Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934-35, #844

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Menak Malebari (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934-35, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  2. Menak Malebari (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934-35, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  3. Menak Malebari (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934-35, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  4. Menak Malebari (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934-35, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  5. Menak Malebari (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934-35, #844. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
Image

Serie No. 1155d

Menak Malebari

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 5.

Balepustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 5 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 5 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

71. Prabu Sayid Ibnu Ngumar Wontên ing Taman Burudangin.

1. Pangkur

1. wus lajêng samêktèng yuda | ngirabakên baris saking kuthèki | kunêng ta malih winuwus | wau Sang Surayèng Rat | têlas dènnya pitungkas kang para ratu | miwah maring Arya Maktal | wusnya bubaran kang pikir ||

2. ing dalu wong agung mangkat | amung lawan katri Umarmayèki | ngêtab turôngga wus mamprung | tan kari Umarmaya | sabangête panyandêre askardiyu | tan owah pambuntutira | sêdya mring Rum Burudangin ||

3. kunêng kang lagya lêlampah | Rajèng Kaos kang winursita malih | nèng Turki gunêmira wus | lawan Sang Rajèng Nglaka | kang dhingini mring Burudangin anamur | Samardikaran amatah | kantun anindhihi baris ||

4. tumutur lumakyèng wuntat | tur sandika rajaputra ing Turki | mangkana wau sang prabu | lawan Sang Rajèng Nglaka | mangkat saking Turki lêpas lampahipun | ing marga tan kawursita | wus praptèng Rum Burudangin ||

5. wong agung têtiga mindha | raja duta sampun manjing nagari | wontên patamananipun | pacangkramaning nata | kidul wetan saking kitha prênahipun | rinêngga

--- 5 : 4 ---

rinaja warna | cêlak lawan kandhang kambing ||

6. kambing iku warna-warna | ana kambing kadhahar ulamnèki | ana kambing wulunipun | kang kinarya busana | wong jro pura miwah busana sang prabu | sangkêlat dhahar lan para | tinêngga sapuluh mantri ||

7. dening ta ing karsanira | Rajèng Kaos ajrih enggala panggih | manjing patamanan agung | pacangkraman sang nata | asri tinon uparênggane dinulu | pasthi kapyarsa sang nata | Sang Prabu Rum Burudangin ||

8. nêngêna kang anèng taman | Rajèng Kaos lawan sang prabu kalih | Natèng Brudangin winuwus | sampun miyarsa warta | lamun wontên bala ing Turki ngalurug | parentah saking Kuparman | wus ngancik desa paminggir ||

9. nama Dyan Samardikaran | putrèng Turki minôngka senapati | lêt sawulan dènnya rawuh | wong Rum Santari prapta | kalih yuta barise pan sampun kumpul | lan Radèn Samardikaran | Radèn Kiswarin Diswarin ||

10. malah undhaking pawarta | bala saking Kuparman kang gêdhèni | pan môngsa wania iku | têtêlu padha bocah | yêkti ana iku sêsimpênanipun | gêgêdhuging rananggana | kang môngka rêtnaning jurit ||

11. dadya Sri Tasangsulngalam | pêparentah marang wadya prajurit | kinèn siyaga prang pupuh | sagunging para nata | myang satriya punggawa sawadyanipun | wus sami samêktèng yuda | prajurit Rum Burudangin ||

12. gantya malih kawuwusa | ratu katri kang anèng tamansari | andêkêp menda têtêlu | binakaran dhinahar |

--- 5 : 5 ---

kawênangan marang kang angon puniku | tiningalan dudu bôngsa | wong têlu tan kulit putih ||

13. tinakonan yèn wong Arab | kinara wus sangêt ngujar-ujari | baya ki dutaning mungsuh | dene wani angalap | anêmbêlèh wêdhus kagungan sang prabu | mamak tambung laku sira | angajarakên bilai ||

14. angumpul mantri sadaya | sira iku apa sêdyanirèki | datanpa wadya praptamu | alon ing saurira | ingsun iki iya putune wong agung | ingkang kêkutha Kuparman | praptaningsun nêdya jurit ||

15. iya lawan ratunira | Si Tasangsulngalam ing Burudangin | age tutura ratumu | mantri kêkalih sigra | kang lumampah mring pura mêdal ing pungkur | matur yèn wontên wong prapta | cahyane amindha sasi ||

16. kathahipun mung têtitatêtiga | lan turôngga sakapraboning jurit | wayahipun Jayèngsatru | Natèng Kaos nagara | Raja Sayid Ibnu Ngumar namanipun | nêdya prang lan padukendra | mangke wontên tamansari ||

17. kagyat sang nata ngandika | ingkang prapta dudu Si Jayèngmurti | sigra wau sang aprabu | ngrasuk kapraboning prang | angandika aja na warta gumuruh | wong iku praptane namar | sun têmoni padha nilib ||

18. Natèng Brudangin saksana | mring kaputrèn amanggihi kang rayi | Dèwi Isnaningsih pangguh | kalawan ingkang putra | Dèwi Jetun Kamarukmi gya tumurun | lan kang bibi samya nêmbah | sang prabu ngandika aris ||

19. yayi dèwi ana mêngsah | cucuking [cucu...]

--- 5 : 6 ---

[...king] prang prapta desa paminggir | Raja Arab kang pinunjul | kang kêkutha Kuparman | ngawulakkên sagung para ratu-ratu | nora mêtu sayêmbara | pan nêdya gitik nagari ||

20. Wong Agung Surayèng Jagat | ing niyate ngayoni jênêng mami | apa kasêktène iku | samêngko lagi prapta | Raja Sayid Ibnu Ngumar prênah putu | dening Wong Agung Kuparman | sun iki arsa manggihi ||

21. Wong Arab nora kayaa | dahwèn opèn anggugah wong aguling | tur môngsa kêlara iku | nadhahi paluningwang | Rêtna Jetun Kamarukmi awotsantun | manawi inggih punika | duk rayi tuwan jêng bibi ||

22. rumiyin takèn pun koja | prapta dagang wasta Tambiduljakim | jêng bibi pamoyokipun | wong bang wetan tan ana | ratu sêkti yèn anaa pasthi rawuh | mêtoni ing sayêmbara | mring nagri Rum Burudangin ||

23. iya ratu padha tiwas | ana putri pinunjul ing sabumi | layak padha wêdi iku | nêkani sayêmbara | pan makatên pun bibi pamoyokipun | mila mênggalaning aprang | praptane mucung ing jurit ||

72. Sayid Ibnu Ngumar Kasoran Prang.

2. PocungTeks asli: Pucung.

1. ya ta wau sang nata miyos ing pungkur | sampun nitih kuda | anyandêr mring tamansari | tan adangu lampahira [lampah...]

--- 5 : 7 ---

[...ira] nulya prapta ||

2. wus apangguh lawan wong agung katêlu | nèng jawining taman | angling Rajèng Ngrum Brudangin | payo êndi kang nantang prang lawan ingwang ||

3. sira iku apa nyata putunipun | mring Si Kakungingrat | sapa ta aranirèki | maksih bocah bok aja mungsuh maringwang ||

4. lon sumaur ingsun Maryunanisunu | yèku ramaningwang | putra kang sêpuh pribadi | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagat ||

5. ibunipun putri ing Mêsir pinunjul | milane ngong prapta | sanggup nyêkêl ing sirèki | sun aturkên bêblênggon mring kangjêng eyang ||

6. apan ingsun wus ingadêgakên ratu | nèng Kaos nagara | Sri Maha Narpati Jobin | kangjêng ibu yaiku ingkang pêputra ||

7. nagri iku waris saking ibuningsun | Sayid Ibnu Ngumar | pêparab ingsun narpati | sugih bala ingsun para raja-raja ||

8. nadyan timur jêr uwis ingajar ingsun | tate bônda raja | nadyan Ratu Parangakik | palastrane iya prang kalawan ingwang ||

9. apan ingsun wus kawêca lanang tuhu | milane sun tilar | amêngku Kaos nagari | pan sinêmbah dening para raja-raja ||

10. sru gumuyu ing Rum Burudangin Prabu | babo sumakeyan | sumbung putuning prajurit | môngsa dadak tirua Surayèng Jagat ||

11. lamun ingsun angladènana sirèku | kapirare nistha | ngling Rajèng Kaos nagari | nora nana prajurit anampik lawan ||

12. asru matur prabu ing Nglaka kang sêpuh | kula kang maguta [ma...]

--- 5 : 8 ---

[...guta] | sanadyan prapta ing pati | padha tuwa sokur kasoran dening wang ||

13. sauripun dèn yitna yèn kêdah magut | sigra marang ngarsa | hèh rajèng ing Burudangin | ingsun patut apranga kalawan sira ||

14. ingsun ratu ing Nglaka kadhaton ingsun | kang ngrèh ratu dhomas | kang ngidhêp Ratu Sêrandil | ratu gêdhe kang padha kasor dening wang ||

15. apan ingsun ipene Prabu Lamdahur | andêling Kuparman | ratu manjing kulit daging | manjing darah lawan Jêng Sultan Kuparman ||

16. yèn prang pupuh gadane Prabu Lamdahur | gêmpurakên kutha | dadi awu kutha Dêmis | lawan dadi uwote kang jagang-jagang ||

17. kang wadya gung anguwot ing gadanipun | kowe iya masa | tirua Rajèng Sêrandil | Sang Rajèng Rum Brudangin sru wuwusira ||

18. apan ingsun nora giris ing sumbungmu | apan nora liwat | ing alas kayu gêng sami | sun babadi dening palu ranteningwang ||

19. kang sapêluk kang sagajah ajur mumur | palu ranteningwang | bisa babadi wanadri | ngalas gêmpur wadyèngong olèh lumampah ||

20. sira kudu ngrasani salukuningsun | kang rante kancana | payo dèn kaparèng ngarsi | Natèng Nglaka majêng payo tibakêna ||

21. sinalukun ing rante wau sang prabu | sumêbut anglanjak | kagubêd sri narapati | binathêthêt kudane ajur sinêndhal ||

22. angalumpruk Sang Raja Orang wus lampus | kang rayi tumingal | Raja Kaorang mrêpêki | arsa gada mring Burudangin [Bu...]

--- 5 : 9 ---

[...rudangin] Narendra ||

23. kêbatipun Kaorang wus sinalukun | rêmpu angganira | lan turanggane ngêmasi | klangkung duka Ibnu Ngumar dènnya mulat ||

24. langkapipun pinênthang sanjata mamprung | tumama kang panah | raja ing Rum Burudangin | rasukane têtiga pan samya rantas ||

25. panahipun praptèng jro paris kawangsul | malêsat anyimpang | tan pasah ing bajo lapis | ya ta kagyat Sang Prabu Tasangsulngalam ||

26. mrêpak wau sarya angikal salukun | palu rantenira | gya sinabêtakên aglis | asru kontal Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

27. tibanipun pisah lan turangganipun | saksana cinandhak | mring Rajèng Rum Burudangin | pan wus sayah katiban palu rante mas ||

28. angalumpruk sarira datanpa bayu | Sayid Ibnu Ngumar | kacêkêl marang sang aji | nora pira bocah jèdhèng pêksa lancang ||

29. nanging ingsun iya datan arsa nglampus | marang jênêngira | bokmanawa besuk prapti | eyangira Kalana Surayèng Jagat ||

30. dadya ingsun kang nistha kalangkung-langkung | wong anom ngajak prang | andadak ingsun têmêni | kapirare hèh ta Sayid Ibnu Ngumar ||

31. awèha wruh sira marang eyangamu | anuli balia | mring barisan Malebari | sun luwari ingsun wèh kuda mring sira ||

32. ingsun langkung ngayun-ayun mring yangamu | age ta tutura | mring yangamu Jayèngmurti | nora nana para ratu ngalam [ngala...]

--- 5 : 10 ---

[...m] donya ||

33. pantês mungsuh ing ayuda lawan ingsun | amung eyangira | padha lêlananging bumi | ya ta sira Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

34. sigra wau nitihi turangganipun | nandêr palarasan | nêdya mring gone wong Turki | barisane Rahadèn Samardikaran ||

35. pan mèh rawuh kacathêt wirang kalangkung | miwah yèn muliha | mring Kusniya Malebari | eling dudu watake satriya Ngarab ||

36. soring pupuh tan arsa waras angunthul | angur palastraa | yèn nora ngilang nèng wukir | manjing wana jurang trêbis kinasmaran ||

73. Sayid Ibnu Ngumar Pêrang kalihan Dèwi Mrêduwati.

3. Asmaradana

1. ngupaya kiwul ing jurit | yèn wus olèh kawisesan | pitulungira Hyang Manon | sigra Prabu Kaos nulak | wangsul marang ing wana | kang cêlak ing gunung-gunung | alit samya ngalang wana ||

2. jawining kutha tan têbih | puniku pacangkramannya | para putri ingkang darbe | kinarya tamanan endah | rinêngga sri gapura | sarwa di busananipun | akathah warnaning arga ||

3. tugêl-tugêl punang wukir | kinubêngan kali samya | wus kodrat kadya ginawe | lir pinatut ing manungsa | tugêl-tugêling arga | kinubêngan kali ciyut | binotrawi têtirahnya ||

4. pêpêthetan warni-warni | puspitanjrah [puspi...]

--- 5 : 11 ---

[...tanjrah] tan na ilang | kêmbang-kêmbang kèh warnane | patamanane sang nata | miwah putri sadaya | putri kadang putri sunu | anênggih nunggil sawana ||

5. nanging samya lêtan kali | lawan lêt wukir-wukiran | lawan kêkayon êlête | mangkana kang kawuwusa | Sri Sayid Ibnu Ngumar | kadarung gonira wangsul | kasasar têlênging taman ||

6. Natèng Kaos anglêbêti | eram mulat jroning taman | kasusu sangêt aripe | tan etung ing pôncabaya | turôngga inguculan | ginêtak marang gon rumput | sagung dandananing aprang ||

7. binêkta mring pinggir warih | kinarya krang ulu nendra | mung sela itêm têpine | kasongan ing nagapuspa | eca dènira nendra | kunêng malih kang winuwus | Rahadyan Samardikaran ||

8. dadya sarêng lampahnèki | nanging ta gantya winarna | wus lami tilar barise | kang paman kang tinanggênan | têtêngga barisira | arine kang rama prabu | anama Radèn Sabarwan ||

9. arinipun Sarkab Turki | satriyèku wus prawira | wus rêmbag ing panusule | lan putri Iskaliskalan | Radèn Kiswarin miwah | Diswarin samya atunggu | ing baris lan pra dipatya ||

10. putra Sarkab ing sêdyèki | anut ing salasahira | ing gusti Sang Rajèng Kaos | marang sajroning nagara | ing dalu tanpa rowang | amung lan turangganipun | kalawan kapraboning prang ||

11. tigang dalu kawan ari | lampahe Samardikaran [Samardi...]

--- 5 : 12 ---

[...karan] | nora mampir nora mondhok | saking kêncênging tyasira | kasasar anèng taman | nanging lêt panggonanipun | lawan Prabu Ibnu Ngumar ||

12. kang darbe tamanirèki | gonira Samardikaran | pulunanira sang katong | kadange kang darbe putra | pinundhut marang uwa | kinêmbar lan putrinipun | dadya putri jro kadhatyan ||

13. nama Dèwi Mrêduwati | sadaya prawirèng yuda | dènnya wus matêng ajare | putri Brudangin sadaya | prang kuda aprang dharat | Rajaputra Turki wau | tan kongsi cucul busana ||

14. kasusu arip kapati | lajêng anendra kewala | tan angetung pakewuhe | ya ta ingkang kawuwusa | putri kêkalih lagya | angajar pawonganipun | aprang kuda marang wana ||

15. Rêtna Jetun Kamarukmi | lan Mrêduwati arinya | naking-sanak sayêktine | satriya arining nata | Rahadèn Duringalam | punika ingkang sêsunu | Mrêduwati putri endah ||

16. tumut kang raka gêladhi | marang prajurit wanodya | satus putri para katong | ingkang rayi kawan dasa | samya putri pilihan | sutaning para tumênggung | datan arsa kathah-kathah ||

17. wus mijil saking jro puri | mêdal kori bêbutulan | satriya lan punggawane | putri sadaya sandêran | samarga ajar-ajar | pratingkahe prang kudèku | lêpas prapta ing padesan ||

18. wana tarataban nênggih | ênggone wong angon menda | wus sayah [sa...]

