Menak Kustup (Jilid 2), Balai Pustaka, 1935, #852

1. Menak Kustup (Jilid 1), Balai Pustaka, 1935, #852. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
2. Menak Kustup (Jilid 2), Balai Pustaka, 1935, #852. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak

Serie No. 1161a

Menak Kustup

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits - bibliotheek.

16. Raja Bubarwan lan Raja Krasbinandur Dipun Pidana.

1. Dhangdhanggula

1. banjêng lawan Sang Natèng Kubarsi | Rajèng Kulup Pêrjug lan Kalkiyah | ing Dhayak Sindhangdhayange | kathah lamun cinatur | para putra para narpati | asri nèng panangkilan | kèhing para ratu | Raja Brikahar nèng ngarsa | ratu bumi banjênge dènira linggih | Talsiyah Purwakôndha ||

2. marentahi wong pitung nagari | pinundhutan mêpêka kêmasan | ing pura anambut gawe | rêmên Prabu Sêmakun | palu rante gêgaman jurit | lan prakosa kaduga | êmas wawrat sèwu | kati yèn angubêngêna | malah ingkang putra Dyan Hasim Katamsi | kang pinundhutan wulang ||

3. pamutêre panarikirèki | lan nyêndhal panarike pan beda | panyêblak lan pangêlabe | mangkana sang aprabu | cinarita pan sampun bangkit | dènnya mundhut kêmasan | antuk pitung atus | kancana rong puluh unta | kang linêbur jangkêp wawrat sèwu kati | kinarya pitung dina ||

4. cinaritakakên iya maring | sagung ingkang wong ahlul carita | ing pitung dina dadine | dènnya guru sang prabu | mring kang putra

--- 2 : 4 ---

Hasim Katamsi | tigang wulan sampurna | Sang Prabu Sêmakun | bisa mrih tanaganira | apan beda lan sagung gêgaman jurit | pawitan luwês rosa ||

5. pan mèh sami rantene sang aji | lawan Sang Prabu Tasangsulngalam | dhapure kang palu rante | miwah mase asêpuh | kang amilur bèhro satai | mangkana abojana | Sang Prabu Sêmakun | ngiras prasami bicara | kang rante mas sinabêtakên waringin | rungkad sumyur suh rêmpak ||

6. sami-sami putra ing Mêdayin | ragi dawêg Sêmakun punika | angungkuli prakosane | dènnya maksud gêguru | mring Wong Agung Surayèng Bumi | atambuh têtêg awas | tibaning pamupuh | panangkis sami winulang | mring kang raka miwah sikêp pêdhang tamsir | sampun sami kacingak ||

7. amung palu rante angluwihi | yèn tan luwih karosane raja | nora bisa malu rante | pratôndha kuwatipun | duk samana sri narapati | agung dènnya bojana | kasukan anutug | wong Mêdayin kang kabônda | ratu kalih Krasbinandur kang satunggil | satunggile Bubarwan ||

8. tinimbalan lêlaran kêkalih | praptèng pasamuan anèng têngah | bêbandan sinaosake | Bubarwan Krasbinandur | pan anyingkruk tumungkul isin | kanan kèri kang lênggah | sagung para ratu | ambanjêng munggèng wijoan | myang amparan satriya munggèng ing kursi | sang prabu angandika ||

9. Krasbinandur kaya pa sirèki | tuwin si uwa Raja Bubarwan | kaya [ka...]

--- 2 : 5 ---

[...ya] ngapa pangrasane | nêmu samono iku | têtêpan pangewaning bumi | wênang ingsun karyaa | marang rama prabu | yèn uga kacandhak ing prang | tan kumêdhèp gawea kaya sirèki | wajib sarengat ingwang ||

10. ing agamaningsun Jêng Ibrahim | nadyan bapa kaki buyut canggah | yèn salah katrap salahe | sira ta karo iku | angluwihi saking rama ji | karana ta sira kang | padha duwe atur | yèn kangjêng rama bêcika | lan kang putra Wong Agung Surayèng Bumi | padha gendholi sira ||

11. padha malang nora biyantoni | rêmbugira nut Si Bêstak samya | lawan saking sira dhewe | kadêrêng padha lumuh | isin manut agama sukci | lingsêm êndi ta sira | lan mangkono iku | sandhangên uga tyas ingwang | durung tutug sira wèh rasaning ati | karya rusaking jagat ||

12. kaping sèwu sira nora mari | kaping satus nora kapok sira | kang nora rus ing panggawe | dajal lanat sirèku | nora ana pikapoknèki | sabarang ing pratingkah | yèn wus kaping têlu | sêtun kaping pat ping lima | kaping pitu yêktinè yèn tanpa dadi | mari sarta lan tobat ||

13. sira iku dadi kukum kulib | nora dadi kukuming manungsa | kulib iya mung kukume | ngandika awor rêngu | wadana bang lir awor gêtih | sumrambah ing salira | jaja latu-latu | kang mulat eram sadaya | rêngu andik ing tingal muwus patitis | lêmpêng ing pangandika ||

14. ya ta matur [ma...]

--- 2 : 6 ---

[...tur] sang aprabu kalih | anggèr môngsa kilapa paduka | ing rèh pikir sakalire | nênggih rama sang prabu | yèn Ki Lurah Bêstak ngaturi | sintên purun nyundhula | sabarang rinêmbug | Prabu Sêmakun ngandika | payo ja na Pakelan sira ngaturi | Pakuwari ya padha ||

15. dhasar padha sêrêge tyasnèki | mêngko ingsun sinungan nugraha | kasandhangan iman mangke | tan ana asoripun | ing agama Nabi Ibrahim | besuk salin sarengat | ing nabi panutup | iku ratu utamanya | iya mijil saking darah Pusêr Bumi | nabi nayakaning rat ||

16. Kaki Betaljêmur kang amangsit | wong Mêdayin wite Kadam Makna | têka dhêmên gêgêrèsèk | wong ala kudu muput | ingsun iki wajib akardi | kukum pangewan-ewan | ing agamaningsun | miwah ngukuma ing sira | yêkti têtêp sira iku kukum kulib | Prabu Sêmakun sigra ||

17. angêjèpi ing Radèn Dikwanis | putrèng Kangkan wus sinung parentah | kêkalih ingadêgake | Bubarwan Krasbinandur | baunira kang têngên sami | pinêdhang sami pagas | ratu kalih rubuh | kantaka gumuling lêmah | kinèn nyiram ing toya dangu anglilir | baune sampun pisah ||

18. lininggihkên karo dèn jagani | sami ebat sadaya kang mulat | sri bupati pratikêle | moga mantêp akukuh | sadangune dènnya mêmiring | ngandika datan arsa | marang wong Mêdayun | yèn inganggêpa manungsa | mung inganggêp kulib ing têgêse [têgê...]

--- 2 : 7 ---

[...se] anjing | sadaya tan anyana ||

19. lamun Prabu Sêmakun nêmêni | kang lininggihakên jinaganan | baune sinandhingake | hèh Raja Krasbinandur | lan Si Uwa Bubarwan mangkin | apa pangrasanira | salaminirèku | nora duwe kira-kira | lamun sira bakal nêmu kaya iki | pamalês during tingkah ||

20. sami tan ana saure nangis | sami kêkês mulat ing sang nata | kadya mong andik netrane | ngandika sang aprabu | putra Kebar kang kinèn nulis | sigra Radèn Suptandar | sandika turipun | tyase taha mring kang rama | mingsêr saking ênggène ramanirèki | nêrat soring wijoan ||

21. Prabu Sêmakun mèsêm dènnya ngling | Si Suptandar kakang prabu taha | dene ana wong tuwane | sabên-sabên puniku | corak-carèk sakala dadi | gumujêng ingkang rama | Yusup Adi matur | Prabu Sêmakun ngandika | surat kalih tonjok mring nagari Mrêtis | mring rama lan Sri Akbar ||

22. mundhut bala ing Mutadarawi | ratu ingkang badhe laku duta | piniji Raja Kuskèhèl | lawan Sang Raja Bêskul | winêwahan kanthine malih | para ratu sakawan | saha wadyanipun | ingkang wahana turôngga | sêrat sampun sinungakên kang tinuding | Kuskèhèl ratu dibya ||

23. dadya mantêp turôngga sakêthi | kang lumampah angêmbani sêrat | ratu kang tugêl baune | Bubarwan Krasbinandur | pan ginotong pambêktanèki | anèng ambèn-ambènan | têgêse puniku | kang kinèn ngaturkên sêrat [sê...]

--- 2 : 8 ---

[...rat] | mring kang rama Raja Kuskèhèl jênêngi | lawan sakancanira ||

24. Prabu Sêmakun bubar tinangkil | dalu lajêng boga abojana | lawan ingkang putra kabèh | miwah kang para ratu | apan nutug ing sabên ari | kunêng gantya kocapa | kang lumampah rawuh | ing nagari Mrêtis enjang | sakèthènge tutupan ajrih mêngani | Kuskèhèl angling sugal ||

25. hèh wong tunggu sakèthèng dèn aglis | umatura mring Sang Raja Akbar | lan Prabu Nusirwan age | yèn nora gêlêm matur | pasthi bubrah lawangmu mangkin | pan ingsun wong dinuta | bêbêcikan iku | lumayu matur ing nata | lamun wontên caraka aminta kori | ngandika Raja Akbar ||

26. wênganana andhêgên ing jawi | anggawaa wong sèkêt kewala | ingkang ngirida layange | wong tunggu kori wangsul | prapta wangsul parentahnèki | saking Sang Raja Akbar | sèkêt bae laju | Kuskèhèl agya parentah | sèkêt bae lan ratu lêlaran kalih | kabèh karia jaba ||

27. kinêmulan bau tan kaèksi | lawan layang kinèn anyêkêla | para ratu ngamping bae | ingkang nênêm puniku | Raja Akbar nèng pôncaniti | lan kang rama Nusirwan | punggawanira gung | maksih kathah ingkang trêsna | Raja Akbar angungsi mring nagri Mrêtis | mangkana praptanira ||

28. Raja Kuskèhèl nèng kanan kèri | lawan Bêskul prapta ing ngayunan | ratu kang ilang baune | kinèn mangsah mangayun | bêkta sêrat ing asta kèri [kè...]

--- 2 : 9 ---

[...ri] | kêmule wus binuka | Raja Krasbinandur | kalawan Raja Bubarwan | ngaturakên sêrat saking kanan kèri | jumbul Prabu Nusirwan ||

29. kêmlurusên Sang Prabu Mêdayin | mungur-mungur munggèng padmasana | dhêlêg-dhêlêg mumêt bae | dhêngglêng tan bisa muwus | sêratira tinampan sami | karo mring Raja Akbar | ratu kalih sampun | marani mring Patih Bêstak | kyana patih singunên sampun gumlinting | gumuling ing bantala ||

30. dadya Raja Akbar ngandika ris | wus sun puwung karo iki layang | norarsa nungkul ing mangke | sapa wruh dadinipun | ing narpati wajib ngugêmi | uwis sira matura | ing Prabu Sêmakun | tan wurung sun magut ing prang | sapisan kas Kuskèhèl mundur wus amit | gantya angroning kamal ||

17. Prabu Johanpirman Sagah Malês Ukum Prajurit Kuparman.

2. Sinom

1. narendra kalih tinilar | kang pagas baunirèki | anèng ing Mrêtis nagara | sarta kalawan pamêling | marang ing caraka ji | nênggih Sang Prabu Sêmakun | Kuskèhèl praptanira | ing Ngambarkustup nagari | matur solah pratingkahira dinuta ||

2. kunêng gantya kawuwusa | nênggih Tasmitèn nagari | Sang Aprabu Johanpirman | ratu prawirèng ajurit | pilih ingkang tumandhing | akathah kang para ratu | ingkang kasoran ing prang | abot sangganing ajurit | prakosane sira

--- 2 : 10 ---

Prabu Johanpirman ||

3. tur darbe putri utama | ayu prawira ngajurit | pêparabe sang lir rêtna | Kusuma Rara Pirmani | datan arsa akrami | yèn tan ana ratu agung | ngasorakên kang rama | yêkti tan arsa akrami | ing punika sira Prabu Johanpirman ||

4. pan lagya siyagèng bala | pinèt sraya ing sang aji | Ngambarkustup Raja Akbar | ingêbang ngaturan putri | Dèwi Ngumyun Adikin | puniku kang kinèn ngrêbut | tinawan wong Kuparman | Raja Tasmitèn naguhi | kang pêparab Sang Aprabu Johanpirman ||

5. Kyana Patih Ombakbakat | prawira tate nguwisi | bêdhah nagri bônda raja | mangkana sri narapati | budhal saking nagari | kapondhongan dutanipun | Ratu Akbar satunggal | satunggal Natèng Mêdayin | balanira kadya wutahing samodra ||

6. mapan kasusu ing lampah | Sri Johanpirman Narpati | dene kang amuni sêrat | saking sang aprabu kalih | Akbar Rajèng Mêdayin | kinêpung nèng Ngambarkustup | badhe rinêbut ing prang | lan miyarsa bêdhahnèki | yèn kuthane kancikan bala Kuparman ||

7. datan kawarna ing marga | lêpas lampahe kang baris | nèng marga miyarsa warta | yèn sami ngungsi ing Mrêtis | nagrine dèn anciki | mungsuhe nèng Ngambarkustup | gègèr desa kang kambah | Raja Bukmun andhingini | marang Mrêtis tur uninga Raja Akbar ||

8. lamun Prabu Johanpirman | praptane sawadyanèki | Raja Bukmun manjing kitha | ing Mrêtis sampun [sa...]

--- 2 : 11 ---

[...mpun] apanggih | Raja Bukmun anangis | mulat Prabu Ngambarkustup | anèng ing kuthanira | ngungsi wus kasor ing jurit | matur lamun prapta Raja Johanpirman ||

9. saksana Sang Raja Akbar | lawan prabu ing Mêdayin | mêthuk sajawining kitha | prapta kya patih ngriyini | sawadyanira atri | sakêthi anitih sênuk | sakêthi nitih bihal | blêgdaba ingkang sakêthi | munggèng liman sira Patih Ombakbakat ||

10. têdhak amêthuk sang nata | Baktiyar ingkang martani | lamun iku Raja Akbar | lawan Prabu Nyakrawati | tundhuk sigra ngabêkti | Johanpirman mring sang prabu | pan badhe maratuwa | Raja Akbar de sang aji | ing Mêdayin ratu bituwah pituwa ||

11. Raja Akbar ngrangkul sigra | sarya sru dènira angling | yayi prabu mèh matia | mungsuh sami andhatêngi | ungkuring duta mami | ginêcak ing Ngambarkustup | kutha agêng rinêmak | mungsuh ngurugi pêpati | dadya kabur pun kakang saking nagara ||

12. binujung kathah kacandhak | pra dipati para mantri | wadyane rama paduka | ing Mêdayin akèh mati | para ratu kèh kêni | dening pun Raja Sêmakun | bujung kagila-gila | kathah bupati para ji | tinututan tinumpêsan anèng marga ||

13. pun kakang ngili punika | wontên nagari ing Mrêtis | kuthane kang kula duta | ngaturi ing yayi aji | Bukmun kang kula ungsi | mêngsah nuntên wangsulipun | mangke rêmbaging mêngsah | gêcak nagari ing Mrêtis | badhe lajêng dhatêng Tasmitèn nagara ||

--- 2 : 12 ---

14. angling Prabu Johanpirman | sampun paduka prihatin | prakawis mêngsah punika | miwah Batharèng Mêdayin | wuwuha tikêl malih | dèn atêkuk pitung iku | lamun pun Johanpirman | ingkang mêthuk anadhahi | kadi kenging tuwan tingali ing aprang ||

15. sayêkti pun Johanpirman | kang amulihakên benjing | susah prihatin paduka | kula damêle kang pasthi | pangewan-ewan benjing | wêwalês tikêl sapuluh | ya ta suka miyarsa | sira sang aprabu kalih | lajêng samya lumaris manjing nagara ||

