Menak Sorangan (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #856

Judul
Sambungan
1. Menak Sorangan (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #856. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Sorangan (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #856. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1174a

Menak Sorangan

Miturut babonipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 2: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2: [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek. ||

16. Dhandhanggula

16. Candhakipun Wong Agung nglurugi Raja Uktur

1. nanging aja adrêng akon mijil | yèn wusira agawe pratăndha | yèn nora mêtu dimène | aja mêksa sirèku | yayi Salsal paran sirèki | nêmbah Sang Raja Salsal | inggih ta pukulun | alêrês rayi paduka | inggih kakang prabu ing Rum Burudangin | sakèthènge kang wetan ||

2. tuwan buka kalamun kadugi | yèn wis mênga nuli kèndêlêna | pan puniku untarane | sayêkti nuntên mêtu | ya wong agung ngandika aris | yèn wis lawange mênga | tinggalên riningsun | yèn mêksa tan purun mêdal | sawindua sayêktine ingsun anti | Si Uktur Măndalika ||

3. sigra nêmbah Natèng Burudangin | bêkta bala mung sakêthi kuda | salêksa mung dipanggane | bandera lan lêlayu | umbul-umbul kang botên mawi | binêkta luhur kuda | bandera lêlayu | ngubêngi kutha Sorangan | wong jro kutha prasamya anêningali | nanging tan wontên mêdal ||

4. sawusira kubêngan kithèki | kèndêl kori sakèthèng kang wetan | piyak sagung prajurite | kang

--- 2: 4 ---

wontên ngarsanipun | ngêtab gajah sri narapati | mrêpêki lawang kutha | sigra dènnya ngulur | amutêr palu rante mas | kinosèrkên ingayat sinabêt aglis | sumyur pating palêsat ||

5. kinosèrkên anganan angering | luluh rêbah bata lawang kitha | sirna kalawan panggunge | malumpat gajahipun | sri bupati pan sampun prapti | jroning lawang katingal | kang tunggu lumayu | prajurit kang pra dipatya | angantosi ing solah mungsuh kang prapti | Prabu Tasangsulngalam ||

6. panyabête anganan angering | wontên dohe satiban pamanah | tan ana nunggak batane | rata lan lêmahipun | kinoseran palu rantèki | nulya wangsul sang nata | lan sabalanipun | ing pakuwon amiyarsa | panyabête swarannya lir rug kang wukir | rêbah sirnaning bata ||

7. kang atêngga palayune prapti | matur nêmbah marang ratunira | duk rumbu-rumbu gêrahe | sangêt kuwayonipun | duk prang lawan Sang Rustamaji | pukulun kori bêdhah | lan banone gêmpur | wontên satiban pamanah | luluhipun arata kalawan bumi | pinalu ing rante mas ||

8. warti raja ing Rum Burudangin | ingkang rayi mring Sang Kakungingrat | kori kang amalu rante | tuhu lamun pinunjul | prakosane Sri Burudangin | prawira măndraguna | inggih nuntên wangsul | pun Raja Tasangsulngalam | angandika lah payo pulihên aglis | bupati ambêk taha ||

9. ingsun durung arsa [ar...]

--- 2: 5 ---

[...sa] mêtu jurit | mungsuh iku Si Surayèng Jagad | anake sêmana bote | mendah ta bapakipun | milaningsun angati-ati | nulya sagung punggawa | mulih bata rubuh | miwah kori dinandanan | pandhe kawan atus karya gapit sami | wêsi kabèh korinya ||

10. wus mangkana pêndhakipun enjing | Raja Salsal alon aturira | pukulun èstu kèndêle | korine ingkang rubuh | sapamanah anganan ngèri | pinalu ing rante mas | ing rayinta prabu | mangke pinulih kewala | kintênipun sawêg pradandanan pikir | pun Uktur Măndalika ||

11. wau Wong Agung Surayèng Bumi | wruh sêmune kang putra ing Kelan | dènnya maksih bramatyane | cahya kang lir sitèngsu | ingkang sorot kuning awilis | mangkya wilise sirna | kadya gêni murub | baranang kumantar-kantar | sami eram kang mulat para narpati | ing nêpsu kang mangkana ||

12. tuhu putra pituruning Widhi | angluwihi sagung para putra | ing cahya miwah wangune | manawa Nabi Yusup | ing sairib bisa ngiribi | pangeran ing Suwăngsa | sajagat pinunjul | baya Dèwi Kelaswara | kala wawrat tinurunan wahyu jati | dènnya putra mangkana ||

13. ingkang rama angandika aris | anak ingsun Ki Jaswadiputra | ing Kelan dandana age | lan sawadyanirèku | para ratu dhomas ywa kari | ipemu karo padha | lan sabalanipun | sun gawani pamanira | Burudangin [Burudangi...]

--- 2: 6 ---

[...n] ing Yujana lan Sêrandil | kalawan putranira ||

14. kaki prabu ing Kaos nagari | lan putumu Ki Aris Munandar | arimu Burudangine | Hasim Katamsi iku | miwah pamanira kêkalih | aja pisah lan sira | Si Urmus Sêmakun | gitikên Unuk Marjaban | angirasa bêburu anèng wanadri | mrih suka wadyanira ||

15. lawan Kaladini Rajèng Ngindi | panêkare padha dèn gawaa | iya lawan Si Gulangge | Rokam ing Ngindi iku | lawan malih Natèng Biraji | sarerehane padha | milua sirèku | hèh yayi Rum ing Yujana | ing Sêrandil dèn padha angati-ati | myang yayi kalih pisan ||

16. Urmus Sêmakun padha dèn bêcik | upayanên Si Patih Baktiyar | padha ta prihên elinge | aja kongsi kalantur | awèt padha angrusak bumi | sadaya matur nêmbah | ngandika wong agung | hèh yayi ing Kalakodrat | Si Apatih Kalkal gawakna mrih margi | marang atmajanira ||

17. Patih Kalkal wus dèn parentahi | anggawa bala sakêthi samya | nitih macan sabalane | ingkang tukang dalanggung | sigra nêmbah kang putra aglis | lan sagung para nata | ngabêkti kumrutug | sigra atêngara budhal | pan sapalih kapara kèh kang lumaris | lan kang têngga ing rama ||

18. para ratu putra sadayèki | amung balane wong Parangteja | ingkang kari kêkêtêbe | lawan Prabu Tamtanus | miwah Iskal Iskalan sami | Sri Sadat Kadarisman | wong Ngabêsi agung | lawan Marmadi kang wadya |

--- 2: 7 ---

pan kajawi para ratu Parangakik | lêlajêr pabarisan ||

19. prajurite akèh bêcik-bêcik | kang nimbangi lan kang rayi Kelan | sami bala santanane | mila tan wontên usul | undha-usuk Hasim Katamsi | Rustamaji duk gêsang | kèh santananipun | anging kèh para kewala | nora kadi wong Kelan wong Parangakik | akèh kabèh prawira ||

20. sampun lêpas wau kang lumaris | ngiras bêburu samarga-marga | akathah buron warnane | samya suka wadya gung | kèh warnane ingkang wanadri | Raja Unuk Marjaban | miyarsa turipun | punggawanira kang langlang | yèn kêkirab putra Rab mangke umijil | nênggih Pangeran Kelan ||

21. patbêlas yuta bala prajurit | gègèr manahe Unuk marjaban | ngoncati anêbih bae | mangkana kang winuwus | bala Kelan dèn parentahi | kang putra nuwun kesah | misah ênggènipun | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | lan kang putra sira Sang Rajèng Betarti | tumut marang kang rama ||

22. andon bêbêrêg suka kang dasih | ya ta sira Sang Unuk Marjaban | miyarsa yèn pamisahe | Rajèng Kaos puniku | sukan-sukan saha wadyèki | angupaya paekan | ngrakit kêmatipun | wontên punggawa satunggal | ingkang kinèn awarni turăngga wilis | biru pan kadi nila ||

23. nanging tutulipun tutul wilis | kang pinindha pun sêkarduwijan | apan linuwihan gênge | prajurit kalih atus | nitih macan sami miranti [mira...]

--- 2: 8 ---

[...nti] | datan ana ngatingal | kang kiwa arungkud | lawan ambêkta jêmpana | sikêp satus ing pratingkah wus miranti | mangkat marang ing wana ||

24. lêpas angadhang têngah wanadri | Rajèng Kaos kalawan kang putra | bêburu saprajurite | wus karsane Hyang Agung | kapisahe sri narapati | turăngga angatingal | munggèng ngarsanipun | kagèt Sayid Ibnu Ngumar | gya sinandêr turăngga ika ngoncati | nênggih sangsaya nêbah ||

25. saking cancut sira sri bupati | eman luputa ingkang turăngga | wus kasêngsêm ing nalane | pisah lan balanipun | miwah putra datan katolih | prapta pirantinira | kèndêl kudanipun | Raja Sayid Ibnu Ngumar | têdhak saking turanggane marêpêki | mêdal ungkuring kuda ||

17. Pangkur

17. Prabu Unuk Marjaban pêjah dening Prabu Sayid Ibnu Ngumar

1. cinandhak turăngga kêna | wus rinangkul gulune anulya glis | kumrupyuk sirna kudèku | Raja Konjor anyandhak | nyêkêl marang Rajèng Kaos sru amuwus | prapta ingkang sêsimpênan | kang kalih atus prajurit ||

2. angrubut pan dèrèng kêna | rame udrêg nanging wus dèn dhingini | ing tangkêp sayêkti kuwur | mangkana wus kacandhak | wus ginodhi ing sutra paman disampun | inginggahakên jêmpana | sigra binêkta lumaris [lu...]

--- 2: 9 ---

[...maris] ||

3. prapta gèn Unuk Marjaban | langkung suka undhang sawadyanèki | yèn ngantos pêrang lokipun | iku badhe ginawa | dimèn asap pratingkahira têtamu | lawan ingkang maratuwa | wus lami kesahe jurit ||

4. tan antuk tutup wadana | tiwas ing prang loke pan nora bêcik | kaewan ing marasêpuh | miwah prajurit samya | dene kaduk ature kaparèng ngayun | ing mangke purun mantuka | lan gawa Patih Mêdayin ||

5. wus budhal sabalanira | sira Unuk Marjaban sukèng galih | antuk tawan putunipun | dene Sang Kakungingrat | raja wayah dhasar andêling prang pupuh | prakosa asugih bala | Narpati Kaos nagari ||

6. ing marga datan winarna | lampahira Unuk Marjaban prapti | nagari Rokam nujesuk | sang nata duk sineba | Raja Unuk Gulangge marang wadya gung | prajurit prawiranira | miwah satriya para ji ||

7. Kyana Patih Bakubaham | tur uninga Unuk Marjaban prapti | sarta tuk tawan pinutu | ratu andêling aprang | Raja Sayid Ibnu Ngumar namanipun | kang wayah punika lawan | Wong Agung Surayèng Bumi ||

8. mèsêm Sri Bupati Rokam | ratu agung tan samar rèhing batin | lan bêkta pêpatihipun | Mêdayin Ratu Irman | sigra têdhak wau ta saking manguntur | sampun munggèng pagêlaran | ngandika sri narapati ||

9. hèh sira Unuk Marjaban | lawas têmên gonira andon jurit [ju...]

--- 2: 10 ---

[...rit] | paran ta mêngko kang mungsuh | Unuk Marjaban mrêpak | ngaras pada puniku kawula antuk | kang putu Sang Kakungingrat | prawira andêling jurit ||

10. langkung prakosa ayuda | inggih awrat linawan ing ajurit | Rajèng Kaos namanipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | pan katawan samadyaning prang pukulun | manthuk Sri Bupati Rokam | lah ing mangko ana ngêndi ||

11. tur sêmbah Unuk Marjaban | wontên jawi gawanên ngarsa mami | Unuk Marjaban angutus | ngenggalakên jêmpana | ingaturan atêdhak ing alun-alun | binayang angèri nganan | kang cahya anuksmèng sasi ||

12. duk mèh prapta katingalan | cahyanira alir ngăndakarenjing | kagyat wau sang aprabu | duk manjing ing taratag | tinêdhakan Unuk Gulangge amêthuk | cinandhak ngaturan lênggah | nèng wijoan palowani ||

13. orêg wau sanagara | ingkang cahya anuksmèng ingkang sasi | ngandika Gulangge Prabu | hèh putra Raja Arab | sampun susah manggih makatên puniku | sampun wiyahing ayuda | yèn tiwas mêsthi nêmahi ||

14. Prabu Sayid Ibnu Ngumar | anauri suka kula sang aji | yèn kasor kula prang pupuh | tan wontên rinaosan | dene kula punika marga bêburu | miyat kuda anèng wana | punika kêmanting mami ||

15. Gulangge alon têtanya | tuwan botên kêni madyaning jurit | Unuk Marjaban turipun | punika inggih dora | Prabu Sayid Ibnu Ngumar wuwusipun [wu...]

--- 2: 11 ---

[...wusipun] | makotên kewala gampang | kula paduka uculi ||

16. nuntên tuwan adu ing prang | pun Marjaban dimènipun mêpêki | kapraboning aprang pupuh | kawula karo tangan | yèn kasora ginodhia malih ingsun | puniku ênggone nyata | Gulangge suka tan sipi ||

17. Unuk Gulangge anyandhak | Sayid Ibnu Ngumar wus dèn uculi | Unuk Marjaban sirèku | nganggoa prajuritan | ingsun adu aprang kono ngalun-alun | Baham payo parentaha | baris kalangan ing jurit ||

18. lawan saosa turăngga | putra Arab dimèn nitih turanggi | saksana wus baris têpung | orêg sajro nagara | ting balêbêr jalwèstri gêng alit dulu | datan kêna sinapiha | kang arsa mulat prang tandhing ||

19. jêjêl atap kèhing bala | kandhih saking gêbèl kang aningali | Unuk Marjaban sigra wus | nitih pragalba pethak | manjing papan amolahakên mongipun | krura opyak giyak-giyak | solahe anggêgilani ||

20. mubêng sarwi mutêr gada | gung aluhur tuhu ratu ngajrihi | sêsumbar alaup-laup | kadi banthèng katawan | Prabu Sayid Ibnu Ngumar nitih sampun | turăngga manjing kalangan | dhasar wasis ing têtali ||

21. anyirig midêr ing papan | gêbyar-gêbyar kang cahya nuksmèng sasi | lir hyang kang darpa kadulu | eram sagung tumingal | kang mangkono wong Arab bedane iku | ing Rokam siji măngsa na |

--- 2: 12 ---

wong mangkene ulêsnèki ||

22. eman mêngko yèn matia | bok tinêbas ing dinar pitung kêthi | yèn kêna tinêbas iku | padha pinatung kathah | Raja Unuk Marjaban mrêpêki gupuh | surake rame ngundhangan | kadi udan sinêmèni ||

23. mrêpêki ngayati gada | Ibnu Ngumar mênêng sigra marani | duk tumiba gadanipun | sinăngga astanira | tan bisobah gadane sampun karêbut | sigra Sang Unuk Marjaban | masang tangkis ginalingsing ||

24. ginada Unuk Marjaban | kang ingangge gadanipun pribadi | jumêbrèt bragalbanipun | putung gigire rêbah | kapalêsat Marjaban tiba kumabruk | tangi sigra narik pêdhang | arsa mêdhang anulya glis ||

25. têdhak saking kudanira | duk lumarap pêdhange dèn tadhahi | sinăngga paglanganipun | pêdhang rinêbut kêna | gya binuwang cinandhak wangkinganipun | jinunjung Unuk Marjaban | pinutêr saengga bindi ||

26. nèng asta kadi likasan | dangu tinon ebat kang aningali | sumêbut binuwang muluk | tibane tinadhahan | wanti-wanti dadya onclang sêbrang-sêbrung | kinarya pangeram-eram | dangu binanting ing siti ||

27. malêdug sariranira | mor ing lêmah Marjaban mor ing siti | nora kalap wangkenipun | Raja Gulangge têdhak | angurmati kinanthi ing astanipun | binêkta mring panangkilan | tinunggil gènira linggih ||

28. ing amparan nawa rêtna | angêjèpi marang rêkyana patih | Patih Baktiyar pinikut [pi...]

