Menak Kalakodrat (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #854

Judul
Sambungan
1. Menak Kalakodrat (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #854. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Kalakodrat (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #854. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1166

Menak Kalakodrat

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits - bibliotheek.

1. Pangkur

1. Candhakipun nagari Pirkaras bêdhah

1. wus dadya wau kang rêmbag | sira Dhatuk Bêrdanis nyipta gêni | kobar lawange wus rubuh | gêni mubal andadra | wus kalêbon ing baris mawur malêdug | sami ngungsi ratunira | gumrubyug manjing jro puri ||

2. busêkan otêr wurahan | amor ing dahana sangsaya dadi | ridhu lor kulon myang kidul | wetan abilulungan | wus kaisèn Raja Krêjis puranipun | dening prajurit Gumiwang | kacêkêl Sang Raja Krêjis ||

3. Patih Goncor wus kacandhak | samantrine muwah punggawa cilik | sadaya wong pitung puluh | kalêbu mantrinira | sira Prabu Nusirwan sabalanipun | sakarine kang palastra | wêdale anêrak baris ||

4. dhasare wus pinrantenan | mring Kuskèhèl kinèn awèha margi | palayune wong Mêdayun | rusak sangêt kasrakat | praptèng jawi anitih dipangganipun | pating kacècèr kang bala | wuwuh rusak wong Mêdayin ||

5. ginêmpur kutha Pirkaras | têtumpêsan kang mati dening agni | sigra budhal barisipun | nusul Prabu Nusirwan | wus kacandhak arêmbên bala Mêdayun | kathah sakit wêtêngira | mising miwah

--- 1: 4 ---

agumigil ||

6. wus kacandhak lampahira | sira Prabu Kuskèhèl Senapati | parentah ing balanipun | padha sira rèrèha | iya têka giringên palayunipun | panêmbahan iku aja | sêdhihe kêpati-pati ||

7. mung Si Patih Bêstak ika | sok agawe-gawe nyênyuwe margi | angadon-adoni wuwus | siji iku kewala | lah cêkêlên wiyungyungên nèng dêlanggung | besuk bae luwarana | yèn wus prapta ing Mêdayin ||

8. adhi Jong Kulkum ta sira | kang nyêkêla iya marang si patih | sandika ing aturipun | milih kuda pêpêrang | wong Gumiwang antuk kuda kalih èwu | prajurit kang sêsêliran | sami anyabêt turanggi ||

9. mamprung kuda kalih nambang | prapta gène Prabu Anyakrawati | saking ngajêng nuli matur | kula inggih dinuta | dhatêng isèn ing wijoan palowanu | manggala ing Purwakăndha | Raja Kuskèhèl prajurit ||

10. kang minăngka ngirid lampah | kang punika Kuskèhèl Senapati | kawula kinèn amikut | dhatêng pun Patih Bêstak | linuwaran inggih yèn praptèng Mêdayun | punika ngrandhati lampah | sok agawe-gawe pikir ||

11. dene ta lampah paduka | amba puniki kang kinèn angiring | Jêng Gusti Prabu Sêmakun | pan sampun aparentah | êsah lawan kang raka parentahipun | Wong Agung Surayèng Jagad | dèn kadi angiring-iring ||

12. kuda kalih èwu mêncar | munggèng ngarsa lawan ing kanan kering | baris saking

--- 1: 5 ---

wuri ratu | samya andêl sadaya | dhêdhêp maras sagunging bala Mêdayun | Raja Kuskèhèl tumêdhak | saking dipangganirèki ||

13. yèn wontêna kang lumajar | pasthi tumpês sadaya wong Mêdayin | rawuh sira Raja Bêskul | têdhak saking wahana | sami marak ing sira Prabu Mêdayun | soring mandera sêseban | Kya Patih Bêstak ngrêrintih ||

14. api-api sangêt lara | ulat pucêt biyas batine ajrih | angrasa ing luputipun | Baktiyar ulatira | kadi nanjak prajurit Gumiwang ngêpung | lawan Kuskèhèl balanya | sami ngrêrêpa tur manis ||

2. Dhandhanggula

2. Prabu Nusirwan kondur dhatêng Mêdayin

1. ya ta wau ingkang lagi prapti | Prabu Sêmakun carakanira | andombani ing balane | kang kinèn sami bantu | ing lampahe Kuskèhèl sami | amêng-amênganira | wau kang ingutus | tilas Patih Purwakăndha | pinaringkên ing raka Sang Jayèngmurti | mring kang rayi Gumiwang ||

2. wus aniyup saking ing wiyati | sira Ki Patih Jèdhi Tèrisan | kumabruk prapta dharate | ngarsane sang aprabu | miwah para ratu kang ngusir | Jèdhi Tèrisan sigra | dhawuhkên pamuwus | Sang Prabu Kuskèhèl lawan | Raja Bêskul timbalane kangjêng gusti | Sri Bupati Gumiwang ||

3. aprakara dènira ngênginthil | lamun [la...]

--- 1: 6 ---

[...mun] sang nata mampir mèt sraya | ratu kang kamargan mangke | tumpêsên wong Mêdayun | nadyan iya kangjêng rama ji | yèn tan eling maringwang | iya sakarêpmu | Raja Kuskèhèl turira | inggih wontên punika kang mêmarahi | rêmêne mamèt sraya ||

4. wadyanira kinêjepan aglis | sigra cinêkêl Ki Patih Bêstak | lawan Baktiyar anake | kalih wus winayungyung | sininggahkên ing wong Mêdayin | kang ngadhêp wong Gumiwang | prajurit gung-agung | matur Ki Jèdhi Tèrisan | bok mantuni sok anggêga turing Patih | Bêstak agawe rusak ||

5. Raja Kuskèhèl asru dènnya ngling | amirungu ing Prabu Nusirwan | kakang Jèdhi satêmêne | tingkahe sang aprabu | dèrèng darbe karsa pribadi | anut aturing Bêstak | wong musibat agung | mangke mumpung wontên dika | kula sêksi ing dika batine mami | liwat botên tarima ||

6. dèn kawruhan Prabu Nyakrawati | kula winastan gêpuk pondhokan | Ki Patih Bêstak ature | kula botên ngrêmpêlu | yèn gawea susah ing wêngi | rina botên sumêdya | nusahkên sang prabu | Patih Bêstak matur dora | lamun ingsun ing wêngi nêkani jurit | prang kalawan Baktiyar ||

7. kapan ingsun apagut rêrai | lan Baktiyar matur ing sang nata | payo ing mangke prang kene | dèn buta roro iku | lan bapakmu padha udani | nèng ngarsane sang nata | prabu ing Mêdayun | ratu agung pinituwa | sira Prabu Kuskèhèl [Kuskè...]

--- 1: 7 ---

[...hèl] sawusnya angling | nêpsune kadrawasan ||

8. agêng nêpsu ratu cêkak budi | kakon atèn têsan angandika | kabanjur mêtu nêpsune | ngadêg nyat sarwi juput | bandan kalih binakta sami | ngarsane sri bathara | inguculan sampun | bêbandane kalih pisan | Ki Baktiyar inguncalan pêdhang tamsir | Baktiyar payo aprang ||

9. bapakamu matur ing sang aji | yèn sira aprang wêngi lan ingwang | gajah ngong pinêdhang dene | ya Si Baktiyar iku | ingsun arsa nyêkêl sang aji | bêngi gêpuk pondhokan | iku aturipun | lah payo mêngko ayuda | sira Bêstak dharodhog maras kapati | dorane kacêthikan ||

10. Ki Baktiyar nangis mêmpis-mêmpis | Raja Kuskèhèl sangsaya sugal | payo ngadêga dèn age | prang dharat lawan ingsun | jêr wus ngaku aprang lan mami | Baktiyar datan obah | anangis tumungkul | Baktiyar payo age prang | nora obah Kuskèhèl sigra marani | cinandhak karo pisan ||

11. sami ingikal ing kanan kèri | sarêng tininggil binanting lêmah | kumabruk pating kalèsèd | kantaka kalihipun | sigra nêmbah marang sang aji | sampun emut paduka | sok anggugu atur | pun apatih sèwu dora | têka maksih paduka dhahar turnèki | apan ta putra tuwan ||

12. langkung sami angowêl kapati | sêpuh anèm agung tuwan mêngsah | anggugu wong gawe-gawe | duk anèm malah sêpuh |

--- 1: 8 ---

dèrèng tate têmên sadumil | dorane gawe tiwas | ngrisak ing pukulun | dèrèng salamêt sadina | Sri Nusirwan tumungkul sarwi anangis | Kuskèhèl anak ingwang ||

13. bênêr sira apuranirèki | enggal ingsun nuli ulihêna | maring ing Mêdayin bae | gampang nèng praja besuk | iki lagi wêruh pribadi | dorane Patih Bêstak | awit ing sirèku | payo nuli budhalêna | Sang Aprabu Kuskèhèl matur wotsari | sampun emut paduka ||

14. putra tuwan ing Kuparman nênggih | tuwin putra tuwan ing Gumiwang | langkung yêkti pangowêle | pijêr tuwan anggugu | wong musibat kapala lênthi | sigra têngara budhal | sira Raja Bêskul | kang lumampah anèng ngarsa | sira Raja Kuskèhèl kang munggèng wuri | Bêstak lawan Baktiyar ||

15. tinunggangkên jaran wadon sami | tur lagaran tinuntun nèng ngarsa- | nira Sang Prabu Kuskèhèl | lêpas ing lampahipun | tan winarna anèng ing margi | prapta bumi ampeyan- | ira ing Mêdayun | Betaljêmur kang winarna | wus miyarsa jawil bupati kêkalih | sami angajak mapag ||

16. masanggrahan makuwon sang aji | lakon rong dina saking jro kitha | Betaljêmur pamêthuke | nèng pakuwon umasuk | tinangisan sri narapati | anèng ing ngarsanira | Kuskèhèl lan Bêskul | Urmus Irman munggèng ngarsa | Patih Bêstak lan Baktiyar ingkang maksih | anèng ngarsa bêbandan ||

17. sami nyingkruk sami wirangnèki |

--- 1: 9 ---

Betaljêmur alon atêtanya | ênggèh punapi dosane | kang loro winayungyun | Raja Bêskul alon nauri | dosa marang ki lurah | senapatiningsun | winastan nukup pondhokan | arsa nyêkêl marang sang nata ing wêngi | tur nora kesah-kesah ||

18. amrih gègèr sang prabu ing wêngi | ginawa ngili marang Pirkaras | amung punika karêpe | ngungsi ratuning kuwuk | nora kanggo sajam ing jurit | puniku kang binănda | wonge pitung puluh | sarayane Patih Bêstak | manggut-manggut Ki Betaljêmur miyarsi | gih talah nora talah ||

19. hèh sang prabu punapi tan kêni | dèn têdhaa minta pangapura | sumaur Raja Kuskèhèl | manira boya asung | inggih atur uninga dhingin | jêng gusti ing Gumiwang | Sang Prabu Sêmakun | kula ingkang botên lila | lêng katura Wong Agung Surayèng Bumi | kang rayi yèn wus lila ||

20. kang ngrêrusak kaprawiran mami | gawe ojat ratu maling ingwang | mung nênungkul kabisane | iku tan lila ingsun | Betaljêmur mênêng tan angling | ya ta malih têtanya | wrêdi Betaljêmur | anak punapa ta nyata | gustinira badhe ingangkat sayêkti | nênggih maring kang raka ||

21. ingadêgkên Prabu Nyakrawati | binathara madêg ing Kuparman | nauri Raja Kuskèhèl | nanging kang rayi lumuh | maksih rêmên karêm ing jurit | nuhun isèn kewala | Johan Palowanu | mung suka manggalaning prang | Jêng Sang Prabu Gumiwang lagi samangkin [samang...]

--- 1: 10 ---

[...kin] | prawira ing ayuda ||

22. among ingkang putra Parangakik | lawan among kang putra Karsinah | amrih aprang pakaryane | madêga bathara gung | têmah arang mêtuwèng jurit | punika ingkang karsa | Jêng Gusti Sêmakun | adamêl palu rante mas | wawrat sèwu ing aprang sampun undhagi | sasat Tasangsulngalam ||

23. Irman Urmus tumungkul miyarsi | Prabu Nusirwan adarodosan | Betaljêmur lon wuwuse | ing wong aurip iku | ênggèh luwih kang dèn tut wuri | milua wong ngêcomang | lawas-lawas ngêpluk | milu wong prawirèng jagad | lawas-lawas dadi wong prawirèng jurit | anggèr Natèng Gumiwang ||

24. dadi ratu kasumbagèng bumi | ingkang amor lan Ki Patih Bêstak | kasrakat angèngkèk-èngkèk | kaburu kabur-kabur | rusak sayah agung bilai | gumêrah guyunira | kang pra dipatya gung | sang nata alon ngandika | iya bapa ingsun iki kadipundi | bapa olèh sinoma ||

3. Sinom

3. Rêmbag badhe ngislamakên Prabu Nusirman

1. iya apa ngapuraa | Wong Agung Surayèng Bumi | saking gunging dosaningwang | katon binêcikan mami | sok malês angalani | Si Bêstak ngajak maringsun | sigra ngaturan budhal | saking pakuwon lumaris | tan kawarna ing marga prapta

--- 1: 11 ---

jro kitha ||

2. sigra lajêng angadhatyan | Kuskèhèl sawadyanèki | ngêbroki wismaning Bêstak | Bêstak lan Baktiyar kalih | cinancang anèng kori | nak rabi tan kêna têmu | kinubêng ing gêgaman | ênggèning lêlaran kalih | prapta suguh bupati kang tunggu pura ||

3. suguh matêng tigang dina | alêksan jodhangan sami | suguh mêntah patang dina | bèbèk ayam kêbo sapi | suka sri narapati | Kuskèhèl sabalanipun | akèn akarya surat | Prabu Kuskèhèl mring carik | sêrat badhe katur mring nagri Kuparman ||

4. angaturakên bêbandan | ing Pirkaras Raja Krêjis | sêrat kêkalih punika | mring gusti dhewe satunggil | sêrat satunggil malih | katur ing Prabu Sêmakun | miwah Bêskul mangkana | iya surate kêkalih | sami nuduh bupatine kalih sowang ||

5. manjing kuda kalih lêksa | budhal caraka bupati | saking Mêdayin nagara | bêbandan tinuntun sami | mung ratu lawan patih | kalawan punggawanipun | pan nitih kuda tundhan | ratune kudaning mantri | mundhut tundhan wong Mêdayin tuduh marga ||

6. lampahe agurawalan | amanggih dêdalan radin | rêratan marang Kuparman | akêncêng saking Mêdayin | akèh gêdhong botrawi | kala panggihe Marpinjun | rêratan sampun kawak | aglis kinarya lumaris | tan kawuwus ing marga prapta Kuparman ||

7. anjujug ing gustinira | sira Sang Prabu Pirngadi | dene Bupati Talsiyah | anjujug [a...]

--- 1: 12 ---

[...njujug] Sri Banuarli | katur suratirèki | ing purwa wasananipun | sang prabu ing Talsiyah | Banuarli ngandika ris | yayi prabu dawêg marak rama dika ||

8. sang aprabu ing Gumiwang | ngaturkên surat puniki | kang rayi suwawi kakang | lumampah narendra kalih | prapta sampun apanggih | kalawan Prabu Sêmakun | sampun tata sinapa | hèh ta anak prabu kalih | paran warta ingkang wontên palurugan ||

9. narendra kalih turira | punika dutane prapti | sarta surat wus tinampan | binuka sinuksmèng galih | langkung suka miyarsi | mèsêm Sang Prabu Sêmakun | puniki karsaningwang | katura ing benjing enjing | pasamuan supaya sami mirsaa ||

10. sagunging para narendra | yèn wontên para narpati | kang sami sugih panêkar | narendra mungkasi kardi | anjêmbarakên rai | Si Kuskèhèl anak prabu | manawa ta ginanjar | ratu kêkaya ing jurit | anguwisi nora dadi karyanira ||

11. anadene kang bêbandan | wong Talsiyah kang gujêngi | wong Purwakăndha ngiringna | ratune tuntunên mantri | wus dadi kang pinikir | datan kawarna ing dalu | enjing mijil sineba | Wong Agung Surayèng Bumi | aglar sagung para nata nata putra ||

12. supênuh ing panangkilan | kadya trunaning udadi | tata pangkating lênggahan | Prabu Sêmakun wus linggih | kèrine Jayèngmurti | nèng wijoan palowanu | imbangan lan kang putra | Sri Bupati Parangakik [Paranga...]

