Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934–5, #844

Judul
Sambungan
1. Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934–5, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1155c

Menak Malebari

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 4.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 4: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 4: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

53. Pucung

53. Prabu Rukyatil Polad ambiyantu Prabu Maliyat Kustur

1. sampun kumpul putra tuwan kalihipun | sagunging kintunan | linapgang Rajèng Kubarsi | pun Maliyat Kustur prawira digdaya ||

2. inggih lamun wontên liwat ratu agung | Sang Rajèng Talsiyah | margine mêdal Mêdayin | tuwan ngêmbul dhatêng Sang Rukyatil Polad ||

3. yèn tan antuk paduka amanggih dudu | giris sri narendra | dening atur pra dipati | para ratu gumulung ing aturira ||

4. arsa puguh sami mêdosi kang matur | yêkti putra tuwan | Irman Urmus lan pun patih | pinêjahan dhatêng pun Kustur Maliyat ||

5. dadya gugup tyasira Rajèng Mêdayun | têmah nut ing kathah | siyaga budhal tumuli | amanggihi lan Raja Rukyatil Polad ||

6. tan winuwus nulya sarêng budhalipun | lir samodra wutah | baris Talsiyah Mêdayin | tan winuwus laminira anèng marga ||

7. sampun rawuh Kusniya Maliyat Kustur | mêthuk sampun panggya | pakuwone dèn aturi | tanpa watês barise Rukyatil Polad ||

8. Sang Aprabu Mêdayin wus panggih sunu | miwah Patih Bêstak |

--- 4: 4 ---

mangkana wau winarni | pakuwon ing Kusniya sami bujana ||

9. pan supênuh aglar ingkang para ratu | anèng ngarsanira | Wong Agung Surayèng Bumi | tuwin Sultan Jayusman Samsumurijal ||

10. para sunu sadaya nèng ngarsanipun | sigra matur nêmbah | Rêkyana Patih Bunandir | gusti mêngsah paduka saya gung prapta ||

11. Sang Aprabu Mêdayin wingi duk rawuh | lan Rukyatil Polad | balane kadya jaladri | langkung ngungun sadaya kang sami myarsa ||

12. dening Prabu Nusirwan kalangkung-langkung | wong agung ngandika | esuk mêtua ngajurit | ingsun arsa têtinjo mring pulo Barjah ||

13. sadulurmu padha dunên ing prang pupuh | kang putra sandika | sawusnya bujana sami | dyan wong agung mring bukit Barjah kawuntat ||

54. Pangkur

54. Raja Kalbujèr pêrang lan Raja Palangkus

1. enjing anêmbang têngara | Sang Aprabu Kusniya Malebari | kêndhang gong têtêg gumuruh | êgong maguru găngsa | bêndhe bèri barungan thongthonggrit puksur | kadya giri gara-gara | mijil barising para ji ||

2. baris miranti mèt papan | kakartala kalang têpung ngubêngi | prajurit kang para ratu | tuwin kang para putra | sampun munggèng amparan Jêng Sultan Agung | Jayusman Samsumurijal | kinubêng ing pra dipati ||

--- 4: 5 ---

3. mêngsah barise wus mêdal | ambalabar kalang têpung ngubêngi | salin gêgununganipun | Raja Rukyatil Polad | dhasar anom ambapa Maliyat Kustur | sumosor marang kang paman | ing Talsiyah Sri Bupati ||

4. munggèng patarana rêtna | lan kang rama sang prabu ing Mêdayin | katiga Maliyat Kustur | aglar prajuritira | para ratu satriya dipatinipun | wau miyosi ngayuda | ratu andêl Malebari ||

5. amit ingidèn umangsah | sira Raja Kalbujèr nitih èsthi | kawot kaprabon prang pupuh | praptèng rana sêsumbar | mêtonana hèh payo Maliyat Kustur | papagêna tandang ingwang | dèn padha angungsi pati ||

6. Raja Palangkus miyarsa | amit nêmbah mring Sang Rajèng Kubarsi | ingidèn Raja Palangkus | Panardan munggèng liman | sampun prapta panggih sang prabu ing Kulub | sira Palangkus mêtu prang | gustimu konên mêtoni ||

7. Si Maliyat Kustur lawan | Si Warahat Kustur raja taruni | aja ta kowe Palangkus | amapag yudaningwang | sira Raja Panardan sugal sumaur | aja kakehan wicara | sun gada dèn ngati-ati ||

8. surake mungsuh lan rowang | tri gumuruh Palangkus gada aglis | Raja Kalbujèr akudhung | paris sigra ginada | panangkise kuwating pamupuhipun | jumêbrèt swara lir gêlap | arame dènira jurit ||

9. agênti gada-ginada | dangu gada tan ana migunani | sèlèh gada kalihipun | gantya pêdhang-pinêdhang | gajah arok kang nitih prasami caruk |

--- 4: 6 ---

udrêg rêmpu buwang pêdhang | agênti tarik-tinarik ||

10. surake mungsuh lan rowang | mawurahan wau ta kang ajurit | sira Sang Raja Palangkus | sor titih wus sinêndhal | saking gajah binanting tiba gumêbrug | kantaka Rajèng Panardan | prapta Patih Abunandir ||

11. binănda sampun tinawan | lan gajahe Kalbujèr têdhak aglis | saking ing dipangganipun | prapta kang ngatêr kuda | sigra nitih turăngga Sang Rajèng Kulub | midêr ing papan sêsumbar | rêbutên iki prajurit ||

12. ratu isining wijoan | palowanu Kusniya Malebari | Kalbujèr Sang Raja Kulub | prawira widigdaya | wong Kubarsi aja na sarênti magut | Maliyat Kustur mêtua | payo atandhing ajurit ||

13. wau kalane miyarsa | Raja Abuharjan Raja Drênggani | amit miyosi prang pupuh | sigra nitih turăngga | Abuharjan praptèng rananggana sampun | apanggih ayun-ayunan | Raja Kalbujèr sru angling ||

14. sapa aranmu narendra | anauri ingsun Natèng Drênggani | Raja Buharjan ran ingsun | sira sapa ranira | iya iki Kalbujèr prajurit Kulub | payo apa anèng sira | Raja Buharjan lingnya ris ||

15. akudhunga băndabaya | ingsun gada ing prang aja gumingsir | sigra mutêr gadanipun | mupuh Raja Buharjan | tinadhahan ing parisanira murub | surake bala gumêrah | Kalbujèr malês anggitik ||

16. arame gada-ginada | sigra Raja Kalbujèr dènnya [dè...]

--- 4: 7 ---

[...nnya] ngambil | pêputhon êmas anggutuk | Buharjan datan wikan | jajanira niba saking kudanipun | tan wêruh sangkaning balang | kalêngêr Rajèng Drênggani ||

17. surake bala gumêrah | sigra prapta Kyana Patih Bunandir | ambănda binêkta mundur | Buharjan wus katawan | puthon êmas wus wangsul saruwalipun | Buharjan wus winarăngka | mangkana sri narapati ||

18. Kalbujèr midêr ing papan | asêsumbar mungsuh rêbutên jurit | ingsun Kalbujèr ing Kulub | ratu kinarya macan | isèn-isèn ing wijoan paluwanu | kang among manggalaning prang | ing Kusniya Malebari ||

19. wontên ratu ing Bênara | Raja Guntur mangsah nitih turanggi | praptèng payudan sumêbut | pêputhon êmas mêdal | nêmpuh kêna jajanira Raja Guntur | aniba saking turăngga | kantaka sangêt sang aji ||

20. Raja Bêskahur Bêrkiyah | sigra mangsah nitih turăngga aglis | wus prapta tiba talêbug | sinambêr puthon êmas | gêng sak maja kêmate Sang Rajèng Kulub | ngamuk tan amawi sarat | tan mawi ingatag malih ||

21. singa prapta tinarajang | sira Raja Kalbujèr tukup lathi | ngêntrog wêntis sarwi muwus | hèh wong Kubarsi padha | wong angantuk padha mangsah ting talêbug | apa tan ana wong waras | wong turu kinèn ajurit ||

22. Kya Patih Bunandir prapta | pan abikut nalèni kang para ji | Ki Umarmaya lingnya rum | kaki Prabu Kusniya | ingsun arsa mring bukit Barjah anusul [a...]

--- 4: 8 ---

[...nusul] | tinjo kang padha martapa | wong tuwa bok nglêlèpèti ||

23. manawa ingsun tinarka | angajani ngadu kêmating jurit | nanging satêmêne patut | linadenan prang kêmat | kêbangêtên kakèkne Si Rustam iku | ping satus tan ngarah tobat | gumujêng sagung miyarsi ||

24. umatur rahadèn putra | Rustam Aji mring uwa Guritwêsi | dhuh uwa satuhunipun | yèn ing badan kawula | lamun dikakêna dhatêng kakang prabu | amrih pati siya-siya | ing eyang Rajèng Mêdayin ||

25. tan kumêdhèp wani nglăngga | ing darahe eyang Rajèng Mêdayin | Rajèng Kusniya lon muwus | yayi aja dinawa | sakarsane panêmbahan ing Mêdayun | apan iya kangjêng rama | maksih bêkti lan gumati ||

26. aja ta kang anom padha | yêkti bêkti dhasare ratu kaki | wêwinihing ratu agung | sakarsane jêng eyang | sok bêtaha muwuhi darajat ingsun | wus nusul Ki Umarmaya | mring pratapan Barjah wukir ||

27. gantya wau winursita | pakuwone mungsuh bujana latri | pêpakan kang para ratu | aglar munggèng ngayunan | Sang Rukyatil Polad lan Rajèng Mêdayun | Maliyat Kustur kalawan | Wrahat Kustur datan têbih ||

28. Prabu Nusirwan ngandika | Patih Bêstak prajurit Arab mangkin | prange kêmat saya wuwuh | mau puthone êmas | têka ngamuk saparane ratunipun | tur sêmbah Kya Patih Bêstak | Raja Kalbujèr prajurit ||

29. ing Kulub prajaning nata |

--- 4: 9 ---

Senapati Kusniya Malebari | lan malih Raja Dukyanus | Ngusur ratu prakosa | ing Kalkiyah Raja Dukyanus kang sêpuh | sami ratu măndraguna | ing Dhayak Raja Dabatil ||

30. têlukan kinarya kadang | langkung gêng sih Wong Agung Jayèngmurti | kinèn monga putranipun | sang prabu ing Kusniya | sru dènnyangling Ratu Anom Wrahat Kustur | sun tumpêse benjang-enjang | wong Kusniya tan ngunduri ||

55. Durma

55. Prabu Wrahat Kustur ngêdali prang

1. wus raina gumuruh ingkang têngara | kêndhang gurnang thongthonggrit | bêndhene angangkang | barung maguru găngsa | têtêge mawanti-wanti | tambur sauran | mijil sagunging baris ||

2. Sultan Anom Jayusman Samsumurijal | miyosi ing ajurit | apan sampun lênggah | ngamparan nawa rêtna | ing kanan kang para aji | kering gènira | sadaya kang para ri ||

3. banjêng lawan para putrane narendra | aglar ratu prajurit | kang badhe saos prang | misah dènira lênggah | para putraning narpati | kang kêbak manah | Rajaputra Ngabêsi ||

4. atmajane Raja Sadat Kadarisman | tan lami dènnya kanin | parandene kêdah | magut malih ngayuda | titihan ngupaya malih | mring nagri Dhayak | antuk bakarlès malih ||

5. ingkang sirah lêmbu cêmêng awak macan | kang bêbuntut turanggi | saprangkul ngumbala | linapakan kancana | taracak sakawan sami [sa...]

--- 4: 10 ---

[...mi] | kinathok ing mas | tuhu ngebat-ebati ||

6. Radèn Kodrat Samadikun kêdah mangsah | Prabu Jayusman angling | kulup aja mangsah | pan sira durung waras | aja age mêtu jurit | yèn waras pisan | sira maguta jurit ||

7. Radèn Kahar Kusmèn putra ing Yujana | umarêk awotsari | pamit mêdali prang | alon dènnya ngandika | Sang Aprabu Malebari | yayi dèn sabar | padha warasna dhingin ||

8. iya kaduk wantêr putra ing Yujana | titihan angsal malih | dènira ngupaya | saking nagri ing Dhayak | jênggiri kang awak sapi | sirah mênjangan | ana malih jênggiri ||

9. awakipun manjangan banthèng sirahnya | kèh warnaning jênggiri | lan bakarlès samya | rêginya kêthi dinar | mangkana wau miyosi | Sang Raja Wrahat | Kustur anitih èsthi ||

10. anjênggarang kawot sakapraboning prang | sarwi amandhi bindi | praptèng rana sumbar | sapa kang arsa pêjah | papagêna tandang mami | prabu taruna | iya Rajèng Kubarsi ||

11. ratu abot sêsanggane ing ayuda | jêg jumblêg ingsun urip | durung kalah aprang | hèh payo wong Kusniya | Kulbujèr mêtua malih | tandhing prawira | sigra Raja Dabatil ||

12. Rajèng Dhayak amit miyosi ngayuda | ingidèn nitih èsthi | kawot luhur liman | kapraboning ayuda | praptèng papan wus apanggih | ayun-ayunan | Wrahat Kustur sru angling ||

13. sapa ranmu ratu ing ngêndi ta

--- 4: 11 ---

sira | mapag ing tandang mami | nauri pan ingwang | narendra saka Dhayak | ya ingsun Prabu Dabatil | ratu prakosa | sira sapa rannèki ||

14. Wrahat Kustur ingsun ratu kang taruna | ing nagara Kubarsi | hèh sira mundura | wong Dhayak tan sêmbada | ngladènana ing prang mami | sumaur sugal | duk apa wong Kubarsi ||

15. angungkuli marang karaton ing Dhayak | angêsorakên jurit | dungkapan[1] wong Dhayak | marang Kubarsi seba | kapan atur bulubêkti | ambungên uga | tanganmu apa amis ||

16. tabêt milang bulubêkti saking Dhayak | ingsun tate nalèni | ratu kaya sira | payo ta age aprang | apa kang anèng sirèki | angangkat gada | Ratu Anom Kubarsi ||

17. Rajèng Dhayak kudhung parise malela | mutêr gada sang aji | sarwi ngêncot liman | angabênakên gada | tumêmpuhe parisnèki | Sang Rajèng Dhayak | jumêbrèt tibêng tangkis ||

18. pan anglumba dipanggane Rajèng Dhayak | gumêtêr sri bupati | nyata lamun kuwat | onjo lan para nata | sira Sang Prabu Dabatil | gêtêm kinuwat | sigra amalês bindi ||

19. dadya rame prangira gada-ginada | angrok pulêt kang èsthi | Wrahat Kustur gada | ngantêp tinula-tula | tan anggop dènira gitik | pan karepotan | sira Raja Dabatil ||

20. dèn gêgêjêg ing gada tiba kasingsal | kumbaning gajah kêni | kapalindêr gada | pêcah gajahe pêjah | surak [su...]