--- 2: 13 ---

[...nikut] | dosane milu dora | anêksèni kacêkêl paprangan iku | Raja Sayid Ibnu Ngumar | mila Baktiyar ginodhi ||

29. binêktèng talaga lintah | pan ingêkum lir kulah pan pasagi | patang dhêpa wiyaripun | ingingon lintah kathah | mot sakêthi gêng-agêng sajanggêl jagung | cinêmplungakên sadina | jêginggis angênggik-ênggik ||

30. Baktiyar kaku kantaka | wus ingêntas tatu lir dèn sundêpi | ing kisi sèwu nêm atus | kêmlurusên Baktiyar | dhêlêg-dhêlêg alami tan bisa muwus | wau Prabu Ibnu Ngumar | kalangkung dipun kurmati ||

31. dinèkèk sawiji prênah | jroning pura sinungga-sungga ngênting | langkung ing pasubanipun | pisalin warna-warna | sabên ari tinunggil dhahar sang prabu | benjang yèn eyang paduka | prapta kula turkên aglis ||

32. mila anggèr sampun susah | ya ta kunêng gantya winuwus malih | Pangeran Ismayasunu | lan sawadya sadaya | gègèr dene icale dènnya bêburu | Mraja Sayid Ibnu Ngumar | busêkan ingkang ngulati ||

33. amor tangis ingkang bala | santanane saking kang ibu sami | prajurit kang para ratu | bala Kaos nagara | lir wanodya Sang Raja Artun Tamtanus | Sarsaban Pirkarisuta | galolo sami nênitik ||

34. miwah wau ingkang putra | Sang Raja Ris Munandar ing Betarti | miwah ratu besanipun | Tasmitèn Johanpirman | sami nangis lawan marasêpuhipun [marasêpuh...]

--- 2: 14 ---

[...ipun] | Sang Prabu Tasangsulngalam | Narendra Rum Burudangin ||

35. sami alara karuna | pan sinêbar bala kang anênitik | mangkana wontên umatur | marang Pangeran Kelan | lamun wontên patilasaning wong nubruk | tabête wong garêjêgan | siji dèn but dèn kathahi ||

36. sadaya sami mariksa | para ratu pantês sinambung budi | nyata pantês wong nênubruk | angling Pangeran Kelan | wus mupakat puniki kang para ratu | sigra ngupaya wong desa | siji bêkêl kang danani ||

18. Asmaradana

18. Pangeran Kelan nantang Raja Wuskahar

1. dhusun panggenan piranti | prajurit kang pitung dasa | dinangu walèh ature | inggih wontên putra Ngarab | kang pinirante kêna | inggih dene Raja Unuk | Marjaban sarta Baktiyar ||

2. wong agung kalih ngakali | Sayid Ibnu Ngumar kêna | warti kaprênah wayahe | mring Wong Agung Kakungingrat | Natèng Kaos nagara | pan sampun binêkta laju | dhatêng nagari ing Rokam ||

3. sawusnya aturirèki | patinggi wus inguculan | langkung kathah ganjarane | dadya mangun agunêman | wau Pangeran Kelan | lawan sagung para ratu | ing ngriku sami sêseban ||

4. prasamya arêbat pikir | ecane kang linampahan | Pangeran Kelan [Kela...]

--- 2: 15 ---

[...n] wuwuse | jêng paman Tasangsulngalam | myang paman Kewusnendar | miwah paman Alamdahur | tuwin sagung para nata ||

5. matur Natèng Burudangin | suwawi atur uninga | ing rama andika anggèr | Pangeran Amiratmaja | punapa sami rêmbag | inggih kadya pikiripun | jêng paman Tasangsulngalam ||

6. sagung kang para narpati | nauri inggih sadaya | Pangeran Kelan dêlinge | yèn ta mênggah kula paman | puniku botên rêmbag | paman Urmus lan Sêmakun | inggih mupakat turira ||

7. pangeran ing Kaelani | mila kawula tan rêmbag | mêwahi karêntêngane | galihe raka paduka | mêntas kapatèn putra | anuntên kelangan putu | watêke raka paduka ||

8. sok nêmah kêdah ngêmasi | punika ingkang rinêksa | pindho papa sakantune | inggih yèn mênggah kawula | sami jujul mring Rokam | saênggènipun rinêbut | anak Prabu Ibnu Ngumar ||

9. nadyan tiwas praptèng pati | paman kawula anêmah | apagut lan pun Gulangge | sukur winèhkên arisan | sagung kang para nata | tan wontên mangsuli wuwus | sami sumăngga sadaya ||

10. nulya têngara sang pêkik | budhal nêdya marang Rokam | kadya samodra balane | ki patih ing Kalakodrat | Kalkal cucuking lampah | Aris Munandar sumambung | lawan Prabu Johanpirman ||

11. nulya prajurit Kubarsi | amor prajurit ing Kelan | para ratu wuri kabèh | lêpas wau lampahira | matur bala pangarsa |

--- 2: 16 ---

katanggor wontên praja gung | nênggih nagari Nglimaya ||

12. ratu kang darbe nagari | nama Sang Raja Wuskahar | mantune Prabu Gulangge | punika ratu prakosa | ratu andêling aprang | kèndêl samya baris agung | bêbahak baris tampingan ||

13. senapati ngêmu runtik | Pangeran Bakdingujaman | sami bêbahak balane | gègèr kuwur awurahan | sagung bala Nglimaya | wus apacak barisipun | balane Raja Wuskahar ||

14. anèng jawi kitha nênggih | kèndêl pangeran ing Kelan | sagung para ratu kabèh | tinari ngaturna surat | panantang ing ayuda | apa nungkul apa magut | sira Sang Raja Nglimaya ||

15. Sang Natèng Rum Burudangin | matur gèr kula kewala | kang ngatêrêna surate | gathak-gathuk padha tuwa | pan botên kalorehan | yèn jêng paman karsanipun | kawula inggih sumăngga ||

16. sêrat sampun dèn tampani | angrasuk kaprajuritan | anitih kuda agême | tinopongakên kêkapa | nèng ngajêng kinanthongan | kang kinarya gênis wungu | ênggène palu rante mas ||

17. Sang Natèng Rum Burudangin | mundur saking ing ngajêngan | sigra nyengklak turanggane | adheyan marang jro kitha | datan adangu prapta | ing gapura korinipun | nênggih sakèthèng kang wetan ||

18. andhodhog wong tunggu kori | hèh prajurit tunggu lawang | wênganana dipun age | matura ing gustinira | iki caraka prapta | wong tunggu lawang lumayu | anandêr

--- 2: 17 ---

mring panangkilan ||

19. ratune lagya tinangkil | wadya gung aglar ngayunan | andangu mring pêpatihe | sapa patih ingkang prapta | apa Sang Kakungingrat | Raja Arab wartanipun | ambêdhah ing Kalakodrat ||

20. patih umatur wotsari | ature abdi tampingan | ingkang mariki putrane | ambujung raka paduka | Mraja Unuk Marjaban | balane lir samodra gung | langkung kalih dasa yuta ||

21. pangeran ing Kaelani | kalih èwu para raja | sami ratu gêdhe-gêdhe | lawan ambêkta kang paman | Prabu Tasangsulngalam | ratu sudibya prang pupuh | kadarbe palu rante mas ||

22. lagya sakeca dènnya ngling | kang tunggu sakèthèng prapta | matur wontên utusane | satriya kang lagi prapta | ngirid bala awêndran | satunggal putusanipun[1] | pantês adêdêg parusa ||

23. athi-athi ngudhup turi | rêspati ngangge makutha | kadi panganggening katong | Raja Wuskahar ngandika | iya sira lêbokna | tur sêmbah wong tunggu pintu | anandêr sakèthèng prapta ||

24. sigra amêngani kori | Sang Prabu Tasangsulngalam | anulya linêbokake | lah dawêg nuntên lajênga | dhatêng ing panangkilan | ingantosan ing sang prabu | maksih wontên panangkilan ||

25. Sang Natèng Rum Burudangin | lan kuda lajêng adheyan | angawal kuda lampahe | ngambah lêlurung nagara | cingak ingkang tumingal | kang satêngah ana muwus | lah iya iku wong apa ||

26. ulêse tuhu rêspati | cara

--- 2: 18 ---

ratu busananya | tan pantês lumaku dhewe | sêmune liwat karêksa | dudu wong kodhèn ika | iki patut pitung atus | dinar ajine satunggal ||

27. wau lampahira prapti | Sang Raja Tasangsulngalam | manjing mring alun-alune | manggung anèng ing turăngga | kagyat kang samya mulat | nèng taratag têpinipun | kèndêl mudhun saking kuda ||

28. tinuntun turangganèki | marang ngarsane sang nata | kinèwèr kang palu rante | nyandhak kursining punggawa | sinuntak wonge tiba | binêkta minggah bêbatur | ngajênge Raja Wuskahar ||

29. pandharate dèn linggihi | lajêng mêndhêt sêratira | saking jaja jro bajone | lah ênya Raja Wuskahar | layange gustiningwang | Pangeran Ismayasunu | gêgêdhug putra Kuparman ||

30. sêrat sampun dèn tampani | gawok jomblong kang tumingal | durung nêmu wong mangkono | polahe lumaku duta | nora nana tinaha | nora taklim marang ratu | manawèku malaekat ||

31. ujêr agama Ibrahim | padha sugih malaekat | baya iki kongkonane | kang bêdhah ing Kalakodrat | tatane Raja Arab | tan ana wani anyaru | kinèndêlakên kewala ||

32. wau duk maos kang tulis | wau Sang Prabu Nglimaya | pèngêt iki surat ingong | puji mring jawala ngajya | kapindho mring utusan | Nabi Ibrahim kang mashur | kang mangku sarengat nulya ||

33. pangeran ing Kaelani | Amiratmaja Kuparman | wruhanira sang akatong | ing lakunira [laku...]

--- 2: 19 ---

[...nira] angambah | marang nagaranira | pan ingsun iki bêburu | marang Si Unuk Marjaman ||

34. gawa pêpulunan mami | ya Ki Sayid Ibnu Ngumar | iya sang raja ing Kaos | cinidra Unuk Marjaban | ginawa marang Rokam | pan iku paripehanmu | padha mantu Rajèng Rokam ||

35. yèn sira rêp awèt urip | alungguh karatonira | susulên ipemu kuwe | aturna bandan maringwang | lan kaponakan ingwang | nuli aturna maring sun | lamun nora mangkonoa ||

36. yêkti sun pisah tumuli | nyawa saking badanira | nora tutug pamacane | sinêbit-sêbit kang surat | Wuskahar langkung duka | macicil bêngis amuwus | têgêse nora na lanang ||

37. mung Pangeran Kaelani | Sang Prabu Tasangsulngalam | mulat rinusak surate | sumaput panon tumêdhak | sigra nitih turăngga | pasuryanira kumutug | angosèr palu rante mas ||

38. sinabêt sri narapati | kêni Sang Raja Wuskahar | kabuntêl ing palu rante | kalawan amparanira | ingubêtakên angsal | cagak taratag kasaut | undure pamutêrira ||

19. Durma

19. Nagari Nglimaya bêdhah dening Prabu Tasangsulngalam

1. wus malêdug balunge Rajèng Nglimaya | gègère păncaniti | prajurit rumagang | mulat gustine pêjah | anêmpuh pêksa ngêbyuki | palu rante mas | pinutêr siyutnya [siyu...]

--- 2: 20 ---

[...tnya] glis ||

2. wus karangkut prajurit para satriya | luluh kinosèr siti | sangsaya gambira | Prabu Tasangsulngalam | kang palu rante mas ngirid | bajrangin gora | riwut bayu nangkêbi ||

3. siwat-siwut andadra pamutêrira | Natèng Rum Burudangin | mungsuhe atusan | tumpês kang anèng ngarsa | ing wuri prapta ngêbyuki | pinalu rêbah | balasah bosah-basih ||

4. taratage rambat pan malêdug sirna | rênyuh awor lan jisim | padhang ing ayunan | sigra Tasangsulngalam | mulat ing pawonirèki | akèh bêbêthak | ngingoni wong anangkil ||

5. kidul wetan saking sitinggil katingal | wontên satus wismèki | agêng-agêng samya | gêni samya lah-olah | pinaran ing sri bupati | sinabêt sigra | winuwung saking nginggil ||

6. lajêng nêngah malêdug sumyur ing wisma | mabul mumbul kang agni | rênyuh pitu pisan | dadya urub-uruban | dahana nurut ing langit | sajroning pura | gêmpur katiban agni ||

7. mabul-mabul andadi angalad-alad | mulad-mulad anapis | gègèr bilulungan | Prabu Tasangsulngalam | eca dènira nyabêti | angèri nganan | wus kathah kang ngêmasi ||

8. cinaritakakên kang ahlul kikayat | Natèng Rum Burudangin | matèni manusa | duk anèng panangkilan | tigang èwu winitawis | ingkang kairas | duk saking păncaniti ||

9. pira-pira wong kapir ingkang kapapag | wong Nglimaya prajurit | sami sinumêdan [sinumê...]

--- 2: 21 ---

[...dan] | ewon kang anèng ngarsa | miwah kang mati ing gêni | sajroning pura | bangke datanpa wilis ||

10. kadi guntur wimbuh swara mawurahan | lir rug wukir sakêthi | putêr barung swara | kadi manêngkêr wiyat | wuwusên kang anèng jawi | Pangeran Kelan | lan sagung kang para ji ||

11. kagyat maras jro kutha swara gumêrah | awor kalawan gêni | bala tur uninga | èstu lêbêting kitha | pasthi swaraning kang jurit | rama paduka | Natèng Rum Burudangin ||

12. kabaranang kadi mila têmah aprang | sigra têngara nitir | sagung pabarisan | kabèh sami têngara | Jêng Pangeran Kaelani | tan nganti bala | sêbut nitih turanggi ||

13. nandêr mamprung miwah ingkang para nata | nora nganti prajurit | anandêr sadaya | wau ta kang ayuda | numpêsi saurut margi | rampês karampas | bangke samargi-margi ||

14. kadya yêksa sèwu solahing ayuda | Natèng Rum Burudangin | praptèng ing gapura | tutup sakèthèngira | prajurit kang jaga kori | sami umangsah | kinosèr palu tapis ||

15. gapura gung sinabêt korine rêbah | lajêng korine sami | sumyur kinoseran | luluh rata lan lêmah | rinata ing kanan kering | rong puluh dhêpa | wau kang lagi prapti ||

16. pangeran ing Kelan mulat ingkang paman | eca angrata kori | gugup rajaputra | paran puniki paman | ing solah paduka jurit | alon turira | ratune sampun mati ||

--- 2: 22 ---

17. punggawane tumpês anèng panangkilan | nulya kathah kang prapti | ingkang para nata | wontên satus lingira | Jêng Pangeran Kaelani | suwawi paman | wangsul kularsa pèksi ||

18. sami lajêng nèng ngarsa Tasangsulngalam | bangke samargi-margi | ting karanthuk samya | ing wuri para nata | ningali saurut margi | wangke balasah | satêngah sami angling ||

19. nyata ngebatakên pratingkahing yuda | Natèng Rum Burudangin | pangeran ing Kelan | mèsêm samarga-marga | jêng paman iki mêdèni | ya ngêndi ana | wong siji anguwisi ||

20. bêdhah praja têka nora nganggo bala | gumujêng kang miyarsi | Kubarsi Narendra | asru pamuwusira | sun puji ki lurah iki | dhasar kaliwat | bangête ing ajurit ||

21. ana wadya kang nêdya mring panangkilan | kang lagi amiyarsi | mulat ana prapta | kuda satus watara | ing wuri nusul anggili | ngiwa umpêtan | dudu wadine iki ||

22. praptèng panangkilan cingak kang tumingal | bangke sungsun atindhih | bêbalung anjêprah | ingkang pating palêsat | malêdug taratag gusis | tabêting aprang | sadaya bosah-basih ||

23. ing jro sirêp dahana manjing kadhatyan | Pangeran Kaelani | lawan para nata | sami dharat kewala | kuda tinilar ing jawi | amêmariksa | wangunan ing jro puri ||

24. sirna gêsêng amung kêbon patamanan | kang ngungsi sami urip | garwane sang nata | lan kadange taruna | putra Gulangge [Gu...]

