Menak Purwakandha (Jilid 1), Balai Pustaka, 1935, #849


Serie No. 1158

Menak Purwakôndha

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Balepustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Wadya Talsiyah Kasor Yudanipun

1. Durma

1. wontên ratu lêlampah saking ing Nglaka | nêdya mring Malebari | Lamdahur kang suta | nêmpuh sabalanira | Patih Bardus matur aris | tuwan kèndêla | kularsa mêthuk jurit ||

2. sigra mangsah prajurite wong Talsiyah | gumrêdêg sarêng prapti | umung kang têngara | tata baris akapang | Bukaram kinèn mêtoni | mangsah sêsumbar | Sang Prabu Banarungsit ||

3. angundhangi bala aja na mêtu prang | yèn iki aprang tandhing | sun dhewe kang yuda | ana prawira nêmbah | satriya ing Burudangin | Radèn Sudirman | kêdah mangsah ing jurit ||

4. linêganan mangsah wus ayun-ayunan | turangganira nirignyirig | sarwi ngikal pêdhang | mubêng parisanira | têtanya wau sang aji | Raja Bukaram | sapa aranmu aji ||

5. anauri dudu ratu ngong satriya | saking Rum Burudangin | santananing nata | Raja Tasangsulngalam | Kadri Sudirman ran mami | lah sira sapa | ingsun Rajèng Sungkabi ||

6. ratu andêl Bukaram anèng Talsiyah | ngangkat gadanira glis | Dyan Kadri Sudirman |

--- 1 : 4 ---

ginada paris mubal | suraking balakuswa tri | rame kang aprang | ambêk sudira sami ||

7. Radèn Kadri Sudirman malês amêdhang | janggane tigas pacing | utamangganira | tiba anèng bantala | Raja Bukaram ngêmasi | wau kang prapta | nandêr têtulung jurit ||

8. praptèng rana yun-ayunan lajêng mêdhang | Rajèng Badingah nitir | tibèng paris mubal | rame pêdhang-pinêdhang | sami rikating ajurit | Radèn Sudirman | pamêdhange ngênèni ||

9. pan sigar byak parise Rajèng Badingah | sirah sigar kapripit | tiba saking kuda | mati Raja Badingah | Patih Bardus prapta aglis | wusnya tumingal | Sang Prabu Banarungsit ||

10. kinèn mundur satriya Kadri Sudirman | antuk narendra kalih | kang mati ing aprang | wau Sang Rajèng Nglaka | lan Patih Bardus wus panggih | ayun-ayunan | sami luhuring èsthi ||

11. Patih Bardus asugal ing wuwusira | ya sira Banarungsit | mati ngastaningwang | wurung sira duk aprang | nèng Kusniya Malebari | sira ing mangkya | nora wurung ngêmasi ||

12. pan ginada tinitir-titir tan kêndhat | Sang Raja Banarungsit | amalês anggada | rame gada-ginada | dangu datan migunani | ambuwang gada | sami têdhak kêkalih ||

13. saking èsthi adangu pêdhang-pinêdhang | wus rêmpu pêdhang kalih | gya candhak-cinandhak | dangu sêndhal-sinêndhal | arame tarik-tinarik | Patih Talsiyah | sinêndhal mring sang aji ||

14. wus binanting Patih Talsiyah saksana [saksa...]

--- 1 : 5 ---

[...na] | mring Prabu Banarungsit | gumuling kantaka | sigra Radèn Sudirman | nalèni marang apatih | sampun katawan | gègèr kang wadya alit ||

15. Patih Bardus katawan kèh samya myarsa | kang raka anèng wuri | sira Patih Bardas | arine yèn katawan | matur ing Rajèng Mêdayin | yèn ngladènana | inggih beka ing margi ||

16. yêkti lami tuwan tan panggih kalawan | lan Prabu Samasrawi | amba yèn tiwasa | nèng marga tanpa karya | luwung suwawi nyimpangi | benjing kewala | rinêbut ing ajurit ||

17. sigra bubar Nusirwan lan Patih Bardas | sami nyimpang angèri | kumêrug anêrak | wana kadya ampuhan | wau ta kang anèng wuri | Sang Rajèng Miskat | kagètira tan sipi ||

18. dene bubar wong Talsiyah nyimpang marga | lir wong kaburu jurit | wuri wadyèng Nglaka | miwah kang wadyabala | prawira Brudangin ngungsir | samya jêjarah | anawan para manis ||

2. Prabu Nusirwan Dumugi ing Purwakôndha

2. Dhandhanggula

1. wau Sang Raja Sakirdan Ali | gupuh mangarsa sawadyanira | wus panggih lawan barise | prabu ing Nglaka tundhuk | Raja Banarungsit ngabêkti | marang Sang Raja Miskat | ngandika nak prabu | kayaparan solahira | kongsi

--- 1 : 6 ---

dadi nyimpang Sang Rajèng Mêdayin | anyimpang salang-tunjang ||

2. alon matur Raja Banarungsit | paman aji kawula lêlampah | tan wruh baris gêng praptane | anunjang midak purun | kula kêkah atêmah jurit | paman Arya Sudirman | amatèni ratu | kêkalih bala Talsiyah | Abukaram lan Raja Badingah mati | prang lan paman Sudirman ||

3. Patih Bardus lan kawula jurit | paman ing mangke sampun katawan | Sang Rajèng Miskat wuwuse | wadyanira nak prabu | ingkang sami ngungsir dèn aglis | timbalana manawa | pêpatine wuwuh | pasthi yèn nêmu dêduka | ingong iki maspadakakên sang aji | lorode Sang Nusirwan ||

4. nêdya marang ing Mutadarawi | Raja Samasrawi ingêbyukan | sêdhêng sun balia kene | barêng lakunirèku | mring Kusniya ing Malebari | kang ngungsir tinimbalan | jarahane agung | bêbandan pating karêncang | sarêng budhal Sang Prabu Sakirdan Ali | lawan Sang Rajèng Nglaka ||

5. tan winuwus ing marga wus prapti | Rajèng Miskat lawan Rajèng Nglaka | Banarungsit sabalane | katur marang wong agung | yèn kapêthuk wontên ing margi | aprang lan Rajèng Nglaka | kalih mati ratu | sami bala ing Talsiyah | Patih Bardus aprang lawan Banarungsit | kasoran pan kabônda ||

6. wus sinrahkên mring Prabu Kohkarib | ratu tawan pêpatih Talsiyah | dene sang prabu karsane | Sri Bathara Mêdayun | ngungsi marang Mutadarawi [Muta...]

--- 1 : 7 ---

[...darawi] | kalawan Patih Bardas | kang miyarsa ngungun | sagung para raja-raja | wus mangkana wong agung dadoskên pikir | dènira bêbudhalan ||

7. kang tinilar anèng Malebari | Sang Raja Pandhita Bawadiman | ingkang among ing wayahe | Dyan Sayidiman timur | kang ngêmbani Radèn Badakir | arine naking-sanak | dening sang aprabu | Kusniya Sang Bawadiman | Abunandir binêkta mring Parangakik | dhingini budhalira ||

8. sami nêmbah mring padanira Mir | Prabu Jayusman Samsumurijal | lan ibu sarêng bêktine | nêmbah ing Jayèngsatru | lajêng nusul ing wadyanèki | sang prabu ing Karsinah | lawan ibunipun | nuntên pangeran ing Kelan | lawan garwa sira Dèwi Kadarwati | budhal dhatêng ing Kelan ||

9. Rajèng Suwôngsa lan Jonggiraji | Radèn Minsar tumut maring Kelan | nuntên wong agung budhale | lan sagung para ratu | kêbut saking ing Malebari | wadya tanpa wilangan | sarêng lampahipun | Radèn Sèh Wahas tan pisah | lan kang raka Wong Agung Surayèng Bumi | tumut dhatêng Kuparman ||

10. tan winuwus laminirèng margi | sampun prapta nagara Kuparman | nagri kalangkung arjane | rèh gora gumaludhug | wadya anèng têpining margi | mulat gusti praptanya | wadya gung atimbun | suka mulat sadayanya | wus ngadhaton Wong Agung Surayèng Bumi | panggih lawan kang garwa ||

11. putri Mêdayin putri Kuwari | mêthuk kamulyan mring mantunira | samya katuwon sukane [su...]

--- 1 : 8 ---

[...kane] | sagunging para ratu | angadhaton purane sami | wau Raja Sahsiyar | amakuwon sampun | tunggil lawan Raja Kemar | Radèn Wahas anunggil anèng jro puri | panêpèn ênggènira ||

12. Sri Tasangsulngalam Burudangin | pinaringan prênah sampun pelag | suka manahe wadya kèh | anutug jibar-jibur | datan ana karasa budi | Radèn Wahas wus lama | pamit sampun mantuk | miwah Sang Prabu Sahsiyar | mulih marang Surukan wus dèn lilani | kunêng malih winarna ||

13. lampahira Bathara Mêdayin | lawan Patih Talsiyah wus prapta | anèng dhusun Paminggire | ing Purwakôndha dalu | Purwakôndha Mutadarawi | Patih Bêstak lan Bardas | kang kinèn rumuhun | enjing Soma wus sineba | wadya para ratu Prabu Samasrawi | aglar ing panangkilan ||

14. ratu agung prawira ngajurit | sinêmbah sagung para narendra | ratu jêmbar jajahane | kèdhêp sato lan manuk | ratu iku kuwat ngukuhi | sagung wil diyu yaksa | kang ngungsi ing ngriku | kaburan saking Jabalkab | môndraguna sira Prabu Samasrawi | tanpa lawan ing aprang ||

15. kagyat praptanira patih kalih | Bardas Bêstak prapta ing paseban | mring Patih Jèdhi jujuge | katur saaturipun | lawan suratira sang aji | Sri Bathara Nusirwan | wus katur sang prabu | Sang Raja Matari Akbar | langkung ngungun myarsa surasaning tulis | dening Rajèng Talsiyah ||

--- 1 : 9 ---

16. kasor ing prang lan Surayèng Bumi | kang kêkutha nagari Kuparman | kadya samodra balane | mila mangke sang prabu | ing Mêdayin arsa angungsi | mring nagri Purwakôndha | Samasrawi Prabu | ngandika sarya têtanya | ana ngêndi panêmbahan nyakrawati | Patih Jèdhi tur sêmbah ||

17. lagya kèndêl nèng dhusun Paminggir | Prabu Samasrawi pêparentah | ngundhangi balane kabèh | yèn ingsun arsa mêthuk | iya marang Rajèng Mêdayin | jaban kutha karyaa | taratag winangun | ki patih wus pêparentah | lumaksana sagunging para narpati | karya tarub wangunan ||

18. budhalira wau sri bupati | wadyanira lir wanadri kobar | para ratu prajurite | praptèng jawi kitha wus | kèndêlira sri narapati | munggèng tarub wangunan | sato lawan manuk | ingandikan sami prapta | bupatine sami tarab anèng ngarsi | banthèng singa dipôngga ||

19. warak andhanu manjingan sami | parêk anèng keringing narendra | wolung bidho nowak darès | baris manungsa ngayun | kadya alun kagiri-giri | sagung wadya punggawa | andhêndhêng alajur | Patih Jèdhi wus dinuta | amondhongi marang Bathara Mêdayin | lawan Rajèng Gumiwang ||

20. prapta ing gèn sang nata wus kerid | kapondhongan balane awêndran | wadya Talsiyah awore | wus prapta tarub agung | bala pêksi gêndhing saruni | sato kêndhang gong gurnang | thongthonggrit [thongthonggri...]

--- 1 : 10 ---

[...t] lan puksur | eram Bathara Nusirwan | langkung dibya Sang Natèng Mutadarawi | sajagat datan ana ||

21. ratu akarya niyaga pêksi | lawan sato kang têngara gurnang | wong Mêdayin mele-mele | kawarêgên pangungun | wus alênggah Rajèng Mêdayin | nunggil sadirgasana | lawan sang aprabu | Kya Patih Bardas lan Bêstak | wus anunggil lawan Kyana Patih Jèdhi | ing ngarsa para nata ||

22. dangu mulat Sang Natèng Mêdayin | lutung ngêndhang bèrinira macan | thongthonggrit kang nabuh banthèng | sênuk anabuh kêthuk | puksur warak ingkang nabuhi | gêndhing saruni samya | tinabuh ing manuk | kang anyuling kêlinglingan | pan kapodhang nabuhi rêbabe muni | cangak nabuh kamanak ||

23. kang akathah angadhêp giliri | manuk anglarih panginumira | sangsaya sru pangungune | sang prabu ing Mêdayun | miwah sagung kang pra dipati | waradin para nata | ciptanira untung | wong Kuparman antuk mêngsah | baya iki bebase Si Jayèngmurti | mari nèng ngalam donya ||

24. angandika Sang Rajèng Mêdayin | anak prabu pun bapa punika | katoring-toring lamine | singa-singa kang tulung | têka botên tulung mêlasi | sami kasoran ing prang | kabèh sami nungkul | Patih Bêstak nambung sabda | milanipun akathah kang salah tampi | dhatêng rama paduka ||

25. para ratu ingkang kirang budi | sami makatên dènira ngucap | Sang Ratu Mêdayin kuwe | makaryakakên mantu | pan wong Arab kang

--- 1 : 11 ---

pinrih luwih | mantune asugiha | bala ratu-ratu | tandhane apan karuwan | duk patine Muninggar putrine malih | sinungakên wong Arab ||

26. lamun iku mungsuha sayêkti | nora awèh putrine dèn alap | makatên ing pangrasane | tur ta punika tuhu | lah makatên rama sang aji | saking kasupit papan | tan sagêd angrêbut | lawan Marpinjun punika | duk pinundhut ing Kalana Jayèngmurti | pun Maktal kang dinuta ||

27. bêkta sagung ratu kang prajurit | tigang atus ratu pêpilihan | tigang kêthi punggawane | bala tan kêna ngetung | sêsêg jêjêl nagri Mêdayin | upami pinopoa | sayêkti ginêmpur | rama tuwan pinêjahan | nak putune tinumpês jalu lan èstri | putri pasthi katawan ||

28. rama tuwan mung ajrih ngrêrintih | amung kula ingkang budidaya | mrih sandeya pamundhute | dhatêng Rêtna Marpinjun | wontên ratu ing Kôndhabumi | prakosa sugih bala | sugih para ratu | Banakamsi wudhu ing prang | sêsanggupe kadya gêmpur gunung wêsi | nawu sagara asat ||

29. ratu môndraguna ing ajurit | tan kosikongsi prang lan Si Kakungingrat | mung wong Parangteja bae | Banakamsi kapupu | pan kaboyong kadange èstri | dadya cèthine Maktal | satêmah pukulun | prajurite têtumpêsan | langkung rame aprang nèng nagri Mêdayin | Banakamsi lan Maktal ||

30. sagêndhinge

--- 1 : 12 ---

tan sagêd nimbangi | prang garubuh lawan prang tandhingan | kasor saparipolahe | prang kasab aprang lêmbut | sagêndhinge apan kajodhi | kadipundi narkaa | ing rama sang prabu | saking kasupiting môngsa | sru gumujêng sira Prabu Samasrawi | miyarsa ture Bêstak ||

31. Natèng Purwakôndha ngandika ris | bênêr sira bapa Patih Bêstak | wong Arab abot sanggane | tan kêna pinèt iku | saking lômba wong Pusêr Bumi | pan kalêngkanikalêngkaning jagat | ngêndi ana ratu | samêngko ngasorkên ditya | iya sapa wruha ingkang dhingin-dhingin | samêngko mung wong Arab ||

32. kaya iku Si Raja Rukyatil | guruning prang lêmbut apan ingwang | nêkani prang sêprandene | nora tutur maring sun | mungsuh lawan wong Pusêr Bumi | batine digêgampang | pasthi mênangipun | yèku trape ratu kompra | durung nimbang sawang-sawunging ajurit | dandanan lêmbut kasab ||

33. ingkang dadi kanthi lair batin | pan wong Arab sugihe dandanan | nora nana têtondhene | miranti kasab lêmbut | para ratu kabèh sinêkti | tuwin putra lan garwa | tan ana kang cubluk | kabèh prawira ngayuda | miwah dene para putraning narpati | kabèh gambuh ing aprang ||

3. Nandukakên Paekan.

3. Gambuh

1. lan ana tunggalipun | asor unggule mêtara laku | Maktal Umarmaya ingkang ngundhagèni | wus awas [a...]