--- 5 : 13 ---

[...yah] samya arèrèn | samya mudhun saking kuda | wontên ngandhaping gurda | amundhut inumanipun | nginum putri kalihira ||

19. Rêtna Jetun Kamarukmi | angandika mring arinya | Mrêduwati ariningong | wong Arab bisa prang kuda | para putrine samya | mulane aja katungkul | ya môngsa wurunga prapta ||

20. Wong Agung Surayèng Bumi | Kalana kang andon aprang | pan wus prapta manggalane | barise wus wani ngambah | ing Brudangin nagara | sampunira kèndêl nginum | lajêng sawadya cêcala ||

21. samarga ajar ajurit | ngiras samya ambêbêdhag | pan sabên pacangkramane | akathah buron tukira | wayah lingsir kang siyang | sadaya kirimanipun | saking pura jujug taman ||

22. kagyat wau aningali | ana wong agung anendra | nukmèng sasôngka citrane | samya jrih amrêpêkana | dadya atur uninga | mring gusti samya anusul | kêkalih ngaturi priksa ||

23. prapta ngarsane sang putri | umatur lamun ing taman | wontên satriya asare | inggih datan mawi rowang | amung ijèn kewala | inggih lan turangganipun | dede putra Rum punika ||

24. sang rêtna kagyat nulya glis | sawadya nandêr mring taman | cara priya busanane | tan môntra lamun wanodya | prapta mangu tumingal | graitanira sang ayu | iki têlike wong Arab ||

25. tunggale baris kang prapti | lah kudane kambilana | aja kasusu kang duwe | sanadyan ingsun gugaha |

--- 5 : 14 ---

ingsun pan ora nistha | yèn ngajak prang wong aturu | kudane misih lagaran ||

26. kuda sampun dèn kambili | mung kari gêgamaning prang | kinarang ulu asare | sigra winungu kalawan | surak sawadyanira | gugah sang nata gya wungu | mulat prajurit kang prapta ||

27. kuda panggih dèn kambili | pan dèrèng cucul busana | sang prabu sigra adêge | nitih turôngga anyongklang | marang gon ingkang jêmbar | yun-ayunan sru amuwus | Sang Dyah Brudangin têtanya ||

28. sira ta iki wong ngêndi | sumaur kang tinakonan | ingsun narendra ing Kaos | aran Sayid Ibnu Ngumar | pan ingsun iki prênah | kang wayah maring Wong Agung | Kalana Surayèng Jagat ||

29. putri Rum ing Burudangin | lajêng dènnya mênthang langkap | pinanah Sang Rajèng Kaos | kêna parise kinipat | jêmparing kapalêsat | winalês parisanipun | sumyur katiban sanjata ||

30. kang rayi Ni Mrêduwati | tulung ngarubut amanah | wau kang lagya asare | taman ing liyan punika | wungu myarsa kang surak | gya nitih kuda mangidul | Rahadèn Samardikaran ||

31. mêningi rame ajurit | rahadèn wruh yèn gustinya | ingkang prang Sang Rajèng Kaos | sigra narik pêdhangira | Mrêduwati pinêdhang | kang angrubut ing prangipun | Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

32. sira Dèwi Mrêduwati | kagyat ana ingkang prapta | pinêdhang tangkis parise | Mrêduwati wus cinandhak | marang Samardikaran | singsal saking kudanipun | binanting mundur anganan ||

--- 5 : 15 ---

74. Wong Agung Pêrang kalihan Ratu Burudangin.

4. Durma

1. sigra Dèwi Jetun Kamarukmi nyandhak | lawung amarêpêki | lumarap anyandhak | watangira anumbak | karêbut sigra sang putri | asru binuntar | tiba saking turanggi ||

2. ya ta Prabu Sayid Ibnu Ngumar sigra | têdhak saking turanggi | mungsuhe cinandhak | wadyane tulung samya | Samardikaran nadhahi | asta satunggal | pêdhange mobat-mabit ||

3. asta ingkang satunggal nyêpêng mungsuhnya | prabu jaka nyêpêngi | mungsuhe kantaka | jajane ginrayangan | ana pambayun prayogi | lathi katingal | lathine ing pawèstri ||

4. sang rêtna yu sampun emut wungu lênggah | anungkul ingsun iki | ya wus nora kêlar | mungsuh Wong Agung Arab | nanging ingsun iki èstri | dudu wong lanang | putri Rum Burudangin ||

5. sinapihan wadya kaputrèn sadaya | kang arsa ambelani | dadya samya marak | ing gusti sang lir rêtna | wau Dèwi Mrêduwati | sampun kasoran | nungkul ing putra Turki ||

6. lajêng sami dhaharan wong agung papat | kiriman sampun prapti | wus tata lênggahnya | kapencut ing tyasira | Rêtna Jetun Kamarukmi | lan prabu jaka | brôngta kêpati-pati ||

7. Mrêduwati asih mring Samardikaran | jinodho pan wus pasthi | eca dènnya [dè...]

--- 5 : 16 ---

[...nnya] dhahar | angiras pagunêman | kunêng kawuwusa malih | ing lampahira | Wong Agung Jayèngmurti ||

8. pan samarga-marga agung rawat waspa | lamine tan winarni | prapta ngancik tanah | Burudangin nagara | wong agung manjing nagari | anut salasah- | ira kang wayah nguni ||

9. wontên taman pacangkramaning sang nata | Rajèng Rum Burudangin | wus mijil mring taman | mulat ing layonira | sang prabu ing Nglaka kalih | Orang Kaorang | kumêpyur tyasira Mir ||

10. gya rinangkul kang layon Orang Kaorang | kinêmpit dèn tangisi | paran solahira | yayi prabu ing Nglaka | putunira anèng ngêndi | Si Ibnu Ngumar | sira nêmahi pati ||

11. Umarmaya umatur tuwan sarèhna | luwung sami pêpulih | lawan wayah tuwan | Sri Sayid Ibnu Ngumar | dèrèng kantênan puniki | wungu sakala | suraning tyas mawrêdi ||

12. cipta mantêp yèn amanggihana ingkang | matèni ratu kalih | tanya juru taman | hèh juru taman sira | sapa ta ingkang matèni | tunggale pira | iya kang mati iki ||

13. alon matur inggih tunggile têtiga | satunggal putunèki | mring Sang Jayèngrana | nanging botên palastra | kasor prang lawan sang aji | Tasangsulngalam | Rajèng Rum Burudangin ||

14. kinèn mantuk inggih ing mangke wikana | sigra Sang Bagendha Mir | lah payo atêrna | tutura ratunira | yèn ingsun arsa prang tandhing | sarêng lumampah | juru taman kang ngirid [ngi...]

--- 5 : 17 ---

[...rid] ||

15. sapraptane ing kori pungkuranira | wong agung ngandika ris | lamun ratunira | têtanya aran ingwang | Wong Agung Surayèng Bumi | wong juru taman | lajêng umanjing puri ||

16. prapta matur dhuh gusti sri maharaja | wontên têtiyang prapti | kalih kathahira | ngajak prang mring paduka | Wong Agung Surayèng Bumi | pan Raja Arab | wontên pungkuran inggih ||

17. sru sang prabu akèn angapani kuda | kawot kaprabon jurit | kang palu rante mas | kawot anèng turôngga | mijil angidung parasi | saking sukanya | Sang Natèng Burudangin ||

18. nitih kuda nandêr marang patamanan | juru kêbon tutwuri | wau Sang Dipatya | Tasikwaja tumingal | matur ing Sang Jayèngmurti | punika prapta | Rajèng Rum Burudangin ||

19. aprayoga agêng dêdêge parusa | dhegus ratu puniki | sêmbada ing solah | kadya andaka krura | paduka dèn ngati-ati | pantês prawira | sigra Sang Jayèngmurti ||

20. nitih kuda mrêpêki ayun-ayunan | gumuyu bêlik-bêlik | bêja kêmayangan | ingsun panggih lan sira | wus lawas gon ingsun nganti | aprang lan sira | putunira mèh mati ||

21. nora ingsun patèni manawa sira | anutuh marang mami | angladèni bocah | tan duwe palamarta | sanadyan bature kalih | ingsun nalôngsa | iya sawuse mati ||

22. ya bok ana panutuhira maringwang | mêngko têmu pribadi | apa karêpira | dèn taha payo aprang | Wong Agung Surayèng

--- 5 : 18 ---

Bumi | alon ngandika | ngong anut ing sirèki ||

23. dhinginana apa kang anèng ing sira | ngling Rajèng Burudangin | abêcik ta sira | ingkang andhinginana | yèn ingsun kinèn dhingini | tan kongsi sira | amalês marang mami ||

24. yèn katiban ing palu rante ta sira | pasthi rata lan bumi | ngling Sang Kakungingrat | sanadyan mangkonoa | yèn wus untunge wak mami | môngsa selaka | Sang Natèng Burudangin ||

25. ngikal palu rante mas mubêng nèng asta | sinabêtakên aglis | witing nagapuspa | lima sagajah-gajah | kang papat sumyur wor siti | kang siji mlêsat | malêdug mring wiyati ||

26. lah ta iki Jayèngrana sabêt ingwang | apa sira tan wêdi | mulane gadaa | supaya sun ngrasakna | marang pêpukulirèki | ngling aja susah | apan ingsun andhêmi ||

27. hèh ta apa Brudangin pangucapira | sigra Sang Jayèngmurti | parisane waja | pinasang munggèng kuda | mung camêthi wasiyating | Nabi Suleman | saking ing Ngajrak nguni ||

28. ngikal palu rante mas Tasangsulngalam | Rajèng Rum Burudangin | sumêbut pinapag | ing camêthi suh rantas | ajur mumur rontang-ranting | jêtung angucap | Sang Natèng Burudangin ||

29. tuhu sira prajurit lananging jagat | nadhahi palu mami | apa ingsun karya | aprang kalawan sira | gêgaman sadonya iki | môngsa bangkata | lah payo Jayèngmurti ||

30. payo maring kêbon nagasari samas | pan agêng witirèki | kang sakuda ana | miwah ingkang sagajah [saga...]

--- 5 : 19 ---

[...jah] | Jayèngmurti anuruti | sapraptanira | bêdhol wit nagasari ||

31. kalihipun sami bêdhol nagapuspa | pukul-pinukul sami | têmpuh sami wrêksa | ajur mumur kalihnya | Marmaya eram ningali | ngadhêp kalawan | wong juru taman sami ||

32. eram mulat sarêng nyandhak kalihira | ing witing nagasari | sadina dènnya prang | wit nagasari samas | sawiji tan ana kari | rêmpu sadaya | balasah bosah-basih ||

33. alon mojar Sang Prabu Tasangsulngalam | Rajèng Rum Burudangin | payo lèrèn padha | gêgaman iki sirna | ingsun karya rante maning | ya antènana | ing gêdhong mucung mami ||

75. Wong Agung Lêrêm Wontên ing Balekambang.

5. PocungTeks asli: Pucung.

1. sira iku aja lunga sun têtamu | sira ayêmêna | sariranira nèng ngriki | asarea nèng gêdhong kinambang toya ||

2. apan ingsun arsa mulih karya palu | ngumpulakên êmas | sun wuwuhi êmas malih | têlung atus kati dimèn wuwuh awrat ||

3. panjingipun bobot sèwu têlung atus | kati ngalih dasa | tail supaya yèn dadi | karasaa sun sabêtakên ing sira ||

4. sigra kondur satunggil kang atut pungkur | mung wong juru taman | Wong Agung Surayèng Bumi | lawan Umarmaya maring gêdhong kambang ||

--- 5 : 20 ---

5. ngandika rum Sang Kalana Jayèngsatru | kakang Umarmaya | luwih têmên ratu iki | prawirane prakosa tuhu digdaya ||

6. alon matur kawula eram andulu | lan wong juru taman | angalêm paduka Amir | kula ngalêm dhumatêng ratu punika ||

7. slaminipun kawula dèrèng andulu | kang kadya narendra | natèng ing Rum Burudangin | pun Tasangsulngalam luwih ing sajagat ||

8. ya ta wau kondure praptèng kadhatun | jujug kadangira | Rêtna Dèwi Isnaningsih | tutur-tutur saparipolahing aprang ||

9. dènnya mungsuh ing Kalana Jayèngsatru | tuhu kakunging rat | sajêge durung amanggih | prawirane kaya Si Surayèng Jagat ||

10. sira iku pasthi tan kuwawa mungsuh | nadyan yayi ingwang | agêtêm agung nguwati | bêtahakên brêkênêngku mèh kasoran ||

11. ariningsun sira saosa sêsuguh | ingkang endah-endah | marang Si Surayèng Bumi | Rêtna Isnaningsih ature sandika ||

12. kakang prabu paduka anèh kalangkung | mungsuh sinuguhan | punapa agawe bêcik | marang mungsuh inggih asile punapa ||

13. sang aprabu aris pangandikanipun | yayi lakonana | nora ala gawe bêcik | sokur lamun ing têmbe nêmu raharja ||

14. nguni ingsun prang ratu kang punjul-punjul | tan ana èmpêrnya | Wong Agung Surayèng Bumi | adhuh êmbuh wak ingsun pan wus karasa ||

15. lamun ingsun kasoran ing yudanipun | sira aja nglawan | môngsa [mông...]

--- 5 : 21 ---

[...sa] wurunga kajodhi | angur bêcik sun srahkên urip-uripan ||

16. sru gumuyu kang rayi sarwi umatur | tuwan basakêna | arêruba kadang èstri | paduning wong kasoran mring Raja Arab ||

17. saking wudhu sêkti sarèh yudanipun | ayêm mring pratingkah | nuruti ngenaki ati | sakarsane ing mungsuh nurut kewala ||

18. sang aprabu wus têlas dènnya pitutur | mangkana sang rêtna | sugatanira amintir | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagat ||

19. sang aprabu ngumpulkên kêmasan agung | apandhe jro pura | wuwuh tigang atus kati | tan alami palu rante pan wus dadya ||

20. pan wus mêtu anèng latar bale mangu | mungsuhe dèn undang | Wong Agung Surayèng Bumi | anuruti Sang Raja Tasangsulngalam ||

21. wus apangguh aprang nèng paseban mangu | sagung wong jro pura | akathah samya ningali | ana ingkang aprentah olah-olahan ||

22. asêsuguh lawan mungsuhe puniku | wau yudanira | Wong Agung Surayèng Bumi | rame sami aprang dharat nèng paseban ||

23. pan wong agung sinabêt salukunipun | ing palu rante mas | sigra tinangkis camêthi | saking Ngajrak wasiyat Jêng Nabi Sleman ||

24. kang salukun adangu panggubêdipun | kadya pinijêran | adangu tarik-tinarik | samya kuwat prange wong agung kalihnya ||

25. gantya rubuh kang palu rante tan ucul | orêg jroning pura | kambah ramening ajurit | samya eram angungun ingkang tumingal ||

26. dangu-dangu [da...]

