anèng joli | kinubêng ing gêgaman ||

16. wau Raja Olad Marjabani | atut wuri maring Radyan Maktal | tan sinung pisah lampahe | samarga-marga matur | Radèn Maktal wisaya sandi | inggih atur kawula | sampun gupuh-gupuh | awirage anèng marga | bokmanawa ing tyas maksiha tumulih | marang Sang Kakungingrat ||

17. têmah asuduk jiwa sayêkti | yèn lenaa sintên kang kelangan | apan panduka kang darbe | luhung rinapu-rapu | nguda-uda saking sakêdhik | sêlote alalia | marang Jayèng Pupuh | atoliha ing panduka | yèn wis lilih kapanggiha siyang ratri | punapa sinantaha ||

18. kawulèki inggih duk kariyin | ingkang kawula Wong Agung Menak | mangke ta pinaringake | ing sang putri puniku | dadi garwa panduka mangkin | sayêkti jêng panduka | badan kang angingu | Sang Prabu Olad Marjaban | langkung suka hèh kakang bênêr sirèki | sira kakang dadia ||

19. kang minăngka wong atuwa mami | besuk lamun prapta nagriningwang | sira ingsun andêlake | patih wisesa iku | alungguha ing palowani | sun bisa mulihêna | kamuktènirèku | duk sira anèng wong Menak | Radèn Maktal wagêd tumamping aramping | jo sarwa karawisa ||

20. langkung dènnya noraga minta sih | tan akontap ing naya upaya | Olat Marjaban pongahe | ngawruhi pranasandu | awêweka sampeya sandi | wus [wu...]

--- 33 ---

[...s] lami anèng marga | ing Bangid mèh rawuh | Wong Agung ing Parangteja | anênurat patêmbayan Rajèng Bangid | pèngêt layang manira ||

21. Radèn Maktal putra Ngalabani | iya Wong Agung ing Parangteja | pêpuji mring pangerane | ing kaping kalihipun | mring utusan Nabi Ibrahim | dhatênga marang sira | iya surat ingsun | ing Bangid Prabu Sakandar | wiyosing kang manira awèh upêksi | yèn raka pakênira ||

22. linuwaran Olad Marjabani | malah ing mangke wus tinariman | manira kang ngatêrake | Rêtna Muninggar iku | pinaringkên kakangirèki | nanging sang rêtnaning dyah | sangêt lumuhipun | marang ta ing kakangira | de wus rusak anèng kunjaran alami | kuru wus katon tuwa ||

23. dene mangke iki ta sang putri | kudu akarsa maring ing sira | dene waras misih anom | iya yèn sira ayun | marang ing sang raja pinutri | kadangmu patènana | Olad Marjabanu | yèn ingsun praptèng jro kutha | angutusa angadhang lawang sadêmi | amêdhang kakangira ||

24. dadi lêstari sira apanggih | iya lawan Kusuma Muninggar | mangkana wau têmbunge | mêsat kang dinuta wus | praptèng ing jro praja ing Bangid | katur Raja Sakandar | Maktal suratipun | binuka sinukmèng driya | langkung suka Sakandar natèng ing Bangid | caraka wus ginanjar ||

25. ing wangsulan mêsat kang tinuding | sigra-sigra kapranggul ing marga | sêrat katur ing gustine | wêwangsulane prabu | Sakandar wus tinupiksani | Maktal [Makta...]

--- 34 ---

[...l] kalangkung suka | patêmbayèng kewuh | wruh Sakandar suka ing tyas | lawan sagah matèni kadangirèki | ya Sang Olad Marjaban ||

26. Maktal mangsit ing santananèki | kang awasta Radèn Darundiya | puniku pan nak-sanake | besuk yèn prapta ingsun | panangkilan nagara Bangid | ana Ratu Sakandar | pêdhangên dèn gupuh | Radèn Darundiya nêmbah | duk samana lampahe baris wus prapti | ing Bangid jawi kitha ||

27. Radèn Tambakrêtna turira ris | marang Olad Marjaban punika | panduka kantuna kene | dimèn manjing kadhatun | rayi dalêm sang raja putri | dimèn têntrêm kang manah | Marjaban tumurun | lajêng kang tandhu jêmpana | wau Raja Sakandar nuduh prajurit | nyêlaki lawang kitha ||

28. Rajèng Sakandar nèng păncaniti | andhèr lawan sapunggawanira | mêthuk kamulyan karamèn | prapta jêmpana laju | rirayasên Sang Natèng Bangid | tyasira amarwata | wus praptèng kadhatun | sang dyah sapawonganira | ya ta wau Prabu Olad Marjabani | lajêng manjing jro kitha ||

29. duk jumangkah sakèthèng anuli | prajurite kang rayi amêdhang | rampung kalih kuwandane | Olad Marjaban lampus | nulya lajêng mring păncaniti | Wong Agung Parangteja | panangkilan rawuh | tundhuk lan Prabu Sakandar | ingancaran munggyèng patarana rukmi | dyan Radèn Darundiya ||

30. nulya mêdhang Sakandar nulya glis | kapisanan pagas jangganira | Rahadyan Tambakrêtna ge | Sakandar ênggènipun |

--- 35 ---

lininggihan patara rukmi | sinotya nawa rêtna | alêlèmèk babut | sarya sru dènnya ngandika | hèh wong Bangid punggawa para dipati | sapa kang duwe karsa ||

31. apêpulih ambelani gusti | manawa na payo têkakêna | ingsun minăngka mungsuhe | sakèhe punggawa gung | samya nungkul tur pati urip | apan ratu kawula | ing ngriki nom sêpuh | pêjah dening jêng paduka | tan anêdya pra dipati ambelani | langkung rèh jêng panduka ||

32. hèh wruhanta pra dipati Bangid | iya ingsun kang madêg narendra | anèng prajanira kene | wênang sapolah ingsun | ingsun Rajaputra Ngalabi | satriya Tambakrêtna | trahing ratu agung | kabèh salina agama | iya nuta sarengat Nabi Ibrahim | sumuyud tan suwala ||

33. kunêng ingkang jumênêng narpati | anèng Bangid ingkang kawuwusa | kang saking Dêmis lorode | kondur marang Mêdayun | amung Prabu Anyakrawati | Ratu Jobin anyimpang | lan sabalanipun | watara kari sayuta | duk praptane saking ing Kaos nagari | wadya tanpa wilangan ||

34. para rolas watara kang kari | duk prang ara-ara Bakdiyatar | tumpês ratu punggawane | dadi samodra marus | ya ta wau Sang Ratu Jobin | datan arsa kondura | mring nagaranipun | sêdyanira minta sraya | angupaya narendra prakosa sêkti | kang yogya bangkat karya ||

35. duk sêmana amiyarsa warti | Raja Jobin yèn Rêtna Muninggar | wontên [wontê...]

--- 36 ---

[...n] ing Bangid samangke | sah saking Jayèng Satru | pinaringkên Sang Rajèng Bangid | Prabu Olad Marjaban | mangkana akumpul | Jobin sapunggawanira | pra narendra sakarine kang ngêmasi | ngundhangan pan sadhiya ||

36. nêdya ngrabasèng nagri ing Bangid | angrêbat marang Dèwi Muninggar | rêmbug sawadyabalane | budhal saking wana gung | dening alit nagara Bangid | măngsa wurunga kêna | nênggih ciptanipun | angèl duk anèng wong Menak | tan anyana yèn kang madêg narapati | satriya Parangteja ||

37. bala Kaos prapta ngêpung kikis | ya ta balanira Radèn Maktal | wong Bangid siyaga kabèh | miwah gêgawanipun | patang lêksa samya miranti | wus tutup lawang kitha | prajurit nèng panggung | dènnya tugur Raja Maktal | panangkilan sawadya para narpati | kukuh tan ana brăngta ||

9. Asmaradana

8. Wong Agung tindak dhatêng Bangid

1. kunêng ta datan winarni | kang lagya yun-ayun yuda | gantya ingkang winiraos | kang anèng kitha Katijah | tansah amangun suka | lan sawadya para ratu | lamine rawuh kang putra ||

2. agung dènnya among rêsmi | anungku suwitèng garwa | Kusuma Sêkar Kadhaton | kang misesèng dalêm pura | dhatêng sakarsanira | Rahadèn Maktal dinangu | katur yèn andon bêbêdhag ||

3. mangkana Umarmayèki [Umarmayè...]

