Menak Purwakandha (Jilid 2), Balai Pustaka, 1935, #849

Serie No. 1158a

Menak Purwakôndha

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

19. Badhe Madosi Murcanipun Wong Agung.

1. Asmaradana

1. Sang Aprabu Samasrawi | têtanya mring Patih Bêstak | sapa kang duwe panggawe | dene anulak ing kêmat | rèh boting bisa mapas | Kya Patih Bêstak wotsantun | kawula miyarsa warta ||

2. Rajaputri Parangakik | ibune Radèn Jayusman | ing wingi inggih praptane | tan liyan saking punika | putri saijab-ijab | prawiranira pinunjul | moncol ing jagat wiryawan ||

3. nambungi Kya Patih Jèdhi | ki raka sira miyarsa | ana prakara prang dhewe | rame aprang padha kadang | sumaur Patih Bêstak | inggih wontên pitung dalu | dènira prang dhêdhewekan ||

4. tanya Prabu Samasrawi | apa ingkang dadi purwa | tumambuh ing pitakone | lan patih paran wartanya | putrane sri bathara | kang anom Radèn Sêmakun | inggate milu ing sapa ||

5. Patih Bêstak awotsari | sami putu kapenakan | Atasaji kang ingilon | kang binucal anèng wana | inggih kang tinulungan | Rêtna Sudarawrêtiku | Atasaji unggul ing prang ||

--- 2 : 4 ---

6. Kaolaranu ngêmasi | dening Kusuma Sudara | dèn du kumba lan ibune | sumyur kunarpane ilang | angling Prabu Nusirwan | gih punika anak prabu | nadyan putu nadyan anak ||

7. jêr sampun nyawa pribadi | wus sami badan-binadan | darbe kajat dhewe-dhewe | pun Sêmakun mila kesah | rêmên kapencut mulat | inggih dhatêng putrinipun | anak prabu ing Gumiwang ||

8. kang nama Dèwi Rukanti | amothah dhatêng pun bapa | tumuntên kawula bêkès | besuk yèn wis pagawean | ywa sira naru karya | punika sakmanahipun | nuntên kesaha sêsanjan ||

9. mring sadulurane nênggih | kala wontên ing Yujana | Rajaputra Kaharkusmèn | punika sagah ngênakna | dhatêng putri Gumiwang | Dèwi Rukanti puniku | pinanggih môngsa luputa ||

10. nanging ngumpula mariki | benjing putri ing Gumiwang | môngsa wandea binoyong | milane puniku kesah | pun Kaharkusmèn sagah | marma kesah pun Sêmakun | lêpas saking astaningwang ||

11. angling Prabu Samasrawi | mulane nora mêtu prang | wong Arab lagyèwuh dhewe | lah iya têka nêngêna | aja na mêtu ing prang | yèn wong Arab nora mêtu | kunêng gantya winursita ||

12. pasanggrahan Ngarab sami | kang lagya onêng-onêngan | Marpinjun lara tangise | anjrit sêsambat sang rêtna | marang Rêtna Sudara | tega têmên ariningsun | ing kene wong nêmu susah ||

13. kaya matia tumuli [tu...]

--- 2 : 5 ---

[...muli] | yèn aja sira praptaa | sun nuli mati sêk bae | pasthi tan nganggo sakarat | saking ruwêding manah | duk lagya onêngan wuwus | kang prapta jog tanpa sangkan ||

14. Rêtna Sirtupelaèli | dupi myarsa angkatira | ingkang raka sabalane | rêmbên kang miyos ing dharat | Sri Narendra Karsinah | ing lampah datan winuwus | wau kang onêng-onêngan ||

15. lawan para maru sami | nulya baris dharat prapta | pianjur Raja Kalbujèr | wadya Parangakik samya | kadya ladhu lêlampah | anglir prawata katunu | wus tata samya mèt papan ||

16. sigra Prabu Rustamaji | mêthuk praptane kang raka | tundhuk manêmbah sang katong | rinangkul marang kang raka | ewuh kang miyarsakna | manawa dèrèng sumurup | lampahe kang para garwa ||

17. Marpinjun putri Mêdayin | anom kari dadi tuwa | Sudarawrêti kang gawe | pinêksa kinarya tuwa | dene ingkang sarira | kang môngka panênggakipun | putri Karsinah panêngah ||

18. putri Kuwari wuragil | ing mangke wontên kang anyar | putri Brudangin kinaot | kadange Tasangsulngalam | ratu agung prakosa | sinêmbah samaning ratu | putri prawira digdaya ||

19. nama Dèwi Isnaningsih | môndraguna tur prakosa | Rêtna Sudara rêmbuge | dadia ing wurinira | Rajaputri Karsinah | ngênggènana ngarsanipun | putri Kuwari punika ||

20. dadya maragili malih | sandika nurut kewala | Sudarawrêti pakone |

--- 2 : 6 ---

datan garantês samêndhang | bangun turut kewala | mangkana malih kang rawuh | balane Pangeran Kelan ||

21. panganjur Rajèng Kubarsi | Maliyat Kustur prakosa | lan Wrahat Kustur ipene | dening Jêng Pangeran Kelan | satriya bala raja | Prabu Rustamaji mêthuk | marang kang rayi ing Kelan ||

22. lajêng pamêthuke malih | kang raka Rajèng Karsinah | tundhuk manêmbah sang katong | balane kadya samodra | wus samya masanggrahan | mubêng prasamya angujung | mring para ibu sadaya ||

23. Ki Umarmaya gya prapti | lampahe nalisik praja | miwah jro pura sang katong | Mutadarawi tan ana | bok gunane kang nyidra | nanging kasêlak angrungu | ing wuri ana rusuhan ||

24. myarsa bune Atasaji | kinêbon wana lan putra | kathah nglabuhi trêsnane | mring Atasaji kèh wêlas | sagunging rajaputra | mring Atasaji sumuyud | Marmaya adhêrakalan ||

25. wangsule prapta wus panggih | gêgêdhuging para putra | tambaking prang prapta kabèh | Umarmaya sru karuna | kumarubut kang nêmbah | para putra para ratu | ingkang sami anyar prapta ||

26. mangkya dadosakên pikir | pra ratu kang kasarira | wus umanjing pakuwon jro | kerid Arya Parangteja | gunêm samya ngupaya | wong agung kang musnèng dalu | pangarsane gunêm samya ||

27. Rajaputri Parangakik | glar putra myang para raja | Rêtna Sudara tanya lon | kabèh tan ana supêna | miwah ing prang graita |

--- 2 : 7 ---

botên wontên aturipun | sang putri malih ngandika ||

28. kang Dipati Guritwêsi | yayi mas ing Parangteja | kayaparan ing jro tyase | maras bangêt miwah ora | pan ilang Payujana | maras êndi pangrasamu | kakang êmas yayi êmas ||

29. Arya Maktal awotsari | amba maras Payujana | punika eca kemawon | Umarmaya nambung sabda | iya padha lan ingwang | Sudarawrêti gumuyu | yèku nujum kang santosa ||

30. pan ati kêkêmbanging sih | ki êsih iku kang murwa | iya sakèhing panggawe | mulane dadi ngalamat | ing tyas puniku ingkang | parêk lan sasmitanipun | sasmita parêk lan Suksma ||

31. Suksma kang asimpên urip | urip kang mimbuhi jagat | mangkono bae pan ingong | lamun tyas ayêm kewala | sumuk dadi ngalamat | nanging aja na kawêtu | lamun kawêtua gêmpal ||

32. lamun ing tyas iku gêmpil | angrongèhakên prakara | yèn wong iku pikir rongèh | sasmita kêmbanging rusak | ilanging nama sipat | rênggang lawan êdatipun | yêkti kuwur tundha bema ||

33. kêna tinuntun ing eblis | waspadane kawoworan | dêrajat kang wus tumèmpèl | sayêktine gêrahuyang | kudu ilang kewala | yèn ana wong grigah-griguh | ing pikir muriding setan ||

34. yèku kawruhana yayi | yèn enak ing driyanira | ujêr sira kêkênyare | luwih

--- 2 : 8 ---

saking para kadang | lamun bakal atiwas | yêkti sira nora kantun | binêdhol ing malaekat ||

35. nadyan kari bakal mati | sayêkti ika sêmaya | angêntèni kêkênyare | wong agung ing Parangteja | lamun iku praptaa | têka esuk sore lampus | Pangeran Surayèng Jagat ||

36. gumêr kang samya miyarsi | ilang labêting sungkawa | anggêgampil prihatine | para putra para raja | myarsa kang pangandika | iku yayi karsaningsun | sun ubrês sajroning wana ||

37. jêr Ratu Mutadarawi | duwe bala buron wana | yêkti sun gêmpur alase | iya kalawan paekan | malah mandar sudaa | iya bobote kang mungsuh | sêmpala baune kiwa ||

38. rungake[1] bala puniki | sêkti Ratu Purwakôndha | abala buron alase | kasêmbuh gustine sirna | tyase sangsaya ilang | mulane padha sun dulu | aclum-aclum para nata ||

39. duk aprang nèng Malebari | iba kèh awrating mêngsah | parandene tan mangkene | ngênêse prajuritira | yayi mas Parangteja | dupèh mungsuh bala manuk | lawan bala buron wana ||

40. yèn pikir wruh kang murbèng sih | apa gawe kudu taha | bisa angucap gununge | ingsun yayi nora eram | iki ta karsaningwang | Kadarwati ni mbok mantu | sun bage gawe ta sira ||

41. karana ta sira nini | garwane putra simpênan [si...]

--- 2 : 9 ---

[...mpênan] | anak ingsun pamèr dhewe | musthikèng putra Kuparman | prawira pramudita | yèn darbea putra cubluk | tan dadi kanthi ngayuda ||

20. Dèwi Kadarwati Madosi Wong Agung.

2. Kinanthi

1. sayêktine sira mêsum | jalêbud kurang têrasi | akêmba rasane onta | putrine Rajèng Kubarsi | ratu agung prawirèng prang | putrine Ni Kadarwati ||

2. pêthèking wong yêkti patut | dadia kondhanging jurit | ayune dadi sêmbada | dhasar garwaning prajurit | putra pamèr prawirèng prang | lancure wong Pusêr Bumi ||

3. golèkana wong tuwamu | babo Nini Kadarwati | dhuh sira ngusadanana | susahe wong Pusêr Bumi | ubêkên nini ywa liya | alas ingkang katon iki ||

4. sakidul wetan praja gung | kutha ing Mutadarawi | gone buron kang kaprentah | mring Si Raja Samasrawi | kalawan manuke ika | ngidhêp ing ratune sami ||

5. duk ingsun anèng dalanggung | lan sira margèng wiyati | alas iku katingalan | ana tejane awêning | pantêse kang duwe teja | iya kalêngkaning bumi ||

6. luputa kono gonipun | wong tuwamu Kadarwati | sayêkti ênggone baya | gurune Si Samasrawi | kang muruk idhêpe iya |

--- 2 : 10 ---

buron alas lawan pêksi ||

7. lah kakang andika jangkung | lakune Ni Kadarwati | yèku kakang mantu dika | satindak saha maryogi | maksih rare sutanira | kasêlak prawirèng jurit ||

8. wêwekane dèrèng putus | nanging tyas kadi tan watir | kêna lamun tingalana | Si Kadarwati yèn jurit | pangarêpe wus têtela | pêdhês ambôndakalani ||

9. Kadarwati nêmbah nuwun | sandika dhatêng ing pati | nglampahi têdah paduka | ngupadosi ngosak-asik | dhasar gusti wong atuwa | pundi ênggène kapanggih ||

10. ngandika malih sang ayu | hèh yayi Raja Jaswadi | tut wurinên mantunira | ewuh aya wong ajurit | tur sêmbah Rajèng Suwôngsa | sandika ing siyang latri ||

11. Umarmaya gya macucu | mele-mele amundêlik | lah iki majas wak ingwang | gêlêm nauri samangkin | ing mau durung pitaya | yèn durung kanthi si adhi ||

12. ing Suwôngsa yayi prabu | sanajan aja si adhi | munga jin ala kewala | bêkêl namane Pak Dulil | gurune Saptiyunasar | wus tega rasaning ati ||

13. gumêr kang samya angrungu | tumungkul Sang Rajèng Drênis | sangsaya suka sadaya | umiyat Sang Natèng Drênis | tumungkul mèsêm tur sêmbah | mring Dipati Guritwêsi ||

14. wus amit katiganipun | Umarmaya tan kaèksi | ngagêm têtopong Suleman | akanthi Raja Jaswadi | mung Kadarwati ngatingal | nanging anapak wiyati ||

15. ngandika malih sang

--- 2 : 11 ---

ayu | yayi Prabu Burudangin | saosa prajuritira | salêksa bae ywa luwih | kang padha anunggang macan | tur sêmbah sri narapati ||

16. gya nuduh ratu pangayun | Sang Raja Miswèl Kanardis | ngirid prajurit salêksa | ngandika malih sang dèwi | hèh ta para rajaputra | papat saosa sun tuding ||

17. ya Si Kodrat Samadikun | kalawan sira Dukyanis | Si Kaharkusmèn kalawan | Samardikaran sirèki | saosa kuda paprangan | anyalêksa aja luwih ||

18. lan sira yayi Sêmakun | wus nunggal agamèng ngriki | ingsun wèhi pagaweyan | Rêtna Marpinjun nambungi | Sêmakun dèn bêcik sira | piniji ing yayi dèwi ||

19. tur sêmbah Radèn Sêmakun | sandika dhatêng ing pati | yayi nora cara aprang | sandia bêburu yayi | putunira ampingana | kaki putra Atasaji ||

20. iku sun tuduh bêburu | batine amangun jurit | nanging dèn samar ing tingkah | dèn kaya bêburu yêkti | padha dadi kawal sira | lakune Si Kadarwati ||

21. kang dadi barêping laku | wonge yayi Burudangin | kang padha anunggang macan | Si Raja Miswèl Kanardis | sandika têngara budhal | wurahan kang lampah sandi ||

22. umiring putra bêburu | sira Radèn Atasaji | anggêpuk alas larangan- | ira Prabu Samasrawi | wana iku goning kêmat | sulaping Mutadarawi ||

23. wau ta ingkang rumuhun | prapta Dèwi Kadarwati | aniyup saking gêgana | têpining wana wus [wu...]

--- 2 : 12 ---

[...s] prapti | gununge alit pan kathah | lor kidul pating talêning ||

24. pojoke lèr kilènipun | iya ing Munada wukir | guwane ingkang kanggenan | Wong Agung Surayèng Bumi | lamine tan ana wikan | nalika Ki Sèh Waridin ||

25. piningid dening Hyang Agung | tapa nèng Munada wukir | alas iku jinaganan | mantri salawe pan ganti | jinujug ing para putra | wana kang winancaksuji ||

26. sinungan wisma gung-agung | tinêngga nyapuluh mantri | rumêksa isining wana | kang samyanjuru nguncèni | mangkana rêmbag wus dadya | matêng dènira prajangji ||

27. baris dharat baris luhur | kêkangsèn têmpuh ing jurit | kang alêmbut kang akasap | wus samya awor ing pikir | Raja Miswèl saha bala | kang para putra nèng wuri ||

21. Raja Gumiwang Prang Tandhing kalihan Radèn Kodrat Samadikun.

3. Pangkur

1. kagyat mantri juru wana | aningali baris agêng dèn iring | kadi satriya bêburu | pangarsane sadaya | nitih macan Raja Miswèl munggèng ngayun | asru dènira angucap | bukanên lawangira glis ||

2. mantri bumi atêtanya | sapa akon ambuka lawang kori | Sang Raja Miswèl sumaur | pan iya gustiningwang | Sultan Anom Rustamaji kang sêsunu | acangkrama bêrêg wana | parab Radèn Atasaji ||

3. mantri bumi [bu...]