--- 5 : 22 ---

[...ngu-dangu] kang palu rante asumyur | rantas amarapat | ngling Rajèng Rum Burudangin | sun kumpulne Ambyah palu ranteningwang ||

27. wus angumpul dinadèkkên kalih dhawuh | sadhawuhe ana | sabongkoting tal gêngnèki | gya cinandhak kinapyukakên saksana ||

28. lan wong agung katênggêl jôngga ing pungkur | aran tuna dungkap | tinangkis dening camêthi | indha mêndhak sarya mungkur pan kabyukan ||

29. dadya rubuh wong Menak panon sumaput | mangu dènnya mulat | Sang Rajèng Rum Burudangin | maras ing tyas manawa mungsuhe pêjah ||

30. pan wong agung kantu sakala gya wungu | narik pêdhangira | sinawatakên tumuli | jaja kêna Sang Prabu Tasangsulngalam ||

31. bajonipun kang rantas lapis pêpitu | kêrene katrajang | suwèk bajone baruti | gêpok ingkang kulit dagingipun rantas ||

32. pêdhang wangsul anèng jabaning bêbalung | asru wuwusira | Sang Natèng Rum Burudangin | payo rèrèn ingsun iki kapracondhang ||

33. sira iku sêprandene iya tatu | kêbyukan rante mas | yèn wus waras aprang malih | nulya kondur praptèng pura juruh kilang ||

76. Wong Agung Dhaup lan Putri Burudangin.

6. Dhandhanggula

1. pan anjujug gène ingkang rayi | Isnaningsih sang nata kantaka | ingkang garwa prapta kabèh | tangis umyung [u...]

--- 5 : 23 ---

[...myung] gumuruh | ingkang rayi sambat mlasasih | dhuh paran ta kakang mas | gonira prang pupuh | mungsuh iki wus têtela | prange abot sun milu tan dèn lilani | tinulungan tan arsa ||

2. miwah maring prajurit para ji | satriyane miwah pra dipatya | tan ana kalilan kabèh | gêgampang ing prang pupuh | mungsuh iki Surayèng Bumi | tan kêna tinandhingan | ijèn kakang prabu | tinambanan para garwa | tan antara waluya sri narapati | lênggah amundhut dhahar ||

3. miwah wau sugatanirèki | mêngsahira kiniriman tômba | enggala ing waluyane | kang myarsa samya ngungun | garwa miwah Ni Isnaningsih | luwih nora kaduga | iya karsanipun | apan ta sapuluh dina | sabên dina mungsuhe dèn gumatèni | anggung sinuba-suba ||

4. apa gawene kudu ajurit | sapuluh dina arêbut pêjah | sri bupati mèsêm bae | para garwa nênutuh | miwah kadang Ni Isnaningsih | wong tunggu taman ika | angaturi wêruh | yèn dêdamêl mêngsah prapta | putrèng Turki lan putra ing Rum Santari | sampun baris nèng taman ||

5. putrèng Turki punika kang ngirid | Samardikaran têtiganira | Radèn Diswarin namane | Radèn Kiswarin iku | samya putra ing Rum Santari | putra tuwan sang rêtna | kasambut prangipun | mêngsahipun prabu jaka | Rajèng Kaos kang wayah Bagendha Amir | ran Sayid Ibnu Ngumar ||

6. Gusti Rêtna Jetun Kamarukmi | wus katawan marang Ibnu Ngumar | putra tuwan satunggile |

--- 5 : 24 ---

Ni Wrêduwati sampun | pan katawan mring putra Turki | nama Samardikaran | wadyanya pukulun | abaris ngêbroki taman | pan akathah tigang yuta winitawis | kang prapta dèrèng kêndhat ||

7. duk miyarsa ngandika narpati | undhangana sagung para raja | aja wuruk sudi gawe | kabèh prajurit ingsun | satriyèngong lan pra dipati | aja na munasika | praptaning kang mungsuh | sang nata ngrasuk busana | mangkat mêdal wau Sang Bagendha Amir | tatune wus tinamban ||

8. mring Sang Adipati Guritwêsi | wus waluya kanine wong Menak | kasusu wau praptane | Tasangsulngalam Prabu | pinanggihan sampun ajurit | sami tanpa gêgaman | anjunjung-jinunjung | Rajèng Burudangin ngangkat | wanti-wanti wong agung dangu tan osik | wêkasan mèh kabrengkal ||

9. gugup ing tyas Sang Surayèng Bumi | Rajèng Burudangin gya cinandhak | tan osik ing panjunjunge | binarêng pêtak asru | wus kajunjung binanting siti | tan adangu kantaka | wungu nulya matur | ingsun iki wus kasoran | lah pundhutên ariningsun kang pawèstri | mugi ta kagarwaa ||

10. apêparab Dèwi Isnaningsih | Jayèngmurti alon angandika | iku gampang masalahe | lamun sira wus manut | milu marang agama mami | sumaur aja susah | pasthi ingsun manut | sigra kinèn muruk sadat | marang sira Adipati Guritwêsi | sang nata nut wus bisa ||

11. ngandika ris sira Jayèngmurti | sarya amêcat makuthanira | lah tingalana sun kiye |

--- 5 : 25 ---

wus tuwa uwan mabluk | kadangira mêsih kênya di | manawa anampika | gupuh aturipun | inggih ta môngsa nampika | dene sampun angêsorkên ing prang mami | wus kêni sayêmbara ||

12. sigra ingiring manjing jro puri | Umarmaya tansah wurinira | cinêndhak kôndha lakune | rampung paningkahipun | Jayèngmurti lan Isnaningsih | agung bawahanira | panggihe wong agung | maksih tinunggil jro pura | lêt sakêlir wismane Ni Isnaningsih | lan dalême sang nata ||

13. langkung sinuba ginusti-gusti | Rajèng Burudangin jangjinira | miwah wong Menak anggêpe | manjing sudara tuhu | nanging prabu ing Burudangin | Tasangsulngalam ika | kang dadya nomipun | nadyan arine kagarwa | nora etung ipe mung sudara wèdi | manjing sayêkti kadang ||

14. langkung eca nèng pura Sang Amir | gantya wau ingkang kawuwusa | kang anèng taman barise | wadya kaputrèn wau | wus anyipta mungsuh rama ji | gustine wus kagarwa | dènira sang prabu | sira Raja Ibnu Ngumar | duk sineba ing wadya nèng tamansari | Radyan Samardikaran ||

15. Radèn Kiswarin Radèn Diswarin | munggèng ngarsanira prabu jaka | lan sagung pra dipatine | Radèn Diswarin matur | anggèr kula miyarsa warti | wontên prang jroning pura | wus sadasa dalu | dèrèng wontên kang kasoran | langkung gaib Sang Rajèng Rum Burudangin | wêwadining pratingkah ||

16. prabu jaka ing Kaos lingnya

--- 5 : 26 ---

ris | iku balane paman ing Kelan | yèn dudu jêng paman dhewe | anusul lakuningsun | dèn samêkta sagung prajurit | anuli kêkiraba | jro pura kinêpung | sigra atêngara budhal | saking taman kumêrab sagung prajurit | samya mrêpêki kutha ||

17. kèndêl anèng pêpungkuran sami | prajurite sadaya tinilar | wong sakawan duk panjinge | kang ngiring sang aprabu | Ibnu Ngumar putra ing Turki | Rum Santari kalawan | tumut kalihipun | sakawane prabu jaka | Ibnu Ngumar sapraptane korinèki | kèndêl lajêng apêtak ||

18. samya kagyat wong sadalêm puri | rajèng ing Rum Burudangin sigra | lawan Marmaya sarênge | umarêk mring wong agung | praptèng ngarsa matur wotsari | wayah paduka prapta | kang pêtak puniku | sawadyane ngêpang kitha | wadya Turki lawan wadya Rum Santari | kang sami dipun bêkta ||

19. anak amba pan sampun dèn ambil | Jetun Kamarukmi anèng taman | kinawonakên yudane | ya ta mèsêm wong agung | apan myarsa ture kang rayi | yayi prabu dèn enggal | putunira iku | kaki Sayid Ibnu Ngumar | wêtonana ajakên manjing jro puri | enggal panggiha ingwang ||

20. nêmbah mijil Natèng Burudangin | praptèng jawi panggih ingancaran | suwawi manjinga anggèr | ingandikan dèn gupuh | dhatêng eyang paduka Amir | sampun wontên jro pura | apan wus katêmu | lan inggih kadang kawula | kang pêparab Rêtna Ayu Isnaningsih |

--- 5 : 27 ---

kerid sakawan samya ||

21. sapraptane nèng ngarsa Sang Amir | malajêngi marang ingkang eyang | gupuh nungkêmi padane | tinarik eyangipun | dyan kinêmpit sirahirèki | gantya marang Marmaya | kinuswa kang suku | mangkana mangun wiwaha | sira sang aprabu ing Rum Burudangin | Raja Tasangsulngalam ||

22. angundhangi sagung kang para ji | bawahane putra paningkahnya | anêkakakên sukane | nutug sakarsanipun | ubêg nagri Rum Burudangin | binusanan mawarna | srine tan winuwus | amung rinupak kewala | sigêg sagung patingkah ing Burudangin | wuwusên kang andurma ||

77. Prabu Rukyatil Polad Dipun Krubut dening Para Rajaputra.

7. Durma

1. Sultan Agung Jayusman Samsumurijal | Kusniya Malebari | enjing atêngara | miyosi ing ayuda | kumêrab siyaga sami | wus lami datan | miyosi ing ajurit ||

2. sapraptane kang rayi Rajèng Karsinah | kang anggung angaturi | lan kang rayi Kelan | miwah pra atmajendra | anggege kudu miyosi | atêmpuh ing prang | lawan Prabu Rukyatil ||

3. Radèn Kodrat Samadikun lir taksaka | pinidak ingkang pêthit | putra ing Yujana | Kahar Kusmèn mangkana | lir sima dèn kêrangkèngi | kudu ambêdhah | miwah putrèng Sêrandil ||

4. Prabu Kebar Suptanda lan putra Kangkan | sira Radèn Dikwanis [Dikwa...]

--- 5 : 28 ---

[...nis] | kalangkung agandhang | milane tinurutan | wurahan kang baris mijil | têpung akapang | kadya prawata gêni ||

5. sampun munggèng wijoan mas sinasotya | sultan ing Malebari | kang rayi Karsinah | wus munggèng wijoan mas | Ruslani Danurusamsi | jajar kalawan | Wong Agung Ngalabani ||

6. pangeran ing Kelan jajar lan kang raka | Rahadèn Rustamaji | banjêng Rajèng Selan | Kohkarib lan ing Yunan | anglajur para putra ji | lan para nata | kang saos ing ajurit ||

7. prabu ing Talsiyah nimbangi têngara | miyosi ing ajurit | Sang Rukyatil Polad | aglar prajuritira | miwah prabu ing Mêdayin | Kya Patih Bêstak | jajar dènira linggih ||

8. lawan Patih Bardas Bardus munggèng ngarsa | banjêng kang para aji | amundhut dipôngga | Raja Rukyatil Polad | pamit ing Rajèng Mêdayin | nitih dipôngga | kawot kaprabon jurit ||

9. anjênggarang nèng madya asru sêsumbar | mêtua ing ajurit | hèh Sultan Kuparman | apa ta durung prapta | nglungani atinggal baris | ajrih maringwang | milane anglês wêngi ||

10. datan bêtah miyarsa pamit magut prang | Rajaputra Ngabêsi | ingidèn umangsah | nitih bakarlès sigra | pan wus pêjah antuk malih | titihanira | Rajaputra Ngabêsi ||

11. praptèng rana mandhi gada wus apanggya | angling Prabu Rukyatil | sapa ranmu bocah | mêtu ing pabaratan | kaliwat amêjanani | ratumu uga | Kusniya Malebari ||

12. Radèn [Radè...]

--- 5 : 29 ---

[...n] Kodrat Samadikun angling sugal | ingong putra Ngabêsi | Sadat Kadarisman | rama ji kang pêputra | Sadat Kabul Ngumar nguni | ratu prakosa | sinêmbah ing para ji ||

13. Kodrat Samadikun kang ingambil wayah | ing gusti Jayèngmurti | ingsun wus ingajar | prang mungsuh kaya sira | laknat apa nèng sirèki | mara dèn enggal | latah Raja Rukyatil ||

14. paripêksa bocah ngajak prang lan ingwang | sangganên gada mami | inguncalan gada | tinangkis paris waja | jumêbrèt mawêtu gêni | bakarlès milar | anglumba asru anjrit ||

15. kadya pêksi sumêngèr suwaranira | sinêndhal wangsul malih | angayati gada | ngranggèh panggadanira | rajaputra ing Ngabêsi | kumbaning liman | rêmuk sirah ngêmasi ||

16. tiba ngadêg Sang Raja Rukyatil Polad | sigra dènnya marani | marang rajaputra | ngabêsi wus cinandhak | ing asta sampun katarik | bakarlèsira | cinandhak asta kèri ||

17. mèh ingadu kumba lan turangganira | kagyat wau kang prapti | Rahadèn Suptandar | rajaputra ing Kebar | saking luhuring turanggi | anggada asta- | nira Prabu Rukyatil ||

18. surak umung gumuruh manêngkêr wiyat | gigal panyêkêlnèki | marang Radèn Kodrat | Samadikun wus uwal | dadya kinarubut kalih | anarik pêdhang | Rajaputra Ngabêsi ||

19. Kodrat Samadikun anitir pêdhangnya | Suptandar anggadani | saking luhur kuda | gumuyu latah-latah | tan kêrasa angganèki [ang...]

--- 5 : 30 ---

[...ganèki] | Rukyatil Polad | pan kadi kulit wêsi ||

20. tan tumama kabèh gêgamaning aprang | rame danguning jurit | Rajaputra Kebar | Suptandar wus cinandhak | myang Rajaputra Ngabêsi | wus cinêkêlan | sigra wau kang prapti ||

21. Kahar Kusmèn rajaputra ing Yujana | lawan Radèn Dikwanis | Rajaputra Kangkan | wau kang binuwangan | putra Kebar lan Ngabêsi | samya kaplêsat | tiba kantaka nuli ||

22. ginosongan rajaputra kalih pisan | angling Raja Rukyatil | bocah maning prapta | apa ênting wong tuwa | sapa kang nunggang jênggiri | sumaur sugal | putra Yujana mami ||

23. Kahar Kusmèn siji Rajaputra Kangkan | iya iki Dikwanis | samya dinumukan | ing gada kalih pisan | kontal titihanirèki | wus anèng dharat | sang rajaputra kalih ||

24. samya gada saking kanan saking ngarsa | Rukyatil tanpa tangkis | gadhag-gadhug datan | karasa angganira | kadi anggadani wêsi | sinampe asta | gadane putra kalih ||

25. sami mlêsat lajêng kalih narik pêdhang | anitir amêdhangi | saking wuri ngarsa | kumêprak suwaranya | surake gumuruh atri | wus cinêkêlan | sang rajaputra kalih ||

26. mèh binanting prapta Rajaputra Selan | panandêre Pirngadi | mêdhang astanira | sira Rukyatil Polad | prapta Radèn Banuarli | sarwi anggada | jingkat Prabu Rukyatil ||

27. pan pinindho têkèng awake karasa | angling

--- 5 : 31 ---

Raja Rukyatil | putra ngêndi sira | kuwat panggadanira | karasa ing awak mami | pan karo pisan | akuwat si panyakit ||

28. anauri ingsun Rajaputra Selan | siji putrèng Kohkarib | iya kang patutan | sing Mukabumi ingwang | nama Radèn Banuarli | kang putra Selan | iya Radèn Pirngardi ||

29. rame dènnya gadani miwah amêdhang | mundur kasaput wêngi | ing dalu bujana | Raja Rukyatil Polad | miwah Natèng Malebari | sami amboga | drawina lan para ji ||

30. pagunêman ngiras sami abujana | Sang Prabu Malebari | lawan ingkang paman | Wong Agung Parangteja | Ruslani Danurusamsi | Rajèng Karsinah | aglar kang para aji ||

31. para putra gunême ing benjang-enjang | aja na kang mêtoni | iya agêntia | ratu kang pinituwa | Karsinah andêling jurit | matur sandika | sira Sang Rajèng Prênggi ||

32. inggih enjing sakônca kula Karsinah | kang sami andhingini | magut ing ayuda | mupakat ingkang rêmbag | ing dalu datan winarni | enjing têngara | mijil barising wuri ||

78. Para Raja Wadya Malebari Mangsah Prang.

8. Pangkur

1. kêkirab baris wus aglar | mungsuh rowang barise wus miranti | akubêng kalangan têpung | Sultan Samsumurijal | sampun munggèng ing padmasana mas murub | para ari para raja [ra...]

