Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934–5, #844

Judul
Sambungan
1. Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No.1155a

Menak Malebari

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 2: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

17. Sinom

17. Wong Agung lênggah siniwaka wontên ing Malebari

1. wus kadya kadhatonira | Wong Agung Surayèng Bumi | anèng nagari Kusniya | ing dina Soma tinangkil | aglar para narpati | kang pra dipati supênuh | punggawa ulubalang | prawira satriya mantri | ambalabar kadya samodra ludira ||

2. wong agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi | katiga Sri Bawadiman | kang munggèng ngarsa tan têbih | para putra nambungi | Radèn Jayusman nèng ngayun | nulya Rahadèn Ruslan | lawan Radèn Rustamaji | Radèn Hasim Kuwari kang timur pisan ||

3. para ratu kang pangarsa | Natèng Kohkarib nambungi | nulya Sri Bupati Selan | Lamdahur kang anambungi | Lawan Rajèng Yunani | Rajèng Kebar kang sumambung | ing Rum Kênahan Kangkan | Ngindi Raja Kaladini | ing Ngabêsi Raja Sadat Kadarisman ||

4. Rajèng Bangit Darundiya | Suratisdaham Surati | Raja Samsir Ibnu Buldan | narendra ing Kăndhabumi | Raja Kemar Kuwari | ing Yujana kang sumambung | Narpati Kewusnendar | ing Miskat Sakirdanali | Raja Kasbumirat Sang Natèng Katijah ||

5. Pirkari Raja Sarsaban [Sarsa...]

--- 2: 4 ---

[...ban] | kang umur nêm atus warsi | Puldriyan Raja Sapardan | Sarwal Raja Pusanggarim | Raja Dêbrun ing Dêmis | Raja Kunawar lan Kuljum | Narpati Ngambarsirat | Kirmani Kendah Biraji | kang ambanjêng ratu kêmbar kawan dasa ||

6. banjêng para rajaputra | Narpati Kaos pangirid | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | Ibnu Jarmaktal putrèki | Marsandi Umardani | Marmaya ingkang sêsunu | Rajaputra Marjaman | Rajèng Kohkarib sêsiwi | Radèn Sirat Mardanus putra ing Yunan ||

7. Banarungsit putra Selan | lan ari Radèn Pirngadi | Suptandar putra ing Kebar | Radèn Kiswarin Diswarin | rajaputrèng Rum kalih | Radèn Kodrat Samadikun | lawan Samardikaran | Rajaputra Sarkab Turki | Kahar Kusmèn atmajane Kewusnendar ||

8. kathah lamun cinatura | ingkang para rajasiwi | sadaya sampun prawira | tate anguwisi kardi | kadya puspita giri | para raja para sunu | tuwin kang para putra | wus datan kêna winilis | kadya laut ing măngsa kapat mèh pasang ||

9. eca dènnya siniwaka | Wong Agung Surayèng Bumi | namung dening para nata | dhêdharan nèng păncaniti | larih mayêng para ji | hèr mawar nguswa para rum | wuwusên duta Dhayak | Sêngari Patih Dabatil | niyup saking gêgana tanpa larapan ||

10. mangsah nunggil para nata | wurine rada kapering | ngadêg sarwi alendhehan | wijoan Rajèng Yunani | cingak samya ningali | sira Sang Prabu Tamtanus |

--- 2: 5 ---

astanira kang kanan | mêntas anampani larih | ingkang kiwa anêpak pundhaking duta ||

11. pinêtêl-pêtêl garonjal | ratu kang samya umèksi | tan ana wruh wong kadohan | nyana abdi ing Yunani | samana graitani | mêngkono pratingkahipun | dènira ngêmpit sêrat | gumluwèh tan pati taklim | dene têka jujug gèn Sang Rajèng Yunan ||

12. tan pantês ratuning raja | nora tajêm ulat liring | tinêpak-têpak garonjal | duka Sang Prabu Yunani | pinidih jangganèki | tinapuk ing gêlas sumyur | ngadêg Sang Rajèng Kebar | rinêbut saking ing wuri | surat kêna Patih Dhayak arsa mêdal ||

13. cinandhak astane kanan | rinangkus tan bisa osik | binêkta marang ngayunan | ngungun kang para narpati | Prabu Tamtanus angling | wong ing ngêndi tambung laku | mamak ing parikrama | umatur Patih Dabatil | pan kawula dutane Sang Rajèng Dhayak ||

14. Sang Aprabu Yablulawal | kula pun Patih Dabatil | inguculakên saksana | pagene ta murang niti | apa ratuning anjing | tan ana tatakramamu | sigra sumambung raja | ing Kusniya Malebari | kakang prabu yèn punika Patih Dhayak ||

15. sampun carane ing ngrika | tanpa krama rèh tan yukti | tur nagri agêng kalintang | jajahan nagari wukir | manungsa kang sapalih | wadya sapalih lêlêmbut | balane kang manungsa | warnine sami jêginggis | kinèn linggih Patih Dabatil wus lênggah ||

16. sawurine [sa...]

--- 2: 6 ---

[...wurine] Umarmaya | kang sêrat katur ing gusti | Wong Agung Surayèng Jagad | mèsêm dènira nampani | surat sinungkên aglis | kinèn maos Marmayèku | ngadêg ambuka surat | têmbaga rinajawrêdi | duk winaca amucung ukaranira ||

18. Pucung

18. Sêrat panantang saking Dhayak Sêngari

1. layang ingsun ing Dhayak Sêngari Prabu | Raja Yablulawal | ratu sudirèng ajurit | kang sinêmbah para ratu ulubalang ||

2. dhumawuha marang Bawadiman Prabu | pagene ta sira | mêjanani angilani | Yablulawal pan ora katon manusa ||

3. sutaningsun Ki Prabu Kiswapangindrus | nyêngkêr anakira | Ni Dèwi Kun Amaryati | dadak sira lakèkkên karo wong liya ||

4. sira iku amèt sraya ratu agung | soroh anakira | wong Kuparman iku prapti | ngandêlakên balane kadi samodra ||

5. kaya alun sugih bala para ratu | iku Bawadiman | putrimu aturna aglis | sun panggihkên lan Ki Prabu Sindhangdhayang ||

6. Si Pangindrus ya iku pacanganipun | lan Si Kakungingrat | ajakên nungkul mring mami | lamun ora mêngkono hèh Bawadiman ||

7. ingsun pemut wuwuhana sarayamu | patang mono êngkas | ing Kusniya Malebari | pan wus pasthi rusak saking astaningwang ||

8. sira iku Bawadiman yêkti ngrungu | kasantikaningwang [kasantika...]

--- 2: 7 ---

[...ningwang] | ratu wudhu ing ajurit | ratu moncol ing bumi Si Yablulawal ||

9. lêlarènmu jêrokna jêmbarna iku | lawan agawea | iya kapurancang wêsi | balowrêtinira sundhulêna mega ||

10. nora wurung kuthanira ingsun gêmpur | surat titi tamat | mèsêm kang sami miyarsi | gya wong agung akèn mring kang raka Abas ||

11. kinarya wus dadya kang sêrat sul-angsul | pinaringkên sigra | nampani patih Dabatil | mêdal saking tarub praptèng jawi mêsat ||

12. sigra mabur napak wiyat nyamut-nyamut | eram kang tumingal | wong dhapure kaya anjing | Patih Dhayak bisa ngambah ing gêgana ||

13. tan kawuwus apatih ing lampahipun | praptèng nagri Dhayak | kang surat katur ing gusti | angsul-angsul saking nagari Kusniya ||

14. binuka wus marang Yablulawal Prabu | pèngêt surat ingwang | Wong Agung Surayèng Bumi | kang lêlana saking Kuparman nagara ||

15. kang amêngku pira-pira para ratu | dhawuha ing sira | Sang Prabu Dhayak Sêngari | wruhanira sira kang kêkirim layang ||

16. pan kaliru sira marang yayi prabu | dudu saking raja | ing Kusniya Malebari | apan ingsun kang mundhut putrining raja ||

17. têgêsipun aja anjarag napsuku | payo kapan sira | pragola angadu sêkti | apa têka apa malaku tinêkan ||

18. dèrèng tutug kang sêrat pamaosipun | Raja Yablulawal | kang sêrat sinêbit-sêbit | apan nulya akèn anêmbang têngara ||

19. para [pa...]

--- 2: 8 ---

[...ra] ratu kang amăncaprajanipun | kinêrigkên samya | wus lami praptanirèki | samêktèng prang balanira Yablulawal ||

20. patihipun Dabatil alon umatur | gusti sampun inggal | luhung paduka nyuruhi | minta sraya kang prakosa sugih bala ||

21. yèn ta amung sawadya tuwan pukulun | langkung saking nistha | lèpèn anêmpuh jaladri | tanpa ngrasa amungsuh Sultan Kuparman ||

22. Rajèng Kulup Raja Kalbujèr pukulun | suruhana ing prang | sugih punggawa prajurit | sami kopar sayêkti dhangan kewala ||

23. Raja Kulkul ing Kalkiyah prajanipun | inggih aturana | pasthi punika dhatêngi | sayêktine raja sami gendhong raja ||

24. pan ginugu kyana patih aturipun | sira lumakua | angaturi para aji | ingkang padha prakosa asugih bala ||

25. tan kawuwus Patih Dabati kang laju | ganti winursita | ing Kusniya Malebari | pan wong agung pakumpulan pirêmbagan ||

26. aturipun Bawadiman Sang Aprabu | gusti yèn sêmbada | mêngsah ingantos dhatêngi | sampun tuwan ngalurugi nagri Dhayak ||

27. papanipun angèl awis bêras pantun | ratu gêgêmblungan | jajalanat ambêk eblis | arang aprang anggung akarya musibat ||

28. kêmatipun panêluhan andêlipun | kajawi punika | minta sraya ratu malih | yêkti wontên linadenan aprang papan ||

29. malihipun rayi paduka anjungkung | pun kakang Pijajar | Radèn Wahas nguni prapti [pra...]

--- 2: 9 ---

[...pti] | mangsit dhatêng pun kakang ing Parangteja ||

30. mangkenipun wontên pulo Barjah nêkung | nêpi mung sadasa | sabat sami cara druwis | kadya ical angkate saking nagara ||

31. kang sinamur titahe Rajèng Mêdayun | kagyat duk miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | tanya marang Arya Maktal matur nêmbah ||

32. kabèh katur Radèn Wahas aturipun | ngandika mring raja | ing Kusniya Malebari | yayi prabu ngêndi papan kang prayoga ||

33. ingkang patut yayi ginawe amêthuk | yudane wong Dhayak | jabane kutha kang radin | nêmbah matur sira Prabu Bawadiman ||

34. Ngambarsimun jawi kitha lèpèn agung | ara-ara jêmbar | aradin sitine wêdhi | wiyaripun wontên lampahan sasiyang ||

35. ngandika rum wong agung mring para ratu | padha rêsikana | papane ingkang prayogi | kang apantês badhe papaning ayuda ||

36. apan ingsun yayi prabu arsa ngujur | marang pulo Barjah | wus lami ing kajat mami | angurmati ing astana Nabi Adam ||

37. lawan ingsun amanggihi ariningsun | yayi Wahas ika | anamur lunga anilib | kang anêpi anèng wukir pulo Barjah ||

38. apan sampun sampurna kabèh kang rêmbug | sagung para raja | mring Ambarsimun angrakit | pan wong agung anamur mring pulo Barjah ||

39. wus katêmu lan atmaja Betaljêmur | sira Radèn Wahas | apan sarwi abêbisik | ala ayu ing pratingkah winangsitan ||

40. pelingipun gih pun paman [pama...]

--- 2: 10 ---

[...n] Betaljêmur | wong agung santosa | narima titahing Widhi | kacathête rèhing guru tan kawuntat ||

19. Pangkur

19. Prajurit ing Dhayak Sêngari mangsah prang

1. kunêng malih winursita | Rajèng Dhayak srayane samya prapti | ing Kalkiyah Raja Kulkul | bala tanpa wilangan | lan Narendra Kalbujèr Sang Raja Kulub | asugih bala narendra | ratu wudhu ing ajurit ||

2. dêdêg satus pitung dasa | êgas prapta nagri Dhayak Sêngari | budhale wadya panganjur | Sang Prabu Sindhangdhayang | murwèng karsa kudu akarya panganjur | anglir prahara ru-ara | budhale sagunging baris ||

3. wahana mawarna-warna | tri gumuruh kadya wukir ngêbêki | wana kang tinêrak gêmpur | atêmah ara-ara | tan winarna lamine anèng dêlanggung | sampun angambah jajahan | ing Kusniya Malebari ||

4. gègèr sami ngungsi kitha | dèn bahaki dèn jarah dèn boyongi | mantri tampingan kêsusu | atur uningèng kitha | Patih Abunandir ingaturan sampun | praptane kang mungsuh Dhayak | wus anèng desa paminggir ||

5. katur Prabu Bawadiman | lajêng katur Wong Agung Ngalabani | aparentah para ratu | anêrabakên bala | mijil saking kitha tata Ngambarsimun | mêngsah prapta mrêpêk kitha | wadya ing Dhayak Sêngari ||

6. makuwon ing Ngambarsirat [Ngambar...]

--- 2: 11 ---

[...sirat] | pojok kidul wetan ingkang dèn goni | ngara-ara Ngambarsimun | sami ngidêk pinggirnya | pinggir wetan barising mêngsah anglajur | lèr kilèn baris Kusniya | wadya Kuparman ngêbêki ||

7. kang ngujung nèng pulo Barjah | ingaturan uninga mêngsah prapti | wong agung anulya kondur | praptèng kitha sanega | saha bala mijil baris Ngambarsimun | tan kari Sri Bawadiman | radèn putra têngga puri ||

8. lan para ibu sadaya | sih-sinihan Ni Dèwi Kun Maryati | wau ta ingkang winuwus | mêngsah ebat tumingal | dene gunge pakuwon Ngarab ngêndhanu | wadya jro eram tumingal | gunging mêngsah angêbêki ||

9. inganti sarumatira | pakuwonnya wusnya kawan dasa ri | wong agung kêkirab sampun | miyosi ing payudan | têngara tri gumuruh guntur-gumuntur | wadyaning mungsuh miyarsa | nimbangi têngara nitir ||

10. wus mijil mungsuh lan rowang | baris têpung kupêng kalangan asri | ing wijoan palowanu | Risang Surayèng Jagat | aglar ngarsa prajurit kang para ratu | wong agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi ||

11. katri Raja Bawadiman | datan têbih Sri Yablulawal mijil | lawan Sang Aprabu Kulkul | narendra ing Kalkiyah | Sri Narendra Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | lan prajurit para nata | sadaya mijil ing jurit ||

12. sira Raja Yablulawal | titihane bakarlès angajrihi | sirah macan awak lêmbu | ngegla anèng matêngga | sira Raja Kalbujèr [Kalbu...]

--- 2: 12 ---

[...jèr] Sang Rajèng Kulub | prapta ing papan tumingal | kang mêngsah kadya jaladri ||

13. amanggung anèng wahana | Rajèng Kulub ngatag ingkang prajurit | nama Raja Jabarkamus | Kosar kadatonira | lah cacakên yudane Si Arab iku | ingsun arsa ngawruhana | raja ing Kosar wotsari ||

14. mangsah anitih turăngga | sira Raja Jabarkamus ngajrihi | amandhi gadanira gung | praptèng papan sêsumbar | mêtonana wong Arab saparsa lampus | iki ratu kinawasa | aja nanêdya ngunduri ||

20. Durma

20. Patih Bunandir Majêng Prang

1. kadya guntur surak Dhayak Sindhangdhayang | Kulub Kalkiyah atri | wau duk miyarsa | Kyana Patih Kusniya | nêmbah Kya Patih Bunandir | ingidèn mangsah | nitih turăngga jênggi ||

2. kadya nêngkêr triloka surak wadya Rab | kang yuda wus apanggih | pan ayun-ayunan | Jabarkamus têtanya | sapa aranmu prajurit | nauri sugal | ingsun Patih Bunandir ||

3. pêpatihe Sang Aprabu Bawadiman | Kusniya Malebari | iya balik sira | lanat sapa ranira | ingsun ing Kosar nagari | ratu digdaya | Jabarkamus ran mami ||

4. lah gadaa Patih Bunandir dèn enggal | sun arsa angrasani | ing panggadanira | Abunandir wuwusnya | dudu caraning ajurit | andhinginana | jêr wus kawêngku mami ||

5. ing balane Jêng Gusti [Gu...]