--- 37 ---

[...ki] | apamit Sang Jayèngrana | ngandika Jayèng Palugon | arêp marang ngêndi sira | matur Sang Tasikwaja | ajêng suwita pukulun | dhatêng pun Olad Marjaban ||

4. wontên ngriki tanpa kardi | măngsa sikarawatana | cacak garwa alulute | iya prandene binuwang | aja mungguh kawula | yèn dèn pradulia iku | angur ingsun ngulatana ||

5. gusti kang asih ing dasih | kang eman darbe kawula | ngandika Jayèng Palugon | hèh Umarmaya lungaa | nèng kene gawe apa | pelag apa ta sirèku | minggata sabalanira ||

6. Umarmaya anauri | aywa silih tinundhunga | măngsa wurung awak ingong | lunga aluru bêndara | pae dhingin duk ana | Rêtna Muninggar puniku | wontên ingkang tinutêna ||

7. langkung duka Jayèngmurti | aywa kakehan wicara | dèn aglis lungaa pothèt | Umarmaya sigra kesah | lawan sabalanira | miwah garwa datan kantun | lawan bala kalih lêksa ||

8. datan kawarna ing margi | prapta ing Bangid nagara | lajêng ngrangkêpi barise | Marmaya lajêng mring pura | panggih lan Radèn Maktal | Dèwi Bêstari wus laju | panggih lan Rêtna Muninggar ||

9. anunggil ing dalêm puri | kang munggèng ing panangkilan | Marmaya langkung sukane | myarsa titikaning rowang | Wong Agung Parangteja | Ratu Bangid kalih lampus | Maktal kang umadêg nata ||

10. Rahadèn Umarmaya ngling | yèn mangkono ingsun lunga | sira ywa obah [o...]

--- 38 ---

[...bah] sing gone | sun lêledhang mring Katijah | sakèhe balaningwang | aywa pisah lan sirèku | prênahna atunggu lawang ||

11. Ki Umarmaya dyan mijil | angrêrangu mring Katijah | dene wau bala Kaos | kang samya angêpung kitha | amrangi saking jaba | wong Bangid prasamya mêthuk | aprang saking sajro kitha ||

12. rame andina don jurit | prajurit Kaos sadaya | angrêpak wani karêpe | angrêbat Rêtna Muninggar | tan wruh yèn katadhahan | anging jro yudane pêngkuh | dadya angêpung kewala ||

13. warnanên Sang Jayèngmurti | kang anèng Nagri Katijah | angundhangi ing balane | kang para ratu kewala | ingandikan bêbêdhag | kalawan sang rajasunu | mangkat saking ing Katijah ||

14. wus lêpas Sang Jayèngmurti | manjing wana lan kang putra | miwah para ratu kabèh | samya kinèn rêbut paran | anitik goning sangsam | Radèn Maryunani sampun | amisah lan êmbanira ||

15. kasasar alas ing Bangid | kapêthuk Ki Umarmaya | Raja Tamtanus lingnya lon | lah Radèn Ki Umarmaya | punika anèng wana | tanpa rewang lênthung-lênthung | Radèn Maryunani mojar ||

16. Marmaya sira nèng ngêndi | ana ngalas tanpa rowang | Ki Umarmaya ature | lah dika ayun punapa | dene ta tanpa rowang | Radèn Maryunani muwus | sun iki kinèn bêbêdhag ||

17. Ki Umarmaya turnya ris | wana kilèn ngriku kathah | mênjanganipun [mênjanganipu...]

--- 39 ---

[...n] akêthèn | Radèn Maryunani mojar | lah payo tuduhêna | sigra mangkat wong têtêlu | prapta ing Bangid nagara ||

18. aningali ana baris | Maryunani atêtanya | sapa kang abaris kiye | turira Ki Umarmaya | Ratu Kaos nagara | punika ingkang kinêpung | rama andika pun Maktal ||

19. ngungun Radèn Maryunani | pagene si paman Maktal | kinêpung anèng ing kene | Umarmaya aturira | têngga ibu andika | katur mulabukanipun | Maryunani langkung suka ||

20. wus sami manjing kitha glis | panggih lan kang madêg nata | sadaya langkung sukane | rêmbug miyos ing ayuda | sigra nêmbang têngara | kêndhang gong umyang gumuruh | tata gêgaman umêdal ||

21. lunggyèng patarana rukmi | Wong Agung ing Parangteja | lan Maryunani jajare | samya angabên punggawa | Umarmaya dinuta | mring Maryunani agupuh | nimbali mring Umarmadya ||

22. umêsat Umarmayèki | sakêdhap wus praptèng wana | ing prênah kang paburone | kapanggih Ki Umarmadya | nêmbung Ki Umarmaya | hèh Umarmadi sirèku | tinimbalan rajaputra ||

23. Maryunani anèng Bangid | lah ing mêngko ta agampang | sun matur Jayèng Palugon | Marmadi marang ngayunan | matur yèn Umarmaya | ngundang kawula pukulun | kang akèn putra panduka ||

24. kangjêng anggèr Maryunani | wontên ing Bangid nagara | pun Umarmaya wartine | ngandika Sang Kakungingrat | undangên Umarmaya [U...]

--- 40 ---

[...marmaya] | Ki Umarmadi agupuh | animbali Umarmaya ||

25. wanti-wanti tan nauri | angasokakên kewala | Marmadi kaku atine | pagene sira tan miyang | ingundang gustinira | Kalana Anjayèng Satru | sumaur Ki Umarmaya ||

26. dudu gustiningsun Amir | gustiku Olad Marjaban | kang asih ing awak ingong | pae gustinira Ambyah | wangsul Ki Umarmadya | matur ing Sang Jayèng Pupuh | tan purun pun Umarmaya ||

27. kawula wuh tan nauri | angasokakên kewala | dupi sumaur ambêngok | anyêngab tur apralêbda | pagene sira ngunda[1] | Ambyah pan dudu gustiku | gustiku Olad Marjaban ||

28. anulya têdhak pribadi | animbali Umarmaya | Umarmaya mênêng bae | pothèt sira marenea | misih kèndêl kewala | wong Menak marani gupuh | Ki Umarmaya lumajar ||

29. Jayèngmurti aningali | yèn Umarmaya lumajar | sigra nitih turanggane | sadandanane ngayuda | kamot anèng turăngga | sikara si pothèt iku | ingsun parani lumajar ||

30. langguk têmên si camuris | Jayèngmurti narik pêdhang | maring ngêndi pangungsine | si pothèt mêngko kacandhak | mati de pêdhang ingwang | anyabêt turăngga mamprung | nyandêr pun Sêkarduwijan ||

31. Radèn Tasikwaja uning | yèn wong Menak nitih kuda | binangêtakên lakune | turangganira tan nyandhak | mêksih kêbat Marmaya | tan kandhêg dènira bujung | praptèng Bangid jawi [ja...]

--- 41 ---

[...wi] kitha ||

32. mandhêg Ki Umarmayèki | ngandika Sang Jayèngrana | lah iki mêngko patine | Umarmaya mêndhak-mêndhak | dawêg sakarsa tuwan | măngsa lumuha puniku | kawula srah jiwa raga ||

33. sakarsa panduka ugi | atingkah badan kawula | pasrah ing tuwan sakèhe | kawula matur kewala | yèn panduka yun aprang | inggih ing ngajêng puniku | kathah mungsuh pabarisan ||

34. tur lagya yun-yunan jurit | Jayèngmurti lon ngandika | ngêndi Marmaya prênahe | nulya sarêng amariksa | mrêpêki pabarisan | wong Menak kagyat amuwus | Umarmaya dene ika ||

35. anak ingsun Maryunani | lan ari mas Parangteja | mulane têka nèng kene | lah mungsuhe iku sapa | matur Ki Umarmaya | inggih pun Jobin puniku | angrêbat Rêtna Muninggar ||

36. wontên jro kitha ing ngriki | tinêngga dhatêng pun Maktal | pan Olad Marjaban mangke | lan arine sampun pêjah | kalih dening pun Maktal | punapa panduka ayun | panggiha Rêtna Muninggar ||

37. mèsêm Menak Jayèngmurti | kalingane iku iya | dèn apusi baya kiye | iya mring Si Umarmaya | ingsun kinèn panggiha | lan yayi Muninggar iku | gêndhinge Si Umarmaya ||

38. dene kaliwat ajulig | sarya sru dènnya ngandika | payo atêrêna ingong | têmu lan yayi Muninggar | warahên yayi Maktal | sabalane konên magut | ing Ratu Kaos nagara ||

--- 42 ---

39. Umarmaya matur malih | putra panduka rahadyan | tuwan bêkta mring kadhaton | sigra wau tinimbalan | kang putra wus binêkta | dene ta sawadyanipun | satriya ing Tambakrêtna ||

40. magut ing Sang Raja Jobin | rame dènira apêrang | gumyah myarsa Raja Kaos | yèn wong Menak nèng jro kitha | lawan Ki Umarmaya | dene ta kang madêg prabu | nèng Bangid Rahadèn Maktal ||

41. lawan Radyan Maryunani | kang samya umagut ing prang | Sang Raja Jobin wus lolos | malêdug asalang-tunjang | samya amungkur menda | wau dènira angêpung | lajêng mring nagri Kuristam ||

42. punika sêdya dèn ungsi | ing Ratu Kaos nagara | Raja Bahman narpatine | kang badhe pinrih suraya | ratu agung prakosa | sêdyane Jobin puniku | kang badhe kinanthi aprang ||

10. Kinanthi

9. Wong Agung dhatêng Mêdayin, ningkah Dèwi Muninggar

1. sigêgên datan winuwus | lampahe Sang Ratu Jobin | kang sêdya maring Kuristam | Raja Bahman kang dèn ungsi | wau ta kang winursita | kang anèng nagri ing Bangid ||

2. satriya Anjayèng Pupuh | lan kang putra Maryunani | Umarmaya Radèn Maktal | Jayèngmurti wus apanggih | lan garwa Rêtna Muninggar | nèng Bangid agung karonsih ||

3. kang ingadêgakên ratu | anèng nagari ing Bangid | santanane Radèn Maktal | kang

--- 43 ---

mêdhang Sang Ratu Bangid | nama Radèn Darundiya | gêgawan saking Ngalabi ||

4. ingèstrènan jênêngipun | ing Kalana Jayèngmurti | nêngguh Raja Darundiya | mangkana Sang Jayèngmurti | sêdya kondur mring Katijah | lan Sang Rêtna Muninggarim ||

5. bala ing Bangid gumuruh | kang samya angiring-iring | wus prapta nagri Katijah | wus ngadhaton Jayèngmurti | Sêkar Kadhaton amapag | marang Dèwi Muninggarim ||

6. mantuk dadya garwa sêpuh | Sang Raja Putri Mêdayin | dene garwa nèm punika | sang raja putri ing Mêsir | madya kulon madya wetan | prasamya sukane kalih ||

7. wau ta ingkang winuwus | patih ing Dêmis Dêbruni | seba marang ing Katijah | ambêkta kang pra dipati | sarwi panênungkulira | ambêkta bala sakêthi ||

8. Radèn Maktal kang jinujug | wus ingaturakên nuli | ingadêgakên narendra | bêbisik Raja Dêbruni | pinaringkên putranira | sira Radèn Maryunani ||

9. mangkana Sang Jayèng Pupuh | siniwèng para narpati | ngandika mring Umarmaya | ingsun arsa mring Mêdayin | anêdha yayi Muninggar | mring Bathara Nyakrawati ||

10. lilane ingkang satuhu | ingsun amindhoni kawin | dèn samêkta lilanira | ingkang rama ibu sori | biyèn sun tawan kewala | pan iya kurang utami ||

11. Ki Umarmaya umatur | inggih ing karsa suwawi | kawula inggih angiras | dhatêng pun patih panyakit | maratuwa kênèng lara | gumêr sagung pra narpati ||

12. samya ngundhangi [ngundhang...]