--- 4: 12 ---

[...rak] bala ing Kubarsi | wus ginosongan | sira Raja Dabatil ||

21. Rajèng Sindhangdhayang amit mêlak gajah | Prabu Dhayangunari | praptèng papan panggya | sampun ayun-ayunan | Wrahat Kustur sru dènnya ngling | sirèku sapa | arsa nusul ngêmasi ||

22. sira tambuh sun Narpati Sindhangdhayang | Raja Dhayangunari | saksana ginada | tibèng parisanira | Sang Prabu Dhayangunari | malês anggada | rame bindi-binindi ||

23. kadi guntur surake mungsuh lan rowang | rame ingkang ajurit | dangu aprang gada | sèlèh gada prang pêdhang | dangu datan migunani | ambuwang pêdhang | sarêng mangsahkên èsthi ||

24. liman pulêt kang nitih sêndhal-sinêndhal | Raja Dhayangunari | kasor wus kasêndhal | uwal saking dipăngga | binanting kantakèng siti | gya ginosongan | Prabu Dhayangunari ||

25. amit mêdal dipăngga Prabu Mênara | Raja Bandhun prajurit | praptèng rananggana | sampun ayun-ayunan | têtanya Rajèng Kubarsi | lah sira sapa | ratu apa dipati ||

26. ingsun Rajèng Mênara Bandhun ran ingwang | gêgawan Parangakik | ingsun naking-sanak | lawan kang ibu nata | kang minăngka garwanèki | Sultan Kuparman | sun andêl Parangakik ||

27. payo laknat têlatèn têmên ta sira | yèn ora dèn têmêni | ya ta mutêr sigra | Wrahat Kustur anggada | Raja Bandhun anadhahi | paris malela | kuwat pamukulnèki ||

28. kadya gêlap barung rosa kang atadhah | parise

--- 4: 13 ---

mubal gêni | amalês anggada | Raja Bandhun prakosa | ginada Rajèng Kubarsi | parise mubal | dahana liman anjrit ||

29. rame pupuh-pinupuh sami prawira | surak gumuruh atri | dangu aprang gada | sami nginggil dipăngga | tan ana kasoran kalih | dangu prangira | malah kasaput latri ||

30. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | lajêng bujana latri | kang tatu tinamban | dening putrèng Marmaya | dhukun Radèn Umarsadi | mèmpêr kang rama | yèn kala ngusadani ||

31. Raja Bandhun dinangu mring arya putra | Pangeran Kaelani | uwa Bandhun sapa | mungsuh ingkang prawira | Raja Bandhun matur aris | kang rayi nata | Wrahat Kustur taruni ||

56. Sinom

56. Prabu Wrahat Kustur kasor kalihan Pangeran Bakdingujaman

1. anggèr watawis kawula | kêkês prajurit Kubarsi | pun Kalbujèr duk umangsah | pamuke pêputhon rukmi | kadandape katawis | pukulun pun Wrahat Kustur | nglirik tingkah kawula | gumujêng kang amiyarsi | sami mulat marang Kalbujèr sadaya ||

2. sangsaya rame gujêngnya | mangkana Rajèng Kubarsi | Talsiyah dalu bujana | gumêrah idêring larih | asru angêntrok wêntis | sira Sang Warahat Kustur | para ratu Kuparman | andêle kêni kêkalih | benjang-enjang kadi yèn tumpês [tu...]

--- 4: 14 ---

[...mpês] sadaya ||

3. Patih Bêstak aturira | kang kapupu ratu kalih | dede prajurit Kuparman | prajurit ing Malebari | andêle dèrèng mijil | Kuparman Prabu Tamtanus | lan Prabu Kewusnendar | miwah Raja Yusup Adi | Darundiya lawan Sang Raja Tohkaran ||

4. kalawan Iskaliskalan | Lamdahur lan Umarmadi | kadangipun kawan dasa | samya andêling ajurit | siji dèrèng mêdali | ratu kadang patang puluh | para ratu ing Selan | satus andêling ajurit | pan satunggil dèrèng wontên magut ing prang ||

5. Raja Sarkab lan Sarsaban | lan Raja Dabarunali | Parisdan lan Raja Ukman | Kalbudiyan lan Dêbruni | Raja Kemarkuwari | Raja Alam Raja Uluk | para Raja Kuparman | dèrèng măntra-măntra mijil | maksih tangèh rêmpita andêling aprang ||

6. myang prajurit para putra | kang tate mungkasi kardi | siji dèrèng wontên mêdal | tiga ingkang sampun mijil | dèrèng prang lan wong ngriki | Radèn Kodrat Samadikun | Sri Sadat Kadarisman | punika ingkang sêsiwi | Radèn Kahar Kusmèn putra ing Yujana ||

7. lan Radèn Samardikaran | putra nata Sarkab Turki | mung punika kang wus mêdal | aprang lan Amir Anjilin | Rajaputra Sêrandil | kalih kang sami gêgêdhug | putra Yunan lan Kebar | ing Kangkan Ngêrum Biraji | dèrèng wontên satunggal kang mêdalana ||

8. putra jro andêling aprang | Radèn Ruslan Rustamaji | dèrèng

--- 4: 15 ---

wontên mijil ing prang | sagunging para putra Mir | Radèn Kasimkuwari | kang sawiji adhuh biyung | ingsun arsa wêruha | manungsa ngisoring langit | anadhahi yudane Pangeran Kelan ||

9. gêgêdhuging putra Ngarab | sudibya prawirèng jurit | yèn andhupak gunung sela | malêdug kantun samênir | bagus prawira sêkti | tuhu kalamun pinunjul | dhuh sapa ngalahêna | yèn anylênthik gajah mati | yèn anjêjak sagara toyanya asat ||

10. kathah kang ratu kuciwa | kapikut mring radèn mantri | miwah kang para satriya | bupati soring ajurit | yèn miyat radèn mantri | kadya pêcat nyawanipun | saking ulaping cahya | wudhu ing prang tanpa tandhing | wus kasusra putra musthika pamèr prang ||

11. kula eling ibunira | Kelaswara yèn ajurit | ratu katri kapat gajah | binanting dados samênir | yèn dhupak gunung nênggih | malêdug atêmah awu | lah iya ngêndi ana | kaya putri Kaelani | duk misihe kênya bikut bêdhah praja ||

12. sakathahe kang miyarsa | ana suka ana sêdhih | batine kathah kang suka | ujêr sok gumêndhung êdir | akèh kang pra narpati | maras-marase kalangkung | jêr durung mêmungsuhan | amanggih kadi punika |[2] tan anganggo tinanting tinimbang-timbang ||

13. ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | muni têngaraning yuda | gong bèri gurnang thongthonggrit | têtêg mawanti-wanti | bêndhe tinitir angungkung | mijil baris malatar | mungsuh

--- 4: 16 ---

rowang wus miranti | baris aglar atêpung kapang kalangan ||

14. munggèng patarana êmas | Sang Natèng Nom Malebari | supênuh kang pra narendra | tuwin ingkang para ari | ambanjêng kang prajurit | para raja para sunu | misah dènira lênggah | kang saos mêdal ngajurit | ambêk sura para narendra tênaya ||

15. Sang Rajèng Rukyatil Polad | Mêdayin lan ing Kubarsi | lunggyèng patarana êmas | Wrahat Kustur mangsah malih | sigra nitih turanggi | agêmipun layar madu | kawot kapraboning prang | mangsah ing rana sêsirig | praptèng papan Wrahat Kustur asêsumbar ||

16. hèh ta payo mêtonana | wong Kusniya Malebari | sapa kang arsa palastra | papagêna tandang mami | wau ta duk miyarsi | Pangeran Ismayasunu | amit marang kang raka | mapag tandang ing ajurit | wus kalilan mangsah pangeran ing Kelan ||

17. anêmbah marang kang raka | sigra anitih turanggi | kawot sakapraboning prang | turăngga ran jănggiraji | mangsah mêndhapan nyirig | suraking bala gumuruh | para prawira Kelan | dhomas samya sura sêkti | santanane para ratu kalih bêlah ||

18. kang badhe belani pêjah | yèn gusti tiwas ing jurit | lawan para ratu bala | miwah satriya dipati | sakêthi para mantri | salêksa punggawanipun | tan ana nêdya gêsang | gustine yèn tiwas jurit | kabèh nêdya kiyamat prajurit Kelan ||

19. gumêr kang punggawanira | munggèng sajabaning baris | kalih

--- 4: 17 ---

kêthi pitung lêksa | pilihan munggèng turanggi | rong lêksa munggèng èsthi | wong Kelan pan kadya alun | sang prabu ing Kusniya | angawe wong Parangakik | kang sakêthi kinèn awor wadya Kelan ||

20. para mantri pêpilihan | prajurit ing Parangakik | sakêthi anunggil cipta | lan prajurit Kaelani | wau rahadèn mantri | ing ayuda wus apangguh | Wrahat Kustur têtanya | sapa kang mêtu ajurit | apa sira ratu anom ing Kusniya ||

21. alon dènira ngandika | ingsun arining narpati | marang Sang Prabu Kusniya | putri Kelan ibu mami | kang ibu Parangakik | iya kangjêng kaka prabu | ingsun Amiratmaja | iya Iman Karnaèni | Banukelan Pangeran Jaswadiputra ||

22. pan iya Bakdingujaman | lah apa anèng sirèki | mungsuh sapa aranira | ingsun Ratu Nom Kubarsi | Wrahat Kustur ran mami | si kakang Maliyat Kustur | sêdhêng tandhing lan sira | pan padha ari narpati | dèn prayitna Jaswadiputra sun gada ||

23. akudhunga băndabaya | sun gada aja ngoncati | Wrahat Kustur mutêr gada | sarta ngêtab kang turanggi | Radèn Iman Karnèni | kudhung parise pinupuh | radèn tangkis lêgawa | kang paris sru mubal gêni | kadya guntur surake mungsuh lan rowang ||

24. pinindho malih ginada | pining tiga datan osik | Wrahat Kustur asru mojar | malêsa padha prajurit | Pangeran Kaelani | alon dènira amuwus |

--- 4: 18 ---

lah iya dèn prayitna | kudhunga parismu aglis | ya ta ngêtab turăngga amutêr gada ||

25. ginada Sang Raja Wrahat | Kustur anadhahi paris | kuwate panggadanira | jumêbrèt lir gêlap muni | pêngkuh dènira tangkis | mêtyagni kang paris murub | surake mawurahan | antuk sisih kang ajurit | dènnya sami kadange ratu wisesa ||

26. saksana malih ginada | Wrahat Kustur anadhahi | rosane panggadanira | kuwate ingkang atangkis | gumêtêr sri bupati | angrês karasèng bêbalung | kang wolung puluh papat | pining tiga ing panggitik | Wrahat Kustur nguwatkên panangkisira ||

27. gigir turăngga kapadal | tugêl bêt tiba nèng siti | parisanira kaplêsat | gadane tumiba têbih | gumabrug kajumpalik | Sang Prabu Warahat Kustur | tangi anarik pêdhang | sukune kuda dyan mantri | ingkang arsa pinêdhang sigra tumêdhak ||

28. Pangeran Bakdingujaman | ngadêg ngarsaning turanggi | anangkis sarya ngandika | dudu prajurit sayêkti | arsa mêdhang turanggi | sun nganti ngawe balamu | ingkang ngatêri kuda | ingsun tan cidra ing jurit | ya ta prapta bala kang ngatêri kuda ||

29. sigra wau tinitihan | ngrêb kapraboning prang malih | Pangeran Jaswadiputra | sampun nitih jonggiraji | kinitêr sri bupati | mêndhapan turangganipun | Wrahat Kustur sru gada | radèn mantri buwang tangkis | mung camêthi kinarya panangkisira ||

30. gadane tiba kasingsal | arupak repot [re...]

--- 4: 19 ---

[...pot] ing jurit | Wrahat Kustur narik pêdhang | gya mêdhang awanti-wanti | tinangkis ing camêthi | tugêl kapalêsat kongsul | pêdhangira sang nata | ngêtab kuda marêpêki | arsa narik saking nginggiling turăngga ||

31. radèn mantri tan kasêndhal | sarêng angêtab turanggi | midêr prang candhak-cinandhak | udrêg sanginggil turanggi | sinabêt ing camêthi | kudanya Warahat Kustur | sirahe kuda pêcah | Wrahat Kustur tiba malih | kuda pêjah sang nata aburangkangan ||

32. Jêng Pangran Bakdingujaman | têdhak saking ing turanggi | Wrahat Kustur pinaranan | ngadêg ngarsane sang aji | payo junjungên mami | padha prang junjung-jinunjung | Wrahat Kustur gya nyandhak | wangkingane radèn mantri | gya tinarik ingangkat dangu tan kangkat ||

33. sagunging karosanira | kakumpul nèng asta kalih | parandene nora kangkat | netranira mijil gêtih | pinêksa dènnya narik | sacêngkang dlamakanipun | amblês anèng ing lêmah | mêksa pan ora kêtarik | sinèlèhkên angur anjunjunga arga ||

34. payo gênti anjunjunga | cinandhak Rajèng Kubarsi | ikêt pinggange sinêndhal | Wrahat Kustur wus tinarik | ingikal nèng astèki | tinon ing bala kadulu | eram kang sami mulat | wus dangu tininggil-tinggil | Wrahat Kustur binanting gumuling lêmah ||

35. kantaka sigra kang prapta | Ki Apatih Abunandir | ambănda sampun tinawan | surake nêngkêr wiyati | ya ta kasapih latri [la...]

--- 4: 20 ---

[...tri] | tinêtêgan sarêng mundur | prihatin ratu mêngsah | suka wadya Malebari | kang katawan prasamya kingkin tyasira ||

57. Asmaradana

57. Nagari Karsinah kadhatêngan mêngsah

1. pinanjara sri bupati | gantya wau kawuwusa | ingkang sungkawa sang katong | Raja Anisirtungalam | sang prabu ing Karsinah | dene ana mungsuh rawuh | angêpung nagri Karsinah ||

2. nagarane Nungsaprênggi | lawan ing Prênjuk punika | enjing sineba sang katong | Patih Kaolansadidan | ingkang munggèng ngayunan | lawan kang rayi sang prabu | Arya Mandali prawira ||

3. kang rama Sirtupelèli | Raja Anisirtungalam | ing Karsinah kadhatone | kang eyang Rahadèn Ruslan | ratu pinardikèng rat | minulya karatonipun | duk puniku kênèng coba ||

4. arsa pinapag ing jurit | dèrèng ngaturi uninga | ing putra Jayèngpalugon | mila datan winêdalan | aprang saking jro kitha | sagung pra dipatinipun | sakantune nèng palatar ||

5. ingkang kathah pra dipati | sami andhèrèk kang putra | Sirtupelèli sakèhe | dhomas cacahing punggawa | kalih kêthi kang wadya | dupi kang putra sêsunu | diwasane Radèn Ruslan ||

6. winuwuhan pra dipati | kalih atus pra prawira | wadya lit sakêthi kèhe | mantri kawan èwu samya | mila suwêng Karsinah |

--- 4: 21 ---

pra dipati kantun satus | lawan mantri kalih nambang ||

7. marma mêthuk ing ajurit | saking jro kitha kewala | mila kang mungsuh praptane | miyarsa Sultan Kuparman | tumpês anèng Kusniya | gung alit sawadyanipun | aprang lawan Rajèng Dhayak ||

8. Rajèng Kulub lan Kubarsi | tumpêse Sultan Kuparman | apan mangkana wartane | sigra Sang Prabu Karsinah | nimbali pra dipatya | ingkang rayi munggèng ngayun | lan Patih Kolansadidan ||

9. kang tinari sri bupati | kayaparan mungsuhira | ing yuda apa tingkahe | Patih Kaolansadidan | sigra matur wotsêkar | mênggah puniku pukulun | wawrate pan maksih taha ||

10. angandika sri bupati | Raja Anisirtungalam | patih yèn kaya mangkono | sabatêke sira tilar | lumaku lêlancaran | ngaturêna surat ingsun | mring gustinira Kuparman ||

11. Kolansadidan wotsari | pukulun putra paduka | Wong Agung Jayèngpalugon | inggih lawan ingkang putra | wayah tuwan rahadyan | inggih sarta ingkang ibu | botên wontên ing Kuparman ||

12. nèng Kusniya Malebari | taksih mangun yuda brata | Rukyatil Polad mêngsahe | kawula mêdal nglautan | enggal praptèng Kusniya | barêng mangkat mangke dalu | wong kawan atus kewala ||

13. kawrat sapacalang gusti | kya patih wus tampi surat | lèngsèr saking ngarsa katong | Patih Kaolansadidan [Kaolansadi...]

