Menak Kalakodrat (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #854

Judul
Sambungan
1. Menak Kalakodrat (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #854. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Kalakodrat (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #854. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 04-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1166a

Menak Kalakodrat

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka – 1936 – Batawi Sèntrêm.

--- 2: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2: [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek. ||

16. Dhandhanggula

16. Candhakipun Patih Baktiyar matur ngamandaka dhatêng Prabu Irman

1. Prabu Irman angandika aris | durung ana timbalane kangmas | ingsun ngandikakkên mulèh | anaa dhawuhipun | karya wisma lan aja mulih | măngsa sun lêngganaa | ing parentahipun | Patih Baktiyar tur sêmbah | mila èwêd anggèr gènipun nglampahi | wong bêcik pinrih ala ||

2. malah damêl pangolah sinandi | prajurite jêng rayi paduka | sagah nyêpêng samangsane | Sang Prabu Sikaturun | nama Raja Bilabundarin | andêl prajuritira | Sang Prabu Sêmakun | para ratu ing Kosarsah | lawan malih Natèng Kosriyan kang nami | sang raja ulubalang ||

3. lawan wontên malih kang nyagahi | prajurite jêng rayi paduka | ing Minanggar nagarane | pun Raja Kaladukum | lawan raja ing Simbarsari | Sang Prabu Rudandeya | ingkang sami sanggup | milane agung ginanjar | ingkang para narendra sakawan sami | dhatêng rayi paduka ||

4. nanging sampun kula pirantosi | para ratu kang sakawan pisan | Raja Sêmakun andêle | kula pêndhêmi kuwuk | ing ngajênge

--- 2: 4 ---

korine sami | samăngsa nglangkahana | ing niyate wurung | sanadyan inggih sidaa | yêkti mulês atine dumadak gêmpil | sarat saking pandhita ||

5. Joprit Prênèt samya dèn timbali | aturipun angganthêng punika | tan măntra yèn gawe-gawe | ratune kang cinubluk | Raja Irman ngandika aris | ya talah nora talah | katuju sirèku | patih ana budinira | baya iku yayi Sêmakun kang mèri | duk ingsun nèng Kuparman ||

6. sabên ngandikan anèng jro puri | dhingin ingsun lan yayi Gumiwang | miwah ta palinggihane | kinacèk lawan ingsun | măngsa dadak dadi tyasnèki | anom kalawan tuwa | iku nyananingsun | yèn mêngkono nora kêna | yayi prabu ing Gumiwang dèn parêki | nênungkul amrih pêjah ||

7. utusan kalih Prênèt lan Joprit | sarêng ginanjar lan Raja Irman | kaprêcaya ing lampahe | dilalah kudu kuwur | nora kêna panggawe bêcik | ing Mêdayin nagara | singa dadi ratu | nora ambobot prakara | wong adol cès gugu ature wong siji | tan wruh aluran nalar ||

8. nora anglirik ing kanan kèri | nora wêruh kang sayêkti nora | kang dora agawe-gawe | têka dèn anggêp tuhu | Patih Bêstak ratuning drêngki | anak bisa micara | kang jamak sinawung | manawi tiruwèng bapa | nora wurung niwasakên barang kardi | têka tan nganggo sawang ||

9. sêdhih malih punggawa Mêdayin |

--- 2: 5 ---

kang asêpuh-sêpuh kang wus myarsa | tan wurung kapindhon kiye | dene sang nata iku | Raja Irman katoring-toring | tut wuri ingkang rama | durung nêmu luhur | durung nêmu kaslamêtan | dene dhahar ature Bêstak rumiyin | anggung agawe rusak ||

10. wus mangkana ature ki patih | abdi paduka kalih punika | inggih miyarsa kênthêle | raka paduka nglurug | lamun jawah mantun sakêdhik | amukul Kalakodrat | nanging kang wadya gung | Kuparman ngênês miyarsa | dene kabar mêngsahe ambadhog janmi | balane Raja Salsal ||

11. mila sêdhih wadya sanagari | wong Kuparman sami awuyungan | angênês kabatinane | lamine dèrèng nêmu | mungsuh ingkang amăngsa janmi | gusti watawis amba | inggih pungkasipun | raka paduka Kuparman | kadya kêni panagihan anglanangi | mangke apês manawa ||

12. dene mêngsahipun anglangkungi | lan akanthi narendra ing Rokam | sira Sang Prabu Gulangge | yutan prajuritipun | ingkang nitih macan sakêthi | prajurit ing Kuparman | pan salêksa amung | kang sagêd anitih macan | amung balanipun Rajèng Burudangin | Raja Wiswèl punika ||

13. mung salêksa nitih macan sami | inggih gusti kaot gangsal lêksa | lawan balane Gulangge | lan dêdêgipun satus | patang puluh êgas sang aji | dêdêge Raja Salsal | pan satus sapuluh | sami lawan Raja Selan | ratu kalih punika wudhu ing

--- 2: 6 ---

bumi | Gulangge lawan Salsal ||

14. Patih Kalakodrat anguwisi | Patih Kalkal tate bănda raja | bêdhah praja gêdhe-gêdhe | lamun kabotan mungsuh | prajurite Rokam bantoni | Gulangge para putra | lawan para mantu | sami prawira ngayuda | mila datanpa lawan moncol ing bumi | Gulangge lawan Salsal ||

15. Patih Ngrokam prawira sinêkti | nama Kyana Patih Bakubaham | angrèh ratu gêdhe-gêdhe | Raja Salsal pukulun | sabalane ambadhog janmi | mila inggih wikana | yèn kongsia nêmpuh | raka paduka Kuparman | abdi tuwan pun Joprit pan sampun lami | ngumbara anèng Rokam ||

16. Prênèt Joprit sigra awotsari | dhuh pukulun swargi rama tuwan | kirang patitis pambile | yèn antuka pukulun | kadi ratu kalih puniki | măngsa inggih kanggea | saêjam prangipun | sirna prajurit Kuparman | kadi tanpa anggawêr yèn winitawis | ing sapisan punika ||

17. angandika Sang Prabu Mêdayin | hèh Baktiyar iya kayaparan | ing pratingkah ingsun kiye | witning liwat kapencut | amiyarsa tuturirèki | Gulangge ngrèh nagara | ratu kalih èwu | awit saking kalah aprang | tur akanthi Raja Salsal nunggal budi | nora sêmbah-sinêmbah ||

18. lamun pawong mitra awak mami | iya kaya mêngkono kewala | kaya Salsal lan Gulangge | mring ki raka wong agung | pêsthi nêmbah kadya cêcindhil [cêci...]

--- 2: 7 ---

[...ndhil] | nanging iya sapira | dening kadang sêpuh | sanadyan aja ipea | iku uwis putrangkat sêpuh kinardi | ing jêng rama narendra ||

19. Patih Baktiyar matur wotsari | inggih lêrês ing karsa punika | langkung sangêt kuciwane | anglêbur anak putu | awèh apês ing turun benjing | măngsa wurunga nêmbah | dhatêng turunipun | raka paduka Kuparman | sangêt nistha nêmbah turun wit wong cilik | kalangkung botên asab ||

20. hèh Baktiyar apa kang kinardi | aling-aling bangêt wirang ingwang | lan wêdi kabatinane | manawa niyat ingsun | Si Sêmakun sun kon janjèni | duwea sêdya ala | mring sariraningsun | ana ngarsane kakang mas | ing Kuparman Baktiyar matur wotsari | sarwi nampèl wêntisnya ||

21. yèn makotên paduka puniki | winastan dede putra Nusirwan | kalawan dede putune | Prabu Kobatsah Agung | dede buyutipun sayêkti | Sang Aprabu Sareas | prakosa dibya nung | sagung para raja-raja | sami nêmbah lawan natèng ing Mêdayin | dèrèng nate anêmbah ||

22. dadya tuwan puniki awiwit | apês curês tiwas ing tumitah | ongkrak-ongkrik tanpa gawe | jêminul kadi kênul | nadyan jagul wani anyuwil | punapa asil gêsang | tan nêdya mrih luhung | dêstun dêlap anèng donya | Raja Irman miyarsa brit jajèng rai | lah paran ta Baktiyar ||

23. Patih Baktiyar matur wotsari | sampun watir aling-aling tuwan [tu...]

--- 2: 8 ---

[...wan] | ing wêwados karêksane | amba kesah rumuhun | mring Kuparman nyênyêngkal gusti | inggih akarya pura | mangun dalêm agung | yèn sampun kawula nyêngkal | rayi tuwan inggih ngawu-awu langit | tuwan kèn jênêngana ||

24. ratu sakawan kang nambutkardi | kang akarya dalêm ing Kuparman | nuntên pun Joprit kinèngkèn | ngrêrêpa minta tulung | tulusipun sang prabu kalih | asiha kawlasarsa | kang arsa linampus | nagari tuwan ing Makwah | ingkang kiwa tampingan têbih pribadi | punika dèn ambaha ||

25. ing dutane Gulangge Sang Aji | tuwin dutane Sang Raja Salsal | nuntên paduka mit mangke | lamun arsa angrêbut | ing Makuwah kancikan baris | prajurit saking Rokam | yèn sampun tinêmu | lan kang gêcak ing Makuwah | kula nuntên atur srat atur udani | mring raka danasmara ||

17. Asmaradana

17. Prabu Gulangge lan Prabu Salsal anglurugi Wong Agung

1. yèn paduka sor ing jurit | katawan ing bala Ngrokam | sayêkti gugup manahe | raka paduka Kuparman | nadyan botên tindaka | sayêkti nuntên anuduh | para ratu magut ing prang ||

2. puniku katăndha benjing | yudane bala Kuparman | kalawan bala Gulangge | tinut ature Baktiyar | saksana karya surat | dadi sagung kang rinêmbug [rinê...]

--- 2: 9 ---

[...mbug] | Baktiyar angutus sigra ||

3. Ki Prênèt kalawan Joprit | ngakên dutane sang nata | Baktiyar sarêng angkate | marang nagara Kuparman | ing marga tan winarna | ing Kuparman praptanipun | katur ing Sang Kakungingrat ||

4. lamun ingutus kang rayi | nyêngkal badhe padalêman | inggih anuwun prênahe | wong agung suka kalintang | kang rayi sungkêmira | angrasa tuwa katêmpuh | kasok marêbêl kang waspa ||

5. Patih Baktiyar ningali | sigra anguwik barambang | silib saking kandhutane | ingucêk netra kalihnya | darodos mêtu waspa | api matur sênggruk-sênggruk | pukulun jêng rayi tuwan ||

6. langkung tan eca ing galih | têbiha lawan paduka | wong agung ngandika alon | Baktiyar yèn gustinira | tulus tyase mangkana | ingsun iki suka nganggur | bagawan ing yayi nata ||

7. wus bungah ingsun ningali | miwah lamun umadêga | Narendra Kuparman kene | ratu agung binathara | mendah sukaning driya | Baktiyar matur wotsantun | dèrèng dhatêng sapunika ||

8. ngraos cupêtipun nênggih | mila kêdah satmatèng tyas | ing sarintên sadalune | inggih antuka tumingal | pratikêl kang utama | sigra pinarnahkên sampun | kilèn kadhaton prayoga ||

9. Adipati Guritwêsi | padalêmane kang wetan | Sang Prabu Irman badhene | sakilèn kadhatonira | sigra sampun cinêngkal | mring Patih Baktiyar wau | wong Mêdayin nambutkarya ||

--- 2: 10 ---

10. salêksa ing sabên ari | lan para ratu sakawan | ingkang badhe têtindhihe | jênêngi wong nambutkarya | Raja Urmus punika | jro kadhaton pan misuwur | praptane Patih Baktiyar ||

11. anyêngkal badhe purèki | kadhatone Prabu Irman | pramèswari pamirsane | langkung tyas marwata suta | kunêng Patih Baktiyar | linilan ing pamitipun | gantya kang jênêngi karya ||

12. Raja Urmus badhe prapti | wau lampahe Baktiyar | tan kawarna ing lampahe | prapta Mêdayin nagara | katur sasolahira | lamun kang raka wong agung | kalangkung sukaning driya ||

13. wau kang alampah silib | Joprit Prênèt sampun prapta | ing Kalakodrat praptane | katur ing Sang Prabu Salsal | kang sêrat katupiksa | lajêng sinusulkên gupuh | ing lampahe Patih Kalkal ||

14. putrane ingkang tinuding | kang anama Radèn Taltal | Kya Patih Kalkal praptane | ing Rokam katur kang surat | marang Gulangge Raja | nuju siniwèng wadya gung | aglar ingkang para raja ||

15. lagya wus maos kang tulis | kasaru wau kang prapta | Radèn Taltal panusule | ngandikan praptèng ngayunan | sêrate wus tinampan | sami saking ing Mêdayun | pemut marang yayi Salal ||

16. ngandika sri narapati | hèh sagunging para nata | miwah punggawa sakèhe | bupati lan ulubalang | iki ta wruhanira | layang kang saking Mêdayun | têmbunge amêlasarsa ||

17. kuthane arsa ginitik [gi...]

--- 2: 11 ---

[...nitik] | marang Wong Agung Kuparman | wus kêkirab prajurite | tuhu nglanangi ing jagad | wong agung ing Kuparman | bêbala rong lêksa ratu | sèwu ratune wadana ||

18. punggawane pitung kêthi | mantri prajurit rong yuta | rong kêthi ulubalange | têlung kêthi pra dipatya | ingkang jaga tampingan | angsale wong agung iku | sayêkti putrane angkat ||

19. marang Prabu Nyakrawati | ing Mêdayin binathara | wong agung iku mulane | anaking wong dhukuh Mêkah | Pusêr Bumi sangkannya | saiki jagad kinêlun | pinrih ngidhêpa Kuparman ||

20. balane kadi jaladri | tanpa tandhing soring wiyat | nanging ta durung marene | Kalana Surayèng Jagad | pêpakuning buwana | tanpa wilis para ratu | kang ngidhêp marang Kuparman ||

21. Wong Agung Surayèng Bumi | rijale jagad wiryawan | ya Ibrahim agamane | ingkang winangun dèn êlar | kusnèn panatadinan | amir mukminin satuhu | măngka samsuning buwana ||

22. mangkya kèlês mêmpis-mêmpis | trahe kang ngambil putrangkat | Raja Irman bisikane | iku gon ratu bituwah | marmane minta sraya | anjujug anjaluk tulung | maring sun mring yayi Salsal ||

23. dèn padha angati-ati | sakèhe prajurit ingwang | mungsuh iki luwih abot | tan kêna jinadha-jadha | mungsuh lan Raja Arab | wontên mantune pambayun | dene Sang Gulangge Raja ||

24. nagarane Ngambarkawit | Sang Raja Unuk Marjaban | wutah

--- 2: 12 ---

ati bèr kuwanèn | akathah prajuritira | Raja Ngambarkamulan | sagah ngarsane sang prabu | pukulun sri maharaja ||

25. kawula sagah ngampuni | supados wandea prapta | amba gêcêke kuthane | inggih langkung saking lancang | purun mêngsah paduka | sayêktine sêlak kontung | yèn maksih Unuk Marjaban ||

26. mèsêm pan ewa ing batin | wau kang sami miyarsa | Unuk Marjaban ature | sakathahe kang tumingal | ewa pan garundêlan | kumêthak tan wruh ing udur | nyumbari prajurit Arab ||

27. anuwun kang têdah margi | Prabu Gulangge ngandika | angira saiku bae | carakane Raja Irman | yèn tuhu wani sira | ana nagara kang milu | Mêdayin anama Makwah ||

28. iku ancikana dhingin | prihên galak wong Kuparman | măngsa kênaa dèn corok | jajahane mêsthi enggal | nêkani maring sira | inggih amba budhal esuk | ature Unuk Marjaban ||

29. ngandika sri narapati | Patih Kalkal umatura | sira maring yayi katong | miwah sira kulup Taltal | matura ramanira | yèn ing kene besuk esuk | budhal Si Unuk Marjaban ||

