Menak Sorangan (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #856

Judul
Sambungan
1. Menak Sorangan (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #856. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Sorangan (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #856. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1174

Menak Sorangan

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka – 1936 – Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek.

1. Durma

1. Prajurit Kalakodrat campuh kalihan prajurit Kuparman

1. Raja Salsal angatag prajuritira | ratu ing Tambangtimis | sira Raja Yalyal | mangsah nitih mong pêthak | manglaga sikêpe bindi | prapta payudan | sêsumbar nguwuh tandhing ||

2. mêtonana payo prajurit Kuparman | saparsa angêmasi | iki papagêna | andêling Kalakodrat | wau tan bêtah miyarsi | amit manêmbah | Sang Raja Jabalsahir ||

3. wus ingidèn ing Gusti Tasangsulngalam | mangsah wahana èsthi | pasikêpan gada | prapta ayun-ayunan | sapa aranmu prajurit | kang mêtu ing prang | sun Raja Jabalsahir ||

4. ing Minaban kuthaningsun kang minăngka | andêling Burudangin | balik sira sapa | prajurit Kalakodrat | ingsun Ratu Tambangtimis | sun Raja Yalyal | hèh payo Jabalsahir ||

5. akudhunga parisanmu băndabaya | dèn yitna ingsun bindi | Sang Raja Minaban | kudhung parise waja | Raja Yalyal mutêr bindi | surak gumêrah | tumêmpuh punang bindi ||

6. kadya gêlap tumêmpuh ing paris waja | astanira tan osik | Sang Rajèng Minaban [Mina...]

--- 1: 4 ---

[...ban] | Raja Salsal têtanya | hèh Baktiyar sapa iki | sigra tur sêmbah | prajurite narpati ||

7. balanipun Sang Prabu Tasangsulngalam | nama pun Jabalsahir | kithane Minaban | ratu andêl punika | tate anguwisi kardi | wau kang aprang | rame bindi-binindi ||

8. karepotan kalorogan Raja Yalyal | ginada wanti-wanti | datan inganggopan | lumrah prajuritira | Sang Natèng Rum Burudangin | lamun ayuda | yèn wus bindi-binindi ||

9. nulya mindho gadane kadya kitiran | tibane gada siji | padha lawan papat | kèthèr Sang Raja Yalyal | kuwur bingung ing panangkis | kuwat tur bisa | Sang Prabu Jabalsahir ||

10. pan kaplêsat parisane Raja Yalyal | sirahe kêna bindi | kuwating panggada | lawan macane pêjah | surake gumuruh atri | bangkene Yalyal | amor sima lan siti ||

11. sami eram prajurit ing Kalakodrat | wau kêliwat runtik | prapta Patih Kalkal | panggih ayun-ayunan | sapa aranmu prajurit | matèni Yalyal | sun Raja Jabalsahir ||

12. sira sapa sumaur sun Patih Kalkal | dèn eling Jabalsahir | iya tadhahana | iki panggadaningwang | warak titihanirèki | êrod kinêtab | têmpuh bindi-binindi ||

13. gajah kanggêg gapyuk pinêrod ing warak | gajah gadhinge manjing | sêsalanging warak | suru manjing andhêman | kang nitih bindi-binindi | kang tinitihan |

--- 1: 5 ---

adrêg parêng kairi ||

14. pan gumlimpang kang nitih parêng kaplêsat | tibane parêng tangi | sarêng guwang gada | sarêng anarik pêdhang | pinêdhang warake mati | gulune pêgat | gajahe Jabalsahir ||

15. wus pinêdhang gajahe mring patih pagas | sarêng amarêpêki | rok pêdhang-pinêdhang | dangu amain pêdhang | surake gumuruh atri | mungsuh lan rowang | suka dènnya ningali ||

16. buwang pêdhang duk arsa candhak-cinandhak | kasaru têtêg muni | ngundurakên ing prang | surya naput ngancala | bubar kalih kang ajurit | lajêng bojana | ing pakuwone sami ||

17. Raja Jabalsahir langkung sinambrama | ing Gusti Burudangin | Raja Urmus milya | nglopa Rajèng Minaban | para nata sami ngiring | Sang Kewusnendar | ping tiga mara nglarih ||

18. nyata baik prajurite adhi lurah | Si Raja Jabalsahir | katanggênan sira | kêdhik kirang arikat | sêmbadanana rêspati | panggadanira | jipat lawan para ji ||

19. angandika Sang Prabu Tasangsulngalam | hèh iku Jabalsahir | sira èstokêna | kakang Prabu Yujana | wulange ratu linuwih | matur anêmbah | sandika Jabalsahir ||

20. mêdhun nyandhak gada Prabu Kewusnendar | Jabalsahir nèng wuri | iya tingalana | yèn sira aprang gada | mangkenea yèn anggitik | yèn wis ginada | mangkenea anuli ||

21. pamilare sarwi nyabêtakên ulat | binuwang nganan ngering | ulate kang netra | yèn mutêr

--- 1: 6 ---

gadanira | mingkisa lambe kang kèri | ulat tajêma | gèdhèg tênggak ping kalih ||

22. samya suka gujênge kang para nata | bêsuse ing ajurit | Prabu Kewusnendar | ratu agung digdaya | ngêjèpi para narpati | prajuritira | Natèng Rum Burudangin ||

23. nulya katri para ratu ingkang prapta | anèng wurinirèki | Prabu Kewusnendar | mèsêm dènira ngucap | adhi lurah bêbisani | dèn kon angajar | jawane ingsun iki ||

24. samya gumyak gujênge kang para nata | dadya wau sawêngi | dènira drawina | ngiras angajar-ajar | apan satuhu linuwih | Sang Kewusnendar | pratingkahing ajurit ||

25. pan sakawan balane Tasangsulngalam | kang ingajar sawêngi | dènira prang gada | mring Prabu Kewusnendar | ya ta kawuwusa enjing | miyarsa cêlak | prapta Prabu Kohkarib ||

26. samya mêthuk ta Sang Prabu Sangsulngalam | panggih Natèng Kohkarib | lan sakadangira | miwah wau kang putra | sira Raja Banuarli | Rajèng Talsiyah | dadya tan mêtu jurit ||

27. ing sadina puniku sami busêkan | anggili kawit prapti | pan sadina-dina | para ratu kang prapta | pinarnah pakuwon sami | kang para nata | cucuk makuwon sami ||

28. Raja Salsal andangu ngapa wong Arab | nora na mêtu jurit | Patih Kalkal nêmbah | pukulun gustinira | Wong Agung Surayèng Bumi | cucuke prapta | inggih dintên puniki ||

29. kadi ing sawulan bala dèrèng têlas [tê...]

--- 1: 7 ---

[...las] | mila tan mijil jurit | bala ing Kuparman | ngandika Raja Salsal | iki alêga tyas mami | yèn uwis prapta | ya Si Surayèng Bumi ||

30. sampun lami dènnya cawis pasanggrahan | Natèng Rum Burudangin | ya ta ing punika | têlas prapta sadaya | balane Natèng Kohkarib | Sang Prabu Selan | prapta sadintên malih ||

31. nulya Prabu Gumiwang lan Prabu Yunan | prapta sadintên malih | Ngabêsi lan Kebar | Turki Santari prapta | Adipati Guritwêsi | barise prapta | cêpak baris jro prapti ||

32. pamêthuke sagung ingkang para nata | Natèng Rum Burudangin | akêkanthèn asta | lan Urmus sarêngira | Kewusnendar sarêngnèki | Sang Raja Irman | dene kang têngga baris ||

33. Sri Maliyat Kustus Kalbujèr kalawan | Dukyadis lan Dukyanis | kang amêthuk têbah | Prabu Tasangsulngalam | lawan Urmus Sri Bupati | ingkang pinapag | wong agung wus pinanggih ||

34. ngaras pada ingaras lungayanira | mring Gusti Jayèngmurti | langkung sami suka | katur waluyaning prang | lawan kang rayi Mêdayin | Sang Prabu Irman | èngêt anungkul malih ||

35. pun Baktiyar lolose botên kabêkta | gugup milane kari | nèng kitha ing Kodrat | binêlok cinêngkalak | lami mangkya dèn luwari | duk mijil ing prang | asmara dèn takoni ||

--- 1: 8 ---

2. Asmaradana

2. Prabu Tasangsulngalam dipun krubut Raja Sakawan

1. lan pratingkahing ajurit | bala ing Kalakodêrat | katur sadaya solahe | suka myarsa gya abudhal | sira Sang Kakungingrat | tan antara wus cumundhuk | Irman lawan Kewusnendar ||

2. Sang Raja Irman anangis | nèng padane ingkang raka | Kewusnendar lon wuwuse | anggèr sampun jamak umat | laline mila lêpat | nanging lêpata ping pitu | sok sampun bucal agama ||

3. lamun agama Ibrahim | malarati binucala | ing jaman kitrah ing mangke | misesa ing Mêkah kwasa | mila rayi paduka | Urmus runtike kalangkung | tan emut ing kadang tuwa ||

4. matur ing Jêngira Amir | sira Prabu Kewusnendar | rayi tuwan ingkang anèm | pan botên purun atămpa | tundhuke ingkang raka | pan botên purun ananggung | winastan lècèk ngagama ||

5. kang raka pinundhut malih | kinèn ngungêlna sahadat | ing ngarsane para katong | mèsêm Sang Surayèng Jagat | miyarsa aturira | sarwi mêtêg wêntisipun | Narapati Kewusnendar ||

6. uluning pêdhang dèn lirik | sira Prabu Kewusnendar | ngadhang-adhangi ciptane | kaya nuli cinandhaka | janggane Raja Irman | lah wong mêngkene dèn ingu | arine karo

--- 1: 9 ---

prayoga ||

7. siji iki bakal linjik | padha kipea kaparat | nuju Marmaya rewange | anèng ngarsane wong Menak | lawan kang para putra | Rustamaji datan purun | amanggihi mring kang paman ||

8. Adipati Guritwêsi | melat-melot lathinira | apan sarwi gèdhèg-gèdhèg | Irman pan maksih karuna | wong agung angandika | wis mèndêla ariningsun | wungua payo alênggah ||

9. kang rayi wungu alinggih | tumungkul misih karuna | mung kari sênggruk-sênggruke | wong agung ngawe kang putra | Parangakik Karsinah | Pangeran Kelan prapta wus | kinèn ngabêkti mring paman ||

10. apan Prabu Rustamaji | angilang tan purun nêmbah | wusnya katri panêmbahe | Prangakik Karsinah Kelan | Hasim Kuwari samya | Hasim Katamsi tumanduk | wotsari maring kang paman ||

11. wusnya makuwon sawêngi | enjing prasamya budhalan | dhatêng ari ta praptane | manjing pasanggrahanira | kang wadya pamondhokan | kitha Kalakodrat kêmput | kadya mêndhung sabuwana ||

12. kadya tasik tanpa têpi | gumuruh gunging kang bala | wong jro kitha kêkês tyase | mulat gunging mungsuhira | kadya samodra wutah | Raja Salsal drawina gung | tan miris ing nalanira ||

13. antawis ing tigang latri | wong agung ing praptanira | kèndêl sami para katong | tan wontên mijil paprangan | miwah Sang Raja Salsal | anut sasukaning mungsuh | sapraptane [sa...]

--- 1: 10 ---

[...praptane] patang dina ||

14. Wong Agung Surayèng Bumi | animbali para nata | Wong Agung Parangtejane | Adipati Tasikwaja | lawan Rajèng Gumiwang | sira Sang Prabu Sêmakun | tinari yèn ing prakara ||

15. mudhêng ing rèh agal alit | Urmus ing agal kewala | undhagi pikir arine | ing aprang sampun prawira | mila wênang ajajar | lawan Sang Prabu Tamtanus | myang Wong Agung Parangteja ||

16. ngandika Sang Jayèngmurti | hèh yayi Tasangsulngalam | miwah karyanira kiye | sira yayi mijila prang | ngadua para nata | ingsun arsa andêdulu | yudane wong măngsa janma ||

17. prabu ing Rum Burudangin | tur sêmbah inggih sandika | miwah kang rayi wotsinom | Raja Urmus sarêng mêdal | lawan Tasangsulngalam | praptane pakuwonipun | narendra kalih têngara ||

18. têtêg gurnang lan thongthonggrit | puksur bèrine wurahan | samêkta mijil barise | wau Raja Kalakodrat | nimbangi atêngara | barise mijil kumêbul | rakite papan gumêlar ||

19. prajurit para narpati | kang sami anitih macan | kang sami luwih agênge | sadaya sami lan kuda | watara pitung dasa | kang sami ratu gêgêdhug | tan têbah lan Raja Salsal ||

20. munggèng ing palăngka rukmi | kang rayi Balbal wus waras | munggèng ing kursi jajare | Sang Raja Unuk Marjaban | Baktiyar nèng wurinya | sira Sang Prabu Tasangsul | Irman Urmus nèng wijoan ||

--- 1: 11 ---

21. andhèr kang para narpati | Wong Agung Surayèng Jagad | amung lan upacarane | mungakên kang para nata | balane baris kalang | ingkang akapang akêpung | para nata para putra ||

22. ya ta angatag prajurit | Salsal kang anitih macan | sakawan para ratune | Raja Nalnal Raja Walwal | Palpal lan Raja Malmal | prapta payudan anguwuh | sira sang raja sakawan ||

23. Sang Prabu Rum Burudangin | mit mangsah salin wahana | nênggih amêng-amêngane | grêgabèl asipat baya | sukune mung rong asta | saandaka agêngipun | ing ngandhap suku sadasa ||

24. pinalanan kadya èsthi | mawi siyung rangap-rangap | buron sagara asale | ananging dèn ingu dharat | kalamun alêlampah | kinaranji ênggènipun | rinuji wêsi sadaya ||

25. ulam loh ingkang binukti | tadhahe satus sadina | kang sawêntis-wêntis gênge | sirahe kinarawistha | kancana lan sêsotya | tur sêmbah mêksa umagut | angawaki ing ayuda ||

26. Sang Natèng Rum Burudangin | samêkta palu rante mas | sigra anitih grêgabèl | lumarap praptèng payudan | panggih ratu sakawan | suraking wadya gumuruh | kang aprang ayun-ayunan ||

27. ratu papat têtanya ris | sapa aranmu narendra | têtungganganmu mêngkono | apa wong dhasar sagara | putune Ăntaboga | sumaur iki Rajèng Rum | Burudangin kang kinadang ||

28. marang Sang Surayèng Bumi | ya iki Tasangsulngalam | nadyan [nadya...]

--- 1: 12 ---

[...n] akèh para ipe | iki ipene dandandanan |[1] ing aprang widigdaya | kang ratu sakawan gupuh | sarêng angêtap pragalba ||

29. sarêng nêmpuh anggadani | Sang Prabu Tasangsulngalam | ngadêg saluhur grêgabèl | Sang Raja Salsal têtanya | iki ta ratu sapa | kulit putih gung aluhur | bagus wong mangkana ika ||

30. Baktiyar matur wotsari | sang nata inggih punika | Tasangsulngalam warnine | ratu agêng binathara | sinêmbah para raja | ngrèh ratu sèwu nêm atus | kang sami amăncapraja ||

31. tur sami ratu prajurit | balane Tasangsulngalam | ing Burudangin prajane | tunggangane iku apa | anèh lan para nata | Baktiyar nêmbah umatur | pukulun dèrèng uninga ||

32. pan sawêg mijil puniki | adate liman kewala | kang minăngka titihane | wau kang lagya yun aprang | prajurit Kalakodrat | sakawan sarêng ngarubut | Nalnal Palpal Walwal Malmal ||

33. tan kewran panangkisnèki | Sang Prabu Tasangsulngalam | sigra ngulur palu rante | sinabêt ratu sakawan | pulêt lir pinijêran | sinêndhal sigra ngalumpruk | macane lawan kang nunggang ||

34. ginubêl sumêbut sami | pinuntir punang rante mas | gêbyar-gêbyar mubyar tinon | sinabêtakên ing lêmah | luluh ratu sakawan | mumur lan titihanipun | pragalba sakawan pisan ||

35. surake gumuruh atri | eram kang sami tumingal | Rajèng Rum Burudangine | pratingkah solahing aprang | mudhun [mu...]