16. prapta sinrahkên jro pura | anganti wadyanirèki | Sang Aprabu Johanpirman | masanggrahan jroning puri | makuwon ing sitinggil | sang aprabu kalihipun | Bêstak atur uninga | yèn ratu kalih ngêmasi | Krasbinandur lawan pun Raja Bubarwan ||

17. angungun Prabu Nusirwan | mangkana wuwusên malih | Prabu Sêmakun ngandika | yèn mungsuh bantune prapti | ratu prawirèng jurit | ing Tasmitèn prajanipun | Narpati Johanpirman | prapta nagari ing Mrêtis | sira Prabu Sêmakun apêparentah ||

18. sang aprabu ing Talsiyah | lan Prabu Mutadarawi | budhal kinèn angêpunga | nagari Mrêtis tumuli | lan Prabu Andanbilis | sakadangira pêpitu | sami bala nyayuta | lawan patih ing Betarti | Senapati Sri Naranata Talsiyah ||

19. Prabu Sêmakun utusan | marang Kuparman tur tulis | lawan sang prabu ing Kebar | sundêpan ngaturkên tulis |

--- 2 : 13 ---

pratela ing ajurit | dibyane Prabu Sêmakun | angawaki ngayuda | wong Mêdayin akèh kêni | aprakosa tangguh prawira digdaya ||

20. mêsat ingkang cinundaka | kawuwus malih para ji | kang tinuduh lampahira | angêpung nagari Mrêtis | prapta lajêng abaris | kitha ing Mrêtis kinêpung | Sang Raja Johanpirman | lan Raja Akbar tinangkil | tuwin sira Sri Maha Prabu Nusirwan ||

21. prajurit Tasmitèn aglar | Raja Bukmun tur upaksi | lamun kang mêngsah gung prapta | nênggih manggalaning jurit | Sang Raja Banuarli | ing Talsiyah prajanipun | lan Prabu Purwakôndha | sira Sang Prabu Pirngadi | Natèng Buldan Sang Prabu Saptasudara ||

22. sami bêbala sayuta | pêpitu prawirèng jurit | mangkya lajêng ngêpang kitha | paminggir tampingan sami | ludhês kang dèn bahaki | jajahan kathah kang nungkul | pukulun sri narendra | bala Mrêtis tan kuwawi | nadhahana kang mêngsah yutan awêndran ||

23. tur sami ratu taruna | mêmpêng suraning ajurit | Raja Akbar atêtanya | hèh Bêstak sapa narpati | Bêstak matur wotsari | Rajèng Kohkarib pukulun | punika kang sêsuta | tinanêm sri narapati | nèng Talsiyah Mraja Banuarli nama ||

24. dene Pirngadi punika | Narendra Mutadarawi | Lamdahur ingkang pêputra | kalihe prawirèng jurit | dene pun Andanbilis | bala ing Kaos pukulun | Sang Prabu Johanpirman | parentahakên mêtoni | kang tinuduh sira Patih Ombakbakat [O...]

--- 2 : 14 ---

[...mbakbakat] ||

25. budhal saking jawi kitha | sawadyanira kya patih | lawan Bukmun kanthinira | kathah punggawa ngajurit | sapraptanira jawi | atata pakuwon sampun | kêkirab mijil ing prang | kang ngêpung sami ningali | lamun ana prajurit mimba ngalaga ||

26. samya utus-ingutusan | wau ta ingkang para ji | mêdalakên barisira | ngumpul ngalèr kang prajurit | sampun tata kang baris | akapang kalangan têpung | kang munggèng amparan mas | sagung kang para narpati | satriyane munggèng ing kursi sadaya ||

27. gumuruh têngaranira | gong bèri gurnang thongthonggrit | Kyana Patih Ombakbakat | mijil sarwi nitih èsthi | kawot kaprabon jurit | gadanira walikukun | agênge saturôngga | winêwêr kinolong wêsi | nging rêmêne ing aprang datan mundura ||

18. Patih Ombakbakat Tandhing lan Raja Kuskèhèl.

3. Durma

1. praptèng rana sira Patih Ombakbakat | sêsumbar nguwuh tandhing | payo mêtonana | prajurit ing Kuparman | sapa kang arsa ngêmasi | papagên ingwang | prajurit sura sêkti ||

2. datan bêtah miyarsa Rajèng Kumawas | Kuskèhèl nêmbah amit | mring gusti ngandika | Sang Prabu Purwakôndha | ya bapa dèn ngati-ati | nitih dipôngga | kawot kaprabon jurit ||

--- 2 : 15 ---

3. praptèng papan wus panggih ayun-ayunan | sapa ranmu prajurit | sumaur pan ingwang | andêling Purwakôndha | Kuskèhèl ratu prajurit | Rajèng Kumawas | lah sira ratu ngêndi ||

4. anauri pan ingsun dudu narendra | pêpatihe sang aji | Raja Johanpirman | sun Patih Ombakbakat | ingangkah sudara wèdi | mring ratuningwang | tate nguwisi kardi ||

5. iya sêdhêng sira Patih Ombakbakat | tandhing kalawan mami | nagri Purwakôndha | ingsun manggalaning prang | isèn wijoan sayêkti | payo gadaa | kyana patih sru angling ||

6. dèn prayitna Raja Kuskèhèl sun gada | sigra mutêr gada glis | Kuskèhèl tangkisnya | wêsi gilig kewala | dudu paris kang kinardi | dupi anggada | sênggak rêkyana patih ||

7. duk lumarap gadane pan tinadhahan | ginitik wêsi gilig | binarêngan sigra | gadane kyana patya | malêdug sumyur nèng siti | ngungun ki patya | sumyure gadanèki ||

8. asru mojar sira Patih Ombakbakat | hèh wong Mutadarawi | bêcik yudanira | dene kongsi kasêlan | putra Sêrandil ngratoni | nagaranira | dene ana wong bêcik ||

9. anauri Kuskèhèl macicil sugal | tambung laku dera ngling | môngsa pêrangana | janggutmu kaya sira | sakêthia tanpa dadi | prajurit Arab | tulèn-tulèn sinêkti ||

10. nora ana wong kêrosok kaya sira | prajurite sapêncit | kayu gadanira | kere [ke...]

--- 2 : 16 ---

[...re] kalunta-lunta | dêstun nora bônda wêsi | ratumu apa | Johanpirman jêginggis ||

11. wong mangkono kudu tumandang amolah | kalana andon jurit | mèsêm kyana patya | gada kang mawut tiba | ingawe prasamya pulih | pating karopyak | golong wêwêre bali ||

12. ting galuwêt padha bali ênggonira | Kuskèhèl aningali | gumuyu alatah | ngakak asênggak-sênggak | huh huh kêmat dènnya jurit | mêdèni bocah | dubilah dene sêkti ||

13. sarwi mungkur payo pak suthup gadaa | ingsun tadhahi gigir | Kuskèhèl anggêtak | mara ta anggadaa | ngiwi-iwi amacicil | apêpencosan | Raja Kuskèhèl jêngking ||

14. ngangkat gada Kyana Patih Ombakbakat | Kuskèhèl maksih jêngking | gada duk lumarab | wêsi gilig ginêtak | mêsat nêmpuh gada patih | sumyur malêsat | tiba mawur ing siti ||

15. wêsi gilig lajêng nibani dhas gajah | pêcah sirahing èsthi | pêjah gajah rêbah | tiba patih kaplêsat | Raja Kuskèhèl anolih | panjêngkingira | alim dalêm kiyai ||

16. gadaningsun tadhahana gundhulira | bok aja mêmêdèni | adol ulaping prang | lir trah Sultan Kuparman | rêmên gêguyon ing jurit | sigra nguncalan | ing gêgiligan wêsi ||

17. wong adharat inguncalan saking gajah | mêngkab parise tangkis | katêmpuh tan bisa | ngipat angadhag-adhag | katênggêl niba gumuling [gu...]

--- 2 : 17 ---

[...muling] | patih kantaka | sinurak ing wadya tri ||

18. ginosongan ing bala kang baris bubar | manjing ing kitha malih | anggêrus sadaya | karya gègèr busêkan | yèn patih kasambut jurit | katur ing nata | patih kasoran jurit ||

19. wau Raja Kuskèhèl mundur golongan | têdhak saking ing èsthi | sinungsung ginanjar | linômba ing bojana | suka Sang Prabu Pirngadi | mundur sadaya | makuwon kang para ji ||

20. tur uninga sira Sang Prabu Talsiyah | mring Ngambarkustup aglis | yèn unggul ing aprang | lan Patih Johanpirman | Kuskèhèl ingkang ajurit | lan Ombakbakat | wong Tasmitèn kajodhi ||

21. kawuwusa sira Prabu Johanpirman | duk ngaturan udani | yèn pêpatihira | Ombakbakat kasoran | dukane yayah sinipi | arsa maguta | kang putra anggendholi ||

22. balanipun sapratigan dèrèng prapta | andêl kathah kang wuri | kang putra tan pisah | matur supênanira | yèn inguntal naga rukmi | sagunung anak | ing jro isi nagari ||

23. lan paduka rama ngulati kawula | koyup ing naga rukmi | kang isi nagara | nênggih wadhuking naga | makutha praptèng wiyati | kawula eram | cahyaning naga rukmi ||

24. lir kêkuwung sipate naga kancana | kang rama ngandika ris | Prabu Johanpirman | rahayu yudaningwang | kaya sirna mungsuh iki | sêmuning naga | rumaksa marang mami ||

25. iya rara

--- 2 : 18 ---

aja kuwatir ing manah | prakara mungsuh iki | kaya sira nora | nini kongsi tumandang | kang putra umatur aris | ing tyas kawula | rama ji kêtir-kêtir ||

26. kula myarsa wontên trah Sultan Iskandar | jumênêng Parangakik | Wong Agung Kuparman | kathah kang para putra | kang patutan Parangakik | pun babu inya | kang dongèng sabên wêngi ||

27. eyang-eyang inggih kaki buyut canggah | ing Tasmitèn nagari | wulu cumbunira | dening Sultan Iskandar | kang rama nauri aris | iku ta nyata | kanggêp êmbahmu dhingin ||

28. lurah gamêl dhasar nini kinasihan | saparane tan kari | malah buyutira | Pirmandani namanya | ginawa marang ing masrik | mariksa kandhang | ing jamakjuja sami ||

29. Kangjêng Sultan Iskandar ing nguni karya | pagêr parunggu nênggih | angrangkêpi kandhang | iya jujamakjuja | layange titipan maksih | môngka pusaka | ing Tasmitèn nagari ||

30. dene canggahira milu dandan-dandan | pagêr jamakjujèki | marma pinagêran | dene sok arêp bêdhah | jamakjuja ilatnèki | amarut samya | kabèh kadi garaji ||

31. singa ingkang dinilat lêbur syuh sirna | kupinge makjujèki | padha kangsrah lêmah | lèmèke lamun nendra | tanpa lèmèk amung kuping | ômba adawa | iku tuturing nguni ||

32. singa-singa balane Sultan Iskandar | yèn wong bang kulon iki | yèn kongsi uninga | marang Masrik ginawa | yêktine kinulit daging | asih nyatanya [nya...]

--- 2 : 19 ---

[...tanya] | kunêng ta ingkang lagi ||

33. gunêm catur kang rama lawan kang putra | sira Dèwi Pirmani | agung datan pisah | yèn rama andon aprang | sinêbut putri prajurit | kang kawuwusa | ing Kuparman nagari ||

34. sêrat prapta Raja Sêmakun tur priksa | lamun ingkang nagari | Ngambarkustup bêdhah | mangke Sang Raja Akbar | ngungsi nagari ing Mrêtis | aminta sraya | ratu digdayèng jurit ||

35. ing Tasmitèn nama Prabu Johanpirman | wontên kitha ing Mrêtis | lan nuwun parentah | panggihe ingkang putra | Rahadèn Hasim Katamsi | lan putri ingkang | nama Ngumyun Adikin ||

36. punapa ta pinundhuta mring Kuparman | punapa dèn idèni | panggih pabarisan | kalawan sêratira | Rajèng Kebar Yusup Adi | kang pêpingitan | ngêntèk pratingkahnèki ||

37. ingkang rayi matur kalêbêt sadaya | munggèng sajroning tulis | sêrat katur marang | Wong Agung Parangteja | lajêng katur ing Jêng Amir | indhake kathah | gambuhing senapati ||

19. Wong Agung Paring Bêbantu.

4. Gambuh

1. prange Prabu Sêmakun | nalika numpês Prabu Mêdayun | para ratu pêpitu lima ngêmasi | dening gadane Sêmakun | kacandhak urip kang loro ||

2. Sang Raja Krasbinandur | Raja Bubarwan satunggilipun | tinrapakên siasat narendra kalih | baune sami rinampung | sami kang têngên [tê...]

--- 2 : 20 ---

[...ngên] pinotong ||

3. Bubarwan Krasbinandur | winangsulakên ing rama prabu | sarta kathah ingucapkên luputnèki | kinanthenan wangsulipun | binêktanan sêrat tonjok ||

4. kature sêratipun | marang kang rama Prabu Mêdayun | asta kiwa katur ing Prabu Mêdayin | samya eram kang angrungu | bisane karya mangkono ||

5. duk kala ing prangipun | ngungkih kang rama asru binujung | yèn sampuna kang putra sami ngadhangi | ing Parangakik Sang Prabu | lan ing Karsinah Sang Katong ||

6. lan sangêt ngampahipun | natèng ing Kebar ngaturi wangsul | Yusup Adi kang sangêt anggêgendholi | runtike Prabu Sêmakun | sayêkti kolu amocok ||

7. mring utamangganipun | marang kang rama Prabu Mêdayun | Yusup Adi ature amêmêdosi | tuwan nyuwun lilanipun | ing raka Jayèngpalugon ||

8. yèn tan makatên sampun | pan dede tuwan dhewe puniku | kang aduwe wong tuwa Rajèng Mêdayin | pantês kang êkas kang sêpuh | Wong Agung Jayèngpalugon ||

9. bok dede karsanipun | raka paduka Sang Wirèngsatru | yèn pinèta siya-siya ing ajurit | pan punika konduripun | kurdhane atêmah alon ||

10. wong agung duk angrungu | ing Yusup Adi ing aturipun | arawat luh Wong Agung Surayèng Bumi | nimbali Marmaya rawuh | kang tuwa-tuwa pra katong ||

11. kabèh manjing kadhatun | wong Parangteja ngirid malêbu | para garwa wus [wu...]

--- 2 : 21 ---

[...s] anèng ngarsa Jêng Amir | inguncalan sêrat sampun | saking Yusup Adi roro ||

12. miyarsa sami ngungun | Ki Umarmaya mele malêmbung | kêthip-kêthip macucu mèncès mandêlik | tanbuh gone sukanipun | Ki Dipati Tambakcangkol ||

13. sun alêm Si Sêmakun | kandêl imane sadat rumasuk | nora etung wong tuwa amung agami | wênang ing sarak tan ketung | dhas bapa arsa pinocok ||

14. guguk Prabu Lamdahur | lêlakon enak iki karungu | lair batin dosa ora nglêlèpèti | iba ta iya puniku | ing walat nora kagêpok ||

15. akandêl Si Sêmakun | lan prakosa têtêging prangipun | siji ika mêtoni bisa ajurit | sayêktine nora patut | wong Mêdayin pantês jomblong ||

16. iku ta lagi thukul | nanging ta pantêse Si Sêmakun | ulat andik lawan godhèg athi-athi | agaring pawakanipun | mulane mêtu mangkono ||

17. kêtêl rambute bakung | beda kabèh lan saduluripun | Si Sêmakun pêthèk ingsun tan kawijil | nêmbaga kulitanipun | ika wong bagus abêthok ||

18. kang jamak wong abagus | yêkti duwea ulat kang luruh | Si Sêmakun bagus beda ulatnèki | ulat asukêt asêrung | pantês ulat wong parongkol ||

19. wong gagah prakosèku | wong duwe ulat kaya Sêmakun | ika si wong anyimpang ulêse pêkik | ulate têka arungkud [a...]

