Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934–5, #844

Judul
Sambungan
1. Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1155

Menak Malebari

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Balepustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Gambuh

1. Prabu Hongtete badhe mapagakên Wong Agung

1. praptèng soring wit jambu | panggih Nusirwan ngulèt markungkung | Rajèng Mukub dènira angucap bêngis | hèh paran Rajèng Mêdayun | apa urip apa layon ||

2. dene liwat alamu | arêp ingsun patèni sirèku | alanira dènira kapati-pati | wong papa anumbuk-numbuk | duwèni kalêthêk awon ||

3. lan ora eling dhawuk | apa alane mantunirèku | gawe bêcik sira sok malês ngalani | nguni ana kaul ingsun | ngong cacah dèn kaya waloh ||

4. saka pangwasanipun | kang wus sun gawa parentahipun | lurah ingsun sang prabu ing Kăndhabumi | matèni Raja Mêdayun | anaa saênggon-ênggon ||

5. kang bisa buwang iku | parentah ingkang ana ing aku | lamun ora angungkuli lurah mami | Arya Maktal Marmayèku | angungkuli lurah ingong ||

6. Dulbasir angrêruntuh | aja mangkono nak Prabu Mukub | kaduwunge Wong Agung Surayèng Bumi | yèn matia raganingsun | tan wurung sira binêndon ||

7. angling Sang Rajèng Mukub | wêruhe [wê...]

--- 1: 4 ---

[...ruhe] saking ngêndi wong agung | parentahe sang nata ing Kăndhabumi | apan ingsun ora gadug | maring Sang Jayèngpalugon ||

8. yèn sira arsa usul | lawan ta arêp urip sirèku | anjaluka parentah ing Ngalabani | apadene Marmayèku | angungkuli ratuningong ||

9. anarik pêdhangipun | margagah cancut Sang Rajèng Mukub | hèh patimu iki Sang Rajèng Mêdayin | Nusirwan nangis angulung | Rajèng Mukub ingsun kapok ||

10. karyanên ta lêskarmu | nanging sok uripa nata ingsun | yèn kongsia kêtêmu lan wayah mami | Ki Rustam putrèng Marpinjun | besuk akèh upah ingong ||

11. gumujêng Rajèng Mukub | ratu panas baranan kalangkung | gêlis lêjar wêlasan kapati-pati | kakon atèn gagap-gugup | nanging batine sang katong ||

12. wêlasane kalangkung | angling hèh babo Rajèng Mêdayun | nora bisa yèn sira jaluka urip | atimu dhewe puniku | wêdia dosèng Hyang Manon ||

13. aja ta mungguh mantu | nandyan wong liya wis gawe ayu | yèn winalês ing ala yêkti nêkani | dêdukaning Hyang Maha Gung | tan kêna amilih ênggon ||

14. kaya papaning ratu | sira puniku pan uwis mêtu | iya saking wêwilangan wong sabumi | kaya cilakaning jagul | lêwih saking nama bajod ||

15. lamun ratua tuhu | kalêthêk ala tobat ping sèwu | sira iki ratu panukmane eblis | tan duwe

--- 1: 5 ---

eling sarambut | Nusirwan abêkah-bêkoh ||

16. kêpyukên bae ingsun | wasuhên dèn kongsi kaya kapuk | nora nêdya ngarêjêt ingsun ing mangkin | sarèhira Rajèng Mukub | pan ingsun sira kaboyong ||

17. angling Sang Rajèng Mukub | lamun ta aja dulua ingsun | rewang ingsun iki Raja Sayidsami | pasthi kalakon sirèku | ingsun kêpruk sun dhêdhêplok ||

18. iya kuciwaningsun | mênèk sak kang duwe marasêpuh | nadyan jawal mratuwane dèn iloni | wong Menak sigra amuwus | sun jaluk iku sang katong ||

19. iya lilanirèku | lawan apuranira dèn agung | Rajèng Mukub sumăngga aturirèki | lamun paduka kang nanggung | kula uculi sang katong ||

20. sigra nguculan gupuh | anguswa suku Sang Jayèngpupuh | Rajèng Mukub anggêtak lha sapa iki | Nusirwan wus sinung emut | ngrangkul sarwi gêro-gêro ||

21. dhuh kulup tobat ingsun | pira utange karaton ingsun | anêmahi samene tibaning sakit | sakèhe nastapaningsun | kaduwèng sira Hyang Manon ||

22. angling Sang Rajèng Mukub | sampun ta nangis tuwan sang prabu | jêjodhèhi ing laku maksih piningit | dèn maksih wadi ing laku | cêp mênênga sang akatong ||

23. nging maksih sênggruk-sênggruk | sakabèhe trêsna lan piduwung | binêtahkên sinumpêt sagung pakarti | mantuk mring kalênthèng gupuh | wong agung katri wus lunggoh ||

--- 1: 6 ---

24. kunêng malih winuwus | Hongtete Cina nimbali nujum | prapta satus ingkang nate anguwisi | ambengkas rêruwêdipun | nate nampurnakkên ewoh ||

25. sru ngandika sang prabu | hèh sarupane kang para nujum | nora ana wruh praptane ngulik-ulik | kang matèni gêni murub | ature nujum atamboh ||

26. sira padha kang esuk | payo nêmoni kalawan ingsun | pan si ulik-ulik saguh prapta enjing | ngadu kasêktèn lan ingsun | padha ngadhêpa maring ngong ||

27. datan kawarnèng dalu | Hongtete Cina apan sadalu | tan asare sumunu muja sêmèdi | sênig-sênig manahipun | byar rina mijil sang katong ||

28. ngrasuk busana luhung | sagung pusaka Cina rinasuk | gêng aluhur Rajèng Cina angajrihi | pitung asta jenggotipun | netra kadi netraning mong ||

29. saruwungan kumêpyur | sotya kang munggèng jêjenggotipun | pira-pira hèr laut lawan hèr thathit | inganggit lawan jumêrut | mirah kang munggèng jêjenggot ||

30. prapta ing gêni murub | busanane kabèh kang rinasuk | ya ta wau prapta Radèn Sayidsami | kalawan Sang Rajèng Mukub | kang namur mindha wong awon ||

31. wong roro kang tut pungkur | praptèng gone kang dahana agung | pra dipati ingkang matur mring sang aji | puniku pun ulik rawuh | mundur satindak sang katong ||

--- 1: 7 ---

2. Durma

2. Prabu Hongtete têluk dhatêng Wong Agung

1. timbalana si ulik nèng ngarsaningwang | wong agung sigra prapti | angling Rajèng Cina | nyata sira angucap | cubluk kumprung tanpa budi | ratu ing Cina | têka nêmbah ing gêni ||

2. anauri wong agung sayêkti sira | ratu tan duwe budi | kumprung sanagara | gêni sira pangeran | Rajèng Cina ngucap bêngis | lah patènana | gêni nèng ngarsa mami ||

3. nujum satus kinêjepan mring sang nata | samya mrêpêki gêni | ngubar kutugira | mênyan madu saarga | murub lir ngayuh wiyati | ngandika sugal | Hongtete mara nuli ||

4. patènana wong agung mèsêm lumampah | mrêpêki goning gêni | gumrêbêk swaranya | urube kang dahana | nujum satus cêrik-cêrik | sami abêksa | mukul kêkênthungnèki ||

5. tapèkkonge bêling kang mindha gupala | satus dèn busanani | kinalungan buntal | binarok kinutugan | Wong Agung Surayèng Bumi | sigra amatak | ayat Jabur ping kalih ||

6. rumêkatak sirêb urubing dahana | mung kukuse kang maksih | matak malih sigra | surat Jabur sapisan | tapikkong satus prasami | rêbah bêlasah | rêmuk awor lan siti ||

7. sami jêtung nujum satus tanpa ngucap | ngandika Jayèngmurti | payo anyambata [anya...]

--- 1: 8 ---

[...mbata] | maring Pangeranira | konên nguripake gêni | tapikkongira | kang rêmuk konên pulih ||

8. ting palinguk nujum satus tanpa ngucap | miwah sri narapati | wong agung ngandika | lah mara ingsun nyambat | ya maring Pangeran mami | nyirnakkên bathang | tapikkong lawan malih ||

9. awuning kang dahana padha sirnaa | mênêng Sang Jayèngmurti | anêdhèng Hyang Suksma | lesus prahara prapta | Jabur winatak ping kalih | malêbug sirna | dening lesus gumêrit ||

10. Rajèng Cina macucu sigra cinandhak | maring Sang Jayèngmurti | wangkingan ingikal | mubêng kadi likasan | Rajèng Mukub anyandhaki | nujum sadaya | ingadu kumba sami ||

11. sakarine srah tobat wau sang nata | nungkul sakarsanèki | anut ing agama- | nira awak supata | wong cilik datan ngawruhi | wus tinarima | sinèlèhakên aris ||

12. ingaturan manjing sadalêming pura | wus agama pribadi | sapraptaning pura | sinugata kasukan | sawusnya wong agung pamit | mulih karandhan | sang nata anuruti ||

13. nanging nuduh bupati sakawan jaga | kang rumêksa ngêmiti | naoskên sugata | ambêkta pasarean | kang saking sajroning puri | praptèng karandhan | Nyai Jungkoh nampèni ||

14. langkung ngungun pra dipati ngiring samya | maring tamunirèki | lawan rajanira | têluk mring tamunira | ingkang nama Sayidsami | mangkana dadya | pasamuan wismèki ||

15. patang èwu sadina [sa...]

--- 1: 9 ---

[...dina] ingkang ajaga | ing sadina sawêngi | keringane răndha | sineba pra dipatya | sugata andina gili | matêng lan mêntah | wong karandhan nampani ||

16. Ki Dulbasir andhèrèk lênggah ing ngandhap | mring sagung pra dipati | ana kang uninga | Dulbasir kalanira | liwat papa kawlasasih | apane ika | si kaki miskinnèki ||

17. mring Wong Agung Sayidsami dene têka | nunggil lênggah sumlinggring | wau solahira | angayêm-ayêm raga | kunêng kawuwusa malih | wau kang prapta | nèng ampeyan nagari ||

18. Kyana Patih Cina lawan pra dipatya | praptane Parangakik | lajêng maring Kelan | marak Rêtna Sudara | ki patih dèn parentahi | mantuk mring Cina | lawan ambêkta tulis ||

19. miwah gambar sasolahe putrinira | cinatur gambarnèki | karo bêlah papat | sapapan ngalih dhêpa | duk prapta Yujana kawit | ingkang ginambar | duk sami amanggihi ||

20. Kewusnendar kalawan prabu ing Yunan | anèng pinggir jaladri | tingkahe sadaya | pamali duk paguwa | miwah kalane apanggih | Rêtna Sudara | saurute prasami ||

21. ginambaran miwah prange duk pabuta | putri buta katail | miwah prang pataman | patine ginambaran | gambar binêkta rumiyin | mring dutanira | Cina Rêkyana Patih ||

22. warni kalih gêng alit warnining gambar | kang alit gambarnèki | kabêktèng utusan | gambar agêng punika | kang

--- 1: 10 ---

sarêng rêkyana patih | ing kèndêlira | lêlakon pitung ari ||

23. sapraptaning utusaning Patih Cina | gègèr sajroning puri | tangis awurahan | langkung susuh sang nata | miwah sira ibu sori | anggung busêkan | tangis sajroning puri ||

24. tigang dina watara sajro nagara | sabên kang pra dipati | kori galedhegan | sami pinasang damar | dadya lawange pra mantri | lawang sudagar | tinugur damar lilin ||

25. sanagara mangkono pratingkahira | bela tingkahing gusti | tangis pan mangkana | iya sabên salawang | kang nangisi siji-siji | lawang punggawa | wong sakawan kang nangis ||

26. miwah kurmat têtuwuhan kêmbang-kêmbang | dene kang sami nangis | sami kinudhungan | kacu kadi likasan | rinuruban sinjang putih | sadina-dina | gumuruh sanagari ||

27. jroning pura pramèswari gung kantaka | rinapu ing raka ji | uwis babo aja | sira rasa kadawa | wus pasthi sutanirèki | marakkên pêjah | salah tan olah manis ||

3. Dhandhanggula

3. Wong Agung dipun subya-subya

1. nora nganggo ature si patih | kudu mungsuh Dèwi Kelaswara | putri abot sêsanggane | dhingin ingsun wus pemut | kala putri ing Kaelani | ambêdhah Sulandara | pan arsa pinagut | saking lanase kaliwat [kali...]

--- 1: 11 ---

[...wat] | duk sêmana sun bangêt nora nglilani | dene Ni Kelaswara ||

2. nora notog ing jajahan iki | têka arsa pinapag ing aprang | mung panas atine bae | ing mêngko pan katêmu | anèng praja ing Kaelani | dadya atmajanira | ingkang tambung laku | nini putri kang sikara | Kelaswara arsa pinagut ing wêngi | rame prang anèng taman ||

3. dire putranira mêntas jurit | amatèni roro putri ditya | iki ta manungsa manèh | nora wisa dening sun | Kelaswara iku mèh mati | nuli anyolong panah | kagungan wong agung | wasiyat Sang Kakungingrat | panah iku pangruwat ditya rasêksi | yutan anèng Jabalkap ||

4. putranira jatine tan kèksi | Adaninggar Rajaputri Cina | wus katon danawa bae | iya kalingan nêpsu | mila makan dening jêmparing | nêpsune putranira | iku katon diyu | pramèswari aja susah | mung nêpsune putranira kang ngêmasi | yitma mulih mring Cina ||

5. sira iku ngandhut tigang sasi | ya patine kapat têngah wulan | bênêr tibane ing kene | nêpsune rupa diyu | kang angrusak putri Kelani | pramèswari wus lêjar | mring raka mituhu | iki yayi tingalana | iya gambar si patih kang gambar iki | sapolahe nakira ||

6. prang pataman iki bae yayi | tingalana patine nakira | ingadhêp dening mungsuhe | Kelaswara andulu | pananjake putranirèki | gêgêtun [gê...]

--- 1: 12 ---

[...gêtun] jrih kalintang | maring lakinipun | Wong Agung Surayèng Jagad | iku nyundhang sakarate nini putri | rêntêng sapabarisan ||

7. malah iki layange si patih | ana muni yèn Sang Kakungingrat | musna atilar balane | susah kang para ratu | kaya susahira ing ngriki | dene têtungguling prang | musnane ing dalu | kang ngimpuni pabarisan | mung garwane putri saking Parangakik | iku kang amèt kadang ||

8. langkung sae lawan nini putri | iki gambare lah tingalana | duk arsa mungsuh kakunge | Sudarawrêti ngamuk | pan kinêpung ing tamansari | miwah putri Karsinah | padha soroh amuk | arsa ngukum Kelaswara | suwe-suwe pinardatan ing para ji | pan ora tibèng kisas ||

9. Kelaswara tan nêdya matèni | anakira dhewe kang anyidra | wong bêcik arêp pinatèn | Kelaswara aturu | ing wismane rêp dèn patèni | patine putranira | têtêp dadi pandung | tanpa gawe prihatina | lawan iki kusuma Sudarawrêti | layange iki prapta ||

10. akèh pra sadune aminta sih | ing lupute Nini Adaninggar | si patih lan punggawane | wus anarimèng luput | kênèng adiling para aji | kana-kene pan ora | nana bedanipun | kukum lara kukum pêjah | ing samêngko orême wong Pusêr Bumi | kelangan ing bêndara ||

11. malah si patih layange iki | ilangira Sang Surayèng Jagad | dikira lunga marene |

--- 1: 13 ---

gambare ingsun dulu | kaya dhayoh si ulik-ulik | kang dadi gustiningwang | kang kuwasa iku | matèni dahana mubal | nèng karandhan ênggone si gusti ulik | si wurung ika baya ||

12. bakal dadi mantuningsun pasthi | nora siwah lan warnaning gambar | amêndhêm kula lakune | mundhut rata sang prabu | lawan ingkang garwa lumaris | gumuruh wong jro pura | kang ngiring sang prabu | têdhak maring ing karandhan | munggèng rata singgahane amar angin | praptane ing karandhan ||

13. Nyai Jungkoh gugup ngungunnèki | gawok dening katamuan nata | wus wêruh lamun tamune | Sayidsami puniku | kang pinarak dening sang aji | kopat-kapit ni răndha | suka-suka mêthuk | ubêkan wong ing karandhan | Radèn Sayidsami atêdhak mring kori | kurmat praptaning nata ||

14. datan wangwang wong Menak ngabekti | dene adil sang nata ing Cina | panganggêpe wong tuwane | ya ta sira sang prabu | têdhak saking rata lan sori | pinêthukakên sigra | wong agung cumundhuk | pan arsa angèstupada | kipa-kipa Rajèng Cina nyandhak aglis | lan prawèswarinira ||

15. anangisi babo suta mami | dipun agung ngapura pun bapa | dene ta sangêt kilape | mring tuwan gustiningsun | yèn anamur datanpa kanthi | katuju mantuningwang | kirim layang pemut | palimarma maring bapa | anak ingsun bêgja putri Parangakik | awèh surat pratela ||

16. pramèsari Cina anangisi | gustiningsun [gusti...]