--- 1: 13 ---

[...kik] | nèng wijoan Jayusman Samsumurijal ||

13. sumambung Natèng Karsinah | Ruslani Danurusamsi | wong agung ing Parangteja | Adipati Guritwêsi | lawan Natèng Ngabêsi | Biraji Kunawar Kuljum | Kulub miwah Kalkiyah | lawan Sang Natèng Kubarsi | Rajèng Selan Kohkarib Rajèng Yujana ||

14. Kebar Kangkan Turki Santar | narpati ing Burudangin | tangèh gunging cinatura | sadayane kang narpati | miwah para putra ji | mangkana Prabu Sêmakun | têdhak saking wijoan | ngêjèpi narendra kalih | ing Talsiyah lawan Prabu Purwakăndha ||

15. binêkta marang ngajêngan | nêmbah angaturkên tulis | orêg sagung kang tumingal | lah ta iki ana warti | wong Parangteja tampi | lajêng sêratira katur | Marmaya kinèn maca | Kuskèhèl ingkang akirim | lawan Bêskul katur ing Natèng Gumiwang ||

16. awit saking budhalira | bêbujung saking ing Mrêtis | prapta aprang Papirkaras | lajêng bêdhahe Pakrêjis | kacêkêle Pakrêjis | lajênge duk panalikung | Bêstak lawan Baktiyar | lajênge praptèng Mêdayin | Umarmaya malêmbung lok katiwasan ||

17. macucu sarwi kêkayang | nolih ing Prabu Sêrandil | maratungkak cinangkalak | ipe sinampèr têtali | dosane adol sêkti | anjuwal brêt imbuh gadur | Si Kuskèhèl aladak | prajurite Si Pirngadi | bocah bêcik ing rèh tan ana tinaha ||

18. gumêr kang sami miyarsa |

--- 1: 14 ---

Wong Agung Surayèng Bumi | mundhut akarsa uninga | bêbandan Sang Jayèng Krêjis | ratu kêkalih ngambil | sampun sinaoskên ngayun | sakèh eram kang mulat | sipate Sang Raja Krêjis | nora dhapur manusa adhapur kewan ||

19. kinèn sadat datan arsa | kinèn ngunjara rumiyin | lan wadyane pitung dasa | kasrah ing Prabu Marmadi | wong agung ngandika ris | padha gawea sul-angsul | yayi Sêmakun sira | si kulup Mutadarawi | lan Talsiyah têtêlu têtunggalana ||

20. kalawan ingsun angganjar | wijoan mas palowani | kang asuku salawe prah | Si Kuskèhèl kang duwèni | kang suku rolas iki | kang duwe Si Raja Bêskul | lawan makutha rêtna- | nira mitung puluh sisih | karo padha yèn mungguhing kang makutha ||

21. amung iki ingkang beda | wijoan mas palowani | ratu katiga tur sêmbah | Prabu Sêmakun maringi | turăngga saparjanggi | sarwa mas busananipun | kondur nata katrinya | Wong Agung Surayèng Bumi | jêngkar dènnya siniwi kondur ngadhatyan ||

22. wong agung ing Parangteja | Adipati Guritwêsi | Prabu Sêmakun katiga | ingandikan manjing puri | sagunge kang anangkil | bubaran kang kari amung | narendra kang sakawan | Lamdahur lan Umarmadi | Banuarli Pirngadi anganti samya ||

23. Prabu Sêmakun lêbêtnya | para putra bubar sami | kondur pura sowang-sowang | wau kang anèng jro puri | nimbali garwa prapti [pra...]

--- 1: 15 ---

[...pti] | Rêtna Sudara ingutus | yayi lah iki layang | kang prapta saking Mêdayin | lah wacanên nèng ngarsane ibunira ||

24. tur sêmbah lajêng lumampah | ratwèbu ing Parangakik | prapta ngarsane bunira | pramèswari ing Mêdayin | sinapa awotsari | sawusnya tata alungguh | ibu punika sêrat | kang prapta saking Mêdayin | kang tinuduh ing yayi Prabu Gumiwang ||

25. anut wingking ing lampahnya | raka paduka sang aji | prabu kêkalih ambêkta | inggih prajurit nyakêthi | sêkawan kang bupati | dutane yayi Sêmakun | balane limang lêksa | manjing bala patang kêthi | kang angungsir lampahe Prabu Nusirwan ||

26. kang sêrat sampun winaca | miwiti malah mêkasi | tamat surasaning sêrat | duk miyarsa pramèswari | sêkêl suka ing galih | sêkêle musakatipun | sukane kang ngrasaa | ing karsane tanpa dadi | angandika juru jinêm mring kang putra ||

27. dhenok iki kayaparan | yèn besuk ramanirèki | animbali marang ingwang | umatur Sudarawrêti | inggih dèrèng pinikir | punika yayi Sêmakun | lan ari Parangteja | kang Dipati Guritwêsi | inggih sami ngandikan manjing jro pura ||

28. pun kakang Bagendha Abas | inggih wau dèn timbali | gantya ta ingka[1] winarna | Wong Agung Surayèng Bumi | katiga kang kinapti | Bagendhabas badhenipun | yèn wis dadya kang rêmbag | anulya winot ing tulis | kang winawrat Sang Naranata Gumiwang ||

29. aturipun lêliyangan | Prabu Sêmakun [Sêmaku...]

--- 1: 16 ---

[...n] lingnya ris | kakang mas ing Parangteja | antêpe pikir puniki | yèn rama animbali | inggih mundhut kangjêng ibu | mangke sêdhênging măngsa | apênêd yèn dèn kukuhi | kula ingkang malang dadi têtanggoran ||

30. karana ta sampun tuwa | ngungkurkên pikir kamuktin | kawibawan anèng donya | awajib sanguning pati | yèn ramaji Mêdayin | adrêng nimbali jêng ibu | kula nuwun ubaya | nunggila agama sukci | ngèstokêna sarengat Ibrahim duta ||

31. lamun botên makatêna | dadya sih têmahan lalis | jêng kakang yèn angowêla | kang rama risaking galih | pae duk anèm nguni | ing mangke sampun asêpuh | lali yèn dèn umbara | yèn botên dipun pêgati | yèn amêksa anasar lumuh Islama ||

32. inggih tan kêna dèn eman | kakang mas puniku pasthi | pan wontên ujaring kitab | singa băngga dèn patèni | têlas tan wontên malih | pikir kawula puniku | Wong Agung Parangteja | angrangkul ing wêntis kalih | sampun anggèr mungkasi pikir punika ||

33. nyablèk wêntise kang kiwa | Adipati Guritwêsi | yayi prabu pêpungkasan | pikirmu tan ana malih | Wong Agung Jayèngmurti | pangandikanira arum | yayi mas Parangteja | paran ta budinirèki | nêmbah matur pan inggih amung punika ||

34. Menak Abas nambung sabda | pangraos kawula inggih | lêrês yayi Parangteja | tan wontên pinikir

--- 1: 17 ---

malih | patitis arêspati | karsane Prabu Sêmakun | mangke rama paduka | Mêdayin mantuk bêbayi | lare alit yèn kêdah malbèng jêjurang ||

35. sayêkti wajib sinêndhal | sampun ngangge lirah-lirih | manawi kasêlak tiba | sarirane risak pundi | inggih ingkang upami | inggih prakawis puniku | lamun ajrih anyêndhal | risake kang lare alit | dipun sêndhal lawan tiba ing jêjurang ||

36. pan sampun pikir nugraha | rayi paduka Sang Aji | Gumiwang lêmpêng pêsaja | Sang Kakungirat lingnya ris | andika karya tulis | munia yayi Sêmakun | marang Rajèng Kumawas | Kuskèhèl ingsun wuwuhi | kuwasane sarta palkat ing Kuparman ||

37. yayi prabu dhawuhana | putranira Kaelani | ipene sira pundhuta | iya ta salah sawiji | karyanên ambênêri | iya Si Maliyat Kustur | kalawan sutanira | kaki Prabu Parangakik | Si Kalbujèr pundhutên iya bantua ||

38. aja kurang taklimira | angantêb basa kang pasthi | maring kangjêng panêmbahan | dèn têtêp ing senapati | ya Si Kuskèhèl maksih | kuwasane ratu iku | amrih aja naracak | laku ana kang gêdhugi | yèn amunga Kuskèhèl bae naracak ||

39. lah uwis padha mijila | lawan kakangira nuli | layang dèn dadi ing kana | prabu Sêmakun wotsari | Menak Abas tut wuri | wêdale Prabu Sêmakun | praptèng jawi utusan | ngaturi kang putra kalih | angandika [a...]

--- 1: 18 ---

[...ngandika] sri bupati ing Gumiwang ||

40. hèh kakang prabu ing Selan | lan kakang Prabu Kohkarib | paduka dèrèng bubaran | nauri narendra kalih | anggèr inggih ngêntosi | wêdal andika ayun wruh | manawi putra dika | Talsiyah Mutadarawi | binantokkên dhatêng Mêdayin nagara ||

41. Prabu Sêmakun ngandika | utami pun kakang kalih | lajênga wisma kawula | inggih sarêng budhalnèki | Menak Abas tan kèri | sapraptaning lurung agung | adhangah pinayungan | para ratu sampun ngiring | ana ngucap wong mulat akèh kapapag ||

42. dubilah Rajèng Gumiwang | dene kaya wora-wari | pratăndha yèn antuk manah | sêmune wong agung iki | pantês nyenapatèni | sêmune têka apatut | dhokoh sabar ing karya | iki thukul wong Mêdayin | ana dadi dandanan ingasmarèng prang ||

4. Asmaradana

4. Prabu Kuskèhèl angsal pangalêmbana

1. gawok ingsun wong Mêdayin | Sri Naranata Nusirwan | dènira ngukir putrane | lanang lan wadon bineda | lamun gawe wanodya | pangrasaningsun pan dudu | gêgaweyaning manusa ||

2. kaya ginawe ing langit | ingukir jroning suwarga | Rêtna Marpinjun pantêse | tuwin ing nguni kang swarga | Gusti Rêtna Muninggar | sapa narka kang andulu | ginawe [gi...]

--- 1: 19 ---

[...nawe] padha manusa ||

3. kang dadi lanang puniki | iya dene jamak-jamak | lawan para ratu kabèh | iku patute dadia | putrane Kewusnendar | ladake Prabu Sêmakun | kaya wêton ing Yujana ||

4. tan wus kang samya ngraosi | Prabu Sêmakun wus prapta | lan tamu anèng dalême | wus tata kang palênggahan | Prabu Gumiwang mojar | anak prabu kalihipun | ing Talsiyah Purwakăndha ||

5. kang dhawuh timbalan mangkin | dika sami tinarima | lan wakil andika karo | kang angusir eyang dika | sami ratu prawira | bisa nampurnakkên laku | mangke botên ingandikan ||

6. lajêng sinung karya malih | inggih mangkya winuwuhan | Kuskèhèl ing kuwasane | antuk palkat ing Kuparman | pacak ratu prawira | mangkya pinaringan bantu | gêgêdhug ratu gêgala ||

7. ing Kulub miwah Kubarsi | angapèn-apèni samya | mring lakune Si Kuskèhèl | wau kalane miyarsa | Lamdahur Umarmadya | mèsêm sarwi manthuk-manthuk | inggih sukur-sukur talah ||

8. anggèr botên nêniwasi | wakile putra paduka | langkung prêcaya têgêse | anggèr lamun makatêna | Prabu Sêmakun mojar | kakang prabu sakalangkung | anjêmbarakên wadana ||

9. anggèr botên nêniwasi | wakile putra paduka | langkung prêcaya têgêse | anggèr lamun makatêna | Prabu Sêmakun mojar | kakang prabu sakalangkung | anjêmbarakên wadana ||

10. ngandika Prabu Sêrandil | mring kang putra Purwakăndha | Pirngadi lamun mangkono | bibèkmu tarimakêna | akunên bapa pisan | Si Kuskèhèl aja tanggung | gumujêng Rajèng Gumiwang ||

11. kakang [ka...]

--- 1: 20 ---

[...kang] prabu ing Sêrandil | dhêdhêmênku cilik mula | gunême têka malênos | kaya gêmbili binakar | ing gêni balubukan | kinuwêk têka malêtuk | pinangan kaya godhogan ||

12. sami gumêr kang miyarsi | Prabu Marmadi lingira | iya ingsun milu bae | dawa gung ing pikirira | Banuarli rinira | tarimakna mring Si Bêskul | anake paman Muharjan ||

13. tan adangu kapiyarsi | jawi swarane gumêrah | praptane kang putra karo | timbalane rama dika | Prabu Sêmakun têdhak | kang putra kalih wus tundhuk | anêmbah marang kang paman ||

14. sawusnya tata alinggih | Prabu Sêmakun ngandika | anggèr putraningsun karo | ing Parangakik lan Kelan | pinundhut ingkang lampah | pun Kalbujèr Rajèng Kulub | dene anak mas ing Kelan ||

15. ipene pinundhut inggih | karyane badhe dinuta | dhatêng Mêdayin lakune | anjênêngi kang wus lama | bantu ing kabatinan | Si Kuskèhèl lampahipun | kalih ature sumăngga ||

16. ratu kalih dèn timbali | Kulub Kubarsi kang prapta | dhinawuhan ing lampahe | kalih ature sandika | budhal ing benjang enjang | lawan saprajuritipun | dhatêng Mêdayin nagara ||

17. ing rèh sampun dèn jarwani | sapala kartining lampah | Prabu Sêmakun nulya ge | pêpundhutan prapta aglar | lajêng dènnya bojana | pun uwa punapa dangu | lingira Prabu Jayusman ||

18. Menak Abas anauri | anggèr sarêng rama dika | inggih

--- 1: 21 ---

saking ing kadhaton | adamêl sêrat punika | kang badhe dipun bêkta | dhatêng pun Maliyat Kustur | lawan Kalbujèr lampahnya ||

19. dhêdharan gong angêrangin | saruni lawan biola | anginum rame sênggake | barduwin anggur lan adas | larih midêr timbalan | ngandika Prabu Sêmakun | hèh anak Kubarsi sira ||

20. lan ari ing Kulub sami | sira prajurite padha | kang ana ing mêngko bae | nora anganti kêrigan | Prabu Kubarsi nêmbah | anggèr ing watawisipun | tigang yuta botên kirang ||

21. prabu ing Kulub turnèki | kawula amung sayuta | Prabu Sêmakun dêlinge | manawa na kêkurangan | dangdanan ingkang risak | bandera tunggul lêlayu | ing ngriki andika bêkta ||

22. umatur sang prabu kalih | kadi taksih sami wêtah | Prabu Sêmakun anolèh | prapta kalih kêthi dinar | nyakêthi pinaringan | miwah pêparing pakintun | dhatêng Kuskèhèl samêkta ||

23. pungkas sagung kang pinikir | bubar dènira bujana | surup baskara sarênge | sami mundur sowang-sowang | enggale tan winarna | sêrat pinaringkên sampun | enjing budhale gumêrah ||

24. Prabu Lamdahur ngintuni | busana kuda dipăngga | marang Sang Prabu Kuskèhèl | sira Sang Prabu Marmadya | kathah pakintunira | marang Sang Mahraja Bêskul | tuwin kang putra kalihnya ||