30. caraka Mêdayin Joprit | kang angirid tuduh marga | wau gênti winiraos | lamine anèng ing marga | Kya Patih Kalkal prapta | miwah Taltal Rajasunu | ing nagara Kalakodrat ||

31. katur sasolah tinuding | lamun sang prabu ing Rokam |

--- 2: 13 ---

ngirabakên prajurite | mantune ingkang prakosa | kang banjêl magut ing prang | kaduk umbaking mrasêpuh | Sang Prabu Unuk Marjaban ||

32. duk miyarsa turing patih | sang prabu ing Kalakodrat | anuduh marang kadange | asiyaga ing ayuda | sira Sang Raja Balbal | kuthanira ing Srumayu | prawira Sang Raja Balbal ||

33. bêkta bala kawan kêthi | prawirane Raja Balbal | sami doyan iwak uwong | lamun andulu wong liya | kumêcêr kudu măngsa | gêgaman sampun akêmbul | Balbal lan Unuk Marjaban ||

34. Prabu Anom Ngambarkawit | prajurite patang lêksa | ingkang nitih macan kabèh | kang nitih banthèng salêksa | nitih gajah salêksa | salêksa kang nitih sênuk | pangarsa kang nitih macan ||

35. lêrês lampahirèng margi | bala saking Kalakodrat | samarga-marga amèt wong | binêkasêm kang dèn kalak | kinarya sangu sira | ing marga datan winuwus | prapta jajahan ing Makwah ||

36. gègèr kang kancikan baris | rusuh wong ing Kalakodrat | sami ambakasêm uwong | yèn dalu pêtêngan măngsa | wong cinêkêl tan polah | senapati Raja Unuk | Marjaban prapta ing praja ||

37. nagari ing Makwah nênggih | tampingane doh akiwa | têtiga ing karatone | kang siji băngga binănda | kang kalih sêlak wikan | mring Prênèt Joprit puniku | dutane Patih Baktiyar ||

38. dadya

--- 2: 14 ---

aris amanggihi | angrukti ingkang sugata | kinèn apacak barise | Joprit wus kinèn lajua | mring Mêdayin nagara | sèk Prênèt punika kantun | nênggani Unuk Marjaban ||

39. wuwusên nagri Mêdayin | sampun lami lampahira | jênêngi kang nambutgawe | marang nagari Kuparman | ing wuri pradandanan | Ki Baktiyar akalipun | wau duta duduk prapta ||

18. Mêgatruh

18. Prabu Irman sakuthu kalihan Prabu Gulangge lan Prabu Salsal badhe mêngsah Wong Agung

1. ingkang saking anilib kala ingutus | mring Kalakodrat nagari | Joprit panggih lurahipun | Baktiyar Rêkyana Patih | lajêng binaktèng kadhaton ||

2. sampun prapta ngarsanira sang aprabu | tinanggap aturirèki | yèn prapta prajurit agung | pangirid Rokam nagari | nênggih mantune sang katong ||

3. Raja Unuk Marjaban jêjulukipun | narendra ing Ngambarkawit | gagah prakosa dibya nung | bêkta rong yuta prajurit | patang lêksa kang nitih mong ||

4. dening bala Kalakodrat tindhihipun | kadange sri narapati | Raja Balbal prawira gung | prajurite pitung kêthi | sadaya sok bakasêm wong ||

5. Raja Salsal Raja Gulangge pukulun | langkung sami wêlasasih | miyarsa lamun sang prabu | biyèn-biyèn [bi...]

--- 2: 15 ---

[...yèn-biyèn] wong Mêdayin | gêlêm anyambat maring ngong ||

6. wus pungkasan curêse wong Arab iku | lawas dènnya nglêlanangi | jêr durung mungsuh lan ingsun | pijêr ratu tanpa sêkti | tinandhing Jayèngpalugon ||

7. duk miyarsa sangêt kagèt dènnya ngungun | ngandika Rajèng Mêdayin | Baktiyar tan dipe ingsun | panggawe iki binatin | marang sang aprabu karo ||

8. linabuhan ingsun iki lara lampus | Patih Baktiyar wotsari | gih-inggihane pukulun | jêr sagung ratu kang luwih | măngsa puruna rinêngkoh ||

9. dipun êkèn ambucal sarengatipun | sayêkti malaur mati | dèn palaur dadi bubuk | yèn makotên sri bupati | tuwin siyaga ponang wong ||

10. Irman mojar iya patih dèn misuwur | yèn ingsun umagut jurit | yèn wis prapta Makwah ingsun | sira ngaturana tulis | mring kakang Jayèngpalugon ||

11. lamun ingsun magut prang karoban mungsuh | kasêlut anungkul lair | yèn nora nuli rinêbut | ing kakang Surayèng Bumi | dadya sun pêsthi kaboyong ||

12. ilang saking nama angenaki kalbu | sigra undhang dandan sami | kaprajuritan wadya gung | samakta wus amiranti | Sang Rajèng Mêdayin bodhol ||

13. Radèn Wahas atmajane Betaljêmur | binakta maring sang aji | kang rama kari atunggu | kadhaton nora tinari | mèsêm ewa dènira non ||

14. bêkta bala tigang yuta sang aprabu |

--- 2: 16 ---

sayuta rêkyana patih | gêgancangan lampahipun | datan kawarna ing margi | prapta ing Makwah sang katong ||

15. Kyana Patih Baktiyar ingkang rumuhun | bêkta suguh lan pisalin | kamulyan ki patih sampun | panggih lan narpati kalih | Baktiyar manahe giro ||

16. tan antara Prabu Irman praptanipun | panggih lan narpati kalih | langkung sukane andulu | prajurit kang lagi prapti | pantês tan kalah padha wong ||

17. binojana linuhurkên anggêpipun | langkung saking sukanèki | akathah mijilkên wuwus | suka tyas Prabu Mêdayin | mulat ring sang prabu karo ||

18. wus mangkana gantia ingkang winuwus | kya patih angutus aglis | sêmang-sêmang sandinipun | caraka bupati kalih | angêmban sêrat kang kinon ||

19. praptèng nagri Kuparman sêrate katur | marang Sang Surayèng Bumi | duk miyarsa têmbungipun | kagyat sakala nimbali | wong agung katri manjing jro ||

20. ngenggalakên marang Sang Prabu Sêmakun | Adipati Guritwêsi | Wong Agung Parangteja wus | katiga praptèng jro puri | sinungan warta pakewoh ||

21. inguncalan sêrat saking ing Mêdayun | riwusnya miyarsa sami | dhêlêg wong agung têtêlu | Wong Agung Surayèng Bumi | mèsêm angandika alon ||

22. hèh yayi mas Parangteja paran iku | umatur saha wotsari | sarwi mèsêm aturipun | ngling Dipati Guritwêsi | bok umatur cêplas-cêplos ||

23. têka pijêr mèsêm-mèsêm [mèsêm-mèsê...]

--- 2: 17 ---

[...m] sira iku | lumembak dènira angling | ing ngriku yayi Sêmakun | pinikir raosing galih | Prabu Sêmakun lingnya lon ||

24. yèn kakang mas Parangteja tuwan nantun | ing pikir kula kang yêkti | yèn kangmas ngajani matur | kula matur ingkang pasthi | gothak-gathuk gêcas-gêcos ||

25. inggih anggèr aran ta sami tinantun | sampun ngangge wigih-wigih | têgêse yayi Sêmakun | ingkang tunggil darah sami | pantês wruh bêcik lan awon ||

26. sêlulupa samodra wruh jêbulipun | pantês dika kang ngarani | mèsêm Sang Prabu Sêmakun | kakang mas sêrat puniki | saunine sami goroh ||

27. mung akale Si Baktiyah layang iku | nora ana malih-malih | dene praptane kang mungsuh | tan nêdya prapta pribadi | Si Baktiyar kang anggendhong ||

28. alon angandika wau ta wong agung | wong Parangteja wotsari | datan wontên malihipun | ature ri paduka ji | Prabu Sêmakun sayêktos ||

29. dene rayi paduka satunggilipun | tinungkulakên ing pikir | punika Sang Prabu Urmus | mila tinuduh mariki | sampun adamêl pakewoh ||

30. amrih tutug pun Baktiyar aturipun | wontêna bilih tinari | sayêkti yèn botên rêmbug | pun Baktiyar akalnèki | thukul malih setan raton ||

31. tinimbalan mring pura Sang Prabu Urmus | datan adangu wus prapti | inguncalan sêrat sampun | winaca nulya binanting | Raja

--- 2: 18 ---

Urmus asru bêkoh ||

32. lah puniki kakang mas Umarmayèku | kakang mas ing Ngalabani | si patih pratikêlipun | Baktiyar punika wiwit | angridhu gawe pakewoh ||

33. kula kakang punika kang dèn balilu | tinungkulakên mariki | sampun makewuhi laku | karuan têmên si baring | Baktiyar anak sêgawon ||

34. padha dene ratune kêna tinuntun | marang panggawe tan yukti | têka nora duwe usul | wurukan arêp nuruni | nadyan bapa jêr wus katog ||

35. kula kakang sêksi kalih-kalihipun | mukir dhatêng kakang aji | tumut ing yayi Sêmakun | sumungkêm kakang mas ngriki | Wong Agung Jayèngpalugon ||

36. ajur mumur rêmak-rêmpu awak ingsun | anut ing rèh kang sayêkti | botên purun pêjah bingung | gumujêng ingkang miyarsi | Raja Urmus angling alon ||

37. yèn sêmbada pun kakang Umarmayèku | dèn dikakna anututi | magut ingkang mungsuh rawuh | sêsinau magut jurit | ngandika Jayèngpalugon ||

38. iya yayi pira ratu ing Mêdayun | kang kawêngku ing sirèki | amèta saduman iku | kang rong duman dimèn maksih | pêpêk ana yayi katong ||

39. matur nêmbah kang rayi Sang Raja Urmus | sandika amba têtêpi | singa ingkang dipun tuduh | ing aprang kula umiring | ngandika Jayèngpalugon ||

40. mring pawongan warahên patayar tungguk | animbali yayi aji | ing Burudangin lumêbu | parêkan tur sêmbah mijil [mi...]

--- 2: 19 ---

[...jil] | sapraptanira pasadon ||

41. dhinawuhan lurah patayar lumayu | animbali sri bupati | Tasangsulngalam lumêbu | age-age sampun kerid | mring cèthi manjing kadhaton ||

42. sapraptane ing ngarsanira wong agung | lênggah ing wurinirèki | Wong Agung Parangtejèku | nêmbah Rajèng Burudangin | wong agung ngandika alon ||

43. yayi prabu sira saosa prang pupuh | ana mungsuh ingkang prapti | ngancik jajahan Mêdayun | rong ratu gènira baris | nèng Makwah tata pakuwon ||

44. nêmbah matur sandika inggih pukulun | kawula sampun miyarsi | praptane mêngsah puniku | prajurite kang dèn adi | patang lêksa anitih mong ||

45. lan kanthia sira yayi Prabu Urmus | naning sira senapati | Rajèng Burudangin matur | luwung rayi tuwan singgih | kawula mong amrih sinom ||

19. Sinom

19. Prabu Urmus kadadosakên senapatinipun Wong Agung

1. gusti mila sapunika | yèn amba anyenapati | têmah awis mêdal ing prang | karana mêngsah kang prapti | paguronira saking | Gajimăndalika Uktur | wignya prang nitih macan | kănca prajurit ing ngriki | yêkti kagèt sakala anulya eram ||

2. mila pangeja kawula | yèn antuk barkating gusti | kula krêp amagut ing prang | supaya [su...]

--- 2: 20 ---

[...paya] sami udani | tangkêpe mêngsah gusti | wanuh waspada ing laku | botên agawe nistha | yèn sampun sami udani | pangraose anggêgawok anggêgila ||

3. mila inggih rayi tuwan | kang madêga senapati | kula mong manggalaning prang | mèsêm ngandika Jêng Amir | lah sira senapati | iya yayi Prabu Urmus | anging awisèkêna | kakangira Burudangin | matur nêmbah Sang Raja Urmus sandika ||

4. yayi mas ing Parangteja | putranira Parangakik | lan sutanira ing Kelan | Sri Naranata Kubarsi | mèlua magut jurit | kalawan sawadyanipun | Rajèng Kulup Kalkiyah | Kalbujèr lawan Dukyadis | sabalane mèlua umagut ing prang ||

5. putus sagung kang rinêmbag | sadaya pan sampun mijil | siyaga kapraboning prang | amung sang aprabu kalih | Urmus Sêmakun sami | lajêng sowan marang ibu | nuju Rêtna Sudara | ingutus atur upêksi | ingkang raka Wong Agung Surayèng Jagad ||

6. sami sarêng aturira | rumiyin Sudarawrêti | tur sêmbah botên kadosa | ibu lêlakon puniki | sawêg sakeca kêdhik | ing tyas paduka pukulun | nuntên wontên buntêlan | lurugan ing benjing enjing | yayi Urmus punika ingkang tinêdah ||

7. lah mara yayi matura | Urmus umatur wotsari | marang ing Rêtna Sudara | nuli matur ibunèki | kulèbu dhandhang kardi | mantun karèh ing Mêdayun | nunggil yayi Gumiwang [Gu...]

--- 2: 21 ---

[...miwang] | sêmpal saking ing Mêdayin | angugêma kula Kuparman kewala ||

8. botên purun anêmbaha | mring ratune wong Mêdayin | nadyan inggih kadang tuwa | yèn ugi tan wruh ing bêcik | apa gawe ngabêkti | anglăngga gêtihe kolu | wong nora timbang janma | Wong Agung Surayèng Bumi | lan ibune tuwin kadange sadaya ||

9. dèn palaur Si Baktiyar | saujare dèn tut wuri | ibu mangke putra tuwan | kesah saking ing Mêdayin | kesah tilar nagari | minta sraya ratu agung | prapta mêngsah ing Makwah | Baktiyar ingkang nyuruhi | kang pinêthuk kêrig Mêdayin nagara ||

10. pramèswari duk miyarsa | jêtung dangu tan kêna ngling | sakêthi pangungunira | hèh Nini Sudarawrêti | kayaparan sun iki | baya karsane Hyang Agung | kêna rêncaka cipta | dhingin marga saking laki | mangkya rudah atmaja kang karya cipta ||

11. nini namung arinira | sun titip marang sirèki | puluh-puluh jêr mung sira | nini kêna dèn gondhèli | Ki Prabu Parangakik | kudu akèh bêgjanipun | bêbala para paman | tur padha cangkok nagari | yêkti kuwat tinaha ratu amănca ||

12. wus dilalah karsaning Hyang | arinira ing Mêdayin | arine tinuduh karya | sajatine dèn apusi | matur Sudarawrêti | lah punika yayi prabu | karsane ingkang raka | cinacak amangun jurit | dimèn dhêngêr kinanthèn ratu prakosa ||

13. Sang Prabu Tasangsulngalam | asugih bala para ji | tur sami ratu prawira [prawi...]

--- 2: 22 ---

[...ra] | sang prabu ing Burudangin | măndraguna ngajurit | kinèn ngêmong yayi Urmus | wus sasat sandhing lawan | yayi Parangteja sami | prawirane Sang Prabu Tasangsulngalam ||

14. Raja Urmus matur nêmbah | ing Dèwi Sudarawrêti | kangbok wau kang parentah | anak Prabu Parangakik | pinundhutan prajurit | tinuduh Sang Raja Kulup | Kalbujèr lan Kalkiyah | kang nama Raja Dukyadis | lawan putra paduka anak mas Kelan ||

15. inggih pinijig urunan | Maliyat Kustur Kubarsi | binêktakakên kawula | ngandika Sudarawrêti | saking barukut malih | lakunira yayi prabu | gêgêdhug ratu jaba | ing Kulup lan ing Kubarsi | padha wignya ngêmpakakên prange kêmat ||

16. sangsaya binarukutan | sarèhning ipe kêkasih | padha ipe Raja Kemar | durung mithês lombok siji | mêsakakên tan sipi | durung tinuduh prang pupuh | tur ika ngarsa-arsa | ing ayahan mangun jurit | ajur mumur angajap tinuduh ing prang ||

17. mêngko sun suwune ika | dimèn kinanthèkkên yayi | poma atèn-atènana | yèn ana ing paran yayi | darapon duwe ati | aja êlom angalumpruk | poma kamulènana | para ipe kabèh iki | atirua arinira ing Gumiwang ||

18. duk Pangambarkustup ika | ingadêgkên senapati | para ipe kinawruhan | sadaya kinulid daging | ingajenan kinèring | milane kumukus arum | loke saking nagara | tan ana kang cacad [ca...]