--- 44 ---

[...i] wadya gung | nêtêg têngara munya tri | budhal saking ing Katijah | gêgaman lir gunung gêni | lampahe baris ginêlak | datan kawarna ing margi ||

13. prapta ampeyaning dhusun | talatahing têpis iring | Sri Nusirwan amiyarsa | praptane Sang Jayèngmurti | ngundhangi bala siyaga | glis budhal saking nagari ||

14. praptèng jawi kitha sampun | kapêthuk sagunging baris | Jayèngmurti wus tumêdhak | miwah Prabu Nyakrawati | tumêdhak saking dipăngga | cumundhuk Sang Jayèngmurti ||

15. ingaras lungayanipun | wus kinèn nitih turanggi | budhal manjing jroning kitha | pra garwa kariya têbih | sapraptane dalêm kitha | lajêng dhatêng păncaniti ||

16. sapraptane garwanipun | lajêng maring dalêm puri | prasamya onêng-onêngan | kalawan ibunirèki | sagung ingkang para nata | sawadya makuwon sami ||

17. Jayèngmurti kinèn mundur | maring pakuwone lami | lan garwane kang binêkta | sang raja putri ing Mêsir | prapta pasanggrahanira | sabên-sabên nèng Mêdayin ||

18. warnanên ing enjingipun | miyos Prabu Nyakrawati | andhèr sagung para nata | Jayèngrana wus anangkil | lan sawadya para nata | nèng wijoan palowani ||

19. Ki Tasikwaja ingutus | matur Prabu Nyakrawati | sampun tumamèng ngayunan | pan angangge sarwa kuning | kawula ngutus patikbra | prakawis sang raja putri ||

20. lilah panduka satuhu | kalape Sang Jayèngmurti | anuwun kinarirêngga | yèn [yè...]

--- 45 ---

[...n] tuwan lilah sayêkti | Sri Nusirwan angandika | iya aja mamang malih ||

21. wus kalapa putraningsun | ing Kalana Jayèngmurti | lair batin ingsun lila | aywa pindho karya malih | angundhangi para nata | Sri Bathara Nyakrawati ||

22. saos uparêngganipun | dandanan anambut kardi | amêmajang panangkilan | tuwin sakathahing kori | kèh warnane têtingalan | tan ana towong sawiji ||

23. myang amêng-amêngan pênuh | unèn-unèn amarnani | sakathahe para nata | Mêdayin anambut kardi | tuwin satriya punggawa | wusnya mangkana winarni ||

24. antara ing tigang dalu | dhatênge karya sayêkti | amboga nèng panangkilan | Sri Bathara Nyakrawati | supênuh kang para nata | tuwin wadya Pusêr Bumi ||

25. Kalana Anjayèng Satru | wus munggèng ing păncaniti | lan sawadya para nata | satriya para narpati | juru malim ulubalang | kabèh munggèng păncaniti ||

26. lajêng bujana anayub | wus midêr kang ponang larih | dhêdhasare warna-warna | sagunge rupa mêpêki | salaminira bujana | sang nata tan kadya mangkin ||

27. dhatêngakên sukanipun | miwah bala Pusêr Bumi | punggawa para satriya | dipatya para narpati | sadaya jinait driya | miyat sukanira kalih ||

28. kang wadya milya suka tut | wong Arab lan wong Mêdayin | Umarmaya gung tênaga | nèng ngarsane pra narpati | mulih kadya kuna-kuna | sihira Natèng Mêdayin ||

--- 46 ---

29. Ki Patih Bêstak pan sampun | lilahing anakirèki | mring Wong Agung Tasikwaja | tan wangwang kalapa ugi | pan samya kinarirêngga | wutah tyase para aji ||

30. sawusnya sadaya wuru | satriya para narpati | aglar kang amêng-amêngan | unèn-unèn amarnani | tan ilang tinanyakêna | isine ngalam donyèki ||

31. pyaboga suka anutug | mangkana Sang Jayèngmurti | têtanya mring Patih Bêstak | hèh Bêstak ana ing ngêndi | iya mêngko mungsuh ingwang | kang anama Raja Jobin ||

32. kongang apa ta wis mantuk | maring ing Kaos nagari | umatur Ki Patih Bêstak | inggih ing mangke angungsi | pun Jobin aminta sraya | dhatêng Kuristam nagari ||

33. Raja Bahman wastanipun | punika kang dipun ungsi | ratu agung aprakosa | kêkutha nginggiling ardi | kubênge samadya căndra | wukir Kuristam karadin ||

34. toya mili luhur gunung | milane dipun kithani | margine nginggil angarbat | pakèwêd amung satunggil | punika margi sumêngka | ngandika Sang Jayèngmurti ||

35. pan ingsun rong puluh taun | jangkêpe ing taun iki | gon ingsun ginawe susah | iya marang Ratu Jobin | ing mêngko sayêkti eman | luputa ing asta mami ||

36. hèh ta kakang sela ulun | yayi Maktal lan Marmadi | lan sakèhe para nata | kabèh sanak-sanak mami | dèn padha samêktèng bala | pan katungkul ingsun iki ||

37. ăndrawina boja nginum [ngi...]

--- 47 ---

[...num] | mungsuh ingsun maksih nganti | parandene sri narendra | wus suka ing awak mami | prakara yayi Muninggar | tan ana winacak galih ||

38. sun arsa andon anglurug | anjujul ing Ratu Jobin | Ki Patih Bêstak aturnya | aluwung panduka gusti | dhatênga Kaos nagara | kadhatone Raja Jobin ||

39. kathah rajabrana wutuh | kitha agêng tur asêpi | pan sami kalawan pêjah | kêndhiha kuthanirèki | jarahanipun akathah | manusa tur adi-adi ||

40. mèsêm Menak Jayèng Pupuh | bênêr ujarira patih | nanging sawadine iya | sok kênaa Raja Jobin | aywa luput tangan ingwang | jarahan kapanggih wuri ||

11. Pangkur

10. Wong Agung bidhal badhe nyêpêng Prabu Jobin

1. sawusnya nutug pyaboga | winêdalkên aglis sang raja putri | saking ing dalêm kadhatun | munggèng jêmpana rêtna | tumplak kabèh wong jro pura para arum | angiring sang rêtnaning dyah | myang garwane para aji ||

2. bubar sagung para nata | kang drawina lajêng samya umiring | marang sira Jayèng Pupuh | lan sagung rabinira | sêsêk pênuh Mêdayin samăngsa iku | mulih duk Sang Jayèngrana | anèng Mêdayin rumiyin ||

3. kathah lamun cinatura | kèhning wadya busana warni-warni | cinêndhak bae [ba...]

--- 48 ---

[...e] kang tutur | kathah yèn pinanjanga | duk samana sajangkêpe patang puluh | dina kang para narendra | balane prasamya prapti ||

4. saking nagri sowang-sowang | samya wuwuh malih wadyanirèki | mangkana Sang Jayèng Satru | kang rama ingaturan | Natèng Mêsir kondura mring nagrinipun | amung putra lan kang wayah | tinilaran wong sakêthi ||

5. pan kadya pinara tiga | pandumira Sang Prabu Hasanasir | marang Dèwi Jarahbanun | sinung wong têlung lêksa | maksih têtêp agilir wong Pulo Sulub | balane Dèwi Sajarah | saparanira tut wuri ||

6. Sang Natèng Mêsir wus budhal | kawarnaa Kalana Jayèngmurti | ingkang arsa don anglurug | bêkta sagarwanira | myang pra ratu wadya Rab tan ana kantun | bêkta sagung bojonira | samêkta sagunging baris ||

7. wus pamit marang kang rama | saha garwa Kalana Jayèngmurti | nêmbah ing pada sumujud | angaras dalamakan | budhal saking Mêdayin kang baris agung | kadya giri gara-gara | prakêmpa kang jalanidhi ||

8. mêdal saking jawi kitha | pan anggili tandhu jêmpana joli | saengga kutha lêlaku | ngilèn lampahing bala | wong Kohkarib ratu kêmbar patang puluh | ambarêpi ingkang lampah | sumambung Natèng Sêrandil ||

9. wadya ing Rum lan ing Yunan | wadyèng Kebar ingkang samya nambungi | ing Bangid Dêmis sumambung | Karsinah lan Katijah | Mudalipah ing Jabilkistan sumambung | wong Ngalabi anèng wuntat | wong Yahman lan [la...]