25. Talsiyah Mutadarawi | kathah-kathah kintunira | marang ratu panêkare | rikat lampahing gêgaman |

--- 1: 22 ---

antuk margi rêratan | tan winarna laminipun | ing marga praptèng jajahan ||

26. mèh prapta kitha Mêdayin | orêg sami salah tămpa | wong cilik manahe keron | lamun gêgaman kang prapta | sida anêdya ala | paran gonira lumayu | jro kitha Kuskèhèl ana ||

27. tanbuh tingkahe wong cilik | sami amupus kewala | măngsa kolua batine | yèn bala saking Kuparman | adate pan wêlasan | Sang Prabu Maliyat Kustur | dêdamêle ingkang prapta ||

28. Kuskèhèl pamêthuknèki | ingirid mring kapatihan | pinarnahkên pakuwone | dalême Raja Ubinah | Rajèng Kulub pinarnah | dalême Raja Bintulu | cêlak lan ing kapatihan ||

29. tintrim nagari Mêdayin | kathah karungu kang warta | Maliyat Kustur praptane | lawan Kalbujèr Narendra | ratu banthèng Kuparman | yèn prakara gadhag-gadhug | narpati kalih kapanggya ||

30. lawan Kuskèhèl Sang Aji | dhinawuhakên kang surat | tinampan sampun winaos | sawusnya amaos sêrat | Kuskèhèl nêkêm sirah | sujud ing siti anuhun | yèn sêrat garba pangwasa ||

31. Prabu Sêmakun kang kirim | unine sarta kalawan | ingkang raka parentahe | Wong Agung Surayèng Jagat | muwuhi pangawasa | lawan palênggahanipun | linuhurkên prênahira ||

32. wijoan mas palowani | kang asuku salawe prah | langkung saking pangungune | saking tibaning

--- 1: 23 ---

nugraha | kang Sinuhun Kuparman | kalangkung pasihanipun | langit rêbah asinăngga ||

33. tan andipe lamun kongsi | katetesana ing rahsa | Wong Agung Jayèngpalugon | Prabu Sêmakun kewala | myang Gusti Purwakăndha | wus bangêt gêgêdhugipun | dhasar watak kaduk sura ||

34. mantêp wani anglakoni | tan pilih gon ambêk pêjah | lêlabuhane Kuskèhèl | mangkana ing aturira | Kuskèhèl anoraga | mring Prabu Maliyat Kustur | lawan Kalbujèr turira ||

35. inggih yayi prabu kalih | kasraha badan kawula | dipun upama gêgadhèn | pun kakang darmi lumampah | yayi kalih marakna | ajura dèn kadi bubuk | sarambut măngsa noleha ||

36. Maliyat Kustur lingnya ris | kakang prabu yèn sêmbada | mangke dalu mêmalancong | anamar badan sêpata | papat ratu kewala | seba mring Sèh Betaljêmur | punika kang ginuronan ||

37. Wong Agung Surayèng Bumi | dèn pracaya kadi yayah | sami nuwun pratikêle | ecane lampah punika | Kuskèhèl duk miyarsa | suwawi ing mangke dalu | sami lampah dhêdhêmitan ||

38. ing dalu sami lumaris | narendra sakawan pisan | praptèng Pijajar dhukuhe | nèng jawi bata têtanya | sintên ingkang saosa | ki dalêm lêlurahipun | inggih ing dalu punika ||

39. Ki Dulmajid anauri | kisanak dipun sarănta | mangke manira itunge | pan [pa...]

--- 1: 24 ---

[...n] inggih kănca manira | ênggèh kang nama lurah | nênggih kawan dasa wolu | anyatus ingkang rerehan ||

40. sarwi amilang dariji | kongsi bali kaping tiga | kaledhon winilang manèh | sarwi nguwuh kancanira | Dulmayèk marenea | abingung pangitung ingsun | lurahe kang kêmit sapa ||

41. Dulmayèk prapta lingnèki | Dulmakam lawan Duljamal | Dulsadat lawan Dulsalèh | Dulislam lawan Duliman | Dulpatah klawan Dulsarak |[2] Dulsaut lawan Dulsuhud | Dulkasim Dulkarim samya ||

42. Dulkadil lawan Dulkadim | sampun jangkêp kalih wêlas | bêkta nyalawe kancane | Dulmajid alon lingira | kang loro aturana | kisanak arsa malêbu | matura ing panêmbahan ||

43. kesah tan adangu prapti | bêkta kêkalih lêlurah | sampun atata lungguhe | Dulmajid alon lingira | inggih adhi Dulsadat | kisanak arsa malêbu | matura bala Kuparman ||

44. Dulsadat lumêbêt aglis | jujug gène panêmbahan | nuju wontên ing panêpèn | Dulsadat marak tur sêmbah | ulun atur uninga | ing jawi wontên têtamu | sakawan marak ing tuwan ||

45. panêmbahan ngandika ris | aturana anêmbaha | iku padha ratu gêdhe | andêl prajurit Kuparman | Dulsadat kagawokan | nora nyana lamun ratu | sapraptanira ing jaba ||

46. dheprok sarwi awotsari | Dulmajid alon têtanya | pagene sira andheprok |

--- 1: 25 ---

Dulsadat alon turira | wêlinge ing kawula | punika pan sami ratu | raja agung kapat pisan ||

47. Dulmajid tumurun aris | suwawi tuwan ngaturan | sakawan kerid lampahe | sapraptanira jro lawang | Betaljêmur amapag | nèng palataran acundhuk | sakawan gambuh sadaya ||

5. Gambuh

5. Betaljêmur suka pamrayogi

1. mèsêm Sèh Betaljêmur | sigra binêkta sami alungguh | angabêkti sakawan para narpati | paran karsa praptanipun | sadaya kang para katong ||

2. sakawan nêmbah matur | saking pakèwêd lampah pukulun | putra tuwan Wong Agung Surayèng Bumi | pan makotên karsanipun | dhatêng kang rama sang katong ||

3. kang rayi aturipun | inggih jêng anggèr Prabu Sêmakun | lah punika surate katura inggih | supaya tuwan têtulung | paring têdah kang linakon ||

4. sêrat tinampan sampun | sigra winaos mring Betaljêmur | sampun putus surasane punang tulis | angandika Betaljêmur | punika gampang kemawon ||

5. apan Prabu Sêmakun | dadya ling-aling ing karsanipun | ingkang raka Wong Agung Surayèng Bumi | kang rama pinrih rahayu | dêdalan sakratil maot ||

6. Kuskèhèl aturipun | mila pun patih kawula pikut | sampun lami kawula dèn bêbisiki | ing Gusti Prabu Sêmakun | mring èngête [èngê...]

--- 1: 26 ---

[...te] rama katong ||

7. yèn botên winayungyung | pun Patih Bêstak angajak dangu | anênungkul samăngsa ombèr sakêdhik | tan sande akarya ewuh | randhat karsane sang katong ||

8. yèn lami yêkti wurung | inggih karsane Prabu Sêmakun | lan kang raka Wong Agung Surayèng Bumi | yèn dèrèng sagah sang prabu | salin agama sayêktos ||

9. pun patih botên ucul | alon ngandika Sèh Betaljêmur | manthuk-manthuk puniku ingkang patitis | karsane Prabu Sêmakun | ratu anom kaduk sagoh ||

10. pun bapa anak prabu | seba dhingin inggih besuk esuk | nuli anak praptaa kaprabon jurit | inggih dèn antêpa purun | sampun ngangge walangatos ||

11. apan nêdya têtulung | marang kang rama Prabu Sêmakun | narik saking sasar ginawa mring rêsik | pan ing mangke wong Mêdayun | sangêt ajur sangêt amoh ||

12. sukur ing besuk esuk | têka lêstaria karsanipun | sintên malih tinaria ing sang aji | Bêstak taksih winayungyung | sayêkti nurut kemawon ||

13. jêr nora na kang muruk | amung ki patih angajak bingung | sak ujare ki patih kang dèn lakoni | salah sasara tinurut | marma paleyat-paleyot ||

14. rusak jentul pan agung | milane iya kalantur-lantur | mangke Bêstak maksih andika talèni | sapa sintên darbe atur | Nusirwan pan sampun mopol ||

15. pungkas ingkang [ing...]

--- 1: 27 ---

[...kang] rinêmbug | sami tur sêmbah sakawan ratu | tan kawarna ing dalu wuwusên enjing | wau Ki Sèh Betaljêmur | sampun lumêbèng kadhaton ||

16. panggih lawan Sang Prabu | Nusirwan agring kawit angukruk | kang angadhêp amung putrane kêkalih | Radèn Irman lawan Urmus | kalihe manggung sok joto ||

17. praptane Betaljêmur | ing rajaputra dènira muwus | kadipundi radèn andika puniki | têka mênêng tanpa rêmbug | nagara dika pan bojod ||

18. dika dèrèng katêmu | miwah ta inggih dèrèng sêsuguh | praptanipun gêgaman kari puniki | pun Raja Maliyat Kustur | lan Kalbujèr ratu abot ||

19. kathah prajuritipun | pan têlung yuta Maliyat Kustur | pun Kalbujèr pan sayuta patang kêthi | tuwin Kuskèhèl puniku | andina balane wuwoh ||

20. inggih kang sami nusul | langkung ambêbrêt bala Mêdayun | dika sami mênêng botên duwe pikir | apa nungkul apa magut | pinilih salah sawiyos ||

21. botên andika rêmbug | Bêstak Baktiyar kang winayungyun | sabên esuk puniku dipun gêbugi | têkan bocah misih kuncung | uthuk-uthuk milu jotos ||

22. tangèh dika puniku | nêdya amikir marang kang ibu | ing praptane rama andika puniki | kadhatone misih suwung | têka pijêr ting jaroto ||

23. apan sakèhing laku | lumrah pinikir sadèrèngipun | bok tibane inggih nêmu botên bêcik | risak wong cilik puniku |

--- 1: 28 ---

ratune dosa katêmpoh ||

24. kabèh bala Mêdayun | kêkês pan ajrih tanaganipun | wong Kubarsi wong Kulub sami gitiki | lamun kapapag wong langkung | mumur ajur dèn karoyok ||

25. wau ta duk angrungu | ing wuwusira Ki Betaljêmur | Urmus Irman tumungkul sarwi anangis | Prabu Nusirwan wus cubluk | agung mumêt ingkang panon ||

26. anêsêk Betaljêmur | mung dika kalih ingkang katêmpuh | apa nungkul punapa umagut jurit | Prabu Nusirwan sumambung | yèn maguta sapa enjoh ||

27. lan mundhak alanipun | panthi[3] yèn sirna datanpa kukup | lawan sapa kang ingadu magut jurit | lamun nungkul mumpung durung | aja ngungkurkên pakewoh ||

6. Pangkur

6. Prabu Nusirwan sakawulanipun ngrasuk agami Ibrahim

1. lagya eca pagunêman | pan kasaru gègèr saking ing jawi | wong manjing pura gumrubyug | saure tinakonan | wowor sambu pangrasanira angrungu | Kuskèhèl anggêcak pura | ana pangrungune malih ||

2. Patih Bêstak lan Baktiyar | pan ginawe lesan wus dèn patèni | gugup ngandika sang prabu | lah bapa têmonana | lamun arêp atêtêmu lawan ingsun | iridên malêbu padha | ingsun iki maksih sakit ||

3. Betaljêmur sigra mêdal | praptèng jawi

--- 1: 29 ---

prabu sakawan panggih | balane nèng alun-alun | bêkta gêlar sapapan | para ratu papat dèn irid malêbu | sapraptanira jro pura | ngarsane sri narapati ||

4. règèng-règèng Sri Nusirwan | samya nêmbah kapat para narpati | binage ing Betaljêmur | kang putra kalih samya | anambrama ing krama sarwi tumungkul | Prabu Kuskèhèl turira | hèh Sang Prabu Nyakrawati ||

5. kula punika atămpa | parentahe ing putra paduka ji | Sri Maha Prabu Sêmakun | angantêp padukendra | paran karsa kang pasthi dipun satuhu | nungkul punapa magut prang | yèn nungkul mèlua salin ||

6. agama Ibrahim duta | yèn tan arsa Kuskèhèl aja mulih | yèn nora sarta sirèku | baronjong ing jêng rama | dene kakang êmas Irman lawan Urmus | sun kirimi sira raja | tandhingên kakang mas kalih ||

7. Si Maliyat Kustur lawan | kakang Irman Si Kalbujèr atandhing | lan iya si kakang Urmus | poma dèn ujar pisan | yèn tan nungkul kadangira loro iku | gawanên sirahe padha | maring Kuparman nagari ||

8. lah sampun têlas punika | saha mawi parentah amêkasi | jêng gusti amung puniku | yèn sampun kalampahan | ing panute badhe Jêng Prabu Sêmakun | kang ibu ingiring marang | kondura nagri Mêdayin ||

9. lah punika pêpungkasan | botên kêni lembatan tari malih | pun patih kula wiyungyung | kang ngrisak ing nagara | ngrisak sanak ngrisak [ngrisa...]

--- 1: 30 ---

[...k] badan ngrisak kubur | ngrisak dunya ngrisak têdhak | rayape nagri Mêdayin ||

10. Prabu Nusirwan ngandika | iya ingsun Kuskèhèl aja watir | aran garwaningsun uwus | marang agama Arab | ingsun maning sayêktine kudu milu | iya mring Si Kakungingrat | apadene awak mami ||

11. salaminingsun anêdya | lagi durung mangsane amarêngi | măngsa ta amriha dudu | iya wong duwe bapa | sayêktine pinrih ing rahayunipun | gone duwe wong atuwa | iya Si Surayèng Bumi ||

12. Kuskèhèl akèn anggawa | marang bandan kalih manjing ing puri | tan adangu praptanipun | anyingkruk nèng ngayunan | sigra Raja Kuskèhèl sigra anguwuh | hèh ki patih paran karsa | iya lan anakirèki ||

13. apa mati apa gêsang | yèn nêdyaa mati nuli sun banting | mumpung nèng ngarsa sang prabu | sira pan ngrusak jagat | iya êndi pakolihe panggawemu | dene iki mundhak rusak | alèh badan anglarani ||

14. mung mundhak dadi paguywan | ing wong urip barang karyanirèki | sajêg jumlêg mung kaburu | undhake tingkahira | durung nêmu sapisan prayoga luhur | amung kelangan kewala | awèh wirang ing sang aji ||

15. yèn mêngko saananingwang | nora kêna sira wèh wirang isin | awèh rusak ing sang prabu | karana gustiningwang | duwe wajib Jêng Gusti Prabu Sêmakun | ingsun ingkang ora lila | wong tuwane gusti mami ||

16. sira gawe ala-ala | ratu patang atus [a...]

--- 1: 31 ---

[...tus] kang ora kêni | balane Prabu Sêmakun | lan ratu wolung dasa | pêpilihan ingkang padha ratu agung | wong Gumiwang wong Kosarsah | nora lila duwe gusti ||

17. yèn sirarsa rêp uripa | angucapa sira kalimah kalih | anuta ing nabiningsun | Ibrahim Kalilolah | sarwi gathik wajane Kuskèhèl rêngu | mèh ngadêg arsa nyandhaka | rinapu Rajèng Kubarsi ||

18. hèh sampun dika tumandang | kula badhe yèn dika angajani | angêpruk de kongsi ajur | êndhase Patih Bêstak | lan anake dipun kongsi dadi bubuk | lah patih sira ngucapa | yèn randhat saurirèki ||

19. pasthi yèn saiki sira | mati siya-siya nuli sun banting | patih saurira gugup | inggih Ibrahim duta | apan ratu manira iku wus anut | ingong maning yèn karia | milu agama Ibrahim ||

20. agama Adam wus sirna | Musa Ngisa kabèh tan ana kari | sok wontêna kang ananggung | dhèwèk darmi kewala | durakane wong lècèk agaminipun | Kalbujèr sigra andhupak | misih durjana si anjing ||

21. dudu saur wong balaka | pêputhone êmas ginêtak mijil | Ki Patih Bêstak gumapluk | pêpilingane niba | Ki Baktiyar sinambêr pilinganipun | bola-bali badanira | emu[4] patih mèh ngêmasi ||

22. sirahira muncrat-muncrat | adus gêtih lawan anakirèki | pêputhon ingatag sampun | marani Radèn Irman [Ir...]