--- 4: 22 ---

[...dan] | ing dalu budhalira | anilib ing mungsuhipun | tan winarna sampun mancal ||

14. datan kawarna jaladri | arikat lampahing palwa | Patih Karsinah praptane | wontên nagari Kusniya | anjujug rajaputra | lajêng katur mring kadhatun | marang ibu kalih pisan ||

15. Rajaputri Parangakik | lan Rajaputri Karsinah | lajêng katur sultan anom | Abunandir kang dinuta | marang ing pulo Barjah | atur uninga wong agung | yèn Patih Karsinah prapta ||

16. mêsat Patih Abunandir | wus prapta ing pulo Barjah | marêk ing ngarsa wotsinom | pukulun amba dinuta | putra paduka nata | tur uninga praptanipun | Patih Kaolansadidan ||

17. punika surate gusti | ramanta Prabu Karsinah | pun apatih bêbêktane | tinampan lajêng binuka | taklimipun katura | sakathahe saking tuhu | Raja Anisirtungalam ||

18. kawula atur upaksi | gusti ngaturakên tiwas | têngga Karsinah kadhaton | mangkya kadhatêngan corah | nagrine parangmuka | ing Prênggi lawan ing Prênjuk | balane yutan awêndran ||

19. angêpung kitha mrêpêki | sagunging abdi paduka | ing Karsinah sawontêne | kula dèrèng suka mêdal | magut praptaning mêngsah | mêmpên jro kitha pukulun | mêthuk prang saking palatar ||

20. pun paman ajrih nglangkungi | anggèr ing karsa paduka | inggih pun Prênggi tingkahe | angrisak nama paduka | ingkang sumbagèng jagat |

--- 4: 23 ---

suraya kabul rijalun | kang tinitah Kakungingrat ||

21. kang èstu makmunur kasim | Sayidin Panatadinan | Jêng Ibrahim sarengate | Sayidina Ali Iman | Waluhum Sayidiman | punika ingkang linêbur | Kalana Surayèng Jagat ||

22. pun paman anuwun pamit | Raja Anisirtungalam | pêjah anglampahi pakon | ing paduka Kakungingrat | surayèng pramudita | wus miyarsa awêtu luh | Wong Agung Surayèng Jagat ||

23. awlas ing rama sang aji | wêtuning runtiking mêngsah | wong Prênggi Prênjuk tingkahe | animbali Umarmaya | kakang payo mring praja | kang rayi kêkalihipun | sampun sami pinamitan ||

24. Sèh Wahas lan Sèh Bawadi | têdhak saking pulo Barjah | lawan Marmaya andhèrèk | lan Bunandir katiganya | ing marga tan winarna | ing nagara praptanipun | apanggih lan garwa putra ||

25. matur putri Parangakik | kadipundi karsa tuwan | pun paman Karsinah mangke | kuthane kinêpung mêngsah | sintên pantês mêtu prang | lamun parênga pukulun | kula pribadi lumampah ||

26. kalawan pun yayi dèwi | tiga pun adhi Suwăngsa | Jaswadi lan sabalane | ratu kang lampah prang cidra | mêngsah mukul Karsinah | wadya jin dimène magut | pinrih enggaling sampurna ||

27. kang putra matur wotsari | Radèn Ruslan mring kang rama | yèn kenging amba kemawon | kang bantu dhatêng Karsinah | sampun long-longi wadya | ngriki maksih mêngsah [mêng...]

--- 4: 24 ---

[...sah] agung | dadya rêmbag-pirêmbagan ||

28. kèndêl pikir dèrèng pasthi | Patih Kaolansadidan | ngandikan praptèng ngarsane | wong agung alon ngandika | paman Patih Karsinah | paran ing bobotirèku | mungsuh kang ngêpung Karsinah ||

29. umatur saha wotsari | Patih Kaolansadidan | gusti yèn mêngsah wawrate | lair botên sapintêna | pan amung prange ngambat | warti kang awrat pukulun | măngsa boronga paduka ||

30. pan darbe putri sinêkti | Dèwi Joharin Insiyah | lan Rajèng Prênggi kadange | Sang Raja Martyus Danirham | Natèng Prênjuk namanya | nênggih Pardiyan Kêstandruk | balane yutan awêndran ||

31. wong agung mijil tinangkil | akalihan ingkang putra | munggwing tarub barisane | aglar sagung para nata | wong agung angandika | Patih Bunandir dèn gupuh | para ratu kang katawan ||

32. padha wêtokna dèn aglis | saking panjaran sadaya | sapuluh ratu cacahe | Patih Bunandir tur sêmbah | mêsat saking ngajêngan | praptèng panjaranan sampun | winêdalakên sadaya ||

33. ingirid praptèng ngarsa Mir | alon dènira ngandika | hèh sakèhe para katong | sira pilihên dipadha | urip kalawan pêjah | yèn matia sasar agung | urip kasandhangan iman ||

34. lan maksih dadi narpati | nèng prajane sowang-sowang | lawan dadi kadang ingong | dadi wong tuwane padha | mring kabèh putraningwang | ya

--- 4: 25 ---

ta ture para ratu | nuwun ing supangat gêsang ||

35. nulya sami dèn luwari | kang para ratu sadaya | nêmbah ing dalamakane | Wong Agung Surayèng Jagat | Wrahat Kustur ngandikan | cinêlakkên ngarsanipun | wong agung alon ngandika ||

36. hèh Wrahat Kustur sirèki | kaya ngapa tingkahira | ing aprang kongsi katalèn | dening ki putra ing Kelan | Wrahat Kustur tur sêmbah | putra paduka pukulun | èstu kakunging alaga ||

37. èstu prajurit linuwih | Jêng Gusti Pangeran Kelan | asru kawirutamane | wong agung angganjar samya | mring para ratu tawan | pinulihakên puniku | lawan sinalinan gama ||

38. wong agung ngandika malih | Patih Kaolansadidan | sira dhingina dèn age | paman prabu ing Karsinah | ing galih aja susah | sakèhe pratingkah iku | mucunga katêmu ingwang ||

58. Pucung

58. Wong Agung paring bêbantu dhatêng Karsinah

1. dèn agupuh sira manjinga kadhatun | iya pêpanggiha | hèh kaki Ruslan dèn aglis | pamitêna si patih ing ibunira ||

2. wus malêbu praptèng pura pamit sampun | Ki Patih Karsinah | mancal saking Malebari | tan kawarna ing wuri wus pêparentah ||

3. kang tinuduh sira Sang Prabu Tamtanus | lawan Natèng Kèbèr |[3] sapanêkare para ji | kang andhèrèk marang [ma...]

--- 4: 26 ---

[...rang] Radèn Putra Ruslan ||

4. kang bêbantu mring Karsinah eyangipun | prajurit kang dharat | kathah kang nitih turanggi | pamrihipun rikata praptèng Karsinah ||

5. budhalipun saking ing Kusniya dalu | wontên pitung yuta | prajurit ingkang sinêlir | rina wêngi lampahe Rahadèn Ruslan ||

6. tigang dalu ing wuri budhal tumutur | Sang Rêtna Sudara | lawan Sirtupelaèli | lan bala jin Jonggiraji lan Suwăngsa ||

7. sangang èwu kêkalih narendranipun | êjin pêpilihan | wus sami napak wiyati | samya ngiring rajaputri kalih pisan ||

8. gangsal èwu êjin ing Suwăngsa tumut | ing Rêtna Sudara | kang patang èwu wadya jin | Jonggiraji andhèrèk putri Karsinah ||

9. sadaya wus binêktan lilin nyapuluh | kang badhe sêsawat | saking ing wiyat ing latri | damar lilin ambêkta saking Kusniya ||

10. tan winuwus kang anusul para ibu | wau Radèn Ruslan | lan Rajèng Kebar Yunani | radèn putra anilar prajuritira ||

11. mamprung-mamprung lampahira rajasunu | tan atilar bala | kang paman Prabu Yunani | angaturi ing lampah sampun kasêsa ||

12. mêksa nungkul mring paman Prabu Tamtanus | tan kawarnèng marga | cêndhake ingkang winarni | sampun prapta talatah bumi Karsinah ||

13. prapta bangun nêrak pabarisan agung | mung wadya kang rikat | para mantri pra dipati | para ratu kalêbu wong kawan dasa ||

14. rajasunu praptèng papan [pa...]

--- 4: 27 ---

[...pan] pêtak asru | mêngsah sami gita | sapa iki mêtu jurit | apa Sultan Kuparman wurung sedanya ||

15. pan kadulu kêdhik kang mêtu puniku | nulya winêdalan | pulunan Sang Rajèng Prênggi | sura sêkti pêparabe Radèn Minsan ||

16. tan adangu praptane Prabu Tamtanus | nulya malih prapta | Rajèng Kebar Yusup Adi | wontên malih prajurite kawan dasa ||

17. pan puniku kang sarêng lan gustinipun | kang kari sadaya | anggili kang rikat prapti | para mantri para dipati kèh prapta ||

18. kang umagut Radèn Minsan wus apangguh | lawan radèn putra | Ruslan atêtanya aris | sapa ranmu wong Prênggi kang magut ing prang ||

19. sru sumaur ingsun pêpulunanipun | aran Radèn Minsan | si paman Rajèng Parênggi | apan ingsun iki andêling ayuda ||

20. sira iku apa wong Kuparman rawuh | ingsun Radèn Ruslan | ingsun putra Bagendha Mir | ingkang wayah Raja Anisirtungalam ||

21. payo gupuh apa kang ana sirèku | laknat lêkasana | Radèn Minsan angling wêngis | dèn prayitna putrambyah sira sun gada ||

22. wus akudhung parisan gada tumêmpuh | atangkis lêgawa | ingkang asta datan osik | pining kalih pining tiga tan wigata ||

23. Minsan muwus payo malêsa dèn gupuh | sigra narik pêdhang | sarwi angêtab turanggi | gya tinitir pinêdhang Rahadèn Minsan ||

24. pan winuwung sigar ing parisanipun | anrus marang sirah | naratas marang ing gigir | marang

--- 4: 28 ---

wêtêng marang kapalaning kuda ||

25. têrus laju gigiring turăngga rampung | giris kang tumingal | surake gumuruh atri | Raja Prênggi Raja Prênjuk ngawe bala ||

26. kinèn magut prajurite prang garubuh | belani kang putra | ya ta Sang Prabu Yunani | wruh sêmune orêging barise mêngsah ||

27. mangsah magut sira Sang Prabu Tamtanus | lan Narpati Kebar | saprajurit pra dipati | mantri Yunan lawan para mantri Kebar ||

28. kang prapta wus patang kêthi malah langkung | sang prabu ing Yunan | mangsah pêdhange tinarik | ngamukira tajêm sang nata ing Kebar ||

29. rajasunu nglancangi Raja Tamtanus | sarêng dènnya mangsah | lan bala Prênjuk Parênggi | têmpuh ing prang kadya guntur magênturan ||

30. kang nèng pungkur anggili prajurit rawuh | miwah ing awiyat | ting paluncar damar lilin | ambêranang gumuruh ing awang-awang ||

31. gupuh-gupuh bala jin wiyat gumuruh | payo dèn prayitna | tadhahana ing ajurit | payo êndi prajurit Prênggi kang dibya ||

32. ya ta wau wong jro kitha kagyat ngrungu | carane kang aprang | sampun ingaturan warti | ing Karsinah Prabu Anisirtungalam ||

33. ingkang rawuh kang wayah lajêng umagut | saprajuritira | rusak bala Prênjuk Prênggi | samya bibar ingamuk saking ing wuntat ||

34. sigra prabu ing Karsinah sawadya gung | bukak lawang kutha | pra dipati anjagani | sugatane jodhang pirang-pirang lêksa ||

35. samya niyup bala jin ngudani watu |

--- 4: 29 ---

Sang Rajèng Suwăngsa | miwah Prabu Jonggiraji | ngadu bala angirab maruta gănda ||

36. udan watu ing pasanggrahan kumrutug | surak ing awiyat | mêtua Prênggi prajurit | kang anama Dèwi Joharin Insiyah ||

37. wong Parênjuk wong Parênggi barisipun | sami lêlumbungan | nyalêksa panthanirèki | bubar mawur gègèr ingudanan sela ||

38. nyèwu-nyèwu pamêcahe baris kumpul | bingung ting salêbar | saking sèwu pêcah malih | bubarira bilulungan mundur mapan ||

59. Durma

59. Dèwi Joharin Insiyah ngêdalakên kêmat

1. nyatus-nyatus pangumpule nyagolongan | wadya jin angundhangi | sirêp udan sela | têdhak Rêtna Sudara | miwah Sirtupelaèli | amung paju pat | pakuwon dèn obongi ||

2. byar raina gêlar kasor wus kuciwa | prang dhadha angawaki | Joharin Insiyah | ngumpul marang kang raka | kang baris tata wus mijil | myang radèn putra | lan sagung para aji ||

3. baris kapang wus ngumpul wadya Karsinah | sri narendra wus mijil | ambêkta palangkan | miwah dhêdhampar êmas | ginarêbêg pra dipati | Rêtna Sudara | wruh kang paman umijil ||

4. Dyan Sang Rêtna Sudara mêthuk tur sêmbah | sang nata

--- 4: 30 ---

gugup angling | sarwi kipa-kipa | dhuh anggèr sampun nêmbah | matur putri Parangakik | putra paduka | Wong Agung Jayèngmurti ||

5. anglilani inggih ing sêmbah kawula | dhatêng paduka pasthi | sawusnya sang rêtna | nulya kang rayi sêmbah | Rêtna Sirtupelaèli | nulya kang putra | nungkêmi padèng kaki ||

6. gya Sang Prabu Tamtanus lan Rajèng Kebar | miwah sagung para ji | kumrubut anêmbah | marang Prabu Karsinah | sawusnya tata alinggih | munggèng paprangan | angadu aprang tandhing ||

7. Raja Prênggi ngandêlakên prange kêmat | putrine wus sinêkti | Joharin Insiyah | sigra mêtokkên kêmat | sulap bajone binalik | sabongkoting tal | tugu sêlaka putih ||

8. pan sakawan angadêg têngah payudan | eram kang aningali | Kusuma Sudara | angling lah iki kêmat | cacakên papat bupati | pranga turăngga | aja tanggên ing jurit ||

9. lêlèdhèkên ing yuda sun arsa wikan | tangkêpe ing ajurit | sulape si kopar | dèn bisaa prang indha | mangsah punggawèng Yunani | prajurit papat | kang wasis prang turanggi ||

10. pinaranan tugu sêlaka kang sak tal | surak gumuruh atri | mungsuh lawan rowang | prapta prajurit papat | kudane adheyan sami | sêntana Yunan | sira Radèn Sukradis ||

11. sakancane mrêpêki tugu sêlaka | ngêmbat lawung pinêthit | ngagagi anumbak | tugu sêlaka mayat | apan arsa anibani | giwar angiwa | sira

--- 4: 31 ---

Radèn Sukradis ||

12. gya tinumbak wau kang tugu sêlaka | tumancêb waosnèki | tugu mayat ngarsa | ngrubuhi mungsuhira | giwar anêngên Sukradis | angugêr watang | tan bisa angrubuhi ||

13. nora bisa ngiwa nêngên rubuhira | iya mung ngarêpnèki | kang têtiga datan | obah kèndêl kewala | katri prajurit Yunani | nèng wurinira | iya Radèn Sukradis ||

14. Rêtna Dèwi Sudara gumujêng latah | myang Sirtupelaèli | tuwin balakuswa | sami suka tumingal | solahe ingkang ajurit | tugu salaka | bisane mung sawiji ||

15. yèn winêton saking ngarsa mung bisanya | yèn mogok nora bangkit | dangu dènira prang | panyanane sang rêtna | tugu kinarubut jurit | ing wadya lêksan | yêkti ngamuk ing jurit ||

16. yèn ing ngarsa anaa mungsuh sayuta | yêkti bisa ngrubuhi | puniku pinapan | prang tandhing nora bisa | amung pinapan wong siji | pan ora bisa | si tugu amatèni ||

17. sira Radèn Sukradis angawe bala | kinèn nglêlèdhèk siji | mêtua ing ngarsa | ya ta ingkang ingatag | prajurit Yunan satunggil | mara anumbak | mring tugu kang sawiji ||

18. wus andhêmpèng mangulon tugu sêlaka | tinumbak andhoyongi | nanging nora nyimpang | tugu pambujungira | rong pambalang dohirèki | nulya angiwa | gepak jênggèlèk tangi ||

19. mandhêg malih sira kang tugu sêlaka | gumêr ingkang ningali | malah

--- 4: 32 ---

mantri Yunan | nglêlèdhèk kapat pisan | sinawowo nganan ngèri | sampun kapisah | ponang tugu gènnèki ||

20. pan sadina aprang lan tugu kewala | amung Radèn Sukradis | santana ing Yunan | kêlar prang lawan kêmat | nora kongsi dèn bantoni | wêkasanira | Sang Putri Parangakik ||

21. angêjèpi ratu jin kalih anulak | sarêng dènnya jêmparing | ing sanjata barat | gya kang tugu salaka | balik mingêr pamuknèki | numbuk anêrak | wong Prênjuk wong Parênggi ||

22. mawut-mawut ingamuk tugu salaka | kèh pêjah kapalipis | ingkang karêbahan | satus rong atus rêmak | malêdug prajurit Prênggi | bubar sarsaran | dening kêmate balik ||

23. pan kasaput ing dalu lajêng lorodan | Rajèng Prênjuk Parênggi | wontên kang sinêdya | ngungsi guruning kêmat | sri naranata ing Drênis | Saptiyunasar | jêjuluking narpati ||

24. patang puluh dina saking ing Karsinah | katur ing rajaputri | lawan rajaputra | yèn mêngsah lajêng sirna | lorodan sami sawêngi | radyan miyarsa | pamit ing ibu kalih ||

25. miwah marang kang eyang Prabu Karsinah | ingandhêg datan kêni | kêdah angungsira | ing palayuning mêngsah | dadya putri Parangakik | nuduh ngiringa | yayi Prabu Jaswadi ||

26. lawan yayi Miswan padha rumêksaa | marang putranirèki | aja sira beda | lan Si Bakdingujaman | tur sêmbah ratu jin kalih | Rahadèn Ruslan | lan mantri kang sinêlir ||

27. kawan dasa [da...]