--- 49 ---

[...n] Betalpêkih ||

10. sagung ingkang para nata | saha garwa jêmpana munggèng wuri | gêgaman munggèng ing ngayun | prasamya pangkat-pangkat | pan Wong Agung Parangteja wadyanipun | têpung lan gêgamanira | Radèn Putra Maryunani ||

11. lumakyèng ing ngarsanira | marang sira sang raja putri kalih | nèng wurine Jayèng Pupuh | wau Rêtna Muninggar | jêmpana mas lan parêkan patang èwu | andulur tandhu nèng wuntat | têpung Sang Dyah Putri Mêsir ||

12. munggèng jêmpana rinêngga | pawongane sèwu ingkang angiring | tinon kadyardi mas santun | srining kang upacara | datan kêna cinatur gênge kang laku | wus alêpas ngambah wana | wus samadya căndra margi ||

13. kêkuwu Wong Agung Menak | madyèng wana milwa bumi mahribi | ambanjêng anglajur-lajur | sagunging para raja | Jayèngmurti wus akarya tarub agung | agung gènira kasukan | ing siyang anutug latri ||

14. wana punika têngahan | têtêrusan dhatêng ing wana Turki | mring Kuristam gih puniku | mring Kaos tunggil wana | langkung asri wana kathah lèpènipun | mila sagung para nata | lan sagarwanira sami ||

15. manggung kasukan bêbêdhag | abêbêthèk ngrakad ulam ing kali | samya kalangênan nutug | kang para raja-raja | sakucumbi mangkana wau winuwus | Radèn Maryunani lawan | Umarmaya Umarmadi ||

16. kapisah dènnya bêbêdhag | samya milya mring Radèn Maryunani | anon ing manjangan agung | gêng inggil saturăngga | warna [war...]

--- 50 ---

[...na] jamus punika ingkang binujung | mila tilar balanira | Marmaya lawan Marmadi ||

17. anututi rajaputra | saparane yèn têbih anututi | mandhêg ingkang sangsam wulung | yèn parêk alumajar | mèh tiniban ing duduk sumêngkèng gunung | malang migung malang-malang | duka Radèn Maryunani ||

18. tumut sumêngkèng aldaka | prapta nginggil manjangan tan kaèksi | ya ta aningali ngidul | anon baris anjirap | ing lêlêbak alêgok panggonanipun | nulya ngawe Umarmaya | kalawan Ki Umarmadi ||

19. hèh tingalana rahadyan | ana baris kêkuwu kidul iki | payo ta padha tumurun | wong ngêndi ika baya | praptèng ngandhap kapêthuk wong ngambil rumput | ingandhêg pan tinakenan | iki bala têka ngêndi ||

20. lawan punggawane sapa | saurnya ris satriya Kaos nênggih | aran pun Hartun Tartantun | kêmbar iku satriya | kaponakan Sang Ratu Jobin puniku | kinèngkèn dhatêng kang paman | amondhongi bini aji ||

21. pan saputra garwanira | miwah ibu kabèh tan ana kari | kinèn ambêkta puniku | dhatêng nagri Kuristam | lah mulane têka ginawa mring ngriku | wong ngarit alon saurnya | wontên kang dèn kawêdèni ||

22. anênggih Sang Kakungingrat | arsa ngêndhih dhatêng Kaos nagari | Rahadèn Hartun Tartantun | bêbala nigang lêksa | lan bupati wolu ingkang atut pungkur | samya abala nyalêksa | matur Ki

--- 51 ---

Umarmayèki ||

23. lah anggèr dawêg tinrajang | kadya kêlar wong têtiga puniki | ngrusak bala gung puniku | sigra manjing pondhokan | praptèng ing jro Maryunani nguwuh-uwuh | iki rupane putrambyah | patutan têka ing Mêsir ||

24. Umarmadi narik pêdhang | sarêng ngamuk lawan Umarmayèki | gègère kadya pinusus | kuwur ulêng-ulêngan | tan na kaur anambut gêgamanipun | Umarmadi Umarmaya | kadi daka tawan kanin ||

25. sakala kathah kang pêjah | duk katingal marang rahadèn kalih | sira Hartun lan Tartantun | yèn wong têlu balaka | sigra ngadêg ing medan Hartun Tartantun | hèh ta payo anak Ambyah | ing kene padha ajurit ||

26. Radèn Maryunani mara | sarya nyangking parise marêpêki | sigra Rahadèn Tartantun | angundha gadanira | hèh ko Ambyah anake iki ko lampus | sigra pinupuh ing gada | tinangkis parise wêsi ||

27. Radèn Tartun sarwi sênggak | mubal gêni parise Maryunani | kapiyarsa ing wadya gung | duk arsa amindhoa | binarêngan cinandhak paglanganipun | sinêndhal ingikal-ikal | sigra binanting ing siti ||

28. Radèn Tartantun kantaka | ingkang raka Hartun sigra pêpulih | duk ngayatakên gada gung | cinandhak astanira | dyan binanting wus katalèn kalihipun | Umarmadi Umarmaya | wus kèndêl dènnya ngamuki ||

29. Hartun Tartantun kalihnya | wus tinari kêdah nungkul minta rip | inguculan kalihipun | sinadatakên [sinada...]

--- 52 ---

[...takên] samya | balanira ingundhangan samya nungkul | sinadatakên sadaya | samya atur rarasati ||

12. Mijil

11. Radèn Maryunani dhaup kalihan Dèwi Aluljahar, putrinipun Prabu Jobin

1. ingaturan Radèn Maryunani | lumêbèng pakuwon | samya ngumpul kang para mantrine | sawarnine wus salin agami | Radèn Maryunani | anon putri ayu ||

2. atmajanira Sang Ratu Jobin | tuhu yu kinaot | Dèwi Aluljahar kêkasihe | pambajêngira dèrèng akrami | duk mêpêk birai | yunira anulus ||

3. kang ibu putra ing Mukabumi | Ni Dèwi Sajaron | Ratu Jobin puniku padmine | Rêtna Luljahar cinandhak aglis | mring Sang Maryunani | sinandhing alungguh ||

4. Umarmadi sigra amarani | mring Dèwi Sajaron | duk cinandhak anggiwar sinèrèd | apan sampun sinandhing alinggih | Ki Umarmayèki | kari gawe ngungun ||

5. sigra ngulati manjing wisma glis | Marmaya kapêrgok | ing wong tuwa puniku ibune | Ratu Jobin tuwa nini-nini | wus cinandhak nuli | rinarèwèng mêtu ||

6. praptèng jawi wisma dèn tingali | untune wus ompong | Umarmaya kêgêdhèn nêpsune | murang-muring olèh nini-nini | arêp dèn têndhangi | dene wong wus kisut ||

7. angandika Radèn [Ra...]

--- 53 ---

[...dèn] Maryunani | iku wong wis kêmpong | dimèn nunggal iya mring putune | Umarmaya tanbuh ujarnèki | andulu Marmadi | panasing tyasipun ||

8. dene antuk garwanira Jobin | maksih ayu tinon | Putri Mukabumi durung kasèp | Umarmaya langkung murang-muring | sira Umarmadi | gumuyu angguguk ||

9. pantantara ingaturkên nuli | mring sang prawira nom | wus anunggil kalawan ibune | ingundhangan sawadyanirèki | rajaputra kalih | Hartun lan Tartantun ||

10. kinèn siyaga ingajak nangkil | lan Jayèng Palugon | wus samêkta nulya budhal age | Hartun Tartantun sawadyanèki | tan pisah umiring | nahên kang winuwus ||

11. sira Wong Agung Wiradimurti | kang anèng pakuwon | ingaturan kalamun putrane | pan kalaut sadina sawêngi | lawan Umarmadi | tri Marmaya iku ||

12. kinèn samya anusul para ji | marang pabêburon | langkung marma kang rama ing tyase | ecanira Marmaya tut wuri | mangkana kawarni | wau ingkang rawuh ||

13. saha bala Radèn Maryunani | gègèr ing pakuwon | dene ana baris prapta akèh | ingkang para ratu samya sêpi | katur Jayèngmurti | gêgaman kèh rawuh ||

14. wus siyaga mêdal Jayèngmurti | saking ing pakuwon | nitih kuda kawot gêgamane | dangu-dangu gêgaman kang prapti | Radèn Maryunani | ingayap wadya gung ||

15. Umarmaya wus kinèn [kinè...]

--- 54 ---

[...n] ngriyini | mring Jayèng Palugon | Jayèngmurti alon andikane | sarwi têdhak saking ing turanggi | padha têka ngêndi | kang olèh wadya gung ||

16. Umarmaya mèsêm matur aris | saking nagri Kaos | sampun bêdhah kaboyong putrine | dene putra Tuwan Maryunani | langkung rame jurit | nênggih wong têtêlu ||

17. putra tuwan tuk putrine Jobin | warna yu kinaot | Umarmadi pan antuk garwane | kawulantuk biyangane Jobin | katur solahnèki | mulabukanipun ||

18. langkung suka miyarsa kang warti | Sang Jayèng Palugon | wruh yèn Jobin prapta cintrakane | ibu garwa ginawa angungsi | lawan putranèki | dumadak kapranggul ||

19. marang mungsuhe anèng wanadri | satêmah kaboyong | ya ing mangke iku upamane | Ratu Jobin ala sêdyanèki | ing mêngko malêsi | amanggih papa gung ||

20. sigra marêk Radèn Maryunani | ing rama wotsinom | ingkang rama nêdhakkên tyarsane | katur satriyèng Kaos kêkalih | kang nungkul ing jurit | Hartun lan Tartantun ||

21. angandika mring Umarmayèki | Sang Jayèng Palugon | Umarmaya gawanên marene | bune Jobin sun arsa pêpanggih | tan adangu prapti | ngarsa Jayèng Pupuh ||

22. kinèn lungguh ingkang ibu Jobin | nora nana kang wong | para ratu kang luwih alane | anakmu kang aran Raja Jobin | ala nglêliwati | marang

--- 55 ---

jênêng ingsun ||

23. iya pêksa angalang-alangi | mring pacangan ingong | wus mangkana nuli aprang gêdhe | ngara-ara Bakdiyatar nguni | acidra ing jurit | dudu kramèng ratu ||

24. anênungkul mêdhang saking wuri | kêna sirah ingong | nuli ngêpung Mêkah salawase | ingsun lunga pinèt sraya ing jin | tinggal bala mami | lawan bala agung ||

25. agung kinêpung arêp ingambil | iya garwaningong | balaningsun rêp tinumpês kabèh | mêngko sakèh nagara dèn ungsi | tan kapalang ati | dènnya mungsuh mring sun ||

26. mêngko arêp marani nak rabi | kapapag nak ingong | pan jinarah sira ta ing mangke | Dèwi Pantantara awotsari | lêrês panduka Mir | èstu awonipun ||

27. yèn pênêda tingkahe pun Jobin | măngsa awak ingong | kajaraha lan anak rabine | inggih sampuna awon pun Jobin | kadya tan nêmahi | garwa putra iku ||

28. nanging kawula matur sayêkti | rumiyin nak ingong | botên obah nèng kuthane dhewe | dèn rêrija ingkang mêmarahi | punika ing nguni | têtiyang Mêdayun ||

29. pun Kistaham lan Bêstak Pêpatih | dadine mangkono | dening badan punika ing mangke | inggih langkung karsa panduka Mir | sakarsa puniki | pêjah gêsang katur ||

30. apan sampun têmahipun ugi | lamun kutha Kaos | luwih karsane angawonake | angandika Menak Jayèngmurti | putunira èstri | dèn karêpi iku [i...]