--- 1: 32 ---

[...man] | akêkêjêr nèng ngarsane irungipun | lah radèn dika angucap | tekad jêng duta Ibrahim ||

23. yèn dika randhat angucap | botên wurung pêputhon bilaèni | gugup pangucape gupuh | puthon kêjêr kewala | gêbyar-gêbyar mêncorong kadi andaru | ing ngarsane Radèn Irman | wus sadat rahadèn kalih ||

24. puthon manjing jro saruwal | Sang Aprabu Nusirwan wau salin | ing agama Brahim anut | Patih Bêstak siniram | toya ngêjun anglilir amungur-mungur | aja angucap durjana | sira lamun arêp urip ||

25. Kalbujèr pamuwusira | Patih Bêstak tobat tan malih-malih | yèn ngucapa kadi wau | bandane inguculan | sigra nêmbah marang sang prabu ing Kulub | Kuskèhèl sami sinêmbah | miwah Sang Rajèng Kubarsi ||

26. wus tata Kuskèhèl turnya | tuwan undhang sawadya ing Mêdayin | apan nuntêna pukulun | siniwi panangkilan | kula seba mantuk kadi duk rumuhun | pan tuwan pêpundhèn amba | wong tuwane gusti mami ||

27. dèn eca sami bojana | ki apatih sampun ngowah-owahi | bojana sabên anginum | lawan kang bala-bala | Betaljêmur kalangkung ing sukanipun | ngalêm kang ngêmban parentah | prayogane angundhili ||

28. sanagara ingundhangan | wus warata sarengat Jêng Ibrahim | lanang wadon alit agung | sêpuh nèm sami suka | ngrasa lamun ilang mutawatiripun | apa ingkang dadya maras | wus nunggal agama manis ||

--- 1: 33 ---

7. Dhandhanggula

7. Pramèswari Mêdayin kondur

1. sampun têntrêm nagari Mêdayin | Sri Nusirwan agung siniwaka | anut ature Kuskèhèl | lawan Maliyat Kustur | Rajèng Kulub Kalbujèr sami | Bêskul sami turira | Patih Bêstak sampun | tan owah ngêrèh nagara | siyang dalu tan ana gunême malih | wong Mêdayin mung sadat ||

2. malah pinasang ing sabak sami | kayu kêmiri atêtumpêsan | ana sabak kayu surèn | bupati sabak watu | yèn wong cilik kayu kêmiri | malah dadi dagangan | pikulan asêlur | lurung-lurung kêbak sabak | miwah pasar tan ana liyan wong saking | sabak pating karopyak ||

3. miwah pinrada miwah sinungging | sabak kongsi rêga pitu têngah | nêm suku lugas rêgane | bupati sabak watu | marang Cina dènnya nguyangi | rêgane ngaro bêlah | isine pan amung | kalimah Ibrahim duta | arja malih ing mangke nagri Mêdayin | tambane udan sabak ||

4. Raja Bêskul ingutus pribadi | mring Kuskèhèl marang ing Kuparman | atur uninga ing mangke | nagari ing Mêdayun | tulus dènnya salin agami | tuwin Prabu Nusirwan | agamane kukuh | kasêngsêm wong sanagara | ngiras pantês Raja Bêskul lampahnèki | dinutèng ing narendra ||

5. karsanira Prabu Nyakrawati | pramèswarinira tinimbalan | yèn sarta lawan putrane | lêgane [lê...]

--- 1: 34 ---

[...gane] ing tyasipun | pan Wong Agung Surayèng Bumi | dhangan ing karsanira | ngantukkên kang ibu | yèn nora lêga pan nora | mêlasasih Nusirwan sêratirèki | Raja Bêskul kang gawa ||

6. baya sampun jangjining Hyang Widhi | Sri Nusirwan têka gumalethak | lakune Raja Kuskèhèl | lawan Maliyat Kustur | lan Kalbujèr bêgjane sami | Betaljêmur asuka | sarta ngungun-ngungun | kêna dening bêbocahan | pan wong agung pribadi sok ngirih-irih | ing karsane kang rama ||

7. Prabu Sêmakun kang angêncêngi | gothak-gathuk apêpalu gêthak | gumlethak têka gumlèthèk | pan nora sarang-surung | nora rungkud prapta ing wingkid | padhang angênthang-ênthang | tan kongsi ngêlanthung | lampahe kang ratu papat | ya ta wau Raja Bêskul kang lumaris | ing marga tan winarna ||

8. sampun prapta Kuparman nagari | sêrat katur mring Sang Kakungingrat | sakathahe pratelane | langkung suka angungun | sukur ing Hyang jêngira Amir | miyarsa jroning surat | lawan malihipun | sêratira ingkang rama | duk winaca têmbunge kang punang tulis | wong agung rawat waspa ||

9. ingundhangan wadya sanagari | kabèh padha iya piyarsakna | yèn nagri Mêdayin mangke | salin agama anut | ing sarengat duta Jêng Nabi | Ibrahim Kalilolah | bêndhe pirang atus | ngubêngi nagri Kuparman | para ratu gung alit samya anangkil | gunêm ing panangkilan ||

10. Sudarawrêti ngandikan prapti | inguncalan iki [i...]

--- 1: 35 ---

[...ki] yayi layang | wacanên anèng ngarsane | iya ibunirèku | atur sêmbah wus dèn tampani | binêkta sampun prapta | ngarsane kang ibu | winaca kabèh miyarsa | langkung ngungun alêga rasaning galih | pramèswari udrasa ||

11. matur Rajaputri Parangakik | sampun măngsa emute sang nata | tulus dadi pêpundhène | sagunging ratu-ratu | kula ibu tumut angiring | yèn èstu ingaturna | ing putra pukulun | sukane wadya sadaya | ingkang karèh Wong Agung Surayèng Bumi | sayêkti mêndêm suka ||

12. wus warata wong sadalêm puri | sêrat sampun binêkta mangetan | kang tinimbalan praptane | sira Prabu Sêmakun | adipati ing Guritwêsi | Wong Agung Parangteja | sami sinungan wruh | amaos sêrat kang prapta | Raja Bêskul kang wontên ing păncaniti | ngiring Prabu Talsiyah ||

13. pan tinanggap ing para narpati | kang ananggap ing pitakènira | mindho-mindho patakone | ana kongsi ping têlu | ing jro pura gunême dadi | badhene kang lumampah | Sang Prabu Sêmakun | sarta kabèh para putra | Umarmaya ingkang badhe anuwani | lawan narpati dhomas ||

14. badhe ngatêr nyai pramèswari | lawan para garwa pan sadaya | mung kantun satunggal bae | pra putra para buyut | sami tumut badhe angiring | Ki Umarmaya mêdal | lan Prabu Sêmakun | lan Wong Agung Parangteja | kinèn maca nèng ngarsane para aji | suka

--- 1: 36 ---

kabèh miyarsa ||

15. dhinawuhan kang badhe lumaris | ngatêr marang Mêdayin nagara | pramèswari ing kundure | sandika para ratu | ratu ngarsa ingkang sapalih | sapalih ratu wuntat | anganti Sang Prabu | Sêmakun angganjar bala | busanane balanya winarni-warni | para ratu sinama ||

16. sinasami busananing èsthi | para Ratu Gumiwang Kosarsah | ingkang ratu gêdhe-gêdhe | sinung piranti payung | palanane amolu sisih | sawusnya asamêkta | Sang Prabu Sêmakun | para ratu asadhiya | ing Kuparman orêg manusa gung alit | kang tan tumut lumampah ||

17. datan wande tumut ngatêr sami | tuwin busêkan sajroning pura | para garwa ingkang dhèrèk | marang nagri Mêdayun | amung Dèwi Marpinjun kari | tumut ngatêr kewala | marga badhenipun | anuju sawiji dina | budhalipun pramèswari ing Mêdayin | saking nagri Kuparman ||

18. kadi prakêmpa kang bumi gonjing | pan mèh ginggang sang sri ăntaboga | wong agung sarêng budhale | ngatêrkên mring kang ibu | para nata sadaya kêrig | kang badhe lajêng dhomas | praptaa Mêdayun | liyan saking para putra | para wayah kêrig tumut mring Mêdayin | wong agung wangsulira ||

19. prapta lêlampahan tigang ari | wau kang lajêng rikating lampah | margi rêsik rêratane | kadya kêtug gumuntur | ingkang bêbarêpi ing baris | sang prabu ing Talsiyah | saha balanipun | wuri Rajèng Purwakăndha | ing wurine Sang Aprabu Burudangin | sawadya [sawa...]

--- 1: 37 ---

[...dya] para nata ||

20. nuli balane Umarmayèki | Prabu Sêmakun ing wurinira | ngarsa jêmpana ênggone | wuri jêmpananipun | para putra lan wayah sami | miwah buyut nèng wuntat | tuwin para ratu | Sang Kuskèhèl tur uninga | lan Kalbujèr marang Prabu Nyakrawati | yèn pramèswari prapta ||

21. Kyana Patih Bêstak wus akardi | pasanggrahan badhe pamêthukan | lakon sadina pan dohe | kêrig bala Mêdayun | têdhak Prabu Anyakrawati | ratu katri tut wuntat | miwah Betaljêmur | wus prapta ing pasanggrahan | latar pamêthukan tur wiyar tur radin | kang prapta ngroning kamal ||

8. Sinom

8. Para Ratu pandhèrèk dumugi Mêdayin

1. wus prapta sawadyanira | sira Raja Banuarli | Prabu Nusirwan kalawan | para ratu nêningali | nèng padmasana linggih | munggèng têpining têtarub | Betaljêmur kalawan | Patih Bêstak putra kalih | ingkang sami cêlak lawan Sri Nusirwan ||

2. kalawan ratu katiga | Kuskèhèl Kulub Kubarsi | kang prapta bala Talsiyah | para ratu ing Kubarsi | dinangu namanèki | kalawan nagaranipun | kinèn sami lajênga | balane Sang Banuarli | kang nauri atuduh Kubarsi Raja ||

3. wus kathah kang katingalan | Nusirwan angandika

--- 1: 38 ---

ris | akèh asri iki bala | sapa rane kang gumanti | marang Prabu Rukyatil | umatur Maliyat Kustur | sutane Umarmadya | nama Radèn Banuarli | kang kinarya narpati wontên Talsiyah ||

4. nulya wau katingalan | wadya gung dinulu asri | upacara warna-warna | ratune anitih èsthi | songsong patbêlas sisih | prabu tanya sapa iku | kang matur gih punika | pun Mahraja Banuarli | lajêng têdhak marak Sang Prabu Nusirwan ||

5. ngalêm sang nata têtanya | iki kang ibu saking di | apa putune Kistaham | matur Sang Natèng Kubarsi | kang saking Mukabumi | dening Kistaham kang putu | namane Umarjaman | ngandika Natèng Mêdayin | pasêmone apantês dadi narendra ||

6. ulêse adoh lan bapa | mung ngêngrênge ambapani | nulya na malih katingal | para ratu akèh prapti | sawadya têngran asri | bandera lêlayu tunggul | sadaya pan mangkana | iki iya ratu ngêndi | alon matur para Ratu Purwakăndha ||

7. putrane Prabu ing Selan | kang darbe bala puniki | kang madêg ing Purwakăndha | anama Raja Pirngadi | wau kang asru angling | sanès ing graitanipun | Urmus wit kaku ing tyas | pamuwuse bêdhah kêlir | nora tahan nèng ngarsane ingkang rama ||

8. hèh Bêstak têtela lanat | ing salawasira urip | êndi ta panggawenira | iya ingkang nêmu bêcik | miwah anêmu bathi | nêmu salamêt pan durung | mung agung nêmu papa | mung wong Arab [Ara...]

--- 1: 39 ---

[...b] iku pikir | kangelane nêmu bathi nêmu suka ||

9. cacak iku anak bala | prandene nêmu nagari | saking putrane wus kathah | kang padha dadi narpati | sutane kang para ji | akèh ingkang dadi ratu | mangkana kang prayoga | sira iki pikir iblis | akangelan mundhak kalong wuwuh rusak ||

10. tumungkul Ki Patih Bêstak | dhinupak kongsêb nèng siti | irunge mêtu ludira | api-api tan udani | Sang Prabu Nyakrawati | mengo tan arsa andulu | kang putra nêpsunira | kang sandhing api tan uning | sami maklum kang rama miwah kang raka ||

11. sêdhêng nêpsune kajarwan | salamine langkung taklim | mulat para Ratu Ngarab | panggawene akèh dadi | anêmu sarwa bathi | suta bala-bala ratu | samya antuk nagara | Urmus wadana dadya pi | ya ta na kang kaèksi upacara bra ||

12. ratune nitih dipăngga | asongsong patbêlas sisih | pra dipatine angayap | ngandika Prabu Mêdayin | ya iki Si Pirngadi | padha pantês dadi ratu | têdhak saking dipăngga | marak ing ngarsa narpati | katon malih ing wuri kang para raja ||

13. gêgaman abra baranang | kadya kang parwata gêni | ratune munggèng dipăngga | songsong kalih wêlas sisih | tanya Rajèng Mêdayin | sapa ratu prapta iku | Rajèng Kubarsi nêmbah | Sang Raja Bilabundari | Sikaturun prajane ratu prakosa ||

14. balanipun putra tuwan | Gumiwang Sri Narapati | isèn-isèning [isè...]

--- 1: 40 ---

[...n-isèning] wijoan | lajêng sawadyanirèki | ana kadulu malih | balane kadya wun-awun | asri kang upacara | sinongsongan rolas sisih | munggèng gajah sêmbada ratu biwara ||

15. Prabu Nusirwan têtanya | sapa ratu prapta iki | Rajèng Kubarsi turira | nênggih Raja Burandini | Binanggar prajanèki | sami balaning Sêmakun | lajêng wuri katingal | gêgaman dinulu asri | barisira kadi prawata puspita ||

16. sami munggèng ing dipăngga | sami ngalih wêlas sisih | songsonge ratu pangarsa | prabu tanya sapa iki | inggih Rajèng Kuwini | nama Raja Kaladukum | sami andêl Gumiwang | punika katingal malih | ing Bumiya nama Raja Bulubalang ||

17. wontên malih katingalan | kang tinanya turirèki | nênggih Raja Budaldanas | ing Budaldas prajanèki | wontên malih kaèksi | Mardara nagarinipun | Sang Raja Basrudiman | prakosa prawirèng jurit | sami Prabu Sêmakun kang darbe bala ||

18. punika malih katingal | kuthane ing Simbarsari | nama Raja Budaldeya | akathah lamun winarni | para ratu prajurit | balane Prabu Sêmakun | kathah ratu isinya | ing wijoan palowani | sami eram wong Mêdayin dènnya mulat ||

19. para ratu ing Gumiwang | akathah sami prajurit | mangkana upacaranya | kadya yangyang wukir rêsmi | pangayap pra dipati | sinongsongan patang puluh | anitih si amama | rinênggèng

--- 1: 41 ---

rukmi tulya sri | lir andaru busanane kang dipăngga ||

20. sarwi utusan tur priksa | Risang Prabu Burudangin | Adipati Tasikwaja | yèn lampahe andhingini | gène kinèn ngênggèni | ngarsa jêmpananing ibu | Dipati Tasikwaja | lan Narpati Burudangin | wus mangkana laju lampahe katingal ||

21. cêlak ênggène kang rama | wus têdhak sri narapati | kumrutug pangampilira | pangayape pra dipati | gupuh marak sang aji | sira Sang Prabu Sêmakun | nêmbah anguswa pada | kang rama kurmat ngingsêri | anambrama mring kang raka kalih pisan ||

22. lajêng munggèng ing ngiringan | ing rama dènira linggih | wontên bala ingkang prapta | macan sami dèn titihi | salêksa kang prajurit | sakêthi ingkang barancuh | ratune macan pêthak | Raja Wiswèl anitihi | prabu tanya lah iku balane sapa ||