--- 1: 14 ---

[...ningsun] Surayèng Buwana | awlasa mring wong tuwane | têdhakna putraningsun | rajaputri ing Parangakik | lirune Adaninggar | mulyakna pukulun | nagaranira ing Cina | gusti kêlêm pêjahe arinirèki | Adaninggar nèng Kelan ||

17. têka runtuh waspanira Amir | awlas mulat kang kelangan putra | rêntênging tyas sakalire | sampun tata alunguh | Nini Jungkoh anglêladèni | sang nata ganjar marang | Ni Jungkoh wus sinung | wong Cina sèwu kang wisma | pinaringkên mring ni răndha ngêpalani | suka wadya karandhan ||

18. gambar saking putri Parangakik | punika gèr garwa jêng paduka | Si Patih Cina kang kinèn | anggambar tingkahipun | sapolahe arinirèki | pinêtha anèng gambar | wus pakartinipun | Cina wignya karya gambar | tiningalan wong agung ngungun ningali | yêktine kang pinêtha ||

19. Rajèng Cina aturira aris | rayi tuwan Sang Rêtna Sudara | êmbane ingkang kinèngkèn | Tumênggung Parangbatu | pan ambêkta bala sakêthi | kêkirim mring pun bapa | ing saisinipun | ing Parangakik nagara | ing lampahe sarêng kalawan pun patih | kèndêl jawining kitha ||

20. dintên punika kula timbali | kados-kados kawan dintên prapta | si patih lan punggawane | miwah pun Parangbatu | raja duta ing Parangakik | pênêde ngadhatona | gusti putraningsun | nagri Cina duwèkira | aturira Wong Agung Surayèng Bumi | nuwun ngriki kewala ||

--- 1: 15 ---

21. datan pae lawan dalêm puri | Rajèng Cina ngandikèng punggawa | amangun ngêlar wismane | sinungan tarub agung | rinarêngga ing pra dipati | ing nguni wus sakawan | karandhan kang tugur | mangkya kinon kawan dasa | para mantri samêkta para dipati | anênggih pitung dasa ||

22. nèng karandhan siniwèng para ji | lawan para punggawa nêm dhomas | mantri sakêthi gilire | langkung sinuhun-suhun | anèng Cina Sang Jayèngmurti | Rajèng Cina jinarwan | mring Sang Jayèngpupuh | punika raka paduka | ing Mêdayin binathara nyakrawati | nut wingking ing kawula ||

23. Rajèng Cina têdhak angabêkti | dhuh pukulun paduka ngapura | ing ari kathah lêpate | kaguntur wukir madu | pan karoban samodra manis | jaladri juruh kelang | abalabur arum | kawula datan supêna | kadhawahan nugraha sakêthi wukir | Nusirwan aturira ||

24. yayi prabu sun aran Dulbasir | kongsi mindha nangkoda ing marga | anêlasah ing lakune | putranira puniku | gêtêr ajrih bok sira runtik | marmane kadhêmpalan | mring Cina srah lampus | ing mangke yayi narendra | wus amupus ing pati punika pasthi | sukur latawal ujwa ||

25. Rajèng Cina andhêku turnèki | botên pisan-pisan makotêna | wus sami wêruh papasthèn | sang prabu ing Medayun | aturira anêmbadani | cidranira kalingan | api-api nusul | sumanggêp kaya iyaa | Rajèng Mukub mèsêm andamoni bithi | wong iki tênan [tê...]

--- 1: 16 ---

[...nan] dora ||

26. kunêng dalu kawuwusa enjing | cinarita tangise wong Cina | lêlakon patang dinane | sadaya urut lurung | kadya siyang ing sabên latri | damar lilin sapucang | padhang urubipun | sadalu tan kêna pêjah | praptanira wau sang rêkyana patih | angiringakên gambar ||

27. kyana patih lawan pra dipati | samya nyandhang pêthak kudhung pêthak | angukusan ing kudhunge | dene kang munggèng ngayun | wadyabala ing Parangakik | prajurit sêsêliran | rong lêksa nêm èwu | sawadya wahana kuda | kalih èwu kang samya anitih èsthi | prasamya têtopong mas ||

28. kang tarênggos mas angudhup turi | asri narawung ing diwangkara | cingak kang umiyat kabèh | Tumênggung Parangbatu | anindhihi songsong bangunjring | têtungguling manyura | pantês rakitipun | munggèng sangarsaning gambar | Patih Cina anambungi anèng wuri | lan pra mantri punggawa ||

29. orêg nagri Cina gêbèl pipit | ing samarga kang bela karuna | kadya ampuhan swarane | prahara wukir guntur | ing karandhan dèn busanani | ingêlar ênggonira | anganthi sang prabu | lawan pramèswarinira | tri gumuruh tangise wong sanagari | kadya akasa gugrag ||

30. anglir bubul bêlahe kang bumi | pangayun prapta karandhan samya | têdhak saking wahanane | Tumênggung Parangbatu | kerid prapta ngarsa narpati | Rajèng Cina anyandhak | tumênggung wotsantun | kinon alênggah nèng ngarsa [ngar...]

--- 1: 17 ---

[...sa] | Ki Tumênggung Parangbatu aningali | ing Gusti Sang Jayèngprang ||

31. dharakalan nangis anungkêmi | ki tumênggung êmbane kang garwa | kadya pawèstri tangise | ing tyas datan ngrêmpêlu | yèn apanggih kalawan gusti | gambar munggèng jêmpana | ing karandhan rawuh | rêkyana patih ing Cina | marak ngarsa mukane datan kaèksi | sadaya kinudhungan ||

32. bupati samas salêksa mantri | ingkang sami kinudhung sadaya | budhal praptanira andhèr | munggèng ngarsa Sang Prabu | Rajèng Cina Hongtete angling | kabèh wus sun apura | angracuta kudhung | kyana patih nêmbah ngucap | saanane anangis sarwi ngabêkti | ing pada ratunira ||

33. lara-lara dènira anangis | dangu mulat keringe sang nata | wong agung sigra angawe | Patih Cina tumanduk | nangis ngraup padanira Mir | kumrubut pra dipatya | mring Sang Jayèngpupuh | Hongtete aris ngandika | wis pupusên prakara gustimu patih | de Hyang latawal ujwa ||

34. wusnya aris kang samya prihatin | kyana patih wus samya ginanjar | warata kabèh kancane | Tumênggung Parangbatu | pinisalin sakancanèki | pakuwon datan nunggal | ing gusti wong agung | sawusira tigang dina | nèng karandhan ngadhaton sri narapati | mangkana nagri Cina ||

35. sabên dalu punggawa para ji | mrêcon êlong apan ora pêgat | tigang dina antarane | sirêp sampun sinuwuk | kang prihatin kinon ngluwari | malah

--- 1: 18 ---

sami kasukan | gong pating carêngkung | maratani sanagara | duk sêmana Hongtete lêt tigang ari | têdhak maring karandhan ||

36. adhêdharan saha pramèswari | pagunêman anutug kasukan | Ni Jungkoh mangke namane | nênggih nyai tumênggung | pinaring wong rong èwu malih | dadya rerehanira | jangkêp tigang èwu | Babah Puklung nama dêmang | Dêmang Ngampêr arine tumênggung nyai | Dêmang Ngampêr taruna ||

4. Sinom

4. Radèn Jayusman badhe dhaup kalihan Dèwi Kun Maryati

1. Hongtete alon turira | ing Kalana Jayèngmurti | anggèr garwa jêng paduka | sutèngong Sudarawrêti | nêdya tindak pribadi | mring Cina kalangan ewuh | nênggih wayah manira | Ki Jayusman muni tulis | apan arsa angêntas amangun krama ||

2. putrine Sri Bawadiman | ing Kusniya Malebari | punika arsa dèn lamar | nama Dèwi Kun Maryati | wong agung anauri | pan inggih saèstunipun | yèn ta sampun parênga | sayêkti marak pribadi | mring paduka jêr datan darbea bapa ||

3. rama kadang seda ing prang | marmane kapati-pati | mèt kadang trêsna trus ing tyas | linabuhan lara pati | yayi dèwi rumiyin | lêrês sapratikêlipun | datan băndha sêmitra | ngakên bapa paduka ji | têtêkone wêlasan [wêla...]

--- 1: 19 ---

[...san] kaduk pasaja ||

4. Rajèng Cina duk miyarsa | lawan ingkang pramèswari | marêbêl luh angandika | bangêt kapotangan mami | ature sira patih | putri mantêp trusing kalbu | upama cinêgaha | panggawene siji nguni | linabuhan patèn-patèn rinêbut prang ||

5. Kya Patih Cina tinanggap | satingkahing mring sang aji | pitung dina nora têlas | miwah dhatêng ibu sori | kayungyun ing pawarti | Sudarawrêti pinunjul | ginambar pracima mas | warnane Sudarawrêti | wus kacithak munggèng pracima kancana ||

6. tan pisah ing sanalika | nèng pangkone ibu sori | gambare Rêtna Sudara | ngusadani agring kingkin | marêm onênging siwi | panulaking brăngta wuyung | maring atmajanira | liru putri Parangakik | aparentah Hongtete maring apatya ||

7. hèh patih sira balia | mring nagara Kaelani | punggawa bae gilira | sira dhewe aja gilir | kang uwus angladèni | sira maring putraningsun | saciptane wus wikan | mring sutèngong Parangakik | usungana dunya jro pura sadaya ||

8. gawenên ngrata bêngawan | ing Kusniya Malebari | pakramane putuningwang | Ki Jayusman sun labuhi | bangawan Malebari | ing lêlakon kalih dalu | ratanên ing barana | sêsotya busana adi | dunya Cina bae aja kawoworan ||

9. kya patih matur sandika | mèsêm Sang Surayèng Bumi | miyarsa ing wuwusira | ing Cina

--- 1: 20 ---

Sri Narapati | ngandika bisik-bisik | wong agung mring Rajèng Mukub | tuhu putri prawira | Rajaputri Parangakik | paitane pasaja tur wani kalah ||

10. kunêng kang wontên ing Cina | Wong Agung Surayèng Bumi | ngusadani bumi rêngka | mila tan kondur tumuli | kang wontên Kaelani | Sudarawrêti winuwus | wusira amiyarsa | kang maring Cina basuki | dadèkakên ingkang marang ing Kusniya ||

11. wong agung ing Parangteja | kang dinuta lampah sandi | ambêkta mantri ing Kelan | kêkalih tan mawi baris | bêkta palwa kêkalih | amung upacaranipun | ingkang putra binêkta | Radèn Jayusman tan mawi | bala kathah amung panakawan samas ||

12. tan anganggo cara Arab | nganggo cara Malebari | wus mancal saking ing Kelan | nêm dalu anèng jaladri | ing pulo Barjah prapti | wus ngraji baitanipun | sukune pulo Barjah | Sri Bawadiman marêngi | apan maksih anêpi ing pulo Barjah ||

13. ambêkta sabat slawe prah | pawèstri amung kêkalih | êmbanira sang lir rêtna | Kusuma Kun Amaryati | Wong Agung Ngalabani | gya mêntas saking parau | mung bêkta wong lêlima | kanêm lan saliranèki | kapitune kang putra Radèn Jayusman ||

14. kèndêl sêngkaning aldaka | mrih ayêm saking jaladri | ing pukul satêngah dasa | wuwusên sri narapati | kang lagya anênêpi | duk lênggah lan putranipun | rama kula supêna | wau dalu pukul kalih | wontên lintang têdhak saking ăntariksa [ănta...]

--- 1: 21 ---

[...riksa] ||

15. dhawuh pinggiring samodra | kula sami aningali | sudama punika minggah | inggih dhumatêng ing wukir | nuntên paduka ambil | agêng alit lintangipun | ingkang alit punika | tuwan paringakên mami | kula damêl canthèng kalawan pun biyang ||

16. mèsêm Prabu Bawadiman | tan tutug ngandikèng siwi | wontên sabat salawe prah | kang jawi wontên têtami | kadi tirakat gusti | rencange amung pêpitu | sajêg sun katamian | inggih tan kadi puniki | kang kêkalih sunare kadi sasăngka ||

17. kèndêl jawining gapura | prasamya apêtak wêntis | sang nata ngandika ngatag | takona wong agung ngêndi | sabat prapta ing jawi | alon dènira umatur | kula anila krama | bilih dinangu ing gusti | jêng paduka jêjêr satriya punapa ||

18. wong agung angling pasaja | ingsun iki Ngalabani | aran Maktal Ibnu Masban | arsa marêk ing sang aji | sabat lumêbêt malih | praptèng ngarsa nêmbah matur | gusti tamu punika | pinangkane Ngalabani | kêkasihe inggih Maktal Ibnu Masban ||

19. Sang Aprabu Bawadiman | kumêjot angandika ris | hèh sabat padha dèn enggal | anggêlara prangwêdani | ingsun tamuan gusti | yèku wong agung pinunjul | surayèng ranagana | sinêmbah dening para ji | tur kang ngagêm palamarta parikrama ||

20. sujana monging alaga | sigra têdhak sri bupati | amêthuk wau kang prapta | sapraptanira ing jawi | kagèt risang têtami | paran-pinaran [paran-pi...]