--- 2: 23 ---

[...langge] namèki | Dèwi Rubinah | Wuskahar garwanèki ||

25. arinipun Wuskahar ingkang taruna | Ni Dèwi Kaharmayi | kapanggih nèng taman | nyatus parêkanira | amung ingkang maksih urip | sampun tinawan | wau ta ingkang prapti ||

26. sagung balakuswa gumuruh sapraja | sami kanggenan kalih | jêjêl samya suka | manahing dasih samya | dene amanggih nagari | masih wutuhan | sabarang sarwa manggih ||

27. pasanggrahanira anèng sitibêntar | Pangeran Kaelani | Sri Tasangsulngalam | Lamdahur Kewusnendar | makuwon ing păncaniti | kang anèng pura | ing taman kang dèn goni ||

28. ingkang raka lawan kang rayi punika | kalih Natèng Kubarsi | pinanggihkên lawan | randhanira Wuskahar | Gulangge kang duwe siwi | panggih kalawan | Maliyat Kustur nênggih ||

29. Wrahat Kustur panggih lan kadang Wuskahar | Ni Dèwi Kaharmayi | saking aturira | Prabu Tasangsulngalam | ing Pangeran Kaelani | ipe kalihnya | ngatura narimani ||

30. mila Wrahat Kustur kalawan kang raka | Maliyat Kustur sami | makuwon ing taman | sami among asmara | bala Nglimaya gung alit | nungkul sadaya | sampun salin agami ||

31. wontên ingkang bupati tan purun Islam | têtiga sami ngungsi | mring nagari Turgan | sami pripehanira | kang nama Raja Kasinggi | wêwadulira | yèn ingkang rama mangkin ||

32. ing Nglimaya sira Sang Raja Wuskahar | pêjah tumpês saabdi | kadrojog [kadrojo...]

--- 2: 24 ---

[...g] ing mêngsah | tumpês prajuritira | putra Rab kang bujung nênggih | Unuk Marjaban | Pangeran Kaelani ||

33. dadya undhang baris tugur saha bala | sira Raja Kasinggi | utusan tur priksa | mring raka paripehan | ing Burtun Raja Ungkadi | yèn mêngsah prapta | putra gambuh ing jurit ||

20. Gambuh

20. Pangeran Kelan kintun sêrat dhatêng Raja Kasinggi, ratu ing Turgan

1. wau Sang Natèng Burtun | parentah pacak baris atugur | sabalane sira Sang Raja Ungkadi | angisèni toyanipun | ing lêlarèn kang wus ajro ||

2. prajurit anèng panggung | ya ta wuwusên Sang Rajèng Burtun | tur uninga utusan Raja Ungkadi | marang ingkang marasêpuh | mring Rokam Gulangge Katong ||

3. yèn ana mungsuh rawuh | putra Rab Pangran Ismayasunu | kalih dasa yuta prajuritirèki | nagri ing Nglimaya gêmpur | tan kuwat mapag prang popor ||

4. ratune agung-agung | padha prakosa sêkti dibya nung | ratu andêl ngiring Pangran Kaelani | Gajimăndalika Uktur | wêgah amungsuh marono ||

5. wau ta kang winuwus | wau Pangeran Ismayasunu | budhal saking Nglimaya sawadyanèki | Sang Raja Maliyat Kustur | lan Wrahat Kustur wong loro ||

6. anèng Nglimaya kantun | lagya ngayomi nagri puniku | ratu kalih anapis [a...]

--- 2: 25 ---

[...napis] agamanèki | bala ing Nglimaya durung | warata pating balêntong ||

7. yèn wis antara nusul | ya ta budhale Sang Raja Sunu | tigang dina ing marga datan winarni | nagara Turgan praptèku | ing ngriku wus ngatos-atos ||

8. ingkang jaga nèng pintu | milih bupati kang tate punjul | yèn ayuda tinuduh sami nênggani | nèng kori sakèthèngipun | Arbagung prajurit atos ||

9. wau ta rajasunu | kèndêl makuwon sawadyanipun | lawan sagung para nata amiranti | wong desa kang kambah mawur | malêdug ajrih kaboyong ||

10. ing pawarta misuwur | yèn mêngsah kang prapta agung rusuh | ora kêna dèn têluki amatèni | bramatya wong agungipun | milane sami bêboyong ||

11. purwane bangêt rêngu | iya dene kaponakanipun | kang cinidra bêburu anèng wanadri | Unuk Marjaban puniku | miwiti pangulah awon ||

12. busêkan gègèripun | kang ngungsi gunung ngili dèn êlud | mila kathah angungsi jro kitha sami | wau ta ratune sampun | ing Turgan prayitnèng kewoh ||

13. Gulangge wus angrungu | lamun mêngkono tingkahing mungsuh | ingundhangan iku aja nênimbangi | wong amuring-muring nêpsu | kaponakane dèn colong ||

14. Marjaban laku dudu | arêp ngilangkên prawiraningsun | ngasorakên marang kaluhuran mami | mulane binanting ajur | marang Sang Aprabu Kaos ||

15. dimène iku rawuh | putra

--- 2: 26 ---

ing Kelan nèng prajaningsun | langkung alus Gulangge dènnya nampani | bramatyane rajasunu | gantya malih winiraos ||

16. Pangran Ismayasunu | pikir ana ing pakuwonipun | aglar sagung prawira miwah para ji | narendra katri tinantun | ngandika sang prawira nom ||

17. mapan Prabu Lamdahur | lan paman Kewusnendar ing rêmbug | miwah ta jêng paman ing Rum Burudangin | mênggah praptane srat ingsun | mring mungsuh kang para katong ||

18. punapa salin têmbung | miwah asalin ingkang lumaku | pan kagêngên jêng paman ing Burudangin | kapindho manawa saru | ratu agung sok kinongkon ||

19. sasat sariranipun | jêng paman ing Burudangin iku | lawan rama Wong Agung Surayèng Bumi | Sang Natèng Rum aturipun | anggèr tan kenging ginêntos ||

20. pan sampun dadi kaul | lampah puniki ingkang jinujul | putra tuwan Ki Prabu Kaos nagari | tanbuh mati uripipun | milanggèr saliraningong ||

21. sagung sêrat pêpucuk | kula pribadi ingkang lumaku | pan kasêdya dadia lamaking jurit | benjing yèn panggih pukulun | putra paduka ing Kaos ||

22. punika mantun nêpsu | ngandika malih Ismayasunu | yèn mêkotên têmbunge sêrat nyalini | Radèn Ngamdani tinantun | kakang mas paran ing raos ||

23. Radèn Ngamdani matur | raos punika sampun datipun | para ratu kalêbêt kang tanah ngriki | caluthak kang nêpsu lêngus | sanès lawan para katong ||

24. tanah ajam pukulun | bawahangin [bawahangi...]

--- 2: 27 ---

[...n] samya alus-alus | ngatasangin ingkang lèr kilèn ing ngriki | galak-galak kirang alus | kirang jatmikaning katong ||

25. apan wajib pukulun | nêmbung ngidak yèn maksih amungsuh | nakaburi nungkuli amrih dèn jrihi | dene ta yèn sampun nungkul | wajib ngapura angêmong ||

26. ngenakkên ing tyasipun | nuli binatin sakaliripun | wajib ngandêl santosa marang Hyang Widhi | jajaning Hyang Maha Luhur | angadêl tilasing mungsoh ||

27. mundhak darajatipun | karana ta panungkuling mungsuh | karsaning Hyang angganjar kang dèn têluki | yèn uwasa dadi ukum | pangandêl maring Hyang adoh ||

28. yèn maksih dadi mungsuh | amrih nêkaburi dimèn emut | supaya jrih inggih nungkula sarta ris | utama pinrih rahayu | aywa kongsi prang rêrêmpon ||

29. sumambung para ratu | alêrês raka tuwan pukulun | aturipun punika Radèn Ngamdani | mèsêm angandika arum | sampun mupakat pra katong ||

30. kakang Ngamdani gupuh | inggih damêla sêrat pêpucuk | kula dhatêng inggih pun Raja Kasinggi | ratu ing Turgan puniku | kadi kang sampun kalakon ||

31. Radèn Ngamdai sampun | akarya sêrat dadi tan dangu | pan puniku kang nama Radèn Ngamdani | Menak Abas kang sêsunu | limpad lan bapakne kaot ||

32. sêrat dadya wus katur | mring putra Kelan sinungkên sampun | tinampanan mring Sang Prabu Burudangin | wus lèngsèr saking ing ngayun | mangsah mring Turgan kadhaton [kadha...]

--- 2: 28 ---

[...ton] ||

33. amung lan kudanipun | adheyan ngawal turangganipun | praptèng kori sakèthèng aminta manjing | kang tunggu Raja Arbagung | salêksa prajurit atos ||

34. tanya Raja Arbagung | wong ngêndi prapta tan mawi batur | jaluk lawang ingsun nora amêngani | yèn tan sajarwa lakumu | iya tutura maring ngong ||

35. hèh aja sira tambuh | iya dutane satriya ingsun | putra Kelan kang prapta ing kene iki | yèku kang ngirid wadya gung | kang akongkon marang ingong ||

36. angling Raja Arbagung | iya tutura dhingin maringsun | lamun nora mangkono sira tan manjing | bramatya sang prabu ing Rum | Burudagin mungkur megos ||

21. Pangkur

21. Nagari Turgan bêdhah

1. angulur palu rante mas | nitih kuda lêlarèn dèn lumpati | sinabêt gapuranipun | malêdug ting palêsat | gapit wêsi jêplok sadaya sumawur | gapura sirna wus padhang | gègèr prajurite sami ||

2. sang prabu ing Rum tan kewran | kinêmbulan eca dènnya ngosèri | bata kiwa têngênipun | kari rata lan lêmah | sigra mangsah sira Sang Prabu Arbagung | anèng kuda ngundha gada | ginada sri narapati ||

3. duk lumarap binarêngan | sinabêt ing palu rante wus kêni | kabuntêl ing ubêtipun | lawan turangganira | kinosèrkên marang mungsuh kang ngarubut | atusan rêbah balasah | Arbagung dadya [da...]

--- 2: 29 ---

[...dya] ginitik ||

4. lan kuda balunge rêmak | pira-pira anake kang prajurit | kêna balunge Arbagung | kang mara mara lunas | anggêlasah salêksa kêdhik kang kantun | tumpês tapis kang agêsang | ngisis kêkês mawur miris ||

5. lumayu mring panangkilan | sapêjahe Arbagung lajêng aglis | sira Sang Prabu Tasangsul- | ngalam mring panangkilan | kang lumayu kang tunggu sakèthèng sampun | prapta ngarsane sang nata | ngandika Raja Kasinggi ||

6. hèh wong tunggu lawang sapa | sira prata gupuh pating karêmpis | pukulun wontên wong rawuh | sawiji nêdha lawang | datan suka dasih Paduka Arbagung | bramatya tiyang punika | gapura sibêbit-sêbit ||

7. mawur rêbah anggêlasah | bata kiwa têngên kori sirnanting | kinosèr ing rantenipun | rata kalawan lêmah | dèrèng tutug ature wong tunggu pintu | nolih wontên katingalan | lah punika ingkang prapti ||

8. manggung dènnya nitih kuda | nguwuh munggèng têpi taratag nênggih | hèh êndi pêpatihipun | iya nagari Turgan | tampanana iki srat sun suthik mêdhun | lagi kancamu sikara | kang tunggu sakèthèng sami ||

9. ki patih lumayu sigra | tinampanan sratnya Sri Burudangin | amapan turangganipun | wus katur suratira | sira Raja Kasinggi maos sratipun | têmbunge canthula sabda | tan tutug lajêng sinêbit ||

10. krodha Sri Tasangsulngalam | mulat ingkang sêrat sinêbit-sêbit | ngosèr palu rantenipun | sumêbut [su...]

--- 2: 30 ---

[...mêbut] ngêtab kuda | praptanipun ngarsa sinabêt sang prabu | ingubêngakên mangiwa | pinutêr manêngên malih ||

11. Raja Kasinggi wus kêna | sinabêtkên taratag sri bupati | Raja Kasinggi malêdug | rinampêd panangkilan | tarub rambat sirna lan manusanipun | gègèr gumuruh sapraja | sigra Pangran Kaelani ||

12. nandêr lan sapara nata | wruh ing adat yèn rame jro kithèki | pasthi kang paman angamuk | wau Pangeran Kelan | praptèng lawang sakèthèng lan para ratu | wus panggih rêbah bêlasah | lajêng maring păncaniti ||

13. prapta maksih lêng-ulêngan | sigra napung prajurit kang para ji | Pangeran Ismayasunu | lajêng anarik pêdhang | mangsah nêngah kang anitih sigat-sigut | riwut Prabu Kewusnendar | kadi banthèng tawan kanin ||

14. Lamdahur pangamukira | tumpês ingkang sami katiban bindi | gusis kang kari malêdug | akèh kacandhak gêsang | sami nungkul aminta têtêping umur | bêbandan pating karêncang | satriya kang pra dipati ||

15. kèndêl wau kang ayuda | pêjahira sira Raja Kasinggi | para ratu sami dulu | awor lawan dhampar mas | balungira rêmak lan êmas akumpul | putra Kelan manjing pura | ingiring para narpati ||

16. ing wuri wus sami prapta | baris agêng jêjêl Turgan nagari | wau kang manjing kadhatun | putra Kelan anjajah | jroning pura linapgang saisinipun | Raja Kasinggi kang garwa | putrine Gulangge singgih ||

17. pinaringakên punika | prabu ing Talsiyah Sri Banuarli |

--- 2: 31 ---

Dèwi Bayansih puniku | arine kalih sira | Rajèng Turgan Dèwi Kasikin kang sêpuh | kang anèm Dèwi Kasirat | pinaring putrèng Santari ||

18. atmaja Iskal Iskalan | tinariman Kiswarin lan Diswarin | branane pan sampun dinum | mangkana putra Kelan | pêparentah nyalini agamanipun | warata sawadya Turgan | sarengat Nabi Ibrahim ||

19. tigang dina anèng Turgan | prapta ingkang nusul Rajèng Kubarsi | Sang Prabu Maliyat Kustur | lan Wrahat Kustur samya | wus anunggil tigang yuta barisipun | kang saking nagri Nglimaya | mangkana budhal sang pêkik ||

20. saking nagari ing Turgan | tigang dina lampahe baris prapti | sapinggir kutha ing Burtun | gègère abusêkan | Raja Urmus lan ari Prabu Sêmakun | ingkang manganjuri lampah | Patih Kalkal tuduh margi ||

21. wong desane sirna giras | wus miyarsa tingkahe mungsuh prapti | nagri kêkalih ginêmpur | putrèng Kelan tan suda | bramatyane angiwung sabalanipun | balane rong puluh yuta | nora kêna dèn tadhahi ||

22. mamring Burtun jawi kitha | uyêl sami jro kitha tumut baris | wau Sang Prabu Sêmakun | wus angawêt barisnya | marêpêki rinampêt pra wadyanipun | Patih Jèdhi bêdhil kaca | bisa ngrêbah panggungnèki ||

23. Sang Natèng Burtun winarna | ingaturan dening sagung prajurit | suwawi mêthuk pukulun | jawi aprang bêbanar | inggih wontên ombère botên kasusu | kadi kang wus kalampahan | rayi paduka kêkalih [kê...]