--- 2: 23 ---

[...cad] siji | nadyan sikêp ngalêm ing yayi Gumiwang ||

19. Prabu Sêmakun Gumiwang | matur ing raka ngabêkti | sarwi gumujêng turira | inggih paduka kang mangsit | kula èstokkên nguni | pramèswari sru gumuyu | hèh Urmus èstokêna | tuture kangbokmu iki | anglabêti kabêcikan kaluhuran ||

20. nandhêse pitungkasira | tur sêmbah ibunirèki | lan raka Rêtna Sudara | bubaran sampun umijil | Sang Putri Parangakik | marak ing raka wong agung | matur ibu paduka | rêntêng pan namung sakêdhik | dangu-dangu pinupus wêkasan suka ||

21. manawi supe paduka | yayi prabu ing Kuwari | bok inggih tinumutêna | dimèn galihe marintis | mèsêm Sang Jayèngmurti | Kemar tinimbalan rawuh | wong agung angandika | yayi prabu ing Kuwari | asaosa milua ing arinira ||

22. Si Urmus pan misih mudha | sira jaganana yayi | manawa kadukên sura | măngsa bodho sira yayi | wau Rajèng Kuwari | panêmbahira kumabruk | dhokoh tyas langkung suka | sandika dhatêng ing pati | tan kumêdhèp rumêksa rayi paduka ||

23. wus mundur saking ngajêngan | sêngkud prabu ing Kuwari | sapraptanira ing jaba | wuwuh manahe sakêdhik | lajêng lampahe prapti | ing pakuwon Raja Urmus | pinêthuk paregolan | wus tata sami alinggih | kakang prabu agupuh lampah paduka ||

24. nauri Sang Raja Kemar | anggèr kawula tinuding | andhèrèk lampah

--- 2: 24 ---

sampeyan | Urmus pi kagèt dènnya ngling | kakang punapa inggih | nugraha ingkang dhumawuh | sangêt ngowêl kalintang | ing badan amba puniki | inggih dening binêktanan kadang tuwa ||

25. sasat jêng raka paduka | jêng kakang Surayèng Bumi | angêpaka sirah amba | wong tuwa kinèn udani | angling Rajèng Kuwari | ajura dikadi bubuk | lêbur ngarsa paduka | ngalingi madyaning jurit | jêr kang tuwa katêmpuh gagah mrêgagah ||

26. sinungga sinuba-suba | dhêdharan Rajèng Kuwari | sanggupe mêtu sadaya | dhasar ratu kaduk wani | bubar pungkas pinikir | datan kawarna ing dalu | enjing sampun samêkta | prajurit ingkang para ji | pamit samya ngujung marang ing kadhatyan ||

27. wêdale têngara budhal | gêgaman lir pradapapi | kang măngka cucuking lampah | Kalkiyah Raja Dukyadis | kalawan ingkang rayi | ing Ngusur Raja Dukyanus | ingkang dadya panêgak | Maliyat Kustur Kubarsi | patang kêthi prajurit mantri prameya ||

28. nulya kang minăngka dhadha | narpati ing Burudangin | Sang Raja Tasangsulngalam | balane kadi jaladri | manggalaning ajurit | ing wuri Sang Raja Urmus | senapati ingêmban | dening Prabu Burudangin | ing wurine Sri Urmus Sang Rajèng Kemar ||

29. kadya wana puspita bra | ginêlak lampahing baris | nênggih datan winursita | ing lamine anèng margi | prapta cucuking baris | kaidak jajahanipun | nagri Makwah busêkan | arusuh mungsuh kang prapti | anjêjarah [anjê...]

--- 2: 25 ---

[...jarah] gègèr dening tinumpêsan ||

30. wuwusên Sang Prabu Irman | kang wontên Makwah nagari | enjing prasami sêseban | abojakrama têtami | sinuba anglangkungi | ingangkas-angkas prangipun | Raja Unuk Marjaban | lan Raja Balbal prajurit | pan kasaru prapta dasih saking wuntat ||

20. Pangkur

20. Rêmbag badhe campuhing prang

1. ratu bumi tur uninga | dhuh pukulun wontên dêdamêl prapti | wingi sontên praptanipun | bala kadi hèr nawa | Rajèng Ngusur kang nama Raja Dukyanus | ambêboyong anjêjarah | amatèni anumpêsi ||

2. saking nagari Kuparman | datan kêni manggihi anyuguhi | lajêng angrampog pukulun | pra wagal ing pangucap | hèh dubilah wèwèh aja kudu suguh | sira balane wong murtat | age anyuguha jurit ||

3. lan Raja Wiswèl punika | cucukipun Sang Rajèng Burudangin | salêksa prajuritipun | kang sami nitih macan | ratu kalih rong yuta balane langkung | kêrêng-kêrêng pan sadaya | ing wuri pan maksih têbih ||

4. wau enjing wontên prapta | saking wetan kang saking kidul wingi | kang saking wetan pukulun | kêkalih para raja | ingkang darbe cucuk Sri Maliyat Kustur | nama Raja Badhobardha | lan Raja Bagrakbidarin ||

5. ing wingi têlik kang prapta | lampahipun [lampahipu...]

--- 2: 26 ---

[...n] dêdamêl ingkang prapti | pitung yuta malah langkung | Raja Tasangsulngalam | kang minăngka manggalanirèng prang pupuh | balane kadi samodra | prawira ing Burudangin ||

6. senapati ingkang ngêmban | Raja Urmus pranakan ing Mêdayin | tigang yuta balanipun | asri kinêmbang-kêmbang | duk miyarsa Patih Baktiyar tumungkul | matur ing Unuk Marjaban | lah ta margine sang aji ||

7. sampuna kasêlak prapta | jêng paduka curês badan puniki | Unuk Marjaban gumuyu | Baktiyar aja susah | padha asrah nyawa praptane puniku | pasthi sirna ngastaningwang | wong Kuparman ingkang prapti ||

8. wau duk imbal wacana | ting balêbêr para mantri kang prapti | sami gugup aturipun | mêngsah kang kilèn prapta | sêsandêran turăngga sakêthi langkung | gumrêdêg angrampit kitha | udhune saking turanggi ||

9. sami madung lawang kitha | kalih lêksa wontên kang nitih èsthi | bihal blêgdaba lan sênuk | kang madung lawang kitha | jinênêngan inggih dhatêng ratunipun | andhangah munggèng dipăngga | Raja Kalbujèr prajurit ||

10. gugup akèn atêngara | budhal ngilèn dènnyarsa amiyosi | samakta prajuritipun | Raja Unuk Marjaban | Raja Balbal kêndhang gonge sami ngungkung | praptane sakèthèng ngarsa | binuka sami gendholi ||

11. sampun anggêgalak racak | mêngsah tuwan wuru mêntas lumaris | ngladosi bramaning agung | manawi tan kacagak | pênêd benjing enjingipun gya pinagut |

--- 2: 27 ---

tan kêna yèn ginagampang | wong Kuparman yèn ajurit ||

12. yèn asayah ngamuk duta | sintên ingkang kuwawi anadhahi | kèndêl ingaturan atur | Raja Irman dhog-dhogan | mirsa ingkang rayi senapatinipun | ajrih awirang tumingal | salahe polahirèki ||

13. ing dalu datan kawarna | enjing piyak wong Arab amiranti | atata pakuwonipun | saking ing kitha ana | inggih pitung pamanah ing têbihipun | kang wetan kidul wus prapta | kilèn gèning senapati ||

14. kang wetan tampi parentah | kinèn ngalor wetan kang dèn towongi | kitha ing Makwah wus kêmput | wetan ginawe towang | andalêdêg sadina-dina kang rawuh | kali alit kitha Makwah | mungsuhe bangawan banjir ||

15. gumuruh swaraning bala | kang angêpung dandan pakuwon sami | wong kitha miris andulu | dene gunge kang mêngsah | Raja Unuk Marjaban minggah ing panggung | kawalan Sang Raja Balbal | nêningali mungsuhnèki ||

16. tumut Ki Patih Baktiyar | Raja Irman lawan ratune bumi | Balbal asru wuwusipun | iya anak wong Arab | baya durung ngrungu ing pratingkahipun | lamun wong ing Kalakodrat | kumêcêr andulu janmi ||

17. patihira Raja Balbal | ing Srumayu minggah bandakan prapti | Patih Thalthal minggah sampun | Raja Balbal ngandika | bapa Thalthal anunuha[1] mêngko dalu | wong patang puluh kewala | padha ngambila ngêngalih [ngênga...]

--- 2: 28 ---

[...lih] ||

18. ginawe pêcêl kewala | lan kinulup ginudhang kang sapalih | gawe lawuh esuk-esuk | kang lêmu pilihana | ingkang jaga bakacêm esuk kang kuru | lan linêmêng kang kumidang | sandika patih turnèki ||

19. nanging bapa aja kurang | aja luwih wolung puluh sawêngi | yèn luwiha saking iku | girisira kawruhan | têmah inggal bodhol wong Kuparman iku | tan tutug sira mêmangan | gumujêng kang amiyarsi ||

20. gantya ingkang kawuwusa | para ratu pakuwone wus dadi | ing dalu sami akumpul | gunêm pratingkahing prang | pêpak anèng pakuwone Raja Urmus | senapati kang ingêmban | dening Prabu Burudangin ||

21. aglar ngiras abojana | larih midêr sami putra Mêdayin | Polad Sang Prabu Sêmakun | budinira ajêmbar | ragi kau cêkak budi Prabu Urmus | katuju bèr ingkang êmban | sang prabu ing Burudangin ||

22. alon dènira ngandika | yayi prabu ing Kulup lan Kubarsi | iki wartane kang mungsuh | mangke dalu mamăngsa | Bapak Dhatuk Bêrdanis kang ingong utus | nêlika gunêming mêngsah | mungsuh kang sok măngsa janmi ||

23. kabèh bala Kalakodrat | Rajèng Kulup Kalbujèr matur aris | dene karsa kakang prabu | suwawi ginêndhingan | tulad darbe kanthi kang sampun kawuruk | ngajarakên aprang kêmat | sakawan para narpati ||

24. adarbe pêputhon waja | sadasa gênge nyacêngkir gadhing |[2] yèn kawula kakang prabu [pra...]

--- 2: 29 ---

[...bu] | mung satunggil kewala | liya saking puthon mas wêkasing guru | nanging ratu balaningwang | sadaya dipun lilani ||

25. nanging puthon mas tan kêna | naming kula tan luwih saking siji | Tasangsulngalam gumuyu | yayi luwih prayoga | timbalana ratune papat puniku | sigra wau tinimbalan | prajurit ing Kulup prapti ||

26. Raja Badras Raja Koncrat | Raja Kalmèn lan Raja Baubadrin | Kalbujèr prajuritipun | sami ratu amănca | sintên adhi pangiride papat iku | Raja Kalbujèr turira | kang gambuh pun Baubadrin ||

21. Gambuh

21. Cidra manggih papa

1. ngandika sang aprabu | Tasangsulngalam sarwi gumuyu | dèn mariki Bapak Raja Baubadrin | sira pan arsa sun utus | lan karsane yayi katong ||

2. inggih ing mangke dalu | Bapak anulak cidraning mungsuh | padha arsa amèt măngsa mangke bêngi | kang saparo mungsuh iku | kabèh padha doyan uwong ||

3. jaganana ing dalu | jabaning baris yèn ana rawuh | dhinginana wong kudu cidra ing jurit | singa-singa kang kadulu | padha sambêrên pêputhon ||

4. narendra papat iku | kang padha duwe puthon nyapuluh | matur nêmbah sira Raja Baubadrin | sandika yèn sampun lampus | paran parentah sang katong ||

5. ngandika malih prabu | hèh yayi

--- 2: 30 ---

Aji Maliyat Kustur | saosêna kajinêmanira sami | kang bisa nguncalkên sênuk | wong turu mèh dadi layon ||

6. mandine sirêpipun | agawe turu ing kalih dalu | bisa anglumpati kutha saking èsthi | umatur Maliyat Kustur | inggih kalih sami katong ||

7. gya tinimbalan rawuh | Raja Badakir Raja Kalkuwur | ratu andêl balane Natèng Kubarsi | alon wau dènnya muwus | ing Burudangin Sang Katong ||

8. karone ingsun utus | iya lan yayi Maliyat Kustur | kakang Prabu Kalkuwur kakang Badakir | saosa ing mangke dalu | bok ana luhuring lakon ||

9. yèn maling mungsuh lampus | dening ratu kang papat ing Kulup | lah gawanên manjing kitha Makwah sami | pênthangên wong patang puluh | ing panangkilan sang katong ||

10. lawan sirêpirèku | Raja Badakir Raja Kalkuwur | ya ungkrêdên karia amung sawêngi | yèn kongsia kalih dalu | gawe nisthaning pra katong ||

11. sandika aturipun | Raja Badakir Raja Kalkuwur | bubar sampun dadi kabèh kang pinikir | ya ta warnanên ing dalu | miranti jaban pakuwon ||

12. wuwusên malih mungsuh | Ki Patih Thalthal pukul sapuluh | gawa mantri patang puluh nora luwih | para prajurit Srumayu | andêling Balbal Sang Katong ||

13. tampar gêgamanipun | tampar babakaning warsa wuru | anyiluman wrêksa goning kêmatnèki | singa kang kagêpok rubuh | alêsu têka galoso ||

--- 2: 31 ---

14. punika tingkahipun | mangkana Patih Thalthal prapta wus | jaban baris apan sampun dèn pasangi | wong sapuluh padha rubuh | ngadhêp gêni marong-marong ||

15. nèng kiwa têngênipun | sadaya wau prajurit Kulup | lan Kubarsi prayoga dènnya ningali | Kya Patih Thalthal sru muwus | dene adhakan ponang wong ||

16. wong bewak baya iku | pijêr gêgêni padha arubung | paranana wong papat bae dèn aglis | lagi mara munyuk-munyuk | gapluk sinambêr pêputhon ||

17. pilingan ana ngirung | ana dhadha miwah ing bêbathuk | wong sakawan sami pêjah ting gulinting | Patih Thalthal asru muwus | pagene batur têturon ||

18. kêna ing apa iku | lah tilikana wong papat nusul | lagi mara prapta gone rowangnèki | sinambêr puthon kumêpruk | satibane wus macothot ||

19. Patih Thathal amuwus | ika simaning nusul aturu | gêgêmblungan nglakoni parentah iki | dèn padha lan gawenipun | dhewe pijêr agêguyon ||

20. wong sapuluh ingutus | gupuh marani ing baturipun | lagi prapta sapuluh sinambêr kêni | ana jêlih ana kagum | kabèh mati anggaloso ||

21. patih graitèng kalbu | mung kari rong puluh rowangipun | julalatan mongah-mangih nganan ngering | pêthuthon prapta kumrutug | pating kalêpruk anêmpoh ||

22. ki patih wus katêmpuh | ing puthon Thalthal thêl [thê...]