--- 1 : 13 ---

[...was] pangilon ingsun | ing sangkal bolong malompong ||

2. tan kêna gupuh-gupuh | mungsuh wong Arab yèn durung putus | wêwekane pasthi nora wurung jêngking | barangkangan amrêkungkung | mêngkono kang wus kalakon ||

3. apan wus lawas ingsun | ênggon ingsun ngarah arsa mungsuh | iya lagi ngumpulkên dandanan batin | sayêkti duwea ingsun | kaya Marmaya mêngkono ||

4. lawan duwea ingsun | kaya Si Maktal ing antêpipun | pikir mubêng wêgig bisa anglakoni | tan owah kakehan mungsuh | tan bungah mungsuhe kalong ||

5. nêpsune tan kasusu | agêm santosa ambêke têguh | têtêkone Si Parangteja prajurit | lan bisa mong para ratu | marmane ginawe bobot ||

6. wusnya dhaharan nutug | lajêng umangkat sabalanipun | manjing jroning nagara sri narapati | Rajèng Mêdayin tut pungkur | binêkta marang kadhaton ||

7. pinarnah sitiluhur | pakuwonira Rajèng Mêdayun | punggawane lan Bêstak makuwon jawi | amung kang putra têtêlu | tumut kang rama sang katong ||

8. ya ta wau sang prabu | ing Purwakôndha undhang ing dalu | prapta ditya kang anèng ing wukir-wukir | ana ditya pitung puluh | sami raksasa palayon ||

9. ing nguni sami ratu | têlas balane samya ingamuk | wong tuwane mring Kalana Jayèngmurti | angungsi katawur-tawur | saparan dènira manggon ||

10. ingkang ngungsi ing ngriku | anaking Dusar namane Dastur | lan putune

--- 1 : 14 ---

nguni Raja Bêranjani | putih ulêse lir kapuk | sami têtapa ing kono ||

11. Burijan namanipun | mangkya kabala ing ratu iku | ing Mutadarawi Raja Samasrawi | kêrana pangungsènipun | sinagahan minôngka toh ||

12. linabuhan prang pupuh | pinrênahakên ing gunung-gunung | Rajèng Purwakôndha prawira awêgig | ngèlmu sikiripun agung | sêkti sajroning prang popor ||

13. prapta kalih tinantun | ditya Burijan kalawan Dastur | jinarwanan ing karsanira sang aji | ana putri ditya iku | satunggal ayu kinaot ||

14. Burijan kang sêsunu | Ni Marikangên kêkasihipun | lah rupaa Pandhita Barijan nênggih | dhepokira ing Jongkurung | dening sutanira wadon ||

15. rupaa manungsèku | dèn angluwihi putrining ratu | dèn alêmbut yèn katampan Rustamaji | punagi nyèthi satuhu | atmajane Sèh Buyabon ||

16. sayêkti yèn kalêbu | anèng nagara lakunirèku | lan Si Jamum Sindhula labête dhingin | pan nora na ing praja gung | dadi kacênthok pakewoh ||

17. yèn wus patutan iku | Si Marikangên pakolèhipun | anrapakên paekan sabudinèki | pan ditya walakanipun | lawan manungsa pan kaot ||

18. karucat dênawèku | umur sawulan padha sataun | yèn sataun lan umur sawindu sami | yèn wis tuwa nora pikun | apan nora [no...]

--- 1 : 15 ---

[...ra] kêna kêmpong ||

19. mangkana wus lumaku | paekanira wau sang prabu | malih warna pandhita kalihe sami | putra malih warna ayu | pan luwih putrining katong ||

20. katiga sami mabur | nagri Kuparman ingkang jinujug | ing dalême Radèn Putra Rustamaji | nêm wulan rong dina rawuh | watêke ditya mangkono ||

21. jujug gyan regolipun | kang têngga sinung ngaturi wêruh | yèn kang paman Sèh Wahas nênggih kang prapti | katigèstri rewangipun | sampun ngaturan malbèng jro ||

22. rahadèn wus atundhuk | wusnya tata dènira alungguh | tinêmbungkên inggih pandhita puniki | kang pilênggah ing Jongkurung | nama Ki Sèh Abuyabon ||

23. mawongakên kang sunu | sampun kalêbu punaginipun | yèn dadia atmajèstri dadi wali | anyèthia rajasunu | Rustamaji matur alon ||

24. paman panujunipun | tuwan punapa botên apangguh | lawan raka paduka jêng rama Amir | sumaur kagêdhèn laku | pan dudu putrining katong ||

25. anggèr kewala sampun | dêstun katur ing ibu Marpinjun | singa-singa sok sênêng anggèr pribadi | bilih nampika puniku | datan arsa bocah wadon ||

26. puniku wajib matur | ing rama dika sawabe ngèlmu | anuruti sawab duwe nadar bêcik | yèn dika sampun panuju | ing danane Sèh Buyabon ||

--- 1 : 16 ---

4. Pêputra lan Putri Ditya.

4. Asmaradana

1. mulat Radèn Rustamaji | ing warnane kang wanodya | langkung kacaryan galihe | tuhu rêspati wiraga | Ni Marikangên endah | angandika rajasunu | inggih sakarsane paman ||

2. yèn datan arsa pêpanggih | kalawan raka paduka | lamun jêng ibu kemawon | inggih kaparêng kawula | wadon tiron pamitan | kula anggèr arsa laju | têtuwi mring pulo Barjah ||

3. wis karia sira nini | katampan panyèthinira | wus kesah wau kalihe | wali ningkah sinung wênang | kang rama wus mitungkas | tan kasusu lampahipun | sêngadi mring pulo Barjah ||

4. wus kesah kang malih warni | praptaning jawi wus napak | ing jumantara kalihe | mulih marang PurwakendhaPurwakôndha | ing wuri winursita | binêkta marêk kang ibu | prapta ngarsa atur sêmbah ||

5. wus katur sasolahnèki | praptane Radèn Sèh Wahas | ngatêr pandhita lampahe | kang ibu suka tumingal | rare wadon kang cahya | anaking pandhita luhung | pan kadi musthikaning dyah ||

6. mangkana datan winarni | cinêndhak lampahing kôndha | nênggih sampun paningkahe | lan putri pandhita mulya | panggih langkung sihira | langkung karêm kêna cinthung | rajaputri ing Kuparman ||

7. garwa sêpuh Kadamingsih | wawratane sêpuh babar | mijil jalu suwarnane | amawa cahya gumilang | lir nuksmèng ôndakara [ônda...]

--- 1 : 17 ---

[...kara] | pinangku ing eyangipun | sarta sinungan pêparab ||

8. nama Radèn Atasaji | kang rama karêm tyasira | marang kang garwa kang anèm | Marikangên bisa krama | langkung sih rajaputra | sira putri Mêndhangpupus | karia wis sinatmata ||

9. pijêr rumêksèng putrèki | kang raka tan kalikuran | pan wus ana lêlirone | amung ibune kewala | Marpinjun langkung wêlas | umiyat ing putra mantu | mung ibu ingkang miyara ||

10. mangkana ingkang winarni | kang mulih mring Purwakôndha | wus lajêng marêk sang katong | katur ing satingkahira | lampah wus tinampanan | wus manjing paekanipun | langkung sukane sang nata ||

11. enjing Raja Samasrawi | miyos siniwakèng bala | prawiranira ngarsandhèr | kang rayi Rajèng Gumiwang | sampun munggèng ngayunan | miwah kang rama Mêdayun | nunggil sami padmasana ||

12. Patih Bêstak Patih Jèdhi | lawan Ki Patih Talsiyah | katiga jajar linggihe | baranang ing panangkilan | kadya giri kusuma | busananing para ratu | miwah satriya punggawa ||

13. Sang Aprabu Samasrawi | ngandika mring Patih Bêstak | Patih Bêstak ingsun kiye | nora ge nonjok panantang | marang nagri Kuparman | lagi mêtokakên ingsun | ing paekan pangawula ||

14. karana kang dhingin-dhingin | amungsuh Si Kakungingrat | kurang yitna kurang rèrèh | tan bobot ing mêmungsuhan | mapan ngawag kewala | mulane padha

--- 1 : 18 ---

markungkung | asrah tangan talikungan ||

15. lan maninge ingsun janji | Patih Bêstak lawan sira | isining Kuparman kabèh | iku pasthi mungsuh ingwang | sanadyan putunira | Mardani Marsandi iku | yèn kacandhak ingsun mamah ||

16. aran padha mungsuh sami | nadyan iku sang bathara | iya mungsuh lan sungsume | Rustamaji iku aja | garantês kabatinan | yèn garantês mupung durung | apa gawe mêmungsuhan ||

17. karana pangrêngkuh mami | wong Kuparman yèn wus kontal | sun curês têkan cindhile | sun gawe pangewan-ewan | singa ingkang kacandhak | nambungi Prabu Mêdayun | nak prabu sampun sumêlang ||

18. lila lair lila batin | inggih pasaja pun bapa | nora lamis-lamis bae | yèn lamisa dudu raja | mangkana sri narendra | ing Purwakôndha ing dalu | mijil marang ing pamedan ||

19. akasukan udan gêni | akarya pangeram-eram | manuk akarya udane | binêktan obor sadaya | midêr marang gêgana | buron ing ngandhap puniku | sinawatan ing dahana ||

20. mubêng nganan mubêng ngèri | indha binalang dahana | giware pating galêmbor | suka kang samya tumingal | mulat ing solahira | kang buron kalawan manuk | tuhu ratu kinawasa ||

21. aja kaliru pangarti | kèdhêping buron punika | pan amung wana saênggon | yèn alas liya pan ora | sak ênggon pinasangan | ing kêmate sikiripun | buron manuk mung salêksa [salê...]

--- 1 : 19 ---

[...ksa] ||

22. mangkana kondurirèki | anjujug kèndêl sang nata | sitiluhur pakuwone | kang rama Prabu Nusirwan | sampun tata alênggah | nimbali dhêdhukun nujum | saking ing dara asalnya ||

23. nama Tambi Masrukakim | jro kitabe ana munya | yèn besuk amicakake | mring Wong Agung Kakungingrat | lawan kang para nata | punggawa satriyanipun | Wong Agung Surayèng Jagat ||

24. Prabu Nusirwan miyarsi | Ki Masrukakim kitabnya | eram ngungun tyas sang katong | paran margane mênanga | kasap lêmbut samêkta | ing Purwakôndha sang prabu | ngandika mring Patih Bêstak ||

25. iki patih yèn sarwa wis | tumindak paekan ingwang | ing kono nuli sun tonjok | panantang apa sukanya | ing pangubaya sapa | ing panglurugan puniku | anêkani lan tinêkan ||

26. mangkana laku kang yêkti | jaya mrata sura mrata | ing amungsuh padha katong | nora tinggal ing ukara | saiki sun utusan | dènira gunêm anutug | sawusnya bubar sang nata ||

27. gantya kang winuwus malih | rajaputra ing Kuparman | Rustamaji pan garwane | Marikangên wus pêputra | katur marang kang eyang | angluwihi agêngipun | lan jabang bayi kang adat ||

28. wus sinung pêparab nênggih | anama Radèn Kalalmak | pangucap banyu maknane | pan mangkya binasan Jawa | lapale siji ilang | iya Radèn Kalaranu | kalawan makna pangucap ||

29. eram kang samya [sa...]

--- 1 : 20 ---

[...mya] ningali | ulêse rahadèn wayah | myang longgore gêlis gêdhe | nanging tan ana graita | ibune iku ditya | pitayane ingkang angsung | dene kerid Radèn Wahas ||

30. dadya sami dèn parabi | radèn wayah kaya ditya | ujat katêlahing akèh | kang mêmarabi wong jaba | yèn iku radèn wayah | Radèn Ditya Kalaranu | kang jêjuluki wong kathah ||

31. Wong Agung Surayèng Bumi | enjing miyos siniwaka | aglar ingkang para katong | satriya lawan punggawa | kadya samodra bêna | ulubalang nganglang laut | tôndha lawan pangalasan ||

32. lir wukir sayuta bêsmi | anyurêmi diwangkara | busananing para katong | lawan pra dipatinira | miwah pra atmajendra | kang tansah munggèng ing ngayun | wong agung ing Parangteja ||

33. lan Dipati Guritwêsi | Natèng Kohkarib lan Selan | sabalane para katong | Rajèng Yunan lan ing Kebar | Burudangin yujana | ingkang sami ratu agung | Ngabêsi Brajikunawar ||

34. Turki Tursina ing Dêmis | Kôndhabumi Ngindibuldan | Santari Miskat ing Kaos | ing Yaman ing Sam Ngabêsah | Kuristam samya raja | kang agêng ratu pangayun | kang samya ngrèhakên raja ||

35. Kangkan lawan Ngalabani | Kuristam lan Siti Barjah | Katijah Bangit mulane | karaton alit kewala | lami nglabuhi karya | mila nunggil dènnya lungguh | lan para ratu pangarsa ||

36. kang angrèh samaning aji | miwah

--- 1 : 21 ---

kandêl sinudara | tan ana nêmu bekane | samya kinulawisudha | mring Sang Surayèng Jagat | kathah kalamun cinatur | Kuparman para sri nata ||

5. Wong Agung Tampi Sêrat Panantang saking Purwakôndha.

5. Sinom

1. wong agung eca sineba | kasaru praptanirèki | caraka mundhi panantang | pan saking Mutadarawi | Sang Prabu Samasrawi | carakanira tumanduk | prapta nagri Kuparman | anjog saking ing wiyati | Kyana Patih Jèdhi lan paksi sakawan ||

2. gowak mêrak bango buthak | kang ngampil sêratirèki | kèndêl kori panangkilan | akèn ngaturi upaksi | mring wong kang tunggu kori | yèn wontên caraka rawuh | saking ing Purwakôndha | kang kinèn wus mêsat aglis | praptèng ngarsa wus katur ing Arya Maktal ||

3. wong agung ing Parangteja | nêmbah ngaturi udani | wontên raja duta prapta | saking ing Mutadarawi | pêpatih kang tinuding | nanging warni kadi manuk | ingkang dadya pangarsa | awak wong awulu paksi | kang angiring sakawan pêksi sadaya ||

4. gowak mêrak bango buthak | kagyat kang samya miyarsi | wong agung mèsêm ngandika | hèh yayi Maktal dèn aglis | Prabu Sakirdan Ali | yèku tuduhên amêthuk | ngirid lêbune duta |

--- 1 : 22 ---

karo Si Dabarun Ali | Rajèng Kendah kang mawa bagus sêmbada ||

5. rêspati wiraganira | prayoga ing têmbung manis | ratu kalih wus dinuta | nêmbah sapraptaning jawi | ngungun dènnya ningali | caraka asipat manuk | mrêpêki aris mojar | hèh apawong sanak mami | pakênira adhi suwawi ngandikan ||

6. kerida dening pun kakang | baya alami nèng margi | andhêku patih turira | sandika kula tut wingking | pun kakang dangu margi | ing lampah mung pitung dalu | nanging margèng gêgana | kakang pan barkahing gusti | kang anuduh ing dasih darmi kewala ||

7. têtanya patih nèng marga | arinta anilakrami | punapa pun kakang raja | satriya miwah dipati | mèsêm dènnya nauri | sor-asor pun kakang ratu | kang mêngku nagri Miskat | manira Sakirdan Ali | pawingkinge mring Wong Agung Parangteja ||

8. dene yayi raka para | ing Kendah Dabarun Ali | sami wêwinih paitan | yayi sapangating gusti | kadya kinulit daging | marang kita kinèn mêthuk | yayi prapta andika | ratu gêng-agêng kèh yayi | botên kinèn mêthuka prapta andika ||

9. nauri ngrêpèpèh mêndhak | sira Ki Apatih Jèdhi | kakang kalêbêt utama | jênêng andika narpati | prapta ngajêngan aris | andhadhap angayag lambung | samya patitisira | nuruti Ki Patih Jèdhi | sasolahe Rajèng Kendah Rajèng Miskat ||

10. prapta ngajêngan tur sêmbah | mêndhak cêlak kêthip-kêthip | wong agung alon ngandika | hèh Raja [Ra...]