--- 5 : 32 ---

[...ja] | aglar anèng kanan kèri ||

2. wadya Mêdayin Talsiyah | para ratu ngayap Prabu Rukyatil | lawan Bathara Mêdayun | jênêngi ing ayuda | amit nêmbah Rajèng Prênggi amit magut | Sang Raja Martyus Danirham | maratuwane sang aji ||

3. raja mudha ing Karsinah | iya Sultan Ruslan Danurusamsi | anitih kuda sang prabu | kawot kapraboning prang | balang gada balang apine kinandhut | munggèng roki kèri kanan | praptèng rana nguwuh tandhing ||

4. hèh payo Rukyatil Polad | mêtonana ing kene ngadu sêkti | duk miyarsa sang aprabu | têdhak Rukyatil Polad | nitih unta bêlang buntal suku panggung | rêspati angundha gada | jênggarang tuhu ngajrihi ||

5. praptèng rana yun-ayunan | atêtanya sira Prabu Rukyatil | hèh sapa aranmu mungsuh | kulit putih kang mangsah | anauri Rajèng Parênggi ya ingsun | pêparab Martyus Danirham | maratuwaning narpati ||

6. Rajèng Karsinah putrambyah | ya Sang Prabu Ruslan Danurusamsi | andêl ratu besan ingsun | dening Sultan Kuparman | tur minôngka manggalaning kang mong mantu | payo apa anèng sira | tamakna Raja Rukyatil ||

7. lah iya Martyus Danirham | dèn prayitna sun gada ywa gumingsir | akudhunga parisamu | Rukyatil mugêr gada | gya ginada parisanira malêdug | Sang Raja Martyus Danirham | gumêtêr ngêtab turanggi ||

8. sang nata malês anggada | tibèng tangkisira [tang...]

--- 5 : 33 ---

[...kisira] Raja Rukyatil | arame pupuh-pinupuh | surak kadi ampuhan | pan katulak Rajèng Prênggi gadanipun | tinampèl tiba malêsat | sigra narik pêdhang aglis ||

9. Rukyatil gya sèlèh gada | rame pêdhang-pinêdhang ing ajurit | binabit turangganipun | Raja Martyus Danirham | kuda pêjah Raja Rukyatil tumurun | samya dharat dènira prang | wau Sang Raja Parênggi ||

10. ngambil balang api sigra | saking roki ginutuk Sang Rukyatil | jajanira kang tinuju | malocot sarikutan | Sang Rukyatil Polad kulambine murub | kêna ing gutuk pawaka | kagyat patihira kalih ||

11. Bardas Bardus wus anulak | gêni mati tinawa mring ki patih | Rajèng Talsiyah sru bêndu | Prabu Rukyatil Polad | gya mrêpêki Rajèng Parênggi tinubruk | nulya dèn ikal nèng tawang | binantingakên nèng siti ||

12. kantaka Martyus Danirham | ginosongan Sang Rajèng Prênjuk prapti | rame prang pupuh-pinupuh | dangu pêdhang-pinêdhang | pêdhang rêmpu Sang Rajèng Prênjuk tinubruk | binanting siti kantaka | sigra wau ingkang prapti ||

13. Raja Bandhun ing Mênara | naking-sanak lan putri Parangakik | Sudarawrêti wakipun | puniku kang pêputra | ratu dibya prakosa agung aluhur | mangsah dharat ngundha gada | Raja Bandhun wus apanggih ||

14. Rukyatil Polad têtanya | ratu ngêndi prayoga sun tingali | Raja Bandhun aran ingsun | nagriningsun Mênara | ratu abot kaprênah ing uwakipun | ing Sultan Samsumurijal [Sa...]

--- 5 : 34 ---

[...msumurijal] | andêl Ratu Parangakik ||

15. apa kang ana ing sira | sigra ngundha gada Raja Rukyatil | Raja Bandhun gya pinupuh | mubal parise waja | tinanggênan malês Rukyatil pinupuh | arame gada-ginada | kadya bêlah bumi gonjing ||

16. suraking bala gumêrah | aprang gada dangu tan migunani | pêdhang-pinêdhang acaruk | amêndhak ukêl tindak | main pêdhang pan sami ing wagêdipun | dangu dènira ayuda | rêmpu pêdhangira kalih ||

17. nuntên prang candhak-cinandhak | Sang Rukyatil Polad sigra tinarik | jinunjung nora kajunjung | dening Rajèng Mênara | kinuwatkên anggêtêm panjunjungipun | pinêksa-pêksa tan kangkat | sigra Sang Prabu Rukyatil ||

18. wangkinganira sinêndhal | wus dèn angkat sigra wau binanting | ya ta ingkang prapta gupuh | sira Raja Kindriyan | ing Bêndhari ratu dibya prakosa nung | arinira naking-sanak | mring Dèwi Sudarawrêti ||

19. pan ratu sami santana | gêgawane kang ibu Parangakik | dharat angundha salukun | Raja Rukyatil Polad | sinalukun astane kagyat wus ucul | Sang Raja Bandhun Mênara | wurung dènira binanting ||

20. nanging unduripun sayah | atêtanya sira Prabu Rukyatil | hèh sapa aranmu ratu | ingsun Raja Kindriyan | kuthaningsun ing Bêndhari ratu agung | pan ingsun kaprênah paman | dening Sultan Malebari ||

21. ginada Raja Kindriyan | tinanggênkên tangkis parise wêsi | jumêbrèt parise murub |

--- 5 : 35 ---

sigra malês anggada | rame gada-ginada prangira dangu | sèlèh gada narik pêdhang | samya prawirane kalih ||

22. rame prang pêdhang-pinêdhang | rowang mungsuh suraknya wanti-wanti | kalihe pêdhang wus rêmpu | sigra candhak-cinandhak | gya sinêndhal Rajèng Bêndhari kajunjung | binanting Raja Kindriyan | kantaka gumuling siti ||

23. Raja Kalbujèr wus prapta | ginosongan wau Rajèng Bêndhari | wungu kêdah mamrih kiwul | kang ambayang dhinupak | sira Raja Kindriyan bali umagut | sigra wau ingadhangan | dening Ki Patih Bunandir ||

24. sarwi matur dhuh sang nata | putra tuwan Jêng Gusti Malebari | ingkang animbali mundur | paduka pan wus sayah | sarèhêna ing tyas paduka puniku | môngsa ta kiranga dina | kèndêl sarèh sri bupati ||

25. ya ta wau kang umangsah | Rajèng Kulub ayun-ayunan jurit | Raja Kalbujèr pinupuh | dening Rukyatil Polad | kinuwatkên panangkisira sru murub | Kalbujèr malês anggada | ginada Raja Rukyatil ||

26. tinitir tangkis lêgawa | surak umung kadya nêngkêr wiyati | Raja Kalbujèr agupuh | ngambil pêputhon êmas | ginutukkên ing jajanira sang prabu | gumadhug kagyat sang nata | kumrutug abola-bali ||

27. anglênggêr sangêt karasa | apa iki gêgaman kaya thathit | tinangkis ngisor mandhuwur | tinangkis dhuwur ngandhap | andhêrusul pêputhon mas anyêrunthul | sêdhih Sri Rukyatil Polad | nanging datan miyatani [miyata...]

--- 5 : 36 ---

[...ni] ||

28. gumyak kang samya tumingal | sarikutan sira Prabu Rukyatil | bingung tan kobêr amupuh | Raja Kalbujèr eca | anggadani ya ta kasaput ing dalu | mundur kalih kang ayuda | sri nata makuwon sami ||

79. Pangeran Kelan Pamit Ngêdali Prang.

9. Sinom

1. ing dalu lajêng bujana | Sultan Agung Malebari | aglar ingkang para kadang | tuwin kang para narpati | Wong Agung Ngalabani | kang dadya sêsilihipun | Risang Surayèng Jagat | Sang Aprabu Malebari | dêkung marang wong agung ing Parangteja ||

2. kang baboni para raja | maksih prabu ing Kohkarib | mangkana Pangeran Kelan | marang kang paman bêbisik | Wong Agung Ngalabani | angandika sultan agung | sirèku warah apa | mring jêng paman Ngalabani | sinauran mring Wong Agung Parangteja ||

3. punika rayi paduka | enjing arsa amiyosi | mèsêm dènira ngandika | sang prabu ing Malebari | apa wus tur upêksi | sira mring ibunirèku | tan sanggup yayi ingwang | ngidèni maring sirèki | mêtu ing prang yèn jêng ibu durung têrang ||

4. bêcik sira malêbua | mring pura atur upêksi | mring jêng ibu karo pisan | payo yayi sun antèni | yèn tan kaparêng ajrih | ngidèni yudanirèku | kang rayi sigra nêmbah [nê...]

--- 5 : 37 ---

[...mbah] | malêbèng pura wus prapti | ing ngarsane ingkang ibu kalih pisan ||

5. sinapa kulup dèn enggal | dèn parêk ing ngarsa mami | majêng anungkêmi pada | umatur saha wotsari | inggih amba tinuding | ing putranta kakang prabu | tur uningèng paduka | ing dintên wau kang jurit | ingkang para ratu miwah para putra ||

6. putra paduka ing Selan | Yujana lan ing Ngabêsi | Kangkan Kebar kapracondhang | dening kang para narpati | Raja Prênjuk lan Prênggi | binanting ing mêngsahipun | Sri Bupati Talsiyah | botên anuduh prajurit | ngawaki prang Sang Raja Rukyatil Polad ||

7. aprang lan rayi sampeyan | pun paman Rajèng Bêndhari | Prabu Kindriyan pracondhang | raka paduka ing wingi | inggih kang dèn tulungi | apan ingkang prang rumuhun | uwa Prabu Mênara | Raja Bandhun prang kapontit | tinulungan ing paman Raja Kindriyan ||

8. Raja Kindriyan kasoran | Rajèng Kulub anulungi | Kalbujèr pur yudanira | ing sri kasaput ing wêngi | sawêlas kang kajodhi | para putra para ratu | wau ta duk miyarsa | Rêtna Sudara lingnya ris | yèn mêngkono abot Si Rukyatil Polad ||

9. kulup wakira Mênara | lan pamanira Bêndhari | iku tate wudhu ing prang | para Ratu Parangakik | tan ana kang nimbangi | wong tuwamu karo iku | dhomas para narendra | andêl-andêling ajurit | ya mung roro iku gêgêdhuging aprang ||

10. nadyan akèh para raja | mung iku simpênan [simpê...]

--- 5 : 38 ---

[...nan] mami | kang putra matur tur sêmbah | kawula ing benjing-enjing | arsa têtulung jurit | alon ngandika kang ibu | ya sun lilani sira | nanging pranga sawatawis | aja sira kulup ngantêb kaprawiran ||

11. kasora Rukyatil Polad | dadi sira nênisani | marang ing wong tuwanira | sun wêtara wus basuki | kaya-kaya mèh prapti | kulup wus kèpi dening sun | malah nêmu kawiryan | sira duwe ibu maning | padha putri moncol anèng pramudita ||

12. mèsêm tumungkul kang putra | paduka ngingsêp ing galih | punapa inggih yêktosa | raka paduka mèh prapti | kang ibu ngandika ris | pan sabêne nora luput | yèn ramanira lunga | wus supêna awak mami | sabên-sabên prapta tan antara dina ||

13. nêmbah mijil narpaputra | sapraptanira ing jawi | ing ngarsanira kang raka | umatur saha wotsari | pukulun anglilani | kangjêng ibu kalihipun | jêng ibu kang timbalan | ibu agêng Parangakik | ya mêtua nanging pranga sawatara ||

14. aja mêtokkên prawira | kulup aja nênisani | pan ramanira mèh prapta | malah wus arabi putri | putri Rum Burudangin | prawirèng jagat pinunjul | kalok ing pramudita | ayu prawira ngajurit | pan arine Sang Raja Tasangsulngalam ||

15. Jêng Sultan Samsumurijal | pangandikanira aris | mring kang paman Parangteja | miwah Sang Rajèng Yunani | paman punapa inggih | pangandikane jêng ibu | lamun raka paduka | ingkang binadhe

--- 5 : 39 ---

mèh prapti | alon matur wong agung ing Parangteja ||

16. adate cacap punika | yèn sampun kèpi ing latri | dhatêng ibu padukendra | inggih sampun wali-wali | kadi katon ing latri | kang kesah sasolahipun | sami suka sadaya | wau sagung kang miyarsi | sami gunêm ngiras sami abujana ||

17. ya ta ingkang kawuwusa | ing dalu Raja Rukyatil | kasukan buja drawina | lan kang rama ing Mêdayin | tan kari kang para ji | Kyana Patih Bardas Bardus | jajar lan Patih Bêstak | midêr ingkang punang larih | angandika Sang Raja Rukyatil Polad ||

18. marang Kyana Patih Bêstak | wong Arab iki mèh abis | sun cêkêli sabên dina | tan nôngga ing yuda mami | Bêstak matur wotsari | kados punika pukulun | yèn mêdal benjang-enjang | gêgêdhuge ingkang mijil | maksih awrat bobote mêngsah paduka ||

19. anjawi yèn prang paduka | wus kacêpêng ing ajurit | wong agung ing Parangteja | lan Pangeran Kaelani | Lamdahur wus kajodhi | kang dèrèng Tanus Tamtanus | lan pun Iskaliskalan | Kewusnendar Yusup Adi | taksih gawat ing prang yèn taksih punika ||

20. kalawan Prabu Karsinah | saibune ingkang maksih | lan Raja Samsumurijal | ing Kusniya Malebari | punika kang dèn ungsi | wong Arab pan ibunipun | inggih Prabu Jayusman | kang minôngka tohing jurit | tuwan pêlêng andêling kang kantun samya ||

21. samôngsa kenging punika | Rajaputri

--- 5 : 40 ---

Parangakik | wong Menak pama baita | inggih ing wêktu puniki | putri ing Parangakik | kang minôngka layaripun | kamudhine punika | putri Karsinah upami | pandomane Ki Dipati Tasikwaja ||

22. pun Maktal awak baita | isine kang para aji | kalawan kang para putra | miwah sagunging prajurit | dèn têlas ja na kari | kabèh isining parau | yèn maksih layar wêtah | kêmudhine sami maksih | pandomane sarta awaking baita ||

23. sayêktine botên susah | yèn palwa maksih lumaris | wutuh ugêring baita | agampang ngupados isi | kang tuwan sorkên jurit | dèrèng kêni ugêripun | layar kumudhi wêtah | pandomane dèrèng lalis | inggih maksih mathènthèng pun Umarmaya ||

24. miwah awaking baita | anglela pan dèrèng rêmpit | tiyange Pangeran Kelan | kêlate Rajèng Yunani | layar Sudarawrêti | kamudhi Rêtna Rabingu | Sirtupelèli nyata | dèrèng kalap ing Ijrail | botên susah kalonga isi kewala ||

25. Sang Raja Rukyatil Polad | anglênggêr tan bisa angling | myarsa ture Patih Bêstak | nyana ginunggunga ugi | satus rong puluh luwih | ambantingi para ratu | miwah pra atmajendra | kang kasor prandene nênggih | iya maksih cinampah mring Patih Bêstak ||

26. matur malih Patih Bêstak | kang katingal ngiladuni | wali-wali sapolahnya | kalong isi pulih malih | kesahe

--- 5 : 41 ---

Jayèngmurti | anusul ing putunipun | ngadêgi sayêmbara | nagri ing Rum Burudangin | kuthanipun Sang Raja Tasangsulngalam ||