--- 1: 13 ---

[...dhun] saking wahana | ginêtak grêgabèlipun | sumêbut mamăngsa macan ||

36. gègèr mungsuh dèn parani | kang sami anitih macan | sinaut siyung sinêlèt | ing buntute patang dhêpa | akèh rêbah gêlasah | kuntung kang rikat lumayu | amor kang nitih turăngga ||

37. busêkan kang nitih èsthi | myang kuda nora pinangan | mung pinêlêng macan bae | sirna macan pitung dasa | ngarsane Raja Salsal | eram sadaya kang dulu | prajurit ing Kalakodrat ||

38. ratu sakawan kang mati | kuwandane nora kalap | luluh dening palu rante | wontên ing rana wor lêmah | wau titihanira | grêgabèl pan sampun wangsul | sigra malih tinitihan ||

39. kang angirim songsong prapti | sakawan munggèng palana | nênggih wontên pirantine | wontên andêl Kalakodrat | nagrine ing Ngurêngka | Raja Calcal namanipun | wasis ing prang tur paekan ||

40. amit ing prang nitih krênis | dhapuripun kadi banyak | kadya trênggiling sisike | buntut êlar kadi mêrak | cucuk kinathok ing mas | mung sakuldi agêngipun | yèku buron brêkasakan ||

41. ilate mung tigang nyari | panjangipun tigang dhêpa | abang ampuh panyaute | angikir angêri pandhan | singa sinaut rantas | Raja Salsal mèsêm muwus | hèh iya Tasangsulngalam ||

42. măngsa wurunga ngêmasi | sira pêrang lan Si Calcal | durung wêruh tèrègane | sumêbut praptèng ranangga |

--- 1: 14 ---

sampun ayun-ayunan | prapta Sang Raja Kalkuwur | kinêjepan ing gustinya ||

43. Natèng Kubarsi ngajani | rumêksèng Tasangsulngalam | datan kawruhan ing ngakèh | dhêpès ngajênging palana | binêktan pêputhon mas | dene sang prabu ing Kulup | wêrit tan ana uninga ||

44. Rajèng Ngurêng angling aris | lo sira Tasangsulngalam | ambêkmu prang wasis dhewe | iya yèn nagara liya | yèn ana Kalakodrat | pasthi sira nora payu | iki ratu ing Ngurêngka ||

45. Raja Calcal aran mami | krênis têtunggangan ingwang | măngsa nănggaa maring ngong | sun tan taha numpês mêngsah | narpati pira-pira | wong Kalakodrat mung ingsun | andêling prang pêpungkuran ||

3. Pangkur

3. Prabu Lamdahur tandhing lan Prabu Salsal

1. mèsêm dènira ngandika | anauri Sang Prabu Burudangin | iya payo sakarêpmu | lamun sira kuwasa | mêmatèni marang ing sariraningsun | nora pasrah marang sira | pati kagunganing Widhi ||

2. Raja Kalkuwur saksana | binarêngan Calcal angêtab krênis | duk lumarap mèh anaut | ing grêgabèl sirahnya | sinambêr ing pêputhon sirah gumapluk | sirahing krênis wus pêcah | polo malopor ngêmasi ||

3. Raja Calcal kapalêsat | wus sinambêr pêputhon gapluk kêni | Raja Calcal sirahipun | pêcah sirahe muncrat | wus palastra [pa...]

--- 1: 15 ---

[...lastra] tan ana wruh purwanipun | kang satêngah mungsuh ngucap | baya kêna antu langit ||

4. Raja Salsal sru ngandika | ika priye Si Calcal têka mati | palinthêng gêgamanipun | apa durung tumama | nêmbah patih kadi palinthênge wangsul | dene ta kèndêl kewala | Sang Natèng Rum burudangin ||

5. wontên malih kang amawas | matur nêmbah kula mirsa pribadi | yêktos palinthêng kang wangsul | gumapluk makan tuwan | ratu alit purun mêngsah ratu agung | inggih karoban darajat | milane apês ing jurit ||

6. ngungun duka Raja Salsal | datan antuk dènnya ngabên prajurit | nanging kasaput ing dalu | têtêg ngundurkên ing prang | bubar kalih akêmba ingkang prang pupuh | ing dalu lajêng bojana | Wong Agung Surayèng Bumi ||

7. langkung dening sinambrama | ingkang rayi Sang Prabu Burudangin | alon ngandika wong agung | yayi prabu kaya pa | pratingkahing mungsuhira aprang wau | dene wong sok mangan janma | têka repot ing ajurit ||

8. sagung ingkang para nata | pan tumungkul sami anglirik batin | winatara bok kasêndhu | Raja Tasangsulngalam | nêmbah matur pukulun wikana wau | salaminipun ayuda | inggih ta dèrèng kadugi ||

9. kadi lumaku rinuwat | sampun kathah dosane ing Hyang Widhi | punika watawisipun | mangsane apês prapta | mila dèrèng panuju sasolahipun | mung bisane măngsa jalma | sinêndhu apêsing jurit ||

10. lêga tyase para nata | panyanane kawruhan [kawruh...]

--- 1: 16 ---

[...an] ing ajurit | saking parêng aturipun | Prabu Tasangsulngalam | ratu wignya ing rèh kang madha pakewuh | lêjare wau kang raka | suka sagung kang para ji ||

11. lajêng prasamya drawina | para ratu prasamya walangati | dening sănggarungginipun | sêndhune ingkang raka | sami nêmah ing paduka para ratu | saking sangêt asih marma | mring Natèng Rum Burudangin ||

12. ing mangke tan katabêtan | niring cipta Risang Surayèng Bumi | dènnya bojana anutug | angling Sang Rajèng Selan | yayi ing Rum Burudangin awak ingsun | besuk esuk lilanana | dimèn ratune miyosi ||

13. sun tuwanane cinoba | iya yayi ing Rum ing Burudangin | Si Salsal dimène mêtu | gumyake kang wus wikan | nora kacèk sausap kalawan ingsun | gêdhene luhure padha | Si Salsal kalawan mami ||

14. padha nyatus sapuluh gas | anauri Sang Natèng Burudangin | sayêktine kakang prabu | sami lawan paduka | inggih amung kaot anèm lawan sêpuh | pun Salsal sêdhêng damêlnya | paduka mèh kaki-kaki ||

15. sami godhèg simbar jaja | mung malihe pun Salsal badhog jalmi | jêng paduka ambêk wiku | lan titihane macan | sirik sampun ing japa paduka ampuh | gumujêng ingkang miyarsa | wus bubar ingkang para ji ||

16. ing dalu datan winarna | enjing muni têngaraning ajurit | mungsuh rowang sami mêtu | baris kapang kalangan | sami mijil sakathahe para ratu | nèng amparan dirgasana | Wong

--- 1: 17 ---

Agung Surayèng Bumi ||

17. aglar ingkang para nata | ingkang ngarsa wijoan palowani | Sang Raja Salsal wus mêtu | aglar prajuritira | arsa têdhak angawaki ing prang pupuh | wahana sumaos ngarsa | rinasuk kaprabon jurit ||

18. pragalba gêng saturăngga | têdhak sang aprabu ngawaki jurit | suraking bala gumuruh | wurahan mungsuh rowang | Raja Salsal nitih ingkang sima agung | longkèh-longkèh mring payudan | mulat Sang Natèng Surandil ||

19. amit ingidèn tumandang | nitih èsthi kawot kaprabon jurit | mangsah surake gumuruh | panggih ayun-ayunan | orêg samya kang mulat prayoganipun | iki baya Menak Ambyah | sumaur Rajèng Sêrandil ||

20. sun dudu Sayidin Ambyah | ingsun iya narpati ing Sêrandil | kang nama Prabu Lamdahur | andêl kawak-kumawak | bongkotane wong Kuparman iya ingsun | angrèh bupati amănca | rong lêksa praja dipati ||

21. dhomas ratuningsun ngarsa | pan sakêthi rong lêksa mantri mami | apa iya sira iku | kang nama Raja Salsal | ratu ingkang duraka maring Hyang Agung | gawemu mamăngsa janma | nauri pan iya iki ||

22. Ratu Agung Kalakodrat | Raja Salsal sumbaga ing ajurit | dèn prayitnaa Lamdahur | sangganên gadaningwang | gya kinêtab pragalbanira sang prabu | mutêr gadanira wawrat | sèwu pitung atus kati ||

23. tumênga panggadanira | pan tumêmpuh kadya gêlap sakêthi | tibèng tangkisira [tang...]

--- 1: 18 ---

[...kisira] murub | anjrit dipangganira | andharodhog gajahe Prabu Lamdahur | sumaput Sang Rajèng Selan | akuwat têmên si bêlis ||

24. sun walês Salsal dèn yitna | ngangkat gada sang prabu ing Sêrandil | Salsal masang tangkisipun | tumêmpuh sarwi sênggak | panggadane Sang Maha Prabu Lamdahur | lir katiban gunung sasra | anggro gumêtêr mongnèki ||

25. darodos karingêtira | Raja Salsal angêtab simanèki | tan obah jakêtêt jênggruk | macane Raja Salsal | surak umung kadya ăntariksa rubuh | antuk sisih kang ayuda | arame bindi-binindi ||

26. dheprok macanira Salsal | dipanggane sang prabu ing Sêrandil | gumêtêr satêmah jêrum | kalih sami malumpat | sami dharat kang aprang pupuh-pinupuh | dangu tan ana kuciwa | suka kang sami ningali ||

27. kalih sarêng buwang gada | sigra narik pêdhang-pinêdhang gênti | tumiba parise murub | dangu dènnya prang pêdhang | tanpa karya rêmpu pêdhang kalihipun | gya parêng candhak-cinandhak | agantya tarik-tinarik ||

28. sadina dènira aprang | wus kasaput dalu êpur kang jurit | sampun tinêtêgan mundur | Raja Salsal angucap | esuk bae tinutugakên Lamdahur | bubar kalih kang ayuda | kukud sakathahing baris ||

29. ing dalu lajêng drawina | saha bala Risang Surayèng Bumi | pêpak sagung para ratu | aglar anèng ngayunan | larih midêr janèwêr branduwin anggur |

--- 1: 19 ---

wong agung alon ngandika | hèh yayi Prabu Sêrandil ||

30. kaya pa Si Raja Salsal | prakosane matur Prabu Sêrandil | pan inggih dawêg pukulun | punjul lan para nata | sami lawan Prabu Rukyatil rumuhun | mèsêm wong agung ngandika | yèn misiha dadi kanthi ||

31. Si Salsal Rukyatil Polad | alon matur Dipati Guritwêsi | datanpa adil pukulun | pênêd pun Johanpirman | pênêd Raja Barikahar Ngambarkustup | tanpa damêl ingucapa | ya ta midêr punang larih ||

32. Prabu Sêrandil angucap | yayi ing Rum Salsal wau Dènnya ngling | esuk ingsun kinèn mêtu | anutugakên ing prang | prabu ing Rum Burudangin alon matur | dhuh kakang prabu kawula | dêstun arsa apêpanggih ||

33. kalawan Sang Raja Salsal | anambungi sang prabu ing Kubarsi | aluwung ki lurah sampun | lan bala-bala aprang | kula ingkang dèrèng pisan aprang pupuh | lawan bala Kalakodrat | Prabu Sêmakun nambungi ||

34. kula kakang dèrèng wikan | sru gumujêng sang prabu ing Kubarsi | dhuh anggèr Prabu Sêmakun | tuwan kang anyar prapta | sarêng lawan raka paduka wong agung | kula kang nyênyêglik lawan | parandene dèrèng jurit ||

35. mung kakang prabu ing Selan | ingkang bêgja nuntên sagêd pêpanggih | dene sami agêngipun | apik Sang Raja Salsal | dawêg benjing kula pêthèk botên mêtu | yèn ki lurah mijil ing prang | kakang Prabu Burudangin ||

36. adate dèn [dè...]

--- 1: 20 ---

[...n] ajap-ajap | mring ki lurah botên wontên mêtoni | yèn ki lurah botên mêtu | Salsal mêtu ing aprang | sami suka gumujêng kang para ratu | dèn sirik kaliwat-liwat | kakang Prabu Burudangin ||

37. ing dalu datan winarna | enjing muni têngara ing ajurit | thongthonggrit gurnang lan puksur | têtêge asauran | sampun mêdal barise kang para ratu | miwah baris Kalakodrat | sampun tata amiranti ||

38. prajurite sampun aglar | Raja Salsal munggèng palăngka rukmi | wong agung nilip gènipun | ingkang prajurit aglar | wong agung ing Parangteja munggèng ngayun | Urmus Sêmakun nèng ngarsa | lawan prabu ing Yunani ||

39. Lamdahur lan Umarmadya | Kewusnendar Sang Prabu Burudangin | banjêng ingkang para ratu | Prabu Tasangsulngalam | mijil ing prang grêgabèl titihanipun | praptèng papan sumbar-sumbar | rêbutên iki prajurit ||

40. andêle nagri Kuparman | ratu ipe saking Rum Burudangin | sumbaga ing prang pinunjul | payo Sang Raja Salsal | angandika ika dudu Si Lamdahur | Salsal angatag kang paman | Sang Raja Kulkum prajurit ||

41. ratu saking ing Kalsandhar | mapan kêmbar Raja Dulkum taruni | mangsah kalih Kulkum Dulkum | sami nitih dipăngga | ratu iku sami kèh prajuritipun | kang sami antitih macan | bupati satriyanèki ||

42. arinipun Raja Daldal | sanès ibu lan Salsal ramanèki | Raja Kulkum Raja [Ra...]