--- 2 : 13 ---

[...mi] angling sugal | tambung laku pan mungsuh sira iki | pan iki larangan agung | ênggoning kabuyutan | Ratu Purwakôndha pan turun-tumurun | yèn sira gawa kuwasa | di layange gusti mami ||

4. Sang Raja Matari Akbar | yèn nora na layange nora wani | mênganana lawang iku | lan iku nama mêngsah | durung nungkul iya marang ratuningsun | Raja Miswèl sigra ngatag | pangarsa ratu prajurit ||

5. anubruk macane samya | angalêthak mantri papat wus kêni | kang kari giris andulu | lumayu mring jro kitha | nêdya atur uninga mring ratunipun | wontên mantri ngungak-ungak | wêruh ing solahirèki ||

6. korine sampun binubrah | alas iku burone samya gilir | ing sabên dina rong atus | ingkang jagi jro kitha | sato wana miwah ingkang buron manuk | mangkana manjing jro wana | Sang Raja Miswèl Kanardis ||

7. ing wuri kang para putra | angawaki bala kang munggèng wuri | Radèn Kodrat Samadikun | Radèn Samardikaran | Radèn Kaharkusmèn lan Dikyanis ngayun | angrêgêp kapraboning prang | sagung para rajasiwi ||

8. sapraptane jroning wana | surak-surak sagung bala Kanardis | lan balane para sunu | gumuruh lir ampuhan | Kadarwati mêngakakên cupunipun | gumrubyug kang buron wana | prahara ingkang angirit ||

9. aja kaliru ing tômpa | kang miyarsa pagene Kadarwati | têka maksih sêktinipun | dene wus manjing Islam | yêkti [yê...]

--- 2 : 14 ---

[...kti] ilang bênêre sikire iku | dene maksih sêktinira | Rêtna Dèwi Kadarwati ||

10. pan iku sarta tinêdha | wusnya nandhang iman Ni Kadarwati | anênêdha ing Hyang Agung | kasêktène maksiha | kadi sabên anêmên panêdhanipun | Hyang Suksma asipat rahman | paring pamintaning dasih ||

11. ingkang têmên tinurutan | nanging salin tan ingaranan sikir | pan mangunah namanipun | yèn walia kêramat | lamun nabi pan mukjijat namanipun | yèn kapir sikir istijrat | wau Dèwi Kadarwati ||

12. mangunahira andadra | tan akêndhat pamintaning Hyang Widhi | kang manjing sajroning cupu | nênggih isining alas | andalêdêg sarta rèh pracôndha lesus | amarani buron alas | sira Prabu Samasrawi ||

13. iku Marmaya amawas | bêdhil kaca wismane wus kabêsmi | arame kang buron nêmpuh | sulapira mangunah | ingkang sami andaka tubruk-tinubruk | kang dipôngga pêpulêtan | swarane anggêgirisi ||

14. Raja Jaswadi amasang | panah gêni kabakar kang wanadri | kang aprang pating garubyug | bêbujung buron wana | eca dulu Kadarwati yudanipun | katrima mangunahira | wana myang sato kabêsmi ||

15. wau mantri juru wana | palayune praptèng ngarsaning gusti | wus katur yèn wananipun | kambah satriya mêngsah | Rajaputra Atasaji ambêburu | ingampah duka kalintang | satêmah wana binêsmi ||

16. wontên sakêthi turôngga | pangajênge salêksa winitawis |

--- 2 : 15 ---

kang macan titihanipun | sang nata sru bramatya | sigra nuduh Samasrawi Sang Aprabu | kang rayi Rajèng Gumiwang | lawan Kyana Patih Jèdhi ||

17. rampasana cêkêlana | putra Arab nêrak larangan mami | mangrusak angarubiru | mangkat saking ngajêngan | pan kasusu kumrutug bala kang nusul | praptane pinggiring wana | eram dènira ningali ||

18. buron gêng alit galasah | prajurite Sang Raja Karungrawi | wontên salêksa kang sampun | samêkta ing ayuda | Patih Jèdhi tigang lêksa wadyanipun | kang sampun samêktèng yuda | bala Gumiwang kyèh prapti ||

19. mangsah Sang Rajèng Gumiwang | Patih Jèdhi jangkung napak wiyati | Karungrawi nguwuh-uwuh | hèh Rajaputra Arab | anututa sun bônda sira kasiku | wong bêburu ngobong alas | sarwi nudingi cêmêthi ||

20. putra Ngabêsi umangsah | pan anitih bakarlès praptèng ngarsi | Radèn Kodrat Samadikun | sugal pamuwusira | sira ratu kang anyêngkêr alas agung | lah dulunen alasira | saburone tumpês tapis ||

21. mojar Sang Rajèng Gumiwang | bocah jèdhèng sirèku pêksa wani | angling Kodrat Samadikun | sanadyan sun jèdhènga | ing prang wani anggada ngêpruk êndhasmu | payo apa anèng sira | sapa aranmu narpati ||

22. pan ingsun Rajèng Gumiwang | ya kadange Sang Prabu Samasrawi | gumrêdêg sarwi amupuh | wau Rajèng Gumiwang | pan tinangkis dening Kodrat Samadikun | arame gada-ginada | samya

--- 2 : 16 ---

prawiraning jurit ||

23. mrêpêki Ki Umarmaya | anèng dharat Jaswadi nèng wiyati | Rêtna Kadarwati sampun | matak môntra limunan | wus jinangkung prange Kodrat Samadikun | sira Sang Rajèng Gumiwang | jinangkung ing Patih Jèdhi ||

24. Ki Patih Jèdhi tan wikan | marang sira Kusuma Kadarwati | prajurit kang wolu likur | sadaya tan katingal | samya ngêmbat langkape wong wolu likur | wau kang ayuda gada | aganti bindi-binindi ||

25. Patih Jèdhi arsa nyidra | Kodrat Samadikun kang jinêmparing | sigra mênthang langkapipun | lumêpas kang sanjata | pan kêbate Rêtna Kadarwati sampun | anglêpasakên sanjata | jêmparinge Patih Jèdhi ||

26. wau ingkang sinanjata | gandar tugêl ngungun Ki Patih Jèdhi | sinambêr apa panahku | dene nora tumêka | kang sun arah ya Si Kodrat Samadikun | pinindho malih pinanah | kêbat Dèwi Kadarwati ||

27. anglêpasakên sanjata | kêna tugêl panahe Patih Jèdhi | krodha sru dènira muwus | apa ta kêndhit mimang | nora gadug mring Si Kodrat Samadikun | Patih Jèdhi kaku ing tyas | gya mundur ngingêr angèri ||

22. Wong Agung Kêpanggih Wontên ing Guwa.

4. Durma

1. apan arsa anowok patih marmanya | kèringan ing ajurit | nagri Purwakôndha | sabên aprang mangkana [mang...]

--- 2 : 17 ---

[...kana] | Rajèng Gumiwang nadhahi | kang aprang dharat | ki patih kang matèni ||

2. mangkya antuk sisihing aprang waspada | wau Ki Patih Jèdhi | gya niyup mangandhap | marang gène kang aprang | sigra Dèwi Kadarwati | ngatag pawongan | sarêng dènnya jêmparing ||

3. marang Ratu Gumiwang parêng lêpasnya | wolu likur jêmparing | niba saking kuda | sirah jaja walikat | sêsalang kênèng jêmparing | kanine kathah | patih kagyat ningali ||

4. langkung ngungun ki patih arsa tumênga | irunge jinêmparing | ing gandar kewala | cumêplès irung kêna | pisêk sakala ki patih | Rajèng Gumiwang | ajur kênèng jêmparing ||

5. sampun pêjah ki patih wau tumingal | pêjahe sri bupati | aniba lumajar | matur ing gustinira | lamun ing mangke kang rayi | Prabu Gumiwang | têlas kenging jêmparing ||

6. sarirane kêbyukan panah sawidak | inggih saking wiyati | kawula punika | irung pisêk katiban | ingkang panah gandar saking | ing awang-awang | irung jinujug kêni ||

7. langkung ngungun anjêtung duk amiyarsa | Sang Prabu Samasrawi | wau kagegeran | kang kari buron wana | gumrubyug ngungsi jro puri | ya ta narendra | tilar pakuwon aglis ||

8. kondur mêmpên sajroning kitha sang nata | ngupaya dandan budi | sagung balanira | para ratu marapat | sakèthèng kang dèn jagani | Prabu Nusirwan | tumut anèng jro puri ||

9. ya ta wau [wa...]

--- 2 : 18 ---

[...u] duk kobarira kang wana | lan swaraning ajurit | kagyat jroning guwa | ngintip Sang Jayèngrana | dèrèng têtela ing jurit | ya ta samana | wus têdhak Kadarwati ||

10. lan kang uwa Ki Dipati Tasikwaja | miwah Raja Jaswadi | tuwin para putra | wus samya pakumpulan | sami ningali kang mati | kang buron wana | kathah awarni-warni ||

11. Rêtna Dèwi Kadarwati kalangênan | sêdyane aningali | ana wukir wêtah | tan kêna ing dahana | wukir alit pinggir kali | ayom katingal | sang prabu aningali ||

12. pan wong agung nuju anèng lawang guwa | tyasira tan kuwatir | wau praptanira | kang nêdya kalangênan | lawan saparêkannèki | ngupaya toya | kagyat Ni Kadarwati ||

13. miyat kori ing guwa wontên kang lênggah | mangu Ni Kadarwati | manawèku mêngsah | wong agung duk tumingal | ingawe Ni Kadarwati | marang kang rama | kumêpyur malajêngi ||

14. gya nungkêmi ing padanira kang rama | sang rêtnanjrit anangis | wong agung ngandika | nini apa ta sira | ing kene mau kang jurit | matur anêmbah | inggih amba kang jurit ||

15. wus linggiha nini sapa rowangira | matur maksih anangis | pan inggih jêng uwa | Dipati Tasikwaja | lawan pun bapa Jaswadi | lan para putra | myang wayah Atasaji ||

16. Kadarwati anuduh pawonganira | lah aturana aglis | jêng uwa lan bapa | miwah kang para putra | lamun jêng rama wus panggih | parêkan mêsat | wus prapta

--- 2 : 19 ---

gèning baris ||

17. duk miyarsa gumrubyug apalajêngan | wus mijil Bagendha Mir | lênggah soring gurda | prapta Ki Umarmaya | lawan Sang Raja Jaswadi | samya karuna | rangkul-rinangkul sami ||

18. para rajaputra ngabêkti sadaya | Raja Miswèl Kanardis | nêmbah ngaras pada | sawusnya kinèn lênggah | Sêmakun lan Atasaji | sarêng anêmbah | nungkêmi pada kalih ||

19. ya ta kagyat wong agung wau tumingal | marang putra Mêdayin | sampun kinèn lênggah | wong agung lon ngandika | yayi mas apa wus lami | sigra Marmaya | kang matur anambungi ||

20. pan mêningi ing prang ping kalih punika | arinta wus alami | mukir mring wong tuwa | mangke anut paduka | sampun agama Ibrahim | nekad ing tuwan | wong agung duk miyarsi ||

21. langkung suka kang rayi sigra cinandhak | tinarik dèn arasi | wusnya kinèn lênggah | cakêt nèng ngarsanira | Umarmaya matur aris | rayi paduka | punika darbe pikir ||

22. angraosi putrine Rajèng Gumiwang | kang pêjah wau enjing | prang lan putra tuwan | Kadarwati marwasa | pêjahe pun Karungrawi | putrine endah | nama Dèwi Rukanti ||

23. angandika Wong Agung Surayèng Jagat | hèh Nini Kadarwati | sira lumakua | nyidra putri Gumiwang | wêlasa pamanirèki | matur sandika | nêmbah Ni Kadarwati ||

24. sigra mêsat saking ngarsane kang rama | lan saparêkannèki | pan nagri Gumiwang | amung sawêngi marga [mar...]

--- 2 : 20 ---

[...ga] | saking ing Mutadarawi | mèh nyandhak gêngnya | lawan Mutadarawi ||

25. sapungkure wong agung ngalih panggonan | wisma gêng ingkang maksih | ingkang pinaranan | wong agung anèng kana | wadya sami bakar daging | banthèng manjangan | kang sami dèn bakari ||

26. samya suka wadya gung buron balasah | ewon kambingirèki | tata pagubahan | jro wancaksuji samya | mèh surup pradônggapati | gantya kocapa | kang lampah nyarkarani ||

23. Ratu ing Purwakôndha Pados Sraya.

5. Dhandhanggula

1. kawarnaa Rêtna Kadarwati | dalu prapta nagari Gumiwang | lajêng marang kadhatone | ingkang abaris tugur | pôncaniti kang pra dipati | dèrèng wontên miyarsa | yèn gustine lampus | samyanjujug patamanan | Kadarwati asiram angundhuh sari | ngayêm-ayêm sarira ||

2. wowohan kabèh kang dèn undhuhi | samya suka sapawonganira | arèrèh wau karsane | pamètira sang ayu | wanci pukul sawêlas prapti | mantri atur uninga | tiwase sang prabu | prang lan Rajaputra Arab | duk miyarsa lir guntur swaraning tangis | gumuruh jroning pura ||

3. pramèswari lan Dèwi Rukanti | agung kantaka niba ing kisma | rama prabu sêsambate | nora wêlas [wê...]

--- 2 : 21 ---

[...las] ing sunu | pramèswari angrangkul siwi | kaya pa solahira | nyawa putraningsun | diwasa tinilar bapa | sapa baya nini kang sira ngèngèri | wakira Purwakôndha ||

4. wong kumaki pêksa kudu wani | mungsuh lawan Sang Surayèng Jagat | ukum kudu mati bae | iku dene kinêpung | nagarane tan bisa osik | pawongan nglud sangsaya | kang tangis gumuruh | pramèswari gung sêsambat | adhuh babo sutèng sun Dèwi Rukanti | rêbutên prajanira ||

5. tan wus ucapên ramening tangis | pan kawayon kapati anendra | sang rêtna lawan ibune | kêna ing sirêpipun | prabawane Ni Kadarwati | saksana manjing marang | kaputrèn wus rawuh | anjêjêp ing pasareyan | kinèn gulung babute Dèwi Rukanti | lawan ibune pisan ||

6. pinanjingkên ing cêcupu manik | putri Kubarsi tuhu digdaya | tan ana wruh pakartine | sajro pura kasaput | siji datan ana cumuwit | sigra dêdêl sang rêtna | sapawonganipun | mêsat saking jroning pura | tan kawarna ing marga pukul pat prapti | ênggène ingkang rama ||

7. byar raina Sang Surayèng Bumi | Umarmaya ing dalu carita | yèn wuri kathah bekane | praptane garwanipun | rajaputri ing Parangakik | ingkang anglêbur beka | rêncana katawur | praptane putra sadaya | duk miyarsa angungun Sang Jayèngmurti | ya ta wau kang prapta ||

8. wus raina marêk rajaputri | Kadarwati dinangu duk [du...]

