Menak Jamintoran (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #858

Judul
Sambungan
1. Menak Jamintoran (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #858. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Jamintoran (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #858. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1176

Menak Jamintoran.

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek.

1. Pangkur

1. Prabu Atasaji nusul ingkang eyang dhatêng paprangan

1. lajêng sumiwèng ngajêngan | wau sira Dipati Guritwêsi | anuju kang anèng ngayun | Wong Agung Parangteja | Raja Salsal wau kang tansah tinantun | kasaru ing lampahira | Adipati Guritwêsi ||

2. umatur ing solahira | inggih èstu ing Rokam rame jurit | putra paduka pukulun | awit ngawaki ing prang | Ki Bakdingujaman lan Gulangge Prabu | sampun prang patbêlas dina | dèrèng wontên sor ing jurit ||

3. nanging pun Gulangge Raja | sèstu têtêp kadi loking pawarti | ambêke manah rahayu | kadi mukmin pandhita | yudanipun lan putra tuwan pukulun | wawrate dèrèng sinuntak | pinartiga dèn ngèngèhi ||

4. mung kalih duman kang mêdal | kang saduman kang maksih dèn simpêni | asangêt pangowêlipun | dhatêng ki putra Kelan | yèn sampuna tinantang ing sabên esuk | pun Gulangge botên sêdya | inggih angladosi jurit ||

5. pun adhi Lamdahur aprang | linadosan saduman kuwatnèki | kang rong duman botên mêtu | prandene Rajèng

--- 1: 4 ---

Selan | rêngkêng-rêngkêng tan kuwawa malês mupuh | Maliyat Kustur prasamya | amalês datan kuwawi ||

6. pun Diwana pun Siwana | Rajèng Sarsit nak-sanakipun nênggih | swargi rayinta pukulun | Ni Dèwi Kelaswara | mila bingung ki putra bramantyanipun | pêjahe kalih punika | mila têmah angawaki ||

7. lawan pun Gulangge pêjah | ing Rokami Ngrokami tanah Ngindi | gangsal prajurit kasambut | tri pêjah kalih gêsang | putra tuwan pun Ibnu Ngumar pukulun | kalangkung sinuba-suba | pan rinaja rajasiwi ||

8. tur nunggil sapadmasana | saênggènnya tan pisah dènnya linggih | benjing yèn prapta pukulun | tuwan ngaturkên nulya | Natèng Kaos pun Ibnu Ngumar puniku | kang nyidra wayah paduka | mantune Gulangge Aji ||

9. kukum sampun pinêjahan | wayah tuwan kang kinèn amêjahi | duk myarsa atur wong agung | ngadêg sami sakala | andêdonga minta ring Sang Maha Luhur | tuluse ing kanugrahan | Gulangge dadia kanthi ||

10. aturipun Umarmaya | dêdêg satus suwidak gas rêspati | badan kawula pukulun | datan suka têbiha | pan sinăngga wontên ngèpèk-èpèkipun | gumêr gujênge pra nata | mèsêm Sang Surayèng Bumi ||

11. ngandika ing Raja Salsal | yayi Salsal kaya pa mungsuh iki | Gajimăndalika Uktur | lawan nora mêtu prang | anaparan Raja Salsal nêmbah matur | wingi têlik amba prapta | punika badhe miyosi ||

12. pakering

--- 1: 5 ---

rayi paduka | inggih dhatêng Natèng Rum Burudangin | Gajimăndalika Uktur | tan purun pêjah risak | nadyan pêjah jisime maksih awutuh | sintên jisime kang wêtah | prang lan Natèng Burudangin ||

13. gumujêng Ki Umarmaya | ora wêruh yèn maksih ana kari | wong ngêjurkên bangke iku | alah iya kang lunga | yayi Burudangin dene Marmayèku | Uktur Gajimăndalika | sun gosong bangkemu benjing ||

14. iku dènnyarsa mêtu prang | ngrungu lamun yayi Ngrum Burudangin | lunga ngiring putranipun | ya Ki Bakdigujaman | yayi êmas Parangteja têtêpipun | Gulangge tyase sampurna | mantu têlu dèn tumpêsi ||

15. pinangan palu rante mas | pratingkahe Natèng Rum Burudangin | Raja Ungkadi ing Burtun | mantu ingkang panuwa | Natèng Turgan Raja Kasinggi ranipun | Nglimaya Raja Wuskahar | tumpês de Sri Burudangin ||

16. kang padha nanggulang lampah | nagarane kang badhe dèn liwati | maring atmajanirèku | kaki putra ing Kelan | tanpa rewang bêdhahe nagri katêlu | kaliwat mêtu bramatya | yayi ing Rum Burudangin ||

17. prandene Prabu Gulanggya | ngêla-êla mring Prabu Burudangin | aja susah prabu ing Rum | sira mêtu lan ingwang | dumèh sira numpês para mantuningsun | awite bramantyanira | saking luput sun ing ngriki ||

18. tingkahe Unuk Marjaban | mantunira Sang Rajèng Kaos iki | dèn cidra anèng wana gung | kinênakkên ing kêmat | iya iku

--- 1: 6 ---

marmane tarima ingsun | hèh Ratu Tasangsulngalam | dadia sudara mami ||

19. ngungun wau duk miyarsa | mring Gulangge kadya onêng pawèstri | kacaryan ing wartanipun | ambêke Sri Gulanggya | angandika yayi Parangteja ingsun | mung Si Gajimăndalika | sida mêtu ing ajurit ||

20. yèn ana pitulunging Hyang | marang sira kasora ing ajurit | Gajimăndalika Uktur | sagung prajurit kuda | dèn apêpak numpêsa balane Uktur | kang padha amangan janma | ingapura nora kêni ||

21. sandika wong Parangteja | tan kawarna dalu wuwusên enjing | Gajimăndalika Uktur | têngara mêtu ing prang | sampun andhèr nèng papan prajuritipun | punggawa baris akapang | nimbangi wong Pusêr Bumi ||

22. têngara kang para nata | mijil barisira pramodèng jurit | baris kalangan atêpung | wau wus anèng papan | sira Prabu Gajimăndalika Uktur | mijil saking pasanggrahan | Wong Agung Surayèng Bumi ||

23. munggèng amparan kancana | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | Raja Salsal lan Tamtanus | kang datan kêni têbah | Yusupadi Iskal Iskalan puniku | Raja Sadat Kadarisman | Ukman miwah Sarkab Turki ||

24. wau sagung para nata | aglar munggèng ngarsa saos ing jurit | prajurit kuda pan sampun | jibêg ing kèri kanan | pan kasaru wau ingkang lagi rawuh | saking nagari Kuparman | Sri Bathara Atasaji ||

25. anusul marang kang eyang | awatgata jujug [juju...]

--- 1: 7 ---

[...g] madyaning jurit | lir samodra wadyanipun | kinèn apamondhokan | prajurite punggawa lan para ratu | binakta maring payudan | tumamèng nguswa padèki ||

26. rinangkul marang kang eyang | ngaturakên Bathara Atasaji | bêktine para garwèku | miwah ta ingkang salam | pramèswari nyai agêng êmbah buyut | andhêku anêkêm sirah | Wong Agung Surayèng Bumi ||

27. wau ta têdhak sang nata | busana wus kapraboning ajurit | Gajimăndalika Uktur | munggèng wahananira | awak macan kang sirah dipăngga agung | gada wrat rong èwu dhomas | kati mas mangsah pinandhi ||

28. anèng papan anjênggarang | sumbar-sumbar gumlêgêr angajrihi | wong Arab saparsa lampus | papagên tandang ingwang | mobat-mabit têlalene sang aprabu | lan têlalening tunggangan | pating kalabèt marêngi ||

29. Wong Agung Surayèng Jagad | mundhut kuda sampun sumaos ngarsi | askarduwijan pan sampun | samakta binusanan | sigra têdhak saking amparan wong agung | anitih sêkarduwijan | mangsah tan nêdya ngunduri ||

2. Durma

2. Prabu Uktur sawadyabalanipun dipun tumpês dening Wong Agung

1. pan gumuruh wurahan surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati | wus praptèng payudan | midêr agêbyar-gêbyar |

--- 1: 8 ---

askarduwijan anirig | ayun-ayunan | wong apa sira prapti ||

2. lingira Sang Uktur Gajimăndalika | nora agung lan inggil | wani mêtu ing prang | mapag wuk kuring ngarsa | wong agung alon nauri | iki kang aran | Kalana Jayèngmurti ||

3. kang pêparab Wong Agung Surayèng Jagad | wau duk amiyarsi | guguk gujêngira | mungkur agidrah-gidrah | lenggak-lenggok ngolang-ngaling | agiyak-giyak | anggêrêng ngêntrog wêntis ||

4. laup-laup gobras-gabrès gora-godha | têgêse sira iki | Si Surayèng Jagad | nora gagah prakosa | anglêngkara sira iki | wani mapag prang | maring sun kudu mati ||

5. atur lalab mring Si Gajimăndalika | wong agung anauri | nora eram mulat | marang kang kaya sira | yèn misih pangeran mami | ngrêksa maringwang | awuwuha sakêthi ||

6. brêkasakan ratu ingkang kaya sira | rêrêgêding sabumi | apa yèn ulapa | gêdhe dhuwur ta sira | nanging setan luwih mukir | kadadènira | dudu janma sayêkti ||

7. nora ana manusa jrih brêkasakan | payo gadaa aglis | sugal wuwusira | Sri Gajimăndalika | pêpèdhêp sirèki gêcil | sun tibanana | èstu luluh lan bumi ||

8. gadaningsun pan iki liwat bêbaya | rong èwu dhomas kati | ajur sira bakal | yèn nora ngèlmu kêmat | panêguhaning ajurit | cidra prang kêmat | măngsa ngasorna mami ||

9. lamun sira lumaku sun dhinginana [dhingina...]

--- 1: 9 ---

[...na] | manawi nuli mati | dadi sira nora | kongsi gada maringwang | măngsa wurunga mor siti | alon lingira | Risang Amir Mukminin ||

10. nadyan silih mangkonoa ingsun têmah | lah iya dèn pakeling | sigra mutêr gada | Sri Gajimăndalika | gumuruh balanirèki | surak agiyak | wong ika mêngko mati ||

11. măngsa wurung ajura kalawan lêmah | sapa kêlar nadhahi | ratu ngalam donya | gadane gustiningwang | Wong Agung Surayèng Bumi | tangkis lêgawa | ginada ing sang aji ||

12. kadya gêlap sakêthi barung angampar | kuwat dènnya nadhahi | murup paris waja | ngaladi kang dahana | mring Wong Agung Jayèngmurti | asênggak-sênggak | mati lah Bagendha Mir ||

13. agni mumbul kinirab parisanira | muntab marang wiyati | pan kumantar-kantar | nibani balakuswa | gègèr ingkang sami baris | kêna pawaka | mangkana Jayèngmurti ||

14. katingalan marang Prabu Măndalika | maksih urip sirèki | sun nyana wus sirna | ajur awor lan lêmah | tuhu yèn sira prajurit | kêlar anăngga | tibane gada mami ||

15. angling Raja Uktur Gajimăndalika | malêsa Bagendha Mir | iya dèn prayitna | wong agung mutêr gada | angadêg Sang Jayèngmurti | luhuring kapa | ginada sri bupati ||

16. tangkisira Uktur Gajimăndalika | anèng ing sirahnèki | têtungganganira | ngayuh dènira gada | jumêbrèt sigar kapalih | titihanira [titihani...]

--- 1: 10 ---

[...ra] | katênggêl ing panggitik ||

17. sirah pêcah rêbah wau kang wahana | niba sri narapati | jênggèlèk asigra | tangi arsa anggada | têdhak Sang Surayèng Bumi | dadya prang dharat | ngawe balane prapti ||

18. kang angampil parise wau sang nata | rame dènira jurit | pan upama kidang | mungsuh lawan andaka | yèn anggada Jayèngmurti | mumbul rong dhêpa | wadya tan na ngawruhi ||

19. sabên-sabên katiban eca kewala | Wong Agung Jayèngmurti | Gajimăndalika | Uktur lamun katiban | ing gadane Jayèngmurti | saliranira | gumêtêr riwe mijil ||

20. kadi siram lan obah bêbalungira | rong atus nênêm sami | mar kiyu angganya | Sri Gajimăndalika | Uktur repot ing ajurit | isin sêsambat | dangu tan na sor kalih ||

21. kadya guntur gumuntur sakêthi arga | suraking bala kalih | mungsuh lawan rowang | sigra Sang Kakungirat | èngêt yèn mungsuh lan eblis | lan brêkasakan | tan nistha andhingini ||

22. matak jabur pan sarwi nolih ing wuntat | Dipati Guritwêsi | ngulukakên sigra | têtopong mring awiyat | wadya samya tutup kuping | mudhun sadaya | prajurit kang turanggi ||

23. anutupi karna lan dipangganira | sigra Sang Bagendha Mir | anyandhak pinggangnya | gumujêng Măndalika | arêp apa sira iki | alon saurnya | sakarêp wong ajurit ||

24. sigra pêtak sarwi anjunjung sang nata | tininggil ing wiyati | ebat [eba...]

--- 1: 11 ---

[...t] bala kopar | lir singa ngundha gajah | kadya likasan tininggil | tinon ing bala | dangu nulya binanting ||

25. pan kalêmpêr Uktur Gajimăndalika | gumuling anèng siti | prajurit turăngga | sarêng nyamêthi kuda | kumrutug sarêng ngamuki | Sang Kakungingrat | sigra nitih turanggi ||

26. anindhihi munggèng sawurining bala | Dipati Guritwêsi | amarani marang | Sri Gajimăndalika | ingkang gumuling ing siti | binandhêm kaca | gosong sri narapati ||

27. prapta Tajiwalar kalawan Sihngiar | Dipati Guritwêsi | pan pêpatihira | sarêng ambêdhil kaca | murub bangkene sang aji | kumantar-kantar | sirnane ponang gêni ||

28. dadi awu Uktur Gajimăndalika | sirna barêng lan agni | wau kang umangsah | numpêsi balanira | wadya Rab wuru ing jurit | kêthèn ayutan | awêndran angêmasi ||

29. pira-pira wau ta kang para nata | kadya babad bung pacing | anacah sêmăngka | bantingi timun ika | sanggèn-ênggèn pan dèn ungsir | wus datan ketang | cacahe kang pêpati ||

30. pan walahu aklam mung Allah kang wikan | gunggunge kang pêpati | kutha ginêmpuran | kabèh binêdhil kaca | mring Dipati Guritwêsi | kadhatonira | kabèh wus dadi gêni ||

31. ingucapkên dening kang alul kikayat | prapta kawan dasa ri | pêtêng kang nagara | ing kukusing dahana | dadya awu ing jro puri | lan batanira | ludhês wus awor siti ||

32. kang somahan punggawa lawan satriya | prajurit [prajuri...]