--- 2: 32 ---

[...kalih] ||

24. tumpês kang wontên jro kitha | anuruti sira Raja Ungkadi | budhal tan dangu kapêthuk | bala atur uninga | wus rinampid bata kitha mêngsah rawuh | pucuke Rajèng Gumiwang | lan Raja Wu-awu Langit ||

25. wadya tuwan sampun aprang | panggung rêbah sami binalang api | senapati dèrèng rawuh | nênggih putra ing Kelan | lir samodra praptane bala gumulung | adhegus botên kasandhang | paduka nadhahi jurit ||

26. wus kasompok budinira | sami dhêdhêg baris lêbêting kori | Raja Ungkadi amanggung | nèng luhuring dipăngga | prajurite sakêthi pêpênêdipun | rumab miyarsa wartanya | balane sang anom pêkik ||

22. Sinom

22. Raja Ungkadi ing nagari Burtun pêjah dening Prajurit Kuparman

1. datan kêna tinanggulang | ngandika Raja Ungkadi | paran ingsun suminggaha | agawe nisthaning bumi | uwus kocap prajurit | milane pinundhut mantu | ing Sri Bupati Rokam | nêdya ngoncatana jurit | sêdhêng asap mati ngrungkêbi nagara ||

2. wau ta kang sampun prapta | Sang Natèng Rum Burudangin | panggih lan Natèng Gumiwang | Prabu Sêmakun lingnya ris | kakang prabu puniki | kumrêsêk ing swaranipun | kadi ratune arsa | nêdya prang mêthuk ing jawi | nanging inggih kapêngkok prapta [pra...]

--- 2: 33 ---

[...pta] kawula ||

3. mila jroning bata kitha | mila kumrêsêk prajurit | swaraning kuda dipăngga | angling Natèng Burudangin | anggèr inggih suwawi | prajurit kang para ratu | wadya Tuwan Gumiwang | angayapa sampun têbih | lan paduka kula rêbahne korinya ||

4. ngêtab turăngga malumpat | Sang Natèng Rum Burudangin | Prabu Sêmakun tut wuntat | lan Radèn Hasim Katamsi | lan kang uwa tan têbih | mila uwa basanipun | manut ibu kewala | mêndhêt ing basa pribadi | sakadange putrambyah basane paman ||

5. sigra anabêt gapura | Sang Natèng Rum Burudangin | sumyur mawur ting palêsat | rêbah rata lawan siti | kinosèr batanèki | prajurit jro kitha kagum | gègèr arang kang mangsah | kesisan Raja Ungkadi | amung kantun satriya lan pra dipatya ||

6. lajêng têmpuhing ayuda | ubêkan uyêl kang jurit | Sang Prabu Tasangsulngalam | ngosèr palu rantenèki | kadya andaru kèksi | sèwu sarêng tibanipun | Prabu Sêmakun lawan | Rahadèn Hasim Katamsi | samya murid ingajar palu rate mas ||

7. Sang Prabu Tasangsulngalam | nyabêt ing Prabu Ungkadi | karangkud turangganira | sinêndhal pinutêr ngering | rapêt lir dèn pijêri | kang palu rante kadya rut | tinarik sampun rêmak | rênyuh Sang Rajèng Ungkadi | ajur lawan dipanggane sampun pêjah ||

8. kiwul satriya punggawa | gusis pinalu sirnanting | pamuke Tasangsulngalam | sêmakun Hasim [Ha...]

--- 2: 34 ---

[...sim] Katamsi | tan adangu wus rêsik | mungsuh lunas kang kapagut | ing wuri kathah prapta | putran Kelan senapati | prapta sarêng Lamdahur lan Kewusnendar ||

9. lajêng nalabung ing yuda | pêjahe Raja Ungkadi | anèng pipining gapura | prajurite pra dipati | tapis tan ana kari | satriya santananipun | lajêng putra ing Kelan | sapraptane păncaniti | putra Kelan kèndêl nèng panguntur satya ||

10. Prabu Yujana dinuta | lawan prabu ing Sêrandil | anacah isining pura | wontên putrine Ungkadi | nama Dèwi Kudartin | mring Gulangge putunipun | arinipun satunggal | anama Rêtna Kadirin | ing jro pura parêkanira salêksa ||

11. kang baris agêng wus prapta | jêjêl ngêbêki nagari | ing Burtun kadya suwak byak | sêsak wadyanig para ji | ing ngriku rêrêp lami | ki putra lan para ratu | Dèwi Kudartin ika | putrine Raja Ungkadi | pinaringkên maring putra ing Yujana ||

12. dene arine punika | kang nama Dèwi Kadirin | kadang Ungkadi taruna | ayu warnane sang putri | pinaringkên wus panggih | lawan Kodrat Samadikun | putri Gulangge panggya | ibune Dèwi Kudartin | panggih lawan Sri Bupati Kewusnendar ||

13. ibu panggih lan kang rama | putrane lan putra panggih | Kaharkusmèn lan kang putra | sira Ni Dèwi Kudartin | ibunira kêkasih | Ni Bayansih manis ayu | sami putri ing Rokam | putra kang sêpuh pribadi | panggulune

--- 2: 35 ---

kagarwa Unuk Marjaban ||

14. nuli garwane Wuskahar | arine garwa Kasinggi | pelag-pelag suwarnanya | Gulangge putrinirèki | nanging kapara sami | agêng luhur dêdêgipun | dhongoh-dhongoh sadaya | warata sengoh amanis | sêdhêp-sêdhêp tan ana saru satunggal ||

15. nèng ngriku mangkana lama | putra Kelan senapati | jangkêp sanga wêlas dina | dènira nata agami | agêng Raja Ungkadi | karatone sami mantu | wusnya radin sadaya | budhal Pangran Kaelani | saha bala mrêpêki prajurit Rokam ||

16. ratu têtêlukan anyar | prasamya barêpi baris | sami saos pasanggrahan | wontên ing bukit Kudami | laut saking lèr kèksi | angilèn kang samodra gung | anjog ing Jaminingrat | lère Jaminingrat nênggih | pasabrangan kitha agêng Jamintoran ||

17. punika nagri wus Islam | sampun agama Ibrahim | duk alame Nabi Iskak | dènnya agama Ibrahim | tan owah malah mangkin | nanging kiwa têngênipun | tigang praja punika | sami Nuh agamanèki | ingkang datan karèh nagri Jamintoran ||

18. mangkana nagari Rokam | sami nut agamanèki | agama langkung raharja | agêng patute prayogi | salèr kilèn jaladri | sakidule kitha gunung | kilèn wetan dharatan | saparan-parane radin | ingkang sami kanggenan praja manusa ||

19. sakidule wukir Rokam | watara

--- 2: 36 ---

samadya sasi | mangilèn sawulan pisan | sami prajaning dhêdhêmit | nadyan manusa sami | mila tekade lêlêmbut | caraning pangalapan | sapangilèn urut wukir | têtimbangan kalawan nagari Rokam ||

20. sapangilèn sapangetan | sagung jajahan kang radin | sami karèh maring Rokam | kang lêlakon tigang sasi | prapta ing patang sasi | sanadyan pitung sitèngsu | sami ngidhêp ing Rokam | nadyan tan atur upêkti | pangidhêpe sayêkti dhatêng ing Rokam ||

21. saking tan ana kuwawa | nandhang wawrating ajurit | kaprawiraning ayuda | wingwrin ratu kanan kering | lawan ta dêdêgnèki | Gulangge langkung gung luhur | satus sawidak êgas | sêmbada godhèg paruci | ajêjenggot saasta bêbrêngos capang ||

22. lir têmbaga sinêpuhan | saliranira sang aji | rema bakung sabopongan | wang malang amupu gangsir | sacêngkang wulu alis | mangkorog angulêr taun | netrane kadi macan | gilap lir mutyara pêksi | wulu asta mangkorog angulêr tambang ||

23. wulu simbar munggèng jaja | sumingkal bundhêt angisis | upami yèn asiyunga | ngêblêgi kadya rasêksi | nanging Gulangge Aji | yèn butaa buta bagus | waja urip gumilap | angrangap mêthèl tinarik | yèn gumujêng gumlêgêr anggiri gora ||

24. sêmbada prakosanira | măndraguna ing ajurit | sami ambêg aprang wantah | tangkêpe sri narapati | sinêmbah ing para ji | ratu sèwu [sè...]

--- 2: 37 ---

[...wu] kawan atus | sami wisma ing Rokam | dadya punggawa para ji | akèh samya anggêlarakên prang kêmat ||

25. amung Gulangge tan arsa | ing rèh culika ing jurit | mung balane kèh linilan | yèn adoh lawan sang aji | yèn prang ngarsanirèki | tan kêna alampah dudu | langkung ambêk pasaja | Gulangge tuhu prang yêkti | durung ana bawahangin para nata ||

26. miriba dêdêg sang nata | miwah kang undha-usuki | gunge sanadyan jajahan | para ratu atasangin | amung ingkang ngungkuli | Gajimăndalika Uktur | dudu ratu manusa | yèn manungsa kang sairib | amung Ratu Jaminamar Saesalam ||

27. ratu kang mukir ing Suksma | ngakên Rabusamawati | sakilèning Jaminambar | watês surup sang hyang rawi | tan wontên ratu malih | ratu ingkang nama agung | sinêmbah para raja | ingkang wontên tunggil wangkit | ratu agung amung nagari ing Rokam ||

28. jajahan ing Jaminambar | alêksan ingkang para ji | kabèh ngidhêp Jaminambar | kunêng ta wuwusên malih | putra Kelan wus prapti | lan sawadya para ratu | jajahan nagri Rokam | masanggrahan ing Kudami | papan wiyar radin ngungkurkên bangawan ||

29. anêngênakên samodra | angiwakakên kang wukir | angungkurakên kang wana | karasan ingkang wadya lit | datan kirang kang bukti | sarwa murah kèh kadulu | nagari langkung arja | pasir wukir loh jinawi | padesane gung-agung kèh palakirna ||

30. sabên desa gung alêksan [a...]

--- 2: 38 ---

[...lêksan] | isine èwon desa lit | kang kinarya pasanggrahan | punika dhusun Kudami | panggenan sabupati | kang atêngga bandar laut | anama Ki Bujahar | wontên wisma tigang kêthi | kadi kutha kêkojor wisma Bujahar ||

31. sami ngungsi ing jro kitha | gusis tan ana wong siji | aja na wong munasika | ing praptane baris iki | ratu wijining suci | Pusêr Bumi tukang alus | panggenane raharja | dèn padha amrih basuki | parentahe Gulangge Narendra Rokam ||

32. malah akèh kang asaba | adol pêpanganan laris | wong desa kang ngupa jiwa | gili ing wong sabên ari | putra Kelan ngundhangi | iki wis ngambah praja gung | aja bêg baya miwah | ambêbahak desa siji | prapta gène ratu agung langkung tata ||

33. Gulangge durung karuhan | lamun iku angukuhi | marang Sayid Ibnu Ngumar | mangkana sagung para ji | sowan ing radèn mantri | aglar ing têtarub agung | lagya mangun pirêmbag | kang badhe ngaturkên tulis | kinukuhan maksih Sri Tasangsulngalam ||

34. dèrèng suka ginêntosan | Natèng Rum ing Burudangin | putra Kelan angandika | mring raka Radèn Ngamdani | kangmas karyaa tulis | bedanên lan mau-mau | ratu agung prakosa | ngawulakakên para ji | canthulane worên lan manising krama ||

--- 2: 39 ---

23. Dhandhanggula

23. Pangeran Kelan nonjok sêrat panantang dhatêng Prabu Gulangge ing Rokam

1. wus akarya srat Radèn Ngamdani | datan antara dadi kang sêrat | katur wus pinaringake | mring sri bupati ing Rum | Burudangin wus dèn tampani | Sang Prabu Johanpirman | kinanthèkkên sampun | nistha lamun satunggila | mring narendra agung karatonirèki | taklim manut ing krama ||

2. sigra lèngsèr sang narendra kalih | saking ngarsane putra ing Kelan | amung sami lan kudane | Gulangge wus angrungu | badhe wontên caraka prapti | mijil ing panangkilan | busana kaprabun | munggèng singasana rêtna | aglar munggèng ngayunan ingkang para ji | kadya prabata sêkar ||

3. koyup kucêm sagung kang para ji | karoban ing prabaning narendra | suryakêr Prabu Gulangge | pan kadya wanakirun | mèh aniksa umat kang silib | kanan kèri ampilan | kang gada gung-agung | kalih wrat ngrong èwu dhomas | durung ana gêgamane kang para ji | kadya Gulangge Rokam ||

4. amakutha mawi găndhawari | krawisthane mubêng angrong asta | capang-capang palêngkunge | tinurut ing hèr laut | garudhane sotya hèr gêni | agêng sawoh pidhadha | lir baskara murub | anêpung gilaping

--- 2: 40 ---

netra | durung ana ngatasangin bawahangin | pratingkahing narendra ||

5. busanane kaprabon narpati | tuwin kapraboning prang măngsa na | kadya Sang Prabu Gulangge | wau wong tunggu pintu | matur wontên caraka prapti | dutane putra Kelan | kêkalih kang rawuh | Prabu Gulangge ngandika | hèh apatih papagên caraka prapti | ratu gung dadi duta ||

6. Patih Bakubaham awotsari | lèngsèr Gulangge mundhut amparan | kêkalih prapta ngarsane | kyana patih wus pangguh | nulya sami ngancaran inggih | paduka tumanduka | ing ngarsa sang prabu | kagyat pinêthuk ing krama | sarèh ngandhap kêju tyas Sri Burudangin | lan Prabu Johanpirman ||

7. turanggane bupati nyêkêli | tinuntun munggèng kèri ing ngarsa | anèng pinggir taratage | kèndêle kudanipun | duk tumingal sang prabu kalih | Gulangge anjênggarang | gumlêgêr anguwuh | hèh prabu kalih banjura | dèn aparêk ing kene lungguh lan mami | wau duk amiyarsa ||

8. ing swarane Gulangge Narpati | Tasangsulngalam lan Johanpirman | sarta katingal dhapure | kalih bayune racut | Sri Narendra Rum Burudangin | eram pan durung mulat | dhapuraning ratu | samya pucêt netya biyas | mundhuk-mundhuk gumêtêr ajrih ing batin | majêng măngga pinêksa ||

9. cinaranan sinorog pribadi | kang amparan ing ngriki sang nata | lingira Parbu Gulangge | nyandhak [nyandha...]