--- 2 : 22 ---

[...k] apa | matur pukul pat praptane | putri Gumiwang sampun | inggih kêna Dèwi Rukanti | lan saibune pisan | kabêkta pukulun | suka wong agung ngandika | iki kêna putri Gumiwang Rukanti | Radèn Sêmakun nêmbah ||

9. ingsun budhal mring pakuwon mami | sun wêruhne mring bakayunira | Marpinjun iki ipene | Dyan Sêmakun jumurung | lêrês karsa Jêng Paduka Mir | benjing tamban kewala | panggiha pukulun | pan sampun kacêpêng asta | sampun asrêp pukulun êmpaning galih | môngsa inggih gagala ||

10. sampun budhal saking wana nuli | kang mêthukkên askardiyu prapta | pating balêbêr praptane | pra putra para ratu | ingkang kêdah panggih tumuli | kang prapta asêluran | mangkana winuwus | sapraptaning pasanggrahan | kadi guntur gung alit swaraning tangis | kêkêmbang sukèng driya ||

11. para garwa samya anungkêmi | tuwin putra wayah mangunêngan | datan pinanjang solahe | sagunging para ratu | aglar munggèng ngarsanira Mir | dangu marang kang garwa | duk Kaolaranu | sadaya sasolahira | sampun katur ing raka Surayèng Bumi | angling Rêtna Sudara ||

12. hèh yayi mas Prabu Samasrawi | apa nyata mêmpên jroning kitha | gusis tinggal pakuwone | Arya Maktal wotsantun | inggih èstu ing jawi gusis | atutup lawang kitha | ing warti pukulun | angupaya budidaya | sapêjahe Raja Gumiwang kang rayi | langkung kêkês ing driya ||

13. dadya

--- 2 : 23 ---

arsa minta sraya malih | saking ebat miyat wadya tuwan | para putra ing praptane | bote nikêli sèwu | lawan wadya Mutadarawi | mila langkung sungkawa | pisêk patihipun | pun Jèdhi pinanah gandar | gandar wêsi ing putranta Kadarwati | sumyak ingkang miyarsa ||

14. ya ta wong agung lagya ngecani | onênging putra kalawan garwa | bujana ing sadinane | lan sagung para ratu | tan akêndhat pambojanèki | wong agung gung asmara | karasikaning kung | lan garwa kêkalihira | Ni Sudarawrêti Sirtupelaèli | pan sami onêngira ||

15. putri Gumiwang Dèwi Rukanti | wus apanggih lan Sêmakun ika | Marpinjun among pangantèn | asih Radèn Sêmakun | marang garwa Dèwi Rukanti | prasamya sih-sinihan | kunêng tan winuwus | Wong Agung Surayèng Jagat | kawuwusa sira Prabu Samasrawi | kang lagya pagunêman ||

16. langkung sungkawa sri narapati | ewuh arsa ngawaki ngayuda | dene akontap kanthine | milane wayang-wuyung | buron alas datanpa kardi | amung pangeram-eram | bala buron manuk | wong Arab datanpa karya | mung saêjam buron wana tumpês tapis | anungkul datan arsa ||

17. aninggala agama Yahudi | pasthi lamun muwuhi cilaka | Kya Patih Bêstak wagêde | tilase tinalikung | mangkya prabu ing Samasrawi | dènnya asih kalintang | Bêstak darbe cinthung | angling Rajèng Purwakôndha | hèh ta Patih Bêstak apa ingsun iki [i...]

--- 2 : 24 ---

[...ki] | ngupaya ngambil sraya ||

18. ana ratu pawong sanak mami | luwih prakosa asugih bala | ing Kosarsah nagarane | jagat iki kinêlun | pilih tandhing lamun ajurit | ing kêmat môndraguna | Sang Raja Kasrukum | yèn sun atura uninga | lamun ingsun kasoran amangun jurit | kinêpung prajaningwang ||

19. sayêktine iku nuli prapti | yèn bêcike ingkang lumakua | iku Bêstak sira dhewe | wakile rama prabu | wakil ingsun Si Patih Jèdhi | parandene wus waras | irunge kang tatu | pijêr dhêsok irung apa | sok umpêtan nora gêlêm mêtu maning | kapok irung kêparat ||

20. wong wus èndhèk cilik Patih Jèdhi | irung pisêk dadak lir cêcathak | anjênthir kaya katunggèng | wong dudu manuk dudu | nganggo êlar kaya brêngkutis | amungsuh lan wong Arab | têka nora payu | ngong adu liyan wong Arab | para ratu kêkês mring Si Patih Jèdhi | samêngko têka ngabar ||

21. hèh apatih mangkata tumuli | anggawaa mantri Purwakôndha | sandika lajêng lampahe | kya patih kalih sampun | mancal saking Mutadarawi | Patih Jèdhi anapak | ing gêgana sampun | Patih Bêstak lampah dharat | nanging sarêng datan arsa andhingini | kunêng ingkang lêlampah ||

22. kawuwusa Sang Surayèng Bumi | pagunêman anèng pasanggrahan | pra ratu pra putra andhèr | lamine garwanipun | putra kalih nèng Samasrawi | wus kawan dasa dina | lan saputranipun [saputra...]

--- 2 : 25 ---

[...nipun] | wong agung alon ngandika | hèh ta kakang Adipati Guritwêsi | yayi mas Parangteja ||

23. dudu bobote nagara iki | wong sêmono iya kang ngêpunga | yêkti kakehan mungsuhe | iki ta karsaningsun | yayi Dèwi Sudarawrêti | lawan yayi Karsinah | myang yayi Marpinjun | muliha marang Kuparman | sutanira kabèh barênga sirèki | ngantia nèng Kuparman ||

24. hèh ta yayi Dèwi Parangakik | lah gawanên sutanira Kelan | kulup milua lakune | mring Kuparman ibumu | ingkang putra matur wotsari | padha sira muktia | kabèh putraningsun | anèng nagara Kuparman | kalangênan yèn salamêt ingsun prapti | iku padha muliha ||

25. mring prajamu dhewe-dhewe sami | mêngko padha tunggua Kuparman | mong suka cangkraman akèh | saiki lagi durung | ana bote panggawe iki | lagi ana kang nêdha | marang Hyang Kang Agung | pandongane tinarima | pan mangkana prapta ngong Mutadarawi | wong agung buka kojah ||

26. duk panggihe lan Ki Sèh Waridin | anèng ing guwa wukir Munada | tinutur sawirayate | kang myarsa samya ngungun | dening gaib Ki Sèh Waridin | wong agung angandika | paman Betaljêmur | pamangsite iya padha | lamun êmèh asalin sarengat nabi | mêtu ing kadang ingwang ||

27. nabi panutup niyakèng bumi | ingkang langgêng nabi kang dinuta | nora salin sarengate | ingutamakkên [ingutama...]

--- 2 : 26 ---

[...kkên] besuk | kang mêningi sarengat nabi | matur kang para raja | dhuh amba pukulun | mugi tuwan têdhakêna | mêningana inggih sarengat ing wuri | nabi nayakaning rat. ||

28. sampun pisah lan Jêng Paduka Mir | alon ngandika muga Hyang Suksma | nêmbadanana kajate | sagunging sanak ingsun | kang sun gawa sabaya pati | duk myarsa pangandika | sagung para ratu | samya sujun[2] ing bantala | ngaras siti nèng ngarsanira Sang Amir | gumêr pamucungira ||

24. Radèn Hasim Katamsi tuwin Radèn Aris Munandar.

6. Pocung[3]

1. wusnya dangu pasujuding para ratu | miwah para putra | bela ing para narpati | pan atarap kadi sujuding asalat ||

2. kinèn wungu para nata para sunu | wus lênggah sadaya | mangkana sanega sami | ingkang badhe budhal mring nagri Kuparman ||

3. samya ngujung para garwa para sunu | tuwin para nata | andêl-andêl Parangakik | samya ngujung lan andêl-andêl Karsinah ||

4. para ratu ing Kelan samya gêgêdhug | sami ngaras pada | miwah êmban ratuning jin | samya ngujung Raja Jaswadi lan Miswan ||

5. sampun kêbut para garwa para sunu | mung kantun satunggal | putri Kuwari kang kari | nora rowa nora pati sugih bala ||

6. putranipun Hasim Kuwari pan tumut | kondur mring Kuparman | wadya gung kadi jaladri | ingkang budhal marang

--- 2 : 27 ---

Kuparman nagara ||

7. kunêng wau gantya malih kang winuwus | wontên duta prapta | saking nagri Burudangin | utusane kang garwa lawan kang wayah ||

8. lampahipun tur uninga kalihipun | yèn putra lan wayah | sami jalu pêkik-pêkik | sampun agêng ing mangke anuwun aran ||

9. lairipun mung sawulan longkangipun | sêpuhing kang putra | milane botên tumuli | tur uning dèrèng kantênan lairnya ||

10. kang jinujug anyaosakên malêbu | Rajèng Kaos lawan | Sang Prabu Rum Burudangin | sami suka anglampahakên utusan ||

11. lan kêkintun pan akathah warninipun | gawan sinung nama | pêparabe radèn kalih | radèn buyut sinungan Aris Munandar ||

12. radèn sunu Hasim Katamsi puniku | nênggih kang pêparab | ya Radèn Ambyah Katamsi | radèn buyut mung Radèn Aris Munandar ||

13. êmbanipun ingkang rama kang kêkintun | Rajaputra Buldan | atmajane Andanbilis | pan anama ya Radèn Andanbanisjan ||

14. putranipun sinaosan êmban ratu | marang ingkang uwa | Sang Raja Kaldum ing Simik | kang angirid mring Burudangin nagara ||

15. lampahipun ing marga datan winuwus | praptane kang duta | ing nagari Burudangin | wus apanggih lan sang rêtna kalihira ||

16. sampun dhawuh sagung kang sêrat kêkintun | lan saosan êmban | Sang Raja Kaldum ing Simik | radèn putra saos saking ingkang uwa ||

--- 2 : 28 ---

17. radèn buyut kinintunan êmbanipun | saking ingkang rama | Sang Prabu Kaos nagari | putra Buldan Si Radyan Andanbanisjan ||

18. balanipun tigang lêksa kawan èwu | bêktane kang rama | sira Prabu Andanbilis | mring kang putra sira Dyan Andanbanisjan ||

19. Raja Kaldum balane pan sampun agung | patang kêthi lawan | salêksa kang para mantri | bala Simik kang pra dipati pan dhomas ||

20. bagus-bagus radèn putra radèn buyut | sami kulit pêthak | apan nora pati abrit | yèn tirua kang ibu kulite pêthak ||

21. nora tiru kulit abang sarirèku | apan jinis Arab | apanggih lan kulit putih | mêtu sêdhêng kuninge nukmèng pêrada ||

22. cahya mancur singa kang andulu ngungun | pipine rinajah | wus tamtu trah Pusêr Bumi | lamun jalu sayêkti pipine rajah ||

23. èstri jalu gêng alit samya sih lulut | apan nora ana | ing nagri Rum Burudangin | cahya rupa kadi radèn kalihira ||

24. èsêmipun manise pitulas mênut | sêdhêpe têlung jam | dadi usada panastis | wong dharodhog yèn tumingal pasthi waras ||

25. maksih timur ginulang-gulang prang pupuh | alul ing ayuda | mêmêdhang lawan jêmparing | lan anggada amutêr luhur turôngga ||

26. pêtakipun jumêbrèt lir gêlap paju | samya kagawokan | durung ana Burudangin | lagi iku Rahadèn Aris Munandar ||

27. lan dyan sunu Hasim Katamsi puniku |

--- 2 : 29 ---

kathah kang kacaryan | ambêbeda anjiwiti | yèn cinêblèk karasa anuli pêtak ||

28. pamrihipun kabèh kang asandhing jumbul | ana kulayaban | sakathahe rare cilik | ngagètakên sakèh lara gudhig sirna ||

29. lara wudun gêlis tuwa mucu-mucu | ana bancur mêcah | têka matane sirnanting | banjur waras mari nora kumat-kumat ||

30. kalihipun timur wus prawirèng pupuh | yèn andhupak bihal | sênuk mèmrèng lan karêndhi | êndhas pêcah polo wutah awak bubrah ||

31. ngagêm palu rante mas wrat patang atus | kati pan wus kêlar | sinabêtkên tiris gadhing | asêm jajar pêpitu sinabêt sirna ||

32. yèn bêburu macan cinandhak tinapuk | sumyur sirahira | binêdhèl ati binukti | dadya tuman adhahar atining macan ||

33. sabên dalu dyan putra kalah bêburu | kang pinrih mung macan | pinèt rina pan wus gusis | mila dalu diningkik paturonira ||

34. yèn kapranggul tinubruk simane jumbul | wontêna sadasa | kêna tan marèjèl siji | gya binêdhèl atine inguntal mêntah ||

35. samya ngungun gêng alit wadya kang dulu | pan dèrèng miyarsa | tingkah kadi radèn kalih | salamine solahe karya asmara ||

--- 2 : 30 ---

25. Ratu ing Kosarsah Têtulung Dhatêng Purwakôndha.

7. Asmaradana

1. kunêng rajaputra kalih | kang agung among prawira | ing praja gêng sampun kalok | Rahadèn Aris Munandar | kabuyut Amir Ambyah | iya lawan putranipun | Hasim Katamsi digdaya ||

2. ya ta kawuwusa malih | lampahe Jèdhi lan Bêstak | nagri Kosarsah praptane | katur ing sri maharaja | yèn patih kalih prapta | Purwakôndha lan Mêdayun | sang nata duk siniwaka ||

3. dening sagung pra dipati | satriya lan ulubalang | miwah ingkang para katong | ratu iku sugih bala | guna ngèlmu paekan | tinarima sikiripun | apan adêdêg satus gas ||

4. sarira yayah minangsi | rema barintik akathah | binoponga tigang bopong | wasis garap ngèlmu kêmat | bisa nyalini mata | anglironi matanipun | manungsa lan sato bisa ||

5. kang sami sato wus dening | mataning gajah kinarya | sinalinan mata kêbo | abeda awase mya[4] | miwah mataning kuda | sinalinan mata wêdhus | tan beda awase padha ||

6. apan netrane pribadi | sinalinan mata macan | kabèh sagung punggawane | sami nganggo mata macan | milanipun kèringan | sira Sang Raja Kasrukum | anèh lawan para raja ||

7. ing

--- 2 : 31 ---

prajurit alit-alit | mata kucing kang kinarya | wau ta sira sang katong | andangu Patih Buwawas | kayapa aturira | Patih Buwawas umatur | wontên duta kalih prapta ||

8. satunggil Patih Mêdayin | satunggile Purwakôndha | alon ngandika sang katong | êndi gawanên mring ngarsa | nulya majêng katrinya | Patih Bêstak dulu ngungun | dening netra kadi macan ||

9. surat katur ing narpati | binuka sampun kadriya | jroning surat rêrasane | andangu lawase pira | praptane parangmuka | ing Purwakôndha kinêpung | dening raja ing Kuparman ||

10. Kya Patih Bestak wotsari | inggih sawêg tigang wulan | kadi samodra balane | arinipun ing Gumiwang | nênggih sampun palastra | putrine ical ing dalu | sang nata gumujêng suka ||

11. yayi Prabu Samasrawi | pantês yèn nora kêlara | amungsuh dudu bobote | banyu kalèn ingilenan | iya banyu bêngawan | yêkti dudu tandhingipun | Purwakôndha lan Kuparman ||

12. kya patih kalih wotsari | mila tur wuningèng tuwan | saking karoban mêngsahe | alon ngandika sang nata | hèh Buwawas undhanga | sagunging kang para ratu | sun bantu mring Purwakôndha ||

13. sun budhal sadina benjing | sandika aturing patya | sang nata nulya ngadhaton | ing jawi sami siyaga | busêkan sanagara | gumuruh kang para ratu | samêkta kapraboning prang ||

14. ing dalu datan winarni | enjang anêmbang têngara | gumuruh gurnang kêndhang [kê...]

--- 2 : 32 ---

[...ndhang] gong | thongthonggrit bèri wurahan | sang nata wus busana | budhal punggawa panganjur | satus bala nigang lêksa ||

15. sêkawan para narpati | Raja Kanisban Gêmana | miwah Sang Raja Bulêndèr | Sri Naranata Warudhan | sami andêling aprang | lawan Sang Raja Bugarjun | sri bupati ing Gêlidar ||

16. lawan Sang Raja Bêrgipis | ratu ing Sondhe prakosa | Kosarsah andêl-andêle | sang nata ing wuri budhal | samas kang para raja | kang binêkta don ngalurug | balane yutan awêndran ||

17. wus mancal saking nagari | gumuruh kang balakuswa | busana lir wukir kobong | patih kalih datan pisah | katigane Buwawas | kinanthi ing siyang dalu | sarêng yèn sumiwèng raja ||

18. mangkana pan sampun lami | lampahe Rajèng Kosarsah | wus angancik jajahane | ing nagari Purwakôndha | kari lakon sadina | sang prabu kalih amêthuk | Samasrawi lan Nusirwan ||

19. nèng jawi kitha sang aji | wus acaos pasanggrahan | rinêngga kutha kêkojor | amawi taratag rambat | wau sapraptanira | bala kang môngka panganjur | baris tigang atus lêksa ||

20. sakawan prabu sinakti | anyakêthi balanira | Warudhan Raja Bulêndèr | panggih sang prabu kalihnya | eram Nusirwan mulat | prajurit ingkang panganjur | punggawane mata macan ||

21. kalawan kang mata kucing | lagi Sang Rajèng Kosarsah | padha anèh prajurite | pantês ngêntasana karya | nirnakkên [nirnakkê...]