--- 4: 33 ---

[...sa] ingkang datan kêna pisah | sampun anilar baris | anjojog adheyan | nyongklang ngatepang wêdhar | para ratu pra dipati | kantun tinilar | nyêrot ing siyang ratri ||

28. kawuwusa Sang Raja Saptiyunasar | sira Sang Natèng Drênis | praptaning caraka | saking Martyus Danirham | lan Kêstandrus Prênjuk Prênggi | atur uninga | yèn kasor ing ajurit ||

29. badhe ngungsi ing Drênis sawadyanira | putrambyah kang angungsir | Rajèng Drênis sigra | amasang ngèlmu kêmat | kuthane wus dèn ubêngi | bêbiting toya | larène mili gêni ||

30. ya ta wau ratu kalih kasor ing prang | lorode pitung latri | kasundhul ing lampah | praptane Radèn Ruslan | duk makuwon nèng wanadri | arsa rêrêpa | karsane tigang latri ||

31. têngah dalu radèn putra prapta pêtak | gumludhug ing wiyati | mantri kawan dasa | lajêng magut ngayuda | pakuwon dèn obrak-abrik | gègèr wurahan | lolos lumayu wêngi ||

32. nanging golong pêpanthan prajuritira | kang kacandhak kèh mati | ana nungkul gêsang | bêbandan ting karêncang | kang panggah-panggah ngêmasi | kyèh kacêkuthak | miwah kacandhak urip ||

33. siyang dalu jin wiyat ngudani sela | rusak prajurit Prênggi | kinodhol tan arsa | mapag prangira radyan | milanggung ing sabên ari | akèh kajarah | wadya Prênjuk lan Prênggi ||

34. praptèng kitha Drênis wus manjing sadaya | kori sakèthèng sami | tinutupan [tinutupa...]

--- 4: 34 ---

[...n] toya | larèn isi dahana | têlase wong Prênjuk Prênggi | dyan putra prapta | tan bisa manjing kori ||

35. dadya mubêng lan sawadya kawan dasa | tutup sadaya sami | ing gêni lan toya | tan ana sinung lawang | sru ngandika radèn mantri | lah kadiparan | karsane paman kalih ||

36. paman ing Jonggiraji lan ing Suwăngsa | kadipundi puniki | mêngsah masang kêmat | lêlarèn gêni toya | matur Sang Raja Jaswadi | amba tan wikan | ingkang tuwan prihatin ||

37. yèn manungsa kang sami lampah prang kêmat | plêtikan ngèlmining jin | têtiyang martapa | nguni kang darbe purwa | jinurung panggih lawan jin | winuruk sulap | punika wite sami ||

38. kangjêng anggèr darbe êjin wêwutuhan | Suwăngsa Jonggiraji | jin ratu lan bala | punapa marasing tyas | gumujêng rahadèn mantri | lêrês pun paman | kula paman kalêmpit ||

39. ngawe bala sira Sang Rajèng Suwăngsa | lan Natèng Jonggiraji | sami pêparentah | mring wadya jin sadaya | gêni lan toyane iki | lêbokna kutha | iya banyune dhingin ||

40. dyan rumagang lawan kasantikanira | sakathahing bala jin | wau kawarnaa | Raja Saptiyunasar | lan Sang Nata Prênjuk Prênggi | sami kasukan | gumuruh sênggaknèki ||

41. panarkane mungsuh lawan wong sadonya | nora sor ing ajurit | nênggih sok misiha | Raja Saptiyunasar | lali pangupayanèki | mungsuh wong Arab | lamun gambuh ing jurit ||

--- 4: 35 ---

60. Gambuh

60. Prênjuk Prênggi lan Drêmis[4] têluk dhatêng Radèn Ruslan

1. lali wêwekanipun | lamun Jêng Sultan Kuparman iku | atmajane kang tuwa ngratoni êjin | sadaya jin ing donyèku | kang Islam sagung jin katong ||

2. ing karaton pan mashur | Rêtna Kurisin prawira punjul | para ratu jin kapir kang sêkti-sêkti | nora năngga wawratipun | mring Kuraisin binoyong ||

3. mangkana sang aprabu | katiga nayup ing sitiluhur | kagyat bala ing jawi kalaban warih | toyane jog ngalun-alun | katur marang sang akatong ||

4. lamun toya gêng rawuh | sampun ngalabi ing alun-alun | pinariksa toyanya prapta ing biting | wus sirna dahananipun | mungsuh sampun manjing ing jro ||

5. wontên jawi lun-alun | putra Kuparman pangiridipun | toya sampun ngalabi sajroning puri | wakêt jăngga ting kacêbur | gumrah gègèr ing kadhaton ||

6. Saptiyunasar gupuh | ing Drênis alon amatêk ngèlmu | ngangkat sulap wali-wali tanpa dadi | amasang-masang pan wurung | sawiji datanpa dados ||

7. wau Sang Rajèng Prênjuk | Prênggi pan samya awas andulu | sapolahe gurune Sang Rajèng Drênis | kasoran prabawanipun | kasêktène tanpa dados ||

8. rêmbage Rajèng Prênjuk | sêdyane sami nungkula [nung...]

--- 4: 36 ---

[...kula] alus | sigra manjêr nèng panggung bandera putih | waspada Prabu Tamtanus | kang putra jinawil alon ||

9. anggèr puniku nungkul | bandera putih wontên ing panggung | nanging kadi ratune ingkang kêkalih | kang satunggil botên nungkul | ratu kang darbe kadhaton ||

10. tan dangu praptanipun | prabu ing Jonggiraji Swangsèku | tur uninga kêkalih mring radèn mantri | yèn ratune kalih nungkul | satunggil kang maksih wangkot ||

11. paran karsa pukulun | kula bêktane satunggilipun | pun Saptiyunasar Sang Prabu ing Drênis | inggih paman dèn agupuh | wangsul sang aprabu karo ||

12. maksih nèng sitiluhur | ratu katiga kêkalih sampun | wus utusan amanjêr bandera putih | pratăndha pêsthi anungkul | kang siji maksih ngupados ||

13. ing pangabaranipun | anjungkar-jungkir dangu tan jêbul | wus cinandhak marang Sang Raja Jaswadi | astane kalih rinangkus | kang ambănda nora katon ||

14. lajêng atiba lungguh | bêbandan puput ing jăngga ngrêngkuk | Sang Saptiyunasar sira Rajèng Drênis | binănda linggih angrêngkuk | kang mulat sadaya gawok ||

15. prapta Prabu Tamtanus | ngiring kang putra mring sitiluhur | ratu kalih Prênjuk lawan Rajèng Prênggi | manêmbah ing rajasunu | sumungkêm ing pada karo ||

16. angling rahadèn sunu | sapa arane ratu kang ngrêngkuk | matur nêmbah Rajèng Prênjuk lan ing Prênggi | pun Saptiyunasar Ratu | kang darbe Drênis kadhaton ||

17. rajaputra [ra...]

--- 4: 37 ---

[...japutra] tanya sru | sapa kang bănda marang sirèku | tanpa ngucap Saptiyunasar ing Drênis | angandika rajasunu | anjaluka tulung gupoh ||

18. ya marang brahalamu | kang sira sêmbah kang sira aku | pangeraning bumi tan sira jaluki | tulung ngluwarna badanmu | yèn uga pangeran ingong ||

19. sun jalukana tulung | yêkti nulungi pangeran ingsun | Rajèng Prênjuk lan Prênggi winuruk sami | kalimah kalih puniku | Ibrahim ingkang kinaot ||

20. Rajèng Prênggi lan Prênjuk | wus nyandhang iman sabalanipun | radèn putra parentah ing prabu kalih | Jonggiraji Suwăngsèku | kang toya wus kinèn nglorod ||

21. mung kari wakêt jêngku | Raja Saptiyunasar wus sinung | sinrahakên marang Sang Prabu Yunani | wus winarăngka sang prabu | jinarah jroning kadhaton ||

22. binoyong èstrinipun | Sang Rajèng Drênis warangkanipun | kinunjara sarta ingapit ing gêni | maksih anèng sitiluhur | akèh eram ingkang tumon ||

23. ingkang panjara banyu | Raja Jaswadi ing Suwăngsèku | kang angapit gêni Natèng Jonggiraji | ing Drênis punggawanipun | ngandikan sami tinaros ||

24. marang Prabu Tamtanus | munggèng ngarsanira rajasunu | samya kinèn aningali ratunèki | Saptiyunasar tinantun | antêpe ingkang sayêktos ||

25. urip kalawan lampus | Saptiyunasar nangis umatur | nuwun gêsang inggih yèn kangge angabdi | ing

--- 4: 38 ---

jêng gusti sang abagus | anglampahi ing sapakon ||

26. sigra kinèn anêbut | kalimah kalih sampun mituhu | linuwaran saking ing panjaran warih | nêmbah ngraup padanipun | mring sang putra prawira nom ||

61. Sinom

61. Radèn Ruslan dhaup lan Dèwi Joharin Insiyah

1. Sang Raja Saptiyunasar | pinasrahan nagri Drênis | ngulihkên karatonira | mêngku ing Drênis nagari | kang binoyong pawèstri | pinaringkên malih sampun | pasrah karatonira | sri naranata ing Drênis | wus tarima sira Rajaputra Ruslan ||

2. anèng sitinggil kewala | pakuwonira sang pêkik | Raja Prênggi tur prasêtya | ngaturkên putrinirèki | katura anyênyèthi | marang sira sang abagus | Ni Joharin Insiyah | èwêd tyasira sang pêkik | ing batine ajêro birainira ||

3. ing dalu apagunêman | lan kang paman ing Yunani | tuwin sang prabu ing Kebar | miwah Sang Raja Jaswadi | Sang Prabu Jonggiraji | ngèdhèng cara manungsèku | nanging awak sapata | balane misih cara jin | ya ta wau ing karsane rajaputra ||

4. hèh paman Prabu Suwăngsa | ya iki Sang Raja Prênggi | ngaturakên putranira | iku paman karsa mami | panggiha lan si adhi | Pangeran Ismayasunu [Isma...]

--- 4: 39 ---

[...yasunu] | yayi mas Banukelan | umatur Raja Jaswadi | botên anggèr sae kagarwa paduka ||

5. inggih gèr rayi sampeyan | pangeran ing Kaelani | nênggih sampun pinaringan | mring kang ibu Parangakik | Rajaputri Kubarsi | Rêtna Kadarwati sampun | kagarwa rayi tuwan | sumambung Rajèng Yunani | anaraha karsane ibu andika ||

6. Kusuma Rêtna Sudara | sampun dika mêmikani | sampun nulak ing karsanya | yèn pinarêngana miji | ibunta Parangakik | sakarsa-karsa tinurut | mèsêm sang arya putra | nurut ing Prabu Yunani | kunêng ingkang gunêm anèng pasanggrahan ||

7. wuwusên ingkang ngambara | sira rajaputri kalih | ing Parangakik Karsinah | atêtinjo ing ajurit | praptane têngah wêngi | niyup kadhaton jinujug | sampun miyarsa warta | yèn wus kasor ratu katri | pan jinêjêp anjujug ing sitibêntar ||

8. kalih manjing pasanggrahan | gègèr bubar kang alinggih | sami tumurun kewala | wus lênggah sang putri kalih | kang putra angabêkti | marang ibu kalihipun | wus tata palênggahan | ngandika Sudarawrêti | yayi prabu paran mêngko mungsuhira ||

9. miwah ri Prabu Suwăngsa | tuwin ari Jonggiraji | kaya ngapa mungsuhira | umatur narendra katri | ing prang sampun kajodhi | ing mangke wus samya nungkul | anut ing putra tuwan | Rajèng Prênggi atur putri | apanêngran Dèwi Joharin Insiyah ||

--- 4: 40 ---

10. ngandika Rêtna Sudara | hèh Ki Ruslan anak mami | iku jatukramanira | sayêkti luwih utami | linamar ing ajurit | apan karsaning Hyang Agung | ganjar kangelanira | dene sira anglakoni | parentahe Hyang Suksma nyêlakkên sasar ||

11. Dèwi Joharin Insiyah | jodho paringan Hyang Widhi | liring panglurugan padha | ratu gung nagari Prênggi | angaturakên putri | yèku sasmitèng Hyang Agung | kulup lah tampanana | putrine wong Nungsaprênggi | samya mèsêm gumujêng ingkang miyarsa ||

12. samya mulat ing ki putra | ngandika Sudarawrêti | pagene padha ngèsêman | tur sêmbah Rajèng Yunani | wau sawêg pinikir | putra paduka pukulun | pan inggih ajêng selak | pinanggihkên ingkang rayi | rajaputri lan putra tuwan ing Kelan ||

13. kawula ingkang amalang | kawula turi ngêntosi | kang dados karsa paduka | mangke paduka kang nindhih | kadi ta ingkang pikir | dhawuh paduka pukulun | angling Rêtna Sudara | tan kêna selaki mantri | lamun lumuh sayêkti nampik nugraha ||

14. byar rina manjing kadhatyan | sira rajaputri kalih | Dèwi Joharin Insiyah | ngabêkti mring putri kalih | wus samya tata linggih | anèng sajroning kadhatun | kunêng wau winarna | wontên bêbantu kang prapti | baris agêng saking nagari Kusniya ||

15. prajurit ingkang turăngga | sêsêliran tigang kêthi | prajurit kang nitih gajah | tigang lêksa para mantri | pangiride kang baris | Radèn [Radè...]