--- 56 ---

[...ku] ||

31. marang anak ingsun Maryunani | umatur wotsinom | sampun mênggah kinarya garwane | dadosêna juru masak nênggih | angandika malih | Menak Jayèng Satru ||

32. lan mantumu garwane Si Jobin | Ni Dèwi Sajaron | iku arsa dèn anggo garwane | Umarmadi Narendra Kohkarib | tan suwalèng kapti | langkung karsanipun ||

33. angundhangi kang para narpati | kabèh samya kinon | ngambil jawi mênjangan lan banthèng | ing pakuwon sarwi nambut kardi | antawis tri ari | rumat saliripun ||

34. Umarmaya sanggup angulati | makdum ingkang adoh | Jayèngmurti anuruti bae | aturipun pan kurang utami | lamun tiyang kawin | besan sami batur ||

35. mêdal saking pakuwonira glis | sarwi bêkta kang wong | pitung puluh ingalih warnane | sami rupa lêbe kaki-kaki | Umarmaya juti | arupa makêdum ||

36. kaki-kaki ajêjenggot putih | ginarêbêg ing wong | pitung puluh sami rupa lêbe | matur wau kang atêngga kori | wontên lêbe prapti | kèhe pitung puluh ||

37. Jayèngrana pan sampun siniwi | dening para katong | tinimbalan sadaya kang lêbe | praptèng ngarsa uluk salam nuli | sigra anauri | salam ngalaekum ||

38. tinakenan sira lêbe ngêndi | aturipun adoh | Umarmaya ingalih swarane | sami umur lan têlulas warsi | cumêngkling abêning | gawok kang andulu [andu...]

--- 57 ---

[...lu] ||

39. liyêp-liyêp ulate sadarip | untune wus gogrog | tan anyana para ratu kabèh | lamun iku Ki Umarmayèki | miwah Jayèngmurti | angartikèng kalbu ||

40. baya iki karamate wali | wruh panggaweningong | nulya wau kinèn ngawinake | Maryunani wus paragad nuli | prabu ing Kohkarib | kinawinkên sampun ||

41. sinung lawat panjing mas rong kati | reyal sangang gotong | mungkur lorod sira kyai lêbe | dudu sêmono tuwase iki | adoh laku mami | kangelan kalangkung ||

42. Prabu Srandil asru dènira ngling | sarwi nyandhak kanthong | murka têmên sira iki lêbe | yèn ora rêp sun ambil pribadi | nulya dèn gujêngi | lêbe kanthongipun ||

43. sarikutan ambêkis sarya mit | êmase dèn bopong | reyal salêksa tinilarake | sigra kesah praptèng jaban biting | malih rupa malih | lan sabaturipun ||

44. sigra wangsul mring pakuwon malih | sinapa tanya lon | Umarmaya sira iku kasèp | mau wis ana pandhita prapti | uwis karya mami | Umarmaya matur ||

45. sokur wontên pandhita kang prapti | pandhita waspaos | yèn atamban dèn antosa suwe | yêkti bêtah karya panduka Mir | kawula pan inggih | ing wau kapêthuk ||

46. wontên arta salêksa kang kari | sinungkên maring ngong | Raja Lamdahur asru wuwuse | pandhita mau [ma...]

--- 58 ---

[...u] ingsun titèni | pan mèmpêr sirèki | ragan-raganipun ||

47. samya gumêr sagunging para ji | dyan munya kêndhang gong | abujana pyaboga arame | warna-warna dhêdhasarirèki | sênggaknya ngadhasih | kêplok tri gumuruh ||

48. wanti-wanti midêr ponang larih | sagung para katong | pan anutug dènira karamèn | kawarnaa Radèn Maryunani | kang agung pulangsih | lan srinataning rum ||

13. Sinom

12. Wong Agung ngêbroki nagari Kaos

1. agung maring kalangênan | sira Radèn Maryunani | munggèng ing patani laras | samya nêdhênge kêkalih | èstri susilèng rêsmi | kakung wignya ing pamukul | wirutamèng asmara | lir brêmara nguswèng sari | sari kincup rinabasèng amrih mêkar ||

2. apanjang yèn ucapêna | solahe jalu lan èstri | nanging cinêndhak kewala | ing siyang anutug latri | dènnya nungku ing rêsmi | karêping tyas kalihipun | Rêtna Dèwi Luljahar | lan Rahadèn Maryunani | ingkang rama sukèng tyas marwata suta ||

3. wau kang among ing putra | kang ibu Sang Putri Mêsir | kamantyan tyasira mulat | dènnya kayuyun ing kalih | ya ta marwata siwi | umiyat citrane mantu | wau kang kawuwusa | ingkang tansah lara brangti | Rêtna Dèwi

--- 59 ---

Sajaron ingkang kagarwa ||

4. Prabu Kohkarib punika | putri saking Mukabumi | ibune Rêtna Luljahar | garwane Sang Raja Jobin | dadya garwane nênggih | kang sêpuh Dèwi Kasridu | putrinira Kistaham | mila Sajaron prihatin | dènnya agung winasesèng pakasutan ||

5. Sajaron pan èsmu gila | mulat ing Prabu Kohkarib | dene padharan balêndhang | dêdêge nora mantêsi | alêmu gêgêdhêgi | wêntise sajaran abuh | kopèk alah wanodya | irênge kadya minangsi | netra laron ulate jêmbrung akithal ||

6. adhoso yèn darbe karsa | asring anjotos pawèstri | yèn sampuna dadi raja | angur buwangên jaladri | mila Sang Rêtna Dèwi | Sajaron amêngku wuyung | dènnya gung rinênggodha | mangkana sang rêtna dèwi | tanpa dhahar yèn dalu tan mawi nendra ||

7. tansah amaca udrasa | Dèwi Sajaron nèng puri | munggèng kuwu Măndhasiya | kang raka Prabu Marmadi | angintip anèng jawi | miyarsa sêsambatipun | dhuh lae kaniaya | kakang prabu sun arani | pa kêkira nora wêlas maring garwa ||

8. ujar sêmuwèng sikara | sêdyane arêrêbungi | mêngko rabine kajarah | nora bisa anglayari | êndi bobote aji | liwat nisthanira prabu | misih ana agêsang | garwane dipun jarahi | ngong jinarah rinêngkuh dene dênawa ||

9. lamun aja kaboyonga | baya sun palaur mati |

--- 60 ---

sasat laki wabru lola | alaki Ratu Kohkarib | dhuh kakang Prabu Jobin | tingalana dasihipun | panduka kang pitênah | dasih darma anglampahi | Umarmadya miyarsa glis miyak gubah ||

10. lumêbu agidrah-gidrah | Rêtna Sajaron ningali | angrungkêp asru karuna | cinandhak gulunirèki | apa kudu prihatin | timbangana karêp ingsun | sang dyah agirap-girap | garonjalan sambat mati | nging tan bisa ambadal karêping priya ||

11. cinêndhak ingkang carita | wau Putri Mukabumi | kunêng kang lagya mangkana | Wong Agung Wiradimurti | putrane dèn timbali | Maryunani praptèng ngayun | lan wau tinimbalan | ibune Sang Ratu Jobin | lawan ibu samana wus munggèng ngarsa ||

12. lan pêpitu para nata | ingkang kaboyong rumiyin | duk aprang ing Bakdiyatar | pêpatihe Ratu Jobin | nagrine Kartasangin | sakadangipun pêpitu | wastane kang atuwa | Anjanbilis Andanbilis | pitu pisan wus anèng ngarsane Ambyah ||

13. apan pinaringkên samya | marang Radyan Maryunani | sagung punggawa têlukan | balane Sang Ratu Jobin | ngandika Jayèngmurti | arsa maring Kaos ingsun | ibune Jobin nêmbah | kawula matur sayêkti | kadya datan panduka kenging manjinga ||

14. kang têngga kori ing kitha | punggawa kinèn miranti | kuthane kandêl akêkah | punika lamun suwawi | kawula kang rumiyin |

--- 61 ---

lan putra tuwan pukulun | panduka bêktanana | sadasa inggih prajurit | kang angirid kawula mlêbêt ing kitha ||

15. gih tuwan untap-untapan | yèn kawula sampun manjing | nuntên panduka praptaa | yèn kori dipun inêbi | pasthi pun Maryunani | klawan prajurit sapuluh | pêsthi ika tinaha | măngsa puruna nginêbi | nuntên tuwan lumêbêta saha bala ||

