Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934–5, #844

Judul
Sambungan
1. Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1155b

Menak Malebari

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta,

Jilid: 3.

Balai Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm

--- 3: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

36. Pangkur

36. Wadya Arab campuh lan wadya Polat

1. enjing muni kang têngara | wong jro kitha barise wus miyosi | kumrutug suka tyasipun | tan ana ingkang maras | para kadang pan lagya nêdhênge purun | Banuarli Rajaputra | lan Radèn Amir Anjilin ||

2. alênggah kursi sadaya | Radèn Aris Bulahab Abuntalip | lawan Radèn Ngabdul Samsu | Radèn Amir Umiya | Rajaputra Kohkarib banjêng alungguh | Radèn Banuarli lawan | ingkang paman Wajahjami ||

3. Kya Patih Bunanggur lawan | mudha putra Radèn Amir Anjilin | putra Mukabumi magut | sampun nitih turăngga | Radèn Wajahjami prapta nguwuh mungsuh | papagêna tandang ingwang | iki putra Mukabumi ||

4. Si Wajahjami prakosa | widigdaya rêbutên ing ajurit | sapa ingkang arsa lampus | payo Kuwari Usman | mêtonana yèn sira prajurit punjul | payo angadu pragola | rukêt băndawala pati ||

5. ratu anguthuh ing tingkah | kurang tata ngawur-awur ing titi | payo mêtua dèn gupuh | lamun tuhu prawira | dêstun têmên ingsun [ing...]

--- 3: 4 ---

[...sun] aniru prang pupuh | wong mamak angawak-awak | tanpa krama ing ajurit ||

6. wau tan bêtah miyarsa | Mênir Jundap mêtoni ing ajurit | anitih turăngga sampun | kawot kapraboning prang | praptèng rana Mênirjundap têtanya sru | sapa aranmu satriya | nauri sun Wajahjami ||

7. Mukabumi wijil ingwang | pan kaipe dening Prabu Kohkarib | sira sapa ta aranmu | sumaur Mênirjundap | lajêng gada Radèn Wajahjami kudhung | parisanira malela | ginada awanti-wanti ||

8. wus tita panggadanira | gya winalês Mênirjundap binindi | akudhung parisanipun | pining kalih ginada | pining tiga parisanira balêdug | sumyur katêmpuh ing gada | ajur lan kudane mati ||

9. Raja Satlam sigra prapta | sru anggada ing Radèn Wajahjami | tangkis kang gada tumêmpuh | Satlam winalês tiba | pan kasingsal saking kuda tibanipun | turanggane katanggulang | ginada jur lawan siti ||

10. têdhak saking kudanira | Wajahjami marani ênggonnèki | cinandhak binanting lampus | liwung wuru ing aprang | singa prapta ginada akèh têtulung | Jangkuwès lawan Duwelah | ngrapakên turăngga sami ||

11. riwut kang abăndayuda | Banuarli Radèn Amir Anjilin | kalih sarêng atêtulung | nandêr turăngganira | praptèng rana Wajahjami kinèn mundur | sarêng panggih kang ayuda | Jangkuwès lan Banuarli ||

12. Duwelah wus panggih lawan | wau sira Radèn Amir Anjilin [Anji...]

--- 3: 5 ---

[...lin] | Duwelah sigra amupuh | ing gada katadhahan | kang parisan waja kumantar kumukus | winalês Prabu Duwelah | ginada sumyur kang tangkis ||

13. buwang gada narik pêdhang | turănggane putêran angrok sami | angayat pêdhang amuwung | lumarap êmèh tiba | binarêngan cinandhak paglanganipun | tinarik sampun kasêndhal | nèng asta tininggil-tinggil ||

14. tinon ing bala sadaya | ngeramakên Radèn Amir Anjilin | Duwelah binanting rêmuk | ăngga ajur lan kisma | Raja Kuwès rame prang sampun kapikut | kasor ing prawiranira | katawan kasaput wêngi ||

15. mundur kalih kang ayuda | Sri Kuwari Usman langkung prihatin | prajurit kèh kang kapupu | amung kantun têtiga | wadya Mêkah mundur kasukan ing dalu | enjing anêmbang têngara | gumuruh miyos tinangkil ||

16. Sang Raja Kuwari Usman | têngarane taledhor kang gong bèri | wus angênês batinipun | ing lair linamisan | prajurite ingkang kari kusut-kusut | angungun Kuwari Usman | lupute apês kang jurit ||

17. wus atata barisira | akalangan sagung mantri prajurit | Dyan Amir Anjilin sampun | nitih turăngga mangsah | sumbar nyirig uncal gada sêbat-sêbut | turanggane gêbyar-gêbyar | eram kang mêngsah ningali ||

18. wong Mêkah surak gumêrah | wong Kohkarib lir udan sinêmèni | sêsumbar sang arya sunu | rêbutên ing ayuda | payo laknat aja na

--- 3: 6 ---

sarênti magut | mangsah sakarine pêjah | Raja Sapaldan Tinain ||

19. wus panggih ayun-ayunan | tanya Sang Raja Sapaldan Tinain | wong anom sapa aranmu | solah sawênang-wênang | wingi sira ambănda matèni ratu | ing mangke mati dening wang | iki Sapaldan Tinain ||

20. nauri rahadèn putra | iya ingsun Radèn Amir Anjilin | payo apa nèng sirèku | sigra anarik pêdhang | lagya Sapaldan Tinain amêmuwus | dupi lumarap kang pêdhang | cinandhak astanirèki ||

21. sinêndhal saking turăngga | uwus dèn ikal Sapaldan Tinain | binanting ing siti kantu | prapta Raja Indriyan | arsa mêdhang binarêngan astanipun | sinêndhal saking turăngga | Raja Sapaldan Tinain ||

22. lan Indriyan kalih samya | galangsaran tan ana kang gosongi | kang cinandhak kalihipun | katawan mring wong Mêkah | langkung bêndu Kuwari Usman gya magut | anitih kuda papêrang | binusanan murub asri ||

23. mangsah jojrog kudanira | praptèng rana bramantya lingira ris | hèh bocah pêksa kumingsun | dudu wong anom sira | kalakuanira bănda para ratu | ambanting matèni raja | wong anom bantingên mami ||

37. Sinom

37. Ratu Polat têluk

1. suraking mungsuh lan rowang | kadya udan sinêmèni | Sang Raja Kuwari Usman | kang aran Amir Anjilin [Anji...]

--- 3: 7 ---

[...lin] | payo Amir Anjilin | yèn sira nyata pinunjul | mara bandanên ingwang | nauri Amir Anjilin | payo aprang dhingina Kuwari Usman ||

2. sapa kasoran binănda | pinatenan iya bêcik | ngling Raja Kuwari Usman | sayêkti sira ngêmasi | nadhahi gada mami | măngsa wurunga malêdug | balungmu misih rênyah | lawan ta dêdêgmu cilik | ngangkat gada Sang Raja Kuwari Usman ||

3. radyan tangkis băndabaya | ginada Amir Anjilin | kadya kang balêdhèg sasra | jumêbrèt tibaning tangkis | kuwat dènnya nadhahi | tan osik ing astanipun | surak bala wurahan | kang paris amubal gêni | angandika Sang Polat Kuwari Usman ||

4. trêkaningsun awor lêmah | hèh sira Amir Anjilin | yèn ingsun anggada arga | asumyur ing gada mami | sirèku misih urip | mêntala tan ajur mumur | pinindho pining tiga | panangkise datan osik | ingsun walês dèn yitna Kuwari Usman ||

5. sigra kudhung paris waja | gya Radèn Amir Anjilin | ngêtab kuda ngikal gada | ginada sri narapati | kadya gêlap sakêthi | tinêmpuh parisanipun | tugêl gigiring kuda | sang nata tiba kuwalik | sigra tangi gumêtêr sariranira ||

6. obah balunge sang nata | kang pitung puluh kêkalih | Dyan Amir Anjilin têdhak | amarani sri bupati | prang pêdhang rukêt bindi | lah payo junjung-jinunjung | Polat Kuwari Usman | sigra nyandhak ing sang pêkik |

--- 3: 8 ---

apan ingangkat-angkat mêksa tan kangkat ||

7. kinuwatakên ingangkat | malah tumètès kang gêtih | dariji lawan jêmpolan | miwah netranira kalih | sami awaspa gêtih | panjunjunge tan kajunjung | angling payo malêsa | sigra cinandhak sang aji | sarwi pêtak kajunjung Kuwari Usman ||

8. ingikal-ikal ing tawang | ebat kang samya ningali | binanting Kuwari Usman | kantaka gumuling siti | tarutul Wajahjami | prapta nalèni sang prabu | ginodhi suku asta | suraking bala mêlingi | wusnya tangi Sang Polat Kuwari Usman ||

9. tinari paran ing karsa | apa urip apa mati | kang satuhu antêpira | umatur sri narapati | aririh angêrintih | ngucap sangêt sakitipun | adhuh anggèr kawula | ngaturkên tobat sayêkti | apan sumăngga tuwan angabdèkêna ||

10. Amir Anjilin ngandika | inggih yayi Wajahjami | kinèn angucap kalimah | sarengat Nabi Ibrahim | Wajahjami muruki | sawusnya sadat sang prabu | anulya inguculan | ngabêkti sri narapati | tinêtêpkên karatone nagri Polat ||

11. balane prapta sadaya | satriya kang pra dipati | wus kinèn salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | binêkta sri bupati | manjing pura konduripun | bala kantun ing jaba | mung binêkta sawatawis | tinêtêgan sami kondur kang ayuda ||

12. binêkta marêk ing rama | nèng wurine Banuarli | Sang Raja Kuwari [Kuwa...]

--- 3: 9 ---

[...ri] Usman | sapraptanira ing puri | sinêmbahakên aglis | Sang Raja Polat angraup | ing pada sang dipatya | pangandikanira aris | anak prabu ing Polat Kuwari Usman ||

13. dèn agêng ing panarima | yèn nugraha sihing Widhi | andika pinaring iman | amargi saking ajurit | singa kang dadi margi | sok sampuna katêlanjur | nuwun sri naranata | wus kandêl agamanèki | anèng ing Mêkah Sang Sri Kuwari Usman ||

14. sami amangun bujana | lan Radèn Amir Anjilin | ingkang antuk bêboyongan | Kuwari Usman Sang Aji | manjing sudara wèdi | ing batin gusti satuhu | eca tyase nèng paran | wadyane kathah kang prapti | pra dipati kang nusul ing gustinira ||

15. kunêng wontên winursita | panjênêngan ratu luwih | Wragadgaji Abukhadrah[1] | nagarinipun Kubarsi | agung angrèh para ji | tanpa tandhing ing prang wudhu | darbe putra têtiga | pawèstri ingkang satunggil | kalih priya sêndhang kapit ing pancuran ||

16. kang sêpuh jalu pêparab | Maliyat Kustur gêng inggil | panênggakipun wanudya | Rêtna Malikadarwati | kang rayi jalu malih | anama Warihat Kustur | kêkalih dêdêgira | nyawidak papat gas sami | prawirane kalih tanpa tandhing ing prang ||

17. kang rama anyar palastra | putra kalih madêg aji | Maliyat Kustur kang tuwa | Warihat Kustur kang rayi | panêngah rajaputri | pan sami amawi guru | luhurira nagara | garwaning rama [ra...]

--- 3: 10 ---

[...ma] ing nguni | putra ditya pêpalayon saking ing prang ||

18. ngili saking ing Jabalkap | anaking ratu rasêksi | nama Samaduna Raja | sirah sèwu angajrihi | asta rong èwu nguni | pêjahe prang lan Wong Agung | Sang Kakungingrat lawan | timure Dèwi Kurisin | putrinipun ngili Kubarsi nagara ||

19. tan wruh lamun palajêngan | Sang Prabu Wrahat Kubarsi | anyana praptane dhasar | ngunggahi Rajèng Kubarsi | anèng Pataniburni | jawi kitha pinggir gunung | pêparabe sang rêtna | nênggih Dèwi Samadrini | pan kagarwa Wrahatgaji Abukhadrah ||

20. saking têbihing jajahan | Jabalkap saking Kubarsi | marmane datan miyarsa | yèn kêkalahane êjin | miwah keyokannèki | mring Kalana Jayèngsatru | nyana lêlêmbut tigas | ya ta Sang Rajèng Kubarsi | dadya luhur loking nagri liyan-liyan ||

21. mila kalih puranira | Sri Naranata Kubarsi | kadhatone kang satunggal | iya ing Pataniburni | balane Samadrini | mung lêlêmbut patang èwu | mila yèn bêdhah praja | Sang Raja Khadrah Kubarsi | datan ana para ratu nadhahana ||

22. dhasar prawira ngayuda | wimbuh rabi putri dhêmit | duwe wadya brêkasakan | mila kèh para narpati | ingkang anungkul aris | kalok narendra pinunjul | sedane ratu tuwa | putra kalih madêg aji | mangkin wuwuh kèringan amanggih bala ||

23. balane tanpa wilangan | Warihat Kustur kang rayi |

--- 3: 11 ---

kang nama ratu taruna | inggih angiras pêpatih | kang raka gênge kang sih | marma sinung nama ratu | karsane ingkang raka | ingiras Patih Kubarsi | angrèhakên para ratu pra dipatya ||

24. mangkana wau miyarsa | Sri Naranata Kubarsi | yèn langkung rame prang Dhayak | lan Kusniya Malebari | prang agêng rêbut putri | wong Dhayak soring prang pupuh | nêdya napungi yuda | mring Kusniya Malebari | ana ingkang arsa tinumpês wong Islam ||

25. sampun angundhangi bala | samakta kaprabon jurit | anglurug sri naranata | mring Kusniya Malebari | kadangipun pawèstri | tan purun tinilar kudu | atut lampahing raka | lawan wau ingkang rayi | Kadarwati putri sêkti măndraguna ||

26. mila sang rêtna digdaya | adarbe cêcupu manik | astagina pinaringan | mring kang ibu Samadrini | bisa napak wiyati | Kadarwati putri punjul | kalih atus sadaya | pawongan putri prajurit | wadyabala Kubarsi amucung ing prang ||

38. Pucung

38. Ratu Kubarsi anglurug dhatêng Malebari

1. para ratu wus angumpul balanipun | miwah pra dipatya | tanpa wilangan kang baris | abra wadya lir wukir sakêthi kobar ||

2. wusnya mukul têngara budhal sang prabu | sampun tilar praja | bidhal saking ing Kubarsi | kadya

--- 3: 12 ---

praja angalih gênging kang bala ||

3. cucukipun ing baris Raja Pêlangkus | Narpati Panardan | ratu digdaya ngajurit | pilih tandhing Raja Pêlangkus Panardan ||

4. kanthinipun sira Raja Kodrat Banu | nagrine Gênita | kalihe ratu prajurit | kang dèn irid para ratu nyatus sewang ||

5. pitung dalu longkange ratu panganjur | tan winarnèng lampah | laminira anèng margi | mung cêndhake laku cinaturing kăndha ||

6. Sang Rêtna Yu Kadarwati lampahipun | miyos ing gêgana | nindhihi wadya dhêdhêmit | ya ta wau ratu panganjur wus prapta ||

7. watêsipun kancikan tampinganipun | paminggir jajahan | ing Kusniya Malebari | kagegeran wong desa angungsi kitha ||

8. akêkuwu Kodrat Banuarli Plangkus | anganti parentah | dene sampun angidêki | tampingane kang tumut bumi Kusniya ||

9. sampun sinung parentah saking ing pungkur | kinèn andhêsêka | sangking kutha aywa têbih | akaryaa sêsaosan pasanggrahan ||

10. budhal maju Pêlangkus lan Kodrat Banu | magut tan winarna | prapta ing dhusun Gêmiri | saking kitha kari lakon patang dina ||

11. gègèr kuwur kang kacakan baris agung | samya ngungsi kitha | mantri tampingan tur uning | mring nagara yèn wontên baris gung prapta ||

12. sampun katur marang sang raja ing Kulub | lan Prabu Kalkiyah | senapati kang nambungi | sakathahe bicara pakewuhing prang ||

13. sampun katur papaning mêngsah kang agung | balane [ba...]