--- 1 : 23 ---

[...ja] Sakirdan Ali | lawan Dabarun Ali | duta iku jakên lungguh | ing kursi kang satunggal | tur sêmbah narendra kalih | sarta jawil Patih Jèdhi wus ginawa ||

11. minggah kursi sigra nêmbah | wusira tata alinggih | nulya patih atur sêmbah | kakang Miskat surat niki | surate gusti mami | sumôngga panujonipun | kang sêrat gya cinandhak | ing Prabu Sakirdan Ali | ingaturkên mring Wong Agung Parangteja ||

12. lajêng katur mring ngayunan | katur wong agung nampèni | binuka sinukmèng driya | têmbunge sampun kadugi | wau Ki Patih Jèdhi | cingak dènira andulu | kathahe para nata | gung-agung abaik-baik | lan cahyane Wong Agung Surayèng Jagat ||

13. kadi nukmèng diwangkara | tan kuwawa dènnya ngliring | wong agung nginggiling tênggak | sira Kyana Patih Jèdhi | langkung eram ningali | sapa kuwasa amungsuh | ing cahya kang mangkana | prasasat pratônggapati | amiyara ujating jagat wiryawan ||

14. wong agung alon ngandika | marang Kyana Patih Jèdhi | hèh ki patih apa lawas | panêmbahan ing Mêdayin | ana Mutadarawi | Patih Jèdhi nêmbah matur | pukulun kang minulya | kang sèstu nataning bumi | sangang wulan praptane rama paduka ||

15. hèh Patih Jèdhi matura | marang ing ratunirèki | lamun ingsun nora lawas | sajroning wulan puniki | sun tindak angawaki | marang prajane ratumu | iya sawurinira | pan ingsun nora ngangsuli | layang

--- 1 : 24 ---

dene sira dhewe kang dinuta ||

16. prapta panggih lawan ingwang | yêktia luwih utami | saking pira-pira layang | tur sêmbah Kya Patih Jèdhi | pinaringan pisalin | lan pira-pira gungipun | rêtna sêsotya pelag | anêmbah amit umijil | praptèng jawi ngayuh napak jumantara ||

17. wêwêngkon nagri Kuparman | kya patih kang dèn tingali | eram jêmbaring nagara | kadhaton para narpati | prasamya mawi ciri | pucaking gapuranipun | intên samaja-maja | mutyaranira sakrambil | wênèh ana sawaluh pucak gêngira ||

18. pangapiting kang gapura | ana mas rineka sapi | ana kang rineka kuda | kang agung karatonnèki | êmas rineka èsthi | ana kang rineka sênuk | ana rineka macan | kèh warna gapurèng aji | katon saking mandrawa pating pancurat ||

19. lor kidul wetan mangkana | lampahe ngilèn kaèksi | kadi praja Ngendraloka | eram Kyana Patih Jèdhi | sabên para narpati | samya mangku lèpèn agung | iki ratuning praja | ratuning bumi sabumi | pan ratuning rêsik rata ngalam donya ||

20. sayah ibêre kya patya | lèr kilèn kadhaton pinggir | kèndêl patamananira | binata sêlaka putih | umpak sinilih asih | têmbaga abrit puniku | ingkang adarbe taman | nênggih Raja Yusup Adi | salèr kilènira Risang Arya Maktal ||

21. Patih Jèdhi manjing taman | sawusnya siram angambil | mêmilih [mêmi...]

--- 1 : 25 ---

[...lih] ingkang wowohan | wus dangu ngiling-ilingi | cirining gapura di | nênggih patamananipun | sri bupati ing Kebar | ngungun Kyana Patih Jèdhi | mandahane tamane ratu pangarsa ||

22. mandahane Arya Maktal | Lamdahur lan Umarmadi | Marmaya Tamtanus baya | pitulas mene watawis | ya ta mulat angering | ana gêdhong alit patut | wuwung sirape êmas | ginêtak mênga kang kori | ing jro ana kêndhaga katri kancana ||

23. kang tumumpang nginggil pisan | binuka na kitab alit | winaca ran Kadam Makna | dangu dèn iling-ilingi | lakone Jayèngmurti | wiwitan têngahanipun | sawuse linampahan | miwah kang dèrèng ing wuri | wus cinatur jroning kitab Kadam Makna ||

24. gowak mêrak bango buthak | ing dalu kinèn angambil | sutra pêthak jroning pura- | nira prabu Suyup AdiYusup Adi | datan ana udani | paksi sakawan wus nucuk | sapraptanira taman | katur ing rêkyana patih | sutra pêthak linapis rineka kitab ||

25. mênyêt lung-lungan ron gurda | kang kinarya mangsi wilis | puniku ingkang carita | mila Prabu Yusup Adi | guru ngêsrahkên pati | mring atmaja Betaljêmur | Radèn Wahas punika | Natèng Kebar dèn paringi | rêrasane jroning kitab Kadam Makna ||

26. ngèlmu iku langkung gawat | sami lawan ngèlmu gaib | Nusirwan pan nora wikan | yèn ana kitabirèki | Kadam Makna kang mawi | sidikira Betaljêmur |

--- 1 : 26 ---

Bêstak malih wêruha | baya tinakdir ing benjing | ing tuwane sri narapati ing Kebar ||

27. dadi pandhita utama | ulah nujum iladuni | anom tumêka ing tuwa | anrus prawirèng ajurit | parandene sang aji | Yusup Adi kudu wêruh | sangêt pangungkihira | uwit ing lair lan batin | kandêl dening kinasihan mring wong Menak ||

28. lan Wong Agung Parangteja | miwah Ki Umarmayèki | wus manjing ratu wadana | parandene Marmayèki | kulup thole yèn manggil | tuwin Maktal lan Lamdahur | Marmadi datan ana | kang basa mring Yusup Adi | uwit saking noraga bisa ngawula ||

29. yèn iku nandhanga brana | kantaka madyaning jurit | yêkti wong Arab kiyamat | ingkang sami anglabuhi | yèn Maktal Umarmadi | Umarmaya lan Lamdahur | labuh pasthi sajagat | para Ratu Pusêr Bumi | môngsa ana sawiji kang nêdya gêsang ||

30. mangkana panurunira | sira Kyana Patih Jèdhi | tigang dalu tigang siyang | tan ana ingkang udani | awor kalawan pêksi | patamanane Sang Prabu | Kebar wus dadi samya | gêng-agêng kêkayonèki | dhasar limpad Patih Jèdhi mocung kitab ||

6. Patih Bêstak Dipun Wêlèhakên dening Patih Jèdhi.

6. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang tinurun pinêgat ing urutipun | ingkang Kadam Makna | jinujug duk Malebari | pandhuwure Mutadarawi kacandhak [ka...]

--- 1 : 27 ---

[...candhak] ||

2. duk wong agung kêna ing paekanipun | prang nèng Purwakôndha | cinadhok ing Masrukakim | nanging nora dadi asoring ayuda ||

3. asor ratu ing Mutadarawi besuk | nagari Talsiyah | ing benjing ingkang ngratoni | Banuarli Marmadi ingkang sêsuta ||

4. sutanipun ing benjing Prabu Lamdahur | madêg Purwakôndha | anama Prabu Pirngadi | lawan putra wuragil Mêdayin lanang ||

5. madêg Ratu Gumiwang Prabu Sêmakun | kabèh kang akarya | Wong Agung Surayèng Bumi | sampurnane Mutadarawi amulya ||

6. lajêngipun Bèktarti kang madêg ratu | Dyan Aris Munandar | kang wayah buyut Sang Amir | lajêng bêdhah Ngambarkustub Kalakodrat ||

7. lajêng mukul ing Ngrokam saurutipun | nulya sinampunan | panurune Patih Jèdhi | wus tinutup panêpène Rajèng Kebar ||

8. kitabipun Kadam Makna sampun wangsul | anèng kêndhaga mas | umêsat Ki Patih Jèdhi | saking nagri Kuparman napak gêgana ||

9. tan winuwus ing marga lampahe sampun | praptèng Purwakôndha | pukul ing sadasa enjing | duk sineba Sri Bupati Purwakôndha ||

10. pan anginum lawan kang rama Mêdayun | aglar para nata | praptane Ki Patih Jèdhi | paniyupe lajêng anjog panangkilan ||

11. nêmbah matur sasolahira ingutus | yèn Sang Kakungingrat | nuntên tumindak mariki | sabalane sampun samêkta busana ||

12. lajêng

--- 1 : 28 ---

muwus Patih Jèdhi tutur-tutur | nutuh Patih Bêstak | sira iku sun arani | wus atuwa nora awas ing wiweka ||

13. nanjuk-nanjuk wong mêngkana sira mungsuh | nora pati mawas | nguthuh dènira mrih tandhing | nora larang wong iku kasurang-surang ||

14. durung dulu ingsun ingkang para ratu | tangkêbe sêmbada | awor ing cahya nêlahi | dadi siji mancur wilêtan kang cahya ||

15. sawangipun gung alit kang para ratu | tan ana nyaluwag | wus awor ing lair batin | nyawa siji dèn anggo wong sanagara ||

16. ing tyasipun Wong Agung Anjayèngsatru | kaliwat santosa | kandêl kumandêl ing Widhi | wong mêngkana iku wus pangawak jagat ||

17. jêr wus luput sira Bêstak satingkahmu | anggung karya jawal | bênggange Sang Jayèngmurti | wong aduwe ingon-ingon pinrih rusak ||

18. Jayèngpupuh iku nora nêdya ucul | saking astanira | sira prih kapati-pati | pan wong arêp mêkar kudu sira wijang ||

19. dènnya muwus Patih Jèdhi sarya wuru | wong mêntas lêlampah | lajêng ginêmbong branduwin | anggur kênit anèng têngah panayuban ||

20. milanipun nora taha dènnya muwus | dhasar kaduk tatag | pêsaja rahayu budi | kuciwane Patih Jèdhi palawija ||

21. wulu manuk awake manungsa tuhu | asuwiwi êlar | watês ing sikutirèki | andhap alit prawira budi polatan ||

22. milanipun kèringan ratunirèku | saking wagêdira [wa...]

--- 1 : 29 ---

[...gêdira] | pratikêle Patih Jèdhi | tyas undhagi prawira amôndraguna ||

23. ya ta wau ki patih pamuwusipun | anèng pasamuan | ngarsane Prabu Mêdayin | hèh ta Bêstak sira talutuhing jagat ||

24. duwe ratu pinisêpuh ratu agung | têka dèn prih rusak | wong bêcik sêdya angabdi | dadak sira prih ala wurung dandanan ||

25. tur ta iku kinêmpita môngsa ucul | saking tanganira | sira nora bisa napih | wong panastèn kari kasêktène padha ||

26. sira kudu burucêng kelangan palung | malah buru kidang | kelangan banthèng sayêkti | têka ngêndi iya sagunging pratingkah ||

27. mung rekamu gawe rusaking ratumu | ginawa ngumbara | ping pira lawase mangkin | alah êndi wêkasane lakonira ||

28. malah iku iya mundhak wuwuh-wuwuh | ing musibatira | ratumu katoring-toring | nora kapok sabên nyambat-nyambat kalah ||

29. dadi iku muwuhi balaning mungsuh | Si Surayèng Jagat | duk seba praptèng Mêdayin | iya pira misih kêdhik durung kathah ||

30. mendah iku tulusa anèng sirèku | pasthi ratunira | dadi ratuning sabumi | dhasar tuwa duwe mantu prawirèng prang ||

31. kongsi dhawuk nora antuk nêmu kêthuk | malah mundhak-mundhak | kêcanthèl-canthèl tan kari | liwat luwih Bêstak tan duwe pangrasa ||

32. iku patut tinapuk kinêpruk watu | pan sinêmpal-sêmpal | awake dèn [dè...]

--- 1 : 30 ---

[...n] suwir-suwir | ora eling wong duwe pratingkah cidra ||

33. ratuningsun ing kene duwea iku | wiwitan mangkana | kang kaya Si Jayèngmurti | pasthi luhur kaya duk Nabi Suleman ||

34. sami ngungun anjêtung kang samya ngrungu | dènira angucap | Patih Jèdhi miyatani | aranana Bêstak ing pandhandhangira ||

7. Wong Agung Nglurug dhatêng Purwakôndha.

7. Dhandhanggula

1. lah wong apa Bêstak sira iki | anggung gawe sira ngajak rusak | sajêg tan ana undhake | angunthul dhawul-dhawul | pan yak-yakan saba wanadri | saking ing bodhonira | ya ratumu iku | sira kang agawe rusak | gawe nistha Bêstak mirêng kêthip-kêthip | netra sawang kunarpa ||

2. pan anglanjak Kyana Patih Jèdhi | tuwan punika Prabu Nusirwan | dene ratu sayêktine | ing sapuluh rong puluh | dèn go nistha marang apatih | nora duwe pangrasa | pira laminipun | anggung ngrusak nguladara | ratu agung têka anyupêtkên wiji | kya patih sigra ngatag ||

3. bala pêksi kinèn anyêkêli | para Ratu Mêdayin sadaya | bupati myang punggawane | Bêstak wus tinalikung | kinunjara dadi sawiji | lawan Patih Talsiyah | binêlok atumpuk | mung Nusirwan ingawêran | pan dosane dene kagawa ing patih | lan anggêgawa rusak ||

--- 1 : 31 ---

4. aturira Ki Apatih Jèdhi | sampun kagèt Sang Prabu Nusirwan | sakèh ratu punggawane | boya wontên tinêmu | amung ngajak rusak pinanggih | apan ratu kawula | arsa aprang pupuh | rêbut pati rêbut gêsang | yèn nyandhinga waras kabèh wong Mêdayin | pasthi nêmu cilaka ||

5. nuntên ratune dèn parêpêki | Patih Jèdhi alon aturira | binisikan surasane | Kadam Makna puniku | nanging namung mijil sapalih | ratune kêkês myarsa | ing kayêktènipun | babone kang têmên baya | iki paman Si Masrukakim wus lami | mangkat marang Kuparman ||

6. kabèh iku Kadam Makna nukil | babone mung kang ana Si Wahas | tunggale lan bapakane | pan Ki Sèh Betaljêmur | pagaweyan ala lan bêcik | nistha lawan utama | uwite gonipun | ana Mêdayin nagara | Sri Nusirwan iki sarwi anguwiti | têka kudu kêrapa ||

7. wong wis simpên kudu ipil-ipil | yèn mêngkono goning jajal lanat | nora kapok sajêg-jêge | gapitên Bêstak iku | kabèh para Ratu Mêdayin | ing sagapite papat | amung putra têlu | ingkang nora ginapitan | ingapura putra têtiga Mêdayin | yèku bae warasa ||

8. datan wontên kang sinungan bukti | tuwin toya tan ana sinungan | kalamun rina dèn êpe | lamun bêngi dèn êkum | yèn apranga ginawe benjing | upacara nèng ngarsa | mangkana winuwus | Masrukakim [Masruka...]