23. Prabu Sêmakun turira | pun kakang ing Burudangin | punika kang darbe bala | wontên katingalan malih | kathah ratu kang prapti | anèh saprajuritipun | sadaya aturira | sami bala Burudangin | sugih bala Sang Prabu Tasangsulngalam ||

24. pangkat-pangkatipun kathah | para Ratu Burudangin | Prabu Nusirwan ngandika | iki Natèng Burudangin | dudu saking Si Patih | Bêstak sasêrayanipun | ing Dhayak Sindhangdhayang | padha mungsuhan pribadi | lan Wong Agung Kalana Surayèng Jagat ||

25. prapta têdhak saking liman | narpati ing Burudangin | lajêng marak ing Nusirwan | sang

--- 1: 42 ---

nata gupuh ngurmati | amêthuk sawatawis | mêdal saking jawi tarub | têdhak angaras pada | sinaosan dènnya linggih | pêpalangkan nèng kananira sang nata ||

26. pramèswari winasitan | yèn cêlak gène sang aji | nulya mundhut tandhu enggal | munggèng tandhu pramèswari | sagung para garwa Mir | ambelani munggèng tandhu | lan garwa para putra | lêstari dènnya lumaris | Umarmaya sagarwane para putra ||

27. Ki Umarmaya lumajar | anandêr ing sri bupati | nêmbah ingaras kang sirah | Adipati Guritwêsi | nolih sarya sru angling | hèh Kuskèhèl apa uwus | ki bapa maratuwa | sira apura ing mangkin | liwat kagèt ingsun kêna dosanira ||

28. putune padha karuna | Umardani Umarsandi | arsa nusul ingsun ampah | trêsnane wong duwe kaki | sun pênging anangisi | jêr kakèkmu nora jujur | dadi sira amisah | Wong Agung Surayèng Bumi | lan amungsuh Prabu Sêmakun Gumiwang ||

29. yèn sira nora tarima | kakèkmu sêrêgên ngadil | gumêr sagung kang miyarsa | pangucape Marmayèki | Si Kuskèhèl saiki | nora kêna sira mungsuh | lagi nglakoni karya | Prabu Sêmakun kang nuding | sinung wênang amilara wong adosa ||

30. jêr senapati manggala | Si Baktari lara nangis | bapakane cinêngkalak | mangkene pitutur mami | kongkonana sirèki | amariksa bapakamu | yèn irunge lan mata | lan rupane [rupa...]

--- 1: 43 ---

[...ne] durung salin | kuping bathuk misih rêraine lawas ||

31. pan ana bênêre uga | Si Kuskèhèl analèni | aja sira sudi karya | wong mangkono yèn abêcik | sayêkti nêmu bêcik | yèn ala-ala tinêmu | rêrêgêding sajagat | iku ngumpul dadi siji | bapakamu badan kewan ati setan ||

32. sangsaya gumêr kang myarsa | tumungkul rêkyana patih | sakathahing wong sadaya | Patih Bêstak dèn tingali | Kuskèhèl turirèki | anggèr dosanipun agung | dosane satus kisas | mulane kula tatrapi | yèn sampuna inggih mratuwa dalêman ||

33. pasthi lajêng kula mamah | balunge amor salilit | sangsaya rame agiyak | gujênge para narpati | wontên ingkang kaèksi | upacara para ratu | tuntunan kuda kathah | miwah angandhung kang èsthi | sami lajêng narpatine nora ana ||

34. Prabu Nusirwan têtanya | upacara apa iki | anèh ingkang katingalan | ratu gêng kang duwe iki | Prabu Sêmakun aglis | tur sêmbah sarwi umatur | punika upacara | ratu agêng-agêng sami | inggih èstu saking pamêca paduka ||

35. sagung wayah-wayah tuwan | anak Prabu Parangakik | Jayusman Samsumurijal | lawan wayah tuwan malih | Prabu Karsinah nênggih | Ruslani Danurusamsu | lawan wayah paduka | anak Prabu Rustamaji | tuwin wayah paduka Pangeran Kelan ||

36. kalawan wayah paduka |

--- 1: 44 ---

ing Ngambarkustup pun Hasim | Katamsi lawan kang raka | Rahadèn Hasim Kuwari | lawan Rajèng Betarti | canggah paduka pukulun | kalihan buyut tuwan | Narpati Kaos nagari | punika kang sami darbe upacara ||

37. têdhake saking jêmpana | ingkang eyang pramèswari | anitih tandhu kewala | para wayah anjagèni | langkung sami abêkti | para wayah milwa ibu | karasan nèng Kuparman | mula para wayah sami | madêg ratu agung sami sugih bala ||

38. wontên Mêdayin sêdhihan | mulat ing para putrèki | tanpa karya tanpa guna | agung gawe kontrang-kantring | wuwuh ngênês asêdhih | mulat tingkah tan rahayu | tumungkul rawat waspa | Sri Bathara Nyakrawati | kang karaos suyude kang wayah-wayah ||

39. ya ta wau katingalan | para mantri kang jajari | sèwu têtopong kancana | upacara pramèswari | kèndêl para garwa Mir | munggèng tandhu anèng pungkur | pramèswari tumêdhak | para wayah anjagani | pan sadaya pratingkah bêkti dêdana ||

9. Asmaradana

9. Patih Bêstak murtat

1. têngên Prabu Parangakik | Jayusman Samsumurijal | sarwi cinêpêng janggane | kiwa prabu ing Karsinah | pundhak ingkang cinandhak | Ruslani Danurusamsu | sami dhingkluk lampahira ||

2. wuri Prabu Rustamaji | lawan pangeran [pangera...]

--- 1: 45 ---

[...n] ing Kelan | sarwi ngampil rasukane | rinacut kantun satunggal | kang ingampil kang wayah | kinalungakên ing gulu | dening kang wayah ing Kelan ||

3. Rahadèn Hasim Kuwari | kang ngampil têtêkênira | Hasim Katamsi kaskule | Sang Prabu Aris Munandar | kêpêt alit punika | duk anèng lêbêting tandhu | kêkêpête kang dèn asta ||

4. ingampil Rajèng Betarti | Atasaji pakêcohan | pangeran ing Kusniyane | Malebari ing Kusniya | ngampil pagorah waja | kang ngampil makênanipun | Raja Sayid Ibnu Ngumar ||

5. têdhak Prabu Nyakrawati | amêthuk marang kang garwa | jawi taratag tundhuke | ngabêkti sarwi karuna | binaktèng padmasana | lênggah lawan sang aprabu | kang wayah ganti anêmbah ||

6. angandika pramèswari | Jayusman sira dhingina | gumanti rinira kabèh | kaki prabu ing Karsinah | Rustamaji anulya | arinira Kelan iku | Hasim Kuwari wurinya ||

7. nulya Dyan Hasim Katamsi | nuli Sayid Ibnu Ngumar | Kusniya Malebarine | Atasaji wurinira | nulya Aris Munandar | putra kawêkasanipun | lajêng rajèng kalih nêmbah ||

8. mring kang ibu pramèswari | Radèn Urmus miwah Irman | para putra Rab pan kinon | angabêkti mring kang paman | wusnya tata alênggah | măngka eram kang andulu | kang cahya para putra Rab ||

9. pramèswari ngandika ris | kaki prabu ing Gumiwang | iya bok ayumu kabèh |

--- 1: 46 ---

lawan putra-putranira | tandhune banjurêna | garwane putra-putramu | padha dhingina sadaya ||

10. ing mêngko bae ngabêkti | yèn prapta sajroning pura | tumut ngandika sang katong | iya nuli banjurêna | Bêstak lah gusahana | sarupane wong Mêdayun | kang baris pinggiring marga ||

11. dèn adoh kalawan margi | undhangna padha mungkura | Prabu Sêmakun nulya ge | amangsit karo wong Arab | banjur lajêng sadaya | ing wuri budhal sang prabu | sarimbit anèng palăngka ||

12. ingkang para wayah sami | ingandikan nèng palăngka | amot satus palangkane | gotong nêm atus ajêmbar | gumrudug kèhing wadya | ing marga datan kawuwus | prapta salêbêting pura ||

13. atembak gêbèl atindhih | wong nêningali ing marga | tan wuwusên ing tingkahe | akèh kang sami angucap | lawase mangkenea | Mêdayin nora tarutuh | măngsa ta gègèr-gègèra ||

14. sapraptanirèng jro puri | pra garwa Amir sadaya | ngabêkti ing rama katong | sagung ingkang para nata | kuwune wus pinarnah | sagung para raja putu | sabên enjing malbèng pura ||

15. lawan Natèng Burudangin | agung sami ingandikan | Prabu Sêmakun sarênge | lan ratu kang tuwa-tuwa | ingkang sami ngandikan | Ki Patih Bêstak abikut | dènira bagi sugata ||

16. sabên enjing ki apatih | andhekor nèng pagêlaran | gumrêcêk ing parentahe | untune sirna wus lama |

--- 1: 47 ---

siji wus nora nana | rambute mêmplak angapuk | tyase kang maksih rumujak ||

17. durung lêgi maksih pait | agêtir gatêl pinangan | ki patih liwat munapèk | mung ajrih ing lairira | mangkana cinarita | sagung para raja putu | sami pinaring pusaka ||

18. pusakane warni-warni | marang ingkang para wayah | miwah buyut lan canggahe | buyut Pangran Sayidiman | Malebari Kusniya | Jayusman ingkang sêsunu | lan Atasaji punika ||

19. putranira Rustamaji | lawan Sayid Ibnu Ngumar | Umar Yunani putrane | Narpati Kaos nagara | punika saurutnya | kang sami kapêca buyut | Sang Prabu Aris Munandar ||

20. Sri Naranata Betarti | punika kapêca canggah | undha-usuk pusakane | Jayusman Samsumurijal | lawan Prabu Karsinah | Ruslani Danurusamsu | punika wayah kang tuwa ||

21. pusaka kaot pribadi | makutha badhong kalpika | datanpa itung ajine | Rustamaji kang sor-soran | lan Sang Pangeran Kelan | kang sor-sorane puniku | Hasim Kuwari kalawan ||

22. Rahadèn Hasim Katamsi | buyut katri kapat canggah | kang sinami pusakane | miwah para mantunira | kang dèrèng winarisan | ing Burudangin Sang Ayu | Isnaningsih pinaringan ||

23. kapara kaot pribadi | dene kantun lan tinaha | kadange narpati gêdhe | Sang Prabu Tasangsulngalam | sinêmbah ratu dhomas | lawan prawirèng prang pupuh | kasub tanpa tandhing

--- 1: 48 ---

ing prang ||

24. mangkana cinatur malih | karta datan wontên pêrang | sami angulah kamuktèn | ing Mêdayin ing Kuparman | tan ana kara-kara | tulus arja lan rahayu | samya nutug awibawa ||

25. apan agung wira-wiri | Mêdayin lan ing Kuparman | atêbih linabuhake | tan ana sangsayèng marga | lumakua mêrêma | tutug tan ana kasandhung | dene kundure punika ||

26. pangatêre pramèswari | patang wulan para garwa | miwah para putra kabèh | kundure marang Kuparman | nanging yèn datan prapta | iya ping kalih sataun | para wayah tinimbalan ||

27. sabên tampi bulubêkti | kêmba yèn tan pêparinga | mring kang para wayah kabèh | para buyut miwah canggah | amung Ki Umarmaya | kang nalika solahipun | batine Ki Patih Bêstak ||

28. kang alul carita nguni | duk Dipati Tasikwaja | bilaine mratuwane | prapta Mêdayin nagara | kang satêngah angucap | praptane kang kaping têlu | ana praptane kaping pat ||

29. ingkang para wayah sami | tan kari Sang Adipatya | Guritwêsi sabên dhèrèk | mangkana Ki Patih Bêstak | lan anake Baktiyar | ing batin kalêthêkipun | wong loro pan arsa murtat ||

30. ngopahi wadya kêkalih | sama anyakêthi dinar | ingutus bêkta surate | maring nagri Kalakodrat | kuthane Raja Salsal | Sang Raja Salsal puniku | atmajane Raja Daldal ||

31. ratu kaloka ing

--- 1: 49 ---

sabumi |[5] prajane sampun kèringan | balane sami badhog wong | kalamun tamian mêngsah | mèh têlas binadhogan | yèn rina sami anubruk | anyêking kulit tinigas ||

32. yèn dalu sami mêmaling | lajêng angêgoh jêrowan | kabèh iku pratikêle | mulane atine giras | mangkana tingkahira | mring Kalakodrat wêwadul | surate Ki Patih Bêstak ||

33. nagrine arsa ginitik | tinumpês ing Kalakodrat | prajurit Kuparman dene | angur tuwan dhinginana | inggih anonjok layang | mring kadho panglurugipun | para prawira Kuparman ||

34. mangkana karsaning Widhi | pratikêle Patih Bêstak | kacêthikan ana wêroh | matur marang Sang Dipatya | Guritwêsi prayitna | sinandi pratingkahipun | duk sêmana Sri Nusirwan ||

35. karêm dhahar bubur warih | miwah ingkang bubur surba | wantu sang nata omponge | kang ajur bubur kalawan | pêdhês asin karasa | dadya ngupaya sang prabu | wong kang bisa olah-olah ||

36. Umarmaya malih warni | angaku wong saking ajam | tau tukang lah-olahe | guna ing olah-olahan | suwita Patih Bêstak | măngsa ta wurunga katur | marang Sang Prabu Nusirwan ||

37. cinoba marang apatih | kinon wau lah-olaha | Tambitrêbèbès namane | sampun pinaring dangdanan | marang Ki Patih Bêstak | sawusira matêng sinung | gêgurih saking kêkasang ||

38. kadi bubur warni putih |

--- 1: 50 ---

gurihe kaliwat-liwat | yèn iku cinarubake | wus matêng katur ki patya | dhinahar langkung eca | durung dhahar laminipun | jênang amucung kalintang ||

10. Pucung

10. Jênang Patih Bêstak

1. ciptanipun pantês katura sang prabu | bok sapisan êngkas | nanging sêmune wong iki | mèmpêr-mèmpêr seje rupa tunggal solah ||

2. duk ambubur pinirsa pondhokanipun | Umarmaya ana | ing pondhokira alinggih | maring pawon Ki Tambitrêbèbès ana ||

3. patih sampun anggugu yèn dedenipun | dudu Umarmaya | padha mèmpêr tingkahnèki | dyan binêkta katur ing Prabu Nusirwan ||

4. duk dinangu saking ajam asalipun | Trêbèbès kang nama | sigra kinèn bubur warih | cinaruban gêgurih saking kêkasang ||

5. sampun katur dhinahar marang sang prabu | prasami kaecan | èstu lamun angluwihi | animbali Betaljêmur praptèng pura ||

6. sami sinung dhahar jênang mring sang prabu | langkung kagawokan | gurihe kang bubur warih | wus ginanjar Tambitrêbèbès lêlurah ||

7. lawan dhusun watara isi wong sèwu | lurah olah-olah | dangdanan wus dèn paringi | ing sapalakartine wong olah-olah ||

8. kanggêp langkung Trêbèbès marang sang prabu | langkung kaparcaya | mangkana dina sawiji | olah bêngi kang badhe

--- 1: 51 ---

saosan enjang ||

9. sigra mêtu mring kapatihan jinujug | Bêstak lagya nendra | sinorog ing darubêsi | sirêp kabèh kang kêmit mring ki apatya ||

10. pinarnahkên binuntêlan kêmulipun | pan sampun binêkta | ki patih maring jro puri | pinarnahkên pojokira pambêthêkan ||

11. ya ta nêmu layang katut dening kêmul | pantês mêntas maca | kalalèn kari pan maksih | angsul-angsul saking Raja Kalakodrat ||

12. wus jinuput dèn êrut kalawan rambut | winungkuskên iya | lan rambute ki apatih | iya dadak kinancing ubêngan êlak ||

13. dhapuripun Trêbèbès tinunggon jagul | lêlima kang nendra | kêkalih kang dèrèng guling | kinèn sami anggênèni jèdhinira ||

14. api murub dahana wedange sampun | umob mawalikan | Tambitrêbèbès marani | marang gène anyèlèhkên Patih Bêstak ||

15. dyan sinambut tinigas mustakanipun | peso pamalingan | pêdhot janggane ki patih | Patih Bêstak badanipun dèn pêpurak ||

16. sirahipun anèng pangêrêt ginantung | wau badanira | sadaya kang dèn kêlèti | ana jagul ngalilir siji uninga ||

17. solahipun Trêbèbès mêmurak wau | eram dharodhogan | amung kang sipat jariji | kang tinugêl badhe winorakên jênang ||

18. dagingipun kalawan jêrowanipun | samya pinêndhêtan | iku kang winor ing daging | linêbêtkên marang ing jèdhi kewala ||

19. sêdyanipun mila dariji [da...]