--- 3: 13 ---

[...lane] awêndran | saking nagari Kubarsi | kalih atus panganjure ratu prapta ||

14. wus misuwur lamun ana mungsuh rawuh | sigra kesah nukma | Ngaenan Kami Bunandir | prapta namur manjing pabarisan mêngsah ||

15. pratela wus Bunandir panêlikipun | agya dènnya nulak | praptèng praja turirèki | mring Jêng Sultan Jayusman Samsumurijal ||

16. kinèn ngutus animbali arinipun | pangeran ing Kelan | carakanira lumaris | praptèng Kelan kang rayi sampun katuran ||

17. langkung gugup budhal saking prajanipun | sakapraboning prang | Jêng Pangeran Kaelani | tan alami praptane nagri Kusniya ||

18. balanipun nèng jawi kitha kêkuwu | kadya hèr nawendah | sri bala ing Kaelani | pangerane wus agunêm jroning pura ||

19. panggih ibu myang kang raka sultan agung | ubêkan siyaga | wong Kusniya Malebari | senapati balane sampun kêkirab ||

20. Rajèng Kulkul Kalbujèr Raja Dukyanus | ing Ngusur nagara | Kalkiyah Raja Dukyadis | baris tugur gumrudug punggawanira ||

21. kang kawuwus Sang Prabu Maliyat Kustur | saha balanira | ing Gêmiri angêbêki | pakumpulan prajurit sinung parentah ||

22. dhêsêk ngêpung amrih papan ingkang ngêpung | girise wong kutha | binahakan kanan kering | karya surat badhe anonjoki layang ||

23. kang ingutus andêling Raja Pêlangkus | amandhi panantang | mring Kusniya Malebari [Male...]

--- 3: 14 ---

[...bari] | nuju dina Soma miyos siniwaka ||

24. kang supênuh kang pangarsa para ratu | miwah pra dipatya | punggawa satriya mantri | awor bala Parangakik lawan Selan[2] ||

25. kadya alun gumulung ing alun-alun | gunging balakuswa | kang sumiwèng narapati | ingkang cêlak Pangeran Bakdingujaman ||

26. dutanipun kerid ing Raja Dukyanus | kang baris nèng jaba | Kalbujèr lawan Dukyadis | katri raja kang siji ngirid caraka ||

27. praptanipun raja duta kinèn lungguh | lan Dukyanus nunggal | sêrat gya pinundhut patih | Abunandir ingkang ngaturakên surat ||

28. wus pinundhut sêrat pinaringkên gupuh | kang rayi ing Kelan | wau kinèn maos tulis | duk winaca pèngêt bêbukaning surat ||

29. layang ingsun Sang Raja Maliyat Kustur | ingkang angadhatyan | tanah agêng ing Kubarsi | kang sinêmbah para ratu ing sadhomas ||

30. praptaningsun amundhut Sang Rajèng Kulub | Kalbujèr aturna | abêbandan maring mami | iku arsa sun gawe pangewan-ewan ||

31. Ratu Ngusur iya Sang Raja Dukyanus | lan Rajèng Kalkiyah | kang nama Raja Dukyadis | padha turna talikungan mring manira ||

32. dosa agung marang sun padha jalêbut | nungkul marang sira | dêstun nora duwe budi | panungkule marang ratu kang nênêka ||

33. katon dhukuh Kubarsi nagaraningsun | marmane aturna | si mamak amêjanani | ngorakakên tan arsa nyambat maringwang ||

34. lan sirèku nungkula lan jênêng ingsun | awèh apa tobat [to...]

--- 3: 15 ---

[...bat] | masrahêna anak rabi | lamun nora mêngkono sun tumpês pisan ||

35. têlas têmbung mèsêm dènira angrungu | Sang Rajèng Kusniya | parentah akèn mangsuli | sira Prabu Jayusman Samsumurijal ||

36. wus tinundhung Sang Raja Duta Pêlangkus | anggawa kang surat | lèngsèr saking ngarsa aji | ya ta wau sang aprabu ing Kusniya ||

37. kesahipun caraka sang nata kondur | kang rayi binêkta | Jêng Pangeran Kaelani | praptèng wuri ing ngarsane ibunira ||

38. putra matur punika panonjokipun | mêngsah ingkang prapta | Sri Naranata Kubarsi | pun Maliyat Kustur umêksa alancang ||

39. ingkang ibu ananggapi suratipun | sinukmèng ing driya | mèsêm angandika aris | kaki prabu layang iki banjurêna ||

40. mring praja gung Kuparman dimène katur | mring wong tuwanira | Wong Agung Surayèng Bumi | anuduha kang lumaku rêrikatan ||

41. ya ta emut angandika ya ta kulup | ya Bakdingujaman | bapakmu Raja Jaswadi | timbalana arsa sun pundhut karyanya ||

42. awotsantun kang putra nolih ing pungkur | sarwi nguwuh bapa | sira marenea aglis | kangjêng ibu ingkang nimbali mring sira ||

43. buka kêjup ingkang munggèng netranipun | Sang Rajèng Suwăngsa | prapta wurine putrèki | ya ta mèsêm Sudarawrêti ngandika ||

44. yayi prabu aywa doh dènira lungguh | ing kene jajara | lawan putranira kalih | ingsun tari ana pakewuhing praja ||

45. ingsun mundhut jin roro bakal sun utus [u...]

--- 3: 16 ---

[...tus] | mring nagri Kuparman | ngaturakên layang iki | panonjoke yayi mungsuh ingkang prapta ||

46. nêmbah matur prêlu punika pukulun | yèn jin alit datan | sayêkti botên mupugi | pasthi ajrih marêk ing raka paduka ||

47. sru gumuyu sang rêtna sarwi lon muwus | yayi prabu apa | êjin mono nganggo wêdi | nganggo tata gêdhe cilik nganggo beda ||

48. nêmbah matur inggih inggih sang pukulun | sanèse punapa | agêng aliting dumadi | lan punika lampah agêng sawatara ||

49. yèn anuduh sok jina inggih pukulun | êninging bicara | tan liya bicara jurit | ingkang nistha kangjêng gusti ing Kusniya ||

50. nisthanipun kirang taklim ing wong sêpuh | utusan sok jina | milane punika inggih | pantês kula piyambak ingkang lumampah ||

51. sru gumuyu sira iku yayi prabu | bangêt palimirma | mring Ki Prabu Malebari | beda apa apan padha putranira ||

52. ya Ki Prabu Kusniya Malebarèku | iya sutanira | ki êmas ing Karnaèni | Ki Jayusman iya Ki Bakdingujaman ||

53. yayi prabu kaliwat tarimanipun | kaliwat prayoga | yèn sira seba pribadi | mring Wong Agung Surayèng Jagat sumbaga ||

54. yayi prabu lah puniku suratipun | tur sêmbah tinampan | pamit mijil saking puri | praptèng jawi lajêng mêsat jumantara ||

55. dêdêl gupuh ing gêgana nyamut-nyamut | muksèng ăntariksa | lampahe Raja Jaswadi | ing Kusniya Malebari wus kawuntat ||

--- 3: 17 ---

39. Pangkur

39. Prabu Nusirwan kêkintun dhatêng Malebari

1. kunêng wau lampahira | kang dinuta sira Raja Jaswadi | wuwusên nagri Mêdayun | Sri Bathara Nusirwan | amiyarsa yèn ingkang putra mêmantu | lang Sang Prabu Bawadiman | ing Kusniya Malebari ||

2. lawan akathah arungan | ingkang wayah Rajèng Kaos nagari | ical kalanipun dalu | lan akèh mungsuh prapta | pawartane saking nagari Mêdayun | putra katri ingandikan | kalawan rêkyana patih ||

3. praptèng byantara narendra | angandika Sri Bathara Mêdayin | Bêstak paran wartanipun | kang anèng ing Kusniya | sutaningsun Patih Bêstak nêmbah matur | inggih langkung kasusahan | putra tuwan Bagendha Mir ||

4. kadi botên utusana | mring paduka mêmantu jroning jurit | mêngsahipun sangsaya gung | nanging warti samangkya | wayah tuwan Jayusman umadêg ratu | ngratoni nagri Kusniya | malah sampun asêsiwi ||

5. nging mêngsah dèrèng sampurna | angandika sang prabu nyakrawati | kang roro ta putraningsun | Si Urmus lan Si Irman | lawan sira Patih Bêstak aja kantun | tinjo kakangane padha | mring Kusniya Malebari ||

6. anggawa kêkirim ingwang | lan ibune kang padha akêkirim | ana pitung lêksa pikul | kèh kang warnendah-endah [warne...]

--- 3: 18 ---

[...ndah-endah] | kidang banthèng manjangan pan pitung èwu | wêdhus gèmbèle salêksa | salêksa malih kang sapi ||

7. samêkta sagung kiriman | mring kang wayah kang madêg narapati | budhal saking ing Mêdayun | kêkalih rajaputra | Patih Bêstak para ratu pitung puluh | kalih atus pra dipatya | wontên sayuta nêm kêthi ||

8. lampahe tan winursita | pan ginêlak lumampah siyang latri | nênggih baris ing Mêdayun | ing marga tan winarna | lampahira ambênêri marganipun | kang datan anjog Kuparman | cinêndhak lampahe prapti ||

9. talatah bumi watêsan | ingkang tumut Kusniya Malebari | Ki Patih Bêstak angrungu | yèn nagri ing Kusniya | pan kinêpung dening Sri Maliyat Kustur | ratu agung prawirèng prang | nagarine ing Kubarsi ||

10. balane tanpa wilangan | pan kajiman sêktine ing ajurit | dadya Patih Bêstak matur | mring Rajaputra Irman | kadipundi lampah punika pukulun | tan sagêd manjing jro kitha | barising mêngsah ngubêngi ||

11. mêngsah punika kalintang | prawirèng prang sugih bala prajurit | pun Raja Maliyat Kustur | arine malih dibya | kang pêparab Sang Raja Warahat Kustur | arine èstri kajiman | Rêtna Dèwi Kadarwati ||

12. dene ta raka paduka | sampun lami kondure saking ngriki | mantuk Kuparman pukulun | mêngsah puniki benjang | lajêng marang nagri Kuparman ginêmpur | kadi ta botên anandhang |

--- 3: 19 ---

wong Menak mêngsah sang aji ||

13. yèn suwawi sami sowan | inggih dhatêng sang prabu ing Kubarsi | angakên yèn dipun utus | dhatêng rama paduka | yêkti suka Sang Prabu Maliyat Kustur | Irman anurut satingkah | Bêstak kang kinèn rumiyin ||

14. sarêgêp Ki Patih Bêstak | lan kêkintun pan binêkta rumiyin | prapta mor barisanipun | Kêmiri pasanggrahan | sigra katur ing Prabu Maliyat Kustur | ki patih ngandikan prapta | ngarsane Prabu Kubarsi ||

15. iya ta malah adola | Patih Bêstak wagêde ujar sisip | angrapêtakên wêwadul | pait bacin ginarap | maring Bêstak pasthi dadi manis arum | putra Mêdayin kalihnya | ingandikan nunggil baris ||

16. wus arapêt rêrêsêpan | Radèn Irman lan prabu ing Kubarsi | angundhangi balanipun | panganjur andhêsêka | amrêpêki kitha kang ratu panganjur | bêdholakên barisira | prapta dhusun Banukawit ||

17. wus arakit akêkuthan | akêkojor papane jêmbar radin | ambanjêng punggawanipun | kadya hèr nawa wutah | rajaputri ing wingking pakuwonipun | wau ta kang kawuwusa | lampahe Patih Bunandir ||

18. anêliki baris mêngsah | wus amatêk ki patih ngèlmuning jin | sakala datan kadulu | wus jajah pasanggrahan | dènira mor makantuki lampahipun | jaba jro sampun kaambah | miwah cacahing prajurit ||

19. datan wontên kaliwatan | kasap lêmbut kawruhan mring ki patih | obah-osik [obah-o...]

--- 3: 20 ---

[...sik] sêdyanipun | mungsuhe wus kawruhan | gêlar ingkang sinimpên bisa angunus | ing ajur-ajèr wus bisa | gambuh Ki Patih Bunandir ||

40. Gambuh

40. Prabu Jayusman mangsuli sêrat panantang

1. ki patih sampun mundur | dènnya jêjêp pakuwoning mungsuh | Kyana Patih Ngaenan Kami Bunandir | lajêng tumamèng kadhatun | nèng ngarsane narendra nom ||

2. sang nata duk alungguh | lan kang rayi nèng ngarsaning ibu | Kyana Patih Ngaenan Kami Bunandir | tur sêmbah mêngsah pukulun | sayêkti puniku abot ||

3. dhuh gusti sang aprabu | yèn lêpata andêling prang pupuh | bêbayani gêlare kang dèn rawati | andêling aprang puniku | anênggih kadange wadon ||

4. punika ingkang ampuh | inggih mawi bêbala lêlêmbut | botên ngèdhèng Rêtna Dèwi Kadarwati | punika pan awratipun | dene asimpên wêwados ||

5. pan sanès tangkêpipun | inggih lawan ing Dhayak rumuhun | miwah Sindhangdhayang angatingal sami | kinarya luhuring pupuh | milane sami angaton ||

6. dene wêwinihipun | anak Samaduna Ditya Ratu | wuragile ngunggahi Rajèng Kubarsi | bapakipun Malyat Kustur | Abukhadrah kang angrêngkoh ||

7. dene pambajêngipun | pêjahe wontên wana

--- 3: 21 ---

Mêdayun | aprang lawan ibu paduka rumuyin | kalanipun ngundhuh maru | ing rama Jayèngpalugon ||

8. sang putri lon sumaur | iya ingsun binegal ing diyu | bênêr pamanira si adhi Bunandir | dadi wuragile iku | kang garwa Kubarsi Katong ||

9. dèrèng tutug rinêmbug | kasaru wontên carakanipun | saking ratu katri manggalaning jurit | tur uninga praptanipun | kang mêngsah dhêsêk amêngkok ||

10. baris ngasut anglimput | nuwun parentah katiga prabu | umaguta yudane Rajèng Kubarsi | Pangeran Kelan umatur | paduka eca ngadhaton ||

11. kula pribadi magut | alon ngandika wau sang prabu | nora yayi pan ingsun nêdya ngawaki | amapag Maliyat Kustur | ana arine kang anom ||

12. nama Warahat Kustur | iku sun tandhing lawan sirèku | iya yayi ingkang nama Kadarwati | tandhinga lawan ibumu | akèn têngara kêndhang gong ||

13. thongthonggrit gubar puksur | têtêg maguru găngsa gumuruh | akêkirab barise kang pra dipati | budhal kang dadya panganjur | ambrubul lir samodra rob ||

14. tuwin kang para ratu | kadya kagiri-giri gumuntur | satêlase wong Kusniya Malebari | wadya ing Kelan sumambung | pra dipati para katong ||

15. wau ta Sultan Agung | Jayusman Samsumurijal sampun | abusana sakapraboning ajurit | gêgaman ing jro wus mêtu | pangayap abra punang wong ||

16. miwah kang rayi sampun | jêng

--- 3: 22 ---

pangeran ing Kelan wus ngrasuk | kapraboning aprang sarêng angabêkti | kêkalih marang kang ibu | mijil saking jro kadhaton ||

17. prapta ing Ngambarsimun | kèndêl amakuwon baris agung | masanggrahan kang raka lawan kang rayi | tata anèng Ngambarsimun | rinakit kutha kêkojor ||

18. Raja Maliyat Kustur | lan kang rayi Sang Warahat Kustur | wus miyarsa yèn barise mêngsah prapti | kêkuwu nèng Ngambarsimun | nganti praptane kang mungsoh ||

19. bêdholkên barisipun | sira Sang Prabu Maliyat Kustur | dhêsêkakên baris dening mêngsah mijil | prapta cêlak gèning mungsuh | arakit tata pakuwon ||

20. kunêng ta kang winuwus | Sèh Bawadiman Pandhita Ratu | lan kang rayi Sèh Wahas praptane latri | pabarisan Ngambarsimun | panggih lan putra sang katong ||

21. amangsit kèhing mungsuh | pratikêlira ingkang sinamur | matur nêmbah kang putra sri narapati | raka paduka jêng ibu | paduka turi pawartos ||

22. Sèh Bawadiman laju | marang kadhaton sampun kapangguh | lan sang putri matêng gunême ngajurit | wus mijil saking kadhatun | mantuk sang pandhita karo ||

23. nèng pulo Barjah nêkung | andêdonga mêsu mring Hyang Agung | karêksane ing Kusniya Malebari | kunêng wau lampahipun | Pêlangkus ingkang kinongkon ||

24. praptèng gèn ratunipun | wus katur punang surat sul-angsul | angandika Pêlangkus na mungsuh nginthil | umatur Raja Pêlangkus | pan sarêng sadintên bodhol [bo...]

