Menak Purwakandha (Jilid 3), Balai Pustaka, 1935, #849

Judul
Sambungan
1. Menak Purwakandha (Jilid 1), Balai Pustaka, 1935, #849. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Purwakandha (Jilid 2), Balai Pustaka, 1935, #849. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak Purwakandha (Jilid 3), Balai Pustaka, 1935, #849. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 10-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1158b

Menak Purwakăndha

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 3.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm

--- 3: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

36. Kinanthi

36. Candhakipun Prabu Kasrukum pados sraya

1. sugiha dulur pinunjul | yêkti kèringan ing bumi | lan sugih ibu prawira | darajate anglabêti | kawula gya pinaringan | sotya di rêgi sakêthi ||

2. yayi narimaa pandum | lirikên lakimu yayi | kadange sawêlas tuwa | tan wani jajar alinggih | padha nèng wuri kewala | pangrasane Jayèngmurti ||

3. kadange apês prangipun | tur cahyane bêcik-bêcik | kabèh anuksmèng sasăngka | para putra Pusêr Bumi | Radèn Ngabdulah kang tuwa | prasasat gêbyaring sasi ||

4. Abuntalib arinipun | lir lintang wutuh kaèksi | Rahadèn Aris Bulahab | lir tanggal kaping pat sami | Rahadèn Jenal Murtala | pindha tanggal kaping kalih ||

5. dening Radèn Ngabdulsamsu | asawang tanggal ping katri | kaya lintang karainan | Rahadèn Bandarkunadi | êndi ta kang linggih jajar | lakimu Sang Jayèngmurti ||

6. makatên pitungkasipun | kakang bok ing Parangakik | Isnaningsih duk miyarsa | anjêtung waspanya mijil | kaya pa rupane baya |

--- 3: 4 ---

sun têdha agea prapti ||

7. kakang bok pêpujaningsun | putri musthikaning bumi | intên-intêne wanodya | hèr lauting para putri | jumêruting dyah sajagad | kangbok putri Parangakik ||

8. yayi ala awak ingsun | yèn sira kudu ngabêkti | wajib anglakoni têdah | ing kadang tuwa kang yêkti | putri Kuwari gya nêmbah | marang putri Burudangin ||

9. binêkta maring dalêm gung | akanthèn asta sang putri | praptèng pasareyan kasrah | Kisbandi wetan ngênggoni | putri Burudangin têngah | kunêng gantya kang winarni ||

10. balane gêgaman mundur | mring kitha Lulkiyah sami | manahipun jaga taha | bok gêlar amirantèni | baris saking katêbahan | mrêpêki kitha smu ajrih ||

11. parentah Raja Kasrukum | Buwawas lungaa aglis | ngupayaa ngambil sraya | mring nagari ing Betarti | kakang prabu aturana | ing Betarti Kulibadir ||

12. atur unginga yèn ingsun | kawratan amangun jurit | amungsuh Sang Kakungingrat | Raja Kuparman ing mangkin | amanggih samya doning prang | nèng nagri Mutadarawi ||

13. tur sêmbah Buwawas sampun | mêsat anapak wiyati | anitihi kaga karga | silêm ing ima matani | marga datan winurcita | kêbating carita prapti ||

14. lagya siniwakèng wadyu | sira Raja Kulibadir | aglar bupati amănca | agung karaton Betarti | sinêmbah samining raja | sira Raja Kulibadir ||

--- 3: 5 ---

15. dêdêge satus rong puluh | êgas prakosèng ajurit | prapta Ki Patih Buwawas | ingandikan maring ngarsi | kerid ing Patih Kebarsah | praptèng ngarsa atur tulis ||

16. tinampan sinukmèng kalbu | kadriya ungêling tulis | mèsêm sarwi angandika | matura ing yayi aji | aja maras yèn kasoran | yèn maksih Si Kulibadir ||

17. sira muliha rumuhun | pan ingsun dina ing wuri | matura ing yayi nata | yèn ingsun nuli lumaris | nora jujug ing Kosarsah | anjujug Mutadarawi ||

18. Patih Buwawas wotsantun | amit sapraptaning jawi | mêsat napak jumantara | ing wuri Rajèng Betarti | angundhangi balakuswa | samêkta kaprabon jurit ||

19. kunêng ta datan winuwus | sira Prabu Kulibadir | ingkang lagya asiyaga | gantya ingucapkên malih | punggawa ingkang dinuta | dening putri Burudangin ||

20. kang ambêkta suratipun | Rêtna Dèwi Isnaningsih | marang nagara Kuparman | mring Rêtna Sudarawrêti | ing wau lampahe prapta | anggambuh nèng Kuparmani ||

37. Gambuh

37. Sultan Jayusman Siniwaka ing Kuparman

1. wuwusên katri prabu | anèng Kuparman kang sami tugur | saibune anutug lêlangên sami | kathah pacangkraman agung | samya di-adi kinaot ||

2. ingkang măngka panunggul [pa...]

--- 3: 6 ---

[...nunggul] | Prabu Jayusman Murijalsamsu | putra sêpuh karaton agêng pribadi | sinêmbah samining ratu | dhomas ingkang para katong ||

3. dene sor-soranipun | nênggih kang rayi karatonipun | sira Prabu Ruslani Danurusamsi | angrèh ratu pitung atus | sinêmbah samining katong ||

4. malih sor-soranipun | ingkang gumantung karatonipun | pan puniku Sultan Anom Rustamaji | ing Kuparman têgêsipun | ingkang pinangku kaprabon ||

5. narendra limang atus | nagri Kuparman ingkang atunggu | punika kang dèn ratoni Rustamaji | yèn kala kang rama suwung | Rustamaji Narakatong ||

6. kang rayi malihipun | ngrèh ratu dhomas lan wolung puluh | pan sinêmbah ing ratu prawirèng jurit | nging ta datan nama ratu | balane ngungkuli katong ||

7. satriya malihipun | Hasim Kuwari balane agung | nanging nora marentah para narpati | mung bupati gêng-gêngipun | sami kadang kaparèng sor ||

8. sayuta balanipun | dhomas kang para bupatinipun | gih puniki Prabu Anom Parangakik | siniwakèng para ratu | kadang sadaya pan anom ||

9. kang dadya lok praja gung | Pangeran Kelan ing pêkikipun | tanpa tandhing ngilangkên langêning bumi | lamlamên sanagara gung | gêdhe cilik lanang wadon ||

10. kêmba wong yèn tan dulu | yèn dina gêdhe paseban sungkup | datan kêna sinapih wong aningali | atap asungsun atimbun | miwah [mi...]

--- 3: 7 ---

[...wah] sajroning kadhaton ||

11. yèn lami tan lumêbu | wong sajro pura pangajapipun | lawas têmên ratu mas ing Parangakik | nora animbali sunu | Pangeran Kelan maring jro ||

12. miwah kala Sang Prabu | Sultan Jayusman Murijalsamsu | angubêngi jro kitha ing pêndhak sasi | para ratu arinipun | angiring raka sang katong ||

13. wong desa gunung-gunung | miyarsa adat prapta dêdulu | kang lêlakon kalih latri tigang latri | prapta ing sarayatipun | kang sami prêlu nanonton ||

14. wijile sang aprabu | ing Parangakik kang munggèng ngayun | ingkang rayi Rajèng Karsinah nambungi | ing wurinipun puniku | Rustamaji Sultan Anom ||

15. sri upacaranipun | Hasim Kuwari ing wurinipun | wuri pisan pangeran ing Kaelani | lawan para ratunipun | ing lampah dadi wêwaton ||

16. kang raka pisan ngayun | Sultan Jayusman Murijalsamsu | dadya waton ing ngarsa kang rayi-rayi | Pangeran Ismayasunu | kang prêlu sami tinonton ||

17. kabèh titihanipun | dipăngga mawi palananipun | pan kalawan asongsong kurung tulya sri | kang andulu sami ngungun | anjêtung jomblong andongong ||

18. gêbèl têpining lurung | ajêjêg tindhih pating barêkuh | ana ngucap ya ta wong agung puniki | sêmune kabèh kapungkur | sadonya ngumpul marono ||

19. apa ta Nabi Yusup | kang anukma anèng radèn iku | dene nora gothang satuhu [sa...]

--- 3: 8 ---

[...tuhu] rêspati | amêmêt anyamut-nyamut | cat katon cat nora katon ||

20. tan ana tuwukipun | sagung wong praja ingkang dêdulu | tuwin ingkang anginêp wong wukir-wukir | mangkana ingkang winuwus | kang sineba para katong ||

21. Sultan Murijalsamsu | ing kanan kiri pra arinipun | munggèng ngarsa sagung kang para narpati | ing ari Rêspati nuju | ing wijilira sang katong ||

22. kadya samodra pagut | kathahing wadya kang para ratu | tanpa wilis bupati satriya mantri | wontên caraka tumanduk | lajêng katur ing sang katong ||

23. Bunandir aturipun | ing jawi wontên caraka rawuh | mawi surat saking ing Rum Burudangin | kêkalih punggawanipun | alon ngandika sang katong ||

24. paman Bunandir gupuh | nuli pundhutên surate iku | dyan pinundhut ing Kya Patih Abunandir | sigra majêng awotsantun | pustaka katur sang katong ||

25. tinon ngalamatipun | yèn badhe katur lawan kang ibu | sêrat saking Rajaputri Burudangin | lamate katur kang ibu | iya nora rama katong ||

26. Pangran Kelan tumurun | saking ing wijoan palowanu | marêk nêmbah ing raka sri narapati | surat tinampan wotsantun | lajêng tumamèng kadhaton ||

27. tanpa kanthi apuguh | surat sinăngga ing astanipun | sipat pundhak nora andhap nora inggil | rêspati sasolahipun | sakathahe para katong ||

28. mengo sarwi andulu [andu...]

--- 3: 9 ---

[...lu] | nadyan sami tunggila alungguh | kêmba uwang iya lamun tan ningali | sasolahe sang abagus | mungguh rêspati kinaot ||

29. kèh bisik-bisik muwus | sandhinge lênggah kang para ratu | anggèr iki ngadhatona ing swarga di | anglangkungi ruming santun | iku wong bagus kumroyok ||

30. wau ta lampahipun | sira Pangeran Ismayasunu | praptèng pura kang ibu angawe aglis | lah iya kene wong bagus | kang putra majêng wotsinom ||

38. Sinom

38. Bêbantu saking Kuparman dhatêng

1. baya sira ta dinuta | ing rakanira sang aji | panangkilan ana apa | kang putra matur wotsari | wontên caraka prapti | bupati kalih pukulun | ingkang ngêmbani surat | saking nagri Burudangin | lamatipun ibu katur jêng paduka ||

2. anulya sampun tinampan | kang putra mundur wotsari | lênggah kapara ing kanan | kang ibu ambuka tulis | têmbunge apêpuji | maring Hyang Kang Maha Luhur | kaping kalih punika | ing duta Nabi Ibrahim | kaping tiga angaturkên sêmbah kula ||

3. kawula atur uninga | kakang bok ing Parangakik | pun Isnaningsih kawula | budhal saking Burudangin | arsa amangun jurit | lilah paduka pukulun | lan pangèstu kang sarta | pamia eklasing galih | kasinau paran jêng

--- 3: 10 ---

raka paduka ||

4. Wong Agung Surayèng Jagat | panggih pamanggiling jurit | aprang lan Rajèng Kosarsah | srayanipun Samasrawi | bisikaning narpati | inggih pun Raja Kasrukum | prang cidra ngèlmu kêmat | pun kakang sri narapati | nandhang brana Sang Prabu Tasangsulngalam ||

5. dene jêng raka paduka | cinidra tanpa ningali | lawan sagung para nata | miwah kang para prajurit | dinumuh netranèki | sami tan bisa andulu | baris ing Arab kesah | saking ing Mutadarawi | pan kinêpang anèng nagari Lulkiyah ||

6. kawula nuwun paduka | dening inggih kumawani | angriyini magut yuda | sumêkti anênisani | kangbok Sudarawrêti | apuntên tuwan pukulun | tamat titi kang surat | ngandika Sudarawrêti | pan kumêpyur tyasira atêrataban ||

7. kulup iki ana karya | matura kakangirèki | nanging mêngko antèkêna | sêdhêng bubar kang tinangkil | aja ngagèt-agèti | aturana ta ibumu | wetan kono dèn enggal | tur sêmbah sigra lumaris | prapta ênggone kang ibu ing Karsinah ||

8. sinapa kulup ana pa | kang putra matur wotsari | ibu paduka ngandikan | dhatêng ibu Parangakik | putri Karsinah aglis | kerid kang putra gya rawuh | nêmbah wus tata lênggah | inguncalan surat nuli | sinukmèng tyas kadriya raosing surat ||

9. surat sêmu tan kajaja | Rêtna Sirtupelaèli | kakang bok paran ing karsa | ngandika Sudarawrêti | yayi [ya...]

--- 3: 11 ---

[...yi] dèwi dèn lirih | wong wis ana kang umagut | Isnaningsih manawa | dadia kawal sathithik | nora wurung ingsun yayi lawan sira ||

10. kulup layang iki turna | ibumu ing kulon aglis | kang putra nampani surat | mring gèning putri Mêdayin | Marpinjun aningali | yèn kang putra sigra nguwuh | kulup iku ta apa | iku layang têka ngêndi | atur surat sakêdhap mundur tur sêmbah ||

11. maos duk angsal satêngah | ngandika sarwi lumaris | mring gèning Rêtna Sudara | surate masih cinangking | kang putra anèng wuri | Sudarawrêti tumurun | watara tigang asta | tinggal palênggahannèki | Rajaputri Karsinah mêthuk anatar ||

12. sawusnya sami alênggah | putri Mêdayin nulya ngling | samêngko paran iki ta | karsanira yayi dèwi | matur Sudarawrêti | inggih ta sapênêdipun | nanging lêganing manah | prajurit ing Burudangin | wus ambantu prajurite têlung yuta ||

13. kulup iki pan wus măngsa | bubaran ingkang tinangkil | kakangira aturana | iya kabèh aja kari | Ki Prabu Rustamaji | Ki Hasim Kuwari iku | miwah ta pamanira | sarta Patih Abunandir | bapakamu karo gawanên ing pura ||

14. nêmbah ing ibu katrinya | mêsat sapraptaning jawi | sagung ingkang tinimbalan | kerid ing sri narapati | praptanira ing puri | mangsah wotsari alungguh | gantya nupiksèng surat | samya têmah aprihatin | angandika Rêtna Sudarawrêtika [Sudarawrêti...]