16. nulya wau kang pinatah | punggawa kinèn rumiyin | Lamdahur ingkang pangarsa | Ardiman lan Ardikapi | Raja Jèbul lan malih | Sang Raja Tanus Tamtanus | Iskal lawan Iskalan | lawan Raja Yusupadi | pan sadaya sawêlas lan rajaputra ||

17. sigra mangkat lêlancaran | mung bêkta batur nyatunggil | lan ibune Jobin ika | tinandhu munggèng ing ngarsi | Kalana Jayèngmurti | budhal lawan para ratu | nanging untap-untapan | lawan Radèn Maryunani | tan winarna ing marga Kaos gya prapta ||

18. Nyai Dèwi Pantantara | lajêng marêpêki kori | agya dènnya minta lawang | wong Kaos samya ningali | yèn ibune sang aji | nulya winênganan gupuh | sawusnya kori mênga | prajurit sadaya manjing | samya kewran ningali wong dede warna ||

19. kori arsa tinutupa | Alamdahur manthêlêngi | nulya bala gung kang prapta | miyat mênga ingkang kori | sadaya sami manjing | wong Kaos ajrih angungun | tinakenan kang prapta | balane Sang Jayèngmurti | dadya ajrih wong Kaos nungkul sadaya ||

--- 62 ---

20. wus manjing sabalanira | Kalana Jayadimurti | pan cinatur wolung dina | dèrèng tlas bala kang manjing | lajêng ngadhaton sami | lan saputragarwanipun | sadaya para nata | ngêbroki wismèng bupati | sasukane samya milih sowang-sowang ||

21. enjangira kawarnaa | Wong Agung Wiradimurti | siniwèng ing panangkilan | maring sagunging narpati | sagung para dipati | ing Kaos kang para ratu | punggawa tinimbalan | kinèn asalin agami | samya kinèn utusan marang jajahan ||

22. sagung bupati amănca | sira Raja Anjanbilis | lan Andanbilis punika | ingkang pinasrahan kardi | kacatur pra dipati | ing Kaos pan pitung èwu | ingkang măncanagara | pitung lêksa para mantri | para ratu akathah yèn cinatura ||

23. dhusun ana pagunungan | sadaya wus dèn undhangi | samya asalin agama | kondur Menak Jayèngmurti | ibune Ratu Jobin | Dèwi Pantantara matur | ngaturkên sining pura | gêdhong sèwu ingkang maksih | gêdhong siji panjange anyatus cêngkal ||

24. Radèn Maktal tinimbalan | lawan Radèn Maryunani | lawan sira Umarmaya | Lamdahur lan Umarmadi | sadaya praptèng puri | kinèn bêdhah gêdhong sampun | aglis pan ingusungan | brana munggèng păncaniti | pira-pira bêrana awêwukiran ||

25. binagi pinara tiga | ingkang sadumaning sami | pinaringkên para nata | lawan sawadyane sami | panakawan pêkathik [pêka...]

--- 63 ---

[...thik] | gamêl sarati tan kantun | myang wong sikêp gêgaman | pandumane dèn kaduki | kabèh suka tan ana ingkang purika ||

26. dene wau kang saduman | marang pra dipati bumi | satriya lan ulubalang | satriya lan pra dipati | wêrata lan wong cilik | wong Kaos samya anggunggung | duk alam Jobin Raja | mangkenea brana iki | kaya nora kitha iki kêna bêdhah ||

27. duk alame gustiningwang | ing kuna Sang Raja Jobin | nora ana donya mêdal | sabên warsa manjing puri | liwat dene nglarani | abot gawene tur angkuh | iki wong angumbara | gawe kapenak wong cilik | nora larang Si Jobin kasurang-surang ||

28. imul têmên ratu ika | kumêd nora idhêp ngisin | anggung prang wolulas warsa | têka ora olèh udhil | duk anèng Arab dhingin | diwungkus kongsi dèn cukur | prandene nora wirang | mêstakane dèn calaring | bun-bunane tinulis asu pasihan ||

29. kang aran Ki Umarmaya | kang milu marene iki | kang anyukur Jobin ika | tinêbus reyal sakêthi | tuju tan dèn patèni | marang Ki Umarmayèku | panjang yèn cinatura | kang nyatur gustine Jobin | ya ta wau donya kari sapratigan ||

30. pinara kalih punika | kang sapalih wangsul puri | sapalih marang wong desa | pinggir wana pinggir ardi | lawan wong pinggir kali | pinggir arga pinggir ujung | pinggir muara samya | kabèh prasamya waradin [wa...]

--- 64 ---

[...radin] | samya suka tyasira wong sanagara ||

31. agêbagan arantaban | wong desa kèh ingkang prapti | anêningali wong Arab | apadene wong nagari | tan ana tuwuknèki | sadina-dina supênuh | lêlurung kapêpêtan | miwah ingkang păncaniti | pra dipati mantri Kaos ulubalang ||

32. supe suta garwanira | yèn tan sewaka saari | samya sumêlang ing driya | dadya tugur păncaniti | sagung mantri bupati | pan mangkana ciptanipun | upamane muliha | mring Kaos Mahraja Jobin | nadyan gawa para ratu minta sraya ||

33. măngsa mungsuha wong Arab | pasthi mungsuh wonge lami | jêr ratu kungkulan dana | pasthi asor ing ajurit | satriya Rab wus sêkti | prandene danane agung | lumintu bojanira | kramane anyêkar galih | nora larang dana prang unggul kewala ||

34. wau kang wastra busana | wanodya binêkta mijil | dinum pan kadya ranjapan | pawongane Ratu Jobin | pingitan para cèthi | kang kacandhak wolung èwu | kang kawan èwu mêdal | dinumkên para narpati | kawan èwu mêksih kantun jroning pura ||

35. sapalih ingkang rong nambang | pinaringkên Maryunani | anadene kang sanambang | mring Sang Rêtna Muninggarim | sèwu mring Putri Mêsir | Maryunani ibunipun | tan ana walangdriya | anggung lêlangên jro puri | duk samana wong agung nèng panangkilan ||

36. siniwi ing para nata | punggawa para [pa...]

--- 65 ---

[...ra] narpati | pangalasan ulubalang | pêcatăndha juru malim | Kalana Jayèngmurti | nèng wijoan palowanu | ingkang kaparèng ngarsa | Wong Agung Tasikwaja di | jajar lawan Wong Agung ing Parangteja ||

37. ambanjêng kang para raja | Lamdahur lan Umarmadi | ratu kêmbar kawan dasa | nulya prabu ing Yunani | kêkalih sanak sami | Tamtanus lawan Samtanus | putra Ngrum sambungira | Ratu Kebar Yusupadi | satriyèng Rum Iskal kalawan Iskalan ||

38. ratu panggêdhe kewala | punika ingkang kawilis | ratu panyilik prasamya | nèng wurine gustinèki | para ratu Sêrandil | sadaya ngayap Lamdahur | para ratu ing Kebar | samya ngayap gustinèki | ratu ing Rum angayap Radèn Iskalan ||

39. sadaya apan mangkana | sagunging para narpati | sawadyane sowang-sowang | myang Dipati Selamiring | kathah para narpati | kang mungging ing pungkuripun | lan Umarmadi samya | miwah raja ing Yunani | iya Tanus Samtanus kang munggèng wuntat ||

40. sami bupati amănca | kang angayun wurinèki | marmane tanpa wilangan | balane Sang Jayèngmurti | ratu ngrèh sami aji | pan ratu mahratu-ratu | dede wong Kaos samya | kang ngayap ing Anjanbilis | Andanbilis punika ratu kapala ||

41. myang punggawa pra dipatya | Anjanbilis Andanbilis | punika sinung pracaya | ing Wong Agung Jayèngmurti | dening satriya kalih | Rahadèn Hartun Tartantun | punika

--- 66 ---

ngrèh santana | wadyèng Kaos tanpa wilis | cinarita lagya patang puluh dina ||

42. nuntên siniwi punika | ngandika Sang Jayèngmurti | iya kakang Tasikwaja | miwah yayi mas Ngalabi | sapa ta kang siniwi | wadya gung kang para ratu | lamun ora anaa | kang jumênêng nyakrawati | pasthi sêpi akêmba kang para nata ||

43. ingsun iki pan kuwasa | jumênênga narapati | nanging ingsun durung karsa | sêdyèngsun maksih angabdi | mring Prabu Nyakrawati | pan mangkana antêp ingsun | pan ingsun wit kawula | Panêmbahan Nyakrawati | kang akarya kaluhuran ing mijila ||

14. Mijil

13. Radèn Maryunani kajumênêngakên nata wontên ing nagari Kaos

1. sutèng ulun ya Si Maryunani | sun dêgakên katong | anèng nagari ing Kaos kene | dene para ratu bala mami | ngirasa sumiwi | marang anak ingsun ||

2. jumênênga Prabu Maryunani | hèh kang para katong | ngèstrènana sutèngong jênênge | aprênata para narendra ji | hèh Andanabilis | lawan sakadangmu ||

3. ngèstokêna kabèh pra dipati | punggawa ing Kaos | pangalasan ulubalang kabèh | Maryunani ratunirèng ngriki | myang santana mami | Hartun lan Tartantun ||

4. mêdal kampuh tigasan anggili | saking jro kadhaton | Maryunani wus lininggihake [li...]