--- 2: 41 ---

[...k] amparanipun | pan binêkta linggih anêbih | ulap Tasangsulngalam | mring Gulangge dulu | andhêku dènira lênggah | Johanpirman andhêpès wurinirèki | Raja Tasangsulngalam ||

10. ragi kêkês sasmitaning batin | kêtarèng netya sigra ngandika | aris Sang Prabu Gulangge | hèh ta sang prabu ing Rum | sampun susah sampun kuwatir | de sira mêntas nglunas | para mantuningsun | têlu tumpês dening sira | Si Wuskahar Si Kasinggi Si Ungkadi | para ratu prakosa ||

11. mêngko katêlu sira patèni | nora sêdya ingsun amidosa | ujêr uwite panggawe | kang mawa sira nêpsu | iku saking luputing ngriki | iya Unuk Marjaban | anyidra mantumu | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | iya iku wêtune runtikirèki | sun puji sira lanang ||

12. lanang kang wus têtêp anèng bumi | Sang Natèng Rum Burudangin sira | wus aran lanang yêktine | matèni ratu têlu | iku padha kalok prajurit | aprang kalawan sira | katri tanpa kiwul | saprajurite tumpêsan | praptanira tan anggawa rowang siji | bisa bêdhah nagara ||

13. bênêr Wong Agung Surayèng Bumi | pamundhute kadang marang sira | pan wus bênêr pamêthèke | yèn sira ratu punjul | pratingkahe wus anglabêti | sinêmbah ing sasama | sasamaning ratu | sêmbada dêdêg parusa | ora larang inganggêp sudara pasthi | mring Sang Surayèng Jagat ||

14. wau Sang Natèng Rum Burudangin [Buru...]

--- 2: 42 ---

[...dangin] | duk miyarsa pangandikanira | sarèh Sang Prabu Gulangge | cahyane sami muncul | srêming-srêming wus mari putih | gumrêmêt mèh sumringah | abang mari payus | têtêp dènira alênggah | pan linarih brênduwin jênèwêr aglis | wus pulih manahira ||

15. Prabu Gulangge ngandika aris | Bakubaham sira angirida | mring sang prabu karo kiye | iya dimèn têtêmu | lan mantune kang siji iki | Tasmitèn Johanpirman | iku besanipun | lakune dadi caraka | mêngko gampang padha katêmu ing wuri | lah iya ngarah apa ||

16. sampun kerid lawan kyana patih | maring gène Sayid Ibnu Ngumar | ingkang pinrênah ênggène | made kancana murub | kawan dasa cèthi ngladosi | langkung sinuba-suba | karaton tinamu | mêndhak Patih Bakubaham | nêmbah rama paduka sri narapati | Prabu Tasangsulngalam ||

17. arsa panggih lan paduka gusti | lawan besan Tuwan Johanpirman | sang aprabu ing Tasmitèn | tumêdhak sira gupuh | anungkêmi padanirèki | rinangkul mring kang rama | binêkta agupuh | sira Prabu Johanpirman | atur sêmbah ing besan sang raja pêkik | Patih Rokam nèng ngandhap ||

18. Natèng Kaos matur angabêkti | mring kang rama pukulun raharja | tyase Sang Prabu Gulangge | tan wontên ratu agung | manahipun kadi wong mukmin | amba sinungga-sungga | tur rinatu-ratu | Prabu Tasangsul ngandika | witning ingsun mantune tri sun patèni | prandene ingapura ||

--- 2: 43 ---

19. tuwan punika prapta angiring | dhatêng putra paduka jêng paman | sampun rêkasa karsane | wontên sêmadosipun | lamun raka paduka prapti | jêng eyang pan kawula | ingaturkên gupuh | dangu tutug apêpanggya | lêga tyase Narendra Rum Burudangin | wus panggih lan putrarja ||

20. wangsul marang panangkilan malih | sampun lênggah ngamparan kancana | ngurmati Prabu Gulangge | sêratira pinundhut | lawan akèn wau ngaturi | mring Sayid Ibnu Ngumar | praptane Sang Prabu | Gulangge nyandhak kang asta | Ibnu Ngumar ginawa lênggah anunggil | munggèng ing singasana ||

21. sigra buka srat sinuksmèng galih | pèngêt layang ingsun putra Kelan | pêpuji mring Pangerane | Kang Agung Maha Luhur | kaping kalih maring ing Nabi | Ibrahim Waliyolah | têkaa sratipun | mring Prabu Gulangge Rokam | praptaningsun ing kene angirid baris | wit saking mantunira ||

22. Si Marjaban Ratu Ngambarkawit | nyidra marang kaponakan ingwang | mêngko ginawa marene | katur marang sirèku | dadi lakuningsun nututi | anèng marga winatang | ing para mantumu | angadhangi lakuningwang | pinatenan mring paman Rum Burudangin | katêlu mantunira ||

23. praptaningsun ing prajanirèki | aturêna maring sun dèn enggal | hèh poma Prabu Gulangge | iku pulunan ingsun | kakang êmas Umar Yunani | putra ingkang pangarsa | pan pambarêpipun | kang sêsunu Ibnu Ngumar | lamun sira ngukuhi

--- 2: 44 ---

pulunan mami | eling-eling sang nata ||

24. pasthi ingsun anêkani jurit | hèh Gulangge anitira kêndhang | ngadêgêna daludage | manjêra umbul-umbul | amêpaka kaprabon jurit | tan wande ingsun rusak | sun dadèkkên awu | nagaranira ing Rokam | lawan sira sun sahkên nyawanirèki | lan ăngga antanira ||

25. dudu aran Gulangge Narpati | lamun nora mêtu prang lan ingwang | yèn ajrih sira dèn age | ngaturna panênungkul | pèni-pèni lan anak mami | Ki Sayid Ibnu Ngumar | aturna dèn gupuh | wurung sah mustakanira | titi tamat kala ing dina măngsèki | surate putra Kelan ||

26. mèsêm sarwi angandika aris | muka sumilak bêrsih atêrang | tuhu Sang Prabu Gulangge | sinungkên sêratipun | dawêg anggèr dika tingali | layange rama dika | kalangkung pêpucuk | botên angangge pariksa | têtêkone pinadha ing nguni-uni | mungsuhe rama dika ||

27. apan kula botên duwe budi | kadi ratu ingkang kathah-kathah | pan wis tuwa Si Gulangge | nadyan duk anomipun | nora owah têtêkon mami | ingkang jamak dèn wawas | sayêkti karungu | wong tuwa cinacah-cucah | botên pantês Jêng Pangeran Kaelani | ladak botên wêweka ||

28. dora botên midhangêt awarti | yèn Si Unuk Marjaban palastra | kokum ingsun pasrahake | andika kang anglampus | pundi lamun [la...]

--- 2: 45 ---

[...mun] sarua mami | ngaranana sikara | jêg botên tinêmu | amung ta atur kawula | benjing yèn wus prapta jêng eyangirèki | kula turkên samăngsa ||

29. saking kêdah pan arsa udani | karosane jêng eyang paduka | dika dadi dêdalane | ing batin mung puniku | datan wontên pratingkah malih | mangke putra ing Kelan | canthula kalangkung | kadi buwang namaningwang | ing karaton têmbung tan sarèh tan aris | yèn ta tinimbangana ||

30. dadi bêbocahan awak mami | yèn ugi ta tan tinimbangana | yêkti andadra karsane | watak wong anom iku | rêmên uga mêtu ing jurit | Sang Prabu Ibnu Ngumar | alon aturipun | inggih tuwan ladènana | kangjêng paman dènnya drêng kêdah ajurit | lawan jêng padukendra ||

31. lamun botên paduka turuti | kêdah angayoni ing paduka | yêkti tan lêga manahe | lan punika sang prabu | sami putra ing Pusêr Bumi | kangjêng paman ing Kelan | moncol tiru ibu | gitike sangêt piyambak | kasêmbadan pêkike datanpa tandhing | nyirnakkên langêning rat ||

32. wontên paman Prabu Parangakik | lawan paman prabu ing Karsinah | sami awrat gêgitike | pintên-pintên pra ratu | kang binanting madyaning jurit | paman Sultan Jayusman | Amir Rijal Samsu | lawan jêng paman Karsinah | Sultan Anom Ruslan ing Danurusamsi | maksih wrat paman Kelan ||

33. mèsêm Gulangge Sri Narapati |

--- 2: 46 ---

yèn makotên angrêmbagi dika | angladènana yudane | mring putra Kelan iku | hèh Natèng Rum ing Burudangin | kundura kula datan | bêktani sul-angsul | aran ta dika kang paman | botên susah Gulangge ngaturi tulis | matura putra dika ||

34. sakarsane wong tuwa nuruti | witning lumuh kasêbut ing nistha | dene ta prang lawan lare | lamun praptaa besuk | raka dika Sang Jayèngmurti | pama tinakonana | kapirare tèngsung | ewa makotên sang nata | pan andika kang kula damêl nêksèni | lan Prabu Johpirman |[2]|

35. pinisalin narendra kêkalih | pira-pira busana murwendah | nyatus mantri ngatêrake | pamit sang prabu ing Rum | Burudangin miwah Sang Aji | Tasmitèn Johanpirman | lajêng lampahipun | rinêngga lakuning raja | sapraptane pasanggrahan ing Kudami | lajêng mring panangkilan ||

36. sampun aglar satriya para ji | munggèng ngarsane ki putra Kelan | sang natèng ing Rum ature | sadaya wuwusipun | Sang Aprabu Gulangge nênggih | atur tan kaliwatan | miwah ambêkipun | raharja anrus lêgawa | ngungun mirsa sagung kang para narpati | watake Natèng Rokam ||

37. mila ta tan ingaturkên mangkin | Natèng Kaos Sayid Ibnu Ngumar | inggih ngêntosi praptane | rama tuwan ing besuk | pan sinungga-sungga ing mangkin | botên manggih sungkawa | papa kawlasayun | malah amanggih

--- 2: 47 ---

kamulyan | duk miyarsa Badingujaman netrandik | umadêg kang bramatya ||

38. datan kathah kang karaos galih | amung nora ingaturkên nulya | Sang Ibnu Ngumar putrane | punika dukanipun | katon sangêt amajanani | Gulangge Natèng Rokam | mung puniku ketung | gênjot wêntise kang kiwa | walikate kang têngên kasuk anitir | kumutug brajèng muka ||

39. pasuryane sumilak awêning | kadya ăndakara ing katiga | tan kalimput widigdane | tinon ing pukul têlu | pancoronge amurwèng bumi | eram kang sami mulat | ing cahya kadyèku | dangu-dangu katrontongan | panganjure tyase kang amawa runtik | kuning ijo dadya bang ||

40. praptèng jaja tutul-tutul abrit | kucêm tumungkul kang para nata | ebat mulkat ing cahyane | awarna kaping têlu | dhingin pêthak asirat kuning | dangu wilis katingal | tumeja sumunu | yayah pamêmpênging wulan | nuntên prapta runtike atuntung abrit | lir gêni mulad-mulad ||

41. angêkêsi sagung kang ningali | tuhu putra pituruning jagat | anèh dhewe prabawane | miwah ing cahyanipun | ngilangakên langêning bumi | durung ana mangkana | tejane ngênguwung | putra Kelan wruh ing netya | para ratu miyarsa pawartinèki | gunge Gulangge Raja ||

42. prakosane punjuling ajurit | dêdêge satus suwidak êgas | tri asta jaja jêmbare | ujunge jaja jujul |

--- 2: 48 ---

gapurane kaprah para ji | alon dènnya ngandika | Sang Ismayasunu | hèh paman Prabu Gumiwang | ing Yujana miwah paman Ngawulangit | paman Narendra Selan ||

43. paran sami karsane sayêkti | pun Gulangge makatên punika | ingkang dhingini ature | sira Prabu Sêmakun | anak êmas ingkang ngluwihi | ing para putra Ngarab | nuntên tura wêruh | inggih ing rama paduka | yèn Gulangge makotên aturirèki | gumulung para nata ||

44. kadi Prabu Sêmakun turnèki | putra Kelan èstu datan arsa | ingkang makatên rêmbage | karsane kêdah ngrêbut | amisesa amurwèng jurit | punapa kinajrihan | dumèh gung aluhur | dêdêg satus sawidak gas | pan punika sami titahing Hyang Widhi | maksih nak putu Adam ||

45. Alamdahur muwus sarwi sêdhih | Kewusnendar ingsun lawan sira | yèn tiwasa nahing anggèr | sira tan wani matur | lawan ingsun ajriha iki | sanadyan maguta prang | yèn prayogèng laku | Gulangge durung prayoga | lagi anjêjaluk wênang yèn inganti | Sêmakun nambung sabda ||

46. miwah Raja Urmus anambungi | inggih dene Gulangge punika | sarèh wontên panêdhane | lawan ta malihipun | gung aluhur prakosa luwih | putra dika neneman | kaot balungipun | măngsa si dhèwèk ajriha | jêr wus nêdya pratingkah andon ajurit | mungsuha sapa-sapa ||

47. iya nanging atura upêksi | mring kang rama nadyan gêmpurana | aja kuciwa sêmune |

--- 2: 49 ---

yèn tiwas aprangipun | ingkang tuwa măngsa na kari | putra Kelan turira | mring paman Sêmakun | paman paduka punika | duk kawula kapidêrêng arsa jurit | lan Uktur Măndalika ||

48. pêpulih mring kangjêng kakang aji | Rustamaji paduka kang mênggak | saking kagêngên mungsuhe | pun Măndalika Uktur | ratu dajal pan dede janmi | mangke Gulangge Rokam | sami gung aluhur | nanging ta janma manusa | mindêng-mindêng apan paduka palangi | pun Gajimăndalika ||

49. amêjahi kakang Rustamaji | pun Gulangge ngukuhi wayah ta | ing pundi gène patine | wong aurip puniku | liya kadang kalawan siwi | kaping tri wong atuwa | miwah garwanipun | paman Sêmakun kawula | paman Urmus samangke pan botên kêni | wong tuwa malangana ||

50. samya sêdhih yayah wêtu tangis | para raja kang pinaman-paman | tuwin para paman kabèh | sigra wau sang bagus | bala kinèn têngara aglis | nêtêg amukul kêndhang | thothonggrit lan puksur | busêkan bala siyaga | para ratu nimbangi têngara sami | mundur nata barisnya ||

24. Durma

24. Prabu Gulangge tandhing lan Prabu Lamdahur

1. wus samakta busana kang para nata | sigra wau sang pêkik | miyosi ngayuda | ingiring kang santana | ing Kelan sami prajurit | lan para paman | anggarêbêg tan têbih ||

--- 2: 50 ---

2. gora-goraning têngara kapiyarsa | saking jro kitha nênggih | Gulangge miyarsa | sigra akèn têngara | nimbali ing Raja Sayid | ya Ibnu Ngumar | prapta Gulangge angling ||

3. lah punika rama andika têngara | Pangeran Kaelani | kula arsa mêdal | andika jênêngana | lungguha ngamparan rukmi | angawruhana | tingkah manira jurit ||

4. sigra atêngara Sang Narendra Rokam | muntab sawadya mijil | saking jroning kitha | wadya kadi hèr nawa | prajurit para narpati | kêthèn ayutan | rêbat paraning baris ||

5. sampun tata barise mungsuh lan rowang | Raja Gulangge prapti | lawan Ibnu Ngumar | sampun munggèng amparan | sawang-sinawang kang baris | sami asrinya | sami gunge wadyèki ||

6. sigra têdhak Gulangge nitih andaka | kulawu pancal putih | agêng sadipăngga | binusanan sarwendah | kadya baskara duk mijil | saking hèr nawa | ebat kang aningali ||

7. mandhi daga jênggarang kabina-bina | lir jalada lumindhih | gada kadi carak | warsa modod anglela | mole-mole angajrihi | kêkês kang mulat | tuhu ngebat-ebati ||

8. molahakên andaka krura anglumba | gada kinarya undhi | mumbul ing awiyat | lir pêksi mardi kala | tibane cinandhak malih | pinutêr mubyar | kadi kilat sêsiring ||

9. duk timingal Pangeran Jaswadiputra | sigra mundhut turanggi | arsa umaguta | sampun nitih turăngga | prapta prabu ing Sêrandil [Sê...]