--- 2 : 33 ---

[...n] mring wong Arab | angsal tandhing kang satuhu | ing prang prajurit Kuparman ||

22. nulya dalêdêg kaèksi | bala kang parêk sang nata | upacara ampilane | adhêdhêt pangayapira | kadya giri kusuma | sira Sang Raja Kasrukum | tuhu pinunjul anèng rat ||

23. samya mêthuk marêpêki | panggih Buwawas tur sêmbah | punika rama sang katong | kalawan rayi paduka | Sang Prabu Purwakôndha | têdhak Sang Prabu Kasrukum | saking pir bihale sigra ||

24. tundhuk sang prabu kêkalih | aras-ingaras kang jôngga | tuhu eram pandulune | marang Sang Prabu Kosarsah | nulya lajêng sadaya | manjing pasanggrahan agung | munggèng ing têtarub rambat ||

25. lênggah ing amparan rukmi | prajurit aglar ing ngarsa | pra dipati para katong | lajêng bujana sêsêgah | Sang Prabu Purwakôndha | swaraning bala gumuruh | kadya prakêmpèng udaya ||

26. matur Raja Samasrawi | pukulun tiwas kawula | botên utusan sang katong | tur uninga ing paduka | duk parangmuka prapta | saking pangraos pukulun | kadugi amba maguta ||

27. gumujêng sri narapati | pan sira durung têtela | Si Raja Arab yudane | jêr yayi prabu gumampang | wruhanira wong Arab | para ratu agung-agung | kabèh prawira ngayuda ||

28. apan ingsun wus ngawruhi | polah tingkahe wong Arab | rangkêp-rangkêp dandanane | ratu kang bêbala raja | pira-pira narendra | sabên amukul praja [pra...]

--- 2 : 34 ---

[...ja] gung | durung tumandang sadaya ||

29. sêlak pêcah kang nagari | upama satus dandanan | lagi tumandang kang roro | ratune sêlak kasoran | yèn misih ngèlmu kêmat | iya rangkêp ngèlmunipun | tan kêna pinèt satunggal ||

30. kasoran Umarmayèki | para garwa akèh guna | kasoran para garwane | para putra padha dibya | kasoran para putra | para ratu kèh pinunjul | iku yayi kawruhana ||

31. ana pawong sanak mami | Raja Rukyatil Talsiyah | anglurugi ing sêdyane | tan nganggo aprang paekan | ngandêlkên sugih bala | mung ngadu atos bêbalung | amungsuh lawan wong Arab ||

32. mring Kusniya Malebari | Sang Raja Rukyatil Polad | akèh tumpês prajurite | ingamuk pêputhon êmas | amêcahakên sirah | amutungakên bêbalung | apêdhot otote sêmpal ||

33. tur iku ratu pamburi | nora pati kapangarsa | iya mêngkono bobote | mendahane Kewusnêndar | Lamdahur Umarmadya | Maktal lan Tamtanus iku | gangsal kang wus kasarira ||

34. ngandika Natèng Mêdayin | Bêstak puniku waspada | tur sêmbah Bêstak ature | pukulun gawok kawula | yèn aprang lan wong Arab | ingkang kathah kêmatipun | kang ampuh aprang paekan ||

35. ting kalumpruk padha jêngking | kadi bocah bayi abang | yèn sampun dadi bature | wong Arab sêktine kumat | angot kadi ing kuna |

--- 2 : 35 ---

gumujêng Raja Kasrukum | mêngkono rakite uga ||

36. ngèlmu kêmat kang sayêkti | kang wus gêguru pamungkas | iya ana pangapêse | wong Arab bisa ambuka | pêngapês ngèlmu kêmat | pan iku wus antuk tuduh | gurune kêmat pamungkas ||

37. anadene kêmat mami | kang luwih kapala pisan | luwih angèl ing tuduhe | kang nora kêna binuka | kaya nyalini mata | luwih gawat luwih lêmbut | wong Arab môngsa bisaa ||

38. lamun bisaa sayêkti | Lamdahur wus sinalinan | dèn ênggoni mata banthèng | mandaha dening prayoga | ingkang dhapur sambada | kaya Kewusnendar iku | sinalinan mata macan ||

39. iku wartane kang luwih | dêdêg para ratu Arab | iki olèh anyar manèh | ratu prawira digdaya | sumbagèng pramudita | sugih bala para ratu | kaipe ing Bagendhambyah ||

40. ratu ing Rum Burudangin | Si Raja Tasangsulngalam | kaliwat abot bobote | agême palu rante mas | wrat sèwu dhacin kangkat | rante mas gotong rong atus | kèh pêgat nyawaning raja ||

26. Ngrêmbag Gêlaring Prang.

8. Mêgatruh

1. kaya ngapa yèn sira bisa amungsuh | lan prajurit Pusêr Bumi | kari kèh dandananipun | balane kadi jaladri | akêthèn kang para katong ||

2. padha

--- 2 : 36 ---

môndraguna ingkang para ratu | yèn minungsuh balung kulit | otot dudu mungsuhipun | besuk yèn mungsuh lan mami | sun rangkêp paekan ingong ||

3. môngsa bisa anyandhak kasêktèn ingsun | sun rangkêpi ika iki | kalah iki nuli iku | kalah iku ana maning | kalah maning ana kanthong ||

4. kalah kanthong ana kênthi kênthung-kênthung | kalah pênthung ana pênthing | kalah sandhing ana nyanthung | jêkut tibane kabanting | dadi bathang manthang-monthong ||

5. aku ngrungu dhêdhukunmu si panglamur | paekan Si Masrukakim | wus manjing durung tumanduk | ing môngsa durung marêngi | arsa gawe lara cadhok ||

6. undurêna dhingin iku lagi guru | marang ing apatih mami | Si Buwawas kang amuruk | ya durung pati pramati | durung gêguru maring ngong ||

7. durung mucuk andumuk kang mêntul-mêntul | panganjure kang ngebati | kacaryan ing padhangipun | lan enaking netra sami | aja dang nuli dinumoh ||

8. dimèn padha kasêngsêm pingin puniku | padha ènthènge netraki | karasa ing nikmatipun | tuman gya amundhut malih | pupuhe ingkang kinaot ||

9. yèn mangkono nuli ladènana gupuh | kang pramati kang nyadhoki | sayêkti nuli dèn êdum | maring kang para kinanthi | satriya di para katong ||

10. ya Ki Patih Bêstak jarumana iku | têkane Si Masrukakim | mung sira kang bisa tambuh | karana putrèng Mêdayin | Radèn Sêmakun nèng kono ||

11. manjing ngaku dutane Radèn Sêmakun [Sêma...]

--- 2 : 37 ---

[...kun] | tan tinaha wira-wiri | Patih Bêstak nêmbah matur | baris Arab tan wawiki | singa-singa kang ponang wong ||

12. antuk manjing pakuwon Arab pukulun | botên wontên sônggarunggi | amung kang inganggêp mungsuh | kang panggih têngahing jurit | yèn sampun prang tandhing angkoh ||

13. sanès lawan sagung para ratu-ratu | yèn sampun apacak baris | kathah butarêpanipun | botên kêna wira-wiri | nganggo taha kang maring jro ||

14. ya ta alon ngandika Raja Kasrukum | yaiku wruhanirèki | abote wong Arab iku | santosa tur kandêl titi | tipis ati nora abot ||

15. sampun nandhês gunême Raja Kasrukum | kasaput ing dalu sami | masanggrahan para ratu | Sang Prabu Mutadarawi | tumut mangsuli pakuwon ||

16. kawuwusa Ki Patih Bêstak ing dalu | angutus Si Masrukakim | sarta kirim dinaripun | tigang èwu yuta panggih | Masrukakim sampun miyos ||

17. wus binêkta seba mring Raja Kasrukum | pinaring sikir kang luwih | nanging wêlinge sang prabu | yèn uwis aprang ping kalih | trapêna pupuh pênyadhok ||

18. karana sun tanting aboting prang pupuh | yèn wus kasor saking jurit | nora anganggo panglamur | yèn kentas saking ing jurit | mungguh yudane pra katong ||

19. dene yèn wus karuwan ing wêgah ingsun | ing aprang sira sun jawil | namakkên panyadhok iku | sira dèn angati-ati | satingkahmu

--- 2 : 38 ---

dèn atamboh ||

20. ya ta kunêng gêntia ingkang winuwus | Wong Agung Surayèng Bumi | anèng pasanggrahanipun | siniwèng ing pra dipati | tuwin sagung para katong ||

21. abujana lawan sagung para ratu | Ki Umarmaya tanya ris | hèh sapa ingkang karungu | ana bantu agêng prapti | gêgaman lir samodra rob ||

22. anauri sira Sang Prabu Lamdahur | iya kakang ana prapti | anama Raja Kasrukum | abantu Mutadarawi | Rajèng Kosarsah kinaot ||

23. malah mêtu barise wingi kang mungsuh | dening ta ana gêng prapti | kang nama Raja Kasrukum | pantês besuk amêtoni | dening bantu ratu abot ||

24. ing wartane Si Raja Kasrukum iku | kaya mata macan pasthi | gilar-gilar yèn andulu | Wong Agung Surayèng Bumi | pangandikanira alon ||

25. dèn prayitna samêngko prang para ratu | nanging aja amêtoni | yèn mungsuhe nora mêtu | asuta mungsuhirèki | mêtu andurma pra katong ||

27. Prang Tandhing.

9. Durma

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | Rajèng Mutadarawi | anêmbang têngara | thongthonggrit puksur gurnang | kêndhang gong gubar lan bèri | bala Kosarsah | mijil atata baris ||

2. kadya wana kêmbang parwata dahana | kêpung Mutadarawi | kapang akalangan | wong Mêdayin caruban | prajurit [prajuri...]

--- 2 : 39 ---

[...t] samêkta sami | Rajèng Kosarsah | munggèng palôngka rukmi ||

3. aglar munggèng ngarsa saprajuritira | punggawa lan para ji | tuwin kang satriya | kang saos ing ayuda | sira prabu ing Mêdayin | ngapit kalawan | Prabu Mutadarawi ||

4. baris Ngarab nimbangi têngara mêdal | kadya robing jaladri | sagung para raja | miranti baris pasang | Wong Agung Surayèng Bumi | sampun alênggah | ing dirgasana rukmi ||

5. para ratu ing ngarsa samya alêngggah | wijoan palowani | para rajaputra | banjêng kang saos ing prang | wawas-winawas kang baris | Rajèng Kosarsah | angatag kang prajurit ||

6. amit nêmbah Raja Banisban Gêmara | mangsah anitih èsthi | sarwi ngundha gada | praptèng papan sêsumbar | wong Arab mêtua jurit | sapa rêp pêjah | papagna tandang mami ||

7. datan bêtah miyarsa Prabu Yujana | pamit miyosi jurit | ingidèn tumandang | sigra nitih dipôngga | kawot kapraboning jurit | mubyar makutha- | nira binuka asri ||

8. molahakên dipôngga anusup wrêksa | adhangah sri bupati | sarwi main gada | ngiwa nêngên binuwang | saking kanan maring kiri | saking ing kiwa | binuwang têngên malih ||

9. aliru gon parise kalawan gada | eram kang aningali | praptèng rananggana | dipanggane amapan | aluwês kadya turanggi | angitêr mêngsah | Raja Kasrukum angling ||

10. sapa iku mêtu prang baud ing tingkah | apa Si Jayèngmurti | matur Patih Bêstak |

--- 2 : 40 ---

punika Kewusnendar | ratu andêling ajurit | kinadang-kadang | mring Sang Surayèng Bumi ||

11. kadung kêju tyasira Prabu Kosarsah | maras prajuritnèki | tiwasing Banisban | ing tandhing kalorogan | iki ratu dhegus dhecik | gambèn wong Arab | wau ta kang ajurit ||

12. wus apanggya têtanya Raja Banisban | sapa ranmu prajurit | apa Amir Ambyah | sumaur Kewusnendar | ingsun dudu Bagendha Mir | ratu gêgala | Yujana praja mami ||

13. ratu moncol kang ingakên saudara | mring Sang Surayèng Bumi | iki Kewusnendar | sira sapa ranira | ingsun Gêmara Narpati | aran Banisban | andêl Kosarsah mami ||

14. lah ta payo apa kang anèng ing sira | têkakna maring mami | angling Kewusnendar | si gunung ratu mamak | apa nora krungu warti | lamun wong Arab | prange nora dhingini ||

15. payo desa prajamu adoh têtôngga | ratu kang bêcik-bêcik | mung gunung lan jurang | pojoking langit ana | polahmu amêmêdèni | mataning macan | sira go mêmêdèni ||

16. sumakeyan ratu undhagi ing kêmat | ratuning bocah cilik | garap ngèlmu setan | anyilih mata macan | sapa kang wêdi sirèki | jungkir-jungkira | nyondhol-nyondhola langit ||

17. kirun wana kirun sêlangana mata | goning wong nora wêdi | yèn prajurit Arab | dadak erama sulap | amblês sadhasaring bumi | dadia padhas | sun êjur

--- 2 : 41 ---

sun gêcêki ||

18. asru ngucap sira Sang Raja Banisban | dèn prayitna sun bindi | angling Kewusnendar | lah payo anggadaa | Rajèng Gêmara mrêpêki | amutêr gada | ginada sri bupati ||

19. pan tinangkis dening parise malela | mubal kang punang agni | gumuruh kang surak | mungsuh kalawan rowang | pinindho panggadanèki | datan wigata | pining tiga sang aji ||

20. panggadane angling Sang Raja Banisban | Arab malêsa aglis | angling Kewusnendar | lah iya dèn prayitna | kudhunga parisa wêsi | amutêr gada | Kewusnendar ambindi ||

21. sarwi sênggak panggadanira pinolah | panggadane ngênani | apês panangkisnya | rêmuk parisanira | apêtak sira sang aji | parisanira | ngipatakên tan bangkit ||

22. dadya rêmuk sirahe Raja Banisban | wong Arab surak atri | ebat kang amulat | mêngsah rowange samya | klangkung ebat kang ningali | mêngsah sadaya | sêsumbar sri bupati ||

23. Kewusnendar gajahe nongklang mandhapan | andarpalun rêspati | payo wong Kosarsah | aja na atêr bakal | bok mêtoni kang wus dadi | ratu anistha | nora bisa anangkis ||

24. ngêndi uwong anangkis tan bisa ngipat | angawal nora bangkit | kakèkamu apa | nora muruk prang gada | pantês tangkise wong bêcik | angadhag-adhag | bênêr ajur dhasnèki ||

25. dening kaya Wong Agung Surayèng Jagat | tanggon panangkisnèki | liyane tan ana |

--- 2 : 42 ---

yêkti gêlar pangulah | ya ta wau ingkang prapti | munggèng dipôngga | sira Raja Brêkiwis ||

26. sapa ranmu wong Arab kang mêtu ing prang | ya Kewusnendar mami | lah ta sira sapa | ingsun andêl Kosarsah | ing Sondhe Raja Brêkiwis | gumuyu latah | Kewusnendar Narpati ||

27. mêne busuk kaya Si Raja Banisban | angur mundura aglis | aja aprang gada | iya lan Kewusnendar | jênêngmu Raja Brêkiwis | dudu manungsa | apa putuning dhêmit ||

28. nagaramu Sondhe apa pêngalasan | bok sing akèh sathithik | ngarani nagara | miwah ngarani raja | ing Sondhe Raja Brêkiwis | pantêsmu uga | mung dadi tukang roti ||

29. aja dadi sira ratu nora asal | nyorèngi bumi langit | anauri sugal | apa praduli sira | buyut ingsun raja bêlis | si kaki aran | ing Sondhe Raja Pranit ||

30. Raja Brêhèk iku arane si bapa | ya Sondhe dèn ratoni | buyut kaki bapa | kabèh ratu prakosa | Kosarsah tan ana maning | ratu andêl prang | amung wong tuwa mami ||

31. aja mêjanani prajurit Kosarsah | Kewusnendar ngengoni | mèsêm gowèk ngucap | uwis aja dinawa | têka ênêk ati mami | arêp amutah | ngrungu ujarmu iki ||

32. nadyan silih têdhake Nabi Suleman | lamun datan prayogi | badanmu sapata | miwah cubluk ing aprang | agawe saranging bumi | dêdêgmu kasar | ulatmu tan patitis ||

33. têka ura dagingmu [da...]