--- 3: 12 ---

[...ka] ||

15. hèh kabèh aja sungkawa | pupusên karsaning Widhi | alah iya pirabara | ana pitulung ing wuri | dene prakara iki | ingsun dhewe kang lumaku | lawan yayi Karsinah | kulup Iman Karnaèni | Kadarwati garwanira ingsun gawa ||

16. lawan karo bapakira | ing Suwăngsa Jonggiraji | kang padha napak gêgana | sira kabèh anak mami | pan nora dèn timbali | bok ta dudu karsanipun | nanging padha dèn yitna | samêkta kaprabon jurit | manawa na karsaning wong tuwanira ||

17. sun watara bangkat karya | yayi Dèwi Burudangin | ingsun sêlak arsa wikan | arimu Hasim Katamsi | milu magut ing jurit | iya kalawan putumu | Si Aris Munandar kang | padha mêtoni prajurit | nora kaya gêlis buyut kyai lurah ||

18. prandene atine kaya | jêjaka ngangkat birai | gumêr kang sami miyarsa | linge putri Parangakik | anyêlani prihatin | Patih Bunandir dinangu | sira pa antuk warta | tur sêmbah Patih Bunandir | inggih wingi praptaning duta panukma ||

19. èstu nèng nagri Lulkiyah | prajane Raja Ardabil | pangêpange ingkang mêngsah | langkung saking binathithit | bêngganging mêngsah gusti | rayi panduka pukulun | Isnaningsih duk prapta | pangamuke miyatani | bibar risak prajurite wong Kosarsah ||

20. ipahe munggèng dipăngga | Rajaputri Burudangin | kinarubut ing prawira | mêdalkên sanjata agni | mungsuh katiban tapis | kathah

--- 3: 13 ---

bupati kapupu | dening rayi paduka | Rajaputri Isnaningsih | tuhu lamun sumbagèng jagat wiryawan ||

21. mèh kêdhik kêna ing cidra | silip saking awiyati | Patih Jèdhi Purwakăndha | andingkik arsa jêmparing | awas sang rajaputri | andhingini mungsuhipun | kacundhuk ing sanjata | netra kadi dèn sujèni | udhunipun arsa ngêjogi palana ||

22. nêdya sampyuk ing ayuda | tibane dipun tampèni | cinandhak patih kabănda | dening putri Burudangin | kêmate tanpa dadi | karoncalan botên ucul | agung mêmatak kêmat | amarkungkum pijêr jêngking | sinawatan tiba amarwasèng mêngsah ||

23. eram kang sami miyarsa | pangungunira ing batin | Sudarawrêti ngandika | nyata bangêt bocah bêcik | putri ing Burudangin | sêmbada lawan lokipun | bêntêt tan ana gothang | nora mêsthi madal sumbi | iya măngsa bodhoa tinohan pêjah ||

24. ya ta malih matur nêmbah | Rêkyana Patih Bunandir | sakasoripun punika | Sang Prabu Mutadarawi | ngambil srayane prapti | ing Betarti ratu agung | prakosa sugih bala | nama Prabu Kulibadir | nanging dèrèng prapta nagari Lulkiyah ||

25. dene jêng raka paduka | anèng guwa siyang ratri | gêrahe dèrèng waluya | miwah kang para narpati | nanging sagunging baris | sampun wontên asrêpipun | sasat paduka têngga | wontên putri Burudangin | pan wus sami kalawan [kalawa...]

--- 3: 14 ---

[...n] paduka têngga ||

26. nging maksih sami karuna | sambating para prajurit | paduka lami tan prapta | nadyan putri Burudangin | angajap siyang latri | rawuh paduka pukulun | malah indhaking warta | agung nangis Isnaningsih | ngipi-ipi angajap rawuh paduka ||

27. mèsêm Dyah Rêtna Sudara | yayi Sirtupelaèli | apa ingkang karêpira | Rajaputri Burudangin | dene kapati-pati | angajap ing praptaningsun | apa ta maksih wêgah | mungsuh wong Mutadarawi | nêmbah matur rajaputri ing Karsinah ||

28. kangbok botên yèn punika | watawise Isnaningsih | putri adi măndraguna | măngsa kewrana ing tandhing | lumaku dèn sêksèni | wêtuning prawiranipun | kêdah tuwan abêna | suka paduka jênêngi | yèn tan wontên paduka pan masih taha ||

29. dèn akêna wong sajagat | putrine wong Burudangin | yèn dèrèng kauningana | ing paduka masih sêdhih | benjang lêga kang ati | yèn sampun paduka jangkung | angalêma sakêdhap | dadi mênthêle tyasnèki | dadya jimat paripih madyaning papan ||

30. gumêrah kang sami myarsa | ngandika Sudarawrêti | bisa têmên ngumpak-umpak | sira iku yayi dèwi | kang rayi anauri | lah punapa êtohipun | yèn botên makatêna | para putra anauri | pan kawula tumut jêng ibu Karsinah ||

31. kèndêl prasamya dhêdharan | para putra ibunèki | Rêtna Kadarwati prapta |

--- 3: 15 ---

ngandika Sudarawrêti | dandana sira nini | payo tinjo wong tuwamu | kêna pamanggiling prang | mungsuhe wuwuh kang prapti | Sri Kasrukum iku ratu ing Kosarsah ||

32. kang putra matur sandika | botên ambêkta prajurit | priya ingkang pra dipatya | miwah kang para narpati | kalorèhên ta nini | anggawa prajurit agung | mung loro bapakira | ing Suwăngsa Jonggiraji | iku dhenok kang rumêksèng maring sira ||

33. ing tingkah datan kawarna | ing dalu angkatirèki | saking nagari Kuparman | sira rajaputri kalih | katiga Kadarwati | lan pawongan patang puluh | sami napak gêgana | kunêng kang lagya lumaris | kawuwusa kang sampun siyagèng bala ||

34. budhal saking prajanira | sira Raja Kulibadir | gumuruh swaraning bala | kêrig prajurit Betarti | satriya pra dipati | tuwin para ratu-ratu | wadya yutan balabar | ing marga pan sampun lami | praptanira jajahan ing Purwakăndha ||

35. sira raja ing Kosarsah | lan Rajèng Mutadarawi | mêthuk lampahe duk prapta | sira Raja Kulibadir | amiyak bala aglis | lumajêng bala Kasrukum | Rajèng Betarti têdhak | mêngkul pada anungkêmi | Sang Aprabu Kosarsah sami karuna ||

36. Sang Aprabu Purwakăndha | tur sêmbah langkung minta sih | nulya Sang Prabu Nusirwan | ingaturan sampun prapti | panggih Rajèng Betarti | Kulibadir wus atundhuk | tata suka panggihnya | lawan Prabu Nyakrawati [Nyakra...]

--- 3: 16 ---

[...wati] | anambrama ratu agung pinituwa ||

37. Rajèng Betarti ngaturan | manjinga Mutadarawi | nanging sang nata tan arsa | yayi katêmu ing wuri | prasêtyanira yayi | iku dudu niyat ingsun | pan ingsun nêdya aprang | ngêndi goning wong ajurit | payo banjur maring barisan mucunga ||

39. Pucung

39. Wong Agung angsal pangapuntên

1. sampun laju wau sagung para ratu | lawan balakuswa | prapta barisan ing nguni | tangkêp malih angêpung baris Lulkiyah ||

2. balanipun dèrèng têlas kang lêlaku | pan sadina-dina | praptane bala Betarti | wetan kutha gèning kuwu para raja ||

3. kulon kidul lawan lor amung anuduh | bupati kewala | sira Raja Kulibadir | akasukan andina nèng pasanggrahan ||

4. tan kawuwus para ratu kang angêpung | gantya winursita | jro kitha sampun miyarsi | lamun prapta bantune Raja Kosarsah ||

5. Ratu Agung Betarti kadhatonipun | bisikaning nata | sira Raja Kulibadir | sugih bala măndraguna ing ayuda ||

6. lingira rum Tasangsulngalam Sang Prabu | para anak ingwang | yèn uwis waluya mami | lah ing kono sun turut sakarsanira ||

7. marmanipun para raja rajasunu | tiwasa satunggal | sayêkti ingsun belani | nora ngimpi yèn nêdyaa kari waras ||

8. dening mungsuh inguwuh pra ratu sèwu | apanggawe [a...]

--- 3: 17 ---

[...panggawe] susah | jêr dhèwèk tiba basuki | mungsuh ika matia mati duraka ||

9. ya ta wau eca para rajasunu | katêndhagan pangan | kinêrig wong Burudangin | saisine ginawa maring Lulkiyah ||

10. ya ta wau wong agung ingkang winuwus | dènira nèng guwa | sampun manjing kawan sasi | raja ing Lulkiyah kinanthi jro guwa ||

11. kang ingutus wira-wiri mung puniku | wau ingkang prapta | apuranira Hyang Widhi | praptanira Nabi Kilir anèng guwa ||

12. adhêdhawuh ngêmban apurèng Hyang Agung | ambêkta usada | apanjang kadi godhong pring | warni ijo pan kadi ijoning sutra ||

13. praptanipun asalamu ngalaekum | ingsun ingkang prapta | gawa parmaning Hyang Widhi | pan kagawa iki dhaun kang usada ||

14. eyangamu iya Nabi Kilir ingsun | wong agung anyandhak | ing pada sarwi nungkêmi | ingusapan kang netra sampun waluya ||

15. alon matur hèh nabinirèng Hyang Agung | yèn amba waluya | inggih badan amba siji | lamun sanak amba iki para nata ||

16. botên antuk apuranira Hyang Agung | amba belakêna | anglabuhi lara pati | sru gumuyu iya kabèh ingapura ||

17. baya iku usapêna netranipun | kabèh sanakira | para ratu ingkang sakit | wus tinampan Nabi Kilir nulya musna ||

18. langkung ngungun wong agung nimbali gupuh | mring Rajèng Lulkiyah | majêng ngandika Sang Amir | êndi guwa kang dèn goni yayi êmas ||

19. sampun dalu Ardabil [Ardabi...]

--- 3: 18 ---

[...l] suka kalangkung | mulat mulyanira | Wong Agung Surayèng Bumi | sarêng mêdal mring guwane Arya Maktal ||

20. buka tutup ya sapa kang arsa masuk | marani gon ingwang | nauri Raja Ardabil | pan kawula dhèrèkkên raka paduka ||

21. lingira rum yayi wus ana pitulung | êndi netranira | ingsun usapane yayi | dyan ingusap godhong kulirin waluya ||

22. sigra ngrangkul ing padanira wong agung | langkung sukur ing Hyang | ngandika Sang Jayèngmurti | sira yayi mringa guwane Marmaya ||

23. kaya iku mau ing pangusap ingsun | marang netranira | lah iki godhong kulirin | lan asparin usadane mata wuta ||

24. sigra jujug wong agung andhodhok pintu | Umarmaya tanya | sapa ingkang dhodhog kori | anauri wong agung ing Tambakrêtna ||

25. kakang ingsun Ki Umarmaya angulung | apa karyanira | Arya Maktal lingira ris | apan arsa ngusadani netranira ||

26. ariningsun iya kene dèn agupuh | têtambane apa | ya iki godhong kulirin | mung salêmbar warna rupa walikira ||

27. walikipun kulirin usadanipun | iki wong lêlima | ingkang sawalik asparin | usadane iya kabèh para nata ||

28. ya ta sampun ingusapan netranipun | Umarmaya waras | kakang mas parakna iki | usapêna yayi Tamtanus netranya ||

29. ingsun wangsul marak ing ngarsa wong agung | anèng guwaningwang | Ki Umarmaya lumaris [luma...]

--- 3: 19 ---

[...ris] | mring guwane Prabu Tamtanus ing Yunan ||

30. dhodhog pintu têtanya Prabu Tamtanus | iya iku sapa | marani mring ênggon mami | iya ingwang kakangira Umarmaya ||

31. iya ingsun kang gawa tămba pinunjul | pan saking wong Menak | godhong kulirin asparin | kang kulirin iki tambane wong lima ||

32. walikipun asparin arane iku | sagung para nata | ingkang anduwe sawalik | kang sawalik amung wong lima balaka ||

33. ya ta gupuh ingusap Prabu Tamtanus | netrane waluya | ing Dipati Guritwêsi | yayi mringa ing guwane Natèng Kebar ||

34. dèn agupuh kulirin usapna iku | Tamtanus anulya | mring guwane Yusup Adi | dhodhog lawang kang marene iku sapa ||

35. gya sumaur sira Sang Prabu Tamtanus | ingong yayi prapta | ingusap netranirèki | wus waluya Prabu Yusup Adi Kebar ||

36. sarêng laju katiga Umarmayèku | marang guwanira | Wong Agung Parangtejèki | panggih lawan Wong Agung Surayèng Jagat ||

37. praptanipun ingkang bubur surba banyu | dèn jênang kalawan | winoran daginging kambing | eca sami dhêdharan wong agung lima ||

38. sawusipun Sang Natèng Kebar tinuduh | marang jroning praja | animbali para aji | ya kang godhong asparin ingkang binêkta ||

39. praptanipun anjujug Prabu Lamdahur | lawan Umarmadya | kinumpulkên para aji | ingusapan [ingusa...]

--- 3: 20 ---

[...pan] sadaya kang para nata ||

40. ing ronipun asparin waluya sampun | enggar para raja | angajap têmpuh ing jurit | pan wong agung sigra kondur angadhatyan ||

41. garwanipun wus apanggih kalihipun | samya nêng karuna | Kisbandi lan Isnaningsih | Rajèng Burudangin tinamban Marmaya ||

42. apan sampun waluya kadya rumuhun | Ardabil tur priksa | yèn mungsuh bantune prapti | Kulibadir Betarti ratu prakosa ||

43. Dhatuk Tartus pinanggihkên lan wong agung | nênggih aturira | wau Ki Kakim Waridin | gusti tuwan amêngsah lan ratu kêmat ||

44. yêkti patut andhingini aprang pupuh | sampun kongsi dadra | kêmating prang dimèn mati | aprasasat paduka bandhêmi setan ||

45. botên siku botên batalkên pukulun | ing sabil paduka | wong agung suka miyarsi | iya kaki pelingmu pangèstunira ||

46. besuk esuk radèn putra radèn buyut | dimèn mijil ing prang | rayinta ing Burudangin | anjênêngi yudane buyut lan putra ||

47. pan wong agung sukèng wardaya anurut | iya yèn mangkana | anandhak mungsuh kang prapti | nanging sira aja kilap ingunduran ||

40. Durma

40. Raja Kulibadir pêjah dening Radèn Aris Munandar

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | munya kêndhang gong bèri | têngara gumêrah | thongthonggrit lawan gurnang [gur...]

--- 3: 21 ---

[...nang] | kêkirab sagung prajurit | berag ing aprang | dalêdêg baris mijil ||

2. Rêtna Dèwi Isnaningsih wus siyaga | sagung prajurit èstri | samêktèng ayuda | Radèn Aris Munandar | lan Radèn Hasim Katamsi | măngka manggala | lan ibu anjênêngi ||

3. amiranti ing papan baris kalangan | mung para rajasiwi | barise kang mêdal | sagung para narendra | datan wontên kang umijil | ingkang sarira | ingayêm-ayêm sami ||

4. miyos munggèng dipăngga palana lawak | Sang Prabu Burudangin | saprajuritira | manggung anèng dipăngga | sira Ki Kakim Waridin | saratinira | mangkana mungsuh mijil ||

5. ambêlabar baris Betarti Kosarsah | baris Mutadarawi | atêpung kalangan | Radèn Aris Munandar | amit miyos ing ajurit | nitih turăngga | kawot kaprabon jurit ||

6. praptèng rana turangganira mandhapan | surak gumuruh atri | amanggung dipăngga | Rajèng Betarti nglela | anjênggarang Kulibadir | Rajèng Kosarsah | Rajèng Mutadarawi ||

7. sira Prabu Nusirwan atêtimbangan | lan Prabu Kulibadir | matur Patih Bêstak | pukulun maharaja | paduka dipun bocahi | lan winadonan | kang sêpuh botên mijil ||

8. asêsumbar Rahadèn Aris Munandar | rêbutên ing ajurit | Si Aris Munandar | lah kene mêtonana | êndi ratu ing Betarti | tandhing prawira | mêtua Kulibadir ||

9. ya ta wau

--- 3: 22 ---

kang lagya saking gêgana | putri ing Parangakik | lan putri Karsinah | jangkung luhur paprangan | lan Kusuma Kadarwati | awas tumingal | kang mêtu ing ajurit ||

10. kawistara sumbare Aris Munandar | hèh Nini Kadarwati | awasna ta ika | aran Aris Munandar | putumu anake iki | Si Ibnu Ngumar | mêngko yèn diwêtoni ||

11. nora nistha ing ayuda dhinginana | ratu wêwatak eblis | wau kudanira | mubêng sarwi mandhapan | suwe nora dèn wêtoni | dening rarenya | sagêde ing turanggi ||

12. sêbat-sêbut gadane agung binuwang | silêm anèng wiyati | tibane cinandhak | parisannya binuwang | kadya ulung nambêr pitik | eram kang mulat | wiraganing kang jurit ||

13. amung Rajèng Betarti ingundhamana | mêtua Kulibadir | de padha prawira | ratu dahwèn ta sira | têtulung wong sor ing jurit | kudu ta sira | nguripakên wong mati ||

14. lingsêm sangêt lamun iku anuduha | dudu kang dèn sumbari | manawa tinarka | kêcil ati ing mêngsah | dadya Raja Kulibadir | mangsah ing aprang | jênggarang munggèng èsthi ||

15. ya ta obah wau ta dipangganira | putri ing Burudangin | saprajuritira | ngêtrapkên kêndhangira | miyat putri Parangakik | yayi Karsinah | dulunên Isnaningsih ||

16. pratikêle wus wignya ngadoni yuda | tuhu putri prajurit | ayême prayitna | santosa miyat lawan | wau Raja Kulibadir [Kuli...]