--- 2: 32 ---

[...l] sikutipun | ingkang kiwa anjumbul Rêkyana Patih | Thalthal thêl dhêdhêngkulipun | wus niba patih galoso ||

23. bature kabèh lampus | sigra amara Raja Kalkuwur | Baubadrin Badakir prasamya prapti | giwar ingkang dèrèng lampus | kabèh cinandhak pêputhon ||

24. kumrutug ngalor ngidul | kang nêdya giwar sampun kacakup | wolung puluh wus tan ana kari siji | kya patih wau dinulu | kunarpane siji kaot ||

25. kinira yèn wong agung | miwah busananira pinunjul | gêgamane bajone kacèk pribadi | wus sami wruh yèn wong agung | Patih Thalthal thêl pinothol ||

26. amung kantun kang gêmbung | sami ingusung manjing kitha wus | apan sami malumpat anyangking jisim | balane Raja Kalkuwur | lan bala Badakir Katong ||

27. prapta sor sitiluhur | gènnya amênthang sadayanipun | sor taratag sêsakane dèn ugêri | amung ki patih puniku | kang kari gêmbung kemawon ||

28. sirahe pan sinunduk | pinanjêr jabaning alun-alun | mawi kitir hèh Irman apa sirèki | kang duwe pakon srayamu | kang padharsa mamăngsa wong ||

29. pagene laku tambuh | apa ta sira nora angrungu | yèn gêgêdhug ing prang Raja Burudangin | kang ngêmbani Raja Urmus | senapati ing palugon ||

30. jamak prajurit punjul | iya prang rame yèn wis aunggul | sasukane dèn badhoga rina wêngi |

--- 2: 33 ---

tan rêkasa mungsuh iku | durung prang alaku cêlor ||

31. arsa amèta lawuh | sapa kang lila wong duwe batur | mêsum têmên Irman panggawenirèki | ratu anom sira iku | têka sae mulat ing wong ||

32. Baktiyar pêpatihmu | Sang Ratu Irman iku sun pundhut | arsa ingsun jêjuwing ingsun sêsuwir | lambene Baktiyar iku | dosane ngajak maleyot ||

33. lawan atimu iku | iya Sang Ratu Irman Mêdayun | arêp ingsun juput arsa sun salini | iya senapatiningsun | akon nyalini tyas kêbo ||

34. dene kêna tinuntun | marang Baktiyar ngajak silulup | ing pawuhan mangkono Irman sirèki | bungah têmên sira iku | srayamu kang badhog uwong ||

35. manawa wong Mêdayun | kêna binadhog padha wong iku | wong Kuparman yèn misih wong Burudangin | tan kêna binadhog iku | malah kang badhog macothot ||

36. wusnya pamênthangipun | Raja Badakir Raja Kalkuwur | Raja Koncrat Kalmèt Badras Baubadrin | sami marak ing sang prabu | sadaya marang pakuwon ||

37. katur sasolahipun | suka sadaya kang para ratu | kunêng dalu ya ta kawuwusa enjing | ingkang ana jro kithèku | pamucunge para katong ||

--- 2: 34 ---

22. Pucung

22. Raja Unuk Marjaban ngêdali prang

1. samya mêtu marang panangkilanipun | enjing ika opyak | mila ge dipun wiyosi | praptèng jawi mulat kathah pêpênthangan ||

2. sami ngungun kang kêmit sami dinangu | tan ana wruh purwa | katon gêmbunge ki patih | Patih Thalthal dhewe ilang sirahira ||

3. Balbal gêtun èstu kang kinèngkèn dalu | mantri kang ajaga | ngaturkên sirahing patih | Patih Thalthal pêpatihe Raja Balbal ||

4. ingkang sirah kinitiran sêratipun | katur para nata | sami dèn iling-ilingi | kitir muni Sang Prabu Tasangsulngalam ||

5. nyêkêl pandung wolung puluh maling mungsuh | punggawa satunggal | Patih Thalthal thêl dhasnèki | ngolok-olok marang sira Ratu Irman ||

6. kinèn sêru kang amaca suratipun | Balbal satus merang | ulate asawang mayit | Raja Irman netyane sawang kunarpa ||

7. Raja Unuk Marjaban alon amuwus | yayi Raja Balbal | nora kêna dèn gêgampil | mêmungsuhan lawan prajurit Kuparman ||

8. lah puniku tingkah bênyanyak-bênyunyuk | anêmu wêwirang | luwih saking wirang isin | prajurite ginawe pangewan-ewan ||

9. wolung puluh siji nora antuk kiwul | Ratu Makwah mojar | sira Sang Raja Kusilkin | Ki Baktiyar puniki kirang wêweka ||

--- 2: 35 ---

10. nora pemut marang Raja Balbal tuhu | mêngsah wong Kuparman | putrèstri dadya prajurit | nata dèwi ratuning jin ing Ngajêrak ||

11. yèn amungsuh ratu cakuthak-cakuthuk | măngsa anggawêra | tuwas angakèhkên kardi | anggêgawa rusake marang wong kathah ||

12. ratu iku kaliwat ing sêdhihipun | kabrokan gêgaman | sira Sang Raja Kusilkin | muring-muring dhatêng Ki Patih Baktiyar ||

13. Raja Unuk Marjaban ing sêdhihipun | sagung para nata | pangandikanira aris | aja ana sungkawa yèn misih ingwang ||

14. iya ingsun kang mulihkên susahipun | besuk yèn mêtu prang | sun tumpêse aja kari | wong Kuparman wiyahèn tan tinêmênan ||

15. tan kawuwus ing dalu Rajèng Mêdayun | nimbali Baktiyar | Baktiyar kaya pa iki | nêniwasi yaiku sarayanira ||

16. gawe usul malah cunthêl nora jêbul | iku Raja Balbal | pijêr paringas-paringis | durung pira iku atine wus gêmpal ||

17. patih matur paduka kèndêl rumuhun | pun Unuk Marjaban | punika kang luwih sêkti | kadi tumpês yèn apranga wong Kuparman ||

18. aku ngrungu Raja Kusilkin wèh wêruh | wonge wingi ilang | salawe iya dèn ambil | talapakan sikil katitik binuwang ||

19. maring mungsuh amêmăngsa ora enjuh | amung padha rowang | katon edane si baring | gêdhèn angkuh nora enjuh yèn apêrang ||

20. tan kawuwus ing dalu wuwusên esuk | sigra atêngara [atê...]

--- 2: 36 ---

[...ngara] | sira Prabu Burudangin | animbangi têngara kang para raja ||

21. Raja Urmus ngirabakên barisipun | akapang kalangan | munggèng singangsana manik | dènnya lênggah sinandhing Tasangsulngalam ||

22. Raja Ngungsur sira Sang Raja Dukyanus | lan Rajèng Kalkiyah | sira Sang Raja Dukyadis | banjêng lawan sakathahe para raja ||

23. ya ta wau kang anèng jro kitha mêtu | Sang Unuk Marjaban | sabalanira umijil | munggèng ngarsa tan kondur wong nunggang macan ||

23. Durma

23. Prajuritipun Raja Unuk Marjaban kathah ingkang tiwas

1. andalêdêg baris mijil saking kitha | prajurit Ngambarkawit | miwah Raja Balbal | Baktiyar lawan Irman | tuwin Sang Raja Kusilkin | ratu ing Makwah | samya têpung ing baris ||

2. Prabu Irman lênggah lan Unuk Marjaban | Balbal sarta Kusilkin | jajarira lênggah | lawan Patih Baktiyar | Rajèng Kulup matur aris | sarwi manêmbah | mring Natèng Burudangin ||

3. kakang prabu sêmune mêngsah punika | kang nitih macan sami | andêling ayuda | lêng tuwan undhangana | bala paduka kang sami | anitih macan | buntute sadayèki ||

4. sami dipun jêmbulana laring banyak | sampun kaliru mangkin | lawan macan mêngsah | saksana ingundhangan | pating balêbêr angambil | êlaring banyak [ba...]

--- 2: 37 ---

[...nyak] | wus sami dèn jêmbuli ||

5. Raja Unuk Marjaban angatag bala | patang atus prajurit | kang anunggang macan | aglar sami sêsumbar | sigra Natèng Burudangin | angatag bala | Wiswèl kinèn mêtoni ||

6. bêkta patang atus ingkang nitih macan | surak gumuruh atri | Wiswèl angsahira | Kalbujèr sigra ngatag | ratu kang sami darbèni | pêputhon waja | Sang Raja Baubadrin ||

7. Raja Badras Kalmèd Koncrat sami mangsah | amor balanirèki | Wiswèl nitih macan | ingkang ratu sakawan | gumuruh gurnang thongthonggrit | bèri wurahan | mungsuh rowang barêngi ||

8. sarêng têmpuh arame caruk ibêkan | parêng gro angajrihi | suka kang tumingal | uyêl kèh liru papan | ratu sakawan gêtaki | pêputhon waja | sumêbut sami mijil ||

9. dadya kawan atus pating kalêprukan | sirahe macan sami | pêcah samya niba | kang nunggang galadrahan | pating kalêpruk babarji | kang jêjêmbulan | sadaya dèn liwati ||

10. ingkang datanpa jêmbul buntute samya | kumrutug nganan ngèri | wus kathah kang pêjah | tuwin ingkang tan nunggang | bingung mungsuh tan udani | sangkaning niba | amor lesus mulêsi ||

11. Raja Wiswèl mobat-mabit gadanira | kang katênggêl wor siti | dangu dènira prang | tumpês ingkang umangsah | wong patang atus kang kari | anandhang brana | miwah macane sami ||

12. Raja Wiswèl macane kalong [ka...]

--- 2: 38 ---

[...long] nêmbêlas | wonge sapuluh mati | mungsuh têtumpêsan | patang atus kang macan | lêlima amung kang kari | lumayu nginthar | kang nunggang samya kanin ||

13. wong pêpitu kang lumayu kêkadhalan | pisah macan wus mati | dadya mung sawêlas | wonge kang ora pêjah | macan mung lima kang urip | eram kang mulat | sinurak wanti-wanti ||

14. sami sirêp wong kapir ngungun miyarsa | rakite kang ajurit | mungsuh maksih wêtah | bature têtumpêsan | gèdhèg-gèdhèg aningali | Unuk Marjaban | solahe ing ajurit ||

15. tinêtêgan kasaput mundur kalihnya | lajêng bojana sami | Sang Unuk Marjaban | lawan Sang Raja Balbal | mundur manjing kitha malih | datan bojana | ngênês dènnya sor jurit ||

16. Raja Irman ngandika marang Baktiyar | sida Baktiyar iki | kasore Marjaban | Baktiyar matur nêmbah | dèrèng tumandang pribadi | Unuk Marjaban | kadi ing benjing enjing ||

17. ya ta jêtung markungkung Sang Raja Irman | ing dalu tan kawarni | enjing atêngara | Raja Unuk Marjaban | balane sadaya mijil | Balbal lan Irman | Baktiyar lan Kusilkin ||

18. mijil barising wadya sampun atata | têpung kapang ngubêngi | dening para nata | miwah senapatinya | tan owah kadya duk wingi | Sang Raja Kemar | lan Natèng Burudangin ||

19. ngapit-apit amparan gathuk kalawan | wijoan palowani | Urmus angadhangrang | ingkang saos ing ngarsa | Raja [Ra...]

--- 2: 39 ---

[...ja] Kulup lan Kubarsi | Ngusur Kalkiyah | kang sami caos jurit ||

20. angandika Sang Prabu Tasangsulngalam | kakang Prabu Kuwari | kularsa maguta | supayane kang mêngsah | sampun mêdal kadi wingi | mindêng arêsah | Kalbujèr matur aris ||

21. kula ingkang miyosi sampun paduka | mangkya lamun kalindhih | tuwan têtulunga | kularsa ngicipana | jurite wong badhog janmi | mèsêm ngandika | Sang Natèng Burudangin ||

22. inggih yayi prabu nging dipun prayitna | Raja Urmus sru angling | kakang dèn prayitna | sigra nitih dipăngga | kawot sakaprabon jurit | munggèng dipăngga | praptèng payudan aglis ||

23. sumbar-sumbar gajah midêr amêndhapan | makutha murub asri | kasongan ing surya | hèr laut karo bêlah | gêbyar-gêbyar narawungi | payo mêtua | mungsuh sok badhog janmi ||

24. atêtanya Sang Prabu Unuk Marjaban | Baktiyar sapa iki | alon aturira | Rajèng Kulup punika | Kalbujèr ratu prajurit | isèn wijoan | ing Prabu Parangakik ||

25. Sultan Anom Jayusman Samsumurijal | punika kang ngêmongi | manggalaning aprang | binêktakkên kang paman | Raja Urmus senapati | ratu dandanan | mila agung pinijig ||

26. angandika Sang Raja Unuk Marjaban | puniki ngajak tandhing | apik wong Kuparman | sukêr aprang agêbyah | Raja Balbal èsmu runtik | kula kang mapag | yudane ratu iki ||

27. ngawe titihane macan saturăngga | gêng

--- 2: 40 ---

panjang anglangkungi | ngajrihi katingal | binarong lar manyura | têdhak Balbal sigra nitih | surak gumêrah | mungsuh rewang barêngi ||

28. wus apanggih kang aprang ayun-ayunan | sapa ranmu prajurit | ingsun Raja Balbal | arine Raja Salsal | anaking Daldal Narpati | nguni jêng rama | sinêmbah ing para ji ||

29. sru gumujêng Kalbujèr ragane sira | bèbèt wong badhog janmi | patihmu Si Thalthal | thêl pêdhot dhase gigal | cungkrah lan badane wingi | sarwi anggêtak | sumêbut puthon mijil ||

30. eca sapocapan gumapluk sirahnya | macane ingkang pinrih | tan wruh purwanira | pêcah sirahing macan | pêputhon kancana bali | tan ana wikan | macan anglosod siti ||

31. sru angakak Kalbujèr pamuwusira | pagene sira iki | macane karipan | tiba ginawe aprang | lah iku ngisin-isini | turu nèng papan | mimisên mêtu gêtih ||

32. Raja Balbal kajungkelang tibanira | tangi pêdhang tinarik | marêpêki arsa | mêdhang sukuning gajah | sumêbut pêputhon mijil | Sang Raja Balbal | gumapluk jaja kêni ||

33. pan kalênggak niba ngarsaning dipăngga | surak gumuruh atri | prajurite Balbal | kang sami nitih macan | santana lan pra dipati | rong atus mangsah | angrêbat ambêk pati ||

34. duk tumingal Sang Raja Tasangsulngalam | sigra anitih èsthi | mangsah ngawe marang | Kulup ratu sakawan | Kalmèd Badras Baubadrin | Koncrat [Koncra...]