--- 4: 41 ---

[...n] Kodrat Samadikun | Sri Sadat Kadarisman | Ngabêsi ingkang sêsiwi | lampahira yèku kinarya ampungan ||

16. Wong Agung Surayèng Jagat | namur awor lampahnèki | nora kawruhan ing mêngsah | yèn milu bantu pribadi | mung kalok wong Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | bêbantu mring Karsinah | ing Karsinah dèn liwati | lajêng dhatêng nagara Drênis kewala ||

17. ing mangke enjang praptanya | gègèr nagari ing Drênis | sănggarunggi dèrèng wikan | wus dangu samya miyarsi | yèn bantu Malebari | Radèn Kodrat Samadikun | ingirid manjing kitha | sadaya manjing Ngabêsi | sapraptane angèdhèng Sang Kakungingrat ||

18. lajêng manjing ing jro kitha | Wong Agung Surayèng Bumi | wus panggih putra lan garwa | miwah sagunging para ji | ngungun lêga kang galih | katur ing sasolahipun | nalika băndayuda | sira sang aprabu katri | samya ngaras padane Sang Kakungingrat ||

19. Prabu Tamtanus tur sêmbah | pukulun Sang Rajèng Prênggi | atmajanipun wanodya | ingaturakên anyèthi | ing putra paduka Mir | kêkasihipun pukulun | Ni Joharin Insiyah | ing nguni andêling jurit | ingkang kinèn angagêm prang ngèlmu kêmat ||

20. kêmate sampun kasoran | dhatêng pun Raja Jaswadi | kalawan pun Raja Miswan | miwah pun raja ing Drênis | ing rèh sampun kajodhi | pun Saptiyunasar nungkul | dhatêng putra paduka | wong agung sigra nimbali | marang Raja Jaswadi lan Raja Miswan [Mi...]

--- 4: 42 ---

[...swan] ||

21. prapta kêkalih tur sêmbah | angraup padanira Mir | dinangu solahing yuda | sulape Sang Raja Drênis | sapa ingkang muruki | upayanên yayi prabu | sakèhe balanira | tinitik sampun katitik | jin urakan desa tur iku dhêdhêkah ||

22. juru kêbone sang nata | nênggih kang duwe patinggi | Raja Jaswadi punika | juru kêbone sinawir | ingkang duwe patinggi | ing Minangèng dhukuhipun | Pak Dulil namanira | gurune Sang Rajèng Drênis | tinimbalan Pak Dulil prapta ing ngarsa ||

23. dinangu purwane kala | mêmuruk Sang Rajèng Drênis | sulape Saptiyunasar | pun Dulil matur wotsari | nalika Natèng Drênis | wontên ing guwa sataun | gènipun amartapa | punika kula dhatêngi | saking awlas dènnya kêdah kinawasa ||

24. Sang Raja Saptiyunasar | ingandikan sampun prapti | ngarsane Sang Kakungingrat | sigra Sang Rajèng Yunani | tanya mring Natèng Drênis | sira Sang Prabu Tamtanus | adhi Saptiyunasar | sintên muruk ing sirèki | ngèlmu kêmat kaprawiraning ayuda ||

25. umatur Saptiyunasar | ing Minangèng gusti mami | nama pun Dulil punika | muruk pangabaran jurit | gumujêng kang miyarsi | têtanya Prabu Tamtanus | yèn ing ngriki wontêna | gusti andika Pak Dulil | punapaa botên pangling pêkênira ||

26. umatur Saptiyunasar | apan inggih botên pangling | wong agung ngêjèpi marang | sira Sang Raja Jaswadi | prapta êjin Pak Dulil [Du...]

--- 4: 43 ---

[...lil] | nèng wurine lurahipun | nawir kêbon punika | nèng wuri Raja Jaswadi | pinaranan mring Raja Saptiyunasar ||

27. sinêmbah akipa-kipa | ajrih mring Raja Jaswadi | gumyak sagung kang tumingal | ngandika Sang Jayèngmurti | hèh sira Rajèng Drênis | dèn angrasa dèn aemut | sore martabatira | jin desa sira guroni | mêngko sira wus anut mring putraningwang ||

28. pan wus kasandhangan iman | samêngko bisa sirèki | têtêmu lan êjin raja | apa sakayunirèki | gêguru ing ajurit | martabatira wus luhur | kabala sutaningwang | tur sêmbah Sang Rajèng Drênis | sakalangkung anuwun kalingga murda ||

29. langkung gêng supangat tuwan | ing dasih sinung patitis | kang sayêkti botên nistha | angungun Sang Rajèng Drênis | graita tyasirèki | ing pratingkah andhap luhur | ing mangke sampun awas | panggawe kang nora yakin | siya-siya panggawe kang wus kaliwat ||

30. mangkana ngundhangi budhal | marang Karsinah nagari | wadya gung tanpa wilangan | saking nagari ing Drênis | Prabu Karsinah myarsi | yèn wong agung praptanipun | jujug Drênis kewala | ing mangke kondurirèki | Jayèngrana marang nagari Karsinah ||

31. pan sampun sampurnèng mêngsah | anungkul sang ratu katri | tumut dhèrèk mring Karsinah | Sang Prabu Karsinah mijil | lan sagung pra dipati | saking jro kitha amêthuk | kang putra lan kang wayah | praptèng jawi kitha têbih | wus akarya tarub agung dhandhanggula ||

--- 4: 44 ---

62. Dhandhanggula

62. Radèn Ruslan jumênêng nata ing Karsinah

1. garwa kalih sampun angriyini | lajêng manjing jro pura kewala | wau wong agung lampahe | budhal sawadya kêbut | nênggih saking nagari Drênis | Sang Raja Drênis milya | lan sagarwa sunu | ing marga tan winursita | sampun prapta ing Karsinah têpis iring | dungkap ing pamêthukan ||

2. pan wong agung ingaturan uning | yèn kang rama Sang Prabu Karsinah | amêthuk lan sabalane | sampun cêlak pukulun | rama tuwan sri narapati | wau duk amiyarsa | dyan têdhak wong agung | dangu dènnya lampah dharat | wus katingal agupuh sri narapati | malajêngi kang putra ||

3. sigra tundhuk kang putra wotsari | Prabu Karsinah akipa-kipa | ngrangkul anulak sêmbahe | binêkta manjing tarub | lênggah tunggil satata sami | nulya sumêmbah gantya | para ratu-ratu | lajêng midêr larihira | sawusira lajêng dhahar sawadyèki | budhal manjing jro kitha ||

4. prapta ingaturan manjing puri | ingkang rama munggèng sitibêntar | anèng panangkilan kabèh | sagunging para ratu | pan wong agung kang praptèng puri | wus panggih lawan garwa | ing sakalihipun | lajêng samya pagunêman | ingkang rama Sang Prabu Sirtungalami | wus manjing jroning pura ||

5. matur mring kang putra Jayèngmurti | ngaturakên nadar [na...]

--- 4: 45 ---

[...dar] amagawan | pasrah marang karatone | kang wayah dipun suwun | gumantia karaton nuli | mêngku nagri Karsinah | kawula dhêdhukuh | nglêluri sapangat tuwan | ngèlmi saking paduka kula ugêmi | amrih ing kapandhitan ||

6. lêga tyase ngandi Sang Amir |[5] inggih dawêg ta paman punika | pan sampun wontên kanthine | wayah tuwan puniku | yèn pun Ruslan madêga aji | kang măngka isining kang | joan palowanu | senapatining ayuda | Rajèng Prênjuk ing Drênis lan Rajèng Prênggi | samya ratu prakosa ||

7. ratu katri sampun dèn timbali | praptèng ngarsa wong agung ngandika | yayi prabu katigane | mêngko sutanirèku | iya Ki Ruslan dèn pasrahi | karaton ing Karsinah | marang eyangipun | yèn sira saguh rumêksa | bot repote pakewuh iku ta nuli | sayêkti ingsun angkat ||

8. matur nêmbah katiga narpati | inggih tuwan dêgêna narendra | kang amikul bot repote | inggih raja katêlu | kang dadosa lamaking jurit | migêna parangmuka | dèn atêmah lêbur | mumur sagung pra dipatya | prajurite ing Prênjuk Drênis lan Prênggi | rumêksa putra tuwan ||

9. mrih luhure adêge narpati | kanan kèri nagri ing Karsinah | para ratu sadayane | ingkang tan purun anut | amba ingkang gêmpura sami | suka Sang Kakungingrat | animbali gupuh | sang aprabu ing Suwăngsa | sapraptane jro pura Raja

--- 4: 46 ---

Jaswadi | wong agung angandika ||

10. yayi Prabu Suwăngsa sun tuding | muliha mring nagara Ngajêrak | atur uninga wiyose | marang jêng rama prabu | lawan yayi Ismayawati | kalamun ingkang wayah | sun dêgakên ratu | mêngku nagara Karsinah | nuwun idi kalawan nuwun kêkasih | pêparabing karajan ||

11. nêmbah lèngsèr Sang Raja Jaswadi | praptèng jawi mêsat ing awiyat | silêm ing ima lampahe | ing marga tan kawuwus | prapta nagri Ngajêrak enjing | lajêng Natèng Suwăngsa | mangkana anuju | sang nata siniwèng bala | kagyat praptanipun Sang Raja Jaswadi | nêmbah angaras pada ||

12. sapitungkas katur sadayèki | Natèng Ngajêrak nimbali putra | lan wayah sarêng praptane | ngandika sang aprabu | anak ingsun Ismayawati | lakinira kongkonan | marang sun asung wruh | lamun iya putranira | kaki Ruslan ingadêgakên narpati | mêngku nagri Karsinah ||

13. nuwun idin lan nuwun kêkasih | sira dhewe babo lumakua | ing Karsinah parêk kene | lawan putranirèku | wayah ingsun si nata dèwi | ngidèni sutanira | ing wasiyat ingsun | pêparabirèng karajan | pêparaba Sri Ruslan Danurusamsi | Raja Mudha Karsinah ||

14. iki makutha pusaka mami | kang buka sri lawan prabèng jaja | sungsun tri bandhowarane | ingkang putra wotsantun | pêparentah ngrukti pakirim | pangadêging karajan | myang wowohan agung | sang putri amit ing rama [ra...]

--- 4: 47 ---

[...ma] | sigra mêsat lan kang putra Kuraisin | ngawiyat saha bala ||

15. munggèng palăngka sang putri kalih | Dèwi Ismaya lawan kang putra | pitung yuta jin kang dhèrèk | datan kawarnèng ênu | anungkuli Karsinah nagri | wuwusên ing jro pura | Karsinah wong agung | ing wanci pukul sakawan | sore mêlêk gănda angêbêki puri | wong agung lan kang garwa ||

16. Sudarawrêti Sirtupelèli | sami têdhak anèng palataran | wus duga lamun praptane | tan adangu maniyup | wus katingal sang putri kalih | Sudarawrêti nêmbah | lan Rêtna Rabingu | sami ngrangkul padanira | Kuraisin nêmbah mring ibune kalih | rinangkul tinangisan ||

17. lajêng ngiring mring Ismayawati | manjing dalêm marêk ngaras pada | angaturakên salame | kang rama sang aprabu | nuwun dhêku Sang Jayèngmurti | matur Dèwi Ismaya | punika pukulun | pusakane rama tuwan | mring kang wayah makutha susun buka sri | lawan sinung pêparab ||

18. Prabu Ruslan ya Danurusamsi | ingkang mêngku nagari Karsinah | dene kang măngka jodhone | rama tuwan gih rêmbug | putri Prênggi pan dèn èstrèni | kagarwa mring kang wayah | Ki Ruslan pukulun | ing Prênggi ratu prakosa | ingaturan Raja Sirtungalam prapti | sadaya wus winartan ||

19. lamun kang wayah wus dèn idèni | mring kang eyang Bathara Ngajêrak | pangadêge raja mangke | lan pinaring jêjuluk | makutha wus dèn wasiyati | bêbadhong bandhowara | duk miyarsa

--- 4: 48 ---

wau | gya sujud Natèng Karsinah | yèn kang wayah sinambramèng mring ratu jin | ngadêg sinung pêparab ||

20. Raja Ruslani Danurusamsi | sultan anom ing nagri Karsinah | Rajèng Ngajêrak idine | ya ta kunêng ing dalu | enjing ningkah lan putri Prênggi | Nini Joharin Insiyah |[6] pan sampun apangguh | langkung agêng kang bawahan | pêndhak Soma adêgira narapati | mêngku nagri Karsinah ||

21. Sang Raja Ruslan Danurusamsi | kang minăngka isining wijoan | katri lan maratuwane | manggalaning pakewuh | senapati panata baris | misesa ngasmarèng prang | panutan bala gung | yèn mungguh sajroning rana | Martyus Dirham mratuwa Sang Natèng Prênggi | Drênis Saptiyunasar ||

22. Rajèng Prênjuk Kêstandrusdriyani | katri manggala raja prakosa | samya kathah prajurite | myang ulubalang laut | akèh wadya kang pra dipati | satriya lan punggawa | kang amănca agung | manjing nata binathara | sira Prabu Ruslani Danurusamsi | mèh nimbangi kang raka ||

23. Sultan Agung Kusni Malebari | Prabu Jayusman Samsumurijal | undha usuk karatone | agung bawahanipun | tigasane madêg narpati | ingèstrèn jênêngira | mring raka lan ibu | putri jin nagri Ngajêrak | wus mangkana praptaning kawan dasa ri | pamit ungkur-ungkuran ||

24. kondurira marang Malebari | lan kang kondur mring nagri Ngajêrak | mung ratu tri sabalane | kêkutha kojor [ko...]

--- 4: 49 ---

[...jor] tugur | têngga anèng Karsinah sami | kang eyang amandhita | dhêdhêp anèng gunung | nênggih wukir Danaraja | nêkakakên pakewuh adêgira ji | luhure kering kanan ||

25. Rajèng Karsinah tansah mong rêsmi | kunêng Karsinah gantya winarna | wong agung wau kondure | mring Malebari rawuh | kang kocapa putra Ngabêsi | saking nagri Karsinah | Kodrat Samadikun | wong agung têmbe uninga | dènira mor balane putra Ngabêsi | prapta dadi tontonan ||

26. wadyaning mungsuh samya ningali | wadya Ngabêsi kalane prapta | manjing marang pakuwone | tan wruh lamun wong agung | kang ngampungi baris Ngabêsi | barise Rajaputra | Kodrat Samadikun | malah surup dèrèng têlas | kang bala jin Suwăngsa lan Jonggiraji | barêng anèng awiyat ||

27. samya ganggu-ganggu kang wadya lit | êjin kang maksih rare ing wayah | sêsêmbèn sami gêlathe | buron alas binuru | sawêr ajag miwah trênggiling | bajing lutung jêlarang | wênara lan kuwuk | saha samya cinêkêlan | buntutira sami kinanthilan gêni | binuwang pondhok mêngsah ||

28. pukul wolu wayahirèng wêngi | pakuwoning mungsuh abusêkan | jin urakan panggawene | kang sami ala nganggur | ambuwangi buron wanadri | lawan gêni upêtnya | kang kinarya buntut | gègèr pakuwoning mêngsah | ingkang pinggir udan buron udan gêni | dene kang dipun nyana ||

29. panggawene putra ing Ngabêsi | dene gamane kang

--- 4: 50 ---

mêntas liwat | durung têlas pawingkinge | malah kasaput dalu | maksih kathah bala Ngabêsi | kang sami alêlampah | tambuh gêni murub | kathah kang pakuwon kobar | pakuwone punggawa kang pra dipati | prasamya ngungsi têngah ||

30. abusêkan pakuwon ing wêngi | nyana panggawene mêtyèng laga | dadya para ratu kabèh | têngara samya ngumpul | mring pakuwon Raja Rukyatil | Rajèng Kubarsi prapta | Sri Maliyat Kustur | miwah Sang Prabu Nusirwan | gègèr ngumpul sawadya putranirèki | kering mring Patih Bêstak ||

31. ingkang pinggir maksih gègèr atri | apuyêngan udan buron wana | binuntutan gêni kabèh | sigra patih sang prabu | ing Talsiyah Raja Rukyatil | kalihe măndraguna | wasis ing prang lêmbut | Raja Bardas kang atuwa | Raja Bardus kang anèm prayitnèng wèsthi | matêk sanjata barat ||

32. nanging bala wus kathah ngêmasi | kang tinunjang têmpuh sami rewang | wus katututan kêmate | Ki Patih Bardas Bardus | angin gora kadya nyaponi | sirêp kang bilulungan | wruh ing rowangipun | dahana sadaya sirna | nanging sampun akêthèn kang angêmasi | punggawa ngumpul wuntat ||

63. Pangkur

63. Patih Bêstak ngumukakên prajuritipun Wong Agung

1. binêktèng marang ngayunan | pra dipati ingkang makuwon pinggir | Kyana Patih Bardas Bardus | sapraptane ngayunan [ngayu...]