--- 2: 51 ---

[...randil] | apusing kuda | cinandhak dèn gendholi ||

10. sampun mangsah ya putrane gustiningwang | ratune wong apêkik | yèn maksih pun paman | Lamdahur anèng donya | sakarsane wus wor siti | ratu ing Selan | kèndêl mangu sang pêkik ||

11. sigra nitih dipăngga Sang Aji Selan | umangsah ing ajurit | surake gumêrah | kadya nêngkêr bawana | wus prapta papan apanggih | ayun-ayunan | lir kuda mungsuh èsthi ||

12. pan sakuda upama Sang Aji Selan | Gulangge upamèsthi | Gulangge têtanya | sapa ranmu narendra | sumaur yèngsun Sêrandil | Lamdahur ingwang | ratu andêling jurit ||

13. ratu agung rong lêksa prajurit ingwang | ingkang măncanagari | ratuningsun dhomas | lawan sinung ngrèh ingwang | para ratu wadanèki | pan wolung dasa | kang sinudara yêkti ||

14. pan ingakên sanyawa saliraningwang | mring Sang Amir Mukminin | gumuyu angakak | Prabu Gulangge mojar | pantês sira dèn kasihi | ratu prakosa | dhapurmu gung rêspati ||

15. payo Sang Sri Lamdahur apa nèng sira | nuli tamakna aglis | Lamdahur angucap | pan dudu caraningwang | andhingini ing ajurit | sabalanira | Risang Surayèng Bumi ||

16. balik sira Gulangge payo gadaa | gumuyu iya bêcik | Lamdahur dèn yitna | kudhunga parisira | mutêr gada Gulanggya Ji | rong èwu dhomas | kati mas wawratnèki ||

17. sigra ngêtab andaka Gulangge Raja | tumêmpuh punang bindi [bi...]

--- 2: 52 ---

[...ndi] | kadya gêlap sasra | murub parisanira | gumêtêr limanira jrit | adharodhogan | kêkotos kringêt mijil ||

18. asru mojar Gulangge payo malêsa | hèh prabu ing Sêrandil | sun rasakne uga | iya panggadanira | sumaur Natèng Sêrandil | ingsun balaka | tan kawasa malêsi ||

19. sira iku Gulangge sayêkti eman | mungsuh lan gusti mami | atimu raharja | sanajan putra Kelan | kaliru galihe lagi | pan sajatinya | putra Rab ambêk suci ||

20. satêmêne jêng pangeran ing Suwăngsa | mring sira gawe bêcik | para mantunira | kang padha ngadhang marga | mati de Sri Burudangin | randhane padha | putrine dèn bêciki ||

21. tinarimakakên pinilihkên padha | ratu gêng kang prajurit | tur ingkang sanyawa | lan pangran ing Suwăngsa | randhane Raja Kasinggi | kang tinariman | Sang Raja Banuarli ||

22. Ratu Agung Talsiyah Marmadiputra | pan wus kinulit daging | randhane Wuskahar | ipene tinariman | ratu agung ing Kubarsi | ngungkuli padha | lawan bojone lami ||

23. anakira kang tuwa Sang Kewusnendar | putumu iya panggih | putra Kewusnendar | Kaharkusmèn prawira | kag roro mantunirèki | padha putrangkat | ing putra Bagendha Mir ||

24. ingkang loro padha ratu sinudara | ing Yujana Kubarsi | mantunira lawas | ratu rêraton desa | mêngko iki pêkik-pêkik | ratu

--- 2: 53 ---

sinêmbah | abêbala para ji ||

25. padha moncol tur prawira ing ayuda | karsane tur ngajèni | jêng gusti ing sira | Gulangge duk miyarsa | waspanira adrês mijil | langkung nalăngsa | dènnya ngladosi jurit ||

26. katalangso budi kang wus kalampahan | tan ingaturkên nuli | Sayid Ibnu Ngumar | dene nganti praptanya | Wong Agung Surayèng Bumi | arsa ngaturna | ila-ilaning aji ||

27. balènana wacana kang wus kawêdal | kasiku ing Hyang Widhi | angawe ing wadya | prapta ingkang ambêkta | janèwêr branduwin anis | wus linarihan | sang prabu ing Sêrandil ||

28. sêgêr malih salirane ingkang lupa | Gulangge mojar malih | Lamdahur mundura | nauri Rajèng Selan | wirang sun mundura dhingin | sira sadhela | mundura sri bupati ||

29. sru gumujêng Gulangge mundur sakêdhap | Lamdahur mundur aglis | rinubung praptanya | pan nora ana kalah | dandananira sang aji | ya insa Allah | ingsun misih basuki ||

30. nanging datan kawasa malês ing aprang | Gulangge sarèh pikir | lamun sinêdyaa | mati kaya palastra | nanging karsane Hyang Widhi | yèn durung ajal | lah iya maksih urip ||

31. panggadane Si Gulangge ngudubilah | lir katiban wak mami | iya gunung waja | mèsêm putra ing Kelan | tuwin kang para narpati | Gulangge kuwat | èstu gambuh ing jurit ||

--- 2: 54 ---

25. Gambuh

25. Ratu Wadya Kuparman gêntos-gêntos nandhingi Prabu Gulangge

1. wau ta duk angrungu | krodha Sang Prabu Maliyat Kustur | sigra amit paksa umagut ing jurit | Pangeran Ismayasunu | pangandikanira alon ||

2. paran ta kakang prabu | lamun paduka kêdah umagut | gung aluhur Gulangge awrat ing jurit | umatur Maliyat Kustur | sampun ngawruhi yèn abot ||

3. bêbêgjan ta pukulun | kêdah ngayoni ing wawratipun | muga tuka kang sapangat sang apêkik | gya mangsah Maliyat Kustur | nitih dipăngga binarong ||

4. sarwi mandhi salukun | prapta ing papan Maliyat Kustur | wus apanggih ayun-ayunan Sang Aji | Gulangge mèsêm andulu | naracak padha kinaot ||

5. bala Kuparman iku | para ratune apatut-patut | dhapurane ya gagah padha rêspati | tuwa bagus anom bagus | iki sapa sun têtakon ||

6. ratu ngêndi sirèku | wani amapag wukku ring ngayun | apa nora takon mring Rajèng Sêrandil | kang mêntas aprang lan ingsun | sira bagus misih anom ||

7. angling Maliyat Kustur | iya pan ingsun uwis angrungu | lamun sira abot sinandhang ing jurit | lan dêdêgmu gung aluhur | nora kaprah para katong ||

8. wruhanira sang prabu | prajurit Arab nora andulu [a...]

--- 2: 55 ---

[...ndulu] | nadyan ana mungsuh gêdhene sawukir | tan ana angayang mungsuh | wus lumrahe kancaningong ||

9. mungsuha wanakirun | pan nora watak anampik mungsuh | aja mungguh santana kang kaya mami | yèn mirisa mungsuh agung | yèn sira tambuh maring ngong ||

10. iki Maliyat Kustur | gêgêdhug ratu santana ingsun | pan rong atus para Ratu Kaelani | kang sanak misan puniku | dene ta kang para katong ||

11. nak-sanak wolung puluh | iku kaparentah marang ingsun | padha ratu prajurit wong Kaelani | ratu dhomas balaningsun | dene ta saliraningong ||

12. Abu Ngadngah sêsunu | Sang Warhadbarsi ratu pinunjul | putra têlu ingkang tuwa iya mami | putri adi kang panggulu | lanang maning ingkang anom ||

13. kang èstri garwanipun | padmi kêkalih Ismayasunu | putra Kelan tan umiyat ing dyah malih | mung Kadarwati ariku | wong tuwane asih golong ||

14. lanang wadon sih lulut | miwah sadaya kang para ibu | atanapi Wong Agung Surayèng Bumi | dènnya wlasasih kalangkung | asring kinanthi ing kewoh ||

15. duk sirnane wong agung | prang Samasrawi cinolong ibu | wong Kuparman gung alit sangêt prihatin | para putra para ratu | tan ana bisa ngupados ||

16. pan amung ariningsun | Si Kadarwati nêmokna iku | anambani susahe wong Pusêr Bumi | Prabu Gulangge angrungu | karasa ing tyas sumêdhot ||

17. nuksmèng wardayanipun [war...]

--- 2: 56 ---

[...dayanipun] | Prabu Gulangge ragane iku | tinggalane Abu Ngadngah Warhadbarsi | kèlingan yèn tunggal guru | barêng dalêdêg duk anom ||

18. tan pisah saba gunung | mring alas guwa amrih pinunjul | puruhita kaprawiran ing ajurit | tinggalane ariningsun | Wrahadbarsi ratu moncol ||

19. lan kapindhone iku | dadi lakine atmajaningsun | Si Bayansih abêgja prayoga iki | lan Si Wuskahar rumuhun | kari gagah kari sengoh ||

20. lan kari ratu agung | manjing santana Arab tur bagus | kèh bêgjane ya putrèngong Ni Bayansih | alon samudana muwus | sira kudu prang lan ingong ||

21. dèn prayitna sirèku | ya tadhahana panggadaningsun | winatara ing gada dèn irih-irih | sinăngga parise murub | Maliyat Kustur kalêson ||

22. anjrit dipangganipun | gumêtêr wau saliranipun | sapraptane kang arak jênèwêr manis | linarih Maliyat Kustur | wus sêgêr sira sang katong ||

23. Prabu Gulangge muwus | mara malêsa Maliyat Kustur | lagi sira iki lan Natèng Sêrandil | katiban ing gadaningsun | takat têka nora luloh ||

24. sabêne yêkti luluh | nora luluha nyawane mamprung | tinggal badan wêdi bok kasawo bindi | nora tau gadaningsun | matèni ratu amindho ||

25. lah mundura sirèku | yèn kêlara malês luwih sukur | anauri Sang Sri Bupati Kubarsi | tan kawawa malês ingsun |

--- 2: 57 ---

alêsu saliraningong ||

26. iya mundura gupuh | yèn ajaa sira dadi mantu | sun têmêni sayêkti sira ngêmasi | manawa bojomu nutuh | tan bisa agolèk liron ||

27. kon boboki bojomu | rapuan ratus mahribi iku | Si Bayansih wêruh pratikêling nguni | mundur Sri Maliyat Kustur | wontên ratu wrat ing kewoh ||

28. ing Rokami prajèku | Rokami tanah Indi puniku | bisikane iya Gulangge Rokami | ilok-ilok namanipun | ratu agêng kang kinaot ||

29. dene prajanirèku | mèh jumbuh lawan Rokami iku | pan asisan tiniru namanirèki | dene doh jajahanipun | măngsa nêdyaa patêmon ||

30. ing mangke ta kapranggul | Sri Gulangge tanah Indi magut | jêng pangeran ing Suwăngsa wus ngidini | gumujêng kang para ratu | padha arane patêmon ||

31. nanging kari gêng luhur | Gulangge kene iki kalangkung | Sri Gulangge Rokami ing tanah Indi | kaprah bae para ratu | mangsah anitih angrimong ||

32. purih prapta wus saguh | tanya Gulangge kang agung luhur | ratu ngêndi sira iku mêtu jurit | ratu bawahangin ingsun | ya Gulangge namaningong ||

33. ing Rokami prajèngsun | duk maksih anom suwita ingsun | nora saking ingsun kasoran ing jurit | wit saking ingsun kapencut | ing ambêk Jayèngpalugon ||

34. ing budi manis arum | ngisoring wiyat [wi...]

--- 2: 58 ---

[...yat] kang para ratu | nora ana mirib Sang Surayèng Bumi | aluse wêwatêkipun | dêdhasare ngapura mong ||

35. ya duk suwita ingsun | kala wong agung nglurugi mukul | mring kuthane Aspandriya ing Biraji | wong agung duk amêmangun | akarya kutha gêng kaot ||

36. ingsun kang kinèn matut | miwah rêngganing karatonipun | sawiji kang rupa-rupa sajron puri | tan ana liyan saking sun | angreka sajro kadhaton ||

37. kinèn atelad ingsun | kutha Ngajêrak ing rakitipun | pan kalêbu wong lawas ya ingsun iki | Gulangge raja gung muwus | payo anggadaa mring ngong ||

38. raja jumbuh prajèku | lawan ta jumbuh namanirèku | ya kaliwat baya prawiranirèki | Gulangge alit sumaur | ing prang dudu caraningong ||

39. dhingini ing pamupuh | gumuyu ngakak Sang Gulanggya gung | dèn prayitna sira lumaku sun bindi | mutêr gada sigra mupuh | gumapruk angrimong ruboh ||

40. parêng ratune lampus | gumuling lawan angrimongipun | sigra nandêr ratu kêmbar Kaelani | Raja Siwana kang sêpuh | Raja Diwana kang anom ||

41. prapta mangsah wus pangguh | tanya sapa aranira ratu | anauri santana ing Kaelani | ing Sarsit kadhaton ingsun | ratu sanak misan ingong ||

42. mara Gulangge Prabu | Raja Siwana Diwana gupuh | mara rampak kalihe binabit bindi | sêdyanira ukur-ukur | iya tibaa kemawon ||

43. tuna-dungkap [tuna-dungka...]

--- 2: 59 ---

[...p] pamuwuh | ragi angayuh dènira mupuh | mrih kênane karo pisan dening bindi | têmah kapara asêru | dene manglung asta ngayoh ||

44. têmah kalihe lampus | Prabu Gulangge kalangkung ngungun | katigane nora sêdya amatèni | katigane katarucut | kasampe balunge anom ||

26. Sinom

26. Pangeran Kelan tadhing lan Prabu Gulangge

1. mangkana Prabu Gulanggya | têdhak saking awaniti | angrucat kapraboning prang | mara lan astanirèki | jisime ratu kalih | Siwana Diwana iku | rinangkêp asta kanan | kang kèri jisim satunggil | wus binakta marang gène putra Kelan ||

2. ambopong jisim katiga | saingga pari sawuli | eram kang sami tumingal | Gulangge pratingkahnèki | prapta ngarsa sang pêkik | para ratu kêkês dulu | mring Gulangge gêngira | miwah jarote linuwih | piyak sagung kang bala ngampil ing ngarsa ||

3. angadêg saking amparan | Pangeran Banjaransari | sarwi nêkêm gandhewanya | Gulangge ngrêpèpèh manis | umatur sang apêkik | anggèr gambène pra sunu | punika wadya tuwan | amba tan nêdya matèni | kasaliyo kapara ginayuh gada ||

4. balane ratu katiga | santanane prapta nangis | tinampèn layon katiga [ka...]