--- 67 ---

[...ninggihake] | ing amparan pantaran rinukmi | arja mas pinatik | nawa rêtna murub ||

5. padmasana rumpaka sinungging | kinatirah ambyor | sinasotya samya pêpadone | akirana talajug cinawi | linapis kinitir | alêlèmèk babut ||

6. tuhu mungguh Prabu Maryunani | prabaning kaprabon | kaulapan kang umiyat kabèh | ujyalane purnama dhadhari | wong Kaos wadya sih | lirning para ratu ||

7. sinjang tigasan kabèh binagi | marang para katong | kang salaka marang mantri kabèh | tadhahan mas nênampane sami | bebas mring para ji | linabuhkên agung ||

8. wutah donya jro pura mring dasih | adêgira katong | rajaputra agêng bawahane | pundhutan lumintu saking puri | lêlèmèk sri-asri | lajêng adhêdhawuh ||

9. munggèng wijoan ing palowani | Sang Jayèng Palugon | kapering kang putra panggonane | kang dhasar êmas samya kinardi | midêr ponang larih | bujana anutug ||

10. wus mangkana Prabu Maryunani | kondur angadhaton | para nata amakuwon kabèh | satriyanya Prabu Maryunani | tugur păncaniti | Hartun lan Tartantun ||

11. miwah sira ta Sang Anjanbilis | tan arsa makuwon | pangurakan pagêgubahane | wus alami Prabu Maryunani | nèng Kaos nagari | dènnya madêg ratu ||

12. kang sumiwèng bala Ngarab sami | tuwin bala Kaos | amung Prabu Maryunani [Maryuna...]

--- 68 ---

[...ni] bae | Jayèngmurti tan siniwi malih | sagung kang para ji | kasukan anutug ||

13. agung bujana lan para aji | sira prabu anom | sampun angsal sawarsa lamine | ênggènira madêg narapati | mangkana winarni | Sang Raja Lamdahur ||

14. asêsiwon lan Prabu Marmadi | ing ngarsa sang katong | katingalan ing sang prabu anèm | para ratu samya mèsêm ajrih | Prabu Maryunani | mulat langkung bêndu ||

15. hèh sirèku Narendra Sêrandil | pagene mangkono | mundur kaya wong core solahe | ngilangakên kramanira aji | karo sira iki | kaya dudu ratu ||

16. agêguyon karo sira iki | munggèng ngarsa katong | dene iku padha ratu gêdhe | apêpèdhêp ana ngarsa mami | pantês sira kalih | pinêdhang gulumu ||

17. ya ta kèndêl prabu ing Sêrandil | tumungkul abukoh | Umarmadi lir konjêm sitine | sirêp kabèh sagung ingkang nangkil | samya jrih tan sipi | myat ing duka prabu ||

18. amiyarsa saking dalêm puri | Sang Jayèng Palugon | tan antara wau ing wiyose | munggèng wijoan ing palowani | kering dyan sang aji | dènira alungguh ||

19. ingkang rama angandika aris | babo anak ingong | ingsun titip ratu loro kuwe | apuranên yèn aduwe sisip | ratu iku ugi | liwat dene agung ||

20. karatone ing nagri Sêrandil | nyakrawati kaot | datan ana kang madha jênênge [jê...]

--- 69 ---

[...nênge] | ngawulakkên samining narpati | ngrèh praja dipati | salêksa rong èwu ||

21. iku trêsnane maring ing kami | nglakoni mêngkono | tan kaetung ing kawibawane | nusup ngayam alas dèn lakoni | saking iku ugi | trêsnane maring sun ||

22. apadene ratu ing Kohkarib | pan iya mêngkono | iku liwat agung karatone | ingkang putra Prabu Maryunani | sugal anauri | makatên pukulun ||

23. mila sami kawula dukani | dene sami katong | yèn mênggaha wong urakan bae | apa gawene kudu dukani | de polahe ugi | wong kang tanpa kusul ||

24. punapa ta panduka ngugungi | polah kang mêngkono | pantês kang wong sapuluh sakèthèng | dudu traping kramaning narpati | kang rama lingnya ris | babo anak ingsun ||

25. nadyan silih mangkonoa ugi | padha asêsêmon | saênggone pan iku adune | ya ta kèndêl Prabu Maryunani | anjarêm ing galih | wadana kumukus ||

26. purwaneca kèh sang ratu kalih | Ni Dèwi Sajaron | apan iku ibune garwane | kalap maring Sang Ratu Kohkarib | mila tan sinipi | dukanira prabu ||

27. ingkang rama taksih anuturi | kang putra asongol | yèn makotên punapa asile | raganingsun ginawe narpati | tan bisa natrapi | marang wong kang luput ||

28. wong papèdhêp anèng ngarsa mami | kang pantês kinêthok [kinê...]

--- 70 ---

[...thok] | dènira gung angrusak kramane | angandika Sang Wiradimurti | lah pêdhangên dening | kang amêdhang iku ||

29. dudu lawane Natèng Sêrandil | pasthi lawan ingong | kabramantyan wau sakalihe | lah abêcik yèn mangkono ugi | kalih samya ngambil | dandanan prang pupuh ||

30. samya angrasuk kêre baruti | parise sêsandhok | sarêng nitih turăngga kalihe | Kalisahak kang dipun titihi | Prabu Maryunani | dene ramanipun ||

31. Sêkarduwijan wus dèn titihi | sagung para katong | langkung mamar sadaya ing tyase | am-am samya satriya bupati | ajrih angaturi | ngunduran nèng ngayun ||

15. Durma

14. Dèwi Muninggar ambabar putra kakung, nama Radèn Kobatsareas

1. sarêng samya mring alun-alun pamedan | sampun yun-yunan jurit | prabu anom sigra | angêtap Kalisahak | ingunthêt ingkang turanggi | akalithihan | angling Sang Jayèngmurti ||

2. hèh kudamu wruh sêmu bêcik lan ala | balik ta kang nitihi | iku mêngkonoa | sigra dènira ngêtap | sinabêt asru camêthi | pun Kalisahak | karasa balungnèki ||

3. ingkang rama akudhung parise mlela | Sang Prabu Maryunani | angayati gada | tumêmpuh paris waja | mubal ingkang ponang api | Sêkarduwijan | anglumba sarwi anjrit [a...]

--- 71 ---

[...njrit] ||

4. wanti-wanti panggadane ingkang putra | kang rama malês aglis | anggada-ginada | saksana kapiyarsa | saking salêbêting puri | kang ibu mêdal | miwah kang garwa sami ||

5. nanging ajrih marêpêki kalihira | dadya munggèng sitinggil | pan sarwi karuna | langkung dènira marma | wau kang rame ajurit | asèlèh gada | pêdhang-pinêdhang sami ||

6. pêdhang tikêl duduk-dinuduk prasamya | calimprit-cinalimprit | angrajang-rinajang | rajang prasami rantas | gandhi-ginandhi agênti | sagung gêgaman | tan ana migunani ||

7. malah kongsi têngange dènira yuda | buwang gêgaman sami | mêdhun saking kuda | ganti candhak-cinandhak | sira Prabu Maryunani | sigra angangkat | kang rama datan osik ||

8. wanti-wanti ingangkat mêksa tan kangkat | suku andêdêl bumi | karingêt lir siram | rah mrêntul darijinya | nulya nguculakên aglis | kang rama nyandhak | mring Prabu Maryunani ||

9. dyan ingangkat kajunjung ingikal-ikal | duk lagyarsa binanting | Alamdahur prapta | lawan Marmadi samya | nungkêmi pada anangis | Ki Umarmadya | anangis kontrang-kantring ||

10. ibu garwa samya ngrangkul akaruna | Lamdahur Umarmadi | umatur karuna | sinèlèhakên nulya | kondur maring păncaniti | sarwi ngandika | Kalana Jayèngmurti ||

11. nora kêna dèn tutakên wadyaningwang | iya Si Maryunani | aja na kang seba | sagunging para raja | pinêcat [pinê...]

--- 72 ---

[...cat] karatonnèki | wau kang putra | sagung kang para aji ||

12. nora nana ingkang seba marang sira | Sang Prabu Maryunani | mung wong Kaos samya | kang mêksih asewaka | mulih kaputrane malih | wus mantun raja | Rahadèn Maryunani ||

13. duk samana Dèwi Muninggar awawrat | garwane Maryunani | sarêng dènnya wawrat | praptèng antaranira | babar Rêtna Muninggarim | pan miyos priya | sarêng sami sawêngi ||

14. lawan Dèwi Luljahar amiyos priya | parêng binêkta nuli | marêk mring ngajêngan | langkung dènira suka | Wong Agung Wiradimurti | ningali putra | lawan wayahirèki ||

15. ingkang wayah wau sinungan pêparab | mring kang eyang rumiyin | Sayid Ibnu Ngumar | dene wau kang putra | ngêntosi saking Mêdayin | anuwun aran | ing Prabu Nyakrawati ||

16. animbali Umarmaya praptèng ngarsa | ngandika Jayèngmurti | Umarmaya enggal | sira kang lumakua | tur uninga mring Mêdayin | lamun kang putra | ing mangke asêsiwi ||

17. miyos jalu sira anuwuna aran | ing wayahe puniki | sigra Umarmaya | anampèl wêntisira | umêsat lir pendah thathit | pan kawan wulan | ing Kaos lan Mêdayin ||

18. linampahan kawan dina praptanira | nagari ing Mêdayin | nuju siniwaka | Sri Bathara Nusirwan | kagyat dènira ningali | marang Marmaya | sinapa matur aris ||

19. apa karyanira Umarmaya prapta | Marmaya

--- 73 ---

matur aris | sarwi matur nêmbah | pukulun pan dinuta | tur tupiksa sang narpati | putra panduka | ing mangke pan sêsiwi ||

20. miyos jalu panduka asunga aran | ngandika sri bupati | iya putuningwang | sun aranane iya | si bingèn buyuting swargi | Kobatsareas | warahên Jayèngmurti ||

21. Umarmaya sira malêbua pura | ing yayi pramèswari | sira wêwartaa | sigra Marmaya nêmbah | sapraptanira ing puri | alincak-lincak | malêmbung kirig-kirig ||