--- 1 : 32 ---

[...kim] pan wus prapta | pan kêtampan wau dènira angabdi | dening pandhukunira ||

9. sarwa bisa anggarap wong sakit | Masrukakim kandêl suwitanya | Marmaya kang nglêbokake | dadya sulih dhêdhukun | wus mangkana Sang Jayèngmurti | budhal panglurugira | wadya pinartêlu | rong duman ingkang binêkta | kang saduman kantun atêngga nagari | tuwin kang para nata ||

10. saha garwa budhalira Amir | tuwin ingkang sagung para nata | iya lawan sagarwane | salin panganjuripun | para Ratu Rum Burudangin | mungguh kang munggèng ngarsa | wruh jajahanipun | Mutadarawi nagara | tunggil watês lan nagri Rum Burudangin | corok têpung jajahan ||

11. Raja Guntur wadya Burudangin | ratu kawêntar prakosa ing prang | wolung dasa gas dêdêge | kalawan sang aprabu | ingkang para ami anjuri | Raja Bajrawahana | lawan Raja Kaljum | Raja Krudamah ing Wangkan | Raja Algrèn ratu saking ing Dalmindi | Raja Biharjikondran ||

12. Raja Wiswèl nagrine Kênardis | yèku balane kang nunggang macan | kalih lêksa prajurite | sakêthi nitih sênuk | Raja Wiswèl iku prajurit | dêdêg sangang dasa gas | ratu satus ngayun | sami prawirèng ayuda | tigang atus ratune kang anèng wuri | sapalih têngga praja ||

13. satêlase wadya Burudangin | wadya Sêrandil sumambung wuntat | Kebar Yujana sambunge | nulya kang para ratu | tan cinatur lampahing baris | pangkat-pangkating wadya |

--- 1 : 33 ---

sagung para ratu | ing wuri kang para nata | pan sadaya ingkang para rajasiwi | awor balane Rustam ||

14. kadya wun-awun ingkang wanadri | mawa panjrahing puspita taman | wus lami wau lampahe | pitung dina ing ênu | sampun manjing anèng wanadri | lèpèn agêng kamargan | ayêm kang wadya gung | wana rêsik sitinira | yèn makuwon eca tyase kang wadya lit | ayêm mulat ing papan ||

15. wusnya tigang dina tigang wêngi | kèndêlira wadya balakuswa | kadya ampuhan swarane | tan kocap laminipun | wus anggêpok desa paminggir | kancikan ing gêgaman | wadya lit akuwur | gègèr angili wong desa | lir sêsulung caraka jro kitha prapti | mariksa mungsuh prapta ||

16. sèstu lamun mêngsah agêng prapti | saking Kuparman kadi samodra | tanpa têpi balabare | ya ta wau sang prabu | Samasrawi sampun ngundhangi | pra dipati kang mônca | miwah para ratu | prasamya tugur praptanya | apan dhomas para Ratu Samasrawi | sami among jajahan ||

17. wus anjajah wadya Pusêr Bumi | ingkang pantês dadya pasanggrahan | amota sagung wadyane | pakuwon para ratu | wontên dhusun cêlak banawi | rata papane jêmbar | dhusun Rênggangayu | prayoga wus binabadan | saking kitha amung lêlakon sawêngi | pantês rata ajêmbar ||

18. Patih Jèdhi sigra marentahi | karya pasanggrahan ratunira | gumuruh kang nambut gawe | tan lami dadosipun [dadosi...]

--- 1 : 34 ---

[...pun] | Raja Samasrawi wus mijil | lan sagung para nata | Sang Prabu Mêdayun | binêkta mring jawi kitha | gêgapitan para ratu ing Mêdayin | miwah Ki Patih Bêstak ||

19. praptèng kitha dutanira Amir | panonjoke panantang yèn prapta | miwah ta apa sukane | prange tumulinipun | apadene rèrèh sathithik | yèn wus samadya côndra | sêdhêng aja wayu | mêtu ngasmaradilaga | pawangsule sang raja ing Samasrawi | sagah samadyèng wuntat ||

8. Wadya Kuparman Campuh lan Wadya Purwakôndha.

8. Pangkur

1. kêbut saking jroning kitha | saha bala munggèng pakuwon jawi | sêdhêng sapanggihanipun | lan pakuwoning mêngsah | ara-ara pakuwon rinata sampun | badhe papaning ayuda | wus tata pakuwon jawi ||

2. wus prapta antaranira | mijil ing prang Sang Prabu Samasrawi | têngaranira gumuruh | pêksi kang atêngara | buron alas sami wau ingkang nabuh | nimbangi têngaraning prang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

3. wus aglar prajuritira | anèng papan Sang Prabu Samasrawi | Kya Patih Jèdhi nèng ngayun | lawan Rajèng Gumiwang | anambungi sakathahing para ratu | lênggah ing mèru kancana | Sang Aprabu Samasrawi ||

4. gêgapitan Patih Bêstak | sakancane pra Dipati Mêdayin [Mê...]

--- 1 : 35 ---

[...dayin] | ginapit kang jaja bau | wêsi ulur-uluran | pan pinrênah nèng ngarsane baris ngayun | ragi ing kanan gènira | samya sinungan branduwin ||

5. darapon kuwata mulat | ing wong aprang undhange Patih Jèdhi | mring prajurit para ratu | kabèh wus binisikan | ing êmèle singa mêtu ing prang pupuh | wau Wong Agung Kuparman | praptèng papan wus apanggih ||

6. munggèng palowanu rêtna | aglar sagung para ratu prajurit | tuwin para rajasunu | barise wus akapang | akalangan lan barise mungsuhipun | wong cilik atut kewala | baris iku anjajari ||

7. pan sampun sawang-sinawang | rewang mungsuh Sang Prabu Samasrawi | angatag prajuritipun | ratu andêling aprang | nêmbah mangsah nitih dipôngga sang prabu | praptèng rana asêsumbar | Raja Argênap prajurit ||

8. maring gone Patih Bêstak | anglampahi parentahira patih | angênul ing sirahipun | Bêstak sarwi angucap | myang sirahe kabèh punggawa Mêdayun | dulunên iki wong lanang | kang wani mêtu ajurit ||

9. kang wus antuk aran lanang | wong Mêdayin iku kabèh pawèstri | mung sirike nora pinjung | atine wadon padha | ora tau prang iya ing sajêgipun | mung ngadu-adu kewala | wadon martabating eblis ||

10. wusnya mangkana anulya | lajêng nêngah sêsumbar nguwuh tandhing | wau kang amit umagut | ingidèn sigra mangsah | nitih èsthi

--- 1 : 36 ---

praptèng papan Raja Gungsur | wus prapta ayun-ayunan | Raja Argên asru angling ||

11. wong Arab sapa ranira | anauri ing Kentir praja mami | iki lah Sang Raja Gungsur | ratu balaning Nata | Burudangin ratu prakosa dibya nung | Sang Prabu Tasangsulngalam | kaipe ing Jayèngmurti ||

12. lah ta iku lurah ingwang | iya iki andêling Burudangin | lah sira sapa aranmu | prajurit Purwakôndha | anauri pan ratu ing Konjor ingsun | kang nama Raja Argênap | andêle wong Samasrawi ||

13. Raja Argênap sru mojar | lah ta payo apa anèng sirèki | sru sugal Sang Raja Gungsur | mamak sira Argênap | nora watak iya dudu caraningsun | andhinginana ing aprang | sabalane gusti mami ||

14. gumuyu Raja Argênap | nyata apik Si Arab iki jurit | dèn prayitna ingsun pupuh | kudhunga bônda baya | mutêr gada Raja Argênap amupuh | gumuruh suraking bala | Sang Raja Gungsur tan osik ||

15. akuwat panangkisira | sigra malês anggada sri bupati | ing Kentir Sang Raja Gungsur | tumêmpuh paris waja | datan osik Argênap panangkisipun | arame gada-ginada | adangu dènira jurit ||

16. kalihe ratu prakosa | sêdhêng datan kuciwa ing prang tandhing | suka wadya surakipun | yayah gayuh triloka | gada sampun tanpa karya kalihipun | sarêng buwang salin pêdhang | udrêg dènira ajurit ||

17. adangu pêdhang-pinêdhang [pêdhang-...]

--- 1 : 37 ---

[...pinêdhang] | datan ana kasor kang yuda kalih | pan samya prawiranipun | wasis prang main pêdhang | yudanira ing Kentir Sang Raja Gungsur | wus manjing satêngah dina | Argênap dènira jurit ||

18. ing wuri amit umangsah | anggiliri yèn sayah kang ajurit | amit ingidèn sang prabu | Sibangi Rajèng Sardat | nitih kuda apan sarwi ngênul sampun | ing sirahe Patih Bêstak | miwah punggawa Mêdayin ||

19. sawusnya ing wuwusira | kang parentah wau Kya Patih Jèdhi | hèh dulunên wong Mêdayun | iki wong aran lanang | nora nganggo anyambat mèt sraya mungsuh | wong Mêdayin karyanira | gawe susah wong aurip ||

20. ratuku mukti ing praja | dèn parani dèn ungsi dèn waduli | mung gunamu ngadu-adu | prang dhewe nora bisa | wong wêdi prang mung nyambat ing sajêgipun | wong rusak angajak-ajak | gawa mungsuh akèh prapti ||

21. sawusnya mojar anêngah | Sri Nusirwan tumungkul duk miyarsi | Rajèng Purwakôndha matur | inggih punapa lêpat | ukumipun angoyog-oyog wong turu | jêr dede pikir nagara | pikiripun wong Mêdayin ||

22. kang lumrah pikir manungsa | barang tingkah yèn uwis bola-bali | tan ana dadine iku | sayêkti marènana | ngupayaa pikir ing kadadènipun | ingkang pantês linadenan | kang kadi tuwan puniki ||

23. ping kalih atus tan dadya | kaping sèwu luput datanpa dadi | prandene nora [no...]

--- 1 : 38 ---

[...ra] age wus | marmane ta punika | têtêp eblis mrana-mrana sok wêwadul | anyênyambat angadu prang | tan wani aprang ngawaki ||

24. andhingkul Prabu Nusirwan | inggih lêrês anak prabu dènnya ngling | satêngu tan mawi luput | pun bapa langkung tiwas | ya ta wau ingkang giliri prang pupuh | Raja Sibangi ing Sardat | Raja Argênap ngunduri ||

9. Pêrang Tandhing.

9. Durma

1. Raja Gungsur apan sampun giniliran | andêling Burudangin | mangsah praptèng papan | Miswèl anitih macan | sri bupati ing Kênardis | ratu digdaya | banthènging Burudangin ||

2. yun-ayunan Raja Sibangi têtanya | sapa aranirèki | ratu bala Arab | alon ing saurira | ingsun ratu ing Kênardis | andêling aprang | Raja Miswèl ran mami ||

3. sira sapa kang mêtu wong Purwakôndha | ingsun Raja Sibangi | prajaningsun Sardat | ya ratu andêl ingwang | payo apa nèng sirèki | Sang Rajèng Sardat | mutêr gada Sibangi ||

4. dèn prayitna Raja Miswèl ingsun gada | kudhunga paris wêsi | tumêmpuh kang gada | jumêbrèt kadya gêlap | tan osik dènira tangkis | surak gumêrah | mungsuh rowang barêngi ||

5. pinindho tan wigata panangkisira | angling Raja Sibangi | payo amalêsa | Rajèng Kênardis mojar | lah iya dèn ngati-ati |

--- 1 : 39 ---

palu dèn ikal | rante salaka putih ||

6. wawrat sèwu pan kalih atus kati mas | apan Prabu Kênardis | tunggil guruning prang | kalawan gustinira | Sri Bupati Burudangin | rante kêncana | Miswèl rantene putih ||

7. duk pinutêr sumiyut ngirid pawana | sinabêt Sang Sibangi | kumabyuk sinêndhal | kêna panggubêdira | karangkud Rajèng Sibangi | pisah lan gada | Raja Miswèl ngudhuni ||

8. wus cinandhak Raja Sibangi tan polah | turôngga dèn kakahi | tinubruk ing macan | Miswèl titihanira | gumuruh surakira tri | wadya Kuparman | suka kang aningali ||

9. yudanira Miswèl lir nibakkên jala | pinusus mungsuh kêni | mungsuh pama iwak | jambal kêna ing jala | gya Radèn Sudirman prapti | nalèni bônda | marang Raja Sibangi ||

10. kuda pêjah pukang kêkalih pinangan | mundur kasaput wêngi | Miswèl nitih macan | macane nyokot pukang | eram kang samya ningali | pratingkahing prang | Raja Miswèl Kênardis ||

11. Rajèng Purwakôndha ing dalu bujana | lawan sagung prajurit | wau kawarnaa | Wong Agung Surayèng Rat | ing dalu bujana sami | lan para nata | enjing miyosi jurit ||

12. samya mijil barise kang para nata | Risang Surayèng Bumi | lawan para raja | mungsuh rowang wus mêdal | Wong Agung Surayèng Bumi | sampun alênggah | nèng dirgasana rukmi ||

13. miwah Prabu Samasrawi wus alênggah | nèng padmasana rukmi | aglar para

--- 1 : 40 ---

nata | prajurit pra dipatya | tan owah rakiting baris | ing ngarsa kanan | gapitan wong Mêdayin ||

14. amiyosi prajurit ing Purwakôndha | mangsah nitih turanggi | angênul gapitan | hèh wong Mêdayin padha | dulunên wong lanang iki | mêtu ing aprang | sira padha pawèstri ||

15. mung gunamu nyênyambat angadu ing prang | aprang dhewe tan wani | sawusira mojar | lajêng nêngah sêsumbar | wong Arab mêtua jurit | iki narendra | andêl Mutadarawi ||

16. datan bêtah miyarsa amit magut prang | prajurit Burudangin | nitih kuda mangsah | panggih ayun-ayunan | têtanya sapa sirèki | wong Purwakôndha | asru dènnya nauri ||

17. ingsun Ratu Gunara Raja Bardikman | andêl Mutadarawi | lah ta sira sapa | Ratu Arab kang mangsah | nauri Sang Rajèng Simik | Kaldum ran ingwang | andêling Burudangin ||

18. payo aprang apa kang ana ing sira | mutêr gadanira glis | Sang Raja Bardikman | Raja Kaldum ginada | têmpuhe parise tangkis | mubal dahana | surak gumuruh atri ||

19. Raja Kaldum amalês mutêr gadanya | ginada anadhahi | Sang Raja Bardikman | rame gada-ginada | gumuruh surakira tri | mungsuh lan rowang | wau ta kang ajurit ||

20. rame gada-ginada datan wigata | asèlèh gada kalih | gya pêdhang-pinêdhang | dangu datanpa karya | sagung gêgamaning jurit | rêmpu sadaya | dangu ramening jurit ||

21. salin [sali...]