--- 2 : 22 ---

[...rungkud] | patut ing yudane sagoh ||

20. cocote Si Sêmakun | kang mèmpêr anggèr suwarginipun | Radèn Kobatsareas pasanging lathi | lawan pêpilinganipun | lan pêpulunan tan loro ||

21. rame ingkang gumuyu | myarsa wuwuse Prabu Lamdahur | panacade pangalême masajani | nyata mung kang wani mêtu | kabèh batine mangkono ||

22. pinikir aturipun | Prabu Sêmakun dene wong agung | paningkahe Rahadèn Hasim Katamsi | wong agung andikanipun | pantês ing barisan kono ||

23. wus kaprah lakunipun | wong ahli prang ing saênggonipun | iya kabèh dadi jasane pribadi | ing praja lawan anglurug | padha uga tan milih gon ||

24. dadine kang rinêmbug | Sudarawrêti ingkang mêmantu | lan kang rayi Rêtna Sirtupelaèli | ngiras pantês lampahipun | ngungak ambantu ing batos ||

25. lawan Umarmayèku | Rajèng Ngabêsi lawan ing Kuljum | ing Santari Turki Rajèng Burudangin | môngka manggalaning laku | Tasangsulngalam Sang Katong ||

26. mapan ta sampun katur | sagung pawarta dhatêng kang ibu | waluyane kang anèng barisan sami | tuwin ingkang amêmantu | angkate kang putra karo ||

27. budhale sami ngujung | sang putri kalih marang sang ibu | angandika pramèswari ing Mêdayin | sukur sira padha wangsul | ngiras jangkung ing palugon ||

28. pramèswari Mêdayun | bêktani dinar tigasanipun |

--- 2 : 23 ---

ingkang wayah Rahadèn Hasim Katamsi | wowotan unta rong atus | binêkta kang sampun bodhol ||

29. sang rajaputri wau | ing Burudangin umarak gupuh | mring kang raka kalih sang dyah angabêkti | lamun kênaa kalayu | marang ing marune karo ||

30. miwah ing raka prabu | Tasangsulngalam ingkang anglurug | atêngara sampun bêdholakên baris | sri tinon gêgamanipun | lir wukir sayuta kobong ||

31. wau ta wus angrasuk | sang rêtna kalih busana kakung | rêspatine pantês putri Parangakik | sumaos titihanipun | garudha yêksa cinemplo ||

32. dêdêl ngayuh mandhuwur | kang rayi nyandhak titihanipun | wus cinengklak kang pêksindra saumahi | anusul dêdêl angayuh | anèng gêgana cumlorot ||

33. tumênga arawat luh | langkung kacangkol anèng pandulu | kapirangu Rajaputri Burudangin | kondure agandrung-gandrung | kapingunêng maru karo ||

34. netranira ambalut | dènira sangêt kabêndung kang luh | Isnaningsih kadi sata kênèng pilis | praptèng pasarean mujung | ya ta gênti winiraos ||

35. Sang Aprabu Sêmakun | parentah mring Kodrat Samadikun | kinèn bantu marang nagari ing Mrêtis | Kaharkusmèn kanthinipun | putra andêling palugon ||

26. bodhol sawadyanipun | Radèn Dikwanis Kangkan kang tumut | kalih yuta ing marga datan kawarni | nagari Mrêtis wus rawuh | sampun amanggih pakuwon ||

27. lajêng [la...]

--- 2 : 24 ---

[...jêng] pacak angêpung | kunêng ta malih ingkang kawuwus | praptanira ratyèbu ing Parangakik | ngungkuli barisan agung | jêjêp sajroning pakuwon ||

28. wanci pukul sapuluh | jinêjêp kabèh pakuwonipun | ingkang putra suwung kalêmpakan sami | nèng paman pakuwonipun | bojana kang para katong ||

29. apan Prabu Sêmakun | tan mawi towong ing sabên dalu | nayub sagung pra putra para narpati | Ki Umarmaya rumuhun | anjêjêp praptèng pakuwon ||

30. Sudarawrêti wêruh | yèn ingkang raka kêklênthung-klênthung | bônda tangan tan karuwan jujugnèki | anèng jaban baris agung | ki dipati sarwi singsot ||

31. putri Karsinah nguwuh | kakang sira mandhêga dèn gupuh | ingaturan kakang bok Sudarawrêti | Rêtna Sudara gya niyup | anèng ing dharat atêmon ||

32. Sudarawrêti muwus | kakang dipati punapa dangu | anauri pan sawêg prapta puniki | misih têbah baris agung | ing Burudangin Sang Katong ||

33. kadi ing kawan dalu | Rajèng Brudangin ing praptanipun | lawan batur-batur kang sami barêngi | Ratu Mas Sudara muwus | dhingina manjing pakuwon ||

34. ingkang gumêdêr nayub | ika ênggone yayi Sêmakun | ingsun kakang mring pakuwon Kaelani | sêlak kangên kakang ingsun | Si Kadarwati sutèngong ||

35. saksana sarêng mungkur | Ni Kadarwati ingkang winuwus | majang wulan sagung prajuritirèki | mambêt gandane kang ibu | kumêbut asmarèng ing gon ||

--- 2 : 25 ---

20. Dhatêngipun Bêbantu Wontên ing Pakuwon.

5. Asmaradana

1. wus têdhak Sang Rajaputri | Kadarwati dharakalan | ngêbyuki ngaras padane | ingkang ibu kalih pisan | angling Rêtna Sudara | adhuh nini putraningsun | kang cumanthèl anèng netra ||

2. putraningsun wong rêspati | ayu prawira ngayuda | kinasihan ing kakunge | sira nini lagi apa | wong ayu majang wulan | ingkang putra nêmbah matur | sawêg ngajari ngayuda ||

3. kawula ibu kapengin | duk aprang nèng antariksa | Ngumyun Adikin tangkêbe | gènipun amênthang langkap | ngangge mutêr gandhewa | putri adi Ngambarkustup | abêsus tangkêbing yuda ||

4. ibu kongsi kaping katri | gènipun mutêr gandhewa | wêng-uwêng ingadêgake | pamawase mengo buwang | ulat alis kinincang | ucule jêmparingipun | nulya astane kang kanan ||

5. si duwèng lambungirèki | sarwi manglung ingkang jôngga | ingkang ingungak mungsuhe | antuka guru paduka | kadi luwih prawira | putrine wong Ngambarkustup | gurune maksih urakan ||

6. ibu prajurit kulèstri | sami kawula kèn nelad | Ngumyun Adikin tangkêbe | kang ibu mèsêm ngandika | apa ngluwihi sira | putrine wong Ngambarkustup | apa rikat kaya sira ||

7. pan sampun ngaturan linggih |

--- 2 : 26 ---

ingkang ibu kalih pisan | prapta aglar dhêdharane | gantya ingkang kawuwusa | Dipati Tasikwaja | manjing pasanggrahan agung | apan sarwi bônda asta ||

8. amor lan wong angladèni | ngadêg nèng ngiringanira | Prabu Sêmakun duk nolèh | kagyat mudhun dharakalan | anyandhak Umarmaya | kagyat ingkang para ratu | prasamya mudhun sadaya ||

9. Marmaya ginawa linggih | ing wijoan palorêtna | sinaosakên wus linggèh | Prabu Sêmakun anêmbah | ganti kang para putra | para ratu kumarutug | sawusnya tata alênggah ||

10. Prabu Sêmakun lingnya ris | kêmayangan kangmas prapta | manawi wontên lupute | inggih ing lampah kawula | ngraos manggih dêduka | ing rayi tuwan wong agung | Kalana Surayèng Jagad ||

11. Adipati Guritwêsi | nauri kang ora-ora | liwat sukur ing Hyang Manon | yayi prabu raka para | langkung saking pracaya | sira yayi pan wus antuk | kanugrahaning Hyang Suksma ||

12. pratôndha polatan budi | adoh saking ing kanisthan | Prabu Sêmakun nulya ge | dhêku sarwi nêkêm sirah | kangmas darmi kawula | inggih saking têdahipun | kang sinuhun ing Kuparman ||

13. yayi prabu prapta mami | aprakara aturira | iya dene paningkahe | Hasim Katamsi nakira | mung sira sinakarsa | ingsun kinarya pangulu | dene kang amangku karya ||

14. bakayunira kêkalih | ing Parangakik Karsinah | ingkang

--- 2 : 27 ---

mangku lanangane | sira wadone nèng pura | wêtune têtariman | bakayunira karo wus | rawuh nèng pakuwon Kelan ||

15. kagyat Sêmakun Narpati | nênimbali garwanira | Dèwi Rukati wus kinèn | mêthuk mring pakuwon Kelan | sri bupati kalihnya | nimbali mring garwanipun | ing Parangakik Karsinah ||

16. sira Dèwi Kun Maryati | lawan Joharin Insiyah | sami tampi parentahe | kang raka sri naranata | mêthuk pakuwon Kelan | ingkang ibu kalihipun | ya ta wau panayuban ||

17. Umarmaya têtanya ris | pundi ratu bakal besan | Prabu Sêmakun angawe | prapta ngarsane Marmaya | sira Raja Brihahar | gagah prawira apatut | mèmpêr narendra ing Kelan ||

18. duk urip Kelanjajali | kaya kêmbar ingkang warna | Umarmaya pamuwuse | lakune bakayunira | ngiras pantês ing lampah | ibu dika ing Mêdayun | kuwatir mungsuh andika ||

19. dene wuwuh salin-salin | manawa abot ing wuntat | ibu dika kuwatire | mila matur ingkang putra | nêdha bakayu dika | ngiras ana karyanipun | batine anjangkung ing prang ||

20. ling Dipati Guritwêsi | hèh ki besan punapa wrat | yudane Raja Tasmitèn | kang anama Johanpirman | kalawan kakangira | Raja Akbar Ngambarkustup | awrat kang pundi ki besan ||

21. Raja Brikahar wotsari | pukulun warti kewala | dèrèng uninga yêktine | wrate Prabu [Pra...]

--- 2 : 28 ---

[...bu] Johanpirman | dene mênggah pun kakang | sami-sami ratu dhusun | pan sêdhêng-sêdhêng kewala ||

22. inggih dèrèng anglangkung[1] | yèn apêsa prange kêmat | sayêkti pating capapo | sanès lan prajurit Arab | ing pasamuan jêmbar | polatan pasabanipun | ing ngriki nagari kiwa ||

23. anglegok têbih jaladri | dêlape kang minta sraya | saking kirang pangungsène | têlas tan wontên sinambat | cupête Patih Bêstak | têka ngungsi Ngambarkustup | ratu rêraton kewala ||

24. botên pantês angudhili | Patih Bêstak kêmba uwang | wong nganggur-nganggur sinampe | saking panase kang manah | mulat kutha ngangguran | yèn nora ana kang ngêpung | gumêr sagung kang miyarsa ||

25. pangucape anucudi | tutuk Sang Raja Brikahar | yèn ladaka mèh èmpêre | kadi Narpati Yujana | pantês ladak pangucap | mangkana gègèr tumurun | praptane sang dyah kalihnya ||

26. anjujug pakuwon wuri | Prabu Sêmakun Marmaya | miwah para putra kabèh | ngiring Sêmakun Marmaya | manjing dalêm ing wuntat | sami ngabêkti ing ibu | ibunipun kalih pisan ||

27. Kadarwati anulya glis | amarani gèn Sang Rêtna | Ngumyun Adikin ingawe | yayi dèwi marenea | ibumu gêdhe prapta | kang prawirèng jagad punjul | kaonang ing tri buwana ||

28. ratyèbu ing Parangakik | Ngumyun Adikin asigra | nulya kinanthi astane | mring Kadarwati ginawa | sapraptaning ngayunan | sinêmbahakên [sinêmbah...]

--- 2 : 29 ---

[...akên] agupuh | mring kang ibu kalih pisan ||

29. rinangkul ngandika aris | mèmpêr putrèngong Ngajêrak | rare iki mèh iribe | yayi Sêmakun ki besan | undangên ngarsaningwang | Prabu Sêmakun wotsantun | nolih kang putra ing Kelan ||

30. Brikahar wus dèn timbali | prapta ing ngarsa tur sêmbah | linggih andhêku sang katong | hèh bage yayi narendra | Brikahar matur nêmbah | ngandika mring Sri Sêmakun | yayi sira utusana ||

31. mêthuk yayi Burudangin | lan akèh kang para nata | kang anggawa abon-abon | prabeya saking kang eyang | ing Mêdayin sadaya | wowotan unta rong atus | Raja Sêmakun turira ||

32. kangbok punapa tan kêni | kawula angurunana | putra sampeyan karyane | nauri Rêtna Sudara | ibu bangêt mitungkas | kabèh kang anêdya urun | ing karyane putuningwang ||

33. dhenok Si Hasim Katamsi | mung bau suku kewala | waragade ingsun dhewe | ibu Mêdayin tan lila | Sêmakun malih mojar | putune kêkasih iku | sarta gumujêng lingira ||

34. punapa kula pribadi | kakang bok ingkang amapag | inggih ing benjing praptane | Sang Prabu Tasangsulngalam | iya yayi prayoga | nanging ywa adoh sirèku | kang mapag adoh nuduha ||

35. balamu ratu pasisir | lan ratu môncanagara | iya yayi kapat bae | punggawa mantri kèhana | nadyan padha ipea | pan iku ipe jêjênggul | ratu gung prawira ing

--- 2 : 30 ---

prang ||

36. apan Ratu Burudangin | sugih bala para raja | uwakne radèn pangantèn | samya suka kang miyarsa | mangkana pêpungkasan | sakathahe kang rinêmbug | bubaran kang pagunêman ||

37. Kusuma Sudarawrêti | wangsul mring pakuwon Kelan | para putra ngiring kabèh | sarimbit ing ibunira | prapta pakuwon Kelan | wau Sang Raja Sêmakun | pangatêre mring kang raka ||

38. amatah para narpati | kang saos pakuwon Kelan | sapuluh lan sabalane | Raja Sêmakun mit nêmbah | mantuk pakuwonira | manggihi Umarmayèku | nunggil anduduk kuwunya ||

21. Pasamuan Dhaupipun Radèn Hasim Katamsi kalihan Dèwi Ngumyun Adikin.

6. Dudukwuluh

1. ya ta datan kawuwus Prabu Sêmakun | longkanging antara prapti | baris dharat wus amêthuk | anuduh para narpati | sawadya wus sami bodhol ||

2. pan atêbih sarwi ambêkta sêsuguh | wus panggih lan pra bupati | katur pasugatanipun | watara sagung para ji | lajêng sri narendra bodhol ||

3. tan adangu kapêthuk Prabu Sêmakun | sarêng têdhak saking èsthi | narendra sigra tumundhuk | langkung dènnya ngacarani | Sêmakun sagêd angasor ||

4. langkung caryan tyasira Prabu Tasangsul- | ngalam langkung agêng kang sih | trêsna

--- 2 : 31 ---

mring Prabu Sêmakun | cipta anglabuhi pati | eman ewuh ing prang popor ||

5. ingaturan lajêng ing sabalanipun | kadya hèr nawa wêwukir | narendra kalih amanggung | lir ginandhèng ponang èsthi | ingkang upacara awor ||

6. pan ing batin pamrihe Prabu Sêmakun | ora wurung sun guroni | ing pamalu rantenipun | kakang Prabu Burudangin | ingkang sayêkti ginuron ||

7. pan si kulup Hasim Katamsi puniku | padha murid lawan mami | iki ta ingsun amucuk | sutèngsun Hasim Katamsi | sabab tunggil ing paguron ||

8. wus mangkana ing lampahira wus laju | Adipati Guritwêsi | wus panggih lan balanipun | Radèn Sihngiyar pêpatih | lawan Tajiwalar karo ||

9. kang sakêthi sami abajo mas murub | kuluk mas angudhup turi | limang asta panjangipun | kang sakêthi akulambi | salaka putih sagolong ||

10. pan salaka putih sami kulukipun | panjange limang astèki | sakêthi malih akuluk | suwasa panjange sami | kabèh kulambi suwaos ||

11. tigang kêthi prajurit sêliranipun | Adipati Guritwêsi | pinarnah pakuwonipun | wismaning Dhatuk Bêrdanis | nênggih wismaning paguron ||

12. Rajèng Burudangin pan pakuwonipun | sêdyanira pan tinunggil | lawan Sang Prabu Sêmakun | nging adrêng makuwon jawi | sinaosan wismèng katong ||

13. kasaosan wowotan unta rong atus | kang satus unta nèng jawi [ja...]