--- 3: 23 ---

[...badir] | praptèng payudan | surak gumuruh atri ||

17. wus apanggih lan Radèn Aris Munandar | lir singa mungsuh èsthi | kang ibu tab-taban | ngadêg anèng palana | cinandhak lawan kang bibi | sira lungguha | aja angêtarani ||

18. kaya dudu tingkahing trah jaya mrata | sarati anambungi | lêrês ibu dika | puniku baris Ngarab | muntap kang baris turanggi | wau duk miyat | dika ngadêg nèng èsthi ||

19. kang ayuda Kulibadir atêtanya | sapa ranmu prajurit | liwat saking bocah | balungmu misih rênyah | kudu mêksa prang lan mami | Aris Munandar | namaningsun prajurit ||

20. iki anak Prabu Sayid Ibnu Ngumar | putraning Maryunani | prawira digdaya | iya kabuyut marang | Wong Agung Surayèng Bumi | pan ibuningwang | Ni Jetun Kamarukmi ||

21. atmajane Sang Prabu Tasangsulngalam | Ratu Gung Burudangin | iya apa sira | srayane wong Kosarsah | narendra saking Betarti | apa kang nama | Sang Raja Kulibadir ||

22. iya iki ingkang sira undhamana | dening liwat sirèki | beka kudu ngajak | aprang lawan wong tuwa | yèn nora winêton pasthi | agawe ojat | ratune wong Betarti ||

23. sinumbaran nora wani magut ing prang | têtêp ratu anyupris | kêcil ati nyata | pasthi mangkana padha | kang ngucap maringsun iki | hèh payo bocah | apa anèng sirèki ||

24. anauri Rahadèn Aris Munandar | ratu mamak sirèki | apa tan [ta...]

--- 3: 24 ---

[...n] miyarsa | lamun prange wong Arab | dudu carane dhingini | gumuyu suka | Sang Raja Kulibadir ||

25. ya ta wau kang anjangkung saking wiyat | putri ing Parangakik | marma mring kang wayah | Radèn Aris Munandar | gêrèt mênthang kang jêmparing | ingarah-arah | nanging bedhore ranti ||

26. pan sikute Kulibadir kang ingarah | sêdhêng mêngko yèn bindi | jimpea kewala | wau ta kang ayuda | angling Raja Kulibadir | lah dèn prayitna | sangganên ing ajurit ||

27. ibunira Rahadèn Aris Munandar | Ni Jetun Kamarukmi | langkung saking maras | mêgêng datan ambêkan | kang putra arsa binindi | lagya ingayat | mring Raja Kulibadir ||

28. kêbatira Rêtna Sudarawrêtika | lumêpas bedhor ranti | sikute kang kêna | cumêplès saking wiyat | sira Raja Kulibadir | gadane gigal | kagyat Rajèng Betarti ||

29. mênthang malih langkape Rêtna Sudara | mindho kang bedhor ranti | sikute kang kiwa | cumêplès paris gigal | umatur Kakim Waridin | tuwan awasna | putra tuwan ing jurit ||

30. gadanipun mêngsahe punika gigal | parise tibèng siti | punapa kang mawa | paduka dèn waspada | angling sang rêtna lan bibi | hèh kaki sapa | pa karyane nulungi ||

31. tingalana mêndhung ngarompol ngawiyat | gumêbyar kadi thathit | nyamating makutha | ingkang garudha yêksa | nênggih dipun makuthani | intên samaja | gêngipun ing hèr gêni ||

32. ingkang lirap-lirap siyunging garudha |

--- 3: 25 ---

ingkang kumilat putih | mutyara kinarya | nglapis siyung garudha | pitung dhêpa panjangnèki | siyung garudha | sinopak mas sinangling ||

33. kukuning garudha kinathok mas samya | rukmi sinangling-sangling | buntuting garudha | rinawisan kumala | jumêrut sami inganggit | mila prabanya | lir lintang sèwu riris ||

34. titihane Sang Rêtna Dèwi Sudara | putri ing Parangakik | kang subagèng jagat | punika lagi prapta | jangkung ing wayah kuwatir | dènira aprang | mêngsah Ratu Betarti ||

35. kang anibakakên ing gada punika | panah bedhore ranti | mêsat sawidara | sikute kang tiniban | kiwa têngên sami kêni | ing panah gandar | mila tiba kang bindi ||

36. kang parisanipun sami kapalêsat | sikute Kulibadir | kêni panah gandar | milane kicat-kicat | wau raja ing Betarti | ngungun miyarsa | Kusuma Burudangin ||

37. duk tumênga katon ingkang gêbyar-gêbyar | Kusuma Burudangin | anêmbah tumênga | nêmbah sirna manira | ing pakolèh taklim batin | alon têtanya | Kusumèng Burudangin ||

38. kaki apa kang wira-wiri punika | maring ing kanan kering | nuli maring ngarsa | wangsul ngering anganan | cumalorot jêbul wuri | bali mring ngarsa | kilate kilat wilis ||

39. pan punika rajaputri ing Karsinah | Ni Sirtupelaèli | ngampingi kang raka | prange Rêtna Sudara | milanipun wira-wiri | putri Karsinah | trombolan dèn jagani ||

40. ingkang kilat-kumilat inggih punika | pêksindra [pê...]

--- 3: 26 ---

[...ksindra] saomahi | pan titihanira | putri adi Karsinah | saandaka wulu wilis | pan kadi mêrak | pêksindra saomahi ||

41. inggih sami kuwatir yudaning wayah | mila sami mayangi | tan adangu ana | cumlorot saking wiyat | anjog ing palana rukmi | kabruk tur sêmbah | ing putri Burudangin ||

42. arsa tinêdhakan sêlak atur sêmbah | Kusuma Kadarwati | dêkunge prayoga | rêspati têmbungira | ibu kawula tinuding | raka paduka | jêng ibu Parangakik ||

43. sampun kagèt sampun ewah gèn paduka | jênêngi ing ajurit | pan pinrih ramea | yudane ingkang wayah | tinonton saking wiyati | dhêku sandika | Sang Putri Burudangin ||

44. mèsêm nêmbah Kadarwati sigra mêsat | kaki Kakim Waridin | iki mau sapa | nêmbah mring ingsun iya | manise sundhul wiyati | raga karana | pantês têmên wong iki ||

45. alon matur punika putra paduka | Pangeran Kaelani | ingkang darbe garwa | pan inggih têtariman | saking ibu Parangakik | kang darbe tawan | putri adi Kubarsi ||

46. atmajane Wrahat Barsi ratu gagah | Maliyat Kustur nênggih | kadang ingkang tuwa | Wrahat Kustur taruna | ibune Pataniburni | putrining buta | kasoran ing ajurit ||

47. milanipun tinawan raka paduka | putri ing Parangakik | tuhu moncol ing rat | prawira măndraguna | putri sêkti bisa laki | marune [maru...]

--- 3: 27 ---

[...ne] samya | sadaya wêdi asih ||

48. kang ayuda Rahadèn Aris Munandar | ningali mungsuhnèki | gadane malêsat | kèndêl kadung kewala | angling Raja Kulibadir | mara gadaa | aja mênêng sirèki ||

49. kapirare yèn ingsun nganggoa gada | Aris Munandar aglis | mrêpêk mutêr gada | sirahe kang dipăngga | ginada ajur ngêmasi | tiba kalumah | Sang Raja Kulibadir ||

50. ngathang-athang tangi-tangi nora bisa | cape astane kalih | anulya cinandhak | maring Radèn Munandar | tinarik sampun katarik | dèn ikal-ikal | dangu nèng astanèki ||

51. malah tinon ing mungsuh eram tumingal | kuwate anglangkungi | kadya ngikal mêrang | sagèdhèng tan karasa | sigra binanting ing siti | mustaka pêcah | bau pukang manguwir ||

52. kadi guntur surake kang bala Ngarab | mila kêmba kang jurit | dene ratunira | nuli apês kang yuda | bubar barising para ji | angêlun dhadhal | marang Mutadarawi ||

53. ngungsi kitha sagung ingkang para raja | Kasrukum Samasrawi | tuwin Sang Nusirwan | lan kabèh pra dipatya | sagung para rajasiwi | angatag wadya | ngusir bubaring baris ||

54. mawur mawurahan samya salang-tunjang | putri ing Parangakik | nênggih sampun têdhak | lan rayi ing Karsinah | mulat putri Burudangin | sigra tumêdhak | saking dipăngga nuli ||

55. malajêngi ing raka nungkêmi pada | myang Jetun Kamarukmi | samya nguswa pada | gantya putri Karsinah | sinêmbah ing putri kalih [ka...]

--- 3: 28 ---

[...lih] | ngawe kang putra | Aris Munandar prapti ||

56. anêmbaha enggal marang eyangira | sigra dènnya ngabêkti | rinangkul mring eyang | ingaras kang mustaka | kulup iki buyut mami | Aris Munandar | mêtu prawirèng jurit ||

57. pêparentah ing Gusti Rêtna Sudara | karuhna mungsuh iki | yayi anuduha | marang punggawanira | nunggala lakune yayi | lan para putra | jêr sira senapati ||

58. samêngko pan uyun-uyunaning bala | kabèh barisan iki | sira kawruhana | manawa pinariksa | tur sêmbah Ni Isnaningsih | inggih sandika | nuduh kapat bupati ||

59. tan kawarna ing marga ingkang lumajar | sadalu marga prapti | lajêng manjing kitha | tutup sakèthèng samya | larène wus dèn isèni | punggawanira | ing panggung dèn jagani ||

60. palatare tinuguran pra dipatya | ratu katiga nunggil | Kasrukum Nusirwan | sami anèng jro pura | barise pra putra sami | prapta mèt papan | kinêpung binathithit ||

61. ingkang êlèr putra Sêrandil kalawan | Rajaputra Kohkarib | wetan putra Kebar | lawan putra ing Kangkan | kilèn putra ing Ngabêsi | lawan Yujana | kidul putra ing Turki ||

62. lawan putra Yunan gantya kawuwusa | Rêtna Sudarawrêti | lan putri Karsinah | manjing maring jro kitha | kering putri Burudangin | lawan kang putra | Kusuma Kadarwati ||

63. Radèn Hasim Katamsi Aris Munandar | samya tumut [tu...]

--- 3: 29 ---

[...mut] angiring | praptaning nagara | lajêng manjing jro pura | Wong Agung Surayèng Bumi | mêthuk ing garwa | tumundhuk anèng wijil ||

64. pan sadaya wus binakta dalêm têngah | katur solahing jurit | suka duk miyarsa | wong agung tutur tingkah | mring kang garwa Parangakik | duk anèng guwa | lamine kawan sasi ||

65. waluyane têdhak aparing usada | Kangjêng Bagendha Kilir | godhong siji nama | roro lan roro rupa | ijo pan ingkang sapalih | suwalik apan | kuning anyutra kuning ||

66. ron kulirin lawan asparin namanya | sawusnya mulya sami | punang dhaon sirna | ngungun kang winartanan | prapta Sang Raja Ardabil | atur uninga | praptane duta kalih ||

67. tur tupiksa yèn sampun angêpang kitha | nênggih Mutadarawi | para rajaputra | dene ratu katrinya | ngumpul anèng jroning puri | lagya ngupaya | paekaning ajurit ||

68. aturipun sira Sang Rajèng Lulkiyah | yèn kèndêlna manawi | antuk sulap anyar | ngrêronce pagawean | adat Prabu Samasrawi | miwah Kosarsah | sami kasmaran sikir ||

41. Asmaradana

41. Wong Agung nglurug dhatêng Purwakăndha (Mutadarawi)

1. Wong Agung Surayèng Bumi | parentah samêktèng bala | mring Purwakăndha budhale | sanega sagunging

--- 3: 30 ---

bala | kang para raja-raja | saking Lulkiyah wus kêbut | tan ana kari satunggal ||

2. sagarwa putra tan kari | ing marga tan kawursita | ing Purwakăndha praptane | sampun manggih pasanggrahan | lami mangkya rinêngga | binanjêngan tarub agung | wisma gêng kathah wêwahnya ||

3. Sang Rajèng Mutadarawi | lawan Sang Rajèng Kosarsah | Rajèng Mêdayin wusdene | tan ana kang tinaria | Sang Prabu Purwakăndha | amung Sang Prabu Kasrukum | patihe kêni ginarap ||

4. kang taksih kêni tinari | amung Kya Patih Buwawas | maksih kêncêng ing pikire | ratu yèn ajriha ing prang | sayêkti ngêmat jagat | sampun pakaryaning ratu | prang lan samèng-samèng raja ||

5. kalamun nungkula aris | apan dèrèng wontên adat | sayêkti ngadu awake | puniku têtêp saadat | yèn dèrèng adu awak | tan kenging nulia nungkul | saengga sadèrèng aprang ||

6. punika nungkula aris | botên bênggang ing akrama | ratu pan wus pakaryane | aprang lan samaning raja | alon dènnya ngandika | sira Sang Prabu Kasrukum | hèh sira Patih Buwawas ||

7. apa ta maksih kadugi | paekan upayaning prang | numpêsa wong Arab kiye | sakèhing paekan sirna | yèn mungsuh lan wong Arab | yèn wis katog ing budimu | yêkti nulya ngadu awak ||

8. Buwawas matur wotsari | gusti kalamun bambana | inggih kadugi ngupados | nanging kawula punika | tan kenging ngupadosa |

--- 3: 31 ---

inggih sampun untung kontung | wong sampun binaya mangap ||

9. kawula pan darbe padik | ratu gêng ing Kalakodrat | ratune lan prajurite | tan kêni dulu wong liya | lajêng binadhog samya | wong siji dulu wong sèwu | tan kewran pasthi kapangan ||

10. Sang Raja Salsal namèki | atmajane Raja Daldal | ing mangke sangêt kasompok | botên kêna budidaya | liyane abên awak | Patih Talsiyah puniku | bok sagêd mamèt upaya ||

11. puniku kang mêmarahi | anggawa Prabu Nusirwan | mangkya ingêtog budine | kalawan Ki Patih Bêstak | lara angajak-ajak | sami nangis ting salênggruk | Patih Talsiyah lan Bêstak ||

12. angling Prabu Samasrawi | pikir kang sampun kaliwat | sayêkti datanpa gawe | balik samangke kewala | kakang Patih Buwawas | dika punapi ta saguh | lamun ing kene maksiha ||

13. patih ingsun Patih Jèdhi | pan ingsun maksih polatan | Patih Jèdhi kacêkêle | ing mangke kinarya rewang | mring Sang Surayèng Jagat | Patih Buwawas umatur | amung ta pikir satunggal ||

14. puniku sagêd basuki | manawa liyan punika | pikir têluk mati bae | lamun ajrih maring pêjah | pasthi têluk kewala | lamun datan purun têluk | yêkti yèn mati kewala ||

15. pirabara yèn aurip | aprang mungsuh lan wong Arab | sugih dandanan pasthine | bêcik-bêcik lan akathah | lanang wadon dandanan | têkan [têka...]