--- 1: 12 ---

[...t] pra dipati | binêdhilan kaca | Sihngiar Tajiwalar | wong kêkalih angubêngi | ambêdhil kaca | lunas kabèh wismèki ||

33. pan cinatur kongsi patang puluh dina | dènira nênumpêsi | ing wong mangan janma | siji tan inguripan | de saurut wukir-wukir | kang tinumpêsan | ana kang dèn liwati ||

34. Mraja Salsal Sang Prabu ing Kalakodrat | kang ngirid nênumpêsi | prandene ana kang | tan milu măngsa janma | padesan urut pasisir | kang ingaliman | sadaya nungkul sami ||

35. marang Raja Salsal pangiriding lampah | wusnya kawan dasa ri | mundur Raja Salsal | lan sagung para nata | ambêkta para patinggi | dhomas sadaya | sami urut pasisir ||

36. urut gunung kabèh sami tinumpêsan | Raja Salsal wus prapti | kèndêl jroning kitha | panggih wau kalawan | Wong Agung Parangtejèki | jênêngi samya | panggêmpuring nagari ||

37. wong agung pan maksih anèng jawi kitha | sirna sajroning puri | lawan jro nagara | ilang sipating praja | bêsmi kabèh sirna tapis | dadya ra-ara | Wong Agung Ngalabani ||

38. bubar mundur sasirnaning kang nagara | sarwi wau angirid | marang Raja Salsal | prapta pakuwonira | lajêng mring ngajêngan sami | Wong Agung Parang- | teja matur wotmanis ||

--- 1: 13 ---

3. Dhandhanggula

3. Ngraosi wêwatêkanipun Prabu Gulangge

1. yayi Salsal pukulun kang prapti | têlas sagung dhusun pagunungan | kang amangan janma kabèh | tinumpês datan kantun | amung dhusun urut pasisir | kang botên kabatiban | anut ratunipun | botên tumut mangan janma | sami nungkul cacah dhomas kang patinggi | wong agung angandika ||

2. yayi Salsal salinana sami | agamane wong iku sadaya | lawan pacakana kabèh | patinggi dhomas iku | aja sira gawe narpati | labête bumi ala | sun srahkên sirèku | praja iki yayi Salsal | asalina wasiyat milu sirèki | aja na kaya kuna ||

3. nêmbah sujud Salsal Sri Bupati | langkung nuwun atampi nugraha | wuwuh kathah jajahane | wusnya sami tinandur | bêkêl dhomas pacak bupati | kalilan anataa | mring sarayatipun | bubaran bupati dhomas | mulih maring desane sawiji-wiji | samya nata agama ||

4. wadya ingkang tan kacandhak baris | dene mangke amiyarsa warta | yèn wus ana bupatine | sami prapta anungkul | pan anggili kang sami prapti | sampun pinara dhomas | Sorangan praja gung | wus tata agamanira | ing sarengat dutèng Hyang Nabi Ibrahim | warata sanagara ||

5. tan antara praptanira [pra...]

--- 1: 14 ---

[...ptanira] malih | bupati dhomas ambêkta bala | anigang lêksa balane | sarta sêsêgahipun | katur ing Sang Surayèng Bumi | binagi para nata | suguh sadaya wus | ngungun ingkang para nata | wong Sorangan de enggal rêjane malih | bupati nuli rupa ||

6. pan kapencut parentahe nênggih | Raja Salsal ratu binathara | ing mangkya wêwah balane | ya ta undhang wong agung | budhal marang Rokam nagari | sagung bupati dhomas | kang munggèng panganjur | lan bala ing Kalakodrat | Raja Salsal sawadya barêpi baris | ingkang nunggil jajahan ||

7. ngambah wana sagung ingkang baris | wana asri kathah palakirna | lan akathah bêburone | dadya kang baris agung | samya suka para narpati | kasukan ambêbêdhag | suka kang wadya gung | lami-lami lampahira | wus angidak paminggir Rokam nagari | kang bala lir samodra ||

8. urut marga yèn wontên bupati | sami saos sugata sadaya | parentah saking ratune | mila rêmên wadya gung | sami datan bêbahak margi | sami wade atumbas | kang dados wong dhusun | sagung wong măncanagara | bupatine kang sêgah dinangu sami | Gulangge kang parentah ||

9. mila eram sagunging para ji | lah ta iki lêlurugan apa | tingkahe Raja Gulangge | têka anyuguh mungsuh | enak-enuk lêlakon iki | wuwua mungsuhira | adhêmên anglurug | mungsuh Gulangge Narendra |

--- 1: 15 ---

yèn ayuda mungsuh binobot ing jurit | nora mrih karusakan ||

10. pan samarga-marga dèn suguhi | sabên bupati sugatanira | wêdhus untane akêthèn | lêksan buron wana gung | êtong ewon kang menyak sapi | kidang pating karêncang | mênjangane agung | yèn bupati kang amănca | ragi apês binayar saking jro puri | apa kang kêkurangan ||

11. pira-pira ingkang pinêdhati | uyah têrasi bêrambang bawang | gili ewon pêdhatine | lampahe baris agung | akasukan samargi-margi | dêdalan wus apanggya | labête wana gung | prabatang miwah galinggang | pinirèkkên jurang sami dèn urugi | pinarnah kang jalampar ||

12. miwah yèn amanggih kali-kali | pêpinggire wus panggih arata | nora angèl dhun-dhunane | kang kathah watunipun | têngah kali wus dèn sorogi | watu ngalumpuk têngah | kang kambah wadya gung | sabrangan watune sirna | parentahe Gulangge aja na kongsi | wong dharat tibèng sela ||

13. lamun margi panjang alasnèki | lami datan amanggih padesan | miwah tan ana kaline | kali adoh binêndung | pinêgatkên têngahing margi | dadya kèh kali anyar | ing marga puniku | yèn kirang sapanginêpan | pêpantêse sêdhênge rêrêb kang baris | wus manggih têtêlagan ||

14. pirantine sinaosan sami | guyang kuda tuwin kang dipăngga | sênuk blêgdaba myang mèmrèng | kèh sêsêgaran agung | tabêt sami anyar kinardi |

--- 1: 16 ---

lêlakon patang dina | manggih talaga gung | lan amanggih pasanggrahan | pan akêthèn gênthong jêmbangan kuwali | jun pangaron ayutan ||

15. daging banthèng miwah daging kambing | punang mênjangan kêthèn ayutan | anèng pang-pang ting cêranthèl | langkung suka wadya gung | wong pêpikul kang samya ngambil | prayayine uripan | sami sinarimpung | ingugêr lawan wit-witan | sabên kayu ajamur uyah têrasi | awoh barambang bawang ||

16. sami guguk wadyaning para ji | lagi tumon pratingkah mangkana | lurugan riaya kiye | kaya pa warnanipun | narpatine ing Rokam iki | Gulangge punjul ing rat | kalakuwanipun | mungsuhe gung binêcikan | duk samana Wong Agung Surayèng Bumi | ing tigang palêrêban ||

17. eramira dene sarwa manggih | sira wong agung apakumpulan | munggèng ing pasanggrahane | aglar kang para ratu | pra dipatya satriya mantri | Dipati Tasikwaja | alon dènnya muwus | lah yayi mas Parangteja | bok ingaran maloto tuturku dhingin | manawa kaduk warta ||

18. alah iki yêktine ta mangkin | sira lawas anjajah nagara | duk apa nêmu mangkene | gumujêng sauripun | witning kakang loking pakathik | padha agiyak-giyak | suka dènnya nêmu | kêkayon kang dinalanan | kiwa têngên ajamur uyah têrasi | awoh barambang bawang ||

19. ting caranthèl awoh iwak daging | iku pêpikul kang sinaosan | priyayine [priya...]

--- 1: 17 ---

[...yine] anyar kabèh | mênjangan sinarimpung | wana jêprah kidang lan kancil | nambungi Raja Salsal | ing warti pukulun | gêdhong satus pitung dasa | kang binêdhah binayarkên pra dipati | ingkang măncanagara ||

20. wadya ingkang ngrêsiki wanadri | tuwin kang sami dhudhuk sêgaran | punika binayar kabèh | kang ngrata kali agung | sami bayar saking jro puri | tuwin gènnya sugata | pra dipatinipun | ingkang amăncanagara | ingkang sami binayar saking Sang Aji | Gulangge bèr lêgawa ||

21. angandika Sang Surayèng Bumi | Gulangge iki kêkasihing Hyang | katara ing pasêmone | sapolahe pan wahyu | kabèh sanak-sanak para ji | sun padha rewangana | nênêdha Hyang Agung | muga Allah anunggalna | agamane lan tulusa dadi kanthi | Prabu Gulangge Ngrokam ||

22. tur sandika sagung kang para ji | apan sami kacaryan sadaya | nunggil êsir lan ciptane | mring Salsal ngandika rum | lakon pira Ngrokam nagari | lan kutha Gaji Raja | Măndalika Uktur | Raja Salsal matur nêmbah | kalih wulan punika rikatan gusti | yèn aris tiga têngah ||

23. lagi pira lakonira iki | inggih gusti sampun kalih têngah | rêmbên punika yêktine | Gulangge ratu agung | kang mangilèn jajahan iki | pan kongsi gangsal wulan | inggih kang mangidul | jajahane tigang wulan | kang mangetan tiga têngah wulan gusti | mangalèr ingkang ripak ||

--- 1: 18 ---

24. kawan dintên kapêngkok jaladri | pasisire kang ngilèn kang ngetan | pitung wulan jajahane | nagari agung-agung | ingkang êloh pinggir pasisir | wontên sèwu sadaya | para ratunipun | kang dadya wawrating donya | upêtine kang saking ratu pasisir | brana kang manjing pura ||

25. para ratu ing dharatan inggih | amung dhomas cacahing narendra | ngetan ngilèn jajahane | wondene ingkang ngidul | urut wukir ratune gusti | gangsal atus sadaya | dadya ratunipun | kalih èwu tiga bêlah | ingkang sèkêt punika sring makèwêdi | upêtine mêmangsan ||

26. kadhang ingkang kalih botên prapti | kang samăngsa malih nuntên prapta | makotên ing salamine | nanging botên rinêngu | miwah botên pinukul jurit | upêtine cat-catan | kang sèkêt pukulun | ciptane mor brêkasakan | miwah ditya manusa kèh salah warni | kayangan brêkasakan ||

27. ratu ditya gandarwa samya jrih | inggih lamun arsa tinêmênan | dhatêng pun Prabu Gulangge | prapta upêtinipun | yèn alami tan dèn opèni | punika botên prapta | bulubêktinipun | samya nut ing brêkasakan | Raja Jamsit punika ingkang ngubungi | ratune panêluhan ||

28. datan wontên aprang gada bindi | pêdhang duduk panah lan sêrampang | punika dede lampahe | amung kêmat lan têluh | para ratu kang urut wukir | nagari ing Talsamat | panêluhan agung [a...]

--- 1: 19 ---

[...gung] | miwah ing menda-maenda | mila Prabu Gulangge botên amrêdi | sasukanya kewala ||

29. tinêmênan inggih malarati | dene aprang lawan brêkasakan | ratu pakering batine | pun Gulangge pukulun | yèn manusa tan angsal tandhing | pundi ratu digdaya | kang magut kacakup | sanadyan mêngsah danawa | botên ajrih nanging pakantuke kêdhik | kangelanipun kathah ||

30. lawan inggih rahayuning budi | botên purun adamêl krisakan | mila saeling-elinge | jajahan urut gunung | cumbu lalêr para narpati | Gulangge pan tarima | sakarêp-karêpmu | anungsang anjêmpalika | sun pukula ing aprang tumpês sirèki | sapele tuwas rusak ||

31. sami gèdhèg miyarsa para ji | ing tuturira Sang Raja Salsal | wruh Gulangge têtêkone | angandika wong agung | iya yayi Salsal sirèki | kang wus wruh ing pratingkah | Sang Gulangge Prabu | sira tutura sadaya | ratu ingkang aluhur darajatnèki | Raja Salsal tur sêmbah ||

32. lamun ratu ingkang bulubêkti | para ratu pinêndhêt rong duman | saduman pinaringake | iki bubuhanamu | opahira gawa mariki | ingkang warni busana | makatên pukulun | mung pinêndhêt kang rong duman | kang saduman inggih winangsulkên malih | iku bubuhanira ||

33. Sang Kakungingrat ngandika aris | jajahane saloring samodra | Si Gulangge ora duwe | Sri Salsal nêmbah matur | botên darbe kathah mung kêdhik [kê...]

--- 1: 20 ---

[...dhik] | wontên nagri sadasa | lèr wetan pukulun | kang lèr kilèn Jamintoran | kitha agêng binathara nyakrawati | Sang Prabu Sadaralam[1] ||

34. apan sampun agama Ibrahim | Sadarsalam pan ratu prakosa | imbang lawan pun Gulangge | nanging sami bêkipun | datan wontên êndhih-ingêndhih | sami raharjanira | paambêkanipun | gèndèng-ginèndèng tan arsa | ing agama Ênuh kalawan Ibrahim | amupus sêsênêngan ||

35. wus mangkana Sang Surayèng Bumi | enjing budhal lan sawadyanira | lir samodra balabare | kadi parwata kapuk | kabul mumbul kadrêsan angin | ngèbêki wanawasa | wadya kang lêlaku | kasukan samarga-marga | tan winuwus ing marga lamining baris | prapta cucuking lampah ||

36. gupuh mêthuk Pangran Kaelani | lan kang paman Burudangin Selan | Yujana Kubarsi mangke | sami suka kalangkung | praptaning Sang Surayèng Bumi | wus panggih lan kang putra | miwah para ratu | kinêkês-kêkês sadaya | ngaras pada tuwin para rajasiwi | wusnya anulya budhal ||

37. praptèng pasanggrahan sawadyèki | sampun tata pakuwon sadaya | masanggrahan wong agunge | sanagara gumuruh | agung alit kang nêningali | praptane kang sugata | bupati sapuluh | sakêthi gunge kang jodhang | sêgah matêng praptane ing dina malih | punika sêgah mêntah ||

38. wusnya antuk patang dina malih | Raja Gulangge ngutus apatya | kang badhe ingaturake | Natèng [Na...]