--- 2 : 32 ---

[...wi] | katur Rêtna Sudarèku | dene kang satuse nênggih | sampun manjing jro kadhaton ||

14. ya ta putri ing Parangakik ratyèbu | pakuwon dèn busanani | tan arsa ngalih sang ayu | ingkang putra Kaelani | pakuwone kang dèn anggo ||

15. dadya ingkang putra prabu kalihipun | ing Karsinah Parangakik | atugur sabalanipun | nèng pakuwone kang rayi | Pangran Ismaya majèng gon ||

16. pêparentah sira Sang Prabu Sêmakun | kang ngêpung nagari Mrêtis | sinalinan ratunipun | sang prabu ing Kôndhabumi | lawan ing Kuljum Sang Katong ||

17. Sarkab Turki lan Sadat Kadarismanu | Sri Naranata Ngabêsi | sakawan kang para ratu | gilir kang ngêpung ing Mrêtis | kang wus lami kinon bodhol ||

18. sami mundur mring nagari Ngambarkustup | sawadyanira wus prapti | karsane Prabu Sêmakun | kang samya dipun timbali | kêkalih kang para katong ||

19. dene sami acêlak jajahanipun | dènirarsa nambut kardi | dhatêngna dandanan agung | katiga Patih Betarti | sami cêlak prajaningong ||

20. tinaksihkên Radèn Kodrat Samadikun | lan Radèn Kaharkusmèni | kang datan kalilan mundur | katiga Radèn Dikwanis | têtêp tan sinung lêlinton ||

21. sira Prabu Pirngadi ingkang tinuduh | lawan Prabu ing Betarti | jagani pundhutanipun | Rajaputri Parangakik | lan putri Karsinah kono ||

22. ing Talsiyah jaga ing Prabu Sêmakun | lawan kuthane [kutha...]

--- 2 : 33 ---

[...ne] pribadi | kang cêlak jajahanipun | mangkana sampun miranti | samêktaning para katong ||

23. langkung saking karya lok Prabu Sêmakun | mêmantu têngahing jurit | mêmanas atining mungsuh | putri sarananing jurit | kang ingêbang ing sang katong ||

24. kinaryopah Rajaputri Ngambarkustup | Sang Dèwi Ngumyun Adikin | Johanpirman Sang Aprabu | praptane ingêbang putri | Raja Tasmitèn kinaot ||

25. wus mangkana sampêt uparêngganipun | samêkta sakalir-kalir | pitung dina pitung dalu | kasukan para narpati | boga drawinèng pakuwon ||

26. kang dhadhani thêk kliwêr Prabu Yat Kustur | lawan Natèng Burudangin | anutug ing pitung dalu | kasukan donya tinapis | apa ingkang ora katon ||

27. pasthi ana isining donya puniku | miwah kasukan sabumi | apa kang ginawe iku | dening manungsa ing nguni | siji datan ana towong ||

28. salin-salin sumalin ingkang dèn inum | ambanjir duduhan sami | ajêblog balabur sêkul | asarah ulam mênuhi | sadina-dina gumrênggong ||

29. unèn-unèn sasuka-sukane nutug | sagunging para narpati | ambanjêng kang umbul-umbul | bandera lêlayu sami | ilang sipating pakuwon ||

30. sipat alas kêkayon godhong sutra lus | madêfak ping pitung kêthi | yèn rina miwah ing dalu | iya ta ping pitung kêthi | bumi langit kadi bojod ||

31. miwah banduk-banduke kang para ratu |

--- 2 : 34 ---

ayutan wêndran kang muni | langit lêmah kadi butul | kontrag ingkang wukir-wukir | samodrane kocak umob ||

32. basa Arab madêfak ing têgêsipun | mariyêm basaning Jawi | babanduk basa Rabipun | sênapan basaning Jawi | wus dadi adat pra katong ||

33. nora ana wong aprang mêmungsuh iku | anganggoa gaman bêdhil | apêsing aprang ranipun | mung upacara ing baris | gêgaman kabèh anganggo ||

34. ya ta wau gênge pratingkah puniku | êntèk salêkêring bumi | kabèh tan kêna winuwus | bala jin ing Jonggiraji | lan ing Suwôngsa praptewon ||

35. pan alêksan anggawa lilin nyapupu | binakta marang wiyati | ing sajroning pitung dalu | nèng wiyat kasukan lilin | binuwang pating calorot ||

36. katingalan ing lêlakon tigang dalu | ngawiyat lir udan gêni | bala jin kasukan nutug | sawusnya ing pitung bêngi | andhandhang salin lêlakon ||

22. Prabu Bariakbar Duka Mirêng Dhauping Putra.

7. Dhandhanggula

1. pêpêk sagung kang para narpati | saha wadya gêgaman awurdan | akirnan ngiring pangantèn | maring jroning kadhatun | paningkahe anèng sitinggil | pangulu Umarmaya | wusnya ningkah nutug | linajêngkên marang pura | para ibu

--- 2 : 35 ---

wus samya majêng jro puri | gantya ing pitung dina ||

2. Prabu Sêmakun nêkakkên kapti | akasukan jroning pitung dina | ngêntèkakên gêndhing kabèh | donya dèn awur-awur | kasukan ing sangisor langit | kabèh cinithak dèn pak | ing Prabu Sêmakun | tan ana ilang satunggal | anututi ing pakuwon Kaelani | dènira akasukan ||

3. Ngambarkustup bumi gonjang-ganjing | dening mariyêm sênapan wêndran | tanbuh-tanbuh kèh swarane | gong bèri gurnang umung | kang maguru gôngsa thongthonggrit | prahara sêkul ulam | ombak têdhuh duduh | kang wadya jin ing Suwôngsa | kasukane lan wadya jin Jonggiraji | nutug kasukanira ||

4. dadi catur lawan dadi warti | dadi loke ing jagat wiryawan | Prabu Sêmakun karyane | dènira amêmantu | wus cinêndhak carita iki | pangantèn sih-sinihan | suka among lulut | munggèng sajroning kadhatyan | ingkang paman Sêmakun wontên sitinggil | mangkana para nata ||

5. luwar saking kasukanirèki | angayêm-ayêm sariranira | miwah sawadyabalane | kuwayon liya-liyu | wus mangkana ingkang winarni | Sang Prabu Johanpirman | sami arsanipun | putri Ngambarkustup panggya | langkung rame Prabu Sêmakun bawahi | tyasnya langkung bramatya ||

6. prajurite sadaya wus prapti | para ratu kang amôncapraja | Raja Sumuk Sumbungarèn | narpati ing Jongkuwung | sira Raja Baratrumari | ratu ing Minangkuan | Sang Raja Samsutur | Sang

--- 2 : 36 ---

Raja Baritminarda | Paladini sami ratu sura sêkti | môndraguna ngayuda ||

7. enjing têngara Sri Narapati | Johanpirman miyosi ngayuda | sira prabu ing Tasmitèn | para ratu kang ngêpung | karsanira tinumpês sami | para Ratu Kuparman | angrasa kacakup | prajurite para nata | galak-galak angajap têmpuh ing jurit | durung wruh mungsuh Arab ||

8. kang angêpung kagyat mungsuh mijil | Raja Kôndhabumi atêngara | Rajèng Ngabêsi wusdene | Rajèng Turki lan Kuljum | tuwin para kang rajasiwi | têtêge asauran | barise kumêbul | miranti baris kalangan | sagung para narendra sadaya mijil | Sang Prabu Johanpirman ||

9. sampun munggèng palôngka rinukmi | jajar lawan Raja Bariakbar | tuwin Prabu Mêdayine | prajurit para ratu | aglar ingkang saos ing jurit | miwah bala Kuparman | sagung para ratu | miwah para rajaputra | sami mawas-winawas lan mungsuhnèki | Sêmakun duk winarna ||

10. Prabu Sêmakun prapta anilib | atêtinjo kang anèng barisan | narpati kalih rowange | ambêkta kuda nyatus | Banuarli lawan Pirngadi | kagyat mirêng têngara | lampahira gupuh | prapta wus mênangi aglar | têdhak saking turôngga narendra katri | ngadêg kang para nata ||

11. palangkane Sang Rajèng Ngabêsi | sinaosakên Sêmakun lênggah | miwah narendra kalihe | sampun sami alungguh | nêmbah matur Rajèng Ngabêsi | pinarêng tuwan [tu...]

--- 2 : 37 ---

[...wan] prapta | inggih kêdah tulus | kasenapatèn paduka | amakili ing raka paduka dening | tan kêni tinungkul prang ||

12. Raja Sêmakun mèsêm nauri | anak prabu manira têtanya | mungsuh anambuh yudane | kupinge botên ngrungu | lamun senapatine sêpi | lah putu ayonana | Kodrat Samadikun | sumbarana Johanpirman | yèn mêtoni rama para miwah mami | singa kang mapagêna ||

13. sigra nêmbah putra ing Ngabêsi | lèngsèr saking ngarsane kang rama | anitihi bakarlèse | kinêtab mêsat mamprung | praptèng papan anguwuh tandhing | hèh Raja Johanpirman | mêtua prang pupuh | hèh kene angadu yasa | ngadu sêkti ingsun putra ing Ngabêsi | prawira widigdaya ||

14. Johanpirman kagèt aningali | dene kadhinginan wêdalira | angêjèpi prajurite | mangsah Rajèng Jongkuwung | nitih kuda janggi anirig | praptèng rana têtanya | Kodrat Samadikun | sapa aranmu narendra | iya ingsun Sang Raja Baratrumari | Jongkuwung prajaningwang ||

15. sira sapa sun putra Ngabêsi | satriya moncol prawirèng jagat | bocah wutah têtakêre | ran Kodrat Samadikun | ya ta wau duk aningali | ngling Prabu Johanpirman | Bêstak sapa iku | tunggangane iku apa | Bêstak matur punika putra Ngabêsi | prawira ing ayuda ||

16. titihane bakarlès puniki | awak sapi irêng sirah sima | Prabu Johanpirman gèdhèg | wau kang aprang pupuh |

--- 2 : 38 ---

sira Raja Baratrumari | amutêr gadanira | Kodrat Samadikun | tangkis parise malela | ngêtab kuda Sang Raja Baratrumari | ngitêr tan mundur ing prang ||

23. Senapati Tasmitèn Campuh lan Sepati[2] Kuparman.

8. Durma

1. wus ginada Kodrat Samadikun tadhah | jumêbrèt tibèng tangkis | surake gumêrah | mungsuh kalawan rowang | pinindho putra Ngabêsi | pan pining tiga | tan osik ing panangkis ||

2. sigra malês arame gada-ginada | dangu tan migunani | sarêng buwang gada | rame pêdhang-pinêdhang | adangu dènira jurit | sami rikatnya | sami wagêde kalih ||

3. ganti kitêr-kinitêr titihanira | Rajaputra Ngabêsi | bakarlès kinêtab | sinabêt sukunira | sumêbut pancolotnèki | anubruk mêngsah | Raja Baratrumari ||

4. pan katêkuk sirahe kêna walakang | kalumah nèng turanggi | sirahe mor lawan | bêbokonge turôngga | kudane pinêdhang mati | kalêngêr tiba | Raja Baratrumari ||

5. surak umung Rajèng Jongkuwung kabônda | dening putra Ngabêsi | tinampan ing bala | wau kang nandêr prapta | sang prabu ing Paladini | Baritminarda | putra Yujana prapti ||

6. Kodrat Samadikun undure lon-lonan | wau ingkang ajurit |

--- 2 : 39 ---

asru atêtanya | Rajaputra Yujana | sapa aranmu prajurit | sumaur sugal | sun Raja Paladini ||

7. ratu andêlira Raja Johanpirman | Baritminarda mami | alah sira sapa | anom ladak pangucap | putra Yujana sun iki | jêjuluk ingwang | Kaharkusmèn prajurit ||

8. dèn prayitna sun gada putrèng Yujana | mutêr gadanira glis | Sang Baritminarda | ngêtab turangganira | Kaharkusmèn masang tangkis | paris malela | sarwi ngêtab jênggiri ||

9. atêtanya sira Raja Johanpirman | hèh Bêstak sapa iki | kang magut ing yuda | lan tunggangane apa | Patih Bêstak matur inggih | putra Yujana | titihane jênggiri ||

10. awak kuda sirahe mênjangan ranggah | buntute buntut pêksi | pan kadya manyura | suku lêmbu punika | kathah warnining jênggiri | kang awak macan | wontên kang awak sapi ||

11. sirahipun nanging sami sirah macan | wau ta kang ajurit | anibani gada | Raja Baritminarda | jumêbrèt katulak tangkis | putra Yujana | sigra malês ambindi ||

12. sarwi sênggak Kaharkusmèn dènnya gada | ngêlap ponang jênggiri | mundur ngulêr kilan | maju malih mandhapan | sêbat-sêbut onclang bindi | bagus sêmbada | wiragane ngajurit ||

13. sami eram mulat mungsuh solahira | bêsus tangkêping jurit | Prabu Johanpirman | tanya ing Patih Bêstak | bapakne punapi taksih | putra Yujana | kang bêsus ing ajurit ||

14. Bêstak matur gih-gihane [gih-...]

--- 2 : 40 ---

[...gihane] taksih gêsang | ratu andêling jurit | Prabu Kewusnendar | luwih tangkêping aprang | lamun umangsah ing jurit | ambônda raja | astane kanan kèri ||

15. nanging mangke môngsa ta winêdalêna | ratu pamèr ing jurit | yèn tan ana mêngsah | ratu punjul ing jagad | Kewusnendar mêtu jurit | tunggile kathah | dhomas ingkang para ji ||

16. ingkang tate tandhing jitus botên kalah | dêdêge bêcik-bêcik | Raja Johanpirman | lingsêm wau kang aprang | arame bindi-binindi | surak gumêrah | mungsuh rewang barêngi ||

17. dèrèng wontên kasoran danguning aprang | gada tan migunani | sarêng buwang gada | rame pêdhang-pinêdhang | adangu dènira jurit | rukêt anujah | turôngga lan jênggiri ||

18. kang anunggang gapyuk acandhak-cinandhak | sêndhal-sinêndhal gênti | angêtog karosan | Raja Baritminarda | karepotan ing ajurit | sinêndhal kêna | uwal saking turanggi ||

19. wus ingikal pinutêr tinon ing mêngsah | eram kang aningali | kadi ngikal mêrang | sagèdhèng tan karasa | nulya binanting ing siti | tiba kalumah | tinrajangkên jênggiri ||

20. wira-wiri mubêng jênggiri angidak | malêsêk jajanèki | wadana malêkah | wêntis rêmpu palastra | sang raja ing Paladini | putra Yujana | molahakên jênggiri ||

21. asêsumbar jênggiri majêng mandhapan | surak gumuruh atri | payo mêtonana | Narpati Johanpirman | rêbutên iki prajurit | putra Yujana [Yu...]

--- 2 : 41 ---

[...jana] | lêlanang rajasiwi ||

22. tate putra pamèr asmaradilaga | ambônda ratu sêkti | onclang dhas satriya | nyèpak dhasing punggawa | sutaning ratu prajurit | andêl Kuparman | kalok sumbagèng jurit ||

23. môngsa naa ratu kaya Kewusnendar | bagus prawirèng jurit | sugih bala raja | ingakên saudara | maring Sang Surayèng Bumi | hèh Johanpirman | mêtua sun kêmbari ||

24. rêrêp sirêp wadya Tasmitèn kanyaran | miyat pratingkah wasis | wiraga ngayuda | pijêr dongong kewala | Patih Bêstak muwus bêngis | mendah mulata | Pangeran Kaelani ||

25. baya jêtung jêngking kongsi pitung dina | kudane yèn ajurit | tapak wêwayangan | gumriwis iwak jambal | kang ngiring kuda sang pêkik | Jaswadiputra | Radèn Iman Karnèni ||

26. iku pantês kang mulat padha jomblonga | gêgêtun têlung sasi | dulu wong mangkana | Si Kaharkusmèn nora | ngilangkên langên sabumi | bangêt adesa | kabèh ingsun arani ||

27. bramatya Sang Raja Baniwe mit nêmbah | Budraktur nitih èsthi | sarwi mandhi gada | wawrat sèwu kati mas | santana sutaning bibi | lan Johanpirman | môngka andêling jurit ||

28. praptèng papan Budraktur asru têtanya | sapa ranmu prajurit | nglêlanangi ing prang | ingsun putra Yujana | Kaharkusmèn aran mami | lah sira sapa | ingsun Baniwe Aji ||

29. naking-sanak lawan Prabu Johanpirman | payo bindia aglis | Kaharkusmèn [Kaharkusmè...]