--- 1: 21 ---

[...ja] Duldum | kalih sami prawira | mila ing Kalakodrat kèringanipun | kang paman sami prakosa | mangkana narpati kalih ||

43. praptèng rana yun-ayunan | sira iki Sang Natèng Burudangin | ngundhamana anak prabu | kaya nora katêkan | lamun maksih ratu paman kalihipun | sugal dènira ngandika | Sang Natèng Rum Burudangin ||

44. sapa ranmu raja kêmbar | anauri Kalsandhar praja mami | ingsun tuwa Raja Kumkum[2] | Raja Dulkum riningwang | dèn prayitna tadhahana gadaningsun | sigra kalih mutêr gada | tumêmpuh anggada gênti ||

45. suraking bala gumêrah | kadi guntur mungsuh rewang barêngi | akuwat panangkisipun | tan osik astanira | pining kalih andêngkèng grêgabèlipun | mèt aliya ngulêr kilan | irunge kêkotos gêtih ||

46. saking kuwating panggada | pan kapadal dening kang anitihi | Tasangsulngalam sru muwus | sun walês dèn prayitna | èngêt-èngêt Raja Kulkum Raja Dulkum | sambata wong tuwanira | miwah ta ing surya sasi ||

47. angulur palu rante mas | ingkang wawrat sèwu nêm atus kati | pinutêr kadya kêkuwung | malêngkung gêbyar-gêbyar | kasongan ing diwangkara kadi daru | siyute kadi prahara | ngadêg palana ngunduri ||

--- 1: 22 ---

4. Durma

4. Prabu Maliyat Kustur tandhing lawan Prabu Salsal

1. ragi sompok saking panjanging rante mas | eram kang aningali | amayat saksana | nabêt rante kumêlab | kapulêt narendra kalih | lir pinijêran | ginubêdakên ngèri ||

2. pan kacaruk kalih lan dipangganira | kumitir dènnya narik | rinangkus rante mas | tinarik nêngên ngiwa | datan ucul kadi undhi | tinon ing kathah | sinabêtakên siti ||

3. Kulkum Dulkum wangkene sumyur tan kalap | pan kadya dèn jêjuwing | surak lir ampuhan | tiwase sri narendra | Kalsandhar sang ratu kalih | prajuritira | kiwul nêdyabêk pati ||

4. kumarutug punggawa kang nitih macan | wadya Rum Burudangin | kang prapta tinulak | tan arsa tinulungan | prajurit rong atus prapti | ing wuri ana | pănca tus prapta malih ||

5. angarutug ing jêmparing myang sarampang | amêdhang gada bindi | tan kewran ing papan | Prabu Tasangsulngalam | lir kitiran umêtnèki | palu rante mas | barukut amagêri ||

6. pira-pira gêgaman prapta tinulak | malêdug tibèng siti | anabêt sang nata | mubêng palu rante mas | lir pinuntêl kang prajurit | lamun sinêndhal | ajur ingkang prajurit ||

7. kang kaarsa sèkêt satus apan lunas | Sang Natèng Burudangin |

--- 1: 23 ---

wuru ing ayuda | malah sangsaya kuwat | dènira angobat-abit | palu rante mas | mungsuh nèng ngarsa tapis ||

8. ingucapkên musanip alul kikayat | Natèng Rum Burudangin | dènnya prang sadina | amatèni prawira | punggawa miwah para ji | tuwin satriya | pitung atus pan sami ||

9. nitih macan para prawira Kalsandhar | datan amăngga pulih | tuhu sumbagèng rat | moncol ing pramudita | Sang Natèng Rum Burudangin | ing yudanira | malah kasaput latri ||

10. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | kukud sagung kang baris | undure pinapag | Prabu Tasangsulngalam | ing raka Sang Jayèngmurti | rinangkul sigra | mring Sang Surayèng Bumi ||

11. arawat luh wong agung dènnya ngandika | pagene sira yayi | dènira ayuda | tan arsa tinulungan | bangêt karya walangati | mring sanakira | katuju sihing Widhi ||

12. ya ta dhêku anuhun ing aturira | Sang Prabu Burudangin | lajêng ăndrawina | lan sagung para nata | miwah Salsal kang prihatin | ngêmu bramatya | kang paman kalih mati ||

13. Raja Kulkum Raja Dulkum ing Kalsandhar | ing dalu tan winarni | enjing atêngara | sagunging para nata | wus samya mêdalkên baris | têpung akapang | para ratu wus mijil ||

14. datan owah ing panggenanira lênggah | maksih kadi duk wingi | miwah Raja Salsal | munggèng dhampar kancana | aglar sakarine mati | prajuritira | sigra Rajèng Kubarsi ||

15. amit nêmbah [nê...]

--- 1: 24 ---

[...mbah] mangsah anitih dipăngga | Salsal têdhak ngawaki | munggèng ing pragalba | kawot kapraboning prang | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | Salsal sru dènira ngling ||

16. hèh yaiku dudu Si Lamdahur Selan | ratu apa sirèki | asru saurira | Kubarsi buthaningwang[3] | Maliyat Kustur ran mami | ratu sinêmbah | ing samaning para ji ||

17. pan kaipe ingsun ing Pangeran Kelan | kinarya isèn mami | ing wijoan Kelan | Raja Salsal angucap | apa kêlar anadhahi | ing gadaningwang | dene Natèng Sêrandil ||

18. karepotan anadhahi gadaningwang | angling Natèng Kubarsi | nadyan mangkonoa | sun arsa ngicipana | marang panggadanirèki | dudu prawira | mundura ing wêwarti ||

19. hèh Maliyat Kustur iya dèn prayitna | kudhunga paris aglis | angêtab pragalba | sira Sang Raja Salsal | tumêmpuh gadanirèki | surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati ||

20. datan osik Maliyat Kustur astanya | ginada kaping kalih | kuwat tan wigata | Maliyat Kustur panggah | amung dipangganira jrit | Sang Raja Salsal | asru dènira angling ||

21. tuhu sira prawira ratu taruna | bênêr ingkang ngasihi | sun gada tan obah | payo sira malêsa | Maliyat Kustur sru angling | payo kudhunga | băndabaya sun gitik ||

22. Sri Maliyat Kustur angêtab dipangga | mutêr gadanirèki | saksana ginada | sira Sang Raja Salsal | kadya balêdhèg sakêthi | surak [sura...]

--- 1: 25 ---

[...k] gumêrah | obah bêbalungnèki ||

23. Raja Salsal ingkang satus pitung dasa | pragalba gro angrintih | tan bisa apolah | ngalumpruk macanira | Raja Salsal muwus aris | muduran sira | alah Natèng Sêrandil ||

24. iya jipat pêpukule abot sira | rame dènira jurit | tan ana kuciwa | dangu gada-ginada | rame dènnya main bindi | antuk sisihan | ing prakosa myang sêkti ||

25. Sang Maliyat Kustur gajahe ngalemprak | Salsal macanirèki | ngalumpruk tan obah | sami tilar tunggangan | rusake mawanti-wanti | wus sami dharat | wau dènira jurit ||

26. parisane katiban ing gadanira | murub samya ngungkuli | urubing dahana | mentar akantar-kantar | sangsaya wuru kang jurit | sami karêmnya | ing gada nora salin ||

27. Raja Salsal tangkise lamun ginada | kuwate datan osik | rosane kang gada | suku amblês ing lêmah | kacêp pagêlangannèki | karingêtira | kotos lir dèn sirami ||

28. Sri Maliyat Kustur kalamun ginada | iya sami tan osik | cacab dalamakan | dhungkar siti kapadal | arupa repoting jurit | Sang Raja Salsal | asru dènira angling ||

29. èstu sira Maliyat Kustur digdaya | sayah pan ingsun iki | besuk maning padha | tinutugakên ing prang | iki tanggung sêlak wêngi | tan ana kalah | angling Natèng Kubarsi ||

30. iya Salsal [Sa...]

--- 1: 26 ---

[...lsal] sun turut sakarêpira | sira têtêge muni | mundur kang ayuda | Maliyat Kustur prapta | pinapag ing sawatawis | asta cinandhak | dhêku saha wotsari ||

31. sinambrama mring Wong Agung Kakungingrat | lajêng bojana sami | sagung para nata | kumpul anèng ngayunan | midêr ingkang punang larih | rame drawina | wong agung ngandika ris ||

32. kaya ngapa prangira karo Si Salsal | matur Rajèng Kubarsi | inggih langkung kuwat | sêmbada gêng luhurnya | nanging tan awas panggitik | tan sagêd ngêrah | duk pamutêring bindi ||

33. kuwatipun têlas pamutêring gada | kêmba tibaning bindi | yèn sagêd awêtah | kuwate ing panggada | yêkti lamun bilaèni | Sang Raja Salsal | kuwatipun munjuli ||

34. kadi asor paguronipun prang gada | kirang têngah sakêdhik | pamutêring gada | tibaning pupuh kirang | gadane botên nglawèhi | wau ing solah | rosane buta tuli ||

35. yèn pranga lan sun kakang Natèng Yujana | amba purun angapit | lamun pranging gada | liyaning pranging gada | wau dèrèng kantos salin | nutug samana | ăndrawina sawêngi ||

36. enjing muni têtêg miyosi ngayuda | gurnang bèri thongthonggrit | gong maguru găngsa | muni kêndhang Iskandar | têngara ing Parangakik | bala Kuparman | wuwuh tyasira sami ||

37. sigra mijil sagung para raja-raja | ing palênggahan wingi | munggèng ing wijoan | ing kursi myang amparan [ampar...]

--- 1: 27 ---

[...an] | Wong Agung Surayèng Bumi | nèng dirgasana | mung lan upacarèki ||

38. patayare tigang kêthi nora mêdal | kuyup ing senapati | amung para nata | barise ingkang mêdal | wus tata kabèh miranti | Sang Raja Salsal | têdhak nitih mong salin ||

39. hèh Maliyat Kustur age umijila | nutugkên ing prang wingi | sigra Raja Kemar | amit ingidèn mangsah | nitih turăngga sang aji | praptèng payudan | ayun-ayunan panggih ||

40. angling asru sang prabu ing Kalakodrat | iki asalin malih | dudu Si Maliyat | Kustur pan wis ubaya | Raja Kemar anauri | giliran ingwang | ing prang lawan sirèki ||

41. Raja Salsal gumuyu sapa ranira | si kêmba kudu jurit | si êlom tan layak | aprang kalawan ingwang | sabêne arakit-rakit | arikat-rikat | prajurit Pusêr Bumi ||

42. sira iku asigug kêmba ngalămpra | apa ratu bupati | apa juru sawah | apa satriya desa | bapakamu lurah tani | nuli tinriman | marang ratune dhingin ||

43. nuli lawas-lawas mêtoni ing sira | mulane sira iki | paron ulêsira | mung matamu sêpala | ana tabêtmu wong bêcik | lan jajanira | iku rada mantrèni ||

44. kabèh-kabèh kuwur nora ana pacak | sarigaking bupati | nora katempelan | nauri Raja Kemar | ingsun Narendra Kuwari | Kemar ran ingwang | ratu ipe sun iki ||

45. mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagat |

--- 1: 28 ---

Raja Salsal miyarsi | megos mengo ngiwa | bokaya[4] wong anyana | sira iku nyana urip | rohmu wi panjan | lunga luru kêmiri ||

46. Raja Kemar sugal payo anggadaa | Salsal asru dènnya ngling | lumaku ginada | si kêmba dèn prayitna | ngêtab pragalba sang aji | angundha gada | tumêmpuh paris wêsi ||

47. pan pinindho tugêl gigiring turăngga | tiba Raja Kuwari | tangi nora bisa | barkangkang kolekaran | sinurak gumuruh atri | Sang Raja Salsal | têdhak saking mongnèki ||

48. Raja Kemar ingancikan jajanira | rinangkus astanèki | wau katupiksa | pratingkah Raja Salsal | Wong Agung Surayèng Bumi | duka murina | ipe rêp dèn talèni ||

49. nitih kuda sumêbut prapta ing papan | lajêng pêtak sira Mir | gumludhug ngawiyat | gora rèh gara-gara | Salsal kagèt tan sinipi | wurung dènira | nyêpêng Rajèng Kuwari ||

50. inguwalkên ningali wontên kang prapta | sarwi nitih turanggi | iki baya ingkang | prapta anggawa swara | hèh iki sira wong ngêndi | ingkang pêpêtak | lan sapa ranirèki ||

51. anauri apan ingsun satriyanya | Natèng Rum Burudangin | Sayid Sami ingwang | kinèn têtulung ing prang | asore Rajèng Kuwari | rêp sira bănda | kinèn angrêbut mami ||

52. ingsun kinèn apranga kalawan sira | Raja Salsal nauri | apa sira kêlar | aprang mungsuh lan ingwang | ratumu Si Burudangin [Buruda...]

--- 1: 29 ---

[...ngin] | ingsun tan sotah | sira pan dudu tandhing ||

53. angur sira mundura mupung awaras | aja prang lawan mami | Sayid Sami mojar | pan ingsun kudu mêksa | wruha rasane prang mami | kalawan sira | nadyan dadia pati ||

54. kudu năndha iya mring sudiranira | Salsal gumuyu angling | sira kudu mêksa | yèn nora sun turuta | kaniaya jênêng mami | lah dèn prayitna | sun gada Sayid Sami ||

55. sru kinêtab pragalbane Raja Salsal | sarwi asru ambindi | gada gêng katulak | ing paris datan obah | pinindho maksih tan osik | sugal lingira | nyata gambuh ing jurit ||

5. Gambuh

5. Prabu Salsal Kasoran Yudanipun dening Wong Agung

1. sira malêsa gupuh | payo agênti gadaa ingsun | anauri kang angaku Sayid Sami | dèn prayitna sang aprabu | aja gumingsir dèn tanggon ||

2. angangkat gadanipun | usamadiman gada pinunjul | sarwi ngêtab askarduwijan mrêpêki | usamadiman tumêmpuh | ing parisane sang katong ||

3. kuwate ing pamupuh | rosaning tangkis titihanipun | pan kapadal ing bêbokong tugêl palih | gêtêring pragalba jêpluk | pêjah macane sang katong ||

4. Raja Salsal gumêbrug | tiba ing lêmah nanging alungguh | asru

--- 1: 30 ---

mojar sira dudu Sayid Sami | pasthi momor ngaku-aku | baya Si Jayèngpalugon ||

5. liyane Jayèngpupuh | duwe kasêktèn kaya sirèku | măngsa ana kaboyong Si Jayèngmurti | bok aja angaku-aku | katara pukulmu abot ||

6. balamu Si Lamdahur | miwah Si Raja Maliyat Kustur | ingsun bobot lawan pêpukulirèki | nora timbang tikêl satus | nauri Jayèngpalugon ||

7. iya karêpirèku | ngarani marang saliraningsun | nanging ingsun kadang Natèng Burudangin | Raja Salsal asru muwus | bênêr ujarmu mangkono ||

8. jêr natèng ing Rum iku | pan sira angkat kadang satuhu | mati urip wus dadi kadang sayêkti | arine sira lap iku | prandene siranggo anom ||

9. sira kang dadi sêpuh | nora nut marang kaipe iku | sira gawe nom Natèng Burudangin |[5] lah iku pangrunguningsun | akèh kang matur maring ngong ||

10. kaya pa ta sirèku | apa misih mukir nora ngaku | praptanira ing nagariningsun iki | pan dudu karsanirèku | amukul ing prajaningong ||

11. iya kadangmu iku | kang kudu aprang kalawan ingsun | arinira Sang Natèng Rum Burudangin | sira rêp gitik mring Uktur | ing Sorangan ratu abot ||

12. basa Sorangan Ratu | Raja Gajimăndalika Uktur | gung aluhur awak uwong sirah èsthi | gung alit balane iku | padha mangan mêntah uwong ||

13. ing kene

--- 1: 31 ---

iki tiru | nanging matêng mung doyananipun | bala Uktur mêntah matêng dèn doyani | Raja Gulangge pinunjul | sugih bala para katong ||

14. prakosa gêng aluhur | jrih mring Gajimăndalika Uktur | ingsun kene mring Prabu Gulangge ajrih | wong Menak pan arêp kontung | lamun kudua marono ||

15. wong agung wus angaku | iya ing kene bubuhanipun | yayi Prabu Tasangsulngalam Brudangin | pagene sira tan mêtu | manggihi prang yayi katong ||

16. Raja Salsal sru muwus | sapa kang gêlêm aprang lan iku | gêgamane anèh lan para narpati | sapa kang kêna ing iku | sayêkti nora dadi wong ||

17. sapa kang kêna iku | dadi pangewan-ewaning lampus | palu rante singa kêna ting saluwir | tan kalap bêbathangipun | saparsa aprang mangkono ||

18. wis nyata sira ngaku | nora kêkêlir padha satuhu | lamun sira Wong Agung Surayèng Bumi | aja na prang liyanipun | saking gada padha tanggon ||

19. yèn wis kasoran ingsun | tandhing Gajimăndalika Uktur | yêkti pantês Sang Kakungingrat nauri | payo prang junjung-jinunjung | apranga pêdhang kadangon ||

20. Raja Salsal gumuyu | kapriye iya akalmu iku | sun gung luhur sira pidêksa pan alit | ingsun ingaran balilu | bok prang gada tan kasêmon ||

21. wong agung lingira rum | aja kuwatir sun sêdya uwus | payo age Salsal junjunga ing mami | alon dènira sumaur [suma...]