--- 2 : 43 ---

[...gingmu] kaliwat wadhag | cahyamu ngolang-aling | kuwur ting balêsar | kudu ngili mring alas | sukan ana ing sirèki | yèn jaman Arab | mantri kowe tan dadi ||

34. lah bok aja gumagus amata macan | bubarake tokiyik | aja nunggang gajah | langite garundêlan | asugal Raja Brêkiwis | payo gage prang | dèn prayitna sun bindi ||

35. mutêr gada mrêpêki sigra anggada | Kewusnendar nadhahi | malangkrik sikutnya | payo ping sèkêt êngkas | bok aja mungsuh sirèki | lan Kewusnendar | Si Kasrukum kon mijil ||

36. iku ana pantêse Si Kewusnendar | sugal Raja Brêkiwis | ah Arab malêsa | aja kakehan ujar | gumuyu abêlik-bêlik | nora kayaa | amêksa kudu jurit ||

37. mêdhun saking dipôngga Sri Kewusnendar | gajahira Brêkiwis | sinampe ing gada | pêjah sirahe pêcah | cinandhak Raja Brêkiwis | dèn ikal-ikal | binantingakên siti ||

38. kadya guntur surake bala ing Arab | prapta Radèn Marsadi | analèni sira | Rajèng Sondhe katawan | mundur kasaput ing wêngi | dalu bujana | Wong Agung Jayèngmurti ||

39. Kewusnendar saklangkung sinungga-sungga | kamulyan amênuhi | bêbandaning raja | sinrahkên Umarmadya | Raja Kasrukum winarni | dalu bujana | lan prajurit para ji ||

40. lawan Prabu Nusirwan sami drawina | Sang Prabu Samasrawi | aglar kang prawira | Kasrukum angandika |

--- 2 : 44 ---

iki sun awas pribadi | Si Kewusnendar | tuhu ratu prajurit ||

41. asêmbada ulêse Si Kewusnendar | pilih kang para aji | kaya Kewusnendar | iya sapisan êngkas | pan ingsun arsa udani | prajurit Arab | bêbêciking ajurit ||

42. Patih Bêstak ature masih kapara | awrat Raja Yunani | ulêsipun samya | lèrèh pan botên ladak | pêpukule akuwawi | kang para raja | nadhahi pan kawuri ||

28. Wong Agung Sabalanipun Kenging Kêmat.

10. Pangkur

1. ing dalu tan winursita | enjing muni têngaraning ajurit | kêndhang gong umyang gumuruh | têtêg awor sauran | rowang mungsuh gurnang thongthonggrit lan puksur | wus mijil ing pabarisan | rowang mungsuh amiranti ||

2. kêpung barise kalangan | wong agunge sami munggèng ing kursi | myang wijoan palowanu | aglar bupati raja | anjênêngi sowang-sowang barisipun | amunggèng ing dirgasana | Wong Agung Surayèng Bumi ||

3. ambanjêng kang para raja | myang sagunging kang para rajasiwi | sira Sang Raja Kasrukum | munggèng ing palôngka mas | para ratu aglar kanan keringipun | ingatag prawiranira | kang sami andêling jurit ||

4. sira sang nata ing Pardhan | nitih èsthi nêngah mangsah ing jurit | Raja Bulêndèr anguwuh |

--- 2 : 45 ---

wong Arab mêtonana | iya aja wong Arab gora gumuyu | olèh pêpati bêbandan | iku pra ratu paminggir ||

5. prajurite wong Kosarsah | ingkang kari akèh kang bêcik-bêcik | gustiku Raja Kasrukum | lalang rat pramudita | durung tau kasoran Raja Kasrukum | hèh sagung prajurit Arab | ya eling sira dèn eling ||

6. wau tan bêtah miyarsa | amit nêmbah Sang Rajèng Burudangin | saksana wau umagut | nitih dipôngga buntal | kawrat sagung gêgamaning aprang pupuh | wong Arab surak gumêrah | yayah anêngkêr wiyati ||

7. sampun panggih yun-ayunan | atêtanya Sang Raja Burudangin | wong Kosarsah sapa ranmu | sumaur Rajèng Pardhan | ingsun Raja Bulêndèr andêling pupuh | sira sapa aranira | ingsun Rajèng Burudangin ||

8. iki Si Tasangsulngalam | ratu ipe nagri gêng Burudangin | sinêmbah samining ratu | lah êndi ratunira | ing Kosarsah iya Si Raja Kasrukum | aprang tandhing lawan ingwang | sira iku tan prayogi ||

9. Raja Bulêndèr asugal | aja sira angajap gusti mami | besuk Sang Raja Kasrukum | iku atandhing aprang | gustinira Kalana Anjayèngsatru | dèn prayitna ingsun gada | akudhunga paris wêsi ||

10. mrêpêki amutêr gada | gya pinupuh Sang Nata Burudangin | tinangkis parisanipun | kontal panggadanira | kaping kalih kaping tiga dènnya mupuh | suraking bala gumêrah | rowang mungsuh ambarêngi ||

11. ganti ing panggadanira | sigra angling [a...]

--- 2 : 46 ---

[...ngling] Sri Maha Burudangin | hèh Bulêndèr apa uwus | katon panggadanira | apa isih kari pamukulirèku | nauri payo malêsa | sigra Rajèng Burudangin ||

12. ngadêg ing palana lawak | têtumpukan palu rante tinarik | ingikal-ikal mandhutur[5] | gumêbyar sunarira | kadi kilat kumilat eram kang dulu | rante mas wrat kalih bêlah | sèwu limang atus kati ||

13. sinabêt Sang Rajèng Pardhan | pan kapulêt lan èsthine sang aji | tinarik rante mas sampun | Raja Bulêndèr Pardhan | sampun pêpês awor lan dipangganipun | sumyur sinabêtkên lêmah | wus awor kalawan siti ||

14. wong Arab surak gumêrah | samya eram sagung mungsuh ningali | durung ana para ratu | mangkono tingkahira | ing ayuda têtanya Raja Kasrukum | umatur Kya Patih Bêstak | inggih Rajèng Burudangin ||

15. pun Raja Tasangsulngalam | ratu ipe sumbaga ing ajurit | angling Sang Raja Kasrukum | abot-abot wong Arab | wus têtela tan kêna kinasap iku | hèh Bêstak sira undanga | ing besuk Sri Masrukakim ||

16. Sang Rajèng Gêlidar prapta | munggèng liman Bugarjuk asru angling | hèh ratu sapa aranmu | prangmu kagila-gila | apan Rajèng Burudangin iya ingsun | pan ipene ingsun iya | Wong Agung Surayèng Bumi ||

17. lah sira sapa ranira | iya Prabu Gêlidar ratu luwih | pêparab Raja Bugarjuk | dèn prayitna sun [su...]

--- 2 : 47 ---

[...n] gada | dyan amupuh sira Sang Prabu Bugarjuk | katulak panggadanira | ing palu rante mulêti ||

18. sinôngga putung kang gada | sigra limanira sri narapati | sinabêt salukunipun | kagubêd sri narendra | ing rante mas rêbah lan dipangganipun | sinêndhal palu rante mas | sarêng ajure lan siti ||

19. wong Arab surak gumêrah | ratu roro prang lan Sri Burudangin | kasabêt lan sinalukun | ajur amor bantala | samya cingak andulu pratingkahipun | Sang Prabu Tasangsulngalam | narpati ing Burudangin ||

20. kasaput dalu sêmana | tinêtêgan mundur ingkang ajurit | lajêng bujana ing dalu | umung sênggak wurahan | ya ta wau sira Sang Raja Kasrukum | bujana lan para nata | santana satriya mantri ||

21. Rajèng Mêdayin kalawan | Samasrawi ngandika ing prajurit | tan kêna ginampang iku | prajurite wong Arab | tuhu abot sinôngga pamukulipun | sandhang pat pitung sandhangan | lan ratu liya-liyaning ||

22. dadya sami tan mêtu prang | rewang mungsuh akèndêl ayêm sami | mangkana ingkang winuwus | Masrukakim tumama | kêmatipun nuju pinundhutan pupuh | pupuh pamasange netra | liwat kang têrang kinardi ||

23. karaos padhanging netra | angandikakakên kang para aji | kalamun dhêdhukunipun | sagêd mupuh ing netra | liwat saking kapenak padhang satuhu | kaya pulih mata bocah | lagi pangrasaning ati ||

24. dadya umatur kang suda | tingal sêpuh [sê...]

--- 2 : 48 ---

[...puh] kathah kang para aji | sami anuwun ing pupuh | kathah kang kaparingan | amung para rajaputra datan sinung | dening misih rare padha | lawan Prabu Burudangin ||

25. punika kang dèrèng suda | ing paningalira pan maksih kadi | kala katimuranipun | sadaya sami eca | pan karaos padhang ingkang para ratu | Masrukakim aturira | wontên malih kang satunggil ||

26. punika sagêd mulihna | kadi bocah nanging êmpane sakit | ya ta matur para ratu | inggih tuwan paringa | ingkang babarpisan sakite pukulun | namung padhang babar pisan | rêmbag kang para narpati ||

27. pinundhutakên saksana | linadosan ingkang para narpati | tuwin sang pramodyèng satru | anrêpakên pamungkas | pupuh netra cinidra ingkang padumuh | ingkang pamaining netra | sigra minggat Masrukakim ||

28. maring pondhokaning mêngsah | ingkang kari sami sakit kapati | cadhok mamar lamur dumuh | kanthi kang para nata | wus angrasa yèn panggawe tan satuhu | upaya pangendrajala | kinèn nyêpêng Masrukakim ||

29. duk kesah sing pamondhokan | tan na wikan yèn mêdal Masrukakim | awor pakuwoning mungsuh | ngungun kang amiyarsa | èstu lamun cundaka amara sadu | gumuruh kang para nata | nanging ta Sang Jayèngmurti ||

30. wus ilang sipating netra | putih irêng wus awor dadi kuning | wus tanpa ningali sagung | narendra kêni cidra | Masrukakim matur mring Raja Kasrukum | yèn sampun kalêbon kêmat | Wong Agung

--- 2 : 49 ---

Surayèng Bumi ||

31. cadhok ingkang para nata | gya têngara enjing miyosi jurit | wong agung parentah sampun | animbangi têngara | gêrah-gêrah ature kang para ratu | jêng tuwan sampun tumêdhak | munga kang para narpati ||

32. Wong Agung Surayèng Jagat | nadyan gêrah nêdya miyos pribadi | sakite apan wus mantun | namung sangêting wuta | samya kaku tyasira kang para ratu | ingkang ora tau wuta | sêdhih langkung brôngta kingkin ||

29. Radèn Pirngadi Mangsah Prang.

11. Asmaradana

1. prajurit Mutadarawi | miwah prajurit Kosarsah | ingundhangan para katong | samya amêpêk kang wadya | gêpuk baris wong Arab | kinarya aprang garubuh | wadya gung sampun atembak ||

2. para ratu pra dipati | tuwin satriya punggawa | wus samêkta titihane | lajêng prapta ing paprangan | wong agung misih lênggah | ing dirgasana mas murub | kagyat Sang Raja Kosarsah ||

3. dening ta Sang Jayèngmurti | misih jênêngi ngayuda | Masrukakim lon ature | suwawi tuwan priksaa | têtanya pasanggrahan | nulya kathah kang umatur | inggih gumyahing pawarta ||

4. saking kêdah amiyosi | nanging netra sangêt wuta | lan sagung para ratune | kang sêpuh-sêpuh sadaya | kajawi para putra | miwah ingkang para ratu | kang anom tan tumut wuta ||

5. ya ta Prabu Samasrawi |

--- 2 : 50 ---

lawan Sang Rajèng Kosarsah | parentah ing prajurite | mêtua tandhing sakêdhap | antuka rong gêbyaran | nuli apranga garubuh | tan ilang kramaning raja ||

6. prajurit Mutadarawi | sira Sang Raja Lulkiyah | Raja Adabil namane | amit miyosi ngayuda | nitih turôngga pelag | wus majêng anguwuh mungsuh | wong Arab mêtua aprang ||

7. sira Rahadèn Pirngadi | amit ingidèn umangsah | nitih turôngga binarong | wus prapta ayun-ayunan | tanya Rajèng Lulkiyah | hèh satriya sapa ranmu | wong Arab kang mêtu ing prang ||

8. ya ingsun Radèn Pirngadi | satriya nagara Selan | Lamdahur putra ya ingong | iya kang ingakên putra | mring Sang Surayèng Jagat | putra andêling prang pupuh | Radèn Pirngadi ran ingwang ||

9. sira narendra ing ngêndi | sigra anauri sugal | Raja Ardabil ran ingong | dèn prayitna ingsun gada | rajaputra ing Selan | saksana wau pinupuh | tangkis parise lêgawa ||

10. panggadane tan wigati | kaping kalih kaping tiga | hèh Arab malêsa age | Pirngadi angangkat gada | Ardabil gya ginada | tuna dungkap tangkisipun | Pirngadi malih anggada ||

11. pinindho tinitir-titir | kaledhon panangkisira | kapalêsat parisane | gada nêmpuh sirah kuda | turôngga kapisanan | tiba kabanting Sang Prabu | Ardabil wus karengkalan ||

12. têdhak Rahadèn Pirngadi | Raja Ardabil cinandhak | ingangkat [ingangka...]

--- 2 : 51 ---

[...t] ingikal age | binanting tiba kantaka | Radèn Mardani prapta | tinalèn tinampan sampun | sira Sang Rajèng Lulkiyah ||

13. prapta sakawan narpati | Radèn Pirngadi kinêpang | sigra nitih turanggane | radèn sampun narik pêdhang | kinêmbulan binut pat | Rajèng Burudangin gupuh | mangsah amêlak dipôngga ||

14. praptèng rana asru angling | anak mas age mirea | Radèn Pirngadi wotsinom | paman kawula satunggal | ingkang tiga sampeyan | palu rantene ingulur | ingikal ngadêg palana ||

15. sinabêt narendra katri | karangkus katiga pisan | tinarik kang palu rante | sinabêtakên ing lêmah | sumyur katiga pisan | Radèn Pirngadi amuwung | ing pêdhang mungsuh ing durma ||

30. Prang Brubuh.

12. Durma

1. pêjah kampat prapta kang prajurit kathah | gumulung pra dipati | Dyan Pirngadi sigra | nolih ing wuri nulya | angawe sagung prajurit | prapta sadaya | wong Selan Burudangin ||

2. molah nêngah palu rantene ingura | sumiyut mobat-mabit | kang katrajang lunas | sèkêt satus pan sirna | miwah Rahadèn Pirngadi | lan para putra | umangsah ngobrak-abrik ||

3. ingaturan kondura amasanggrahan | Wong Agung Jayèngmurti | lawan para nata | jarag têmpuh ing mêngsah [mêng...]