--- 1: 21 ---

[...tèng] Kaos puniku | ingandikan sêmana prapti | nunggil ing singasana | mèsêm ngandika rum | anggèr eyangira prapta | kula turkên dika ing dina puniki | kang dhèrèk si apatya ||

39. sakathahe kang sami ngladèni | kang ajaga anggèr mring andika | ing sarintên sadalune | wong lanang kalih atus | kang awarna palisir wujil | dhêngkak bucu sadaya | kalêbu rong atus | wong wadone kawan dasa | upacara karaton sadaya sami | yèku manjing gêgawan ||

40. lawan anggèr andika milihi | sawarnine kang wontên jro pura | punapa dadi sukane | sampun pindho karyèku | sabab dika sampun narpati | kula botên amêcat | karatonirèku | milane ngriki katêmpah | sadinane kula ingkang anaosi | upacara karajan ||

41. mangke alilah dika têkani | sampun tatakramaning nagara | kula ing ngriki lakune | kyana patih prapta wus | ing byantaranira narpati | hèh patih lumakua | ngatêrkên gustimu | katura marang kang eyang | kyana patih tur sêmbah sarêng umijil | lan Prabu Ibnu Ngumar ||

42. orêg miyarsa wong sanagari | sami nênonton temboking marga | duk Ibnu Ngumar wêdale | sami cingak andulu | ing pêkike myang cahya wêning | gêng alit èstri priya | lênglêng kang andulu | ing nagri Rokam tan ana | wong mangkene nyamlênge luwih rêspati | tuhu karya la-êla ||

43. apa lumrah putra

--- 1: 22 ---

Pusêr Bumi | witning wartane Pangeran Kelan | ingkang ngirid baris kiye | puniku luwih punjul | ngilangakên langêning bumi | nguni nalika aprang | lawan sang aprabu | marmane Prabu Gulanggya | ngeman-eman ing aprang tan dèn têmêni | eman kanthi palastra ||

4. Kinanthi

4. Prabu Sayid Ibnu Ngumar dipun aturakên wangsul dhatêng Wong Agung

1. kunêng wong sanagara gung | kang sami anêningali | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | lampahe lawan apatih | ing Rokam pan sampun prapta | manjing baris Pusêr Bumi ||

2. cingak kang samya andulu | dènnya saupacara sri | gêgawan Gulangge Raja | saupacara narpati | kancana pinatik rêtna | kaprabon ratu gêng sami ||

3. patbêlas yuta pan langkung | ginunggunga ing pangaji | sadaya sinotya-sotya | miwah busanèng turanggi | lawan busananing gajah | Wong Agung Surayèng Bumi ||

4. tinangkil nèng tarub agung | aglar kang para narpati | tuwin ingkang para putra | ing Karsinah Parangakik | ing Ngambarkustup lan Kelan | ing Tasmitèn ing Betarti ||

5. para wayah para buyut | kang sampun madêg narpati | andhèr nèng ngarsa alênggah | ing wijoan palowani | ambanjêng lan para nata | Wong Agung Surayèng Bumi ||

6. lagyeca imbalan wuwus | wontên dasih tur upêksi | pêpatih ing Rokam prapta | angiringkên kangjêng gusti |

--- 1: 23 ---

Prabu Sayid Ibnu Ngumar | kèndêl punika ing jawi ||

7. kalanira miyarsa tur | Wong Agung Surayèng Bumi | gupuh dènira tumêdhak | kang wayah pinêthuk jawi | sagung kang anèng ngajêngan | gumrêdêg samya tut wuri ||

8. kang wayah mangsah rinangkul | kinêkêp tur kinapithing | binêktèng ing tarub rambat | wong agung sampun alinggih | ngujung marang para paman | Pêpatih Rokam ningali ||

9. kang sinêmbah sadayèku | anjawil abisik-bisik | marang kang cêlak alênggah | sintên ingkang dèn ujungi | ing Jêng Sayid Ibnu Ngumar | sumaur kang dèn takoni ||

10. kang para paman puniku | kang sami madêg narpati | anagari sowang-sowang | tur sami prakosèng jurit | wong agung angungak-ungak | Patih Rokam awotsari ||

11. amba dinuta pukulun | Gulangge Rokam Narpati | ngaturakên wayah tuwan | sumăngga Jêng Paduka Mir | Jêng Gusti Sid Ibnu Ngumar | nuwun apuntên ing gusti ||

12. saking sangêt lêpatipun | Marjaban ing Ngambarkawit | anyidra ing wayah tuwan | kinêmat wontên wanadri | botên awit sinor ing prang | ambêkta ratu prajurit ||

13. ing punika sampun kokum | pêjah Natèng Ngambarkawit | Wong Agung Surayèng Jagad | manthuk angandika aris | hèh Patih Rokam wruhanta | sakêthi tarima mami ||

14. dene ta ratumu iku | sasat murungakên pati | bêbalèn saking akerat | upamane putu mami | apa kang

--- 1: 24 ---

sun walêsêna | antêpe ratunirèki ||

15. Kyana Patih Rokam sampun | ing busana pinisalin | sapangadêg sinasotya | matura gustinirèki | yèn mangkono ujar ingwang | kya patih amit wotsari ||

16. mêsat saking ngarsanipun | Wong Agung Surayèng Bumi | Kyana Patih Bakubaham | ing Rokam datan kawarni | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | kang tinanggap turirèki ||

17. sangsaya wêwah angungun | miyarsa sagung para ji | myat Sri Sayid Ibnu Ngumar | Gulangge gagapannèki | tuhu lêgawa trus ing tyas | Gulangge anggêpe luwih ||

18. wau patih lampahipun | wus prapta ngarsaning gusti | Gulangge suka miyarsa | ing wêlingira Jêng Amir | mangkana ingkang winarna | Wong Agung Surayèng Bumi ||

19. lajêng drawina ing dalu | Wong Agung Amir Mukminin | lawan sagung para nata | tuwin kang para putra ji | para buyut para wayah | aglar ing ngarsa Jêng Amir ||

20. mangkana kunêng ing dalu | enjing sagunging para ji | gumuruh sami kêkirab | Prabu Gulangge winarni | mukul kêndhang mijil ing prang | gumuruh gurnang thongthonggrit ||

21. mijil saking kitha brubul | prajurit para narpati | muntab kadya giri kobar | praptèng jawi tata baris | orêg wadya sanagara | busêkan kang nêningali ||

22. gung alit èstri lan jalu | loking wong ing sanagari | kaya ngapa dènira prang | dene padha lus ing budi | rahayu ngapurèng dosa | kapriye [ka...]

--- 1: [25] ---

[...priye] tingkahing jurit ||

23. Raja Arab amot alus | Gulangge amot basuki | mangkana wus praptèng papan | Gulangge lajêng anitih | andaka sampun samêkta | sadaya kaprabon jurit ||

24. kawot ing lêmbu kulawu | gada gêng sampun pinandhi | angiwa parise waja | jênggarang gêngira aji | karêngga busana mulya | amakutha binuka sri ||

25. têbah jaja tali rukuk | abadhong kinăndhawari | kadya surating raditya | sotya kang munggèng buka sri | gumêbyar marwatèng jaja | yayah baskara makingkin ||

26. molahkên lêmbu kulawu | pêndhapan tumlorong kèksi | tuhu janma akaryeram | sasolahe angajrihi | rêspati uncal gadanya | pantês gambuhing ajurit ||

5. Gambuh

5. Prabu Gulangge adhêp-adhêpan kalihan Wong Agung

1. sêsumbar nguwuh mungsuh | iki Gulangge mêtu prang pupuh | ngayun-ayun cêcêngklungên sun anganti | ing praptanira wong agung | Raja Arab kang kinaot ||

2. ambêk santosa luhur | eram sadaya kang para ratu | wadya Arab marang Gulangge ngêkêsi | wong agung sigra amundhut | askarduwijan sumaos ||

3. ngrasuk busana sampun | sagung wasiyat nabi linuhung | sadaya wus munggèng saliranirèki |

--- 1: 26 ---

saking amparan tumurun | Wong Agung Jayèngpalugon ||

4. nitih turangganipun | mangsah ngatepang pun askardiyu | mandhi gada usamadiman rêspati | angiwa parisanipun | gumuntur grah suraknya wong ||

5. prapta papan wus pangguh | Prabu Gulangge mênêng andulu | atêtanya sapa wong Arab kang prapti | pidêksa nora gung luhur | nanging cahyamu mancorong ||

6. sumaur aja tambuh | Prabu Gulangge pan iya ingsun | prajurit kang Akalana Jayèngmurti | Prabu Gulangge angrungu | sèlèh gadane nèng pangkon ||

7. sidhakêp astanipun | Sang Natèng Rokam pijêr anjêtung | ora kaya kang agawe bumi langit | lamun akarya piduwung | tan măntra kêna ginayoh ||

8. cêngklungên raganingsun | yayah abrăngta marang dyah ayu | ciptaningsun amrih nuwuki ngajurit | anutug sakayun-kayun | ingayuda singa kasor ||

9. kaduga suwitèng sun | kasub ing bumi bêbudènamu | palamarta sih ing dasih lair batin | nanging sun nyana wong agung | gêdhemu nora sêmono ||

10. kapriye pratingkahmu | sira anumpês ditya gung-agung | ingkang padha sadaya pangawak wukir | duk prang wukir Kap sirèku | liwat saking karya gawok ||

11. mèsêm dènnya sumaur | angèndêlakên turangginipun | kadya gajah jêjagongan lawan kambing | hèh sang prabu sira mau | ngucap takdiring Hyang Manon ||

12. pan wus tinitah ingsun | anyirnakakên danawa diyu | aja [a...]

--- 1: 27 ---

[...ja] mungguh manusa kang kaya mami | sanadyan kongkonan sêmut | lamun kinarsan Hyang Manon ||

13. măngsa wurunga iku | lamun kinarya ilapat tuhu | sêmu bisa anggêmpura gunung wêsi | kadigdayane si sêmut | kuwasane lagi tinon ||

14. Prabu Gulangge guguk | padha karasa rêrasan iku | pangwasane sapele manusa iki | luwih karsane kang nglimput | apadudon dadi liron ||

15. priye pamisahipun | si wadhag iki kalawan alus | yèn awèta têtunggalan pasthi sirik | witning pinisahna iku | siya-siya wong jêjodhon ||

16. mara jarwakna tèngsun | apan jamanmu ing kana besuk | goning lair abuning roh kang sayêkti | kabèh nabi-nabi dudu | kang minăngka aslining roh ||

17. Adam pan abu jismun | miwah nabi kunêng Nabi Ênuh | iya iku abu jismuna kang kari | mangkono pangrunguningsun | Nabi Nuh Adam kapindho ||

18. nanging abu roh dudu | pan nora salin sawiji amung | tunggal dhapur kalawan kang sok nglimputi | purwane sawiji amung | ilapat kinarya roro ||

19. dene ta roronipun | pan luwih kang ngarani puniku | aranana roro pan roro sayêkti | aranana siji iku | sayêktine ya sawiyos ||

20. nanging mèh lairipun | ilapat iku mêngko mèh timbul | ora liya ing jamanmu kana benjing | sapa wruha karabatmu |

--- 1: 28 ---

dadi marga abuning roh ||

21. mung kari patang atus | iya ing limang taun lumaku | kang sataun wus kalong kang limang sasi | patang taun pitung tèngsu | babare kang abuning roh ||

22. wadya kang samya dulu | nora kaduga pating kêranthuk | pijêr apa suwe tan ana ajurit | baya ika banjur atut | nora prang pijêr pêpadon ||

23. Gulangge alon muwus | iya sun myarsa sayêktinipun | ana peling yèn besuk dhayohan mami | wong agung andon anglurug | abêbala para katong ||

24. iku ta marganipun | ingkang narik ing marga rahayu | lamun ana Wong Agung Surayèng Bumi | pan badhe karabatipun | kalipating Hyang abu roh ||

25. dèn abêcik panutmu | malah pinêca sun kongsi ngujung | ngaras pada kalih lawan asta kalih | wus sinung pratăndha tèngsun | iya tyas ingsun darapon ||

26. mantêpa aywa tangguh | aja gumiwang dimèn abakuh | nanging maksih jroning jaman kitrah iki | iya pakaryanirèku | sira kang duwe lêlakon ||

27. lamun nganggêpa ingsun | iya ingkang dèrèng lair iku | sayêktine kasiku marang sirèki | agamanira kang nyêndhu | iya wajibe samêngko ||

28. kang anut ing sirèku | pangratanira agama iku | singa mopo sira ingkang anglunasi | wus parentahe Hyang Agung | pakaryamu ing samêngko ||

29. watak ngong gothak-gathuk | nanging simpênana dèn barukut | kasihana wêlasana ingsun iki [i...]

--- 1: 29 ---

[...ki] | pan ingsun asih kalangkung | ajrih gusti lair batos ||

30. mêcat makuthanipun | wong agung dèn awas sirandulu | cirinipun sajroning makutha mami | kartu mutyara puniku | tulise kang anèng kono ||

31. tumênga gya wong agung | tinukupêna lan kudanipun | maksih logro sayêktine kurang isi | Gulangge saking gêngipun | makutha agêng kinaot ||

32. nusul dènnya andulu | krêtu mutyara ingkang dinulu | ana tulis Muhamad Rasullulahi | cahyaning tulis umancur | cêngêng tyas wau duk anon ||

33. bênêr pambatang ingsun | Gulangge iki kêkasih wahyu | pratingkahe iya kang wis ngangêmbangi | wus Islam ing batinipun | kapir ngindanas sayêktos ||

34. Islam ngindalah iku | ya ta wong agung amatak ngèlmu | gêgêdhongan nanging kang maksih sinambi | santosa mring Gulanggyèku | sangêt sih tinunggil batos ||

35. narik mustakanipun | mêtu saking jro mastaka murub | mijilakên cahya lir ulading agni | wong agung kalih kalimput | agni yèn tinon saking doh ||

36. Gulangge sigra nubruk | sarwi angangge makuthanipun | wus sinêndhal wong agung saking turanggi | sinăngga ing astanipun | sumungkêm Gulangge Katong ||

37. dhuh tuhu gustiningsun | ingkang anarik kamulyaningsun | kang anuntun marang dêdalan sayêkti | kang karya ing tyas tuwajuh | besuk ing sakratil maot ||

38. pangrasaning wadya gung |

--- 1: 30 ---

gêni panggada kang katon iku | anglimputi ngaladi wong agung kalih | têkan têtungganganipun | kalihe pan datan katon ||

39. sinurakan gumuruh | mungsuh lan rowang rame gumuntur | nora wêruh sajatine kang ajurit | mung ilapat tarung sêmu | Gulangge lan Jayèngsinom ||

6. Sinom

6. Prabu Gulangge têluk dhatêng Wong Agung

1. langkung dènira manfangat | Gulangge Sri Narapati | kasorotan ing cahyanya | umatur angasih-asih | ya kalêngkaning bumi | manfangat amba kalangkung | wêdale cahya tuwan | ilapat kang angramati | angandika Wong Agung Surayèng Jagat ||

2. Gulangge aywa pêpeka | angèl adoh ing măngsèki | duraka yèn mutahêna | besuk kang sira arani | abuning roh mèh lair | kang duwe bubuhan iku | yèn uga linairna | ing sajroning măngsa iki | amimikan marang ingkang kawajiban ||

3. bubuhan jêng nayakengrat | kang sira tarka mèh lair | nanging nganggêp kabatinan | utama kang wus udani | nyêpuhkên bae benjing | yèn tulusira lan ingsun | nugraha ingkang prapta | pasêmon ilapat iki | durung kêna yèn sira angugêmana ||

4. iya ingkang nyata-nyata | maksih ana kang ngarani |

--- 1: 31 ---

luput mangeran ing cahya | wantuning cahya nglimputi | aja si badan iki | kang wadhag katut kalimput | nadyan iku tunggangan | kalimput katarik ngêning | ing ngisore ingkang aduwe panêdya ||

5. ujare kang wus utama | aja milih aja nampik | aja nêdya aja nora | sirik duwea pamilih | yèn nora milih jindik | aja madhêp aja wêruh | sirnane tingalira | parane dèn amatitis | patitise wruh purwa madya wasana ||

6. aja gawa aja ninggal | ing jagatira kang pêsthi | angulihêna titipan | dèn katur mring kang nitipi | wus aja pindho kardi | payo prang malih karuhun | saru tinon ing bala | yèn nora anganggo jurit | sira Prabu Gulangge gumuyu ngakak ||

7. inggih alêrês paduka | mênggah pakarti puniki | amangu tuwan lan amba | tan pantês singa ngawruhi | pan sira wus pinasthi | ing batin dera Hyang Agung | laire sasabana | pan prapta paduka ngriki | amrih aprang kasapa lawan kawula ||

8. wus sirna lawêning cahya | yèku salaga sayêkti | yèn mungguhing santên kabar | dudu kanil ingkang pinrih | yèn wruh kabare dhingin | tan wande nugraha mangguh | luware prang sasmita | nitihi turangga malih | ngikal gada amasang parisanira ||

9. sami molahkên wahana | Adipati Guritwêsi | anusul praptèng paprangan | Gulangge ngaruh-aruhi | Marmaya sira prapti | mau [ma...]