--- 2 : 42 ---

[...n] mojar | apa gobogmu bêngkak | mamak tiwas ing pawarti | lakuning mêngsah | apa tan dèn tulisi ||

30. ingkang jamak angaji wartaning mêngsah | wêwatêkaning jurit | mêngkono prawira | nora nasak bêlasak | dadak akon gada dhingin | kupingmu nistha | kêthul kapati-pati ||

31. sapa ranmu sanake Si Johanpirman | Budraktur aran mami | iya dèn prayitna | Kaharkusmèn sun gada | sigra molahakên èsthi | amutêr gada | Budraktur mutêr aglis ||

32. pan amuwung gung luhur munggèng dipôngga | andhap anèng jênggiri | jumêbrèt swaranya | katulak paris waja | mubal dahana nibani | kuwat kang gada | rosane kang nadhahi ||

33. Radèn Kaharkusmèn sigra buwang gada | nyandhak watang pinêthit | ngayati tumênga | Budraktur dèn prayitna | sun tumbak aja gumingsir | sigra lumarap | Budraktur pasang tangkis ||

34. parisane sinèlèh sirahing gajah | radèn ngêncot jênggiri | dènira anumbak | parêng jênggiri milar | tatas parisane wêsi | kumbaning liman | kampat ngêmprèt akanin ||

35. ngolang-aling dipanggane lumba-lumba | tinubruk ing jênggiri | tulalene pêgat | jola ping kalih rêbah | kapalêsat sri bupati | Budraktur tiba | eling kêbat gya tangi ||

36. pan kasaput ing latri wus tinêtêgan | mundur kalih kang jurit | tan ana kasoran | êpur Baniwe Raja | makuwon para narpati | putra Yujana | sinungsung [si...]

--- 2 : 43 ---

[...nungsung] bojakrami ||

37. dening Prabu Sêmakun sinungga-sungga | anak Prabu Ngabêsi | si putu prawira | mèh animbangi sira | tur sêmbah Rajèng Ngabêsi | ingkang sapangat | raka tuwan Jêng Amir ||

38. apan lajêng Prabu Sêmakun kalawan | Pirngadi Banuarli | lampah rêrikatan | kuda sami adheyan | sadalu dènnya lumaris | pukul sawêlas | enjing dènira prapti ||

39. ing bênêre lêlampahan tigang dina | ing karo gêthèk prapti | lajêng masanggrahan | wau kang ingaturan | Adipati Guritwêsi | prapta winartan | dènira tinjo baris ||

40. pan kasarêng mungsuh mêtu magut ing prang | nanging tan angundhili | kula benjing kangmas | budhal maring barisan | sampeyan têngga ing ngriki | Ki Umarmaya | alon dènira angling ||

41. iya yayi sun tunggune sutanira | ya Si Hasim Katamsi | nanging atutura | marang ing bakyunira | ratwèbu ing Parangakik | lah inggih kakang | puniku sinom pasthi ||

24. Senapati Tasmitèn Kasoran Prang.

9. Sinom

1. lah inggih môngsa tilara | ing kakang bok Parangakik | yèn kalilan inggih budhal | sigra sami dèn utusi | Sang Prabu Parangakik | lan ing Karsinah gya rawuh | miwah kang putra Kelan | lan Radèn Hasim Kuwari | samya ngiring Sêmakun lan Umarmaya ||

2. sapraptanirèng jro pura [pu...]

--- 2 : 44 ---

[...ra] | Brikahar wus dèn timbali | makajangan pagêlaran | sapraptanira wus pinrih | ngarsane putri kalih | tur sêmbah Prabu Sêmakun | kakang bok kula benjang | badhe lumampah mring Mrêtis | amêkasi yudane pun Johanpirman ||

3. wingi têtinjo kawula | mring pabarisan mêningi | Johanpirman mêdali prang | pinarêng botên ngundhili | bilih mêdali malih | milane kawula gupuh | angling Rêtna Sudara | yayi prabu dèn alirih | sajatine pan ingsun arsa wikana ||

4. ya nyata Si Johanpirman | duwe putri yu linuwih | tur prawira ing ayuda | bêcik pundi kang dipati | cinolong wusing jurit | kalawan sadèrèngipun | matur Ki Tasikwaja | pênêd sadèrènging jurit | pakantuke nglong-longi mêngsah punika ||

5. lah inggih puniki kakang | putra dika Kadarwati | kula kèn dhustha putrinya | kang nama Dèwi Pirmani | sun panggihkên ing benjing | yèn parêng karsa Hyang Agung | lan Si Aris Munandar | wus lawas madêg narpati | durung ana jodhone maksih alômba ||

6. yayi prabu sun balaka | tan ana wong liya iki | pan karsaning kakangira | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi sira kinardi | binathara ratu agung | anèng nagri Kuparman | sutanira Rustamaji | iku yayi jumênênga ing Gumiwang ||

7. apan sira ingkang tuwa | sutanira kabèh iki | padha sebaa ing sira | yayi prabu ambaboni | sagung para putra

--- 2 : 45 ---

Mir | ingkang padha madêg ratu | sira ingkang amonga | dadi ratuning para ji | apan sira trahing ratu binathara ||

8. anadene kakangira | Wong Agung Surayèng Bumi | ana alas ing Basarah | rata rêsik akèh kali | kang arsa dèn bakali | ginawe nagara besuk | kalane amiyarsa | kang Dipati Guritwêsi | padha ana lan ari mas Parangteja ||

9. Marmaya nambungi sabda | iya ingsun kang tinari | karsane Sang Kakungingrat | Prabu Sêmakun miyarsi | nêkêm sirah anangis | kakang Marmaya wak ingsun | kaliwat pinarcayan | sakathahe wus kapundhi | gênging sihe dening sun anandhang iman ||

10. wêruh bênêr lawan salah | tuduhe kang sun ugêmi | tumêkaa lara pêjah | mumura nora gumingsir | nanging kakang wak mami | lamun karsane kang iku | bangêt panuwun ingwang | nora kaduga sayêkti | nora bisa dadi ratu binathara ||

11. lawan dudu niyat ingwang | kang Dipati Guritwêsi | kajat ingsun karêm ing prang | lali mèh tumindak iki | sapangate Jêng Amir | yèn dadia ratu agung | babone para raja | binathara nyakrawati | lamun nora bisa prang nora kèringan ||

12. sayêktine batin ingwang | singa-singa pra putra Mir | madêg ratu binathara | ingsun ingkang angêmongi | amung dadia isi | ing wijoan palowanu | ratu manggalaning prang | iku kang sun kapengini | manthuk-manthuk Sang Dipati Tasikwaja ||

13. ajro yayi karsanira [kar...]

--- 2 : 46 ---

[...sanira] | jêr wus padha angawaki | ratu miwah satriyaa | lamun tiwas ing ajurit | amung kèringan lair | batine padha marêngut | lamun prawirèng yuda | kèringan ing lair batin | lan asêmu têtêp anèng pramudita ||

14. Sudarawrêti ngandika | mangkono karsanta yayi | ari prabu raganingwang | dadi tan bisa maoni | jêr wahyu yayi aji | pikir kang mangkono iku | ambabar sapangandhap | wong tuwa kang gawe luwih | matur nêmbah kakang bok inggih punika ||

15. kakang bok rama paduka | pan asu datan prajurit | darbea mantu caluthak | sampun sirna dadi kucing | ngêmbang pace sayêkti | tarèmèsên nora patut | katuju duwe putra | amot amêngku ing budi | gung ngapura sagarane gêng awiyar ||

16. yèn sira cipta prawira | dèn atega wani pati | lêlakone kakangira | pan nora angetung tandhing | sapa wruh pati urip | luwih karsane Hyang Agung | sira nuli apranga | besuk praptaa ing Mrêtis | atandhinga lan Si Raja Johanpirman ||

17. anadene sutanira | Kaki Prabu Parangakik | tandhinga Si Raja Akbar | putrine sun cidra dhingin | undhanga kang para ji | yèn budhal ing besuk esuk | lan sira pracayaa | yayi Prabu Burudangin | atunggua ing Ngambarkustup nagara ||

18. among pangantèn jro pura | kang Dipati Guritwêsi | kanthine padha wong tuwa | ingsun arsa aningali | marang kang mangun jurit |

--- 2 : 47 ---

si adhi Prabu Sêmakun | wus dadi kang rinêmbag | datan kawarna ing latri | para ratu enjinge têngara budhal ||

19. kalawan kang para nata | enjinge budhal mring Mrêtis | kang kantun sabalanira | sang prabu ing Burudangin | Dipati Guritwêsi | têngga kitha Ngambarkustup | momong pangantèn samya | Rahadèn Hasim Katamsi | sih-sinihan sami mêpêki ing karsa ||

20. kawuwusa kang lumampah | kang miyos ing awiyati | Rêtna Sudarawrêtika | lawan Sirtupelaèli | Kusuma Kadarwati | tan pisah lawan kang ibu | praptane baris dharat | pakuwon wus panggih dadi | senapati nèng têngah pakuwonira ||

21. ambanjêng kang putra-putra | orêg nagara ing Mrêtis | yèn senapati wus prapta | balane kadi jaladri | sagung para putra Mir | sêpuh anèm sami tumut | Sultan Samsumurijal | Jayusman ing Parangakik | Sultan Danurusamsi Natèng Karsinah ||

22. lawan pangeran ing Kelan | Rahadèn Hasim Kuwari | tuwin sagung para nata | ing dalu datan kawarni | enjing têngara muni | Sri Maha Prabu Sêmakun | lan sagung para nata | gong bèri gurnang thongthonggrit | awurahan wadya gung sami kêkirab ||

23. mijil Prabu Johanpirman | saprajurite para ji | barise muntab malatar | Raja Akbar sampun linggih | lan prabu ing Mêdayin | anèng padmasana murub | lan Prabu Johanpirman | Prabu Sêmakun wus mijil | dènnya lênggah munggèng [mung...]

--- 2 : 48 ---

[...gèng] amparan kancana ||

24. para ratu para putra | nèng wijoan palowani | aglar kang munggèng amparan | Sang Aprabu Parangakik | lawan Karsinah Aji | Talsiyah Purwakandhèku | kang anèng amparan mas | Rahadèn Hasim Kuwari | lan kang raka ing Kelan nèng wijoan mas ||

25. kang nêdya mayangi ing prang | Kusuma Sudarawrêti | lawan kang rayi Karsinah | lan kang putra Kadarwati | apan sampun winangsit | ingkang putra kinon magut | ya ta Prabu Jayusman | amit ing papan miyosi | sigra nitih dipôngga kapraboning prang ||

26. kawrat palana lêlawak | dirada pun Iman Kabir | gumuruh swaraning bala | Prabu Sêmakun amangsit | lan kinèn malanani | sang imama gajahipun | Sultan Samsumurijal | praptèng papan minta tandhing | mijila prang hèh payo Sang Raja Akbar ||

27. lan Si Raja Johanpirman | payo tandhing ing ajurit | iki putra ing Kuparman | kang uwis madêg narpati | ing nagri Parangakik | karatone kangjêng ibu | èsthi midêr mandhapan | hèh payo sapa rêp mati | papagêna Jayusman Samsumurijal ||

28. ratu trahing wirotama | jêng rama bôngsa Ismangil | jêng ibu bôngsa Iskandar | Iskandar Dulkarnaèni | rêbutên ing ajurit | ya iki putra gêgêdhug | prawira widigdaya | kaonang-onang ing bumi | putra andêl sumbagèng jagat wiryawan ||

29. wus tate ingadu aprang | ambônda para narpati | rasa tulèn dadi ingwang | ibu

--- 2 : 49 ---

paringan Hyang Widi | têdhake ayat nguni | duk jêng rama gêrah gandrung | mêntas kapatèn garwa | dhawuh ayating Hyang Widi | andikane Hyang Suksma lata wal ujwa ||

30. wus maria aja susah | garwanira sun lironi | ingkang sabagi niscaya | kaya kang wus angêmasi | putri ing Parangakik | lan sira besuk sêsunu | lanang kang wirèng jagat | umadêg sri narapati | ratu agung sinêmbah ing para raja ||

31. lah iku kadadèn ingwang | apa kupingira tuli | nora angrungu wirayat | lamun Prabu Parangakik | moncol wijile yêkti | sanadyan tirua ibu | Rêtna Dèwi Sudara | môndraguna ing ajurit | tanpa timbang putri moncol pramudita ||

32. angêpak sêktining mêngsah | andhacin para winani | payo Raja Johanpirman | dèn padha angungsi pati | adoh prajanirèki | lêlana andon prang pupuh | pasthi sira anêdya | minta mungsuh kaya mami | atêtanya sira Prabu Johanpirman ||

33. Patih Bêstak iku sapa | narendra ing Parangakik | Jayusman Samsumurijal | Patih Bêstak turirèki | putra gambènira Mir | prawirèng prang wus pinunjul | mila kinarya raja | umadêg ing Parangakik | angrèh para ratu agung-agung dhomas ||

34. ingkang ibune digdaya | Kusuma Sudarawrêti | ratu abandhu santana | bangsane luhur pribadi | ingkang rayi tumuli | ing Karsinah ibunipun | inggih sami prawira | madêg Karsinah Narpati | angrèh ratu nêm atus sami [sa...]