--- 2: 13 ---

[...sti] Sultan Kuparman | Jabarkamus nauri | apik si dubilah | lah payo tadhahana | Bajarkamus mutêr bindi | tangkis lêgawa | Kyana Patih Bunandir ||

6. dyan binindi jumêbrèt parise waja | Kyana Patih Bunandir | angayati gada | sun walês dèn prayitna | ginada wus pasang tangkis | parise waja | jumêbrèt tibèng tangkis ||

7. kadya guntur surake mungsuh lan rowang | rame asilih-ungkih | agada-ginada | dangu datanpa karya | sarêng sèlèh gada kalih | pêdhang-pinêdhang | rame ungkih-ingungkih ||

8. gantya kitêr-kinitêr turangganira | samya wagêding tali | Bunandir anganan | kering Sang Rajèng Kosar | sarêng panggih gapyuk sami | turăngga kêrah | saut pating balêrik ||

9. dangu dènnya prang pêdhang idêr-idêran | pêdhang tan migunani | sarêng buwang pêdhang | gantya sêndhal-sinêndhal | sami nginggiling turanggi | Sang Rajèng Kosar | sinêndhal wus katarik ||

10. ucul saking turăngga binanting sigra | saking nginggil turanggi | gumabrug ing lêmah | Jabarkamus kantaka | sigra rinêbut ing dasih | wus ginosongan | surak gumuruh atri ||

11. Kyana Patih Bunandir midêr ing papan | sêsumbar nguwuh tandhing | payo agantia | amrih kiwuling aprang | rêbutên ingsun ngajurit | ya ta miyarsa | wau Raja Dukyadis ||

12. Rajèng Ngusur mangsah anitih turăngga | kawot kaprabon jurit | puniku santana- | nira Rajèng Kalkiyah | nak-sanakira Dukyadis | Kulkul [Ku...]

--- 2: 14 ---

[...lkul] kang tuwa | tate nguwisi kardi ||

13. surak umung wadya Kulkul lan Kalkiyah | tuwin Dhayak Sêngari | wadya Sindhangdhayang | gumuruh mawurahan | kang mangsah Raja Dukyadis | pratèng ranangga | wus panggih kang ajurit ||

14. Abunandir têtanya sapa ranira | kang mêtu ing ajurit | Santana Kalkiyah | Ngusur kadhaton ingwang | ya ingsun Raja Dukyadis | lah sira sapa | ingong Patih Bunandir ||

15. pêpatihe Sang Aprabu Bawadiman | angling Raja Dukyadis | iya dèn prayitna | kudhunga băndabaya | sun gada aja ngoncati | sigra ginada | jumêbrèt tibêng tangkis ||

16. kuwating kang panggada rosaning tadhah | parise mêtu gêni | Bunandir karasa | gumêtêr kudanira | kinuwatakên ing tangkis | kuda kinêtap | têtali dèn kêndhoni ||

17. kuda milar kinawil mingêr anganan | angling Raja Dukyadis | wêntala si setan | nadhahi gadaningwang | amutêr gada Bunandir | payo kudhunga | băndabaya sun gitik ||

18. gya ginada Sang Rajèng Ngusur atadhah | jumrêbèt tibèng tangkis | parise malela | mubal mêtu dahana | surake awanti-wanti | gada-ginada | rame ingkang ajurit ||

19. yèn ginada Patih Bunandir kasingsal | sira Raja Dukyadis | tan osik ing tadhah | dangu dènnya prang gada | tan ana kasoran kalih | salin gêgaman | nanging kasaput wêngi ||

20. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | amasanggrahan sami | lajêng abujana | lan sagung para raja | Wong

--- 2: 15 ---

Agung Surayèng Bumi | angganjar marang | Kyana Patih Bunandir ||

21. tinimbalan mring ngarsa sinungan sabda | hèh kayapa Bunandir | tandange wong Dhayak | Bunandir matur nêmbah | gusti dèrèng wontên mijil | prajurit Dhayak | suruan kang mêtoni ||

22. Rajèng Kosar Jabarkamus ingkang dibya | nanging sangêt kang rayi | prawiraning aprang | Rajèng Ngusur prakosa | rinipun Raja Dukyadis | manawi benjang | ngandika Jayèngmurti ||

23. iya besuk Abunandir angantia | sira lèrèna dhingin | pawong sanakira | dimèn padha tumandang | tur sêmbah Patih Bunandir | nuwun sandika | kunêng wau kawarni ||

24. Rajèng Kulub ing Dhayak miwah Kalkiyah | dalu bujana sami | sagung para nata | tanya solahing yuda | katur sasolahing jurit | tingkahing lawan | kang sami dèn raosi ||

25. Rajèng Kulub Kalbujèr asru ngandika | iya ing benjing enjing | padha gêdhugana | prajurit kang gêgala | kang papak kadya Dukyadis | dimène mêdal | ratune kang bêbêcik ||

26. mungsuh rowang enjing tata baris kapang | Wong Agung Jayèngmurti | munggèng dirgasana | palowanu rinêngga | aglar prajurit para ji | Sri Bawadiman | tan têbih munggèng kursi ||

27. lan satriya Parangteja jajarira | Dipati Guritwêsi | supênuh malatar | prajurit para putra | tanpa watês gunging baris | wau sang nata | mungsuh paprangan prapti ||

28. sami têdhak saking ing wahananira | ing tingkah animbangi | mring Sang Kakungingrat [Kakunging...]

--- 2: 16 ---

[...rat] | lênggah amparan rêtna | anjênêngi ing ajurit | samya tumêdhak | munggèng palăngka manik ||

29. amêlatar barise kapang kalangan | prajurit kang para ji | kang badhe saos prang | misah dènira lênggah | kang sampun tate ngêntasi | mangun ngalaga | karya asmara kingkin ||

21. Asmaradana

21. Prabu Kewusnendar nawan raja kêkalih

1. amit Sang Raja Dukyadis | mindhoni mêtu ngayuda | saking dene bèr kuwanèn | sampun anitih turăngga | kawot kapraboning prang | praptèng rana nguwuh-uwuh | payo saparsa palastra ||

2. papagêna tandang mami | iki narendra digdaya | ing Ngusur kadhaton ingong | Prabu Dukyadis ya ingwang | prawira măndraguna | wau tan bêtah angrungu | Kewusnendar ing Yujana ||

3. amit anêmbah ing gusti | ingidèn sigra umangsah | anitih kuda binarong | kawot sakapraboning prang | wajik pun layarmega | kuda tèji wêton ing Rum | agêng inggil janjan pita ||

4. binusanan murub asri | mangsah angatepang wêdhar | tuhu prayoga tandange | pan sarwi amandhi gada | sêbat-sêbut binuwang | onclang gadanira muluk | yèn kala nadhahi gada ||

5. mêkèkèh mêndhak kudèki | yèn sampun nampani gada | sumêbut [su...]

--- 2: 17 ---

[...mêbut] milar kudane | lajêng angatepang wêdhar | ebat kang sami mulat | prabane makutha murub | bagus dêdêge parusa ||

6. wusnya ngatepang anyirig | tangkêpe pun layarmega | angêpyah tajêm sirige | dhasar narendra sêmbada | bêsus anèng turăngga | wong Arab surak gumuruh | ratu gêgambèn kang mangsah ||

7. praptèng papan wus apanggih | Raja Dukyadis têtanya | hèh sapa aranmu katong | baya ta Sultan Kuparman | ya Si Surayèng Jagat | dene prayoga tingkahmu | pantês rijaling alaga ||

8. mèsêm dènira nauri | ingsun Narpati Yujana | Kewusnendar aran ingong | kang ingakên saudara | dening Sultan Kuparman | balik sira sapa ranmu | sumaur Dukyadis ingwang ||

9. ing Ngusur kadhaton mami | dèn prayitna Kewusnendar | tadhahana gadaningong | Dukyadis amutêr gada | ginada Kewusnendar | atangkis parise murub | gumuruh suraking bala ||

10. kang ayuda antuk sisih | sami narendra sudira | Kewusnendar muwus alon | ingsun walês dèn prayitna | kudhunga băndabaya | Raja Dukyadis akudhung | parisanira malela ||

11. kinêbat turangganèki | ngitêr sarwi mutêr gada | saha sênggak panggadane | Dukyadis pamutêrira | kawratan tangkis kontal | katêlanjur sirahipun | Dukyadis kudane pêjah ||

12. Natèng Ngusur kajêmpalik | tibanira saking kuda | Rajèng Yujana nulya ge | têdhak saking [sa...]

--- 2: 18 ---

[...king] kudanira | Dukyadis pan cinandhak | wangkingan ingikal muluk | nèng asta kadya likasan ||

13. sigra binanting ing siti | Raja Dukyadis kantaka | tarutul wau praptane | Patih Bunandir ambănda | binêkta mundur sigra | Dukyadis katawan sampun | surake bala wurahan ||

14. midêr ing papan sêsirig | sigra Prabu Kewusnendar | sêsumbar nguwuh mungsuhe | payo êndi mêtonana | pêpulih ing ayuda | belanana ta kancamu | ingkang sun banting kantaka ||

15. payo mêtua ngajurit | Ratu Dhayak Yablulawal | tandhing prawira lan ingong | Yujana Ratu gêgala | prawira măndraguna | rêbutên ing prang ya ingsun | andêle Sultan Kuparman ||

16. wau tan bêtah miyarsi | Raja Dirkuhadahana | arine Raja Kalbujèr | kuthane ing Rukmadama | mangsah nitih dipăngga | sarta amandhi salukun | dêdêg pitung dasa êgas ||

17. anjênggarang munggèng èsthi | Kewusnendar ngawe bala | prapta wau dipanggane | palana busana rêtna | sigra wus tinitihan | rêspati ngundha salukun | sri bupati ing Yujana ||

18. wus ayun-ayunan jurit | ngling prabu ing Rukmadama | hèh sapa aranmu katong | iya ingsun Kewusnendar | narpati ing Yujana | iya ta sapa aranmu | apa sira Ratu Dhayak ||

19. sugal dènira nauri | ingong Dirkuhadahana | arine Raja Kalbujèr | kuthaningsun Rukmadama | dèn yitna Kewusnendar | atangkisa [atang...]

--- 2: 19 ---

[...kisa] parisanmu | salukun sigra ingangkat ||

20. Kewusnendar pasang tangkis | sigra ngangkat gadanira | tumibèng tangkis jumêbrèt | surake bala gumêrah | Sang Prabu Kewusnendar | angatak salukunipun | tangkis Natèng Rukmadama ||

21. sinalukun sri bupati | kantêb tangkise kaplêsat | Dirkuhadahana age | tangkis ilang saking asta | nyana mungsuhe nistha | Kewusnendar asru muwus | jupukên parisanira ||

22. ingsun gada sira mati | pan ingsun dudu wong nistha | katuju mati mungsuhe | tanpa parisan ginada | mêngkono loking jana | iya dèn ayêm tingkahmu | ingsun datan murang krama ||

23. angambila paris malih | Raja Dirkuhadahana | sigra anyalukun age | tangkis Prabu Kewusnendar | sinlukun tan wigata | winalês parise rêmuk | naratas kumbaning liman ||

24. pêcah sirahe kang èsthi | Prabu Rukmadama kontal | sangêt kantêb ing tibane | tangi sigra narik pêdhang | gajahe Kewusnendar | mèh pinêdhang sukunipun | kêbat prabu ing Yujana ||

25. sinawat salukun aglis | Dirkuhadahana kêna | katênggêl gulu iringe | niba Prabu Rukmadama | narutul praptanira | Abunandir kang amikut | marang Dirkuhadahana ||

26. binêkta mundur tumuli | surake kadya ampuhan | katawan kalih ratune | dening Raja Kewusnendar | kasaput dalu nulya | wong Arab nêtêgi mundur | mêngsah nimbangi têtêgnya ||

--- 2: 20 ---

27. mundur kalih kang ajurit | gumuruh swaraning bala | pamoring baris makuwon | ratu kalih kang katawan | sampun munggèng warăngka | mêngsah barisira rindhu | kakênan angguladrawa ||

22. Dhandhanggula

22. Radèn Banukelan putranipun Wong Agung

1. sami susah kang mêngsah prihatin | arsa nglampahkên cidra tan rêmbag | Raja Kulkul lan Kalbujèr | dede caraning ratu | dèrèng ngantos ngulati budi | dadya kèndêl kewala | wadya Rab winuwus | kasukan-sukan bujana | winangsitan tan ana mêtoni jurit | yèn mêngsah datan mêdal ||

2. kunêng ingkang yun-ayunan jurit | kawuwusa nagari Ngajêrak | pira ta mangke lamine | radèn kalawun-lawun | têtimbule kalis ing sakit | lir dinus gege toya | yuswane sang bagus | sampun kawan wêlas warsa | wus ginulang-gulang pratingkahing jurit | radèn sampun kajiman ||

3. sasolahe pakartining êjin | tan kemutan tingkahing manungsa | duk wau ing parêcête | binuwang samodra gung | mung sadina lawan sawêngi | wêngine nèng kêndhaga | apa marganipun | wêruha tata manungsa | mung sakesuk anèng jaman manungsèki | sadina nèng samodra ||

4. nulya tinampan jamaning êjin | piniyara kang ibu Ismaya | punapa malih inyane | pan garwaning jin ratu | Raja [Ra...]

--- 2: 21 ---

[...ja] Miswan ing Jonggiraji | wus kasok trêsnanira | marang radèn sunu | pan kadya gènira yoga | datan pae lan atmajane pribadi | jin wungu Raja Miswan ||

5. miwah trêsnane kapati-pati | Sang Aprabu Jaswadi Suwăngsa | wus kadya putrane dhewe | milane ajêjuluk | iya Radèn Iman Karnèni | dening duwe parêngan | kêkalih puniku | nagari êmban lan inya | kalihipun kadi bapa ing sayêkti | êmban lan bapa inya ||

6. Radèn Minsar tan pisah sanyari | kala timure anèng jro pura | lir kinêmbar palihane | duk umur tigang taun | kawan taun anèng jro puri | tan sinung mêdal-mêdal | marang ingkang ibu | Ismayawati kalawan | ingkang raka Nata Dèwi Kuraisin | alami nèng jro pura ||

7. Radèn Minsar palihanirèki | tuwin inya lawan êmbanira | radèn putra saparane | andungkap pitung taun | panyuwune dipun lilani | bêkta mring nagrinira | inya êmbanipun | tigang wulan nèng Suwăngsa | tigang wulan malih anèng Jonggiraji | salamine mangkana ||

8. yèn kang ibu kangên dèn timbali | iya saking nagari Suwăngsa | tuwin saking Girajine | tan kongsi tigang tèngsu | yèn pinarêng mèh limang sasi | kang ibu lan kang raka | nora nana mundhut | yitnane Jaswadi Miswan | radèn putra binêkta sowan pribadi | marêk mring kitha êmas ||

9. radèn putra tan ana martani | lamun putra iya tanah Arab |

--- 2: 22 ---

amung Jonggiraji wruhe | lawan ing Suwăngsèku | ngrasa putranira Jaswadi | pinundhut mring Ngajêrak | iku kawruhipun | lawan malih ingawêran | aja ana tutur marang anak mami | yèn iku putra Ngarab ||

10. suwarnane nglangkungi saking jin | pêri pêrayangan goning rupa | tan ana mirib rahadèn | kadya muksa dinulu | ngilangakên langên sabumi | pasir wukir wulusan | sirna langênipun | miwah sajroning samodra | apadene langên sangisor wiyati | sirna mor ingkang warna ||

11. lapgang Radèn Iman Karnaèni | ambêk kuswa Radèn Banukelan | Radèn ing Jonggirajine | radèn ing Suwăngsèku | Radèn Amiratmaja nênggih | Radèn Bakdingujaman | Radèn Ibnu Laut | Rahadèn Kardhakandhaga | Radèn Jaya Nawarêtna Radèn Dawin | Jinan lawan Wainsan ||

12. Radèn Dawin Kurkus Karnaèni | Radèn Dawin Karbumulku Jinan | Radèn Ibnu Jaswadine | Radèn Ismayasunu | Radèn Akikusmara Kusrin | prawira măndraguna | ing aprang pinunjul | winuwus surayèng praja | têbih ing dyah karêm kaprawiran jurit | la-êla ing alaga ||

13. cinarita tingkahing ajurit | ingkang ibu lawan ingkang raka | têlas tumplêk ing rahadèn | sadaya datan kantun | miwah Dèwi Ismayawati | datan arsa marêka | marêm yèn andulu | tan susah ing tanah Ngarab | mulat marang Radèn Dawin Karnaèni | sasat Sang Kakungingrat ||

14. tuwin Nata Dèwi Kuraisin | mulat [mu...]