--- 1: 32 ---

[...u] baya ngiwa ngantuk | angling Ki Umarmaya | insya Allah sri bupati | sapa wêruh ana êndhasing kaluwak ||

10. nadyan durung kinaluwa | măngsa wruh êndhase dhingin | Gulangge angikal gada | rong èwu wawrate nênggih | kalawan dhomas nênggih | ing kati mas wawratipun | kudhung parisanira | Wong Agung Surayèng Bumi | gya tumêmpuh Gulangge Raja gadanya ||

11. kadya balêdhèg sayuta | pilêngên wadya miyarsi | kuwate pamupuhira | rosane ingkang anangkis | sayêktine miyarsi | ing lêlakon tigang dalu | jêbrède paris mubal | agnine marang wiyati | tibanira bubarakên buron wana ||

12. sato kathah kabêrasat | narajang pakuwon sami | atusan ewon anunjang | wadya Rab akèh nyêkêli | pêksi kang amarêngi | katampêk tiba kumabruk | sikêp kang arit samya | pakathik miwah sêrati | rêrêbutan ing pêksi kathah kang tiba ||

13. wong agung malês anggada | Prabu Gulangge nadhahi | pêcate askarduwijan | wadya tan ana ngawruhi | rong dhêpa winitawis | askarduwi umbulipun | ngungkuli mungsuhira | yèku tibaning panggitik | sawusira turăngga mubêng ngatepang ||

14. kasamur wiraganira | askarduwi tan katawis | wor surak kadya ampuhan | wau ta sri narapati | kuwat dènira tangkis | gigiring banthèng kang putung | tiba Gulangge Raja | Wong Agung Surayèng Bumi | têdhak saking turăngga [turăng...]

--- 1: 33 ---

[...ga] nimbangi dharat ||

15. arame samya prang dharat | gada-ginada mêtyagni | rag-rêg padhola angambak | ing payudan gonjang-ganjing | eram sagung wadyèki | pan dèrèng salaminipun | anon tingkah mangkana | prabawane kang ajurit | wêtu kêtug prakêmpa rèh wukir kontrag ||

16. samodra kadi kinêla | muntab rumabasèng tasik | graugrèng rawati ngakak | sumamburat wêtu riris | gêtêr-patêr gêtêri | gora pracalita lesus | pracăndha wêtu gêlap | wingwrin sakathahing baris | angrês kêkês dharodhog kuda dipăngga ||

17. dhêdhêt sêngara limutan | lèr wetan laban belani | tikbraning sang ăntaboga | dhèdhèting têtêngis mingis | ru-ara amranani | mramasèng lesus amusus | mêsês angkara bojra | pamèng goring bajra pati | pragolèng prang kalihe jalma utama ||

18. duk sami murwèng rêrasan | mèh mingkis wêwadi kengis | kumentaring pramudita | buwana mrih anêksèni | langlang lungiding wèsthi | mawas wuwusing pamuwus | carêming pacangkrama | pamore winor ing jurit | rarasing rok mawarnèng ruming pasthika ||

19. pamusthining astagina | mawas sru pastha tan kèsthi | kaskayaning panon ingkang | tan ana ingkang pinardi | mungu pamurwèng nguni | rêsmining pramudita mur | muwang tan antuk mawang | wêwanguning nguni-uni | kang rinêngkuh sarakah pusêring rangkah ||

20. mangkana ingkang ayuda | ing prakosanira sami |

--- 1: 34 ---

sami sagêd aprang gada | durung kasoran sawiji | gada tan migunani | wus sarêng pambuwangipun | gantya sami prang pêdhang | kadya kêkitiran kalih | dangu dènnya prang pêdhang wus tanpa karya ||

21. prang duduk sêrampang rajang | wus dangu tan migunani | sarêng buwang kalihira | rukêt samya silih-ungkih | nyandhak banting-binanting | arame junjung-jinunjung | kinèn wau ngantêpa | Gulangge solahing jurit | pitung dina cinatur aprang junjungan ||

22. wêkasan panjunjungira | Gulangge awanti-wanti | tan osik Sang Kakungingrat | sukune rapêt lan siti | malah tètès kang gêtih | Gulangge darijinipun | napas pating balêsar | mêdal grana mêdal kuping | bajo jêbod pêdhot satrêpe gèn pêdhang ||

23. sinolah panjunjungira | ucul gènira nyêkêli | agantya wong agung nyandhak | Ki Umarmaya nulya glis | mêcat topongirèki | pan sampun binucal muluk | wadya Rab tutup karna | wau Sang Surayèng Bumi | matak pêtak kajunjung Gulangge Raja ||

24. lir kidang ngundhi dipăngga | Wong Agung Surayèng Bumi | dangu ingikal nèng asta | Gulangge sigra binanting | gumuling anèng siti | sakala Gulangge kantu | sigra pinalajêngan | mring Dipati Guritwêsi | gya sinêntak Prabu Gulangge wungua ||

25. apan ta Pangeranira | durung ngarsakkên sirèki | Marmaya akon tangia | Wong Agung Surayèng Bumi | gupuh dènnya mrêpêki | Gulangge wus panggih

--- 1: 35 ---

wungu | angrangkul Umarmaya | kadi wong angêmpit kucing | pan wong agung prapta kul-pinêngkul samya ||

26. katiga arêrangkulan | wau balane kang baris | tunggule ginulung samya | banderane dèn lêlêti | daludag dèn gulungi | sadaya rubuh pinikul | têtêg baris ing Rokam | tan ana ngadêg sawiji | bubarira gêgamane pinikulan ||

27. wau Sang Gulangge Raja | wong Menak lan Guritwêsi | kalih binopong nèng jaja | munggèng bau kanan kering | prapta gène alinggih | ing singasana wong agung | ingkang ngaturan lênggah | Gulangge lumungsur kursi | pan andhêku Gulangge lan Umarmaya ||

28. anulya winuruk sadat | ing sarengat Jêng Ibrahim | Gulangge gumuyu bisa | Adipati Guritwêsi | kêkêl dènnya nimbangi | wong agung mèsêm tumungkul | matur Gulangge Raja | ngaturi manjing jro puri | Umarmaya mêsat angundhangi bala ||

29. bubaran manjing jro kitha | wau ta sri narapati | Gulangge budhal kalawan | Wong Agung Surayèng Bumi | dharat sang sri bupati | Gulangge lumakyèng ngayun | ngarsaning upacara | Wong Agung Surayèng Bumi | kang dèn ayap Gulangge upacaranya ||

30. wadya Rab nusul kewala | tan ana sarêng atunggil | mung Dipati Tasikwaja | orêg jro kitha miyarsi | lêbête sri bupati | tembak gêbèl kang dêdulu | samya dhêpès jrihira | sagung wadya nêningali | dènnya Sang Sri Gulangge dharat [dha...]

--- 1: 36 ---

[...rat] kewala ||

31. dipăngga andaka kuda | tuntunan samya nèng ngarsi | kang ginarbêg upacara | Wong Agung Surayèng Bumi | prapta ing păncaniti | lajêng binaktèng kadhatun | langkung sinungga-sungga | urmatira anglangkungi | samya nêmbah para garwa para putra ||

32. ing wuri kang para nata | para putra ingkang prapti | wong praja orêg gumêrah | ingkang sami nêningali | gawoke mulat sami | asrining kang para ratu | cêngêng sangêt kacaryan | para putra pêkik-pêkik | kang wus madêg raja kang maksih satriya ||

33. tan ana gethang satunggal | kêkuwung samya nêlahi | dumêling angalad-alad | kadya lintang tibèng bumi | kadya katiban sasi | nagara ing măngsa iku | dhasar nagara arja | rêspati siti prayogi | pan karêngga ing cahya para putra Rab ||

34. sawusnya prapta sadaya | para putra lan para ji | sampun pinarnah sadaya | pakuwon wismèng bupati | punggawa sanagari | sadaya ngalih mangidul | ngumpul sakidul pura | wong bumi wus dadi siji | ingkang kilèn ingkang wetan kang lèr samya ||

35. sadaya pan kacukupan | bala Rab karasan sami | kèh kali manjing nagara | ngungkurkên ngajêngkên sami | sabên wismèng dipati | ngajêngakên lèpèn agung | ingkang manjing pomahan | kiwa têngên lèpèn alit | pan sadaya mangkana wismèng punggawa ||

36. gapura karêtêg sela | lumrah dalêming bupati | mèmpêr nagari Kuparman | tandhêse murahe warih | kaot jêmbare kêdhik | lan kaot [kao...]

--- 1: 37 ---

[...t] karikilipun | lawan wêdhine samya | malela irêng kapati | karikile karêpu nagri Kuparman ||

37. kulawu wêdhi ing Rokam | karikile irêng sami | nanging kang bala sadaya | nora pati kajog sami | lan Kuparman nagari | Rokam undha-usukipun | lan ing Kaos nagara | ing Kusniya Malebari | sayêktine jêmbar pelag nagri Rokam ||

38. punika ênggèning lama | windon Sang Surayèng Bumi | wadya tan ana ngrêsula | nanging tan suka tan sêdhih | mangke nèng Rokam sami | suka sadaya wadya gung | ratu agung santosa | Gulangge moncol nèng bumi | jajahane ajêmbar êloh raharja ||

39. wana isi pacangkraman | akèh wowohan mêpêki | kang dadi sukaning bala | sêgêr yèn maring wanadri | lawan akathah kali | sami kathah ulamipun | lan wana pasukêtan | punika wana kang miji | pan sawulan mubêng anotog samodra ||

40. yèn botên ulam dharatan | misaya ulam jaladri | lan wanane pasukêtan | ewon cikar lan pêdhati | wadya kang sami ngarit | tan wontên kang sami mikul | cikar ewon alêksan | pêkathik dèn pirantèni | pan puniku sukane kang wadyabala ||

41. wus lami agung kasukan | Wong Agung Surayèng Bumi | lawan sagung para nata | ingkang sami gêgêdhugi | kinêmbar sri bupati | Salsal lan Prabu Lamdahur | para mantu Gulanggya | Kewusnendar Banuarli | lan Maliyat Kustur sami ratu gagah ||

--- 1: 38 ---

42. kalawan mantune wayah | abagus prawirèng jurit | rajaputra ing Yujana | Radèn Kaharkusmèn pêkik | daladag ing ajurit | kuncara dadi gul-agul | langkung suka sayuta | Gulangge berag sakêthi | para mantu sadaya ratu dandanan ||

43. randhane Unuk Marjaban | wus pinanggihkên ing mangkin | winangun patêmonira | dènira ambayangkari | lan Rajèng Ngawulangit | wus panggih lan Prabu Urmus | lawan putra Gulanggya | mangkana ingkang winarni | arinira Sang Raja Unuk Marjaban ||

44. Rahadèn Unuk Mardawan | kesah saking Ngambarkawit | sakit susahing tyasira | dene nagri Ngambarkawit | tan pinaringkên nuli | nora tinanduran ratu | lami dadya gantungan | lan garwa Marjaban nguni | pinaringna lan ari Radèn Mardawan ||

45. lajêng kinaryaa raja | Mardawan ciptanirèki | ing mangke sadaya gagal | garwa kalawan nagari | kesahe wus sakawit | lawan Baktiyar puniku | pêpatihe Sang Irman | kalaut tan tumut mulih | dadya mangke Baktiyar angulandara ||

46. lawan Rahadèn Mardawan | Rajaputra Ngambarkawit | mung tigang kêthi kang wadya | santana ingkang tut wuri | Baktiyar kari kêdhik | sampun risak balanipun | mung kantun kawan lêksa | santananira kang maksih | ngungsi anèng jajahaning Jaminambar ||

47. tampingan bumi watêsan | lawan ing Rokam nagari | ing Barkiyah raning praja | ratune aran Kotaltil | nênggih Raja

--- 1: 39 ---

Kotaltil | tumut ing Sang Raja Makrub | Raja Makrub punika | dadya Malekat Mingkail | pakaryane ambuka turuning udan ||

48. anèng ing ngriku alama | sira Baktiyar lan malih | Mardawan pan sinagahan | dene Sang Raja Kotaltil | kature ratunèki | ratune Sang Raja Makrub | dadya mangke Baktiyar | Mardawan ngèngèr Kotaltil | tan kawarna pêtênging tyas mangun dana ||

7. Asmaradana

7. Rêraosan badhe lairipun Nabi Rasul

1. kunêng kang lunga angungsi | ya ta malih kang winarna | ing Rokam Prabu Gulangge | agung dènira kasukan | suka-suka tan ana | nêlase suka kalangkung | atamian gustinira ||

2. tan mèngèng ciptanirèki | yèn gênggênging kanugrahan | trah Pusêr Bumi praptane | cêlak panyiptaning nala | wangside gurunira | yèn benjing nabi panutup | kang mustapa ing sajagat ||

3. tan lyan darah Pusêr Bumi | manawa pinarêngira | nurbuwah mêtu nèng kene | apan iku wus utama | nanging Prabu Gulanggya | tyasira kudu umatur | nglairkên sangèlmunira ||

4. para mantu dèn timbali | langkung sami kinasihan | miwah gênge tarimane | mring pangeran ing Suwăngsa | ingkang akarya prênah | marang para putrinipun | pinanggihkên [pinang...]

--- 1: 40 ---

[...gihkên] para raja ||

5. ratu gêng prawirèng jurit | ingkang para mantunira | miwah ingkang kari mangke | randhane Unuk Marjaban | Wong Agung Kakungingrat | pinanggihkên ipenipun | lan Urmus Ibnu Nusirwan ||

6. milane kapati-pati | lair batin sungkêmira | sumêdya pati tan mèngèng | wau praptane ngajêngan | para mantu sadaya | nênggih kang kabênêr sêpuh | sira Prabu Kewusnendar ||

7. lawan saputunirèki | putranira Kewusnendar | sira Radèn Kaharkusmèn | anak panggih lawan putra | ibu panggih lan rama | dene mantu kang panggulu | Sang Raja Urmus punika ||

8. arine Natèng Kubarsi | Maliyat Kustur kang ngalap | dene ta kang anom dhewe | kalap Sang Rajèng Talsiyah | Banuarli Narendra | Marmadi putra ratyagung | kapat wus praptèng ngayunan ||

9. ngaturi Sang Adipati | Tasikwaja sampun prapta | Marmaya nèng pakuwone | panggih wus dangu praptanya | para mantu sadaya | Umarmaya lajêng muwus | lah ta tandhingên sang nata ||

10. para mantunira dhingin | lawan ing mangke sadaya | ki putra Kelan tuduhe | para ratu gung prakosa | Gulangge mèsêm mojar | bênêr sira padha punjul | ngungkuli lan ingkang pêjah ||

11. Prabu Gulangge bêbisik | ingsun arsa pagunêman | padha ngêntèkakên raos | ngêndi goningsun matura | yèn nora ingkang kiwa | saatur-aturku tutug | pira ratu kang ginawa ||

12. sasukane [sasuka...]

--- 1: 41 ---

[...ne] kangjêng gusti | Ki Umarmaya lingira | lamun mangkono sang katong | ingsun matur ing wong Menak | sayêkti nuli lêga | saosana gêdhong agung | kang patut kang cakêt taman ||

13. Raja Gulangge ling malih | kang Umarmaya manawa | gusti wong agung karsane | ratu ingkang binatinan | sayêkti kang ginawa | ing mangke sangêt sihipun | ya maring Si Raja Salsal ||

14. nanging ta kakang dipati | Salsal iku durung kêna | krungua ngèlmu mangkono | lungsuran wong mangan jalma | dosane durung ilang | yèn besuk jangkêp sataun | kaya rêrêgêde ilang ||

15. sarta sapangate gusti | yèn mêngko pan durung kêna | iku ta ingsun tuduhe | Si Salsal ingkang gawea | saosan pasanggrahan | Ki Umarmaya gumuyu | kakiwakakên Si Salsal ||

16. batine bênêr sirèki | Si Salsal iku maksiha | sadina-dina tobate | aciptaa pangapura | dene cipta nugraha | saengga antuk sataun | manawa rêgêde sirna ||

17. dosane agung kapati | dènnya gung amăngsa janma | Ki Umarmaya wus lèngsèr | prapta ngarsane wong Menak | katur saaturira | Gulangge sadaya katur | suka Sang Surayèng Jagat ||

18. gujênge prayogèng wèsthi | prakara Sang Raja Salsal | bênêr saking prayitnane | lamun ujar kêkênthêlan | yêkti yèn maksih uwas | yèn ujar cuwèr puniku | pantês tan kêna tinilar [tini...]