--- 2 : 50 ---

[...mi] prawira ||

35. kang botên kêni dèn ucap | pêkike myang sêktinèki | kathah jin aprang kasoran | tate bônda ratuning jin | sirna langên sabumi | yèn dinulu pêkikipun | Pangeran Umi Kelan | Rahadèn Iman Karnèni | radèn ing Jonggiraji Amiratmaja ||

36. wau Raja Winangkuan | santananira sang aji | Sri Bupati Johanpirman | Samsutur namaning aji | amit miyosi jurit | kaduga ing mêngsahipun | angrasa gêdhe ingwang | lawan Prabu Parangakik | nitih gajah kawot kapraboning aprang ||

37. mangsah Prabu Minangkuan | amêlak dipôngga prapti | apa ta sira kang putra | dening Sang Surayèng Bumi | bok aja andhèwèki | isining dunya pan agung | sira dhewe pan ora | kang padha tinitah luwih | ingsun bae sagêndhingmu ing ayuda ||

38. sira adining tumitah | bôngsa luhur jalu èstri | nadyan ing Tasmitèn ana | anaking-sanak sun iki | lawan sri narapati | Johanpirman ratu agung | prawira ing ayuda | Sang Aprabu Parangakik | eca dènnya gajahe mubêng mandhapan ||

39. Raja Samsutur sru mojar | sun gada dèn ngati-ati | ngikal camêthi nèng asta | kiwane sri narapati | kang têngên anyêkêli | rotan bêdudan kalukuk | camêthi kang wasiyat | ibune Ismayawati | sigra Raja Samsutur nyêlak anggada ||

40. surake kadya ampuhan | mungsuh rowang ambarêngi |

--- 2 : 51 ---

tinangkis camêthi tiba | gadane malêsat siti | mindho arsa jêmparing | angêmbat langkap Samsutur | lumêpas kang sanjata | tinangkis sarta camêthi | amalêsat gandar tikêl tiba nglêmah ||

41. marpêki angundha gada | Sri Bupati Parangakik | Raja Samsutur ginada | atangkis parise wêsi | repot dènnya mrih tangkis | gada gêng nêmpuh amupuh | rêmuk parisanira | sirah kampad kênèng bindi | gya pinindho rêmuk sirahing dipôngga ||

42. tiba jur amor ing gajah | Raja Samsutur ngêmasi | suraking bala gumêrah | yayah manêngkêr wiyati | eram kang aningali | gupuh Sang Prabu Sêmakun | nitih mêlak dipôngga | pun amama idhêp janmi | run-tumurun singa kang madêg Gumiwang ||

43. bisa nitih si amama | pasthine awèt dadya ji | ngratoni nagri Gumiwang | ngrèh patang atus para ji | lan pitung puluh siji | sami ratu agung-agung | praptèng papan mandhapan | Prabu Sêmakun nudingi | tanpa ngrasa sira Raja Johanpirman ||

44. mamak tan bisa mêmatah | sawang-sawunging prajurit | kang ratu pamèr pinapag | lawan ratu ukur urip | ratu tiwas kapati | nistha ing parikramèku | hèh Raja Johanpirman | nora bisa dadi aji | nistha bae jalêbudakên nagara ||

45. ingirid mundur kang putra | Kuskèhèl ingawe prapti | sarwi anitih turôngga | linawak palananya sri | Prabu Sêmakun angling | sumbarana konên mêtu | iya Si Johanpirman | pijêr angadu prajurit |

--- 2 : 52 ---

malêdhinga bokongmu nèng luhur gajah ||

46. dèn suwe panjêngkingira | yèn nora ratu kêkalih | Johanpirman Sri Akêbar | wawasên ja kok ladèni | Kuskèhèl matur inggih | sandika mangke pukulun | Sêmakun praptanira | orêg sagunging para ji | sami mudhun saking palênggahanira ||

47. samya nganti lênggahira | Prabu Sêmakun wus linggih | lawan kang putra narendra | sadaya sami alinggih | Kuskèhèl praptanèki | nèng rana madêg markungkung | nèng nginggiling palana | Kuskèhèl dangu anjêngking | ngadêg sarwi mungkur dènira sêsumbar ||

25. Prabu Johanpirman Kasor Yudanipun.

10. Pangkur

1. Kuskèhèl panguwuhira | hèh ing kene Akbar mêtua jurit | payo karubutên ingsun | lawan Si Johanpirman | ratu kumpra nagaramu pinggir gunung | jalêbud samya pês ing prang | kêkês amungsuh ing mami ||

2. ratu kodhèn amêlarat | kudu aprang lan wong Mutadarawi | Si Johanpirman kumênthus | nora kulak pawarta | kaya duwe bala ratu pitung èwu | kang padha prawirèng rana | tur bisa ambêdhah langit ||

3. nyêngka mungsuh wong Kuparman | gusti bae Prabu Raja Pirngadi | sayêkti dudu tandhingmu | jêr kari trah tur antar | ratuningsun putrane Brabu Lamdahur | kowe ratu

--- 2 : 53 ---

adoh têngah | apundhês prajamu pinggir ||

4. Raja Binarèn miyarsa | ing Tasmitèn tate andêling jurit | bisikan Raja Samaksum | masang nitih dipôngga | ngundha gada praptèng paprangan wus pangguh | têtanya sapa ranira | ingsun Kuskèhèl Narpati ||

5. andêl ing prang Purwakôndha | ing Kumawas iya kadhaton mami | lah sira sapa aranmu | nauri ingsun raja | ing Binarèn kang aran Raja Samaksum | dèn prayitna ingsun gada | kudhunga parise wêsi ||

6. Samaksum angundha gada | dyan ginada Kuskèhèl pasang tangkis | katulak pamupuhipun | rame gada-ginada | pinarpêkan ginada Raja Samaksum | pinupuh tinula-tula | tan anggop tinitir-titir ||

7. Kuskèhèl sarwi margagah | hèh hèh mati mêngko ing gada mami | kaledhon panangkisipun | amrih kêrêp kewala | kuwur dènnya tangkis Sang Raja Samaksum | kasingsal parisanira | sirahe kêna ing bindi ||

8. pêcah sumyur sirahira | tiba saking dipôngga angêmasi | suraking bala gumuruh | yayah syuh ing triloka | gajahira ginada polo malêdug | kasaput latri kang aprang | tinêtêgan mundur aris ||

9. makuwon sami bojana | mungsuh rowang gumêr swaranira tri | ya ta wau kang winuwus | kang arsa lampah dhustha | Kadarwati jinênêngan ingkang ibu | Sudarawrêti kalawan | Rêtna Sirtupelaèli ||

10. sampun mêsat ing awiyat | angungkuli jroning kadhaton Mrêtis |

--- 2 : 54 ---

anjêjêp putri katêlu | matêk panaom sigra | basa Arab Jawane sêsirêpipun | liyane kang andrawina | punika kang dèn sirêpi ||

11. punggawa kang jaga pura | sami nendra siji tan ana tangi | jinajah kadhatonipun | Dèwi Pirmani panggya | lan ibune kapanggih panendranipun | ewuh lamun pinêncila | binêkta lan ibunèki ||

12. karo winot astagina | parêkane sakawan dèn wadhahi | wanci pukul kalih mêtu | sampun atilar surat | apratôndha aja kelangan ing pungkur | yèn wani sira rêbuta | gya mêsat saking jro puri ||

13. Sudarawrêti ngandika | yayi Prabu Sêmakun iki putri | rawatana ta sirèku | bojone Johanpirman | lan putrine Si Pirmani namanipun | dhaupna lan buyutira | kaki prabu ing Betarti ||

14. bêsuk sira mêtua prang | lamun nora mêtu ing benjing enjing | gêpukên kuthane besuk | Prabu Sêmakun nêmbah | gih sandika kangbok paduka duk rawuh | punapa botên dhêdharan | ngandika Sudarawrêti ||

15. yayi prabu ingsun nora | banjur marang pakuwon Kaelani | ngandika Prabu Sêmakun | anak mas wis kondura | andhèrèka ibunira karo iku | lawan garwanira nyawa | ingkang mêntas antuk kardi ||

16. putrine Si Johanpirman | sun panggihkên lan putunira benjing | Ki Aris Munandar iku | Pangran Kelan tur sêmbah | têdhak sarêng raka kalih unduripun |

--- 2 : 55 ---

bubaran kang para nata | enjing undhang magut jurit ||

17. ing dalu tan winursita | enjang atêngara sagung para ji | Sri Maha Prabu Sêmakun | têtêge abarungan | gurnang bèri thongthonggrit bêndhene ngungkung | baris muntab amêlatar | Gumiwang para narpati ||

18. tuwin kang para dipatya | gangsal lêksa mantrinira sakêthi | wadya lit tan kêna ngetung | sadaya wus kêkirab | barisipun ingkang para ratu-ratu | wong jro sru kaprihatinan | denira kelangan putri ||

19. lawan pramèswarinira | Johanpirman ilang lan putrinèki | nanging panantanging pandung | tinambuh tilar surat | mila ngungun Johanpirman lênglêng ngungun | Prabu Nusirwan samana | lan Bêstak pi-api sakit ||

20. rêmbug sapunggawanira | yèn mijila ing prang sang prabu kalih | badhe morod sêdyanipun | môngsa dadak mênanga | ingkang mêngsah prawirane akèh bantu | Sang Aprabu Johanpirman | bingung ngajak mêtu jurit ||

21. lawan sira Raja Akbar | awat gêrah Sang Prabu Nyakrawati | kadadak pikire mêtu | cacad sangêt narendra | yèn tinantang ing mungsuh tan wani mêtu | pasthi amilih palastra | tan arsa kocap ing bumi ||

22. miyos Raja Johanpirman | Raja Akbar têngara mêtu jurit | sabalanira Mêdayun | tan ana tumut mêdal | asêngadi ing gêrahe ratunipun | lan sakite Patih Bêstak | mangkana narendra kalih ||

23. baris sampun praptèng jaba | sira prabu kalih [ka...]

--- 2 : 56 ---

[...lih] praptaning jawi | lolos gêgaman Mêdayun | lawang kidul binuka | gumarubyug wêdale bala Mêdayun | prasamya agêgancangan | pikulane dèn buwangi ||

24. ngambah nêrak wanawasa | sampun lêpas sagung bala Mêdayin | mungkur menda ing palayu | tan ana nolih wuntat | dipanggane pinêlak ngalun gumulung | sadaya adharodhogan | Irman Urmus sipat kuping ||

25. wau Raja Johanpirman | praptanira jawi sampun miranti | baris akalangan têpung | lajêng nitih dipôngga | mêtu ing prang kawot sagêgamanipun | lajêng datan kongsi lênggah | dènira miyosi jurit ||

26. nguwuh tandhing sumbar-sumbar | mêtonana sapa arêp ngêmasi | iki ing Tasmitèn Prabu | kang aran Johanpirman | duk miyarsa sira Sang Prabu Sêmakun | têdhak saking amparan mas | sigra anitih kang èsthi ||

27. kawot kapraboning aprang | palu rante sampun tinumpuk nênggih | munggèng ing palananipun | mangsah mêlak dipôngga | surak bala gumuruh asru gumuntur | praptèng rana yun-ayunan | têtanya sapa mêtoni ||

28. apa sira Johanpirman | iya ingsun ing Tasmitèn Narpati | sukur ya ingsun Sêmakun | putra Prabu Nusirwan | kang kaipe mring wong Menak Jayèngsatru | sumbagèng jagat wiryawan | payo anggadaa aglis ||

29. sira Prabu Johanpirman | molahakên dipôngga ngitêr ngèri | sarwi mutêr gadanipun | Sêmakun dèn prayitna | ngangkat gada Johanpirman [Johanpir...]

--- 2 : 57 ---

[...man] sigra mupuh | katulak surak gumêrah | kang prang sami senapati ||

30. mindho Prabu Johanpirman | pan jumêbrèt gada gêng tibèng tangkis | mubal dahana kumêbul | ngêmprèt dipangganira | angandika sira Sang Prabu Sêmakun | Johanpirman apa sira | tutug panggadanirèki ||

31. yèn durung payo mingpata | Johanpirman angling lah payo uwis | malêsa Prabu Sêmakun | lah iya dèn prayitna | sigra narik palu rante ngilat murub | duk pinutêr gêbyar-gêbyar | rante kancana mrabani ||

32. sinabêt palu rante mas | Johanpirman kagubêd wus tinarik | kuwat Sang Prabu Sêmakun | Johanpirman sinêndhal | tiba saking dipôngga sira Sang Prabu | Johanpirman pan kantaka | sigra Sang Prabu Ardabil ||

33. prapta nalèni tinawan | Raja Akbar prapta amêlak èsthi | Raja Parangakik sampun | prapta munggèng dipôngga | ingalingan kang paman Prabu Sêmakun | hèh sira apa Si Akbar | asru dènira nauri ||

34. ya ingsun Sang Raja Akbar | dèn prayitna Sang Prabu Parangakik | mati dening gadaningsun | sigra amutêr gada | gya ginada Jayusman Murijalsamsu | tangkis parise malela | tan osik astanirèki ||

35. pining kalih tan wigata | pining tiga tan owah astanèki | panangkisira sang prabu | angling Sang Raja Akbar | tuhu sira trahing prajurit pinunjul | Kakungingrat sumbagèng rat | payo malêsa dèn aglis [a...]

--- 2 : 58 ---

[...glis] ||

36. angling Sang Prabu Jayusman | dèn prayitna kudhunga paris wêsi | Raja Akbar ingsun pupuh | sigra amutêr gada | wrat pitulas kati mas pitulas atus | gada gêng iku wasiyat | saking canggah Parangakik ||

37. Sang Prabu Parisdilngalam | datan ana gêgamaning para ji | kang luwih saking wrat sèwu | amung Rukyatil Polat | sami kalih gadane Prabu Lamdahur | sèwu limang atus mapan | kati mas amung wratnèki ||

38. mangkana pamutêrira | mawèh gilap ing surya angênèni | molahkên dipangganipun | Iman Kabir mandhapan | mingêr nganan marpêki sigra amupuh | tan kuwat panangkisira | parise rêmuk tan kongsi ||

39. pinolah ajur sirahnya | mor parise luluh sariranèki | dipangganira ngalumpruk | ingkang katênggêl sirah | pancolote katututan ing pamupuh | ajur sirahing dipôngga | awor wangke lawan paris ||

40. surak anglir gêrah wurda | sira Prabu Sêmakun ngawe sami | prajuriting para ratu | dhadhal barising mêngsah | manjing kitha katututan ing wadya gung | tan kongsi atutup lawang | kang angungsir mawèh kingkin ||

26. Prabu Sêmakun Sapunggawanipun Kondur Dhatêng Kuparman.

11. Asmaradana

1. Sang Raja Bukmun ing Mrêtis | nungkul wus asrah bongkokan | ingandikan samantrine | lawan sapunggawa [sa...]

--- 2 : 59 ---

[...punggawa] sira | dinangu wau enjang | lolose Prabu Sêmakun | ing mangke kadi wus têbah ||

2. Prabu Sêmakun nimbali | prabu kêkalih wus prapta | hèh anak prabu karone | ing Talsiyah Purwakôndha | padha sira nuduha | bupati sakancanipun | iya amapat kewala ||

3. angungsir eyangirèki | rama prabu waspadakna | mampire lawan banjure | lan tindhihana narendra | iya siji kewala | aja kurang aja langkung | wong patang kêthi mlakua ||

4. iku aja bali-bali | saengga eyangmu tanah | yèn ngungsi pasthi ungsine | manawa lèrèn kewala | ana nagara liya | tugurana jabanipun | yèn minta sraya magut prang ||

5. lah iku balia aglis | dene lamun mundur marang | Mêdayin ngêtutna bae | lamun wus manjing nagara | sira padha banjura | saking Mêdayin anjujug | nagri Kuparman kewala ||

6. ing Purwakôndha tinuding | ratu pangiriding lampah | sira Sang Raja Kuskèhèl | bêkta bupati sakawan | prajurit ing Talsiyah | kang tinuduh Raja Bêskul | ingkang minôngka manggala ||

7. Prabu Sêmakun maringi | sangu anyakêthi dinar | tur sêmbah lajêng lampahe | Prabu Sêmakun kalawan | kang putra manjing miwah | sagunging kang para ratu | saha bala manjing kitha ||

8. prapta ngadhaton jro puri | Raja Bukmun sinalinan | sanagara agamane | Prabu Yusup Adi Kebar | ingkang mêmuruk sadat | wus tata agamanipun | miwah [mi...]