--- 2: 23 ---

[...lat] kang rayi sasat kang rama | amapanakên kangêne | Radèn Ismayasunu | Radèn Abu Lautan pêkik | ping tiga duk dinuta | mring raka kang ibu | anggitik praja jin kopar | ing Julngiyah bêdhah dening radèn mantri | ratunipun kabănda ||

15. ing Kabulmah lan ing Kismènsiri | bêdhah ratune sami katawan | katri jin kapir kang gêdhe | marma agêng sihipun | prawirane sampun kaèksi | timur pan wus kêkaya | mring raka lan ibu | yèn kinèn gitik nagara | prabu kalih ing Suwăngsa Jonggiraji | tan pisah lan kang putra ||

16. Radèn Minsar kang tan kêna kari | saparane kang rayi tut wuntat | mangkana pamiyarsane | yèn ana pêrang agung | mungsuh rowang kadya jaladri | purwa Jaswadiputra | kalawan sang prabu | punika angsaling warta | yèn prang gêdhe ing Kusniya Malebari | amungsuh Rajèng Dhayak ||

17. duk miyarsa yèn ana wong jurit | Radèn Dawin iya Banukelan | sigra umarêk ibune | kang putra nêmbah matur | lamun arsa anawung jurit | kang ibu angandika | êndi bapakanmu | Raja Jaswadi ngandikan | ing Suwăngsa Raja Miswan Jonggiraji | kalih wus praptèng ngarsa ||

18. ngandika Rêtna Ismayawati | tutur-tutur marang sutanira | ngêndi ana pêrang gêdhe | Jaswadi nêmbah matur | ing Kusniya mangke ginitik | marang Sang Rajèng Dhayak | putrine pinundhut | tan suka aminta sraya | dhatêngakên Wong Agung Surayèng Bumi | Sultan Adi

--- 2: 24 ---

Kuparman ||

19. putranipun Risang Jayèngmurti | pinaggihkên lan putri Kusniya | milane dadya prang rame | anyêngkêr laminipun | Sindhangdhayang Pardiyusiwi | Kusniya jinis Islam | milane tan ayun | mêmitra lan tiyang Dhayak | ingaturkên putri adi Malebari | mring Sang Surayèng Jagad ||

20. ingkang putra tinimbalan prapti | Nata Dèwi Kurisin wotsêkar | kang ibu lon ngandikane | nini arinirèku | parikudu anapung jurit | Malebari Kusniya | ing mangke prang agung | arinira Ki Jayusman | pinanggihkên Bawadiman kang sêsiwi | putri adi Kusniya ||

21. arinira atêrna pribadi | amêndhêma laku arinira | jajalên lan wong tuwane | ngayoni dibyanipun | anapunga milu wong kapir | dimèn rame kang aprang | kang putra wotsantun | angakua wong lêlana | duk miyarsa Radèn Umi Kaelani | Radèn Bakdingujaman ||

22. ingkang ibu pangandikanèki | ragi kacathêt wardayanira | yèn ing Mêkah kawijile | angling sajroning kalbu | andikane ibu kayèki | apa jinis manusa | iya wijil ingsun | nata dèwi aturira | kula botên ambêkta bala gung inggih | sawatawis kewala ||

23. dyan sanega sira nata dèwi | wus samêkta badhe angsal-angsal | wowohan Ngajêrak kabèh | datan mawi wadya gung | mung sayuta wadyanira jin | ratu êmban lan inya | ingkang datan kantun | Raja Jaswadi Suwăngsa | Raja Miswan Ratu jin ing Jonggiraji [Jonggi...]

--- 2: 25 ---

[...raji] | lawan ingkang palihan ||

24. Radèn Minsar tan pisah lan ari | wus mangkana budhal sang kusuma | anapak wiyati kabèh | kapraboning kang pupuh | amêpêki rahadèn mantri | saking ibu sadaya | nêmbah nguswa suku | ingaras sirahing putra | dyan umêsat sing ngarsaning ibunèki | nusul marang kang raka ||

25. pan ginendhong mring Raja Jaswadi | lamat-lamat ingantosan wiyat | sampun amor panggonane | lan raka rêtna prabu | ngandhap ingkang amparan wilis | radèn anèng ing pundhak | palăngka jumêrut | binayang ing pêri kathah | titihane Nata Dèwi Kuraisin | pan sarwi pagunêman ||

26. besuk yayi sira yèn ajurit | sêsumbara Dyan Abu Lautan | Umi Kelan pêparabe | kang rayi awotsantun | kudanira si jonggiraji | anut araning praja | yèku wus panuju | ulês biru tutul pita | sira ngatona cara manungsa yayi | kakangira Si Minsar ||

27. iya masih yèn caraning êjin | bapakira iku karo padha | iya cara êjin bae | rumêksa ing sirèku | nora katon prayoga yayi | nadyan sira babara | ing kulanirèku | bapakira iku padha | iya măngsa bêtaha pisah sirèki | salamine rumêksa ||

28. nanging lamun nêmoni wong kapir | kakangira Si Minsar ngatona | yèn prang nyilumana bae | dene ta ingsun jangkung | nora adoh anèng wiyati | wus têlas gunêmira | lajêng lampahipun [lampah...]

--- 2: 26 ---

[...ipun] | prabèng rat ingkang kungkulan | pan mèh prapta ing Kusniya Malebari | katon ing pulo Barjah ||

29. katon gênggêng apindha jaladri | pabarisan sajabaning kutha | Kusniya Malebarine | ya ta kèndêl sang ayu | sasingidan kathah jin kapir | manawa na uninga | ambêbancang laku | amasang asmarèng netra | sakathahe jin kapir tan na udani | marang sang rêtnaning dyah ||

30. sigra kinèn tumurun kang rayi | nuju sami miyos ing ayuda | mungsuh lan rowang kalihe | wus kapang barisipun | têdhakira rahadèn mantri | bapa kalih tut wuntat | nanging tan kadulu | mung palihan Radèn Minsar | milu ngaton anjujug wau sang pêkik | Yablulawal Sri Nata ||

23. Sinom

23. Radèn Banukelan nyobi ingkang rama

1. dumrojog ing ngarsanira | Sang Prabu Dhayak Sêngari | angadêg sarwi ngandika | hèh sang prabu ingsun iki | arsa anapung jurit | milu ing sira sang prabu | amungsuh lan wong Arab | Rajèng Dhayak anauri | bage sira anak mantu tulung ing prang ||

2. ebat kang sami tumingal | ing pêkike radèn mantri | Yablulawal atêtanya | sirèku satriya ngêndi | ubêngan ingsun iki | lêlana milu prang pupuh | mêngko yèn wus karuan | gêgitik ingsun ngajurit | pêsthi panggih lan [la...]

--- 2: 27 ---

[...n] sira malih sang nata ||

3. suka Raja Yablulawal | rahadèn sigra miyosi | anitih turăngga pelag | wêton ing jin Jonggiroji | akêkapa rinukmi | cara jin busananipun | kabèh busananira | apan busana saking jin | gêbyar-gêbyar kadya andaru lumampah ||

4. prapta ing rana sêsumbar | payo rêbutên ing jurit | satriya Dawin Lautan | ya Radèn Umi Kelani | prawira sura sêkti | nadyan ingsun misih timur | tate nalèni raja | wong Arab payo ajurit | mêtonana ing kene padha prawira ||

5. wau tan bêtah miyarsa | Rajèng Yujana nulya mit | ing gusti Sang Kakungingrat | ingidèn mangsah wotsari | nitih turăngga aglis | layarmega abra murub | mangsah ngatepang wêdhar | surake gumuruh atri | mungsuh rowang lir wukir guntur sauran ||

6. wus panggih ayun-ayunan | Rajèng Yujana ningali | dening bagusing satriya | anjêngêr sri narapati | kaya ratuning pêri | sêrayaning ratu mungsuh | kinitêr Kewusnendar | sapa aranira aji | ing Yujana iki Raja Kewusnendar ||

7. balik sira iki sapa | durung sêdhêng mangun jurit | cahyamu amindha wulan | apa ta ratuning pêri | rajaputra nauri | Radèn Umi Kelan ingsun | iya Abu Lautan | Sri Dhayak mèt sraya mami | asru mojar sira Raja Kewusnendar ||

8. kasungsang kaliru sira | têka gêlêm dèn aturi | maring mungsuh lanatolah | amungsuh

--- 2: 28 ---

lan gusti mami | lah sira iki bêcik | suwitaa ratuningsun | winor lan para putra | pasthi sira dèn kasihi | ngêndi ana wong rupa kang kaya sira ||

9. amung para putra Ngarab | sairib lan sira iki | nanging maksih luwih sira | ngilangkên langên sabumi | payo sun gawa aglis | eman aja prang lan ingsun | angling Bakdingujaman | dudu satriya sayêkti | ngoncatana ing wuwus ingkang kawêdal ||

10. apan ingsun wus ubaya | lan Prabu Dhayak Sêngari | bănda para Ratu Arab | sanadyan Si Jayèngmurti | mêtua sun talèni | Kewusnendar rêngu muwus | aja lancang pangucap | eman warnamu apêkik | wani lonyo angucap Sultan Kuparman ||

11. Menak antuk borokira | gustiku kabibullahi | hèh ta payo Kewusnendar | apa kang anèng sirèki | aran sun nêdya jurit | pagene anampik mungsuh | angling Sri Kewusnendar | kapirare têmên mami | anuruti bocah jèdhèng ngajak aprang ||

12. sanadyan bocah jèdhènga | jêr rupane mungsuh iki | Kewusnendar wuwusira | apa sakarêpirèki | radèn asru dènnya ngling | aprang gada sukaning sun | kudhunga paris waja | radèn mutêr gada aglis | dyan kinitêr ginada Rajèng Yujana ||

13. sumyur parisane waja | sirahing turăngga kêni | pêcah rêbah kuda pêjah | tiba kongsêb sri bupati | gumêtêr sarirèki | angrês karasèng bêbalung | sajêg ingsun ayuda | durung mênangi gêgitik [gê...]

--- 2: 29 ---

[...gitik] | lir katiban kang parbata satus waja ||

14. obah ingkang pitung dasa | bêbalunge sri bupati | Radèn Umi Kelan têdhak | marani ngarsanira ji | ngadêg sarya sru angling | lah payo junjungên ingsun | rajaputra cinandhak | wangkinganira tumuli | pan ingangkat nanging mêksa datan kangkat ||

15. kinuwatakên pinêksa | sukune sri narapati | sadêkung manjing ing lêmah | netranira mijil gêtih | Kewusnendar sru angling | angur ambêdhola gunung | payo rare malêsa | Bakdingujaman nulya glis | nyandhak wangkingane Raja Kewusnendar ||

16. jinunjung dèn ikal-ikal | sri naranata binanting | kantêb tibanirèng lêmah | gumuruh suraking kapir | sang nata dèn gosongi | mring wadya binêkta mundur | Raja Kemar gya prapta | anggada ing sang apêkik | pan tinangkis sumyur gadanira Kemar ||

17. sigra dènnya narik pêdhang | amêdhang Rajèng Kuwari | tinangkis camêthi mlêsat | anyandhak ing radèn mantri | tinarik tan katarik | sigra winalês jinunjung | binuwang Raja Kemar | tiba sajabaning baris | surak umung Raja Kăndhabumi prapta ||

18. anyandhak wangkinganira | ingikal-ikal tan osik | tinapuk ing Radèn Minsar | tiba kantêb sri bupati | cinandhak pinggangnya glis | binuwang muluk mandhuwur | Rajèng Kăndhabuwana | tiba sajabaning baris | sigra prapta Raja Gari Andarmuka ||

19. cinandhak sigra binuwang | tiba sajabaning baris | surak umung mawurahan [mawu...]

--- 2: 30 ---

[...rahan] | kadya rêbah ing wiyati | ya ta kasaput wêngi | samya mundur kalihipun | Sang Raja Yablulawal | amêthuk ing radèn mantri | pan rinangkul makuwon sinungga-sungga ||

20. munggèng amparan kancana | sinungga-sungga para ji | lajêng prasamya bujana | midêr ingkang punang larih | Sang Prabu Dhayak angling | pira mau kang kasambut | kang para Ratu Arab | umatur Patih Dabatil | pan sakawan kalêbêt pun Kewusnendar ||

21. Kalbujèr nambungi sabda | hèh kakang Patih Dabatil | gêmpal tyase wong Kuparman | Kewusnendar nandhang kanin | ika wong angluwihi | sêmbada ulêse bagus | nglêlanangi yèn aprang | Raja Kulkul anambungi | wus tinêmu apêse Si Kewusnendar ||

22. ika macane wong Arab | banthènge barisan iki | wus lêga rasaning manah | ilang kang gawat ing jurit | sèlèh baune kering | Si Kalana Jayèngsatru | sayêkti ngêrês ing tyas | suka sagung kang para ji | ya ta kunêng wuwusên baris Kusniya ||

23. Wong Agung Surayèng Jagad | bujana lan para aji | nyatur mung solahing yuda | Kewusnendar dèn timbali | binayang munggèng kanthil | dene ratu kang têtêlu | sangêt tan bisa obah | sadaya jinampèn sami | mring Marmaya duk sami ènthèng sakala ||

24. wong agung alon ngandika | dangu tingkahing ajurit | Kewusnendar matur nêmbah | pukulun mêngsah puniki | dede wadosing gusti | prajurit kang maksih timur | cahya nuksmèng sasăngka [sa...]

--- 2: 31 ---

[...săngka] | bobote datan kêkalih | lan paduka kêmbar tangkêping ayuda ||

25. yèn paduka anuduha | ing benjing para narpati | sayêkti măngsa bangkata | dhatêng prajurit kang pêkik | malah têlasa gusti | prajurit kang para ratu | lamun dene paduka | tundha bema ing ajurit | angathahkên risake abdi paduka ||

26. kumêpyur duk amiyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | ature Sri Kewusnendar | pasthi Natèng Yujanèki | pan prajurit sayêkti | wêwekane ing prang putus | lamun dèn aranana | abot pan abot sayêkti | yèn ingaran ènthèng mring Sri Kewusnendar ||

27. sayêkti kalamun agal | Natèng Yujana wotsari | pukulun ingkang satriya | pamulu cahyane mirib | lan paduka tan kalih | amung kaot anèm sêpuh | rompok ingkang sarira | ing jăngga miwah ing lathi | yèn sampuna èstri[1] kadya putri Kelan ||

28. kumênyut tyase karantan | Wong Agung Surayèng Bumi | barêbêl wijiling waspa | ciptane kacathêt wingit | sedane ingkang rayi | jabang bayine linabuh | apa na kang mupua | sutaningsun jabang bayi | baya-baya dèn sarèh mring Rajèng Dhayak ||

29. iya ta măngsa suwea | umure kang jabang bayi | yèn tiba anèng samodra | sigra dènnya dangu malih | Kewusnendar wotsari | pukulun sêsumbaripun | Radèn Abu Lautan | pêparab Umi [U...]