--- 3: 32 ---

[...n] bocah misih kuncup | bisa amatèni raja ||

16. patine Rajèng Betarti | dene liwat tan sêmbada | mungsuh lare lagi jèdhèng | Raja Kasrukum lingira | pikirmu mau ika | iya kang tiba rahayu | kaya priye maucapna ||

17. Patih Buwawas wotsari | pikir kang tiba raharja | sayêkti angêsrahake | dhatêng rama jêng paduka | Sri Bathara Nusirwan | punika ing purwanipun | wontên prang wontên prakara ||

18. botên wontên malih-malih | yèn paduka labuh pêjah | ing rama tuwan sang katong | sayêkti mijila ing prang | kawon mênang wikana | pikir mupus untung kontung | wajib budining narendra ||

19. Wong Agung Surayèng Bumi | dêdêge apan pidêksa | bangsane alit têgêse | dede bangsane agagah | botên gêng luhur mapan | agêng paduka pukulun | kalawan luhur paduka ||

20. kalamun tuwan kalihi | kang jamak ing jamak rumat | Nusirwan adhêm atine | wau atine wus ilang | ngrêrintih dèrèng bisa | angucap sabênêripun | agung dhog-dhogan kewala ||

21. ulate asawang mayit | mangkya salin gunêm samya | nutugkên pikir karaton | ing dalu wuwusên enjang | têngara bala Ngarab | wus mijil kang baris bubul | lèr kitha kang winêdalan ||

22. Wong Agung Surayèng Bumi | wus amit ing para garwa | mijil paprangan samangke | prapta ing papan wus lênggah | ing padma dirgasana | aglar sagung para ratu |

--- 3: 33 ---

wau kang anèng jro kitha ||

23. parentah baris mêtoni | kori sakèthèng binuka | baris dalêdêg wijile | sang prabu katri Nusirwan | mijil maring paprangan | barise sampun atêpung | munggèng pêpalangkan êmas ||

24. nanging bala ing Mêdayin | enjing mila ingundhangan | adandana wowotane | lawan sagunging pikulan | wau ta kang ayuda | têdhak Sang Raja Kasrukum | lawan Prabu Purwakăndha ||

25. midêr ing papan sêsirig | nanging datan asêsumbar | sami prayoga tandange | nèng kuda amandhi gada | wong agung angandika | hèh Ardabil sapa iku | kang mêtu abêbarêngan ||

26. Rajèng Lulkiyah wotsari | kang anitih kuda janjan | pun Samasrawi yêktine | Mutadarawi Narendra | kang nitih kuda pêthak | inggih Sang Raja Kasrukum | mèsêm wong agung ngandika ||

27. kuda sumaos ing ngarsi | wong agung miyos ngayuda | sagung gêgaman prang kabèh | wus kawot anèng turăngga | nitih sêkarduwijan | praptaning payudan pangguh | lan sang prabu kalih pisan ||

28. èrèk angitêr turanggi | durung ana kang têtanya | gumuruh bala surake | kadya ampuhan ing arga | mungsuh kalawan rowang | kang ayuda ngitêr pagut | tan ana bisa mundura ||

--- 3: 34 ---

42. Durma

42. Raja Kasrukum pêjah dening Wong Agung

1. têtanya sru Wong Agung Surayèng Jagat | hèh Rajèng Samasrawi | lawan ing Kosarsah | payo padha ayuda | ing prawira rêbut pati | nauri sugal | sapa arinirèki ||

2. apa sira iki ta Si Kakungingrat | ya ingsun Jayèngmurti | saksana ginada | dening Rajèng Kosarsah | pinupuh titih katangkis | winalês ngarsa | prabu ing Samasrawi ||

3. pan anggada saking ing kèri katulak | sinampe sami bindi | rame yudanira | angrubut kalihira | ginada Sang Samasrawi | tiba kasingsal | saking kudanirèki ||

4. sira Raja Kasrukum ginada kontal | tibanira kuwalik | têdhak saking kuda | sigra Sang Kakungingrat | pêtak sarwa cipta napi | wujud sajuga | gumludhug ing wiyati ||

5. raja kalih kapilêng sampun cinandhak | Samasrawi binanting | sumyur ing bantala | mumur kalawan kisma | Kasrukum binanting malih | luluh angganya | amor kalawan bumi ||

6. sira Patih Buwawas arsa niyupa | nyidra saking wiyati | wau kêbatira | radèn ayu ing Kelan | anjêmparing saking kering | têrus walikat | Buwawas angêmasi ||

7. ratu kalih sirna bangke awor kisma | Buwawas sirna sami | ngawe Patih Bêstak | dhadhal Prabu [Pra...]

--- 3: 35 ---

[...bu] Nusirwan | angêlun sagunging baris | kang para putra | ngusir sami nglancangi ||

8. pinarantèn putra Kangkan putra Kebar | Suptandar lan Dikwanis | amêndhêm ing wana | turăngga pitung lêksa | sarêng jêdhul amêgati | tambuh solahnya | ulêng-ulêngan sami ||

9. kang angusir saking ing wuri amêlak | kang para rajasiwi | untêl-untêl atap | Radèn Marsandi prapta | lawan Umardani aglis | ambêdhil kaca | sêsorot dadi gêni ||

10. kang ambêrot tan etang kalêbèng jurang | pati-pati gêbyuri | ajrih mungsuh mêlak | lan ajrih ing dahana | sungsun tindhih kang pêpati | akèh kacandhak | urip kang pra dipati ||

11. patih ing Talsiyah kacandhak binănda | lawan Patih Betarti | gène Sang Nusirwan | maksih ulêng-ulêngan | Radèn Mardani marani | ambêdhil kaca | kang kêtêl dèn parani ||

12. inguncalan balang api akèh kêna | Nusirwan jêlih-jêlih | sêsambat hèh Bêstak | ika ta putunira | angudani nglempar gêni | kasukan pêjah | bok iya ko tudingi ||

13. Bêstak matur lah inggih putu kawula | nanging Umarmayèki | kang adarbe anak | mung biyunge kewala | kawula ingkang sêsiwi | botên kawasa | pun Bêstak apêpênging ||

14. jêr kang ngirid gêgaman putra paduka | kang payung gênis wilis | punika ngadhangkrang | nèng kuda pinayungan | kang ngatag bala mangusir | Sêmakun putra | tuwan ingkang ngajani ||

15. duk miyarsa [mi...]

--- 3: 36 ---

[...yarsa] Nusirwan jêtung kewala | lan kang putra kaèksi | angatag ing bala | Radèn Sêmakun gènnya | akèn nêmpuh anggadani | miwah amêdhang | ngungun Prabu Mêdayin ||

16. Bêstak matur Radèn Sêmakun punika | putra tuwan pribadi | pan dede wong Arab | nênggih kang darbe darah | saengga pun Rustamaji | bapa wong Arab | mung biyunge Mêdayin ||

17. kadi Umardani Marsandi punika | mung biyung wong Mêdayin | kunêng kang lumaywa | pijêr padudon karsa | rusak balane kèh mati | awak kasrakat | nanging kasaput wêngi ||

18. mundur anjêjarah sagung bala Ngarab | bêbandan pra dipati | kalawan punggawa | wontên mantri satriya | ulubalang akèh kêni | kang nungkul gêsang | ewon bandan bupati ||

19. Sang Nusirwan pisah lan turangganira | miwah rêkyana patih | ambelani dharat | wong Mêdayin kang kathah | tumut rajaputra kalih | Urmus lan Irman | kang lumayu dhingini ||

20. angrêruntuh Nusirwan lan Patih Bêstak | nginêp ing wana sami | pinggiring jêjurang | ana wong tigang dasa | kang kumpul sami pêpanggih | lan gustinira | sawêngi sami nangis ||

21. datan wontên kang pinangan calongoban | nginêb ing wana sami | panggih lan kang putra | Urmus kalawan Irman | wong rong lêksa ingkang maksih | kang botên pisah | mawure wong Mêdayin ||

22. radèn alon ature sarwi karuna | mila kula ngriyini | wingi amba mulat | bandera kang lèr wetan |

--- 3: 37 ---

kang asongsong gênis wilis | bêndhene ngangkang | bèrine gêgêtêri ||

23. kêndhang gonge adhi Sêmakun brêgandhang | sarwi ngabani dasih | payo-payo mamah | ilêsên aja kêndhat | kanthi lawan pun Dikwanis | putra ing Kangkan | pan sami songsong wilis ||

24. putra tuwan adhi Sêmakun kudanya | mèmpêr pun Jonggiraji | kudane Suwăngsa | milar lamun kinêtab | tinggal payung nunjang baris | angêmbat langkap | pun adhi mêmêdosi ||

25. mila amba nuntên malajar arikat | tan sagêd aningali | angungun kang rama | Bêstak nambungi sabda | inggih anggèr mila wingi | nêmpuh gèn kula | nunggil rama sang aji ||

26. mila kêtêl dadya pangungsèning kathah | sami ta aningali | para rajaputra | dhatêng rama paduka | ragi lèr wetan duk prapti | rayi paduka | Radèn Sêmakun wingi ||

27. baris Kebar lan Kangkan ingkang dèn atag | hèh apa mandhêg iki | mamahên kewala | ilês bae ing aprang | sanadyan iku rama ji | samêngko mêngsah | rampêdên aja wigih ||

28. mila sami ambyuk ngêbyuki angidak | rayi dika ngajani | nangis Sang Nusirwan | ya babo wis dilalah | anak arêp amatèni | dèn êbang apa | marang Si Jayèngmurti ||

29. lali têmên Sêmakun marang wong tuwa | jêr wus dèn wèhi putri | putri ing Gumiwang | iku lali maringwang | mung ipene dèn ugêmi | nora kayaa | jêr wus ngêmut mêmanis ||

--- 3: 38 ---

43. Dhandhanggula

43. Wong Agung kondur dhatêng Kuparman

1. nahan ing rèh Prabu Nyakrawati | kang lumajar lan sawadyanira | ingkang ingancap karsane | mring nagri Ngambarkustup | Patih Bêstak ingkang ngaturi | wontên ratu digdaya | manawi asanggup | Sang Raja Bari Akêbar | Ngambarkustup punika badhe dèn ungsi | ya ta ingkang winarna ||

2. ya ta Wong Agung Surayèng Bumi | sampun manjing kitha Purwakăndha | kêrig sawadyane kabèh | wus ngadhaton wong agung | para ratu wismèng dipati | arja ing Purwakăndha | nagari loh agung | prapta para rajaputra | ngaturakên jarahan kang pra dipati | bêbandan ulubalang ||

3. Patih Talsiyah lawan Betarti | tuwin para punggawa Kosarsah | nêm atus ingkang katalèn | miwah Purwakăndhèku | pan akathah kang nungkul urip | wong agung duk sineba | aglar para ratu | munggèng ing têtarub rambat | amanggihi praptane kang anglut sami | mêngsah sirna anêbah ||

4. wong Kosarsah lan Mutadarawi | wong Betarti lawan wong Gumiwang | nungkul aris punggawane | kinèn ngluwari sampun | pra dipati kang nungkul aris | sami sinalin sadat | wus sami anungkul | sakancane sowang-sowang | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | yayi mas Parangteja ||

--- 3: 39 ---

5. kakang Adipati Guritwêsi | lawan sagung para raja-raja | padha ngèstrènana kabèh | Si Pirngadi puniku | jumênênga sri narapati | amêngku Purwakăndha | pêpatihing laku | ngiras isining wijoan | ing Lulkiyah sira Sang Raja Ardabil | angiras bapa angkat ||

6. anadene Si Apatih Jèdhi | dadi tuwa-tuwa ing Gumiwang | anadene narpatine | iya yayi Sêmakun | umadêga Gumiwang Aji | kabèh angèstrènana | sagung para ratu | sadaya saur sandika | ing Talsiyah yaiku Si Banuarli | kang madêga narendra ||

7. karatone Si Raja Rukyatil | lawan Wajahjami kang dadia | wijoan măngka isine | nagri Kosarsah iku | aja nganggo sri narapati | saparo mring Gumiwang | kang saparonipun | iya maring Purwakăndha | bupatine wismaa Mutadarawi | lan awisma Gumiwang ||

8. ing Betarti kang madêg narpati | buyutira Si Aris Munandar | Prabu Jaka Betartine | Umarmadi Lamdahur | sami nyandhak ing putranèki | sinujud ing bantala | ngarsane wong agung | Raja Sayid Ibnu Ngumar | nyandhak ingkang putra sinujudkên siti | nèng ngarsane kang eyang ||

9. Raja Sêmakun sujud pribadi | anèng kisma ngarsane wong Menak | dening raja katigane | dening Raja Sêmakun | pasebane mring Rustamaji | Raja Pirngadi seba | marang Sang Aprabu | Jayusman Samsumurijal | Parangakik dene Raja Banuarli | seba marang Karsinah ||

10. Raja

--- 3: 40 ---

Aris Munandar Betarti | seba marang ing Kaos nagara | ing rama pangidhêpane | ingkang eyang Sang Prabu | Burudangin amatêdhani | bupati kawan dasa | bala mitung èwu | sami andêling ayuda | tumut têngga awisma nagri Betarti | rumêksèng prabu jaka ||

11. pêpatihe Raja Banuarli | masih têtêpa patihe lama | Bardas Bardus têtêp bae | wusnya parentah dhawuh | kondur Risang Surayèng Bumi | sapraptanirèng pura | sagung para ratu | kang anyar sami ngandikan | manjing pura samya kinèn angabêkti | marang Rêtna Sudara ||

12. nulya Rêtna Sirtupelaèli | lajêng marang kang garwa sadaya | Isnaningsih Kisbandine | sagung kang madêg prabu | pinaringan makutha sami | marang Rêtna Sudara | lan bêbadhongipun | pan sami winasiyatan | Raja Aris Munandar nagri Betarti | dening Raja Talsiyah ||

13. binathara Mraja Banuarli | binathara Mraja Pirngadiyan | Mutadarawi kuthane | ya ing Purwakăndhèku | ing Gumiwang sri narapati | maksih dènnya bisikan | Sang Prabu Sêmakun | samya rosa sugih bala | wus mangkana para ratu anyar mijil | saking sajroning pura ||

14. wus atata pakuwon pribadi | wus wibawa ingkang madêg raja | lami wong agung kojahe | anèng Purwakăndhèku | kundur Risang Surayèng Bumi | marang nagri Kuparman | sabalane kêbut | miwah ingkang para garwa | Isnaningsih miwah ratu anyar sami | ngatêr marang Kuparman ||

15. lampahira [la...]