--- 1: 22 ---

[...naran] wus tundhuk | Maktal arsa tur sêmbah | dening ratu pandhita di | Bawadiman gupuh pan arsa tur sêmbah ||

21. dene trah ratu minulya | mêndhak sarwi amêndhaki | dhêku sarêng dhêkunira | tan ana ingkang ngalahi | asasmita ngurmati | katêmahan amangkya pur | sêsalaman kewala | Radèn Jayusman ngabêkti | wus kinanthi binêkta mring pamidikan ||

22. wus samya lênggah atata | munggèng ing masigit alit | kinambang botrawinira | kang kinarya akik wilis | bêbaturira sami | pagêr miwah ing talajug | akik ijo sadaya | ginêlaran prangwêdani | angrarêpa matur Raja Bawadiman ||

23. kawula botên supêna | lamun atamian gusti | karoban samodra kilang | gunturing palwa amanis | Hyang Suksma nugrahani | pukulun paran pinundhut | cangkramèng arga sonya | wong agung ing Ngalabani | saurnya lon yayi prabu pêpêsajan ||

24. lampah kawula dinuta | ing Gusti Sang Jayèngmurti | ngaturakên kang atmaja | sumăngga ing yayi aji | sakarsa ngrèh ing siwi | amlas pangandikanipun | punika Ki Jayusman | ibu putri Parangakik | kagèt mulat sira Prabu Bawadiman ||

25. ing cahyane rajaputra | lir trênggana ngikis latri | radèn astane cinandhak | tinarik lênggah ing nginggil | ingkang paman nganthuki | wotsari anut andhêku | sinugata wowohan | pêpak saisining wukir | adhêdharan wong agung katiga samya ||

--- 1: 23 ---

26. kadugi wardayanira | ature sri narapati | pukulun pun Bawadiman | sumăngga ing asta kalih | ing karsanipun nênggih | raka paduka pukulun | Jêng Gusti Amir Ambyah | siyang dalu ingkang abdi | sok kanggea nanging wukir kirang praja ||

27. wong agung ing Parangteja | pangandikanira aris | yèn sampun lêga ing driya | santosane yayi aji | kula kinon ngaturi | inggih para garwanipun | kang wontên nagri Kelan | lawan sagung para aji | budhalakên saking[1] nagari Kusniya ||

28. yèn sampun prapta ing Cina | raka Paduka Jêng Amir | anjujul dhatêng Kusniya | sarta niyat wus alami | apan akarsa munkin | inggih wontêna sataun | anèng nagri andika | ing Kusniya Malebari | ya ta dhêku sira Prabu Bawadiman ||

29. animbali putranira | Kusuma Kun Amaryati | ajrih pinopo pinêksa | prapta ngarsaning rama ji | kang rama ngandika ris | amundhut sêsupenipun | jumêrut lan ludira | kang munggèng jariji manis | wus pinêcat ingaturakên kang rama ||

30. alon dènira ngandika | jêng sultan ing Malebari | marang ing Radèn Jayusman | anggèr kalpika puniki | dika agêm jêjênthik | rahadèn tampi wotsantun | dyan ingagêm saksana | wus aplak anèng jêjênthik | matur alon sira Prabu Bawadiman ||

31. inggih tuwan rumiyina | kondura dhatêng nagari | yèn sampun praptèng Kusniya | nuntên paduka aturi | kang wontên Kaelani [Kae...]

--- 1: 24 ---

[...lani] | sakarsa ing budhalipun | mundur salaman sigra | têdhak sami angudhuni | Bawadiman ngatêr jawining gapura ||

32. kalih lajêng numpak palwa | Bawadiman wangsul aglis | sarwi ngandika mring putra | iku putra Pusêr Bumi | ibu putri Prangakik | jatmika tuhu binagus | kabèh pra putra Ngarab | cahyane amindha sasi | satriyèku nini bakal jodhonira ||

33. wus pitulunging Hyang Suksma | katrima pandonga mami | umatur alon kang putra | sintên ingkang asêsiwi | trah saking Pusêr Bumi | kang rama andikanipun | jêng sultan ing Kuparman | Wong Agung Surayèng Bumi | kang sinêmbah dene ingkang para raja ||

34. mèsêm tumungkul kang putra | Rêtna Dèwi Kun Maryati | wau sabat salawe prah | pan kinon mantuk rumiyin | miwah pawongan kalih | sri naranata ing ngayun | kalawan ingkang putra | satêngah pitu kang wêngi | mangkat saking wukir anyangking kang putra ||

35. layarane kalih dina | dharatane pitung ari | pulo Barjah sanagara | wau lampahe sang aji | satêngah pitu bêngi | praptane pukul sapuluh | sampun manjing jro pura | nimbali Rêkyana Patih | Abunandir wus prapta byantara nata ||

36. patih sun arsa tamian | Wong Agung Surayèng Bumi | patutên papan prayoga | wadyane kadi jaladri | ki patih awotsari | sumanggèng karsa pukulun | yèn ing mênggah kawula | inggih paduka ingsêri | pakuwone inggih ing kêbon Bustanhar [Busta...]

--- 1: 25 ---

[...nhar] ||

37. kadhaton gung pinasrahna | tuwin abdi sri bupati | kawula inggih tut wuntat | dhatêng Bustanahar gusti | suka sri narapati | kapanujon sauripun | wadya wus ingundhangan | sang nata sawadyanèki | arsa ngalih maring kêbon Bustanahar ||

38. pasitèn rata ajêmbar | ing Kusniya Malebari | lèpèn agêng-agêng kathah | kang manjing sajro nagari | sang prabu wus angalih | sawadya jro puranipun | miwah kang pra dipatya | lan kyana patih wus ngalih | sanagara wus ngalih Bustan asmara ||

5. Asmaradana

5. Dèwi Sudarawrêti Tindak dhatêng nagari Malebari

1. wau praptaning jaladri | wong agung ing Parangteja | akarya surat badhene | katur mring Sang Rajèng Kelan | yèn lampah wus katampan | putra tuwan katrinipun | lawan sagung para raja ||

2. putra Tuwan Parangakik | lan putra Tuwan Karsinah | nuntên tuwan angkatake | mangkat para mantri Kelan | ing marga tan winarna | nagari Kelan wus rawuh | mantri ingkang mandhi surat ||

3. satriya ing Ngalabani | katur maring ratunira | kang surat sampun winaos | kadriya ungêling surat | angaturi kang putra | Sudarawrêti wus rawuh | lawan putri ing Karsinah ||

4. ngandika Kelanjajali | puniki rayi andika | ing Ngalabani surate | tur priksa yèn wus katampan [kata...]

--- 1: 26 ---

[...mpan] | mring Raja Bawadiman | besuk apa budhalipun | apa laut apa dharat ||

5. umatur sang rajaputri | kawula dharat kewala | sampun adamêl susahe | abdi paduka ing Kelan | lan para ratu kathah | botên kamot ing parau | kula anuwun punggawa ||

6. satunggal atêdah margi | kawula ing benjang enjang | budhal lawan para katong | Sang Rajèng Kelan parentah | Gajahbihêr Apatya | kinon matah punggawa gung | kang badhe jurua marga ||

7. Rajaputri Kaelani | onêng-onêngan kalawan | ingkang raka sakalihe | wawratane sampun tuwa | Kusuma Kelaswara | putri Parangakik sampun | ngundhangi kang para raja ||

8. datan kawarna ing latri | enjing anêmbang têngara | sagung ingkang para katong | budhal saking nagri Kelan | kadya sagara wutah | Ki Umarmaya panganjur | anganthi punggawa Kelan ||

9. ingkang mêdal ing jaladri | wong agung ing Parangteja | wus praptèng nagri lampahe | ing Malebari Kusniya | wau kang lampah dharat | kawan dasa dina rawuh | Marmaya manjing nagara ||

10. ing wuri bala Kohkarib | Marmaya sampun pinarnah | sabalane wus makuwon | kang prapta sadina-dina | sagung para narendra | tinata pakuwonipun | praptane kang para raja ||

11. andina kang prapta sami | sagung para raja-raja | kang lumampah ing ngarsane | baris Parangakik samya | miwah baris Karsinah | atêbih antaranipun [anta...]

--- 1: 27 ---

[...ranipun] | longkange satêngah wulan ||

12. mèt papan kang prapta dhingin | wus samya sinungan prênah | kang amatah panggonane | Marmaya lan Arya Maktal | binagi kulon wetan | miwah lawan êlor kidul | adat ingkang saban-saban ||

13. wus bêntêt ing Malebari | ing wismaning pra dipatya | kanggenan ing para katong | sagunging bala Natambyah | suka mulat ing papan | binagi ratu kang kantun | wurine Rêtna Sudara ||

14. mangkana dina sawiji | prapta panganjuring lampah | wong Parangakik barise | tigang kêthi upacara | sami wong sêsêliran | binusanan abra murub | winarna bajo topong mas ||

15. Adipati Guritwêsi | wong agung ing Parangteja | samya manggihi kalihe | maring Prabu Bawadiman | arsa amêthuk kurmat | anênggih ing praptanipun | Kusuma Rêtna Sudara ||

16. sang prabu ing Malebari | tumut wau karsanira | ing rèh wong agung kalihe | amêthuk Rêtna Sudara | miwah Radèn Jayusman | tumut mêthuk mring kang ibu | jawining sakèthèng kitha ||

17. baris prapta kadi wukir | pindha wana kêmbang-kêmbang | orêg sajagad punang wong | gung alit kang arsa wikan | maring Rêtna Sudara | atub ing marga atimbun | jalwèstri tembak ibêkan ||

18. Rajaputri Parangakik | sampun ngaturan uninga | mring putra lamun Sang Katong | Malebari tumut memba | mring paman Parangteja | myang uwa Umarmayèku | amêthuk dhatêng

--- 1: 28 ---

paduka ||

19. kagyat putri Parangakik | amundhut kreta lêlawak | pinêcat galindhingane | pangirid tan mawi kuda | sinèrèn wong kewala | kurmat besanira mêthuk | Maha Raja Bawadiman ||

20. jêmpana ingkang rumiyin | lawan payung ingampilan | patang puluh dhingin kabèh | putri Karsinah anunggal | munggèng rata lêlawak | sinèrèt manungsa satus | kasrah ing siti kewala ||

21. wruh Sang Nata Malebari | yèn wau Rêtna Sudara | kurmat ngasorkên lampahe | sigra amêcat makutha | ngangge surban kewala | wus cêlak sigra andhêku | mrêpêki sapinggir marga ||

22. anguwuh Sudarawrêti | yayi Prabu Bawadiman | dèn angkata mustakane | manira liwat tarima | taklime yayi nata | tumênga sarwi wotsantun | dhêku tumênga ping tiga ||

23. Sudarawrêti nimbangi | pandhêkune Bawadiman | sang rêtna pangandikane | kakang êmas Tasikwaja | ari mas Parangteja | besanira yayi prabu | aturana nitih kuda ||

24. ngong nitih jêmpana malih | payo padha alêlampah | wong agung kang nyarakake | punika kang pangandika | raka dika sang rêtna | nitiha turăngga gupuh | rinilan sami lêlampah ||

25. Maktal kang wiwit anitih | manut sira Bawadiman | anitih ing turanggane | nulya Rahadèn Jayusman | dadya jajar katiga | Ki Umarmaya karuhun | amor lan wong angrarêmbat ||

26. mènthèk-mènthèk asêsirig |

--- 1: 29 ---

mele-mele lincak-lincak | gumêr tan ana warêge | wong pêpikul samya sayah | rosa dènira mulat | mring Radèn Umarmayèku | gumêrah samarga-marga ||

27. Rajaputri Parangakik | tilar ing rata lêlawak | anitihi jêmpanane | gumrêdêg praptèng jro kitha | cingak gawok kang mulat | lajêng ingaturan sampun | manjing sadalêming pura ||

28. ing wuri kadya jaladri | wadyane kang para nata | lir bêlah praja èsthine | kambah dening balakuswa | sinung kang para nata | binagi wismèng tumênggung | anggili kang munggèng wuntat ||

6. Pangkur

6. Dèwi Sudarawrêti Nampèni Pasumbang saking Prabu Hongtete

1. sadina-dina kang prapta | kalih wulan wadyane kang para ji | punika ing têlasipun | ya kang ngambah supana | parandene maksih ana kang lêlaku | wong lara tinandhu samya | punika ingkang priyayi ||

2. ana kang tinandhu kajang | kang pinikul ana winot turanggi | samya lirih lampahipun | punika ingkang prapta | kang ngantuni jabaning rong sasi iku | kluwir-kluwir ana prapta | wau ta ingkang ngêbroki ||

3. jro kitha Rêtna Sudara | lan kang rayi Rêtna Sirtupelèli | putri Parangakik sampun | utusan mring Kuparman | angaturi ing raka Rêtna Marpinjun | mring putra Rahadèn Ruslan | praptaa ing Malebari ||

4. ya ta malih winursita | ingkang wontên Cina

--- 1: 30 ---

Sang Jayèngmurti | kalawan Sang Rajèng Mukub | katiga Sri Nusirwan | sakathahing la-êla sinukèng nutug | boganggung sinuksmèng driya | putus saking ing arja sih ||

5. budhal saking nagri Cina | Patih Cina budhal saking jaladri | pan pacalang pitung atus | isi brana busana | pèni-pèni rajapèni busana gung | ajine tan kêna ngetang | wêndrane datanpa wilis ||

6. kinêrig brana ing Cina | ingêsrahkên ing putri Parangakik | kinarya pakramanipun | Rajaputra Jayusman | antuk angin Patih Cina lampahipun | muarèng Kelan wus prapta | miyarsa lamun wus sêpi ||

7. gancangipun ing carita | lajêng maring Kusniya Malebari | rikating palwa tan ketung | Malebari wus prapta | wus angranji gêbèl ing muaranipun | obahing wong sanagara | Patih Cina prapta malih ||

8. mêntas Kyana Patih Cina | lajêng marak Wong Agung Ngalabani | lawan Ki Umarmayèku | tinanggap aturira | wus binêkta lajêng tumamèng kadhatun | praptèng pura ngarsanira | Kusuma Sudarawrêti ||

9. wus sami tata alêngah | Umarmaya Wong Agung Ngalabani | Sudarawrêti alungguh | lan kang rayi Karsinah | Patih Cina nèng ngandhap ngaturkên sampun | sêrat cacahing barana | kintune kang rama aji ||

10. cinatur sakêthi yuta | ingkang kêna ingitung malah lêwih | anglênggêr sang rêtna wau | myarsa ungêling surat | wus tinampan ing solah pratingkahipun | kang raka miwah Nusirwan [Nu...]

--- 1: 31 ---

[...sirwan] | myang solahira kya patih ||

11. orême nagari Cina | waluyane praptane kyana patih | lan praptaning suratipun | gusti Rêtna Sudara | botên pêjah Rajèng Cina ciptanipun | ingkang putra Adaninggar | liru putri Parangakik ||

12. duk kang rama Sri Nusirwan | pan angakên ki juragan Dulbasir | putri Karsinah gumuyu | ngaku juraganingwang | Patih Cina umatur saèstunipun | ngakên juragan Karsinah | ngandika Sudarawrêti ||

13. saiki ta kiranira | tutug ngêndi iya gènnya lumaris | Patih Cina nêmbah matur | ing watawis kawula | dèrèng sagêd langkung nagari ing Mukub | rêmbên saking margi wana | ingkang ingambah pan awis ||

14. lan malih ingkang rumêksa | raka tuwan abdi paduka gusti | pun Tumênggung Parangbatu | pan dèrèng lêrêb lama | taksih wontên sakêdhik ing sayahipun | punika kang mawi dharat | prajurit ing Parangakik ||

15. mèsêm Sang Rêtna Sudara | mêpak jagul sayuta kang para ji | sinungan parentah ngusung | brana kang saking Cina | kawot dening palwa kèci pitung atus | sampun tinampèn sadaya | ing Rêtna Sudarawrêti ||

16. sadangune lêlênggahan | ngraosakên solah tingkahing nguni | kang raka Sang Jayèngsatru | lawan Prabu Nusirwan | kunêng wau lampahe Rêtna Marpinjun | lan putra Rahadèn Rustam | praptèng tanah Malebari ||

17. amêthuk jawining kitha | lan kang rayi Rêtna Sudarawrêti | ing Parangakik [Parang...]