--- 2: 60 ---

[...tiga] | Gulangge umatur aris | yèn ngarsakna sang pêkik | ngukumi kawula katur | amba tanpa gêgaman | angêsrahkên pati urip | sakarsane putra Kelan pan sumăngga ||

5. rêngu panduking sasmita | pangerane Suwangsèki | sumunu wulan tumeja | sudama bangun sêsiring | linar pratisthèng lilin | kataman ing maruta rum | eram Gulangge mulat | ing cahyanira sang pêkik | angandika Pangeran Amiratmaja ||

6. hèh Gulangge tambung lampah | ya ngêndi ana prajurit | matèni wong tanpa gaman | yèn sira rêp sun patèni | mundura sira dhingin | anggonên sadayanipun | kapraboning ayuda | ing mêngko nuli ajurit | singa tiwas anèng papan pinatenan ||

7. dudu carane prawira | amatèni wong malêdhing | tangèh manggiha utama | mungsuh kurang dèn wuwuhi | gêgamaning ajurit | sira iku tambung laku | lamun trahing Kuparman | tan arsa matèni silib | nora arsa mungsuh wong kurang gêgaman ||

8. apa jampêng tan miyarsa | watêke trah Pusêr Bumi | yèn aprang milih sumêngka | nora tate dèn sêngkani | Gulangge lah dèn aglis | anggonên pêdhang gadamu | lawan parisanira | dèn samêkta payo jurit | undurira Gulangge ngusapi waspa ||

9. pan kalorop solahira | wêkêle kang dèn ugêmi | sêca tuhu paribawa | tinampan angrusak wingit | angilani wêwadi | bubrah

--- 2: 61 ---

kautamanipun | tur pati tanpa gaman | ingaran amêjanani | pan tinarka nuntun panggawe urakan ||

10. nyarimpêt ing kaprawiran | wau ta rahadèn mantri | angrasuk kaprajuritan | kudagêm kinèn ngambili | sumaos Jonggiraji | ingkang sayêktine iku | wêton dhasar lautan | anaking jin Jonggiroji | yèn kinarsakêna mring ki putra Kelan ||

11. bisa nglumpati parbata | nging ki putra sangêt wingit | tan arsa ngacèni titah | ing sama titahing Widi | sigra nitih turanggi | wong Kelan surak gumuruh | langkung sami marmanya | para paman lan para ji | dènnya sangêt datan kêna ingaturan ||

12. kadya kang basănta memba | nganglangi rêsmining bumi | Gulangge nurut parentah | angrasuk kaprabon jurit | kitêra adèn[3] mantri | ngatepang wêdhar alurus | wiragane pasaja | cahya nuksmèng sitangsenjing | gêbyar-gêbyar nyurêmi kang diwangkara ||

13. ebat sangêt kang tumingal | ing cahya anukmèng sasi | durung tumon kang mangkana | amung putra Kaelani | ngêndhih rêsmining sasi | sorote ngăndakara lum | marpêki asêsumbar | Gulangge Sri Narapati | anggadaa payo prang silih prakosa ||

14. bêbêg Gulangge tyasira | paran tingkah ingsun iki | saru loking pramudita | lare sun ladèni jurit | yèn nora sun ladèni | muring-muring sang abagus | lah iya ngarah apa | sun watarane ing jurit | jêr karsane dhewe ingkang ngajak aprang ||

15. marpêki angundha gada | Gulangge sarya [sar...]

--- 2: 62 ---

[...ya] ngling aris | wong abagus dèn prayitna | amutêr gadanira glis | sang pêkik masang tangkis | Gulangge gadane nêmpuh | tibane winatara | sugal pangandikanèki | apa aprang Gulangge apa dolanan ||

16. dora lamun samenea | pêpukulmu ing ajurit | kang jamak padha prawira | angêntèkakên gêgitik | bok aja majanani | ngandêlakên gung aluhur | samăngsa anggadaa | manusa ajur wor siti | manawa na manusa tinitah kuwat ||

17. pan ingsun durung narima | sira matara gêgitik | Gulangge kaku tyasira | ingundhakan panggadèki | jumêbrèt tibèng tangkis | mêtya gêni paris murub | agni kentar kumantar | muluk marang awiyati | pêksi liwat katrajang kumrutug tiba ||

18. malah matêng tibanira | wong baris kalangan aglis | kang matêng lajêng pinangan | suka manahe wadya lit | kang lagya mangan pêksi | surak sarwi nyamuk-nyamuk | ginada kaping tiga | tan osik dènira tangkis | angandika payo Gulangge êntèkna ||

19. Gulangge aris saurnya | suwawi gèr sampun ping tri | anggèr pamupuh kawula | inggih lêrêsipun gênti | sampun ta amastani | ing panggada ukur-ukur | kawulantêp punika | èstu kawula amuji | pasêk sêsêk anggèr panangkis paduka ||

20. putra Kelan saurira | hèh Gulangge sri bupati | durung tèk pukulmu uga | katara tibaning tangkis | pan akèh ingkang kari | Gulangge kuwatirèku | măngsa malêsa [malê...]

--- 2: 63 ---

[...sa] ingwang | yèn durung êntèk sirèki | mêtu kabèh kuwate panggadanira ||

21. kaliwat dora sêngara | mung sêmene kuwatnèki | măngsa matènana raja | amunga samene ugi | Si Diwana prajurit | lan Raja Siwana iku | tate nadhahi gada | rosane narendra kalih | apan ika santananingsun misanan ||

22. anaking ratu prakosa | andêl-adêl Kaelani | payo maning wêtokêna | pamupuhira kang yêkti | Gulangge ngangkat aglis | pinartêlu kuwatipun | mung kari kang saduman | kang rong duman ingkang mijil | pan tumêmpuh gada gêng mring putra Kelan ||

23. kadya balêdhèg sayuta | orêg prakêmpa sabumi | obah sakathahing kuda | karungane kang para ji | miwah karungan èsthi | wadya gung pan sami jumbul | ewa mangkono uga | tan osik dènira tangkis | tuhu lamun widigdaya putra Kelan ||

24. kadya kidang mungsuh gajah | sayêkti sèkêt lan siji | măngsa na mèlu si kidang | pangrasane kang ningali | nora kongsi ping kalih | sapisan wus dadi bubuk | prandene putra Kelan | winuwung awanti-wanti | nora măntra karasa panangkisira ||

25. surake kadi ampuhan | eram kang sami ningali | mantêping prang putra Kelan | panyêngkane satus tandhing | wau ta paman kalih | Raja Urmus lan Sêmakun | sami tan bisa mulat | tumungkul waspa drês mijil | saking sangêt tan kuwawa nahên maras ||

26. têtanya

--- 2: 64 ---

Sang Raja Selan | kakang prabu kadipundi | tan măngga kula mulata | ing yudane kaki mantri | karya rujiting ati | nauri Prabu Lamdahur | anggèr dipun santosa | tuwan pasrah ing Hyang Widi | lah punika tingkahe putra paduka ||

27. wus pinupuh kaping gangsal | kaping nêm dèrèng malêsi | anggèr kawula kemutan | putra paduka puniki | ayême ing ajurit | blêg raka dika puniku | Wong Agung Surayèngrat | sangêt pêdhêse kang gitik | tiru ibu Kelaswara putri Kelan ||

28. kula duk aprang binuntar | lir katiban gunung wêsi | lah puniku raka dika | Yujana padha ngrasani | Kewusnendar nambungi | anggèr iku tiru ibu | kawula gih binuntar | gumamplêng lir puthon wêsi | kula anggèr tan emut purwa duksina ||

29. wau kang abăndayuda | Gulangge lan radèn mantri | Prabu Gulangge turira | suwawi malêsa aglis | kawularsa ngrasani | gêgitike wong abagus | nauri putra Kelan | lah iya sri narapati | dèn prayitna kudhunga parise waja ||

30. mêngko angrasakna sira | pêpukul trah Pusêr Bumi | Gulangge tangkis lêgawa | tumungkul sarwi ningali | Pangeran Kaelani | ngêtab kuda matak jabur | ngikal amutêr gada | milar kuda Jonggiraji | sanalika angungkuli mungsuhira ||

31. tumêmpuh panggadanira | jumêbrèt surake anjrit | sagunging bala Kuparman | têkan sikêp dèn undhangi | surake padha anjrit [a...]

--- 2: 65 ---

[...njrit] | lir wukir kêthèn gumuntur | kuwat Gulangge Raja | dènira nadhahi tangkis | prakosane pêpukule putra Kelan ||

32. mubal parisane waja | kumantar marang wiyati | sumaput paningalira | sakala sang sri bupati | obah bêbalungnèki | kang rong atus têlung puluh | andakane tan bisa | gumêtêr lir dèn sirami | karingête kêkotos sarwi dhog-dhogan ||

33. anjêntung Gulangge Raja | sajêg ingsun anadhahi | panggadane para nata | mungsuh ingsun nguni-uni | akèh para narpati | mung iki karasa balung | tuhu moncol ing jagad | putra Rab sawiji iki | panas lêsu rasane saliraningwang ||

34. lamun kongsi pinindhoa | kaya êmbuh ingsun mangkin | sapisan samene uga | êmare bêbalung mami | ngalokor otot mami | ros-rosan padha alinu | kaya pêcah-pêcaha | pangêlune sirah iki | komêt mumêt kidul têmah katon wetan ||

35. anggèr suwawi luwaran | punika apan mèh wêngi | inggih ing benjang pangeran | punika sayah tan sipi | kawula prang sakenjing | kang badan sampun alêsu | luwung enjing kewala | pun bapa ngladosi malih | angandika Pangeran Jaswadiputra ||

36. lah iya sakarsanira | sang nata ingsun turuti | ing esuk bae mêtua | têgêse kang satriya di | utamaning prajurit | nurut panjaluking mungsuh | bubar ungkur-ungkuran | putra Kelan praptanèki | pan [pa...]

--- 2: 66 ---

[...n] rinubung tinangisan para nata ||

37. gumrumung nungkêmi samya | para paman anangisi | pangrasa kadi supêna | aningali maring gusti | lajêng têtêgirèki | sagung ingkang baris dhaut | bubar mungsuh lan rowang | sami makuwon para ji | dalu lajêng bojana andanasmara ||

27. Asmaradana

27. Umarmaya nyapih pêrangipun Pangeran Kelan

1. mangkana ingkang ajurit | cinaturakên kewala | wus pitung dina lamine | prangira putra ing Kelan | lawan Prabu Gulanggya | arame bubar yèn dalu | pan dèrèng wontên kasoran ||

2. ingkang têmbung walangati | Prabu Sêmakun utusan | ing raka Jayèngpalugon | sêrat dadya rong prakara | dhingin paripolahnya | têtêkone solahipun | Prabu Gulangge ing Rokam ||

3. lawan dènira ajurit | wangkode wau kang putra | Patih Jèdhi gya lampahe | mêsat mahawan gêgana | surat kalih binakta | ing marga datan kawuwus | praptèng nagari Sorangan ||

4. maksih yun-ayunan jurit | barise angêmput kitha | Wong Agung Jayèngpalugon | lan sawadya para nata | kang mêngsah dèrèng mêdal | Gajimăndalika Uktur | angêkêp sajroning kitha ||

5. wus katur praptane Jèdhi | surat pinundhut kalihnya | binuka [binu...]

--- 2: 67 ---

[...ka] lajêng winaos | saking kang rayi Gumiwang | surasane kadriya | gugup tyasira wong agung | animbali Arya Maktal ||

6. Adipati Guritwêsi | sami sinungan pariksa | yèn nagri Ngrokam prang rame | Adipati Tasikwaja | kinèn agya lumampah | anyapiha ing prang pupuh | kang putra Pangeran Kelan ||

7. lawan Sang Gulangge Aji | nulya mêsat Umarmaya | lan Patih Jèdhi sarênge | lampahe sang adipatya | tajêm nginggil lan gandhap | sang dipati mamprung-mamprung | ing marga tan kawursita ||

8. prapta ing Rokam nagari | pabarisane wong Arab | nuju yun-ayunan mangke | Gulangge lan putra Kelan | baris sampun akapang | nèng wijoan palowanu | Pangeran Bakdingujaman ||

9. banjêng kang para narpati | ingkang paman kering kanan | Urmus Sêmakun jajare | Sang Prabu Tasangsulngalam | lawan Sri Kewusnendar | Lamdahur Maliyat Kustur | miwah sagung para nata ||

10. aglar satriya bupati | para satirya ing Kelan | kadya hèr nawa barise | tuwin para rajaputra | mangkana baris Kelan | lan baris ing Rokam têpung | Prabu Gulangge alênggah ||

11. anèng singangsana rukmi | lawan Prabu Ibnu Ngumar | amung mèh kari wêdale | Gulangge lan putra Kelan | kadi sabên andina | rame dènira prang pupuh | dèrèng wontên kang kasoran ||

12. wus manjing patbêlas ari | prange ki putra ing Kelan | lawan Sang Prabu Gulangge [Gulang...]

--- 2: 68 ---

[...ge] | wau ta mèh mêdalira | kasaru ingkang prapta | Dipati Tasikwajèku | jujug satêngah paprangan ||

13. praptane lajêng sêsirig | bala Rab sami uninga | ki adipati praptane | nanging jujuge kapara | ngarsane Sri Gulanggya | malêmbung asêbrang-sêbrung | Gulangge awas tumingal ||

14. sapa ingkang prapta iki | apa wong mêtoni ing prang | têka mangkono polahe | angguguk Gulangge mulat | dene kaya parênjak | wong iku tanaganipun | ing ngêndi mau sangkannya ||

15. rêkyana patih wotsari | botên saking baris Ngarab | tiyang puniku praptane | saking lèr kilèn katingal | lajêng alincak-lincak | wau Ki Umarmayèku | lincake sangsaya mêrak ||

16. ngarsane Gulangge Aji | alatah suka tumingal | wong apa iku polahe | dene kayungyun kalintang | cêlak ngarsa Gulanggya | nulya umêsat sumêbrung | anêbih malih kêkayang ||

17. lincak-lincak nyêlak malih | gèdhèg-gèdhèg palêmbungan | sagsaya suka sang katong | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | waspada tingalira | saking singangsana mêdhun | ngadêg anèng ngarsanira ||

18. Prabu Gulangge tanya ris | mila ta anggèr tumêdhak | saking ing singangsanane | Prabu Sayid Ibnu Mar |[4] alon ing aturira | inggih kang prapta puniku | pan pun eyang Tasikwaja ||

19. Adipati Guritwêsi | Jêng Pangeran Umarmaya | ngatag Sang Prabu Gulangge [Gulang...]

--- 2: 69 ---

[...ge] | ragane eyang andika | Umarmaya kang prapta | Prabu Gulangge anguwuh | marenea Umarmaya ||

20. sarwi ngawe astanèki | wau astane kang kanan | ngalumahakên pèk-èpèk | payo kene Umarmaya | lungguha astaningwang | Ki Umarmaya sumêbrung | wus linggih nèng ngarsanira ||

21. sinăngga sarwi alinggih | nèng èpèk-èpèkanira | Ibnu Ngumar anulya ge | ngabêkti marang kang eyang | Gulangge atêtanya | bagea Umarmayèku | lêga têmên ing tyas ingwang ||

22. manawa ta sira dadi | têtămba kaprihatinan | rajaputra daruwênge | gène ngajak prang lan ingwang | pan wus patbêlas dina | ingsun ladèni prang pupuh | pan durung ana kasoran ||

23. punggawane têlu mati | Raja Diwana Siwana | Ratu Sarsit misanane | lawan Si Gulangge ika | ratu kang madha aran | Rokam bawahangin iku | ing tanah Ngindi kuthanya ||

24. lawan kang mêtu prang malih | Si Lamdahur mundur waras | Maliyat Kustur ipene | iku padha mundur waras | iku ta yèn kênaa | bok aja prang lawan ingsun | Pangeran Bakdingujaman ||

25. iku dudu cipta mami | apranga lan rajaputra | dene sêdyaningsun kiye | kudu arsa ngawruhana | prakosane kang rama | ingsun nora angrêmpêlu | mungsuh lan Wong Agung Arab ||

26. Adipati Guritwêsi | angling ingsun amiyarsa | ing watakanmu Gulangge | lah ta iya aja susah | sun mara mring

--- 2: 70 ---

ki putra | anayuti karsanipun | lan parentahe kang rama ||

27. Gulangge ngandika malih | balia poma Marmaya | nginêpa kadhaton ingong | nauri sira Marmaya | iya tan suwe ingwang | Ki Umarmaya sumêbut | saking èpèk-èpèk mêsat ||

28. maring baris Ngarab prapti | rinubung ing para nata | putra Kelan nêmbah age | angaras padaning uwa | wusnya tata alênggah | Ki Umarmaya tanya rum | babo sutaningsun nyawa ||

29. mênênga aja ajurit | wêkase wong tuwanira | iya lawan Si Gulangge | andhêku ki putra Kelan | kang uwa wuwusira | sêdhêng wong ngayoni iku | prang kongsi patbêlas dina ||

30. sêmune narendra iki | karsane wong tuwanira | yèn dadi kanthi ing têmbe | wis kulup sira bubara | luwung sukan-sukana | lan santana para ratu | anèng pasanggrahanira ||

31. sumêbut amêsat malih | Adipati Tasikwaja | prapta linggih ngèpèk-èpèk | ing wuri dhaut barisnya | rajaputra ing Kelan | lawan sagung para ratu | sami bubar masanggrahan ||

32. Umarmaya gunêm malih | lawan Sang Prabu Gulanggya | inggih nèng èpèk-èpèke | Prabu Gulangge tumingal | bubare baris Ngarab | hèh Umarmaya wus dhaut | barise Pangeran Kelan ||

33. payo mulih mring jro puri | nêtêg bubar barisira | nitih dipăngga sang katong | katiga munggèng palana | Marmaya lan kang wayah | Natèng Kaos [Kao...]