27. abêbala ratu dhomas | sami prawira ngajurit | balane patbêlas yuta | Raja Rum ing Burudangin | mung wong têlu marani | prandene kalah anungkul | ngaturkên kadang putra | ratune wong Burudangin | sining jagat sintên ingkang makatêna ||

28. liyane pun Jayèngrana | kawarti putri Brudangin | arine Tasangsulngalam | langkung prawira ngajurit | dene putrinirèki | panggih lawan putunipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | nama Jetun Kamarukmi | Isnaningsih kagarwa marang kang eyang ||

29. sadalu tan antuk nendra | sagung kang para narpati | ngêtèprès Ki Patih Bêstak | nora kêna dèn sêlani | malah wus gagat enjing | muni têngara gumuruh | mijil Rukyatil Polad | sagung prajurit para ji | barisira akapang têpung kalangan ||

30. nimbangi nêmbang têngara | wong Kusniya Malebari | gumuruh kang para nata | sawadya sami mêdali | Lamdahur mêdal malih | wus ènthèng sariranipun | miwah kang para putra | kang micondhang sami mijil | lagi ènthèng kasusu kêdah uninga ||

31. ing yudane rajaputra | Bakdingujaman miyosi | orêg sagung pabarisan | gung alit nêdya ningali | ulate maksih putih | Radèn Kodrat Samadikun | prandene mêtu ing prang | Suptandar miwah Dikwanis | Kahar Kusmèn pan durung ilang

--- 5 : 42 ---

kang lara ||

32. kudu mulat ing prangira | pangeran ing Jonggiraji | Rahadèn Amiratmaja | Radèn Iman Karnaèni | Pangran Banjaransari | Rahadèn Ismayasunu | iya Jaswadiputra | Kusmara Kamikusêrin | amit marang kang raka Prabu Kusniya ||

33. myang kang paman Parangteja | sigra anitih turanggi | mangsah angatepang wêdhar | wus prapta papan sêsirig | busana langkung asri | saking jin sadayanipun | ngalabi diwangkara | nyirnakkên langêning bumi | mung cahyane kadi anukmèng sasôngka ||

34. gumuruh kang urmat surak | yayah anêngkêr wiyati | pabarisan mungsuh obah | loke ika kang mêtoni | rêtnaning pra putra Mir | ing aprang punjul dibya nung | tuhu yangyanging jagat | baguse satriya iki | durung ana mêngkono wong ngalam donya ||

35. mung nguni ana carita | ratune nagara Mêsir | tur nabi ngiras narendra | pinaringan ing Hyang Widhi | sêparo soring langit | kabagusan Nabi Yusup | sirnane mêngko baya | wus ngalih ing putra iki | ya mulane ngilangkên langêning jagat ||

36. nauri ingkang wus wikan | layak angaliha ngriki | ujêr lêluhure padha | darahe Nabi Ibrahim | saking Iskak Jêng Nabi | apêputra Nabi Yakub | Yakub nguni pêputra | ing Nabi Yusup Narpati | pan wong Arab têdhak Nabi Brahim uga ||

37. saturune trahing Mêkah | saking Jêng Nabi Ismangil | pêputra wong Menak Kendar | Menak Jamal putranèki | warta

--- 5 : 43 ---

bagus ngluwihi | sajagad kasub pinunjul | nurunkên wong sa-Mêkah | dadi wijiling apêkik | wijil cahya jinise têrahing Arab ||

38. kang aran wong Menak Kendar | putrane Nabi Ismangil | iya prajurit kuwasa | iki têdhake nuruni | abagus tanpa tandhing | tan wus kang sami amuwus | wau Rukyatil Polad | amundhut kudane tèji | nitih mangsah kawot sakapraboning prang ||

39. balane surak wurahan | wor swaraning kang thongthonggrit | kang ayuda yun-ayunan | sru angling Raja Rukyatil | dene sira mêtoni | lah ta êndi kakangamu | sang raja ing Kusniya | dene nora nana mijil | anêmoni prang lan ingsun padha raja ||

40. sirèku misih satriya | durung pantês prang lan mami | lan eman suwarnanira | matia aprang lan mami | ilang kêmbanging bumi | awèh prihatin kang dulu | môngsa na kaya sira | baguse sangisor langit | ngur mundura aja na gambuh ing aprang ||

80. Prabu Rukyatil Polad Tandhing lan Pangeran Kelan.

10. Gambuh

1. nauri Jayèngsunu | eman apranga jêng kakang prabu | iya lamun ingsun durung angêmasi | nanggulang boting prang pupuh | wus jamake kadang anom ||

2. apa anèng sirèku | Rukyatil Polad padha prang pupuh | cicipana prange [prang...]

--- 5 : 44 ---

[...e] putra Kaelani | sanadyan tirua ibu | Kelaswara putri moncol ||

3. tate ambônda ratu | aprang lêlana bêdhah praja gung | durung ana putri ambêdhah nagari | apan amung kangjêng ibu | tuhu ing jagat kinaot ||

4. angundha gajah muluk | kêthap-kêthap mung katon samanuk | anèng wiyat tibane cinandhak malih | wusira kinarya umbul | sinungkên prajurit wadon ||

5. Rukyatil Polad muwus | iya ingsun ladèni sirèku | sakarêpmu ing aprang ingsun turuti | nging dhinginana sirèku | anggada mêdhanga mring ngong ||

6. angrajang lan anduduk | manah nyalimprit miwah nyalukun | anumbaka apa sakarsanirèki | nora cuwa ing prang pupuh | apan kulit ingsun atos ||

7. angling sang narpasunu | ing prang iya durung caraningsun | balik sira andhinginana Rukyatil | sun malês yèn wis ping têlu | Raja Rukyatil lingnya lon ||

8. lah iya Jayèngsunu | kudhunga parisira sun pupuh | ngêtab kuda amutêr gada sang aji | wawrat sèwu têlung atus | kati mas gada tumêmpoh ||

9. kuwat panggadanipun | rosaning kang nangkis paris murub | kantar-kantar dahana ingkang ngalabi | marang sira sang abagus | sru gumuruh suraking wong ||

10. kadya wiyati rubuh | wus kaping tiga pamupuhipun | kadya gêlap barung tibane kang bindi | tan osik ing astanipun | tuhu prajurit kinaot ||

11. wau ingkang anjangkung | jumantara [ju...]

--- 5 : 45 ---

[...mantara] ibu kalihipun | Rajaputri Karsinah lan Parangakik | suka dènira andulu | kang putra tangkise tanggon ||

12. putri Karsinah wau | maring kang raka ingkang angutus | amangsiti marang Sang Raja Jaswadi | lan Raja Miswan puniku | dèn eca padha nênonton ||

13. aja nuli têtulung | dèn nêngna bae iya nak ingsun | Radèn Minsar jrih ing putri Parangakik | wus ana parentahipun | kinèn eca anênonton ||

14. wau sang rajasunu | angêtab kuda mutêr gada gung | dyan ginada sira Sang Raja Rukyatil | swaranya lir gêlap barung | bumi kapadal mandhêlong ||

15. gumêtêr kudanipun | sang nata uwal sing kudanipun | obah balung satus rong puluh sang aji | pinindho tangkise bakuh | urubing dahana nyêmpyok ||

16. suraking bala umung | Raja Rukyatil sariranipun | kadya siram wulu rah karingêt mijil | anguwatakên sang prabu | batine rada kalêson ||

17. pinupuh kaping têlu | kapitêmên ing pamupuhipun | kinuwatkên tangkise Raja Rukyatil | gigiring turôngga putung | asru kapadal ing bokong ||

18. sang nata tiba lungguh | tangi sigra narik pêdhangipun | gadanipun kaplêsat tibane têbih | Pangeran Ismayasunu | têdhak saking turôngga lon ||

19. sami dharat prangipun | pêdhang-pinêdhang rame prangipun | pêdhang rêmpu ya ta sarêng buwang kalih | asalin duduk-dinuduk |

--- 5 : 46 ---

rame datan ana kasor ||

20. surak guntur-gumuntur | mungsuh lan rowang samya andulu | prakosane wau kang ayuda kalih | antuk sisihing prang pupuh | dènnya kalihe kinaot ||

21. gêgaman kabèh rêmpu | wadya ngatêri gêgaman rawuh | lêkas malih prang pupuh tangkis-tinangkis | kang parisan muntab murub | latune mumbul tibèng doh ||

22. nibani baris agung | bubar busêkan katiban latu | uyêk rame kang samya matèni gêni | tata malih barisipun | tan lali bali mring ênggon ||

23. dangu pupuh-pinupuh | sami ngantêp kang parise sumyur | sami nyandhak waos jêjêrannya kalih | arame lawung-linawung | tan ana ingkang kagêpok ||

24. candhak-cinandhak lawung | dhal-sinêndhal sami kuwatipun | kinêmbanan wagêde rahadèn mantri | Rukyatil tiba kajlungup | asuku jaja sang katong ||

25. ing Talsiyah sang prabu | èsmu karepotan ing prangipun | talêmpake Rukyatil cinandhak malih | ingikal-ikal mandhuwur | sigra dènira nalorong ||

26. tinadhahan tinêmbung | lawung malêsat sigra sang prabu | marêpêki nyandhak wangkingan sang pêkik | jinunjung datan kajunjung | pinêksa-pêksa ingoyog ||

27. ngantêb pangangkatipun | saking sukune Sang Jayèngsunu | yèn tinarik sangsaya rapêt lan siti | Rukyatil abêkah-bêkuh | barêbês gêtih kang jêmpol ||

28. sinèlèhkên sang bagus | gantya cinandhak wangkinganipun [wangkingani...]

--- 5 : 47 ---

[...pun] | dyan tinarik kabrengkal Prabu Rukyatil | jinunjung nora kajunjung | sinêndhal-sêndhal pan abot ||

29. dadya rame prangipun | ruk kalihe ajunjung-jinunjung | pan kasaput ing dalu kang yuda kalih | tinêtêgan peling mundur | kalihe mucung makuwon ||

81. Para Ratu Sami Bujana.

11. PocungTeks asli: Pucung.

1. para ratu kang sami mulat prangipun | langkung kagawokan | durung ana kang ajurit | kadi para putra lan Rukyatil Polad ||

2. ramenipun salir solahing prang pupuh | dènira sudira | prawira kuwate sami | kadi singa amungsuh lawan dipôngga ||

3. Jayèngsunu dènira lit dèrèng sêpuh | Sang Rukyatil Polad | dipôngga upamanèki | gêng aluhur lawan sêpuh wayahira ||

4. mangsanipun pan sêdhênge karyanipun | Sang Rukyatil Polad | ratu wudhu ing ajurit | parandene prang lawan Amiratmaja ||

5. kongsi gêmpung tan ana kang asor unggul | marma sami eram | sagunge bala Nata Mir | tuwin mungsuh sami sangêt kagawokan ||

6. pan ing dalu lajêng bujana anginum | lawan para nata | sang prabu ing Malebari | pagunêman masalah tingkahing aprang ||

7. alon muwus sira Sang Prabu Lamdahur | yayi Parangteja | Si Rukyatil olèh tandhing | kuwalahên prange [prang...]

--- 5 : 48 ---

[...e] lawan rajaputra ||

8. iya mau katara pratingkahipun | Marmadi lan Sarkab | gumuyu dènnya nambungi | iki mari baya Si Rukyatil Polad ||

9. nguwus-uwus ambantingi para ratu | miwah para putra | ginayêman sabên jurit | Umarmadi lawan Sarkab cukakakan ||

10. besuk-esuk aja liya ingkang mêthuk | mung anggèr kewala | Jêng Pangeran Kaelani | idhêp-idhêp rumêksa ing para nata ||

11. lamun iku liyane ingkang amêthuk | pasthi karusakan | angot malih Si Rukyatil | sami suka gumuyu kang para nata ||

12. rajasunu alon dènira sumambung | paman prabu muga | antuka pandonga sami | ing wong tuwa kula ingkang para nata ||

13. lawan ibu gih wau sami anjangkung | gih maras punapa | ibu agêng Parangakik | anungkuli lawan jêng ibu Karsinah ||

14. para ratu enggar miwah para sunu | antuk guyu samya | salaminipun prihatin | dèn nutakên sing Raja Rukyatil Polad ||

15. gantya wau ing dalu bujana nginum | Sri Rukyatil Polad | lan bathara cakrawati | sami sênggak larih midêr atimbalan ||

16. asru muwus mring Patih Bêstak sang prabu | hèh Bêstak putra Rab | siji iki amalahi | kang patutan Kelaswara putri Kelan ||

17. yudanipun iya dene maksih timur | iya sun gêgampang | sun rewangi lèrèn jurit | nora dipe yèn abot boboting [bo...]

--- 5 : 49 ---

[...boting] aprang ||

18. Narpasunu Amiratmaja pinunjul | sajêg ingsun aprang | pêpukule para aji | durung ana kaya bote gunung waja ||

19. ayêmipun nadhahi panggadaningsun | tangkise tan obah | pan kadi ampas kacacil | gadaningsun tibane tangkise kana ||

20. ingsun junjung kongsi gêmêt tan kajunjung | yèn ingsun cinandhak | kabarengkal adêg mami | kaya êmèh ingsun kêna binantinga ||

21. besuk-esuk Si Bakdingujaman iku | yèn mindho mêtu prang | sun têmênane ing jurit | dèn katoga yêktine môngsa mundura ||

82. Wong Agung Kondur saking Burudangin

12. Durma

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | têngara magut jurit | mungsuh lawan rowang | barise wus akapang | gong bèri gurnang thongthonggrit | têtêg sauran | mungsuh rowang barêngi ||

2. sampun munggèng ing palôngka dirgasana | Sang Natèng Malebari | kanan para nata | ing kèri para kadang | atarab dènira linggih | nèng wijoan mas | tuwin Prabu Rukyatil ||

3. lan Bathara Nusirwan lênggah ajajar | jênêngi ing ajurit | prajurit Talsiyah | aglar kang para raja | Kya Patih Bêstak nêngahi | jajar kalawan | pêpatihe Rukyatil ||

4. Bardas Bardus ambanjêng kang para nata | satriya pra dipati | barise akapang | mungsuh kalawan rowang | kadya

--- 5 : 50 ---

robing jalanidhi | nêngna kang lagya | ayun-ayunan jurit ||

5. wontên lêbu malêdug wor ampak-ampak | kambah kèh wong lumaris | kuda kuldi unta | sênuk mèmrèng blêgdaba | andaka angrimong èsthi | titihanira | prajurit Burudangin ||

6. Sang Aprabu Tasangsulngalam kang prapta | umiring Jayèngmurti | lawan mantunira | Sri Sayid Ibnu Ngumar | garwane Sang Jayèngmurti | têngga nagara | lan Jetun Kamarukmi ||

7. amung bêkta para ratu kapat bêlah | punggawa kang prajurit | mung bêkta salêksa | tigang lêksa mantrinya | tigang yuta wadyanèki | pan kulit pêthak | kabèh wong Burudangin ||

8. pabarisan mungsuh rowang samya obah | kang prapta durung yêkti | nulya praptanira | Radèn Samardikaran | putrèng Turki kang dhingini | atur uninga | yèn dêdamêl kang prapti ||

9. nêmbah matur marang Sang Prabu Jayusman | pukulun ingkang prapti | bala tigang yuta | Sang Raja Sangsulngalam | Rajèng Rum ing Burudangin | dhèrèkkên rama | paduka jêngira Mir ||

10. lawan putra tuwan Sayid Ibnu Ngumar | sultan ing Malebari | wau duk miyarsa | gupuh nitih turôngga | anandêr lawan kang rayi | Rajèng Karsinah | mêthuk rawuhirèki ||

11. Arya Maktal Tamtanus parentah sigra | hèh ki raka Marmadi | alinggiha têngah | lan ki raka ing Selan | aja owah baris iki | tinon ing mêngsah | nistha kuwura ugi ||

12. nadyan silih sadhela agawe [aga...]