--- 2 : 60 ---

[...wah] Raja Johanpirman ||

9. cinarita limang ari | Prabu Sêmakun budhalan | saking Mrêtis sabalane | dhingini Rêtna Sudara | lan kang rayi Karsinah | prapta kutha Ngambarkustup | longkangipun kalih dina ||

10. praptanipun para aji | nèng Ngambarkustup sadaya | angantuki pakuwoni | Prabu Sêmakun parentah | para ratu sadaya | saos kaprabon mêmantu | panggihe Aris Munandar ||

11. kalawan Dèwi Pirmani | putrinipun Johanpirman | putri adi ing Tasmitèn | ingkang pinasrahan karya | sami agênge lawan | Hasim Katamsi rumuhun | kasukaning para raja ||

12. pan sami patbêlas ari | dènira nutug pyaboga | cinêndhak sampun ningkahe | pangulune Umarmaya | sawusnya dènnya ningkah | ngayêm-ayêm para ratu | praptèng patang puluh dina ||

13. budhalan sagung para ji | kondur mring nagri Kuparman | kadi samodra balane | dhingini miyos gêgana | rajaputri katiga | ing marga datan kawuwus | praptane nagri Kuparman ||

14. ratyèbu ing Parangakik | lawan ratyèbu Karsinah | lan Kadarwati wusdene | wus panggih lawan kang raka | Sultan Agung Kuparman | miwah bu Aji Mêdayun | sami sukane miyarsa ||

15. antawis samadya sasi | praptane kang para nata | Wong Agung Jayèngpalugon | mêthuk sajawining kitha | akarya pasanggrahan | kalawan sagarwanipun | orêg sagung wong nagara ||

16. miwah desa wukir-wukir | kathah

--- 2 : 61 ---

prapta kang nêningal | praptane para pangantèn | ingkang saking panglurugan | sampun mênang kang yuda | sira Sang Prabu Sêmakun | senapati praptanira ||

17. nuju ing dina sawiji | praptane langkung rinêngga | pasamuan pamêthuke | apanjang yèn cinaturan | rêroncèning pratingkah | wus panggih sami angujung | ing eyang Surayèng Jagat ||

18. Prabu Sêmakun kang nganthi | Hasim Katamsi kang kanan | Ngumyun Adikin kiwane | têdhake saking jêmpana | Prabu Aris Munandar | kinanthi ing eyangipun | Sang Prabu Tasangsulngalam ||

19. ingkang kanan sri bupati | Sang Prabu Aris Munandar | ing asta kiwa garwane | Dèwi Pirmani punika | gantya marang ngajêngan | sinêmbahkên marang buyut | langkung tyas marwata suta ||

20. sadaya ingkang ningali | gantya ingkang para nata | para putra pangujunge | sampun tata palênggahan | raja kêkalih samya | ing Tasmitèn Ngambarkustup | sinêmbahkên ing ngayunan ||

21. binesan sang prabu kalih | Brikahar lan Johanpirman | wus samya enggar manahe | winor lan ratu pangarsa | pacak ratu wadana | ing Tasmitèn Ngambarkustup | kinanthi ing kalihira ||

27. Wong Agung Nyubya-nyubya ingkang Wangsul saking Prang.

12. Kinanthi

1. lajêng bojana anayub | Wong Agung Surayèng Bumi | nêmbrama mantu kalihnya | lawan sagung para aji [a...]

--- 2 : 62 ---

[...ji] | Prabu Sêmakun ginanjar | ing raka Sang Jayèngmurti ||

2. lawan sagung para ratu | kang saking anglurug sami | kathah warnaning ganjaran | Prabu Sêmakun kang bagi | suka ingkang para raja | katrima pakaryannèki ||

3. sasampune pitung dalu | panutuge bojanèki | tuwin sagung pacangkraman | kadya wutah ing jaladri | budhal maring ing Kuparman | wadya gung dinulu asri ||

4. wus datan kêna winuwus | kathahing bala Nata Mir | orêg kang bumi prakêmpa | jêmpana samargi-margi | kang mêthuk saking Kuparman | garwane para narpati ||

5. dipôngga yutan gumrudug | wahana awarni-warni | sagung ingkang para raja | ing wuri sami mamêtis | kêbo sapi bèbèk ayam | ibêkan ing sanagari ||

6. rawuh ing praja gumuruh | sêsêk jêjêl kang ningali | atembak têpining marga | sang maha pangantèn kalih | munggèng palana lêlawak | songsong kalih wêlas sisih ||

7. ingkang ibu sami tumut | munggèng saluhuring èsthi | ibune Aris Munandar | Rêtna Jetun Kamarukmi | Hasim Katamsi bunira | Rêtna Dèwi Isnaningsih ||

8. lan ibu saputranipun | kang sami tumut nèng èsthi | garwanira Johanpirman | lan Brikahar pramèswari | dadya sakawan lan besan | kang munggèng palana rukmi ||

9. orêg sagung kang dêdulu | kêkayon awoh wong sami | datan kêna sinapiha | wau kang arsa udani | ing pangantèn kalih pisan | gumrumung tindhih-tumindhih ||

10. lêga kang wus antuk dulu | tan na kang ingucap [ingu...]

--- 2 : 63 ---

[...cap] malih | pantêse garwa Sang Nata | Aris Munandar rêspati | tuwin wau garwanira | Jêng Gusti Hasim Katamsi ||

11. putri adi Ngambarkustup | padha yune kacèk thithik | lan putri Tasmitèn ika | manise ngêbêki bumi | atmajane Johanpirman | wilêt lan sêdhêp tur manis ||

12. putrine wong Ngambarkustup | kumocor cahyanirèki | nanging kagalakên ulat | mêmanise kocar-kacir | kumrutug sagone tiba | kumêpyur saengga riris ||

13. rada ladak batinipun | Kusuma Ngumyun Adikin | wantune prajurit baya | kabèh-kabèh putri iki | durung ana bisa nyandhak | marang Dèwi Kadarwati ||

14. jatine nora patyayu | Rêtna Dèwi Kadarwati | upama dèn kêkèthènga | tan ana tinêmu siji | kalamun wus dadi batak | singa nyandhing nora tandhing ||

15. singa-singa tandhing lungguh | ilang mêmungguhe sami | singa pêrak nora papak | kungkulan sakalirnèki | basakêna putri apa | kaya Dèwi Kadarwati ||

16. kang wus wruh maune widhung | nora kèh iya sathithik | gulawênthah sabên dina | lan kang ibu Parangakik | lêlewane pinêthikan | dèn anggo saka sathithik ||

17. lawas-lawas dadi patut | Radèn Ayu Kaelani | tan wus kang padha angucap | marang rêspatining gusti | mangkana lampahe prapta | lajêng binakta jro puri ||

18. Sudarawrêti amêthuk | lawan Sirtupelaèli [Sirtupelaè...]

--- 2 : 64 ---

[...li] | pangantèn binakta samya | mring ratyèbu Parangakik | sinêmbahkên mring kang eyang | pramèswari ing Mêdayin ||

19. prapta sinêmbahkên sampun | rinangkul ing eyang sami | ingaras mustakanira | ingusap pungkure sami | tanak sami adhêdhahar | angladosi eyang sami ||

20. kumrubut kang para putu | lorodan kinèn abukti | lan ingkang ibu sadaya | angalap sawab sayêkti | saking yuwana tan ana | panjang yuswa jalu èstri ||

21. dènnya jêjodhon aruntut | sarêng ciklunira maksih | tan kalong salah satunggal | wutuh jaka ing larèki | patut ingalap kang sawab | pramèswari ing Mêdayin ||

22. wau sagung para ratu | mantuk ing purane sami | Raja Sêmakun prasamya | angirid balane sami | enjinge malih sineba | ingandikan mring jro puri ||

23. lan Sultan Murijalsamsu | Ruslani Danurusamsi | lawan Jêng Pangeran Kelan | myang Radèn Hasim Kuwari | kang wingi durung aseba | amung pangantèn kêkalih ||

24. mring pramèswari Mêdayun | mila mrih pêndhake malih | prapta ingirid sadaya | maring Sang Surayèng Bumi | lan garwa kêkalih milya | ing Karsinah Parangakik ||

25. katiga Rêtna Marpinjun | dene Dèwi Isnaningsih | ngruktèni pangantènira | tan tumut angiring laki | ing raka Sang Kakungingrat | prapta goning ibunèki ||

26. angujung dhingin Sêmakun | nuli Prabu Parangakik | nulya Sang Prabu Karsinah | pangeran ing Kaelani [Kaela...]

--- 2 : 65 ---

[...ni] | lawan kang kari ing wuntat | Rahadèn Hasim Kuwari ||

27. sawusira sami lungguh | sinawang ing nyai aji | juru jinêm agung nyawang | ing putra sri narapati | cahyane mari anunggal | lawan cahya ing Mêdayin ||

28. ingkang cahya sampun kumpul | lawan cahya Pusêr Bumi | nanging maksih rada abang | ijone durung nètèsi | têtapi kêna ginêbag | tan adoh simpangirèki ||

29. Sang Kakungingrat umatur | ing ibunya ing Mêdayin | ibu pun adhi punika | èstu nugrahaning Widi | botên kantèn ing pratingkah | pratikêle mangun jurit ||

30. abot susah botên bingung | angrèhkên para narpati | ingkang wontên pabarisan | lêga anglabuhi pati | sampun pantês umadêga | bathara anyakrawati ||

31. nanging sangêt dènnya lumuh | jumênêng anyakrawati | pikire manah kawula | kawula prih ambaboni | maring anake sadaya | ing Karsinah Parangakik ||

32. lan sutane Kelan iku | miwah ta Ki Rustamaji | ngadêga anèng Gumiwang | yayi Sêmakun nèng ngriki | jumênênga ing Kuparman | kularsa bêbakal malih ||

33. ing Basarah alasipun | wontên pantês dadi nagri | dhèwèke ingkang sineba | mring anak-anake sami | pramèswari ngandikanya | sarya drês waspane mijil ||

--- 2 : 66 ---

28. Prabu Banukrêjis ing Nagari Pirkaras.

13. Mijil

1. babo sutèngong wode kang ati | karsane mangkono | durung rêmbag ingsun sajatine | basa bobote arinirèki | among angêmbani | angampingi patut ||

2. iya maring putu-putu mami | singa kang dèn êmong | mung dadia isèn wijoane | putuningsun Prabu Parangakik | myang Ki Rustamaji | lan Karsinah iku ||

3. têlu iku iya putu mami | singa kang dèn êmong | mung mêngkono arimu bobote | durung bisa arimu sayêkti | lamun batharani | babo durung patut ||

4. Prabu Sêmakun anampèl wêntis | lah dawêg kakang bok | dene wontên rencang kula mangke | kula inggih paduka dhawuhi | sampeyan duk nari | wontên Ngambarkustup ||

5. nauri aris Sudarawrêti | bênêr yayi katong | pamopomu sambat misih tangèh | lagi karêm pakaryane jurit | nuli dèn pasrahi | gunung samodra gung ||

6. môngsa sagêda botên rêspati | akeron kaledhon | pramèswari anambungi malèh | lah iya Nini Sudarawrêti | pira-pira lagi | sêmono arimu ||

7. wus ngungkuli lan kadange sami | ing jênênge katong | angungkuli lawan ramakane | êndi lire nini rinirèki | wus dadi prajurit [praju...]

--- 2 : 67 ---

[...rit][67] | barkate lakimu ||

8. sapa nyana prawirèng ajurit | ing ayuda sagoh | kongsi dadi wakile kakangne | nora ketang bisane nglakoni | akon amuruki | mring pulunanipun ||

9. atmajane Si Hasim Katamsi | pêpukul ginuron | panyabête ing pamalu rante | iya nini tuturira nguni | ing sawabirèki | ing prang sira jangkung ||

10. Prabu Sêmakun matur wotsari | ramanta sang katong | ingkang kula tuduh pun Kuskèhèl | angungsira angodhol ing baris | kondure lan mampir | lajênge Mêdayun ||

11. yèn lajênga dhatêng ing Mêdayin | yèn sampun ngadhaton | kawula kèn lajêng pun Kuskèhèl | kewala lajêng inggih mariki | lan nêlik anitik | Bêstak tingkahipun ||

12. bok ngupados sraya ratu malih | kang surèng palugon | ingkang langkung awrat sêsanggane | gih manawi botêna marêngi | inggih pun apatih | Bêstak tangkêpipun ||

13. yèn rawuha kitha ing Mêdayin | ramanta sang katong | ibu paduka dèn wêlingake | wong wus sukci nuntên sukêr malih | kula angukuhi | tan suka pun ibu ||

14. lamun purun anunggil agami | agama kinaot | Jêng Ibrahim duta sarengate | yêkti amba têrakên pribadi | dhatêng ing Mêdayin | makotên pukulun ||

15. nadyan sedaa jêng ibu benjing | sampun manggih ewoh | lêstaria mênggah ing kapatèn | sampun manggih ing sawiji-wiji | samya anambungi [a...]

--- 2 : 68 ---

[...nambungi] | ingkang para putu ||

16. Prabu Karsinah lan Parangakik | sami matur alon | Rustamaji Pangeran Kelane | miwah Rahadèn Hasim Kuwari | yèn seda bah benjing | kawula kang mikul ||

17. bandhosane lan sakadang mami | kang manjingkên ing jro | kaluwate parêng ing ature | para wayah gumêdêr wotsari | paduka sêksèni | jêng paman Sêmakun ||

18. angandika nyai pramèswari | lêstaria babo | putuningsun iki sadayane | padha bênêrkên ing luput mami | mêmintakkên sami | apurèng Hyang Agung ||

19. sarwi gumujêng dènira angling | kabèh putuningong | dinulura kabèh sakajate | nulya dhêdharan kang angladosi | para wayah èstri | kabèh mantu-mantu ||

20. kang pangajêng Rêtna Kadarwati | mantu anyar karo | garwa Parangakik nèng wurine | garwa Karsinah lan Rustamaji | sami nèng wurining | Kadarwati ngayun ||

21. maring eyang pan kanggêp pribadi | sawusira nglorod | lan kang rayi Sêmakun rowange | para garwa ngumpul dadi siji | para mantu sami | saambêng akumpul ||

22. para putra kumpul dadi siji | kang jalu pra katong | rame eca nèng ngarsa eyange | wus mangkana linorod mring cèthi | nyênyamikan prapti | lan barduwin anggur ||

23. wusnya dangu Sang Surayèng Bumi | kondur angadhaton | bubar mêdal para putra kabèh | Prabu Sêmakun ingkang dèn iring | praptèng dalêm puri | gantya kang winuwus ||

24. baris Talsiyah [Ta...]

--- 2 : 69 ---

[...lsiyah] Mutadarawi | kang sami angodhol | marang Prabu Nusirwan kondure | lamun lêrêp ing wana prasami | binarisan têbih | saking ing gonipun ||

25. yèn arêrêp sami dèn barisi | tan ana marojol | wong sawiji saking panggonane | lamun kêkurangan dèn kirimi | dhahare sang aji | mila lampahipun ||

26. wontên ayême samargi-margi | lampahnya sang katong | ing tyas wontên santosane lèrèh | saking pitaya ingkang nututi | tan angarah pati | baya tômpa iku ||

27. parentahe Sang Surayèng Bumi | marmane mangkono | yèn amunga Si Sêmakun bae | yêkti angungkih angarah pati | iki Jayèngmurti | kang malêri iku ||

28. ya ta wuwusên ana narpati | kuthane ngalegok | ing Pirkaras arane kuthane | apêparab Raja Banukêrjis | akiwa amêncil | kutha kapit gunung ||

29. ratu iku tan ana kang ngiri | saking adoh elok | para ratu tan ana kang dahwèn | ratu kiwa pamêtune kêdhik | tan ana kang melik | sagung para ratu ||

30. sanagara tan ana kulambi | mung saruwal kathok | kang saruwal landhung mung ratune | nora sêsampir nora kulambi | gêgamaning jurit | siji nora ngingu ||

31. mung suligi amung dèn lancipi | ngrong puluh sabên wong | suligi yèku luyunging arèn | lamun aprang sinawurkên sami | yèn wus tèk suligi | padha balang watu ||

--- 2 : 70 ---

32. lamun têlas ing watu tumuli | rukêt sami nyakot | sanagara sami kurang lambe | pating carèngès pating caringis | watu itêm sami | môngka kuthanipun ||

33. yèn cangkrama ratunipun sami | wonge kalung oyod | yèn wong wadon babakan awêre | samya inganam awêre sami | amung uratnèki | saluhuring dhêngkul ||

34. agamane nora nganggo nabi | pangidhêpe sato | kurang wadon akèh wong lanange | sabên omah wong wadone siji | lanangane sami | nênêm ana pitu ||

35. ana omah wong wadone siji | ingkang rada ombol | kongsi rolas iku lanangane | yèn ajinah tan nganggo ling-aling | nora nganggo isin | sami kaprahipun ||

36. wus pinasthi kuwating pawèstri | ingkang luwih bobot | wadon siji limalas lanange | yèn sêsuta gênti angladèni | wong lanange sami | gilir kang atunggu ||

37. miwah lamun ana narapati | ingkang lêlanandon | ratu ingkang kamargan lampahe | bok sadhandhang sadhandhung marêngi | pinarêng lumaris | kasasar ing ngriku ||

38. mulat kuthane watu kinardi | pantês ratu kaot | dene anèh watyètêm kuthane | Ki Baktiyar mung gawa wong kêdhik | anitih turanggi | sadaya anggambuh ||

--- 2 : 71 ---

29. Baktiyar Ngrêsaya dhatêng Prabu Banukrêjis.

14. Gambuh

1. Radèn Baktiyar masuk | sajro nagara kagyat andulu | nora nganggo pasar nagarane mamring | wong lanang pating kalênthung | tur padha saruwal kathok ||

2. wonge pating cangungus | alêngus-lêngus padha kumênthus | ting pathèsèl nyênyêngit pating paringis | ana kapapag wong têlu | Radèn Baktiyar têtakon ||

3. ki sanak takon ingsun | nagri punapi anèh sun dulu | punapi ta wontên ratune ing ngriki | tuwin ta pêpatihipun | sumaur ingkang tinakon ||

4. wontên pisan ta ratu | nagri Pirkaras namaning ratu | gustiningsun anama Sang Raja Krêjis | namane pêpatihipun | nama Kyana Patih Goncor ||

5. ratu ing ngriki ampuh | lamun ayuda tan antuk mungsuh | Patih Goncor puniku maling sinêkti | akèh para ratu mungsuh | sirahe sami kapocok ||

6. tan ana wani mungsuh | mila kèringan kang para ratu | ya ta mulat wong wadon liwat sawiji | Radèn Baktiyar angungun | baya wus tataning kang wong ||

7. ngartika ing tyasipun | Radèn Baktiyar sun arsa wêruh | bokmanawa wong mangkana angêntasi | tinandhing lan ratu agung | ewon kabèh padha kawon ||

8. tinandhing ratu lutung | ing prang amara karo pêpênthung | iki pantês manawa apês nêkani [nê...]