--- 3: 41 ---

[...mpahira] tan kawarnèng margi | samya kasukan samarga-marga | lawan para ratu kabèh | suka-sukèng marga gung | kalangênan ing wana kali | panganjuring lumampah | Sang Raja Sêmakun | lan Raja Aris Munandar | Banuarli lawan Sang Raja Pirngadi | kang para ratu anyar ||

16. sami manganjuri ing lumaris | kawuwusa nagara Kuparman | sami miyarsa wartane | lamun kang rama rawuh | sami mêthuk ing wanagiri | akarya pasanggrahan | rinarênggèng tuwuh | miwah sagunging puspita | tarub agung pasanggrahan pinggir kali | kalangênan pan kathah ||

17. sampun mijil saking ing nagari | para ratu tanaya utama | lawan sagung punggawane | lampahan tigang dalu | saking kitha Kuparman nênggih | pakuwon para putra | mangkana panganjur | Raja Sêmakun Gumiwang | ya ta kagèt sang prabu ing Parangakik | lawan Prabu Karsinah ||

18. miwah sira Prabu Rustamaji | iki paman Sêmakun kang prapta | cara ratu pacarane | Patih Bunandir matur | marang ratu katiga nênggih | tuwin Pangeran Kelan | pun paman Sêmakun | sampun kinarya narendra | rama tuwan sakawan sarêng sakenjing | Sêmakun ing Gumiwang ||

19. rayi tuwan Rahadèn Pirngadi | kang jumênêng nagri Purwakăndha | binathara karatone | dening pasowanipun | inggih dhatêng ing Parangakik | angrèh samining raja | gêng karatonipun | Radèn Banuarli [Ba...]

--- 3: 42 ---

[...nuarli] dadya | ing Talsiyah karaton Prabu Rukyatil | pan inggih binathara ||

20. sami angrèh samaning narpati | ratu anyar kang sakawan pisan | dening Gumiwang ratune | inggih Raja Sêmakun | sowan dhatêng Jêng Rustamaji | dening wayah paduka | prabu jakanipun | Sang Prabu Aris Munandar | ing Betarti seba mring Kaos nagari | punika ingkang dhawah ||

21. nulya baris andalêdêg prapti | Raja Sêmakun Aris Munandar | têdhak saking turanggane | tundhuk jawining tarub | wau sira Rajèng Betarti | nêmbah ing para eyang | kang sakawanipun | Parangakik lan Karsinah | lan ing Kelan sakawan Hasim Kuwari | Sêmakun kang sinêmbah ||

22. marang para putra Pusêr Bumi | nadyan sampun sami madêg nata | datan owah panganggêpe | mangkana malih rawuh | balanira kadi jaladri | ratu kalih sêsaman | inggih praptanipun | Mutadarawi Talsiyah | bala piyak têdhake narendra kalih | saking dipangganira ||

23. angabêkti mring narendra katri | wuri kang prapta joli jêmpana | para garwa titihane | ing wuri pan wong agung | datan sêla ingkang para ji | manjing ing pasanggrahan | ingkang para ratu | anggrêbêg Sang Kakungingrat | kadya Nabi Suleman saking cangkrami | munggèng tarub wangunan ||

24. para ratu samya angabêkti | marang kang rama myang ibu samya | pra nata tata linggihe | cinatur tigang dalu | pacangkraman agêng pinanggih | sawusnya lajêng budhal | wadya gung gumuruh [gu...]

--- 3: 43 ---

[...muruh] | kadya kang jaladri pasang | awit dalu wadya lit ingkang lumaris | pan awit sore mula ||

25. duk samadya căndra kang lumaris | ingkang lajêng mring kitha Kuparman | sadina-dina agêbèl | lêlurung elar-elur | kang wadya lit akèh dhingini | amargi lurung kitha | prasamya kayungyun | wong agung ing budhalira | praptèng kutha suka wadya sanagari | sami karagan-ragan ||

26. dening gusti prapta ing ajurit | lan para putra kèh dadi raja | tambuh ênggone sukane | kang mungguh gustiningsun | lunganira durung narpati | praptane dadi raja | pangling kang andulu | ika Rajaputra Selan | duk lungane pan maksih satriya nguni | praptane dadi raja ||

27. kabèh anggunêm kang urut margi | wong nênonton padha nyablèk anak | ana nyablèk sadulure | tirua bêgjanipun | putra Selan Radèn Pirngadi | lunga misih satriya | prapta dadi ratu | sêmune têka sêmbada | dhongoh-dhongoh mungguh Sang Prabu Pirngadi | ngungkuli ingkang raka ||

28. Ratu Nglaka Mraja Banarungsit | kurang tênaga gagah akêmba | kang rayi iki polahe | pantês rêspati mungguh | Sri Bupati Mutadarawi | tuwin Rajèng Talsiyah | Banuarli mungguh | kang rama ratu balêndhang | ratu mangkak putrane têka barêsih | Sri Bupati Talsiyah ||

29. Prabu Aris Munandar Betarti | dadak atiru marang kang rama | maksih timur karatone | iku pasthi kang tiru | eyang Radèn Ngumar Yunani [Yu...]

--- 3: 44 ---

[...nani] | sêsikutane samya | lan kang eyang wutuh | kang seda duk Kalajohar | Maryunani abagus prawirèng jurit | têka cêndhak kang yuswa ||

30. iku Rahadèn Hasim Katamsi | rada mèmpêr pangeran ing Kelan | nanging sagêbyaran bae | tinitik akèh dudu | nanging dadi sor-soran ugi | ngarèkkên para kadang | ana èmpêripun | lan raka Pangeran Kelan | punjul dhewe nyirnakkên langên sabumi | kaya dudu wong donya ||

31. Kangjêng Gusti Prabu Parangakik | ratuning dêdêg pantês pidêksa | sayêkti tiru ibune | lawan kang cahya mancur | pan katêngên sêmune kêdhik | nora ladak bêranyak | nora tiru ibu | gusti raja ing Karsinah | têka lêncir kuciwane kurang daging | ana risine uga ||

32. mung remane têka kêtêl wilis | angungkuli kadange sadaya | Prabu Karsinah remane | sultan anom puniku | Rustamaji dêdêg rêspati | nanging rada wang malang | ruruhe asêndhu | yèn mulat sok anjêlalat | saradane kang sajati nora gêmpil | amung gusti ing Kelan ||

33. andhèwèki tan kêna tinêmpil | sarwa sêdhêng-sêdhêng ing wêwatak | saradan anut ulêse | mijêt walikatipun | lawan nyêklèk-nyêklèk dariji | ngangêni kang tumingal | ing saradanipun | apanjang yèn winuwusa | ingkang sami muji rêspatining gusti | cinêndhak kang winarna ||

34. nênggih Wong Agung Surayèng Bumi | wus ngadhaton jro pura Kuparman |

--- 3: 45 ---

tuhu tan ana tondhene | praja agêng tur patut | sêmbadane asugih isi | kadya Nabi Suleman | ing prabawanipun | mangkana kang para garwa | kang kinathik Rajaputri Burudangin | dening guruning garwa ||

35. nênggih Rajaputri Parangakik | pangidhêpane garwa sadaya | Sudarawrêti tunggule | putri kalih cinatur | apan sami têbih ing rêsmi | Parangakik Karsinah | saking sangêtipun | karêm ing kaprajuritan | ananêdha lan atajin dhahar guling | ketang mung kaprawiran ||

36. para ratu amung ulah mukti | yèn alami nèng nagri Kuparman | agung cangkrama karyane | sagunging para ratu | sami darbe cangkrama têbih | ana lakon sadina | ana kalih dalu | ana lakon têlung dina | dènnya karya pakêbonan kang para ji | sami rinêngga-rêngga ||

37. ingkang sami ngubêngi botrawi | kathah sukane kang para raja | nutug sri pacangkramane | wontên malih winuwus | duta saking Mutadarawi | punggawane tampingan | lan tampinganipun | sri bupati ing Gumiwang | sami prapta mring Kuparman tur upaksi | lamun wontên narendra ||

38. inggih umadêg apacak baris | arsa ngêlar angêlar jajahan | ing Ngambarkustup kithane | ambêk narendra punjul | Bariakbar bisikannèki | Sang Aprabu Nusirwan | ingkang wontên ngriku | ratu punika prawira | sugih bala andhêsêk Mutadarawi | kalawan ing Gumiwang ||

39. wadya tampingan kang dèn bahaki | dadya aprang arêbut jajahan |

--- 3: 46 ---

katur mangkana ature | wau Raja Sêmakun | ingandikan marang jro puri | wong agung nuju lênggah | wismane Marpinjun | Raja Sêmakun kang prapta | nuhun nêmbah ing raka Sang Jayèngmurti | agambuh lan kang garwa ||

44. Gambuh

44. Pramèswari Mêdayin dipun boyong dhatêng Kuparman

1. ing kene yayi prabu | majêng anêmbah Raja Sêmakun | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | hèh yayi Prabu Sêmakun | pira mêngko praptaningong ||

2. nêmbah Prabu Sêmakun | kirang patbêlas dintên sataun | iya yayi sira wus miyarsa warti | punggawanira wèh wêruh | kang rayi matur wotsinom ||

3. inggih rama pukulun | kèndêl nagari ing Ngambarkustup | botên lajêng kondur mring nagri Mêdayin | punika pun Ngambarkustup | pun Bariakbar Sang Katong ||

4. pun Jèdhi kang alapur | lamun tampingan binahak mungsuh | carakane ing Ngambarkustup Sang Aji | ambahak jajahan ulun | tanah paminggir rinêngkoh ||

5. lawan punggawanipun | ing Mutadarawi anak prabu | èstu rama paduka bekaning urip | sampun sêpuh botên mantun | maksih dhahar aturing wong ||

6. pikir dudu anglantur | ya ta nambungi Dèwi Marpinjun | yayi prabu paran ta karsanirèki | upamane kangjêng ibu | agênti tunggu maring [ma...]

--- 3: 47 ---

[...ring] ngong ||

7. matur Raja Sêmakun | langkung prayogi yèn kangjêng ibu | yèn suwawi kawula kang amondhongi | yèn sarta pangèstunipun | raka paduka pan ingong ||

8. lumampah ragi sêndhu | kadi-kadi amboyong pukulun | wong wis tuwa kêthap-kêthip tunggu puri | nora aningali putu | miwah kang putra tan katon ||

9. lon ngandika wong agung | yèn sira yayi wis padha rêmbug | anakira kaki Prabu Rustamaji | lan sira budhala esuk | panêkarira pra katong ||

10. gawanên sadayèku | tur sêmbah mijil Prabu Sêmakun | tan kawarna ing dalu wuwusên enjing | budhal kang wadya gumuruh | angkatira prabu karo ||

11. pan sangang atus èwu | bala lampahe Prabu Sêmakun | lan kang putra Sultan Anom Rustamaji | lamine ing lampahipun | marga datan kawiraos ||

12. prapta paminggiripun | inggih jajahan nagri Mêdayun | pan balero ing warta ana mastani | sang aprabu ingkang rawuh | ana kang mastani mungsoh ||

13. gègère ting bilulung | nora karuwan kang warta tuhu | ingkang èstu Sang Aprabu Rustamaji | lawan Sang Raja Sêmakun | balane lir samodra rob ||

14. punggawa ingkang tunggu | nênggih sadaya pan kawan atus | ana ingkang wêwolu amacalangi | panggih prabu kalihipun | punggawa mulat andongong ||

15. dening Radèn Sêmakun | wus dadi raja Prabu Sêmakun | nunggil raka wong Agung Surayèng Bumi | atilar [ati...]

--- 3: 48 ---

[...lar] ing rama prabu | ngêtutkên kadange wadon ||

16. lan kacèk cahyanipun | ing mangke tuhu katingal mancur | angandika marang mantri ing Mêdayin | hèh matura kangjêng ibu | lawan iki garwaningong ||

17. lan garwane nak prabu | Rustamaji gawanên rumuhun | lan buyute iki Radèn Atasaji | padha milua rumuhun | dimène têtêp punang wong ||

18. yèn dangu kangjêng ibu | ingsun wus pisah lan rama prabu | wus atunggal lan kakang Surayèng Bumi | ya uwis ginawe ratu | ing Gumiwang prajaningong ||

19. sigra dènnya rumuhun | tandhu lan joli jêmpana sêlur | kang ngiringkên wong satus èwu jajari | praptane nagri Mêdayun | mari orêg kèh nênonton ||

20. lajêng manjing kadhatun | ni juru jinêm miyarsa mêthuk | wijil pisan panggih sami awotsari | juru jinêm atanya rum | lah mara tutura mring ngong ||

21. mantri Mêdayin matur | ngajêng punika pan garwanipun | putranta Sang Prabu Sêmakun sang putri | ing Gumiwang namanipun | Dèwi Rungkati yu kaot ||

22. dene ing wurinipun | inggih garwane wayah pukulun | Prabu Anom Kangjêng Gusti Rustamaji | putri saking Mêndhangpupus | sampun patutan sawiyos ||

23. ingkang ngajêng puniku | buyut paduka diwasa sampun | namanipun inggih Radèn Atasaji | pramèswari ngungun jêtung | kantaka rubuh ing ênggon ||

24. dangu pan nulya wungu | lajêng binêkta maring kadhatun | praptèng pura mantu putu mantu

--- 3: 49 ---

yêkti | sinungan êmas satumbu | lawan sêsotya sabagor ||

25. busana molung pikul | lawan pawongan amolung puluh | wong Mêdayin sami eram aningali | Atasaji radèn buyut | sinungan êmas sagêdhong ||

26. wadyèstri kalih atus | patayare nênggih kawan atus | kuda sèkêt pêpitu dipangganèki | lawan pêdhang wolu likur | makutha miwah bêbadhong ||

27. wau ta lampahipun | para dipati ingkang amêthuk | kalih atus apanggih sami lumaris | orêg nagri ing Mêdayun | praptanira prabu karo ||

28. lajêng marang kadhatun | sampun kapanggih Prabu Sêmakun | lan kang ibu miwah Prabu Rustamaji | angandika eyangipun | pramèswari ngungun dongong ||

29. buh gone sukanipun | tyasnya kadi kasêsêlan gunung | mingak-minguk dangu nora bisa angling | pramèswari lênguk-lênguk | juru jinêm amacoco ||

30. matur Prabu Sêmakun | kula punika ibu anungkul | maring putra tuwan Jêng Surayèng Bumi | pan sampun kinarya ratu | praja gêng Gumiwang ingong ||

31. awit ing rama prabu | mila amisah amba pukulun | botên sagêd anglêgakêna ing galih | ingkang ngrabèkkên pukulun | pun kakang Jayèngpalugon ||

32. anggubêl rama prabu | kasmaran putri datan tinurut | putra tuwan Wong Agung Surayèng Bumi | dèn labuhi lara lampus | nuruti karêp wong anom ||

33. mangkana tan winuwus [winu...]