--- 1: 32 ---

[...ur] | sira iku kudu wangkot ||

22. alah iya karêpmu | wajib nurut sasukaning mungsuh | Raja Salsal anyandhak wangkingan aglis | wanti-wanti ing panjunjung | tan obah saking ing ênggon ||

23. mêksa panjunjungipun | sangsaya rapêt ing sukunipun | lawan siti Wong Agung Surayèng Bumi | Raja Salsal sukunipun | amblês ing siti mandhêlong ||

24. karingêt kadya adus | payo wong agung malêsa junjung | tan kuwawa angur anjunjunga wukir | abot muwus kaya gunung | hèh payo junjungên ingong ||

25. sigra nolih ing pungkur | iku Marmaya ambucal kuluk | têtoponge wong kabèh atutup kuping | saksana pêtak wong agung | sarwi anjunjung sang katong ||

26. Raja Salsal kajunjung | sigra dèn ikal saengga kapuk | wusnya dangu saksana binanting siti | kantaka Salsal Sang Prabu | prajurit satriya anom ||

27. mangsah arsa ngarêbut | Sang Raja Salsal wungu amuwus | hèh balia aja na dahwèn ing mami | sakarsane Jayèngsatru | marang ing sariraningong ||

28. sadaya sami mundur | Sang Raja Salsal tinalèn sampun | wus rinangkus mring Dipati Guritwêsi | baris tinêtêgan mundur | bubar andhandhang pakuwon ||

6. Dhandhanggula

6. Prabu Salsal têluk dhatêng Wong Agung

1. sinrahakên mring Natèng Kohkarib | binêkta mundur mring pasanggrahan | para ratu sadayane | lajêng

--- 1: 33 ---

drawina dalu | kumpul sagung para narpati | raja ing Kalakodrat | ingandikan rawuh | wong agung alon ngandika | Raja Salsal tobata marang Hyang Widhi | dènira măngsa janma ||

2. yèn tan arsa tobat sun patèni | lawan iya salina agama | buwangên masukh lamine | iya gama Nabi Nuh | anganggêpa Nabi Ibrahim | kang măngka dutaning Hyang | Raja Salsal matur | inggih sakarsa paduka | mugi tuwan mupangatana ing dasih | sasolah kèh dosamba ||

3. sinadatkên mring Sang Adipati | Tasikwaja Salsal sampun bisa | nulya inguculan age | taline mring wong agung | nêmbah sujud nèng pada Amir | kinèn jajar alênggah | lan Prabu Lamdahur | pinisalin ing kamulyan | tinêtêpkên ing karatonira lami | amêngku Kalakodrat ||

4. wau ingkang kawuwusa malih | Unuk Marjaban lawan Baktiyar | Raja Salsal sakasore | sarêng palayunipun | sabalane marang wanadri | rêmpêg sapikirira | sira Raja Unuk | Marjaban lawan Baktiyar | angulati pangungsèn ratu kang luwih | kang pantês bangkat karya ||

5. nêdya marang Sorangan nagari | ratu agung sirahipun gajah | Raja Gaji pêparabe | ya Măndalika Uktur | datan pisah kunêng winarni | byar ari Raja Salsal | ngundhangi wadya gung | sanagara Kalakodrat | sami salin agama Nabi Ibrahim | sawadya wus warata ||

6. ingaturan Sang Surayèng Bumi | angadhaton [anga...]

--- 1: 34 ---

[...dhaton] saha balanira | wus manjing ing kitha kabèh | tata pakuwonipun | para ratu samya ngênggèni | wismane pra dipatya | sugata lumintu | ing siyang ari drawina | Raja Salsal wus têguh agamanèki | rukun sawadyanira ||

7. langkung ngungun kalirune nguni | tekad kang nasar tubtu ilallah | suka sagarwa putrane | anyandhang iman tuhu | wus mangkana alami-lami | wong agung angandika | Salsal yayi prabu | apa doh nagari Rokam | paran karsa tuwan andangu nagari | kutha Gulangge Rokam ||

8. amba matur ing tuwan sayêkti | wite amba sami măngsa janma | saking jrihe lok ênggène | ditya pêthak pukulun | anakipun pun Baranjilin | ditya ardi Jabalkap | angungsi ing gunung | Kondre wastane kang arga | bêkta bala tigang èwu kala prapti | mangke sampun alêksan ||

9. namanipun Raja Baranjilin | balanipun sami ditya pêthak | mamăngsa janma karyane | dupi ing ngriki anut | sami tumut mamăngsa janmi | mantune dipun măngsa | punika witipun | botên kadi ing Sorangan | salamine măngsa janma sawadyèki | pun Uktur Măndalika ||

10. ardi Kondre amung tigang latri | saking ngriki Baranjilin kitha | kadi kapuk sabalane | angandika wong agung | iya iku mungsuhe sami | rama prabu ing Ngajrak | kaplayu dening sun | ing mêngko sira tan bisa | anundhunga saking prajanira yayi | Raja Salsal [Sa...]

--- 1: 35 ---

[...lsal] tur sêmbah ||

11. inggih sakalangkung saking wêrit | wêrit margi lan wêrit kawasa | pun ditya pêthak sêktine | tan wontên sagêd mungsuh | yèn sampuna sêlak nglabuhi | tumut mamăngsa janma | sayêkti ginêmpur | abdi tuwan Kalakodrat | urut gunung wong sèwu dinamêl koki | dhatêng pun ditya pêthak ||

12. inggih sampun paduka murugi | pun ditya pêthak manting têtapa | pinrih punjule sêktine | pan arsa malês ukum | inggih dhatêng Paduka Amir | wong tuwanipun pêjah | sawarêganipun | tumpêse saking paduka | praptanipun rayi tuwan Burudangin | amba suka uninga ||

13. inggih dhatêng pun Raja Branjilin | yèn paduka ingkang badhe prapta | mangke duk prapta barise | kadange Jayèngsatru | ratu saking Rum Burudangin | balane pitung yuta | kula mrih têtulung | malah mangke nora prapta | lah punika inggih wukire kaèksi | kêkutha jroning guwa ||

14. puwa-puwa pun Raja Branjilin | nagari kang kanan kèri têlas | sami cinolong putrine | amung tigang prajèku | ingkang sami dipun alimi | ing ngriki lan ing Rokam | lan prajane Uktur | mila sagung para raja | sami susah saking pun Raja Branjilin | agung dènnya sikara ||

15. duk rumiyin sami dèn lurugi | para ratu kang putrine ilang | sami bingung dêdalane | datan kêna jinujul | dadya wangsul para narpati | ambingungakên marga | kasantikanipun | wong agung alon ngandika [nga...]

--- 1: 36 ---

[...ndika] | yèn mangkono ingsun kêdah amarani | mring si ditya pangrusak ||

16. nadyan bisa bingungakên margi | mati uripa wus ingsun têmah | Sang Raja Salsal ature | inggih datan pêkantuk | yèn mariku ambêkta baris | tuwan angrisak bala | èwêd papanipun | kintên-kintêne punika | tiyang satus pakantuk sagêd lumaris | wong agung angandika ||

17. yèn nora sun gitik Si Branjilin | lumakua marang ing Sorangan | ing wuri pakewuh gêdhe | balanira ginêmpur | yayi prabu mring Si Branjilin | nagri Sorangan pira | iya têbihipun | Sang Raja Salsal turira | satus dintên lampahane saking ngriki | kutha kang măngsa janma ||

18. ngumpulakên sagung kang para ji | para putra ngandikan sadaya | sagung ratu gêdhe-gêdhe | pan ingsun arsa mukul | ing Branjilin rêksasa putih | nora anggawa bala | amung pitung puluh | punjule papat kewala | yayi Salsal pan ingsun kapate malih | yayi mas Parangteja ||

19. lawan ari prabu ing Yunani | kakang Adipati Tasikwaja | Si Rustamaji ing mangke | madêga ratu agung | binathara anyakrawati | kang măngka isining kang | joan palowanu | yayi Sêmakun Gumiwang | yayi Urmus lan wayah ngong Atasaji | dadi sosoran bapa ||

20. lawan paman karo kang nosori | Urmus Sêmakun ing prang milala | iya karsaningsun dene | manawa tiwas ingsun | aprang lawan si

--- 1: 37 ---

ditya putih | Branjilin lami tapa | pangajape mringsun | de wus kasub măndraguna | istijrate wil putih Raja Branjilin | tan kêna ginagampang ||

21. sagung bala pabarisan iki | ingkang karèh ratu binathara | tan kawêngku karatone | Parangakik sutèngsun | pan wus binathara pribadi | Karsinah lan ing Kelan | kang nora kawêngku | ing Ngambarkustub pan ora | ing Tasmitèn ing Kaos lan putu mami | Malebari Kusniya ||

22. iku ingkang wus mêngku pribadi | ing Betarti Si Aris Munandar | kang wis mêngku praja dhewe | lan suta yayi prabu | Kalakodrat madêga aji | ing nagri Kalakodrat | Si Taltal puniku | Prabu Taltal Ibnu Salsal | dening lamun ana balikaning urip | gampang kapanggih wuntat ||

7. Pangkur

7. Wong Agung nglurugi Prabu Branjilin

1. mila ratu pitung dasa | wus siyaga mung bêkta bala nyiji | hèh sagunging anak ingsun | dèn padha among suka | ingsun jaluk lilane mring sira iku | ingkang lunga salamêta | salamêta ingkang kari ||

2. karana wajib sun rusak | buta iku walêr sangkêring bumi | malarati para ratu | nusahakên nagara | pira-pira praja susah saking iku | wajibe sun sirnakêna | wusnya ngling budhal Jêng Amir ||

3. amung satus kawan dasa | ratu-ratu mung kang nyêkêl turanggi | Raja Salsal anèng ngayun [nga...]

--- 1: 38 ---

[...yun] | antuk lakon sadina | manggih wana wontên talaga asingub | akathah ingkang wowohan | têpine talaga asri ||

4. wong-wongane têpi kathah | pan akathah rêca mawarni-warni | nunggang kuda bihal sênuk | sarwi amandhi gada | kèh warnane kadi solahing atunggu | wong agung alon ngandika | yayi Salsal apa iki ||

5. umatur Sang Raja Salsal | pandamêle ing nguni Raja Jamsit | punika angkêr kalangkung | singa mêndhêt wowohan | kang brahala punika marani mukul | anggada miwah amêdhang | wadya Kalakodrat ajrih ||

6. duk Raja Jamsit punika | amanggihi dhatêng Raja Branjilin | ing ngriki pakuwonipun | dadya isining wana | bala tuwan sapraja tan wontên purun | wong agung alon ngandika | sira kelangan sayêkti ||

7. alas iki liwat muwah | wowohane sadaya adi-adi | kalong upajiwanipun | yayi wong Kalakodrat | lah jajalên amêthika woh puniku | Rajèng Kebar sigra nêmbah | sira Raja Yusup Adi ||

8. angiwa parisanira | asta têngên mêthik wowohan adi | gupala obah lumaku | marani Raja Kebar | sigra gitik tinangkis parisanipun | nguwuh-uwuh Raja Salsal | kakang Prabu Yusup Adi ||

9. andika kesah kewala | kakang prabu punika bilaèni | Natèng Kebar bramantya wus | angundha gadanira | Prabu Kangkan Lamdahur sami umagut | tumandang gadani

--- 1: 39 ---

rêca | prabu katri mobat-mabit ||

10. wong agung mèsêm kewala | Raja Salsal tyase nyangkirig jêgrik | wong agung ngandika arum | yayi nêngna kewala | tate aprang brahala katiga ratu | kang mara-mara ginada | rêmuk nora bisa pulih ||

11. nulya Prabu Kewusnendar | Alamdahur lan Prabu Burudangin | masang palu rantenipun | sinabêtakên sigra | anggalasah rêca salêksa wus gêmpur | amung ratu nêm kang mangsah | siji nora bisa pulih ||

12. Lamdahur lan Kewusnendar | Darundiya Ukman lan Yusup Adi | kanême sang prabu ing Rum | salêksa tapis rêbah | sami aso ratu nênêm samya adus | samya angambil wowohan | sabalanira Jêng Amir ||

13. eram mulat Raja Salsal | sudirane sabalane Jêng Amir | eca makuwon ing ngriku | sira Sang Prabu Salsal | animbali dhusun kanan kèrinipun | kabèh sami jinadhêlan | dhusun ingkang manjing koki ||

14. wong desa patingginira | prapta sêgah lêga manahe sami | jinêdhal mari atunggu | marang sang ditya pêthak | wus kawarta tingkahira nèng marga gung | agung aprang lan brahala | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. mangkana kang kawuwusa | ingkang kantun Kalakodrat nagari | sakathahe para ratu | ingkang sami atêngga | Rustamaji Batha nyakrawatyèku |[6] animbali putra Salsal | Raja Taltal praptèng ngarsi ||

16. alon dènira ngandika | Rustamaji Bathara Nyakrawati | yayi Taltal ngêndi iku |

--- 1: 40 ---

tanah kutha Sorangan | nagarane Gajimăndalika Uktur | sira margane wus wikan | kewran Taltal aturnèki ||

17. dinangu sinêlak-sêlak | matur inggih manawi botên lali | mila paduka andangu | inggih arsa punapa | dangu kitha Gajimăndalika Uktur | Raja Taltal binisikan | mring bathara nyakrawati ||

18. aja umung yayi sira | sira dhewe wêruha karsa mami | dêstun têmên arsa wêruh | ratu kang sirah gajah | ramanira iya lawan ramaningsun | ajanji sabaya pêjah | sira yayi lawan mami ||

19. sêkêling tyas Raja Taltal | paranbaya karsane sri bupati | apa iya karsa mukul | marang nagri Sorangan | arêp mungsuh Gajimăndalika Uktur | kalamun wani ngucapa | durung pitaya ing jurit ||

20. akèh ratu para putra | ing Kuparman yèn mungguh siji iki | manira durung angrungu | prawiraning ayuda | liya saking Jayusman Marijalsamsu | ratu agung binathara | kang jumênêng Parangakik ||

21. lawan Jêng Pangeran Kelan | lan Karsinah lawan Hasim Katamsi | pan amung papat puniku | kang wus kentar ing jagat | ya wis kasub kasusra ing prang pinunjul | padha trahing witarêdya | Ruslan ing Danurusamsi ||

22. nata mudha ing Karsinah | wus atabêt iki ta Rustamaji | lah măngsa bodhoa iku | darma ngiring kewala | wani marang Gajimăndalika Uktur | ratu gêdhene kaliwat | sêktine têtela luwih ||

23. sang aprabu angandika | yayi Taltal kang ingsun karya sandi | padha [pa...]