--- 1: 42 ---

[...lar] ||

19. wau Sang Surayèng Bumi | wus anèng ing gêdhong taman | nimbali Prabu Gulangge | lan Wong Agung Parangteja | ngirid kang para nata | kang pinijig pitung puluh | wus munggèng ngarsa sadaya ||

20. ngiras bujana para ji | larih midêr tula-tula | janèwêr brênduwin kabèh | aboga mênuhi sarta | Gulangge matur nêmbah | lan pêthi kancana murub | sinandhing nèng ngarsanira ||

21. pêthi alit mas kang isi | kitabe Gulangge anyar | lan pitutur têtinggale | kang rama Prabu Sudirham | ratu gung amisesa | ing praja kang mawi ratu | narpati rong èwu dhomas ||

22. jajare dènira linggih | Gulangge lan Umarmaya | Wong Agung Parangtejane | Urmus Sêmakun punika | lawan Tasangsulngalam | Umarmadi lan Lamdahur | Tamtanus Iskal Iskalan ||

23. Natèng Kebar lan Ngabêsi | Kangkan Kuwari Yujana | miwah para putra kabèh | para buyut para wayah | kajawi pitung dasa | kang pinijig para ratu | Prabu Gulangge turira ||

24. amba nuhun kang sayêkti | dhawuhe sapangat tuwan | sarwi ngaturkên kitabe | Marhabuntartib namanya | Gulangge kitabira | kalawan pêthikan Jabur | kang babar kitab nugraha ||

25. sintên ta ingkang sayêkti | kang mijilakên nuring rat | nabi panutup badhene | tan lyan karabat paduka | lair ing bumi Mêkah | punapa tuwan pukulun | alon dènira ngandika ||

26. Wong Agung Surayèng Bumi | yaiku walahu alam | iya guru ngong tuture | kadang ingsun kalih wêlas [wê...]

--- 1: 43 ---

[...las] | ibuningsun sakawan | dene kang nunggil saibu | kalawan ingsun têtiga ||

27. kapat Si Amir Anjilin | nanging iku maksih bocah | tan milu ing ujar kuwe | sarwi miyat nyandhak kitab | saking Gulangge Raja | kitab marhabuntaribun | kang munggèng pêthi kancana ||

28. mèsêm sukane tan sipi | Wong Agung Surayèng Jagat | ana muni lêluhure | kang saking ibu punika | nama Sultan Mashuran | Ratu Sam ingkang rumuhun | jamaning Sultan Iskandar ||

29. jênênge sri narapati | akire Sultan Iskandar | ngandika marang Gulangge | lah iki lêluhur ingwang | muni ing kitabira | luhur ingsun saking ibu | Ratu Sam Sultan Mashuran ||

30. kitabe tinangkêp malih | sinèlèh pangkon kewala | wong agung pangandikane | jêng ibu putri saking Sam | nama Siti Patimah | putrane lan rama ibu | kang tuwa kangmas Ngabdulah ||

31. nuli kangmas Abuntalib | yèku kang tunggal sabiyang | sapuluh kadangku kabèh | iku padha seje biyang | ana têlu patutnya | ana loro patutipun | iya ana ingkang papat ||

32. kadhang ana mung sawiji | dene kang kalêbu wêca | sadulurku roro kuwe | kang mijilakên nurbuwah | nabi nayakaning rat | buh kang anom buh kang sêpuh | kang trah Sam Sultan Mashuran ||

33. anulya ngandika malih | lah yayi Gulangge mara | caritakna lêlakone | Ratu Sam Sultan Mashuran | witing

--- 1: 44 ---

Ratu Sam kina | măngsa wurunga siremut | yèn lali cinandhak kitab ||

34. Gulangge nêmbah turnèki | inggih wontên Ratu Ngêsam | wignya ing kapandhitane | jêjaka dèrèng akrama | nama Sultan Mashuran | bapa ratu kaki ratu | buyut raja canggah raja ||

35. warèng grêpake narpati | udhêg gantungsiwurira | ratu akèh têtinggale | kang sami awarna kitab | pirang kêthi warnanya | pêthi têmbaga parunggu | pêthi salaka kancana ||

36. kabèh dèn iling-ilingi | carita nabi sadaya | kang aluhur kang aelok | kang wus padha kaliwatan | anulya pêthine mas | kitab cilik kang cinatur | jaman durung kalampahan ||

37. yèn ing besuk buri-buri | wontên nabi kang minulya | punjul saking nabi kabèh | kêkasih mangku sarengat | langkung sihe mring umat | yèku ingkang luwih luhur | bêgjane umate padha ||

38. dupi miyarsa sang aji | yèn kitab muni mangkana | kapencut tilar kadhaton | ngulati nabi mustapa | nora catur pariksa | apa lair apa durung | nuli atilar nagara ||

39. tanpa wadya mung pribadi | lakune Sultan Mashuran | iya saparan-parane | ngulati jêng rasulullah | pan durung măntra-măntra | ing babare kangjêng rasul | gumujêng sagung miyarsa ||

40. praptane pinggir pasisir | Rajèng Sam Sultan Mashuran | aningali ula kêthèn | agênge awarna-warna | sagajah saandaka | sakuldi andaka sênuk | satirisan [sa...]

--- 1: 45 ---

[...tirisan] lan saêtal ||

41. langkung erame sang aji | ana ula mung saasta | tumumpang nèng luhur dhewe | ula kang awak kancana | murub yèn tiningalan | pinarpêkan mundhuk-mundhuk | ula mas nguluki salam ||

42. sinauran tan asari | Ratu Sam sarya mangrêpa | ula mas ika têtakon | manusa ing pundi sira | lah Sang Ratu Sam kula | lah sintên dika puniku | sawêr bisa basa jalma ||

43. sawêr mas ika nauri | pan ingsun ratuning ula | kabèh iki balaningong | ingsun têka ing naraka | sira iku arsa pa | Sultan Mashuran sumaur | ngulari nabi mustapa ||

44. nabi kasarirèng Widhi | ratuning ula lingira | iya sun mêmêkas bae | yèn katêmu rasulullah | aturna salam ingwang | wis mara tutugna gupuh | Sang Ratu Sam lakunira ||

45. anulya kesah lumaris | sangaya tuwajuhira | pasthi ana panggonane | jêng nabi nayakaning rat | si ula kirim salam | lajêng lampahe anglantur | prapta ing Betalmukadas ||

46. jujug pagunungan panggih | pandhita Betalmukadas | Sèh Ilalsalib namane | kagèt yèn ana wong prapta | bagus maksih taruna | wruh yèn sikutane ratu | ki sèh andhingini salam ||

47. sawusnya tata alinggih | hèh tuwan puniki sapa | Sultan Mashuran saure | manira ratu ing Êsam | nama Sultan Mashuran | dene ta iki karyèngsun | ngulari nabi mustapa ||

48. ling pandhita Ilalsalib [Ilalsa...]

--- 1: 46 ---

[...lib] | puniku pakarya tuwan | Jêng Nabi Muhamad mangke | dèrèng wontên ngalam donya | angling Sultan Mashuran | yèn ingsun mau katêmu | sawêr mas ratuning ula ||

49. ujare manira titip | yèn panggih jêng rasulullah | aturêna salam ingong | ing nabi nayakaning rat | kêthèn ula punika | agênge sami kalangkung | ula lit ingkang kancana ||

50. tumumpang luhur pribadi | pandhita Betalmukadas | gêtun miyarsa tuture | pundi ta punapa têbah | gèning ratuning ula | sang ratu ing Sam atuduh | pinggir pasisir sarkara ||

8. Sarkara

8. Pasareanipun Nabi Suleman

1. pantês wau Gulangge Narpati | rahab dènnya bawani carita | suka para ratu kabèh | sêdhêpe kang atutur | sami dongong ingkang miyarsi | wau Sultan Mashuran | sawusnya atutur | ênggène ratuning ula | ngambil pêthi pandhita lan dèn isèni | arak kalawan puwan ||

2. pêthi alit binopong pribadi | sira pandhita Betalmukadas | sarwi alon pamuwuse | lah dawêg anak prabu | maring gène kang sawêr malih | dika atêr kawula | sigra lampahipun | wus prapta panggenan ula | eram mulat pêthine wus dèn ungkabi | kang isi arak puwan ||

3. sinandhingkên gène tan atêbih | kongas gandane arak lan puwan |

--- 1: 47 ---

ula mas tumurun age | marani gănda wau | ingkang kongas sajroning pêthi | anulya linêbonan | wau pêthinipun | ratu sawêr mangan puwan | ki pandhita mundhuk-mundhuk amarani | kang pêthi tinutupan ||

4. nulya pêthine pinanggul aglis | dawêg sang ratu sami lumampah | kula inggih kang andhèrèk | lampah tuwan puniku | anuruti sami lumaris | ciptane Sang Rajèng Sam | baya ula iku | kinèn atuduh gènira | kangjêng nabi akale pandhita iki | mung iku ciptanira ||

5. sawusira dangu kang lumaris | ngambah wana sangsaya anêngah | alas kiwa gêng wanane | ana godhongan matur | tuwan pêthik amba puniki | lamun tuwan pipisa | ing salêmbutipun | anuli dipun uworna | singa ingkang dèn uworana sakêdhik | yêkti kabèh dadi mas ||

6. sang pandhita saksana amêthik | dawêg tuwan punika mêthika | sang nata amêthik age | nulya sami kinandhut | lajêng sami lêlampah malih | tan adangu nulya na | godhong malih matur | lah tuwan pêthik kawula | pan kawula têtomba lara sabumi | kang kawruhan pan waras ||

7. sang pandhita lan sang ratu mêthik | sami kinandhut lajêng lêlampah | tan asuwe ana manèh | godhong ingkang umatur | tuwan pêthik amba puniki | lamun tuwan mamaha | usapêna suku | bisa angambah sagara | saparane kadi yèn angambah siti | wau ta sang pandhita ||

8. lan sang nata

--- 1: 48 ---

prasami amêthik | lajêng pêthine wau tinilar | iki ta sêdyèng ngong mangke | kalakon kabèh iku | wis kariya ula sirèki | pêthi nulya binuka | ulane mas mêtu | wau lampahe wus têbah | sultan ing Sam lawan Ki Sèh Ilalsalib | prapta pinggir samodra ||

9. sami mamah godhong wau nuli | ingusapakên ing dalamakan | nulya pandhita ature | suwawi sang aprabu | sampun taha ngambah jaladri | sigra sami angidak | atos toyanipun | nêngah-nêngah lampahira | sangsaya tos kabèh toyaning jaladri | sampun kadi dharatan ||

10. ing sadhêpa ngajêng kanan kèri | kang atêbah iya maksih toya | kang cêlak lawan sukune | pan kênthêl toyanipun | kadi sela ingidak sami | lampahe sampun lêpas | manggih astana gung | asri pagêre mutyara | gapurane cangkêming naga ngajrihi | upase kang kumantar ||

11. kadi dahana murub kaèksi | dene ta buntut naga punika | ngubêngi kadi ringgite | pagêre mutyarèku | jroning pagêr pan ana kathil | jumêrut kathilira | nginggil kathilipun | apan wontên kang anendra | pan gumawang cahyane ingkang aguling | saking jawi katingal ||

12. sang aprabu angandika aris | mring pandhita sintên kang anendra | dene gumêbyar cahyane | kadi wulan sumunu | sang pandhita alon nauri | punika botên nendra | seda yêktinipun | puniku Nabi Suleman | kang pinăngka ing nguni ratuning

--- 1: 49 ---

bumi | Sultan Mêsir punika ||

13. măngsa tuwan inggih tan miyarsi | caritane Jêng Nabi Suleman | ratune sajagad kabèh | kang kumêlip puniku | mega angin banyune sami | jin Islam kaparentah | myang rasaksa diyu | buron dharat buron toya | isining rat sadaya kang dèn ratoni | puniku Jêng Suleman ||

14. datan măntra-măntra angêmasi | cahya kadi asare kewala | ingkang munggèng ing astane | puniku katon mancur | pan sêsupe maklukat aib | karaton kabatinan | maklumat aibun | angungun Sultan Mashuran | amiyarsa wau kang maklukat aib | praba kadi baskara ||

15. balêrênging lamun dèn tingali | singsim samas wasitah samawat | maklukat aib prabane | sang pandhita amuwus | lah suwawi sami mrêpêki | manjing jroning gapura | cangkêming naga gung | Sultan Mashuran lingira | bokmanawi upasing naga mêdosi | kumukus pan ulêkan ||

16. Pandhita Betalmukadas angling | hèh sang ratu kalawan paekan | kang isim molah tulake | puniki wacanipun | bok sang naga mangke ngingkêmi | inggih măngsa sagêda | katulak ing ngèlmu | sayêkti mangap kewala | sultan ing Sam ngandika dene angungkih | punapa kang sinêdya ||

17. pandhita ngling sami angujungi | dhatêng kang layon Nabi Suleman | amrih agêng sapangate | sêdya tuwan puniku | tinêkana kongsia panggih | lan kangjêng rasullulah [rasullu...]

--- 1: 50 ---

[...lah] | ngujunga ing suku | batine kyai pandhita | angapusi darapon puruna manjing | iya Sultan Mashuran ||

18. kalêthêke ki pandhita batin | arsa ngambil lêlèpèn maklukat | aib kang munggèng jênthike | layon Suleman iku | pasthi lamun dadi narpati | sinêmbah para raja | ing jagad pinunjul | wus matak ingisim molah | astanira pinanjingkên gapura ris | gapura cangkêm naga ||

19. wisa mire kang kumêbul sami | naga cangkême mangap kewala | matane macicil bae | lah dawêg anak prabu | wisa sampun botên nglabêti | Ratu Sam wuwusira | kula kang kapungkur | andika kang rumiyina | samya manjing kalihe tan walangati | tan ana kara-kara ||

20. sami dhêku dagan kanan kèri | Pandhita Betalmukadas kanan | Sultan Mashuran kèrine | wanti-wanti gèn ngujung | ing pada jêng layoning nabi | sang pandhita ing Betal- | mukadas adangu | nguwik-uwik jênthikira | kangjêng nabi ênggoning maklukat aib | ingunus pan mèh kêna ||

9. Sinom

9. Sêsupenipun Nabi Suleman

1. gupuh wau ingkang prapta | sarwi pêtak Jabarail | gumaludhug ing awiyat | gonjing langit kadi miring | gênjot agonjang-ganjing | kêmocak tasik kêmrawuk | gugup pan sami mêdal | pandhita ingkang rumiyin | langkung [lang...]