--- 1: 32 ---

[...akik] wus pangguh | lawan putri Karsinah | nênggih sami onênging cium-cinium | dangu dènnya rêrangkulan | wusnya gya sami lumaris ||

18. samarga dadi tontonan | praptèng kitha Kusniya Malebari | lajêng binêktèng kadhatun | maring Rêtna Sudara | sagung para putri kawot jro kadhatun | ajêmbar wisma gêng kathah | kadhaton ing Malebari ||

19. kinanthi kinăntha-kăntha | sri kinêbon binata bilik-bilik | kang kilèn Rêtna Marpinjun | têngah Rêtna Sudara | ingkang wetan Karsinah Rêtna Rabingu | dene ingkang wetan pisan | rajaputri ing Kuwari ||

20. kunêng kang wus sami tata | eca ing tyas kang anèng Malebari | wontên gêgêmpalan catur | sutanira rasêksa | pan ing nguni sutaning Raja Pardiyu | Raja Pardiyu punika | putrane Sang Prabu Imprit ||

21. mungsuhe Natèng Ngajêrak | kang wus sirna dening Sang Jayèngmurti | punika mangke winuwus | Pardiyu kang atmaja | patutaning lan putrining manungsèku | putri saking Sindhangdhayang | Sang Raja Kiswatrênggini ||

22. ing nguni kuthane bêdhah | Sindhangdhayang binoyong putrinèki | dening Sang Raja Pardiyu | lagya nyidham kaworan | sasedane kang rama lan eyangipun | aprang lan Si Kakungingrat | pêjahing Pardiyu Imprit ||

23. anake Pardiyu ditya | patut putri Raja Kiswatrênggini | Sindhangdhayang putranipun | trah ratu kapir kawak | agamane maksih ngangge agama Nuh | dene Kiswati punika | mijil jalu [ja...]

--- 1: 33 ---

[...lu] putranèki ||

24. tiru ibune punika | pawakane nanging siyungirèki | kang tiru bapa Pardiyu | sami sampun diwasa | kaki pêjah putu ingkang madêg ratu | balane sapalih ditya | sapalih manungsa yêkti ||

25. sang prabu ing Sindhangdhayang | awak jalma solah kadi rasêksi | Sang Raja Kiswapangindrus | awak wong siyung ditya | sakalangkung prakosa prawirèng pupuh | punika kang nyêngkêr lama | ing Dèwi Kun Amaryati ||

26. putrinira Bawadiman | Sang Aprabu Kusniya Malebari | tinampik panglamaripun | pan arsa amisesa | ginendholan sangêt maring ibunipun | aja sira mêmungsuhan | lan Kusniya Malebari ||

27. mila kèndêl mangke seda | ibunira ing mangkya angot malih | nimbali pêpatihipun | Patih Bardas kang ditya | patih kalih kang manungsa namanipun | Kyana Patih Dhayangunar | punika ingkang kinanthi ||

7. Kinanthi

7. Sang Prabu ing Sindhangdhayang badhe ngrêbat Dèwi Kun Maryati

1. patih ing manungsanipun | Bardas matihi rasêksi | netranira sri narendra | pan kadya netrane kucing | uwong nora buta nora | mangkana sri narapati ||

2. animbali patihipun | kalih prapta ing jro puri | alon dènira ngandika | Sindhangdhayang Sri Bupati | sun bapa sida

--- 1: 34 ---

akrama | mundhut putri Malebari ||

3. sun wasesa ingsun pundhut | putraning wong Malebari | jêng ibu nguni angampah | gendholi ing karsa mami | patih kalih atur sêmbah | lêrês ibu paduka ji ||

4. punika ratu linuhung | inggih manawi malati | măngsa kiranga narendra | kang darbe putri linuwih | walat mono rupa apa | sira karo wus udani ||

5. Patih Dhayangunar matur | inggih gusti nyilakani | cilaka punika kathah | wontên agring botên kêni | jinampèn satêmah tiwas | gawe pati tanpa sakit ||

6. tuwin apês ing prang pupuh | kasangsaya ing ajurit | ratu mati siya-siya | inggih gusti walat ugi | gumujêng sri naranata | ènthèng nora mêmêdèni ||

7. ingkang mungguh kaya ingsun | balatèr yêkti linuwih | ibu manungsa pan iya | bapa rasêksa sayêkti | apan luput sarik tulah | ingkang mêca maring mami ||

8. karo busanaèng pupuh | undhangana pra dipati | mantri kang măncanagara | yèn ingsun arsa nglurugi | mukul Raja Bawadiman | ing Kusniya Malebari ||

9. patih kalih awotsantun | kawula miyarsa warti | pan inggih sampun dèn êntas | Putri Adi Malebari | angsal putra ing Kuparman | malah ibunipun maksih ||

10. tinuguran para ratu | ing Kusniya Malebari | sagung para putranira | Wong Agung Surayèng Bumi | sadaya wontên Kuparman | Ruslan Rustam mangkya maksih ||

--- 1: 35 ---

11. sawadyane ibunipun | nèng Kusniya Malebari | wusdene kang para raja | sakancanira pan maksih | wau kalane miyarsa | kalangkung dènira runtik ||

12. Sang Prabu Kiswapangindrus | tanpa gawe tanpa budi | dêstun ora katon raja | ing Sindhangdhayang puniki | katon dhukuh angarompyang | tan ana manungsa urip ||

13. urip amung angon wêdhus | tan ana mantri dipati | tuwin tan ana wong lanang | kang ana amung pawèstri | nagri kang isi wong lanang | mung Kusniya Malebari ||

14. Patih Dhayangunar matur | kawula gusti ngaturi | pan dèrèng kenging minêngsah | Wong Agung Surayèng Bumi | tumpêse diyu danawa | ing Jabalkap sirna ênting ||

15. eyang paduka pukulun | lan rama paduka aji | sirna de Sang Kakungingrat | Patih Bardas anambungi | lêrês ature punika | pun adhi Dhayangunari ||

16. anakipun Raja Samun | wontên ing Sindhula wukir | angadhang Sang Kakungingrat | duk mangkat mring Kaelani | saking nagari Yujana | mêthuk anyidra ing jurit ||

17. sêdyane amalês ukum | têmah kukum ing ajurit | nak putu samun pan sirna | inggih ing taun puniki | anêdya amalês pêjah | wêkasan nusul ngêmasi ||

18. Sang Nata Kiswapangindrus | lêga dènira miyarsi | ature pêpatihira | Bardas Dhayangunar sami | dangu datan angandika | bingung têmah wuwuh runtik ||

19. ngandika wau sang prabu | dadi tan ana jurungi [ju...]

--- 1: 36 ---

[...rungi] | iya nurut ingsun bapa | ingsun budidaya pikir | wuwuhe digdayaningwang | prawira sudira mami ||

20. ingsun arsa malês ukum | patine bapa lan kaki | durung lêga ing tyas ingwang | yèn durung bela sakêthi | anak putune Si Arab | matur wau patih kalih ||

21. sampun ta paduka dulu | Wong Agung Surayèng Bumi | punapa paduka nyandhang | anadhahana ngajurit | lan Nata Dèwi Ngajêrak | putrambyah Ni Kuraisin ||

22. punika măngka gêgêdhug | wong Kuparman yèn ajurit | asore kang para raja | Nata Dèwi Kuraisin | mila tan kenging minêngsah | ing mangke Sang Jayèngmurti ||

23. lan ingkang awis puniku | patutan putri prajurit | ing Parangakik prawira | Kusuma Sudarawrêti | putri loking pramudita | undhagi putus ing jurit ||

24. ngandika Raja Pangindrus | ngêndi pantês kang sun ungsi | ratu ingkang ginuronan | manusa miwah rasêksi | nadyan wus asugih dibya | bêcik akèh kang muwuhi ||

25. ing kene ingsun angrungu | nagara Dhayaksêngari | Sang Aprabu Yablulawal | mitrane kangjêng rama ji | yèku dhêmit kamanungsan | manungsa arabi pêri ||

26. nyiluman prajane lamun | ana parangmuka prapti | katon samodra kewala | yèn mungsuh bubaran mulih | iya katon kutha Timah | nagara Dhayaksêngari ||

27. kariya karo sirèku | padha tunggua nagari | tan karuan praptaningwang | yèn wus punjul ing sabumi [sa...]

--- 1: 37 ---

[...bumi] | iku ingsun nuli prapta | tur sêmbah sandika kalih ||

28. Narpati Kiswapangindrus | dêdêl napak ing wiyati | sampun pakartining ditya | bisa angambah wiyati | Sang Aprabu Sindhangdhayang | silêm dharat tan kaèksi ||

29. miling-miling kadi jangkung | lêpas lampahe sang aji | kêras amindha pawana | mangkana praptèng paminggir | ing nagara kutha Perak | kumêthak akèh kaèksi ||

30. anjog ing jro kitha niyup | Sang Prabu Dhayaksêngari | nuju pinarêk ing taman | saupacaranira sri | kalangên ing mangun rêtna | kagyat praptane sang aji ||

31. sumungkêm ing padanipun | Rajèng Sindhangdhayang nangis | angandika lon sang nata | tangia ta sapa iki | tangi umatur kawula | Pardiyu ingkang sêsiwi ||

32. pun bapa Raja Pardiyu | pun kaki Sang Raja Imprit | wau kalane miyarsa | Sang Prabu Dhayaksêngari | Raja Yablulawal sigra | kang putra rinangkul aglis ||

33. dhuh kalingane sirèku | atmajane kakang swargi | pagene sira karuna | praptamu apa prihatin | tutura sapa kang karya | kasusahan ing sirèki ||

34. matur Sri Kiswapangindrus | sang prabu ing Malebari | anakipun kula lamar | nama Dèwi Kun Maryati | nampik mangke pinangggihna | Rajaputra Parangakik ||

35. Sudarawrêti kang ibu | kang rama Sang Jayèngmurti | kang madêg Sultan Kuparman | punika ingkang angambil | bapa ji sêngkêran kula | Jayusman ingkang abukti ||

36. sang nata ngling sutaningsun |

--- 1: 38 ---

yèn sirarsa punjul sêkti | lêbonana guwaningwang | sakêlarira nak mami | yêkti Hyang latawal ujwa | mring sira anugrahani ||

37. darapon kêlara besuk | nirnakkên Si Jayèngmurti | payo maring wukir Perak | ing guwa pungkuran wuri | kêbon kêmbang salanggatan | prapta pinanjingkên aglis ||

38. kunêng malih kang winuwus | Wong Agung Surayèng Bumi | kang kondur saking ing Cina | prapta ing Mukub nagari | Sang Prabu Kăndhabuwana | wus sakeca tyasirèki ||

39. wong agung wus praptèng Mukub | suka Prabu Kăndhabumi | parentah dandan rêmbatan | kagungan Natèng Mêdayin | ingkang tigang lêksa rêmbat | badhe binaktèng Mêdayin ||

40. wong agung lami nèng Mukub | lan kang rama ing Mêdayin | saking Mukub nulya budhal | sêdya kondur Jayèngmurti | nênggih kang sami parentah | sang prabu ing Kăndhabumi ||

41. kang ngatêrna konduripun | Nusirwan maring Mêdayin | wong agung sampun utusan | sêrat maring ibu sori | atur uninga wus panggya | kang rama Natèng Mêdayin ||

42. sampun ingatêrkên kondur | ing mangke wontên ing margi | duta kawan atus wadya | dhingini maring Mêdayin | datan kawarna ing marga | caraka atur mêmanis ||

8. Dhandhanggula

8. Wong Agung kêpanggih lan garwa putra

1. dutanira Sang Surayèng Bumi | sapraptaning Mêdayin nagara | surat katur ing ibune | saking Sang Jayèngsatru [Jayèngsa...]

--- 1: 39 ---

[...tru] | putra katri samya nupiksi | myang Kyana Patih Bêstak | prasami agupuh | iya dèn enggal parentah | ingkang badhe mêthuk cêlak mêthuk têbih | pambagining punggawa ||

2. kawarnaa wau kang lumaris | prapta simpangan kang maring Kelan | wus pisah wau lampahe | kang kinon atut pungkur | mring kang rama Natèng Mêdayin | Prabu Kăndhabuwana | lan Sang Rajèng Mukub | pitung kêthi winatara | gunging wadya wong Mukub wong Kăndhabumi | kang dhèrèk mring kang rama ||

3. kang binêkta mung wong Parangakik | ingkang lajêng binêkta mring Kelan | sakêthi prajurit bae | iku sêliranipun | rajaputri ing Parangakik | ginajih pitung reyal | iku pêndhak Sêtu | jangkêp kawan bêlah reyal | sataune busana saking sang putri | kuda blagdaba bihal ||

4. duk pisahe Nusirwan anangis | sarwi ngrangkul maring ingkang putra | anggung dèn aras janggane | wus têbih lampahipun | praptanira bumi paminggir | gumrah sapraja Kelan | praptane wong agung | kang rama mêthuk kang putra | wus kapêthuk kang rama Kelanjajali | binêktèng manjing kitha ||

5. lajêng mring taman sang rajaputri | wus apanggih kang raka tumingal | ing sêpuhe wawratane | ngadhaton taman lulut | ingkang raka manjing ing puri | mangunêng ngêla-êla | maring garwanipun | sira Dèwi Kelaswara | solahira mring kang raka mratandhani | yèn kêdhik yuswanira ||

6. wus mangkana Risang Jayèngmurti | mundhut palwa

--- 1: 40 ---

badhe lampahira | mring Kusniya panusule | pacalang kèci sêlup | wangkang lêmbu pragota konthing | pitung atus sadaya | wus pamit wong agung | mring rama miwah mring garwa | trênyuh ing tyas kang lunga lawan kang kari | mêgêng asmara cipta ||

7. sampun mancal saking Kaelani | pan ubaya sawuse ing karya | rahayu wangsul sêdyane | tan kawarnèng nu laut | praptanira ing Malebari | muara ing Kusniya | kaprakosèng tutur | Sang Aprabu Bawadiman | Arya Maktal Adipati Guritwêsi | sagung ratu wadana ||

8. mêthuk muara têdhakirèki | nèng dharatan Prabu Bawadiman | manêmbah ngraup padane | rinangkul mring wong agung | yayi prabu padha basuki | umatur atur sêmbah | sapangat pukulun | jêng paduka kang minulya | saksat katurunan laelatul kadri | dhawuh sèwu nugraha ||

9. angramati ing dasih kaswasih | mugi tulusa sapangat tuwan | donya praptèng akerate | saksana sarêng laju | pan wong agung sakawan sami | miwah kang para nata | sadaya tan kantun | sira Raja Bawadiman | Arya Maktal Adipati Guritwêsi | praptèng byantaranira ||

10. wus apanggih putri Parangakik | putri Karsinah tuwin Sang Rêtna | Kisbandi iku arine | miwah Rêtna Marpinjun | para putra samya ngabêkti | Rêtna Sudara lênggah | jajar lan Marpinjun | Marpinjun asangêt taha | tur pakèring maring putra Parangakik | amèt pirit kawuntat ||

11. putri Karsinah putri [pu...]