--- 1: 41 ---

[...dha] lungaa bêburu | yèn wus parêk Sorangan | ing kuthane Gajimăndalika Uktur | ing kana pan laju ingwang | angundhangi wadya mami ||

24. abêburu nanging iya | anganggoa kapraboning ajurit | sawadyanta dhewe iku | kang raka ingaturan | Prabu Ruslan lan Parangakik wus rawuh | Rustamaji aturira | kakang prabu kawula mit ||

25. kesah bêbêrêg mring wana | tuwan kantun mung yayi Kaelani | kawula bêkta bêburu | pun paman kalih pisan | sakarsane tumuta utawi kantun | Prabu Sêmakun turira | mring kang putra Rustamaji ||

26. punika ta dede lampah | yèn pêpara kongsi sipêng wanadri | măngsa ta puruna kantun | rumêksa padukendra | wusnya têlas ing pitungkas budhalipun | sri bathara saha wadya | ingkang paman datan kari ||

27. Urmus Sêmakun tut wuntat | lan kang rayi Pangeran Kaelani | kang dadya cucuking laku | sira Sang Raja Taltal | winatawis tigang yuta wadyanipun | lêpas praptèng wanawasa | suka pamucunging dasih ||

8. Pucung

8. Manungsa asipat sato

1. pan anglantur ngambah wana agung-agung | wus samadya căndra | gêgubah anèng wanadri | pira-pira angsale kang buron wana ||

2. maksih laju ngalèr ngilèn lampahipun | saking Kalakodrat | kang rayi umatur aris | jêng

--- 1: 42 ---

pangeran ing Kelan Jaswadiputra ||

3. kakang prabu wus têbih lampah pukulun | ingkang bokmanawa | liya watês sănggarunggi | bok kawêtu saking bumi Kalakodrat ||

4. apakewuh miwah yèn jajahan mungsuh | prabu ing Gumiwang | Urmus sami anambungi | inggih lêrês prayitnane rayi tuwan ||

5. eman ewuh ing ngriki kèh têksih mungsuh | kang milu ing Rokam | miwah Sorangan nagari | jajahane Uktur Gajimăndalika ||

6. alon muwus Rustamaji Sang Aprabu | sanadyan ngidêka | tampingane mungsuh yayi | iya apa yayi mas kang kinajrihan ||

7. yayi durung alêga ing nalaningsun | buron saya kathah | wanane sangsaya asri | pelag têmên kana iki yayi êmas ||

8. kunêng dalu Taltal ingandikan rawuh | yayi prabu apa | adoh saking alas iki | jajahane Uktur Gajimăndalika ||

9. alon matur Raja Taltal mèh pukulun | ing benjang kewala | watawis inggih ngidêki | jajahane Gaji Uktur Măndalika ||

10. nanging gunung ngajêng punika pukulun | panggenan punggawa | ing Sorangan juru tamping | ingkang sami nglampahakên ngèlmu kêmat ||

11. balanipun Gajimăndalika Uktur | sami ngadhang-adhang | wong marang desa dèn ambil | ingkang sami jaga wukir ngiras-iras ||

12. bêbaran mung măngsa manungsa pukulun | mendah miyarsaa | benjing ing lampah puniki | yêkti sasat dipun atêri panganan [panga...]

--- 1: 43 ---

[...nan] ||

13. adatipun lamun andulu wong langkung | pasthi rêrêbutan | wong kêdhik prandene wani | dèn rêrêjêng wong sèwu saêjam têlas ||

14. sipat wulu wong mêntah-mêntah ginilut | mulata wong wêndran | siji nyèkêti kuwawi | balanipun Uktur Gajimăndalika ||

15. jurunipun Gajimăndalika Uktur | prabu ing Sorangan | siji amèt satus rakit | tanpa bayu tiyang ginêtak kewala ||

16. sami rubuh wong atusan padha lumpuh | tan bisa lumampah | lajêng dipun karakoti | wong suwidak ginayêm wong loro têlas ||

17. ingkang tumut Gajimăndalika Uktur | ya ta pêparentah | Sri Bathara Rustamaji | kèndêl sami akaryaa pasanggrahan ||

18. ya ta wau gêntia ingkang winuwus | ingkang masanggrahan | talaga têngah wanadri | ya Sang Amir Mukminin Surayèng Jagat ||

19. gèn wong agung anèng ngriku tigang dalu | amukti wowehan[7] | lan agung dhaharan daging | daging buron sawusira tigang dina ||

20. budhal maju prapta ing bangawan agung | ing ngarsa bêbulak | pan agêng wukir ngungkuli | gunung Kondre ngandhape bêbulak wiyar ||

21. sungil langkung têpine kêkayon agung | wana gêng punika | Wong Agung Surayèng Bumi | angandika wong Menak ing Raja Salsal ||

22. yayi prabu kali iki liwat agung | matur Raja Salsal | pasaban ditya ing ngriki | bala amba wong Kodrat tan purun ngambah ||

23. salèripun pasaban [pa...]

--- 1: 44 ---

[...saban] rêksasa agung | wukir kang katingal | ing Kondre dèn kadhatoni | sabalane pun Branjilin Ditya Nata ||

24. Salsal matur nginggil punika pukulun | ing nguni sabrangan | jalampar toyane lirih | botên wontên toyane ingkang akêras ||

25. sami nungsung para ratu pitung puluh | prapta kang jalampar | Raja Salsal anabrangi | sami anut para ratu pitung dasa ||

26. praptanipun ing sabrangan kudanipun | sami cinuculan | kèndêl sami dèn guyangi | rumput kathah ing bulak asmaradana ||

9. Asmaradana

9. Wong Agung mlêbêt kadhatonipun Prabu Branjilin

1. wontên ngèli saking nginggil | sami anitih prabatang | têtiga ditya lêlangèn | bubar wadya guyang kuda | mulat kang ditya pêthak | warnanipun kadi kapuk | agênge anêlung gajah ||

2. lagi umur tigang warsi | puniku larening buta | anêlung gajah agênge | alêlumban kalangênan | biyange anèng wuntat | sagunung anak gêngipun | pan sami nitih prabatang ||

3. kèndêl tumingal ing jalmi | angêntèni biyungira | Raja Salsal prapta gupoh | nêmah matur wontên ditya | saking nginggil lêlumban | wong agung marani gupuh | miranti pinggir bangawan ||

4. ditya anak asru angling [a...]

--- 1: 45 ---

[...ngling] | babo ika iya apa | dene mangkana rupane | babune nauri sugal | ika badhoganira | manusa arane iku | gurihe luwih manjangan ||

5. Wong Agung Surayèng Bumi | para ratu kinèn nêbah | iya manawa kasiwo | sun aprang kalawan ditya | bandhêm watu kumlasa | buta mêntas saking banyu | angêrik angundha sela ||

6. mangsah wong agung marani | binandhêm watu kumlasa | salumbung-lumbung gêdhene | wong agung mrêpêki sira | sarwindha kèri kanan | danawa èstri gro muwus | manusa bilai sira ||

7. wèh panganan maring mami | mêngko warêg dening sira | ingudanan watu akèh | rikat sumingkir mangarsa | sigra anarik pêdhang | tumracak wus anèng bau | sigra dènnya mêdhang jăngga ||

8. eram kang para narpati | solahe aprang lan ditya | Wong Agung Jayèngpalugon | ditya rêbah anggro mojar | pindhonên awak ingwang | aja tanggung dimèn lampus | hèh nora sun pindho sira ||

9. sapisan bae ngêmasi | dênawa krora mangrêmpak | êndhase binêntusake | ing sela pêcah wus pêjah | wau nalikanira | mulat sang aprabu ing Rum | Burudangin sigra mangsah ||

10. praptanira gèn rasêksi | Sang Prabu Tasangsulngalam | angosèr kang palu rante | kumêlap sinabêt sigra | kêni kalih kang ditya | kang siji mangsah ambêntur | kinêbyok buntêlan ditya ||

11. tinarik pinutêr malih | kinosèrakên ing

--- 1: 46 ---

sela | malêdug sumyur balunge | sirna nèng palu rante mas | suka kang sami mulat | sirna sakawan kang diyu | lêga tyas kang para nata ||

12. sadaya sami ningali | ing wangkene punang ditya | nulya ingkang para katong | akèn kêkambil turăngga | ing wadya kang nyatunggal | mangkat saking lèpèn agung | prapta ngandhaping prabata ||

13. tutupe gapura wêsi | wong agung praptèng gapura | têdhak saking turanggane | miwah sagung para nata | jibêg ngarsèng gapura | gapura sukuning gunung | Raja Salsal kinèn buka ||

14. inêbe prasami wêsi | Raja Salsal sigra buka | tan osik ingogak-agèk | tinulungan para nata | sakawan datan obah | wontên malih kang têtulung | sapuluh angogak-ogak ||

15. maksih kang kori tan osik | wong agung alon ngandika | mirea kang para katong | sigra kang kori dhinupak | jêplok sadaya rusak | kori rubuh selanipun | ing wukir rungkad malêkah ||

16. dityane ingkang jagani | ing kori buta sadasa | sanga karubuhan kabèh | amung satunggal kang lêpat | dênawa ika mulat | kang ngrubuhkên kori wau | lamun manusa kang prapta ||

17. sigra lumayu anggêndring | umatur ing prabunira | nuju siniwèng balane | pinarak nèng padmasana | sira Branjilin Raja | gugup wil kang tunggu pintu | praptane amêgap-mêgap ||

18. dhuh gusti sri narapati | wontên manusa kang prapta | korine dhinupak ruboh | kang dênawa sanga [sa...]

--- 1: 47 ---

[...nga] pêjah | kang karêbahan lawang | botên kathah rencangipun | wong agunge pitung dasa ||

19. satus tiyang amakathik | ingkang ngirid Raja Salsal | botên agêng wong agunge | pidêksa amawi cahya | kadya săngka purnama | Raja Branjilin angrungu | ana karasa ing nala ||

20. baya Si Surayèng Bumi | wartane nèng Kalakodrat | layake banjur marene | angatag prajuritira | sira padha jêjaga | ing sajroning pêtêngipun | samăngsa iku manjinga ||

21. karutugên watu sami | măngsa bisaa tumindak | watu kang salumbung kabèh | mangkat ditya pitung dasa | sajro lawang wus prapta | jibêg samya ngundha watu | pating galêrêng swaranya ||

22. Wong Agung Surayèng Bumi | ngandika ing para nata | kabèh karia ing kene | mung yayi ing Kalakodrat | iku bae sun gawa | wong loro kalawan ingsun | Salsal tur sêmbah sandika ||

23. gadane sigra kinêmpit | yayi aja gawa gada | prang lan buta tan karaos | pakolèh pêdhang kewala | buta sagunung anak | sira gadaa ping sèwu | sasat sinabêt ing sada ||

24. gumujêng ingkang miyarsi | Raja Salsal sèlèh gada | mung pêdhang lawan parise | wong agung ngambil pusara | kamandèn kang wasiyat | Bagendha Kilir rumuhun | lawan kang saking Ngajêrak ||

25. ingkang bisa tan kaèksi | Raja Salsal kinèn nyandhak | ing buntare kang kêmandèn | sapangat datan katingal | manjing sajroning [sa...]

--- 1: 48 ---

[...jroning] guwa | ingkang pêtêng anglir dalu | wong agung kalih tan pisah ||

26. ingkang pêtêng kadi wêngi | wontên lampahan saêjam | pating galêrêng butane | ingkang sami undhi sela | dênawa pitung dasa | liniwatan tan ana wruh | sapraptanira pêpadhang ||

27. Raja Salsal pan tinari | yayi prabu paran sira | iya ngilang apa ngaton | bêcik yayi nyilumana | ngaton manawa ebat | ya sira pan durung tau | angladèni prang lan buta ||

28. lan durung bisa ngindhani | Raja Salsal aturira | kawula kêdah anonton | nadyan dèrèng nglampahana | nuwun sawab paduka | praptèng antaka pukulun | pan sampun kawula têmah ||

29. nulya rinacut tumuli | wong agung kalih ngatingal | ênggène wus anèng ing jro | kagyat sagunging rasêksa | mungsuhe wus kaliwat | mêtu ngêndi iku mau | samyanggro angundha sela ||

30. angudani watu sami | kumrutug prasamya krura | kalih indha tan kasenggol | Raja Salsal datan pisah | mêmêt dènira indha | samya narik pêdhangipun | wus winangsit ing sêsumbar ||

31. amêdhangi nganan ngèri | bau kalih kang ingarah | datan liya pamêdhange | wong agung alon ngandika | sira yayi wus rikat | bêcik misaha mring lindhung | ing prang mêtu pêpungkuran ||

--- 1: 49 ---

10. Pangkur

10. Prabu Branjilin pêjah dening Wong Agung

1. kumrutug bramaning muka | Raja Salsal saya berag ing jurit | misah mêdal saking pungkur | ngrampêd pamêdhangira | yèn binêntur endhane datan katuju | wus kathah ditya kang rêbah | sêsambat akon mindhoni ||

2. sinauran kadi adat | mila rikat amêdhang tan mingkalih | ambalasah kabarubuh | kang kari wus lumajar | ana kari sapuluh ingkang lumayu | prapta gène ratunira | umatur pating karêmpis ||

3. dhuh gusti botên kawawa | pangamuke Kalana Jayèngmurti | miwah pun Salsal pukulun | prajurit tuwan têlas | ingkang pitung dasa rêbah kabarubuh | tan tutug dènnya ngandika | wong agung kalih wus prapti ||

4. angêrik gora kang sabda | hèh Sang Ratu Kalakodrat sirèki | bêcik têmên pratingkahmu | sira angambil sraya | nêkakakên Si Surayèng Bumi iku | sira tan wurung sun purak | saanak putunirèki ||

5. sarwi ngundha-undha sela | pitung lumbung binandhêmakên aglis | hèh Ambyah iki patimu | maring ngêndi gonira | amrih urip angungsèkakên nyawamu | wong agung kalih tan kêna | sigra Sang Surayèng Bumi ||

6. nyarungakên pêdhangira | mênthang langkap lumêpas kang jêmparing | rasêksa raja kacundhuk | jajanira watgata | panah liwat anglumba [anglu...]

--- 1: 50 ---

[...mba] kang rah sumêmbur | sêsambat akèn mindhoa | sinauran kadi nguni ||

7. sirahe sang yêksa nata | jinêblèskên maring watu pribadi | tinumbuk-tumbukkên ajur | pêjah sang diyu raja | Raja Salsal tinuduh nimbali mêtu | para ratu pitung dasa | lawan sikêp satus prapti ||

8. ditya sakarine pêjah | balanipun Sang Raja Baranjilin | saênggène kinèn anglut | gêmpurên sipat ditya | Raja Salsal nênitik pangiridipun | kang kapanggih tinumpêsan | warata sagung para ji ||

9. prasamya matèni ditya | langkung suka aprang lawan rasêksi | rowa ngajêng ringkês pungkur | dene yèn wis kabranan | sinumbaran nora kudu mindho ingsun | mati lan solahe samya | ambijigi watu wukir ||

10. wus angumpul para nata | anjêjarah sotya rêtna kèh sami | marang pakêbonanipun | ngambil sagung wowohan | sirna tapis danawa lêksan nèng ngriku | angayêm-ayêm salira | wong agung lawan para ji ||

11. amanggih tilam gung pelag | pira-pira ingkang lungsir-malungsir | sutra bang kuning lan dadu | wilis wungu purănta | pira-pira warnane kang têpas wangun | Raja Salsal wonge prapta | wau ingkang manjing koki ||

12. wong urut gunung sadaya | bêkta sêgah samyayêm kang para ji | kunêng gantya kang winuwus | ingkang wontên Sorangan | prajanipun Gajimăndalika Uktur | sira Prabu Binathara | Nyakrawati Rustamaji ||

13. siniwèng ing pasanggrahan |

--- 1: 51 ---

amiyarsa Bathara Rustamaji | kalamun Sang Raja Unuk | Marjaban lan Baktiyar | nora manjing praja Măndalika Uktur | angalămpra anèng wana | wadya tigang yuta maksih ||

14. ya ta wau Sri Narendra | Nyakrawati Bathara Rustamaji | ngandika mring arinipun | hèh yayi mas ing Kelan | kirabêna wadyanira para ratu | ngiras ambêburu padha | Si Unuk Marjaban mangkin ||

15. lawan Si Patih Baktiyar | durung manjing marang prajanirèki | Gajimăndalika Uktur | yèku pirantènana | sira kulup ing Kaos wadyanirèku | prajurit kang para nata | kêkiraba saking ngriki ||

16. ngiras ambêburu sira | Si Baktiyar Si Unuk Marjabani | prihên kêna ing sirèku | nanging aja katara | iya aja kawruhan ing pratingkahmu | kalih umatur sandika | budhal sawadya para ji ||

17. wus sapalih gunging bala | pira-pira kang kari para aji | mèh timbang roro puniku | bala Kaos lan Kelan | lir jaladri wutah angalun gumulung | praptèng têba rêbut papan | amrih papan kang prayogi ||

18. bêbêrêg samarga-marga | suka-suka sabala sapara ji | wuwusên wau kang kantun | kang maksih pagunêman | sami matur mring kang paman kalihipun | Urmus lan Rajèng Gumiwang | anak prabu paran iki ||

19. ala wong ginawe tuwa | yèn mênênga nora amituturi | karsanira ambêburu | mrih sukèng bala-bala | iku bênêr lêluri ginawe ayu | lah iya panggawe apa | bêburu sêmene [sême...]