--- 1 : 41 ---

[...n] tarik-tinarik sêndhal-sinêndhal | Raja Kaldum tinarik | singsal saking kuda | prapta Sang Rajèng Wangkan | Raja Kaldum mèh binanting | Raja Krudama | nyêndhal saking turanggi ||

22. tanya Prabu Gunara wong Arab sapa | kang nambuh ing ajurit | ingsun Rajèng Wangkan | aran Prabu Krudama | andêl nagri Burudangin | gada-ginada | rame dènira jurit ||

23. mungsuh rowang surake kadya ampuhan | Rajèng Gunara aglis | sinêndhal kasingsal | sira Raja Bardikman | ingikal pan mèh binanting | mêlak dipôngga | Rajèng Gumiwang prapti ||

24. wus karêbut sira Sang Raja Bardikman | lajêng ngantêbi bindi | tanya Rajèng Wangkan | mungsuh aranmu sapa | prapta nambuh ing ajurit | ingsun Gumiwang | Sang Raja Karungrawi ||

25. pan arine sang prabu ing Purwakôndha | Sang Raja Samasrawi | gya malês anggada | Raja Krudama Wangkan | arame bindi-binindi | danguning aprang | êpur kasaput wêngi ||

26. samya mundur kalihe kang bôndayuda | lajêng bujanèng ratri | kalihe mangkana | Sang Prabu Purwakôndha | amboga sagung prajurit | tuwin wong Arab | bujana ngasmarani ||

10. Sèh Waridin Kêpengin Kêpanggih Wong Agung.

10. Asmaradana

1. wong Agung Surayèng Bumi | ngandika sapa waspada | yèn Patih Bêstak wartane | ginapit lan para [pa...]

--- 1 : 42 ---

[...ra] nata | ing Mêdayin sadaya | Kewusnendar nêmbah matur | inggih saking katêbihan ||

2. lamat-lamat kadi inggih | nanging saking katêbihan | kadi inggih mata kapèn | Raja Gungsur pinariksa | inggih wontên gapitan | miwah ture Raja Kaldum | èstu yèn kathah gapitan ||

3. nging amba dèrèng udani | ing warnine Patih Bêstak | ngandika Jayèngpalugon | hèh yayi Tasangsulngalam | ratu ingkang tinawan | mring Rajèng Kênardis iku | gawanên mring ngarsaningwang ||

4. tan adangu nulya prapti | Raja Sibangi ing Sardat | nèng ngarsaning para katong | dinangu hèh Raja Sardat | nyata Ki Patih Bêstak | ginapit siasatipun | mring Sang Prabu Purwakôndha ||

5. lah apa dosanirèki | Bêstak kêna ing siasat | Raja Sibangi ature | dumèh Rajèng Purwakôndha | eca mukti nèng praja | Bêstak bêkta ratunipun | prapta ngungsi ngadu aprang ||

6. aprang dhewe nora wani | ping pira-pira nyênyambat | tinêtêpakên tekade | dene budining manungsa | budining dajal lanat | mila Bêstak tinalikung | lan punggawane sadaya ||

7. pan gusti kawula ngriki | salamine lêlana prang | pan dèrèng kambah prajane | inggih dening parangmuka | mung lagya sapunika | wit saking Bêstak pukulun | tan kapok dènnya nyênyambat ||

8. anyetani wong sabumi | pandamêle Patih Bêstak | dèn ungsi winadulake | ingipuk wania aprang | lawan Sultan Kuparman |

--- 1 : 43 ---

kaya dudu ratu agung | anut budining wong kumpra ||

9. nagara wus bêcak-bêcik | mukti anganggur kewala | lawas-lawas nuli gègèr | yèn kanggonan Patih Bêstak | sajêge pan mangkana | mulane patut dèn ukum | agawe susahing jagat ||

10. singa-singa kang dèn ungsi | nuli katêkan gêgaman | bala Arab pangluruge | desa kuthane binêdhah | narpatine katawan | tan kapok pantês dèn ukum | Patih Bêstak cinangkalak ||

11. sagung kang para narpati | miyarsa gumujêng samya | Rajèng Sibangi ature | wong agung alon ngandika | yèku pratingkah apa | budinên ingkang satuhu | yayi mas ing Parangteja ||

12. tuwin kakang Guritwêsi | miwah sagung para nata | budi apa kang mangkono | anèh lawan para raja | ratu ing Purwakôndha | Arya Maktal nêmbah matur | pan cêkak aos kewala ||

13. cêkap Prabu Samasrawi | tan kambah ing parangmuka | yèn aja anaa kiye | lan Bêstak iki wong apa | tan kapok anyênyambat | wus kalah ping pirang atus | têka maksih angupaya ||

14. ukum ngajak-ajak mati | lawan ngajak-ajak rusak | kang saking tata wantêre | inggih yèn mênggah kawula | mung makatên kewala | gèn tuwan mêngsah pukulun | yêkti mungsuh têtêmênan ||

15. nambungi Rajèng Sibangi | dene undhange yèn mangsah | ing aprang kang para katong | kinèn mampir gèn gapitan | sarwi ngênuli sirah | sarta sami kinèn muwus | dulunên iki

--- 1 : 44 ---

wong lanang ||

16. kang wani mêtu ngajurit | iki kang wus têtêp lanang | wong Mêdayin wadon kabèh | gunamu amung nyênyambat | setan angômbra-ômbra | sangsaya suka gumuyu | miyarsa sagung narendra ||

17. Ki Dipati Guritwêsi | muwus marang para nata | katiwasan gêdhe ingong | maratungkak cinêngkalak | ladak wong Purwakôndha | Samasrawi bangêt ngukum | wong tuwa anggung pinala ||

18. saya sru gujênge sami | sagunging kang para nata | Raja Sibangi tinaros | sira paran karêpira | mati apa uripa | yèn urip anuta mring sun | agama Ibrahim duta ||

19. matur Sang Raja Sibangi | pukulun dipun sarônta | tuwan panjara kemawon | manawi winastan kirang | bobotipun narendra | dene amba sakalangkung | ngajêngkên sapangat tuwan ||

20. yèn ratu kawula taksih | sayêkti ngong ratu nistha | nuntên anungkul mêngsahe | ya ta nulya tinurutan | sinungkên Umarmadya | winarôngka kunêng wau | Wong Agung Surayèng Jagat ||

21. wontên pandhita winarni | tapa nèng wukir Munada | Ki Sèh Waridin namane | wukir iku tutup guwa | jaba jro pan pratapan | sang pandhita pan wus junun | niskala sarira suksma ||

22. sampun kawan dasa warsi | tapa nèng wukir Mudana | kabèh ngèlmuning Hyang Manon | kasap lêmbut wus kaasta | amung kantun satunggal | ciptane dèrèng katêmu | dening sangêting panêdha ||

23. panêdhanirèng Hyang Widhi | aja nuli [nu...]

--- 1 : 45 ---

[...li] mati ingwang | iya yèn durung kalakon | katêmu Sang Kakungingrat | trah Arab kalêngkèng rat | kang môngka rêsining karbu | sirahe wong ahli aprang ||

24. ing sabumine wong mukmin | darahe cundakaning Hyang | Nabi Ibrahim kinaot | saking Nabi Smangil bôngsa | pêputra Menak Kendar | puniku kang darbe turun | têdhak kurès lair Mêkah ||

25. dadya surayaning bumi | manggalaning pramudita | wong ahli aprang sakèhe | karana Surayèng Jagat | mangun kitha Kuparman | miyarsa ing mangke nglurug | gitik nagri Purwakôndha ||

26. wêwêngkon Mutadarawi | wukir Munada punika | Sèh Waridin pratapane | saking salêbêting kitha | amung lakon sadina | pan guwa samar asamun | wong Purwakôndha tan wikan ||

27. mangkana Ki Sèh Waridin | asangêt panêdhanira | pinêngkul pana ciptane | muga Hyang latawal ujya | kang agung maha mulya | amba asangêt manêngkung | mugi Hyang nambadanana ||

28. asunga rahmat ing dasih | amba tuwan panggihêna | lawan kêkasih Hyang Manon | ingkang sampun tuwan karya | ing jagat aran lanang | Sayidin Ambyah puniku | tuwan panggihna lan amba ||

29. kawula nuntên ngêmasi | mantuk dhatêng Rahmatullah | tan dangu karaos tyase | angrasa yèn tinarima | ingangkat sirahira | saking gènira asujud | ing dalunira Jumuwah ||

30. ing wanci satêngah kalih | wontên parmaning Hyang Suksma | malaekat kang ambopong [ambo...]

--- 1 : 46 ---

[...pong] | pinèt saking pasanggrahan | gêmbès kêlambunira | prangwêdanine ginulung | inguncalkên mring jro guwa ||

31. ing ngarsane Sèh Waridin | wong agung maksih anendra | tumalorong duk tibane | amawa cahya nugraha | kadya sasôngka memba | Ki Sèh Waridin lon mungu | anggèr wong agung wungua ||

32. pun bapa ingkang sinung sih | dhawuhing laetul kadar | wungu wong agung jênggèlèk | kagyat yèn salin panggonan | dede pakuwonira | Ki Sèh Waridin anambut | ing asta anutur purwa ||

33. wong agung ngungun miyarsi | arsa nêmbah mring pandhita | kipa-kipa angrêpèpèh | sami salaman kewala | wusnya atata lênggah | tanya mula bukanipun | Sèh Waridin wijilira ||

11. Wong Agung Murca saking Kadhaton.

11. Mijil

1. alon ature Ki Sèh Waridin | adhuh gustiningong | gih pun bapa ing ngriki lamine | trah-tumêrah ing Mutadarawi | karsaning Hyang Widhi | sinucèkkên ingsun ||

2. sinandhangan iman ing Hyang Widhi | tan tumut sang katong | ing Mutadarawi Nuh Nabine | mangke sarengat Nabi Ibrahim | datan tumut sami | inggih kang rumuhun ||

3. sinalinan gih sarengatnèki | Nabi Mungsa kaot | lajêng sarengat Ngisa

--- 1 : 47 ---

saline | Mutadarawi gih botên salin | mung kang dèn ugêmi | sarengat Nabi Nuh ||

4. langkung wangkote ratu ing ngriki | run-tumurun katong | apan sami ngêndhukur sasare | mangke wontên jaman kitrah nênggih | paduka angradin | ing agaminipun ||

5. lêluhur tuwan Nabi Ibrahim | sagung para katong | kabèh praja ingkang gêdhe-gêdhe | ingkang mungkir paduka tumpêsi | kang anut basuki | tuwan sungi luhur ||

6. amba nênuwun sapangat gusti | tuwan kang kinaot | ingkang mulya agama kalihe | pan ing benjing asalin agami | trah tuwan kang dadi | nabi kang panutup ||

7. mijil saking kadang paduka Mir | nabi kang kinaot | tur minôngka kasihing Hyang dhewe | linairkên kalipatullahi | bumi Mêkah benjing | nabi kang pinunjul ||

8. kula punika inggih prêjanji | kalawan Hyang Manon | sampun pinundhut nyawa yèn dèrèng | apêpanggih lan paduka Amir | yèn sampun apanggih | botêna pinundhut ||

9. yêkti mantuk mring Rahmatullahi | yèn sampun patêmon | lan paduka ing mangke mangsane | kula amung mêling paduka Mir | amba turna benjing | ing putra pukulun ||

10. kangjêng nabi nayakaning bumi | yèn amba wus condhong | ngajêng-ajêng inggih sadèrènge | lair rasul musthikaning bumi | wong agung nauri | yèn sami rahayu ||

11. salaman ngaras astanira Mir | sarwi muwus alon | lah kantuna paduka

--- 1 : 48 ---

ing kene | lingira Mir paduka mring pundi | matur Sèh Waridin | andhatêngkên kayun ||

12. kajat amba wus dèn ijabahi | pan sampun kalakon | pinanggihkên lan paduka mangke | sayêktine amba mit ngêmasi | niba Sèh Waridin | nèng siti wus lampus ||

13. langkung ngungun miyat Jayèngmurti | duk arsa binopong | layon musna atinggal salame | trênyuh ing tyasira Jayèngmurti | wardayanya ngikis | marêbêl wêtu luh ||

14. dangu-dangu tiningkês tyasnèki | kètang ingkang katon | iya uga wus kinarsakake | sagung pakarti dening Hyang Widhi | pan ingsun kinardi | manggalèng prang pupuh ||

15. kapengina pratingkahing wali | tan wande kasêmon | tan narima ing titah arane | pan sakala pulih tyasira Mir | ing manah prajurit | sudibya kawêngku ||

16. mung kacipta rahabing ajurit | ing rèh kang linakon | pamêngkune ing kasenapatèn | dadya ngulah ngibadah Sang Amir | nèng Munada wukir | mangunêng manêkung ||

17. kunêng kang anèng Munada wukir | gantya winiraos | baris Arab kang sangêt arame | para putra garwa para aji | prasamya prihatin | duk musna ing dalu ||

18. nênggih Wong Agung Surayèng Bumi | lir kadya cinolong | ing malekat ing pasareane | kadya guntur swarane kang tangis | Maktal Marmayèki | èbêk tyasnya wimbuh ||

19. sinirêpan kang sami anangis | sagung para katong | wong agung kalih nimbali kabèh | prapta aglar kang para

--- 1 : 49 ---

narpati | Maktal Marmaya ngling | marang para ratu ||

20. ngèstrènana sagunging para ji | iki ing samêngko | pamêngkuning pabarisan kabèh | sasirnane Sang Surayèng Bumi | Radèn Rustamaji | umadêga prabu ||

21. linênggahkên ênggène ramèki | Sang Jayèngpalugon | dirgasana rinêngga sotya kèh | Arya Maktal ingkang mugarèni | bawaning ajurit | pan sosoranipun ||

22. kinarya awak Rajèng Yunani | boboting pakewoh | Umarmadi Lamdahur wusdene | lan Narpati Kewusnendar tuwin | Rajèng Burudangin | narendra pinunjul ||

23. Umarmaya kang kesah ngulati | ing Jayèngpalugon | wau sultan mudha parentahe | kinèn nugêl buntuting turanggi | pratôndha prihatin | wadya Rab wus umum ||

24. anggung bujana prabu taruni | lawan para katong | Umarmaya wau ta lampahe | momor manjing sajroning nagari | sarwi malih warni | bilih gunanipun ||

25. Prabu Samasrawi amandungi | nilib ing pakewoh | sampun manjing Marmaya lampahe | jajah wêwêngkon sajroning puri | tan ana kapanggih | kunêng lampahipun ||

26. ingkang ngulati anggung nênitik | gantya winiraos | pakuwon Arab ing pratingkahe | ibunira Prabu Rustamaji | kang anggung anangis | Sang Rêtna Marpinjun ||

27. anggung anganthi kang wayah kalih | mring ngarsa sang katong | pan tinuntun kang wayah kalihe | munggèng astane ing kanan kèri | Radèn [Ra...]

--- 1 : 50 ---

[...dèn] Atasaji | Radèn Kalaranu ||

28. ingkang putra gupuh anêdhaki | kang ibu wus lunggoh | kaki prabu paran sira kiye | tan anèng jro ing tyas ingsun iki | abot mungsuh iki | sêpi wong tuwamu ||

29. uwakira kakang adipati | wus sida lungandon | angupaya kang musna asare | pamanira Parangteja iki | apa tan amikir | wèh wêruh ibumu ||

30. yèn adoha lan ibunirèki | Parangakik ingong | bangêt maras tyas ingsun yêktine | yèn anaa yayi Parangakik | awuwuha malih | sri nataning mungsuh ||

12. Ngrêmbag Murcanipun Wong Agung.

12. Sinom

1. kaki prabu ibunira | yayi Dèwi Parangakik | yèn tunggua pabarisan | pan ora ingsun pribadi | kang enak tyase sami | nadyan kabèh para ratu | padha eca ing driya | tan pati duwe kuwatir | nadyan silih tandhinga sèwu sayuta ||

2. wong kabèh suka palastra | yèn ibunira jênêngi | tan susah tandhing sumêngka | tan susah karoban tandhing | pratikêl prang ngêntèni | patitis mawas pakewuh | limpad tyas môndraguna | yèn sêpi wong tanpa budi | timbalana pamanira Parangteja ||

3. pan ingsun arsa rêmbugan | kang putra sigra ngaturi | mring kang paman manjing pura | praptaning pakuwon wuri | ngandika Rajaputri | Marpinjun sarya rawat [ra...]