--- 1: 41 ---

[...tri] Kuwari | ragi wurine putri Karsinah | dadya maleyot patute | Sudarawrêti muwus | marang Rajaputri Mêdayin | sarwi nyablèk wêntisnya | jêr kakangbok iku | mêmarahi nora tata | linggihane maleyot kudu nèng wuri | lah iki lurah apa ||

12. têka wigih brêgigah-brêgigih | mêlang-mêlang tyase kurang rêncang | ataha mring panêkare | angling Rêtna Marpinjun | nora bisa sun iki yayi | ngungkurna maring sira | manawa na rêmbug | pratikêl ubênging jagat | lamun sira kalingana dene mami | sun dadi tanpa ngrasa ||

13. bêcikira anèng ngarsa mami | aja dumèh yèn ginawe tuwa | sun anèng wurine bae | kagapea sirèku | lanangane manut sirèki | wong cubluk anèng ngarsa | mulane katêkuk | sun tuwa nama kewala | sira dhewe yayi Dèwi Parangakik | kang tan kewran ing papan ||

14. gumujêng wau kang samya myarsi | Rêtna Marpinjun malih ngandika | ingsun puji sayêktine | patitis ulah putus | pikir dadak bisa nanduki | tan logro maring wiyar | tan sêsak mring ciyut | kakênan tyas sanagara | pan biyunge lair batin anglabuhi | kèdhêp natèng alaga ||

15. kakang Adipati Guritwêsi | sayêktine pan ingsun angrasa | kungkulan sapratikêle | pasthi ingsun amupus | ngêmpèk bae mring yayi dèwi | lah iku ngambil bapa | liya jinisipun | sri naranata ing Cina | amung lagi wêruh layange sasuwir | saksat [sa...]

--- 1: 42 ---

[...ksat] nêmbah nagara ||

16. lan wong Cina lan wong Parangakik | ratu bintit lawan jinis liya | prandene kêna atine | dunya Cina tinawu | sinrahakên ing yayi dèwi | bêdhaha satus praja | măngsa na kayèku | ingsun tan milu kangelan | maring yayi dèn pandumi tigang kêthi | liya busana mulya ||

17. pèni-pèni ingkang raja pèni | isèn-isèn nagara ing Cina | tyas ingsun liwat sukane | sun iki mangkruk-mangkruk | milu nucuk ing yayi dèwi | sangsaya bata rêbah | kang sami gumuyu | jalu èstri kang miyarsa | angling malih rajaputri ing Mêdayin | wong kabèh kawaratan ||

18. para ratu satriya waradin | bajo salêmbuting sutra Cina | kabèh anganggo kayane | santana para ratu | yayi dèwi bêdhah nagari | balithuk Raja Cina | lêkasing prang pupuh | nora anganggo gêgaman | gêgamane amung karêtas sasuwir | gêrus dunya ing Cina ||

19. anambungi Sirtupelaèli | hèh yayi êmas ing Parangteja | iki sun idhêp jêbule | kakangbok karsanipun | amèt kadang ing putri bintit | mèh padha lawan ingwang | kangbok karsanipun | wêruh yèn bakal palastra | yèn wis mati sayêkti kang rama benjing | sihe tiba maring wang ||

20. saisine nagri Cina benjing | sun titipakên dunya ing Cina | salêngkêr purane Hongte | sayêkti duwèk ingsun | Rajèng Cina layange yayi | muni ngimur ing garwa | apan ora lampus | sutanira Adaninggar | wus salira Rajaputri [Raja...]

--- 1: 43 ---

[...putri] Parangakik | kang duwe nagri Cina ||

21. sangsaya sangêt gujênge sami | Sudarawrêti aris saurnya | nora iku sayêktine | sun amèt kadang tuhu | wêlas mulat wong nandhang brangti | anrus ing kabatinan | yayi ingsun labuh | talang dunya talang lara | tan kumêdhèp dhèhèm Sirtupelaèli | gumrah sagung miyarsa ||

22. Sultan Bawadiman anambungi | lagya antuk wau tigang kêcap | wong Menak alon sabdane | mênênga kabèh iku | yayi prabu arsa jêksani | tan ana kang sun gêga | amung yayi prabu | jêr iku ujaring adyat | ujar dalil sigra Prabu Malebari | alon ing têmbungira ||

23. kangjêng ratu mas ing Parangakik | ing ayate karya kapênêdan | anrus ing lair batine | nglabuhi lara lampus | yèn mêngsahe wong sanès pasthi | rinêbut ing ayuda | mèh akèh puniku | saking ngriki kula myarsa | praptèng pati pinêtak ing Parangakik | linabuhan bêbeya ||

24. mèsêm angling putri Parangakik | satêmêne yayi prabu ingwang | pan têlung kêthi beyane | kajaba ingonipun | kang ngatêrkên mring Parangakik | wong Cina kang sun rayat | tan kêna cinatur | sèwu kêbo sabên dina | malih matur Sri Kusniya Malebari | puniku jêng ratu mas ||

25. paduka kang motangkên mring Widhi | ujêr inggih dhawuhkên timbalan | ingkang kocap jro dalile | inggih kalamun ratu | damêl sae anrus ing batin | wêwalêsing [wêwalê...]

--- 1: 44 ---

[...sing] Hyang Suksma | inggih têlasipun | wong cilik tikêl sadasa | ya ta mèsêm Wong Agung Surayèng Bumi | nolèh maring kang garwa ||

26. padha imanêna yayi dèwi | antuk ngèlmu saking arinira | yayi prabu pituture | ingkang rayi wotsantun | kabèh suka ingkang miyarsi | mangkana winurcita | solah anggêpipun | Sang Aprabu Bawadiman | suwitanya maring Sang Surayèng Bumi | anggung pasowanira ||

27. tunggil lan Dipati Guritwêsi | lawan wong agung ing Parangteja | mangkana sagung panggawe | gunêm sadaya sampun | paningkahe putranirèki | mung nganti praptanira | kang wayah sang prabu | nênggih Sayid Ibnu Ngumar | saking Kelan kondur mring Kaos nagari | arsa mangun astana ||

28. benjing wangsul maring Malebari | pangetange ingkang eyang lama | datan tumuli praptane | nèng Kaos sampunipun | mangun makam lagya tri sasi | ngundhangi wadyanira | pan arsa anuju | paningkahe ingkang paman | budhal saking Kaos maring Malebari | Sri Sayid Ibnu Ngumar ||

29. sangang yuta lawan patang kêthi | wadyanira nèng marga miyarsa | yèn ingkang eyang rawuhe | saking nagari Mukub | dadya lampah ing siyang latri | ajrih kantun ing karya | mangkana winuwus | kasasar mri[2] Sindhangdhayang | gègèr otêr pangrasane mungsuh iki | saking ing wêwingkingan ||

--- 1: 45 ---

9. Pangkur

9. Sayid Ibnu Ngumar kadhustha dening Patih Sindhangdhayang

1. Raja Sayid Ibnu Ngumar | tan anyana dènira jujur margi | yèn amangih nagara gung | manusa lawan ditya | Sindhangdhayang putrane Raja Pangindrus | sira Kyana Patih Bardas | lan Patih Dhayangunari ||

2. prasamya salah graita | yêkti mungsuh nêkani saking wuri | Raja Kaos duk kêkuwu | munggèng imbanging arga | Patih Bardas têtela lamun puniku | kang wayah Sang Kakungingrat | Narendra Kaos nagari ||

3. ciptanira Patih Bardas | sun colonge gustine baris iki | supaya nyênyuda mungsuh | ing dalu Patih Bardas | mindha sarpa manjing pasanggrahan dalu | Sang Rajèng Kaos nagara | kapati dènira guling ||

4. jinêjêp pakuwonira | wus sinunggi Rajèng Kaos mring patih | mêdal saking baris agung | lajêng minggah mring arga | wontên witing têmbalo langkung gêngipun | ingugêr lawan witira | Sang Prabu Kaos nagari ||

5. tinilar luhuring arga | Patih Bardas mantuk mring prajanèki | Dhayangunar sinung wêruh | yèn baris ingkang prapta | wus kacidra ilang senapatinipun | benjing wong Kaos nagara | puyêngan kelangan gusti ||

6. sagung para raja-raja | samya nangis tan wruh ilanging gusti | tigang dina tigang dalu | ingubrês sining wana | jurang pèrèng trêbis singub [si...]

--- 1: 46 ---

[...ngub] siluk-siluk | mangkana kang para raja | rêmpêg ngaturi udani ||

7. sadaya-daya praptaa | ing nagari Kusniya Malebari | atur pêjah gêsangipun | rumêksa ingkang wayah | musnèng latri mangkana baris wus laju | tan kawarnèng marga prapta | ing Kusniya Malebari ||

8. katur sapratingkahira | wus amupus Wong Agung Jayèngmurti | otêr kubêkan wadya gung | para raja sungkawa | dyan wong agung nimbali Umarmayèku | lan Wong Agung Parangteja | prapta ngandika Sang Amir ||

9. yayi mas ing Parangteja | lan kakang mas Dipati Guritwêsi | paran ta karsanirèku | musnaning putunira | kaki Prabu Sayid Ibnu Ngumar iku | apa si nora mêndhea | sakèhe panggawe iki ||

10. umatur Ki Umarmaya | yèn suwawi sampun asalah siji | sampun ambêbancang laku | punika yèn kawula | dèrèng dadya wau kang sami rinêmbug | pan kasaru praptanira | Rajaputri Parangakik ||

11. lan Rajaputri Karsinah | angandika Wong Agung Jayèngmurti | bagya yayi karo rawuh | iya arsa sun undang | ribêd têmên iki yayi nalaningsun | Sudarawrêti turira | ribêd punapa pinikir ||

12. pan kagyat wontên sandhungan | kang waluya botên pantês pinikir | balik kang musnèng ing dalu | inggih sami rinêmbag | kantênane lawan pêjah gêsangipun | wong agung alon ngandika | iki kakang Guritwêsi ||

13. rêmbuge nuli ningkahna | sutanira aja bêbancang pikir | Sudarawrêti [Sudarawrê...]

--- 1: 47 ---

[...ti] asêndhu | inggih pikir punapa | suka-suka sajroning pratingkah iku | angangge sadaya-daya | lali pasêmoning Widhi ||

14. yèn susaha kapêjahan | yêkti kenging pinupus lawan pasthi | punikaa dèrèng tamtu | kaki prabu pêjaha | yèn dhewea bok lagi papa puniku | kaki Sayid Ibnu Ngumar | agawe rasane ati ||

15. punika yayi paduka | Bawadiman nuntên tuwan dhawuhi | mêndhèkakên karyanipun | yèn sampun sami mirsa | nuntên enggal angruruh kang musnèng dalu | lamun tuwan lilanana | kula pribadi ngulati ||

16. sirêp kang pikir sadaya | kaluhuran pikirira sang putri | Mraja Bawadiman sampun | ingandikan wus prapta | munggèng ngarsa jinarwan langkung angungun | sira Prabu Bawadiman | nimbali Patih Bunandir ||

17. matur Prabu Bawadiman | kula saos pun Patih Abunandir | nuntên suwawi pukulun | angruruh wayah tuwan | kadi-kadi punika pandamêlipun | Sang Aprabu Sindhangdhayang | prajane kang dèn langkungi ||

18. lampahe wayah paduka | inggih gusti Natèng Kaos nagari | kasasar kitha Pangindrus | nênggih ratu niaya | mila pun Apatih Bunandir pukulun | ingkang waskithèng jajahan | singa kang paduka tuding ||

19. ngupaya wayah paduka | akanthia pun Apatih Bunandir | wong agung ngandika arum | sira yayi kariya | tunggu praja kanthia karo sirèku | yayi mas ing Parangteja | lawan kang para narpati ||

20. yayi [ya...]

--- 1: 48 ---

[...yi] prabu kang ngupaya | wayahira iya ingsun pribadi | lan kakang Umarmayèku | padha arêbut papan | sira Patih Abunandir milu mring sun | kang datanpa kanthi kakang | Adipati Guritwêsi ||

21. sagung para raja-raja | dèn apacak baris angati-ati | Bawadiman nêmbah matur | pun kakang Tasikwaja | inggih lamun lilah paduka pukulun | kula bêktani punggawa | kang sagêd lumampah kêsit ||

22. pun Tumênggung Sèh Furikhan | lêlampahan sawulan dèn lampahi | kalih dintên praptanipun | kang darbe ngèlmu kasap | ngèlmining jin nadyan abdinta pukulun | pun Abunandir punika | sami ngangge ngèlmining jin ||

23. ujêr sami mawong sanak | mring abdine mring siti Kuraisin | putra paduka pukulun | Nata Dèwi Ngajêrak | kang kinarya wadananing karya ratu- | ning jin pasisir sadaya | kang nama Raja Jaswadi ||

24. nagarinipun Suwăngsa | kang Jaswadi kang ngratoni jin abrit | dening ratuning jin biru | kang nama Raja Miswan | Jonggiraji nagarinipun pukulun | kang sami pinawong sanak | Sèh Furikhan Abunandir ||

25. mangkana wau winarna | suka-suka kang sami angsal kanthi | tur awas jajahanipun | kunêng kang sampun dadya | nênggih tungtas sakathahe kang rinêmbug | pan ing dalu budhalira | wong agung kalih anilib ||

26. ing wuri orêm kalintang | kang tinilar Kusniya Malebari | wau ta ingkang lumaku | wong agung nitih kuda | askardiyu Patih Abunandir

--- 1: 49 ---

wau | tansah ing wuri tan pisah | nitih kuda saking ing jin ||

27. Marmaya dharat kewala | Sèh Furikhan lêpas lampahirèki | wus angambah dhusun-dhusun | wana ing pagunungan | lamun dalu arêrêp anèng wana gung | nyêkêl kidang myang manjangan | lan Apatih Abunandir ||

28. nèng wana karya dahana | Abunandir suka anglêladosi | bakar daging ulam sampun | matêng nulya dhinahar | lawan Abunandir yèn rina lumaku | pan sampun satêngah căndra | Wong Agung Surayèng Bumi ||

29. miwah ta Ki Sèh Furikhan | kang andhèrèk Dipati Guritwêsi | lampahe prasami namur | anasak padêdesan | tan kuningan lamun puniku wong agung | pan sampun matês sawulan | tampingane Malebari ||

30. ngancik ing jajahan liya | nitik ingkang kambah wong Kaos nguni | anggêpok jajahanipun | paminggir Sindhangdhayang | kuthanira Sang Prabu Raja Pangindrus | apan sami malih warna | wong agung lan Abunandir ||

31. kunêng gantya kawuwusa | nagri Kelan Raja Kelanjajali | amung ngadhêp putranipun | mèh babar kang wawratan | Kelaswara dènnyarsa panggih lan kakung | cêngklungên maring kang raka | Wong Agung Surayèng Wèni ||

10. Sinom

10. Dèwi Kelaswara seda konduran

1. ciptane sakêdhap netra | kewala arsa apanggih | ing raka Sang Kakungingrat | sampun karaos ing

--- 1: 50 ---

galih | Kelaswara amrêdi | mring kang rama sang aprabu | ingaturan utusan | mring Kusniya Malebari | ngaturana mring Kelan Sang Kakungingrat ||

2. sampun kawan wêlas căndra | punika tan arsa mijil | kula punika asayah | manawi nganti kang ngukir | kang rama anuruti | bupati kalih ingutus | nitih palwa pacalang | mring Kusniya Malebari | barat kêras patang dina praptanira ||

3. lampahe tan antuk karya | wong agung kapanggih sêpi | musna saking dalêm pura | ing Kusniya Malebari | amung sang putri kalih | kalihe sami kêkintun | tutur lamun kang raka | Wong Agung Surayèng Bumi | durung tamtu yèn pêjaha yèn gêsanga ||

4. durung kongsi mangun suka | nèng Kusniya Malebari | banjur amangun sungkawa | ilang maring wana wukir | matura yayi dèwi | caraka Kelan sirèku | lajêng duta ing Kelan | wangsul baitanirèki | bêdhol jangkar sigra dènnya babar layar ||