--- 4: 51 ---

[...nan] | sinaoskên tinanggap saaturipun | kang dadi purwa punika | gègèr akarya pêpati ||

2. pra dipati aturira | ingkang sami makuwon anèng pinggir | dhuh pukulun sang aprabu | kang ngratoni Talsiyah | run-tumurun ingkang prakosa dibya nung | sura sêkti măndraguna | kang asih ngapurèng dasih ||

3. duk wanci ing pukul dasa | enjing wontên dêdamêl langkung gusti | wadya lit kathah dêdulu | prasamya tinakonan | kang adarbe bala Kodrat Samadikun | saking nagri ing Karsinah | lampahe putra Ngabêsi ||

4. mêntas bêbantu ing yuda | prange unggul Rajaputra Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | nitih bakarlès pelag | malah dalu dèrèng têlas balanipun | wadyane kang wuri pisan | ngudani buron lan gêni ||

5. samya surak giyak-giyak | swaranipun kadya nêngkêr wiyati | milanya kadya pinusus | gusti amung punika | datan wontên malih-malih purwanipun | Sang Prabu Rukyatil Polad | kumêjot asru dènnya ngling ||

6. hèh Patih Mêdayin sira | apa pantês panggawe kang kadyèki | dudu trape wong linuhung | umatur Patih Bêstak | inggih pantês yèn pun Kodrat Samadikun | kathah putra para raja | èstu nyalunthang pribadi ||

7. punika pun Raja Sadat | Kadarisman Ngabêsi kang sêsiwi | pan kaprênah putunipun | mring Sadat Kabul Ngumar | duk ningali anèng jro panggonanipun | nyêmut gatêl alit mila | mring Wong Agung Jayèngmurti [Jayèng...]

--- 4: 52 ---

[...murti] ||

8. wong tuwane tan kuwasa | mila ladak inggih putra Ngabêsi | winulang tangkêping mungsuh | marang Sang Kakungingrat | mila manjing Samadikun anak anung | prawira ngungkuli bapa | widigdaya ing ajurit ||

9. punika kinèn bantu prang | mring Karsinah aprang lan Rajèng Prênggi | kalawan Sang Rajèng Prênjuk | kasoran kalih pisan | wus kabănda dening Kodrat Samadikun | wagêde Kya Patih Bêstak | ngimbuh-imbuhi pawarti ||

10. ngungun Sang Rukyatil Polad | dene rare ambănda para aji | Patih Bêstak malih matur | puniku ta punapa | măngka kadya putra Yujana pukulun | atmajane Kewusnendar | Kahar Kusmèn luwih sêkti ||

11. èkêtan ratu kabănda | Kahar Kusmèn yèn prang nitih jênggiri | awak naga sirah lêmbu | inggih puniku măngsa | ngungkulana Rahadèn Siratmardanus | putrane Sang Rajèng Yunan | prandene nora ngungkuli ||

12. putranira Umarmadya | Umarjaman lan Radèn Banuarli | puniku botên anyundhul | putra kêkalih Selan | amêdosi atmaja Prabu Lamdahur | pun Banarungsit kang tuwa | kang anom Radèn Pirngadi ||

13. andhupak gunung ing Dhayak | dadya awu yèn anggada jaladri | toya piyak asatipun | lêlakon tigang êjam | lan satêngah punjulipun kalih mênut | malongo ingkang miyarsa | umuke rêkyana patih ||

14. pan putrane para raja | gih sadaya ingambil putra sami | mring

--- 4: 53 ---

Kalana Jayèngpupuh | winuruk ing ayuda | mila awrat sinăngga ing aprang pupuh | sugih bala bandhu băndha | ing ayuda sêkti-sêkti ||

15. kêkês kang samya dèrèng prang | para ratu myarsa umuking patih | pan kalih jam dènnya jêtung | parigêl rapêt caplak | samya ngandêl nora wruh yèn umuk-umuk | kunêng wau kawuwusa | jêng sultan ing Malebari ||

16. myarsa kang rama praptanya | suka-suka lawan sagung prajurit | mangkana enjang winuwus | sang nata atêngara | animbangi têngara sang raja mungsuh | gumêrah bèri wurahan | kêndhang gurnang lan thongthonggrit ||

17. mijil baris para nata | lir samodra gêgaman Malebari | wus mijil sang ratu mungsuh | têngarane wurahan | wus miranti wadya gung kapang atêpung | anglir girinda dahana | surêm ingkang bagaspati ||

18. ya ta Wong Agung Kuparman | arsa mijil jênêngi ing ajurit | praptèng rana wus kapangguh | ing singangsana rêtna | para ratu nèng wijoan palowanu | para senapatining prang | ing rana datan ngunduri ||

64. Durma

64. Pangeran Kelan ngêdali prang

1. sang aprabu Jayusman Samsumurijal | keringe rama linggih | munggèng dirgasana | rinawis ing kumala | nulya wau ingkang rayi | nèng wijoan mas | Rahadyan Rustamaji ||

2. lan kang rayi Rahadyan Jaswadiputra | myang Dyan Ambyah Kuwari |

--- 4: 54 ---

ngajêng Arya Maktal | lan Arya Tasikwaja | aglar kang ratu prajurit | munggèng ngayunan | kang para rajasiwi ||

3. ingkang sami saos magut ing ayuda | misah dènira linggih | wus arakit samya | kapraboning ayuda | berag samya bèr kuwanin | sagung pra putra | srama wantah toh pati ||

4. dening gul-uguling prang anèng ngalaga | sêkunging kang makingkin | anglir wuyunging dyah | Rajaputra Yujana | miwah putra ing Ngabêsi | kang samya lanas | ing Kangkan lan ing Turki ||

5. putrèng Srandil kang anèm kalangkung lanas | dening putra Kohkarib | kang tuwa kang lanas | putra Rum kalih pisan | sadaya samya kuwanin | wau Sang Raja | Talsiyah lan Kubarsi ||

6. sampun samya mijil saprajuritira | nèng padmasana rukmi | tuwin sang narendra | Mêdayin Sri Bathara | anjênêngi ing ajurit | umyang gumêrah | bèri gurnang thongthonggrit ||

7. amit nêmbah Jêng Pangeran Banukelan | ing rama Jayèngmurti | tuwin mring kang raka | Sultan Samsumurijal | Sri Bupati Malebari | sêrêt saurnya | tumungkul dènira ngling ||

8. marêbêl luh kagagas kang rayi lola | tanpa ibu pribadi | sadaya rinira | winong mring ibunira | yayi aja sira mijil | pan wêdi ingwang | yèn durung dèn lilani ||

9. kangjêng ibu sok dêduka marang ingwang | sira krêp mêtu jurit | kang rayi tur sêmbah | wingi sampun pamitan | jêng ibu ing Parangakik | inggih wus lilah | kula mêdal puniki ||

--- 4: 55 ---

10. kunêng ari lan raka diya-diniya | kang ibu kalih prapti | sampun munggèng wiyat | utusan amitungkas | si kulup Si Jonggiraji | yèn mêtu ing prang | anèng madyaning jurit ||

11. konên mêdhun sanalika anêmbaha | mring eyange Mêdayin | Si Dhawuk Nusirwan | ingkang jênêngi ing prang | sandika mèsêm mêtoni | Pangeran Kelan | wau Sang Jayèngmurti ||

12. suka mulat mring putra asih kêkadang | asru narimèng batin | marang ingkang garwa | Rêtna Dèwi Sudara | sih palimirma sayêkti | mring ingkang putra | Radèn Iman Karnèni ||

13. angandika Wong Agung Surayèng Jagat | yèku sida mêtoni | ki prabu rinira | Sultan Kusniya nêmbah | pun ibu samya nglilani | jangkung tan tega | rumêksa nèng wiyati ||

14. inggih kalih pun ibu Karsinah samya | marmantuk mring pun adhi | mangke praptèng rana | mudhuna saking kuda | nêmbaha Rajèng Mêdayin | wontên punika | jênêngi ing ajurit ||

15. sigra nitih turăngga Pangeran Kelan | kawot kaprabon jurit | anyamêthi kuda | Jonggiraji adheyan | prapta ing papan sêsirig | surak gumêrah | wong Kelan Parangakik ||

16. surak umung kadi karêngèng awiyat | cingak mungsuh ningali | miyat ing tandangnya | Pangeran Ibnu Kelan | ngilangkên langên sabumi | turangganira | asri busananing jin ||

17. gêbyar-gêbyar kumaraning jagat raya | srawungan ngilat thathit | surya aliwêran | kang raka Radèn [Ra...]

--- 4: 56 ---

[...dèn] Minsar | lan bapa Radèn Jaswadi | ngawêngi surya | sinorotakên kêdhik ||

18. angênèni gumolong soroting surya | prabaning radèn mantri | baris ingkang mêngsah | atup sêngsêm tumingal | ing cahya anuksmèng sasi | ana kang ngucap | iku kang luwih sêkti ||

19. ingkang mindha kumaraning jagat raya | sang prabu ing Mêdayin | tan miyarsa warta | miwah dèrèng uninga | o hèh Bêstak sapa iki | kang magut ing prang | cat ilang cat kaèksi ||

20. matur nêmbah puniku wayah paduka | ibu Kelaswarèki | duk seda konduran | binuwang mring samodra | kawuningan Kuraisin | pan wayah tuwan | ing Ngajrak kang ngingkudi ||

21. kawan wêlas taun nèng nagri Ngajêrak | mung saêjam kariyin | mêningi nèng Kelan | sawêngi lan rong dina | wontên madyaning jaladri | goyang kapala | sang prabu ing Mêdayin ||

22. pan kagagas Nusirwan nênggak kang waspa | wau ingkang sêsirig | mubêng anèng papan | dangu tinon ing kathah | èngêt wêlinge bunèki | Rêtna Sudara | pitungkasirèng nguni ||

23. kinèn nêmbah marang kang eyang Nusirwan | têdhak saking turanggi | nêdya ngabêktia | marani goning mêngsah | pitung tindak winitawis | jajaranira | jin satus munggèng ngarsi ||

24. Sri Nusirwan dènira lênggah nèng têngah | padmasana pribadi | Rukyatil nèng kanan | lênggah dhêdhampar êmas | Maliyat Kustur nèng kèri | ampilanira | anunggil anèng ngarsi ||

--- 4: 57 ---

25. binuwangan mring wadya jin ting palêsat | tiba ing wuri têbih | Rukyatil binuwang | lawan dhêdhamparira | Sang Raja Kubarsi sami | satibanira | sapambalang dohnèki ||

26. taksih sami lênggah nèng amparanira | nanging ênggène têbih | kantun sri narendra | Nusirwan maksih lênggah | praptanira radèn mantri | wadya jin piyak | nèng ngarsa tan kaèksi ||

27. Sri Nusirwan ulap myat cahyaning wayah | sarêng dènnya nêdhaki | kang wayah cinandhak | angraup padanira | sang prabu waspa drês mijil | kagagas ing tyas | rêsêpira mimbuhi ||

65. Gambuh

65. Prabu Maliyat Kustur kasor yudanipun

1. dhuh nyawa putuningsun | iya iki Bêstak lairipun | ulih ingsun saking ing Cina nagari | wus lawas patbêlas taun | putuku kongsi sêmono ||

2. sang nata tansah jêtung | wau Jaswadi prayitnèng kewuh | manawa na kang mungsuh sikarèng jurit | wau Dyan Ismayasunu | dangu kinêmpit sang katong ||

3. kang mulat samya ngungun | anon Pangeran Ismayasunu | cinêlakan pêkike saya ngranuhi | eram kang samya andulu | sasat sitangsu duk miyos ||

4. nuju patbêlasipun | ima sumilak rêsik dinulu | gilar-gilar lir katrangan udan katri | ujwala basănta nawung | gumilang-gilang

--- 4: 58 ---

mancorong ||

5. wus mundur saking ngayun | sira Pangeran Ismayasunu | lir tinêbak mong tuna Rajèng Mêdayin | lam-lamên ing wayahipun | arawat luh sarya dongong ||

6. wus têbih rajasunu | lawan kang eyang Rajèng Mêdayun | sigra dènnya anitih turăngga malih | sêsirig anguwuh mungsuh | sapa mapag tandang ingong ||

7. ya ta wau Sang Prabu | Rukyatil lawan Maliyat Kustur | sigra dènnya awangsul gènira malih | ngandika Rajèng Mêdayun | hèh ta anak prabu karo ||

8. ngong titip wayah ingsun | singa-singa kang magut ing pupuh | Si Bakdingujaman aja dèn patèni | matur Sang Maliyat Kustur | inggih sampun walangatos ||

9. măngsa wontêna iku | nadhahi prange wayah pukulun | lamun dede Maliyat Kustur Kubarsi | kang nandhingi yudanipun | wayah tuwan wus kinaot ||

10. kathah kang wus kapikut | inggih prajurit kang para ratu | kasor dening Pangeran Banjaransari | prawira sêkti satuhu | ampuh yudane prang popor ||

11. pun adhi Wrahat Kustur | inggih sampun kasoran ing pupuh | inggih dhatêng wayah paduka sang pêkik | sampun ta maras pukulun | wayah paduka yèn kasor ||

12. măngsa kongsia lampus | kawula tawan katur pukulun | supayane paduka wèta ningali | tuwan kanthi rintên dalu | wayah tuwan yèn kaboyong ||

13. sigra Maliyat Kustur | amit mring Rajèng Talsiyah magut | dèn anthuki ingidèn Raja Rukyatil [Ru...]

--- 4: 59 ---

[...kyatil] | gya nitih turăngga sampun | gêgamaning prang wus kawot ||

14. turangganira mamprung | praptèng payudan apan wus pangguh | atêtanya pangeran ing Kaelani | sapa ranmu kang umagut | Rajèng Kubarsi lingnya lon ||

15. ingsun Maliyat Kustur | Natèng Kubarsi ing prang pinunjul | payo sutèng Kuparman atandhing sêkti | apa kang anèng sirèku | age tamakna maring ngong ||

16. nauri sang binagus | dudu caraningsun aprang pupuh | andhingini angling Sang Raja Kubarsi | iya dèn bêcik tangkismu | tadhahana gadaningong ||

17. sigra mutêr gada gung | rajaputra pan sampun akudhung | ing parise waja pinatik rêtna di | gaweyaning jin pinunjul | angêtap kuda sang katong ||

18. asru dènira mupuh | tangkis lêgawa sang narpasunu | rosaning panggada kuwate panangkis | jumêbrèt lir gêlap barung | gumrah surake punang wong ||

19. pinindho ing pamupuh | tan osik wau panangkisipun | pining tiga tan obah dènnya nadhahi | sru angling Maliyat Kustur | hèh babo tuhu kinaot ||

20. payo malêsa gupuh | radèn mantri alon sauripun | dèn prayitna sun gada Rajèng Kubarsi | angingêr turangganipun | dyan ngikal gada kinaot ||

21. kudhung Maliyat Kustur | parise waja sigra pinupuh | sri gumuruh mêngsah rowang suraknèki | sangête ingkang pamupuh | kuwate kang tangkis tanggon ||

22. gumêtêr kudanipun [kudani...]