--- 2: 32 ---

[...mi] Kelani | ya pagene mangkono dènnya sêsumbar ||

30. Rahadèn Bakdingujaman | Radèn Dawin Karnaèni | Rahadèn Iman Suwăngsa | Radèn Iman Jonggiraji | Rabikusmara Kusrin | Rahadèn Ismayasunu | Radèn Amiratmaja | kang sawang gêbyaring sasi | eman têmên wong bagus kêna ngloroban ||

31. Raja Gari Andarmuka | wus ènthèng kinon nimbali | binayang kanthil kewala | prapta ngandika Sang Amir | ratu kadang Ngabêsi | ing payudanira mau | kongsi awas ing lawan | satriya kang mêtu jurit | matur nêmbah Raja Gari Andarmuka ||

32. inggih langkung saking awas | satriya ingkang pinêkik | tarampile sikêp pêdhang | kadi anggèr Maryunani | pamulunipun mirib | nginggil tênggak wangunipun | anggèr Kobatsareas | pidêksane dêdêg mirib | kadi putra paduka Radèn Jayusman ||

33. yèn sampuna tiyang Dhayak | amba tan purun nglawani | manawi kalintu ing prang | nênggih darah Pusêr Bumi | panggiha dhasar bumi | satêlênge samodra gung | sapucaking aldaka | yèn darahing Pusêr Bumi | amora wong sakêthi netrane beda ||

34. datan kenging pinapadha | têdhak Kurès Banukasim | koca-kocaking paningal | muncar-muncaring pangaksi | kalamun trah Ibrahim | botên kenging wowor sambu | nanging punika Dhayak | balane lêmbat sapalih | mung puniku mêsgule manah kawula ||

35. yèn sampuna makatêna [maka...]

--- 2: 33 ---

[...têna] | anggadaa ping sakêthi | kawula êmban kewala | ambanggêp trah gusti mami | wong Dhayak bokmanawi | pakartine anênamur | Ratu Dhayak durjana | yèn kabangkata sayêkti | kawula prih pêjahe ingkang satriya ||

36. gumyak sagung kang miyarsa | Kewusnendar anambungi | aja na maido padha | sudibyane mungsuh iki | padha rasakna dhingin | mêtua prang besuk esuk | wêruha aboting prang | abot lan ènthènging jurit | pêpukulan panangkise goning nyata ||

37. kalawan ayêming ulat | pratăndha prajurit luwih | Lamdahur nambungi sabda | sarwi gumuyu dènnya ngling | iya ing benjing enjing | sun pithêse rare iku | dhasar padha asabar | mungsuh prang lan bocah cilik | amêdhanga sun sambi mungkur kewala ||

24. Pangkur

24. Prabu Lamdahur mapagakên Radèn Banukelan

1. ngakak Prabu Kewusnendar | aja sira Lamdahur mêtu jurit | măngsa wurunga kapupu | mundhak ngrowani ajang | basa sira ing prang patitis anakmu | tandangmu ing prang angawag | durung gêguru ing jurit ||

2. ngandêlakên ămba dawa | gêdhe dhuwur anake ratu luwih | alah iya bapakanmu | kowe măngsa tirua | jêr katara tandangmu durung gêguru | patitis cêblungmu uga | Si Pirngadi Banarungsit ||

--- 2: 34 ---

3. lamun dadia wong Dhayak | wani tandhing ngêpat milu Pirngadi | sangsaya rame gumuyu | para nata miyarsa | pan wong agung wagugên mangu mangun kung | yêkti Sang Rajèng Yujana | ingandêl mungguh ing tanting ||

4. kunêng ing dalu raina | tri gumuruh têngara mêtu jurit | gong bèri kêndhang gumuruh | mungsuh rowang têngara | têtêg èwon kêndhang gong thongthonggrit puksur | mijil malih kang ayuda | kang bala kapang ngubêngi ||

5. sami munggèng palênggahan | wong agunge jênêngi ing ajurit | baris lir akasa têdhuh | gênggêng tanpa watêsan | kang saos prang prajurit kang para ratu | amisah panggenanira | mungsuh rowang wus miranti ||

6. munggèng patarana êmas | Radèn Iman Karnèni amit malih | Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | ing Dhayak Yablulawal | nitih kuda kawot kaprabon prang pupuh | swaraning bala gumêrah | angsahe prabu taruni ||

7. praptèng rana Radèn Minsar | kang ngampingi êmban Raja Jaswadi | ing Suwăngsa tan kadulu | ngampingi ingkang putra | tuwin Raja Miswan Jonggiraji mungguh | sami ngampingi kang putra | jin têtiga tan kaèksi ||

8. turanggane gêbyar-gêbyar | amalipir mubêng dènnya sêsirig | marpêki barising mungsuh | asru dènnya sêsumbar | mêtonana Sultan Kuparman dèn gupuh | pragola angadu yasa | rukêt băndawala pati ||

9. iki prajurit ing Dhayak | andêling prang Radèn Iman Karnèni | ya Radèn Ismayasunu | Radèn Abu Lautan [La...]

--- 2: 35 ---

[...utan] | Radèn Umi Kelan prakosa dibya nung | hèh payo Surayèng Jagad | mêtua tandhing ajurit ||

10. lah êndi Sultan Kuparman | aja ngadu prajurit kang para ji | yêkti eman karyaningsun | linadenan sok wonga | duk miyarsa bramatya Prabu Lamdahur | amit ingidèn umangsah | sang nata anitih èsthi ||

11. suraking bala gumêrah | kadya nêngkêr gêgana ngawiyati | ratu andêl kang umagut | jênggarang munggèng liman | sami ebat kang umiyat ratu mungsuh | Prabu Selan sampun prapta | ing paprangan wus apanggih ||

12. gung luhur munggèng dipăngga | anjênggarang alit munggèng turanggi | radèn putra têtanya sru | prajurit sapa ranta | anauri ya ingsun Prabu Lamdahur | andêle Sultan Kuparman | wêwinih pawitan mami ||

13. awit sadurunge krama | amung ratu kawan dasa lan mami | duk anom ing mêngko sêpuh | ratune kawan lêksa | ingsun dhewe dhomas para ratuningsun | rong lêksa punggawaningwang | kang padha cangkok nagari ||

14. sira iku bocah apa | maksih jèdhèng pêksa ngungkul-ungkuli | lah mundura ta sirèku | aja aprang lan ingwang | ingsun eman angur nungkula sirèku | nêmbaha mring gustiningwang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. rajaputra saurira | Rajèng Dhayak mèt sraya maring mami | Iman Karnaèni ingsun | pêparab Umi Kelan | Radèn Abu Lautan jêjuluk ingsun | ya Radèn Bakdingujaman | Radèn Iman Jonggiraji [Jong...]

--- 2: 36 ---

[...giraji] ||

16. ya Radèn Iman Suwăngsa | iya Radèn Ibênu Jonggiraji | pêparab Ismayasunu | Radèn Amiratmaja | Radèn Akikusmara Kusêrin ingsun | ya Radèn Jaswadiputra | payo Sang Rajèng Sêrandil ||

17. apa kang ana ing sira | Si Jaswadiputra nêdya ajurit | aja kakehan pamuwus | sarupanane uga | ingsun iki nora main karsaningsun | gathak-gathuk nuli aprang | apa gawene sêtori ||

18. Lamdahur nauri sugal | rare iki tan wruh ginawe bêcik | payo apa sakarêpmu | pan dudu caraningwang | dhinginana Iman Karnaèni muwus | dèn prayitna Rajèng Selan | radèn angêtab turanggi ||

19. ngitêr sarwi narik pêdhang | pan tumênga angling mring bapa kalih | hèh bapa udhuna iku | Lamdahur têka gajah | bapa kalih sarêng dènira tumanduk | Jaswadi lan Raja Miswan | anyêndhal saking ing èsthi ||

20. sarwi dhupak boyokira | palihane Radèn Minsar ambithi | ing jajanira Lamdahur | niba saking dipăngga | Rajèng Selan kinarubut jin têtêlu | kantaka angathang-athang | prapta risang durma kalih ||

25. Durma

25. Radèn Banukelan pêrang lan Wong Agung

1. sanya nandêr kalihe putra ing Selan | Banarungsit Pirngadi | prapta ing ranangga | tinampan cinandhakan |

--- 2: 37 ---

mring Raja Miswan Jaswadi | samya binuwang | tiba jabaning baris ||

2. duk tumingal Sang Raja Suratistaham | Rajèng Prasman Surati | Minangkabo Gêdhah | liwung umangsah dharat | miyat Sang Rajèng Sêrandil | angathang-athang | tan kêna dèn gosongi ||

3. singa prapta cinandhakan binuwangan | dening Raja Jaswadi | lawan Raja Miswan | katiga Radèn Minsar | Prabu Tamtanus udani | nêmbah umêsat | nyapih ingkang para ji ||

4. dèn apikir kabèh para Ratu Arab | iya mangkene iki | salawasmu sira | mati urip tan pisah | lawan Sang Surayèng Bumi | sapisan-pisan | sira durung akardi ||

5. gawe nama busuk angrêgêdi jagad | pan sarwi angadhangi | lawungira malang | dêlêngên gustinira | Si Pirngadi Banarungsit | kapindho papa | mêngko yèn tulus mati ||

6. gustinira lan sutane karo pisan | wong agung sawadyèki | kabèh para nata | măngsa nêdya gêsanga | pan wus pinansthi ing bumi | nglabuhi lara | mati sajroning jurit ||

7. dyan wong agung anitih sêkarduwijan | kawot kaprabon jurit | Lamdahur anulya | ginosongan wus prapta | dening Sang Prabu Yunani | surak gumêrah | tata wong Pusêr Bumi ||

8. wus apanggih wong agung riwut ing duka | wit prabu ing Sêrandil | ya ta yun-ayunan | lawan Bakdingujaman | suraking mungsuh amangsit | yèn ingkang mangsah | Wong Agung Jayèngmurti ||

9. iya ingkang tinitah Surayèng

--- 2: 38 ---

Jagad | Kalana Jayèngmurti | ingkang akêkutha | tanah adi Kuparman | kang siniwi kang para ji | kang wus sumbaga | ing bumi Jayèngmurti ||

10. Nata Dèwi Kurisin wau tumingal | angsahe kang rama glis | niyup saha bala | ing tyas atêrataban | watire marang kang rayi | jinangkung datan | têbih radi kapering ||

11. asru mojar Rahadèn Abu Lautan | Radèn Iman Karnèni | payo dèn prayitna | kudhunga băndabaya | sun gada aja gumingsir | kudhung saksana | parisanira wêsi ||

12. dyan angitêr kuda sarwi mutêr gada | Radèn Iman Karnèni | wong agung ginada | kuwat pamupuhira | jumêbrèt tiba ing tangkis | tangkis lêgawa | mubal asru mêtyagni ||

13. pan gumêtêr anjrit pun sêkarduwijan | suku manjing ing siti | sacêngkang kinêtap | kuda barêng manculat | wong agung osik ing galih | tuhu digdaya | bênêr kang angrasani ||

14. pan bobote yayi Prabu Kewusnendar | payo kudhunga aglis | parise malela | ingsun gênti anggada | sira radèn kudhung aglis | parise waja | apan wajaning êjin ||

15. kadya sotya hèr gêni ya ta kinêtab | kuda pun sêkarduwi | sarwi mutêr ingkang | gada usamadiman | turăngga amingêr ngering | mangsah anggada | Wong Agung Jayèngmurti ||

16. kadya gêlap sayuta mêdal dahana | gada gêng tibèng tangkis | anjrit kudanira | Radèn Bakdingujaman | tan osik astanirèki |

--- 2: 39 ---

surak gumêrah | mungsuh rowang barêngi ||

17. kang ayuda antuk sisihing prawira | rame dènira jurit | agada-ginada | surak kadya ampuhan | gada wus tan migunani | sarêng ambuwang | ing gadanira kalih ||

18. sarêng narik pêdhang sarêng ngêtab kuda | mingêr anganan ngering | gapyuk main pêdhang | dangu pêdhang-pinêdhang | adangu pating carêngkling | pating kalêmprang | kumêmprang tibèng tangkis ||

19. sami kuwatira sami awasira | sami wasis ing jurit | sami kêbatira | ing tali tan kuciwa | yèn anyirig sami nyirig | jojog andheyan | ngatepang wêdhar sami ||

20. langkung rame kang aprang sami sudira | pêdhang tan migunani | sarêng buwang pêdhang | sarêng angambil cacap | saking turangganirèki | cacap-cinacap | dangu datan ngênèni ||

21. sarêng sami buwang cacap ngambil rajang | rajang-rinajang gênti | rajang sami rantas | dangu ramening yuda | tan ana kasoran kalih | sarêng tumêdhak | saking turăngga kalih ||

22. jin têtiga Raja Miswan Radèn Minsar | lawan Raja Jaswadi | tan kêna parêka | lawan Sang Kakungingrat | awak kadya dèn obori | dadya anêbah | samya abisik-bisik ||

23. lah puniku Wong Agung Surayèng Jagad | tan owah wayahnèki | duk anèng Ngajêrak | kongsi wolulas warsa | awèt nom wong agung iki | kaya jêjaka | dhingin lan mêngko sami ||

24. ya ta wau sarêng dènnya tilar kuda | sarêng dènnya mrêpêki | gya candhak-cinandhak | wangkingan ikêt pinggang [ping...]