--- 2 : 72 ---

[...kani] | dhêdhêmit setan wus kawus | mung durung mungsuh mêngkono ||

9. sok boros para ratu | mungsuh wong wuda mung iku durung | sun jajale nêdha kisanak sun iki | atêrêna awak ingsun | mring dalême Patih Goncor ||

10. ingatêrakên sampun | prapta dalême ki patih wau | nora ana bature bêbêd sawiji | mung saruwal watês dhêngkul | puniku Ki Patih Goncor ||

11. Radèn Baktiyar wau | ing batinira rada kaduwung | ala nganggur anyambat nora ngopahi | wong Arab tarung lan lutung | sajêg durung prang lan sato ||

12. pinanggih anèng bangku | Radèn Baktiyar alon amuwus | kyai patih aturna marang sang aji | manawi wong ing Mêdayun | ngungsi binujung ing mungsoh ||

13. sigra binakta sampun | Radèn Baktiyar marang kadhatun | wus apanggih lawan sira Raja Krêjis | tan anganggo canthèl atur | sikêp manjing êblas-êblos ||

14. nora na mangan sêkul | gaga sêsawah pan nora laku | olah-olah ora laku sanagari | pangane singa katêmu | pinangan mêntah kemawon ||

15. ngalas pala gumandhul | lawan bumi jro ingkang dhinudhuk | pan pinangan mêntahan sadaya sami | buron cilik kang katêmu | garangan lan tikus wirog ||

16. trênggiling lawan kuwuk | ula salira kodhok lan bulus | tuwin bangkong pinanganan mêntah sami | godhong isining wana gung | kang lêmês pupus kang anom ||

17. Radèn Baktiyar

--- 2 : 73 ---

matur | kula dutane Rajèng Mêdayun | nêdya ngungsi punapa sagah ngukuhi | taksih binujung ing mungsuh | dutane Jayèngpalugon ||

18. Sang Raja Krêjis muwus | anaa pira mungsuh kang rawuh | lamun tiba Pirkaras tan dadi kardi | yudane tumpês deningsun | sapa ratu kaya ingong ||

19. pan ratu-ratu iku | kabèh kang kaprah gêgamanipun | nganggo wêsi lawan waja kang kinardi | gamaning manungsa iku | yèn ingsun tan arsa nganggo ||

20. iya gêgamaningsun | kang kabuyutan tan nganggo iku | ya ginawe pêpadhane manungsèki | ajakên mrene ratumu | konên angungsi maring ngong ||

21. Radèn Baktiyar mudhun | saking ing bangku saya kèh dulu | lanang wadon tuwa anom gêdhe cilik | dudu kapas sangkanipun | ginawe saruwal kathok ||

22. mung babakaning kayu | Radèn Baktiyar lakune mêtu | saking kitha wau prapta goning baris | umatur ing ramakipun | yèn kasasar goning katong ||

23. nagara cara lutung | pan cara sato pratikêlipun | nora ana nganggo sêga wong sawiji | mêmangan singa katêmu | iya miwah kang dèn anggo ||

24. Bêstak alon amuwus | kaya kapriye apa ta sanggup | inggih sagah Radèn Baktiyar turnèki | Raja Krêjis wuwusipun | turana laju sang katong ||

25. batine ingsun kulup | arêp malêsa ing ratu iku | Si Kuskèhèl kang ambanting ingsun nguni | yèn tan kawalês ta kulup | bêbêg rasane tyas ingong ||

--- 2 : 74 ---

26. iku ta karsaningsun | sira gawea gègèr karuhun | api-api ratu kang nututi iki | kudu nyêkêl sang aprabu | siramuk awat mangkono ||

27. pasthiku sang aprabu | nuli anuruti atur ingsun | mêngko bêngi gègèrna bala Mêdayin | Si Kuskèhèl lan Si Bêskul | padharsa nyêkêl sang katong ||

28. wau ta kang winuwus | Raja Brikahar ing Ngambarkustup | lawan Prabu Sêmakun sampun apikir | lamun Sang Prabu Mêdayun | ambênêri marga elok ||

29. benjing puniku jêbul | ênggène ratu kang cara lutung | botên sande kasasar kuthane Krêjis | tuwan anglampahna bantu | kang awas sagung pakewoh ||

30. inggih pun bapa Dhatuk | Bêrdanis inggih paduka tuduh | dimèn inggih benjing prang lan Raja Krêjis | rinewang prang kêmatipun | ratu ingkang cara sato ||

31. ya ta Prabu Sêmakun | anuduh kalih punggawanipun | katigane lawan Ki Dhatuk Bêrdanis | kalih lêksa budhalipun | prajurit Gumiwang nyêrot ||

32. lamine lampahipun | anèng ing marga datan winuwus | wus kacandhak Raja Kuskèhèl gonnèki | kalawan Sang Raja Bêskul | sampun amucung pakuwon ||

30. Prabu Nusirwan Kêpanggih Prabu Banukrêjis.

15. Pocung[3]

1. kadi wau asarêng pratingkahipun | gênti winicara | ing mangke anuju bêngi | amiranti balane Radèn [Radè...]

--- 2 : 75 ---

[...n] Baktiyar ||

2. anèng pungkur balane surak gumuruh | wong sèwu watara | Baktiyar balanirèki | sami alok mungsuh anggêpuk pondhokan ||

3. gumarubyug gègère kuwur katawur | Bêstak mring ngajêngan | gupuh sarêng mêmpis-mêmpis | angaturi suwawi paduka enggal ||

4. Sang Aprabu Nusirwan gumêtêr gugup | patih ana apa | iya dene gègèr iki | pun Kuskèhèl ajêng anyêpêng paduka ||

5. ajêng nukup nanging anuju kapêthuk | pun Baktiyar langlang | rame têmpuhing ajurit | wikan pêjah gêsangipun pun Baktiyar ||

6. dipun pupuh dhatêng pun Kuskèhèl luput | Kuskèhèl pinêdhang | kêni gajahe ngêmasi | amacicil ature Ki Patih Bêstak ||

7. pan ginugu gugup budhale kasusu | mawur sabalanya | satêbahe lampahnèki | byar raina mring ngarsa Radèn Baktiyar ||

8. dhuh pukulun botên kadosa sang prabu | pukul kalih wêlas | prapta pun Kuskèhèl gusti | lawan Bêskul nêdya anyêpêng paduka ||

9. inggih ulun nuju langlang pan kapêthuk | rame prang kawula | yèn sampuna binut kalih | katandangan pun Kuskèhèl dening kula ||

10. yèn suwawi kèndêl lêlampah pukulun | akarya tanggoran | mrih kadho pinagut jurit | pun Kuskèhèl sakêdhik darbea taha ||

11. sang aprabu pangandikanipun gupuh | ya kulup Baktiyar | sakarêpmu sun turuti | apa nyata Si Kuskèhèl binantonan ||

12. apa dudu ingkang bantu Si Sêmakun |

--- 2 : 76 ---

Baktiyar tur sêmbah | bantu mung bupati kalih | lalang marga sami Bupati Gumiwang ||

13. pun Jongkulkum kalawan pun Batukulkum | andêling Gumiwang | bupati kêmbar prajurit | sarwi nêmbah ature Radèn Baktiyar ||

14. dhuh pukulun kawula ngirid pukulun | mring nagri Pirkaras | kuthanipun Raja Krêjis | iya enggal manawa Kuskèhèl prapta ||

15. pan gumrubyug Radèn Baktiyar nèng ngayun | anyêrot ing lampah | ing marga datan kawarni | prapta manjing dhatêng nagari Pirkaras ||

16. wus amêthuk bala Pirkaras gumrubyug | tan mawi bandera | tan ana liyan suligi | wong salêksa amung suligi kewala ||

17. lêmbingipun wong sawiji angrong puluh | suligi lêmbingnya | tobat anganggoa wêsi | Sang Nusirwan tinandhu pi-api gêrah ||

18. saking ngungun durung ngrungu durung wêruh | kaya wong Pirkaras | sabalane Raja Krêjis | awêwuda sami kathokan kewala ||

19. datan patut kuthane kinarya watu | pan itêm sadaya | manungsane sami nisthip | nora laku amêmangan olah-olah ||

20. wong Mêdayun sami manjing kuthanipun | ratune wus panggya | nora nganggo awotsari | dir kumêthak kumênthus kaliwat-liwat ||

21. wus makuwon wong Mêdayin ngalun-alun | Sang Rajèng Kumawas | kang nganthi Dhatuk Bêrdanis | saha bala lajêng sami ngêpung kitha ||

22. Raja Bêskul Jongkulkum lan Batukulkum | prawira Gumiwang | busêkan sajro kithèki | sajêg-jêge [sa...]

--- 2 : 77 ---

[...jêg-jêge] durung ana mungsuh prapta ||

23. sangsaya gung wadya Purwakôndha nusul | lan bala Talsiyah | yèn dalu kêndhang gong muni | bèri puksur thongthonggrit umung swaranya ||

24. pitung dalu wong Pirkaras nora mêtu | wong Mêdayin sayah | tan ana kang mangan nangsi | nora laku carane amangan sêga ||

25. wong Mêdayun sakite pating galuruh | Sang Prabu Nusirwan | gêrahira api-api | apan mangke nandhang gêrah têtêmênan ||

26. Patih Bêstak kang kinèn jênêngi esuk | arsa magut ing prang | sira Raja Banukrêjis | Urmus Irman Baktiyar anjênêngana ||

27. tan cinatur ing dalu enjing winuwus | kênthunge sauran | wijile Sang Raja Krêjis | Patih Goncor rong lêksa ênggoning wuntat ||

31. Nagari Pirkaras Bêdhah.

16. Pangkur

1. enjing têngara sauran | kênthong ewon miyos Sang Raja Krêjis | wadyanira kumarutug | sampun aglar ing papan | samya mulat praptane gêgaman mungsuh | Kuskèhèl nitih dipôngga | sinandhing Dhatuk Bêrdanis ||

2. munggèng palana lêlawak | barisira sampun kapang miranti | wong Pirkaras dulu mungsuh | surak giyak sauran | munggèng kuda Baktiyar Irman lan Urmus | miwah sira Patih Bêstak | anjênêngi ing ajurit ||

3. pan nora anganggo tata | nawurakên [nawurakê...]

--- 2 : 78 ---

[...n] suligi wadyanèki | muluk maring goning mungsuh | Dhatuk Bêrdanis mulat | mêtu panah kang cinipta panah lesus | gumludhug kang bayu bajra | mêsês ponang lesus prapti ||

4. suligi mêsat katulak | anibani ingkang darbe pribadi | srêsêp sumarambah sursup | usrêg samya anggiwar | otêr pating caruwèt kèh tiba lampus | sakèhnya suligi mêlsat | kadi udan anibani ||

5. gègèr bala ing Pirkaras | arsa ngamuk katulak dening angin | akèh rubuh kabarubuh | tindhih tumpang-tumumpang | sira Dhatuk Bêrdanis sigra aniyup | prapta kang buron awêndran | kang tate binadhog sami ||

6. panganane wong Pirkaras | ula ulêr kuwuk wirok trênggiling | salira garangan bulus | yutan apan karoban | wong Pirkaras sakêthi pan nora langkung | burone cilik awêndran | tinubruk pan nora kêni ||

7. mancolot ing gulunira | myang ing gigir prasamya anyakoti | sangsaya gung praptanipun | kadya riris sumêbar | eram mulat Bêstak Baktiyar lan Urmus | Irman dhingini lumajar | manjing kitha ting karêmpis ||

8. wong Pirkaras kagegeran | Raja Krêjis giris lumayu miris | kaungkulan sikiripun | dening mangunah Islam | tutup kitha bala sakarining lampus | ting kacècèr salang-tunjang | palayune bala Krêjis ||

9. Patih Goncor tan tumama | kêmatira wali-wali tan dadi | kasoran mangunahipun [mangunah...]

--- 2 : 79 ---

[...ipun] | Dhatuk Bêrdanis dibya | wong Pirkaras kukud gusis barisipun | kinêpung jawining kitha | wingwrin dèrèng tate jurit ||

10. lamun dalu binalangan | saking jawi dalu sanjata agni | kang dahana mubal mumbul | giris wong sajro kitha | Patih Bêstak Baktiyar Irman lan Urmus | samya ngadhêp ngarsanira | ing Bathara Nyakrawati ||

11. Radèn Urmus asru ngucap | pikir apa mampir marene iki | muwuhi malaratipun | kasrakat amusakat | wong angungsi nêdya suda susahipun | iki amuwuhi susah | wuwuh lara wuwuh sêdhih ||

12. lawan amuwuhi dosa | wus mangkene têka tan nganggo mari | mangkono yayi Sêmakun | yèn iku angrungua | kaya apa iki bala akèh lampus | ngungsi nagara musibat | wong kiyanat dèn ampiri ||

13. Patih Bêstak duk miyarsa | kêthip-kêthip anggluruh apisakit | ya ta kunêng tan winuwus | kang wuwuh karisakan | wong Mêdayin kang urip kuru bêbêndhul | Kuskèhèl apirêmbagan | kutharsa dipun lêbêti ||

Lajêng nyandhak Menak Kalakodrat.

--- 2 : [80] ---

Isinipun.

... Kaca

16. Raja Bubarwan lan Raja Krasbinandur dipun pidana. ... 3

17. Prabu Johanpirman sagah malês ukum prajurit Kuparman. ... 9

18. Patih Ombakbakat tandhing lan Raja Kuskèhèl. ... 14

19. Wong agung paring bêbantu. ... 19

20. Dhatêngipun bêbantu wontên ing pakuwon. ... 25

21.Pasamuan dhaupipun Radèn Hasim Katamsi kalihan Dèwi Ngumyun Adikin. ... 30

22. Prabu Bariakbar duka mirêng dhauping putra. ... 34

23. Senapati Tasmitèn campuh lan Senapati Kuparman. ... 38

24. Senapati Tasmitèn kasoran prang. ... 43

25. Prabu Johanpirman kasor yudanipun. ... 52

26. Prabu Sêmakun sapunggawanipun kondur dhatêng Kuparman. ... 58

27. Wong agung nyubya-nyubya ingkang wangsul saking prang. ... 61

28. Prabu Banukrêjis ing nagari Pirkaras. ... 66

29. Baktiyar ngrêsaya dhatêng Prabu Banukrêjis. ... 71

30. Prabu Nusirwan kêpanggih Prabu Banukrêjis. ... 74

31. Nagari Pirkaras bêdhah. ... 77

__________

Catatan kaki:

1. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, inggih dèrèng anglangkungi (kembali)
2. Senapati (kembali)
3. Teks asli: Pucung (kembali)