--- 4: 60 ---

[...pun] | obah balunge Maliyat Kustur | ingkang satus rong puluh sigar apalih | parisanira sang prabu | sirahing kuda kagêpok ||

23. ing gada pêjahipun | tiba lungguh Sri Maliyat Kustur | sigra têdhak pangeran ing Jonggiraji | animbangi mungsuhipun | Sang Rajèng Kubarsi mêngkok ||

24. anarik pêdhangipun | sarêng praptane parisanipun | aprang pêdhang adangu dènira jurit | salin gêgaman ping pitu | adangu tan wontên kasor ||

25. sagung gêgaman sampun | salin awarna-warna atumpuk | rêmpu kabèh nora nana migunani | sadina wêkasanipun | marakkên astane karo ||

26. gantya junjung-jinunjung | wau kang prapta anandêr mamprung | praptèng papan gya têdhak saking turanggi | Jayusman Murijalsamsu | ingkang rayi wau kinon ||

27. mundura ya sirèku | ingkang rayi nolih awotsantun | undurira wurining raka tan têbih | Rajèng Kusniya jinunjung | tan osik saking ing ênggon ||

28. jinunjung kaping têlu | sru ingangkat mêksa tan kajunjung | kadya gajah wêsi Natèng Malebari | sukune Maliyat Kustur | sadêkung lêmahe dhêkok ||

29. sagunging kuwatipun | kinumpulkên asta kalihipun | marêntul rah jêmpole ingkang jariji | wus sèlèh Maliyat Kustur | mêmpis-mêmpis anglingnya lon ||

30. payo malêsa junjung | sigra Jayusman Murijalsamsu | nyandhak wangkingane Sang Rajèng Kubarsi | jinujulan pêtak [pê...]

--- 4: 61 ---

[...tak] asru | ingikal binanting ênggon ||

31. Patih Bunandir gupuh | nalèni Prabu Maliyat Kustur | wus katawan surake nêngkêr wiyati | baris tinêtêgan mundur | kalihe pan wus makuwon ||

32. lajêng baskara surup | samya prihatin narpati mungsuh | suka prabu ing Kusniya Malebari | miwah kang rama wong agung | tuwin ingkang para katong ||

33. samya bujana nayub | wau Sang Raja Maliyat Kustur | sinrahakên marang kadange taruni | kang nama Warahat Kustur | punika kadange anom ||

66. Sinom

66. Prabu Rukyatil Polad mangsah prang

1. kang anom pan sampun Islam | ingkang kapikut ing nguni | Wrahat Kustur nandhang iman | kang raka wus dèn timbali | marang Sang Jayèngmurti | Sang Pabu Maliyat Kustur | tinari antêpira | umangsuk agama sukci | anut ingkang rayi kang wus nandhang iman ||

2. ingulihkên kratonira | Maliyat Kustur Kubarsi | ratu agung binathara | angrèh samaning narpati | kang anom angulihi | anèng sor Warahat Kustur | wus pinaring busana | sangkêp kapraboning aji | sinung palênggahaning ratu wadana ||

3. wus kinon tunggil alênggah | lawan prabu ing Sêrandil | Kohkarib wadana tuwa | nglurahi sagung narpati | paribawa sinami | wau Sang Maliyat Kustur | lawan prabu ing Yunan | Yujana [Yu...]

--- 4: 62 ---

[...jana] Kebar Ngabêsi | Rum Santari Biraji Kangkan Dinawar ||

4. Kuljum ing Dêmis Tursina | Ngalabi Pirkari Turki | Kuristam Kaos ing Sarwal | Katijah Bustam Santari | kathah lamun winarni | para ratu kang pangayun | antara tigang dina | Islame Natèng Kubarsi | wong Kubarsi punggawa mantri satriya ||

5. miwah ingkang para nata | gung alit bala Kubarsi | jêdhul saking pakuwonnya | kêbut pan sarêng sawêngi | mor baris Malebari | wadyane Maliyat Kustur | kandêl pasuwitannya | kadange Ni Kadarwati | wus kagarwa mring Pangeran Banukelan ||

6. mangkana Rajèng Talsiyah | Rukyatil Polad prihatin | miwah Bathara Nusirwan | kênine Rajèng Kubarsi | dadya tan mêtu jurit | alami lagya winangun | budi pangupayèng prang | Rukyatil Polad Narpati | kathah para raja ingkang samya prapta ||

7. Kya Patih Bêstak gya ngunggar | ing tyase Prabu Rukyatil | dhasare ratu prakosa | mung sakêdhap tyase gêmpil | nulya angadêg malih | wagêde Bêstak anggunggung | ngugung sadina-dina | mipil wèh manis aramping | malah wuwuh surane Rukyatil Polad ||

8. mangkana wau ingucap | solahe Prabu Rukyatil | dènnya prang lan bala Arab | nèng Kusniya Malebari | andina tigang sasi | kathah ingkang para ratu | kasoran ing ayuda | nadhahi ing sabên ari | prang ngawaki Sang Raja Rukyatil Polad ||

9. cinaturakên kewala | balane

--- 4: 63 ---

Sang Jayèngmurti | para ratu pitung dasa | puniku kang nandhang kanin | kang kapikut ing jurit | para narendra sapuluh | mung prange kaping tiga | puniku winarna malih | dènira prang lan para ratu pangarsa ||

10. ing dina sawiji mapan | mijil Sang Raja Rukyatil | wadyane baris kalangan | wong Kusniya Malebari | animbangi miyosi | barise bala akêpung | nèng padmasana rêtna | Sultan Anom Malebari | ingkang rama nèng amparan dirgasana ||

11. ing kering kang para putra | ing kanan para narpati | wau Sang Rukyatil Polad | lênggah lan Natèng Mêdayin | amit miyos ing jurit | ingidèn Natèng Mêdayun | nitih dipăngga buntal | amandhi gada ngajrihi | wawrat karo bêlahing kati kati mas ||

12. anglela anèng dipăngga | dêdêge Raja Rukyatil | satus patang puluh êgas | prawira prakosa sêkti | arang kêlar nadhahi | ing bobote sang aprabu | Raja Rukyatil Polad | sêmbada wudhu ing jurit | datan bêtah miyarsa Sang Rajèng Selan ||

13. amit miyos ing ayuda | Lamdahur anitih èsthi | anglela amandhi gada | undha-undhi kang ajurit | amung kacèke nênggih | têlung puluh gas puniku | pan satus sapuluh gas | dêdêge Rajèng Sêrandil | Sang Rukyatil satus patang puluh êgas ||

14. lêluwihe Ratu Ngarab | pan amung Rajèng Sêrandil | tan ana kang ngungkulana | puniku Raja Rukyatil | prandene

--- 4: 64 ---

angungkuli | agêng lawan luhuripun | mangkana yudanira | Lamdahur lawan Rukyatil | pan sadina Lamdahur nora kasoran ||

15. enjinge mêtu ngayuda | sira Sang Raja Rukyatil | pangeran ing Banukelan | Bakdingujaman miyosi | tan wontên kasor kalih | sadina prange anutug | rêmpu gêgamanira | tan ana kang migunani | èsmu kèthèr Sang Raja Rukyatil Polad ||

16. kasapih suruping arka | bubar pur ingkang ajurit | enjinge malih ayuda | Rukyatil datan miyosi | amung Rajèng Drêgani | Buharjan ingkang umagut | lan Sang Prabu Bêrkiyah | andêl Sang Rajèng Bêskahir | Sang Aprabu Kubarsi kang cinarita ||

17. amit miyosi ngayuda | ingandhêg mring Bagendha Mir | tuwin mring Prabu Kusniya | mêksa kudu mêtu jurit | cinatur tigang ari | prangira Maliyat Kustur | ratu kêkalih pêjah | dening Sang Rajèng Kubarsi | nênggih Raja Bêskahir Natèng Buharjan ||

18. lawan Sang Rajèng Bêrkiyah | nênggih Sang Raja Drênggani | kang kacêkêl kalih wêlas | samya ratu sura sêkti | langkung prawirèng jurit | Sang Raja Maliyat Kustur | eram kang sami mulat | kuwate Rajèng Kubarsi | têlung dina antuk ratu kawan wêlas ||

19. Sang Raja Rukyatil Polad | dèn ancam-ancam tan mijil | kalangkung wuwuh sihira | Wong Agung Surayèng Bumi | myang Prabu Malebari | pracayanira kalangkung | pinasrah angêmonga | barang pakewuhing jurit | mring kang rayi Pangeran Bakdingujaman [Bakdingujama...]

--- 4: 65 ---

[...n] ||

20. wus kinèn tunggil pondhokan | amor bala Kaelani | dhasar kaipe punika | mring Pangeran Kaelani | Kusuma Kadarwati | pakramanira sih lulut | lan Kelaswaraputra | sang putri klangkung sih bêkti | cipta sêngsêm sasat akrama pêpujan ||

21. putri punjul pramudita | putrine Rajèng Kubarsi | manis luwês bisa krama | kinasihan marang laki | kêdhik malang gambuhi | watara kacèk rong taun | nanging kapara bisa | akrama Ni Kadarwati | ing asmara anuntun pamucungira ||

67. Pucung

67. mêmulih manahing bala

1. ya ta wau Sang Raja Maliyat Kustur | klangkung suwitanya | ing ipe batine gusti | ing Pangeran Kelan Kelaswaraputra ||

2. Wrahat Kustur lan raka Maliyat Kustur | langkung sih bêktinya | ing ipe gusti sang pêkik | datan bêtah towanga seba sadina ||

3. dènnya dulu ing ipe langkung binagus | tur adining putra | ngilangkên langêning bumi | ambêk arja ing prang prawira digdaya ||

4. dhasar bêsus Kadarwati mong ing kakung | rong atus cèthinya | kang sami putrining aji | pinilihan antuk putri salawe prah ||

5. ingkang punjul sinaoskên marang kakung | măngka kalangênan | kang kêkalih munggah rabi | samya angrèh kang sêlir nyawêlas sowang ||

6. ciptanipun Kadarwati marang kakung | ing sakarsa-karsa | sasukanira nuruti | tan kumêdhèp [kumê...]

--- 4: 66 ---

[...dhèp] ciptane nglabuhi krama ||

7. balanipun warise rama rumuhun | apan sanagara | agêng nagari Tubabin | kêrigane anglurug bala sayuta ||

8. mantrinipun salêksa samas tumênggung | kang winor kang dadya | panandhone Kadarwati | ing Tubabin kaputrèn bala sayuta ||

9. mangkya wuwuh kang raka bêktani ratu | kang minăngka êmban | Sang Raja Kodrat ing Mêntrik | mila klangkung sihira Pangeran Kelan ||

10. ipenipun sinungga-sungga kalangkung | cipta labuh pêjah | kalihe Rajèng Kubarsi | mring ipene Pangeran Kelanatmaja ||

11. ya ta wau gantia ingkang winuwus | Sang Rukyatil Polad | datan amiyosi jurit | ngulih-ulih gêmpale atining bala ||

12. sabên dalu bujana lan para ratu | punggawa satriya | myang ulubalang prajurit | tuwin ingkang rama Bathara Nusirwan ||

13. Irman Urmus Sêmakun Bêstak tan kantun | ngiras pagunêman | ngandika Raja Rukyatil | paran Bêstak paran wartane kang mêngsah ||

14. Bêstak matur pun Raja Maliyat Kustur | langkung gêng tyasira | mangkya Sang Rajèng Kubarsi | pinaringkên marang kang rayi ing Kelan ||

15. dhasaripun kaipe mring rajasunu | milane punika | dènnya prang kapati-pati | pun Maliyat Kustur sampun mêndêm sadat ||

16. jadhi batur prange kaya anak lutung | nanti jadhi lawan | prange lir ngrubuhna langit | amatèni bănda para raja-raja ||

17. kênèng kulhu kêni pikate waelul |

--- 4: 67 ---

tênunge wong Arab | alhakumut lamyakunil | singa klêbon mêndêm prange ambêk pêjah ||

18. winginipun prange Sang Maliyat Kustur | kadi gajah mêta | tan ana kêlar nadhahi | kadya dêkêp cêcindhil ambănda raja ||

19. sru gumuyu kang miyarsa para ratu | Sang Rukyatil Polad | pangandikanira aris | milaningong tinantang nora mêtu prang ||

20. lamun dudu ratu kang kaya Lamdahur | kaya Kewusnendar | Tamtanus lan Umarmadi | sakadange kang padha andêling yuda ||

21. iya sesuk sun wêtokne bêdhat ingsun | ingkang luwih dibya | măngsa na kêlar nadhahi | para ratu balane Sultan Kuparman ||

22. lamun mêtu Si Kalana Jayèngsatru | pasthi ingsun bănda | dene gung aluhur mami | lan gêdhene kuwate pamupuh ingwang ||

23. tan kawuwus ing Talsiyah Sang Aprabu | kang anggung kasukan | mêmulih tyasing prajurit | kawuwusa baris agung ing Kusniya ||

24. Sang Aprabu Jayusman Murijalsamsu | sumiwi kang rama | miwah kang para narpati | pan ing dina sawiji angguladrawa ||

68. Dhandhanggula

68. Sayêmbara ing nagari Burudangin

1. wau Wong Agung Surayèng Bumi | siniwaka anèng tarub rambat | pabarisan pakuwone | aglar kang para sunu | lir samodra para narpati | satriya pra punggawa | gumolong kadya lun | munggèng kering para putra | munggèng [mung...]

--- 4: 68 ---

[...gèng] kanan sagung para raja kadi | panjrahing puspita bra ||

2. wontên punggawa kang tunggu kori | kori panangkilan pabarisan | manjing jro alon ature | pukulun jawi pintu | wontên koja prapta satunggil | kadya wong sakit kalap | solah warninipun | akèn ngaturna mring tuwan | namanipun koja pun Tambiduljakim | biru èrêm kang warna ||

3. duk miyarsa wau ta Sang Amir | suwe mangu sigra Natèng Kebar | lawan Tamtanus ature | manawi ta pukulun | kalanipun tuwan rumiyin | kondur saking Karsinah | nèng margi kapangguh | wontên pondhoke nangkoda | samya gègèr praptane baris Ngabêsi | pun koja mèh dèn sarah ||

4. binahakan mring bala Ngabêsi | nuntên paduka ingkang anyêgah | mring wayah lawan balane | pun Kodrat Samadikun | nangkodane nuntên manggihi | sêsêgah mring paduka | dhêdhaharan agung | jêng tuwan dhahar kaecan | tuwan akên bapa pun Tambiduljakim | manawi ta punika ||

5. angandika Sang Surayèng Bumi | yayi prabu pariksanên enggal | yèn nyata gawanên age | motangi bêcik iku | iya sira kalawan mami | sigra Sang Natèng Kebar | lèngsèr awotsantun | praptèng kori pabarisan | Yusup Adi ngungun dènira ningali | dening Ki Tambilara ||

6. biru èrêm sariranirèki | abuh abêngêp ing mukanira | sigra cinandhak astane | dhuh bapa paran iku | sira têka asalin warni |

--- 4: 69 ---

Tambiduljakim sigra | binêkta malêbu | sapraptanira ngajêngan | lara nangis sumungkêm padanira Mir | tinarik astanira ||

7. hèh si bapa ya Tambiduljakim | sira bapa ngadêga kewala | pagene malih rupane | wadananira biru | abuh bêngêp ingsun tingali | biru èrêm sadaya | sariranirèku | sira duk anèng Karsinah | warnanira bapa kaliwat dumêling | payo bapa tutura ||

8. ing sakèhe pratingkahirèki | manawa ngong bisa ngluwarana | umatur sarya tangise | inggih amba rumuhun | amanggihi paduka Amir | wontên wana Karsinah | kawula pan laju | dhatêng ing Rum pan adagang | sangang wulan wontên ing Ngêrum nagari | ingkang kawula ambah ||

9. tanah ing Rum samya kulit putih | kalih praja kang tumut paduka | pun bapa kalangkung kajèn | wontên Turki pukulun | Raja Sarkab ingkang ngratoni | wus lami amba pindhah | gih taksih tanah Rum | kang sami tumut paduka | Rum Samtari pun Iskaliskalan nênggih | kang darbèni punika ||

10. wontên malih Ngêrum Burudangin | klangkung agêng kratone punika | salor Kistambul kithane | pitung wulan puniku | dharatane saking Rum Turki | layaran kalih wulan | kawula angsung wruh | dening ratu gung prakosa | dèrèng ngidhêp agama paduka maksih | agama Nuh kewala ||

11. langkung agêng karatonirèki | ing Burudangin Sang Raja Nuban | nguni kang sêpuh namane | punika asêsunu | sasedane [sa...]