--- 1 : 51 ---

[...wat] luh | yayi mas Parangteja | paran ta karsanirèki | apa nora sira ngaturi uninga ||

4. iya maring bakyunira | yayi Dèwi Parangakik | kasêlute solahira | ngong yayi datanpa galih | Arya Maktal wotsari | ajrih kawula pukulun | lamun anglangkungana | ing raka paduka Amir | pan ing lampah punika sampun jinarag ||

5. tan angangge garwa putra | kang sampun liya nagari | amung kang nunggil sapraja | pinasthi lampah puniki | cabar tiwasing jurit | nêmah kewala pukulun | apan botên sapisan | amanggih kadi puniki | dèrèng miris ratu mas ing tyas kawula ||

6. maksih awrat duk prang bahman | lan awrat kala prang jobin | kinêpung wolulas warsa | tikêl satus mêngsahnèki | pan ing mangke ngêrobi | lan mêngsah tikêl sapuluh | lan wadya para nata | asugih punggawa mantri | pênêd-pênêd akathah ratu prakosa ||

7. sami sugih bala raja | tur kathah prawirèng jurit | yèn dadak atur uninga | inggih dhatêng Parangakik | pasthi kadya angêrig | anyuruhi têgêsipun | kirang santosèng suksma | yèn mirsaa nagri katri | Parangakik Karsinah miwah ing Kelan ||

8. pasthi lamun sami prapta | balane kadi jaladri | mêngsah punika tan kathah | kêpati-pati dèn robi | yèn tinimbang ing tandhing | mêngsah punika pukulun | sami lan Kewusnendar | Yujana lan Kaelani | datan kaot tinimbang agunging bala [ba...]

--- 1 : 52 ---

[...la] ||

9. dene sêktine punika | sagêd sulap ing ajurit | sato pêksi kaparentah | pandamêle rare cilik | sagêda bêdhah langit | miris punapa pukulun | apan dhèwèk punika | nindaki sarta agami | amêruhkên wong sasar pinrih elinga ||

10. dene kêdah manggih tiwas | ngupados punapa malih | liyane pêjah utama | nindaki pakèn Hyang Widhi | angling sarwi luh mijil | sira Sang Rêtna Marpinjun | yayi mas Parangteja | bênêr sawuwusirèki | ing tyas ingsun liwat saking mêlang-mêlang ||

11. lamun ora tinunggua | yayi Dèwi Parangakik | aja kudu gawa bala | amunga badan pribadi | lila prapta ing pati | yèn ana tiwasing laku | nanging ya si anaa | yayi Dèwi Parangakik | ngilangakên mêmaras kuwatiring tyas ||

12. karya tuwajuhing pêjah | yayi Dèwi Parangakik | gumujêng sarwi wotsêkar | Wong Agung Parangtejèki | yêktos sagêd patitis | rayi paduka pukulun | singa pinikir kêna | miwah ing kandêling galih | marmanipun wadya Rab gêng alit samya ||

13. nadyan sikêp tyase mindhak | surane nimbangi mantri | mantri indhake kang manah | nimbangi tyasing bupati | dene kang pra dipati | surane nimbangi ratu | wadya Arab sadaya | yèn wontên rayi sang dèwi | têmpuh ing rèh tan purun nèng ngalam donya ||

14. tan wontên garantês pêjah | nanging ta samangke inggih | yèn paduka darbe karsa | nimbali

--- 1 : 53 ---

rayi sang dèwi | manawi tan marêngi | raka paduka pukulun | ing watawis kawula | rayi tuwan Parangakik | kados lamun supêna yèn wontên karya ||

15. saking karêm prajuritan | putri adi Parangakik | punapa malih punika | sirnane raka Sang Amir | sayêkti lamun kèpi | wulange bituwahipun | mila tuwan sabarna | Marpinjun rèrèh tyasnèki | Radèn Maktal wus mijil apêparentah ||

16. angêlar kang pasanggrahan | rinakit gèn Rustamaji | kutha kêkojor punika | lêlarèn lan baluwarti | pangabar kôndha warih | paju pat sinungan sagung | kunêng kang nambut karya | Sang Prabu Mutadarawi | wus miyarsa sirnane Sang Kakungingrat ||

17. tan panggih graitanira | animbali Patih Jèdhi | prapta ing ngarsa ngandika | Sang Aprabu Samasrawi | paran ta iki patih | wong Menak sirna ing dalu | apa sababe iya | tur sêmbah Kya Patih Jèdhi | nuwun duka tan kadugi graitaa ||

18. sang prabu ing Purwakôndha | mijil pasamuan aglis | ingkang rama ingaturan | sri bathara ing Mêdayin | lawan sagung prajurit | ngiras bujana anginum | matur marang kang rama | sira Prabu Samasrawi | kadyaparan musnane putra paduka ||

19. inggih pun Surayèng Jagat | mila kesah tilar baris | nauri Prabu Nusirwan | anak prabu awak mami | graita tan kadugi | punika ing adatipun | pun Bêstak ingkang wikan | pratingkah ing nguni-uni | angandika sang prabu ing Purwakôndha ||

--- 1 : 54 ---

20. luwarana Patih Bêstak | myang pra dipati Mêdayin | nanging padha pacuhana | kabèh asalina pikir | yèn nganggo pikir lami | yêkti yèn bilai iku | kabèh ingsun siasat | para ratu ing Mêdayin | Patih Bêstak lan ratu wus linuwaran ||

21. ginotongan ingêdusan | sinungan mangan sakêdhik | prasamya bisa gulawat | sarta nginuman barduwin | tinandhu praptèng ngarsi | ki patih kuru narwèlu | dinangu sinung wikan | musnane Sang Jayèngmurti | pan angulung ature Kya Patih Bêstak ||

22. asêrêt tur mêgap-mêgap | punika sri narapati | adatipun yèn wong Menak | yèn botên cinolong putri | kesah kawratên tandhing | pangupaya praptanipun | yêkti tuk kaluwihan | kaprawiraning ajurit | milanipun dèn ngatos-atos paduka ||

23. manawi dhatêng kang putra | ing Ngajêrak nata dèwi | ratuning jin kinawasa | miwah yèn angsala malih | rabi putri dhêdhêmit | kang ngluwihi sêktinipun | makatên ingkang adat | wêwatêke Jayèngmurti | angur inggih sami wontêna kewala ||

24. Sang Prabu Matari Akbar | parentah ing Patih Jèdhi | yèn mêngkono aja mêdal | ing aprang yèn tan mêtoni | iya Si Rustamaji | yèn mêtu prang ingsun mêtu | dimène padha eca | ngayêmkên sarira sami | ya ta kunêng Sri Bupati Purwakôndha ||

25. wau ingkang kawuwusa | atmajèng raja taruni | kakang adhi palajêngan | wayahe dyan putra kalih | kang sêpuh Atasaji [Atasa...]

--- 1 : 55 ---

[...ji] | Kaolaranu rinipun | kakanging palajêngan | sangang warsi pitung warsi | duk puniku radèn kalih gung cangkrama ||

26. madhêp ing kumala-kala | Radèn Putra Atasaji | kang rayi bêlêr kalintang | Radèn Kalaranu nênggih | anggung sabèng wanadri | bêkta para rajasunu | bêbêrêg buron wana | andaka sangsam jêjawi | wantu rare tanpa kuda antuk nyandhak ||

27. sabangêtane lumajar | kacandhak tan bisa osik | eram kang samya tumingal | dene Radèn Atasaji | ruruh jatmika lungid | kang cahya mindha sitangsu | alus pambêkanira | tuhu trah Nabi Ibrahim | sasolahe gêng alit rêsêp ing driya ||

28. marang samaning tumitah | mangkana ibunirèki | radèn kang taruna gêrah | Dèwi Badakum anênggih | Marikangên namèki | basane Arab Badakum | Malayu Habis Cinta | Marikangên basa jawi | gêrah lumpuh angalêsêt nora bisa ||

29. akarya gora sêngara | marune Ni Kadamingsih | pan katon mukuli gada | mring sukune sabên wêngi | agung anjrit anangis | katur ing raka sang prabu | sabên dina mangkana | sêsambate mring raka ji | dèn singgahna aja awor pasanggrahan ||

30. ginugu ing aturira | marang Prabu Rustamaji | garwa kang sêpuh saksana | siningkirkên mring wanadri | têbih jawining baris | sinungan wong tigang atus | rumêksa pakuwonnya | anèng têngahing wanadri | myang putrane Atasaji kinèn gawa ||

31. ana lêlakon [lêlako...]

--- 1 : 56 ---

[...n] ruhara | panjilmane satru sêkti | ananjak karti sampeka | pangendrajala nêngahi | tan ana kang pinikir | wadya sabarisan agung | amung wêlas sadaya | mring ibune Atasaji | Rêtna Dèwi Marpinjun agung karuna ||

32. tan kêna yèn umatura | mring kang putra Rustamaji | tuwin sagung para nata | ing karsa dèrèng kadugi | darbe karsa pribadi | nambuh ingkang sêpuh-sêpuh | pun paman Parangteja | pangrasane sri bupati | gunêm laki rabi pan dudu nagara ||

33. mangunêng driya kang mulat | Radèn Putra Atasaji | kang anèng têngahing wana | mangkana radèn taruni | anggung sabèng wanadri | sira Radèn Kalaranu | lan para rajaputra | sabên enjing dèn langkungi | panggenane kang raka têngahing wana ||

34. para putra sami nyimpang | cêlak gène Atasaji | arsa têdhak saking kuda | sru duka radèn taruni | kinèn maksih anitih | kang mopo ajrih ginêbug | lajêng kesah angilang | tan purun umiring malih | pan sinatru pucunge ingkang gumantya ||

13. Kêtitik Yèn Turun Ditya.

13. Pucung

1. arubiru tingkahe Kaolaranu | lamun para putra | tan purun binêkta malih | nora wurung pinaksa yèn praptèng wana ||

2. pan pinukul kinêndhalenan puniku | cinara turôngga | dèn titihi dèn cêmêthi | sami kagèt miyarsa [miyar...]

--- 1 : 57 ---

[...sa] tingkah mangkana ||

3. ingkang sampun cinacakêna ing ukum | Radèn Umarjaman | lan sira Radèn Pirngadi | lajêng mutung mring Kalaranu tan arsa ||

4. nora etung dadi ala kudu mutung | malah dalu seba | marang Radèn Atasaji | lan kang ibu kang kinêbon anèng wana ||

5. bêkta kurung barise prapta ing dalu | Rajaputra Selan | lawan putri ing Kohkarib | nêdya mapan pra putra kathah miyarsa ||

6. putra ing Rum lawan Kodrat Samadikun | wus kait kalawan | putra Sêrandil Kohkarib | kang wus wani ngarani dudu trah Ngarab ||

7. cala-culu angangge tingkah kang dudu | sayêkti mèh sirna | bawane jêr nêdya salin | nyêmpal nyêngklèng saking darah kaluhuran ||

8. kathah ngumpul sagung para rajasunu | kathah trêsna wêlas | marang Radèn Atasaji | bagus alus tyas nuksmèng kasturi ngambar ||

9. wus angumpul sanga para rajasunu | angèdhèng angadhang | langkunge marang wanadri | pinasangan binegal anèng ing marga ||

10. laminipun Rahadèn Kaolaranu | ingkang ibu gêrah | kèndêl dènira cangkrami | ingkang ibu ing mangke sampun waluya ||

11. marunipun wus kinêbon nèng wana gung | warase Sang Rêtna | Marikangên mantun sakit | nora nganggo têtômba mangke jumranthal ||

12. karsa wau cangkrama sang rajasunu | pan sampun miyarsa | yèn Umarjaman Pirngadi | nekad nampik tan arsa mring rajaputra ||

13. mring kang sêpuh

--- 1 : 58 ---

dununge sami sihipun | ingkang palamarta | para putraning narpati | wêlas dening kirang adile kang rama ||

14. ya ta sampun parentah ing balanipun | lan sutaning êmban | sang rajaputra ing Bangid | Warindiya anak Raja Darundiya ||

15. kala timur kinadang arancang-runcung | wantu sutèng êmban | êmbanira Rustamaji | Raja Darundiya ing Bangid prawira ||

16. budhal esuk sira Radèn Kalaranu | mawi bala kathah | Dyan Warindiya umiring | bêkta bala rong èwu rare sadaya ||

17. sarta duduk nèng nginggil turangganipun | wau para putra | kang sampun anèng wanadri | amiranti tan pati kyèh mawi bala ||

18. dupi langkung Rahadèn Kaolaranu | praptèng dhukuhira | Radèn Putra Atasaji | pêparentah aja mudhun saking kuda ||

19. cêlak dhukuh maripit tan ana mudhun | sigra cinangaran | pira-pira dèn candhaki | mring balane putra kang baris pêndhêman ||

20. sampun katur mring Radèn Kaolaranu | yèn wadya rinampas | mring balane Atasaji | langkung duka anandêr mring ngarsanira ||

21. gya pinêthuk dening Kodrat Samadikun | payo dajal lanat | cinandhak kudanirèki | suku ngarsa rinangkus sigra binuwang ||

22. wangsul-wangsul nyanane baris tinimbul | môngsa ta puruna | marang ing gustinirèki | nora wêruh wong cilik yèn wis pêndhêman ||

23. kobrak-kabruk tibane Kaolaranu | nanging tan rinasa | wantu bêtah rare alit | kambon trahing rasêksa tan mundur ing prang ||

--- 1 : 59 ---

14. Radèn Putra Wadul dhatêng ingkang Ibu.

14. Durma

1. sira Radèn Warindiya tan miyarsa | yèn para putra kait | marang kasêpuhan | akarsa murwèng aprang | Radèn Putra Atasaji | kinalulutan | mring para rajasiwi ||

2. marang ngarsa Warindiya sru ngandika | hèh hèh putra Ngabêsi | pakartining apa | kang kaya tingkahira | nora patut dèn tingali | panggawenira | pan luwih saking nisthip ||

3. ya sapisan-pisan sira durung karya | panggawe kang kadyèki | iki kang atuwa | iya Si Warindiya | yèn sidaa ing ajurit | angajak sira | toh titih jayèng jurit ||

4. Radèn Kodrat Samadikun asru mojar | hèh putra Rajèng Bangid | ngubungi ta sira | ing rèh kang siya-siya | apa darah Pusêr Bumi | lamun titaha | kaya tingkahing eblis ||

5. iya sapa iki ingkang duwe wayah | Rahadèn Atasaji | yèku lurahira | Si Kalaranu arsa | agawe surêming bumi | kaya tan sida | yèn ingsun durung mati ||

6. ya Si Kodrat Samadikun patènana | lawan putra Kohkarib | miwah putra Selan | ginawe cacah-cucah | akarya buwana balik | anggege lara | anggenjah ngêmping pati ||

7. duk miyarsa kumênyut tyas Warindiya | pan durung

--- 1 : 60 ---

amiyarsi | kancane pra putra | baris pêndhêman kathah | angling Rajaputra Bangid | iya sanadyan | mangkonoa jêr mami ||

8. payo aprang dhingin yèn uwis agampang | milu ing sira iki | tingkah kang waluya | patut ingilonana | iya nanging ing saiki | sun sasabana | tabêting trah prajurit ||

9. mêngko ingsun yèn wus picondhang ing aprang | ya ta wau kang prapti | Rajaputra Selan | Pirngadi munggèng kuda | sakapraboning ajurit | matur tur sêmbah | rajaputra ing Bangid ||

10. mila kakang paduka adarbe karsa | botên utusan jawil | dhatêng ing kawula | tingkah puniki gawat | nauri Radèn Pirngadi | sira apranga | lèrès bae saiki ||

11. lan Si Kodrat Samadikun ingsun iya | aprang lawan si bêlis | sira sêngadia | lumayu kasor ing prang | Pirngadi sigra mrêpêki | mring radèn putra | Samadikun marani ||

12. Warindiya sigra sami aprang watang | rame dènira nguthik | Pirngadi umangsah | Kalaranu cinandhak | sinêndhal sampun tinarik | dèn ikal-ikal | lah sandhangên tyas mami ||

13. apa nora angrungu pitutur sira | lamun Rajèng Sêrandil | jangji barêng pêjah | iya lan eyangira | Wong Agung Surayèng Bumi | wus kalampahan | buwang putranirèki ||

14. pinilaur jêng rama kadange angkat | ngluwihi kadangnèki | nunggal ing rèh kadya | saibu lawan yayah | nguni Radèn Maryunani | bebas pinatyan [pina...]