--- 2: 40 ---

[...gang] | anggêtêm tarik-tinarik | sêndhal-sinêndhal | ramè rok silih-ungkih ||

25. lir ampuhan suraking mungsuh lan rowang | yayah nêngkêr wiyati | wong agung sinêndhal | jêngkelang nora tiba | radèn mantri yèn tinarik | kontal kajêngkang | samya wangsul gèn malih ||

26. dyan wong agung jinunjung-junjung tan obah | suku rapêt lan siti | malih pan ingangkat | kinuwatkên pangangkat | anggêtêm rahadèn mantri | marêntul kang rah | saking pucuk dariji ||

27. sukunira saking kuwating pangangkat | sacêngkang amblês bumi | sakala kabrengkal | anjunjung tan kuwawa | wong agung pasrah ing batin | lah iki baya | kang matèni ing mami ||

28. durung ana para ratu soring wiyat | barengkal adêg mami | pasrah ing Hyang Suksma | mêrêm ing sanalika | wau Sang Surayèng Bumi | dangu mungsuhnya | tan ana junjung malih ||

29. tiningalan maksih ngadêg ngarsanira | sigra cinandhak aglis | ikêt pinggangira | sarwi nolih ing wuntat | Marmaya nampani wangsit | topong binuwang | sawadya tutup kuping ||

30. sigra narik wong agung sarwi apêtak | katarik wus tininggil | ingikal nèng asta | mubêng kadya likasan | ingayat mèh tibèng siti | wau kang prapta | Ni Dèwi Kuraisin ||

31. nyandhak ingkang rayi sarwi njrit karuna | kagyat Sang Jayèngmurti | ucul saking asta | lir tinêbak mong tuna | mulat putra nata dèwi | asru ngandika | hèh nini sira prapti ||

32. saka

--- 2: 41 ---

ngêndi lawan rare iki sapa | kang putra maksih nangis | adhuh ariningwang | katuwon têmên sira | bayine linabuh jladri | wus dadi bocah | arsa mati binanting ||

33. duk miyarsa wau tangise kang putra | kumêpyur ngandika ris | nini ajarwaa | iki ta rare sapa | ingkang putra awotsari | rayi paduka | jêng ibu dèn wangsiti ||

34. kangjêng eyang Bagendha Kilir sung warah | Nini Ismayawati | sira cangkramaa | marang laut Suwăngsa | prajane Raja Jaswadi | anyandhangana | kêndhaga mas kang kèli ||

35. kombak-kombul iku sira tadhahana | ing jro isi bêbayi | gya sira pupua | iku ingkang pêputra | lakimu Sang Jayèngmurti | patutan lawan | putri ing Kaelani ||

36. Kelaswara babare bayi konduran | sedane Rajaputri | Kelan Kelaswara | rarene winadhahan | ana ing kêndhaga rukmi | linabuh marang | laut Suwăngsa nini ||

37. nuntên ibu inggih anglampahi têdah | ing Jêng Bagendha Kilir | mring laut Suwăngsa | cangkrama lan kawula | tan dangu kêndhaga kèli | ibu anyandhak | binuka isi bayi ||

38. mawa cahya Ibrahim jroning kêndhaga | nugrahaning Hyang Widi | cirining kêndhaga | putrane Kelaswara | putra adi Kaelani | ibu karuna | tan sagêd aningali ||

39. nuntên manggih inya Pramèswari Miswan | jin wungu Jonggiraji | kang kinarya êmban | sang prabu ing Suwăngsa | kang nama Raja Jaswadi | manggih palihan | Radèn Minsar amanis ||

--- 2: 42 ---

26. Dhandhanggula

26. Radèn Banukelan ngabêkti dhatêng rama Wong Agung

1. ingkang rama waspanya drês mijil | nata dèwi ngandika rinira | kulup ngabêktia age | ya iku wong tuwamu | radèn sigra mangsah ngabêkti | rinangkul mring kang rama | ngêmpit sirahipun | Marmaya Maktal gya prapta | Bawadiman lawan prabu ing Yunani | winartan langkung suka ||

2. tinêtêgan mundur kang ajurit | Rajèng Dhayak Kulub lan Kalkiyah | nyana kapupu srayane | samya lit manahipun | dene ingkang badhe ngêntasi | kasambut ing ayuda | Radèn Ibnu Laut | gêtêring tyas ratu mêngsah | pan wong agung makuwon putra kinanthi | praptane pasanggrahan ||

3. ngandika mring putra Kuraisin | nini têtêpe ingaran sapa | iya marang ing ibune | kang putra nêmbah matur | inggih Radèn Iman Karnèni | Iman puniku mila | ing pangandêlipun | dènnya anglampahi têdah | Karnaèni darbe parêngan kêkalih | bapa inya lan êmban ||

4. sami ratu anagri pribadi | ratu êmban praja ing Suwăngsa | Raja Jaswadi namane | bapa myang inyanipun | Raja Miswan ing Jonggiraji | palihan Radèn Minsar | putranta duk timur | tigang wulan nèng Suwăngsa | tigang wulan malih anèng Jonggiraji | salamine mangkana ||

5. nênggih radèn Iman Jonggiraji [Jong...]

--- 2: 43 ---

[...giraji] | lawan Radèn Iman ing Suwăngsa | Jaswadiputra parabe | dene wasiyatipun | kangjêng eyang Prabu Sanharim | wayah ngong sun wasiyat | ing pêparabipun | ya Radèn Bakdingujaman | Abu Laut kawula kang mêmarabi | Rahadèn Umi Kelan ||

6. wasiyate Jêng Bagendha Kilir | inggih dene ibu saking Kelan | Amiratmaja wastane | dene Ismayasunu | kang marabi kaki Sanhasil | nama Kardhakênaka | lan Banjaransantun | lan Radèn Amir Kusmara | kang marabi inggih paman Sadatsatir | gumujêng duk miyarsa ||

7. putraningsun nugrahaning Widhi | wong tuwane Ngajêrak sadaya | dhawuhkên samya gêng sihe | Bawadiman wotsantun | putra tuwan kêkasih Widhi | pratăndha ibu seda | kala babaripun | kalihe sinung utama | ingkang ibu misesa ing sawarga di | putra lêlananging rat ||

8. lawan sinungan cahya Ibrahim | mila kalihipun kabibulah | wong agung langkung sukane | kunêng malih winuwus | ingkang kari sajroning puri | sagung kang para garwa | miwah para sunu | Marpinjun têtakèn warta | samya ngumpul gène putri Parangakik | para putra lan garwa ||

9. Rêtna Marpinjun alon dènnya ngling | kayaparan wartaning payudan | Sudarawrêti nulya ge | ngandika kang dinangu | sira Radèn Kasim Kuwari | kulup sira duk prapta | têtinjo wakanmu | Raja Kemar kapracondhang | matur nêmbah Rahadèn Hasim Kuwari | pun uwa Raja Kemar ||

--- 2: 44 ---

10. sawêg wontên dhanganipun kêdhik | Natèng Kăndhabuwana mèh pêjah | mêngsahipun maksih rare | satriya luwih bagus | lawan kula ibu dha-undhi | botên kaot sawarsa | inggih kaot bagus | mêngsah punika kalintang | pêkikipun nyirnakkên langên sabumi | la-êla pramudita ||

11. ratu agêng-agêng dèn bantingi | wus binanting lajêng binuwangan | punika sami erame | singa magut kapikut | singa mangsah susah pinanggih | paman Prabu Yujana | prandene kapupu | lan ature Kewusnendar | kangjêng rama yèn amung ngabên para ji | pasthi risak sadaya ||

12. sru ngandika Putri Parangakik | payo yayi Karsinah dandana | mungsuh iki bot sanggane | payo age têtulung | wruhanira Hasim Kuwari | wangsite ramanira | ing nguni maring sun | wong têtêlu iki padha | sudibyane lawan wong tuwanirèki | amung kacèk pêpêtak ||

13. pamanira Parangteja nênggih | lan Tamtanus katri Kewusnendar | binobota nora mèlèt | sabarang kaliripun | amung kacèk pêpêtak pasthi | tinitah ngrata jagad | parentah Hyang Agung | dèrèng wus ingkang rinêmbag | pan kasaru wontên caraka kang prapti | saking ing pabarisan ||

14. praptanipun aparing udani | lamun mêngsah kang awrat sinandhang | mikut ratu gêdhe-gêdhe | ambanting buwang sêbrung | pan ing mangke sampun kajodhi | dening raka paduka | nanging jêbulipun | putranipun Kelaswara | kang linabuh anèng têlênging

--- 2: 45 ---

jaladri | kapanggih dipun sarah ||

15. inggih dhatêng Dyah Ismayawati | rare agênge wontên Ngajêrak | Ismayawati ibune | sinungan êmban ratu | ing Suwăngsa Raja Jaswadi | mila Jaswadiputra | ing pêparabipun | paduka sami ngandikan | ngurmatana dhatêng putra ingkang prapti | lan kang raka Ngajêrak ||

16. duk miyarsa putri Parangakik | putri Karsinah sami karuna | kagagas katon warnane | Kelaswara kang lampus | nora ana ingkang nungkuli | mêmaru dadi kadang | lair batinipun | gumrêdêg rata jêmpana | mawurahan budhal saking ing nagari | sagunging garwa putra ||

17. gumêr ing Kusniya Malebari | sami nusul marang jaban kutha | sanagara oyag kabèh | yèn putra kang linabuh | nèng samodra dadi prajurit | nama Jaswadiputra | wau lampahipun | para garwa para putra | pabarisan Ngambarsimun parêng prapti | lajêng maring ngajêngan ||

18. putri Parangakik malayoni | kang sandhing Kuraisin cinandhak | lajêng kinêmpit sirahe | Kurisin ngraup suku | mring kang ibu Sudarawrêti | karuna asêsambat | ingkang sampun lampus | ariningsun Kelaswara | patinira nora ana kang nungkuli | katuwon têmên sira ||

19. sutanira linabuh jaladri | ariningsun babo tingalana | iki apêkik warnane | cahya nuksmèng sitèngsu | ngilangakên langên sabumi | prawira widigdaya | ing aprang pinunjul | ariningsun Kelaswara | mendahane mênangana [mênanga...]

--- 2: 46 ---

[...na] kaya mami | padha amomong putra ||

20. marunira kabèh momong siwi | amung sira dhewe kang palastra | ariku wong pantês dhewe | wong guna kasap lêmbut | prak atine angrêspatèni | kulup ngaliyèng sira | sêktine ibumu | kabèh tininggal nèng sira | eyangira linabuh anèng jaladri | manjing ing kukumira ||

21. prabawane eyangira gusti | darajate ngumpula ing sira | dadia prajurit gêdhe | ing pramudita punjul | duk miyarsa Sang Jayèngmurti | tumungkul rawat waspa | karaos ing kalbu | kang para garwa sadaya | pijêr ngrubung anangisi radèn mantri | gumuruh sapawongan ||

22. wusnya dangu luwaran kang tangis | wus tinata dènnya lêlênggahan | kang rama lon timbalane | kabèh iku ibumu | kakangira têtiga iki | kang siji arinira | Kasim Kuwariku | sigra mangsah radèn putra | ingkang ibu sadaya dèn kabêktèni | tuwin kang raka-raka ||

23. angandika putri Parangakik | Kuraisin babo putraningwang | gaib-gaib ing panggawe | sapa kang nyana iku | karsaning Hyang Kang Murbèng Bumi | tinampan ing Ngajêrak | pinasthi ibumu | sayêkti sagung pratingkah | kanisthane apêse wong Pusêr Bumi | mulya saking bunira ||

24. mendah wruha ibunira kaki | marang anggêpe Ni Kelaswara | sêmbadane pratingkahe | pantês lan dhapuripun | rêspatine yèn andon jurit | pantês lan ambêk pêjah [pê...]

--- 2: 47 ---

[...jah] | wantêr nora nguthuh | apik nora ngèl tinampan | kêbat cikat têrampil rikat patitis | wruh nistha lan utama ||

25. lan kang rama agung apradondi | rama nistha kang putra utama | Kelaswara panggonane | tinarimèng Hyang Agung | ing sucine sucining kapir | angukuhi utama | nulya na pitulung | ing Suksma pinaring iman | dupi nyandhak iman sakala ambalik | kolu amungsuh bapa ||

26. kaya iku sedane ri mami | pisah ingsun pisah ramanira | ing murtate wong tuwane | lingsêm maring Hyang Agung | kudu mati ngungsi ing Widhi | lawan takdire uga | iku purwanipun | duk urip duk têtunggalan | arinira iku sun srahakên kalih | Ki Rustam Ki Jayusman ||

27. saking nini êntèk tangguh mami | Kelaswara putri soring wiyat | datan ana têtondhene | suka kang sami ngrungu | radèn mantri waspanya mijil | purwane ibunira | sakathahing wuwus | pirapêt pisêdhêpira | urmat sukanira sira radèn mantri | ilang asmaranira ||

27. Asmaradana

27. Radèn Banukelan dipun paringi nagari Kelan

1. ya ta wau radèn mantri | pinaringan nagri Kelan | pulang kandhang kang aduwe | wong Kelan suka kalintang | sagunge pra santana | punggawa satriya ratu | mantri wus pulih [pu...]

--- 2: 48 ---

[...lih] tyasira ||

2. wontên limang atus nênggih | ratu kang dede santana | têtêp kawula têgêse | wontên pra ratu santana | sami cangkok nagara | liya saking patang atus | satus wêwolu gungira ||

3. wontên limang atus malih | para ratu nagri Kelan | kang nak-sanak lan ibune | ratu patang puluh sanga | ratu kang sanak misan | sawidak pra ratu agung | punggawane patang lêksa ||

4. sakêthi kang para mantri | mantri ing Kelan sadaya | liya kang para mantrine | sagung para raja-raja | kathah yèn cinatura | wadya Kelan wuwuhipun | mantêp ingkang pitung yuta ||

5. mulane kocap ing nguni | Raja Kelan bandhu băndha | dene bala sêntanane | ing mangke prajurit Kelan | samya agêng tyasira | Gajahbihêr sutanipun | ingkang kinarya pêpatya ||

6. sêdhêng taruna prayogi | Kya Patih Gajahsawêrdan | Gajahbihêr tuwa kinon | atêngga nagari Kelan | wau rahadèn putra | sinrahkên kawruhanipun | wong agung ing Parangteja ||

7. kang among ingkang ngawruhi | apan dudu bapa êmban | bapa sêsilih têgêse | dene êmban têtêp lama | ratu jin ing Suwăngsa | Raja Jaswadi puniku | iya êmban bapa angkat ||

8. tuwin Prabu Jonggiraji | Raja Miswan datan owah | Radèn Minsar palihane | tan pisah pamomongira | wadya jin kalih praja | bêbêktane ingkang ibu | cinatur Radèn Suwăngsa ||

9. yèn arsa panggih

--- 2: 49 ---

bunèki | Ismayawati Ngajêrak | Raja Jaswadi kang gendhong | yêkti manungsa kajiman | Radèn Bakdingujaman | mangkana ingkang winuwus | Rajèng Dhayak Yablulawal ||

10. enjing miyosi ngajurit | kalangkung bramantyanira | dene kapupu rahadèn | mung iku kawruhanira | mila sangêt dukanya | gumrêdêg barise mêtu | sampun kapang akalangan ||

11. Kalbujèr sêdya ngawaki | sampun anitih dipăngga | wadya Rab wus mijil kabèh | miranti têpung akapang | tan owah rakitira | wau sang prabu ing Kulub | Kalbujèr nêngah ing papan ||

12. praptèng rana nguwuh tandhing | mêtua Sultan Kuparman | iki ta Raja Kalbujèr | ing Kulub kadhaton ingwang | lêlajêre ranangga | ratu suruhan gêgêdhug | srayane Sang Rajèng Dhayak ||

13. tate amungkasi kardi | lah dèn age Jayèngrana | mêtua aprang lan ingong | apragola ngadu yasa | suka kang sami myarsa | suraking bala gumuruh | kadya kang wiyati rêbah ||

14. Sang Raja Sarkab ing Turki | amit ingidèn umangsah | nitih turăngga sang katong | kawot sakapraboning prang | surak bala Kuparman | prapta ing papan wus pangguh | kang aprang wus yun-ayunan ||

15. Sang Rajèng Kulup sru angling | sapa aranmu narendra | mapagakên yudaningong | sumaur kang tinakonan | ya ingsun Raja Sarkab | ing Turki nagaraningsun | ratu andêling ayuda ||

16. Raja Kalbujèr sru angling | mundura Sang Raja Sarkab | tan patut tandhing [ta...]

--- 2: 50 ---

[...ndhing] lan ingong | êndi sultan ing Kuparman | angling Sang Raja Sarkab | ingsun wus tate nalikung | ratu ingkang kaya sira ||

17. sagêndhingmu ing ajurit | sun watara nora cuwa | bramatya Raja Kalbujèr | iya ingsun ora sotah | aprang kalawan sira | Raja Sarkab Turki muwus | măngsa ta ingsun mundura ||

28. Durma

28. Wadya Dhayak Sêngari mangsah prang malih

1. nora kêna sira ngucap gustiningwang | yèn misih urip mami | payo ratu laknat | apa kang anèng sira | sabudimu sun tadhahi | asru ngandika | sira mêksa ngajurit ||

2. lawan ingsun payo kudhunga sun gada | kudhung Sang Rajèng Turki | parise malela | ginada sarwi sênggak | murub parise mêtyagni | Sang Raja Sarkab | malês anggada aglis ||

3. dadya rame prangira gada-ginada | samya kuwating tangkis | rosaning panggada | kadya gêlap barungan | wau Patih Abunandir | nusul manglaga | amatak ngèlmuning jin ||

4. pan sakala Bunandir datan katingal | ngimbangi kang ajurit | wau Raja Sarkab | rame gada-ginada | Raja Kalbujèr angambil | pêputhon êmas | samaja gêngirèki ||

5. saking kanthong saruwal kêmating aprang | ginutuk Sarkab Turki | gumadhug kang jaja | tan wruh sangkaning balang | aniba Sang Raja Turki | angathang-athang | kantaka [ka...]