--- 1: 51 ---

[...kung] ing gapura gosong kêna wisa ||

2. Sultan Sam kang maksih tawa | tan tumamèng wisa mandi | kalihe wus praptèng jaba | mulat wau ingkang prapti | Malekat Jabarail | rupa ratu aprang pupuh | sikêp kaprajuritan | pêdhang kumilat tinarik | sami mêndhak anèng ngarsane kang prapta ||

3. anggêtak sarwi têtanya | lah wong apa sira iki | dene prapta kene padha | apa sêdyamu kang pêsthi | dharodhog turirèki | pandhita matur rumuhun | ajrih lamun doraa | kula wau arsa ngambil | kagungane jêng nabi lèpèn maklukat ||

4. amba ing Betalmukadas | satuhu amba puniki | sampun sinêbut pandhita | iya bênêr ta sirèki | gosong ing wisa mandi | pandhita murka sirèku | lah ta kang siji apa | sêdyanira anèng ngriki | matur nêmbah amba punika Rajèng Sam ||

5. kesah atilar nagara | sêdyamba inggih ngulati | ing nabi nayakaning rat | kang rinasul ing Hyang Widhi | Kangjêng Muhamad dinil | mustapa ingkang linuhung | Jabarail lingira | milane sira basuki | saking dene mangkono ing sêdyanira ||

6. aja amindho ta sira | yêkti anêmu bilai | Jabarail sampun musna | ngungun pan sarwi lumaris | pandhita angrêrintih | awake pating palêpuh | ing dalu sami nendra | munggèng satêngah jaladri | pan ing dalu pinisah ing malaekat ||

7. Pandhita Betalmukadas | inguncalakên ing wêngi | nèng wana Betalmukadas | byar rina wruh tanahnèki |

--- 1: 52 ---

sang pandhita tan mari | sakite saliranipun | lir kêna lêmah sangar | mangkana wau kang kari | ratu ing Sam kari têngahing samodra ||

8. sampun angèsthi ing sêdya | saparanira lumaris | sira Jêng Sultan Mashuran | adangu dènnya lumaris | ana wong kang lumaris | pawèstri saking ing pungkur | anglancangi Rajèng Sam | suwarnane ayu luwih | lampahira gupuh sarwi rêrikatan ||

9. Sultan Mashuran têtanya | hèh ni wadon nilakrami | saking pundi pakênira | lan puniki tanah pundi | wong wadon anauri | sampun têtakon maringsun | lagi parlu karyèngwang | mênêng wau sri bupati | sampun lêpas wong wadon mari katingal ||

10. nulya na wong nitih kuda | rakit busana ngajurit | Sultan Mashuran têtanya | kiyai amba tanya ris | wau wontên pawèstri | anglancangi lampah ulun | amba tanya tan angsal | aja sira takon mami | lagi ewuh makatên dènnya angucap ||

11. saure kang nitih kuda | ika Malekat Ngijrail | lagi kinon ngambil nyawa | ika mau ing Hyang Widhi | sun iki Jabarail | Sultan Mashuran tumungkul | mênêng sarwi lumampah | Jabarail mari kèksi | ya ta wontên pulo pelag katingalan ||

12. wontên kang tunggu têtiga | Sultan Mashuran marani | têtanya tuwan wong apa | alon dènira nauri | manira iki êjin | nanging jin Islam katèngsun | kang tinuduh dening Hyang | aprang kalawan jin kapir |

--- 1: 53 ---

malah prapta ing ari kiyamat pisan ||

13. Sultan Mashuran têtanya | punika tanah ing pundi | jin tiga nauri samya | tanah sajabaning langit | Ratu Sam tanya malih | pintên ta lampahanipun | saking ing tanah Arab | ing nagari Ngêsam singgih | saurira kadi yèn sapuluh warsa ||

14. punapa si sêdyanira | dene kongsi praptèng ngriki | kula puniki ngupaya | jêng nabi nayakèng bumi | punang jin tiga angling | têgêse nabi panutup | ingkang tuwan upaya | punapa ta sampun lair | kangjêng rasul dèrèng wontên ngalam donya ||

15. de tuwan sangêt ngupaya | inggih ta pan maksih aib | lah ta tuwan lajêngêna | anêdhaa ing Hyang Widhi | ya ta malih lumaris | saparanira anglangut | wontên jaban sagara | cinatur nêmbêlas warsi | pan ing wuri orêm nagari ing Êsam ||

16. tan ana ingkang uninga | kesahe sri narapati | sawiji tan gawa bala | mung iku kang têngga puri | lawan rêkyana patih | lan sagung punggawanipun | têlas dènnya ngupaya | tan antuk dènnya ngulati | ya ta wau wuwusên Sultan Mashuran ||

17. kalunta amanggih wrêksa | kadya kang wit kancana di | wontên pêksi gêng katingal | nguluki salam rumiyin | Ratu Sam anauri | asalamu ngalaekum | kang pêksi basa janma | dika dhêdharan rumiyin | dipun eca sang nata dènira lênggah ||

18. wontên wong prapta satunggal | sarwi jo busananya di | uluk salam nulya lênggah | têtanya

--- 1: 54 ---

basanya aris | dika wong agung pundi | kula wong Êsam pukulun | dene ta kesah amba | ngupaya ing kangjêng nabi | rasulullah panutup nayakaning rat ||

19. wong ijo alon lingira | dene inggih dèrèng lair | dèrèng wontên ngalam donya | atêka sira ulati | pundi gène kapanggih | tur adoh wismanirèku | lakon patbêlas warsa | Rajèng Sam tumungkul aris | dènnya sangêt têbihe panggenanira ||

20. wong ijo alon lingira | hèh Sang Ratu Sang sirèki | sampun andika sungkawa | bumi Ngêsam saking ngriki | nadyan tri dasa warsi | dumèh patang puluh taun | lêlakoning manusa | inggih yèn pitulung Widhi | datan angèl praptane nagaranira ||

21. wong ijo pan nuli musna | pêksi ika muwus aris | dèn eca manah andika | dhêdhahara dipun aris | tumungkul mrêbês mili | langkung prihatinirèku | pêksi agung ngrêrêpa | dhêdhahara sri bupati | ing manusa barang tingkah wus tinitah ||

22. asrêp tyasira sang nata | tumungkul dhaharan aris | ajrih yèn tan nurutana | pamêksane punang pêksi | wau ta kang winarni | wontên malih ingkang rawuh | sarwi jo kang busana | tanapi warnane salin | abêbisik mangsit kang pêksi sarkara ||

--- 1: 55 ---

10. Sarkara

10. Dèwi Julung Sulasikin, Rajaputri ing Jamintoran, gêrah

1. sampun musna wong kang sarwa wilis | ingkang pêksi alon wuwusira | hèh sang nata dipun age | nungganga gigir ingsun | wus ingawe lawan suwiwi | wau Sultan Mashuran | anèng gigir sampun | kang pêksi alon lingira | dèn abêcik suhudira ing Hyang Widhi | darapon sinung ilham ||

2. dene besuk sira têka ngrêti | măngsa durung lan têkaning măngsa | mêrêma sang nata mangke | sigra mêrêm sang prabu | kinirabkèn dene sang pêksi | sakala tan antara | praptanya kumabruk | kagyat ing panyananira | kajarungup mêlèke sri narapati | ngarsane ibunira ||

3. ingkang ibu nèng paningrat linggih | prabayasa kagyat ana prapta | tanpa sangkan kumabruke | kang putra nulya ngujung | datan pangling wau sang aji | kang ibu panglingira | dene cahyanipun | amung wangune tan owah | mung kang cahya kadi basanta duk mijil | rinangkul ingkang putra ||

4. pra santanèstri sajroning puri | kumarutug sangsaya pratela | lamun sang nata praptane | kang tangis sru gumuruh | kadi gêrah sajroning puri | rinêbut ing santana | anglênggêr sang prabu | dangu-dangu angandika | sri narendra pitutur mring santanèstri | saparipolahira ||

5. sami ngungun kabèh kang miyarsi | kagawokan [ka...]

--- 1: 56 ---

[...gawokan] ing solah mangkana | tuhu yèn angeramake | antara tigang dalu | patih lawan kang pra dipati | sadaya ingandikan | anangis gumuruh | samya kadi dyah tangisnya | kasok dene kesahe nêmbêlas warsi | praptane salin cahya ||

6. gumilang-gilang sumunu wêning | ibunira sigra dènnya bêdhah | gêdhong ing jro pura kabèh | pinartiga kang kantun | mung saduman rong duman mijil | kasrah mring ki apatya | iya pinartêlu | saduman kang pra dipatya | kang saduman iku marang pêkir miskin | saduman sanagara ||

7. ingkang datan lumaku ing kardi | lawan ingkang tri warna aminta | ing wong angumbara kabèh | wong dagang pan sinuguh | wus mangkana ing dalêm puri | andina asidhêkah | miwah punggawa gung | praptèng patang puluh dina | sidhêkahe amangun kasukan sami | punggawa myang satriya ||

8. miwah rerehan kang para aji | prapta nêkakakên nadarira | agung amungu karamèn | mangkana sang aprabu | sira Sultan Mashuran nênggih | ngungkabi gêdhong ingkang | isi pêthinipun | pêthi ingkang isi kitab | têtilare kang rama sang ratu swargi | kathahing warnanira ||

9. sami caritane para nabi | ingkang sami sampun kalampahan | pêthi suwasa ênggone | lan pêthi salaka gung | ingkang pêthi kancana siji | kang durung kalampahan | kang sami cinatur | jêng nabi nayakaning rat | saturute dèrèng kalakon winarni | iku dadi sakitab ||

10. durung lair lan sawuse

--- 1: 57 ---

lair | mangkya pinanggih pamêcanira | yèn durung lair mangsane | langkung dènira ngungun | ing longkange laire nabi | lawan Sultan Iskandar | sangang atus taun | Gulangge kèndêl samana | caritane cinandhak ing kitab malih | Wong Agung Kakungingrat ||

11. lawan Nabi Ngisa longkangnèki | jaman kitrah limang atus warsa | iya jaman ingsun kiye | lawan antaranipun | sedanipun Rajèng Mêdayin | sira Prabu Nusirwan | pan pitulas taun | laire jêng nabi duta | kang rinasul Muhamad panutup nabi | mustapa nayakèng rat ||

12. nulya tinangkêb kitabe malih | dangu wong agung ing Parangteja | yayi mas titimangsane | pira itungirèku | kalanira ngadêgkên dhingin | narendra yayi Irman | gantyani kaprabun | marang Bathara Nusirwan | Arya Maktal sigra amilang jariji | sawusnya matur nêmbah ||

13. tiga wêlas warsa duk lumaris | kalih wêlas warsane sampurna | wong agung sigra anolèh | yayi Urmus Sêmakun | petungira apa marêngi | kalawan kakangira | tur sêmbah Sêmakun | lêrês adêgira nata | rayi tuwan dene sedanipun nênggih | swargi rama paduka ||

14. tiga wêlas warsa sampurnèki | lumampahe kawan wêlas warsa | para ratu sêpuh kabèh | lawan Umarmayèku | rêmpêg sami akarya titi | mung kari tigang warsa | kapate lumaku | babare jêng rasulullah | kitabira anulya winiyak malih | bab turuning kang cahya ||

15. Sultan Mashuran pamêcanèki [pamê...]

--- 1: 58 ---

[...canèki] | iya besuk ing turuning cahya | nurbuwah ing Êsam kene | ingkang nadhahi besuk | amutrèni ing Êsam iki | saking Sultan Mashuran | turun pat sirèku | kagarwa ing putra Mêkah | iku ingkang mijilakên kangjêng nabi | wau Sultan Mashuran ||

16. dupi maca muni mangkanèki | nuli niba alara karuna | gêtun ngungun pratingkahe | gonira lunga nglangut | angulati ing kangjêng nabi | Muhamad nayakèng rat | ana ngawakipun | tangise kang saprakara | ping kalihe tangise sukur ing Widhi | mulane katempelan ||

17. sami guguk kang para narpati | pratingkahe Jêng Sultan Mashuran | tunggak kalingan rondhone | saking suka gumuruh | kawêkêlan guguping galih | punika prênah canggah | karabating ibu | saurute yèn ing Mêkah | wong gêdhene krama putri ing Sam sami | duk Jêng Ismangil pisan ||

18. pan ibune Jêng Nabi Ismangil | bêboyongan saking putri Ngêsam | duk Raja Namrut jamane | katêlah turun-turun | nagari Sam ingkang mutrèni | sagung darah ing Mêkah | yèn wong gêdhenipun | mangkana kang para nata | prasamya jrih marang Gulangge Narpati | dene asugih kitab ||

19. ambêkira pinandhitèng batin | nora bodho têkone mangkana | anèh Sang Prabu Gulangge | lêgawa nrus ing kalbu | pan Wong Agung Surayèng Bumi | langkung sih cipta tunggal | sanyawa puniku | lamine nagari Rokam | para

--- 1: 59 ---

putra kalangênan sabên ari | ing wana miwah toya ||

20. Raja Salsal ingkang anyaosi | kalangênan kang sarwa apelag | angangêni saênggone | pacangkraman pinunjul | luwih saking praja lyan sami | nadyan Sang Kakungingrat | rêsêp ing kalangun | tuwin sagung para nata | duk sêmana nuju ing dina sawiji | wong agung acangkrama ||

21. nèng pasanggrahan yèn dalu sami | samya gunêm arasan ing kitab | lawan Sang Prabu Gulangge | saking mèh lairipun | jêng mustapa Muhamad dinil | nabi nayakaning rat | mila gung rinêmbug | pan mèh mansuh ing sarengat | kabèh sirna sarengat kang dhingin-dhingin | amung kantun satunggal ||

22. iya iku nora salin-salin | malah prapta ing kiyamat pisan | kangjêng rasul sarengate | mangkana para ratu | sami karya cangkraman adi | tuwin kang para putra | pacangkramanipun | sami nugurakên bala | pacangkramanira Pangran Kaelani | kalangkung endahira ||

23. sasèn-sasèn anèng ing wanadri | ya ta wontên gêmpalan carita | nyêlani carita dhewe | wontên ratu pinunjul | jênêngira sri narapati | agêng karatonira | angrèh para ratu | pitung atus ratu ngarsa | kawan wêlas atus ratune pamingking | kuthane Jamintoran ||

24. bisikanira sri narapati | binathara Prabu Sadarsalam | ratu băndha-bandhu pandhe | pandhekaring prang pupuh | pilih tandhing lamun ajurit | Sang Prabu Sadarsalam | prakosa [prako...]

--- 1: 60 ---

[...sa] dibya nung | mangkana lagya sungkawa | sri bupati lami tan miyos tinangkil | dene kang putra gêrah ||

25. Rêtna Dèwi Julung Sulasikin | putri pinunjul jagat wiryawan | amung sajuga putrine | ing pramudita kasub | êla-êla măngka pamuji | mangkya nandhang paswara | sang rêtna yu wau | wimbuh tyarisa kang rama | animbali para tabit wukir-wukir | kinêrig mring jro pura ||

26. rêtnaning Dyah Julung Sulasikin | gêrahira anungsung têtămba | orêm sajro pura kabèh | wau kang para nujum | aglar ingkang para narpati | sang nata angandika | hèh sakèhe nujum | padha sira tingalana | tênungira ing gêrahe nini putri | apa margane waras ||

27. para nujum sadaya wotsari | sami miyak kitab tênungira | ramalan iladunine | lan palakiyahipun | wali-wali kang para tabit | pambukanirèng kitab | kang amarah iku | ing gêrahipun sang rêtna | waluyane kang dadya marganirèki | siram taman Iskandar ||

28. wau ature kang para tabit | putra tuwan punika simarama |[2] ing taman Iskandar gène | Jaminingrab puniku | nanging poncot lèr kilèn nênggih | saking kitha ing Rokam | wau sang aprabu | animbali Kyana Patya | Sidisalam prapta dipun parentahi | siyaga sarta palwa ||

29. anggawaa prajurit rong kêthi | angiringa iya putraningwang | mring Jaminingrab tamane | asiram turing nujum | lan awêdhak sitine [si...]