--- 1: 52 ---

[...riji] kinatut | kaya balung dara | miwah bêbalunging pitik | wusnya mopol daginge Ki Patih Bêstak ||

20. nulya gandum cinêmplungkên jèdhi sampun | bêbalunge Bêstak | sigra winorakên gêni | gumarêbêg jênang sawit Patih Bêstak ||

21. sampunipun ririh wau umobipun | gêni ingurudan | mung gêni balung kang maksih | linêbonan gêgurih saking ing kasang ||

22. sampun luluh matêng sêdhêng kênthêlipun | winadhahan kêda | kêda gêng dadi kêkalih | kang sinaosakên dhahar kalih kêda ||

23. ingkang kantun linêbonan awu balung | bêbalunge Bêstak | akênthêl wêngur asangit | langkung-langkung anyir sumrêbêt anggadag ||

24. sampunipun kêda lit wêwadhahipun | dadya tigang dasa | kang maksih wontên ing jodhi[6] | watawise dadya salawe prah kêda ||

25. enjingipun sinaoskên dalêm agung | dhêdhêg ing ngajêngan | sawungune sri bupati | kagyat mambu agurih ambuning jênang ||

26. sang aprabu marani lajêng andulu | kêda ingungkaban | sinuru sawêg ping kalih | angandika sira Sang Prabu Nusirwan ||

27. kabèh iku apa padha tunggalipun | Trêbèbès tur sêmbah | inggih gusti kaot kêdhik | kang kulangge dhahar amung kalih kêda ||

28. ingkang kantun sèkêt kêda lit pan langkung | kaot mung sausap | mênggah raosipun gusti | iya talah iki kok wènèhi apa ||

29. gurihipun anyire manjing bêbalung [bêba...]

--- 1: 53 ---

[...lung] | Trêbèbès tur sêmbah | sawêg kalêrêsan gusti | bumbunipun botên kaot sapintêna ||

30. sang aprabu animbali Betaljêmur | lawan Patih Bêstak | Betaljêmur praptèng puri | Urmus Irman sarênge manjing jro pura ||

31. tan katêmu Patih Bêstak wismanipun | katur ing sang nata | Patih Bêstak tan kapanggih | wau dalu kinintên manjing jro pura ||

32. dipun luru Bêstak mêksa tan katêmu | sang nata ngandika | ngèngèhana kêda siji | kabèh iku paringna ratu kang seba ||

33. konên andum sabupati mantrinipun | kang nangkil sadaya | Trêbèbès sigra umijil | wusnya maringakên jênang sigra kesah ||

34. praptèng kuwu sigra malih warnanipun | nalika punika | kancane Umarmayèki | ratu ing Tasmitèn Raja Johanpirman ||

35. Raja Kuljum Kunawar lawan Jongkuwung | Sang Tasangsulngalam | narpati ing Burudangin | sabalane lan Dipati Tasikwaja ||

36. warnanipun Marmaya Tarbèbès santun | miwah Umarmaya | dipati ing Guritwêsi | angundhangi prayitna baris pêndhêman ||

37. ya ta wau Sang Nusirwan sakalangkung | dènnya dhahar jênang | Betaljêmur dèn paringi | nanging datan sinuru ngadhêp kewala ||

38. Irman Urmus abikut kadi sang prabu | Betaljêmur turnya | bok sampun tuwan unduri | sampun-sampun karêm ing jênang punika ||

39. tan andulu ing ature Betaljêmur | pijêr sarikutan | kang sakêda sampun gusis | akêkèprès jênang

--- 1: 54 ---

lathine sang nata ||

40. Betaljêmur misih alon aturipun | tuwan sampunana | inggih jênang sănggarunggi | pun Trêbèbès punika botên katingal ||

41. sang aprabu misih anyuru andhingkul | imbuh kang sakêda | mèh têlas anuli manggih | ali-ali mèh kasuru nèng jro jênang ||

42. sêsotyèku kumaraning iwak ênun | kang aduwe Bêstak | tan pisah anèng jêjênthik | dyan pinundhut mring sang prabu tiningalan ||

43. supenipun Patih Bêstak datan pandung | pagene nèng jênang | ali-aline si patih | Si Trêbèbès ana ngêndi golèkana ||

44. wadya matur sampun tan katingal dangu | sang nata ngandika | bature undangên siji | kang ngladèni jagul anèng pambêthêkan ||

45. tan adangu prapta kang sawiji jagul | dinangu lurahnya | Si Trêbèbès ana ngêndi | matur dangu kesah saking pambêthêkan ||

46. sira jagul angladèni mau dalu | apa kang ginarap | Si Trêbèbès kok ladèni | jagul matur mêmurak inggih manungsa ||

47. sirahipun punika maksih ginantung | daginge dèn jênang | sang prabu kagèt lingnya ris | lah gawanên marene êndhase sapa ||

48. jagul wangsul ngambil sirah kang ginantung | ingiling-ilingan | êndhase wong kaki-kaki | manjing dalêm sirah cinangking ing wuntat ||

--- 1: 55 ---

11. Pangkur

11. Prabu Nusirwan gêrah

1. sapraptanira ngajêngan | tiningalan èstu sirahing patih | sang nata kagyat anjumbul | ênêg-ênêg tan mutah | Si Trêbèbès ubrêsên dipun katêmu | nuli cêkêlên dèn enggal | lawan awèha udani ||

2. maring bala ing Kuparman | padha konên têtulung angulati | marang Si Trêbèbès iku | yèn olèh ingsun ganjar | langkung ênêg ulêk-ulêkên sang prabu | huwèk mutah bulaweran | jênange sadaya mijil ||

3. Urmus Irman sami mutah | jungkêl-jungkêl isining wêtêng mijil | mutah tinja ambêgadhur | rêbah ing sanalika | dipun sundhang marang sira Betaljêmur | wau kang manjing jro pura | Adipati Guritwêsi ||

4. kumêsar dènnya têtanya | panangkilan hèh paran anapèki | kang dinangu aturipun | anggèr Trêbèbès minggat | lurah koki jênang tiyang wau dalu | cinaoskên rama tuwan | jênang patih langkung gurih ||

5. anjumbul Ki Umarmaya | apa têmên warta mangkene iki | adhuh bapa marasêpuh | pagene sapa jênang | majanani kaliwat ing mantunipun | umatur kang tinakonan | ing mangke kados prayogi ||

6. anggèr manjinga kadhatyan | sigra manjing lan Raja Burudangin | Tasangsulngalam kang tumut | Sang Raja Johanpirman | kantun jawi lan Raja Kunawar [Kuna...]

--- 1: 56 ---

[...war] Kuljum | sapraptanira jro pura | Adipati Guritwêsi ||

7. gupuh dènnya tumut nyundhang | mele-mele Nusirwan ngandika ris | kulup katiwasan ingsun | lêlurah koki ilang | Si Trêbèbès anjênang maratuwamu | lah ta iku tingalana | utamanggane si patih ||

8. sang adipati anulya | amariksa sirahe kyai patih | pinêndhêt sirahe matur | punika wontên layang | layang apa lah age wacanên kulup | winaca têmbunging surat | Raja Salsal angangsuli ||

9. sang prabu ing Kalakodrat | dhatêng Bêstak pêpatih ing Mêdayin | wiyose sira sung pemut | lamun nagaraningwang | Kalakodrat puniku arsa pinukul | maring prajurit Kuparman | kula dika kèn dhingini ||

10. malah kang arsa dinuta | gêcak Kalakodrat iya kang rayi | anama Prabu Sêmakun | ingkang măngka manggala | binêktanan ratu andêl kalih èwu | dene ta pemut andika | kula sampun anuruti ||

11. nonjok srat marang Kuparman | dimèn galak wong Kuparman ningali | mung punika ungêlipun | ngungun Prabu Nusirwan | kulup iku tan ana muni wak ingsun | ature tan mungêl ingwang | amung ki patih pribadi ||

12. sigra angadêg Nusirwan | nyandhak sirahira Bêstak binanting | ing bata jobin malêdug | utêkira sumirat | tinututan ing pêpalu anggalêpung | banjur dipun pipis pisan | lêmbut awor bata putih ||

13. si

--- 1: 57 ---

dodoup uduh biyang | mati dadak gêgawa ucap kari | kulup iku apuramu | pan nora muni ringwang | mung karêpe si binatang adu-adu | sapa baya kang mêmurak | sukur ingsun angamini ||

14. nanging ênêge kalintang | sirah mumêt ulêgên sangêt jêmbrik | sang nata mutah rêmpêlu | rêbah angathang-athang | Umarmaya bêbisik sarwi anuduh | ing Prabu Tasangsulngalam | narpati ing Burudangin ||

15. mêdal anyêpêng Baktiyar | praptèng jawi Narpati Burudangin | Baktiyar ngandikan rawuh | cinêkêl wus binănda | sinungakên rumêksaa sira prabu | ing Tasmitèn Johanpirman | sigra manjing pura malih ||

16. Sang Prabu Tasangsulngalam | manjing pura Dipati Guritwêsi | lah ta paran yayi prabu | kacêkêl Si Baktiyar | inggih sampun dangu kawula wiyungyung | yayi Tasmitèn punika | kula kèn rumêksa inggih ||

17. Sri Nusirwan lajêng gêrah | putra kalih sangêt kalêngêr sami | tuwin ingkang para ratu | ingkang sami amangan | ing daginge Patih Bêstak dadi racun | bêbalung kang awor jênang | wus prasasat darubêsi ||

18. ing jaba kang jênang para | nganggo awu balunge kyana patih | ting garêmêt awakipun | rumab yèn suwe panas | ting galêrêng para ratu pitung puluh | bupati kang salawe prah | samya dèn gotongi mulih ||

19. gorokane nganti sêrak | ting carêkik tan kêna dèn tambani | kabèh sêdhihe kalangkung | cêkak watuk tan bisa | sami nêdhas miwah jroning wêtêngipun |

--- 1: 58 ---

mulêse kadi tinampar | sênêp nora bisa ngising ||

20. muntir kadi kinorokan | lir jinara ing undur-undur wêsi | mondhok kadi sambang undhuk | marongkol usus gimbal | lir kinêrêt bêbalung prapta ing sungsum | ngolang-aling galasahan | tan ana mari ing jampi ||

21. sakit sangsaya angrêbda | lami-lami kuru pating salênggring | gumigil anganggruk-anggruk | watuk riyak tan mêdal | mêmpis-mêmpis wus kathah kang sami lampus | ratu miwah pra dipatya | ingkang mangan jênang patih ||

22. tuwin Sang Prabu Nusirwan | langkung sangêt Dipati Guritwêsi | kang angadhêp Betaljêmur | pramèswari ngandika | kulup Umarmaya lah paran budimu | apa ora tur uninga | marang Kuparman nagari ||

23. lamun wong tuwane gêrah | luwih bangêt nanging sira pribadi | rikating laku nak ingsun | Umarmaya tur sêmbah | putra tuwan pun adhi Prabu Sêmakun | wingi utusane prapta | sagêd angambah wiyati ||

24. nanging lampahing utusan | putra tuwan dhatêng kula pribadi | pun Jèdhi kang sagêd mabur | kinarya mêng-amêngan | dhatêng putra tuwan pun adhi Sêmakun | pramèswari angandika | iku irasên prayogi ||

25. witning yèn sira tilara | repot sapa kang ngadhêp siyang latri | kang prigêl kaya sirèku | angadhêp wong alara | dene ingsun iki karubuhan gunung | arinira karo padha | lara nanging sapirèki ||

26. wong anom pan [pa...]

--- 1: 59 ---

[...n] misih kuwat | yèn sinandhang wong tuwa lara iki | bangête tikêl sapuluh | iya nuli mêtua | gawèkêna layang kulup duta iku | bêbukane saking ingwang | Marmaya wotsari mijil ||

27. prapta pakuwone panggya | sira Patih Jèdhi wus dèn bisiki | têlas ing pitungkasipun | mêsat napak gêgana | tinon lamat-lamat anèng mega biru | prawira margèng gêgana | ing marga datan winarni ||

28. prapta nagari Kuparman | lajêng manjing nênggih kuthanirèki | gustine Prabu Sêmakun | angaturakên surat | tinupiksa kang surat bêbukanipun | lajêng utusan ngaturna | kang sêrat saking Mêdayin ||

29. mring kang raka Parangteja | lajêng katur sêrat marang jro puri | kadriya nimbali gupuh | Wong Agung Parangteja | sarêng lawan manjinge Prabu Sêmakun | prapta byantara ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi ||

30. yayi prabu adangdana | putrinira kabèh gawanên dhingin | yèn gêrahe sangsaya sru | sirenggal utusana | tur sandika wêdale Prabu Sêmakun | sagung narpati tanaya | kang dèrèng wontên Mêdayin ||

31. apan ing kono nalika | ingkang nuju anèng nagri Mêdayin | Hasim Katamsi puniku | Prabu Aris Munandar | kang dhinèrèk Dipati Tasikwajèku | lan Raja Tasangsulngalam | Sang Johanpirman Narpati ||

32. kang dèrèng nuju lampahnya | kêrig sarêng kang paman [pama...]

--- 1: 60 ---

[...n] sri bupati | budhale Prabu Sêmakun | saking nagri Kuparman | lêlancaran lampahira siyang dalu | ing marga tan winursita | praptèng Mêdayin pra manis ||

12. Dhandhanggula

12. Prabu Nusirwan seda, kagêntosan putra

1. sami lajêng manjing ing jro puri | nanging sang prabu gêrahe sayah | kang alul kojah nguni wèh | mêningi kalih dalu | praptanira kang putra nênggih | kalawan para wayah | nênggih sedanipun | gumêr tangis sanagara | sajro pura gêng alit kawêlasasih | sasedane kang rama ||

2. putra kalih saras dènnya sakit | Irman Urmus amung para nata | tigang dasa mati kabèh | bupati amung kantun | gangsal ingkang botên ngêmasi | kang pêjah pan sangalas | wau kang winuwus | layon sampun binarsihan | sinarèkkên ing wana Basarah nênggih | anèng Jabalmaola ||

3. Patih Jèdhi wus tinulak aglis | ing Kuparman lampahira prapta | katur kang rama sedane | mêningi kalih dalu | para wayah praptèng Mêdayin | sagung kang para garwa | Kuparman gumuruh | wong agung rêncêm ing driya | ing sedane kang rama nora nungkuli | mangkana aturira ||

4. Rêtna Marpinjun anggêgendholi | mring kang raka miyarsa pawarta | kang rayi Urmus nêpsune | praptaa kakangipun | yêkti jaluk dadi narpati |

--- 1: 61 ---

pinaro lan Si Irman | ing panêdhanipun | têmah wong agung kèwêdan | marma sangêt Marpinjun aturirèki | putusana kewala ||

5. ngadêgêna Si Irman Narpati | sumiliha nata binathara | jêr kang lanang tuwa dhewe | anadene Si Urmus | dèn adêgna liya nagari | kang rayi kalihira | kabèh para maru | manut Marpinjun sadaya | ing ature wong agung sigra nimbali | sagung kang para nata ||

6. sami ngungun pinaringan warti | datan karasa alaning kuna | amung karasa ing mangke | lan kala purwanipun | mring gustine ginawe bêcik | wit wêruh pasamuan | Menak Jayèngsatru | saking kang rama Nusirwan | piawone tinêtêpakên muwuhi | bala lan kaluhuran ||

7. ting salênggruk kang para narpati | sami adus luh wus dangu tata | nulya dadèkkên pikire | dènnya ngadêgkên ratu | utusan lan tindak pribadi | umatur para nata | sami pênêdipun | nanging asêmu utusan | têtêp luhur lawan wontên sănggarunggi | anulak ing pamothah ||

8. dadya rawuh kang rayi tinuding | sira wong agung ing Parangteja | kapraboning prang lampahe | ambêkta kalih èwu | para ratu ngajêng lan wingking | ambêkta palangkan mas | kang asuku satus | winarnèng sagung sêsotya | pinaringkên kang badhe madêg narpati | sira Rahadèn Irman ||

9. lawan wijoan mas palowani | kang pinaringan Urmus punika | kang badhe ingadêgake | ratu liyan praja gung | ing nagari [na...]