--- 2: 51 ---

[...ntaka] sri bupati ||

6. ginosongan Bunandir tumut bêbayang | sêsumbar nguwuh tandhing | Kalbujèr angakak | payo prajurit Ngarab | barênga aja sarênti | kang para raja | rêbutên sun ing jurit ||

7. Rajèng Kulub Kalbujèr wudhu ing aprang | wau ta duk miyarsi | amit mring kang rama | tuwin mring maratuwa | ingidèn miyos ing jurit | Radèn Jayusman | mangsah wahana èsthi ||

8. imankabir dipăngga idhêp ing janma | saking ing Malebari | paringe kang rama | Sang Prabu Bawadiman | apancal kang ponang èsthi | suku sakawan | sacêngkang ingkang putih ||

9. duk balêdug pun imankabir binêkta | martapa anèng wukir | mangkya kang dipăngga | pinaringkên kang putra | Radèn Jayusman miyosi | kaprabon ing prang | kawot luhuring èsthi ||

10. ingkang ibu mêmanuki lan kang raka | Ngajêrak Rajaputri | saking katêbihan | Abunandir tut wuntat | nanging ta datan kaèksi | rêkyana patya | bêkta pêpukul wêsi ||

11. tigang asta radèn wus praptèng payudan | surak gumuruh atri | kadya nêngkêr wiyat | angsahe rajaputra | prajurit ing Parangakik | kang sinêliran | turăngga kalih kêthi ||

12. kang asaos yèn gustine sora ing prang | angamuk bela gusti | kajawi punggawa | miwah kang para nata | kang wahana wus miranti | muntab malatar | munggèng wurining baris ||

13. yun-ayunan Kalbujèr asru têtanya | sapa ranmu prajurit |

--- 2: 52 ---

abagus taruna | durung sêdhêng mangun prang | rajaputra anauri | hèh wruhanira | Radèn Jayusman mami ||

14. ing samêngko putra lanang kang atuwa | Kalana Jayèngmurti | Jêng Sultan Kuparman | iya ingkang patutan | putri saking Parangakik | putri dandanan | prawira ing ajurit ||

15. nadyan silih tirua ibu digdaya | tate bănda para ji | undhagi ing driya | prawira măndraguna | payo ta sri narapati | sapa ranira | sumaur iya mami ||

16. Rajèng Kulub Kalbujèr ratu digdaya | iya dèn ngati-ati | Jayusman sun gada | kudhunga băndabaya | rajaputra masang tangkis | sinèlèh sirah | gajah pun imankabir ||

17. sira Raja Kalbujèr angangkat gada | sarwi amarêpêki | saksana anggada | èsthine radèn putra | kêna kapinjale kering | kumbaning liman | kêna pun imankabir ||

18. paris kontal anglumba mêtoni bêdhat | mêta pun imankabir | anubruk ing mêngsah | gundam dipangganira | Kalbujèr bakuh ngukuhi | gada ping tiga | winalês sri bupati ||

19. pulêt uwal Kalbujèr tangkis lêgawa | ngadêg radèn ambindi | kuwat panggadanya | sigar parisanira | Kalbujèr sigra angambil | pêputhon êmas | sira Patih Bunandir ||

20. sarêng ngangkat astane arsa ambalang | rikat Patih Bunandir | astane sang nata | ginitik saking wuntat | ing rotan wêsi kinardi | puthon mas gigal | jimpe astanirèki [astanirè...]

--- 2: 53 ---

[...ki] ||

21. ngênthêl tyase dene kêmate kawruhan | nulya ginada malih | sirahing dipăngga | pêcah tiba kaplêsat | kantaka gumuling siti | wus tinunggangan | dening Patih Bunandir ||

22. tinalenan binabayang mundur sigra | dening Patih Bunandir | sang nata katawan | surak kadya ampuhan | ya ta kasaput ing wêngi | wus tinêtêgan | mundur kalih kang jurit ||

23. awurahan baris kuwur akelangan | gustine sor ing jurit | wadyèng Kulub samya | gustine kang katawan | santana prasamya nangis | pakuwonira | wadya Kulub angisis ||

24. Raja Kulkul Kalkiyah lajêng bujana | ing pakuwonira ji | Prabu Yablulawal | lan Prabu Sindhangdhayang | gunêm tingkahing ajurit | Kulkul atanya | kakang Patih Dabatil ||

25. sapa ingkang mêngsah ngasorkên ambănda | kakang Kalbujèr nênggih | Dabatil turira | inggih Radèn Jayusman | patutan sing Parangakik | sêkti prakosa | sampun amucung jurit ||

29. Pocung

29. Ngrêmbag gêlaring prang

1. asru muwus ing Kalkiyah Raja Kulkul | paran benjang enjang | punapa gêlaring jurit | yèn amunga prang tandhing botên kuwawa ||

2. alon matur sira Sang Raja Pangindrus | yèn inggih kawula | pênêt garubuh ing jurit | yèn wus kuwur

--- 2: 54 ---

antuk ngêmpakakên kêmat ||

3. salamine rêmbagan Sang Rajèng Kulub | manjingakên kêmat | pangridhu prahara tarik | yêkti mangsah sagung bala brêkasakan ||

4. ilu-ilu kalunthuh padha jumrunuh | pan puniku bala | ratune katawan sami | sêntanane ingajak ngamuk angrêbat ||

5. sami rêmbug sira Yablulawal Prabu | myang Rajèng Kalkiyah | wuwusên Patih Bunandir | kang anukma marang pakuwoning mêngsah ||

6. wus angrungu kabèh sarêmbuge mungsuh | yèn arsa prang cidra | garubuh ing benjing enjing | ngêmpakakên kêmate wong Sindhangdhayang ||

7. wusnya putus Bunandir anulya wangsul | mring pakuwonira | wong agung ing Ngalabani | Kyana Patih Bunandir atur uninga ||

8. lajêng matur Bunandir saaturipun | mring Sang Kakungingrat | sigra dènira ngundhangi | yèn besuk prang prajurit ingkang wahana ||

9. samêktesuk wong agung parentahipun | mring sagunging bala | wong Dhayak ing benjing enjing | iya padha rumêksa ing upacara ||

10. padha tunggu palangkane gustinipun | dene kang ajaga | prang cidrane nata dèwi | lan kang rayi Pangeran Bakdingujaman ||

11. iki mungsuh ngangsahkên bala lêlêmbut | pan sampun apungkas | sakathahe kang pinikir | para putra angukuhi wadya dharat ||

12. dene sagung atmajane para ratu | samya angirida | pamuke wadya turanggi | ingkang liya turăngga pinangku rama ||

13. bihal sênuk blêgdaba mèmrèng [mè...]

--- 2: 55 ---

[...mrèng] karêndhu | dalu tan winarna | ya ta kawuwusên enjing | atêngara mijile baris malatar ||

14. pan wong agung nèng wijoan palowanu | sagung para nata | wadyane ingkang turanggi | kadya alun gumulung samya mèt papan ||

15. barisipun beda lawan wau-wau | kêndhih dening kuda | prajurit Dhayak Sêngari | samya ngungun wong Kuparman salin gêlar ||

16. wus angumpul nata dèwi lan kang ibu | mungsuh tan miyarsa | Rêtna Dèwi Kuraisin | ingkang badhe nampèni kêmating mêngsah ||

17. samya mêtu kang para narpati mungsuh | barise malatar | manjing ing gêlar wus kèsthi | samya ngadhêp nganti dhawuhing parentah ||

18. sira Prabu Yablulawal Raja Kulkul | wus munggèng wahana | bakarlès sungu bang gadhing | munya barung titihane Rajèng Dhayak ||

19. sirah lêmbu awak macan gung aluhur | Raja Sindhangdhayang | Pangindrus nitih jênggiri | awak naga sirahe mênjangan ranggah ||

20. mawi apus kêkapa kasuran pitu | têtali marapat | bakuh binayut bêlandhil | yèn pinancal dêngkèng undurira milar ||

30. Durma

30. Pêrang brubuh

1. ngawe bala sasmita sarêng umangsah | Rajèng Dhayak Sêngari | Sang Prabu Kalkiyah | lan Patih Sindhangdhayang | barêng ngamuk sawadyèki | wêndran ayutan | tan ana kang turanggi ||

2. bala Arab anon ing mungsuh umangsah | sarêng mangsah

--- 2: 56 ---

nadhahi | Sri Bupati Kebar | prajurite turăngga | sakêthi kang nitih èsthi | lan kalih lêksa | ngirid bala ngawaki ||

3. Rajèng Kăndhabumi wadyane turăngga | pan kalih têngah kêthi | kalih têngah lêksa | prajurit munggèng gajah | mangsah Rajèng Kăndhabumi | angirid bala | ngawaki nêmpuh wani ||

4. prajurite Sang Aprabu Kewusnendar | turăngga tigang kêthi | gajah tigang lêksa | sênuk blêgdaba bihal | sakêthi kang măncawarni | Natèng Yujana | ngirid bala ngawaki ||

5. ingkang kanin sadaya ingkang waluya | sang prabu ing Ngabêsi | wadyane turăngga | patang kêthi gambira | patang lêksa nitih èsthi | angirid bala | Sadat Kadarismani ||

6. datan kêna winuwus prajuritira | mung sagung kang pangirid | sagung para nata | kuda yutan awêndran | abaran kirnan prajurit | gajah ewonan | magute kang prajurit ||

7. kadya bumi atangkêp lawan akasa | wadya Rab ingkang wuri | sangsaya gung prapta | kadya samodra pasang | lir wangan nêmpuh jaladri | kang wadya Dhayak | ingurugan pêpati ||

8. prapta riwut palagan aliru lawan | istijrat andhatêngi | gumludhug ngawiyat | sindhung angkara bajra | têdhuh riris awor angin | bala lêlêmbat | kang sami mangsah jurit ||

9. nata dèwi lan ari Bakdingujaman | ing rèh wus amiranti | bapa kalih samya | tan têbih lan kang putra | mungsuh prahara kabalik | bingung kang aprang | rame awowor

--- 2: 57 ---

titih ||

10. ingkang gada-ginada pêdhang-pinêdhang | ana cangking-cinangking | kang sêndhal-sinêndhal | miwah rajang-rinajang | acaruk cacap calimprit | paworing aprang | mungsuh rowang kèh mati ||

11. kadya guntur sakêthi yuta ru-ara | dhêdhêt madyaing jurit | Raja Yablulawal | nyarampang nyawat pêdhang | eca nèng titihannèki | salukun gada | nyambêr akèh katapis ||

12. sira Raja Jaswadi lan Raja Miswan | miwah Patih Bunandir | awor jin wus bisa | nêmpuh nanggulang mêngsah | lêlêmbat kang dèn tadhahi | rame puyêngan | wau sang nata dèwi ||

13. Yablulawal jinêmparing ing trisula | winuwung saking nginggil | sang prabu ing Dhayak | kacundhuk sirahira | tancêbing trisula manjing | têlak mêngandhap | pan kadya dèn sunduki ||

14. pundhak kalih kêna kipinging trisula | tumancêp anuduki | aniba sang nata | bakarlèse pinêdhang | mati ing Raja Jaswadi | Sang Rajèng Dhayak | awake dèn irisi ||

15. nanging ingkang trisula têtêp nèng sirah | lawan pundhake kalih | malih gêng angganya | trisula milu mêkar | tan bisa umangsah jurit | abiyang-biyang | astane kalih mati ||

16. dene cawang trisula manjing ing pundhak | mila astane mati | ebat kang tumingal | saparan rêmbyah-rêbyah | tan ana bisa nguculi | lêlêmbut giras | mulat gustine kanin ||

17. Natèng Sindhanddhayang pan sampun kacandhak | dening Raja Jaswadi | binanting ing sela | pêjah dadi rêksasa |

--- 2: 58 ---

pinanah Patih Bunandir | jajane pêcah | niba angolang-aling ||

18. Abunandir wus antuk wêwulangira | Wong Agung Jayèngmurti | sapisan kewala | sira pasthi palastra | Pardiyusuta ambanting | ing badanira | ajur ing sela miring ||

19. Raja Kulkul mati pinancas ing pêdhang | dening rahadèn matri | pangeran ing Kelan | gusis mungsuh sar-saran | Sang Rajèng Dhayak Sêngari | pêjah tan pêjah | têtêp dadi mêmêdi ||

20. lamun ana mêmêdi cundhuke panah | tuwin pundhake kalih | iku Rajèng Dhayak | sanggone rêmbyah-rêmbyah | tan ana bisa nguculi | ingkang angruwat | yèn tan gambuh ing jurit ||

31. Gambuh

31. Wadya Dhayak Sêngari kasor Yudanipun

1. akèh bêbandan ratu | miwah bêbandaning punggawa gung | kang wus nungkul prasamya dipun uculi | nata dèwi sigra niyup | manggihi sang prabu karo ||

2. miwah kang rayi sampun | sira Rahadèn Ismayasunu | wus apanggih kalawan Prabu Yunani | ngandika sang rêtna prabu | dhatêng paman prabu karo ||

3. inggih sirnaning mungsuh | lan wadyane punggawa gung-agung | kula pasrah dhatêng paman prabu kalih | yèn suwawi kalihipun | jêjaraha mring pakuwon ||

4. lawan punggawanipun | nagri ingkang sakawan pêngayun | Sindhangdhayang [Sindhang...]

--- 2: 59 ---

[...dhayang] lawan ing Dhayak Sêngari | nagri Kalkiyah lan Kulub | kula mantuk amakuwon ||

5. mangke lamun dinangu | ing kangjêng rama kula umatur | lamun paman Yujana lawan Yunani | sami ngêntosi kang kantun | sandika kalih sang katong ||

6. wau sang rêtna prabu | lawan kang rayi ngirid ing pungkur | prapta ngarsanira ingkang rama sami | tur sêmbah kalih wotsantun | sumungkêm ing pada karo ||

7. matur sirnaning mungsuh | kathah bêbandan kang para ratu | paman kalih ingkang sami angêntosi | Kewusnendar lan Tamtanus | têtilare paman katong ||

8. tan antara prapta wus | Kewusnendar lan Prabu Tamtanus | lan sagunge pra ratu ingkang pangirid | anadhahi ing prang pamuk | samyangsal bêbandan katong ||

9. katur ing Jayèngsatru | nagri sakawan pangajêngipun | kang têtiga ratune ingkang ngêmasi | satunggal rajèng ing Kulub | ingkang binănda binoyong ||

10. pêpatih kalih nungkul | pêpatihira Sang Rajèng Kulub | Sindhangdhayang pun Patih Dhayangunari | lan Patih Dhayak anungkul | Patih Dabatil punang wong ||

11. lan pra dipatinipun | mangkana wau Sang Jayèngsatru | kinèn mêdalakên para ratu katri | saking ing panjaranipun | katiga wus samya miyos ||

12. prapta barisan sampun | alon ngandika wau wong agung | hèh sang ratu katri kang katawan jurit | apa ta sêdyanirèku | apa urip apa layon ||

13. lamun anêdya lampus | nuli ingsun [ingsu...]