--- 2: 41 ---

[...t] umangsah | dharat sami gêtaki ||

35. pêputhone waja kumrutug umangsah | Sang Natèng Burudangin | pan parentahira | marang ratu sakawan | nadyan sayaha sirèki | aja nênunggang | pakolih dharat bêcik ||

36. rumêksa ing gustinira tur sandika | ratu sakawan sami | wau pamukira | prajurit Balbal samya | ting karêpluk simanèki | kagèt kang nunggang | mati kang dèn titihi ||

37. singa mangsah marêpêki tan karasa | Sang Natèng Burudangin | ngadêg nèng palana | ngulur palu rante mas | mêta dipangganirèki | panyabêtira | ngiwa nêngên ngênèni ||

38. pan sapuluh rong puluh lêbur kang sima | luluh awor lan siti | ajur kang kaarsa | miwah pêputhon waja | gêlasah prajurit kêni | tajêm gajahnya | Sang Natèng Burudangin ||

39. wus rinucat kang palu rante gènira | munggèng palana malih | kang mêngsah wus padhang | rong atus anggêlasah | mung têtiga ingkang urip | lan macanira | lumayu mor ing wuri ||

24. Pangkur

24. Prabu Unuk Marjaban ngêdalakên pangabaran

1. prajurite Raja Balbal | kang gosongi mring ratunira sami | mung puniku kang karuhun | wong sakawan kang gêsang | ingkang kantun amung têtiga kang lampus | gèdhèg Sang Unuk Marjaban | eram ingsun nêningali ||

2. yudane

--- 2: 42 ---

bala Kuparman | mungsuh kathah pinapag ing wong kêdhik | kang akêdhik iku wutuh | kang akèh têtumpêsan | nguculakên kêmat sira Raja Unuk | andaka satus kang prapta | amarani mungsuh aglis ||

3. Sang Raja Tasangsulngalam | lan Kalbujèr tan obah saking èsthi | prajurit papat puniku | nèng ngandhaping dipăngga | Koncrat Kalmèd Badras Baubadrin sampun | kumrutug pêputhonira | mapag andaka kang prapti ||

4. pêpathake sami kêna | anggaloso tan bisa polah malih | wau Sang Maliyat Kustur | ngatag prajuritira | ingkang bisa nyiluman Raja Kalkuwur | Badakir sarêng umangsah | andaka kang dèn gadani ||

5. Sang Prabu Tasangsulngalam | aja padha ana ingkang angusir | kang cêlak lawan gènipun | iku bae sirnakna | singa cêlak banthèng kêna goplak-gapluk | lajêng anjêrung kewala | tan ana jènggèl sawiji ||

6. ingkang mara mara pêjah | anggêlasah andaka satus ênting | ngungun kang sami andulu | Mraja Unuk Marjaban | sasirnane andaka pangabar satus | lan Raja Balbal kantaka | asangêt datan anglilir ||

7. arsa têdhak ngawaki prang | katanggêlan surya wus nitih wukir | tinêtêgan unduripun | samya nimbangi bubar | para ratu bala Kuparman wus mundur | Sang Prabu Tasangsulngalam | lawan Kalbujèr ngunduri ||

8. upama linajêngêna | sirna mungsuh sadina iki nanging | sayêkti nistha kalangkung | tan arsa nglakonana | ing madyane anganti ingsun ing

--- 2: 43 ---

mungsuh | utamane kirim tămba | lamun mungsuh nandhang kanin ||

9. Sang Prabu Tasangsulngalam | nganggo madya mungsuh susah dèn anti | anut sasukaning mungsuh | wijiling rananggana | nora amrih mungsuh sirna tanpa usul | sanadyan mungsuh rusaka | lawan prayoga ing jurit ||

10. mangkana lajêng bojana | Rajèng Urmus lan Prabu Burudangin | kumpul sagung para ratu | lajêng sami drawina | kunêng Unuk Marjaban saunduripun | mring pakuwon Raja Balbal | ningali dènira kanin ||

11. Irman Baktiyar tut wuntat | Raja Unuk Marjaban prapta linggih | Raja Balbal maksih kantu | gosong ing jajanira | amathuthuk samaja abuh macucu | gosong sangêt angêmu rah | Unuk Marjaban lingnya ris ||

12. hèh Kyana Patih Baktiyar | gaman apa tatu mangkene iki | wong Kuparman adatipun | matur Patih Baktiyar | puthon êmas sanjatane Rajèng Kulup | dene jampine punika | uyuh kidang kang nusoni ||

13. lingira Unuk Marjaban | mandah wruha kadange sri bupati | Raja Salsal dukanipun | ratu gêng măndraguna | Raja Irman Sang Raja Salsal puniku | atmajane Raja Daldal | têrahing ratu sinêkti ||

14. ing mangke Sang Raja Salsal | anuruni kadi kang rama swargi | kuwasa ambêdhol gunung | ambuwang gajah tiba | saonjotan dipanggane tiba ajur | miwah bêdhol gora rupa | rinangkêp ing kanan kering ||

15. mila datan [da...]

--- 2: 44 ---

[...tan] wontên năngga | para ratu wawrate ing ajurit | mèh nimbangi kuwatipun | mring raka dika Ngrokam | lawan inggih sêmbada gêng luhuripun | wau ta duk ingusadan | Sang Raja Balbal anglilir ||

16. nanging dèrèng bisa lênggah | sami lêga tyase narendra kalih | mangkana sami amuwus | pamit amasanggrahan | Raja Balbal arsa dhahar pindhang gênjur | bêbayi umur sawarsa | Kusilkin kang dèn pundhuti ||

17. pinaringan satus dinar | Rajèng Makwah susah kapati-pati | lawan kathah wadyanipun | kang sami tur uninga | sabên dalu kathah ical rencangipun | dèn măngsa balane Balbal | dadya dalu atur tulis ||

18. ing Prabu Tasangsulngalam | nuju sami bojana lan para ji | surate caraka katur | kula raja ing Makwah | pun Kusilkin pan kabawah ing Mêdayun | mangke kawula kabrokan | inggih Sang Rajèng Mêdayin ||

19. sarayane măngsa janma | rencang amba kèh ical sabên latri | putra Mêdayin puniku | ingkang paduka êmban | punapa ta kenging kawula pukulun | ngungsia manut agama | saking sangêt tan kuwawi ||

20. sabên dalu kathah ical | ratunipun asring mundhut bêbayi | dhaharipun pindhang gênjur | bayi umur sawarsa | samya gumyak kang miyarsa para ratu | Raja Tasangsul ngandika | tinggalên kuthanira glis ||

21. pasthi lamun kinukuhan | mring gustine Sang Raja Urmus mangkin | pan wong cilik kang rinêbut | duta age nulaka | ana pira inggate [ing...]

--- 2: 45 ---

[...gate] wonge ratumu | inggih amung gangsal lêksa | lamun wontêna ing jawi ||

22. sayêkti punika wêwah | inganthukan mring Natèng Burudangin | duta mit anulak wangsul | praptanirèng jro kitha | sira Raja Kusilkin wus dandan dangu | praptane utusanira | budhal Sang Raja Kusilkin ||

23. mêdal sagung balanira | sarayate sadaya datan kari | rêrepot kinèn rumuhun | saking sakèthèng mêdal | wusnya têlas rêrepot pawèstrinipun | budhale surak gumêrah | wontên pakuwon kapêncil ||

24. balanira Raja Balbal | sapunggawa puniku dèn ampiri | ingamukan gêmpur-gêmpur | tumpêsan sapunggawa | bala Makwah sakit manah nêmu kuwuk | sapraptane jawi kitha | suka manggih mulya sami ||

25. pakuwonira pinarnah | tan atêbih lawan gustinirèki | kinathik ing Raja Urmus | jro kitha awurahan | yèn ratune tinupiksa Makwah iku | lolos lan sabalanira | sarayate datan kari ||

26. lungane sarwi angiras | angampiri pondhok bupati siji | ingamuk anêmu kuwuk | tilar kitir suratnya | ora bêtah dèn colongi sabên dalu | wonge kesah mila susah | nêdya bêk anêmu jurit ||

27. Sang Raja Unuk Marjaban | langkung èmêng bala wus dèn gêntèni | kang jaga sakèthèngipun | dinum parentahira | Prabu Irman sakori bubuhanipun | sakorine Raja Balbal | Unuk Marjaban [Marjaba...]

--- 2: 46 ---

[...n] rong kori ||

28. Irman lan Patih Baktiyar | ingandikan mring Raja Unuk prapti | pangandikanira asru | lan prajurit pinêpak | hèh Sang Prabu Mêdayin punapa tuhu | andika nyuruhi aprang | punapa gêguyon mangkin ||

29. milane sun iki prapta | dene layangira iya kang prapti | katur marang ratuningsun | yèn sira nuwun bala | angancika ing Makwah panuwunipun | punapa gawe loropan | minggate si ratu bumi ||

30. ala tarung wong Kuparman | aya iki mungsuh ingkang sayêkti | Irman apa ta sêdyamu | payo kene kewala | mêndhak-mêndhak alingan katon sirèku | Raja Irman guragapan | dharodhog saurirèki ||

31. sarwi nolih mring Baktiyar | hèh Baktiyar paran dadine iki | Unuk Marjaban sigra wus | ngêjèpi prajuritnya | Kyana Patih Baktiyar sampun tinubruk | binănda wus cinangkalak | dene Sang Rajèng Mêdayin ||

32. siniwêr pan nora kêna | nganggo pêdhang kaprabon laki-laki | kadi wong wadon barundhul | patihe cinangkalak | nora kèndêl drêmèmèl sêsambatipun | Unuk Marjaban parentah | pêpatih lan ratu iki ||

33. aja pisah lawan ingwang | yèn pisaha yêkti minggat ngalani | aparêp sira dol ingsun | mangkono tingkahira | minta sraya angloropakên sirèku | Raja Irman paringisan | tan bisa sumaur kingkin ||

--- 2: 47 ---

25. Asmaradana

25. Sèh Wahas manggihi Prabu Unuk Marjaban

1. wau kalane miyarsi | neng pakuwon Radèn Wahas | lamun patih lan ratune | binilaèn kêna trêka | dening Unuk Marjaban | Radèn Wahas sigra nusul | lan surate Ratu Makwah ||

2. kêkitir inggate nênggih | layange sampun cinandhak | bala Srumayu kang olèh | prajurite Raja Balbal | layang jinaluk kêna | sigra ginawa malêbu | prapta ing pakuwonira ||

3. Unuk Marjaban kapanggih | Baktiyar wus cinangkalak | Irman barundhulan bae | Radèn Wahas aturira | marang Unuk Marjaban | ature kaworan nêpsu | puniki dosa punapa ||

4. lah dawêg layang kêkitir | puniki milane minggat | Raja Makwah sabane |[3] angkuhe kănca andika | nora kaprah ing jagad | mamăngsa padha wong batur | nora wani maring mêngsah ||

5. pijêr batur dèn colongi | pira bêtahan manusa | marang mungsuh nora enjoh | Sang Raja Unuk Marjaban | miyarsa langkung merang | ngêjèpi prajuritipun | arsa nubruk Radèn Wahas ||

6. wong papat mèh nyêkêl wani | tangane cikêr sadaya | sarta tiba ting balèsèd | ana prapta narik pêdhang | tibane kajungkelang | Rahadèn Wahas puniku | têgêse sampun pandhita [pandhi...]

--- 2: 48 ---

[...ta] ||

7. nora kêna dèn cidrani | ing batin mèlu wong Menak | pan wus nunggil agamane | amung laire kewala | sabab dene kabawah | titik mêlik wong Mêdayun | mila ta bisa suminggah ||

8. Marjaban sirêp kang runtik | bênêr ture Radèn Wahas | iya yèn kaya mêngkono | prajuritku warasêna | kang papa saking sira | Radèn Sèh Wahas lon muwus | yèn padha aris kewala ||

9. pikira ayuning bumi | aran salamêt kewala | muliha kaya sabêne | sakala pan sami waras | angadêg sarwi nêmbah | mring Radèn Sèh Wahas wau | Unuk Marjaban ngandika ||

10. sira iki wong abêcik | pan Betaljêmur pêputra | pagene têka mêngkono | pratingkahe ratunira | duk alame Nusirwan | iya anggung nora urus | dene ana wonge tuwa ||

11. Radèn Wahas anauri | paran ta sadasa-dasa | kêdah makatên sêdyane | ing nguni saking pun paman | Bêstak kang gawe tingkah | pun Patih Bêstak rumuhun | arine ibu kawula ||

12. sami anak Aklaswajir | ibu kawula kang tuwa | Baktiyar puniku mangke | nak-sanak lawan kawula | nanging pikire nasar | ngajak apês ratunipun | ratune tan darbe manah ||

13. singa kang madêg Mêdayin | sampun bêgjane nagara | kadi bêbayi ratune | anutan pikir anasar | sabab patihe nakal | setan katon nunggal asu | agung agawe tan arja ||

14. lah punika ingkang rayi | kang

--- 2: 49 ---

botên anut ing kadang | sami luhur karatone | Urmus Sêmakun punika | madêg ratu kèringan | Unuk Marjaban anjêtung | mudhun jog dènira lênggah ||

15. sarwi anyandhak gêgitik | Baktiyar kang jinêmalan | andêngkèng angulat-ngulèt | iki patih dajal lanat | nênulari wong liya | ngêmu rah saliranipun | bêngêp gosong kang wadana ||

16. nanging ta panggawe iki | wêruha lamun sopakan | supayane ratuningong | gêlêma kongkon maringwang | ing mêngko wus kaliwat | măngsa balènana wuwus | ilang sipate narendra ||

17. ajura mêsthi nglakoni | nanging sira Raja Irman | têmêne panggawe kiye | lamun sang ratu ing madyan | Irman yèn gêguyona | mênang sida kalah wurung | yèn mangkono dudu akal ||

18. lamun pikir kang sayêkti | mênang tămpa kalah sirna | măngsa ngitunga awake | lamun tan mangkono iya | yêkti mungsuh lan ingwang | saiki dadi prang pupuh | nora mungsuh wong Kuparman ||

19. jêr ratuku wus nyaguhi | atêtulung marang sira | măngsa oncata wuwuse | asor unggula tinêmah | yèn padha têtêmênan | dadia dhêk[4] amun-amun | mangkono ratu prawira ||

20. Raja Irman anauri | kabutuh ing saurira | nora nganggo pikir manèh | inggih kawula tan oncat | ing sakarsa paduka | nadyan katura ing besuk | Rajèng Rokam Kalakodrat ||

21. botên anêdya

--- 2: 50 ---

gumingsir | Irman sampun tinarima | akathah ing prasêtyane | nimbali punggawanira | Raja Balbal sakawan | wus prapta ing ngarsanipun | Unuk Marjaban ngandika ||

22. aja na kang măngsa janmi | undhangana kancanira | amăngsa padha bature | bok dèn padha wirang mana | prang kalah măngsa rowang | yèn arsa măngsa wong iku | jamak amèt batur mêngsah ||

23. ngêpluk ora idhêp isin | kabèh balane Si Balbal | padha rai wong têmbêlèk | jamak kang wus dadi rowang | nora ana dimăngsa | iya nora kurang mungsuh | dèn badhoga kongsi mutah ||

24. punggawa sakawan ajrih | tumungkul sami tur sêmbah | inggih sandika ature | mulane Kusilkin minggat | saking pratingkahira | apa uwong apa dudu | ratunira Raja Balbal ||

25. sampun pungkas kang pinikir | kalilan Sang Raja Irman | mantuk marang pakuwone | Baktiyar wus linuwaran | ginotong antukira | sarirane sangêt rêmpu | ingiringkên Radèn Wahas ||

26. kunêng kang lagya prihatin | wuwusên baris ing jaba | kêkirab ulat prang bae | ngubêngi kitha kelawa | para ratu sadaya | lawan sagêgamanipun | saupacara lêlampah ||

27. wong kang anèng jro kithèki | sami ningali sadaya | eram anon gêgamane | sagung kang para narendra | sami munggèng dipăngga | pangayap kaprabonipun | pangarsa Sang Raja Makwah ||

28. mèh surêm baskara tistis | dening

--- 2: 51 ---

gêbyaring busana | Irman Baktiyar amencos | mulat kaluhuranira | miwah kang kabêsaran | solahira Prabu Urmus | lan gunge pangayapira ||

29. sasat Sang Surayèng Bumi | solah lakune kang bala | miwah ta upacarane | lan anggêpnya para nata | ngungun Sang Raja Irman | Radèn Wahas asru muwus | hèh Ratu Mêdayin tuwan ||

30. paran kang tuwan ulati | ing aurip ngalam donya | tan lyan ing kaluhurane | puniku rayi paduka | botên ngangge kangelan | parandene manggih luhur | karatone gêng punika ||

31. hèh Baktiyar sira iki | kangelan kaliwat-liwat | atombok rusak balane | tur dadi guyoning kathah | punapa kang dèn arah | balundhus atombok umur | wus sasat pangewan-ewan ||

32. tumungkul tanpa ningali | sira Ki Patih Baktiyar | Sang Raja Irman darodos | tumungkul arawat waspa | merang mulat ing bala- | nira wau Raja Urmus | wibawa myang luruhira ||

33. ginusti-gusti para ji | kang para Ratu Kuparman | balane Jayèngpalugon | tan pae pangidhêpira | lawan Sang Kakungingrat | panêmbahe mring Mêdayun | lan maring Urmus punika ||

34. dènnya ngubêngi kithèki | wau sagung para nata | sadaya angungak ing jro | balane Balbal Marjaban | lawan balane Irman | tanpa galih nanging Unuk | Marjaban tyase tan owah ||

35. wau Rajèng

--- 2: 52 ---

Ngambarkawit | enjang anêmbang têngara | maksih wutah kuwanène | gong bèrinira wurahan | nimbangi atêngara | Tasangsulngalam lan Urmus | miwah sagung para nata ||

36. gumuntur gurnang thothonggrit | mêdal baris para nata | têpung kalangan mirantos | wus mijil anèng ing papan | senapatining yuda | sira Sang Narendra Urmus | lan Prabu Tasangsulngalam ||

37. mijil Natèng Ngambarkawit | barise sampun malatar | munggèng amparan sang katong | aglar munggèng ngarsanira | miwah wongira Balbal | samya ngiring Raja Unuk | Marjaban prajuritira ||

38. sang natèng ing Burudangin | angatag prajuritira | Raja Bandar Ngali rane | narendra ing Madiskaran | ratu gagah prakosa | mangsah nitih dipăngga gung | rêspati angundha gada ||

39. surake gumuruh atri | prapta gajahe mandhapan | sêsumbar nguwuh mungsuhe | sapa kang arsa palastra | mapaga tandang ingwang | iki andêle Sang Prabu | Brudangin Tasangsulngalam ||

40. ingsun Raja Bandar Ngali | narendra ing Madiskaran | ing aprang pilih bobote | Sang Raja Unuk Marjaban | ngatag ratu punggawa | nama Sang Raja Buaktur | nagaranira ing Polah ||

41. nitih andaka sang aji | kang paman Unuk Marjaban | ayun-ayunan yudane | para ratu ingkang prapta | ingsun Sang Rajèng Polah | bisikan Raja Buaktur | kang paman Unuk Marjaban ||

42. lah ta payo kene ajurit |[5] Buaktur [Bu...]