--- 3: 23 ---

[...dhol] ||

25. langkung gancang pukulun | Rajèng Kusniya anèm abagus | kadangipun Pangeran Kelan apêkik | kadya muksaa dinulu | wau kang sêrat winaos ||

26. suratnya Sultan Agung | Jayusman Samsu Amir Anjilun | kang ngadhaton ing Kusniya Malebari | wiyose Maliyat Kustur | sira wèh surat maring ngong ||

27. sakèhe têmbungipun | panjalukira Maliyat Kustur | nora bisa amung kang kadadèn iki | Si Kalbujèr sira jaluk | yèn wus êndhasmu sun pocot ||

28. lawan dhase adhimu | apan iya Si Warahat Kustur | lan êndhase adhimu Si Kadarwati | kang angrèh bala lêlêmbut | katêlu dadi saênggon ||

29. apa mamak sirèku | nora tuku warta gêgobogmu | yèn ratune ing Kusniya Malebari | anom prakoswa dibya nung | trahing jangêt kinatêlon ||

30. nadyan tirua ibu | Sudarawrêti tau nalikung | para ratu ambanting prajurit putri | malêdug pan dadi awu | kasub ing jagat kinaot ||

31. pamaosnya tan tutug | sinêbit-sêbit pan suratipun | sakalangkung runtike têngara aglis | krodha miyos ing prang pupuh | prajurit lir giring kêbo ||

41. Durma

41. Pangeran Kaelani mangsah prang

1. budhal saking Kêmiri sawadyanira | prapta ing Ngambarsari | Ngambarsimun datan | arsa labêt tingala | wus tata

--- 3: 24 ---

prajuritnèki | pakuwonira | enjing miyosi jurit ||

2. Sultan Anom Jayusman Samsumurijal | mingêr pakuwonèki | Ngambarsimun ika | kilèn ênggèning mêngsah | pagut lan ing Ngambarsari | ayun-ayunan | balabar ponang baris ||

3. wus apajêg barise mungsuh lan rowang | Sang Prabu Malebari | lênggah padmasana | kang rayi Pangran Kelan | nèng wijoan palowani | myang para nata | aglar kang saos jurit ||

4. Sang Aprabu Kubarsi manggung dipăngga | tajêm lan ingkang rayi | anjênêngi ing prang | prajurit para nata | Pangeran Kelan miyosi | amit ing raka | ingidèn mangsah aglis ||

5. turăngga jonggiraji mangsah mêndhapan | kapraboning ajurit | kawot ing turăngga | praptèng rana sêsumbar | rêbutên iki prajurit | kadange nata | Kusniya Malebari ||

6. iya Prabu Jayusman Samsumurijal | ingsun ingkang taruni | iya kang patutan | jêng ibu Kelaswara | putri adi Kaelani | sumbagèng jagat | măndraguna ngajurit ||

7. tau gitik nagara ambănda raja | boyong samaning putri | pan pêparab ingwang | Radèn Bakdingujaman | Iman Kusmara Kusêrin | Amiratmaja | ya Iman Karnaèni ||

8. Abulahut ya Radèn Jaswadiputra | Karbumakmur Anjilin | ya ingkang pêparab | Dyan Ismayaatmaja | Pangeran Umikelani | amêtonana | sapa [sa...]

--- 3: 25 ---

[...pa] arsa ngêmasi ||

9. duk miyarsa sira Raja Banukodrat | amit miyosi jurit | Sang Rajèng Gênita | mangsah nitih andaka | abra linawan rinukmi | amandhi gada | surak gumuruh atri ||

10. wadya Kelan wong Parangakik Kusniya | miwah bala Kubarsi | panggih kang ayuda | tanya Rajèng Gênita | iya sirèku putra Mir | Sang Abu Kelan | sumaur iya mami ||

11. sira sapa nauri Rajèng Gênita | ingsun andêl Kubarsi | Raja Banukodrat | payo Bakdingujaman | apa kang anèng sirèki | alon saurnya | pan dudu cara mami ||

12. balik sira payo laknat dhinginana | iya dèn ngati-ati | sigra mutêr gada | sarwi ngêtab andaka | Banukodrat marêpêki | asru anggada | tinangkis ing camêthi ||

13. lawan palihane sira Radèn Minsar | gada wau ginitik | tugêl kapalêsat | Banukodrat cinandhak | saking andaka tinarik | dèn ikal-ikal | anèng asta tininggil ||

14. mubêng kadya likasan eram kang mulat | tan dangu gya binanting | kantaka nèng lêmah | Patih Bunandir prapta | rinangkus astane kalih | radèn tumêdhak | mangke paman Bunandir ||

15. kula sawatêne mring gustine ngrika | cinandhak sukunèki | sumêbut ingarah | kumbane kang dipăngga | Radèn Minsar ambarêngi | banthèng cinandhak | sinawatakên aglis ||

16. banthèng antuk gajahe ratu kang tuwa | sirah katênggêl sami | ratune [ra...]

--- 3: 26 ---

[...tune] pan angsal | gajah ratu kang mudha | samya pêcah sirahnèki | tiba kasingsal | karo Rajèng Kubarsi ||

17. samya kantêb kadadak tiba ing lêmah | eram kang aningali | surak lir ampuhan | wong Kelan wong Kusniya | tuwin bala Parangakik | pangeram-eram | ngungun sang prabu kalih ||

18. sawungune ngugut-ugut jênggiratan | Kya Patih Bêstak prapti | matur angrêrêpa | puniku kalampahan | para putranira Amir | tuwan tinarka | tanpa krama ing jurit ||

19. dene botên nimbangi Rajèng Kusniya | sultan ing Malebari | lênggah padmasana | tuwan manggung dipăngga | mila kinarya kadyèki | rêngu sang nata | lingsêmira tan sipi ||

20. mukanira Maliyat Kustur dadya rah | Wrahat Kustur lir gêni | Bêstak aturira | sampun paduka ganas | mêngsah lan trah Pusêr Bumi | lamun ganasa | sirna ing sapuniki ||

21. tingalana mêndhung ngêndhanu lor wetan | putri ing Parangakik | ibune Jayusman | kang bêkta panah barat | balane pan kalih kêthi | nèng awang-awang | ambêkta panah gêni ||

22. inggih kalih kêthi kang pating galêbyar | kadya laban kaèksi | miris sanalika | sang prabu kalihira | Bêstak ture minggrang-minggring | bok nora kêna | binalithuk sang aji ||

23. kang ingawadakên sanjata dahana | nênggih laban sayêkti | nging gugu sang nata | sigra mundhut amparan | nata kalih sampun linggih | ngamparan êmas | Bêstak lêga tyasnèki [tya...]

--- 3: 27 ---

[...snèki] ||

24. samya mulat jisime Rajèng Gênita | sumyur pating saluwir | banthènge mangkana | malêdug ting palêsat | prajurit kang pra narpati | ing kabatinan | prasamya kêkês wiwrin ||

25. sira Prabu Maliyat Kustur ngandika | sarwi anggigit lathi | yèn ingsun karyaa | pitung mangkene bisa | Patih Bêstak matur aris | mila kawula | sangêt anggêgendholi ||

26. kapirare lamun tuwan nimbangana | inggih mêngsah puniki | tan wontên kang tuwa | yêkti sêpuh paduka | kang bocah kudu prang rêsik | sêpuh rusuhan | tanpa ngrasa sayêkti ||

27. ijab-ijab nisthane nama paduka | gumujêng sri bupati | Bêstak bênêr sira | eling-eling wong tuwa | pêpatih ratu gêng nguni | tur pinituwa | goning tata lan titi ||

28. ya ta ngatag Maliyat Kustur mring bala | prajurit para aji | mijil rananggana | ingkang dinuk ing tingal | lêlembatan marang wuri | wontên narendra | Raja Mênun ing Mêntrik ||

29. amit nêmbah anitih blêgdaba pêthak | linawakan rinukmi | angagêm lugora | mangsah praptèng ranangga | aningali radèn mantri | ulaping cahya | atine minggrang-minggring ||

30. jêng pangeran ing Kelan ngitêr turăngga | mêndhapan jonggiraji | hèh sapa ranira | mungsuh kang mêtu ing prang | ratu utawa dipati | umatur nêmbah | kula raja ing Mêntrik ||

31. lah paduka gusti sintên kang pêparab | cahya nuksmèng ing sasi | punapa paduka | ratuning parayangan | ngilangkên [ngilang...]

--- 3: 28 ---

[...kên] langên sabumi | punapa tuwan | inggih ratuning pêri ||

32. kang kayangan ing ngrika nginggiling wulan | ingsun kadang narpati | satriya nom ingkang | ngadhaton nagri Kelan | Pangran Umi Kaelani | Bakdingujaman | ya Iman Karnaèni ||

33. pijêr dongong cinandhak mring Radèn Minsar | sinêndhal tibèng siti | blêgdaba dhinupak | pêjah sirahe pêcah | prapta Patih Abunandir | wus tinalenan | Raja Mênun ing Mêntrik ||

34. wus katawan surake wadya gumêrah | Sang Raja Ngungsur prapti | kudane adheyan | sarwi amandhi gada | praptèng rana awotsari | gusti kondura | inggih ingkang nimbali ||

35. raka tuwan sang aprabu ing Kusniya | gusti tan antuk tandhing | ing dintên punika | mila amba dinuta | mundur alon Radèn Mantri | Dukyanus mangsah | sêsumbar nguwuh tandhing ||

36. mêtonana papagêna tandang ingwang | prajurit ing Kubarsi | sapa arsa pêjah | iki andêl Kusniya | ing Ngungsur kadhaton mami | Dukyanus ingwang | prawira sura sêkti ||

37. duk miyarsa sira Sang Raja Kudalba | Prabu Barikbarjahi | mangsah nitih kuda | sarwi amandhi gada | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | angling Barikbarjahi ||

38. sapa ranmu sira prajurit Kusniya | apa ratu dipati | iya ingsun raja | Ngungsur nagaraningwang | Dukyanus ratu prajurit | andêling Nata | Kusniya Malebari ||

39. iya iki ratu isining wijoan | lah sira sapa iki | sumaur sun raja | Kudalba prajaningwang | sun [su...]

--- 3: 29 ---

[...n] Raja Barikbarjahi | payo ta apa | kang ana ing sirèki ||

40. sira Raja Dukyanus sumaur sugal | dudu cara sun jurit | yèn andhinginana | Rajèng Kudalba mojar | dèn prayitna sri bupati | lah tadhahana | pinutêr gadanya glis ||

41. dyan ginada Dukyanus tangkis malela | jumêbrèt tibèng tangkis | kuwate kang năngga | sigra malês anggada | arame dènira jurit | gada-ginada | surak gumuruh atri ||

42. kang ayuda antuk sisihan prawira | rame bindi-binindi | tan ana kuciwa | pan sarêng sèlèh gada | pêdhang-pinêdhang mêkasi | dangu prangira | pêdhang tan migunani ||

43. sarêng sèlèh pêdhang sarêng udhunira | saking luhur turanggi | pan sêndhal-sinêndhal | rame udrêg-udrêgan | kang surak gumuruh atri | mungsuh lan rowang | dangu rame kang jurit ||

44. Raja Barikbarjah sinêndhal kasingsal | tinarik wus katarik | binanting kantaka | sigra wau kang prapta | Rêkyana Patih Bunandir | wus tinalenan | Raja Barikbarjahi ||

45. wus katawan sira Sang Rajèng Kudalba | mundur kasaput wêngi | kang mungsuh lan rowang | Raja Dukyanus prapta | sinungsung kamulyan adi | sinungga-sungga | ing Gusti Malebari ||

46. para nata wus makuwon sowang-sowang | samya bujana latri | ngiras pagunêman | wau kang kawarnaa | lampahe Raja Jaswadi | nagri Kuparman | praptanira kinanthi ||

--- 3: 30 ---

42. Kinanthi

42. Bêbantu saking Kuparman dhatêng

1. langkung kapracayanipun | lampahe Raja Jaswadi | mila lami nèng Kuparman | tinari prakarèng rêmit | Wong Agung Surayèng Jagat | asih mring Raja Jaswadi ||

2. sinrahakên kalihipun | pamonge Raja Jaswadi | sang narpati ing Suwăngsa | kang kinadang-kadang yêkti | milanya sangêt sih marma | mring kalih putranira Mir ||

3. dene kang kinèn rumuhun | sagunging para putra ji | kerid dening para putra | kang bêbantu ing ajurit | agêng lampahing gêgaman | mring Kusniya Malebari ||

4. Jaswadi mêsat rumuhun | praptane ing Malebari | bêkta surat katur marang | Rajaputri Parangakik | surat malih katur marang | Sèh Wahas lan Sèh Bawadi ||

5. surat malih ingkang katur | Sultan Agung Malebari | lawan Jêng Pangeran Kelan | kabèh kacathêt ing galih | sêrat kang saking Kuparman | mangkana ingkang winarni ||

6. praptane kang baris agung | saking Kuparman nagari | kerit sagung para putra | sadaya ingkang rumiyin | wong agung wuri kewala | nilib miyos ing jaladri ||

7. nêrak pabarisanipun | sang aprabu ing Kubarsi | orêg asalah graita | baris agêng saking wuri | katur yèn saking Kuparman | bantu dhatêng Malebari ||

8. Sang Prabu Maliyat Kustur | nimbali putra Mêdayin | kalawan Ki Patih Bêstak | prapta

--- 3: 31 ---

ngandika sang aji | hèh patih sira miyarsa | praptane gêgaman iki ||

9. kyana patih nêmbah matur | inggih kawula miyarsi | para ratu ing Kuparman | bêbantu mring Malebari | Maliyat Kustur ngandika | ngong esuk arsa ningali ||

10. dèn gêlis karyaa panggung | dadia sawêngi iki | pinggire pakuwon jaba | kang wadya karya wus dadi | kiramot wong karo bêlah | ya ta kawuwusa enjing ||

11. sang nata minggah ing panggung | enjing kalawan kang rayi | Irman Urmus Patih Bêstak | sang aprabu ing Kubarsi | lawan sagung kang ampilan | wau bala Kuparmani ||

12. prapta kang baris panganjur | wontên kuda kalih kêthi | salêksa ingkang dipăngga | tunggul banderane asri | binêkta luhur dipăngga | miwah luhuring turanggi ||

13. asri ngajrihi gumrêgut | ratune munggèng ing èsthi | ginrêbêg ingapit gada | upacaranira asri | prasamya munggèng dipăngga | ingayap kang pra dipati ||

14. Sang Prabu Maliyat Kustur | tanya Bêstak sapa iki | Ki Patih Bêstak turira | punika Rajèng Surati | kang nama Suratistaham | andêle Rajèng Sêrandil ||

15. dene kang satunggilipun | ing Minangkabo Narpati | nama Prabu Diwangkara | sami andêling Sêrandil | ing wuri tunggule sinang | prajurit gajah sakêthi ||

16. patang kêthi kudanipun | kadya srining taru rêsmi | tunggule pan warna-warna | putra kalih munggèng èsthi | sami songsong ngalih wêlas | ginrêbêg [ginrê...]