5. ing laut datan winarna | prapta nagri Kaelani | matur solahe dinuta | wau Kelaswara myarsi | yèn kang raka tan panggih | musnane nêdya anusul | kang wayah icalira | mangkana Sang Rajaputri | Kelaswara sumaput lajêng kantaka ||

6. dene miyarsa kang raka | kang sakala musnèng latri | kinira-kira cinidra | mring Sindhangdhayang Sang Aji | bapakipun rasêksi | kang ibu manungsa tuhu | Rajèng Kelan wus nyana | tiwas lakinira nini | baya kêna cinidra mring Sindhangdhayang ||

--- 1: 51 ---

7. punika kantakanira | Kelaswara duk miyarsi | pangandikane kang rama | sumaput sang rajaputri | kang jabang bayi mijil | seda konduran kang ibu | gumuruh cèthinira | pawonganira samyanjrit | Rajèng Kelan kambah wimbuh-kawimbuhan ||

8. mulat ing putra palastra | sumaput awêtu runtik | angiwung anarik pêdhang | bêbayi iki marai | patine anak mami | mèh tumiba pêdhangipun | malaekat anyandhak | ping tigane angayati | arsa mêdhang mring bêbayi galangsaran ||

9. kuwalik-walik kang asta | Patih Gajahbihêr prapti | anyandhak sarwi angrêpa | sampun makatên sang aji | putra sampun ngêmasi | kang wayah arsa linampus | Rajèng Kelan asugal | jêr bayi iki marahi | ing sedane nini putri Kelaswara ||

10. Gajahbihêr aturira | langkung salah paduka ji | bêbayi tumut punapa | pan botên uningèng warti | sedane kangjêng gusti | apan punika pinulung | mring kang darbe memean | karsaning Hyang Maha Suci | pan pinanci mung samantên yuswanira ||

11. katingal kadya ampuhan | kunarpanira sang putri | apan sampun sinucenan | pinêtak ing Suratmanik | orêm ing Kaelani | wau jabang bayinipun | nênggih karsaning Suksma | linabuh maring jaladri | winadhahan ya ing kandhaga kancana ||

12. cinarita tinadhahan | maring Jêng Bagendha Kilir | gya inguncalakên marang | ing muara Jonggiraji | apan nagrining êjin | ingkang

--- 1: 52 ---

ngratoni jin biru | ratune Raja Miswan | sisih lan ratu jin abrit | sira Prabu Jaswadi Rajèng Suwăngsa ||

13. minongka amêng-amêngan | dening Rêtna Kuraisin | ratu kêkalih punika | nenggih nagari pasisir | sira Raja Jaswadi | ing Suwăngsa prajanipun | sisih Sang Raja Miswan | sang rajèng ing Jonggiraji | kalihipun andêl-andêling Ngajêrak ||

14. jin ijo kuning lan pêthak | irêng panêkare sami | tur prawira ing ayuda | yèn aprang lawan jin kapir | muaranira nênggih | dadya pacangkramanipun | Nata Dèwi Ngajêrak | mangkana ingkang winarni | jabang bayi kang munggèng kandhaga êmas ||

15. lembak-lembak datan kesah | nèng muara Jonggiraji | mubêng-mubêng kombul kontal | kadhang ilang kadhang kèksi | alun agêng lumêmpit | milane datan kadulu | saking ing alun kontal | mulane katingal malih | ya ta ingkang kunêng wau kawuwusa ||

16. kang kari nèng nagri Kelan | sawulan maksih prihatin | akèh solahe karuna | parèstri sajroning puri | orêg wong sanagari | kadi wong katuju wurung | tontonên gustinira | katon sasolahirèki | sanagara mangu lênglêng mangunêngan ||

17. malih ingkang winursita | bukit Kap sang raja dèwi | kang ngadhaton nawa rêtna | Sang Dèwi Ismayawati | lan putri Kuraisin | nalika cangkramèng laut | nèng muara Suwăngsa | lan muara Jonggiraji [Jonggi...]

--- 1: 53 ---

[...raji] | nutug suka lan wadyakuswa wahana ||

18. kêrig para raja-raja | lan sagung para dipati | lan para putri sadaya | makuwon pinggir pasisir | siniwèng pra dipati | anèng pasanggrahanipun | muara ing Suwăngsa | prajane Raja Jaswadi | pan akathah palwa kang rinênggèng rêtna ||

19. enjing sang putri kalihnya | siniwi pinggir pasisir | wus tigang dalu Sang Rêtna | Ismaya lan Kuraisin | sagunging pra dipati | anata baitanipun | ana arsa lêlumban | ngandika Ismayawati | mring kang putra ing sawêngi mau ingwang ||

20. nini bangêt mêlang-mêlang | malah ing saiki mêksih | iya ing pangrasaningwang | sênig-sênig kêtir-kêtir | nanging kêtiring ati | dudu kêtir maras iku | buh kêtir maring suka | nging durung bisa ngarani | apa sira nini ana kang karasa ||

21. babo ta ing driyanira | kaya rasane tyas mami | kang putra matur anêmbah | tan wontên karaos inggih | tan darbe kêtir-kêtir | kadi paduka jêng ibu | angling Rêtna Ismaya | nimbali Raja Jaswadi | kang duwèni muara nagri Suwăngsa ||

22. prapta ngarsane sang rêtna | ngandika sang rajaputri | hèh Jaswadi ana apa | ing têlung bêngi puniki | muaranira ngriki | Jaswadi nêmbah umatur | gusti tan wontên paran | kang kapyarsa kang kaèksi | ing kagungan dalêm muarèng Suwăngsa ||

23. amung kawula supêna | sawulan lamine mangkin | katingal wontên baita | pun patik katiban siwi | kawula

--- 1: 54 ---

atur paksi | ing gusti kawula antuk | wulan katur paduka | nênggih paduka tampèni | inggih sampun kacêtha kagungan tuwan ||

24. nanging timbalan paduka | wulan kagadhuhkên malih | dèn bêcik Jaswadi sira | anggadhuh sasăngka iki | nuntên kawula tangi | amung punika pukulun | wau duk amiyarsa | Ni Dèwi Ismayawati | ing ature Jaswadi Rajèng Suwăngsa ||

25. ana kêdhik lêjarira | nênggih Sang Ismayawati | sigra anumpak baita | miwah putra Kuraisin | lan sagunging putri jin | malipir ing pinggir laut | têdhuh riris lamutan[3] | mêlêng ing maruta midid | mudhik milir anggambuh pandomanira ||

11. Gambuh

11. Prabu Nusirwan dumugi ing kadhaton Mêdayin

1. kagyat wau andulu | tabêla mas murub kumbul-kumbul | kinon mêndhêt ing Dèwi Ismayawati | punang tabêla mas katur | ing ngarsa sang dèwi karo ||

2. gya kinon buka sampun | ing jro isi jabang bayi mancur | langkung ngungun Sang Dèwi Ismayawati | ngandika ing putranipun | lah ta iki putraningong ||

3. tinêmune tyas ingsun | kang asênig-sênig kêpyur-kêpyur | tarataban kêtir-kêtir tan kuwatir | kang ibu sarwi andulu | jabang bayi kang kinaot ||

4. amulat lagkung ngungun | sapa iki ta ingkang sêsunu | dene pêkik têmên binuwang [bi...]

--- 1: 55 ---

[...nuwang] jaladri | mendah iki sêpuhipun | bagus tan ana winaon ||

5. cahya mindha sitangsu | iki baya ta sutaning ratu | wingit têmên pasêmone rare iki | ya ta na marutanipun | maring kandhaga sumêrot ||

6. lan prabawa gumludhug | nulya na swara andikanipun | iya nini piyaranên rare iki | anuli gawanên mantuk | iku têrahing kinaot ||

7. ya ingkang darbe sunu | Sang Kakungingrat patutanipun | Kelaswara Rajaputri Kaelani | ingkang buwang eyangipun | Kelanjajali Sang Katong ||

8. konduran ibunipun | mêtune iku ibune lampus | ya ta langkung suka Ismaya miyarsi | rare cinandhak ingambung | dhuh raganing putraningong ||

9. ngandikèng putranipun | lah Kuraisin iki kadangmu | sigra minggah mêntas Rêtna Smayawati | prapta pasanggrahanipun | sineba ing para katong ||

10. sirnaning swara iku | kinon ningali kang para ratu | sami mangu saking pêkike kang warni | kadya cahya Nabi Yusup | mimba saking jro kadhaton ||

11. pinundhutaken sampun | pinarêng wontên garwaning ratu | Raja Miswan Jonggiraji garwanèki | kang tinuduh êmbanipun | kang pinatah sami katong ||

12. Raja Jaswadi iku | nênggih ing Suwăngsa prajanipun | manjing êmban sinung parab jabang bayi | Radèn Iman julukipun | Rajèng Suwăngsa kang among ||

13. malih pêparabipun | Radèn Bakdingujaman puniku | lawan [la...]

--- 1: 56 ---

[...wan] malih Rahadèn Banjaransari | lan Dyan Amiratmajèku | Radèn Umi Kelan kaot ||

14. pêparab Abu Laut | lawan Iman Jonggiraji nêngguh | lawan Radèn Kusmara Akik Kusêrin | lan Radèn Ismayasunu | krêndha kanaka kinaot ||

15. kunêng kang sampun tulus | anèng Ngajêrak gantya winuwus | kang angungsir lampahe wayahirèki | nèng pagunungan anamur | amrih warta kang sayêktos ||

16. ênggone wayahipun | prabu ing Kaos dèrèng apangguh | dèrèng antuk pamiyarsa kang sayêkti | dadya alami wong agung | dènnya angruruh amomor ||

17. kunêng wau winuwus | lampahe Prabu Nusirwan rawuh | ing Mêdayin busêkan kang mêthuk sami | suka praptane sang prabu | lajêng tumamèng kadhaton ||

18. jroning pura gumuruh | samya nangisi maring sang prabu | pramèswari suka ngluwari punagi | pan udhik-udhikanipun | dinar limang atus kanthong ||

19. putra katri lumêbu | miwah apatih praptèng kadhatun | apan nutug mangunêng onêngan sami | pramèswari ngandika rum | hèh patih dèn olèh kapok ||

20. sakèhe panggawemu | sapisan-pisan durung anêmu | karahayon mèh têtombok ing pêpati | wirangira ngundhung-undhung | patih tumungkul wotsinom ||

21. Nusirwan pan anutur | duk manggih papa kawêlasayun | apadene antêpe [antê...]

--- 1: 57 ---

[...pe] dhêdhokoh nguni | gulawênthah tai uyuh | iya Si Jayèngpalugon ||

22. rowange Rajèng Mukub | amulasara kasrakat ingsun | alah iku Sri Mukub milu mariki | lan Kăndhabuwana Prabu | kang kinon ngatêr maringong ||

23. padha walêsên iku | sèwu kamulyan dèn bisa ngugung | turutana srahna isining Mêdayin | singa-singa kang pinundhut | sarahêna aja wangkot ||

24. putra katri gya mêtu | miwah ki patih manggihi tamu | akasukan sinungku nèng păncaniti | putra katiga lon muwus | timbalane rama katong ||

25. dhatêng dika Sang Prabu | Samsir tuwan[4] paman Prabu Mukub | kula pasrah isining nagri Mêdayin | sumăngga karsa sang prabu | sampun ngangge walangatos ||

26. undhangna kakang prabu | tuwin ta paman prabu ing Mukub | dèn undhangna satriya mantri bupati | sanadyan pakathikipun | punapa sukane kang wong ||

27. brana pawèstri ayu | sampun taha yèn sênêng jinupuk | samya dhêku anuwun narendra kalih | inggih kalangkung anuhun | timbalanipun sang katong ||

28. tan kirang barkatipun | kang putra Jêng Menak Jayèngsatru | amung inggih linilanana tumuli | yèn wus jangkêp pitung dalu | kawula anuntên bodhol ||

29. inggih anuntên nusul | dhatêng putra sang prawirèng pupuh | dhatêng nagri ing Kusniya Malebari | radèn dika nuntên matur | ing rama dika sang katong ||

30. cinatur pitung dalu | sakalangkung

--- 1: 58 ---

dènnya sugun-sugun | tan winuwus sakathahe kang pêparing | mangkana kalihe prabu | saking Mêdayin wus bodhol ||

31. ngalèr ngetan anglurug | wadya Kăndhabumi lan ing Mukub | kang sinêdya mring Kusniya Malebari | gumuruh ingkang wadya gung | lir kocaking samodra rob ||

32. pan arsa Rajèng Mukub | ngiras manggalani baris agung | ya ta kunêng kang maksih sami lumaris | wong agung malih winuwus | solahira asmarandon ||

12. Asmaradana

12. Prabu Ibnu Ngumar luwar saking Panganiaya

1. ngambah dhukuh wukir-wukir | pan nêlasah wana-wana | ingkang kiwa kang têbih wong | punika ingkang dèn ambah | Abunandir apisah | amindha ratu bêburu | apisah lan balanira ||

2. Kyana Patih Abunandir | anuntun turangganira | amarani rare angon | wêdhus bihal lan blagdaba | ki patih tinakonan | ing rare angon arubung | wontên rare tigang dasa ||

3. paman dika maring pundi | lawan pundi wismandika | Patih Bunandir saure | ingsun iki wong nagara | bêburu pan kasasar | apisah lan lurah ingsun | iya Kyana Patih Bardas ||

4. rare angon anauri | Kyana Patih Sindhangdhayang | ing sabên dina marene | wontên sêsukuning [sêsu...]

--- 1: 59 ---

[...kuning] arga | uwit têmbalo ngrika | ki patih lêlaranipun | andina kang pinaranan ||

5. Abunandir tannya malih | apa karyane ki lurah | anyilibakên kancane | têka nora nganggo wêkca | rare angon angucap | rika punapi tumênggung | punapi mantri kewala ||

6. apan ingsun iki mantri | lare angon lon angucap | ing ngriku patih sabane | amilara doracara | ratu liwat cinidra | yêkti kèh bandhanganipun | sapangadêging narendra ||

7. ratune mangke ginodhi | wontên wit têmbalo ngrika | kula wingi sore nonton | saungkure Patih Bardas | langkung kawêlasarsa | warnane anom abagus | ratu ing Kaos nagara ||

8. dèn pêpati mring ki patih | datan kinirim panganan | amung ing sabên têngange | paksi bango buthak prapta | ambêkta pêpanganan | kadi-kadi botên lêsu | wau kalane miyarsa ||

9. Kyana Patih Abunandir | lajêng wong agung tinilar | maring ing sawiji ênggon | prapta sêsukuning arga | kyana patih tumingal | kang ugêr wit têmbalwèku | sigra mrêpêki tur sêmbah ||

10. kagyat wau duk ningali | Prabu Jaka Ibnu Ngumar | alon wau pandangune | rika wong ing ngêndi paman | apa dutaning mêngsah | kinon matèni maring sun | angur silih tumulia ||

11. kyana patih awotsari | sampun anggèr salah cipta | pan kawula pêpatihe | rama tuwan Sri Narendra [Nare...]