--- 2 : 52 ---

[...sah] | karya pênyadhok puniki | êmpaning gêlar | Sang Raja Burudangin ||

4. angaturi nanging wong agung tan arsa | sigra nitih turanggi | tuwin para nata | sami mêksa angatag | pangayape kang ngampingi | dadya tan taha | pinapag anumpêsi ||

5. Rajèng Burudangin dadya gêgunungan | samadyane ngajurit | sangsaya gung risak | ingkang kaarsa sirna | mring Sang Prabu Burudangin | mangkya atusan | palu rante tuknèki ||

6. langkung rame amor rukêt mawurahan | brak-bruk tibaning bindi | kêmprang ingkang pêdhang | tibèng tangkis kasingsal | wadya Arab wuru gêtih | liwunging yuda | sumawur angrampasi ||

7. sangsaya gung prajurit rêbah gêlasah | saking ramening jurit | liwung pangamuknya | Prabu Tasangsulngalam | panutaning pra prajurit | yèn bingung mulat | Sang Rajèng Burudangin ||

8. pangayape kukuh kang mantri prameya | ratune mobat-mabit | tumpês kang kaarsa | wuri akathah prapta | Kosarsah Mutadarawi | datan kawarna | ramene kang ajurit ||

9. praptèng dalu kumpule sagung prawira | wong agung dèn aturi | rumiyin kondura | lan sagung para nata | kang sami nandhang wutèki | nganti ing wuntat | Sang Rajèng Burudangin ||

10. pan gumuruh sadaya aluru rowang | ana ingkang anangis | kadangnya palastra | ana uwakne pêjah | akêthèn kang suluh lilin | sami amapag | mangkana sampun prapti ||

11. ing pakuwon lajêng sami pagunêman | sagung para narpati [narpa...]

--- 2 : 53 ---

[...ti] | angiras bujana | Lamdahur ingaturan | ing putra Radèn Pirngadi | kang darbe rêmbag | bandan Raja Ardabil ||

12. aturira awrat Sang Prabu Kosarsah | tuwin Mutadarawi | yèn sampun prang rêsah | kêmate antuk papan | benjing punika mêraki | upase pumpa | tiba madyaning jurit ||

13. pasthi kêthèn wadya kêni upas pumpa | balasah tumpês tapis | gulinting sadaya | datanpa kanin rêbah | yèn benjing wus prang ping katri | [...][6] kaping pat | sanjata pumpa prapti ||

14. luwung inggih ngupadosa ingkang kiwa | pados ingkang prayogi | tuk papan ngupaya | kinira wus prayoga | yèn bala punika panggih | mêmpêt ing kitha | pinumpa botên kêni ||

15. sabab kori sakèthènge jinaganan | amung madyaning jurit | adate kang pumpa | sigra atur mangkana | ing Wong Agung Jayèngmurti | kang para nata | rêmbag atur prayogi ||

16. kinèn bêkta lêlaran Raja Lulkiyah | prapta Prabu Ardabil | ing sapa mulanya | wong agung angandika | sira Sang Raja Ardabil | duwe pangucap | marang ing anak mami ||

17. Si Pirngadi Raja Ardabil turira | inggih adate nguni | yèn sampun prang gêbyah | prapta kang upas pumpa | kyèhning wadya gumalinting | ya ta ngandika | Wong Agung Jayèngmurti ||

18. laraningsun mangkene sapa kang karya | matur Raja Ardabil | uwite punika | têtiyang saking dara | suwitèng Mutadarawi | kinèn gurua [guru...]

--- 2 : 54 ---

[...a] | ngèlmu kang mênyakiti ||

19. anggêguru dhatêng Kya Patih Buwawas | panyadhok dèn wuruki | dupi mangke prapta | inggih Rajèng Kosarsah | mundhut dhukun Masrukakim | Rajèng Kosarsah | mulang ingkang pramati ||

20. kala maksih tuwan amor ing suwita | ingandikan ping kalih | momoripun mêdal | wong agung angandika | yèn mangkono karsa mami | bêcike uga | age kulup Pirngadi ||

21. uculana taline wulangên iman | yèku Raja Ardabil | sampun linuwaran | sinadatakên nulya | angraup padaning Amir | mundur turira | maring Radèn Pirngadi ||

22. anggèr utusana ing jawi mariksa | pêpatih kula prapti | yêkti analika | pêjah gêsang kawula | pinariksa wus apanggih | Patih Lulkiyah | ngunthul praptanirèki ||

23. Patih Kuswèl binakta maring ngajêngan | sêtya tuhu ing gusti | Ardabil lingira | patih sira balia | maring pakuwonira glis | sabalanira | gawanên praptèng ngriki ||

24. ing sawêngi iki nuli budhalêna | Patih Kuswèl wotsari | mêdal praptanira | ing pakuwon gya prapta | sanega pating kalêsik | samêkta budhal | balanira sakêthi ||

25. sampun jujug awor pakuwon ing Selan | tigang mênut wus prapti | gya samya rêmbagan | kadospundi ecanya | umatur Raja Ardabil | suwawi tuwan | saha bala puniki ||

26. lumiriga maring nagari Lulkiyah | aso ngupaya budi | anyinggahi pumpa [pu...]

--- 2 : 55 ---

[...mpa] | upas Rajèng Kosarsah | rêmpêg sagung para aji | sampun ginanjar | sira Raja Ardabil ||

27. lawan kinèn manjinga bapa lan anak | lawan putra Pirngadi | wus têguh tyasira | Ardabil pêparentah | ing patih jêmpana joli | jêng gusti gêrah | pinucung jêmpanèki ||

31. Prabu Tasangsulngalam Kêtaton.

13. Pocung[7]

1. para ratu sadaya asih kalangkung | lawan wus pracaya | antêpe Raja Ardabil | tinurutan undhang mring nagri Lulkiyah ||

2. kang rumuhun sagung rêrepot pinikul | lan unta momotan | blêgdaba sênuk karêndhi | Patih Kuswèl angiring sagung momotan ||

3. pan wong agung jinêmpana lampahipun | badhe byar raina | kerid Sang Raja Ardabil | sakathahe rêrepotan dalu budhal ||

4. ingkang kantun badhe ngawaki prang pupuh | para rajaputra | Sang Rajèng Rum Burudangin | senapati gêgununganing ayuda ||

5. sampun putus sakathahe kang rinêmbug | gantya winurcita | pakuwon Mutadarawi | ing Kosarsah ing dalu samya bujana ||

6. gunêmipun ngandika Raja Kasrukum | yayi Purwakôndha | prang iki ing benjing enjing | Rajèng Burudangin badhe kinakathah ||

7. jêr mung iku nora milu kêni pupuh | cadhok nora [no...]

--- 2 : 56 ---

[...ra] kêna | misih anom ratu luwih | durung ana karasa matane ika ||

8. kabèh uwus bêbêcike padha dumuh | Si Tasangsulngalam | ratune wong Burudangin | kari siji sêktine kagila-gila ||

9. besuk esuk iku bae kinarubut | sakèhe prawira | kang padha sikêp ajurit | angumpula ywa akèh ingkang sinêdya ||

10. kinarubut ngong dhewe jênêngi besuk | yayi Purwakôndha | angawakana pribadi | ya Si Jèdhi mêtua prang saking wiyat ||

11. pan kasaru wontên duta kang umatur | yèn bala Lulkiyah | kêbut ing sami sawêngi | Patih Kuswèl sabala sami aminggat ||

12. minggatipun wus awor pakuwonipun | saha bala Ngarab | mangke pun Raja Ardabil | ginêsangan kinanthi pakewuhing prang ||

13. ya ta wau datan kawarna ing dalu | enjing atêngara | gumuruh gurnang thongthonggrit | gubar bèri têtêg ewon asauran ||

14. wus ambrubul barise Raja Kasrukum | prajurit wus mêdal | Kosarsah Mutadarawi | ambêlabar wong Mêdayin wong Talsiyah ||

15. budhalipun wong agung ingkang rumuhun | baris para putra | anggabag mêpêti wuri | saha balakuswa wahana baranang ||

16. nitih sampun sira Sang Prabu Tasangsul- | ngalam pan ingayap | prajurit ing Burudangin | pan andhêndhêng kadya têdhuh ing awiyat ||

17. pan gumuruh têngaranira gumuntur | têtêge sauran | prajurit ing Burudangin [Buruda...]

--- 2 : 57 ---

[...ngin] | sarêng mangsah lan prajurit para putra ||

18. kadya alun ayutan turôngga ngayun | prajurit dipôngga | akêthèn tan kadi wingi | kapan wuwuh iku ta prajurit Ngarab ||

19. kang umatur puniku pan dede bantu | duk ing wingi mapan | ukur baris anjajari | ing prang tandhing mangke milane akathah ||

20. sampun tamtu mungsuh kudu prang garubuh | sayêkti kêrigan | kang wontên pakuwon sami | mijil ing prang dhasar balane awêndran ||

21. balanipun ingkang para rajasunu | kathah kang wahana | mendaha sampun amulih | rajaputra têtiga dhatêng Kuparman ||

22. ya ta gupuh parentah Raja Kasrukum | sarêng nêmpuh rampak | prajurit sikêp jêmparing | angêbyuka Sang Raja Tasangsulngalam ||

23. pasêr tulup gandhi cacap lawan duduk | amung kang binotan | sang prabu ing Burudangin | kadya guntur suraking mungsuh lan rowang ||

24. kadi gunung atêmpur samining gunung | kèhe kang prawira | angrok ing papan mangungkih | ingajêngan sagung para rajaputra ||

25. dimèn bingung aja kongsi bisa ngêpung | lan ênggènira sang | narendra ing Burudangin | ingkang pinrih kinarubut para raja ||

26. anêlambung sira Sang Raja Kasrukum | anrakakên bala | angudani kang jêmparing | pasêr duduk ing Raja Tasangsulngalam ||

27. sang aprabu pangayapira kang pêngkuh | nèng palana lawak | amalu amobat-mabit | sangsayewon mungsuh tumpês ing rante mas ||

--- 2 : 58 ---

28. ya ta wau Patih Jèdhi anèng luhur | angayati panah | marang Rajèng Burudangin | dyan lumêpas kêna wêntise kang kiwa ||

29. ya ta wau Burudangin sigra lungguh | punggawa dinuta | matura ing Gusti Amir | sun katiban sanjata saking awiyat ||

30. wêntisipun kang kiwa ingkang cumundhuk | punggawa anyongklang | mundur Rajèng Burudangin | lênggah anèng luhur palana lêlawak ||

31. duk andulu sagung para rajasunu | yèn dipangganira | sang prabu ing Burudangin | mingêr mundur sêmune anandhang brana ||

32. nulya sagung ingkang para rajasunu | nèng wurine samya | anggarêbêg kanan kering | alon-lonan undure prajurit Ngarab ||

33. anut pungkur wong agung ingkang rumuhun | wau kang punggawa | kacandhak nêmbah ing Amir | gusti rayi paduka anandhang brana ||

34. wêntisipun kang kiwa anandhang tatu | tuwin dipun enggal | manawi mêngsah angungsir | datan kèndêl jêmpana maksih sarkara ||

32. Dèwi Isnaningsih Têtulung Prang.

14. Dhandhanggula

1. nêmbah matur Sang Raja Ardabil | botên purun amêlak ing lampah | sampun pinikir adate | wong Arab yèn kaburu | botên kêna kalamun pinrih | rusaka anèng marga | yêkti soroh amuk | aturipun Patih Bêstak | milanipun dèn eca lampahing baris | dadya eca lumampah ||

2. wadyèng Kosarsah Mutadarawi | kadya

--- 2 : 59 ---

sami angiring kewala | mring bala Ngarab lakune | tan ana purun nêmpuh | maring bala Arab pan ajrih | apan sêdhênge marga | Lulkiyah wus rawuh | sadaya manjing ing kitha | sira Raja Ardabil pêpatihnèki | kang wus rumiyin mapag ||

3. wus amanjing ngadhaton Jêng Amir | sagung ingkang pra raja lan bala | sinaosan pakuwone | wadyèng Lulkiyah sampun | pinarapat têngga nagari | saanak rabinira | pan dalême sampun | sinrahakên bala Ngarab | para ratu ngênggèni wismèng dipati | Raja Tasangsulngalam ||

4. pinarnahkên pakuwon sitinggil | dening sangêt kanin saking panah | Ardabil langkung sukane | ngênting dènnya sêsuguh | dènnya ngantos tamian gusti | sakèthèng binarisan | lêlarène sampun | lami ingilenan toya | palatare apanggung wus dèn jagani | tugur kang adipatya ||

5. mêngsah sami ngêpang saking têbih | Rajèng Kosarsah lan Purwakôndha | kinêrig balane kabèh | atrap pakuwonipun | akêkitha kêkojor sami | suka pangrasanira | Sang Raja Kasrukum | wong Arab kagêm ing asta | sampun anèng kanthong Sang Jayèngdimurti | mangkana winursita ||

6. Ki Umarmaya agung anangis | kaku tyasira cadhok andadra | usada kèh tanpa gawe | mila Sang Jayèngsatru | pira-pira usada prapti | miwah kang para nata | datan kêna mantun | malah akaku ing driya | kudu samya angajak mêtoni jurit | suka mati lan mêngsah ||

--- 2 : 60 ---

7. wau pangêpunge ambathithit | datan kêna sawiji wong mêdal | wong ing jro prihatin kabèh | kang para rajasunu | samya amit miyos ing jurit | nanging datan kalilan | amuwuhi ing kung | muwuhi kaprihatinan | ing gêrahe wong agung lan para aji | wong agung pan angrasa ||

8. lagi kêna sêsikuning Widhi | anglairakên anggêp gumampang | angènthèngakên mungsuhe | kalêmpit ing tyasipun | duk ngandika mring garwa kalih | Parangakik Karsinah | miwah para sunu | kinèn bubar mring Kuparman | pangrasane mungsuhe kari anggawing | dhawuh sêsikuning Hyang ||

9. angandika mring Raja Ardabil | hèh Ardabil jro kadhaton nora | ana ta guwa gununge | miwah ta kêbon agung | ingkang mindha pawanan nênggih | Ardabil nêmbah turnya | pan inggih pukulun | amba adamêl pamujan | kang pinindha duk Nabi Mungsa ing nguni | wontên ardi Tursina ||

10. pinanggihan ing Hyang Maha Sukci | kalamun ajat anèng Tursina | puniku ing pangarase | sagung ingkang pra ratu | ingkang sami gama Yahudi | malah warni sakawan | gangsal guwanipun | wong agung lon angandika | rêsikana iku arsa sun ênggoni | salawas ingsun lara ||

11. arsa ngujlat nèng jro guwa mami | wus mangkana wong agung nèng guwa | dening kang tunggu balane | Umarmadi Lamdahur | lawan sagung kang para aji | dening kang tumut ngujlat | sarta niyatipun | wong agung ing Parangteja | Umarmaya [Umar...]

--- 2 : 61 ---

[...maya] tan kantun lan Yusup Adi | nèng guwa sowang-sowang ||

12. dening prabu ing Rum Burudangin | pinasrahan yèn mêtua ing prang | kang môngka senapatine | wau ta kang manêkung | ya Wong Agung Surayèng Bumi | tobata dèn apura | mring Hyang Maha Luhur | mugi ta ingapuraa | minulyakna sakite sawadyanèki | kang sami nandhang wuta ||

13. wus alami bala Ngarab sami | duk kinêpung nèng nagri Lulkiyah | Raja Ardabil kithane | nagri alit kinêpung | barisira pinêpêt sami | dadya awis kang têdha | kunêng kang winuwus | Sang Prabu Tasangsulngalam | utusane mring nagri Rum Burudangin | andhatêngakên bêras ||

14. katur mring sang rajaputri kalih | yèn kang raka kalihipun gêrah | kêni ing cidra yudane | klawan Raja Kasrukum | asiyaga sang putri kalih | mapag kaprajuritan | kumpul balanipun | Dèwi Isnaningsih lawan | ingkang putra Dèwi Jetun Kamarukmi | sakarine kang têngga ||

15. para ratu samya dèn undhangi | siyagèng prang mring nagri Lulkiyah | têtulung ing prang badhene | langkung ing sukanipun | putra kalih angajak jurit | yèn sampuna cinêgah | sarêng lan kang ibu | radèn kalih kadi bêdhal | duk puniku sang putri wus dèn aturi | pratikêle kang mêngsah ||

16. dadya ngupaya dhukun sang putri | kang nimbangi sikire Kosarsah | pandhita luwih ampuhe | midhukuh wukir Artus | nami Ki Sèh Kakim Maridin | tukang sikir punika | guruning pra ratu | kang ngagêm sulap lan [la...]