--- 3: 32 ---

[...bêg] upacara sri ||

17. tanya Sri Maliyat Kustur | Bêstak iki ratu ngêndi | anom-anom gagah-gagah | punika putra Sêrandil | Banarungsit ingkang tuwa | kang anom Radèn Pirngadi ||

18. wontên malih kang kadulu | anggamêng gajah sakêthi | gumrêdêg gora gumêrah | wadya kang nitih turanggi | patang kêthi jêjêl atap | tunggule sadaya langking ||

19. nitih bakarlès gêng luhur | binusanan murub asri | sirah lêmbu awak macan | songsong kaputran buka sri | wadyane irêng sadaya | siji tan ana wong kuning ||

20. Patih Bêstak sapa iku | ngajrihi lakuning baris | samya sanega kartala | gagah anom kang dèn iring | Patih Bêstak aturira | punika putra Ngabêsi ||

21. Radèn Kodrat Samadikun | Sri Sadat Kadarismani | punika kang darbe putra | ngungun Sang Natèng Kubarsi | wontên malih katingalan | barise dinulu asri ||

22. hèh apatih sapa iku | kang nitih sênuk rinukmi | punika ingkang pêputra | Sang Raja Sarkab ing Turki | Rahadèn Marmadi karan | wontên malih kang kaèksi ||

23. andhêndhêng wadya sumêngkut | kadya rèh giri kabêsmi | kang mungging gajah salêksa | rong kêthi munggèng turanggi | samya sikêp lêmbing cacap | asri busananing baris ||

24. gumuruh kêndhang gongipun | songsong lar manyura rêsmi | rinawis-rawis puspita | rêspati nitih jênggiri | awak naga sirah sangsam | branggahing sungu nêm sisih [si...]

--- 3: 33 ---

[...sih] ||

25. binalongsong ing mas murub | sinuji rêtna hèr gêni | winora-wari binuntal | mutyara nila widuri | inganggit rinaja pêtha | balung sêrate kinitir ||

26. pinarada nguwung-uwung | narawung angilat thathit | Maliyat Kustur têtanya | sapa gaman nyêle iki | Patih Bêstak matur nêmbah | putra yujana puniki ||

27. Kaharkusmèn namanipun | Kewusnendar kang sêsiwi | ratu andêling Kuparman | kinarya sudara wèdi | dening Jêng Sultan Kuparman | sêmbada prawirèng jurit ||

28. wontên malih kang kadulu | anggênggêng dinulu asri | abayak sri kakartala | wadya gung anggêgirisi | tunggule lawan bandera | samya munggèng ing turanggi ||

29. dipăngga salêksa ngayun | turăngga sakêthi wuri | buka sri songsong kaputran | pangayape tinon asri | nitih angrimong palăngka | umung kêndhang gong thongthonggrit ||

30. sumêngkut wadya gumrêgut | têtanya Natèng Kubarsi | lah iki satriya sapa | tingkahe anglêlanangi | punika putra ing Kebar | putra Raja Yusup Adi ||

31. ratu prakosa dibya nung | tuhu katêngên ing kardi | punika Radèn Sutandar | sampun prawira ngajurit | gèdhèg agoyang kêpala | Sri Naranata Kubarsi ||

32. wontên malih kang kadulu | gumrudug baris lumaris | tangkêpe amangun kentar | mung kalih èwu kang èsthi | titihane măncawarna | tan patyagung nanging asri ||

33. nitih mèmrèng cinampurung | rinawis kinitir asri | tunggul [tunggu...]

--- 3: 34 ---

[...l] cêkak layu cêkak | cêkak banderane sami | cinoncong luhur turăngga | baris rikat kêsit-kêsit ||

34. têtanya Maliyat Kustur | lah ta iku ratu ngêndi | Patih Bêstak aturira | ing Kangkan Radèn Dikwanis | atmajane Raja Ukman | putuning Bahram prajurit ||

35. wontên malih kang kadulu | gêgaman prapta ngêbêki | wahana awarna-warna | blêgdaba sênuk karêndhi | mèmrèng bihal adal-adal | satriyane munggèng èsthi ||

36. lampahe wadya gumrêgut | kadya girindra kabêsmi | gumrêdêg pangayapira | kang munggèng kuda myang èsthi | Maliyat Kustur têtanya | lah iki satriya ngêndi ||

37. punika putra ing Ngêrum | Radèn Kiswarindiswarin | wontên malih katingalan | wadya gung busana asri | arja nitih adal-adal | jêjêl ingkang magêrsari ||

38. asri upacaranipun | têtanya sang prabu kalih | lah iki satriya sapa | inggih putra ing Yunani | Tamtanus kang darbe putra | prakosa prawirèng jurit ||

39. nama Dyan Siratmardanus | wus lajêng sawadyanèki | wontên malih kang katingal | gêgaman ngêndhanu asri | wadyane mawarna-warna | prasamya gambuh ing jurit ||

43. Gambuh

43. Prabu Maliyat Kustur mriksani mêngsah dhatêng

1. ya ta wontên kadulu | baris andhêndhêng kadya wun-awun | tan petungan bandera tunggul nèng èsthi | sakêthi [sa...]

--- 3: 35 ---

[...kêthi] lan patang èwu | prajurit nèng èsthi abyor ||

2. kang munggèng kudanipun | prajurit tigang kêthi nêm èwu | kang adharat abêlêg nyela blêkithi | upacara payung agung | ampilan kabèh sinongsong ||

3. nitih turăngga mungguh | songsong kaputran buka sri murub | tanya sapa satriya kang prapta iki | punggawane sri gumrudug | Patih Bêstak matur alon ||

4. punika putranipun | Maktal patutan Sajarah Banun | Radèn Kaos Ibnu Jarabanu Mêsir | putra prawira prang ampuh | tate mocok murda katong ||

5. lajêng kang baris agung | ing wuri malih ingkang kadulu | pêtêng dhêdhêt kadya ridhu gora riris | angampak-ampak kang lêbu | malêdug umyang gora wor ||

6. wadya bubul kumêlun | dhomas srine bandera têtunggul | kadya guntur gumuntur girindra gonjing | gurnang thongthonggrit gumuruh | nèng padmasana ginotong ||

7. asongsong patang puluh | abra rinênggèng buka sri murub | apadaka kuwung-kuwung bumi gonjing | gumludhug lir guntur kêtug | lir wukir sayuta kobong ||

8. kagyat Maliyat Kustur | tuwin kang rayi Sri Wrahat Kustur | sapa iki barise kacèk pribadi | satriyane nom abagus | nèng dirgasana ginotong ||

9. kinêbutan wong satus | soroting wiyat têdhuh ngêndhanu | gêbyar-gêbyar sorote angilat thathit | tan petungan balanipun | Patih Bêstak matur

--- 3: 36 ---

alon ||

10. Radèn Ruslan puniku | putra patutan putri dibya nung | ing Karsinah Rabingu Sirtupelèli | putri prawira prang ampuh | kasub ing jagat kinaot ||

11. tate nyêngkalak ratu | bisa ngambah ing gêgana muluk | titihane ran pêksindra saomahi | aparêkan kawan atus | putri kang dibyèng palugon ||

12. kang pêtêng kadya mêndhung | nginggile punika ibunipun | tan atêbih putrane kang dèn tungkuli | putri sumbagèng prang tangguh | jagèni prang sami wadon ||

13. wus lajêng barisipun | ya ta ing wuri ingkang sumambung | kawan èwu anitih kuda kariwik | nitih sapi bajang sèwu | sèwu nitih mèmrèng cebol ||

14. bajangan sênuk sèwu | kang nitih karêndhi bajang sèwu | kalih èwu kang anitih kuldi bungkik | sadaya titihanipun | ingkang bajang ingkang cebol ||

15. prajurite kêkuluk | angudhup turi pasangirèku | patang asta sêsambunging kudhup turi | kêkèwèr tampar bang jêmbul | samya ngagêm tulup sangkoh ||

16. lawan talêmpak wrêgu | kang sikêp pêdhang wilah rong èwu | panjangipun nyadhêpa nyabêlah sami | kabèh kinalungkên gulu | sadaya samya bêbadhong ||

17. tunggule ciyut-ciyut | samya dèn iras nèng pundhakipun | pundhak kering kalung bumbung mas prasami | panggenan bandera tunggul | dinulu pating bareyot ||

18. jajar satriyanipun | kakang adhi mèh kêmbar dinulu | titihane [ti...]

--- 3: 37 ---

[...tihane] bêlo kariwik binathil | tinopongan ing mas murub | sirah bêlo binarongsong ||

19. kinathok ing mas murub | kuda anèng palăngka gènipun | kinitiran ing têtawing kanan kering | bêlo kariwik gènipun | palangkane kang ginotong ||

20. kang nitih anèng luhur | bêlo jorongên amayug-mayug | kang anitih wuwuh wiraganirèki | pan milu saobahipun | tan kukuh adêging bêlo ||

21. pan anggung moyag-mayug | kang anunggang anut lêngguk-lêngguk | pan asongsong êlare dhandhang pinlintir | laring podhang kang têtunggul | Maliyat Kustur têtakon ||

22. sapa kang prapta iku | barise anèh lan mau-mau | kuldi bajang warata jaran kariwik | apa sêdyane wong iku | dene klakuhan mangkono ||

23. Ki Patih Bêstak matur | inggih kadipundi ta sang prabu | pan sêdyane nyanèsi tan purun nunggil | lan kang kathah-kathah wau | kalih putra Tanjunganom ||

24. Marmaya kang sêsunu | nama Dyan Umardani kang sêpuh | ingkang anèm anama Radèn Marsandi | kalihe sampun pinunjul | samya waskithèng pakewoh ||

25. wuri malih kadulu | baris malatar asri kadulu | balêgdaba dal-adal bihal karêndhi | mèmrèng angrimong lan sênuk | pangayap mantri nom-anom ||

26. tanya Maliyat Kustur | putra ing ngêndi kang prapta iku | nitih èsthi songsong kaputran buka sri | satriya nom [no...]

--- 3: 38 ---

[...m] gung aluhur | Patih Bêstak matur alon ||

27. Umarjaman puniku | putra Kohkarib prawirèng pupuh | wontên malih ing wuri baris tulya sri | dhêdhêt lir akasa têdhuh | kadya giri puspita byor ||

28. kêdhik dipangganipun | yutan prajurit kuda ing ngayun | pangayape jêjêl atap pra dipati | upacara payung agung | ampilan lir giri kobong ||

29. kêndhang gonge nèng ngayun | munya ngrêrangin gamêlanipun | wadyanira ing wuri bêlêg mênuhi | ewon kang anitih sênuk | gêgaman sadaya kawot ||

30. giris kang samya dulu | solahing wadya gambirèng kewuh | radèn putra lênggah nèng padmasana di | rinênggèng mas adi murub | padmasanane ginotong ||

31. asongsong patang puluh | kagyat tanya Sri Maliyat Kustur | Bêstak matur inggih Radèn Rustamaji | putra patutan Marpinjun | kang wayah anèm sang katong ||

44. Sinom

44. Prabu Maliyat Kustur nyuwun biyantu ingkang ibu

1. lajêng wadya gung ing wuntat | Raja Darundiyabangid | lan pra ratu pitung dasa | nandhêse wadyanirèki | kondur Rajèng Kubarsi | Sang Prabu Maliyat Kustur | wau bala Kuparman | pinêthuk Patih Bunandir | lawan sira Pangeran Bakdingujaman ||

2. wus panggih kang para putra | lan raka sri narapati [nara...]

--- 3: 39 ---

[...pati] | tuwin kang rayi pangeran | ing Kaelani wus panggih | Rêtna Sirtupelèli | manjing jro pura wus pangguh | kalawan ingkang raka | Rajaputri Parangakik | wus winartan kasap lêmbut rèhing mêngsah ||

3. dalu marang pabarisan | Rajaputri Parangakik | lawan kang rayi Karsinah | prapta kang putra nêdhaki | sigra wau sang aji | Kusniya nêmbah kang ibu | Rajaputri Karsinah | putra kabèh dèn timbali | prapta aglar munggèng ngarsane kang raka ||

4. miwah sagung para nata | kerid Patih Abunandir | catur masalahing yuda | dene pangajênging pikir | Kya Patih Abunandir | lawan Rajèng Suwăngsèku | ratu jin wignya aprang | sira Sang Raja Jaswadi | putus lamun mawas asor ungguling prang ||

5. narendra katri manggala | senapati kang mungkasi | isèn-isèning wijoan | Kalkiyah Raja Dukyadis | lawan arinirèki | ing Ngungsur Raja Dukyanus | samya munggèng ngajêngan | Kalbujèr Kulub Narpati | tyase samya sudira pratamèng laga ||

6. Sudarawrêti ngandika | adhi Patih Abunandir | iki cundakaning mêngsah | pangulah kêmating jurit | lawan nora nêkani | ing pangendrajalanipun | nanjak karti sampeka | sun anti Si Kadarwati | sun cacaka dhingin ngrusak kautaman ||

7. kyana patih matur nêmbah | miwah Sang Raja Jaswadi | pukulun kula miyarsa | kang anama Kadarwati | mila tan magut jurit | pun Raja Maliyat Kustur | punika dèrèng suka | kaduwung dipun wêdosi | pun Apatih Bêstak [Bêsta...]