--- 1: 52 ---

[...ne] iki ||

20. wus adoh kalawan lawas | ingsun mirsa alas tampingan iki | kutha Măndalika Uktur | agung kaliwat samar | ora samar dening aboting kang mungsuh | sira durung antuk lila | marang wong tuwanirèki ||

21. yèn uwis antuka lila | banjura mring masrik tan walangati | sumambung kang para ratu | kadya ture kang paman | Raja Urmus lawan Sang Prabu Sêmakun | anggung ngaturi kondura | marang Kalakodrat malih ||

22. Raja Sêmakun lingira | anak Prabu Taltal alas puniki | kang darbe tampinganipun | nagari pundi anak | Taltal matur inggih Sorangan pukulun | ratu ingkang sirah gajah | awak wong agêng nglangkungi ||

23. pan satus sawidak êgas | dêdêgipun Rajèng Sorangan singgih | Gajimăndalika Uktur | prawira măndraguna | nadyan ratu luwih Gulangge tan purun | Sêmakun atêbah jaja | kaya ngapa sira kaki ||

24. kaya iku arinira | Pangran Kelan sira pisahkên baris | lawan sutanta mas putu | Ki Sayid Ibnu Ngumar | bokmanawa iya na baya pakewuh | pan arinira ing Kelan | pinasthi lajêring jurit ||

25. sanadyan ika anoma | pira-pira wus anglabêti sakti | ing prang tan samar lokipun | tate mungkasi karya | nadyan bocah ing bumintara wus kasub | padha wêton kadangira | ika kang nêtês pribadi ||

26. aja catur kakangira | prawirane Ki Prabu Parangakik | padha tinunggu ing ibu |

--- 1: 53 ---

anak Prabu Karsinah | têka pantês sêmana prakosanipun | yèn arinira ing Kelan | wong alola tanpa bibi ||

27. apa nora ngrês tyasira | sira pisah manawa nêmu kardi | apa rasane atimu | andadak pinisahna | Prabu Nyakrawati mring kang paman matur | paman tuwan kalih pisan | sami kantuna ing ngriki ||

28. tênggaa ing bala kathah | kula nusul paman dhatêng pun adhi | mung balamba kang rumuhun | kewala kula bêkta | anganthuki ingkang paman kalihipun | mung yayi ing Kalakodrat | punika tumuta mami ||

29. wus budhal sabalanira | Rustamaji Bathara Nyakrawati | tigang yuta balanipun | patang kêthi rong lêksa | bupatine prajurite patang èwu | lawan mantri patang lêksa | pinêlak sampun atêbih ||

30. Taltal sampun tinakenan | pundi yayi prajanjog prajanèki | Gajimăndalika Uktur | Taltal wus anèng ngarsa | watawise ing marga wus kawan dalu | kaidak jajahan praja | gèning punggawa paminggir ||

31. gègèripun abusêkan | ana baris ambahak prajanèki | anumpêsi arubiru | bala saking Kuparman | sami kuwur bala mawur ngungsi gunung | mantrine manjing nagara | matur ing gustinirèki ||

32. sapraptanira ngayunan | nêmbah matur pukulun mêngsah prapti | makuwon dhusun Sidaru | pangiriding gêgaman | putra Salsal dene senapatinipun | kang putra Sultan Kuparman | Binathara Rustamaji ||

--- 1: 54 ---

33. gumuyu wau duk myarsa | animbali sagung para dipati | prapta aglar munggèng ngayun | alok dènnya ngandika | wau Raja Gajimăndalika Uktur | hèh sagung prajurit ingwang | akèh pêpanganan prapti ||

34. saking nagari Kuparman | padha akon ambadhog angêrêki | amamah-mamah anggilut | payo padha mêtua | papagêna jaban kutha mungsuh iku | payo nuli têngaraa | mêtu sun sadina iki ||

35. gumuruh kêndhang têngara | prajuritnya gumêrah tata baris | kadya kêtug giri guntur | bêdhol baris pangarsa | sri bupati Gajimăndalika Uktur | têdhak saking padmasana | wadya tan nêdya ngunduri ||

11. Durma

11. Prabu Rustamaji badhe nandhingi Raja Uktur

1. kunêng wau sang taruna binathara | Narendra Rustamaji | arsa magut ing prang | Raja Taltal turira | ing Sang Prabu Rustamaji | punapa mangsah | atis jêng paduka ki ||

2. pun Mahraja Uktur Gajimăndalika | ing punika miyosi | pênêd angantosa | rayi tuwan ing Kelan | paduka timbali aglis | nadyan maguta | yèn rayi tuwan prapti ||

3. alon dènnya ngandika nata taruna | Bathara Rustamaji | nora nganti ingwang | marang yayi mas Kelan | kang mungsuh sêlak mêtoni | sayêkti merang | yèn nora amanggihi ||

4. dudu watak yayi

--- 1: 55 ---

Taltal ngunthêt dina | sigra têngara aglis | wadyane malatar | lumirig amrih papan | Rajèng Sulsub anèng ngarsi | Raja Bulêndhar | lawan Raja Kunjarin ||

5. Raja Kaldum Raja Kaldus ratu kêmbar | andêle Rustamaji | Ratu Banisarah | lan Rajèng Madukiyas | sami andêling ajurit | ratu punika | paringane ramèki ||

6. praptèng papan dalêdêg prajuritira | pasang baris miranti | akapang kalangan | prapta dutaning mêngsah | ubaya angadu tandhing | ingsun kewala | butên wong Pusêr Bumi ||

7. hèh ta Raja Kuparman aja karasa | lan aja walangati | ingsun tandhingana | lan ratumu sajagat | ingsun dhewe kang ajurit | tan ngadu bala | krubutên sabên ari ||

8. sampun tata barise bala Kuparman | Sang Prabu Nyakrawati | têdhak saking kuda | lênggah anèng amparan | nèng wijoan palowani | Sang Raja Taltal | lawan sagung para ji ||

9. kêndhang gonge gumuruh bèri wurahan | gora găngsa thongthonggrit | Sang Rajèng Sorangan | Sri Gajimăndalika | Uktur mangsah ing ajurit | nitih andaka | awak macan gêng inggil ||

10. angajrihi jênggarang datanpa timbang | gênge sri narapati | pan satus suwidak | êgas dêdêg sang nata | awak wong asirah èsthi | tan mawi gada | miwah tan mawi tangkis ||

11. tanpa bajo tanpa kêre lêlawaran | irêng atutul kuning | ulêsing andaka | agêng kadi dipăngga | singat kinathok ing rukmi [ru...]

--- 1: 56 ---

[...kmi] | tinopèng muka | sinawur sêsotya di ||

12. bakar kabir surat wilis gêbyar-gêbyar | tigang atus hèr gêni | nênggih kawan dasa | hèr laut sakêmlasa | kasongan diwangkara tis | brajaning muka | lir wagra gora pati ||

13. samya ebat sagunging mungsuh umiyat | Raja Taltal wotsari | dhuh gusti punika | pun Gajimăndalika | Uktur langkung angerami | sintên kawasa | mulat kang kadi yêksi ||

14. nadyan inggih agênga yêksa têtela | warnine kang wus pasthi | ingaran dênawa | puniki ta punapa | awak wong asirah èsthi | yèn jamakjuja | ing mangke dèrèng lair ||

15. jamakjuja pan kupingipun kewala | kadi akuping èsthi | lawan ilat baya | landhêp kadi gêgaman | kuping kêni dèn linggihi | sirah punika | maksih sirahing janmi ||

16. kula myarsa kala pun uwa wirayat | Dipati Guritwêsi | pan inggih pun bapa | Salsal pinituturan | yèn ing benjing jaman akir | kang dadi mêngsah | jamakjuja namèki ||

17. pun Mahraja Uktur Gajimăndalika | sipat punapa inggih | jalma dede jalma | gajah pan dede gajah | gèdhèg Prabu Nyakrawati | rêngu miyarsa | Bathara Rustamaji ||

18. angadika yayi aja pati eram | uwakira ing nguni | jêr rama wus aprang | lan Ditya Samaduna | sirah sèwu gêngirèki | satus prawata | cangkême sèwu malih ||

19. nora nana luwih-luwihaning rupa | kadi rasêksa aji | aran Samaduna [Sama...]

--- 1: 57 ---

[...duna] | gêgêdhêging sajagat | prandene karsaning Widhi | kalah ayuda | lan manusa tur alit ||

20. kabèh rupa gêgaweane Hyang Suksma | aja ta sira ajrih | ilang tekadira | kang mantêp ing Pangeran | asor ungguling ajurit | kang gawe sapa | pagene sira ajrih ||

21. yèn wêdia sama-samaning tumitah | adoh marang Hyang Widhi | anampik ing titah | pan iku maksih titah | asnapun isining bumi | kodrating Suksma | ginawe mêmêdèni ||

22. singa wêdi kêndho pangandêling Suksma | siniku ing Hyang Widhi | gêmpil kang dêrajat | yèn mêndêng wêdi rusak | liniru wahyuning iblis | dènnya was-uwas | tan mantêp iman tokit ||

23. durung kêna ing makripat maksih ura | sagung ingkang miyarsi | kadya kinilenan | madêg brajaning muka | Taltal dhêku dènnya linggih | kasoran sabda | wau ta sri bupati ||

24. asêsumbar Uktur Gajimăndalika | suwe pagene iki | prajurit Kuparman | nora na mêtu ing prang | putrambyah Surayèng Bumi | payo mêtua | ing kene prang lan mami ||

25. Raja Sulsub amit ingidèn umangsah | nandêr turangganèki | prapta yun-ayunan | gumuyu atêtanya | sapa mêtu ing ajurit | iya si bajang | payo dèn parèng ngarsi ||

26. anauri ingsun Ratu Banisarak | Sulsub ratu prajurit | isèning wijoan | ing ratu binathara | Rustamaji Nyakrawati | andêling

--- 1: 58 ---

aprang | dajal lanat sirèki ||

27. payo aprang Uktur Gajimăndalika | iya wong Pusêr Bumi | payo anggadaa | sun icipane uga | Raja Sulsub anauri | pan dudu watak | wong Kuparman dhingini ||

28. sru gumuyu Uktur Gajimăndalika | ngêtab titihannèki | marêpêki nyêndhal | saking titihanira | Raja Sulsub sampun kêni | lajêng binuwang | tibanira ing siti ||

29. tinadhahan ing bala sinêmpal-sêmpal | rinêbut sampun kêni | mung balung kang tuwa | kang anom sampun têlas | gêmêt kulit lawan daging | balung mênthilas | ingkang binuwang siti ||

30. sami eram kang mulat pratingkahira | Raja Kaldum sigra mit | lawan kadangira | Raja Kaldus umangsah | kalihe munggèng turanggi | amutêr gada | praptèng rana wus panggih ||

31. lajêng sami anggada tinangkis asta | gadane dèn candhaki | sinêndhal binuwang | sami anarik pêdhang | kalih sami amêdhangi | sarwi tumênga | wêntise dèn pêdhangi ||

32. nora măntra-măntra lamun karasaa | bruke pan sutra pangsi | linapis têmbaga | gaprak-gapruk pinêdhang | bruk têmbaga nora rêmpit | dangu anulya | cinandhak ratu kalih ||

33. wus binuwang tibanira tinadhahan | tan kongsi tibèng siti | rinêjêng ing bala | rinêbut wus dèn mamah | ginilut-gilut sinisil | sirna bangkenya | datan kari samênir ||

34. mung balunge kang tuwa

--- 1: 59 ---

ingkang binuwang | cumalorot aputih | tan ana tabêtnya | kulit daging malinthas | gêtihe tan ana kari | brêsih apêthak | gambuh angrakot daging ||

12. Gambuh

12. Prabu Rustamaji kasoran yudanipun

1. Raja Kunjarin magut | nitih dipăngga ngundha salukun | praptèng papan ayun-ayunan ambindi | awanti-wanti amupuh | tadhah lan asta sang katong ||

2. gadane wus karêbut | marang Gajimăndalika Uktur | wus sinêndhal binuwang Raja Kunjarin | duk inguncalakên muluk | tibanira dèn karoyok ||

3. wau kalangkung bêndu | mulat prajurit kang para ratu | Sang Aprabu Rustamaji Nyakrawati | padoning lathi kumêdut | jaja bang kadya malêdhos ||

4. têdhak dènira lungguh | saking amparan kancana murub | nitih kuda Sri Bathara Rustamaji | kawot kaprabon prang pupuh | mangsah nêngah ing palugon ||

5. kang putra arsa tumut | mangsah ing rana kang rama nyêndhu | ya ta wangsul sira Radèn Atasaji | wau kang rama wus pangguh | kalawan Uktur Sang Katong ||

6. asru dènira muwus | Raja Gajimăndalika Uktur | sapa iki kang mêtoni ing ajurit | cahyamu nuksmèng sitangsu | eman matiyèng palugon ||

7. alon dènnya sumaur | ya ingsun iki kang duwe laku | ngirid [ngiri...]

--- 1: 60 ---

[...d] bala anêkani ing sirèki | Prabu Nyakrawati ingsun | Rustamaji aran ingong ||

8. sutambyah ibuningsun | putri Mêdayin Rêtna Marpinjun | wus ingadêgakên prabu nyakrawati | ratu binathara ingsun | Raja Uktur matur alon ||

9. wong agung sira iku | dadi dêksura saliraningsun | angladèni ing prang tanpa gada tangkis | ing rama Sang Jayèngpupuh | katon tan ngajèni ingong ||

10. iya balanirèku | duk mau prange sanadyan ratu | iya ingsun tanpa gada tanpa tangkis | nadyan ratu jêr balamu | mundhut gadane sang katong ||

11. prapta lan tangkisipun | gadane agêng wrat tigang èwu | ing kati mas sabongkot tal agêngnèki | payo prapta gadaningsun | paran ing karsa sang katong ||

12. alon dènnya sumaur | iya Gajimăndalika Uktur | payo lanat sira anggadaa dhingin | sira musrik ing Hyang Agung | pangidhêpmu datanpanggon ||

13. pan dudu caraningsun | iya yèn aprang dhingini pupuh | anauri Uktur Măndalikagaji | dèn prayitna ingsun pupuh | măngsa wurunga jur amoh ||

14. angundha gadanipun | Raja Gajimăndalika Uktur | masang tangkis Sang Aprabu Rustamaji | maras kang sami andulu | gada gêng saêtal bongkot ||

15. bala surak gumuruh | Raja Gajimăndalika Uktur | gya tumêmpuh ing paris kuwat nadhahi | gigire turăngga putung | tiba kasingsal sang katong ||

16. tangi sigra angunus | pêdhang mrêpêki

--- 1: 61 ---

sigra Sri Uktur | gya pinêdhang bakar kabir surat pilis | sukune sakawan rampung | pêjah kang kobra angrimong ||

17. tibane kajarungup | Raja Gajimăndalika Uktur | kajungkêl ing siti dèrèng kongsi tangi | gya cinandhak sukunipun | kinuwatan mêksa abot ||

18. gronjal mêksa rinangkul | suku Gajimăndalika Uktur | nanging kuwat sira Prabu Rustamaji | ingantêp panjunjungipun | kinuwatkên mêksa abot ||

19. molahkên kuwatipun | Raja Gajimăndalika Uktur | parêng ngantêp nguwalakên Rustamaji | nanging mêksa tan kajunjung | satrêpe lan pinggang pêdhot ||

20. bajo jêbol malêdug | jêplok apan ula-ulanipun | mêdalkên rah saking netra saking kuping | busanane sadayancur | panyêkêle sampun kêndho ||

21. sigra panggronjalipun | sira Gajimăndalika Uktur | sampun uwal saking asta Rustamaji | Rustamaji panonipun | sumaput lan rah kêkotos ||

22. saking netra lan irung | ing lathi purus lawan ing dubur | kang babahan sanga kabèh mêtu gêtih | abang irêng mancur-mancur | gubras rah warata tinon ||

23. arsa cinadhak wurung | marang Gajimăndalika Uktur | dènnya katon kanine lir dèn lolosi | ludira saliranipun | Rustamaji anggaloso ||

24. wau panandêripun | turangganira kinêtab mamprung | praptèng rana Rajaputra Atasaji | angalingi ramanipun | anarik pêdhang anêmpoh [anê...]