--- 3: 50 ---

[...wus] | lamine nèng nagri ing Mêdayun | nutug sami onêng lan ibunirèki | miwah santana lit agung | wus antara arsa bodhol ||

34. ambêkta ingkang ibu | donya kadhaton kabèh dèn usung | kinantunkên nyagêdhong barang branèki | winot ing unta lan sênuk | bihal miwah kang ginotong ||

35. sagunge kang atunggu | para bupati pating palinguk | malang ajrih yèn nora malanga ajrih | yèn nora malanga iku | ajrih ing rama sang katong ||

36. malanga ajrihipun | pasthi mangkya Sang Prabu Sêmakun | yêkti duka nora wurung bilaèni | têmahan amingak-minguk | wêkasan mênêng kemawon ||

37. saking sru karsanipun | ing sêmu adrêng Raja Sêmakun | pinopoa pinalangana karsèki | pasthi ambănda punika |[1] pra dipati kang binêlok ||

38. apranga kalah iku | dadi wong Arab Prabu Sêmakun | pasthi kêndêl prajurite bêcik-bêcik | dimamah bala Mêdayun | nadyan katura sang katong ||

39. putrane kang anjuput | kèh barana ing jroning kadhatun | sapa wani praptane anggawa baris | balane Raja Sêmakun | padha anjarag prang rêmpon ||

40. nadyan dukaa besuk | tinêmpuhêna tiwas têtunggu | wong sêmene wasisan padha ambalik | milu ing Raja Sêmakun | anggusti Jayèngpalugon ||

41. mangkana budhalipun | Raja Sêmakun bêkta kang ibu | wong Mêdayin binêkta ingkang sapalih |

--- 3: 51 ---

pra dipati punggawa gung | sapalih têngga kadhaton ||

42. wadyane tri gumuruh | kadya bêboyong tanaganipun | wus utusan Rajèng Gumiwang dhingini | tur uninga mring wong agung | kang dinuta nêmbah sinom ||

45. Sinom

45. Pramèswari Mêdayin pêparing dhatêng putra wayah

1. prapta duta katur marang | Wong Agung Surayèng Bumi | lamun kang ibu binêkta | duk budhal saking Mêdayin | wong agung marentahi | kang para garwa amêthuk | lawan kang para putra | lampahan sadasa ari | pamêthuke para garwa para putra ||

2. kang dadya pangirid lampah | Rajaputri Parangakik | lawan putri ing Karsinah | anitih jêmpana rukmi | rinawisan tulya sri | mutyara miwah jumêrut | inganggit lan nilastra | kadya surya măngsa katri | jêmpanane Rêtna Sudarawrêtika ||

3. dene ta titihanira | garudha yêksa kinawil | kinêncang mung tigang dhêpa | ibêre pan nora inggil | kadya layaring kèci | ngaubi jêmpananipun | kinêncang lan jêmpana | rante kancana kinardi | gêbyar-gêbyar makutha garudha yêksa ||

4. eram kang sami tumingal | durung ana para putri | bisa ngrakit upacara | amung putri Parangakik | palawija kang ngampil | cacahe amitung atus | dhêngkak cebol walikan [wa...]

--- 3: 52 ---

[...likan] | wong lumaku suku siji | tangan siji iya mitung atus samya ||

5. ngalih èwu bule bajang | palisir cêmêng jangêsi | kalih èwu tiyang Cina | kang kathah rambute sami | kinalabang mara tri | ngalih dhêpa panjangipun | inganggit lan mutyara | sinêlan nila widuri | kadya sarpa tapak angin atut wuntat ||

6. kathah lamun cinatura | tur sami ngebat-ebati | warnane ingkang ampilan | Rajaputri Parangakik | putri Karsinah nênggih | pacarane undha-usuk | lawan wau kang raka | Rajaputri Burudangin | durung bisa nelad durung antuk lilah ||

7. titihan putri Karsinah | kang pêksindra saomahi | munggèng ngarsaning jêmpana | liwat amuwuhi asri | kang putra sadayèki | lawan wadya para ratu | kadya giri kusuma | wadya gung busananèki | sampun prapta lajêng manjing pasanggrahan ||

8. tabête kang pasanggrahan | panggihe Marpinjun nguni | ing mangke sangsaya pelag | pêthetane wus andadi | toya winangun malih | rinarêngga asrinipun | kèndêl kang baris samya | prapta kang saking Mêdayin | baris ingkang sêsiyung sapuluh dina ||

9. têdhake saking jêmpana | pramèswari ing Mêdayin | Sudarawrêti kang nyandhak | lawan Sirtupelaèli | Raja Sêmakun mangsit | anjawil marang kang ibu | ibu putra paduka | ing Karsinah Parangakik | kang minăngka gêgêdhuging para garwa ||

10. wus manjing ing pasanggrahan | rinangkul sang putri kalih |

--- 3: 53 ---

apan sarwi tinangisan | adhuh nyawa anak mami | tan kira yèn apanggih | sira gèr lawan pun biyung | kinêmpit kang mustaka | ingkang waspa adrês mijil | nulya putri kalih sumusul manêmbah ||

11. pramèswari atêtanya | mring putra Sudarawrêti | iya dhenok iku sapa | nêmbah putri Parangakik | yayi ing Burudangin | lawan Kuwari puniku | sami mantu paduka | sigra cinablèkan sami | dhuh bagea anak ingsun karo pisan ||

12. anulya kang para putra | Prabu Sêmakun kang ngirid | punika wayah paduka | sadaya arsa ngabêkti | Sang Prabu Parangakik | lan Karsinah kang rumuhun | nuli Pangeran Kelan | lan Radèn Hasim Kuwari | lawan Radèn Hasim Katamsi sumêmbah ||

13. dinangu wiji-wijinya | katur sapratelannèki | Rajèng Kaos lan kang putra | sang aprabu ing Betarti | Rêtna Sudarawrêti | umatur pratelanipun | jêngêr sarwi ngandika | wus cêcanggah ingsun iki | canggah ingsun Ki Prabu Aris Munandar ||

14. sadaya winasiyatan | pusaka saking Mêdayin | Waradin kang para wayah | sarwi angandika aris | iya Si Rustamaji | bêgja asugih sadulur | tur padha dadi raja | sugih têmên putu mami | cinarita anèng ngriku tigang dina ||

15. nutug suka-parisuka | pramèswari ing Mêdayin | karasa duk larenira | wong Menak dèn bêbakali | mêngko ingsun wus bathi | sugih mantu sugih putu | barêbêl wêtu waspa | anak ingsun Jayèngmurti | mêngko kongsi [kong...]

--- 3: 54 ---

[...si] samene kadadènira ||

16. sayêkti-yêktining titah | gêng sih rumêksa ing pati | duk lare arsa kinasap | pramèswari angukuhi | sasat putra pribadi | juru jinêm trêsnanipun | kang raka sri narendra | sok kêna aturing dasih | pramèswari pêngkuh wêlas tamèng pêjah ||

17. ya ta wau lampahira | saking pasanggrahan aris | samarga amangun suka | pramèswari ing Mêdayin | eram dènnya ningali | untabe ingkang wadya gung | kadya samodra wutah | angalabi wanagiri | ambalabar tulya sri rêngganing bala ||

18. kang wana dadya ra-ara | kambah ing bala lumaris | wadyane kang para nata | tuhu tan kêna winilis | duk antuk kalih ari | lawan Kuparman kitha gung | gène mêthuk kang putra | Wong Agung Surayèng Bumi | lan kang garwa Marpinjun pamêthukira ||

19. mangkana prapta gonira | Wong Agung Surayèng Bumi | amêthuk jawi taratag | patêdhake saking joli | kang putra anadhahi | bêkta manjing ing têtarub | Prabu Sêmakun sigra | kang ibu kèndêl jinawil | lah punika ibu jêng putra paduka ||

20. punapa tuwan pandunga | pun kakang Surayèng Bumi | kagyat kang putra cinandhak | pramèswari asru anjrit | kantaka pramèswari | munggèng ing bangku mas rubuh | adangu kapidhara | kasok trêsna angêbêki | wungunira prapta Marpinjun tur sêmbah ||

21. maksih ngrangkul ingkang putra | Wong Agung Surayèng Bumi | sarwi mulat bala-bala | mulat putra Jayèngmurti [Jayèng...]

--- 3: 55 ---

[...murti] | karasèng tyas duk alit | suwitane nèng Mêdayun | dhuh lae putraningwang | nugraha têmên gêng prapti | duk sêmana mêngko sêmene ta sira ||

22. amung ta apuranira | kang sun têdha ing sirèki | marang wong atuwanira | lupute kapati-pati | wus bêgjanira gusti | duwe wong tuwa andarung | umatur atur sêmbah | pukulun sampun kapundhi | sasat rahmat ing karsa raka paduka ||

23. anulya sami dhêdharan | para wayah angladosi | wayahipun kang satunggal | sumrikut dènnya ngladosi | putu ngong siji iki | lah kang êndi ibunipun | matur arawat waspa | Rajaputri Parangakik | sênggruk-sênggruk rajaputri ing Karsinah ||

24. Marpinjun amrêbêl waspa | pukulun sampun ngêmasi | Kelaswara putri Kelan | tumungkul Sang Jayèngmurti | mulat kang para rabi | sadaya pating salênggruk | nadyan kang durung wikan | Rajaputri Burudangin | milu nangis tangise katut kewala ||

25. pramèswari angandika | yèn mangkono putu mami | ingsun dhewe kang kanggonan | gêgêntine ibunèki | ibumu gêdhe mami | ibu cilik kabèh iku | garwanya tinimbalan | sira Dèwi Kadarwati | angabêkti mring eyang Mêdayin sigra ||

26. rinangkul marang kang eyang | dinangu asaling putri | Raja Sêmakun tur sêmbah | putrine Rajèng Kubarsi | ngandika pramèswari | babo dhenok putuningsun | ngong maratuwanira | iya maratuwa nini | sun wasiyat [wasiya...]

--- 3: 56 ---

[...t] Kadarwati marang sira ||

27. puh jênggi rêga sayuta | wadhah pagurahing lathi | duwèk ingsun duk ing kuna | rama prabu kang gawani | kala pangantèn mami | lan eyangira sang prabu | intêne kapat bêlah | saga pêcah kanan kèri | kang saparo hèr thathit lawan hèr kilat ||

28. ingkang salawe hèr kêmbang | hèr laut saparo malih | jumêrute kapat bêlah | mirahe selan sasisih | pitung puluh prêmati | iku nini duwèk ingsun | kala pêngantèn anyar | lan eyangmu sri bupati | mêngko nyawa dadia pusakanira ||

29. Kadarwati matur nêmbah | wong agung alon nambungi | babo nini anak ingwang | nugraha gêng ingkang prapti | êmbahmu masiyati | alah ta mas sagunung Kud | kakèn-kakèn ninèna | dadia ratu linuwih | asugiha putra kaya eyangira ||

30. cinarita tigang dina | rêrêp pakuwon tulya sri | kathah ingkang pacangkraman | sira Dèwi Kadarwati | lan raka sabên wêngi | mêmêtêki sukunipun | suku têngên kang raka | Pangera Kelan mêtêki | Kadarwati mêtêki suku kang kiwa ||

31. sarwi dongèng cêcarita | pramèswari ing Mêdayin | mituturi ingkang wayah | kulup ramanira nguni | kala mandi sirèki | suwita mring eyangamu | anèng Mêdayin magang | gawa bala pitung kêthi | sanagara orêg dening ramanira ||

32. dadi ojating pangucap | baguse ramanirèki | samêdayin nora ana | kang mirib prandene gusti |

--- 3: 57 ---

maksih bagus sirèki | amêmêt anyamut-nyamut | maksih wiraga sira | ramanira sêmu tani | anyantrèni pan nora pati nyatriya ||

33. nanging cahyane kewala | ngêdus sakèhing kumêlip | kêkayon alum alêsah | dèn lirika sêgêr malih | kêmbang kang maksih kincip | dèn lirik sarine mawur | nadyan uwong sakarat | dinulua saras malih | pan mêngkono cahyane wong tuwanira ||

34. tan kêna pisah sadina | lan eyangmu sri bupati | kaya dèn gendhong-gendhonga | pamanira têlu kèri | amung ramanirèki | dèn cêkêdhing siyang dalu | ya kulup ngêndi ana | nayub kongsi têlung bêngi | têlung dina iku anèng patamanan ||

35. ibunira Si Muninggar | samono karade dhingin | kamomosên wong angucap | wong jaba miwah jro puri | amung ramanirèki | rina wêngi kang dèn wuwus | mangkana cinarita | pramèswari ing Mêdayin | lamun arsa dhahar kang wayah ngandikan ||

36. Kadarwati ingantenan | wêlase kapati-pati | mring wayah Pangeran Kelan | para wayah sadayèki | apanta sami maksih | sadaya tinunggu ibu | amung kang wayah Kelan | têka alola pribadi | ya ta budhal lampahe angraras driya ||

--- 3: 58 ---

46. Mijil

46. Pramèswari Mêdayin wontên ing Kuparman

1. praptèng jro kitha lampahirèki | orêg kang nênonton | lurung-lurung atimbun agêbèl | para wayah sami tinggal baris | samya anjajari | kanan kèri pungkur ||

2. ningkab joli agung nêningali | pramèswari dongong | gêlis têmên prajèki gêmahe | angungkuli nagri ing Mêdayin | arata tur rêsik | tumumpang kang banyu ||

3. jêmbare padha lawan Mêdayin | rêspatine kaot | apan bagus ing kene patute | rata rêsik lawan akèh kali | lawan akèh jinis | rupane wongipun ||

4. jinis Cina kêthèn sun tingali | irêng Minangkabo | akèh têmên wong iki jinise | warna-warna akèh jinis putih | kêthèn wong Kêlasi | elur elar-elur ||

5. lan Mêdayin lurung jêmbar iki | lawan isining wong | puk sapuluh pan akèh ing kene | karane dhingin Ki Rustamaji | anèng ing Mêdayin | êndang kudu mantuk ||

6. nèng Mêdayin tan bêtah rong sasi | apan nuli keron | kudu mulih mring Kuparman bae | nora dimpe mangkene prajèki | sakalire kari | nagari Mêdayun ||

7. lampahira tan kawarnèng margi | wus manjing kadhaton | para wayah nyandhak jêmpanane | kang amikul pan para [pa...]

--- 3: 59 ---

[...ra] narpati | praptèng dalêm puri | ing wismèng Marpinjun ||

8. lagi sapasar wus dèn aturi | wus angalih ênggon | putri Parangakik ing dalême | saênggène kang wayah tan kari | Dèwi Kadarwati | saparane tumut ||

9. nuli mêdal saking dalêm puri | marang para katong | putra wayah nglimalas dinane | Raja Sêmakun ngaturi dhingin | wus samadya sasi | binêkta sang prabu ||

10. Prabu Parangakik kang ngaturi | madya căndra kono | nulya ngalih marang wayah malèh | Sri Bupati Karsinah ngaturi | nulya Rustamaji | samadya sitangsu ||

11. nulya pangeran ing Kaelani | sawulan nèng kono | apan iku kinasihan dhewe | nuli Rahadèn Hasim Kuwari | lan Hasim Katamsi | sami laminipun ||

12. nuli binêkta kang buyut malih | sang raja ing Kaos | wus warata ing para wayahe | nuli wangsul ing jro pura malih | kang samya naosi | sagung para ratu ||

13. langkung suka warêg tanpa bukti | suka tanpa nganggo | para wayah madêg ratu kabèh | kang satriya balane ngluwihi | Radèn Atasaji | kinathik ing buyut ||

14. dene kang mintir tampi pêparing | mring eyang tan towong | pangeran ing Kelan kêrêp dhewe | nadyan Sêmakun lan Rustamaji | datan animbangi | paring wantu-wantu ||

15. amung pangeran ing Kaelani | ingkang sih kinaot | sami wayah tan ana ibune | ing pêndhak rong dina dèn timbali | yèn ing pukul siji | amêtêki [amê...]