--- 3: 40 ---

[...k] wèh pangeram-eram ||

8. duk angsahe ing ayuda | putra tuwan kangjêng gusti | Pangeran Bakdingujaman | mèh duka sang prabu kalih | tibane saking èsthi | pun Raja Maliyat Kustur | Patih Bêstak ngrêrêpa | sampun ganas sri bupati | tingalana mêndhung ngêndhanu lèr wetan ||

9. punika Rêtna Sudara | wadyane pan kalih kêthi | sami bêkta panah barat | kalawan panahe gêni | ngimbangi ing ajurit | yèn kasoran putranipun | tuwan bilai donya | sirna sadintên puniki | pan makatên emutipun Patih Bêstak ||

10. gumujêng Rêtna Sudara | miwah Sirtupelaèli | lan sagung ingkang miyarsa | arame gujênge sami | Bunandir matur malih | kalawan kalane langkung | dêdamêle pra putra | Maliyat Kustur ningali | nèng panggungan têtanya mring Patih Bêstak ||

11. marêngi praptaning wuntat | putra tuwan kangjêng gusti | dêdamêle Radèn Ruslan | wontên mêndhungipun kêdhik | nginggil ragi kawuri | Patih Bêstak aturipun | dene mêndhung punika | Rêtna Sirtupelaèli | bêkta bala sakêthi napak gêgana ||

12. sami ngagêm panah gêlap | milane Rajèng Kubarsi | utusan mring ibunira | kang wontên Pataniburni | Sang Dèwi Samadrini | yèn kawratan mêngsahipun | kang putra dèrèng aprang | Rêtna Dèwi Kadarwati | pan kang ibu ngaturan enggala prapta ||

13. Putri Karsinah ngandika | hèh bapakane nak mami | Bakdingu ya Umi Kelan | si adhi ing Suwăngsèki [Suwăng...]

--- 3: 41 ---

[...sèki] | paran budinirèki | kakang êmbok karsanipun | anganti tinêkanan | aprang lan Si Kadarwati | dene ingsun kudu nêkani kewala ||

14. aran wus sêdyane ala | umatur Raja Jaswadi | pukulun mênggah kawula | dhèrèk ingkang karsa inggih | Jêng Gusti Parangakik | raka paduka pukulun | angantos dhinatêngan | utawi pinêthuk margi | kang dhatêngi manahe takabur samya ||

15. ingkang dhinatêngan pasrah | minta tulung ing Hyang Widhi | wus rêmpêg ingkang rinêmbag | anut putri Parangakik | ngandika rajaputri | mring Radèn Minsar nak ingsun | sira anênêlika | mring gunême mungsuh iki | Radèn Minsar nêmbah ature sandika ||

16. kunêng gantya winuwusa | Sri Naranatèng Kubarsi | dènnya ngaturi bunira | Ratu Mas Pataniburni | dhatêng sawadyanèki | brêkasakan kawan èwu | mung punika binêkta | kang patang èwu rumiyin | andhèrèkkên Kadarwati Sang Dyah Rara ||

17. prapta ing pakuwonira | Ratu Mas Pataniburni | manêmbah ing sukunira | sira sang prabu kêkalih | myang Dèwi Kadarwati | lon ngandika ingkang ibu | kaki prabu kaya pa | abote mungsuhirèki | matur nêmbah Maliyat Kustur Sang Nata ||

18. inggih Sang Prabu Kusniya | ibune ingkang sinêkti | sagêd anapak gêgana | sawadya kang kalih kêthi | kang ngambah ngawiyati | yèn aprang kalangkung ampuh | prajurite pra kadang | satunggil langkung sinêkti | Jêng Pangeran Bakdingujaman ing Kelan ||

19. kula

--- 3: 42 ---

ngabên para nata | kasoran pêjah satunggil | kalih ratu kang katawan | mila susah ing panggalih | kula arsa ngawaki | ing aprang kathah kang pemut | pun paman Patih Bêstak | punika kang sangêt peling | mila enggal angaturi jêngandika ||

20. yèn wawrate prange kasap | sadasa mèntên kadugi | lawan pitung mantên êngkas | kula ibu dèrèng miris | sintên kêlar nadhahi | ing panggada kula ibu | yèn ratu ngalam donya | inggih kawula judhèni | botên wontên ewahing pêpukul ingwang ||

21. kang ibu alon lingira | lah iya ing mêngko bêngi | kaki prabu aywa maras | sun tumpêse mungsuh iki | sira mênênga dhingin | aja mêtu ing prang pupuh | iya ing têlung dina | wus matêng dènira pikir | kawuwusa nuju wêngining Jumungah ||

22. dalu matak mantranira | Ratu Mas Pataniburni | tumanduk ngèlmune kêmat | mêsês bayu bajra mijil | putêran gora riris | ubêkan bala lêlêmbut | badhe umagut ing prang | mring Kusniya Malebari | sigra mêsat dêdêl angayuh ngawiyat ||

23. nênggih lawan ingkang putra | Ratu Mas Pataniburni | kang ngirid bala lêlêmbat | Rêtna Dèwi Kadarwati | wau ta kang anêlik | Radèn Minsar praptanipun | lajêng tumamèng ngarsa- | nira putri Parangakik | sampun katur solah tingkahe kang mêngsah ||

24. sigra Sang Rêtna Sudara | siyaga kaprabon jurit | lawan kang rayi Karsinah | tumut Patih Abunandir | miwah Raja Jaswadi | Raja Miswan [Mi...]

--- 3: 43 ---

[...swan] datan kantun | lan putra Radèn Minsar | Pangeran Iman Kanèni | kêdah tumut ing ibu amucung in prang ||

45. Pucung

45. Pangeran Kelan kêpanggih Dèwi Kadarwati

1. duk puniku radèn putra ing tyasipun | pan maksih kajiman | katimurane nglabêti | durung carêm cara-carane manungsa ||

2. durung pundhuh mulat ing pratingkahipun | ambêke kang rama | Wong Agung Surayèng Bumi | maksih têlah pratikêle jin kewala ||

3. măngsa iku ing Mêkah abăngsa khufu | êjin lan manungsa | tan pae sampun ajinis | yèn ing Mêkah nagri ing liya pan ora ||

4. milanipun sarengate kangjêng rasul | bedane punika | lan sarengat para Nabi | Adam Ênuh Ibrahim Musa lan Ngisa ||

5. umatipun sami manungsa satuhu | amung rasulolah | umate manungsa lan jin | awit awor lan băngsa êjin Ngajêrak ||

6. kaolipun wah enal sarengatipun | wah ingsan wah jiman | têgêse sarengat nabi | amêngku rong prakara jin lan manungsa ||

7. liyanipun tan wontên kadi jêng rasul | angrangkêp sarengat | manungsa kalawan êjin | kabèh-kabèh amung manungsa bêlaka ||

8. ciptanipun ya ingkang karatulahu | wau kawuwusa | Kusuma Sudarawrêti | budhalira dalu praptèng jawi kitha [ki...]

--- 3: 44 ---

[...tha] ||

9. kang pinêthuk amagut cidraning mungsuh | wau ta kang putra | pangeran ing Kaelani | èstu dhèrèk ing yudane ibunira ||

10. ya ta wau wancinipun têngah dalu | aniyup mangandhap | Ratu Mas Pataniburni | kadi kilat Kadarwati atut wuntat ||

11. wadya lêmbut kang pilihan mung rong èwu | kang nunggil lampahnya | Raja Jaswadi amangsit | kakang Abunandir mungsuhira prapta ||

12. bêndaramu dimène ngadhêp kang ibu | ingsun lawan sira | payo mangsah ing ajurit | ngaku bala ing Parangakik kewala ||

13. balanipun iku kang padha pinagut | nora pati kathah | wolung èwu datan luwih | aja ana kang ngewuh-ewuhi ing prang ||

14. sigra magut Sudarawrêti kang nuduh | ingabanan mangsah | prajurit jin Jonggiraji | patang atus pêpilihan datan kathah ||

15. Miswan Prabu anêbarakên rum-arum | panguriping bala | umangsah amêdhang wani | anyêrampang anuduk lan ambêdhama ||

16. siwat-siwut swaraning rowang lan mungsuh | sadaya sêsumbar | ngaku bala Parangakik | payo setan ing Kubarsi brêkasakan ||

17. prange kuwur kacakuthak kawur-kawur | wus kathah kabranan | kèh sambat akon mindhoni | sêsaure apindha Sultan Kuparman ||

18. nora kudu sapisan bae patimu | Sang Putri Karsinah | lan kang raka Parangakik | jêjênêngi ing wuntat munggèng awiyat ||

19. ting kalêpruk ting kalêprak sirahipun | anggundam anggiwar | Ratu Mas [Ma...]

--- 3: 45 ---

[...s] Pataniburni | sarêng mangsah lan putra têtulung ing prang ||

20. angsahipun Kadarwati manah lesus | sakala kèh kontal | prajurit jin Jonggiraji | tuwin para prajurit jin ing Suwăngsa ||

21. sigra Prabu Jaswadi manah pamêthuk | sindhung-riwut bajra | ibêkan pur ngawiyati | mangsah malih lêlêmbut angrok putêran ||

22. rame caruk jin Jonggiraji tinubruk | angamuk kasrakat | lêlêmbut nagri Kubarsi | karepotan abêr tangkêping ayuda ||

23. sigra wau Kadarwati atêtulung | anglancangi bala | mênthang langkapira aglis | kang tinuju Raja Jaswadi tan kêna ||

24. ya ta gupuh Jaswadi pinindho luput | sigra Radèn Minsar | peling mring Raja Jaswadi | paman prabu paduka gung sinanjata ||

25. duk andulu Pangeran Kelan gya rawuh | ngarsane kang bala | kowe bapa jinêmparing | têka pijêr ngamuk balane kewala ||

26. iya iku baya senapatinipun | Kadarwati mulat | cêngêng kasmaran tan sipi | baya iki ratuning jin ing Kusniya ||

27. dene bagus yèn manungsa durung dulu | lamun mangkonoa | sapa aranira iki | hèh wong bagus kang sok jaili wong aprang ||

28. mungsuh ingsun dèn alingi ngarsanipun | sintên kang sinambat | angakua mumpung urip | eman têmên wong bagus kênèng lurugan ||

29. sira iku ngawulaa kakang prabu | luput ing gurugan[3] | sayêkti ingsun alingi | lon sumaur

--- 3: 46 ---

iki arining narendra ||

30. Sultan Agung Jayusman Murijalsamsu | kadang ingsun tuwa | ing Kusniya Malebari | apan padha turase Sultan Kuparman ||

31. araningsun ya Pangeran Abulahut | Radèn Banukelan | Radèn Iman Karnaèni | iya ingsun Pangeran Amiratmaja ||

32. parab ingsun Pangeran Ismayasunu | ya Jaswadiputra | iya Iman Jonggiraji | Senapati Kusmara Mêndhang wong lanang ||

33. iya ingsun Pangeran Banjaransantun | Imaning Kusmara | Kusmara Kamikusêrin | kangjêng ibu putri Kelan Kelaswara ||

34. duk angrungu Kadarwati ngucap ngadhuh | de sak ijab-ijab | jênêng sangisoring langit | dèn dhèwèki kaya Jêng Sultan Iskandar ||

35. dene tumpuk angêmpak angumpuk-umpuk | iya sumakehan | bagus tinitah prajurit | dèn atanggon wong bagus ywa mundur ing prang ||

46. Durma

46. Para putri pêrang

1. dèn prayitna tadhahana panah ingwang | mênthang langkapira glis | sigra Radèn Minsar | matêk ngèlmu kêrajan | nadyan sasamining êjin | tan sagêd wikan | nèng ngarsane kang rayi ||

2. nênggih ragi kapering nyandhaki panah | panahe Kadarwati | pira-pira ilang | nèng ngarsane rahadyan | Ratu Mas Pataniburni | eram tumingal | nini mênênga dhingin ||

3. tingalana pira-pira panah ilang | ngarêpe mungsuh iki | kêmat [kê...]

--- 3: 47 ---

[...mat] gêdhe rara | yudane wong Kusniya | kêmat ingsun tarjut iki | sira tamakna | wurung wong yêkti kêni ||

4. yèn wus kêna sun undhane panah cawang | lumuh ginawe bêcik | iya wong Kusniya | sigra wau tinampan | ya ta kang anèng wiyati | Putri Karsinah | lan Putri Parangakik ||

5. Kadarwati ri sêdhênge mênthang langkap | Dyan Sirtupelaèli | nyambêr saking wiyat | Kadarwati cinakar | ing paksindra saomahi | tiba kalumah | rontog remanirèki ||

6. gêlung lukar borak-barik ting salêbar | bajone Kadarwati | Kusuma Sudara- | wrêti sampun tumêdhak | suraweyan anudingi | angujar-ujar | marang Pataniburni ||

7. hèh si laknat ana wong prang padha bocah | andadak dèn tuwani | payo ayonana | ing kene padha tuwa | Ratu Mas Pataniburni | kagyat tumingal | krodha mênthang jêmparing ||

8. sapa ranmu sira prajurit Kusniya | asru dènnya nauri | mamak tambuh sira | si bêlis brêkasakan | ya ingsun Sudarawrêti | ibuning Nata | Kusniya Malebari ||

9. putri moncol ing pramudita anglela | ingsun garwa kêkasih | sultan ing Kuparman | tate mong maru kathah | sinêmbah pra maru sami | putri dandanan | tate bengkasi jurit ||

10. tate natas rêruwêde kang wicaran | lah payo laknat aglis | apa anèng sira | dèn age lêkasana | Ratu Mas Pataniburni | iya dèn yitna | sun panah

--- 3: 48 ---

aja gingsir ||

11. mênthang langkap lumêpas sanjatanira | Radèn Minsar nulya glis | cinandhak kang panah | katur sarwi wotsêkar | Rêtna Sudara nampèni | panah binuwang | winangsulakên malih ||

12. lah ta laknat iku panahmu mindhoa | ngungun Pataniburni | Kadarwati sigra | wau dènira dandan | prang lan Sirtupelaèli | ibune aprang | lan putri Parangakik ||

13. dangu aprang arame lancaran panah | Rêtna Sudarawrêti | gêrèt mênthang langkap | tajêm dèn arah-arah | sirahe Pataniburni | ingagag-agag | lumêpase dèn pinrih ||

14. gandhewane lan jêmpole tangan kiwa | sinipat ing jêmparing | tugêl kang gandhewa | jêjêmpolira pêcah | kampat ing rah kocar-kacir | luh darodosan | sarwi apringas-pringis ||

15. lah ta payo lokira Rêtna Sudara | tan lara jêmpol mami | payo asalina | gandhewa kang pamungkas | rêbutên Sudarawrêti | ibuning Nata | Kusniya Malebari ||

16. madhatia panahira brêkasakan | Ni Dèwi Kadarwati | dangu aprang panah | putri Karsinah têdhak | saking titihanirèki | rame dènnya prang | dèrèng wontên kajodhi ||

17. yèn pinanah putri Karsinah tan kêna | Ni Dèwi Kadarwati | luput yèn pinanah | sami lancaran panah | Dèwi Sirtupelaèli | amanah gandar | datan nganggo jêmparing ||

18. pilingane [pi...]

--- 3: 49 ---

[...lingane] Kadarwati kang dèn panah | kêna pilingan kering | jêmpling galintingan | mumêt abuntayangan | Ratu Mas Pataniburni | asru ngandika | hèh Nini Kadarwati ||

19. abot-abot sêsanggane wong Kusniya | dudu wadine nini | nora ngarah pêjah | ngarah wirang kewala | dèn enggal cêcupu manik | sira wêngakna | sigra Ni Kadarwati ||

20. ngêngakakên cupu manik nawa rêtna | byar ilang saking wêngi | padhang lir sasăngka | sirna katon raina | kalawan kêbon kaèksi | kalangkung pelag | sang rajaputri kalih ||

21. wus kalêbu jroning cupu astagina | sampun dipun inêbi | Sang Putri Karsinah | matur saha tur sêmbah | kangbok paran ta puniki | mungsuhe sirna | inggih dhatêng ing pundi ||

22. wau maksih dalu puniki raina | lan wontên kêbon mangkin | waune tan ana | inggih taman punika | graita Sudarawrêti | yayi dèn yitna | kênèng gêlar sirèki ||

23. sira iki anèng jroning astagina | payo jinajah yayi | kêmate si laknat | aja sira melikan | wowohan kang katon iki | kabèh pan kêmat | dèn tambuh dèn aeling ||

24. yayi sutra kêmandèn saking Ngajêrak | payo inganggo aglis | watêke punika | setan bêlis tan wikan | brêkasakan tan udani | pêparingira | kangbok Ismayawati ||

25. sigra sami kalung kêmandèn Ngajêrak | jajah jro cupu manik [ma...]