--- 1: 61 ---

[...tine] putih | waluyane kang gêrah | palwa wolung atus | kang limang atus amota | sakathahe prajurit kang pra dipati | têlung atus wadonan ||

30. ingkang rayi wau dèn timbali | sira Radèn Sadarkaola |[3] pitung lêksa prajurite | milua ta sirèku | ngiring putranira ni putri | Sadarkola tur sêmbah | sandika turipun | wau sang rêtna miyarsa | nulya sênggang gêrahe dèn sêsangèni | siram nèng Jaminingrab ||

31. wus samêkta sagunging prajurit | miwah palwa wus aglar sadaya | sami numpak prajurite | tata panggenanipun | kang awawrat sangu miranti | lambuk kèci giyota | ingkang amot sangu | palwa prajurit pacalang | lan pragata baliyan kapal tulya sri | ginambuh gèn sang rêtna ||

11. Gambuh

11. Pangeran Kelan ambêbêdhag, kêsasar dhatêng Taman Iskandar, nagari Jaminingrab

1. rinêngga têpas wangun | asri winarna kêndhung-kumêndhung | panggenane iyèku sang rajaputri | samêkta sadayanipun | wus mijil saking kadhaton ||

2. kang rama lan kang ibu | sami angatêr pinggiring laut | arsa miyat pamancale putranèki | gumêrah wong sapraja nut | anglut atêr sang lir sinom ||

3. nêmbah ing rama ibu | lajêng anumpak sacèthinipun [sacèthi...]

--- 1: 62 ---

[...nipun] | pitung atus pawonganira tan kèri | inya miwah êmbanipun | rong atus prajurit wadon ||

4. sami putraning ratu | ingkang tan pisah lan sotyaning rum | rêngganing kang langên biola saruni | panumpaking sang dyah ayu | palwane prajurit bodhol ||

5. bêdhol jangkar gumuruh | ambabar layar palwa pianjur | pan sumêbar ngambil prênah kanan kèri | kang paman munggèng pianjur | Radèn Sadarkola moncol ||

6. mangu tyasira prabu | lan pramèswari mulat ing sunu | ing tyas mupus pandonganira Hyang Widhi | tuluse waluyanipun | sang nata kondur ngadhaton ||

7. wau ta lampahipun | sang rajaputri asri nèng laut | Kyana Patih Sidisalam anèng wuri | têngara pating carêngklung | lampahe palwa anggolong ||

8. sing kadohan kadulu | pating galêbyar kuwung-makuwung | sami nimpang sagunging baita grami | ana wong agung lêlaku | sagung palwa dagang adoh ||

9. limpad pandomanipun | lawan aguna jru mudhinipun | datan owah rikate palwa lumaris | bisa ngrèh angin atangguh | kêmudhi bakoh atanggon ||

10. kunêng kang anèng laut | putri Jamintoran lampahipun | tan winarna Rêtna Dèwi Sulasikin | amangsuli kang winuwus | putra Kelan kang lagya don ||

11. karêm dènnya bêburu | amisah lawan kang para ratu | miwah ingkang para kadang samya têbih | mung lawan sabalanipun | ki putra dènnya makuwon ||

--- 1: 63 ---

12. lumrah kang para sunu | sami makuwon misah gènipun | dènira mrih suka sawadyanirèki | tuwin ingkang para ratu | pamrihe akèh mangkono ||

13. wau sang narpasunu | lawan sawadya kang para ratu | pra satriya pra dipati Kaelani | apan sampun pitung dalu | sare anèng pambêburon ||

14. kèndêl sampuning surup | Pangeran Kelan enjing bêburu | kang pinêthèt prajurite kalih kêthi | turăngga pêpêrangipun | ngiras ajar ing pakewoh ||

15. sinambi ambêburu | angiras pantês sukyèng wadya gung | ing batine lampahing kuda kang pinrih | lumumpat ing prabatèng gung | nandêr nusup kayu dhoyong ||

16. sumêngka parang-parung | kuda tumurun jurang tan ewuh | kang anunggang yèn uwis tan walangati | yèn mari kuwatiripun | sadaya pinrih mangkono ||

17. malipir jurang parung | padha angambar rêratan agung | sarwi babad kayu sarta nandêr pati | prajurit Kelan tan ewuh | iku sêdyane sayêktos ||

18. pan kasêngsêm kalangkung | ki putra Kelan sêngsêm prang pupuh | salamine wontên ing Rokam nagari | wus matêng pangajaripun | prajurit kuda kinaot ||

19. wadya rong kêthi punjul | lan patang lêksa turangganipun | wus tan kewran mudhun jurang amalipir | tan rêkasa lampahipun | munggah ing jurang mangkono ||

20. miwah kang nandêr nusup | kayu prabatang wus tan pakewuh | lêlumpate turăngga Kelan [Ke...]

--- 1: 64 ---

[...lan] wus wasis | ing pakewuh datan ewuh | tyasing kuda pan kadi wong ||

21. mangkana manggih siku | mangkana Pangran Ismayasunu | pinisah lan wadya nèng têngah wanadri | pan badhe nugrahanipun | arsa pinaringan jodho ||

22. ya ana purwanipun | margane ingkang duwe panjaluk | panêdhane ing Suksma Kang Maha Suci | besuk akrama putrèngsun | satriya kang luwih kaot ||

23. kang luwih pêkikipun | miwah karabat ingkang pinunjul | ing kawiryan kang măndraguna ngajurit | Jamintoran Sang Aprabu | kang anggung cipta mangkono ||

24. marma sang narpasunu | kêni sangsara anèng wana gung | pisah anèng wana lan sagung prajurit | kang dadi wit pisahipun | mulat ing manjangan ijo ||

25. kadya mrak wulunipun | miwah sungune kadi jumêrut | taracake lir sambêrilèn kaèksi | lincak-lincak ngarsanipun | pinarpêkan pan sinêrod ||

26. sinandêr cêlak mamprung | lamun wus têbih rondhe ing laku | lincak-lincal malang-megung nolih-nolih | gêbyar-gêbyar angênguwung | kuwunge sumorot ijo ||

27. dadya sangsaya sêngkud | sira pangeran ing Suwăngsèku | kamuritên yayah pratignya ing batin | măngsa ta muliha tèngsun | luputa manjangan ijo ||

28. kalaut malah surup | kèndêl sangisor wrêksa tan kondur | tan aetang pisahe wadya prajurit | wus karêm paningalipun | mung ketung manjangan ijo ||

29. tan asare sadalu | manjangan muni [mu...]

--- 1: 65 ---

[...ni] nèng ngarsanipun | pinarpêkan mèh kêna milar angering | tinut ing kori mangayun | sinandêr nilap tan katon ||

30. kèndêl sang narpasunu | sampun byar rina malih kadulu | rembyak-rembyak sinandêr malih ngoncati | jonggiraji kudanipun | cinamêthi kras mancolot ||

31. kudaning jin puniku | beda lan kudaning manusèku | parandene panandêre tan nututi | kêbat malaekatipun | kang rupa mênjangan ijo ||

32. wus jangkêp tigang dalu | pangungsirira sang rajasunu | malah prapta nêm dina maksih dèn ungkih | wana ing Rokam kapungkur | andarung angalor ngulon ||

33. ngidak ing wananipun | ing Jamintoran gèn tamanipun | bangêt Sultan Iskandar lan Nabi Kilir | kang karya taman puniku | kèndêl kapêngkok ing kono ||

34. satunggil taman agung | warni patanggèn pagêr bêbatur | lêmah putih alas Jaminingrab rêsik | putra Kelan lajêng adus | manjing salêbêting banon ||

35. eram pandulunipun | taman mubadir tan ana tunggu | sapa duwe kagungan ing taman iki | apa Gulangge Sang Prabu | dene tan tinunggu ing wong ||

36. nanging watawisipun | kaya tan towang sadinanipun | liwat rêsik sapa kang angambah iki | wus surup ana kumabruk | kidang katanggor ing banon ||

37. cinandhak sinarimpung | akarya api sêsupenipun | bêbêktane kang ibu Ismayawati | musthikane gêni murub | narik pêdhange sang sinom ||

--- 1: 66 ---

12. Sinom

12. Pangeran Kelan kasumêrêpan punggawa Jamintoran

1. tinuthuk lawan sêsotya | mèntèr dahanane mijil | ngambil kayu putra Kelan | dene apine wus dadi | kidang pinurak aglis | binakar samatêngipun | puniku kang dhinahar | taman tawa toyanèki | tur anjathok ing jaladri ingkang taman ||

2. parandene toya tawa | ing nguni mukjijat nabi | wau ta Pangeran Kelan | Bakdingujaman wus lami | malah samadya sasi | daging kidang dhaharipun | satunggal tigang dina | ya ta kang winuwus malih | praptanira Rajaputri Jamintoran ||

3. baita kang munggèng ngarsa | anggabag awarni-warni | kagyat mulat narpaputra | iki baya ratu prapti | kaya mêntas mariki | katara lampahirèku | bêcik ingsun angiwa | ênggone sampun miranti | amêmènèk mulat palwa ingkang prapta ||

4. apan wus mari kacipta | sirnane manjangan wilis | wau bala Jamintoran | satus palwa kang lumiring | minggir samya angranji | linabuhan jangkaripun | Rahadèn Sadarkola | saprajurite dhingini | kang asikêp gêgaman baris tinata ||

5. kathah kang lajêng asalat | mantri prameya kaèksi | putra Kelan anggraita | iki baya ratu ngêndi | rakite angajrihi | sêmune prawirèng kewuh | dene [de...]

--- 1: 67 ---

[...ne] padha asalat | salate salat Ibrahim | ratu Islam prajurit tangkêpe rikat ||

6. sira Radèn Sadarkola | wus mêntas sawadyanèki | alênggah munggèng kursi mas | upacaranira asri | bagus satriya iki | yèn anoma èmpêripun | kangjêng paman ing Yunan | kuning satriyèku kêdhik | iya paman ing Yunan bambang salira ||

7. nanging tênagane padha | duk anom paman Yunani | abagus tur rowa rikat | pamulu manis awilis | upama angulati | nagara gêng pitung puluh | iya măngsa antuka | kang kadi paman Yunani | lan cahyane kumronyos pagut ulêtan ||

8. têtêp dununging prawira | paman prabu ing Yunani | wong iki sêmono uga | sayêkti prawirèng jurit | sangkin agung kang prapti | agêbèl baitanipun | Rahadèn Sadarkola | budhal maring taman dhingin | manjing taman prajurit baris kalangan ||

9. ya ta pangeran ing Kelan | ngingsêri raga anêbih | wontên wangun kidul wetan | akiwa kang dèn ênggoni | ciptanira sang pêkik | balaa sayuta iku | amot kono kewala | tan kongsi prapta gonnèki | ya ta eca tyasira sang narpaputra ||

10. palwa kang ngêmot jêmpana | wus mêntas saking jaladri | gumrudug sadaya mêntas | ingkang ngêmot turănggèsthi | mangkana sang suputri | baitanira wus labuh | gumuruh balakuswa | kang mêntas saking jaladri | rajaputri [ra...]

--- 1: 68 ---

[...japutri] saparêkane wus mêntas ||

11. gumuruh têngara urmat | gong bèri gurnang thongthonggrit | saruni sarta biola | barungan umyang sênggani | pan arsa nitih joli | dharat sinongsongan sungsun | rêngês prajurit ngayap | lêbête mring tamansari | rajaputra kaduwung datan ngatingal ||

12. praptèng taman lajêng siram | Rêtna Julung Sulasikin | putri adi Jamintoran | kayungyun mulat ing warih | prapta pitulung Widhi | sirna kabèh gêrahipun | ingkang ngrês linu ilang | awêwêdhak siti putih | wuwuh cahya wimbaning săngka purnama ||

13. pangling kang parêkan inya | tuhu sapangating nabi | ya Ibrahim Kalilulah | miwah paman lawan patih | langkung suka tyasnèki | sawadyanira sang ayu | pan karya pamondhokan | soring wrêksa-wrêksa rêsik | para mantri masang kalambu sadaya ||

14. punggawa pêpagêr motha | sangkêlat wungu tulya sri | prapta ing dalu gumêrah | kasukan sawadyanèki | ênggone rajaputri | munggèng gêdhong tamansantun | rinêngga binusanan | gumrah sukaning kang dasih | rainane sidhêkah mêmule samya ||

15. marang kang ayasa taman | mangkana balaning patih | ngêlanthung anjajah wana | lêledhang mung wong kêkalih | kapara ki apatih | mulat kaprayitnanipun | tan dangu ngidul ngetan | ana pagêr bata kèksi | tan atêbih mung êlêt tigang pamanah ||

16. saking wangun lêt têtiga | punika sakawannèki | wong loro kang sarta

--- 1: 69 ---

kuda | manjing kalihira sami | ana turăngga muni | jro bata athakur-thakur | mambu gandaning kuda | kagyat mêdhun tyang kêkalih | jaran apa baya kănca karadenan ||

17. esuk têmên alêledhang | sawusnya manjing jro kori | kagèt dènira tumingal | ana satriya alinggih | sangarsaning turanggi | sabusananing prang pupuh | cahya lir ăndakara | ping limalas andhadhari | surup ingkang hyang rawi sasăngka memba ||

18. kumêpyur jrih batinira | cipta dede manusèki | baya kumaraning taman | wong kêkalih marêpêki | ingulap-ulap sami | dhuh manusa apa iku | lamun manusa mandah | cahya anuksma ing sasi | baya iku parayangan kamanungsan ||

19. wus cêlak matur manêmbah | dhuh pukulun nilakrami | dhapur wong agung punapa | parayangan punapa jin | dene wontên ing ngriki | tanpa wadya eca lungguh | kalawan cahya tuwan | nyirnakkên langên sabumi | pundi angsal yèn manusa kadi tuwan ||

20. ngandika sang narpaputra | ingsun manusa sayêkti | băngsa Arab jinis ingwang | Wong Agung Surayèng Bumi | kang pêputra ing kami | putri Kelan ibuningsun | ingsun iki kasasar | apisah lan bala mami | aran ingsun Pangeran Bakdingujaman ||

21. pêparab Jaswadiputra | iya Iman Karnaèni | dene kabèh balaningwang | ana ing Rokam nagari | lah sirèku wong ngêndi | kang prapta ing taman iku | ngungun matur tur sêmbah | punikanggèr rajaputri | punjul [punju...]