--- 1: 60 ---

[...ndra] | Malebari Nusirwan | suwawi anggèr pukulun | kawula angluwarana ||

12. sigra Patih Abunandir | anarik pêdhang arantas | sakathahing têtaline | wus ucul saking sarira | luwar Sang Prabu Jaka | Abunandir ngraup suku | wau Raja Ibnu Ngumar ||

13. tarima paman sun iki | dene agung bêcikira | gêdhê têmên utang ingong | apa kang sun walêsêna | iya sira jin Islam | Abunandir lon umatur | suwawi nuntên marêka ||

14. ing eyang paduka gusti | Sinuhun Sultan Kuparman | punika kang kula dhèrèk | wontên lèr kilèn punika | inggih ngandhaping gurda | kumêpyur tyasira ngrungu | Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

15. cumêmplong tyasira nguni | ngaturan nitih turăngga | datan adangu praptane | kang eyang gupuh amapag | têdhak saking turăngga | lumajêng nungkêmi suku | kinêmpit mustakanira ||

16. wong agung ngandika aris | apa kang sun walêsêna | Bunandir bêcikirakèh | muga ta nglêstarèkêna | wong karya kabêcikan | winalês tikêl sapuluh | suwarganira minulya ||

17. kyana patih awotsari | pukulun kalinggamurda | ing supangat kang kinaot | datan karaos ing driya | amular pangat tuwan | nglampahi ayahanipun | wajib Risang Surayèngrat ||

18. Paduka Amir Mukminin | Amir kabuka bibullah | ngandika Jayèngpalugon | paran iki budinira | turăngga ingkang [ing...]

--- 1: 61 ---

[...kang] kurang | Abunandir nêmbah matur | kawula dhèrèk kewala ||

19. nanging kawula watawis | Patih Bardas Sindhangdhayang | sabên têngange praptane | iya bêcik ingêntenan | aja cidra ing lampah | malêsi cidraning mungsuh | pan iku kurang utama ||

20. dyan kasaput latrèng nguni | waune wus antuk sangsam | sigra binakar daginge | matêng dhinahar katiga | ya ta kang winursita | ing dalu sare wong agung | munggèng pêpojoking jurang ||

21. mangkana enjing winarni | Kyana Patih Bardas prapta | cara manusa praptane | sarwi nitih kuda pelag | wau sarêng tumingal | wit têmbalo kang kadulu | kang ginodhi sampun sirna ||

22. kumêpyur tyasira patih | mulat kering lawan kanan | tan ana sujalma katon | gone wong agung katrinya | kaling-kalingan gurda | uninga sasolahipun | patih têdhak saking kuda ||

23. sarwi angiling-ilingi | rantasing godhi katingal | pan saking pêdhot tabête | kyana patih julalatan | wau ingkang alingan | Patih Bunandir wotsantun | kawula ingkang maguta ||

24. wong agung ngandika aris | apa ta sira kuwawa | iku ditya manawa bot | Bunandir mêksa maguta | ingidèn nitih kuda | sakapraboning prang sampun | kawot saluhur turăngga ||

25. mêdal saking kering wuri | kagyat Patih Sindhangdhayang | anitih turăngga cemplo | mingêr asru dènnya ngucap | wong ngêndi sira

--- 1: 62 ---

baya | kang nyolong lêlaraningsun | iya ingong kang angluwar ||

26. sun Apatih Abunandir | sira rasêksa sikara | iku apan gustiningong | Prabu Jaka Ibnu Ngumar | Natèng Kaos nagara | mêngko wus ucul dening sun | măngsa mundura ing rana ||

13. Durma

13. Patih Bardas pejah

1. Kyana Patih Bardasmara narik pêdhang | sira manungsa ngêndi | Abunandir ingwang | pêpatihe sang nata | ing Kusniya Malebari | sigra amêdhang | Patih Bardas anitir ||

2. tinadhahan parisane băndabaya | Abunandir tan osik | murub kantar-kantar | saking sruning pamêdhang | angling Patih Abunandir | sira wus utang | ingsun iki anagih ||

3. ramening prang samya prawira digdaya | sami ungkih-ingungkih | Abunandir sigra | anarik pêdhangira | ingayatan Kyana Patih | Bardas aniba | saking luhur turanggi ||

4. malih ditya gêro krura gagah-gagah | arsa nyandhak Bunandir | binarêngan panah | jaja trus ing walikat | krura nabda jungkir-jungkir | pindhonên enggal | age Patih Bunandir ||

5. pan wong agung alon pangandikanira | nora kudu mindhoni | sapisan kewala | pasthi antakanira | Patih Bardas duk miyarsi | ujar mangkana | niba-niba pribadi ||

6. sirahira binanting-banting

--- 1: 63 ---

ing sela | rêmuk êndhasirèki | polone daludak | Patih Bardas palastra | turangganira prayogi | kinon ngambila | mring Ki Patih Bunandir ||

7. kudanira Abunandir katur marang | Rajèng Kaos nagari | saksana lumampah | anjujur wanapringga | lampahe wong agung katri | lami nèng wana | dalu rêrêb wanadri ||

8. kadi sarêng ingkang lampah kunêng gantya | Sang Prabu Kăndhabumi | lan Mukub Narendra | wau ing lampahira | saking nagari Mêdayin | maring Kusniya | kasasar Sindhangcuri ||

9. ngancik anèng paminggiring Sindhangdhayang | praja tampingannèki | gèn sagung punggawa | sawulan saking praja | nênggih saking Sindhangcuri | gègèr busêkan | prasami ngungsi wukir ||

10. gagap-gugup wong cilik kèh kang kacandhak | lanang dipun patèni | wadone jinamah | kèh samya ngungsi kitha | tinakonan kang angili | ingkang kapapag | maring Sang Jayèngmurti ||

11. Abunandir mêgati asru têtanya | ana pa sira iki | dene gugup padha | lumayu ngungsi wana | wong sawiji anauri | nagri manira | inggih kanggenan baris ||

12. langkung rêsah amatèni anjêjarah | Sang Ratu Kăndhabumi | punggawa sayuta | pitung kêthi prawira | ngêbroki ing Sindhangcuri | pan arsa marang | Kusniya Malebari ||

13. nanging pijêr jêjarah sêngit miyarsa | nagri liyan agami | Ênuh datan arsa | matèni kêdahira | ngajak agama Ibrahim | kalangkung rêsah [rê...]

--- 1: 64 ---

[...sah] | prajurit Kăndhabumi ||

14. Rajèng Mukub pangajêng rêmên jêjarah | lajêng wong agung katri | praptèng Sindhangdhayang | curi wong agung panggya | Rajèng Mukub Kăndhabumi | suka tumingal | ngungun kang aningali ||

15. baris agêng saking Sindhangcuri budhal | gumêrah gunging baris | Pêpatih Kusniya | Bunandir munggèng ngarsa | wus angancik ing paminggir | tampinganira | Kusniya Malebari ||

16. kawuwusa Umarmaya Sèh Furikhan | sampun miyarsa warti | wontên baris prapta | Rajèng Kăndhabuwana | saking nagari Mêdayin | lajêng umarang | Kusniya Malebari ||

17. ambêbahak jajahan ingkang kamargan | rusuh wong Kăndhabumi | gusis praja ika | kambah pan binoyongan | Umarmaya sampun manjing | lan Sèh Furikhan | panggih lan Bagendha Mir ||

18. miwah Prabu Jaka Sayid Ibnu Ngumar | ngungun sukur ing Widhi | budhal saha bala | Sèh Furikhan umêsat | dhingini matur ing gusti | lampahe prapta | Kusniya Malebari ||

19. katur maring Sang Aprabu Bawadiman | yèn kang raka kang prapti | ingkang ingulatan | wus kapanggih kang wayah | prabu ing Kaos nagari | Sang Arya Maktal | winartan dhandhanggêndhis ||

14. Dhandhanggula

14. Prabu Kiswapangindrus badhe nglurug dhatêng Malebari

1. nagri ing Kusniya Malebari | ubêkan ingkang arsa amapag | marang wong agung praptane | mring jawi kitha

--- 1: 65 ---

sampun | Bawadiman sagung para ji | kerid ing Arya Maktal | lampahe wus pangguh | samya sukur ing Hyang Suksma | budhal prapta ing Kusniya Malebari | gumrah amasanggrahan ||

2. cinarita antaranirèki | wolung dina busananing praja | rinarêngga lêlurunge | kadhaton ngalun-alun | lir kaswargan akarya sami | ebate kang tumingal | samya lênglêng mangu | tan kêna yèn cinatura | duk samana anuju dina sawiji | kêrig sagung pandhita ||

3. para ngulama suhada mukmin | maolana jumurung sadaya | rajaputra paningkahe | tuwin kang para ratu | myang punggawa satriya mantri | angèstrèni sadaya | ing paningkahipun | Rahadèn Putra Jayusman | wus apanggih lawan Dèwi Kun Maryati | langkung gêng kang bawahan ||

4. tan winuwus rêroncèning kardi | ya ta ingkang pra ibu sadaya | kang samya among pangantèn | tulus dènira runtut | datan ana sawiji-wiji | kunêng kang among suka | kasukan anutug | sagung para raja-raja | sami suka nèng Kusniya Malebari | sadaya garwa putra ||

5. ya ta ingkang kawuwusa malih | Raja Yablulawal sangêt duka | Dhayaksêngari kuthane | enjing siniwèng wadu | aglar ingkang para dipati | tuwin ratu amănca | manungsa lêlêmbut | balane Sang Yablulawal | kagyat dening Patih Sindhangdhayang prapti | Kya Patih Dhayangunar ||

6. tinimbalan prapta atur bêkti | lamun nagri Sindhangdhayang kontrag | putra

--- 1: 66 ---

paduka suwênge | Patih Bardas kalampus | dening parangmuka kang prapti | darojog saking wuntat | praptane anambuh | Narpati Kaos nagara | Ibnu Ngumar wayahipun Jayèngmurti | pun Bardas mêthuk pêjah ||

7. lajêng mring Kusniya Malebari | wontên malih cundakaning mêngsah | pan sayuta prajurite | ing Kăndhabumi Prabu | praptanipun ambêboyongi | wong lanang tinumpêsan | dening Rajèng Mukub | panganjur Kăndhabuwana | mangke risak nagri Sindhangdhayang gusti | mungsuh kang ambêbahak ||

8. duk miyarsa Sri Dhayaksêngari | Raja Yablulawal sangêt duka | têdhak jog marani gène | putra Kiswapangindrus | tigang wulan nèng guwa puri | prapta lajêng ambuka | guwa korinipun | kagyat kang mita[5] nuraga | wungu marak dening kang rama kaèksi | Sang Prabu Yablulawal ||

9. ngadêg anèng pintu ngandika ris | ingkang putra anungkêmi pada | Yablulawal andikane | wus luwara sirèku | pasthi kêna Si Jayèngmurti | dening subratanira | katingal maring sun | yèkti sira kuwarisan | sakathahe kasêktèn ngalam donyèki | kawêngku dening sira ||

10. nandyan kutha nawa rêtna benjing | ing Ngajêrak kêna dening sira | ujare iladunine | nêmbah Raja Pangindrus | kadi-kadi makatên ugi | Yablulawal lingira | ing mêngko ta kulup | mungsuh wus awit ambahak | Sindhangdhayang rusak prajanira mangkin | pêpatihira pêjah ||

11. ingkang siji Si Bardas [Bar...]

--- 1: 67 ---

[...das] wus mati | anadhahi wong Kaos nagara | wong Kăndhabumi praptane | lawan bala ing Mukub | ambêbahak ambêboyongi | kang kari patihira | wèh wêruh maring sun | Si Apatih Dhayangunar | payo mulih gunêm anèng jroning puri | prabu kêkalih sigra ||

12. Kiswapangindrus langkung aruntik | kadya kumukus mijil dahana | nênggih netrane kalihe | praptanirèng kadhatun | wus satata dhêdharan sami | Sang Raja Yablulawal | lan Raja Pangindrus | nimbali pêpatihira | Yablulawal anama Patih Dabatil | mupugi măndraguna ||

13. lawan Patih Sindhangdhayang prapti | jroning pura ngarsaning gustinya | sri naranata kalihe | Dhayangunar umatur | tiwasira têngga nagari | Raja Pangindrus mojar | ywa susah sirèku | ingsun ingkang malês benjang | ingsun têka ing Kusniya Malebari | yèn wus antuk ing tingal ||

14. Yablulawal sigra marentahi | hèh Dabatil sira parentaha | mring sagung prajurit kabèh | samêkta ing prang pupuh | apan ingsun arsa anggitik | Malebari Kusniya | Bawadiman Prabu | minta sraya wong Kuparman | malah mangke nèng Kusniya Malebari | Sultan Adi Kuparman ||

15. ngandêlakên yèn rijaling bumi | măngsa ana ingkang ngasorêna | wong Kuparman ing pêrange | asugih para ratu | prajurite kadya jaladri | jêr durung mêmungsuhan | iya lawan ingsun | Yablulawal Natèng Dhayak |

--- 1: 68 ---

ingsun iki ratu moncol ing sabumi | tanpa tandhing ayuda ||

16. sira dhewe lumakua patih | anonjoka layang mring Kusniya | iku ngandêlkên besane | Sri Bawadiman Prabu | mêjanani kêpati-pati | mring nagri Sindhangdhayang | nora katon ratu | sanadyan nagara Dhayak | nora ana ratune pan bocah cilik | amung nagri Kuparman ||

17. goning ratu kang ngrèh para aji | adoh-adoh iku pinèt besan | putrine dèn sorohake | iya nora dèn ingus | kang anduwe sêngkêran lami | ratu ing Sindhangdhayang | Si Kiswapangindrus | têgêse ingsun kang tuwa | dèn kilani măngsa mêcahêna ranti | wong Dhayak brêkasakan ||

18. ngandêlakên duwe lamjakunil | sugih kulhu panulak prang Dhayak | wong Sindhangdhayang tulake | sapa kang wêdi kulhu | sapa wêdi ing lamjakunil | wong Dhayak sêkti kawak | prawirane turun | măngsa dadak kasarana | tinandhing prang lawan Si Surayèng Bumi | srayane wong Kusniya ||

19. atur sêmbah Kya Patih Dabatil | pinaringan sêrat sigra mêsat | napak gêgana lampahe | ing wuri tri gumuruh | pra dipati atata baris | miwah wong Sindhangdhayang | kya patih kang mantuk | siyaga kang balakuswa | pan ratune maksih nèng Dhayaksêngari | nut wingking Rajèng Dhayak ||

--- 1: 69 ---

15. Pangkur

15. Pêjahipun Ratu ing Kelan

1. kunêng malih kawuwusa | nênggih nagri Kusniya Malebari | lan sawadya para ratu | Risang Surayèng Jagad | pan lagyeca kasukan amung sadumuk | dèrèng tutug sukanira | kalangan wontên prihatin ||

2. langkung saking gênging susah | apan wau kadya katiban wukir | ya ta sampun janjinipun | sakèhe kabibullah | ing têgêse lamun kêkasih Hyang Agung | kalane misih nèng donya | sinungan pangkat kêkalih ||

3. sawiji pangkat kawiryan | kawibawan siji pangkat prihatin | yèku sasmita satuhu | Risang Surayèng Jagad | yèn namunga wibawa bae panglulu | amung aluhur kewala | nora sor nora prihatin ||

4. têgêse ingkang mangkana | nora kinarsakkên mulya sayêkti | kang kinarya mulya tuhu | sinungan mulya susah | sinandhangkên kawiryan prihatinipun | lire pêpundhèn rinêksa | kamulyan sajroning pati ||

5. lawan êmpaning sasmita | kang linabêtakên ing wuri-wuri | lamun ta mêngkono iku | yêkti tan linabêtan | pan cinurês yèku ta sapungkuripun | pinasthi ing dalêm ênas | tan kêna pinikir malih ||

6. wontên abdi tur uninga | praptèng nagri Kusniya Malebari | yèn kang garwa sedanipun | Kelaswara konduran | jabang bayi linabuh mring eyangipun |

--- 1: 70 ---

winadhahan kêndhaga mas | binuwang marang jaladri ||

7. mangkya kang rama ing Kelan | èstu murtat Raja Kelanjajali | winalik imane sampun | mêsat sami sakala | pan linarut marang kabêcikanipun | wau kalane miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi ||