--- 1 : 61 ---

[...tyan] | mèh dèn jur lawan siti ||

15. pan wurunge tinangisan mring jêng rama | wurunge angêmasi | Maryunani kuna | umure gêgantungan | luwih karsane bapa ji | tur putra tuwa | Radèn Ngumar Yunani ||

16. dyan binanting gumrêgêt suruh rahadyan | sumyur binanting siti | pan dadya rasêksa | eram kang samya mulat | Pirngadi prayitnèng wèsthi | mingkis rasukan | têdhak saking turanggi ||

17. mênthang langkap tajêm wus ingarah-arah | nubruk punang rasêksi | bêdhol gora rupa | ingundha munggèng asta | mangsah galak angajrihi | dyan putra Selan | lumêpas kang jêmparing ||

18. pan cumundhuk nèng bathuk rêksasa niba | jungkir anèng ing siti | akon mindhonana | Pirngadi muwus sugal | nora kudu amindhoni | sapisan pêjah | panah ingsun yèn manjing ||

19. duk miyarsa niba-niba punang ditya | lajêng sirna anuli | mulih paripurna | arupa radèn putra | lumayu lan putra Bangid | sapraptanira | pasanggrahan sru nangis ||

20. adhuh ibu pan kula aprang kaplajar | pun kakang Atasaji | kang wontên ing wana | wus kathah kumpul bala | umadêg apacak baris | arsa anglawan | amrangi jêng rama ji ||

21. kathah para putra nata kumpul wana | kawula prang binanting | dhatêng putra Selan | Pirngadi wus anêmah | kang ibu sigra tur pêksi | mring raka nata | ing wayah bakda Mahrib ||

22. dhuh pukulun putra paduka cangkrama | bêbêrêg mring wanadri | tan amawi bala | antuke dipun [dipu...]

--- 1 : 62 ---

[...n] begal | nèng marga pun Atasaji | balane kathah | kang para rajasiwi ||

23. duk miyarsa anjêtung prabu taruna | kang paman dèn aturi | prapta sru ngandika | paman kadi punapa | wayah tuwan Atasaji | akarya beka | umadêg pacak baris ||

24. kadipundi punika karsa paduka | Radèn Maktal turnya ris | amba gih miyarsa | pratingkahe punika | wit saking radèn taruni | kang siya-siya | nilar trap Pusêr Bumi ||

25. pun Pirngadi kalawan pun Umarjaman | sami dèn kêndhalèni | dadya mogok mampang | lumuh mring radèn mudha | mung kang tuwa dèn luluti | pan sami trêsna | ing Radèn Atasaji ||

26. samya kuwur-kuwur para rajaputra | kêkês tan purun ngabdi | dhatêng radèn mudha | tan purun asuwita | mung kang tuwa dèn luluti | pan sami trêsna | wus nunggal satu budi ||

27. ing watawis kawula wiwitan bocah | saking radèn taruni | karana ki putra | puniki dede tingkah | Mirpinjun prapta anangis | hèh yayi êmas | paran tingkahirèki ||

28. bingung têmên ingsun iki yayi êmas | Arya Maktal wotsari | gih sadasa-dasa | wontên rèh rêrusuhan | kula puniki mung inggih | mikir kang musna | tan kobêr malih-malih ||

29. yèn mikira inggih panggawening bocah | kapirare sayêkti | mendah loking mêngsah | wong Arab lali purwa | kêna ing beka sathithik | atine growah | tan ana wonge bêcik ||

30. duk miyarsa Marpinjun anjrit [anjri...]

--- 1 : 63 ---

[...t] karuna | sapa kang mikir yayi | nora wurung bubrah | yayi yèn sira selak | Radèn Maktal matur aris | ing rèh punika | mung putranta sang aji ||

31. kang manjangkên anyandhak sagung pratingkah | Sang Prabu Rustamaji | miyarsa lingira | kang paman Parangteja | bêbah wimbuh tanpa mili | bêbêk tyasira | buntu rèh tan lumaris ||

32. nora nganggo bolong salèng dom kewala | kang paman rêngu mijil | praptanirèng jaba | anjawil Rajèng Selan | miwah Sang Prabu Marmadi | ambantonana | ing Radèn Atasaji ||

33. duk jinawil ratu kalih dulu prapta | Lamdahur Umarmadi | mring pakuwonira | Wong Agung Parangteja | sukur kakang sami prapti | liwat agawat | panggawe tanpa manis ||

15. Radèn Kalaranu Mêpak Wadya.

15. Dhandhanggula

1. ratunira bingung tanpa budi | Rustamaji cubluk ing pratingkah | pijêr dhêlêg-dhêlêg bae | dening trah ratu agung | Rustamaji anêniwasi | anake wus karuan | anak karam iku | pratingkahing dajal lanat | têka akon mikir mring Si Atasaji | wong bêcik dèn sikara ||

2. apa dosane Si Atasaji | sadurunge katrapan siasat | kinêbon ngalas ibune | yèku bênêr rinêmbug | aja nuli prentah nêkani | agawe siya-siya | apan durung tamtu |

--- 1 : 64 ---

Kadamingsih bisa gêlah | dening anaking pandhita satu budi | adoh laku culika ||

3. dhingin iku pantês dadi pikir | ataria mring kang tuwa-tuwa | iki budi pan wus kasèp | ngajak muwuhi iku | ing alane Si Atasaji | pasthi môngsa kênaa | amungsuh Hyang Agung | uwite pan wus katara | ing samêngko kudu nêtêpakên ugi | siasat siya-siya ||

4. nora katon maune kinardi | Atasaji aja dèn buwanga | môngsa dadia mangkene | lupute kang kadulu | nora katon kang gawe uwit | miliha para raja | kang pantês bêbantu | kang prakosa ing ayuda | Si Suratistaham Sang Rajèng Surati | Minangkabo lan Prêsman ||

5. dene kakang prabu ing Kohkarib | Raja Jasma lawan Raja Karma | Baritma Maliritmane | Si Biksun Barubiksun | Si Dikmadris lan Si Hikmadris | Ardikapi kalawan | Ardisamad iku | sawêngi mêngko mangkata | Rajèng Kebar Rajèng Kangkan sinalênthik | sawêngi sarêng budhal ||

6. lan arine Sang Rajèng Yunani | Radèn Sukradis bala salêksa | pêpilihan prajurite | sagunging para ratu | kang putrane nèng Atasaji | mangkana tan winarna | bantu budhal dalu | wus andadi barisira | bala kathah ambyuk Radèn Atasaji | sagunging rajaputra ||

7. wau putra wuragil Mêdayin | kang saibu Marpinjun Muninggar | Radèn Sêmakun praptane | rong lêksa balanipun | wêlas mirsa wayahirèki | Atasaji dadya

--- 1 : 65 ---

prang | praptane sru muwus | nutur yèn tilar kang rama | angugêmi mring raka Surayèng Bumi | anut agama mulya ||

8. wus angumpul Radèn Atasaji | tuwin praptane bantu ing Selan | Kohkarib sarêng praptane | miwah sira Sang Prabu | Kebar Kangkan wus samya prapti | mugarèni ing tingkah | Kodrat Samadikun | bantune kang rama prapta | patang kêthi prajurit andêl Ngabêsi | sakawan para nata ||

9. kunêng dalu kawuwusa enjing | radèn putra siyaga ngayuda | mung lan sabalane dhewe | wadya kaputranipun | winatara wontên sakêthi | dhasar wantêr ing driya | Radèn Kalaranu | kang ibu ngampah tan kêna | awêkasan anut karsane putrèki | siyaga ing ayuda ||

10. kauningan ing raka narpati | Prabu Rustamaji angandika | sira iki apa gawe | arsa nusul sutamu | mundhak dadèkakên prakawis | sira aja katingal | sun dhewe kang nusul | iya dadak ngarah apa | wong padudon padha kadange pribadi | budhal prabu taruna ||

11. ingkang paman sampun dèn aturi | prapta wong agung ing Parangteja | Lamdahur sarêng praptane | lan Umarmadi Prabu | miwah Rajèng Rum Burudangin | Tamtanus Kewusnendar | Arya Maktal muwus | kakang Kohkarib lan Selan | angakua cubluk ing sadina iki | aja duwe pratingkah ||

12. yèn sun tari aja angudhoni | têka dhêngglêng padha anjêtunga | sun nora mêmêkas manèh | sigra budhal wong agung | panggih marga

--- 1 : 66 ---

lan Rustamaji | amung lan upacara | sagung para ratu | Rajèng Burudangin mojar | bisik-bisik hèh ta kakang Sarkab Turki | sira pa wus kaduga ||

13. ing karsane kakang Ngalabani | nora pinunggêl ingkang pratingkah | apa dèn amrih dawane | iya kaliwat saru | yèn dawaa pratingkah iki | mau kakang Marmadya | lan kakang Lamdahur | pan kabèh kinèn cubluka | Raja Sarkab mèsêm dènira nauri | itu trak bole bilang ||

14. Wong Agung Parangteja undhagi | putus ing rèh samar kauningan | yèn gawe ana jêbule | ing wêwadi wus muluk | yèn pinèta samining jalmi | tangèh yèn kagayuha | amêmêt anglangut | rahayu pinrih wêkasan | nora bakal ginusti-gusti para ji | sasat Sang Kakungingrat ||

15. kèndêl mèsêm Natèng Burudangin | sarwi nyawang ing pamulunira | wong Parangteja ulêse | alus daginganipun | ulat manis ayêm alungid | sêdhêp ing pasang cipta | wong agung asêmu | pantês yèn dadya dandanan | wirasate wong iki angrêspatèni | amot mêngku ing kathah ||

16. mendah duk anom wong agung iki | Raja Sarkab mèsêm saurira | kondhang ing jagat wiryane | siduwèng mega biru | katon ana dhasaring bumi | kêdhung kêna jinajag | dhêdhasar rahayu | sêmbada prawirèng yuda | pamanahe arga sapta lolos sami | myang wasising pamêdhang ||

17. padha lawan Sang Surayèng Bumi | mulane tan linilan mêtu prang | saking abot sêsanggane | pae

--- 1 : 67 ---

lawan wong agung | ing ayuda bisa ngasori | mêtara ing dêduga | bot ènthènging mungsuh | yèn Wong Agung Parangteja | ing ayuda singa tandhing tumpês tapis | ngungun Tasangsulngalam ||

18. jawil-jinawil saurut margi | Rajèng Burudangin lawan Sarkab | mangkana wau lampahe | Radèn Kaolaranu | basa Arab Kaolamahi | têgêse ingkang nama | ya pangucap banyu | dening putuning pandhita | kasamaran bekane wong Pusêr Bumi | kênèng sandi upaya ||

19. prapta gène aprang duk ing nguni | rajaputra barise wus mapag | dhasar lanas wantêr tyase | wantu trahing dityèku | mêngsah yutan katon cêcindhil | dudu jalma manungsa | kadya dulu sêmut | barise kang anèng wana | wus miranti praptane Sèh Kadamdini | saking jlêg tanpa sangkan ||

20. radèn putra ngabêkti mring kaki | gantya sagung para rajaputra | prasamya nguswa padane | Sang Rêsi Mêndhangpupus | ngraga sukma alon dènnya ngling | dhuh kang para bêndara | sagung rajasunu | mila têmah sapunika | angladosi bekaning putrèng narpati | tur ratu wong atuwa ||

21. yogya ingkang karya pati urip | sampun selak tuduhe wong tuwa | duraka ing pinanggihe | matur pra rajasunu | inggih kaki kalamun murni | karsanta kawoworan | mopoa dosa gung | dening wit saking pratingkah | dajal lanat arubiru dèn ubungi | dosa linakonana ||

22. dene dhèwèk puniki udani | mêlok-mêlok atur

--- 1 : 68 ---

gêgaweyan | wong tuhu ginawe-gawe | ibune Kalaranu | gih punika kang karya uwit | ratune tan pariksa | gugu wong anggêmblung | kathah para raja prapta | amanggihi marang ing Sèh Kadamdini | prasamya jawat asta ||

23. Rajèng Kebar aris anambungi | pamuwuse sang raja pandhita | dènnya sangêt panyêgahe | Yusup Adi turipun | kula bapa wontên kang nuding | inggih darmi lumampah | karsane wong agung | bapa andika graita | ya ta dhêlêg Sang Pandhita Kadamdini | anggèr yèn makatêna ||

24. ing karsane wong agung undhagi | waspadèng tyas ing rèh wus kawruhan | milane pinrih dawane | wong agung datan purun | lamun mêlèhêna pribadi | karya warananing prang | amba sèwu takut | maonana yèn punika | wêwekane wong agung ing Ngalabani | kang wus sumbagèng jagat ||

25. amba mung urun rahayu nênggih | nyandhak gucine kêndhi walulang | ingêthurakên toyane | ngubêngi barisipun | sapandhita sarwi adhikir | kêmput kang ingubêngan | sang rêsi lingnya rum | sadaya kang para nata | sampun kagèt kasor ing prang Atasaji | myang sirnaning paprangan ||

26. dipun sami santosèng Hyang Widhi | mugi-mugi ta kalampahana | wong agung sapratikêle | wusnya wau sang wiku | wayahira dèn wasiyati | bajo mayit asurat | ciri namanipun | lan namane rama eyang | wus mangkana sirna Ki Sèh Kadamdini | saking ing pêpungkuran ||

--- 1 : 69 ---

16. Pêrang Sami Sadhèrèk.

16. Pangkur

1. prabu taruna wus prapta | Rustamaji gène kang arsa jurit | kèndêl wau sang aprabu | angampah ingkang putra | angling sugal sira Radèn Kalaranu | duta matura jêng rama | pan wus supata wak mami ||

2. lamun mundura satindak | mungsuh lawan kakang mas Atasaji | lawan sagung para sunu | kang padha nampik mring wang | dèn kapara ngarsa apranga lan ingsun | kabèh para rajaputra | tan lêga rasaning ati ||

3. yèn tan krasa ngastaning wang | Si Marjaman kalawan Si Pirngadi | wong dhawuk padha mrêkutuk | kênèng ukum suminggah | nora lêga yèn tan krasa ngastaningsun | lêbura dèn kaya lêmah | yèn tan kalakon wak mami ||

4. katur marang ingkang rama | upatane kang putra mêksa jurit | Prabu Rustamaji ngungun | matur marang kang paman | paran karsa wayah paduka puniku | pun Atasaji kang tuwa | paman paduka dukani ||

5. matur Arya Parangteja | kadipundi mèh sampun têmpuh jurit | pun Atasaji puniku | ciptane dèn sikara | yêkti nekad dèn pilaur ajur mumur | môngsa kênia pinalang | dimène kêdah ajurit ||

6. sami sinrahkên Hyang Suksma | puluh-puluh sinèndhèkkên Hyang Widhi | tingkah utama lan saru | apan sampun kinarya | dening Suksma puniki pun Kalaranu | pan inggih môngsa gingganga | sakèhe

--- 1 : 70 ---

sagung pakarti ||

7. wau sira Rajaputra | Kalaranu mangsah miyosi jurit | tinitir têngaranipun | nêngah munggèng turôngga | sru sêsumbar payo mêtua prang pupuh | sagung para rajaputra | karubutên sun tadhahi ||

8. payo Pirngadi Marjaman | mêtua prang ing kene ngadu sêkti | arok caruk takêr marus | akait wêntis malang | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | yèn padha trahing prawira | môngsa wêdia ngêmasi ||

9. Radèn Atasaji myarsa | nitih kuda mangsah ing rana prapti | Prabu Rustamaji dulu | dhingkul arawat waspa | dening putra tan kêna pinisah ibu | têmpuh ngasmara dilaga | kumêpyur kang mulat sami ||

10. kalihe samya prang gada | Kalaranu ngêtab kuda mrêpêki | Radèn Atasaji sampun | kudhung parise waja | dyan pinupuh katulak panggadanipun | tan ana kang wani surak | jrih ing Prabu Rustamaji ||

11. lan awor prihatinira | datan wontên kolu ingkang nyuraki | arame pupuh-pinupuh | Atasaji anggada | Kalaranu atêmpuh parisanipun | sumyur tibane kasingsal | saking turangganirèki ||

12. anjungkir malih raksasa | nandêr nubruk solahnya gêgilani | Dyan Atasaji tinubruk | asru binuwang wiyat | kawarnaa kang mayêng ing mega biru | dutane Pangeran Kelan | kang bapa Raja Jaswadi ||

13. kinèn seba mring Kuparman | manggih sêpi marang Mutadarawi | wong agung dènira nglurug | lajêng Rajèng Suwôngsa [Suwông...]