--- 5 : 51 ---

[...we] nistha | saguh Natèng Kohkarib | lawan Rajèng Selan | mrêgagah linggih têngah | gya samya mêthuk nututi | nêrak gêgaman | kagyat wong Burudangin ||

13. ana prapta nêrak baris gêbyar-gêbyar | kadya andaru sami | buka sri makutha | katri nukmèng sasôngka | miyat mantri nupiksani | sintên paduka | nêrak baris puniki ||

14. sinauran pangarsa Sang Rajèng Yunan | hèh mantri Burudangin | aja walang driya | roro iki pan raja | kang putra jêngira Amir | siji satriya | gya mantri Burudangin ||

15. duk miyarsa nêmbah sarwi ngingêr kuda | atur uningèng gusti | kêras punang kuda | prapta ing ngarsanira | Wong Agung Surayèng Bumi | Tasangsulngalam | sasaman munggèng èsthi ||

16. askardiyu kinarung ngarsèng dipôngga | punang mantri anjêlih | tumênga tur sêmbah | pukulun maharaja | wontên narendra kêkalih | putraning raka | paduka Gusti Amir ||

17. Rajèng Malebari lan Rajèng Karsinah | gupuh pamêthuknèki | prapta mulat kuda | duk mulat kalihira | anjrumakên limanèki | kang putra prapta | gupuh sami ngabêkti ||

18. gantya-gantya kinêmpit sirahing putra | sawusnya angabêkti | nulya angandika | Risang Surayèng Jagat | padha taklima dèn aglis | mring pamanira | yayi Rum Burudangin ||

19. putra katri sandika sigra tur sêmbah | Sang Prabu Burudangin | nyêngkah kipa-kipa | Raja Tasangsulngalam | dadya sêsalaman sami | para putra Rab | wusnya lajêng lumaris ||

20. pan [pa...]

--- 5 : 52 ---

[...n] anjujug marang rana pabaratan | baris ing Burudangin | ing wuri wus nunggal | ngèbêki ara-ara | santana kang pra dipati | ingkang binêkta | lawan sagung prajurit ||

21. sampun lênggah nèng amparan nawa rêtna | Wong Agung Jayèngmurti | Sri Tasangsulngalam | lunggyèng wijoan êmas | kumrubut sagung para ji | angaras pada- | nira Sang Jayèngmurti ||

22. sami kinèn asiha apawong sanak | mring Rajèng Burudangin | wong agung ngandika | hèh yayi Prabu Selan | dèn nrima titah Hyang Widi | pan ipenira | ratu ing Nglaka kalih ||

23. yayi Orang Kaorang tiwas ing aprang | anèng Rum Burudangin | wus karsèng Hyang Suksma | tan kêna singkirana | Lamdahur umatur nangis | pukulun bagya | pêjahipun nglampahi ||

24. ingayahan paduka kuswa kustama | yêkti manggih utami | saking ing sapangat | paduka kang minulya | wong agung ngandika malih | yayi ing Nglaka | apa ta tan sêsiwi ||

25. matur nêmbah Lamdahur botên sêsuta | milanipun angambil | dhatêng kapenakan | ingkang ingambil suta | putranta pun Banarungsit | ya ta ngandika | Risang Surayèng Bumi ||

26. ngèstrènana kabèh sagung para nata | mêngko Si Banarungsit | madêga narendra | mêngku nagari Nglaka | parab Prabu Banarungsit | kratoning uwa | yèku kang dèn gêntèni ||

27. dhingin loro mêkomêngko sawiji kewala | munga Si Banarungsit | ya iku dadia | ratu angrèh manggala |

--- 5 : 53 ---

ing para Ratu Sêrandil | iku sor-soran | marang ramanirèki ||

28. saur pêksi sagung pra ratu pangarsa | sigra Rajèng Sêrandil | nyandhak ingkang putra | sinêmbahakên nulya | tinarik astanirèki | wus kinèn lênggah | nèng wijoan mas adi ||

29. angandika Wong Agung Surayèng Jagat | Ki Prabu Banarungsit | sira siyagaa | sawadyanirèng Nglaka | tabêla loro dèn aglis | uwakmu padha | pêtakkên Nglaka nuli ||

30. atur sêmbah sandika Sang Rajèng Nglaka | Sang Prabu Banarungsit | ya ta wau sigra | ngêjèpi wadyanira | anulya parentah aglis | arsa mring Nglaka | dhèrèk bandhusa kalih ||

31. gupuh matur Sang Prabu Tasangsulngalam | kakang Prabu Sêrandil | kang mikul bandhusa | wontên kajat kawula | inggih sampun dèn salini | kakang maksiha | wadya ngong Burudangin ||

32. lan punggawa wolu kang nindhihi lampah | angling Rajèng Sêrandil | yayi prabu mapan | langkung tarimaningwang | ing sih palimarmanèki | dadya sadina | kèndêl tan ana jurit ||

33. Sang Aprabu Rukyatil Polad ngaturan | mring Bêstak magut jurit | nanging datan arsa | angling Rukyatil Polad | tanpa ngrasa awak mami | mêtua ing prang | iku Si Jayèngmurti ||

34. pasthi sayah pan iku mêntas lêlampah | têka Ngrum Burudangin | dadya samya eca | dangu mulat wong Arab | Raja Rukyatil miwiti | têngaranira | ambubarakên baris ||

35. animbangi wadya Rab mundur sadaya | amasanggrahan sami [sa...]

--- 5 : 54 ---

[...mi] | sampun sinung prênah | Prabu Tasangsulngalam | pakuwonira anunggil | lan Raja Sarkab | tata pakuwon manis ||

83. Prabu Rukyatil Polad Kasor dening Wong Agung.

13. Dhandhanggula

1. ya ta kunêng Prabu Banarungsit | lampahira ngatêrkên bandhusa | gumuruh wadyabalane | punggawa mantrinipun | marang Nglaka pan kalih kêthi | lêpas ing lampahira | kang nêdya angubur | Sang Prabu Orang Kaorang | marang Nglaka ing wuri Sang Jayèngmurti | anggung mangun bujana ||

2. langkung asih Sang Surayèng Bumi | marang Prabu Nata Sangsulngalam | wali-wali pangatage | mring sagung para ratu | dèn arapêt mêmitra asih | dèn padha sirna taha | kadia puniku | yayi Prabu Kewusnendar | aywa beda mring yayi Rum Burudangin | sadaya tur sandika ||

3. sakarsaning rêsêp kang para ji | mulat Rajèng Burudangin trisna | dènira sor pambêkane | lan sasolahe patut | yèn sampuna ulêse putih | kêmbar lan Kewusnendar | sami godhègipun | Kewusnendar kulit abang | godhèg sêdhêng prasami ngudhuping turi | samya galaking ulat ||

4. karatone sami gêngirèki | Burudangin lawan ing Yujana | sami kathah jajahane | sugih punggawa ratu | mung prajane gêng Burudangin | wau ta kang bujana | wong Menak ing dalu [da...]

--- 5 : 55 ---

[...lu] | lawan sagung para nata | para putra pêpakan ngarsanira Mir | angiras gunêming prang ||

5. nêmbah matur Sang Rajèng Sêrandil | sapêngkêr tuwan sabên mijil prang | pan anggung kinawusake | sagunging para ratu | singa magut pasthi kabanting | tuwin kang para putra | kasor singa magut | kathah ratu kapracondhang | pitung dasa ratu kang dipun bantingi | kajawi para putra ||

6. amung putra tuwan Kaelani | sabên magut prang êpur kewala | mung ki putra kawêdose | suwênga rajasunu | yêkti kadi dêkêp cêcindhil | amêngsah para nata | mung ratu pangayun | kêdhik ingkang katandangan | pun Rukyatil Polad tuhu nglêlanangi | wontên ing ngalam donya ||

7. angandika Sang Surayèng Bumi | besuk-esuk lamun mêtu ing prang | manawa ingapêsake | ing Hyang Kang Maha Luhur | bote nulung kawula muslim | dèn padha anarima | karsaning Hyang Agung | kunêng ing dalu kocapa | enjing muni têngaranirèng ajurit | kumêrab baris mêdal ||

8. rowang mungsuh wus samya miranti | barisira têpung akalangan | para ratu panggonane | tan owah kadya wau | sabên-sabên miyos ing jurit | Raja Rukyatil Polad | mangkana umagut | prang nitih andaka pelag | sampun kamot sagêgamaning ajurit | praptèng rana sêsumbar ||

9. hèh mêtua aprang Jayèngmurti | aja pijêr ngadu balanira | para ratu tanpa gawe | apranga lawan ingsun | hèh Wong Agung Surayèng Bumi | mung sira kang

--- 5 : 56 ---

sun ajab | pranga lawan ingsun | wau kalane miyarsa | Rajèng Kebar kinèn nyaoskên turanggi | prapta askarduwijan ||

10. sampun kawrat kapraboning jurit | sigra nitih wong agung umangsah | surak gumuruh swarane | praptèng papan wus pangguh | sru têtanya Prabu Rukyatil | hèh sira iku sapa | mapag yudaningsun | wong agung lon saurira | aja tambuh ya ingsun Surayèng Bumi | kang ngadhaton Kuparman ||

11. duk miyarsa Sang Prabu Rukyatil | latah-latah dènira ngandika | hèh sirèki kalingane | Kalana Jayèngsatru | ingsun gawok mulat sirèki | dene nora gêdhea | bônda para ratu | apa kêmat lêkasira | nora wurung sira mêngko sun talèni | payo sira gadaa ||

12. alon nauri Sang Jayèngmurti | hèh sang nata pan sira wus aprang | lawan balaningsun kabèh | lah apa ana iku | kang dhingini madyaning jurit | angling Rukyatil Polad | pan kalalèn ingsun | dèn prayitna tangkisira | sigra mutêr gada Sang Prabu Rukyatil | tumêmpuh sarwi sênggak ||

13. kadya gêlap têmpuhe kang bindi | Jayèngmurti tan osik astanya | paris waja panangkise | mijil dahana murub | angaladi Sang Jayèngjurit | sênggak Rukyatil Polad | mati Jayèngpupuh | katiban ing gadaningwang | dupi ilang dahana Sang Jayèngmurti | katingalan tan owah ||

14. pining kalih ping tri tan wigati | sigra amalês Sang Kakungingrat | sampun amutêr gadane [ga...]

--- 5 : 57 ---

[...dane] | Rukyatil gya pinupuh | anguwati dènira tangkis | pining kalih karasa | gumêtêr sang prabu | tinanggênan tangkisira | pining tiga putung andaka kang gigir | Rukyatil kapalêsat ||

15. ya ta wong agung sigra ngudhuni | Rajèng Talsiyah mrêpêki mêdhang | pêdhang-pinêdhang arame | surak atri gumuruh | kadya nêngkêr ing awiyati | pêdhang wus tanpa karya | sadaya wus rêmpu | kapraboning prang saksana | sarêng mrêpak acandhak tarik-tinarik | wangkingan kalihira ||

16. Jayèngmurti ingangkat tan osik | wanti-wanti Sang Rukyatil Polad | pan ingantêb panjunjunge | wong agung sukunipun | malah saya rapêt lan siti | dangu-dangu mèh kongkal | wong agung agupuh | Rukyatil sigra cinandhak | sarwi nolih Marmaya nampani wangsit | buwang têtopongira ||

17. gêlar sabên bala tutup kuping | sigra pêtak Sang Surayèng Jagat | jumbul sigra panjunjunge | ingikal marang luhur | sanginggile sirahira Mir | mubêng kadya likasan | eram kang andulu | lir singa ngundha dipôngga | sigra Patih Bardas Bardus marêpêki | amatak gora bajra ||

18. wali-wali nanging tanpa dadi | Jayèngmurti wruh yèn patihira | ngêtokkên ngèlmu kêmate | anjungkir amrêkungkung | kadi rukuk tiyang kêkalih | tumênga mring awiyat | ngucêmil markungkung | wong agung mèsêm ing driya | milanipun datan binanting tumuli | Raja Rukyatil Polad ||

19. dene patihe

--- 5 : 58 ---

pating jarêngking | malih kinarya undhi binuwang | saking ing asta têngêne | Rukyatil Polad muluk | tibanira dipun tadhahi | ing astanya kang kiwa | binuwang mandhuwur | tiba malih tinadhahan | Kyana Patih Bardas Bardus aningali | kêkês kêmate sirna ||

20. sigra lumayu marang ing wingking | anèng ngarsane Prabu Nusirwan | akathah-kathah ature | wau kang aprang pupuh | Sang Rukyatil Polad binanting | kalêngêr ing bantala | Marmaya tarutul | nunggangi ing jajanira | wus ginodhi sira Sang Prabu Rukyatil | sadina dènira prang ||

21. binêkta mundur surup hyang rawi | bubar wau dènira ayuda | Rukyatil wus dèn srahake | maring Kohkarib Prabu | kinunjara Prabu Rukyatil | mangkana abujana | wong agung ing dalu | para nata para putra | sampun aglar larih midêr wanti-wanti | kunêng gantya winarna ||

22. pakuwone Sang Rajèng Mêdayin | lan pakuwone Rukyatil Polad | sagung mantri bupatine | miwah kang para ratu | sami suyud marang apatih | Bardas Bardus yèn uga | parentah angrêbut | angamuk nuruti samya | duk samana patih kêkalih wus prapti | ngarsa Prabu Nusirwan ||

23. Kyana Patih Bêstak anèng ngarsi | Bardas Bardus tur uninga nêmbah | yèn suwawi kula mangke | pan inggih tiwasipun | putra tuwan Prabu Rukyatil | kawula tur uninga | mring paguronipun | tur inggih kadange tuwa | naking-sanak ratu punjul ing ajurit | tan wontên [wo...]