8. sakêthi rêntênging driya | wus wêwarta marang sajroning puri | wau ingkang para maru | Sudarawrêti lawan | Rêtna Sirtupelaèli nangis asru | Kisbandi mêntas pêputra | ririh angampêt ing tangis ||

9. atmajane mijil priya | sinung parab Radèn Hasim Kuwari | ya Ambyah Kuwari bagus | mèh sami lan kang raka | cinarita nênggih kala babaripun | Rahadèn Bakdingujaman | Radèn Iman Karnaèni ||

10. yêkti sarêng ungêlira | lampahing kang carita dadi gênti | wau kang tangis gumuruh | jro pura ing Kusniya | wus misuwur garwaning kang para ratu | lan garwaning para putra | kang sami manjing jro puri ||

11. Tasikwulan Ambarsirat | Maniklungit lan Dèwi Joharmani | praptèng pura sru amuwus | kathah ingkang karasa | kadya guntur kang anangis bantu-bantu | wong agung rêbah gènira | kantaka pitulas wêngi ||

12. sarira kaku sadaya | tobat ing Hyang wau kalane eling | kalantur atêmah junun | mati sajroning gêsang | lir wong mati sajroning pitulas dalu | wuyungan sadina-dina | ing Kusniya Malebari ||

13. sira Prabu Bawadiman | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | katri kang munggèng kadhatun | sirêp ing

--- 1: 71 ---

patang dina | kang anangis dènnya kacandhak ing rêmbug | witira ingkang rinêmbag | murtate Kelanjajali ||

14. kasaru ing praptanira | Radèn Wahas saking nagri Mêdayin | cara druwis praptanipun | pan bêkta wong sadasa | pan ingutus mring kang rama Betaljêmur | mangsit marang Arya Maktal | lan Dipati Guritwêsi ||

15. lajêng tumamèng jro pura | wus apanggih marang wong agung kalih | katri Bawadiman Prabu | prapta samya rangkulan | maringakên salame Sèh Betaljêmur | lawan maringkên wasiyat | pitutur ingkang sajati ||

16. yèn nagari ing Kusniya | Malebari kawêca nguni-uni | kanggenan prajurit punjul | ing mangke kalampahan | nanging iya ing ngriku sarwi tinêmu | kasukan lan kasusahan | pêpanggile janma luwih ||

17. aja na kurang mujadah | dèn narima ing takdir aja gingsir | prakara akèh ing pungkur | awrat-awrat ing wuntat | aja nganti kang kantu pitulas dalu | kang kari angubêngêna | pratingkah ingkang prayogi ||

18. Umarmaya tur uninga | angaturi putri ing Parangakik | para garwa kalihipun | Putri Marpinjun prapta | amung putri Kuwari têngga wong agung | anèng suyasa mutyara | wau ta kang anèng jawi ||

19. jinarwan ingkang pitungkas | saking Ki Sèh Betaljêmur wêwadi | putri Parangakik muwus | kakangmas adipatya | ari êmas paran ta pikirirèku | êndi patut linakonan | supaya dadi pênggampil ||

20. yèn [yè...]

--- 1: 72 ---

[...n] ika karsa manira | ingkang katon iku ingsun lakoni | kakang sapa wruh ing pungkur | dene kang wus têtela | nagri Kelan murtat patut dadi laku | yèn iku anaa karya | tan wurung angrêregoni ||

21. gêdhe nagari ing Kelan | yêkti dadi pakewuh angewuhi | Bawadiman lon sumambung | lêrês kangjêng ratu mas | Ratu Dhayak Sindhangdhayang gih pukulun | ing warta sampun busana | badhe anggêcak mariki ||

22. inggih yayi yèn manira | nêkiyari aja sêpi ing wuri | patut iku kang lumaku | yayi mas Parangteja | kuciwane ing wuri cotho ing rêmbug | hèh yayi mas kakang êmas | yèn panuju sira kalih ||

23. nênggih Sang Prabu Yujana | Kewusnendar iku kang ingsun tuding | kêriga sawadyanipun | senapatining lampah | sun kanthèni Banarungsit sutaningsun | sêparo kang dèn gawaa | para ratu ing Sêrandil ||

24. lan Si Kaladini Raja | Natèng Ngindi sugih bala prajurit | dene têtindhihing laku | iya Si Darundiya | momongane iya dadia têtunggul | sutaningsun ya Ki Rustam | minăngka gugating pati ||

25. sirnane kadange apan | jabang bayi dening Kelanjajali | yèn ora olèh sêsaur | sirnane kadangira | Kewusnendar kang mocoka sirahipun | si murtat ratu ing Kelan | yêkti nora durakani ||

26. kalawan Si Darundiya | sun ajani ambănda ratu mukir | anigasa murdanipun [mur...]

--- 1: 73 ---

[...danipun] | Kelanjajali Raja | nadyan ratu pinisêpuh marasêpuh | wong murtat pantês dadia | pangewan-ewaning pati ||

27. sirêp kabèh tanpa ngucap | pasamuan datan wontên cumuwit | kaluhuran sabdanipun | Rêtna Dèwi Sudara | mung pakewuh tyasira Rêtna Marpinjun | dene timure kang putra | tinuduh amangun jurit ||

28. nanging ajrih naurana | ing tuduhe putri ing Parangakik | dadi pasrah ing Hyang Agung | iya măngsa bodhoa | kang anuduh jêr sampun prajurit luhung | dadya ngriyini sadaya | wong agung ing Ngalabani ||

29. parentah ing Umarmadya | sigra kinèn parentah para aji | ingkang tinuduh anglurug | mukul nagri ing Kelan | Kewusnendar senapatining prang pupuh | têtindhihe Darundiya | kang măngka rêtnaning baris ||

30. nênggih Radèn Putra Rustam | wus sanega prajurit amiranti | datan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara | tri gumuruh budhal barising panganjur | Sang Raja Suratistaham | wuri Radèn Banarungsit ||

31. sapalih kang para raja | ing Sêrandil wuri Sang Natèng Ngindi | senapati wurinipun | Sang Raja Kewusnendar | kadya giri kusuma gêgamanipun | wuri Raja Darundiya | asri prajurit ing Bangit ||

32. Radèn Rustam pinaringan | mring kang ibu Sang Putri Parangakik | turăngga ran pun rarasrum | lan prajurit pangayap | kalih kêthi patang lêksa sri dinulu | sami trah mati ing papan | prajurit ing

--- 1: 74 ---

Parangakik ||

33. watara têlulas yuta | gunging baris kang mukul Kaelani | ing marga datan kawuwus | prapta paminggir Kelan | Kewusnendar pêparêntah ing wadya gung | padha bahak jêjaraha | tumpêsên wong Kaelani ||

34. wajib anrapi siyasat | ratu murtat luwih saking wong kapir | sinuwaran ing wadya gung | gègèr desa tampingan | Gajahbihêr pêpatih Kelan wèh wêruh | yèn dêdamêl agêng prapta | amukul ing paduka ji ||

35. senapatining lumampah | Kewusnendar têtindhih Rajèng Bangit | kang minăngka jimat tunggul | Sang Rajaputra Rustam | putra Amir patutanipun Marpinjun | Kewusnendar kang asagah | anyêpêng paduka aji ||

36. duk miyarsa Rajèng Kelan | kayaparan budinira apatih | pan ingsun kaburu nêpsu | ing mêngko paran baya | Ki Apatih Gajahbihêr nêmbah matur | kawula jrih nadhahana | Kewusnendar ing ajurit ||

37. miwah Prabu Darundiya | kawula jrih ratu gawat ing jurit | trah Ngalabani prang ampuh | sintên kang nadhahana | miwah Rajaputra Rustam ingkang rawuh | anggugat patining kadang | kang tuwan labuh jaladri ||

38. dèrèng wus gunêming mêngsah | pan kasaru gègèring pra dipati | yèn mêngsah panganjuripun | sampun anggêpuk kitha | sigra Raja Suratistaham pênganjur | miwah Rajaputra Selan | Banarungsit prapta ngungkih ||

39. sampun madung lawang kitha | ingkang wetan kidul kang dèn ênggoni | Sri Kelanjajali gugup [gu...]

--- 1: 75 ---

[...gup] | lolos saking jro kitha | mêdal kilèn angungsi ing Siratmadu | makamipun ingkang putra | wadyanira kocar-kacir ||

40. bubar mawur asar-saran | pra dipati kang nusul maring wukir | ing sudama Siratmadu | gusis punggawèng Kelan | kuthanira binêdhah sakèthèng rubuh | wadya gung manjing sadaya | bala kang wuri miyarsi ||

41. lolose Sang Rajèng Kelan | Kewusnendar mingêr barisira glis | angêpung ing Siratmadu | miwah Sang Darundiya | Rajèng Kelan nêdya rêrêmpon ing ngriku | ambyuk prajurit Yujana | gumulung kang pra dipati ||

42. dharat angrèkèl aldaka | Kewusnendar têdhak saking turanggi | ngawaki angrangsang gunung | Siratmadu ginêcak | Rajèng Kelan kamilurusên angungun | solahe kang kaluputan | pinarêng praptaning takdir ||

43. sedane Sang Rajèng Kelan | kamicêguk pinêlak napasnèki | Patih Gajahbihêr sampun | mudhun atur bongkokan | tur uninga yèn sedane ratunipun | Kewusnendar pêparentah | apatih kinèn mangsuli ||

44. tabêlanên ratunira | sun gawa mring Kusniya Malebari | Patih Gajahbihêr sampun | ratune tinabêla | wus binêkta kondur marang kitha rawuh | Dyan Kewusnendar utusan | mring Kusniya Malebari ||

45. kacandhake Rajèng Kelan | duta mêsat ing wuri marentahi | mring patih jarahanipun | rajaputra katuran | Radèn Rustam amakuwon sitiluhur | rumat [ruma...]

--- 1: 76 ---

[...t] kang rakit jarahan | budhal sakathahing baris ||

46. akêmba tan manggih aprang | Rajèng Kelan praptane angêmasi | binêkta bandhosanipun | Gajahbihêr Apatya | kang ngayomi wadya gung kang para ratu | pra dipati wus binêkta | anggambuh mring Malebari ||

16. Gambuh

16. Sang Amir Wungu saking Kantaka

1. anèng marga kapêthuk | ing wangsulira utusanipun | lan ambêkta parentah marmane aglis | Rajèng Kelan layonipun | tabêlane kinèn nglaboh ||

2. buwangên samodra gung | Sudarawrêti parentahipun | wus linabuh layone Kelanjajali | wus lajêng kang baris agung | wong pura kabèh binoyong ||

3. datan kawarnèng ênu | lampahe Radèn Rustam sinêrug | Kewusnendar kalawan Sang Rajèng Bangit | tuwin sagung para ratu | ingkang lami saking êndon ||

4. enjing ing praptanipun | sadayane ingkang para ratu | manjing kitha ing Kusniya Malebari | wadya kang kari kèh mêthuk | lajêng tumamèng kadhaton ||

5. wus panggih lan kang ibu | Sudarawrêti miwah Marpinjun | mèsêm angling Kusuma Sudarawrêti | ingsun jajal sira kulup | kaparêng nora kaprêgok ||

6. mungsuh kang wani magut | têka nuju apêsing kang mungsuh | besuk malih bok ana bêgjane kari |

--- 1: 77 ---

mèsêm Sang Rêtna Marpinjun | andêlêna yèn mangkono ||

7. mendah yayi sirèku | dadia lanang bumi kinêlun | soring langit kabèh iki dèn dhèwèki | yayi Sudara sirèku | eman têmên dadi wadon ||

8. anake mêksih kuncup | iya tinuduh gitik prang pupuh | katujune mungsuhe apês ing jurit | ingsun liwat kêpyur-kêpyur | tyas ingsun tan ana ing jro ||

9. Sudarawrêti matur | kangbok sagung prakawis puniku | kang parentah sayêkti kang duwe tanting | măngsa kênia puniku | ngluwihana saking bobot ||

10. Raja Kelan puniku | murtat duraka maring Hyang Agung | pêpêdhotan măngsa mêdhotêna têki | binocahan bae cukup | wong dosa maring Hyang Manon ||

11. putune kang linabuh | Si Rustam iku pantês kang ngukum | wong wus utang singa-singa kang anagih | tinagiha bocah kuncung | măngsa ta wurunga asok ||

12. kasaru lêbêtipun | wong Parangteja nêmbah umatur | ngaturakên Kewusnendar antuknèki | boyongane patang èwu | ingkang arupa wong wadon ||

13. lawan panungkulipun | bala ing Kelan kang para ratu | pra dipati pêpatihe kang ngayomi | salêksa punggawanipun | patang atus para katong ||

14. sakêthi mantrinipun | wong patang yuta cacah rinipun | angandika Rajaputri Parangakik | wong wadon kang têlung èwu | yayi lêbokna kadhaton ||

--- 1: 78 ---

15. paringna ingkang sèwu | Si Kewusnendar ingkang andundum | pra dipati para Ratu Kaelani | gantungên ana sirèku | patihe maksiha among ||

16. dene rajabranèku | saduman bae manjing kadhatun | kang rong duman Kewusnendar konên bagi | Arya Maktal awotsantun | mijil saking jro kadhaton ||

17. pinarentahkên sampun | lêstari kabèh pangêdumipun | wadya Selan nunggil wadya Kaelani | tan owah ing tatanipun | gènira sami makuwon ||

18. kunêng ta kang winuwus | wus jangkêp mangkya pitulas dalu | kantakane Wong Agung Surayèng Bumi | wungu mangu pungun-pungun | tingkahe kang wus kalakon ||

19. kang para garwanipun | sami ngadhêp anèng ngarsanipun | katur kabèh lêlakon ing Kaelani | mèsêm sukane kalangkung | Wong Agung Jayèngpalugon ||

20. ing titah wus pinupus | jabang bayi linabuh yangipun | wus mangkana Wong Agung Surayèng Bumi | arsa tinangkil wadya gung | sêmune lir nêmbang sinom ||

Lajêng nyandhak: Jilid 2.

--- 1: [79] ---

Isinipun.

... Kaca

1. Prabu Hongtete badhe mapagakên wong agung. ... 3
2. Prabu Hongtete têluk dhatêng wong agung. ... 7
3. Wong agung dipun subya-subya. ... 10
4. Radèn Jayusman badhe dhaup kalihan Dèwi Kun Maryati. ... 18
5. Dèwi Sudarawrêti tindak dhatêng nagari Malebari. ... 25
6. Dèwi Sudarawrêti nampèni pasumbang saking Prabu Hongtete. ... 29
7. Sang prabu ing Sindhangdhayang badhe ngrêbat Dèwi Kun Maryati. ... 33
8. Wong agung kêpanggih lan garwa putra. ... 38
9. Sayid Ibnu Ngumar kadhustha dening Patih Sindhangdhayang. ... 45
10. Dèwi Kelaswara seda konduran. ... 49

--- 1: [80] ---

... Kaca

11. Prabu Nusirwan dumugi ing kadhaton Mêdayin. ... 54
12. Prabu Ibnu Ngumar luwar saking panganiaya. ... 58
13. Patih Bardas pêjah. ... 62
14. Prabu Kiswapangindrus badhe nglurug dhatêng Malebari. ... 64
15. Pêjahipun ratu ing Kelan. ... 69
16. Sang Amir wungu saking kantaka. ... 76

 


dhatêng. (kembali)
mring. (kembali)
lautan. (kembali)
tuwin. (kembali)
minta. (kembali)