--- 1 : 71 ---

[...sa] | panusule prapta ing marga kapêthuk | kang binuwang layang-layang | sira Radèn Atasaji ||

14. cinandhak kèndêl sakala | tiningalan bajone ana ciri | lamun iku putranipun | Rustamaji Kuparman | ingkang wayah mring Kalana Jayèngsatru | ginugah wungu rahadyan | nêmbah ing Raja Jaswadi ||

15. adhuh nyawa wayah ingwang | sapa lawanira amangun jurit | pan ingsun iki ingutus | ing ramanta ing Kelan | Radèn Atasaji tur sêmbah umatur | ing purwa praptèng wêkasan | angungun Raja Jaswadi ||

16. yèn mangkono bêcik sira | angungsia eyangmu Parangakik | mung iku pantês têtulung | ngong bali marang Kelan | pamanira dimène anuli rawuh | sun tibakakên ta sira | ing nagara Parangakik ||

17. kawruhana uwakira | Sultan Samsumurijal Parangakik | darapon eyangirèku | Rêtna Dèwi Sudara | nuli gupuh têtulunga ingkang kuwur | baris Ngarab yèn tan ana | Rajaputri Parangakik ||

18. tatane pating balengkrah | nora nana tinata ting bêlasik | pan iku kalêbon sadu | nanjak pangendrajala | nulya nuduh wadya jin atêrna gupuh | sadina mêngko praptaa | ing nagara Parangakik ||

19. mêsat ngalor ngilèn prênah | Parangakik saking Mutadarawi | sumêbut ingantêp asru | ibêre sêsimpênan | winêdalkên sawulan saêjam rawuh | rong wulan prapta rong êjam | ing nagara Parangakik ||

--- 1 : 72 ---

20. sira Sang Rajèng Suwôngsa | nungkak wangsul mring nagri Kaelani | wuwusên wau Sang Prabu | Parangakik sineba | ing wadya gung andhèr ing ngarsa supênuh | mèh kondur dènnya sewaka | dene sagung kang para ji ||

21. kagyat ing taratag rambat | ana tiba kumabruk kapiyarsi | Kya Patih Bunandir gupuh | parentah amariksa | inginggahan yèn ana manungsa dhawuh | mêrêm pi-api kantaka | sira Radèn Atasaji ||

22. binayang marang ngajêngan | tinupiksa marang sri narapati | samya eram kang andulu | pêkik tur mawa cahya | maksih rare pan dèrèng misik dyah ayu | cirining bajo sinêrat | muni sutèng Rustamaji ||

23. kang wayah Sang Kakungingrat | kagyat sigra kang ibu dèn aturi | Rêtna Sudara gya rawuh | angrangkul mring kang wayah | wus thinothok Radèn Atasaji wungu | ngabêkti marang kang eyang | lan kang uwa sri bupati ||

24. dinangu mula bukanya | katur kabèh miwiti amêkasi | katgadèng tyas kalihipun | sigra nêmbang têngara | ingkang ibu kaprajuritan rinasuk | ngriyini ing karsanira | kang putra gambuh ing wuri ||

17. Bêbantu saking Malebari.

17. Gambuh

1. milanipun kang ibu | Rêtna Sudara ingkang rumuhun | bok kasêlak andadra kalêbon sandi | kang putra tan bisa mêngku | Rustamaji sangêt kothor ||

2. Atasaji

--- 1 : 73 ---

dinangu | êjin kêkalih ingkang tinuduh | ngatêr amba pakène Raja Jaswadi | ingandikan praptèng ngayun | buka kijab netra karo ||

3. ngandika sang dyah ayu | payo sira milua maring sun | putuningsun Tasaji gawanên maning | sang rêtna nitihi sampun | garudha yêksa kinêbyok ||

4. dêdêl gêgana ngayuh | ing jumantara anyamut-nyamut | kalih wêlas parêkan saking Kubarsi | kang bisa anapak muluk | margèng gêgana pan awor ||

5. sadaya patang puluh | putri parayangan balanipun | rajaputri ing Kubarsi Kadarwati | kalih wêlas kang pinundhut | mring kang ibu sang lir sinom ||

6. kang kantun wolu likur | ingkang maksih nèng putra sang ayu | parêkane Rêtna Dèwi Kadarwati | kalih wêlas mring kang ibu | ingkang kêkalih kinongkon ||

7. mring Karsinah angsung wruh | mring kang rayi lan putra sang prabu | parêng nêmbah mêsat pawongan kêkalih | wau ta ing lampahipun | sang rajaputri sru nyêrod ||

8. jin kêkalih tan kantun | bêkta Dyan Atasaji tut pungkur | datan pisah kunêng kang winarna malih | kang mantuk mring Kelan rawuh | katur kabèh kang pawartos ||

9. kagyat nalikanipun | miyarsa solah pratingkahipun | ingkang raka Sultan Anom Rustamaji | purwane murwèng prang pupuh | sigra têngara kêndhang gong ||

10. orêg kang para ratu | samêkta wau kinèn rumuhun | ingkang garwa Rêtna Dèwi Kadarwati | lan parêkan wolu likur |

--- 1 : 74 ---

dêdêl gêgana cumlorot ||

11. saking lèr kilèn wau | Rêtna Sudara sampun kapranggul | saking ing lèr wetan Rêtna Kadarwati | nèng marga sampun angêmbul | sagunging prajurit wadon ||

12. wau ta kang winuwus | ing Purwakôndha ing yudanipun | Kalaranu sasirnane Atasaji | saking paprangan binawur | tyas kadi tinêbak ing mong ||

13. sêdyane Kalaranu | kang sami balik arsa ginêmpur | tinumpêsan kabèh para rajasiwi | nanging tinanggênan pêngkuh | sadaya nêdya rêrêmpon ||

14. dadya tan ana mundur | myang Radèn Putra Kaolaranu | kang anganti bok praptane Atasaji | kang rama ngaturan kondur | lan sawadya para katong ||

15. Sri Rustamaji kondur | praptèng pakuwon ginubêl wau | mring garwane dene tega ing putrèki | dadya nalanira kuwur | pêt-sumpêt wangsul sang katong ||

16. ya ta wau winuwus | budhaling wuri kang samya nusul | mring kang ibu Rajaputri Parangakik | wadyanira kadi ladhu | anglir wukir sakêthi sol ||

17. dhomas ratu gung-agung | lan wolung puluh ratu panganjur | sakancane Kalbujèr lawan Dukyanis | ing Ngungsur Raja Dukyanus | balane lir samodra rob ||

18. kadya jaladri têdhuh | wadya Parangakik pan kadya lun | pan gumulung wutah balabar ngalèbi | prakampita guntur kêtug | kang bumi kambah lir jêbol ||

19. tuwin ta budhalipun | Pangeran Kelan bala gumuruh | tan [ta...]

--- 1 : 75 ---

[...n] pitungan limang atus kang para ji | lan pianjur pitu likur | agung-agung para katong ||

20. kunêng ing lampahipun | Pangeran Kelan sawadyanipun | ingkang putra ing Kusniya Malebari | ingampiran lajêng tumut | mring paman lan para katong ||

21. kumala-kala sampun | Pangran Malebari êmbanipun | sira Rajèng Salsunum Raja Badakir | tigang yuta balanipun | kunêng malih winiraos ||

22. lampahe kang rumuhun | Sudarawrêti pan sampun rawuh | lan kang putra sira Dèwi Kadarwati | Mutadarawi jinujug | nuju têmpuhing palugon ||

23. Radèn Kaolaranu | miwah kang rama lan para ratu | yun-ayunan lan balane Atasaji | nekad para rajasunu | suka mati prang rêrêmpon ||

24. sigra kinèn tumurun | ingkang wayah prangira jinangkung | sampun têdhak sira Radèn Atasaji | kagyat sagung rajasunu | kang prapta madyèng palugon ||

25. sêsumbar nguwuh mungsuh | payo kene prang Kaolaranu | tutugêna sira arêp amatèni | sumakeyan kang dèn ugung | kinasihan rama katong ||

26. berag surak gumuruh | wruh lamun Dèwi Sudara rawuh | kang ngajani marang Radèn Atasaji | Dèwi Kadamingsih sampun | marêk ing ibu anggendhol ||

27. Radèn Kaolaranu | gya mangsah dharat arsa amupuh | dhininginan jinêmparing jaja kêni | sanjatanira cumundhuk | tan arsa mundur kadhaton ||

--- 1 : 76 ---

18. Badhar Dados Danawa.

18. Durma

1. wus aniba anjungkir dadi rêksasa | agung anggêgilani | ajatha agimbal | rambut patang pondhongan | mangkrak para rajasiwi | parêng umangsah | anglêpasi jêmparing ||

2. Prabu Rustamaji ngungun duk tumingal | lah paman kadipundi | gih wayah paduka | sêkti warni rasêksa | kang paman aturira ris | walahu alam | Allah kang ngudanèni ||

3. ditya kinarubut rajaputra samya | krodha ambêdhol wukir | binandhêmkên mêngsah | mire kang para putra | waspada Sudarawrêti | lamun suwea | ngrêrusak si rasêksi ||

4. jog tumêdhak rasêksi sigra jinambak | rambute wus ingoncit | polah nora bisa | sampun kambonan asta | Rajaputri Parangakik | sêktine ilang | kêmate tanpa dadi ||

5. kadya guntur surake kang wadya putra | Dyan Kalaranu nênggih | anulya binônda | kêmandèn sing Ngajêrak | wadya sadaya udani | kang nyêpêng ditya | sang putri Parangakik ||

6. pêpalayon para nata marêk nêmbah | mring putri Parangakik | tuwin pra satriya | kagyat sira narendra | tanya Prabu Rustamaji | wontên punapa | paman gègèr puniki ||

7. matur alon wong agung ing Parangteja | ibu paduka prapti | kang ambônda ditya | rasêksa dajal lanat | kasoran [kasor...]

--- 1 : 77 ---

[...an] dènira jurit | lawan Sang Rêtna | Parangakik kang gitik ||

8. sigra marêk lan kang paman Parangteja | prapta wotsari nangis | kang ibu ngandika | hèh Rustamaji sira | tiwas têmên tanpa budi | kalêbon dhustha | ditya sira rabèni ||

9. kang amindha pamanira adhi Wahas | angaturakên putri | iya iku ditya | sira kalêbon dhustha | nangis Prabu Rustamaji | ajrih awirang | mring ibu Parangakik ||

10. sira yayi Parangteja apa nora | gendholi ing putrèki | matur atur sêmbah | Wong Agung Parangteja | pukulun kawula ajrih | putra paduka | sangêt buntu ing pikir ||

11. yèn kathaha atur yêkti salah tômpa | kang ibu ngandika ris | dene kulup sira | tan kêna ingauban | santanamu kabèh iki | angarsa-arsa | dadia ratu luwih ||

12. bojonira sun cêkêle iku ditya | hèh Nini Kadarwati | mringa pasanggrahan | yèn Marikangên ana | cêkêlên yèn amrih jurit | ya ladènana | nêmbah Ni Kadarwati ||

13. praptèng pura Marikangên nuju lênggah | lan ibu Rajaputri | Marpinjun punika | Ni Kadarwati prapta | nêmbah mring putri Mêdayin | matur turira | ibu amba tinuding ||

14. mundhut mantu paduka puniki ditya | pun Marikangên mangkin | kula kinèn bônda | dhatêng rayi paduka | jêng ibu ing Parangakik | dupi miyarsa | jog Marikangên jungkir ||

15. warni ditya gègèr jroning pasanggrahan | pawongan papat sami | kabèh malih ditya [di...]

--- 1 : 78 ---

[...tya] | angrik anggro makrura | sigra Dèwi Kadarwati | amênthang langkap | pan sarwi anudingi ||

16. sira Dèwi Marpinjun adhêrodhogan | pinanah kang rasêksi | kêna jajanira | jungkir aniba-niba | sêsambat akon mindhoni | asru sêsumbar | Kusuma Kadarwati ||

17. nora kudu pan sapisan bae sira | kênèng sanjata mami | yêkti yèn palastra | ditya gya niba-niba | awak binanting pribadi | aparêng prapta | kang saking ing wanadri ||

18. para ratu para putra ngiring samya | mring putri Parangakik | praptèng pasanggrahan | samya mulat ing ditya | Marikangên wus ngêmasi | parêkan papat | wus sami dèn panahi ||

19. Dyan Kaolaranu badane cinandhak | binantingakên nuli | bangkene bunira | awor kunarpanira | parêkan sakawan nuli | kabèh palastra | bangke binuwang aglis ||

20. mring pakuwonira Rajèng Purwakôndha | gègèr bangke rasêksi | sami ngathang-athang | munggèng pakuwonira | eram Prabu Samasrawi | hèh baya sapa | kang wruh panggawe iki ||

21. gya ngaturi kang rama Prabu Nusirwan | Patih Bêstak lan Jèdhi | tuwin para nata | praptèng pakuwonira | kinèn sami aningali | bangkening ditya | kapat kang ngasmarani ||

Lajêng nyandhak jilid 2

--- 1 : [79] ---

Isinipun

... Kaca

1. Wadya Talsiyah kasor yudanipun. ... 3

2. Prabu Nusirwan dumugi ing Purwakôndha. ... 5

3. Nandukakên paekan. ... 12

4. Pêputra lan putri ditya. ... 16

5. Wong agung tampi sêrat panantang saking Purwakôndha. ... 21

6. Patih Bêstak dipun wêlèhakên dening Patih Jèdhi. ... 26

7. Wong agung nglurug dhatêng Purwakôndha. ... 30

8. Wadya Kuparman campuh lan wadya Purwakôndha. ... 34

9. Pêrang tandhing. ... 38

10. Sèh Waridin kêpengin kêpanggih wong agung. ... 41

11. Wong agung murca saking kadhaton. ... 46

12. Ngrêmbag murcanipun wong agung. ... 50

--- 1 : [80] ---

... Kaca

13. Kêtitik yèn turun ditya. ... 56

14. Radèn putra wadul dhatêng ingkang ibu. ... 59

15. Radèn Kalaranu mêpak wadya. ... 63

16. Pêrang sami sadhèrèk. ... 69

17. Bêbantu saking Malebari. ... 72

18. Badhar dados danawa. ... 76

__________

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : [0] ---

[...]