--- 2: 60 ---

[...n] patèni sirèku | yèn anêdya urip salina agami | Jêng Nabi Ibrahim iku | yèn tuhu milu maring ngong ||

14. matur Sang Rajèng Kulub | lawan ta sira Sang Rajèng Ngusur | katigane Sang Rajèng Rukmadamèki | nuhun urip aturipun | datan lênggana sapakon ||

15. sinadatakên sampun | Nabi Ibrahim agamanipun | wusnya ngucap sigra dènnya anguculi | samya nêmbah nguswa suku | pinaringan manis ênggon ||

32. Dhandhanggula

32. Radèn Jayusman kajumênêngakên nata ing Malebari

1. pinaringan palênggahan sami | ngantukakên ing karatonira | ing Kulub Raja Kalbujèr | Sang Dirkudahanèku | Rukmadama karatonnèki | Rajèng Ngusur kinarya | anggêntosi Kulkul | jumênêng anèng Kalkilah[2] | Ratu Agung Kalkiyah Raja Dukyadis | dening Ngusur nagara ||

2. wontên arine Raja Dukyadis | wis pinundhut mring Sang Kakungingrat | Radèn Dukyanis namane | kinarya ratu Ngusur | wus pêparab Raja Dukyanis | langkung marwata suta | kalih ciptanipun | utang pati utang wirya | nugrahan gêng ing urip tan dèn wuwuhi | karaton kaluhuran ||

3. Patih Dhayak Ki Patih Dabatil | wun kinarya ratu nagri Dhayak | Raja Dabatil namane | ing Sindhangdhayang iku | pêpatihe kinarya aji | Dhayangunari [Dhayanguna...]

--- 2: 61 ---

[...ri] nama | nanging kalihipun | kinèn sami angidhêpa | kalih pisan maring Patih Abunandir | winuwuhan pêparab ||

4. Patih Ngaenan Kamibunandir | Ratu Dhayak Ratu Sindhangdhayang | samya pratăndha kalihe | nyaosi gamêlipun | Rajèng Sindhangdhayang lan Patih | Dhayak Sêngari Raja | ing pangidhêpipun | nyaosi panandhonira | mring Ki Patih Ngaenan Kamibunandir | ngèstrèni pasamuan ||

5. wus mangkana jarahan binagi | dene sagung para raja-raja | donyane lan wong wadone | apangkat pandumipun | ratu ngarsa miwah pawingking | Sang Prabu Bawadiman | wau kang winuwus | kang putra Radèn Jayusman | pan jumênêng ing Kusniya Malebari | dènnya ngluwari ujar ||

6. arsa mangun kapandhitanèki | mukim dhêdhêkah ing pulo Barjah | pan sampun lami kajate | mring kang raka wus katur | mumpung Ki Sèh Wahas Mêdayin | mêksih nèng pulo Barjah | pininta pangèstu | wong agung ngandikèng putra | Kuraisin sira utusana mulih | marang nagri Ngajêrak ||

7. tur uninga mring ibumu nini | tuwin iya lawan eyangira | kalamun iki wayahe | sun adêgakên ratu | Ki Jayusman pasrahe ugi | wong tuwane magawan | mandhita dhêdhukuh | sira suwunna pêparab | karatone nèng Kusniya Malebari | kang putra tur sandika ||

8. lan ibumu aturana nini | kang ngangkata marang arinira | kang putra sandika ture | umêsat duta mabur | dyan wong agung sigra [si...]

--- 2: 62 ---

[...gra] ngundhangi | bêburu iwak wana | miwah samodra gung | kali-kali kang bangawan | kinarakat wau Kya Patih Bunandir | parentah pra dipatya ||

9. busanani sajroning nagari | sagunging rèh sampurna sadaya | wuwusên wau dutane | marang Ngajêrak rawuh | katur marang sang prabu kaki | tuwin Dèwi Ismaya | wau badhenipun | nora ngamungkên utusan | angawaki ing Kusniya Malebari | ya ta Dèwi Ismaya ||

10. marêk ing rama matur wotsari | wayah sampeyan Bakdingujaman | ing nagari Kelan mangke | eyange sampun kukum | wus linabuh têlêng jaladri | tilare Raja Kelan | pinaringkên sampun | dhatêng ing wayah paduka | nanging botên jinênêngakên narpati | satriya gêng kewala ||

11. amung wayah tuwan Parangakik | pun Jayusman angluwari ujar | pasrahe maratuwane | ngandika prabu sêpuh | putuningsun ingsun wuwuhi | parabe ing karajan | iya Sultan Agung | Jayusman Samsumurijal | kang ngadhaton ing Kusniya Malebari | sira nuli mangkata ||

12. pinaringan makutha buka sri | pusaka saking nagri Ngajêrak | kalpika sarta badhonge | sêsotyane pinunjul | pitung atus kêmbaran sisih | lamun dèn ajènana | ing makutha iku | aji sangang atus yuta | mawi kikmat kasêktèn pusakaning jin | budhal Dèwi Ismaya ||

13. kang andhèrèk kathah kang para jin | ambêkta bala nêmlikur yuta | napak ing gêgana kabèh | prahara

--- 2: 63 ---

gora riwut | gumaludhug maruta tarik | pratăndha jin lêlampah | riwut siwat-siwut | musus ingkang bayu bajra | aliwêran dhêdhêt têdhuh ing wiyati | gègèr dhêmit alasan ||

14. liniwatan dhêdhêmit priyayi | marma ngili ajrih pinèt tundhan | anggendhong ngatêr lakune | milane kawur-kawur | jin alasan samya malêncing | mangkana lampahira | wadya jin panganjur | kathah ingkang sampun prapta | jin pangarsa ing Kusniya Malebari | kacatur pitung dina ||

15. prahara angin gora wor riris | dupi sampun prapta pitung dina | Ismayawati praptane | umrês ingkang rum-arum | samya eram ingkang para ji | kang anyar durung mulat | ing pratingkahipun | kang wus lami para raja | malah samya tamuan pawong sanak jin | pinanggihan jro gubah ||

16. ya ta wong agung anèng jro puri | para garwa ngandikan sadaya | miwah para putra kabèh | wruh kang rayi mèh rawuh | gănda pêdhês kang awor riris | ing ngarsa gănda dupa | ing wuri gănda rum | arume kang kêmbang-kêmbang | awor pêdhês pratăndha cêlak sang putri | tan antara sang rêtna ||

17. prapta niyup lajêng manjing puri | mingkis kijab ing netra katingal | ngabêkti anèng padane | para garwa kumrubut | ngabêkti mring kang lagya prapti | gantya kang para putra | kumrubut angujung | ing ibu Rêtna Ismaya | wusnya tata ing papan panggenan linggih | matur Rêtna Ismaya ||

18. salamipun bapa jêng kiyai | sigra

--- 2: 64 ---

andhêku Sang Kakungingrat | lan punika pêparinge | dhatêng ing wayahipun | pusakane madêg narpati | badhong lawan makutha | lan kalpikanipun | punika kang sotya mapan | anakane nênggih kang malukat gaib | kagungan Jêng Suleman ||

19. andikane ramanta kiyai | mawi sawab inggih sawatara | miwah makutha badhonge | lan malih wêlingipun | ingkang eyang anjêjuluki | pêparabing karajan | nênggih Sultan Agung | Jayusman Samsumurijal | kang ngadhaton ing Kusniya Malebari | dhêku Sang Kakungingrat ||

20. kurmat dhêku saha waspa mijil | dangu-dangu mèsêm angandika | hèh yayi Sudara kiye | nugrahan gêng kang rawuh | ingkang eyang amusakani | kapraboning karajan | besuk Soma ngayun | anggèkna ing putranira | nêmbah tampi Rajaputri Parangakik | wau ta lajêng dhahar ||

21. wus sampurna sakathahing pikir | nuju praptane ing dina Soma | ing ngriku pan bawahane | badhe ngadêge ratu | Radèn Êsèh Wahas wus prapti | tuwin ngêrig pandhita | saking gunung-gunung | ngulama para suhada | andalêdêg saking gunung wukir-wukir | aglar ing panangkilan ||

22. para ratu satriya dipati | ulubalang kang mantri tampingan | wong Kusniya prapta kabèh | pinêpakakên wau | sipat mantrining para aji | tan ana kang kantuna | ing pakuwonipun | supênuh kang para raja | punggawane satriyane sipat mantri | paseban lir samodra ||

23. pra pandhita

--- 2: 65 ---

ewon ingkang prapti | sampun mijil Sang Surayèng Jagad | sarwi anganthi putrane | wusnya tata alungguh | Ki Sèh Wahas ingkang sinandhing | kering para pandhita | kanan para ratu | ing ngarsa Sri Bawadiman | Arya Maktal Adipati Guritwêsi | banjêng kang para putra ||

24. para ratu wadana nambungi | sawurine ingkang para putra | para putri sawurine | wong agung kang têtêlu | ingkang cêlak Sang Jayèngmurti | Marmaya Arya Maktal | Bawadiman Prabu | Wong Agung Surayèng Jagad | angandika mring sagunging para aji | lawan para pandhita ||

25. èstrènana sakathahe sami | putraningsun iya Ki Jayusman | ing mangke sun adêgake | jumênêng ratu agung | nèng Kusniya ing Malebari | jêjuluking narendra | iya Sultan Agung | Jayusman Samsumurijal | kang ngadhaton ing Kusniya Malebari | lan pasrahe kang rama ||

26. Patih Ngaenan Kamibunandir | dening isèn-isèning wijoan | ing Kulub Raja Kalbujèr | kalawan malihipun | ing Kalkiyah Raja Dukyadis | Raja Dukyadis lawan | sang prabu ing Ngusur | iki isèning wijoan | senapati prajurit panata baris | katri manggalaning prang ||

27. ngèstokakên sagung kang para ji | pra pandhita ngèstrèni sadaya | jumurung andongakake | luhure adêgipun | ing Kusniya ing Malebari | mijil wastra tigasan | saking kutha brubul | atumpuk nèng panangkilan | pira-pira sanggèn-ênggèn [sanggèn-ênggè...]

--- 2: 66 ---

[...n] kadi wukir | maksih gili kang prapta ||

28. lan talam mas saking jroning puri | dhinawuhkên dhatêng para raja | talam kêncana kabèhe | kang maring punggawa gung | sagung talam suwasa sami | maring mantri salaka | mangkana winuwus | lêlarih banjêng timbalan | pira-pira mulianing kang binagi | lêksan ingkang talam mas ||

29. kêthèn talam suwasa binagi | sagung tadhahan bebas sadaya | kang wastra mring wadya kabèh | datan kêna winuwus | bawahane kang madêg aji | wutah donya awêndran | wus tan kêna ngitung | yutan abaran akirnan | wus samêkta pandhita kang atur idi | sampurnaning bawahan ||

30. lajêng kasukan sagung para ji | panangkilan wong agung kadhatyan | lan kang putra ratu anèm | sapraptaning kadhatun | ingkang putra kinèn ngabêkti | mring kang ibu Ngajêrak | umangsah angujung | ingaras ingkang mustaka | wusnya nêmbah ing ibu Ismayawati | nulya ibu sadaya ||

31. ingkang ibu Ismaya nêdhaki | ing puranira wau sang nata | kang umadêg sultan anèm | sagung kang para ibu | ngiring Dèwi Ismayawati | prapta gupuh tumêdhak | rawuhing kang ibu | apan wawrat sêpuh lagya | sira Dèwi Ratu Nèm Kun Amaryati | sigra mangsah manêmbah ||

32. ibu sadaya dèn kabêktèni | wusnya sami alênggah sadaya | Ismaya lon pandangune | pira ta nimbok mantu | wawratanmu sigra nambungi | Sudarawrêti nêmbah | sampun sangang tèngsu | gumujêng sarwi ngandika | mring wawratan [wa...]

--- 2: 67 ---

[...wratan] Rajaputri Parangakik | hèh sira iku jabang ||

33. mêtua saking guwa garba glis | sumiwia marang eyangira | mumpung atêdhak marene | kongsia kondur iku | beyanana nêm atus kêthi | măngsa ta kalakona | têdhake eyangmu | gumujêng ingkang miyarsa | wusnya tata pêpundhutanira mijil | kang sarwa rum sadaya ||

34. olah-olahan saking cara jin | rame dhêdharan kang para garwa | ingkang winarna ramene | sanagara gumuruh | wong Kuparman lawan wong bumi | watara pitung dina | suka-suka nutug | wau pramèswarinira | sultan anèm ing Kusniya Malebari | babar pan miyos priya ||

35. tinêdhakan eyang Jayèngmurti | kalihan eyang Dèwi Ismaya | miwah kang eyang sultan sèh | kang mangun pandhita gung | Radèn Wahas tumut nêdhaki | kang jabang bayi sigra | pinundhut pinangku | yayi sira parabana | putunira iki nganti ing sirèki | matur Rêtna Ismaya ||

36. Radèn Sayidiman ta puniki | Radèn Makmur Nur Karbi Kusniya | nuli kang eyang Ngajrake | pan kathah paringipun | sampurnane pratingkahnèki | kunêng wau sang nata | dèwi lan kang ibu | apamitan lan kang raka | ngalilani Wong Agung Surayèng Bumi | kondur marang Ngajêrak ||

37. Rajèng Suwăngsa Raja Jaswadi | Rajèng Biraji Sang Rajèng Miswan | lan Radèn Minsar putrane | kantun sami atunggu | mring kang putra sawadyanèki | wau ta sang pandhita | amit adhêdhukuh | mring

--- 2: 68 ---

pulo Barjah kalawan | Radèn Êsèh Wahas arsa anjênêngi | mangun mênêdi papan ||

38. padhepokane ing arga Puri | ing pulo Barjah mindha kadhatyan | wukir kang radin sitine | prênah dhepokanipun | makam Adam kang dèn ênggoni | kang kiwa Bawadiman | kang têngên winangun | dene Ki Sèh Radèn Wahas | kang kinarya padhepokanira sami | wukir rineka pura ||

39. pan tigang jam lêlongkangirèki | gène Ki Sèh Radèn Wahas ika | apan lèr padhepokane | pan sami rakitipun | sri rêrênggan kang sarwa sari | botrawine amalang | angubêngi dhukuh | kunêng kang têtêp martapa | kawuwusa ing Kusniya Malebari | mucung Sang Kakungingrat ||

33. Pocung

33. Ngarab kadhatêngan mêngsah

1. badhe kondur marang Kuparman Wong Agung | angundhangi bala | Kusuma Sudarawrêti | anênggani putra nèng nagri Kusniya ||

2. ingkang tumut kondur Sang Rêtna Marpinjun | lan Putri Karsinah | Rêtna Sirtupelaèli | saputrane tumut kondur mring Kuparman ||

3. lawan tumut putri Kuwari lan sunu | mring nagri Kuparman | Rahadèn Hasim Kuwari | ingkang putra Rahadèn Bakdingujaman ||

4. kinèn mantuk dhatêng ing Kelan rumuhun | yèn wus tigang warsa | nusula mring Kuparmani | asarênga lan ibu Rêtna Sudara ||

5. lan Sang Prabu Kusniya

--- 2: 69 ---

sarêng anusul | dadya kang tinitah | mangkana kang para aji | apan sarêng budhale ungkur-ungkuran ||

6. tan winuwus ing lampah mung praptanipun | nagari Kuparman | angadhaton sagarwèki | para ratu angadhaton sowang-sowang ||

7. lagya rawuh para ratu ingkang kantun | kang têngga nagara | pan arsa dèn parentahi | pan akarya rakit dalêm pura gangsal ||

8. kilènipun kang kalih kang para ratu | ingkang sinaosan | Sultan Anèm Malebari | lawan ingkang putra rayi Radèn Rustam ||

9. wetanipun têtiga saosanipun | nênggih Radèn Ruslan | lan Pangeran Kaelani | Radèn Hasim Kuwari tumut nèng wetan ||

10. wontên wuwus kadi sarêng lampahipun | tinata ing kăndha | sayêkti ginawe gênti | wontên ratu agêng prawira digdaya ||

11. ratu wudhu tanpa tandhing ing prang pupuh | prajurite kathah | ing Polat prajanirèki | ajêjuluk Sang Raja Kuwari Usman ||

12. pan anglurug nagari Mêkah jinujug | sêdya ambêbahak | tigang yuta wadyanèki | kulit pêthak jinise Kuwari Usman ||

13. pan angrungu sirnane Sang Jayèngsatru | aprang lawan raja | ing Dhayak mungsuh dhêdhêmit | Yablulawal kang numpês Sang Jayèngrana ||

14. milanipun wanine karya angridhu | sanadyan uripa | Wong Agung Surayèng Bumi | dhasar nêdya ngayoni ngabên prawira ||

15. dêdêgipun pitung puluh gas sang prabu | lajêng ngêpung Mêkah | anjarah ambêboyongi [a...]