--- 3: 60 ---

[...têki] suku ||

16. pukul satêngah lima tan mari | marêk sakaroron | apan agung cinaritakake | lêlakone kang rama ing nguni | duk larene nênggih | malah kongsi sêpuh ||

17. malah diwasa dadi prajurit | sugih bala katong | pratingkahe kala bêbakale | apaitan momot angluwihi | langkung ngapurèki | mangkya manggih luhur ||

18. padhang tyase Pangran Kaelani | miyarsa cariyos | ingkang eyang inggih wirayate | lêlakone duk anèng Mêdayin | mila rêmên sami | kêmit êmbahipun ||

19. Raja Sêmakun asring nambungi | yèn ibu tumpangso | cat-êcatan kang ibu emute | apan Prabu Sêmakun mêningi | mila sring nambungi | yèn supe kang ibu ||

20. sampun pêpitu sêlir kêkalih | sêlire kang anom | apan sami angalih patute | mila kathah Sêmakun putrèki | dèrèng rabi putri | milane amutung ||

21. tumut kang raka pan dèrèng lami | rabi putri kaot | mila lali marang wong tuwane | ngugêmi ipe dadi narpati | sungkême tan sipi | Sang Prabu Sêmakun ||

22. mangkya lami Sang Surayèng Bumi | dènira ngadhaton | nèng Kuparman angulah kamuktèn | datan kirang nagri loh jinawi | mukti sagarwèki | putra putu buyut ||

23. ibu Mêdayin atunggu lami | kayungyune tumon | para wayah madêg ratu gêdhe | duk sêmono

--- 3: 61 ---

wong agung tinangkil | aglar kang para ji | para rajasunu ||

24. lir samodra bala kang anangkil | nalika praptèng rob | pêparentah ing para putrane | padha siyagaa ing ajurit | kabèh anak mami | lan yayi Sêmakun ||

25. padha iridên putranirèki | mondhongi sang katong | panêmbahan aturana mulèh | lan lungane atilar nagari | lamun angukuhi | Ratu Ngambarkustup ||

26. iya gêcêkên nagrine nuli | Sêmakun wotsinom | sintên sinêpuh-sêpuh ing gawe | dene ingkang budhala rumiyin | kêkalih para ji | tiga buyut ingsun ||

27. ingkang tuwa ing gawe sirèki | para putrèng katong | sira yayi mapan pangiride | anak-anakira anindhihi | putunira sami | gawenên pianjur ||

28. putunira roro bae kari | ana tunggu mring ngong | Si Atasaji tunggu buyute | lan putuningsun ing Malebari | sandika turnèki | Sang Prabu Sêmakun ||

29. anak ingsun Iman Karnaèni | iya mantuningong | Kadarwati têngga ing êmbahe | amung garwanira kang paminggir | kang milu sirèki | sumăngga wotsantun ||

30. Menak Abas wus kinèn anulis | sêrat kalih dados | kang satunggil mondhongi kondure | marang Sang Prabu Anyakrawati | kang satunggil maring | Ratu Ngambarkustup ||

31. lajêng ujung sang narendra katri | ingkang lajêng bodhol | andhingini lawan sabalane | Prabu Aris Munandar [Mu...]

--- 3: 62 ---

[...nandar] Betarti | Mraja Banuarli | Talsiyah wadya gung ||

32. Purwakăndha Sang Prabu Pirngadi | ingkang sami bodhol | sami ujung marang wong tuwane | lajêng gumuruh swaraning dasih | agung kang prajurit | lami asmara kung ||

47. Asmaradana

47. Prabu Sêmakun makili Wong Agung nglurug Ngambarkustup

1. wus lêpas ingkang lumaris | Sang Prabu Aris Munandar | Rajèng Talsiyah sarênge | miwah Prabu Purwakăndha | ing marga tan winarna | narendra katiga rawuh | ing nagrine sowang-sowang ||

2. pangirid bala Betarti | kalih kêthi kawan lêksa | ulubalang Raja Gèndhèr | pangirid bala Talsiyah | patang kêthi sadaya | pianjur Raja Kalbêskul | pangirid ing Purwakăndha ||

3. Raja Kuskèhèl prajurit | patang kêthi pitung lêksa | lajêng bêbahak lampahe | ing wuri nagri Kuparman | wus samakta kang bala | sadaya sami angujung | mring rama ibu sadaya ||

4. marang eyang pramèswari | Mêdayin ing sawusira | mijil saking jro kadhaton | lajêng budhale sadaya | anglir samodra bêna | pangarsa Prabu Sêmakun | ngirid para rajaputra ||

5. ing wuri Sang Rustamaji | nulya Sang Rajèng Karsinah | sawadya para ratune | Prabu Parangakik wuntat | sawadya para nata | Kasim Kuwari sumundhul | Hasim Katamsi [Kata...]

--- 3: 63 ---

[...msi] ing wuntat ||

6. ing marga datan winarni | ya ta wau sampun prapta | jajahaning Talsiyahe | punggawa bumi tur marga | ngirid anjog jajahan | anjujur mring Ngambarkustup | kang baris agêng anggepak ||

7. sang aprabu ing Betarti | Talsiyah ing Purwakăndha | miyarsa sarêng budhale | nusul senapatinira | sang prabu ing Gumiwang | baris agêng wus kasusul | anèng nagari Bayidan ||

8. puniku tampingannèki | Ngambarkustup wus kaidak | bala Kuparman praptane | Bayidan Raja Mintaha | sabala mêthuk ing prang | kadya kêkalèn anêmpuh | ing bangawan banjir bandhang ||

9. kèlês kaidak ing jurit | lumajar Raja Mintaha | atur uninga praptane | mring Apatih Barikahar | puniku patih kadang | dening Prabu Ngambarkustup | sang nata duk siniwaka ||

10. lan kang rama ing Mêdayin | sampun anèng panangkilan | aglar ratu punggawane | satriya lan ulubalang | kasaru praptanira | Raja Mintaha agupuh | jujug Patih Barikahar ||

11. tur uninga mêngsah prapti | saking ing wetan wus lama | wong Betarti kang anyorok | wong Talsiyah Purwakăndha | botên kadamêl rasa | ing wuri pan kadi ladhu | ngêbroki nagri Bayidan ||

12. kyana patih eca linggih | kalawan Ki Patih Bêstak | Urmus lan Irman jajare | praptane Raja Mintaha | majêng rêkyana patya | tur sêmbah inggih pukulun | wontên mêngsah agêng prapta ||

13. pun Raja Mintaha prapti |

--- 3: 64 ---

nagrine kancikan mêngsah | tanpa wilangan balane | kathah ingkang para raja | sami putra Kuparman | satunggal putra Mêdayun | senapati ing ayuda ||

14. dene ingkang anindhihi | kaponakane sadaya | sami raja gêdhe-gêdhe | Raja Sêmakun Gumiwang | Parangakik nagara | Jayusman Murijalsamsu | dene Sang Rajèng Karsinah ||

15. Ruslani Danurusamsi | sami prawira ngayuda | tanpa wilangan balane | sami raja sugih bala | prajurite ayutan | pangeran kang tuhu bagus | Amiratmaja ing Kelan ||

16. balane para narpati | santanane saking Kelan | sami prajurit kinaot | têlik kawula têtela | awrat mêngsah punika | wong Kuparman yèn anglurug | yèn para putra kewala ||

17. awrate linawan jurit | tan adarbe palamarta | botên êngah gêgitike | wantuning anèm punika | rêmên mêtokkên gêlar | gêlar kêmat ing prang pupuh | yèn wontên sami kang rama ||

18. tan wontên purun cumuwit | agêlar pangapurèng prang | Raja Akbar pandangune | sapa pangiriding lampah | senapatining yuda | Patih Barikahar matur | Raja Sêmakun Gumiwang ||

19. putrane jalu wuragil | dhatêng rama jêngandika | Raja Bariakbar nolèh | mulat ing Prabu Nusirwan | mila putra paduka | punika kang dadi mungsuh | nauri Prabu Nusirwan ||

20. lah ta inggih kadipundi | sanadyan punika anak | pan inggih nêdya marojol | saking

--- 3: 65 ---

têmbene pun bapa | sumambung Patih Bêstak | duk wontên Purwakăndhèku | brangta mring putri Gumiwang ||

21. putrèng Raja Karungrawi | rama paduka sang nata | botên nuruti sêdyane | dening satêngahing aprang | puniku nuntên kesah | bêkta mung wong pitung puluh | suwita Sultan Kuparman ||

22. panangise dèn turuti | brangtane putri Gumiwang | Wong Agung Menak dutane | amundhut putri Gumiwang | sami sadalu kêna | kang rama Gumiwang sampun | ing yudane pinêjahan ||

23. putrine Dèwi Rukyati | binêkta mring baris Arab | pan lajêng pinanggihake | milanipun botên ketang | anut agama sasar | anggèr Rahadèn Sêmakun | masuk agama urakan ||

24. pasthi eklas maring pati | nadhahi bilai siksa | dèn oprak-oprak nyawane | amung tut wuri ing kadhal | kabèh nyawaning Islam | lan amor nyawaning kuwuk | beda lan nyawaning kopar ||

25. anjujug sawarga sami | ing bale jumêrut pelag | lajêng alungguh mathènthèng | wong Islam măngsa kênia | langkung cêlak sawarga | pasthi dèn oyahkên asu | dening widadari kathah ||

26. gumêr kang sami miyarsi | ing ature Patih Bêstak | ngluputakên ing tekade | Sêmakun purune Islam | tan etang mati sasar | mung buru dunya nak edhul | panggih lan putri Gumiwang ||

27. lajêng kinarya narpati | ngêbroki nagri Gumiwang | Raja Sêmakun ing mangke | sok [so...]

--- 3: 66 ---

[...k] ajêng bèrèk kang rama | duk aprang Purwakăndha | sampuna enggal lumayu | kang rama mèh tinalêmpak ||

28. Raja Akbar duk miyarsi | ing ature Patih Bêstak | sakala ical ciptane | bisane Ki Patih Bêstak | marapêt ing arênggang | ical sănggarungginipun | anglabuhi mring kang rama ||

29. kasaru punggawa prapti | sakawan bêbêrundhulan | saking Mêdayin praptane | numpal kèli praptanira | anjujug Patih Bêstak | lajêng sinaoskên ngayun | ature Ki Patih Bêstak ||

30. katiwasan sri bupati | bupati kang têngga praja | sami angedan praptane | nagri Mêdayin jinarah | bupatine sadaya | dhatêng Sang Prabu Sêmakun | pinala lajêng binănda ||

31. risak nagari Mêdayin | jro pura isine têlas | ibune sampun binoyong | binêkta dhatêng Kuparman | pawongan kabèh lapgang | dene Sang Prabu Sêmakun | muwuhi warta Ki Bêstak ||

32. sakathahe pra dipati | dhomas binănda sadaya | mung kawan atus wartine | binêkta dhatêng Kuparman | kawan atus tinilar | inggih têngahing wana gung | sami dèn ugêr lan wrêksa ||

33. sarwi pangucape bêngis | Raja Sêmakun Gumiwang | payo kon ngrêbut dèn age | ratumu si dhawuk jawal | besuk yèn nora têka | sagone pasthi sun jujug | gawe jajalan talêmpak ||

34. andongong Prabu Mêdayin | ngucap maring Raja Akbar | adhuh pun bapa wurung wong | rinusak-rusak [rinu...]

--- 3: 67 ---

[...sak-rusak] ing anak | yèn ta botên enggala | pitulunge anak prabu | kaburak dèn urak-urak ||

35. Raja Bariakbar angling | rama prabu sampun susah | kula kang amulihake | sakathahing karisakan | kalawan kalingsêman | kula walêse ing besuk | siasat pangewan-ewan ||

36. maksih sakeca tinangkil | wontên dasih tur uninga | duta raja ing praptane | lan jaran tan mawi dharat | turăngga tigang lêksa | dutane Prabu Sêmakun | amandhi tunggul panantang ||

37. dutane ratu prasami | ratu wadya Purwakăndha | kang nama Raja Kuskèhèl | satunggil bala Talsiyah | ratu kang pêpilihan | kang bisikan Raja Bêskul | sami ratu gagah ing prang ||

38. rêkyana patih tinuding | mêthuk caraka kang prapta | andhêgên jaba balane | amunga nyatus kewala | manjing ngiringkên layang | Patih Barikahar sampun | nêmbah mêsat lajêng mêdal ||

39. prapta sakèthèng wus panggih | mring duta ingandhêg jaba | kang tigang lêksa balane | rong atus ingkang binêkta | lajêng mring panangkilan | tumurun mring alun-alun | caraka saking turăngga ||

40. prapta ing ngarsanirèki | Raja Ngambarkustup mojar | linggiha lan para katong | kang kinèn prasamya lênggah | sira dutane sapa | umatur ingkang anuduh | Raja Sêmakun Gumiwang ||

41. ingkang kinarya sêsulih | ing raka Sultan Kuparman | kula pun Raja Kuskèhèl | turunan ing Purwakăndha | kalawan ing

--- 3: 68 ---

Talsiyah | pun adhi Sang Raja Bêskul | kêkalih surat punika ||

42. pinundhut surate aglis | dening Patih Barikahar | lajêng katur ing sang katong | ngalamat pan tiningalan | siji marang Nusirwan | siji Ratu Ngambarkustup | binuka bêbukèng wuntat ||

48. Pangkur

48. Prabu Nusirwan dipun kêkahi dening Prabu Bariakbar

1. pèngêt iki layang ingwang | kang muryani Gumiwang Sri Bupati | Sri Maha Prabu Sêmakun | ingkang luwih santosa | saking arah kuwatir sampun kapungkur | tumindak ingarah wênang | kang kinarya senapati ||

2. dening Wong Agung Kuparman | ambawani sagung barisan iki | atmajèng Nusirwan ingsun | putune Sri Kobatsah | pan kabuyut ing Prabu Sareas tuhu | trahing ratu pinituwa | binathara ing para ji ||

3. têkaa layang manira | marang sira Bariakbar kang pasthi | hèh Sang Prabu Ngambarkustup | wruhanta praptaningwang | rama Prabu Nusirwan iku sun pundhut | sun gawa marang Kuparman | lamun sira angukuhi ||

4. kandêlana kuthanira | lan amèta sraya ratu prajurit | ingkang prakoswa dibya nung | măndraguna ngayuda | kang supaya kuwasa srayanirèku | anăngga grêdakaningwang | ing asmara Jayèngjurit ||

5. wus titi gantya amaca | Sri Bupati Mêdayin [Mêda...]

--- 3: 69 ---

[...yin] maos tulis | la-êla mutadanipun | tan winarna dangiyah | kaatura sêmbah kawula pukulun | putra tuwan ing Kuparman | pirêngga Surayèng Bumi ||

6. kawula atur uninga | kangjêng ibu sampun dipun pondhongi | ing yayi Prabu Sêmakun | binêkta mring Kuparman | dene inggih lampahe yayi Sêmakun | kula kèn amondhongana | ing paduka sri bupati ||

7. Mêdayin kalangkung risak | suwêng mamring saking paduka lami | katutuh ing lampahipun | yayi Prabu Gumiwang | salah tampi wong Mêdayin gègèr mawur | sampun sêpuh jêng paduka | sampun kadi nguni-uni ||

8. musakat salira tuwan | dene lamun Bariakbar ngukuhi | sang prabu ing Ngambarkustus[2] | putra tuwan Gumiwang | kang kula kèn anggêcêk yayi Sêmakun | ambănda Si Bariakbar | titi wirasaning tulis ||

9. Sang Aprabu Bariakbar | alon angling ing duta ratu kalih | hèh Raja Kuskèhèl Bêskul | matura gustinira | ingsun nora ngaturi Rajèng Mêdayun | sun aturi gawe apa | têkane têka pribadi ||

10. anjaluk tulung maringwang | ngungsi urip sanggup rêp dèn patèni | lah tarinên dhewe iku | Raja Kuskèhèl sigra | sami matur kalawan Sang Raja Bêskul | pukulun Ratu Nusirwan | kula tinuduh ing gusti ||

11. Sri Naranata Gumiwang | jêng paduka punika dèn pondhongi | wong agung sampun asêpuh | bok sampun kadhungsangan | yèn manggiha siya-siya datan arus [a...]