--- 2: 53 ---

[...aktur] apa nèng sira | nuli lêkasna dèn age | tatane bala Kuparman | nora dhingini aprang | ngundha gada Sang Buaktur | aja angunduri rana ||

26. Durma

26. Raja tandhing sami raja

1. Raja Bandar Ngali saksana ginada | tangkis parise wêsi | gadane tinulak | rame surak wurahan | sira Prabu Bandar Ngali | malês anggada | jumêbrèt tibèng tangkis ||

2. dadya rame prangira gada-ginada | Sang Raja Bandar Ngali | numpêr pamupuhnya | tan mawi inganggopan | pinêndir tinitir-titir | wus karepotan | kèthèr dènira tangkis ||

3. kapalêsat parisane tiba kontal | andakane kagitik | pêcah sirahira | Buaktur kajungkelang | sangêt tibane kabanting | Sang Rajèng Polah | kantaka dèn gosongi ||

4. surak umung kadya curnèng antariksa | wontên narendra prapti | Sang Raja Pijaljal | kuthane ing Busirdan | ngundha gada munggèng èsthi | ayun-ayunan | saparanmu prajurit ||

5. ingsun Ratu Busirdan Raja Pijaljal | lah sapa sira iki | Ratu Madiskaran | Bandar Ngali ran ingwang | andêl Natèng Burudangin | sèn-isèn ingwang | wijoan palowani ||

6. hèh ta Raja Pijaljal payo gadaa | sigra amutêr bindi | asru panggadanya | sira Raja Pijaljal | katulak rosaning tangkis | angangkat [angang...]

--- 2: 54 ---

[...kat] gada | Sang Raja Bandar Ngali ||

7. dyan pinupuh sira Sang Raja Pijaljal | kuwat dènira tangkis | rosaning panggada | nglumba dipangganira | tangkêping prang Bandar Ngali | yèn wus anggada | lajêng anitir-nitir ||

8. datan anggop gadane kadya kitiran | bingung kang anadhahi | dadya karepotan | prange Raja Pijaljal | kabèh Ratu Burudangin | prajuritira | padha anèh ing jurit ||

9. kang angucap kapanane duk angangkat | kapanane anggitik | Natèng Madiskaran | pan wus ginulang-gulang | tan ana bedaning bindi | kang wus utama | pangajaring ajurit ||

10. gada siji amadhani gada papat | tibane tan ngobêri | Sang Raja Pijaljal | kèthèr panangkisira | parisane tibèng siti | sirahing gajah | katênggêl ing panggitik ||

11. mêngsah rêbah malopor polo wus pêjah | kasingsal kang anitih | kantêb tibanira | Pijaljal sru kantaka | rinêbut wus dèn gosongi | Raja Pijaljal | datan amăngga pulih ||

12. mubêng nèng papan dipăngga amêndhapan | Sang Raja Bandar Ngali | nguwuh sumbar-sumbar | payo Unuk Marjaban | mêtua tandhing lan mami | isèn wijoan | Rajèng Rum Burudangin ||

13. sun kalêbu ratu pêthing wolung dasa | ratu kang wus linuwih | angrèh ratu samya | amolung puluh sowang | kang padha ratu prajurit | balaning nata | Jêng Gusti Burudangin ||

14. ratu apik Sang Prabu Tasangsulngalam | Narendra Burudangin | nora [no...]

--- 2: 55 ---

[...ra] mêtokkên prang | ratu durung dèn ajar | kaluwihaning ajurit | akèh anjêprah | punggawa pra dipati ||

15. ratu ipe kang pasthi kadang-kinadang | Risang Surayèng Bumi | arine ingalap | dhasar putri prawira | prandene binasan adhi | mring Kakungingrat | pantês kinulit daging ||

16. dadi ingsun Unuk Marjaban sêmbada | pranga lawan sirèki | sira iku iya | mantune Rajèng Ngrokam | ratumu lan gusti mami | sira lan ingwang | nora kuciwa tandhing ||

17. duk miyarsa Sang Raja Unuk Marjaban | têdhak anênga langit | tumungkul pratala | prapta ingkang cinipta | sira Natèng Ngambarkawit | dipăngga awak | macan irêng ngajrihi ||

18. sungu kadi wadung sakawan nèng sirah | buntut lar manyura di | sigra dènnya têdhak | saking palăngka rêtna | Raja Kalbujèr udani | kathêkêrira | Unuk Marjaban kèksi ||

19. lamun mijilakên kêmat ing pangabar | Kablujèr matur aris | mring Tasangsulngalam | kakang prabu punika | mêdal kêkêmat pun kapir | Unuk Marjaban | kula mangke nimbangi ||

20. lan asayah pun Bandar Ngali punika | paduka nuduh malih | kang sami ungaran | sigra Tasangsulngalam | ngatag prajurit para ji | tur sêmbah mangsah | Raja Badingukabir ||

21. Natèng Krustal mangsah wahana dipăngga | nanging lar kadi pêksi | asirah maesa | kuning sukune panjang | praptèng papan angajrihi | busana mubyar | sotya satus hèr

--- 2: 56 ---

gêni ||

22. kadya prau kunthing malipir samodra | mancur kang dèn layari | eram kang tumingal | tandange Natèng Krustal | gêng aluhur godhèg wok bris | netrane gilar | Raja Badingukabir ||

23. nguwuh-uwuh lah adhi sira mundura | ingsun ingkang gêntèni | apan kang timbalan | Gusti Tasangsulngalam | mundur Prabu Bandar Ngali | Unuk Marjaban | asru dènira angling ||

24. sapa ranmu ratu kang giliri aprang | ingsun Badingukabir | narpati ing Krustal | andêl isèn wijoan | para Ratu Burudangin | iki gêgala | sumbaga ing ajurit ||

25. payo Unuk Marjaban sira gadaa | iya Badingukabir | dèn padha sudira | masanga paris waja | Sang Raja Badingukabir | tangkise cawang | dudu paris kinardi ||

26. pan sadhêpa rong asta panjanging cawang | sawêntis gêngirèki | Sang Unuk Marjaban | sigra wau kinêtab | kang wahana sang suratil | angangkat gada | ginada sri bupati ||

27. duk lumarap awas tibane sinăngga | ing cawang datan osik | pinulêd dèn ikal | rapêt manjing cêcawang | asênggak Badingukabir | ngêtab dipăngga | andhosok mungsuhnèki ||

28. tinahênan kuwat Sang Unuk Marjaban | udrêg andêdêl sami | gapyuking dipăngga | surak mungsuh lan rowang | yayah manêngkêr wiyati | ingkang ayuda | sami prawira kalih ||

29. kadya sunduk ing wukir siwi cangkrama | midêr mèt papan sami | dêdêl jêjorogan | gantya kontal [ko...]

--- 2: 57 ---

[...ntal] tan têbah | cawang kang tan kêni têbih | Sang Rajèng Krustal | midêr pandhosoknèki ||

30. kadya masuh baruti sajroning jodhang | suka kang aningali | sang prabu ing Krustal | tan anggop pangoyoknya | andruwêng gajah nglawani | ngabruk angêbyak | Sang Natèng Ngambarkawit ||

31. karepotan tinanggên merang mundura | kinabruk wanti-wanti | malu pukul cawang | kèthèr sayah kalingkab | kasaliring kajumpalik | Unuk Marjaban | kasingsal saking èsthi ||

32. tiba siti wungu èngêt narik pêdhang | Raja Badingukabir | pan arsa dèn rangsang | kêbat anangkis cawang | pêdhang tikêl tibèng siti | mèh abêbada | Sang Prabu Ngambarkawit ||

33. pan kasaru saputing kang bagaskara | pur mundur kang ajurit | têtêge ngapinjal | kang mundurakên ing prang | Sang Prabu Badingukabir | ngatepang wêdhar | undure ingkang èsthi ||

34. sami mèsêm umiyat Sang Natèng Krustal | sagung ingkang para ji | muji sêktinira | wagêde ing ayuda | sinambrama ing branduwin | mring gustinira | Natèng Rum Burudangin ||

35. bubar sagung para ratu masanggrahan | lajêng bojana sami | dalu andrawina | Urmus Tasangsulngalam | kumpul sagunging para ji | nahan wau ta | undure ngusap wèni ||

--- 2: 58 ---

27. Sinom

27. Prabu Unuk Marjaban wangsul dhatêng Kalakodrat

1. Sang Raja Unuk Marjaban | siniwi wadya prajurit | Irman Baktiyar nèng ngarsa | Raja Unuk ngandika ris | hèh Sang Rajèng Mêdayin | prang puniki tanpa kiwul | dhèwèk manggung kasoran | kula tan măngga nadhahi | ing yudane para prajurit Kuparman ||

2. lan iki Sang Raja Balbal | durung waras dènnya kanin | manawa mungsuh anggêcak | bangêt kerone tyas mami | pan arsa sun unduri | marang Kalakodrat ingsun | angungsi Raja Salsal | ngaturkên kadange kanin | yèn nusula wong Kuparman masthi sirna ||

3. dènira Sang Raja Salsal | runtike kadange kanin | ingsun budhal benjang enjang | lah dawêg Natèng Mêdayin | sampun pisah lan mami | sabiyantu lara lampus | Irman matur sandika | èwêde manah prihatin | Ki Baktiyar ngêncêngi atur anuta ||

4. sampun ngundhangi siyaga | Balbal pan winot ing joli | ing dalu tan winursita | enjang budhal bangun enjing | gêrus sagunging baris | ing lampahira kasusu | manawa tinututan | dening wadya Burudangin | langkung giras Sang Prabu Unuk Marjaban ||

5. enjing sang raja ing Makwah | tur priksa Raja Kusilkin | Sang Prabu Tasangsulngalam | yèn ingkang mêngsah ngoncati | budhal ing wau latri | sawadyanira [sawa...]

--- 2: 59 ---

[...dyanira] akêbut | Mraja Unuk Marjaban | lan Raja Irman tut wuri | sabalane anut Ki Patih Baktiyar ||

6. Sang Prabu Tasangsulngalam | lawan punggawanirèki | tuwin sagung para nata | senapati dèn aturi | yèn mêngsah sampun gusis | pinanjingan kithanipun | baris jawining kitha | kêbut sadintên angalih | samya manjing ing Makwah sawadyanira ||

7. Raja Urmus ingaturan | ngêbroki sajroning puri | Sang Prabu Tasangsulngalam | kang makuwon ing sitinggil | Raja Kemar Kuwari | bangsal pangapit gènipun | sagung kang para raja | anambungi kanan kering | wusnya tata pikir ngaturi uninga ||

8. maring nagari Kuparman | ing Ngusur Sri Narapati | Dukyanus kinèn nênurat | kang badhe katur ing gusti | ratu tyase undhagi | ing Ngusur Raja Dukyanus | dadya kang punang surat | nuduh bupati kêkalih | lêlancaran ambêkta nyèwu turăngga ||

9. mêsat kang ngêmbani surat | ing wuri amarentahi | Sang Prabu Tasangsulngalam | Rajèng Kulup lan Kubarsi | sang prabu ing Kuwari | Kemar pangiriding laku | ngodhol Unuk Marjaban | lan Prabu Irman Mêdayin | Raja Wiswèl kinanthèkkên cucuk ngarsa ||

10. bêkta ratu wolung dasa | panêkarira tan kari | budhal saking nagri Makwah | pangarsa Natèng Kanardis | Raja Wiswèl prajurit | kang andêl titihanipun | sami macan sadaya | Raja Kalbujèr nambungi | Sang Maliyat Kustur andhadhani lampah ||

11. ing wuri Sang Rajèng Kemar [Ke...]

--- 2: 60 ---

[...mar] | langkung agêng tyasirèki | angajap mungsuh mandhêga | wus lêpas lampahirèki | lêt kêdhik dèn tututi | agênti pakuwonipun | pinaksa datan kêna | kaparèng doh tan ngandhêgi | pan kasusu susah atine kang mêngsah ||

12. wuwusên kang ngêmban surat | nagri Kuparman wus prapti | katur ing Sang Kakungingrat | tinampan sinukmèng galih | suka duk miyarsèki | kang raka ngandikan rawuh | inguncalan kang surat | punika kakang dèn aglis | angsulana surat saking pabarisan ||

13. yayi Urmus lilanana | lan yayi Rum Burudangin | jujul maring Kalakodrat | ngong iya nusul ing benjing | Dipati Guritwêsi | Arya Maktal lan Sêmakun | wus praptèng jroning pura | angadhêp kang karya tulis | Menak Abas tan adangu sampun dadya ||

14. alon dènira ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi mas ing Parangteja | kang Dipati Guritwêsi | bêdhahe Makwah iki | yayi prabu arsa jujul | ngungsi ing Kalakodrat | yayi prabu ing Mêdayin | binantonan dhingin kang anèng barisan ||

15. nagri gêng ing Kalakodrat | bok dadi kuciwa yayi | yayi prabu ing Yujana | iku kon dandan ngajurit | ing Dêmis lan Biraji | Kunawar mèlua bantu | ing yayi Kewusnendar | ngandikan wus praptèng wuri | angandika yayi prabu ing Yujana ||

16. busanaa ing ayuda | Kunawar Dêmis Biraji | kang padha mèlu ing sira | bêbantu kang lunga jurit | yayi Ngrum Burudangin | lawan yayi Prabu Urmus | banjur mring Kalakodrat [Kala...]

--- 2: 61 ---

[...kodrat] | tyas ingsun yayi kuwatir | ratu agung pandhega prang Raja Salsal ||

17. lan parêk nagara Ngrokam | miwah Sorangan tan têbih | kutha Gajimăndalika | Uktur ta ing ngriku yayi | dadi kaparèng atis | yèn nora sinungan bantu | Kewusnendar ngandika | sakawan wus sami mijil | praptèng jawi kang tumut wus dhinawuhan ||

18. ing dalu tan kawursita | enjang budhale sang aji | ing Yujana Kewusnendar | Kunawar Dêmis Biraji | kang sami atut wuri | lampahe baris gumuruh | gêgaman warna-warna | kadya yangyang wukir agni | ingkang munggèng ing ngarsa Rajèng Kunawar ||

19. Rajèng Biraji wurinya | ing lampah kang andhadhani | Narapati Kewusnendar | prajurit panata baris | wuri Sang Natèng Dêmis | lêpas ingkang baris agung | kunêng ingkang winarna | nyai agêng pramèswari | ingaturan warta saking pabarisan ||

20. yèn kang putra Raja Irman | lajêng dènnya ngungsi-ungsi | mring nagari Kalakodrat | kang rayi maksih angungsir | ngêsuk saparannèki | sira Sang Aprabu Urmus | sawadya para nata | anggung samarga don jurit | rusak wonge Sang Irman kaponthal-ponthal ||

21. wus mari pamupusira | nyai agêng pramèswari | sapuluh-sapuluh baya | măngsa kênaa dèn pikir | lara kalawan pati | pan karsane Hyang Kang Agung | wus takdire Si Irman | tan kêna ginawe bêcik | mati nyandhang iman pati siya-siya ||

22. tan kêna mèlu-mèlua | jênênge kawula iki | pamuwusira [pamuwu...]