22. samya gumêr rinubung Ki Umarmaya | prasamya dèn gablogi | katur aturira | kalamun darbe wayah | langkung suka bini aji | tur miyos lanang | sigra nuli kêkirim ||

23. sapangadêg ingkang marang Jayèngrana | kang sapangadêg malih | mring Rêtna Muninggar | dene kang marang wayah | sutra-sutra mori-mori | kasa-makasa | taluki-mahtaluki ||

24. pan sadaya sampun munggèng jro kêkasang | sagung ingkang pakirim | pamit sigra mêsat | marêk ing Sri Bathara | ngandika sri narapati | sira matura | liwat tarima mami ||

25. nulya mêsat Marmaya pan kadya kilat | ing kawan dina prapti | nagri Kaos enjang | lajêng seba ngayunan | wus katur ing Jayèngmurti | putra panduka | inggih sinung wêwangi ||

26. mring kang eyang winastan Kobatsareas | simbing buyuting swargi | langkung sami suka | sang prabu lan kang garwa | punika ingkang pêparing | dhatêng panduka | lan dhatêng radèn dèwi ||

27. langkung suka tyasira cili

--- 74 ---

prawata | Kalana Jayèngmurti | dene Sri Bathara | lan pramèswari samya | trustha kalihira sami | wus ingaranan | aran saking Mêdayin ||

28. inggih nama Radèn Kobatasareas | mangkana lami-lami | wau rajaputra | dhasar kalis ing lara | kalawun-lawun gêngnèki | lan radèn wayah | umurira pan sami ||

29. Radèn Sayid Ibnu Ngumar duk samana | sangsaya lami-lami | nèng Kaos nagara | sira Wong Agung Menak | tan kondur maring Mêdayin | miwah mring Arab | kasusrèng Mukabumi ||

30. yèn wong Menak ngadhaton Kaos nagara | kèh ratu nungkul aris | ajrih bok ginêcak | marma Kaos punika | lamine tan kadya mangkin | raharjanira | myang jajahan paminggir ||

31. duk samana radèn kalih wus diwasa | ngumur angrolas warsi | Dyan Kobatsareas | sinungkên Umarmaya | ingkang wau angêmongi | rahadèn wayah | kang ngêmong Anjanbilis ||

32. Ratu Kartasangin kang pêpitu kadang | sira Anjanabilis | Andanbilis ika | sami prakosanira | kadang pêpitu prasami | bala nyayuta | kabèh minăngka patih ||

33. mêksih kaya alame Jobin Narendra | sira Anjanabilis | Andanbilis ika | nêngguh kapitu pisan | ingkang minăngka pêpatih | kang pra dipatya | lumrah bala nyakêthi ||

34. marmanira Jobin wadya tan wilangan | magkya pan anglangkungi | kèhning wadyatăntra | ratu ing Kaos [Kao...]

--- 75 ---

[...s] samya | cinatur wolulas warsi | Sang Jayèngrana | nèng Kaos gêng mêmanis ||

16. Dhandhanggula

15. Prabu Nusirwan dipun bujuk dening Raja Jobin

1. ri sampune diwasane kalih | radèn putra lawan radèn wayah | apêkik-pêkik citrane | tuhu ing jagad punjul | tuhu dadya piturun adi | kang cahya kadya săngka | ingkang mulat mangu | Rahadèn Kobatsareas | tan pinanjang lamun caturên ing kawi | saari măngsa tèka ||

2. miwah radèn wayah langkung pêkik | sira Radèn Sayid Ibnu Ngumar | wus ingadêgakên rajèng | dene kang eyang wau | kinèn mêngku Kaos nagari | ingêmban para raja | ngèstrèn jênêngipun | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | langkung agêng ingkang lêladosan mijil | lumintu saking pura ||

3. bebas ingkang tadhahan mas adi | bêbageanira para nata | tadhahan salaka kabèh | bebas mring punggawa gung | kang samya si[2] wastra di-adi | tinumpuk ing pamedan | wastra kadi gunung | ngundhangan wong sajro kitha | wus binagi tigasan madêg narpati | wrata wong sajro kutha ||

4. Andanbilis lawan Anjanbilis | kadang pêpitu pan maksih dadya | pamugarining wadya ngrèh | bupati pitung èwu | de kang rama Sang Maryunani | kinarya isining [isi...]

--- 76 ---

[...ning] kang | joan palowanu | kasub praja bumitara | yèn Wong Agung Wiradimurti sêsiwi | jalu lawan Muninggar ||

5. lawan malih Radèn Maryunani | wus pêputra lan Dèwi Luljahar | Sang Raja Jobin putrane | wus ingadêgkên ratu | mring kang eyang Sang Jayèngmurti | mangko Kaos nagara | mangkana winuwus | Sang Raja Jobin miyarsa | kang angili marang Kuristam nagari | sampun wolulas warsa ||

6. langkung dènnya musakat Sang Jobin | nèng Kuristam nora darbe bala | iku garwa lan putrane | kajarah Jayèng Pupuh | nagarane wus dèn anciki | nèng Kaos pan wong Menak | wis wolulas taun | pêputra malah wêwayah | Ratu Jobin mangkana dènira mikir | iki sun olèh basa ||

7. matur marang Prabu Nyakrawati | bolèh kalaba saatur ingwang | nuli anênulis age | badhe marang Mêdayun | pan mangkana têmbunging tulis | atur sêmbah kawula | pun Jobin pukulun | kawula atur uninga | salamine pun Kalana Jayèngmurti | bêkti kurmat ing tuwan ||

8. dene mangke sampun asêsiwi | lawan putra panduka Muninggar | Kobatsareas wiyose | ing mangke niyatipun | amêjahi ing panduka ji | sawab inggih kang anak | kang badhe jinunjung | jinênêngakên narendra | ratu agung binathara nyakrawati | punika ingkang sêdya ||

9. malah amba miyarsa wus lami | dènnya agung danakrama wadya | wong kabèh pinrih

--- 77 ---

suyude | lalia ing pukulun | malah inggih karsa anggitik | pamiyarsa kawula | pramila pukulun | yèn kêni panduka memba | tumêdhaka dhatêng Kurèstam nagari | apan pun Raja Bahman ||

10. inggih sagah punika mêjahi | samangsane mêngsahipun Ambyah | pun Mraja Bahman sanggupe | dhasar prakosa agung | balanipun sami nêpêti[3] | prakosa widigdaya | ing satuwukipun | dèrèng kawon-kawon aprang | wus umangkat wong Kuristam kang tinuding | aran Baratkatiga ||

11. lampahira tan kawarnèng margi | Barat mangsah ing Mêdayin prapta | Ki Patih Bêstak jujuge | katur ing sang aprabu | sêratipun Sang Ratu Jobin | lawan Sang Raja Bahman | satêmbayanipun | kadhadha nulya ngandika | paran patih iki layange Si Jobin | ngaturi mring Kuristam ||

12. pan Si Ambyah iki bêcik-bêcik | dèn arani rêp anggêmpur ingwang | Si Jobin iki tuture | Ki Bêstak aturipun | inggih lêrês turipun Jobin | pun Ambyah ajêjingkat | lami arsa mungsuh | pan ing mangke wus kawagang | sugih bala Ngatasangin Bawahangin | ratu kèh angawula ||

13. pandukendra arsa dèn pandhêmi | kang tinanêm Mêdayin nagara | Kobatsareas wiyose | sagung kang para ratu | pan gumulung aturirèki | tan ana kang napêlah | namung Betaljêmur | nanging kakêmbala kathah | dadya Prabu Nusirwan nuruti patih | lawan punggawanira ||

14. sapuluha atur

--- 78 ---

kang abêcik | yèn sênêne ratu kudu rusak | nurut kang ala ature | èmêng tyasira putus | punggung dènnya mêmugarèni | yèn badhe salamêta | nurut Betaljemur | aturipun kang dhinahar | badhe rusak Bêstak kanggêp aturnèki | mangkana wus siyaga ||

15. budhal saking nagari Mêdayin | kering sagung nata lan punggawa | sinuwungakên kithane | mung mantri kang atunggu | Betaljêmur inggih tut wuri | pan lancang-linancangan | ginêlak kang laku | Patih Bêstak anèng ngarsa | tan kawarna ing marga Kuristam prapti | siringing jawi kitha ||

Lajêng nyandhak: Menak Kuristam

--- [79] ---

Isinipun.

... Kaca:

1. Wong agung cinidra wontên ing paprangan ngantos nandhang tatu. ... 3
2. Radèn Umarmêsir inggih Radèn Maryunani putranipun Wong Agung. ... 10
3. Radèn Maryunani badhe nyirnakakên mêngsahipun Wong Agung. ... 14
4. Raja ing Dêmis pêjah dening Radèn Maryunani. ... 16
5. Radèn Maryunani ngabêkti dhatêng Wong Agung. ... 20
6. Dèwi Muninggar padudon kalihan Wong Agung. ... 25
7. Dèwi Muninggar kabêkta dhatêng ing Bangid. ... 28
8. Wong Agung tindak dhatêng Bangid. ... 36
9. Wong Agung dhatêng Mêdayin, ningkah Dèwi Muninggar. ... 42
10. Wong Agung bidhal badhe nyêpêng Prabu Jobin. ... 47
11. Radèn Maryunani dhaup kalihan Dèwi Aluljahar, putrinipun Prabu Jobin. ... 52
12. Wong Agung ngêbroki nagari Kaos. ... 58

--- [80] ---

13. Radèn Maryunani kajumênêngakên nata wontên ing nagari Kaos. ... 66
14. Dèwi Muninggar ambabar putra kakung, nama Radèn Kobatsareas. ... 70
15. Prabu Nusirwan dipun bujuk dening Raja Jobin. ... 75

 


ngundang. (kembali)
sri. (kembali)
mêpêti. (kembali)