--- 2 : 62 ---

[...n] kêmat | sadayane pan saking Kakim Maridin | langkung saking katrima ||

17. wus binêdhol Sèh Kakim Maridin | kabèh anak putune binêkta | nèng Burudangin ginawe | têngga ing puranipun | yèn sun kalah amangun jurit | lawan Prabu Kosarsah | Si Raja Kasrukum | kabèh dadi duwèkira | saisine ing pura Rum Burudangin | môngsa ingsun uripa ||

18. lamun kasor Kyai Jayèngmurti | lawan Sang Prabu Tasangsulngalam | tumpêsa brayatku kabèh | sasanak daging ingsun | aja ana kang kari siji | nungkul môngsa bisaa | maring Sri Kasrukum | Ki Kakim Maridin myarsa | upatane Rajaputri Isnaningsih | alon ing aturira ||

19. adhuh gusti sang raja pinutri | kadi botên dhatêng sapunika | wong agung lajêng asore | raka tuwan pukulun | srana ing prang pan maksih sugih | lagi tinagih coba | ing kapêsanipun | sedane raka andika | inggih benjing yèn lair panutup nabi | salin sarengat mulya ||

20. raka tuwan Jêng Sri Burudangin | benjing mêningi nabi panutan | sak Allah ujare rêke | tumut akasang-kusung | ing andhahan andika nabi | tan pisah lan kang raka | Gusti Jayèngpupuh | masuk sakabat minulya | mangkya lagi sinung apês ing ajurit | môngsa dadak sawarsa ||

21. mangke gusti sawêg kawan sasi | kirang kalih sasi kalênggahan | inggih antuke unggule | yèn benjing prang pukulun | inggih dipun angati-ati | mungsuh

--- 2 : 63 ---

Ratu Kosarsah | Sang Raja Kasrukum | kathah ngèlmunipun kêmat | upas pumpa punika kang amêdosi | anumpêsakên mêngsah ||

22. iya sira sun andêl ing benjing | lamun mêtu prang upase pumpa | tulakên pangabarane | Kakim Maridin matur | inggih sampun awalanggalih | nanging panuwun amba | anamung puniku | sirnane kang brêkasakan | putra tuwan wayah paduka jêng gusti | Radyan Aris Munandar ||

23. lawan Rahadèn Ambyah Katamsi | rumuhuna minôngka manggala | kula ing rèh pratikêle | kadi Raja Kasrukum | inggih sikiripun kakabalik[8] | sami kantu ing rana | mangkana pan sampun | dadi sagung kang rinêmbag | rajaputri angêrig wong Burudangin | sagung kari nèng praja ||

24. tigang atus kang para narpati | ingundhangan ngêriga tunggangan | sarta lawan momotane | unta bihal lan sênuk | blêgêdaba kalawan sapi | puhan miwah wowotan | wontên duta rawuh | kang badhe nututi lampah | Rum Samtari ing Turki kang badhe ngirim | nigang kêthi wowotan ||

25. kadangipun Raja Sarkap Turki | lan kang paman Iskal lan Iskalan | anyakêthi prajurite | badhe sarêng sang ayu | duk cinacah ing Burudangin | sarupaning momotan | bêras miwah gandum | lawan para pêpanganan | cinacahkên kapanggih salawe kêthi | undhanging sang lir rêtna ||

26. amung bocah limang kilan kari | sabên salêksa unta kewala | mêmêntêre wong tuwane | budhal sang rêtna sampun [sa...]

--- 2 : 64 ---

[...mpun] | balanira kadi jaladri | iya môngsa anaa | kadya tanah ing Rum | bumi papat kang kawêca | ngalam donya Ngarab Rum Ngindi Ngabêsi | kang loh amung satunggal ||

27. mung tanah Rum kang êloh pribadi | sor-sorane ing Rum tanah Ngarab | tanah Ngarab sor-sorane | tanah Ngindi puniku | sor-sorane tanah Ngabêsi | apan kinarya dhahas | sampun pasthinipun | sakidulipun sagara | tan kêna wor ing Masrik prapta ing Mahrib | mung Ngabêsi kewala ||

28. agamane dèrèng salin-salin | agama Nabi Adam punika | salin ping nêm sarengate | ing Ngabêsi tinutup | amung kêdhik sami agami | Ibrahim sabangsanya | sawêwêngkonipun | Raja Sadat Kabul Ngumar | saturune sabab nagarine pirit | sipat lan tanah Arab ||

29. ingkang ngetan kilèn tan udani | kang tan pirit lawan tanah Arab | tan srawungan sajêg-jêge | apan tan ana wêruh | lamun ana nagari malih | amung Ngabêsi Sadat | katon tanahipun | anggênggêng saking ing Arab | ratu pitung èwu agama Ibrahim | wetan kulon tan wikan ||

30. tanah sawarsa lampahannèki | sawêngkone dharat Kabul Ngumar | Kadarisman nutugake | benjing ngengehanipun | ing laire andika nabi | bisa nabrang mring Arab | wong Ngabêsi iku | kang jajahan sèkêt warsa | lan sawarsa ingkang mungsuh kangjêng nabi | amung ingkang sawarsa ||

31. sawarsa mubêng jajahannèki | rerehane Sadat Kadarisman [Kadar...]

--- 2 : 65 ---

[...isman] | pitung èwu narpatine | kunêng mangsuli catur | wau baris ing Burudangin | sang rêtna munggèng liman | pinêlanan kurung | rinawis nila mutyara | wuwung rukmi tinarètès ing hèr gêni | muncar saking mandrawa ||

32. tabid kaki wau Ki Mahridin | eram dulu dènira tumingal | agênging baris lampahe | nanging pêparon iku | momotaning lawan prajurit | nanging ragi kapara | kyèh momotanipun | Kakim Maridin samana | langkung ngungun bobote sang rajaputri | tulung prang tulung pangan ||

33. malah ing dalu kongsi akèpi | alon umatur anèng ing marga | dhuh gusti dèn wingit anggèr | kula supênèng dalu | tinarima lampah sang dèwi | tulung prang tulung pangan | benjing-benjingipun | prapta ing kiyamat sugra | ratunipun raka paduka sang aji | Prabu Tasangsulngalam ||

34. angingoni turun Pusêr Bumi | malah salin sarengate pisan | panutup nabi turune | inggih ingon saking Rum | kang amanjing ing Mekah benjing | ing Rum dadi satunggal | têmbe ratunipun | tan liyan kang darbe têdhak | amung kangjêng raka paduka sang aji | lawan têrah paduka ||

35. gilir-gilir datan wontên malih | sami rukun trahing raka tuwan | ingkang ngriyini ratune | Ngusmanjop tampinipun | praptanipun turun sang dèwi | dadose sapangandhap | ngratoni tanah Rum | amiji ingon mring Mêkah | duk samana pinacak Kakim Waridin | munggèng ing kitabira [kitabi...]

--- 2 : 66 ---

[...ra] ||

36. ya ta wau sang raja pinutri | langkung sukurira ing Hyang Suksma | binatin ing panyiptane | mangkana lampahipun | wus alami anèng ing margi | praptèng bumi watêsan | nênggih tanah ing Rum | kalawan bumi Lulkiyah | sakiduling Lulkiyah Mutadarawi | lajêng bumi Kosarsah ||

37. lèr Lulkiyah bumi Burudangin | lajêng lampahe praptèng Paliyah | ara-ara kali gêdhe | puniku bandar agung | pabeyaning Raja Ardabil | lampahan tigang dina | lawan kithanipun | kapanggih wong mondhok kathah | pan akêthèn ajrih manjing ing nagari | Lulkiyah duk kinêpang ||

38. asrêping tyas wadya ing Rum prapti | dadya panggih lawan êmbanira | raja pinutra kalihe | ing Simik Raja Kaldum | marêk marang sang rajaputri | pukulun lèrèh wadya | ingkang sami ngintun | ing Kebar lan ing Yujana | Kôndhabumi ing Ngindi Dinawar sami | ajrih manjing Lulkiyah ||

39. dènnya ngêpang langkung binathithit | duk miyarsa undhang sang lir rêtna | tata rakit prajurite | wadya kang sami ngintun | kinumpulkên prajuritnèki | rêmbatan lan momotan | iya aja tanggung | dadia siji ing wuntat | prajurite barêng lawan anak mami | suka sagunging bala ||

40. mungsuh arsa sun tingali wêngi | sun êlonga balang api kathah | wong Turki akèh mrêcone | sun obar pondhokipun | Raja Kaldum matur wotsari | anggèr pênêding lampah | punika pukulun |

--- 2 : 67 ---

panduka amundhutana | punggawaning pra ratu kang manganjuri | sintên ingkang pinatah ||

41. angandika Dèwi Isnaningsih | kalorehan panganjur wong liyan | iya momongamu dhewe | ingsun gawe panganjur | amrih cêkak sun mangawaki | sagung kang para nata | saprajuritipun | mangawata kering kanan | nuli nêmpuh barênga kalawan mami | gêlar isnakun piat ||

42. mung rong pôntha bae ngarêp buri | Si Kasrukum iku prange cidra | amilarsa sun lêb bae | gugupa tingkahipun | aja kongsi sulape dadi | kang sami amiyarsa | suka manahipun | sang rêtna mundhut punggawa | roro bae kuda rong atus ja luwih | anggawa layang ingwang ||

43. katur marang kangbok Parangakik | lawan kakang bok putri Karsinah | maring Kuparman jujuge | surat tinampan sampun | mêsat ingkang caraka kalih | wus tinêmbang têngara | budhal sang rêtna yu | rakite sampun tinata | gumarêgut lampahe sagunging baris | datan arsa kawuntat ||

33. Kêmatipun Patih Buwawas Sampun Ngabar.

15. Pangkur

1. ing marga tan winurcita | praptèng kitha Lulkiyah cêlak baris | Kakim Waridin Sèh Tartus | alon ing aturira | kèndêlêna sakawan kang baris agung | kawula amatak [amata...]

--- 2 : 68 ---

[...k] môntra | inggih panulaking sikir ||

2. punika tabuh sawêlas | mangke yèn wus pukul rolas mrêpêki | ya ta kèndêl sang dyah ayu | lan prajurit sadaya | angantosi mantrane Ki Dhatuk Tartus | angadêg nèng luhur kuda | kêplok sarwi cêrik-cêrik ||

3. ngawe-awe wuri ngarsa | ngiwa nêngên sarwi mencos maringis | ngurik-urik amacucu | ngujiwat kipat-kipat | tan antara ana swara gumaludhug | gêtêr-patêr sêsauran | tinarima Kim Waridin ||

4. dènnya masang kaluwihan | sigra matur marang sang rajaputri | ature Sèh Kakim Tartus | suwawi putra tuwan | angsahêna lan sagung prajuritipun | mangke yèn cêlak barisnya | têngara dipun atitir ||

5. sigra mangsah rajaputra | Raja Kaldum ing Simik ngirid baris | têngara surak gumuruh | wong Turki mangke ngarsa | angangsahkên sagunging prajuritipun | gumrudug lir udan lintang | anêmpuh pakuwon nagri ||

6. gègèr agni gègèr surak | ambaranang dahana gêgirisi | lor kidul akabul-kabul | busêkan awurahan | samya nêmpuh prajurite kang pênganjur | riwut amarwasèng mêngsah | kang kaparêk lunas tapis ||

7. gumêrah ulêng-ulêngan | kang durung wruh amung angrasa gêni | nora wruh mungsuhe rawuh | anumpês amarwasa | kawêratan lir wukir sakêthi tunu | wau sagung para nata | kasusu saos ing gusti ||

8. pêdhang duduk antuk papan | kang kapêlak ing gêni dèn amuki | pating

--- 2 : 69 ---

bacècèr gumuruh | Bêstak Nusirwan samya | gurawalan angungsi pakuwonipun | wadyanira rêbut papan | ngungsi Prabu Samasrawi ||

9. wus kuwur kawur kapêlak | ing dahana kumrubut angêbyuki | prapta prajurit angamuk | gugup pating balêsar | sami ngungsi ênggone Raja Kasrukum | balang pawaka tan kêndhat | wadyèng Simik wadyèng Turki ||

10. busêkan pakuwonira | bilulungan baris Kosarsah wingwrin | ngandika Raja Kasrukum | apa kang dadi purwa | adhuh-adhuh wontên bala kang umatur | pan sarwi adêg-adêgan | nèng ngarsaning para aji ||

11. bala pangarsa turira | wontên kuda sèwu kang munggèng ngarsi | punggawanipun amuwus | iki pakuwon mêngsah | obongana tumpêsên balane gupuh | ratune cidra ing aprang | gusti Rajèng Burudangin ||

12. prang cinidrèng saking wiyat | mila kanin wêntise gusti mami | walêsên cidraning mungsuh | si kêmat brakasakan | ratu mêsum si cidra pijêr jalêbut | nyarungus cidra ing aprang | wong Kosarsah Samasrawi ||

13. nuntên malih wontên prapta | sangsaya gung akêthèn ingkang prapti | datan liya muwusipun | si cidra walêsana | obongana singa-singa ingkang dulu | rampêdên aja angetang | lanang wadon gêdhe cilik ||

14. anjêtung Raja Kosarsah | langkung ngungun Prabu Mutadarawi | ngandika Raja Kasrukum | Patih Buwawas enggal | upas pumpa angsahêna mungsuh iku | pêpèdhêp paksa [pa...]

--- 2 : 70 ---

[...ksa] waluya | môngsa gagapa basuki ||

15. saksana Patih Buwawas | matak môntra wali-wali tan dadi | anjungkêl jêngking markungkung | pumpa tan ana prapta | suwe-suwe lingira Prabu Kasrukum | Patih Buwawas sulapnya | wus dangu tan wontên prapti ||

16. pyak-pyuk ari-ari kathah | rah balabar munggèng ngarsa pêpatih | usus masih warni usus | dhêdhêt nèng ngarsanira | usus tumpuk ari-ari pirang atus | ngalumpruk tan ana obah | kaku tyasira narpati ||

17. kèndêl satêpining wana | dhêdhêt balanira sami ningali | ing dahana lawan mungsuh | wau bala jro kitha | sami narka yèn mungsuh arsa anggêpuk | lan pangabaran dahana | dadya pajêg dènnya baris ||

18. sagung para rajaputra | prajurite sanega ngati-ati | nulya na duta tumanduk | Radèn Adanbanijan | êmbanira Aris Munandar ingutus | atur uninga kang eyang | sang prabu ing Burudangin ||

19. têmbungipun sampun gita | ingkang prapta prajurit Burudangin | angiringkên sang dyah ayu | sang putri kalih pisan | sami bêkta ingkang putra kalihipun | Rahadèn Aris Munandar | lan Radèn Hasim Katamsi ||

20. Sang Prabu Tasangsulngalam | maradinkên warta baris kang prapti | suka sagung para ratu | miwah kang para putra | atêngara mênga sakèthèng lor kidul | tuwin kilèn lawan wetan | barising pra putra mijil ||

21. asubuh byar gagat wetan | katingalan sang rêtna munggèng èsthi | nèng

--- 2 : 71 ---

jroning palana kurung | prajurite angayap | kalih atus prajurit wanodya ngayun | munggèng turôngga pêrangan | kadya wukir puspita sri ||

22. rajaputra nèng turôngga | ngirid baris Radèn Hasim Katamsi | ingayap prajuritipun | Raja Kaldum nèng ngarsa | Radèn Aris Munandar tajêm gènipun | kapara ing ngarsa kanan | lan ibu sang rajaputri ||

23. sagung para rajaputra | mulat marang Raja Kaldum ing Simik | sadaya lumajêng jujug | praptèng ngarsa ki putra | angandika hèh bapa sapa kang rawuh | Raja Kaldum aturira | inggih para rajasiwi ||