--- 3: 70 ---

[...rus] | tumungkul Prabu Nusirwan | kèndêl datan anauri ||

12. Raja Kuskèhèl lingira | hèh Ki Patih Bêstak sri narapati | tan arsa nauri wuwus | sira dhewe ngucapa | apa karsa apa ora sang aprabu | sumaur Ki Patih Bêstak | karsa apane sang aji ||

13. jêr iku wêruh ing cipta | nora yêkti kang nuding ing sirèki | karsane Raja Sêmakun | yèn kang rama puruna | pan cinêkêl ngaturakên bandan iku | iya marang ingkang raka | Wong Agung Surayèng Bumi ||

14. Raja Kuskèhèl asugal | sira iku têgêse kang nglucubi | tan ana kaya sirèku | jangkah kang ora-ora | karanane Sang Prabu Nusirwan iku | durung salamêt satingkah | pan ingsun nanggunga wani ||

15. măngsa kongkonana raja | yèn duwea kaya ujarmu iki | sayêkti putusan jagul | kang nora bisa ngucap | ngêjugakên layang bae têgêsipun | milane akongkon raja | mêmilih para narpati ||

16. lan ingsun anggawa bala | yèn bakala kapondhong dening mami | age sun utusan mantuk | sayêkti gustiningwang | mapag dhewe iya Sang Prabu Sêmakun | para putrane ginawa | kang wus padha madêg aji ||

17. marang Ki Apatih Bêstak | angucapa paran ta sri bupati | kang pasthi ing karsanipun | Bêstak mênêng kewala | sira Raja Kuskèhèl angucap rêngu | sakala datan panon rat | mudhun jog saking ing kursi ||

18. Ki Patih Bêstak [Bêsta...]

--- 3: 71 ---

[...k] cinandhak | wangkingane tinarik wus katarik | jinunjung ingikal muluk | kadi amutêr gada | samya eram sagung ingkang samya dulu | sawusnya ingikal-ikal | sigra binanting ing siti ||

19. Ki Patih Bêstak kantaka | sira Raja Kuskèhèl wangsul malih | maring ênggènira lungguh | wong Mêdayin sadaya | sami kêkês tan wontên sami têtulung | anake Bêstak Baktiyar | tumungkul marêbês mili ||

20. Patih Bêstak satanginya | galangsaran durung bisa alinggih | Raja Kuskèhèl umatur | ing Raja Bariakbar | tuwan wastanana kawula pukulun | pun Bêstak ambubrah tata | ya tatane wong aurip ||

21. ratune tan arsa ngucap | pêpatihe inggih sayêkti kêni | rêbut saenaking laku | têka butêng kewala | sru ngandika sang prabu ing Ngambarkustup | hèh Kuskèhèl bênêr sira | padha tinuduh ing gusti ||

22. sayêkti amrih wangsulan | apan ingsun durung kêna mangsuli | jêr layang mangkono iku | kang duwe awakana | mila sira matura marang sang prabu | yèn uwis pasthining karsa | kono gon ingsun mangsuli ||

23. tumungkul Prabu Nusirwan | Patih Bêstak maksih gumuling siti | tan ana kang wani jupuk | dene Sang Raja Akbar | bênêrakên Kuskèhèl pratingkahipun | têgêse Ki Patih Bêstak | makewuh sikara budi ||

24. angling Raja Bariakbar | hèh ta paran Sang Prabu Nyakrawati | karsa tuwan kang satuhu | punapa tumut tuwan | pinondhongan [pinondhong...]

--- 3: 72 ---

[...an] dhatêng Sang Prabu Sêmakun | sri bupati ing Gumiwang | Nusirwan nolih ing wuri ||

25. marang sagung para nata | ing Mêdayin nauri dènira ngling | mring Sang Prabu Ngambarkustup | punika rama tuwan | ing batose ajrih puniku pukulun | dhatêng Sang Rajèng Gumiwang | nadyan putrane sayêkti ||

26. jêr inggih sampun kantênan | kolunipun ingkang rama mêjahi | duk Palulkiyah rumuhun | inggih rama paduka | mèh kacandhak kabêrêg tan wontên purun | sagung prajurit Kuparman | mitambuhi dèn liwati ||

27. dupi baris samya mingkar | tinakonan barise sapa iki | akêtêl nora tinêmpuh | ature pan punika | cêlak gène rama tuwan sang aprabu | Prabu Sêmakun miyarsa | yèn gène rama rinèki ||

28. sigra anyandhak gandhewa | nyandhak langkap sarwi nrêgakên baris | lingira Prabu Sêmakun | tunjangên goning rama | lah idêkên ilêsên walate ingsun | wong tuwa nora prayoga | patènana aja wigih ||

29. ingkang raka kalih pisan | yèn sampuna rikat palajêngnèki | Radèn Irman lawan Urmus | ginacar ing talêmpak | sajatine amopo rama sang prabu | binatin amung paduka | yogya ngêkahana pati ||

30. Sang Aprabu Bariakbar | matur marang sang prabu ing Mêdayin | punapi inggih pukulun | kadi turing punggawa | saur pêksi ngandika Prabu Mêdayun | anak prabu sintên wêlas | anak sami ngarah pati ||

--- 3: 73 ---

31. angling Raja Bariakbar | dipun pêsthi kula yêkti ngêkahi | ajura ing Ngambarkustup | măngsa inggih gingganga | nênggih wajib têtulung samaning ratu | nanging dèn sami pasaja | sampun ta kadi pun patih ||

32. Bêstak langkung kamandaka | aniwasi kanggea kang para ji | yèn ratu alampah dudu | yêkti yèn ngrusak awak | botên purun anglabuhi lara lampus | hèh Raja Kuskèhèl sira | matura gustinirèki ||

33. yèn mêngko wus sida aprang | sun kukuhi Prabu Anyakrawati | ya ingsun sakarêp iku | karsane ratunira | wus muliha nora susah angsul-angsul | Raja Kuskèhèl pamitan | mundur ing ngarsanirèki ||

34. Patih Bêstak ginotongan | mring anake Baktiyar gawa mulih | marang ing pakuwonipun | praptane tinangisan | mari dènnya kantaka têtanya wau | kapriye ing panangkilan | dene ngong ginawa mulih ||

35. Baktiyar alon turira | botên wontên inggih dados prakawis | sang prabu ing Ngambarkustup | anglêrêsakên duta | mung paduka tinêtêpkên luputipun | Patih Bêstak amiyarsa | nangis sarta lara malih ||

36. Baktiyar malih turira | ing ayuda inggih pan sampun pasthi | dadosing pamoponipun | sang aprabu tan arsa | pinondhongan ing putra Prabu Sêmakun | mati uripa kalawan | ing Ngambarkustup Sang Aji ||

37. Raja Kuskèhèl punika | pan ingalêm sabab purun ngawaki | ngêpruk [ngê...]

--- 3: 74 ---

[...pruk] wong nêdya bêbingung | ing laku kamandaka | pan paduka dajal lanat setan gundhul | tinêtêpakên tan owah | lamun sêsukêring bumi ||

38. Patih Bêstak mêgap-mêgap | adhuh biyung pagene awak mami | têka ngabar nora payu | apa jarajat sirna | kayaparan budinira iki kulup | Baktiyar alon turira | kula nom botên udani ||

49. Sinom

49. Prajurit Kuparman Ajêng-ajêngan kalihan prajurit Ngambarkustup

1. pamuwuse mangap-mangap | yèn krêtaa jagad iki | sira tan dadi manusa | yêkti malaur kang bêcik | ingkang rahayu budi | pasthi sira nora payu | wong nora wani aprang | yèn ora lumaku drêngki | yêkti cupêt kulup sandhang panganira ||

2. yèn ratumu atut lawan | Wong Agung Surayèng Bumi | kulup sira dadi apa | măngsa sinisil têrasi | sayêkti sri bupati | wong Arab kang pinilaur | padha prawirèng yuda | salamêt rahayu budi | lamun nora jail pan sira kaponthal ||

3. kunêng Kyana Patih Bêstak | kang mêmuruk masiyati | ing putra Radèn Baktiyar | ya ta kawuwusa malih | Raja Kuskèhèl prapti | pakuwon Prabu Sêmakun | wana nagri Bayidan | kumpul lan sagung para ji | abojana lawan kang putra sadaya ||

4. Jayusman Samsumurijal | narendra ing Parangakik [Paranga...]

--- 3: 75 ---

[...kik] | munggèng ngarsane kang paman | Ruslani Danurusamsi | Karsinah Sri Bupati | lan Rustamaji nèng ngayun | Prabu Aris Munandar | Sri Naranatèng Betarti | pangeran ing Kelan lan ari kalihnya ||

5. Hasim Katamsi kalawan | Rahadèn Ambyah katampi | Sri Narendra Purwakăndha | sira Sang Prabu Pirngadi | Talsiyah Banuarli | tuwin para rajasunu | Kaharkusmèn Yujana | ing Kangkan Radèn Dikwanis | putra Kebar sira Rahadèn Suptandar ||

6. ing Turki Samardikaran | Radèn Kiswarin Diswarin | atmaja Iskaliskalan | Radèn Warindiya Bangit | miwah putra Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | lan Radèn Umarjaman | Umardani Umarsandi | apadene ratu kang manggalani prang ||

7. sadaya kaparèng ngarsa | lan bala ing Parangakik | kulup Kalbujèr Narendra | Kalkiyah Raja Dukyadis | ing Ngusur Sri Bupati | sira Sang Raja Dukyanus | jèjèr dènira lênggah | kang têngên Patih Bunandir | apadene kang para ratu santana ||

8. ing Parangakik akathah | nak-sanake ibunèki | manggala Ratu Karsinah | Sang Raja Prêjug lan Srênggi | lawan Sang Rajèng Drênis | Saptiyunasar nèng ngayun | manggala Ratu Kelan | Maliyat Kustur Kubarsi | Wrahat Kustur ipene Pangeran Kelan ||

9. tuwin kang ratu santana | kathah nagri Kaelani | arame ing panayuban | larih midêr wanti-wanti | janèwêr lan barduwin | kênit api adas anggur | gumuruh ingkang sênggak [sêng...]

--- 3: 76 ---

[...gak] | ngiras gunêm ing ajurit | angandika Raja Sêmakun Gumiwang ||

10. hèh anak prabu sadaya | yèn eyang dika puniki | upama binêktakêna | lawan botên eca pundi | matur kang putra sami | sumanggèng paman Sang Prabu | Sêmakun malih mojar | yèn agampang wurung jurit | lamun angèl yêkti sida băndayuda ||

11. têgêse angur angèla | pinrih sidaning ajurit | sêmune ciptane samya | anak-anak sadayèki | kêmba wurung ajurit | putu Kodrat Samadikun | puniku karoncalan | lan anak Kaharkusmèni | ing Yujana wong loro sêmune padha ||

12. lagya eca angandika | Raja Kuskèhèl duk prapti | manjing jroning pasamuan | katur tingkahe tinuding | miwiti amêkasi | pan sasolahira katur | kalamun kinêkahan | rama paduka sang aji | mêthuk ing prang sira Raja Bariakbar ||

13. lajêng tumut abojana | Kuskèhèl lan Bêskul sami | Raja Sêmakun parentah | enjing dèn samêkta sami | kêkirab marêpêki | marang kitha Ngambarkustup | anak Prabu Talsiyah | si anak Mutadarawi | dhinginana ngupaya arêbut papan ||

14. kalih umatur sandika | ing dalu datan kawarni | enjing atêngara budhal | sagung kang para narpati | kang sampun andhingini | lan sawadya para ratu | Prabu Pirngadi lawan | ing Talsiyah Banuarli | kadya alun gumulung prajuritira ||

15. ing marga datan kawarna | praptèng

--- 3: 77 ---

desa ing Bidari | bandar agêng pamapagan | bangawan agêng ing kèri | jêmbar rata ing kèri | prayoga papan prang pupuh | akarya pasanggrahan | wau sang narendra kalih | sampun dadya rêspati jêmbar polatan ||

16. sêdhêng dohe lan jro kitha | para ratu wuri prapti | balane kadya hèr nawa | gègèr busêkan wong ngili | turăngga akèh prapti | pacalang kadi sêsulung | pratela masanggrahan | wontên dhusun ing Bidari | sampun katur dhatêng Prabu Bariakbar ||

17. sampun angundhangi bala | prajurit para narpati | sami samêkta ngayuda | budhal saking kitha mijil | kadi sela blêkithi | prajurit ing Ngambarkustup | praptèng jawi mèt papan | saos pasanggrahan dadi | wus makuwon jawi Raja Bariakbar ||

18. kalawan Prabu Nusirwan | nêdya jênêngi ngajurit | wus rakit pakuwon samya | abojana lan prajurit | ing dalu tan kawarni | enjing têngara gumuruh | kêndhang gong asauran | myang têtêg gurnang thongthonggrit | awurahan atata baris samakta ||

19. baris Kuparman wus mêdal | mèt papan tata kang baris | balabar kadya wanarga | mungsuh rowang sami mijil | kapang têpung kang baris | prajurit ing Ngambarkustup | Sang Raja Bariakbar | lênggah ing palăngka rukmi | wus ambanjêng prajurit kang para raja ||

20. Raja Sêmakun Gumiwang | munggèng padmasana rukmi | sagung para rajaputra | atarap anèng ing kursi | Sang Prabu Parangakik | nèng amparan [ampar...]

--- 3: 78 ---

[...an] mantên murub | miwah Natèng Karsinah | munggèng dirgasana rukmi | Sultan Anom Rustamaji nèng dhampar mas ||

21. Pangeran Jaswadiputra | nèng wijoan palowani | Kasim Kuwari ajajar | lan ari Kasim Katamsi | sagung kang manggala ji | tuwin para rajasunu | aglar saos ing aprang | wawas-winawas kang baris | ngatag marang prajurit Sang Raja Akbar ||

22. mangsah andêling ayuda | jênggarang anitih èsthi | kawot kapraboning aprang | mêlak dipăngga sang aji | prapta nèng papan aglis | sêsumbar anguwuh mungsuh | payo prajurit Arab | papagêna tandang mami | arok bănda rêbut rèh ywa mundur ing prang ||

Lajêng nyandhak: Menak Kustup

--- 3: [79] ---

Isinipun.

... Kaca

36. Candhakipun Prabu Kasrukum pados sraya. ... 3
37. Sultan Jayusman siniwaka wontên ing Kuparman. ... 5
38. Bêbantu saking Kuparman dhatêng. ... 9
39. Wong agung angsal pangapuntên. ... 16
40. Raja Kulibadir pêjah dening Radèn Aris Munandar. ... 20
41. Wong agung nglurug dhatêng Purwakăndha (Mutadarawi). ... 29
42. Raja Kasrukum pêjah dening wong agung. ... 34
43. Wong agung kondur dhatêng Kuparman. ... 38
44. Pramèswari Mêdayin dipun boyong dhatêng Kuparman. ... 46
45. Pramèswari Mêdayin pêparing dhatêng putra wayah. ... 51
46. Pramèswari Mêdayin wontên ing Kuparman. ... 58

--- 3: [80] ---

... Kaca

47. Prabu Sêmakun makili wong agung nglurug Ngambarkustup. ... 62
48. Prabu Nusirwan dipun kêkahi dening Prabu Bariakbar. ... 68
49. Prajurit Kuparman ajêng-ajêngan kalihan prajurit Ngambarkustup. ... 74

 


Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
Ngambarkustup. (kembali)