--- 5 : 59 ---

[...ntên] kang tumimbang ||

24. pagurone pratingkah prang lair | tunggil Rajèng Kubarsi kang tuwa | Maliyat Kustur ramane | paguroning prang lêmbut | mring sadhèrèkira pribadi | ratu kèdhêp ing jagat | sato lawan manuk | pan kêni ingadu aprang | nagarine nênggih ing Mutadarawi | ingkang basane Arab ||

25. abêbisik Raja Samasrawi | lah punika yèn basane Arab | dening basa Mêlayune | nênggih Ngambar puniku | raning nagri ratune nami | Raja Matari Akbar | basa jarwanipun | nagarane Purwakôndha | raning Ratu Suryakôndha Sri Bupati | yèn maksih abasa Rab ||

26. yêkti angèl anibakkên dhong-dhing | Mutadarawi ya Purwakôndha | puniku basa Jawane | Samasrawi puniku | Suryakôndha basane Jawi | ratu duk tinarima | ing istijratipun | mênggah ratu kang anôngga | ing wawrate Sang Prabu Mutadarawi | Samasrawi Narendra ||

27. pêpatihe nama Patih Jèdhi | sabên ingutus bêdhah nagara | ambandani ratu akèh | Patih Jèdhi puniku | wulu êlar pan kadi pêksi | sukune suku kidang | sêktine kalangkung | wagêd anapak gêgana | pilih tandhing ing prang Kyana Patih Jèdhi | prawira môndraguna ||

28. yèn suwawi kawula aturi | jêng paduka ngungsi Purwakôndha | sampun tanggêl ing lampahe | ingêbyukan puniku | Sri Bupati Mutadarawi | Samasrawi

--- 5 : 60 ---

Narendra | anèh para ratu | bêbala manuk lan kewan | Patih Bêstak kalawan kang pra dipati | anggubêl kinanthia ||

84. Prabu Nusirwan Ngungsi dhatêng Purwakôndha.

14. Kinanthi

1. sang nata pan ginarubyug | ing patih lan pra dipati | tuwin sagung para nata | kênia dipun aturi | angungsi narpati dibya | mriksa Sri Mutadarawi ||

2. sang nata kagulung atur | samana budhale wêngi | angkate saking nagara | kasusu akuwur sami | kapungkur ing pasanggrahan | ing Kusniya Malebari ||

3. ginêlak arêbut dhucung | samana dipun tututi | kang repot-repot tinilar | pating bacècèr samargi | sami amor padêdesan | pamrihe aja katawis ||

4. sampun lêpas lampahipun | ya ta kawuwusa enjing | wontên bala tur uninga | mring Apatih Abunandir | suwênge kang pabarisan | ing Talsiyah lan Mêdayin ||

5. lajêng katur mring wong agung | yèn kang rama sri bupati | lolos lan bala Talsiyah | kêbute sarêng sawêngi | ngungun kang sami miyarsa | bêdhole para narpati ||

6. ya ta wau wus anuduh | kang ngodhol amêmanuki | wong agung ing Parangteja | Sang Raja Miskad tinuding | môngka manggalaning lampah | Sang Prabu Sakirdan Ali ||

7. lawan sang rajèng

--- 5 : 61 ---

ing Ngungsur | sira Sang Raja Dukyanis | prajurit kuda rong lêksa | timbalane Jayèngmurti | aja dèn prih karusakan | dèn kadi angiring-iring ||

8. mangkana Sang Jayèngsatru | wus kinèn bubarkên baris | mantuk marang jroning kitha | ing Kusniya Malebari | kêbut sagung para nata | saking jawi kitha gusis ||

9. sagung ingkang para ratu | ngantuki wismanirèki | sami eca saha bala | wong agung anèng jro puri | nutug lêrêm ing asmara | lawan garwanira sami ||

10. sagung ingkang para ratu | ayême sawadyanèki | sarwa tutug sarwa ana | ing Kusniya Malebari | nagari loh pêpanganan | lêmês nagara pasisir ||

11. ya ta wau kang winuwus | Adipati Guritwêsi | ambudi bala Talsiyah | tan ana kang nungkul siji | minggat sadaya ing benjang | karya kiyanating jurit ||

12. lawan êsake tyasipun | Adipati Guritwêsi | dene Si Rukyatil Polad | ing aprang kapati-pati | sagung para ratu dibya | satus rong puluh binanting ||

13. miwah para rajasunu | akathah dipun buwangi | tyasira ginagas lara | Adipati Guritwêsi | wêlas mulat para nata | kang sami sinorkên jurit ||

14. ing batin sakke tyasipun | patihe minggat angili | lawang Sang Prabu Nusirwan | durung ana dhingin-dhingin | yèn ratune wus kasor prang | sabalane nungkul sami ||

15. iku ratune kasambut | balane minggat ing wêngi | baya arêp jajal [jaja...]

--- 5 : 62 ---

[...l] lanat | ingga wa Ratu Mêdayin | iya nganti apa sira | yèn nora ingsun lunasi ||

16. apa gawene dèn ingu | agawe lingsêming bumi | ratu-ratu kang binuwang | miwah ingkang dèn bantingi | ratu kang wus kandêl padha | wus lawas dadèkkên kanthi ||

17. sigra radèn arya gupuh | marang pakuwon Kohkarib | kapanggih Prabu Marmadya | angandika sang dipati | hèh Umarmadi lalaran | iku Si Raja Rukyatil ||

18. wêtokêna ingsun jaluk | iku arsa sun patèni | panas têmên atiningwang | yèn uripa Si Rukyatil | tan asap mulat ing jalma | ingsun iki Umarmadi ||

19. Raja Marmadi amuwus | iku karêpmu pribadi | durung sah lawan parentah | Jêng Gusti Surayèng Bumi | apadene raja mudha | ing Kusniya Malebari ||

20. miwah ta arinirèku | wong agung ing Ngalabani | bok iyaa dèn mupakat | panggawe mêngkono iki | aja sira gawe polah | manawa tan dadi bêcik ||

21. bêngis dènira amuwus | Adipati Guritwêsi | môngsa nyênyambata sira | iya yèn dadi bilai | tan suda rasaning driya | yèn Rukyatil wurung mati ||

22. akèh kang padha gêgêtun | Si Rukyatil dèn uripi | lah ginawe apa iya | balane tan nungkul siji | padha ngupaya paekan | kêmbulan Rajèng Mêdayin ||

23. iya anglêlêmu satru | nguripi Raja Rukyatil | kapir kawak durung arsa | anut agama Ibrahim | ngur

--- 5 : 63 ---

nulya pinatènana | si jajal lanat Rukyatil ||

24. Raja Marmadi gumuyu | ingsun satêmêne gêthing | dulu Si Rukyatil Polad | sok nguwus-uwus ing jurit | sukur sira wani kakang | amatèni Si Rukyatil ||

25. sampun binayangan mêtu | kon godhog timah sajèdhi | Adipati Tasikwaja | timah umob molak-malik | cangkêm sinêsêlan gada | têtêlu mênga kang lathi ||

26. sami gila kang andulu | Rukyatil kadi rasêksi | untune kadi prangangah | mung kacèk siyung tan mawi | bedane lawan danawa | lawan pocunge kang kuping ||

85. Prabu Rukyatil Polad Pêjah Dipun Cor Timah.

15. PocungTeks asli: Pucung.

1. pan sapucung sêntile jro tênggokipun | wus dèn soki timah | sajèdhi tan ana kari | gadêbugan anjrit Sang Rukyatil Polad ||

2. biyang-biyung anglumba kang nyêkêl mawut | Rukyatil kalaran | ya ta sru dènira budi | mandhêlonge tilas nglumba sêdhêng gajah ||

3. panggronipun ingantêb kadi galudhug | kapyarsa jro pura | swarane tangis Rukyatil | timah umob nèng wêtênge wêtêng bêdhah ||

4. gumarujug duk bêdhahe wêtêngipun | ngalumpruk wus pêjah | sira Sang Prabu Rukyatil | langkung suka tyasira Ki Tasikwaja ||

5. pan wong agung myarsa swaranya ing dalu | duk anggro kalintang [ka...]

--- 5 : 64 ---

[...lintang] | panjrite Raja Rukyatil | sigra dangu mring para ratu kang jaga ||

6. kang dinangu prasaja ing aturipun | raka jêng paduka | Adipati Guritwêsi | anglunasi dhatêng pun Rukyatil Polad ||

7. duk angrungu wong agung kagyat kalangkung | sakala pan ilang | trisnane mring sang dipati | ing patine Sang Raja Rukyatil Polad ||

8. mung kang ketung wus aganthêng niyatipun | yèn Rukyatil Polad | dèn ingu ginawe kanthi | lair batinirarsa ginawe kadang ||

9. dene ratu angluwihi para ratu | agêng luhurira | miwah prakosaning jurit | lan agênge karaton nagri Talsiyah ||

10. sigra Prabu Marmadi ngandika sampun | praptèng ngarsanira | Wong Agung Surayèng Bumi | hèh Marmadi êndi Si Rukyatil Polad ||

11. ya ta dhêku Marmadi ing aturipun | pukulun kawula | yêkti wangkot apan ajrih | pamundhute pun kakang ing Tasikwaja ||

12. têmbungipun saking sangêt lingsêmipun | yèn misih amulat | ing warnane pun Rukyatil | dènnya sangêt anguwus-uwus dènnya prang ||

13. para ratu pinadhakakên kinjêng trung | tan katon manungsa | kadya dêkêpi cêcindhil | siya-siya banting ratu banting putra ||

14. lawan iku balane tan ana nungkul | malah padha minggat | anuntun Rajèng Mêdayin | nora wurung iku andawa prakara ||

15. lawan iku maksih mungkir durung anut | mupung durung Islam | marmane ingsun lampusi |

--- 5 : 65 ---

yèn anuta ing agama nora kêna ||

16. sakalangkung punika rumêksanipun | mila jrih kawula | wong agung duk amiyarsi | pan sakala tan ana kang tinolèha ||

17. ical larut trêsnane mring Marmayèku | hèh Marmadi enggal | timbalana Marmayèki | Umarmadi sandika tur sêmbah mentar ||

18. mring pakuwon lan Umarmaya wus pangguh | sampun dhinawuhan | kulithihan Marmayèki | analôngsa kaduwung ing solahira ||

19. dangu-dangu ki adipati lumaku | apan karsaning Hyang | kang nitah sagung pakarti | amikrama coba beka lan pangrusak ||

20. langkung-langkung manungsa pamilihipun | yèn milih kang ala | kang bêcik rêncana iki | ujar cêndhak atêmpak kudu dinawa ||

21. ingkang patut dinawa panggawe ayu | yèn tan kabêcikan | iku aja dèn cêdhaki | yèn prakara was-uwas aja dinawa ||

22. yèn tinutur katawur aja linantur | yèn ana sarasa | wis aras-arasên uwis | iya iku panuntuning jajal lanat ||

23. yèn tan pêngkuh amatuh sok ngangkuh-angkuh | tan atas santosa | owah wahyuning Hyang Widhi | andêdawa ing wadi-wadi kawudan ||

24. kaya iku lamun pinupus apan wus | pasthi dudu nistha | patine Raja Rukyatil | apa gawe dèn ingu mundhak andadra ||

25. pan katuju pakartinira wong agung | mèh katêkan beka | praptane Umarmayèki | sru ngandika Wong Agung Surayèng

--- 5 : 66 ---

Jagat ||

26. ya sirèku Si Rukyatil dene lampus | wong anèng panjaran | pagene sira patèni | liwat saking cumbu-cumbu paripolah ||

27. mamak mêsum ngaku wong sumbaga kasub | alon aturira | Ki Dipati Guritwêsi | inggih saking awêlas lingsêm ing kathah ||

28. yèn tan lampus inggih Rukyatil puniku | kathah para nata | tan ana bisa ningali | botên asap mulat Si Rukyatil Polad ||

29. lan puniku maksih mukir dèrèng manut | ing agama tuwan | lawan sawadyane sami | botên nungkul sami minggat mring Talsiyah ||

30. tumut ngêmbul maring prabu ing Mêdayun | ngupaya paekan | karya pakewuh ing wuri | mêmanasi dènira kasoran ing prang ||

31. kathah mungsuh tan wontên anguwus-uwus | mung Rukyatil Polad | pinatenan pantês ugi | duk miyarsa wong agung yuda kênaka ||

86. Wong Agung Duka dhatêng Umarmaya.

16. Pangkur

1. cinandhak Ki Umarmaya | asta kiwa dhingkul tan bisa osik | astane kang têngên sampun | ngikal camêthinira | ingkang saking Ngajêrak wasiyatipun | Jêng Nabi Suleman môngka | tanjire yêksa dosèki ||

2. sarya sru andikanira | sira iki katêkan ing bilai | supaya aja ing besuk | iya sapisan-pisan | yèn ngambaha panggawe kang kaya iku |

--- 5 : 67 ---

tinibakakên saksana | kaping pitu wali-wali ||

3. kang ngadhêp nuju tan ana | wong agunge amung Rajèng Kohkarib | lan sakawan kadangipun | amung patayar kathah | para lurah kang sumiwi mring wong agung | wontên ing kori pungkuran | amêngkang dukanira Mir ||

4. kang ngadhêp dhingkul sadaya | langkung eram miyat dukanira Mir | Rahadèn Tasikwajèku | tabête kang sarira | kang sinabêt ngêmu rah sariranipun | abang kadi ginaluga | gumêtêr Umarmayèki ||

5. inguculakên saksana | kinèn kesah Ki Umarmaya nangis | lungane sarwi amuwus | iya nora kayaa | anêmoni mangkene sariraningsun | trêsna mring Rukyatil Polad | maring sun lan para aji ||

6. ingkang satus kalih dasa | lan pêpitu lawan kang rajasiwi | kongsi mêngkene wak ingsun | iya ingsun wong Menak | sira gitik ping pitu pamalês ingsun | iya kaping pitung dasa | wong agung sugal nauri ||

7. aja kakehan wicara | lah malêsa pan ingsun nora wêdi | apa sagêndhingirèku | siyang dalu tan ulap | Umarmaya wus têbih ing kesahipun | Wong Agung Surayaningrat | kondur ing panêpèn aglis ||

8. Ki Dipati Tasikwaja | praptèng jawi ngilang datan kaèksi | wus ingangge kulukipun | ingkang saking Ngajêrak | aja kongsi kawruhan ing pamrihipun | wus mingêr manjing jro taman | pakêbonan ing jro puri ||

9. wusnya adus Umarmaya | kang sarira

--- 5 : 68 ---

tinambanan pribadi | waluya ngêntut ping pitu | ya ta suruping arka | pan wong agung angrasuk kang bajo dhawuk | baruti suci manulak | lailaha ilallahi ||

10. dalu ing pukul sadasa | nèng panêpèn Wong Agung Jayèngmurti | ya ta ki dipati rawuh | wong agung taksih lênggah | anggalibêd jawi panêpèn gènipun | Sang Jayèngrana kaduga | yèn Umarmaya kang prapti ||

11. dadya pi-api anendra | wus ingintip Wong Agung Jayèngmurti | mangsah Marmaya bêk mangsuk | munggèng ing daganira | nênggih darubêsi pinasang nèng tulup | granane kang rayi sigra | tinulup ing darubêsi ||

12. ngrêbda wong agung kantaka | sangêt kantu Marmaya gya mrêpêki | binopong ginawa mêtu | mring kêbon pêpungkuran | kêbon wana ki dipati nyêmpal kayu | ginitik Sang Kakungingrat | kagyat wungu nulya linggih ||

13. ngandika sakarêpira | anggitiki Umarmaya nauri | yèn gênêp ping pitung puluh | mêngko punaginingwang | sun wêtokkên darah saking ing awakmu | wau ta kang kawuwusa | praptane pandhita kalih ||

14. kang atapa pulo Barjah | Ki Sèh Wahas lawan Ki Sèh Bawadi | duk prapta ing taman nuju | praptaning pitung dasa | pamukule Radèn Umarmaya wau | wong agung sigra anyandhak | Marmaya tan bisa osik ||

15. kang prapta jlêg tanpa sangkan | Ki Sèh Wahas anyandhak Jayèngmurti | Ki Sèh Bawadiman sampun | anyandhak Umarmaya | ting galolo pandhita [pandhi...]