--- 2: 71 ---

[...s] nagarèku | katri Gulangge Narendra ||

34. anging Umarmaya maksih | lênggah ngèpèk-èpèkira | anging ingalih ênggone | dangune nèng asta kanan | mangkya nèng asta kiwa | kumêrut wadya gumuruh | praptane sajro nagara ||

35. dadya tontonan samargi | ana bala ing jro kitha | tembak pinggir marga gêbèl | satêngah ana angucap | kang sinăngga sang nata | kang anèng ing astanipun | iya baya urangutan ||

36. kang sawênèh anauri | ika dudu urangutan | manusa omahan bae | nanging dudu wong ing Rokam | wong ngêndi ika baya | têtopong sarwi kêkalung | apa antuk tuku anyar ||

37. dadya mêng-amêngannèki | kang adol baya wong Arab | dene kayungyun rupane | ana wong dhasar samodra | ika anaking iwak | mulane ika kayungyun | yèn ika wêton dharatan ||

38. yêkti anaking pring ori | kang tuwuh pinggir jêjurang | pantês rupane mangkono | yèn ora anak wa-uwa | sêmune tiru bapa | parbutan panarkanipun | tan ana kang kabênêran ||

39. ing panangkilan duk prapti | têdhakira sri narendra | lajêng tumamèng kadhaton | kinanthi Ki Umarmaya | munggèng ing asta kiwa | kang kinanthi têngênipun | Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

40. praptèng pura tata linggih | wau wong agung katiga | lajêng dhêdharan sang katong | langkung dènira sinuka | suba-suba pyaboga [pya...]

--- 2: 72 ---

[...boga] | linarih winantu-wantu | Marmaya agung lêlewa ||

41. Gulangge Sri Narapati | manggung ngakak cukakakan | langkung kacaryan sang katong | wusnya wau dhêdhaharan | lajêng kang nyênyamikan | Prabu Gulangge amuwus | hèh Adipati Marmaya ||

42. ingsun têtakon sayêkti | nguni-uni mungsuhira | padha kamalingan jenggot | kaya pa pratingkahira | jêjenggot para nata | dene kêna sira cukur | sira bisa anyiluman ||

43. ingsun arsa angrasani | kakang gêguyon kewala | bisa nyukur jenggot ingong | Ki Umarmaya lingira | yèn ana pakonira | mêngko bêngi ingsun cukur | nanging ta bulubêktia ||

44. dêdimène bisa bali | sang nata jêjenggotira | nauri Prabu Gulangge | lah iya anjaluk pira | angling Ki Umarmaya | iku etungira manut | ing tuwane umurira ||

45. pira ta umurirèki | Prabu Gulangge lingira | umur ingsun lagi bae | ana patang atus warsa | angling Ki Umarmaya | wong kang umur patang atus | iya patang kêthi dinar ||

46. lamun nora patang kêthi | patang lêksa amrasanak | bulubêktining jêjenggot | sakala lajêng sok-sokan | dinar kang patang lêksa | patang èwu patang atus | asuka Ki Umarmaya ||

47. dinar sigra dèn wadhahi | munggèng ing kêkasangira | manjing kasang sadayane | sakilan mubêng gêngira | manjing kasang sadaya | agawok angling sang prabu |

--- 2: 73 ---

lah iku wêwadhah apa ||

48. têka doyan têmên isi | prandene nora katara | Ki Umarmaya saure | iki walungsungan jagad | sanadyan isènana | gajah sangang yuta iku | lan turăngga pitung wêndra ||

49. lan wonge sayuta kêthi | pan iku măngsa sêsaka | Prabu Gulangge andongong | angagêm tatopongira | Dipati Tasikwaja | kang saking Ngajrak rumuhun | ingangge sakala ilang ||

50. gumujêng sri narapati | maring di Si Umarmaya | sigra pêpanganan kabèh | kang munggèng panjang kancana | sadaya ingambilan | kalawan wêwadhahipun | kabèh pan sami kancana ||

51. gumujêng sri narapati | sawusnya têlas panganan | Ki Umarmaya angaton | kagum Sang Prabu Gulanggya | sarwi nyandhak Marmaya | lah iki Umarmayèku | sarwi guguk gujêngira ||

52. panjang mas mau nèng ngêndi | kabèh mau pitung dasa | anyatus reyal bobote | êmase atuwa-tuwa | nauri Umarmaya | si kaki dhêlak kang juput | iku kang tunggu kêkasang ||

53. sang nata aja baribin | bok karungu kaki dhêlak | manawa dadi runtike | kadhatonira dèn untal | angling Prabu Gulanggya | lah iya uwis bêgjamu | mas kabèh rêjêkinira ||

54. nanging iya Marmayèki | payo janji pawong sanak | matêng sira lawan ingong | Ki Umarmaya lingira | lah iya insa Allah | nanging cili lawan agung | luwih tama ngakunira ||

55. sira ratu ingsun abdi | Prabu Gulangge [Gu...]

--- 2: 74 ---

[...langge] ngandika | iku pan anjarag ingong | ing mêngko bêngi lah mara | cukurên jenggot ingwang | sun wêkasane sadalu | yèn bisa tuhu prawira ||

56. ing siyang diwasa latri | Prabu Gulangge amêpak | prajurit ingkang pinêthèt | para ratune sakawan | santana kang salira | pan têlung atus rong puluh | pêpilihan pêpucungan ||

28. Pucung

28. Prabu Gulangge dipun cukur Umarmaya

1. Raja Badrun Raja Wangsèn Raja Bulkum | Raja Burindiya | kapat wasis ing prang rêmpit | tate maling antuk sirahing narendra ||

2. kanthinipun wong têlung atus rong puluh | bisa rupa papat | iya wong ingkang sawiji | yèn aturu kang rupa papat ajaga ||

3. Marmaya wus apamit angilang dalu | sang nata alênggah | nèng jarambah sawadyèki | mring panggenan Prabu Sayid Ibnu Umar ||

4. Sang Aprabu Gulangge ngandika asru | mring ratu sakawan | padha angêntèkna gêndhing | Umarmaya pêpothète Raja Arab ||

5. sira iku kabèh pan pêpothèt ingsun | lah iku sun jajal | ing batin ingsun ngayoni | aprang aris bêbêcike Raja Arab ||

6. Badrun Bulkum wêtokna kabèh gêlarmu | Wangsèn Burindiya | sêktimu kang dhingin-dhingin | iya iki

--- 2: 75 ---

wêtune marêngi măngsa ||

7. iya lamun jenggotku kongsi cinukur | nyata Raja Arab | pinasthi lêlanang bumi | wadyanira inginuman winatara ||

8. pamrihipun bêtaha sami alungguh | doyana mêmangan | sawêngi pating kacêmil | katungkula aja kongsi arêp nendra ||

9. wadyanipun kang têlung atus rong puluh | kabèh sinandhingan | pêpanganan nêlung piring | kang sarwa di sawêngi kang aja têlas ||

10. pan rinubung Gulangge ing lênggahipun | ing pukul sawêlas | Adipati Guritwêsi | wus angangge kuluk kang saking Ngajêrak ||

11. sigra mundhut hikmat saking kasangipun | warni sêkar pudhak | sigra wau Adipati | Guritwêsi lumumpat mring pamidhangan ||

12. nginggilipun lêlangit dènira lungguh | ngirab sêkar pudhak | Adipati Guritwêsi | pan malêdug sarine pudhak angambar ||

13. luhuripun kinêtab sarine mawur | nalabi sang nata | miwah sawadyanirèki | katawuran ing sarine sêkar pudhak ||

14. sang aprabu tan angrasa sawadyèku | wangine kewala | nanging pangrasane sami | labêtipun ukupe kang pêpanganan ||

15. dangu-dangu sami ngantuk ting kalêngguk | sirêpe tumama | tuhu yèn ratuning maling | punjul ing rat Ki Dipati Umarmaya ||

16. têngah dalu têdhak radèn selaulun | sagung pêpanganan | cinaruban darubêsi | tangi ngantuk pan sami mangan panganan ||

17. sang aprabu dhahar sêsaosanipun | wus baliyur samya |

--- 2: 76 ---

tumama kang darubêsi | kang prajurit sadaya amatak măntra ||

18. praptanipun pura wong papat nèng ngayun | ana ing ngiringan | wonge têmên rêbah sami | pan wus kêna ing darubêsi balasah ||

19. ratunipun Gulangge pan sampun ambruk | tan ana karasa | kuwatire tan katolih | kang arupa wong papat lungguh ajaga ||

20. têlung atus rong puluh mapat wongipun | jibêg kang atêngga | rolas atus sulapnèki | joto bae jêr iku tan nganggo nyawa ||

21. sang aprabu cinandhak tan bisa wungu | mèt sang adipatya | peso landhêp kadi angin | wus cinukur Gulangge jêjenggotira ||

22. brêngosipun kang têngên ingkang cinukur | Wangsèn Burindiya | ratu papat wus balindhis | Raja Wangsèn puniku dhasare buthak ||

23. nora ngingu jenggot dhasar nora thukul | Raja Wangsèn ika | nagarane inglênthiri | mung bathuke kiwa têngên binarsihan ||

24. wus cinukur watêsing gêgithokipun | nuli dèn rêmpêlas | amêlêng-mêlêng kalimis | Raja Wangsèn tuwa untune wus sirna ||

25. tan winuwus ing dalu byar siyangipun | tinawa ing jêram | pêcêl lisah wijèn sami | Adipati Marmaya sampun singidan ||

26. wungunipun gumêdêr guyu-ginuyu | miwah sri narendra | ngusap jenggote sasisih | datan ana tuwin sasisih brêngosnya ||

27. sang aprabu kapingkêl-pingkêl gumuyu | lan narpati papat | supe nèng ngarsa

--- 2: 77 ---

sang aji | gujêngira sami têbah-têbah jaja ||

28. Sang Aprabu Gulangge anguwuh-uwuh | Marmaya muncula | wus têtela sira iki | ya mung sira gurune maling sajagad ||

29. para ratu papat kang samya tinuntun | marang gèn pawongan | girap-girap sami gêndring | singa mulat awirang tutup wadana ||

30. priye mau kasukan ngilangkên dhapur | iku dhapur apa | durung tumon lan miyarsi | gêndhing anyar dubilah pratingkah apa ||

31. sang aprabu ngarsakkên mangkono iku | ya ta praptanira | wangsul marang gèn sang aji | Umarmaya lincak-lincak praptanira ||

32. dyan rinangkul marang Gulangge Sang Prabu | èstu sira liwat | prawira maling sinêkti | sun têbuse jêjenggot ingwang salêksa ||

33. yèn sira sung sarta manèh jenggot ingsun | aja kongsi owah | Umarmaya ulês mami | sun pinulih Gulangge jêjenggotira ||

34. pan ingêlus tabête lan hikmatipun | pulih tan katara | mung Rajèng Wangsèn tan mari | pan sirahe balindhise rinampêlas ||

35. tan kawuwus kang suka-suka andulu | ing pratingkahira | Adipati Guritwêsi | sampun pamit Prabu Gulangge lingira ||

36. iya ingsun amêmêkas ing sirèku | nuli aturana | Wong Agung Surayèng Bumi | yèn wus pêcah kutha Gajimăndalika ||

37. nitih lêmbu andaka gêng kang kulawu | Gulangge angucap | lah goncènga Marmayèki | ingsun atêr ing lêlakon têlung êjam [ê...]

--- 2: 78 ---

[...jam] ||

38. Marmaya wus anggoncèng Gulangge Prabu | datan mawi bala | ngatêrakên sang dipati | Umarmaya lah sira tutur-tutura ||

39. solahipun lamine andon prang pupuh | anjajah nagara | Wong Agung Surayèng Bumi | sun rungokne iya baria lêlampah ||

40. pan kapencut sayêktine sun angrungu | pratingkahing aprang | Wong Agung Surayèng Bumi | untung bae kalana jajah nagara ||

41. apitutur mring balane para ratu | panggawe raharja | kang sayoga anglabêti | wuri-wuri kaluhuran kautaman ||

42. nadyan mungsuh lagya sadina dènnya nut | anuli pinadha | nora nganggo sănggarunggi | pangandêle kinulid daging dinarah ||

43. iya iku sapa ingkang bisa niru | tuwajuhing manah | têtêge kapati-pati | santosane abangêt pangrunguningwang ||

44. sadalanggung gantya Marmaya pitutur | solah tingkahira | ing pratikêl sangkan alit | tinuturkên ginalur marang Marmaya ||

45. Sang Aprabu Gulangge anjêtung-jêtung | wus antuk têlung jam | rêrangkulan dènnya bali | Umarmaya Gulangge ungkur-ungkuran ||

46. wangsulipun Prabu Gulangge wus rawuh | ing kadhatonira | nimbali rêkyana patih | kinèn sêgah mring barise putra Kelan ||

47. lampahipun mêntah matêng dènnya suguh | jodhange salêksa | mêntah sapine sakêthi | wêdhus bèbèk pitung kêthi lawan bêras ||

--- 2: 79 ---

48. kadi gunung sarêm brambang bawangipun | jêruk pêcêlira | winot ing sèwu padhati | langkung suka jêng pangeran ing Suwăngsa ||

49. lajêng dinum ing sakèhe para ratu | wau kawuwusa | Adipati Guritwêsi | lampahira praptèng pungkuran barisan ||

Lajêng nyandhak: Menak Jamintoran

--- 2: [80] ---

Isinipun.

... Kaca:

16. Candhakipun wong agung nglurugi Raja Uktur. ... 3
17. Prabu Unuk Marjaban pêjah dening Prabu Sayid Ibnu Ngumar. ... 8
18. Pangeran Kelan nantang Raja Wuskahar. ... 14
19. Nagari Nglimaya bêdhah dening Prabu Tasangsulngalam. ... 19
20. Pangeran Kelan kintun sêrat dhatêng Raja Kasinggi, Ratu ing Turgan. ... 24
21. Nagari Turgan bêdhah. ... 28
22. Raja Ungkadi ing nagari Burtun pêjah dening prajurit Kuparman. ... 32
23. Pangeran Kelan nonjok sêrat panantang dhatêng Prabu Gulangge ing Rokam. ... 39
24. Prabu Gulangge tandhing lan Prabu Lamdahur. ... 49
25. Ratu wadya Kuparman gêntos-gêntos nandhingi Prabu Gulangge. ... 54
26. Pangeran Kelan tandhing lan Prabu Gulangge. ... 59
27. Umarmaya nyapih pêrangipun Pangeran Kelan. ... 66
28. Prabu Gulangge dipun cukur Umarmaya. ... 74

 


utusanipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: lan Prabu Johanpirman. (kembali)
radèn. (kembali)
Kurang satu suku kata: Prabu Sayid Ibnu Ngumar. (kembali)