--- 2: 62 ---

[...sira] santosa | kunêng malih kang winarni | carakanira prapti | saking Kuparman sul-angsul | linilan anjujula | mêngsah saparanirèki | lan miyarsa binantonan Kewusnendar ||

23. Sang Raja Urmus têngara | miwah Natèng Burudangin | samêkta kang balakuswa | saking ing Makwah nagari | sira Raja Kusilkin | sabalanira pianjur | narapati ing Makwah | ginêlak lampahing baris | andhak ana ratu kang sampun lumampah ||

24. kunêng ingkang kawuwusa | Unuk Marjaban wus prapti | ing nagari kalakodrat | lawan prabu ing Mêdayin | katur sri narapati | yèn kasoran yudanipun | risak bala kèh pêjah | Raja Balbal nandhang kanin | mêngsahipun anglut samya atut wuntat ||

25. mangke ngancik ing tampingan | pun Raja Kemar prajurit | Raja Salsal duk miyarsa | angakak angêntrog wêntis | enak wong Pusêr Bumi | sira tur nyawa maringsun | iya antinên padha | sira nora mulat maning | kang sumorot ing donya samsi lan kamar ||

26. Raja Irman ingaturan | makuwon sajro kithèki | lan Raja Unuk Marjaban | ngêbroki wismèng dipati | sacukupe wadyèki | punggawa ingkang tinundhung | rêrêm ing pêndhak dina | ingaturan ing sitinggil | ambojana sang prabu ing Kalakodrat ||

27. langkung saking cinangkrama | sira prabu ing Mêdayin | ginathuk palangkanira | Unuk Marjaban ing kèri | Patih Baktiyar nunggil | lan Patih Kalkal puniku | ngandika Raja Salsal | hèh sang

--- 2: 63 ---

prabu ing Mêdayin | sampun maras praptane bala Kuparman ||

28. ingkang bêbujung ing sira | nadyan Si Surayèng Bumi | yèn praptaa asrah nyawa | sajêge wong Pusêr Bumi | kaliwat nglêlanangi | datanpa tandhing kumlungkung | jêr durung andon aprang | marang praja ngong ing ngriki | lawan durung bêbarang prang marang Ngrokam ||

29. kula kang amulihêna | kasusahanira pasthi | angakak tuhu sêmbada | gêngira sri narapati | apan satus gas nênggih | kalawan punjul sapuluh | godhèg wok simbar jaja | netranira angajrihi | lirap-lirap kadya netraning danawa ||

30. mangkana Sang Raja Salsal | bojana midêr kang larih | Unuk Marjaban tinanya | tingkahe wong Arab jurit | matur yèn sami luwih | sagung ingkang para ratu | awrat-awrat wong Arab | tan wontên apês satunggil | punggawane satriyane sami uga ||

31. ri paduka Raja Balbal | Kalbujèr rowange jurit | samantên ingkang picondhang | sawulan tan kêna mari | bala kang lunga wêngi | amamăngsa sami lampus | datan antuk mamăngsa | pintên-pintên sami mati | sabên dalu pêjah balanipun Balbal ||

32. lagya sakeca ngandika | dumrojog ing ngarsa prapti | bupati jaga tampingan | matur sarwi mêmpis-mêmpis | pukulun mêngsah prapti | kalangkung ing rêsahipun | tan kêna wong katingal | sipat lanang dèn patèni | nadyan lare sipat jalu pinêjahan ||

33. pawèstrine binoyongan | gusis dhusun kanan kèri |

--- 2: 64 ---

dèn êsuk kang ngungsi arga | mila wadya kèh kang ngungsi | inggih dhatêng nagari | kang mêngsah lajêng bêbujung | botên kèndêl punika | wontên dhusun kang paminggir | mêngsah lajêng tantaha prajurit Arab ||

34. Raja Salsal angandika | sapa pangiriding baris | punggawa tampingan nêmbah | ratu saking ing Kuwari | dene ingkang nindhihi | pun Raja Maliyat Kustur | balane para raja | ratu saking ing Kubarsi | lawan Raja Kalbujèr Kulup kithanya ||

35. ratu kêkalih punika | lêt tigang dintên duk prapti | ing mangke panggenanira | inggih amung lêt saari | dêdamêl agêng wingking | gène senapatinipun | Raja Urmus punika | lan Natèng Rum Burudangin | langkung agung balane Tasangsulngalam ||

36. nênggih ratu wolung dasa | tinumutkên cucuknèki | balane Tasangsulngalam | Sang Raja Wiswèl Kanardis | rêsah angalangkungi | baris punika pukulun | maksih eca ngandika | Patih Kalkal tur udani | wontên duta saking ta pun Sangsul Ngalam ||

37. ambêkta tunggul panantang | Rajèng Rum ing Burudangin | wontên sèwu nitih macan | macan sèwu dèn jêmbuli | buntutipun aputih | mung kêkalih mantrinipun | punika ingkang sêrat | pênêd mantrine kêkalih | timbalana inggih ing ngarsa paduka ||

38. iya kang loro kewala | sigra tinimbalan prapti | nèng wurine Patih Kalkal | surate winaca aglis | pèngêt puniki tulis | nênggih saking sang aprabu | iya Tasangsulngalam | raja ing Rum Burudangin [Buru...]

--- 2: 65 ---

[...dangin] | wruhanira Raja Salsal Kalakodrat ||

39. praptèng ngong ngirid gêgaman | ing nagaranira iki | ambêbujung buron ingwang | roro ngungsi ing sirèki | ratu ing Ngambarkawit | Si Unuk Marjaban iku | kalawan Ratu Irman | iku raja ing Mêdayin | aturêna bêbandan ing ngarsaningwang ||

40. lamun nora mangkonoa | hèh Raja Salsal dèn eling | sun rusak nagaranira | sun gêmpur kuthanirèki | yèn sira angukuhi | dèn enggal payo prang pupuh | titi nata ngandika | matura ratumu aglis | sun kukuhi ngong wani gambuh ing aprang ||

28. Gambuh

28. Prabu Irman Mrêtobat

1. sakarêpe ratumu | pan nora sudi ngladèni ingsun | lamun dudu Wong Agung Surayèng Bumi | ngrawati bangkong anglindur | iya dudu tandhing ingong ||

2. apranga lan ratumu | ika pêdhotan pan ingsun wutuh | apa gawe prang lan wong pating saluwir | sakarêpe amrih mungsuh | uwis matura mêngkono ||

3. caraka amit mundur | mêsat narendra lajêng tumundhuk | prapta aglar pra dipati anglêladèni |[6] warna-warna ulamipun | kang adi-adi iwak wong ||

4. êtim sirah kadulu | mêngèngèh mêksih untune wutuh | mung rambute kinêrik kongsi balindhis | kuping irung sami wutuh | lan pindhang antêb bêbokong ||

--- 2: 66 ---

5. siji pindhange gênjur | lare kang lagi umur sataun | èpèk-èpèk dalamakan sami maksih | lan panggang tangan ing sikut | watêse ingkang kinêthok ||

6. tur maksih kulitipun | jariji kabèh pan sami wutuh | iku lalab cinuwil kang sangêt ênyir | Sang Ratu Irman andulu | mungur-mungur mumêt panon ||

7. Sang Salsal sumarikut | panggang dariji sinisil gupuh | êtim sirah pinêcah polone pinrih | kinokop sarwi ginilut | Irman pijêr ênêk dongong ||

8. atine mungkag-mungkug | kèlingan jênang Bêstak rumuhun | pan kagagas sangsaya ênêk kapati | Unuk Marjaban sru muwus | dawêg dhahara sang katong ||

9. awon bilih kadulu | dika anurut amèt tyasipun | pan puniki sirangkas-angkas ing jurit | sasukanira tinurut | lah bêtahêna sang katong ||

10. nanging Irman kadulu | polahe wong dhahar têka ngêlu | Raja Salsal wruh Irman pan nora bukti | dènnya muluk-muluk wurung | linirik dening sang katong ||

11. ngandika sang aprabu | hèh Ratu Irman nora amuluk | durung wêruh rasane iwak wong iki | yêkti tuman kang wus wêruh | rasane bêkacêm uwong ||

12. lah dawêg yayi prabu | puniki eca gorengan usus | lan jaringan puniki dika icipi | lawan iki rêmpah susu | lah dawêg bêkacêm polo ||

13. ajrih nampik sang prabu | sigra dhinahar sawêg kalêbu | pan sumêntug wêtênge ênêk [ê...]

--- 2: 67 ---

[...nêk] tan sipi | nuntak-nuntak sang aprabu | sangêt mumêt anggaloso ||

14. Raja Salsal arêngu | ratu tan pantês Si Irman iku | undurêna yèn awèt nèng ngarsa mami | sun tibani gada luluh | Unuk Marjaban nulya kon ||

15. Baktiyar gawa mundur | praptèng pakuwon grah nêk sang prabu | ênêk sangêt mutah ilat siyang latri | awatara pitung dalu | warase Irman Sang Katong ||

16. wau ta sang aprabu | Salsal pan maksih ing rêngunipun | angandika ing putra lawan pêpatih | pondhok Mêdayin puniku | tan pantês dèn goni katong ||

17. Si Irman sabên dalu | bakacêmana balane iku | lêmêngana pan enak padha sirèki | uwong bala ing Mêdayun | iku kang wajib binadhog ||

18. aja badhog sirèku | wong wani aprang sira kapikut | ingkang nora wani prang mung wong Mêdayin | mamangsanên sabên dalu | ya ta wau ing cariyos ||

19. kathah kalong ing dalu | miwah raina tan ana luput | wong Mêdayin singa kapêncil tan mulih | atintrim pakuwonipun | ngênês kathah gring ponang wong ||

20. kunêng ta praptanipun | baris kang wuri sampun akumpul | Kewusnendar lan Natèng Rum Burudangin | yèn suwawi kakang prabu | lamun wontên wong manjing jro ||

21. bupati miwah ratu | saking amănca kawula gêmpur | botên kula sukani manjing kithèki | Raja Salsal dimèn mêtu | nuntên mijila palugon ||

--- 2: 68 ---

22. mèsêm dènira muwus | natèng ing Rum Burudangin Prabu | Kewusnendar miwah kakang ing Kuwari | kang sami wong agung sêpuh | ratu kalih matur alon ||

23. inggih ta yayi prabu | dhèwèk puniki nêdya prang pupuh | kang pinêrêp puniku sanès agami | tan arsa mêdal prang pupuh | marma ta yèn para katong ||

24. kang prapta yun abantu | saking ing Bumi amănca masuk | saking kitha ginêpuk saking ing jawi | lamun bupati ngêngintun | bèbèk kambing miwah uwos ||

25. puniku botên patut | yêkti nistha kalamun ginêpuk | lamun ratu praptane bantu ngajurit | puniku pantês ginêpuk | lamun tan puruna awor ||

26. marang gêgamanipun | lamun kawula ta yayi prabu | langkung saking prayoga sagung para ji | sadaya rêmpêg kang rêmbug | kadya Kewusnendar Katong ||

27. nulya Prabu Tasangsul- | ngalam lawan Sira Prabu Urmus | ngêlar-êlar jajahan măncanagari | tinumpêsan yèn tan mantun | dènnya sami ambadhog wong ||

28. Rajèng Makwah tinuduh | lawan ta sira Raja Kalkuwur | lawan para Ratu Kulup lan Kubarsi | tinumpês wong buminipun | yèn nora mari mangan wong ||

29. wadyane para ratu | samya mêpêti baris marga gung | yèn ana wong liwat prasami tiniti | kowe uwis apa durung | ping pira dènnya badhog wong ||

30. lamun ngaku ping têlu | nuli pinatèn yèn nora ngaku | inguripan kinèn asalin agami | yèn datan purun linampus |

--- 2: 69 ---

gègèr busêkan ponang wong ||

31. kathah angungsi gunung | sami ingêsuk marang ing pucuk | cinêkêlan tinitik tiniti-titi | tutura sapangrungumu | sapa tabêri badhog wong ||

32. ing Drêngès wastanipun | sadhusun wontên isi wong sèwu | botên kêni dèn sanjani dèn ampiri | dhatêng ing măncapatipun | nuntên anyêpêng binadhog ||

33. bêkêle Abujêmut | lawan kadange pun Banisablu | wong kêkalih punika ingkang ngajani | dhatêng anak putunipun | suwung măncapat lor kulon ||

34. miwah kang wetan kidul | suwêng măncapat măncamanipun | nadyan inggih kang măncasapuluh gusis | ajrih dhatêng Sablu Jêmut | sangêt doyanipun uwong ||

35. sigra mantri tinuduh | sakawan ambêkta kalih atus | balanipun Raja Wiswèl ing Kanardis | prapta ing dhusun kinêpung | tinumpês pan lanang wadon ||

36. têkan bocah linampus | sadesa pisan tumpês ginêmpur | lare cilik datan ana luput siji | wonge lanang kang asêpuh | sadaya sami kinêthok ||

37. pinanjêr sirahipun | jawining dhadhah mubêng akêmput | tan ana kang maluwa panjêrannèki | lanang wadone kang sêpuh | sami pinanjêr jêjodhon ||

38. giris kang samya ngrungu | yèn desa Drêngès tumpês ginêmpur | parentahe Sang Natèng Rum Burudangin | kêkês awingwrin kalangkung | kacandhak angungsi adoh ||

39. dhusun Drêngès puniku | tumut ing lurah gamêl [gamê...]

--- 2: 70 ---

[...l] sang prabu | enggal kapiarsa saking jroning puri | kalamun balane mungsuh | angubrês kang badhog uwong ||

40. saênggone dèn êsuk | ginêcak-gêcak êndhas ing watu | pan misuwur Raja Irman pan miyarsi | asangêt prihatinipun | balane wus kalong ewon ||

41. dadya nantun angutus | mring Radèn Wahas paman sirèku | katêmua kakang Prabu Burudangin | matur atur tabik ingsun | mring kakang prabu pikapok ||

42. Radèn Wahas wus mêtu | ing dalu wadya tan ana wêruh | praptèng kuwunira Natèng Burudangin | matur atur tabikipun | lan Burudangin Sang Katong ||

43. Radèn Wahas turipun | amba ingutus mring yayi prabu | Irman minta pitulung wadyane mangkin | kathah longe sabên dalu | wadya Mêdayin cinolong ||

44. mangke nalangsanipun | rayi paduka Rajèng Mêdayun | angandika Sang Natèng Rum Burudangin | ngong pikir lawan sang prabu | Urmus senapatiningong ||

45. ingaturan wus rawuh | tata alênggah Sang Rajèng Urmus | hèh ta paman Wahas pakênira prapti | punapa ta kayunipun | Radèn Wahas matur alon ||

46. inggih anggèr ingutus | sakathahipun atur wus katur | raka tuwan Sang Natèng Rum Burudangin | nauri mila puniku | ngaturan manising raos ||

--- 2: 71 ---

29. Dhandhanggula

29. Prabu Irman dipun sadatakên malih

1. raka dika karsanipun mangkin | analăngsa ingkang kaluputan | ing mangke ngraos lupute | saking ing bêgjanipun | kataliwêng langkung tan sipi | Raja Urmus ngandika | lamun kakang prabu | Tasangsulngalam nanggunga | pan katanggung yèn kula dèrèng kuwawi | ajrih lamun nanggunga ||

2. kakang Yujana kakang Kuwari | wartanana ing raos punika | Tasangsulngalam nulya ge | ngaturi para ratu | dhêdhêmitan pating kalêsik | Sang Prabu Kewusnendar | lan Maliyat Kustur | Kemar Kalbujèr wus prapta | miwah Prabu Dukyanis lawan Dukyadis | praptane tanpa wadya ||

3. sami agunêm pating kalêsik | para ratu bagèkkên sadaya | ing Radèn Wahas praptane | sami suka gumuyu | eyang-eyung panggawe iki | karyane Radèn Wahas | ingkang eyang-eyung | poyang-paying apuyêngan | mangke ngiyêng balane ing sabên wêngi | cinolong agung ilang ||

4. kudu ngungsi nagaraning eblis | adol umbag dika Radèn Wahas | ajêng ngêrobi lakune | têka karoban agung | kurang awas dika puniki | sangsaya gujêngira | sagung para ratu | anyablèki Radèn Wahas | angandika Sang Natèng Rum Burudangin | kakang prabu sadaya ||

5. miwah yayi-yayi prabu sami | rewangana [rewang...]