--- 4: 70 ---

[...sedane] rama gumanti | Raja Tasangsulngalam | Burudangin Prabu | kadange èstri sajuga | langkung endah aran Dèwi Isnaningsih | punjul ing pramudita ||

12. mèh ngasorkên rêsmining kang sasi | Raja Tasangsulngalam punika | sakalangkung prawirane | tuhu ing jagat kasub | prakosane datanpa tandhing | darbe putri yu endah | aran Rêtna Jetun | lan kang bibi têtimbangan | tanpa sama tuhu nyêle anèng bumi | dèrèng wontên akrama ||

13. Isnaningsih lan Ni Kamarukmi | samya ginadhang ing sayêmbara | singa ingkang ngasorake | ing prang kuwasa junjung | ambantinga madyaning jurit | sayêkti jatukrama | kathah para ratu | ing tanah Ngrum pan atusan | pan aewon ngadêgi sayêmbarèki | kathah ratu prakosa ||

14. datan wontên mungkasi sawiji | kongsi bêra langkung saking wayah | saking angèl têtukone | Isnaningsih puniku | wayah manak pêpitu nênggih | Kamarukmi punika | pantês manak têlu | sami dèrèng wontên krama | nguni amba prapta nagri Burudangin | kongsi wruh ingkang warna ||

15. dagangan amba kang dèn tingali | pinanggihan wisma panggung êmas | kang sinotya jumêrute | turut tirahing wuwung | pulunannya tumut manggihi | Kamarukmi punika | putri sudibya nung | dangu mulat ing dagangan | pan kawula dinangu tiniti-titi | paman prajamu kana ||

16. apa nora nana ratu sêkti | dene nora na nêkani paman | ing

--- 4: 71 ---

sayêmbara ngong kene | dupi amba ngarungu | pangucape sang rajaputri | sariramba marlupa | atêmah ngalumpruk | saking manising wacana | apan kadya madu kilang dèn ratusi | sari-sari sajagat ||

17. kula matur inggih wontên ugi | tanah Ngarab kêkutha Kuparman | pinunjul kaprawirane | amba dipun gêguyu | nora paman tuturirèki | lamun nyata anaa | sayêkti wus rawuh | iya ingsun wus miyarsa | Bagendhambyah Wong Agung Surayèng Bumi | bêbala para nata ||

18. nanging măngsa wania ajurit | mungsuh lawan kakang mas narendra | angrasa ika awake | mulane nora rawuh | sayêmbara mring Burudangin | rumăngsa nora nyandhang | mungsuh kaka prabu | yèn maksih rante kancana | salukune ratu sangisoring langit | măngsa kêlara nyandhang ||

19. pan makotên andikanirèki | kula raos inggih ngalam donya | dèrèng wontên têtondhene | kang mirib Sang Dyah Ayu | Isnaningsih putri Brudangin | lan Kamarukmi paran | kinarya puniku | dede tètèsing manungsa | manawi jin lamun putrining para ji | tan wontên makatêna ||

20. sampun sami kawula gambari | ing warnane putri kalih pisan | tan ilang sagung cacahe | amba bêli rong èwu | apan nyèwu gambar satunggil | punika kula bêkta | katura pukulun | pinêndhêt saking kanthongan | ingaturkên tinampan ing Jayèngmurti | lêpiyan kalih pisan ||

--- 4: 72 ---

21. wus binabar lêmpitane sami | ngungun miyat Sang Surayèng Jagat | èstu pinunjul gambare | pan gantya para ratu | para putra samya nupèksi | eram ingkang tumingal | èstu yèn pinunjul | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | mulat mangu kumyus karingêtirèki | karasa ing wardaya ||

22. nulya bubar wong agung tinangkil | Tambiduljakim binaktèng pura | purane pasanggrahane | tan pisah lan wong agung | pan ingakên bapa sayêkti | wau ta kang winarna | ing sakonduripun | Natèng Kaos pan kagagas | onêng miyat gambare putri Brudangin | kalamun tan panggiha ||

23. lan kang ginambar ciptanirèki | kaya kêna ing brăngta kantaka | ginugu ing pakaryane | rumasuk ing tyasipun | datan kêna lali saari | mung kang katon jro gambar | mangkana winuwus | Tambiduljakim punika | pinaringan inggih kang dinar sakêthi | gambaripun tinilar ||

24. pinundhutkên bala ing Sêrandil | ingatêrkên mulih marang Kusta | Tambiduljakim antuke | kathah pêparingipun | mangkat saking ing Malebari | kunêng wau kawarna | kang anggung among kung | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | sampun darbe sêlir ingkang para putri | sadaya ayu endah ||

25. parandene tan wontên katolih | amung gambar ciniptèng wardaya | kacangkol anèng driyane | duk samana ing dalu | animbali putri ing Turki | Radèn Samardikaran | prapta wus kapangguh | marang Prabu Ibnu Ngumar | angandika [a...]

--- 4: 73 ---

[...ngandika] hèh yayi putra ing Turki | apa ta gêlêm sira ||

26. milu labuh pati marang mami | lunga namur atinggal ing bala | amunga lan kuda bae | Samardikaran matur | yèn paduka anggèr lunga nis | yèn kula kinarsakna | dèn atêmah lêbur | sanyari măngsa gingganga | inggih tuwan akarsa dhatêng ing pundi | kawula jarwanana ||

27. ingsun arsa mring Ngrum Burudangin | arsa aprang lan Tasangsulngalam | yèn kasor sun prih putrine | yayi aywa angsung wruh | lèngsèr bae ngilang ing wêngi | Radyan Samardikaran | sandika turipun | inggih suwawi sakarsa | samya dandan wong agung kalih wus prapti | wantu maksih taruna ||

69. Sinom

69. Sayid Ibnu Ngumar ngêdêgi Sayêmbara

1. wau kang andon anamar | saking pakuwon amijil | samya anitih turăngga | sakapraboning ajurit | lunga ngikis ing latri | tatkala ing pukul satu | langkung pakuwonira | Sri Naranatèng Sêrandil | kang sêkilwak ing dalu pakuwon Selan ||

2. ratu sakawan punika | pêpitu para dipati | mangkana Sang Rajèng Nglaka | kang duwe sakilwak wêngi | mêntas ngidêri baris | kèndêl sakilwakanipun | Raja Orang Kaorang | wadyane sirêp aguling | ratu kalih tan arsa cucul turăngga ||

3. manahipun [manahi...]

--- 4: 74 ---

[...pun] mêlang-mêlang | mangkana kang lunga ngikis | langkung ngarsèng sakilwakan | kagyat sang narendra kalih | pinêgatan ing ngarsi | wus cêlak pan botên pandung | anggèr mila paduka | puniki angikis latri | punapa kang dados ardayaning karya ||

4. nutur duk mulat ing gambar | putri ing Ngrum Burudangin | jêng eyang Tamiyan koja | saungkure awak mami | pan ing tyas ingsun iki | kêpati kudu prang pupuh | supayane kênaa | putrine sun tuku jurit | duk miyarsa Sang Prabu Orang Kaorang ||

5. yèn makatên karsa tuwan | dene ta pun kaki kalih | wus anganti lampah tuwan | botên kuwasa ngaturi | sayêkti anglabuhi | sakarsa paduka anut | supaya rumêksaa | ing pakewuh prapta pati | nulya sarêng kalihe nitih turăngga ||

6. dadya wong agung sakawan | tan mawi wadya sawiji | sadalu ing lampahira | saking nagri Malebari | byar prapta ing wanadri | lêpas wau lampahipun | anjujur wanapringga | yèn dalu rêrêp wanadri | ngambil kidang binakar nuli dèn dhahar ||

7. rintên prasamya lumampah | tan ketang pringganing margi | ya saking sruning kang karsa | anuruti tyasing brangti | tan wontên kang katolih | mung lêpiyan kang kaetung | Sri Sayid Ibnu Ngumar | wus lami datan winarni | rêroncène pratingkah solah nèng marga ||

8. Rahadèn Samardikaran | ngaturi praptanirèki | marang Turki prajanira | wus têbih ing Malebari | praptèng nagari Turki | Raja

--- 4: 75 ---

Sarkab kithanipun | ature putrèng Sarkab | suwawi ambêkta baris | sayêmbara dhatêng Brudangin nagara ||

9. sampun anêrak kanisthan | tuwan trah Kakungingbumi | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | tan arsa amawi dasih | suka tindak pribadi | kadya ge apranga pupuh | lan Burudangin Raja | dadya jrih ingkang ngaturi | ing karsane Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

10. kunêng datan kawursita | kang kèndêl nagari Turki | wuri anggung awuyungan | ing Kusniya Malebari | katur musnanirèki | saking pagulinganipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | tan mawi bala satunggil | sarêng opyak Rajèng Selan Prabu Sarkab ||

11. pan sarêng sadalu sirna | putranira Sarkab Turki | Sang Prabu Orang Kaorang | ing Nglaka sarêng sawêngi | katur ing Jayèngmurti | wus anarka nunggil kayun | wong agung siniwaka | ngandika mring para aji | tuwin marang Umarmaya Arya Maktal ||

12. kaki Sayid Ibnu Ngumar | kang dadya lungane iki | nalika mulat ing gambar | si bapa Duljakim nguni | lawan wartane nguni | lami sayêmbaranipun | tan ana mungkasana | putri ing Ngrum Burudangin | atmajane Sang Raja Tasangsulngalam ||

13. lan kadange ingkang nama | Rêtna Dèwi Isnaningsih | putrine ingkang pêparab | Dèwi Jetun Kamarukmi | ngulari kramanèki | lami sayêmbaranipun | tan ana kang bangkata | pêpanggile putri kalih | lan bobote prang Prabu Tasangsulngalam ||

14. ratu moncol pramudita [pra...]

--- 4: 76 ---

[...mudita] | raja ing Ngrum Burudangin | malah putrine têtanya | mring koja Tambiduljakim | yèn tanah wetan iki | tuwin tanah Arab suwung | tan ana kang digdaya | yèn ana pasthi nêkani | sayêmbara mring Burudangin nagara ||

15. lah iku mulane êsak | jroning tyas datan kawijil | kaki Sayid Ibnu Ngumar | têmahan angikis latri | matura marang mami | manawa tan bênêr iku | umatur para nata | anut ing paduka gusti | saèstu datan liya saking punika ||

16. rêmpêg sagung para nata | ing panarka sampun tunggil | wong agung nimbali garwa | prapta putri Parangakik | lan Sirtupelaèli | yayi paran ta puniku | lungane putunira | iki cêthaning para ji | tunggal tangguh siji tan ana kang nyimpang ||

17. kaki Prabu Ibnu Ngumar | lunga mring Rum Burudangin | angêdêgi sayêmbara | Dèwi Jetun Kamarukmi | lan Dèwi Isnaningsih | Sudarawrêti umatur | inggih lêrês punika | nanging ta puniku nênggih | kinèndêlna bok tiwas amanggih nistha ||

18. yèn nuduha para raja | sintên kang paduka tuding | rèhning lagya yuda brata | wong agung ngandika malih | yayi ingsun pribadi | mring wayahira kang nusul | mung lan Sêkarduwijan | kang Dipati Guritwêsi | kabèh padha tunggua lan putraningwang ||

19. kaki prabu ing Kusniya | yèn mungsuh mêtu ing jurit | iku padha mêtonana | yèn mungsuh tan mêtu jurit | aja na kang mêtoni | anuta karêp si mungsuh | tan tutug angandika | praptane [prapta...]

--- 4: 77 ---

[...ne] Patih Bunandir | tur uninga pakuwoning mungsuh obah ||

20. wontên baris gung kang prapta | bala Prênjuk Prênggi Drênis | kadya jêng gusti punika | rayi paduka sang aji | Karsinah ingkang prapti | bala balabar kadya lun | milane abusêkan | pakuwoning mungsuh inggih | panarkane mungsuh nyidra saking wuntat ||

70. Pangkur

70. Wong Agung badhe ambêdhah nagari Burudangin

1. tur sêmbah Prabu Kusniya | mring kang rama amba mêthuk pribadi | praptanipun yayi prabu | kang rama angandika | mung Si Patih Bunandir ngiringna iku | ing arinira ing Kelan | aywa kèh anggawa dasih ||

2. gèt-êgèti mungsuhira | atur sêmbah Kya Patih Abunandir | Pangeran Ismayasunu | lèngsèr saking ngajêngan | praptèng jawi wadya sawêtara laju | kang pinêthuk sampun prapta | balane kadya jaladri ||

3. wus tundhuk Rajèng Kusniya | miwah para ratu kang senapati | lan Radèn Ismayasunu | anêmbah mring kang raka | sigra lajêng makuwon sawadyanipun | ajêjêl têpining marga | kang samya anêningali ||

4. lajêng manjing pasanggrahan | marêk marang rama lan ibu kalih | tuwin kang raka sang prabu | sadaya rèh jinarwan | duk miyarsa Sang Prabu Karsinah ngungun | dening putra Ibnu Ngumar | mangkana Sang Jayèngmurti ||

5. ngandika lon hèh ta sira | yayi Prabu [Pra...]

--- 4: 78 ---

[...bu] Iskalan Rum Santari | atmajamu kalihipun | dutanên mulih padha | aja nganggo wadya dèn padha anamur | yèn prapta prajane kana | nuli amacaka baris ||

6. dèn tajêm wong rong nagara | Rum Santari kalawan ing Rum Turki | gawea lok dèn angrungu | ing Ngrum Brudangin kana | lamun arsa anglurugi kithanipun | anggêcêk Brudangin padha | Si Kiswarin Si Diswarin ||

7. Iskaliskalan tur sêmbah | putranira pan sampun dèn prentahi | tanpa wadya lampahipun | rikat alêlancaran | tan kawarna anèng marga lampahipun | wus prapta ing prajanira | Radèn Kiswarin Diswarin ||

Lajêng nyandhak: jilid 5.

--- 4: [79] ---

Isinipun.

... Kaca

53. Prabu Rukyatil Polad ambiyantu Prabu Maliyat Kustur. ... 3
54. Raja Kalbujèr pêrang lan Raja Palangkus. ... 4
55. Prabu Wrahat Kustur ngêdali prang. ... 9
56. Prabu Wrahat Kustur kasor kalihan Pangeran Bakdingujaman. ... 13
57. Nagari Karsinah kadhatêngan mêngsah. ... 20
58. Wong agung paring bêbantu dhatêng Karsinah. ... 25
59. Dèwi Joharin Insiyah ngêdalakên kêmat. ... 29
60. Prênjuk, Prênggi lan Drêmis têluk dhatêng Radèn Ruslan. ...35
61. Radèn Ruslan dhaup lan Dèwi Joharin Insiyah. ... 38
62. Radèn Ruslan jumênêng nata ing Karsinah. ... 44

--- 4: [80] ---

63. Patih Bêstak ngumukakên prajuritipun wong agung. ... 50
64. Pangeran Kelan ngêdali prang. ... 53
65. Prabu Maliyat Kustur kasor yudanipun. ... 57
66. Prabu Rukyatil Polad mangsah prang. ... 61
67. Mêmulih manahing bala. ... 65
68. Sayêmbara ing nagari Burudangin. ... 67
69. Sayid Ibnu Ngumar ngêdêgi sayêmbara. ... 73
70. Wong agung badhe ambêdhah nagari Burudangin. ... 77

 


duk kapan. (kembali)
Biasanya guru lagu i: puniki. (kembali)
Biasanya guru lagu a: Kèbar. (kembali)
Drênis. (kembali)
Kurang satu suku kata: lêga tyase ngandika Sang Amir. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ni Joharin Insiyah. (kembali)