--- 1: 62 ---

[...mpoh] ||

25. amêdhang gaprak-gapruk | Mraja Gajimăndalika Uktur | atêtanya satria apa sirèki | durung pantês aprang pupuh | anglawani yudaningong ||

26. sugal dènnya sumaur | lan datan kèndêl pamêdhangipun | iya ingsun satriya Rab Atasaji | Prabu Rustamaji iku | ingkang pêputra maring ngong ||

27. pan patutane ingsun | jêng ibu putri ing Mêndhangpupus | iki putu Wong Agung Surayèng Bumi | Gajimăndalika Uktur | manthuk-manthuk muwus alon ||

28. aja prang lawan ingsun | misiha lare têmên sirèku | eyangira lah ing mêngko ana ngêndi | kang pantês prang lawan ingsun | Atasaji muwus alon ||

29. lagi andon anglurug | marang prajane rasêksa pingul | ngosak-asik panggonane ditya putih | Gajimăndalika Uktur | angrêrêpa muwus alon ||

30. babo mundura gupuh | pan ramanira lagi atatu | lah gawanên mundur iya sun alimi | nora sun prih mati iku | rajaputra angawe wong ||

31. prapta kang bêkta tandhu | lajêng binêkta wau sang prabu | Binathara Nyakrawati Rustamaji | baris tinêtêgan mundur | kalihe wus amakuwon ||

32. tangis umyang gumuruh | sagung ingkang para ratu-ratu | sapakuwon praptane sami nangisi | sinarèkakên sang prabu | Rustamaji wus kalêson ||

33. ing wanci têngah dalu | seda konduran saking prang pupuh | Raja Taltal amatah ratu tinuding [ti...]

--- 1: 63 ---

[...nuding] | mring paman Urmus Sêmakun | dalu budhal kang kinongkon ||

34. miwah ingkang anusul | mring Pangeran Kelan barisipun | Natèng Kaos lan putra Rajèng Betarti | sami mangkat dalu-dalu | sakathahe kang kinongkon ||

35. ing marga tan winuwus | prapta kang maring Urmus Sêmakun | ingaturan yèn kang putra anêmahi | prang lan Măndalika Uktur | gugup sang narendra karo ||

36. budhal sabalanipun | atawan tangis sarwi kasusu | tan kawarna ing marga pakuwon prapti | sinundhang layoning sunu | èstu layon sultan anom ||

13. Sinom

13. Wong Agung Kantaka mirêng sedaning putra

1. mung gumurug kang karuna | sagung pabarisan sami | anugêli buntut kuda | pratăndha sangêt prihatin | Raja Taltal tinuding | marang ing Prabu Sêmakun | anaking Kalakodrat | sira mangkata pribadi | anusula Wong Agung Surayèng Jagat ||

2. mangkat sira Raja Taltal | samarga atawan tangis | lan wadya kang nitih macan | tigang lêksa winitawis | tan mawi dharat siji | sami akarya kang kantun | angruktèni tabêla | tan wus ramening kang tangis | mêngsah kèndêl Uktur Gajimăndalika ||

3. wadyane kabèh ngundhangan |

--- 1: 64 ---

aja na mêtoni jurit | apan lagi mungsuhira | gustine anandhang kanin | mangkana kang lumaris | bupati ingkang anusul | marang Pangeran Kelan | pakuwone wus apanggih | ingaturan kang raka sampun palastra ||

4. dènnya bêbêrêg anasar | mring kitha Sorangan nênggih | lajêng ginêcak prajanya | ratune miyosi jurit | kang nama Raja Gaji | nênggih Măndalika Uktur | tukang wong mangan janma | Rustamaji rame jurit | sedanipun konduran saking paprangan ||

5. duk miyarsa atêngara | budhal sawadyanirèki | dhomas para ratu ngarsa | balane kadya jaladri | Pangeran Kaelani | samarga-marga mangun kung | udrasa sedanira | kang raka konduran jurit | sabalane sami atawan karuna ||

6. Prabu Sayit Ibnu Ngumar | lan putra Rajèng Betarti | Sang Prabu Arismunandar | gêgancangan sawadyèki | wau kang sampun prapti | kutha Măndalika Uktur | sira Pangeran Kelan | nitih kuda jonggiraji | kadi palwa antuk angin dhinayungan ||

7. ing dalu pukul sadasa | pangeran ing Kaelani | prapta lawan arinira | Rahadèn Hasim Katamsi | prapta lajêng ngêbruki | layone kang raka prabu | Urmus Sêmakun samya | mire anganan angèri | anjagani ingkang putra kalihira ||

8. adangu Pangeran Kelan | tan wungu dènnya nyungkêmi | sagung ingkang para raja | atap samya munggèng wuri | atusan damar lilin | sawêntis-wêntis angêpung | wau Pangeran [Pa...]

--- 1: 65 ---

[...ngeran] Kelan | winungu ing paman kalih | Raja Urmus Prabu Sêmakun angrêpa ||

9. anak mas aja dinawa | mupusa karsaning Widhi | raka para wus dilalah | mung sêmono yuswanèki | ngêndi ana wong jurit | umagut ing mungsuh agung | nungkulkên para paman | nênungkulkên para ari | ratu abot Uktur Gajimăndalika ||

10. wau pangeran ing Kelan | wungune saking nungkêmi | marang layone kang raka | netyane pucêt aputih | tinon asawang mayid | dupi wau dangu-dangu | netrane rêngu prapta | cinipta ingkang mêjahi | mring kang raka sri bupati ing Sorangan ||

11. Uktur Gajimăndalika | kaya agea pêpanggih | mêmalês sedaning raka | kumutug bajra mukandik | gênjot padoning lathi | sumung jaja latu-latu | muka kadi dahana | yayah kadi anggêsêngi | mung saêjam gêmpure kutha Sorangan ||

12. kumêdut-kêdut kang asta | thukul ciptèngirèng galih | wus katon kacakrabawa | ing astane anandhani | mring raja mungsuh aglis | Gajimăndalika Uktur | eram kang sami mulat | mring Pangeran Kaelani | cahya kadi dahana kang mulad-mulad ||

13. sirna sipate sujanma | sagung busananirèki | sadaya wus kuyup marang | kadya ulading kang gêni | kêkês kang aningali | ing runtike rajasunu | durung anon miyarsa | sujanma sasor wiyati | prabawane duka kang kadya mangkana ||

14. ulading brajaning muka | sor ulading damar lilin | pantês [pantê...]

--- 1: 66 ---

[...s] agni ing naraka | sigra ingkang paman kalih | Urmus Sêmakun sami | marêpêki muwus arum | dhuh anggèr putraningwang | aja anarka sirèki | amrawasa Uktur Gajimăndalika ||

15. karana iki pakarya | iya salahe pribadi | raka para kang amawa | lunga prang sapa ngidini | panjinge aprang sabil | apan tri prakaranipun | lilane putra garwa | wong tuwa kalawan gusti | lamun nora mangkono sabile batal ||

16. rinangkul Pangeran Kelan | marang ingkang paman kalih | aja kaya kakangira | kang wus luput praptèng pati | ya dimèn dèn lakoni | dhewe mring kakangirèku | ing wuri karsanira | ingurut kalawan pikir | aja kongsi tumindak kalawan nistha ||

17. kapat kocaping carita | sami putra ing Mêdayin | Raja Sêmakun punika | bisa ing tyas agal alit | anglêr yèn duwe pikir | kataman utamèng lêmbut | yèn aprang têtêg gagah | prakosa wantahing jurit | têtêkone êndi iku iki ênya ||

18. wau ing pangêlusira | mring Pangeran Kaelani | lah nyawa dèn eling sira | padha putra Pusêr Bumi | gêgambèn wus mungkasi | ing prang prakosa dibya nung | tungguling pramudita | wus kalok labêting jurit | asêmbada sarta pêkike kang warna ||

19. apindha yangyanging jagad | lan alus ambêkirèki | wani kasor barang tingkah | tyasira nrus ing mêmanis | amot apura yêkti | wani gêntèni rahayu | nyawa arum kewala | kang uwus sira tindaki [ti...]

--- 1: 67 ---

[...ndaki] | isining rat siji tan ana kang nyacad ||

20. barang kang tinitah donya | sêmut rayap jangkrik gangsir | kêbo sapi bèbèk ayam | kabèh isining wanadri | lan isining jaladri | padha amuji sirèku | muluk kalok ing jagad | mêngko karsanira iki | têka nimpang ing bêcik anêmpuh nistha ||

21. ambelani kadang tuwa | tur luput solahing jurit | nurut tyas gambira nistha | anglêbur kramaning jurit | lali kramèng narpati | kadangira kang wus luput | yèn misih ingsun ana | kinaryaa nunggal baris | patènana si paman iki kalihnya ||

22. yèn kudu sira mêmêksa | lila sun lunasên aglis | mendah kang nutuh maringwang | uripa amênggak-mênggik | tinarka nutuh sami | dene ku ana kang dhawuk | wong anom kongsi nistha | nêmpuh kanisthaning jurit | gawe apa urip tuwa tuwa băngka ||

23. kalairan rong prakara | cacadira ing ajurit | yèn sira andhinginana | malês amrawasèng jurit | kêkiwul ing ajurit | Gajimăndalika Uktur | jêr misih duwe kadang | ratu tuwa tur prajurit | kang ngalingi anyandhêt bramatyanira ||

24. Jayusman Samsumurijal | anak Prabu Parangakik | lan nak prabu ing Karsinah | Ruslani Danurusamsi | yèku pantês kang dhingin | padha anêkakna sêpsu | iya sabab kang tuwa | barang gawe wajib dhingin | yèn pakone wong tuwa anom tumandang ||

25. wau kalane miyarsa | Jêng Pangran Kelan turnèki | mring kang paman tinangisan [tinangi...]

--- 1: 68 ---

[...san] | Prabu Sêmakun tur pati | aja magut ing jurit | Gajimăndalika Uktur | brêbêt bramatyanira | têmah karuna tan sipi | sawusira karuna lajêng kantaka ||

26. sinundhang marang kang paman | sarirane kadi wêdi | dinumuk atos sadaya | keran-keron kang para ji | dadya atêmah tangis | barung para ratu-ratu | satriya myang punggawa | susah kabèh kang prajurit | ya ta kunêng gantya malih winursita ||

27. lampahira Raja Taltal | wadya pinarênca sami | anjagani marga-marga | bok ana simpangan malih | manawa dèn margani | ing lampahira wong agung | amung satus binêkta | nurut marga kang sawiji | pan wong agung lampahe tan mawi bala ||

28. amarêngi lampahira | Sang Raja Taltal pribadi | anèng bêbulak atêbah | ningali bala lumaris | karêmpêle akêdhik | kèndêl sayêkti kadulu | têdhak saking wahana | dupi cêlak malajêngi | anungkêmi sigra kang maksih nèng kuda ||

29. umatur sarwi karuna | pukulun tiwas kang dasih | rumêksa ing putra tuwan | Sang Aprabu Rustamaji | tan kenging dèn aturi | awit saking ambêburu | praptanipun ing wana | wus têbih kawan dasa ri | pan anyilip mring kang paman kalih pisan ||

30. atakèn kitha Sorangan | dènnya katalanjur prapti | paminggir nagri Sorangan | lajêng kêdah magut jurit | lawan kang darbe nagri | Gajimăndalika Uktur | tan kenging ingaturan | angêntosana kang rayi |

--- 1: 69 ---

jêng pangeran ing Kelan gène pinisah ||

31. miwah paman kalih pisan | Urmus Sêmakun tan kêni | anutakên ing saparan | sami kinèn têngga baris | mung sayuta wadyèki | salawe mung para ratu | amba amung ambêkta | prajurit mung kawan kêthi | têmpuh ing prang ratune sakawan pêjah ||

32. nuntên anggèr ngawaki prang | tan kenging dipun aturi | rame têmpuhing ayuda | adangu prang samya kanin | inggih gumuling siti | Gajimăndalika Uktur | ingangkat datan kangkat | puripun kasaput latri | praptèng kuwu konduran gusti palastra ||

33. rubung sagung para nata | Prabu Lamdahur anjawil | hèh yayi ing Kalakodrat | dèn padha angati-ati | langkung trêsna sêsiwi | apan adate wong agung | sira raja ing kiwa | ingsun ing têngên turanggi | ya ta wau wong agung duk amiyarsa ||

34. mring ature Raja Taltal | sumaput tan tolih dhiri | kawratan tolèh pêputra | angadêg anèng turanggi | aniba maring siti | sêdyane wau wong agung | nanging prayitnanira | Raja Salsal anadhahi | pan kumabruk lajêng binopong kewala ||

35. prakosa Sang Raja Salsal | tan osik dènnya nadhahi | tibane saking turăngga | tumanduk sakèh narpati | prasamya anangisi | gumrumung ana ing suku | kêkambiling turăngga | linèmèkan sinjang sami | sinarèkkên wong agung dènnya kantaka ||

36. wus dangu anglilir sira | wontên duta prapta malih | saking kang rayi

--- 1: 70 ---

Gumiwang | Prabu Sêmakun kang nuding | Sang Raja Bulêndarin | wong agung lagya pêpungun | matur sarwi anêmbah | kawula atur upêksi | rayi tuwan Prabu Sêmakun kawratan ||

37. rumêksa ing putra tuwan | pangeran ing Kaelani | runtike kêdah magut prang | kang paman sami mambêngi | amalês pêjah dening | Gajimăndalika Uktur | yèn suwawi nuntêna | enggale paduka prapti | pamêksane bok tèmpêr ambêng-ambêngan ||

38. wong agung duk amiyarsa | marang dutane kang rayi | Prabu Sêmakun Gumiwang | ture Raja Bulêndarin | yèn kang putra mrih jurit | lawan Măndalika Uktur | kiwul sedaning raka | amêksa sêdya nêkani | ginendholan mring kang paman kalih pisan ||

39. sigra anitih turăngga | sêkarduwi dèn camêthi | adheyan lampahe kuda | gugup kang para narpati | kang ngamping kanan kering | Raja Salajal Alamdahur |[8] kêkalih kadi patah | tan pisah ing kanan kering | kang jinaga bok èngêt putra palastra ||

40. adat niba saking kuda | puniku dèn kuwatiri | dadi sagung para nata | turanggane dèn timbangi | adheyan sadayèki | ngayap kanan kering pungkur | lêpas ing lampahira | Raja Taltal Bulêndarin | anèng ngarsa angirid atêdah marga ||

41. lamat-lamat katingalan | atêbih yèn dèn lampahi | katon bala angon jaran | dangu prapta gène sami | sadaya kang turanggi | sami tugêl buntutipun | tăndha prihatin [prih...]