--- 3: 50 ---

[...nik] | amanggih jêmbangan | jumêrut umpak êmas | lambene jêmbangan ciri | yèn toya gêsang | saking lulmat ing nguni ||

26. pêngambile duk kala Sultan Iskandar | Iskandar Dulkarnèni | duk maring ing lulmat | rêksasa nunut samya | antuk kêdhik toya urip | Sultan Iskandar | tan antuk toya urip ||

27. cinarita bêkta bala kalih dasa | lampahe sri bupati | dangu manjing lulmat | pisah lan ingkang bêkta | kang ngirid Bagendha Kilir | Sultan Iskandar | sayah anulya mijil ||

28. sawadyane kalih dasa tan apisah | amung Bagendha Kilir | pisahe wus prapta | ing gone toya gêsang | amêndhêt amung saguci | kêndhi walulang | dangu dènnya ngulati ||

29. tan kapanggih ênggone Sultan Iskandar | sampun wontên ing jawi | dadya guci tiba | kocar-kacir toyanya | ditya rasêksa kêkinthil | ingkang angalap | toya kang kocar-kacir ||

30. duk puniku rêksasa antuk ing toya | urip amung sakêdhik | winor ing jêmbangan | sajêmbangan punika | yêkti dadi toya urip | iku purwanya | awit ngalang-alangi ||

31. apan iku toyane Sultan Iskandar | sêdyane Nabi Kilir | kang pinètkên toya | wutahe tinadhahan | raksasa kalawan iblis | Sultan Iskandar | sapraptanirèng jawi ||

32. jawi lulmat mantun dènnya darbe karsa | ing rèh kadi wus pasthi | rusak ingkang toya | urip kang anèng taman |

--- 3: 51 ---

saking têdhakira nênggih | Sultan Iskandar | ya Putri Parangakik ||

33. pan puniku turune Sultan Iskandar | dilalah têka gampil | ngrusak toya gêsang | kang anèng putri ditya | kang wontên ing cupu manik | jêmbanganira | jumêrut dèn gitiki ||

34. maring Putri Parangakik lan Karsinah | rêmuk ajur tan kari | krèwèng toya sirna | saking ing astagina | ciptane Pataniburni | putri kalihnya | prasasat sampun mati ||

35. wus kalêbu anèng jroning astagina | măngsa wurunga mati | sanadyan uripa | cubluk pêngung tan polah | iku ta Sudarawrêti | mundhak anggagrak | pikire saya mintir ||

36. Sang Rêtna Yu Pataniburni ngandika | mring kajinêman kalih | kang sinung wêwênang | rumêksèng tola[4] gêsang | Baratbarut dipun aglis | sira ngambila | ingkang tirta pangurip ||

37. nguripakên bala kang sami palastra | sutèngong Kadarwati | payo lumêbua | ing kadil astagina | cêkêlên Sudarawrêti | bandanên padha | măngsa duwea budi ||

38. Sirtupelaèli padha talènana | gawanên ngarsa mami | Baratbarut sira | enggal amêtokêna | tirtalaya maokayid | sarêng tur sêmbah | Kusuma Kadarwati ||

39. sarêng manjing marang kadil astagina | lan wulucumbu kalih | praptaning jro sigra | Sang Rêtna Yu Sudara | lawan Sirtupelaèli | yèn ana prapta | kalih sarêng miranti ||

40. Rêtna Ayu Sudarawrêti ngandika |

--- 3: 52 ---

yayi dèn ngati-ati | mênênga kewala | Si Kadarwati prapta | gawa kajinêman kalih | lan gawa tampar | sirarêp dèn talèni ||

41. dupi prapta ênggone kang toya gêsang | mulat anganan ngering | tan ana katingal | jêmbangan êmas sirna | kêkayon kang ngadêg sami | maksih katingal | bongkokan kayu nênggih ||

42. pirang-pirang kayu tumpukan galasah | banyu tawa nèng cangkir | mung iku kang ana | apan kantun têlaga | kayu bongkokan kaèksi | kayu adêgan | kagyat Ni Kadarwati ||

43. myang jêmbangan jumêrut pêcah wus sirna | Baratbarut amanggih | surat saking toya | urip wau tilasnya | Sudarawrêti marani | sigra jinambak | Ni Dèwi Kadarwati ||

44. wus binănda sutra kêmandèn tan obah | kalih lumayu mijil | Baratbarut sigra | prapta ing ngarsanira | Mas Ratu Pataniburni | ngaturkên sêrat | matur sarwi anangis ||

45. tinupiksa sêrat kadadèning toya | pan ingsun iki pamit | mulih marang lulmat | wus lawas anèng sira | sira go sikara budi | pan angsal ingwang | dudu sira dèn wèhi ||

46. ingkang pinètakên Jêng Sultan Iskandar | marang Bagendha Kilir | wutah anèng marga | canggahmu nyolong ngalap | mêngko ta kang duwe waris | iku wus prapta | putri ing Parangakik ||

47. Raja Perit iku ingkang darbe putra | Raja Perid ramèki | Sang Raja Parisman | Raja Parisman iya | Raja Pirdu kang

--- 3: 53 ---

sêsiwi | Pirdu punika | pan iya kang sêsiwi ||

48. ratu agung Sang Raja Parisdingalam | ya iku putranèki | dining Raja Darab | Darab kapindho iya | putune sayêkti dening | Sultan Iskandar | Iskandar Dulkarnèni ||

49. ujêr sira mêmungsuhan kurang awas | putri ing Parangakik | dudu mungsuhira | têdhak Sultan Iskandar | Mas Ratu Pataniburni | dupi miyarsa | mungkur dadya rasêksi ||

47. Pangkur

47. pataniburni pêjah

1. sirah satus tanganira | kalih atus angêrik angajrihi | bala sakarine lampus | limang atus watara | samya dadya ditya wil raksasa diyu | sang putri kalih wus mêdal | prapta gèn Patih Bunandir ||

2. adhi Bunandir dèn enggal | tampanana bandan Si Kadarwati | Bunandir nampani sampun | sigra Rêtna Sudara | arsa magut kang putra nêmbah umatur | Pangeran Bakdingujaman | paduka aso rumiyin ||

3. kawula kalih pun bapa | ingkang magut Jaswadi anambungi | paduka sayah prang dangu | kawula kang mêcakna | pranging ditya tiwikrama sirah satus | Rêtna Sudara ngandika | diwètna yayi Jaswadi ||

4. rêksasa gora ruara | tri gumuruh gègèring pamuknèki | Pangeran Ismayasunu | mangsah anarik pêdhang | kadya babat bung pacing anacah timun | wuru riwut ing ayuda | pangeran [pa...]

--- 3: 54 ---

[...ngeran] ing Kaelani ||

5. tajêm kalawan kang bapa | prabu ing Suwăngsa Raja Jaswadi | kadya bajra gora nêmpuh | miwah lan Raja Miswan | Radèn Minsar nêngah pamêdhange liwung | rug rêbah rusak kang kambah | ambalasah bosah-basih ||

6. Kusuma Rêtna Sudara | lan kang rayi Rêtna Sirtupelèli | jênêngi prang anèng pungkur | nauri sambatira | kang ditya kon mindhoni sinungan wuwus | sapisan bae palastra | lingira sang putri kalih ||

7. kang aprang tan kobêr mojar | samya gêtêm wuru riwuting jurit | kadya ladhu gumaludhug | tinundhèng bajrangkara | rêbah ingkang danawa pating galêbrug | kang anumbuk gunung sela | gora rèh kagiri-giri ||

8. kadya jêbol arga gugrag | swaraning kang rêksasa nandhang kanin | kang ditya pamuknya liwung | mangsah-mangsah katulak | ting galêmbor nêmpuh wrêksa sol gumêbrug | wurahan ing ăntariksa | suraking jin Jonggiraji ||

9. miwah bala jin Suwăngsa | awurahan gumuruh ing wiyati | ratune nyêbar rum-arum | wadya jin datan kêna | mambu gănda amis bacin pan angêlu | milanggung anyêbar gănda | Raja Miswan lan Jaswadi ||

10. wau ta kang kawuwusa | ingkang lagya lêlampah nèng jaladri | lawan ratu patang atus | amung lan upacara | tan wontên lyan saking upacaranipun | sanadyan Sang Kakungingrat | tan ambêkta wadya malih ||

11. mung ampilan lan prabot prang | tan [ta...]

--- 3: 55 ---

[...n] kocapa lamine nèng jaladri | mangkana ing pukul têlu | prapta anèng muara | ing Kusniya malipir pasisiripun | myarsa kang swara gumêrah | kadya swaraning ajurit ||

12. samya minggah ing dharatan | para nata ngrêkêb kaprabon jurit | angin mêdêd ngêsês masus[5] | kagyat Rêtna Sudara | mambêt ratu gănda sèjèn ingkang rawuh | yèn dede Sultan Kuparman | sayêkti Ismayawati ||

13. marani rêkyana patya | hèh ta adhi nungsunga gănda iki | apa ta kangbok kang rawuh | apa Sultan Kuparman | têka êlor kulon kene sangkanipun | mêlêki gănda wus cêlak | gawanên Si Kadarwati ||

14. tinggalên nora pitaya | sigra nêmbah Ki Patih Abunandir | tan dangu prapta kadulu | wong ngêkapana kuda | saking palwa ki patih prayitnèng laku | winawas cêlak kang gănda | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. Patih Bunandir anyêlak | matur nêmbah ngaras padanira Mir | kula punika pukulun | dhèrèk putra paduka | miwah rayi paduka prange wus dangu | lan ditya datan kasoran | gugup Sang Surayèng Bumi ||

16. lah iku bêbandan apa | matur nêmbah inggih putri Kubarsi | kasor ing aprang kapikut | dhatêng rayi paduka | pan ing mangke maksih rame prang pukulun | dèrèng wontên kang kasoran | wong agung nitih turanggi ||

17. tan adangu nulya prapta | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | lan Kewusnendar Tamtanus | kang nusul sami prapta | sami nêpung ing ayuda sarêng

--- 3: 56 ---

magut | mêngsah mung kari satunggal | Sang Ratu Pataniburni ||

18. krura gro astanya molah | kalih atus angagêm sela sami | ana ngagêm kayu-kayu | obah tindak jumangkah | gora gêtêr dhèdhèt erawati wagyut | wau putri kalih nêmbah | ing raka Sang Jayèngmurti ||

19. sigra têdhak saking kuda | lajêng mangsah Wong Agung Jayèngmurti | rêksasa ngudankên watu | miwah wrêksa pinolah | dyan sinandêr anarik pêdhang wong agung | tumrancak angancik pundhak | amêdhang anganan ngering ||

20. kang putra nusul saksana | lan kang bapa sira Raja Jaswadi | amêdhangi ngarsa pungkur | miwah ing kèri kanan | Prabu Miswan lan Radèn Minsar anêpung | sirna anggaotanira | pêjahe Pataniburni ||

21. rêbah wong agung ngandika | yayi Prabu Suwăngsa Jonggiraji | padha atagên balamu | angguwang mring samodra | kuwandane Si Pataniburni iku | wadya jin sarêng tumandang | anglabuh marang jaladri ||

22. sirna mungsuh wus raina | Kadarwati sinanadatakên aglis |[6] wusnya pinaringkên sampun | marang Rêtna Sudara | bubar ngumpul mring pabarisan wong agung | ing Ngambarsimun wus prapta | kang anèng pakuwon mijil ||

48. Mijil

48. Prabu Maliyat Kustur pados sraya

1. watir marang ibunira kalih | risang narendra nom | lawan ingkang rayi ing yudane | praptèng jawi pakuwon [pakuwo...]

--- 3: 57 ---

[...n] ningali | yèn kang rama prapti | lawan ingkang ibu ||

2. Maktal lan Dipati Guritwêsi | tuwin para katong | nanging datan mawi bala akèh | malajêngi sang prabu taruni | mring rama ngabêkti | tuwin mring kang ibu ||

3. pra ratu Kusniya Malebari | miwah para katong | Parangakik angaras padane | sira Wong Agung Surayèng Bumi | wus tata alinggih | miwah para ratu ||

4. kawuwusa Sang Prabu Kubarsi | atas ing pawartos | yèn kang ibu kajodhi yudane | mungsuh Rajaputri Parangakik | tumpês sawadyèki | tan ana kang kantun ||

5. lawan ingkang rayi Kadarwati | kacandhak binoyong | mila gègèr sang nata kalihe | awuyungan kalangkung prihatin | ciptanira aji | ambelani lêbur ||

6. Patih Bêstak atas ing pawarti | sumiwèng sang katong | dhêdhêmitan wus prapta ngarsane | dyan ingawe ngandika sang aji | bênêr sira patih | pemutmu maringsun ||

7. nyata abot Putri Parangakik | tan kêna minungsoh | kangjêng ibu tumpês sabalane | pirang-pirang lêlêmbut sirnanting | Putri Parangakik | prawirèng prang pupuh ||

8. Patih Bêstak aturira aris | pundi ta sang katong | atur kula pemut sakathahe | datan wontên kang gethang satunggil | kalêsêran sami | sakathahing pemut ||

9. mila purun sanggon-ênggon bumi | ngadêgakên katong | ing putrane inggih ing batine | jagad sadaya munggèng astèki | botên [bo...]

--- 3: 58 ---

[...tên] walanggalih | Menak Jayèngpupuh ||

10. singa-singa bumi dèn anciki | tan susah rinêngkoh | paran karsa paduka ing mangke | datan wande yèn kasor ing jurit | mungsuh rare sami | ijab nisthanipun ||

11. punapa tan sagêd anyuruhi | ing sagung pra katong | ingkang tate abot sêsanggane | tinandhingkên Menak Jayèngmurti | saurira aris | Sri Maliyat Kustur ||

12. iya Patih Bêstak ingsun eling | dhingin rama katong | marang ingsun mangkene wêkase | lamun sira madêg narapati | angadoni jurit | aja salah dudu ||

13. ngandêlkakên[7] ing bala sakêthi | kang padha tan katon | aprang cidra iku dudu gawe | ngilangakên kaprawiran yêkti | nanging iku ugi | mung dadi bêbuwuh ||

14. amung dadi kabêsaran jurit | ngeramakên mungsoh | dèn kèdhêpi ing lêlêmbut kabèh | ingkang dadi luhuran pêpasthi | mung gadanirèki | lan pêdhang parismu ||

15. lawan kuwatira ing panangkis | kuwating pamupoh | iku ratu kang luwih yêktine | tumamèng prang talining turanggi | ing dharat tan wigih | kuwating panjunjung ||

16. ibunira iku amung dadi | pangimputing mungsoh | lamun nêmu mungsuh kèh kanthine | iku dadi luhurira dening | bala warni-warni | manungsa lêlêmbut ||

17. kang jinagèn bok mungsuh nyidrani | tabêri prang nyolong | iya iku pan cêcaosane | lamun mungsuhira anyidrani | lamun padha bêcik | utama prang tangguh ||

--- 3: 59 ---

18. apan sira iki sun pasrahi | kabèh dibyaningong | kasudiran miwah ing kasêktèn | arinira mung anut sirèki | sapa kang nadhahi | maring panggadamu ||

19. lawan sira dèn awas dèn eling | ing wêwêkas ingong | guruningsun ing prang iki kabèh | barêng ingsun têtêlu lan mami | padha ditya sêkti | tunggal ngong gêguru ||

20. Ratu Talsiyah prakosa sêkti | bêbala pra katong | Raja Rukyatil Polat namane | lan ing Ngrokam Gulangge namèki | lamun duwe kardi | labuhana lampus ||

21. miwah sira lamun mangun jurit | nêmu mungsuh abot | aturana sayêkti praptane | nora beda anggêpe lan mami | dene para aji | ing wurukan ingsun ||

22. iya ratu ing Polat nagari | bisikaning katong | Sri Kuwari Usman ratu gêdhe | yèku kang winulang jêng rama ji | Bêstak matur aris | utusana gupuh ||

23. inggih dhatêng Talsiyah nagari | narendra kinaot | Prabu Rukyatil Polat wartine | otot kawat balungipun wêsi | têmbaga kang kulit | timah sungsumipun ||

24. yèn puniku paduka wus jinis | lan ratu kinaot | inggih nuntên utusana age | rama paduka tuwan aturi | prabu nyakrawati | sayêkti yèn rawuh ||

25. inggih kawula kang ngêngirihi | ing rama sang katong | pasthi enggal punika têdhake | lamun kathah para ratu prapti | nglurug prang mariki | sigra sang aprabu ||

26. Maliyat [Ma...]

--- 3: 60 ---

[...liyat] Kustur wus karya tulis | matah kang kinongkon | punggawa catur saha wadyane | mring Talsiyah mring Polat nagari | samya mandhi tulis | kuda kawan èwu ||

27. kunêng wau kang lagya lumaris | gantya winiraos | nagri Mêkah kang winuwus malèh | pamitira Radèn Mir Anjilin | lawan Banuarli | sarêng budhalipun ||

28. Raja Kuwari Usman tut wuri | sawadya pra katong | lampah agêng anambuh karsane | wadyèng Polat lan wadyèng Kohkarib | gunême wus dadi | budhal wadyanipun ||

29. Sira Rahadèn Amir Anjilin | lan sira Sang Katong | Kuwari Usman dadi êmbane | Banuarli êmban Wajahjami | badhe angayoni | ing prawiranipun ||

30. mring kang raka tumandhinga jurit | ènthènge lan abot | Mir Anjilin arsa wruh bobote | Banuarli arsa angayoni | ing rama ngajurit | supayantuk wuruk ||

31. anèng marga kapêthuk dutèki | Kubarsi Sang Katong | duta nêmbah ngaturkên surate | wus winaca ingaturkên aglis | mring Amir Anjilin | tinupiksa sampun ||

32. mèsêm miyarsa Amir Anjilin | karsa kapanujon | hèh caraka dhingina dèn age | sun iki nêdya têtulung jurit | mring Rajèng Kubarsi | iya budhal ingsun ||

33. saking praja nêdya bantu jurit | ingsun wus parungon | pangluruge gustinira dene | nora nganggo wèh wêruh ing mami | caraka

--- 3: 61 ---

wotsari | budhale rumuhun ||

34. langkung suka kapêthuk ing margi | dutane sang katong | tan winuwus ing marga praptane | katur marang Sang Prabu Kubarsi | yèn Polat Sang Aji | nèng marga kapêthuk ||

35. niyat bêbantu ing paduka ji | sawadya pra katong | duk miyarsa kalangkung sukane | Patih Bêstak tinimbalan prapti | mojar ngontrag wêntis | Sri Maliyat Kustur ||

36. hèh apatih kèh kapêthuk margi | kang bantu maring ngong | Sri Kuwari Usman ratu gêdhe | yèn wus aprang sapisan ki patih | nuli sun aturi | Sang Prabu Mêdayun ||

37. kunêng Rahadèn Amir Anjilin | rêmbage wus dados | putra kalih anamur lampahe | ambuwang kula ngaku putrèki | Kuwari Usmani | Banuarli ngaku ||

38. putranira Radèn Wajahjami | yèku kinaryalok | tan antara ing wau praptane | Wrahat Kustur sang prabu taruni | kang mêthuk wus kerid | panggih nata sêpuh ||

39. Maliyat Kustur sukane ngênting | wus kinèn makuwon | tigang yuta sang nata wadyane | kunêng dalu kawuwusa enjing | Sang Prabu Kubarsi | miyos ing prang gambuh ||

49. Gambuh

49. Amir Anjilin majêng prang

1. Raja Maliyat Kustur | nêmbang têngara kêndhang gong umung | andalêdêg wêdale bala Kubarsi | baris kalangan atêpung | Maliyat Kustur wus lunggoh ||

2. ing amparan mas murub [muru...]