--- 1: 62 ---

[...gari] Wu-awu Langit | nanging akêkuthaa | tunggil ing Mêdayun | têtêp anyenapatia | măngka isèn ing wijoan palowani | manggala para nata ||

10. Rajèng Yunan Selan lan Kohkarib | ing Yujana Rum Santari Kebar | Turki Ngabêsi wusdene | kabèh ratu gêgêdhug | samya ngiring kang măngka wakil | asongsong tunggul naga | nitih askardiyu | wong agung ing Parangteja | amakutha hèr miya kang binuka sri | abra ing nawa rêtna ||

11. bêdhol saking Kuparman nagari | sagung gêgaman kang para nata | Suratisdaham cucuke | kapêthuk surat rawuh | ingkang saking nagri Mêdayin | Patih Jèdhi kang bêkta | nulak wangsul-wangsul | kèndêl dhêdhêg jawi kitha | para ratu angantos sêrat kang prapti | kang aisi wasiyat ||

12. duk sangête Prabu Nyakrawati | anênurat kang isi wasiyat | mring putra kang sêpuh dhewe | Wong Agung Jayèngpupuh | pinasrahan kang kari-kari | Irman dèn adêgêna | mêngku ing Mêdayun | apêpatiha Baktiyar | Irman sira adêgêna Nyakrawati | ewa mangkono iya ||

13. măngsa bodhoa sira ing wuri | anak ingsun pan ingkang atuwa | katêmpuh kabèh-kabèhe | iya satilar ingsun | pan mung sira tuwa pribadi | sapa kang mangkêlanga | ing tuduhirèku | yêkti tan nêmu raharja | duk miyarsa Wong Agung Surayèng Bumi | ngungun sinungkên nulya ||

14. mring Wong Agung Parangteja aglis |

--- 1: 63 ---

lajêng budhale ingkang ngantosan | dene para ratu kabèh | nèng jawi kitha kumpul | Rajèng Selan Natèng Kohkarib | Natèng Yunan Yujana | Kebar sinung wêruh | wasiyatira Nusirwan | dyan têngara sarêng budhale para ji | lir wutahing samodra ||

15. gumaludhug rèh kagiri-giri | kadi guntur parbata sayuta | kêndhang gong ewon swarane | ewon saruninipun | lêksan bèri gurnang thongthonggrit | lamine lampahira | marga tan winuwus | orêg Mêdayin miyarsa | prapta wakil Wong Agung Surayèng Bumi | ubêkan sami mapag ||

16. Natèng Gumiwang lan Burudangin | angriyini dene para putra | lan Radèn Irman sarênge | ing jawi kitha tundhuk | ingaturan laju nulya glis | sapraptaning jro pura | sinaosan sampun | makuwon nèng sitibêntar | Arya Maktal wus panggih lan pramèswari | ngaturakên prabeya ||

17. saking kang putra Surayèng Bumi | cacah gêgawan pan sèwu onta | obar-abir ing mêmule | lawan rasaning laku | ingkang karsa Sang Jayèngmurti | pramèswari jinarwan | sukane kalangkung | lêstari sami lan karsa | lan wasiyat wêlinge kang sampun lalis | mangkana wong Kuparman ||

18. ingkang para ratu angênggèni | sagung wismane kang pra dipatya | ing dina Soma undhange | kumpul kang para ratu | ulubalang kang pra dipati | aglar ing panangkilan | kang sowan supênuh | Irman anèng panangkilan | upacara

--- 1: 64 ---

karaton anèng jro puri | kasrah ing Arya Maktal ||

19. sampun dhêdhêg anèng ing sitinggil | miwah pawongan ingkang pangayap | angiring Maktal têdhake | saking ing sitiluhur | sasat Prabu Anyakrawati | duk mijil siniwaka | saupacara gung | sapraptaning panangkilan | anglênggahi ingkang singasana rukmi | sarya sru undhang-undhang ||

20. hèh sagunge kang para narpati | wong Mêdayin kang para punggawa | sapa kang ana budine | arsa umadêg ratu | miwah ingkang mangkêlang batin | murina ora rêna | ing pratikêl ingsun | ing samêngko têkakêna | aprang tandhing lan ingsun padha sawiji | pasamuan kinêmbar ||

21. lamun bisa nyêmpal kanan kering | marang baune Si Parangteja | pasthi yèn tutug karsane | lamun tan bisa mutung | astaningsun karo puniki | aywa na duwe karsa | nora bangun turut | aja ta mênêng kewala | sumaura santana para narpati | yèn wani prang mêtua ||

22. sami dhingkul kang para narpati | para santana para prawira | sadaya nuwun ature | tan wontên ingkang purun | anadhahi tuwan ing jurit | Wong Agung Parangteja | pangandikaningsun | uwis ta lamun mangkana | nora ana nulak ing gurdaka mami | nir ngasmara dilaga ||

23. piyarsakna kabèh wong Mêdayin | ingsun nglêstarèkkên kang wasiyat | ingkang wus swargi wêlinge | rêmpêg lan karsanipun | ya Wong Agung Surayèng Bumi | kang rayi Radèn Irman | ingadêgkên ratu [ra...]

--- 1: 65 ---

[...tu] | Nyakrawati Binathara | kinèn mêngku kabèh karaton Mêdayin | Maha Bathara Irman ||

24. dene ingkang rayi Urmus nênggih | pinaring Awu Langit nagara | ratu tri dasa kumpule | kabawah Radèn Urmus | umadêga sri narapati | nanging kadhatonira | nunggil ing Mêdayun | ratu isining wijoan | palowanu Raja Urmus Senapati | manggala para nata ||

25. dyan ingawe Radèn Irman prapti | sigra nyêlak astane cinandhak | pan sampun linênggahake | ing padmasana murub | Arya Maktal sigra gumanti | lênggah ing wijoan mas | kang apalowanu | sarya sru dènira undhang | ngèstrènana ngèstokêna wong Mêdayin | yèn Irman madêg nata ||

26. saur pêksi kabèh wong Mêdayin | Ki Baktiyar bandan linuwaran | prapta wus anèng ngarsane | wong Parangteja muwus | hèh Sang Prabu Anyakrawati | punika patih dika | Prabu Irman dhêku | sigra ngadêg maca palkat | wau sira Adipati Guritwêsi | Betaljêmur andonga ||

27. prapta tigasan saking jro puri | bawahane kang dadi narendra | anggili akèh warnane | sinjang-sinjang tinumpuk | kang talam mas binebas sami | marang kang para nata | talam suwasèku | marang sagung pra dipatya | kang salaka sadaya mring para mantri | marang wong cilik wastra ||

28. wus waradin sagung ingkang nangkil | lajêng bojana kang para nata | taluki bang lawan jêne |

--- 1: 66 ---

taluki jo lan wungu | ingkang pèrêm lamak abukti | gêlas kancana samya | pinatik rêtna gung | larih midêr atimbalan | wanti-wanti Irman anglarih pribadi | marang wong Parangteja ||

29. rame Marmaya angêluconi | ing măngsa iki iya pangrasa | ora bisa rêngat manèh | wus amor balung sungsum | dene Bêstak wus angêmasi | nutug suka sadaya | sagung para ratu | ing dalu samya luwaran | Arya Maktal kang taksih anèng sitinggil | Irman manjing jro pura ||

30. para ratu amakuwon sami | ya ta lamine sampun sawulan | ing patang puluh dinane | amit Irman umatur | inggih kakang tuwan rumiyin | kundur dhatêng Kuparman | kakang inggih amung | putra paduka sadaya | tuwan tilar sarêng lan kawula benjing | sowan dhatêng Kuparman ||

31. budhal enjing saking ing Mêdayin | Raja Irman ngatêr jawi kitha | wong Parangteja angkate | sagung kang para ratu | sami manggih suka tan sipi | sampun ungkur-ungkuran | Irman wangsulipun | lêpas wau kang lumampah | Prabu Irman undhang adangdan sumiwi | anggambuh mring Kuparman ||

13. Gambuh

13. Prabu Irman sowan dhatêng Kuparman

1. wuwusên kunduripun | wong Parangteja lan para ratu | tan kawarna lamine dènnya lumaris | nagri Kuparman wus rawuh | sakathahing para katong ||

2. lajêng ngandikan sampun |

--- 1: 67 ---

sami angujung nèng padanipun | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | dèn tata sami alungguh | yayi mas paran ing wartos ||

3. gya Maktal nêmbah matur | katur sadaya sasolahipun | amiwiti malah têlas amêkasi | miyarsa suka wong agung | miwah ture para katong ||

4. kalawan aturipun | sira kang rayi Prabu Sêmakun | lan ature Adipati Guritwêsi | wèh suka sadayanipun | tan ana kang walangatos ||

5. para garwa angrungu | lêstarinira kang para ratu | amung para putra dèrèng wontên prapti | badhe sarêng lampahipun | lan paman Mêdayin Katong ||

6. putus ingkang winuwus | wusnya dhêdharan sadaya mêtu | kundur marang kadhatonira prasami | gumuruh kang baris agung | wong cilik kabèh makuwon ||

7. kunêng antaranipun | wong Parangteja ing praptanipun | lan ing mangke Raja Irman ing Mêdayin | tigang wulan longkangipun | praptane Irman Sang Katong ||

8. praptane kang amêthuk | sagung ingkang para rajasunu | jawi kitha apan wong agung pribadi | kang rayi sampun kacundhuk | nèng pada Irman anglosod ||

9. angrangkul suku muwun | tinarik-tarik mêksa amuwun | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | kabèh ta anak-anakmu | apa barêng yayi katong ||

10. wungu wotsari matur | Sang Raja Irman inggih pukulun | kang kêkalih ingandhêg kang eyang sami | sarimbit kang maksih kantun | ing benjing sarêng kemawon [kema...]

--- 1: 68 ---

[...won] ||

11. kalawan eyangipun | benjang saantuk amba pukulun | saking ngriki ibu paduka pan inggih | mariki anuwun pêthuk | milane kang wayah karo ||

12. anak Ismayasunu | Pangeran Kelan lan arinipun | ingkang panggih anyar jêng ibu wus panggih | Katamsi martuwanipun | ing Ngambarkustup Sang Katong ||

13. myang besan canggahipun | Aris Munandar martuwanipun | Narapati Johanpirman sampun panggih | amung Sahsiyar pukulun | besan wus lami dèrèng wroh ||

14. sru gumujêng wong agung | iku bedane priyayi sêpuh | saking titi yêkti besan yun udani | beda sira lawan ingsun | cul payu tan walangatos ||

15. kang rayi nêmbah matur | inggih kawula sampun angutus | sami ratu ingkang kula kèn ngaturi | manawi wontên wratipun | inggih pun Sahsiyar Katong ||

16. sukur yayi yèn uwus | sira utusan kang rayi matur | inggih sampun pun Mahraja Bunandari | ing Kusriyan kuthanipun | kintun amba sèkêt gotong ||

17. yèn katuran pukulun | inggih lajênga dhatêng Mêdayun | sampun taha lajênga manjing jro puri | dumèh yèn kawula suwung | sampun ngangge walangatos ||

18. ingkang nimbali ibu | têlas wêwênang amba pukulun | ya ta wau kang raka nitih turanggi | kang rayi ingatag sampun | têngara kang wadya bodhol ||

19. cêlak turangganipun | kadya ginandhèng turangganipun | Prabu Irman upacarane kinari | kang raka anèng [a...]

--- 1: 69 ---

[...nèng] ing ngayun | upacarane kinaot ||

20. datan kawarnèng ênu | lajêng lampahe praptèng kadhatun | apan lajêng binêkta manjing jro puri | kang para garwa amêthuk | sadaya munggèng pasadon ||

21. sinêmbah sadaya wus | para garwane kang raka sampun | sami lênggah putra kabèh dèn timbali | kerid ing Prabu Sêmakun | praptèng pura nêmbah sinom ||

14. Sinom

14. Prabu Sahsiyar sowan pramèswari Mêdayin

1. wong agung ing Parangteja | Adipati Guritwêsi | Lamdahur lan Umarmadya | lan Narpati Burudangin | sang prabu ing Yunani | Yujana Kebar lan Kuljum | kang sami tinimbalan | Ngabêsi Santari Turki | ingandikan ratu wadana pangarsa ||

2. Brikahar samya ngandikan | lan Sang Raja Prêjuk Prênggi | tuwin Prabu Johanpirman | sagung ratu besan sami | Kusniya Malebari | sang maha pandhita nuju | anèng nagri Kuparman | sami ngandikan jro puri | sami nginum dhêdharan ing jro lan jaba ||

3. gumuruh swaraning sênggak | larih midêr wanti-wanti | tutug kang sami bujana | cinatur kawan dasa ri | sang prabu ing Mêdayin | anèng Kuparman pan agung | sinugata kasukan | tan pêgat ing siyang latri | langkung suka rukune nagri raharja ||

4. tan ana kang sinantaha | mênêng sagunging pakarti | tan pae mêmangun suka | mangkana [mang...]

--- 1: 70 ---

[...kana] Irman nèng puri | agung tiniti wêrdi | marang kang raka Marpinjun | yayi prabu ngrasaa | gêgêntine rama aji | kadangira tuwa mung Sultan Kuparman ||

5. dèn pasthi anggêpên yayah | kalawan yayi dèn ajrih | kaprawiraning ayuda | sira maning duwe budi | nadyan jêng rama swargi | duk apa nêmu rahayu | iku gawenên tekad | dadi mantêp wêdi bêkti | nora kêna bineka ngatur-aturan ||

6. yèn swargi iya mungsuha | lawan wong liya sayêkti | lêbur datanpa kukupan | sirna nagari Mêdayin | katuju mungsuh siwi | ingapura maklum agung | kang rayi matur nêmbah | kangbok sampun pindho kardi | kadi emut yèn mênggah godha rêncana ||

7. nambungi alon lingira | Rajaputri Parangakik | yayi prabu poma-poma | pituture kangbok iki | yèn kanggo sarta eling | sayêkti tulus rahayu | yèn lali sira nimpang | măngsa gagapa basuki | dèn prayitna emanên nagaranira ||

8. pan sira katêmpuh tuwa | sutanira kabèh sami | pangidhêpane pan sira | jêr sira tuwa pribadi | gantining bapa pasthi | lan ari Prabu Sêmakun | Raja Irman tur sêmbah | ing Dèwi Sudarawrêti | kangbok mugi tuka pangèstu paduka ||

9. bubare ingkang bujana | cinatur ing tigang ari | andina anèng jro pura | Marpinjun amituturi | sang rajaputri kalih | ingkang atumut pitutur | Parangakik Karsinah | abikut Prabu Mêdayin | ngiwa nêngên nauri [na...]