--- 1: 71 ---

[...atin] dahat | barise wong Pusêr Bumi | duk tumingal Kalana Surayèng Jagat ||

42. aniba saking turăngga | Raja Salsal anadhahi | nulya sagung para nata | sadaya sami nulungi | Raja Salsal gagahi | amangku kantakanipun | lawan Sang Rajèng Selan | amangku sukunirèki | mastakane pinangku ing Raja Salsal ||

43. malih ingkang kawuwusa | Sang Aprabu Parangakik | lawan prabu ing Karsinah | katiga Irman Mêdayin | sadaya ingkang maksih | nèng Kalakodrat atugur | sarêng wau miyarsa | budhal sawadyanirèki | sampun kêbut saking nagri Kalakodrat ||

44. ginêlak lampahing bala | ing marga datan winarni | dalêdêg balane prapta | ing barise Rustamaji | kuthanira narpati | Gajimăndalika Uktur | tumamèng pasanggrahan | piyak sagunging narpati | sami jêtung praptane ratu katiga ||

45. sampun wontên ing bandhosa | layon Prabu Rustamaji | sang aprabu ing Karsinah | tuwin Prabu Parangakik | katri Natèng Mêdayin | sami nênggak waspanipun | dangu tan kêna ngucap | sèwu susah sèwu sêdhih | dènnya sami tan wruh darunaning aprang ||

46. dènnya nêmahi antaka | ingkang rayi Rustamaji | pangungune kayaparan | dhêlêg-dhêlêg sami sêdhih | dangu madêg kang runtik | brajaning muka kumutug | kadya ge amarwasa | ratu ingkang angantèni | Maharaja Uktur Gajimăndalika ||

47. ingambêngan ingkang paman | Raja Sêmakun maripih | mring kang putra

--- 1: 72 ---

kalih pisan | ing Karsinah Parangakik | dènnya bramantya aris | kèndêl prasamya tumungkul | obah gègèr ing jaba | Wong Agung Surayèng Bumi | praptanira pinucung kang para putra ||

14. Pucung

14. Layonipun Prabu Rustamaji kabêkta dhatêng Kuparman

1. sarêng rawuh têdhak ingkang para sunu | nêmah nguswa pada | wau ta kang rayi kalih | Raja Urmus Sêmakun katiga Irman ||

2. nguswa suku nangis Sang Prabu Sêmakun | wong agung saksana | nungkuli bandhosanèki | sarwi jêtung anênggak wau kang waspa ||

3. Darundiya anangisi sênggrak-sênggruk | wong agung tumingal | mring Pangeran Kaelani | netranira marbabak asêmu duka ||

4. netranira lir mêtu gêni kumukus | eram kang tumingal | dene durung kêna lilih | bramatyane Pangeran Amiratmaja ||

5. sirêp sampun sadaya sami amuwun | wong agung ngandika | saosa Darundiya glis | angatêrna kunarpane putranira ||

6. ingsun kubur iya ing Kuparman iku | lawan yayi Irman | tur sêmbah Prabu Mêdayin | lan gawaa pitung atus para raja ||

7. angiringna marang ing putranirèku | malih angandika | ngèstrènana kang para ji | putuningsun Si Atasaji madêga ||

8. ratu agung pan maha binathara gung | anggantyani rama | Nyakrawati Rustamaji [Ru...]

--- 1: 73 ---

[...stamaji] | para ratu sami ngidini sadaya ||

9. wus misuwur Atasaji madêg ratu | wau kawarnaa | kang tinuduh têngga baris | angêpunga Uktur Gajimăndalika ||

10. kalih èwu kang pinatah para ratu | senapatinira | Sang Natèng Rum Burudangin | kinanthenan ratu moncol Kewusnendar ||

11. ingkang agung balanira pa ratu |[9] aja mêtu ing prang | lamun nora amêtoni | ya Si Raja Uktur Gajimăndalika ||

12. sawusira mêmatah budhal wong agung | kêrig para putra | ngiring layone kang lalis | badhe kèndêl ing nagari Kalakodrat ||

13. ingkang banjur marang Kuparman angubur | sira Prabu Irman | Mêdayin lan Natèng Bangit | awatara wontên bala pitung yuta ||

14. ingkang ana Kalakodrat kèndêlipun | rinakit layonnya | adate ratu prajurit | palangkane tinumpang anèng bandhosa ||

15. apan sinung daludag lan umbul-umbul | sêsêbaran dinar | yèn kala lumakyèng margi | sadinane pasthi patang èwu dinar ||

16. uncalipun kumbala pan sinjang ciyut | sabaranging sinjang | sutra kalawan cawêni | patang puluh kodhi têlase sadina ||

17. songsongipun ing layon sadaya satus | nèng nginggil palăngka | panakawan alit-alit | punika kang sami nyêbarakên dinar ||

18. tan winuwus ing Kalakodrat wus rawuh | layon winiwaha | ing sidhêkah puji dhikir | panuwune kurmate Sang Raja Salsal ||

19. lan nèng ngriku

--- 1: 74 ---

kongsi kawan dasa dalu | anèng Kalakodrat | têlas maesa sakêthi | sidhêkahe mêmule Sang Raja Salsal ||

20. kaum-kaum lêksan yèn dalu gumuruh | mangkana sawusnya | jangkêpe kawan dasa ri | binudhalkên marang nagari Kuparman ||

21. tabêtipun layon duk panyèlèhipun | anèng Kalakodrat | kinarya astana adi | pagêr bumi korine tinundha sapta ||

22. cinacungkup cinapuri lapis pitu | bupati sakawan | salamine juru kunci | langkung asri rinarêngga ing astana ||

23. kang winuwus wau layon lampahipun | kang maring Kuparman | ing marga datan winarni | mèh praptane anèng nagari Kuparman ||

24. pan gumuruh praptane bala rumuhun | Radèn Warindiya | gègèr otêr sanagari | santanane saking ibu saking rama ||

25. kadi guntur tangise wong sapraja gung | kang amatah-matah | sagunging para narpati | Rêtna Dèwi Marpinjun agung kantaka ||

26. ingkang ibu juru jinêm agung nayut | babo amupusa | elinga titahe Widhi | pan putumu bae iku tingalana ||

27. dadi liru ing cupête ramanipun | madêg Binathara | Nyakrawati Atasaji | wus mupusa Si Rustamaji dilalah ||

28. mati saru nungkulkên wong tuwanipun | pamanane padha | kadangipun tan mênangi | kang pinagut ratu datanpa sasama ||

29. ratu wudhu Gajimăndalika Uktur | Sang Putri Karsinah | Parangakik Burudangin | ngêlus-êlus Marpinjun sungkawanira ||

--- 1: 75 ---

30. lurung-lurung warata panjêranipun | tunggul lan daludag | bandera sadaya putih | kayon-kayon agodhong cawêni kasa ||

31. pan malêdug Kuparman ing măngsa iku | wadya jro nagara | sadaya anganggo putih | anglabuhi kang seda angguladrawa ||

15. Dhandhanggula

15. Wong Agung nglurugi Raja Uktur

1. tundha-tundha kang amêthuk sami | kawit kang lêlakon patang dina | wong Kuparman pamêthuke | wau ta praptanipun | kadya robe samodra putih | kang prapta kang amapag | tan ana lyanipun | busana putih sadaya | Raja Irman Mêdayin ingkang rumiyin | layone wurinira ||

2. wuri layon sang nata ing Bangit | lawan patang atus para raja | kabèh putih busanane | kang dhikir kadya guntur | awor lawan sambating tangis | prapta kèndêl pinarnah | anèng ing manguntur | cinarita kalih wulan | têlasira wadya kang sami ngurmati | wusnya lajêng pinêtak ||

3. kilèn kitha wangun Arlisapil | tinuguran wusnya tigang wulan | bubare patugurane | amung wau kang kantun | juru kunci ratu kêkalih | balane patang lêksa | pacak karya dhukuh | apan prasasat nagara | mungguhira ing astana Arlisapil | mangkana Raja Irman ||

4. anguruni bupati satunggil | tumut têngga astanane [asta...]

--- 1: 76 ---

[...nane] putra | wong salêksa gêgawane | apacak wisma sampun | inggih nyai gêng pramèswari | badhene wus kinarya | sedaa ing ngriku | anunggil kalawan wayah | nora nunggil lan raka Prabu Mêdayin | kêdah seda Kuparman ||

5. sinarèkna makam Arlisapil | wus mangkana ingkang winursita | Atasaji karatone | samaktaning praja gung | binathara anyakrawati | Narpati Darundiya | kang ngêmong ing kewuh | kang eyang Sang Raja Irman | ingaturan kondura maring Mêdayin | nêntrêmêna kang wadya ||

6. angolaha enake wong cilik | Raja Irman tan sawalèng karsa | ing saprentahe wayahe | kunêng malih cinatur | pan Wong Agung Surayèng Bumi | kang anèng Kalakodrat | sawadya mangun kung | para ratu para putra | datan wusa prihatin belani gusti | wau Sang Raja Salsal ||

7. andhatêngakên ing sabên ari | salin-salin warnane kasukan | amrih lipure gustine | cangkrama andêdulu | patilasan ing nguni-uni | duk akarya baita | ing nguni Nabi Nuh | mèh kinêlêm jamanira | wontên pawon kang tilas ngêtokkên angin | topan kalawan toya ||

8. tunggakipun kangjêng ibu taksih | kang kinarya Nabi Ênuh palwa | sawulan mubêng tunggake | wong agung sare ngriku | tirakatan kawan dasa ri | lawan bêbalungira | sirahipun unuk | lawan bêbalunging asta | balung pukang kang wontên nagari Mêsir | amung pukang satunggal [satung...]

--- 1: 77 ---

[...gal] ||

9. untunipun ingkang sami maksih | anèng pagunungan Kalakodrat | untu baham siji bae | ingênggèn baris agung | pan salêksa pondhokannèki | prandene nora sêsak | milane wong ngriku | saurute yèn prakosa | lawan agêng anglabêt namanirèki | ngangge unuk sadaya ||

10. iya dene pangalape sami | sami putra Nabi Nuh punika | unuk kang atuwa dhewe | angluwihi gêngipun | nora kêlêm padha tumuli | nadyan namane Salsal | iya ngangge unuk | iya Prabu Unuk Salsal | ing Sorangan Unuk Măndalikagaji | Uktur jêjulukira ||

11. ratu ingkang karan-karan sami | yêkti nganggo unuk nadyan Ngrokam | Sang Raja Unuk Gulangge | tanah uruting ngriku | nama ngangge unuk linuwih | dene Unuk Marjaban | nadyan padha mantu- | nira sang prabu ing Rokam | luhur dhewe sang ratu ing Ngambarkawit | Raja Unuk Marjaban ||

12. lawan wontên mantunipun kalih | kang tan ngangge unuk namanira | sabab tan luhur duryate | Nglimaya prajanipun | nama Prabu Wuskahar nênggih | yèku Ratu Nglimaya | lan malih kang mantu | Raja Prut Torgan punika | apêparab sira Sang Raja Kasinggi | sami ratu prakosa ||

13. nanging botên luhur duryatnèki | wontên malih kang kamantu marang | Sang Raja Unuk Gulangge | ing Brustun prajanipun | namanira Raja Ungkadi | para mantu sakawan | kang angangge unuk | pan amung Unuk [U...]

--- 1: 78 ---

[...nuk] Marjaban | dene luhur trahing Ratu Ngambarkawit | mung satunggal kang nama ||

14. ya ta wau Sang Surayèng Bumi | tuwuk cangkrama tuwuk tirakat | nèng Kalakodrat lamine | ginubêl para sunu | ingkang sami arsa ajurit | lan Unuk Gajimănda- | lika Uktur Prabu | kang rama kalangkung marma | para putra lawan sagung para aji | tan wontên sinung aprang ||

15. iya lawan Raja Unuk Gaji- | măndalika Uktur langkung awrat | dudu manusa yêktine | pan paranakan diyu | salah rupa gêdhêging bumi | wong agung wus sanega | lan sawadyanipun | budhal saking Kalakodrat | Unuk Salsal lan Taltal barêpi baris | cucuk Kya Patih Kalkal ||

16. wontên duta kapêthuk ing margi | Natèng Brudangin nênggih kalawan | Natèng Yujana dutane | atur uninga lamun | ingkang sami atêngga baris | angêpang kithanira | Măndalika Uktur | lami tan mijil ing aprang | sami nuwun parentah wong agung kalih | punapa ginêcaka ||

17. punang duta wus tinulak wêling | yayi karo angantia ingwang | aja mungsuh ratu kuwe | jajahane pukulun | gêmpur sami dipun gêcaki | kang sami măngsa janma | măncaprajanipun | amung pun Unuk Marjaban | lan Baktiyar punika kang sami mijil | saking lêbêting kitha ||

18. kang kinarya sêmang ing ajurit | nanging tan tanggên panggenanira | ngalămpra wana barise | sagung bupatinipun | ing Sorangan măncanagari | ngumpul Unuk Marjaban | gènnya baris tugur | pinukul [pinuku...]

--- 1: 79 ---

[...l] ing prang pan oncat | wontên kawan yuta Rajèng Ngambarkawit | lawan Patih Baktiyar ||

19. amit nêmbah dutèng Burudangin | gêgancangan tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisane | tundhuk lan gustinipun | ing Sang Natèng Rum Burudangin | raka paduka prapta | lan sawadyanipun | tuwin para rajaputra | sigra dandan Sang Natèng Rum Burudangin | lawan Natèng Yujana ||

20. sami mêthuk ing wong agung prapti | wus apanggih lan Sang Kakungingrat | katur sawarta-wartane | yèn Măndalika Uktur | lami datan mêtoni jurit | wong agung masanggrahan | lawan para ratu | ing dalu sami drawina | ambojana karamèn sarta para ji | miwah kang para putra ||

21. pan sadalu kawuwusa enjing | sira Sang Prabu Tasangsulngalam | lan Kewusnendar ature | yèn suwawi pukulun | lêng rinêmak kutha puniki | dimèn umijil ing prang | Măndalika Uktur | wong agung alon ngandika | iku durung yayi prabu karsa mami | sasukane kewala ||

22. nêmbah matur Natèng Burudangin | abdi paduka kang para nata | dêstun arsa aprang age | lan Măndalika Prabu | botên ketang tumpês ing jurit | busik jinawil amba | inggih darmi matur | wong agung malih ngandika | yèn mangkono yayi Prabu Burudangin | apa gawe pratăndha ||

Lajêng nyandhak: jilid 2.

--- 1: [80] ---

Isinipun.

... Kaca:
1. Prajurit Kalakodrat campuh kalihan prajurit Kuparman. ... 3
2. Prabu Tasangsulngalam dipun krubut raja sakawan. ... 8
3. Prabu Lamdahur tandhing lan Prabu Salsal. ... 14
4. Prabu Maliyat Kustur tandhing lan Prabu Salsal. ... 22
5. Prabu Salsal kasoran yudanipun dening wong agung. ... 29
6. Prabu Salsal têluk dhatêng wong agung. ... 32
7. Wong agung nglurugi Prabu Branjilin. ... 37
8. Manungsa asipat sato. ... 41
9. Wong agung mlêbêt kadhatonipun Prabu Branjilin. ... 44
10. Prabu Branjilin pêjah dening wong agung. ... 49
11. Prabu Rustamaji badhe nandhingi Raja Uktur. ... 54
12. Prabu Rustamaji kasoran yudanipun. ... 59
13. Wong agung kantaka mirêng sedaning putra. ... 63
14. Layonipun Prabu Rustamaji kabêkta dhatêng Kuparman. ... 72
15. Wong agung nglurugi Raja Uktur. ... 75

 


Lebih satu suku kata: iki ipene dandanan. (kembali)
Kulkum. (kembali)
kuthaningwang. (kembali)
bok kaya. (kembali)
Kurang satu suku kata: sira gawe anom Natèng Burudangin. (kembali)
Kurang satu suku kata: Rustamaji Bathara Nyakrawatyèku. (kembali)
wowohan. (kembali)
Lebih satu suku kata: Raja Salsal Alamdahur. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang agung balanira para ratu. (kembali)