--- 3: 62 ---

[...b] | munggèng ing kursi wadya pra ratu | para putra santana ingkang nambungi | Kuwari Usman Sang Prabu | nèng padmasana wus lunggoh ||

3. jajar lawan sang prabu | Radèn Amir Anjilin alungguh | nèng wijoan jajar lan prabu taruni | têpung para arinipun | ambanjêng kang para katong ||

4. amit marang sang prabu | putra Kuwari Usman umagut | kang anama Si Radyan Amir Anjilin | nitih kuda kawot sampun | sagung dandanan prang pupoh ||

5. adheyan kudanipun | praptèng payudan anguwuh mungsuh | papagêna Sultan Kuparman ing jurit | sun putra Polat Sang Prabu | dibya prajurit kinaot ||

6. ya ta tan bêtah ngrungu | putra Ngabêsi amit umagut | wus ingidèn mangsah putra ing Ngabêsi | suraking bala gumuruh | nitih bakarlès anjojog ||

7. kawot gêgamanipun | praptèng payudan pan sampun pangguh | tinakonan sapa kang mêtu ngajurit | ingsun Kodrat Samadikun | putra Ngabêsi kinaot ||

8. lah sira sapa ranmu | sumaur Amir Anjilin ingsun | Sri Kuwari Usman Polat kang sêsiwi | payo apa nèng sirèku | tandhing prawira prang popor ||

9. ngling Kodrat Samadikun | dhingini prang dudu caraningsun | lah ta iya dèn yitna putra Ngabêsi | kudhunga parisanamu | ing aprang dèn padha tanggon ||

10. kudhung parise sampun | sira Radèn Kodrat Samadikun | ngêtab kudanira Dyan Amir

--- 3: 63 ---

Anjilin | sarwi mutêr gadanipun | saksana gada tumêmpoh ||

11. jumêbrèt swaranipun | kadya balêdhèg munya ambarung | mubal gêni parise putrèng Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | gumêtêr èsmu kalêson ||

12. pinindho Samadikun | gêtêm nguwatkên panangkisipun | rosanira ing gada kuwating tangkis | gigiring bakarlès rampung | Samadikun tiba lunggoh ||

13. gumêtêr angganipun | Radèn Amir Anjilin tumurun | wus cinandhak ingikal binanting siti | Radèn Kodrat Samadikun | kantaka gumuling ênggon ||

14. lir gêrah surakipun | wadya Kubarsi wadya Mêdayun | ginosongan rajaputra ing Ngabêsi | putra Rum Turki prapta wus | anitih kuda binarong ||

15. Amir Anjilin sampun | nitihi malih turangganipun | sapa ranmu wong Kusniya kang mêtoni | putra Sarkab Turki ingsun | Samardikaran ran ingong ||

16. lajêng pupuh-pinupuh | Dyan Amir Anjilin ngantêp mupuh | Radèn Samardikaran kuwat anangkis | gada-ginada adangu | sarêng sèlèh gada karo ||

17. pêdhang-pinêdhang caruk | samya awase myang wasisipun | wus adangu prang pêdhang tan migunani | sèlèh pêdhang kalihipun | tarik-tinarik abakoh ||

18. sêndhal-sinêndhal dangu | samya nèng nginggil turangganipun | Radèn Samardikaran sampun katarik | ingikal binanting asru | ing kudanira tinanggor ||

19. pêjah turangganipun | tiba ing

--- 3: 64 ---

siti kantaka dangu | Radèn Samardikaran wus dèn gosongi | putra Yujana gya rawuh | ayun-ayunan tinakon ||

20. lah sapa prapta magut | putra Yujana sugal sumaur | Radèn Kaharkusmèn ran ingsun prajurit | Kewusnendar kang sêsunu | Rajèng Yujana kinaot ||

21. sira sapa aranmu | dene kawênang-wênang tingkahmu | lah bantingên Si Kaharkusmèn sun iki | sutaning ratu pinunjul | Kewusnendar ratu moncol ||

22. mèsêm dènnya sumaur | Amir Anjilin pêparab ingsun | dèn prayitna Kaharkusmèn ingsun gitik | kudhunga parisanamu | aja gumingsir dèn tanggon ||

23. angêtab kudanipun | radèn sarwi amutêr gada gung | dyan pinupuh Kaharkusmèn anguwati | mubal agni parisipun | Kaharkusmèn malês mupoh ||

24. rame pupuh-pinupuh | Amir Anjilin sangêt andulu | Radèn Kaharkusmèn anitih jênggiri | awanti-wanti pinupuh | jênggiri anjrit mancolot ||

25. angulêr kilan wangsul | Kaharkusmèn ngantêp dènnya mupuh | kuwat nangkis Rahadèn Amir Anjilin | arame pupuh-pinupuh | adangu tan wontên kasor ||

26. yèn Kaharkusmèn mupuh | kuwat tangkis anjrit kudanipun | ngulêr kilan kudane Amir Anjilin | saking sangêting pamupuh | satriya kalih prang bobot ||

27. yuda gada wus dangu | gada tanpa guna ing pamupuh | sarêng sèlèh gada kang pêdhang tinarik | pêdhang-pinêdhang acaruk | adangu tan ana

--- 3: 65 ---

kasor ||

28. wau paningalipun | Sultan Kuparman awas andulu | yèn mungsuhe Kaharkusmèn jalma luwih | alon ngandika wong agung | sanak-sanak dèn waspaos ||

29. dudu wadine iku | mungsuh bisa nganggo tangkêp ingsun | guruningsun prang nguni Sang Jabarail | parandene ananiru | kabèh-kabèh para katong ||

30. kang tan pisah lan ingsun | sadina-dina wruh tangkêp ingsun | parandene durung ana kang para ji | kang nelata tingkah ingsun | saking gaib guruningong ||

31. awasna mungsuh iku | bisa ambuka ing wuruk ingsun | guruningsun apan Malekat Jabrail | mêngko yèn uwus si kulup | Kaharkusmèn nuli ingong ||

32. tan ana kêlar iku | ngladèni aprang lan mungsuh iku | lamun dudu ingsun dhewe kang ngawaki | Dyan Putra Ismayasunu | umatur sarwi wotsinom ||

33. amba mangke kang magut | paduka tuwan kawula suwun | saking kêdah kawula arsa ngraosi | mêngsah prajurit pinunjul | suprih wontêna cinangkok ||

34. dadosa sêsinau | lamun amanggih prajurit punjul | lah ta bapa ing mêngko tegakna mami | kakang Minsar ywa têtulung | sandika kang bapa karo ||

35. wau kang aprang dangu | sagung gêgaman tanpa karyèku | kalih sarêng buwang gêgamane sami | candhakan junjung-jinunjung | suraking bala mrih sinom ||

--- 3: 66 ---

50. Sinom

50. Amir Anjilin tandhing lan Pangeran Bakdingujaman

1. putra Yujana gya nyandhak | jinunjung Amir Anjilin | ingangkat-angkat tan kangkat | malah tumètès kang gêtih | saking pucuk jariji | parandene tan kajunjung | Kaharkusmèn cinandhak | mring Radèn Amir Anjilin | wus kajunjung binanting putra Yujana ||

2. sigra anitih turăngga | pangeran ing Kaelani | praptèng rana panggih lawan | mêngsah nitih kuda malih | Radèn Amir Anjilin | têtanya sapa aranmu | tanpa gawe mêtu prang | yèn dudu Sang Jayèngmurti | konên mêtu dèn age Sultan Kuparman ||

3. ing kene angadu yasa | tandhing prang kalawan mami | apragola pêpujăngga | sirèku pan rare maksih | durung pantês ajurit | eman aja prang lan ingsun | angling Bakdingujaman | sun andêl-andêl putra Mir | kangjêng ibu putri Kelan Kelaswara ||

4. putri sêkti măndraguna | tate prang bănda para ji | wudhu ing prang tanpa lawan | ya ingsun Iman Karnèni | Radèn Kusmara Kusrin | Pangeran Ismayasunu | lah sira iku sapa | sun Radèn Amir Anjilin | atmajane Sang Raja Kuwari Usman ||

5. iya payo aprang gada | sun gada aja gumingsir | Pangeran Bakdingujaman | saksana apasang tangkis | Radèn Amir Anjilin |

--- 3: 67 ---

amutêr gada tumêmpuh | surak bala wurahan | parise amubal gêni | ing ayuda antuk sisihing prawira ||

6. arame gada-ginada | sami kuwating panangkis | sami rosaning panggada | kadi mandhêlong kang bumi | gada gêng tibèng tangkis | mêtyagni mubal kumêlun | murub kumantar-kantar | eram kang samya ningali | ing yudane radèn putra kalihira ||

7. samya pêkike kang aprang | lawan cahyanira kalih | nirnakkên langêning jagat | pantês tandhing ing ajurit | dèrèng wontên kang misik | ing wanita kalihipun | raras kadya tinimbang | pantêse kang aprang tandhing | karya êla-êla madyaning paprangan ||

8. kadya kartika kesisan | ing ima anuksmèng sasi | lintang-lintang aliwêran | sêsiring angilat thathit | cêngêng wong kang ningali | emane manawa lampus | ilang rêtnaning jagat | baskara lampahnya ririh | lir anganti palimarmane kang aprang ||

9. wèh onênge pramudita | rêntênge isining bumi | mêsguling jagad wiryawan | cêngêng mangu kang ningali | soroting cahya kalih | liwêran pan kadya daru | surake atimbalan | lir kêplok munya ngêdhasih | kêndhang gonge kadya karuna ngampah prang ||

10. rêkataking kêmbang-kêmbang | pinarcăndhang maruta ris | kadya ngrêrapu kang aprang | anguda-uda ing jurit | aja kêbanjur sami | mangkana sasmitanipun | langêning sabuwana | wau ta ingkang ajurit | dangu dènnya prang gada datanpa karya ||

11. sarêng dènnya sèlèh gada [ga...]

--- 3: 68 ---

[...da] | kalihe ngêtap turanggi | mubêng ngatepang anganan | satunggil adheyan ngèri | samya wasise kalih | sami mingêr kitêr pagut | prasamya narik pêdhang | lir laraping kilat thathit | gêbyar-gêbyar wor sunaring diwangkara ||

12. kumêsar wadya kang surak | kang satêngah wêtu tangis | kang aprang pêdhang-pinêdhang | kumêmprang tibaning tangkis | dangu main turanggi | pêdhang kalih sarêng rêmpu | pan sarêng sèlèh pêdhang | kalihe ingkang ajurit | sarêng candhak-cinandhak sêndhal-sinêndhal ||

13. dangu main prang turăngga | mubêng sarêng ubêngnèki | samya têdhak saking kuda | kalihe sarêng mrêpêki | rukêt tarik-tinarik | dangu prang junjung-jinunjung | samya buwang-binuwang | sira Dyan Amir Anjilin | yèn binuwang mring Pangeran Banu Kelan ||

14. pan kaplêsat patang dhêpa | dohira tibane linggih | nulya wangsul mring gènira | yèn Radèn Umi Kelani | binuwang nora têbih | mung sadhêpa plêsatipun | kontal ngadêg kewala | wangsule prang rukêt malih | ingkang paman sadumuk rada kasoran ||

15. dènira aprang sadina | malah kasaput ing wêngi | baris mundur tinêtêgan | bubar kalih kang ajurit | suka wadya ningali | rahayune kalihipun | Radèn Jaswadiputra | ing dalu bujana sami | nèng ngarsane kang rama Sultan Kuparman ||

16. kang rama alon ngandika | hèh sagunging kang narpati | ing yudane putraningwang | apa ta sira ningali | paran tingkahing jurit | mungguh boboting prang pupuh |

--- 3: 69 ---

mungsuhe anak ingwang | Radèn Maktal matur aris | pan kapara unggul jêng putra paduka ||

17. Pangeran Bakdingujaman | alon dènira nambungi | mring kang paman Parangteja | inggih paman kang sayêkti | mêngsah wau watawis | ing ayuda ukur-ukur | ing pandugi kawula | botên pati angladosi | pangraose wêtara aprang lan bocah ||

18. pan amung raka paduka | ingkang kacipta ing batin | gumujêng kang para nata | punapa makatên ugi | wong aprang rêbut pati | măngsa nganggea kur-ukur | mèsêm Sang Kakungingrat | kaya na èmpêre ugi | durung aprang lan ingsun ingkang sinêdya ||

19. lah iya ing benjang-enjang | ingsun miyosi ngajurit | kunêng wau kawuwusa | ing Kusniya Malebari | gantya winarna malih | Sang Raja Maliyat Kustur | ing dalu abujana | gunêm masalahing jurit | sun watara ngênês prajurit Kusniya ||

20. Wrahat Kustur aturira | nambungi sagung para ji | lêrês pangandika tuwan | sasaene kathah prapti | pra ratu Malebari | kapracăndhang sinung manut | mung satunggil punika | kang wêntala ing ajurit | kang anama Pangeran Amiratmaja ||

21. prasamya suka sadaya | para prawira Kubarsi | miwah Kyana Patih Bêstak | badhe siyos angaturi | sampun akarya tulis | mring bathara ing Mêdayun | lumampah dutanira | wau Dyan Amir Anjilin | pan sadalu sinuba sinungga-sungga ||

22. ing dalu tan winursita | ya ta

--- 3: 70 ---

kawuwusa enjing | muni têngaraning yuda | gong bèri gurnang thongthonggrit | têtêge wanti-wanti | wor surake wadya barung | baris mijil mèt papan | sagung prajurit para ji | gumarêgut tan nêdya mundur ing aprang ||