--- 5 : 69 ---

[...ta] kalih amuwun | dhuh Sang Kalêngkaning Jagat | emuta cobaning Widhi ||

16. kagyat Sang Surayèng Jagat | praptanira wau kang rayi kalih | nanging Marmaya puniku | maksih dèn ikal-ikal | ginendholan Sèh Wahas wau kang nanggung | lan Pandhita Bawadiman | sinèlèhakên aririh ||

17. byar kèmutan kalihira | ya ta nangis Wong Agung Jayèngmurti | Umarmaya sênggruk-sênggruk | matur aris Sèh Wahas | jêng paduka darbe pangandika wau | punagi ngêdalkên êrah- | ipun kakang Guritwêsi ||

18. kênakane jênthik tuwan | sundêpêna pun kakang Guritwêsi | lêngêne kiwa puniku | sigra dènira nyandhak | darijine wong Menak Sèh Wahas matur | kanaka têngên punika | jiniwitakên tumuli ||

19. mring bau kiwa wus mêdal | darahira Dipati Guritwêsi | sasampunira puniku | sarêng mijil saksana | saking taman sapraptaning dalêm agung | animbali para nata | lan para putra wus prapti ||

20. lajêng aboga drawina | sami suka tyasira kang para ji | dene pulihe wong agung | lan raka Tasikwaja | Radèn Wahas nêmbah alon aturipun | punika wontên narendra | alit karatone nênggih ||

21. nanging ambêk pinandhita | ing agama nunggil Nabi Ibrahim | raja alit Mêndhangpupus | sabupati kewala | nanging wingit kratone tan wontên purun | kêkasihe sang pandhita | nama Ki Sèh Kadamdini ||

22. darbe atmaja wanudya |

--- 5 : 70 ---

punjul ing rat Ni Dèwi Kadamingsih | linamar ing ratu kupur | prajane ing Gumiwang | Raja Karungrawi pêparabing ratu | arine ratu punika | dening Raja Samasrawi ||

23. pun Kadamdini tan suka | milanipun prapta ing paduka Mir | ngaturakên putrinipun | supados kacèthia | sêdyanipun pun Kadamdini pukulun | gih putrane amawongan | dhatêng Radèn Rustamaji ||

24. wong agung alon ngandika | yèn mêngkono yayi agea prapti | sang ratu pandhita iku | Radèn Wahas turira | inggih sampun sumêlang ing tyas pukulun | kadi benjing-enjing prapta | Nata Rêsi Kadamdini ||

25. lawan putrine binêkta | inggih nuntên katur jêng paduka Mir | atur kawula pukulun | nuntên kapanggihêna | Kadamingsih putri adi Mêndhangpupus | kalawan putra paduka | inggih Radèn Rustamaji ||

26. yèn wus panggih putra tuwan | kula nuntên mantuk dhatêng Mêdayin | ing damêl kawula sampun | wêlingipun pun bapa | rumêksa ing gèsèh bêndhe pikiripun | jêng tuwan kalih pun kakang | Adipati Guritwêsi ||

27. ing mangke sampun raharja | wêlingipun pun bapa nuntên inggih | bubarna baris pukulun | putra tuwan Karsinah | nuntên tuwan parentahi konduripun | putra tuwan ingkang tuwa | kondura ing Parangakik ||

28. miwah putra tuwan Kelan | dimèn sami ngayêmkên sarirèki | drapon ngraosna puniku | kawiryan kawibawan | lan mênêdi ing praja lan wadyanipun | dene ingkang

--- 5 : 71 ---

atênggaa | ing Kusniya Malebari ||

29. pan radèn timur kewala | wayah tuwan Sayidiman prayogi | tinêngga ing eyangipun | yèn nagari Mrêdikan | botên pantês kanggènana ratu agung | Sang Prabu Samsumurijal | pantês kitha Parangakik ||

30. Risang Bathara Jayusman | Sultan Samsumurijal Parangakik | apan ing nagaranipun | lan asugih jajahan | ing Karsinah ing Kelan gèn ratu agung | mangkana dènnya bujana | sadalu wuwusên enjing ||

31. praptane nata pandhita | Mêndhangpupus Tuwan Sèh Kadamdini | kalawan saputrinipun | Kadamingsih binêkta | sampun katur linajêngakên kadhatun | sakala kang ginadhuhan | Rajaputri Parangakik ||

32. wong agung wus aparentah | tuwin sira Dipati Guritwêsi | lan sagunging para ratu | yèn benjing Soma ngarsa | paningkahe nênggih putri Mêndhangpupus | lan Rustamaji punika | ing môngsa mangusap wèni ||

87. Prabu Sahsiyar Ngaturakên Putrinipun dhatêng Wong Agung.

17. Sinom

1. cinêndhak gênging bawahan | para pandhita wus prapti | miwah ingkang para raja | ngèstrèni paningkahnèki | Rahadèn Rustamaji | lawan putri Mêndhangpupus | rame bujananira | panggihe putra lan putri | ingkang among pangantèn [pangantè...]

--- 5 : 72 ---

[...n] Rêtna Sudara ||

2. lawan kang ibu Karsinah | sih lulut dènira panggih | putri moncol warnanira | Rêtna Dèwi Kadamingsih | ayu wênês rêspati | bisa angladèni kakung | kunêng kang sih-sinihan | wontên kawuwusa malih | nagri Bukit Surukan Prabu Sahsiyar ||

3. wus lami dènnya wibawa | arja nagaranirèki | apan sampun apêputra | èstri yu kalokèng bumi | Rêtna Umiswanjari | diwasa ingagru-agru | ing para ratu kopar | pikir lan punggawa mantri | prayogane tibane ing karaharjan ||

4. ature Patih Minardan | pukulun sri narapati | mrih icale sêrik êsak | atur kawula sang aji | luhung ngaturna gusti | mring Kuparman dèn agupuh | inggih nganti punapa | yèn botên katura gusti | mring Jêng Sultan Kuparman Surayèng Jagat ||

5. apan paduka ingangkah | ratu sinudara wèdi | dhatêng Jêng Sultan Kuparman | ing mangke tuwan sêsiwi | èstri malah ta dadi | parêbutan para ratu | sami sanès agama | ingkang sami angraosi | marma yogya katura dhatêng Kuparman ||

6. nadyan botên kinarsakna | ing para putra Jêng Amir | inggih dadosa ganjaran | singa ingkang dèn paringi | sayêkti wuwuh aji | rinêngga putra pukulun | karênan sri narendra | miyarsa patih turnèki | angandika alon Sang Prabu Sahsiyar ||

7. he kakang Patih Minardan | sira lumakua dhingin | lan gawanên sutanira [su...]

--- 5 : 73 ---

[...tanira] | nini putri Miswanjari | nanging wartane patih | apan Jêng Sultan Wong Agung | Kuparman wus alawas | nèng Kusniya Malebari | anggawaa bupati sakawan dasa ||

8. lawan bala pitung lêksa | sun lumaku anèng wuri | budhal Ki Patih Minardan | angiring sang rajaputri | sêlur jêmpana joli | ing marga datan winuwus | prapta dungkap jajahan | ing Kusniya Malebari | sami lajêng gêgaman maring nagara ||

9. Patih Minardan Surukan | jumujug Umarmayèki | katur ing Sang Kakungingrat | surate rêkyana patih | kaduga tyasira Mir | kinèn amakuwon sampun | sagung bala Surukan | putrine manjing jro puri | Kyana Patih Minardan tampi ganjaran ||

10. kinèn atura uninga | lan gustine dèn timbali | nênggih Sang Prabu Sahsiyar | praptaa ing Malebari | kang putra Miswanjari | sayêkti lamun pinundhut | pinanggihakên lawan | Rahadèn Ambyah Kuwari | dèn aenggal praptaa Prabu Sahsiyar ||

11. sigra anglampahkên duta | Ki Patih Minardan aglis | nuduh punggawa sakawan | kapêthuk wontên ing margi | Prabu Sahsiyar uning | mring patih sagah umatur | mangkya sampun kapêdhak | nèng marga dutaning patih | gurawalan bala ing Bukit Surukan ||

12. balane Prabu Sahsiyar | prajurite tigang kêthi | sakêthi Patih Minardan | lan patang lêksa prajurit | lampahe sampun prapti | ing Kusniya prapta esuk | wong agung

--- 5 : 74 ---

duk sineba | aglar atmaja para ji | ngandikan mring ngajêngan Raja Sahsiyar ||

13. sumujud angaras pada | sampunnya kinèn alinggih | lan para ratu pangarsa | nanging kêdah anèng wuri | pinêksa mopo ajrih | mlorod kêdah anèng pungkur | maksih ulap tumingal | mring para ratu kang lami | sami nyapa sagung ingkang para nata ||

14. Prabu Lamdahur lingira | hèh dene pantês si adhi | madêg nata nèng Surukan | ulêse saya manglingi | wus ilang tabêtnèki | saking mêntas angon wêdhus | sun dulu mundhak gagah | wuwuh godhèg athi-athi | wuwuh ulat alad-alad simbar jaja ||

15. wus dadi ratu têmênan | pantês prawirèng ajurit | gumêr sagung para nata | Sahsiyar matur wotsari | marang Prabu Sêrandil | brêkah paduka pukulun | lawan ingkang supangat | Jêng Gusti Surayèng Bumi | apan darmi tumindak saking parentah ||

16. angguguk Sang Rajèng Selan | inggih talah yayi aji | dèn sami mantêp sêsanak | dika mring pondhokan mami | pan kula duwe adhi | gajah ingkang sampun tutut | têtêlu sami berag | singa kang dika dhêmêni | si gunarsa adhi namane satunggal ||

17. kang siji pun mojoklinggang | nanging maksih rada kêsit | katrine si bajodhêndha | kuciwane maksih kêsit | mung si gunarsa adhi | puniku kang sampun tutut | patut tunggangan dika | kaop wong balilu adhi | si gunarsa gadhinge gula kalapa ||

--- 5 : 75 ---

18. sirahe bintulu buras | tulalene nilawardi | insa Allah si gunarsa | pantês titihane adhi | ratu rada nyantrèni | nunggang gajah kang wus ruruh | mungguh adhi yèn dika | yèn anunggang si gunarsi | sami suka lêgawane Rajèng Selan ||

19. ngling malih Sang Rajèng Selan | lan makutha dika adhi | gaweyan kêmasan desa | ngong dulu dèrèng prayogi | dhi kula mêntas kardi | inggih makutha têtêlu | lêbone têlung yuta | putranta Ki Banarungsit | duk kinarsakakên kinarya narendra ||

20. amêngku nagari Nglaka | kula damêlakên adhi | inggih makutha têtiga | satunggil andika pilih | ingkang kari kêkalih | pantês sêdhêng yayi prabu | saklah rakite beda | lan makuthane para ji | pan kêmasan dika ing Selan kèh guna ||

21. andhêku Raja Sahsiyar | wong agung alon nambungi | yayi prabu ing Surukan | kadang ta Rajèng Sêrandil | pasaja tan awigih | bêbêlakan gathak-gathuk | yêkti ambêktènana | dhawuh sihe mring sirèki | apan sira kang antuk pitulunging Hyang ||

22. kaliwat pinalimarma | dening Sang Prabu Sêrandil | anuwun Prabu Sahsiyar | suka kang samya miyarsi | mangkana kang winarni | dawane sakèhing laku | cinêndhak wus aningkah | Rahadèn Kasim Kuwari | lan putrine Sahsiyar Rajèng Surukan ||

23. Ni Dèwi Swanjari endah | sih lulut bêkti ing krami | langkung dènnya sih-sinihan | kang among [a...]

--- 5 : 76 ---

[...mong] Sudarawrêti | nutug Sang Jayèngmurti | amanggih kasukan agung | indhake kang darajat | nèng Kusniya Malebari | akèh prapta kaluhuran lan kawiryan ||

24. mangkana wus pêparentah | Wong Agung Surayèng Bumi | badhe kondur mring Kuparman | kang putra ing Malebari | mantuk mring Parangakik | amangun karaton agung | kang rayi mring Karsinah | tuwin Iman Karnaèni | angantuki nagaranira ing Kelan ||

25. mung putra kalih binêkta | marang Kuparman nagari | kang sami pangantèn anyar | sira Radèn Rustamaji | lawan Kasim Kuwari | lagya mèh budhalanipun | wau ta kang winarna | Sang Prabu Sakirdan Ali | kang anjêjêp undure Prabu Nusirwan ||

88. Prabu Banarungsit Prang lan Balanipun Prabu Nusirwan.

18. Durma

1. Rajèng Miskat ngirit ratu kawan wêlas | Prabu Sakirdan Ali | antuk lêlampahan | sapta ri manjing wana | kalangkung agêng kang baris | bala Talsiyah | lan bala ing Mêdayin ||

2. kawuwusa kang ngubur layoning uwa | Sang Prabu Banarungsit | mêntas saking Nglaka | lajêng wangsul sang nata | mring Kusniya Malebari | wus praptèng wana | ananggor sri bupati ||

3. duk makuwon ing wana sabalanira | Sang Prabu Banarungsit | lan punggawanira | Raja Tasangsulngalam | bodhol [bodho...]

--- 5 : 77 ---

[...l] barise pangarsi | kagyat katunjang | baris agêng lumaris ||

4. pan angidak lampahe bala Talsiyah | lan bala ing Mêdayin | kèlês wadya Nglaka | tan kongsi atêtanya | duka Prabu Banarungsit | sapa kang liwat | takona kang sayêkti ||

5. sigra nitih dipôngga Sang Rajèng Nglaka | prajurit pra dipati | sèwu munggèng gajah | salêksa munggèng kuda | angalang marga mêpêti | asru têtanya | anyikêp wong sawiji ||

6. tinakonan balane Rukyatil Polad | bubar samya angungsi | marang Purwakôndha | ratune wus kabônda | nèng Kusniya Malebari | durung pratela | kabèh tuturirèki ||

7. pan kajêjêl ing wuri nunjang kewala | pangrasanira sami | sami baturira | kang lèrèn anèng ngarsa | sigra Raja Banarungsit | akèn têngara | bèri gurnang thongthonggrit ||

8. pan agolong angsahe prajurit Nglaka | prajurit Burudangin | pan gêgawanira | Prabu Tasangsulngalam | ngatêr bandhusanirèki | Orang Kaorang | lajêng nêmpuh ngamuki ||

9. abusêkan ing wuri datan karasa | nunjang ngilês lumaris | nanging katadhahan | rampak pangamukira | ratune jênêngi wuri | ambêk sudira | Sang Prabu Banarungsit ||

10. kang anunjang lampah sami katanggulang | prajurit Burudangin | umangsah kotbuta | ing kanan wadya Nglaka | sira Prabu Banarungsit | sangsaya kathah | gènirantuk pêpati ||

11. wong sakêthi ingadhangan wong

--- 5 : 78 ---

salêksa | kinalang-kalang kêni | bebas pan karampas | wong salêksa kang nunjang | wong sèwu ingkang ngadhangi | bêskup tan ana | budine sor ing jurit ||

12. sangsaya gung bala lumaris katawan | mangkana kapiyarsi | ulubalang wuntat | prajurit ing Talsiyah | Raja Bukaram mring ngarsi | Raja Badingah | anon gègèr ing ngarsi ||

13. ngêtap kuda narpati kalih wus prapta | ngarsane Banarungsit | nèng luhur dipôngga | asongsong tigang pasang | ingayap wadya gung wuri | kuda pêpêrang | pitung lêksa prajurit ||

14. prawirèng Rum Burudangin kering kanan | prajurit pra dipati | sèwu nitih bihal | sèwu nitih blagdaba | sèwu sênuk banthèng sami | kang nunggang macan | wong sèwu prameya di ||

15. sira Raja Badingah Raja Bukaram | ngulon-ulon marani | kang munggèng ing ngarsa | nênggih kang tinakonan | iki ratu têka ngêndi | arane sapa | kang tinakon nauri ||

16. Prabu Nglaka nênggih arane narendra | Sang Prabu Banarungsit | Lamdahur kang suta | kang ibu putri Nglaka | arsa kondur Malebari | saking ing Nglaka | iki kapapag baris ||

17. sigra nabêt kuda Sang Prabu Badingah | Raja Bukaram sami | wangsul marang wuntat | gègèr wadya sru gita | prapta ngarsanira patih | miwah Nusirwan | kagèt aturirèki ||

Lajêng nyandhak Menak Purwakôndha

--- 5 : [79] ---

Isinipun.

... Kaca

71. Prabu Sayid Ibnu Ngumar wontên ing taman Burudangin. ... 3

72. Sayid Ibnu Ngumar kasoran prang. ... 6

73. Sayid Ibnu Ngumar pêrang kalihan Dèwi Mrêduwati. ... 10

74. Wong Agung pêrang kalihan Ratu Burudangin. ... 15

75. Wong Agung lêrêm wontên ing balekambang. ... 19

76. Wong Agung dhaup lan putri Burudangin. ... 22

77. Prabu Rukyatil Polad dipun krubut dening para rajaputra. ... 27

78. para raja wadya Malebari mangsah prang. ... 31

79. Pangeran Kelan pamit ngêdali prang. ... 36

80. Prabu Rukyatil Polad tandhing lan Pangeran Kelan. ... 43

81. Para ratu sami bujana. ... 47

--- 5 : [80] ---

... Kaca

82. Wong agung kondur saking Burudangin. ... 49

83. Prabu Rukyatil Polad kasor dening wong agung. ... 54

84. Prabu Nusirwan ngungsi dhatêng Purwakôndha. ... 60

85. Prabu Rukyatil Polad pêjah dipun cor timah. ... 63

86. Wong agung duka dhatêng Umarmaya. ... 66

87. Prabu Sahsiyar ngaturakên putrinipun dhatêng wong agung. ... 71

88. Prabu Banarungsit prang lan balanipun Prabu Nusirwan. ... 76