--- 2: 70 ---

[...mbêboyongi] | abusêkan gègère kang ngungsi kitha ||

16. sami tutup wong Mêkah sakèthèngipun | katuju pra kadang | katiga prasamya prapti | ingkang sami andhèrèk Sultan Kuparman ||

17. pan ingutus ing rayi Sang Jayèngsatru | angirim jarahan | mring sagunging pêkir miskin | ingkang sami anèng jro nagari Mêkah ||

18. rêmbatipun tigang lêksa cacahipun | binagi martiga | saduman mring pêkir miskin | kang saduman mring kang tunggu lawang kitha ||

19. ingkang kantun saduman sêntananipun | putra Mêkah ingkang | têtiga kang lagya prapti | prajurite patayare anyalêksa ||

20. dadi cukup anadhahi mungsuh rawuh | inggih ingkang prapta | tuwa Radèn Abu Talib | ingkang rayi Rahadèn Aris Bulahab ||

21. arinipun nama Radèn Abdul Samsu | sadaya kang raka | mring Wong Agung Jayèngmurti | sami dawêg yèn aprang wontên ing Mêkah ||

22. yèn anglurug tan wontên ingkang dèn adu | andhandhang magut prang | sangêt ajrihing kang rayi | botên arsa Wong Agung Surayèng Jagad ||

23. pan puniku măngsa tiwasa prang pupuh | darahing prawira | kang putra Nabi Ismangil | Menak Kendar lêluhure prawirèng prang ||

24. duk puniku wong Mêkah tan ana mêtu | saking palataran | wau dènira nadhahi | rame prange lan Raja Kuwari Usman ||

25. wontên sunu ing Mêkah laire kantun | wuragile kadya | nama Radèn Mir Anjilin | apan lagya umur kawan wêlas warsa ||

--- 2: 71 ---

26. pan puniku Radèn Mir Anjilin kudu | miyosi prang jaba | nanging tan ana nuruti | sami aprang saking salêbêting kitha ||

27. wontên nêngguh satriya agêng lêlaku | rong kêthi kang wadya | nama Radèn Banuarli | pan puniku Marmadi kang darbe suta ||

28. patutipun randhaning Jobin rumuhun | lan Radèn Marjaman | sanès ibu Mukabumi | tunggil ibu kalawan Dèwi Luljahar ||

29. ramanipun Jobin Luljahar rumuhun | Luljahar kagarwa | nguni Radèn Maryunani | Banuarli lan Umarmadi patutan ||

30. praptanipun saking Kaos nagarèku | têtuwi mring kadang | sanès rama tunggil bibi | marginipun malipir paminggir Mêkah ||

31. lampahipun katanggor pakuwon agung | pangarsaning lampah | umatur yèn wontên baris | ngêpung Mêkah Sri Polat Kuwari Usman ||

32. êmbanipun sudhulane ingkang ibu | ing nguni boyongan | yèku putra Mukabumi | êmban paman Radèn Wajahjami nama ||

33. duk angrungu panganjure kinèn mundur | aja kajarahan | bok iku mungsuh nyidrani | Raja Polat nyidra Sri Kuwari Usman ||

34. wus angumpul rajaputra mantrinipun | prajurite samya | ngumpul sadaya tinari | paman Wajahjami paran budinira ||

35. mungsuh iku sêdyane aprang anambuh | Mêkah ana apa | yèn nêdya pêrang sayêkti | sayêktine nusul mring nagri Kuparman ||

36. lon umatur kang paman pênêde iku | wong mênangi buja |

--- 2: 72 ---

pagene dipun singgahi | inggih dawêg binukti sakêlar-kêlar ||

37. jêr puniku nyidrani ing gustiningsun | payo cinidranan | ginitik ing mêngko bêngi | Wajahjami angling iku dudu lampah ||

38. rina iku pinaguta pinrih bingung | binawur dahana | pakuwon sinawat gêni | botên nistha animbangi mungsuh cidra ||

39. sampun putus pakewuh ingkang rinêmbug | mung ngamuk kewala | wadya jro Mêkah sayêkti | nuntên mirsa tulung prang mêngakkên lawang ||

40. lamun uwus ing jaba lan ing jro kumpul | sayêkti prang tata | angabên sami prang tandhing | nandyan silih sumêngka măngsa mundura ||

34. Durma

34. Radèn Banuarli nulungi wadya Arab

1. wus samêkta pinêthèt prajuritira | Rahadèn Banuarli | wadya nitih kuda | kawan lêksa sadaya | nèng wana atata baris | pangirid lampah | kang paman Wajahjami ||

2. kalih èwu prajurite mangsah ing prang | kang jaba angobongi | pakuwoning mêngsah | sawusnya rakit dadya | têngara umung thongthonggrit | mangsah anunjang | gumuruh suraknya tri ||

3. mungsuh lagya jêng-ajêngan mring jro kitha | kagyat prapta ing wuri | kang mungsuh anunjang | prapta ngamuk ing wuntat | lan ana ingkang ngobongi | gêni wus mubal | prajurit ngamuk wani ||

--- 2: 73 ---

4. Radèn Wajahjami lawan ingkang putra | Rahadèn Banuarli | rampak ngamuk nêngah | marani goning raja | kotbuta nêmpuh angukih | ênggoning raja | tinunjang anadhahi ||

5. rame ulêng-ulêngan pamoring aprang | prajurit ing Kohkarib | sami antuk papan | ngiwut angidak nujah | wus kathah antuk pêpati | bala jro kitha | kang munggèng panggung sami ||

6. Radèn Aris Bulahab waspadèng tingkah | Ngabdul Samsu ningali | lamun ana raja | ngamuk saking ngiringan | wadya Mêkah bukak kori | prajurit mêdal | samya anêmpuh wani ||

7. Wajahjami mangsiti prajuritira | yèn bala Mêkah mijil | mingêr awor sigra | wus kadya sinaringan | mungsuh rowang kang miranti | pamore uwal | wus golong bagi-bagi ||

8. wus apajêg mungsuh baris lawan rowang | kapang-kapang kang baris | tinata kalangan | senapati tan ana | ing rèh ingkang misesani | Dipati Mêkah | ngamungkên para siwi ||

9. datan ana ingkang lênggah ing wijoan | sadaya munggèng kursi | apapak kewala | tan ana luhur andhap | amung kang sêpuh sakêdhik | Aris Bulahab | kalawan Abu Talip ||

10. Ngabdul Samsu kalawan Amir Umiya | Radèn Amir Anjilin | Kohkarib Narpatma | kalawan ingkang paman | sira Radèn Wajahjami | apan sadaya | kang sami munggèng kursi ||

11. baris Polat wus tata punggawanira | munggèng amparan rukmi |

--- 2: 74 ---

kang darbèni lampah | Raja Kuwari Usman | punggawaning kang para ji | aglar ing ngarsa | surakira wus prapti ||

12. mring barise wong Mêkah wus katampanan | suratira sang aji | Sri Kuwari Usman | binukèng pra santana | têtêmbunge kang kintèki | apa wong Mêkah | siji tan ana janmi ||

13. apa anjing kewala iya kang ana | dene cidra ing jurit | iya eling sira | sun gawe karang abang | tan wurung prajanirèki | wus ingangsulan | surate sri bupati ||

14. Ratu Polat Sang Raja Kuwari Usman | duta tan dangu prapti | angsal wangsulan srat | binuka têmbungira | hèh Rajèng Polat sirèki | yèn bala Mêkah | anut cidranirèki ||

15. dene sira ratu gêdhe tambung lampah | mamak tan darbe kuping | yèn nagari Mêkah | senapati tan ana | mung wong wadon bocah cilik | yèku kang ana | yèn sira arsa jurit ||

16. pasthi nusul marang nagari Kuparman | wong sêpi dèn parani | mêngko balanira | kèh rusak dening bocah | iku putra ing Kohkarib | mêtu prawira | iya Si Banuarli ||

17. iya sira kang gawe tuwa maring wang | saking cidranirèki | dadi raganingwang | mêtu têka ing bocah | manjing ing wong tuwa mangkin | kabèh wong Mêkah | wus mari rare cilik ||

18. mêtu saking pasamuan singa tiwas | mêngko padha manjingi | iya pasamoan | ingkang luwih utama | wit saking praptanirèki | Sang Rajèng Polat | asmara duk miyarsi ||

--- 2: 75 ---

35. Asmaradana

35. Tata-tata badhe mangsah prang

1. Natèng Polat gya anangis | sarwi anungkêmi layang | ngumpulakên punggawane | ingkang para ulubalang | prajurit para nata | wontên wêwolu kang sêpuh | andêle Kuwari Usman ||

2. andêling prang andêl pikir | kang nama Raja Duwelah | kalawan Raja Jangkuwès | Raja Danidêr punika | miwah Sang Raja Satlam | Raja Dêrlandrèk puniku | lawan Raja Mênir Jundap ||

3. Raja Sapaldan Tinain | Burêng lan Raja Indriyan | anyêlak bêkta kursine | sêrat gantya tinupiksa | ana kang nuli mojar | puniki pikir satuhu | caraning ratu mangun prang ||

4. jêr paduka sangêt sisip | kutha sêpi kang kinêpang | mangke anêmu mangkene | nusula marang Kuparman | măngsa dèn ladènana | mêmungsuhan lan wong agung | angur suwita tinêmah ||

5. lawan bala paduka ji | punika wus kathah risak | mapan ta sampun kalakon | inggih ta sadasa-dasa | untung ilanging lampah | têmbunge sêrat puniku | nglêlingsêmi ing paduka ||

6. sang nata ngandika wêngis | mangsulana srat panantang | ingsun tan arsa binalèk | prapta gone baris Mêkah | panantange kang munggah | mupakat prang tandhing gupuh | saanane bêbocahan ||

7. sigra miyosi ngajurit | Rahadèn Aris Bulahab | anitih turăngga kawot [ka...]

--- 2: 76 ---

[...wot] | sakapraboning ayuda | prapta papan sêsumbar | hèh payo mêtua gupuh | ing kene padha prakosa ||

8. wong Mêkah surake atri | wong Kohkarib awurahan | wong Polat Raja Dêrlandrèk | umangsah nitih turăngga | nandêr praptèng payudan | ayun-ayunan sru muwus | wong Mêkah sapa ranira ||

9. asru dènira nauri | ngong Radèn Aris Bulahab | lah sira sapa arane | ya ingsun andêling Polat | Dêrlandrèk aran ingwang | payo apa na sirèku | ngling Radèn Aris Bulahab ||

10. dudu watak andhingini | ing ayuda caraningwang | angling Sang Raja Dêrlandrèk | dèn prayitna ingsun gada | kudhunga băndabaya | Dyan Aris Bulahab kudhung | ginada tangkis lêgawa ||

11. rame dènira ajurit | Dêrlandrèk gada ping tiga | winalês nêmpuh parise | jumêbrèt panggadanira | Radèn Aris Bulahab | pinindho asru pinupuh | Dêrlandrèk malês anggada ||

12. arame bindi-binindi | dangu dènnya ngundha gada | sarêng asèlèh gadane | agantya pêdhang-pinêdhang | dangu prang main pêdhang | rukêt pêdhang sami putung | sami mudhun saking kuda ||

13. sarêng dènnya marêpêki | Rahadèn Aris Bulahab | jinunjung Raja Dêrlandrèk | awanti-wanti ingangkat | dyan winalês cinandhak | Raja Dêrlandrèk jinunjung | binanting tiba kantaka ||

14. sigra dènira gosongi | Aris Bulahab sêsumbar | êndi

--- 2: 77 ---

prajurite manêh | iki Si Aris Bulahab | kadange lêt têtiga | lan Kalana Jayèngsatru | Wong Agung Surayèng Jagat ||

15. êlêt têlu tuwa mami | atmajèng Dipati Mêkah | Banu Kasim têdhak Kurès | turăngga midêr ing papan | sigra prajurit Polat | Raja Danidêr umagut | praptèng papan sigra panggya ||

16. Sang Raja Danidêr angling | hèh sira Aris Bulahab | dene muncar sêsumbare | sira sadulure tuwa | marang Si Kakungingrat | radèn nora dadi ratu | dêdêgmu iku prakosa ||

17. suwitaa ratu mami | tinggalên sadulurira | pasthi sira dadi katong | asugal pangucapira | Radèn Aris Bulahab | tan sudi nêmbah ratumu | nora kudu dadi raja ||

18. balik ta ingsun nalèni | mring ratunira kaduga | lah payo laknat dèn age | apa kang ana ing sira | Danidêr narik pêdhang | Aris Bulahab winuwung | kang mêdhang malah ping tiga ||

19. winalês pinêdhang aglis | arame pêdhang-pinêdhang | adangu tan wontên kasor | kasaru surup hyang arka | mundur kalih kang aprang | wong Mêkah makuwon mangsuk | lajêng marêk sang dipatya ||

20. rajaputra ing Kohkarib | katur ing sang adipatya | ngandika praptèng ngarsane | nêmbah nguswa dêlamakan | ingaras kang lungayan | sinungga tinamu-tamu | akathah prajuritira ||

21. sang dipati lingira ris | marang kang putra sakawan | paran ta iki bêcike | apa ora tuhuninga [tuhu...]

--- 2: 78 ---

[...ninga] | iya mring arinira | mungsuh iki ratu agung | prakosa asugih bala ||

22. kang putra umatur sami | tuwin ture Rajaputra | Kohkarib dhuh sampun age | têmahan nyuwèni manah | manawi binantonan | botên angsal sêsinau | Mir Anjilin nambung sabda ||

23. bênêr Ki Putra Kohkarib | lamun atura uninga | inggih tan wurung binanton | pinrih puniki tutuga | mèsêm sang adipatya | mring Apatih Abunanggur | Bunanggur Amil Umiya ||

24. arine Umarmayèki | Umiya Jumirilsuta | sasedane wong tuwane | Pakanjun iku kinarya | angrèh bala ing Mêkah | Kyana Patih Abunanggur | gagah prakosa tur kêras ||

25. saosa têratag jawi | dèn ajêmbar tarub rambat | kyana patih nulya age | lawan bala tingang lêksa | karya têratag dadya | datan kawarna ing dalu | kapungkur wus praptèng siyang ||

Lajêng nyandhak: jilid 3.

--- 2 : [79] ---

Isinipun

... Kaca:

17. Wong agung lênggah siniwaka wontên ing Malebari. .... 3
18. Sêrat panantang saking Dhayak Sêngari. ... 6
19. Prajurit ing Dhayak Sêngari mangsah prang. ... 10
20. Patih Bunandir majêng prang. ... 12
21. Prabu Kewusnendar nawan raja kêkalih. ...16
22. Radèn Banu Kelan putranipun wong agung. ... 20
23. Radèn Banu Kelan nyobi ingkang rama. ... 26
24. Prabu Lamdahur mapagakên Radèn Banu Kelan. ... 33
25. Radèn Banu Kelan pêrang lawan wong agung. ... 36
26. Radèn Banu Kêlan ngabêkti dhatêng rama wong agung. ... 42
27. Radèn Banu Kelan dipun paringi nagari Kelan. ... 47

--- 2: [80] ---

... Kaca:

28. Wadya Dhayak Sêngari mangsah prang malih. ... 50
29. Ngrêmbag gêlaring prang. ... 53
30. Pêrang brubuh. ... 55
31. Wadya Dhayak Sêngari kasor yudanipun. ... 58
32. Radèn Jayusman kajumênêngakên nata ing Malebari. ... 60
33. Ngarab kadhatêngan mêngsah. ... 68
34. Radèn Banuarli nulungi wadya Arab. ... 72
35. Tata-tata badhe mangsah prang. ... 75

 


kakung. (kembali)
Kalkiyah. (kembali)