51. Durma

51. Amir Anjilin tuwin Banuarli kasoran dening Wong Agung

1. sampun munggèng patarana dirgasana | Risang Surayèng Bumi | lawan ingkang putra | sang prabu ing Kusniya | aglar sagung para aji | myang para putra | kang saos ing ajurit ||

2. baris kapang miwah kang mêngsah wus lênggah | sang prabu ing Kubarsi | ing amparan êmas | jajar Sang Rajèng Polad | barise dhêndhêng ngubêngi | kadya samodra | mungsuh rowang miranti ||

3. sigra têdhak atmaja Kuwari Usman | Radèn Amir Anjilin | anitih turăngga | kawot kapraboning prang | sira Radèn Banuarli | wus nitih kuda | ngimbangi kang ajurit ||

4. asêsumbar lah payo Sultan Kuparman | mêtua ing ajurit | mapag yudaningwang | ing kene ngadu yasa | arok băndawala pati | padha prawira | ngyasani jayèng jurit ||

5. aja pijêr angadu prajuritira | tanpa gawe ing mami | wau duk miyarsa | jêng sultan ing Kuparman | akèn kêkapa turanggi | askarduwijan | sampun dipun kambili ||

6. sigra nitih turăngga Sang Kakungingrat |

--- 3: 71 ---

sakapraboning jurit | kawot ing turăngga | mangsah surak gumêrah | Rahadèn Amir Anjilin | wus winartanan | yèn iku kang miyosi ||

7. sultan ing Kuparman nitih askar ditya | sigra Amir Anjilin | têdhak saking kuda | ngêncêngi ambênira | satrêpe wus dèn kêncêngi | panggenan pêdhang | sigra anitih malih ||

8. sarwi nêtêpakên ing têtopongira | sigra ngêtap turanggi | angatepang wêdhar | mrêpêki kang umangsah | angucap Amir Anjilin | hèh sira Sultan | Kuparman kang miyosi ||

9. anauri Wong Agung Surayèng Jagat | ya ingsun Bagendha Mir | Sayidina Ambyah | Sayidin Alikarat | Makmunurijaling Bumi | sêdhêng tinitah | ingarah kang kêkalih ||

10. kang sawiji arahing wong ahli iman | ing sasar amrih sidik | arah ping kalihnya | yèn ana mukir tekad | ingsun winênang matèni | lawan anjarah | wus melik anèng mami ||

11. andumakên sagung arta siya-siya | yèku pakarti mami | trahing Brahim duta | Ismangil bangsaningwang | saking Kurès Banukasim | asru lingira | Radèn Amir Anjilin ||

12. dèn prayitna akudhunga băndabaya | sun gada ja gumingsir | sigra mutêr gada | wor siyuting prahara | prapta ri kang rakam tabir | saking ing gada | umijil siyutnèki ||

13. kadya balak siking jabal alpumiat | kudhung Sang Jayèngmurti | ingantêp ginada | kuwat panangkisira |

--- 3: 72 ---

kang parise mêtu gêni | akantar-kantar | mumbul marang wiyati ||

14. wusnya gada kèndêl wau sanalika | Radèn Amir Anjilin | alon atêtanya | sira ahli utama | pagene tinggal sirèki | nagara Mêkah | dumèh nagari cilik ||

15. apa ora arda wong ahli utama | mrih papan jêmbar radin | sira akêkutha | tanah adi Kuparman | nauri Sang Jayèngmurti | ya ingsa Allah | nora arda tyas mami ||

16. pan winênang nêdya ambêbujung setan | bêbungahakên ati | nanging sok elinga | tarib amrih santosa | pikuwat angrusak iblis | aja kasoran | pan setan kang gêgimir ||

17. Radèn Amir Anjilin malih têtanya | pira lawasirèki | kêkutha Kuparman | atinggal nagri Mêkah | sira karya walangati | marang wong tuwa | sanake padha wingit ||

18. anauri Wong Agung Surayèng Jagat | nêm likur taun iki | sun amangun kutha | anèng nagri Kuparman | pisah lawan bapa bibi | pan ingsun karya | bêkti marang Hyang Widhi ||

19. para kadang-kadang myang para santana | amung sun ciptèng batin | dene kadang ingwang | pêparinging Hyang Suksma | pira-pira kang para ji | kang datan pisah | lawan sarira mami ||

20. wajib ingsun padha ngenakakên ing tyas | Allah kang paring kanthi | padha buru setan | dangu dènira bantah | mangkana umangsah malih | ayuda gada | gênti bindi-binindi ||

21. samya kêtêr kang miyarsa kang tumingal | lir

--- 3: 73 ---

bêlah punang bumi | pangantêping aprang | angabênakên gada | swara lir rug ingkang ardi | soraning gada | kuwate ingkang nangkis ||

22. sami anjrit kang turăngga kalihira | suku tumanêm siti | sadêkung kinêtab | kuda pun sêkar ditya | arame bindi-binindi | kalihe samya | prakosane prang sami ||

23. sèlèh gada agênti pêdhang-pinêdhang | dangu tan migunani | sarêng sèlèh pêdhang | kalih têdhak sing kuda | mrêpêki Amir Anjilin | sigra anyandhak | wangkingan Bagendha Mir ||

24. dyan ingangkat-angkat nging mêksa tan kangkat | kinuwatakên kalih | gêtêm amarusa | asru pamêksanira | sagunging kuwatirèki | wus anèng asta | malah kètès kang gêtih ||

25. saking pucuk jariji miwah jêmpolan | kabrengkal adêgnèki | pasrah ing Hyang Suksma | mênêng ing sanalika | tita wong agung nulya glis | malês anyandhak | wangkingan Mir Anjilin ||

26. sarwi nolih Marmaya buwang makutha | sawadya tutup kuping | saksana dèn angkat | sapisan ora kangkat | pinindho sukune osik | nanging tan kangkat | ngungun Sang Jayèngmurti ||

27. binarêngan ing pêtak mêksa tan kangkat | dadya pêtak ping kalih | iku kangkatira | jinunjung wus dèn ikal | nèng asta tininggil-tinggil | kadya likasan | sigra wau binanting ||

28. tiba lênggah nanging datan bisa obah | sangêt kantêpirèki | Banuarli prapta | sarwi angundha gada | wau ta

--- 3: 74 ---

Sang Jayèngmurti | kudhung saksana | ginada wanti-wanti ||

29. Umarmaya kuwur arsa nalènana | maring Amir Anjilin | èwêd mêksih lênggah | mucicil panthêlêngan | lan wong Menak aprang malih | gada-ginada | lan Radèn Banuarli ||

30. ya ta kagyat wong agung nadhahi gada | durung ana para ji | kuwating panggada | prakosane sêmbada | têtêge nadhahi tangkis | gada-ginada | lan Radèn Banuarli ||

31. sèlèh gada agantya pêdhang-pinêdhang | ing tyas eram Sang Amir | wasising pamêdhang | dene ta maksih bocah | sarêng sèlèh pêdhang kalih | candhak-cinandhak | sigra Dyan Banuarli ||

32. nyandhak wangkinganira Sang Kakungingrat | anjunjung wanti-wanti | nanging nora kangkat | wong agung sigra nyandhak | ingikal Dyan Banuarli | gya atur sarat | anglawe astanèki ||

33. katingalan panglawene astanira | Radèn Amir Anjilin | dadya pinaranan | marang Sang Kakungingrat | pagene sira apênging | pambanting ingwang | marang mungsuh ngong iki ||

34. Radèn Amir Anjilin alon turira | mila amba apênging | ing pambanting tuwan | punika putranira | pun kakang Prabu Kohkarib | dupi miyarsa | Wong Agung Jayèngmurti ||

35. inguculkên wau saking astanira | lah sira sapa iki | kula kadang tuwan | saking nagari Mêkah | wastamba Amir Anjilin | sigra ngandika | pucungên Marmaya glis ||

--- 3: 75 ---

52. Pucung

52. Prabu Maliyat Kustur nyuwun biyantu Ratu Talsiyah

1. gya lumayu Umarmaya cêluk-cêluk | Umarmadi enggal | sapa duwe cêblung iki | turunanmu kêceceran dadi mêngsah ||

2. duk angrungu Prabu Marmadi agupuh | mara kadhêmpalan | angling Sang Prabu Kohkarib | ana paran kakang ingsun tinimbalan ||

3. mungsuh iku sayêktine cêcêblungmu | kang prawira ing prang | prakosa dibya ngajurit | mèh nadhahi bobote Sang Kakungingrat ||

4. dupi ngrungu Marmadi nangis lumayu | prapta ngarsanira | wong agung ngandika aris | Umarmadi lah iku nugrahanira ||

5. sudibya nung luwih saking ing sirèku | prawira prakosa | yèku ibu Mukabumi | Umarmadi lumayu ngrangkul kang putra ||

6. gupuh-gupuh sinêmbahkên mring wong agung | pagene ta sira | wani nglawani prang tandhing | iya marang gustimu Sultan Kuparman ||

7. mèsêm muwus sira Menak Jayèngsatru | apa kang wicara | pira-pira duwe budi | yèku liwat saking karêpe maringwang ||

8. apan iku ing batin mlaku winuruk | ingsun rada eram | bangête pêpukulnèki | lan atanggon ing tangkis ayêm santosa ||

9. sigra matur Rahadèn Amir Anjilun | nguni rama tuwan | asangêt nandhang prihatin | luwar saking inggih pun anak punika [pu...]

--- 3: 76 ---

[...nika] ||

10. Ratu Agung Kuwari Usman angêpung | bubare punika | ingamuk saking ing wuri | têmah risak Sang Prabu Kuwari Usman ||

11. mila kangjêng rama kalangkung sihipun | dene maksih bocah | bisa ambengkas ing jurit | dados kondhang bêbaya pakewuhing prang ||

12. sarêng mundur rêrasan sarya lumaku | prapta pasanggrahan | samya ngungun kang miyarsi | dene mungsuh kang sêkti sampun katawan ||

13. jêbulipun têka kadange wong agung | kang sawiji nyata | putrane Prabu Kohkarib | prawirèng prang sêkti prawira digdaya ||

14. wus kasaput dalu bubar kalihipun | ing dalu kocapa | Kuwari Usman Sang Aji | ninggal baris ngumpul bala ing Kuparman ||

15. sampun katur mring Wong Agung Jayèngpupuh | yèn Kuwari Usman | kabala Amir Anjilin | tinimbalan lênggah nunggil para raja ||

16. pan dinangu tigang yuta balanipun | pan minăngka êmban | mring Radèn Amir Anjilin | pan wong agung sadalu rame bujana ||

17. ya ta wau Pangeran Ismayasunu | nênggih pinaringan | mring kang ibu Parangakik | Kadarwati pan dadya sêlir kawitan ||

18. apan patut yèn dadia garwanipun | warnane sêmbada | sira Dèwi Kadarwati | nanging ana wagune ingkang lêlewa ||

19. saking durung munggèng pasamuan agung | mila dèrèng têlas | saking tabêt putri adi | kunêng malih gantya ingkang kawuwusa ||

20. dutanipun Sang Raja Maliyat Kustur | kang marang Talsiyah |

--- 3: 77 ---

ngaturi sri narapati | mring Kusniya Sang Raja Rukyatil Polad ||

21. sêratipun Sang Raja Maliyat Kustur | ngaturi uninga | yèn kasoran ing ajurit | aprang lawan Sri Naranata Kusniya ||

22. kang jêjuluk Jayusman Murijalsamsu | wau duk miyarsa | surate Rajèng Kubarsi | bapakane tunggal paguron ing aprang ||

23. namanipun Abu Adngah Ratu Agung | kari ingkang putra | Maliyat Kustur namèki | kasor ing prang anglurug marang Kusniya ||

24. mila gupuh nimbali pêpatihipun | kêmbar widigdaya | Raja Bardas ingkang nami | yèku tuwa Raja Bardus kang taruna ||

25. praptèng ngayun sira Patih Bardas Bardus | wus tampi parentah | ngundhangi bala para ji | Ratu Agung Talsiyah Rukyatil Polad ||

26. sang aprabu wus misuwur undhangipun | siyaga ngayuda | arsa anglurug sang aji | ing Kusniya Malebari kang ginêcak ||

27. Ratu Agung Rukyatil Polad puniku | prawira ngayuda | sinêmbah samining aji | dêdêgipun satus pitung puluh êgas ||

28. para ratu arang năngga bobotipun | ing Rukyatil Polad | mila ratu kanan kèri | nungkul aris arang kang pinagut ing prang ||

29. patang atus kang sumiwi para ratu | mring nagri Talsiyah | undhangan samêktèng jurit | wus samêkta budhal Sang Rukyatil Polad ||

30. balanipun ngêndhanu kadya wun-awun | dhasare wus lama | dènira karsa ngayoni | ing bobote ngayuda Sultan Kuparman ||

31. kang panganjur para ratu patang

--- 3: 78 ---

puluh | kang dhingini lampah | Sri Naranata Sêrgani | pêparabe sira Sang Raja Buharjan ||

32. kanthinipun sira Sang Raja Bêskahur | Narendra Barkiyah | sawadyanira kuswa sri | pan angirid ratu ngalih dasa sowang ||

33. tan cinatur anèng marga lampahipun | wus praptèng jajahan | talatah bumi Mêdayin | kang kamargan gègèr kambah ing gêgaman ||

34. têbihipun Talsiyah lan ing Mêdayun | nênggih pitung wulan | lan Kusniya Malebari | wolung wulan punjule wolulas dina ||

35. yèn winuwun[8] kadi sarêng lampahipun | lèn cinatur kăndha | sayêkti kinarya ganti | apan beda lambe lawan dêlamakan ||

36. pan kasundhul sêrat kang praptèng Mêdayus[9] | saking Rajaputra | Irman Urmus lan apatih | lan surate Maliyat Kustur sarêngnya ||

37. têmbungipun angaturi sang aprabu | mring nagri Kuswiya[10] | anjênêngana ngajurit | Sri maliyat Kustur ngrusak trahing Arab ||

38. sami rêmbug lan wadya kang para ratu | miwah suratira | kang saking Rêkyana Patih | Bêstak ture tan kongsi manjing Kusniya ||

39. pan kapranggul dhatêng pun Maliyat Kustur | angêpang Kusniya | balane kadi jaladri | lan akathah para ratu sêsuruhan ||

Lajêng nyandhak: jilid 4.

--- 3 : [79] ---

Isinipun.

... Kaca

36. Wadya Arab campuh lan wadya Polad. ... 3
37. Ratu Polad têluk. ... 6
38. Ratu Kubarsi nglurug dhatêng Malebari. ... 11
39. Prabu Nusirwan kêkintun dhatêng Malebari. ... 17
40. Prabu Jayusman mangsuli sêrat panantang. ... 20
41. Pangeran Kaelani mangsah prang. ... 23
42. Bêbantu saking Kuparman dhatêng. ... 30
43. Prabu Maliyat Kustur mriksani mêngsah dhatêng. ... 34
44. Prabu Maliyat Kustur nyuwun bantu ingkang ibu. ... 38
45. Pangeran Kelan kêpanggih Dèwi Kadarwati. ... 43
46. Para putri pêrang. ... 46
47. Pataniburni pêjah. ... 53
48. Prabu Maliyat Kustur pados sraya. ... 56
49. Amir Anjilin majêng prang. ... 61

--- 3: [80] ---

... Kaca

50. Amir Anjilin tandhing lan Pangeran Bakdingujaman. ... 66
51. Amir Anjilin tuwin Banuarli kasoran dening wong agung. ... 70
52. Prabu Maliyat Kustur nyuwun biyantu Ratu Talsiyah. ... 75

 


Wrahadgaji Abukhadrah. (kembali)
Kelan. (kembali)
lurugan. (kembali)
toya. (kembali)
musus. (kembali)
Lebih satu suku kata: Kadarwati sinadatakên aglis. (kembali)
ngandêlakên. (kembali)
winuwus. (kembali)
Mêdayun. (kembali)
10 Kusniya. (kembali)