--- 1: 70 ---

[...l] ing rat putri adi Jamintoran ||

22. panêngêraning kusuma | Rêtna Julung Sulasikin | putri punjul pramudita | mila mring taman mariki | nadar sang putri sakit | ature kang para nujum | siram taman Iskandar | punika kang dèn lampahi | mangke sampun paripurnaning waluya ||

23. wong kêkalih matur nêmbah | yèn makotên kawula mit | anggèr ngaturi uninga | ing gusti rêkyana patih | yèn tuwan wontên ngriki | Wong Agung Arab satuhu | putra Kelan lingira | iya sakarsanirèki | nora akon nora nyêgah raganingwang ||

24. wong kalih lèngsèr manêmbah | sapraptanira ing jawi | sami anitih turăngga | anandêr pakuwon prapti | marêk ing gusti patih | anêmbah sarwi umatur | gusti wontên satriya | kasasar langkung apêkik | datan wontên miribe wong Jamintoran ||

25. kapisah lawan kang bala | bêbêrêg anèng wanadri | pukulun kang darbe putra | Wong Agung Surayèng Bumi | darah Ngarab sayêkti | musthikane para ratu | kagyat rêkyana patya | nimbali mantri kêkalih | aturana kang angaku putra Arab ||

26. sandika kalih lumampah | sapraptane awotsari | ing ngarsane narpaputra | pukulun amba tinuding | dene pun bapa patih | ngaturi tuwan pukulun | ngandika rajaputra | nora nana sêdya mami | têtêmua lawan Patih Jamintoran ||

27. kalamun ingsun pinêksa | nora kaparentah mami | mring manusa

--- 1: 71 ---

Jamintoran | iya tan atur upêksi | apa gawe ngaturi | pasthi nora gêlêm ingsun | seba mring Jamintoran | yèn arêp ingsun parani | dèn kalahna dhingin kene payo aprang ||

28. lah warahên gustinira | si mamak rêkyana patih | mulat sumuk ingkang netya | ngadêg brajaning rêrai | ajrih mantri kêkalih | ing runtike rajasunu | lèngsèr kalih tur sêmbah | eram dènira ningali | sapraptane wau ngarsane apatya ||

29. umatur botên katuran | malah kabaranang runtik | ingsun nora duwe sêdya | têtêmu lan si apatih | tan arsa dèn aturi | nora kaparentah ingsun | lamun kudu amêksa | kalahna ing aprang dhingin | kawula jrih mulat dukaning satriya ||

30. Kyana Patih Sidisalam | sigra dènira ngaturi | prapta Radèn Sadarkola | anggèr punika amanggih | inggih pakèwêd kêdhik | wontên putra Rab kalaut | wontên kidul punika | tan purun kula aturi | yèn pinêksa kêdah kèn ngalahkên ing prang ||

31. abagus datanpa sama | milane angadi-adi | punika marganing beka | yèn botên dipun kawruhi | nadyan inggih satunggil | wong Arab prange pinunjul | punapa tur uninga | ing gusti sang rajaputri | lamun wontên satriya bingung kasasar ||

32. angling Radèn Sadarkola | punika kakang apatih | yèn kula dèrèng sêmbada | ngagèt-agèti sang putri | kula jajal rumiyin | ngaturi satriya [sa...]

--- 1: 72 ---

[...triya] iku | kang patih lila dika | kula ayonane kêdhik | pêpêrêpe trah Ngarab kang mocol ing rat ||

33. lah inggih nêdya punapa | botên nêdya botên ngipi | kya patih mèsêm lingira | manawa băndakalani | wong cinacak ing jurit | manawa nêpsu kalantur | tan kêna rinapua | wantu wong apulang jurit | sru gumujêng sira Radèn Sadarkola ||

34. kang patih kang boya-boya | lamun kabanjura runtik | kula dhewe asrah pêjah | mondhongi ngarêm-arêmi | mokal banjura runtik | trah Ngarab wijining alus | kula ngutus punggawa | prajurite wonge cilik | amêksaa angaturi narpaputra ||

35. pra Dipati Jamintoran | pinilihan kang prajurit | sadaya kinèn sadhiya | mung ngakua mantri cilik | dene kang para mantri | satus pêpilihan iku | ngaku batur kewala | angrêbuta ing ajurit | sigra mangkat mantri kang satus sadasa ||

36. prasami aprajuritan | turăngga pêpêrang sami | prapta sajawining taman | manêmbah umatur aris | marang rahadèn mantri | tuwan ngaturan pukulun | sampun ta tan katuran | rama paduka ngaturi | pan kang rayi mring Sang Prabu Jamintoran ||

37. nama Radèn Sadarkola | kang paman sang rajaputri | yèn paduka tan lumampah | sayêkti saru ing krami | bêbasan nyalawadi | kadya panjilmaning satru | yêktine kêna tarka | wontên wong agung cangkrami | anèng wana pan apêksa [apê...]

--- 1: 73 ---

[...ksa] sinowana ||

38. wong gêdhe ingkang duwe kak | măngka wontên wong sawiji | botên kêni pinarsanak | sayogya sinănggarunggi | cinêkêla pan wajib | yêkti panukmaning mungsuh | rêngu alon ngandika | putra Kelan dènnya runtik | sakarêpe angarani gustinira ||

39. ingsun trah mulyaning Mêkah | dudu trah sikarèng budi | măngsa bisaa wak ingwang | mrêpêki ing rèh tan yukti | apa ambuwang mami | maring naluri lêluhur | nanging kalamun sira | narka ing pakarti runtik | awuwuha rong mono măngsa ngungkurna ||

13. Pangkur

13. Pangeran Kelan kêpanggih Dèwi Sulasikin

1. duka Kelaswaraputra | lamun kudu sira nrêka ngarani | lamun panjilmaning satru | ingsun uwong padha jan | kudu sănggarunggi payo aja tanggung | sigra anitih turăngga | jonggiraji cinamêthi ||

2. ciptanira putra Kelan | yèn bilai iya badhe nêkani | sigra matak surat Jabur | prapta kang pêpalihan | Radèn Minsar lan kang bapa kalihipun | Sri Jaswadi ing Suwăngsa | lan Sri Miswan Jonggiraji ||

3. mêdal kudane malumpat | praptèng jawi têdhak saking turanggi | sigra pêtak gumaludhug | prajurit Jamintoran | ingkang satus sapuluh kapilêng rubuh | gêntur kêtug pracalita | prapta rèh kagiri-giri [ka...]

--- 1: 74 ---

[...giri-giri] ||

4. kagèt sadaya miyarsa | tan antara prajurit satus prapti | binuwangan sêbrang-sêbrung | mring prabu ing Suwăngsa | sira Raja Jaswadi solahnya bikut | Raja Miswan Radèn Minsar | ingkang sami ambuwangi ||

5. tinitahakên ing bala | kagyat mulat prajurit satus sami | ingkang tiba ting gadêbug | lawan turangganira | Radèn Sadarkola lan apatih gupuh | sami marêk ing sang rêtna | matur punika bilai ||

6. wontên putra Raja Arab | pan kasasar tanpa wadya pribadi | ingaturan datan purun | pinêksa têmah duka | lah punika kang prabawa gumaludhug | pêpêtake putra Arab | lagyeca imbalan angling ||

7. kang kumrutug ing ngajêngan | prajurite miwah kuda sêpalih | kuda wong satus sêpuluh | sapalih tibèng bala | kang sapalih tiba ngarsane sang ayu | kêkês wiwrin ing tyasira | Rêtna Julung Sulasikin ||

8. ngandika marang kang paman | Sadarkola punika kadipundi | punapa agawe mungsuh | ing wong siji bêlaka | inggih paman măngsa puruna ru-biru | mring bala kêthèn ayutan | lamun botên dèn ewoni ||

9. gègère bala puyêngan | pêtak malih ki putra Kaelani | ing awiyat gumaludhug | orêg gène sang rêtna | gêtêr-patêr bajra pati gor gumuntur | kolte kang sumêmburat |[4] limut asêngara limit ||

10. sira Radèn Sadarkola | mêdal ngracut busana sarwi angling | kakang patih dika

--- 1: 75 ---

tunggu | ing ngriki sang lir rêtna | kula luse rajaputra kang dibya nung | putrane Sultan Kuparman | kula lanture mariki ||

11. ngunthul Radèn Sadarkola | sapraptane jawi ngarsa sang pêkik | nyandhak talining kuda wus | matur sarwi karuna | dhuh pukulun kang amemba Nabi Yusup | pêkike pamulu tuwan | nirnakkên langêning bumi ||

12. lamun paduka ngarsakna | ing tumpêse wadya kang pitung kêthi | măngsa gawêra pukulun | saking ing asta tuwan | apan inggih apuntên kagunganipun | wadya tuwan Jamintoran | tan wruh yèn paduka gusti ||

13. mung ketang pangrêksanira | mring gustine lagyeca acangkrami | wontên prapta mara sadu | satriya tanpa bala | botên kongsi pikir wong cilik pukulun | butarêpane kewala | sru maras rumêksèng gusti ||

14. dhuh tuwan kawula bêkta | panggihana arine rajaputri | sampun ta kongsi lumayu | gêpah angrasuk raga | witning ajrih ing runtik tuwan pukulun | butarêpane kewala | ing atur angasih-asih ||

15. têdhak saking kudanira | nurut Sadarkola nuntun turanggi | binêkta mring tamansantun | wadya kang samya mulat | sami têntrêm kèndêl kang sami bilulung | tumingal ing putra Kelan | cêngêng mulat pêkiknya sri ||

16. sapraptanira jro taman | kagyat mulat têdhak sang rajaputri | sarira panon kumêpyur | têdhak dènira lênggah | apa kaya mangkene Jêng Nabi Yusup | kang dadi ujar

--- 1: 76 ---

wong kuna | mung nabi Narendra Mêsir ||

17. tan kawawa wong umulat | Nabi Yusup buyute Jêng Ibrahim | ingkang putra Nabi Yakup | Yakup kang putra Iskak | Nabi Yusup ingkang putra Nabi Yakup | ingkang wayah Nabi Iskak | kang buyut Nabi Ibrahim ||

18. kya patih angrangkul pada | mring ki putra binêkta gènnya linggih | satata lan sang dyah ayu | samya munggèng kursi mas | radèn Sadarkola wus kinèn angrasuk | ing busana kasatriyan | wus tata samya alinggih ||

19. putra Kelan duk tumingal | mring Sang Rêtna Ni Julung Sulasikin | eram dening pantêsipun | rêspati tan lêlewa | pan sumêdhot onêng maring garwanipun | Rajaputri Jamintoran | ana mèmpêr Kadarwati ||

20. kêtêle kang rema padha | bathuk pipi jăngga samya ngêblêgi | kaot anom lawan sêpuh | Kadarwati kang tuwa | tuhu mirib sabarang pasêmonipun | upama dadia kadang | lêt kêkalih amantêsi ||

21. Kadarwati kang atuwa | anging ana kang nyawang lêta siji | Kadarwati kang pambayun | putra Kelan panênggak | sumêndhine putra Jamintoran iku | Kadarwati lan ki putra | panggihe malang gambuhi ||

22. runtunge katiga sanak | putra Kelan lan Julung Sulasikin | kang dadi têngahanipun | pantês Bakdingujaman | rêmpêg patut Kadarwati dadi sêpuh | sêndhang angapit pacuran | mangkana sang rajaputri ||

23. nambrama inum-inuman | kyana patih lan Sadarkola larih | sarta matur milanipun [mi...]

--- 1: 77 ---

[...lanipun] | anggèr pisah lan bala | angandika tutur tingkah milanipun | matur Radèn Sadarkola | miwah rêkyana apatih ||

24. anggèr sampun wancakdriya | rayi tuwan ingkang kawula iring | atmajanipun kang sêpuh | pun paman Sadarsalam | Jamintoran wus nunggil agamanipun | kadya rama jêng paduka | Wong Agung Surayèng Bumi ||

25. duk alam Sultan Iskandar | Jamintoran agama Jêng Ibrahim | dèn eca ing tyas sirèku | tutut Pangeran Kelan | dènnya myarsa wus nunggil agamanipun | siyang dalu binojana | kasmaran tyasira patih ||

14. Asmaradana

14. Pangeran Kelan kabêkta dhatêng Jamintoran

1. mangkana rahadèn mantri | nèng kuwonira apatya | ing ngarsa ragi kanane | lan pakuwon sang rêtnèng dyah | pakuwone kang paman | wuri sira sang rêtna yu | mangkana ki patih seba ||

2. mring gusti sang rajaputri | umatur lêhêng nuntêna | bodholan puniku anggèr | mumpung anginira kêras | sang rêtna angandika | wa patih sajatinipun | tan arsa mulih wak ingwang ||

3. lamun satriya puniki | tan tumut mring Jamintoran | pêpatih muliha dhewe | kalawan bala sadaya | prajurit Jamintoran | ingsun dhewe ingkang kantun | anuggoni kang satriya ||

4. umatur rêkyana patih | gampil [ga...]

--- 1: 78 ---

[...mpil] yèn karsa paduka | inggih punika ta anggèr | wontên masêlat satunggal | kadi yèn kalampahan | yèn paduka pênêdipun | nuntên momota dandanan ||

5. dene prakawis kang pêkik | inggih ta măngsa wandea | sang rêtna asrêp ing tyase | sigra angundhangi bala | êmban inya pawongan | dhingini munggah ing prau | kang sami repot kewala ||

6. kya patih umatur malih | anggèr pitulunging Suksma | inggih yèn sampun kalakon | kabêkta sang rajaputra | dipun ajrih paduka | puniku pan satriya gung | kang rama pakuning jagad ||

7. dene ki putra ing benjing | praptaa ing Jamintoran | yêkti dadi pêpakune | nagari kang maksih băngga | dhatêng rama paduka | măngsa wandea kacakup | satriyèku punjul ing rat ||

8. makuwon sira ki patih | badhe nambrama ki putra | punggawa aglar ngarsane | kêkalih ingkang dinuta | ngaturi rajaputra | kyana patih nadar nginum | Pangeran Kelan lumampah ||

9. kyana patih anêdhaki | amêthuk ing rajaputra | langkung pangupa subane | lênggah risang putra tama | siniwèng pra dipatya | wong Jamintoran akumpul | sami andhêku sadaya ||

10. prasasat sumiwèng aji | pra Dipati Jamintoran | mijil anggili bojane | samya nênampan kancana | tadhahan patik rêtna | lajêng sumaos ing ngayun | ngrêrangin punang gamêlan ||

11. larih

--- 1: 79 ---

midêr wanti-wanti | asuka Pangeran Kelan | mulat pra dipati kabèh | rêsêp ajrih sumawita | wuru kang pra dipatya | rêkyana patih wotsantun | nandukkên masêlatira ||

12. karasa rahadèn mantri | sampun dangu wurunira | kang darubêsi panjinge | sayêkti datan katara | ki putra sampun rêbah | pan kadya wrating panginum | kasampar êmpaning wisa ||

13. binayang sang sarpasiwi | bubar prajurit sadaya | kyana patih sabalane | gancang wus minggah ing palwa | sang rêtna ingaturan | minggah ing baitanipun | yèn sampun kêni ki putra ||

14. sarta turangganirèki | inginggahakên baita | sakapraboning prang kabèh | rajaputra wus pinarnah | munggèng tilam rinêngga | ing babut ingkang sarwa rum | tan têbih gène sang rêtna ||

15. tuhu wignyaning apatih | rumêksa sang murtining rat | bêdhol jangkar dhaut kabèh | pinukul ing angin kêras | lampahe palwa rikat | ki putra pan maksa kantu | antuk layaran tri siyang ||

Lajêng nyandhak jilid 2.

--- 1: [80] ---

Isinipun.

... Kaca

1. Prabu Atasaji nusul ingkang eyang dhatêng paprangan. ... 3
2. Prabu Uktur sawadyabalanipun dipun tumpês dening wong agung. ... 7
3. Ngraosi wêwatêkanipun Prabu Gulangge. ... 13
4. Prabu Sayid Ibnu Ngumar dipun aturakên wangsul dhatêng wong agung. ... 22
5. Prabu Gulangge adhêp-adhêpan kalihan wong agung. ... 25
6. Prabu Gulangge têluk dhatêng wong agung. ... 30
7. Rêraosan badhe lairipun nabi rasul. ... 39
8. Pasareanipun Nabi Suleman. ... 46
9. Sêsupenipun Nabi Suleman. ... 50
10. Dèwi Julung Sulasikin, rajaputri ing Jamintoran, gêrah. ... 55
11. Pangeran Kelan ambêbêdhag, kêsasar dhatêng taman Iskandar, nagari Jaminingrab. ... 61
12. Pangeran Kelan kasumêrêpan punggawa Jamintoran. ... 66
13. Pangeran Kelan kêpanggih Dèwi Sulasikin. ... 73
14. Pangeran Kelan kabêkta dhatêng Jamintoran. ... 77

 


Sadarsalam. (kembali)
Lebih satu suku kata: putra tuwan punika sirama. (kembali)
Kurang satu suku kata: sira Rahadèn Sadarkaola. (kembali)
Kurang satu suku kata: kolte ingkang sumêmburat. (kembali)