--- 1: 71 ---

[...uri] sarwi tur sêmbah ||

10. sampun jangkêp kalih wulan | anèng Kuparman nagari | pamite sampun kalilan | ing raka Surayèng Bumi | kundur Natèng Mêdayin | sinarêngan ingkang mêthuk | sagung pra atmajendra | mêthuk nyai pramèswari | pangarsane Rajèng Kaos Ibnu Ngumar ||

11. putrane wong Parangteja | Ibnu Jara Banu Mêsir | Mardanus putra ing Yunan | putra ing Kangkan Dikwanis | Rajaputri Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | Kaharkusmèn Yujana | Umar Jaman ing Kohkarib | rajaputra ing Kebar Radèn Subtandar ||

12. ing Turki Samardikaran | Radèn Kiswarin Diswarin | atmaja Iskal Iskalan | Warindiya putra Bangid | sarêng budhalirèki | lan Irman Prabu Mêdayun | lir giri puspita bra | gêgaman para putra sri | kunêng wau kang lagya lumakyèng marga ||

13. Sang Rajèng Surukan prapta | Sahsiyar nagri Mêdayin | makuwon wismèng Baktiyar | linajêngakên kang wêling | Prabu Irman yèn prapti | Prabu Sahsiyar puniku | kinèn lajêng sebaa | marang nyai pramèswari | Kyana Patih Baktiyar ingkang ambêkta ||

14. marang pangeran ing Kelan | kang makuwon ing sitinggil | kang rayi nèng pagêlaran | Rahadèn Hasim Kuwari | Patih Baktiyar panggih | lan Pangran Ismayasunu | bêkta Rajèng Surukan | martuwa Hasim Kuwari | matur nêmbah sira Ki Patih Baktiyar ||

15. anggèr punika pun Raja | Sahsiyar kang lagya prapti | paduka bêkta [bê...]

--- 1: 72 ---

[...kta] mring pura | eyang tuwan kang nimbali | sampun sah kang wêwêling | rama paduka pukulun | lamun Sahsiyar prapta | lajênga sowan mring puri | kang pitungkas jêng rama paduka Irman ||

16. mangke kawula sumăngga | ing karsa paduka gusti | sebakna eyang paduka | ing jêng nyai pramèswari | kula mung angruktèni | inggih pasugatanipun | angling Pangeran Kelan | iya paman aja watir | sigra mudhun Baktiyar mring panangkilan ||

17. binêkta manjing jro pura | mring Pangeran Kaelani | wau Sang Raja Sahsiyar | lan mantu Hasim Kuwari | panggih lan pramèswari | langkung sukane andulu | maring Rajèng Surukan | dene têka anyantrèni | pasêmone pantês ratu pinandhita ||

18. apan ta binesan-besan | maring nyai pramèswari | sira Sang Prabu Sahsiyar | akathah dèn pêparingi | langkung dènira ajrih | dene pêpundhèn rahayu | kapêca ing jro surat | pawèstri luwih utami | manjing Islam atilar kapiring raka ||

19. wus lêga rasaning driya | nyai agêng pramèswari | besane kabèh kawruhan | Sahsiyar gung dèn timbali | sowan marang jro puri | katiga nèng ngarsanipun | kang wayah kalih pisan | Kelan lan Hasim Kuwari | katigane sira Sang Prabu Sahsiyar ||

20. pramèswari angandika | hèh ki besan anak mami | sirèku luwih nugraha | kawijilanira dhingin | anaking răndha miskin | pakaryamu angon wêdhus | mangke kinarya raja | mring sutèngong [su...]

--- 1: 73 ---

[...tèngong] Jayèngmurti | singgahana tyas arda lan siya-siya ||

21. yèn sira katèmpèlana | tyasira duk angon kambing | sayêkti akarya tiwas | marang kang karya narpati | wèh dudu wahyu yêkti | dadi sira gawe tuduh | dudu wahyu kang nyata | apan Sang Surayèng Bumi | kotos-kotos wahyu gêng kaliwat nyata ||

22. pratăndha tulus akarya | wong ala ginawe bêcik | bêcik sabanjure pisan | edan winaraskên sami | awèh bênêring sisip | lêstari barang karyèku | tan kêna kaluputan | pan ratu atining bumi | yèn ngrungsanga sarang jagatira rêngka ||

23. aja eling pisan-pisan | pakolih duk angon kambing | dhocêng panariking arja | gêdhe tinarik ing cilik | akèh tinarik kêdhik | mêdhotakên tamparipun | ora tan kapadhaan | iku sira arêp eling | yèn lalia ki besan agawe rêngka ||

24. sira gawa bala pira | ki besan praptèng Mêdayin | Prabu Sahsiyar tur sêmbah | pukulun mung gangsal kêthi | satus kang pra dipati | mantri amung kalih èwu | inggih pêpatih amba | pun Minardan têngga puri | tigang kêthi siyang dalu têngga pura ||

25. wus nora kuwatir wuntat | ki besan sira puniki | yèn mangkana ingsun gawa | marang Kuparman nagari | atêrna awak mami | sutamu lawan putumu | Sahsiyar matur nêmbah | langkung saking amarêngi | karsa tuwan kalayan niyat kawula ||

26. kawula pan arsa sowan | ing putranta jêngira [jêngi...]

--- 1: 74 ---

[...ra] Mir | mangke kadhawahan sabda | andhèrèk jêng pramèswari | nugraha kang nètèsi | sarêng si amba pukulun | kunêng ta kang winarna | misuwur wong sanagari | yèn praptane kang saking nagri Kuparman ||

27. katur yèn sarênge prapta | kang mêthuk ing pramèswari | wontên bala pitung yuta | ingkang para rajasiwi | wau praptanirèki | Irman Sang Prabu Mêdayun | lajêng manjing jro pura | lan ibu sampun apanggih | katur solah pratingkah saking Kuparman ||

28. antara samadya căndra | budhalira pramèswari | marang nagari Kuparman | Raja Urmus kang tut wuri | Rajèng Wu-awu Langit | akathah punggawanipun | bêkta bala sayuta | ingkang saking ing Mêdayin | kang amêthuk wong Kuparman pitung yuta ||

29. ing măngsa iku tan ana | pêdhote bala lumaris | mring Mêdayin mring Kuparman | andina-dina anggili | marga gêng samya limit | tan ana sukêt kang thukul | pan kadya dèn rêmpêlas | kiyamat marècèt têki | langkung arja eca pirang-pirang praja ||

30. wau ta kang kawarnaa | ing lêlakon kawan ari | kèh para ratu kang mapag | andina-dina kang prapti | kantun lakon saari | pamêthukira wong agung | lawan kang para raja | para putra jalu èstri | sampun prapta pramèswari ing Kuparman ||

31. amanggih sèwu kamulyan | rinangga sukaning galih | tinut ing sakarsa-karsa | para wayah angladosi | Raja Urmus sirèki | kawan wulan laminipun | anèng nagri Kuparman [Ku...]

--- 1: 75 ---

[...parman] | tuwuk sakarsanirèki | sampun pamit mantuk Mêdayin nagara ||

32. ya ta ing alama-lama | Wong Agung Surayèng Bumi | andadi prakosanira | ing jagat datanpa tandhing | amung pojoking langit | lor kulon kang dèrèng nungkul | wontên tanah awiyar | Jaminambar kèh prajèki | tanah Rokam kalawan ing Kalakodrat ||

33. wontên praja namanira | tanah Ngindi ing Rokami | amindha namaning praja | lawan Rokam agêng nênggih | ratune padha nami | sami Gulangge ranipun | Rokam Ngindi punika | ratune sampun angabdi | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagat ||

34. anungkul sêngsêm ing warta | nora kalawan ajurit | kalane wong agung arsa | gêcak nagari Biraji | amêthuk anèng margi | Gulangge panungkulipun | Rokam agêng punika | ya Gulangge ratunèki | nanging iya Rokam tanah Jaminambar ||

35. lan pojok langit lor wetan | lawan kidul wetan sami | punika kang dèrèng kambah | Maguwa tanah Taniti | Sambawa Banjarmasin | puniku saurutipun | lan sakidul sagara | kabèh tanah ing Ngabêsi | watês langit kulon miwah langit wetan ||

36. sanadyan Sultan Iskandar | kapêca ratuning bumi | tur duwèni pêparêngan | ing masrik lawan ing mahrib | parandene tan kongsi | tanah Ngabêsi pan agung | liya sakidul Ngarab | tanah Ngabêsi pan mirib | lawan Ngarab kang agêng nora [no...]

--- 1: 76 ---

[...ra] kacahak ||

37. mungguh kang ahli kikayat | nadyan dhingin para nabi | sarengat Nuh Musa Ngisa | miwah sarengat Ibrahim | durung gêpok Ngabêsi | tanah gêng sakidul laut | sinêngkêr ing Hyang Suksma | kabèh sakidul jaladri | agamane pan maksih agama Adam ||

38. benjing wong Ngabêsi nyabrang | yèn lair andika nabi | panutup nayakaning rat | pinacang mêngsah jêng nabi | ngrisak Madinah benjing | wong kidul sagara mukul | sedane Amir Ambyah | Raja Lakad ing Ngabêsi | yèn wus masuk ing agama kang wêkasan ||

39. puniku kang ahlul kojah | wênang bayanakên rawi | măngka malih winursita | ingkang amangsuli rawi | Kuparman lan Mêdayin | punika kang dadi dhapur | lami olah wibawa | kèndêl lami tan ajurit | cinarita sajroning nata sarkara ||

15. Dhandhanggula

15. Patih Baktiyar matur ngamandaka dhatêng Prabu Irman

1. cinarita Menak Jayèngmurti | salamine kêkutha Kuparman | wus kaping tiga lampahe | maring Mêkah angujung | rama ibu lan angabêkti | anèng sajroning Kakbah | lawan amêmangun | astananira Muninggar | lajêng maring Basarah amangun malih | ing astana Nusirwan ||

2. lamun Wong Agung Surayèng Bumi | maring Mêkah pan balabur dinar | binagi sapraja kabèh [ka...]

--- 1: 77 ---

[...bèh] | tuwin kang para ratu | pan sadaya sami ngurmati | ingkang ajaga Kakbah | mangkana winuwus | wong agung anèng Kuparman | duk sineba wontên sêrat tonjok prapti | saking ing Kalakodrat ||

3. Raja Salsal kang nêkani tulis | tunggul panantang ika têmbungnya | hèh Wong Agung Kuparmane | yèn ta sira satuhu | Kakungingrat apa nêkani | apa ingsun kang têka | amukul prajamu | iya sun mungsuhira prang | wus tinulak caraka sira Jêng Amir | benjang yèn sami arja ||

4. sayêktine ingsun kang nêkani | marang nagara ing Kalakodrat | pan mangkana wêwangsule | nanging antinên besuk | sêdhêng sira dandan kuthèki | ngêlar lêlarènira | muwuhi jronipun | balowarti rangkêpana | agawea Salsal kapurancang wêsi | ingsun tan wande prapta ||

5. nulya pamit dutaning Narpati | Kalakodrat sira Raja Salsal | eram umiyat prajane | Kuparman luwih agung | tan ana ingkang animbangi | kèhe kang para raja | yayah kadi têdhuh | ngêndhanu ing ăntariksa | tanpa wilis prajurit kang pra dipati | punggawa myang satriya ||

6. tan winarna laminirèng margi | duta nata Kalakodrat prapta | katur sasolah lakune | miwah gunging wadyèku | para ratu sami linuwih | ratu gêng-agêng samya | ratu bala ratu | kadya wutahing samodra | gunging bala prajurit datanpa wilis | amung nagri Kuparman ||

7. taun têrang ing ngajêng puniki | dhatêngipun [dhatêngipu...]

--- 1: 78 ---

[...n] prajurit Kuparman | anindaki wong agunge | tan kêni tuwan mungsuh | yèn makatên inggih pawarti | prawiraning ayuda | kabèh para ratu | aprang lêmbut aprang kasab | sami sagêd wadya Kuparman gung alit | kèh ratu măndraguna ||

8. Raja Salsal wau duk miyarsi | marang ature carakanira | mêlang ing jro wardayane | nimbali patihipun | Patih Kalkal badhe tinuding | tur uninga mring Rokam | gèning ratu agung | gagah prakosa ing yuda | sira Prabu Gulangge prakosèng jurit | sinêmbah para raja ||

9. Rajèng Kalakodrat ngandika ris | Patih Kalkal sira turna surat | marang Sang Prabu Gulangge | layang saking Mêdayun | dhingin ingkang pemut ing mami | lamun Sultan Kuparman | iya arsa mukul | prajèngong ing Kalakodrat | yèn bêdhaha lajêng mring Rokam nagari | Patih Kalkal mit sêmbah ||

10. kunêng gantya nagarèng Mêdayin | Patih Baktiyar langkung miguna | amrih bêngganga gustine | lan kang raka wong agung | tan wus manahira ki patih | tan antuk nadhah nendra | prihatin kalangkung | ketang wêwêkasing bapa | yèn tan drêngki kari suwita lan miskin | gawan kaponthal-ponthal ||

11. pan wus anglèng sumêrêp ing mangkin | mila bapane Bêstak dèn jênang | sêsukêring bumi gêdhe | rêmbag Prabu Sêmakun | Umarmaya ingkang nandangi | Prabu Sêmakun marma | mring kang rama prabu | wus sêpuh misih ginawa | maring sasar gung nêmu papa tan mari | karyane [karya...]

--- 1: 79 ---

[...ne] Patih Bêstak ||

12. Patih Baktiyar angingu têlik | wong sapuluh anyalêksa dinar | sabên măngsa paringane | liyane bandaripun | matang lêksa dinar wong siji | jaga wruha jajahan | ratu kang pinunjul | lan kang bisa gawe dora | kang kêkalih lurahe nama pun Joprit | Prênèt ingkang satunggal ||

13. dèn imbara ping satus saari | nora menggok dènnya gawe dora | Ki Joprit lawan Ki Prênèt | matêng ubayanipun | dènnya karya ubaya manis | pan sami kinêcêkan | winisik ing laku | binakta manjing jro pura | prapta ing jro pasadon rêkyana patih | sigra nguwik barambang ||

14. linêbonan netranira kalih | andarodos luhira kang mêdal | lajêng wus prapta ngarsane | ngandika sang aprabu | apa karya prapta anangis | Baktiyar ana paran | matur sênggruk-sênggruk | kawula miyarsa warta | inggih botên kadosa wong bêcik-bêcik | gusti sungkêm paduka ||

15. parandene wontên kang drêngkèni | anggêp tuwan winastan kumlamar | maksih miring ing batine | dene tuwan tan purun | tumut kadi para narpati | damêl kitha Kuparman | Marmaya kang matur | kalawan rayi paduka | Sang Aprabu Sêmakun arêmbag pikir | lawan pun Umarmaya ||

Lajêng nyandhak: jilid 2.

--- 1: [80] ---

Isinipun.

... Kaca

1. Candhakipun nagari Pirkaras bêdhah. ... 3
2. Prabu Nusirwan kondur dhatêng Mêdayin. ... 5
3. Rêmbag badhe ngislamakên Prabu Nusirwan. ... 10
4. Prabu Kuskèhèl angsal pangalêmbana. ... 18
5. Betaljêmur suka pamrayogi. ... 25
6. Prabu Nusirwan sakawulanipun ngrasuk agami Ibrahim. ... 28
7. Pramèswari Mêdayin kondur. ... 33
8. Para ratu pandhèrèk dumugi Mêdayin. ... 37
9. Patih Bêstak murtat. ... 44
10. Jênang Patih Bêstak. ... 50
11. Prabu Nusirwan gêrah. ... 55
12. Prabu Nusirwan seda, kagêntosan putra. ... 60
13. Prabu Irman sowan dhatêng Kuparman. ... 66
14. Prabu Sahsiyar sowan pramèswari Mêdayin. ... 69
15. Patih Baktiyar matur ngamandaka dhatêng Prabu Irman. ... 76

 


ingkang. (kembali)
Lebih satu suku kata: Dulpatah lan Dulsarak. (kembali)
pasthi. (kembali)
emut. (kembali)
Lebih satu suku kata: ratu kaloka ing bumi. (kembali)
jèdhi. (kembali)