--- 2: 72 ---

[...ana] ananggung kawula | ing Prabu Irman lakune | lagi sapisan kuntung | mêsakakên nênggih puniki | botên tinulungana | wadyanipun gêmpur | sabên dalu binadhogan | kalong ewon Rajèng Kulup matur aris | suwawi ginêndhinga ||

6. yèn wus rayi Paduka Mêdayin | sampun tuwan tarima tabiknya | inggih nuntên bidhalake | saking kitha pukulun | abdi tuwan pun Baubadrin | Kalmèt Badras lan Koncrat | Badakir Kalkuwur | sami manjinga ing kitha | anjagani anampêg cidranirèki | dadosa ing prakara ||

7. sasat mêthuk rayi paduka ji | nadyan inggih tuwan andikakna | sandika ngawaki dhewe | alon dènira muwus | sira Prabu Rum Burudangin | iya yayi prayoga | rumêksa wongipun | yayi Mêdayin kalongnya | tinêmua kiwule karsanirèki | riyêp para narendra ||

8. wanci pukul sadasa rinakit | wus samakta sagunging prang kêmat | ingkang măngka têtindhihe | Kalbujèr Rajèng Kulup | wontên kawan atus prajurit | wong Ngusur wong Kalkiyah | Kubarsi lan Kulup | wong Burudangin akathah | Raja Wiswèl ingkang jagani ing rêmpit | Kalbujèr undhangira ||

9. Radèn Wahas pan sarêng umijil | lampah nilib manjing ing jro pura | datan kawruhan ing ngakèh | praptane kang jinujug | pakuwone Rajèng Mêdayin | ing kêbon pêpungkuran | patamanan kidul | Radèn Wahas panggih lawan | Prabu Irman lampahe katur bêbisik | yèn karsane kang raka [ra...]

--- 2: 73 ---

[...ka] ||

10. sang aprabu ing Rum Burudangin | amrih kiwule wadya paduka | ingkang minăngka icale | anilib Rajèng Kulup | tuwan wingi puniki sami | samêktaa sadhiya | barang rèh wus katur | binisikan rêrêmpitan | wus mangkana nimbali Rêkyana Patih | Baktiyar praptèng ngarsa ||

11. angandika Sang Rajèng Mêdayin | paran iki hèh Patih Baktiyar | wong Mêdayin kèh kalonge | ginayêm sabên dalu | matur nêmbah rêkyana patih | tuwan antos sakêdhap | wau sang aprabu | duka Sri Bupati Salsal | miyarsa yèn balane dipun tumpêsi | dhatêng Tasangsulngalam ||

12. tiyang dhusun miwah wukir-wukir | Raja Irman alon angandika | pangrunguningsun mangkene | mila lêluwangipun | iya ingkang padha mèt janmi | tinitik saênggonnya | katêmu ginêmpur | balane Tasangsulngalam | prajurite prabu ing Rum Burudangin | ngosak-asik padesan ||

13. nora kaya tuturira iki | patih matur sok inggih tiyanga | Sang Nata Salsal milane | ing wingi punika wus | nglampahakên sèwu prajurit | milih kang doyan mêntah | manjing baris agung | yèn wus gègèr binadhogan | Kyana Patih Baktiyar pan sampun mijil | marang pakuwonira ||

14. kawarnaa dutaning narpati | kang nglampahkên duta amêmăngsa | nêkakkên ing bramantyane | Raja Salsal puniku | kang dinuta pikiring margi | pangarêpe sakawan | enake ing laku |

--- 2: 74 ---

padhane sèmèk ing dalan | nadyan manjingana baris agêng nênggih | wus asêgêr bok aprang ||

15. padha mampir pondhokan Mêdayin | asêsarap wus rêmbag sadaya | mampir bêbadhog karsane | wuwusên Natèng Kulup | sakancane sampun miranti | lor kidul kiri kanan | sagêgamanipun | kêmate sampun samêkta | duk tumingal ana wong sèwu mrêpêki | anêdya mampir sarap ||

16. dupi parêk samya anggêtaki | kumrutug ingkang pêputhon waja | pating garapluk sirahe | bindi gada tumanduk | kêmatira bala Kubarsi | pitu pat sarêng mangsah | ana têlung puluh | busêkan ing ngarsa ngrampas | anggêlasah pan kadi babadan pacing | ing wuri marang ngarsa ||

17. tan anyana yèn băndakalani | dene datan ana rupanira | amung wruh swarane bae | kang rubuh kabarubuh | ana ingkang dipun cêkêli | wong sèwu sampun sirna | rong jam sirnanipun | kang kacêkêl kinêthokan | wus mangkana Baktiyar kang dèn sirêpi | sabalane anendra ||

18. budhal dalu Sang Rajèng Mêdayin | ingkang arepot sami tinilar | kasusu sangêt lampahe | sakèthèng kang atugur | bupatine wus dèn patèni | tumpês sarowangira | dening Rajèng Kulup | lawange sampun binuka | pan gumrêdêg wêdale bala Mêdayin | têlung jam dèrèng têlas ||

19. ingkang repot sami dèn antosi | Raja Wiswèl tinuduh ngantia | tunggu lawange sakèthèng | Irman rawuhe [ra...]

--- 2: 75 ---

[...wuhe] sampun | praptèng kuwu ing Burudangin | êmèh byar têlasira | wau kang winuwus | Raja Salsal dutanira | animbali enjing mring Natèng Mêdayin | pan arsa ăndrawina ||

20. mulat lamun pasanggrahan sêpi | mulat prajurit ing Kalakodrat | wong sèwu pan tumpês kabèh | sami andêling pandung | duta marang Rêkyana Patih | Baktiyar maksih nendra | lan sabalanipun | ginugah aguragapan | marang duta ratumu ana ing ngêndi | sabalane tan ana ||

21. ana bangke wong sèwu puniki | padha jurune sri naranata | kang wignya măngsa wong kabèh | Baktiyar mara gupuh | mring pakuwon èstu yèn sêpi | Baktiyar dharodhogan | pagene sang prabu | atinggal ingsun lolosnya | ingsun andhêg duk ing wingi sore nari | iki pasthi dèn gawa ||

22. mring malane Natèng Burudangin | kang nimbali Irman asru ngucap | alah mayo sira bae | apan ratumu suwung | payo marêk sri narapati | Baktiyar thol-êtholan | pucêt netranipun | ulate sawang kunarpa | arsa mopo ajrih saksana lumaris | praptane panangkilan ||

23. katur lamun minggat wong Mêdayin | sami gusis sawêngi punika | amung kantun pêpatihe | eram sagung kang dulu | Raja Unuk Marjaban angling | umatur mring sang nata | punika pukulun | senapati pabarisan | pandamêle Sang Natèng Rum Burudangin | dutane aprang kêmat ||

24. Sri Marjaban angling [a...]

--- 2: 76 ---

[...ngling] mring kya patih | apa nora atarèn mring sira | Sang Irman ika lolose | Baktiyar nêmbah matur | inggih wingi sontên nênari | prakawis ingkang wadya | karisakanipun | sabên dalu dipun măngsa | kalong ewon agiris arsa ngoncati | kawula sangêt malang ||

25. prapta wadya kang ajaga kori | tur uninga yèn punggawa pêjah | kang têngga kori sakèthèng | tumpês sawadyanipun | goyang sirah sri narapati | Baktiyar pinanjara | wêsi tinarungku | lawan samantri kewala | sigra kondur marang panangkilan malih | wau Sang Raja Salsal ||

26. aturipun prajurit para ji | luwung tuwan miyosi ngayuda | wong Arab lêga manahe | yèn tuwan nampik mungsuh | yêkti nora angêngobêri | wong Arab prange kêmat | upami pukulun | miyosana ing ayuda | mêngsah sampun alêga raosing galih | kèndêl akarya kêmat ||

27. Patih Kalkal saosa sirèki | pasanggrahan tarubana rambat | ing jaban kitha dèn age | prajurit para ratu | akaryaa pakuwon jawi | sun arsa mêtu ing prang | sandika turipun | kunêng ingkang kawuwusa | Prabu Irman pinanggihan ing para ji | nalăngsa tingkahira ||

28. ingkang nasar sakêdhap pan maksih | Patih Baktiyar kari jro pura | turu tinilar angkate | wau Sang Raja Urmus | ingkang dèrèng arsa manggihi | akêdah dèn anyarna | sadate puniku | yèn dèrèng nganyarkên sadat [sa...]

--- 2: 77 ---

[...dat] | nèng ngarsane kakang Prabu Burudangin | nadyan kadang jêr murtat ||

29. tinurutan Irman sadat malih | nèng ngarsane kang para narendra | sadat pacuh wor têgêse | wusnya kang raka katur | yèn kang raka nurut karsèki | kasêksèn para nata | Prabu Urmus rawuh | nanging tan arsa tur sêmbah | linairkên mring Natèng Rum Burudangin | parentah kang wus dhawah ||

30. pinartiga nagari Mêdayin | rayi andika Urmus saduman | rong duman inggih têtêpe | maksih sira puniku | para ratu lan pra dipati | mantri lan ulubalang | pinartiga sampun | wus eca kang para nata | andumira Urmus Irman sampun kêni | tarima-tinarima ||

31. wus miyarsa Natèng Burudangin | lamun Salsal akarya wangunan | tinarub rambat badhene | suka kang para ratu | dene nêdya miyosi jurit | Patih Kalkal andina | karya tarub agung | prajurit kang para raja | wus apajêg barise kang anèng jawi | balabar kuwunira ||

32. kunêng ingkang kawuwusa malih | ing Kuparman Sang Surayèng Jagad | sampun atampi wangsite | saking Sèh Betaljêmur | pangluruge ing wêktu iki | sok si wus ambêdhaha | Jaminambar besuk | ing kono panglanturira | lajêng napis lor kulon pinggiring langit | amrangi brêkasakan ||

33. angundhangi wadya pinara tri | kang saduman têngga ing Kuparman | rong duman binêkta kabèh | nanging sadumanipun | kalong kang wus samya nglurugi |

--- 2: 78 ---

amukul Kalakodrat | mangkana wong agung | ngundhangi bala sanega | para ratu samakta kaprabon jurit | budhal Sang Kakungingrat ||

34. wusnya ngabêkti ing ibu sori | para garwa pan kantun sadaya | miwah para ratu kabèh | ingkang badhe pinukul | liwat nora kaprah ing bumi | ratu mêmăngsa jalma | lan sabalanipun | lan badhe lajêng lampahnya | marang kutha Jaldahas lan kutha Jamsit | jujura pèrèng parang ||

35. tan winarna gênge lampahnèki | lawan warna-warna kèhing bala | miwah ing marga lamine | nênggih panganjuripun | wontên longkang kawan dasa ri | Rajèng Kohkarib lawan | kadang patang puluh | lan putra Rajèng Talsiyah | Banuarli lêpas ingkang anyundhuli | sang aprabu ing Selan ||

36. lan kang putra Prabu Samasrawi | nulya Prabu Sêmakun Gumiwang | sawadya para ratune | wuri Prabu Tamtanus | lawan sagung para narpati | lawan kang para putra | nulya wurinipun | Adipati Tasikwaja | ingkang wuri Wong Agung Surayèng Bumi | satriya Parangteja ||

37. Pangran Kelan Prabu Parangakik | Rustamaji lan Rajèng Karsinah | sami ing wuri lampahe | putra kêkalihipun | ing Kuwari Hasim Katamsi | sami awor ing wuntat | amêkasi pungkur | Sang Raja Kuwari Usman | lan putrangkat Rahadèn Amir Anjilin | bala kadya hèr nawa ||

38. sampun lêpas lampahe kang baris | ngambah wana agêng agêrotan | apan tinut salasahe | ingkang mangkat rumuhun |

--- 2: 79 ---

dèrèng ical labête maksih | Sang Prabu Kewusnendar | lan sabalanipun | salasahe lusah-lusah | aparigis sagung kêkayon wanadri | kang tinut bala ngarsa ||

39. tan winuwus lamine ing margi | prapta jajahan ing Kalakodrat | wus kambah têpis-wiringe | mangkana miyarsa wus | sri bupati ing Burudangin | ngundhangi maring wadya | karya tarub agung | tuwin karya pasanggrahan | praptanira Wong Agung Surayèng Bumi | kurang samadya căndra ||

40. wau Raja Salsal sampun mijil | sadadose ingkang pasanggrahan | kasukan saprajurite | agung ing sabên dalu | Kyana Patih Baktiyar nênggih | lamine pinanjara | wêsi tinarungku | sampun kawan dasa dina | linuwaran kang badhe dèn pitakèni | yèn mêtu bala Ngarab ||

41. araning ratu sawiji-wiji | Patih Baktiyar kinèn nunggila | Raja Unuk Marjabane | mangkana Sang Aprabu | Salsal arsa ngabên prajurit | lawan bala Kuparman | ingkang para ratu | enjing anêmbang têngara | mijil ing prang bala Kuparman nimbangi | Mraja Tasangsulngalam ||

42. atêngara sagung kang para ji | mijil barise sampun akapang | têpung akapang barise | sagunge para ratu | samya munggèng ing palowani | ingkang isèn wijoan | kang apalowanu | Urmus anèng wijoan mas | Raja Salsal ingayap sagung prajurit | kang tan mundur ing lawan ||

Lajêng nyandhak: Menak Sorangan

--- 2 : [80] ---

Isinipun.

... Kaca:

16. Candhakipun Patih Baktiyar matur ngamandaka dhatêng Prabu Irman. ... 3
17. Prabu Gulangge lan Prabu Salsal anglurugi wong agung. ... 8
18. Prabu Irman sakuthu kalihan Prabu Gulangge lan Prabu Salsal Badhe mêngsah wong agung. ... 14
19. Prabu Urmus kadadosakên senapatinipun wong agung. ... 19
20. Rêmbag badhe campuhing prang. ... 25
21. Cidra manggih papa. ... 29
22. Raja Unuk Marjaban ngêdali prang. ... 34
23. Prajuritipun Raja Unuk Marjaban kathah ingkang tiwas. ... 36
24. Prabu Unuk Marjaban ngêdalakên pangabaran. ... 41
25. Sèh Wahas manggihi Prabu Unuk Marjaban. ... 47
26. Raja tandhing sami raja. ... 53
27. Prabu Unuk Marjaban wangsul dhatêng Kalakodrat. ... 58
28. Prabu Irman mrêtobat. ... 65
29. Prabu Irman dipun sadatakên malih. ... 71

 


anuduha. (kembali)
Kurang satu suku kata: sadasa agênge nyacêngkir gadhing. (kembali)
Kurang satu suku kata: Raja Makwah sabalane. (kembali)
dhog. (kembali)
Lebih satu suku kata: lah payo kene ajurit. (kembali)
Lebih satu suku kata: prapta aglar pra dipati angladèni. (kembali)