24. sadaya rayi paduka | ingkang rama kinadang dipun adhi | ing rama tuwan pukulun | mung satunggil punika | dipun pêndhêt wayah Kodrat Samadikun | ingugung milane ladak | rajaputra ing Ngabêsi ||

25. sinami lan putra tuwan | Rajèng Kaos pun putra ing Ngabêsi | kalangkung gêng asihipun | inggih rama paduka | nging winayah Radèn Kodrat Samadikun | milane sangêt aladak | sêmbada prawirèng jurit ||

26. gumêr kang sami miyarsa | rada cucut Raja Kaldum ing Simik | ing sabarang aturipun | pantês awor sêmbrana | nanging manis pangucap mila tinuduh | angêmbani rajaputra | sêmbranane ngrêspatèni ||

27. sadaya rêsêp tumingal | agung nglirik kang para rajasiwi | mèsêm mojar Raja Kaldum | paran anggèr sadaya | pan suwawi kinèthèng manawi luput | saking ing darah utama | nênggih Jêng Nabi Ibrahim ||

28. manawi

--- 2 : 72 ---

kelangan cahya | ingkang thukul wontên ing Burudangin | lah punapa sanèsipun | lan kang raka ing Kelan | kaot kêdhik kapara balung kawêtu | lawan karikatên lampah | kang raka lampah aririh ||

29. lah inggih môngsa wontêna | animbangi ing langên kangjêng gusti | Pangeran Kelan puniku | anapi cêlak uga | kalih Radèn Katamsi ingkang lêripun | amèmpêr gusti kawula | lan kang raka Kaelani ||

30. rajaputra namudana | hèh yayi mas sadaya paran kapti | tuwin anak mas puniku | Ngabêsi inggih paran | kangjêng ibu punapa lajêng amagut | anêdya têtulung ing prang | lan rumêksa ing para ji ||

31. ingkang sami katandhêgan | uwos ingkang pinêpêt mungsuh sami | matur para rajasunu | sagung ingkang wowotan | kang salawe kêthi gya lajêng umangsuk | dening jêng ibu paduka | ngantosi dipun timbali ||

32. pan sampun atur uninga | kapanujon Radyan Hasim Katamsi | ing karsanipun puniku | Radèn Aris Munandar | ingkang ibu ya ta pangandikanipun | payo magut sanalika | obah baris angunduri ||

34. Patih Jèdhi Nungkul Dhatêng Wong Agung.

16. Durma

1. radèn sigra mangsah têdhak saking kuda | nyandhak sagunging jisim | sinawatkên samya | marang barising mêngsah | Aris Munandar nyandhaki | bangkene kuda | tuwin bangkene [bangke...]

--- 2 : 73 ---

[...ne] èsthi ||

2. sinawatkên marang mungsuh kang katiban | pan kathah angêmasi | dadya para putra | kang prawira prakoswa | miwah ingkang para aji | wadya sadaya | nyandhak balangkên jisim ||

3. rajaputri anêngah dipangganira | mênthang langkap pinusthi | kang jêmparing mêsat | murub ardi pawaka | kadya palatuking bêdhil | sinung kalamar | lawan sinungan gitik ||

4. kang selapi sumyur walirang tumama | urube ingkang pinrih | ubale saasta | pinusus pêsatira | kadi sarpa tapak angin | asri paprangan | panahe rajaputri ||

5. samya eram kang mulat pratikêlira | jêmparinge sang putri | lamun tinirua | iku dudu pangwasa | ing sayêkti saking sikir | nanging prayoga | kadya jêmparing gêni ||

6. nguwuh-uwuh hèh payo Rajèng Kosarsah | mêtua ing ajurit | aja aprang cidra | dudu apranging raja | rêbutên iki prajurit | sumbagèng jagat | kadang Sri Burudangin ||

7. pan arine Sang Prabu Tasangsulngalam | sun Dèwi Isnaningsih | mêtoni prawira | iki ingkang kagarwa | Wong Agung Surayèng Bumi | ingkang patutan | Radèn Ambyah Katamsi ||

8. sami dongong mungsuhe kang sami myarsa | swaranira cumêngkling | gêtas rênyah sadak | tan wontên kang maguta | prajurit Mutadarawi | tuwin Kosarsah | sêsingunên asami ||

9. dadya ngatag marang prajurit wanodya | kalih atus jêmparing | ardagni sadaya | pan kadya udan lintang |

--- 2 : 74 ---

kang kaparag mungsuh bêsmi | gègèr busêkan | wau Ki Patih Jèdhi ||

10. mêsat arsa nyidra saking antariksa | matur Ki Sèh Waridin | anggèr dipun enggal | paduka nitih kuda | pun Jèdhi maring wiyati | sawêg umêsat | botên ningali ngriki ||

11. ya ta têdhak sampun anitih turôngga | awor prajuritnya glis | Sèh Waridin sigra | ngênggèni gèning sang dyah | nyandhak makêna carèstri | rame umangsah | mangsah nganil Kaosi ||

12. basanipun Arab kang sami umangsah | nglêpasakên jêmparing | nganil Kaos ika | adoh saking gêgana | duk niyup Ki Patih Jèdhi | kapêthuk panah | netrane kiwa kêni ||

13. pan anglumba Patih Jèdhi kadhinginan | cinandhak kang jêmparing | ngandikèng wardaya | nadyan ingsun matia | bela putri Burudangin | mangkrak pinêcat | binuwang kang jêmparing ||

14. bolong siji Patih Jèdhi netranira | sigra anarik lêntring | aniyup mangandhap | nêdya jog ing palana | waspada Kakim Waridin | ya ta samana | tibane Patih Jèdhi ||

15. duk gumabrug cinandhak gêgithokira | angling Kakim Waridin | hèh patih dèn awas | dulunên ingsun sapa | Ki Patih Jèdhi ningali | ing gurunira | nungkêmi sarwi nangis ||

16. adhuh kaki cilaka têmên wak ingwang | nêmahi ing ajurit | Sèh Tartus lingira | dhingin ingsun wêwarah | aja lali marang mami | poma dèn awas | sajroning andon jurit ||

17. yèn kaênggon [kaêng...]

--- 2 : 75 ---

[...gon] bangêt-bangêt laku ngiwa | tan kêna ngèlmu mami | sira tan karasa | sor sikir Si Kosarsah | nauri Ki Patih Jèdhi | karasa pisan | nanging ta kadipundi ||

18. wong suwita jêr ingsun têrah-tumêrah | wiji Mutadarawi | ratuningsun nyata | kêna anut maringwang | ngupaya dêdalan bêcik | kalawan ingwang | dinuta ratu mami ||

19. atur surat pêpucuk maring Kuparman | ingong banjur nênilib | wêwêngkon Kuparman | tamane Ratu Kebar | sun jajah gêdhonge sêpi | kang Kadam Makna | malah sun turun kêdhik ||

20. sun aturi surasaning Kadam Makna | mèh mutung ratu mami | malah Patih Bêstak | pan sami cinêngkalak | kinarya rêkya patih[9] | pangewan-ewan | anèng madyaning jurit ||

21. lawan para Dipati Mêdayin samya | padha dèn cêngkalaki | lawas-lawas têka | kêna cininthung Bêstak | soring prang ngambil srayèki | maring Kosarsah | Raja Kasrukum prapti ||

22. Kakim Tartus alon dènira angucap | mêngko ta sira iki | apa karêpira | sun kaki tunggalêna | kalawan Raja Ardabil | wus pinarcayan | mring Sang Surayèng Bumi ||

23. Tartus mojar iku bênêr karsanira | besuk Radèn Pirngadi | madêg naranata | ing nagri Purwakôndha | sira mèlu ping-ampingi | tinuwa-tuwa | lawan Prabu Pirngadi ||

24. nanging aja baribin ing liyanira | ing rèh maksih ginaib | saksana cinandhak | Patih Jèdhi binuwang | pinrih tiba jroning puri | ganti kocapa [koca...]

--- 2 : 76 ---

[...pa] | sira Raja Ardabil ||

25. lagya atur uninga ing ngarsanira | Wong Agung Jayèngmurti | munggèng jroning guwa | pukulun tur uninga | swara ingkang kapiyarsi | inggih prabawa | saking ramening jurit ||

26. tanpa wilis bêlasah gungi[10] kang pêjah | saking sang rajaputri | Burudangin prapta | prajurite ayutan | lawan ambêkta kêkirim | bêras wowotan | gusti salawe kêthi ||

27. kapiyarsa yèn paduka nandhang gêrah | prabu ing Burudangin | inggih sami gêrah | lawan kinêpung mêngsah | sami kandhêgan kang bukti | nuju praptanya | sang putri sirêp jalmi ||

28. lajêng magut ing aprang riwut pamuknya | prajurit Burudangin | mungsuhipun risak | pakuwon ingubaran | undure mêngsah amiris | buyut paduka | lan putra tuwan sami ||

29. angamuki jinênêngan ibu samya | mungsuh gègèr wanadri | para rajaputra | barise sampun mêdal | angêbyuki angamuki | duk amiyarsa | Wong Agung Jayèngmurti ||

30. asru nangis donga sukur ing Hyang Suksma | parentah ing Ardabil | kinèn nimbalana | kang garwa lan kang putra | manjinga sajroning puri | lan bêras samya | kinèn bagi para ji ||

31. nêmbah mijil saking salêbêting guwa | gumabrug Patih Jèdhi | niba ngarsanira | kagyat Prabu Lulkiyah | tiningalan kyana patih | adhuh ki lurah | mila tiba ing ngriki ||

32. Patih Jèdhi sumaur sarwi karuna | ingsun kasoran jurit | binuwang paprangan |

--- 2 : 77 ---

mungsuh lawan sang rêtna | Rajaputri Burudangin | ingkang kagarwa | Gusti Surayèng Bumi ||

33. ingong tobat ngong milu agamanira | aturna maring gusti | Sang Surayèng Jagat | tanggungên ingsun asrah | saksana binêkta nuli | praptèng jro guwa | matur saha wotsari ||

34. gusti mila wangsul marêk jêng paduka | punika Patih Jèdhi | kapicondhang ing prang | mêngsah rayi paduka | ing mangke arsa nglabuhi | agama tuwan | sumungkêm pati urip ||

35. pan anglawe wong agung wau kang prapta | marêk Ki Patih Jèdhi | rinangkul kang jôngga | cinêtha bêcikira | duk ki buyut atur tulis | marang Kuparman | trape wêdi Ki Jèdhi ||

36. duk punika wus cinathêt ing wardaya | mring Sang Surayèng Bumi | wus winuruk iman | wus bisa kinèn nunggal | kalawan Raja Ardabil | lan para wadya | nimbali kang ajurit ||

37. praptèng jawi kitha anitih turôngga | nandêr madyaning jurit | nèng ngarsa dipôngga | tumurun saking kuda | anggèr manjinga jro puri | inggih ngandikan | raka paduka gusti ||

38. putra tuwan lan buyut samya ngandikan | ya ta Raja Ardabil | ngawe para putra | prapta wus dhinawuhan | sami mundura rumiyin | botên kalilan | nutugkên prang samangkin ||

39. benjang gampil mundura ing sapunika | inggih karsaning gusti | sigra tinêtêgan | bubar sagung gêgaman | Rêtna Dèwi Isnaningsih | manjing jro kitha | rajaputra kinanthi ||

--- 2 : 78 ---

35. Prabu Kasrukum Pados Sraya.

17. Kinanthi

1. gumaludhug kadya ladhu | prajurit ing Burudangin | manjing jro kitha sadaya | ingirid praptèng sitinggil | sang putri nungkêmi pada | ing raka Sri Burudangin ||

2. wadyanya pinarnah sampun | dening Sang Raja Ardabil | sang putri yèn wus apanggya | lan kadang Sri Burudangin | lajênga manjing kadhatyan | ngêbyuki sajroning puri ||

3. amung putra lawan buyut | kawula kinèn angirid | linilanan maring guwa | sigra Sang Raja Ardabil | ngirid Dyan Aris Munandar | lan Radyan Hasim Katamsi ||

4. radyan kalih manjing sampun | guwa lan Raja Ardabil | prapta anungkêmi pada | kanan kèri samya nangis | mulat ingkang rama wuta | netra datan aningali ||

5. kalih ingaras kang êmbun | adangu nèng guwa sami | wus samya kinèn mêdala | aja ngragoni[11] kang pikir | dènira mêlêng nênêdha | apuranira Hyang Widhi ||

6. Raja Ardabil tinuduh | atêrêna buyut mami | têmokêna lan kang rama | Ki Prabu Kaos nagari | anak ingsun anunggala | ibunira jroning puri ||

7. Dèwi Kisbandi amêthuk | mring maru Sang Isnaningsih | tundhuk nèng kagok sapisan | tur sêmbah putri Kuwari | Isnaningsih kudu ngalah | punika ta kadipundi ||

8. mangke têkane akantun | punapa manising budi | bênêre inggih kang nêmbah [nê...]

--- 2 : 79 ---

[...mbah] | pundi kang têkane kari | sayêkti sêpuh andika | kawula kang maragili ||

9. jêr kula ningkahe kantun | andika ingkang adhingin | sayêkti pinasthi tuwa | botên botên kawula jrih | putri Kuwari turira | inggih parentah kang mawi ||

10. Isnaningsih alon muwus | sintên ingkang marentahi | putri Kuwari turira | kakang bok Sudarawrêti | sang rêtna malih lingira | parentahe kadipundi ||

11. putri Kuwari umatur | duk maksih nèng Malebari | pêpakan kang para garwa | Marpinjun Sirtupelèli | makatên ngandikanira | kakang bok Sudarawrêti ||

12. hèh Kisbandi ariningsun | lamun putri Burudangin | Dèwi Isnaningsih prapta | sira anêmbaha yayi | sira sun ingsêr gonira | dadia garwa wuragil ||

13. kang anèng ngarsanirèku | dimèn putri Burudangin | pan iku putri gêgala | sumbaga prawirèng jurit | kalok ing jagat wiryawan | putri adi Burudangin ||

14. wus awayah manak pitu | parandene durung krami | saking ingkang para raja | tan ana ingkang ngêmbari | kaprawirane ngayuda | tuhu yèn putri prajurit ||

15. tan lèrès ing driyanipun | putri adi Burudangin | sukur talah lae talah | sugiha garwa sinêkti | tumuli baranahana | kaki Prabu Parangakik ||

Lajêng nyandhak jilid 3.

--- 2 : [80] ---

Isinipun.

... Kaca

19. Badhe madosi murcanipun wong agung. ... 3

20. Dèwi Kadarwati madosi wong agung. ... 9

21. Raja Gumiwang prang tandhing kalihan Radèn Kodrat Samadikun. ... 12

22. Wong agung kapanggih wontên ing guwa. ... 16

23. Ratu ing Purwakôndha pados sraya. ... 20

24. Radèn Hasim Katamsi tuwin Radèn Aris Munandar. ... 26

25. Ratu ing Kosarsah têtulung dhatêng Purwakôndha. ... 30

26. Ngrêmbag gêlaring prang. ... 35

27. Prang tandhing. ... 38

28. Wong agung sabalanipun kenging kêmat. ... 44

29. Radèn Pirngadi mangsah prang. ... 49

30. Prang brubuh. ... 51

31. Prabu Tasangsulngalam kêtaton. ... 55

32. Dèwi Isnaningsih têtulung prang. ... 58

33. Kêmatipun Patih Buwawas sampun ngabar. ... 67

34. Patih Jèdhi nungkul dhatêng wong agung. ... 72

35. Prabu Kasrukum pados sraya. ... 78

__________

Catatan kaki:

1. rusake (kembali)
2. sujud (kembali)
3. Teks asli: Pucung. (kembali)
4. Kurang satu suku kata: abeda awase samya (kembali)
5. mandhukur (kembali)
6. Naskah sobek (kembali)
7. Teks asli: Pucung. (kembali)
8. Lebih satu suku kata: inggih sikiripun kabalik (kembali)
9. Kurang satu suku kata: kinarya rêkyana patih (kembali)
10. gunging (kembali)
11. ngregoni (kembali)