Menak Jamintoran (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #858

Judul
Sambungan
1. Menak Jamintoran (Jilid 1), Balai Pustaka, 1936, #858. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Jamintoran (Jilid 2), Balai Pustaka, 1936, #858. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 04-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1176a

Menak Jamintoran

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.
Jilid 2.
Bale Pustaka - 1936 - Batawi Sèntrêm.

--- 2: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2: [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits-bibliotheek.

15. Asmaradana

15. Sambêtipun Pangeran Kelan kabêkta dhatêng Jamintoran

1. emutira radèn mantri | wungu anèng jroning tilam | kagyat ki putra manahe | dene nèng sajroning palwa | asru dènnya ngandika | hèh ki patih sira iku | gawe rèh nora sayogya ||

2. ingsun pracaya tan sipi | mring sira têka anyidra | ingsun ana palwa kene | dadi tan suka tyas ingwang | apa ngandêlkên sira | ing kandêle paraumu | iya ingkang patang asta ||

3. lawan linapis ing wêsi | upama ingsun dhupaka | ing sapisan bae bojod | sun pindhoa pêsthi sirna | sira pating karambang | ki patih dupi angrungu | nangis anungkêmi pada ||

4. miwah ta sang rajaputri | nangis sapawonganira | dènnya miyarsa dukane | sêsumbare Pangran Kelan | putra Rab wirotama | numbras prakosa dibya nung | yêkti lamun kalampahan ||

5. andhupak kang gunung wêsi | lamun taliti Kuparman | sayêkti rêmak gununge | dadi bubuk kalampahan | mila sadaya maras | sami nangis gumarumung | minta wêlase ki putra ||

6. acipta sajroning [sa...]

--- 2: 4 ---

[...jroning] galih | pangeran putra ing Kelan | mulat tangise wong akèh | yèn iki sun tutugêna | iya bramatyaningwang | pasthi gêdhe dosaningsun | wong sawiji ingkang dosa ||

7. yèn uga gawea pati | wong akèh isining palwa | kang ora dosa maring ngong | liwat nora kabênêran | iya saliraningwang | sun narima ing Hyang Agung | kang anitah guladrawa ||

16. Dhandhanggula

16. Pangeran Kelan pêrang kalihan Sadarsal Sadarsil

1. ya ta rêrêm ing tyas sang apêkik | dening tangis ing sajroning palwa | mêminta kamiwêlase | tuwin apuranipun | aturipun rêkyana patih | ngasih-asih mangrêpa | dhuh gustining ulun | kang măngka tejaning jagat | datan nêdya amrih piawoning dasih | panêdyane sadaya ||

2. saking kayungyun dadosa gusti | mulyakêna nagri Jamintoran | sampun salah cipta anggèr | pituduhing Hyang Agung | dene mangke paduka gusti | nugraha ing Hyang Suksma | mring rama sang prabu | Sri Bathara Sadarsalam | mila amba kamipurun ing sang pêkik | bêkta mring Jamintoran ||

3. angandika alon radèn mantri | iya uwis aja winicara | ingsun nora salah dalèh | luwih karsa Hyang Luhur | tan kuwasa badaning dasih | kumambang [ku...]

--- 2: 5 ---

[...mambang] ing wisesa | nut ing titahipun | Patih Jahansirun nulya | matur ing sang rêtna sêsaosan mijil | aglar ngarsa ki putra ||

4. kyana patih sigra nêmbah amit | arsa nunggil wadyanira wuntat | lan Sadarkola sandhinge | sami rumêksèng kewuh | têdhak saking palwa sang putri | nitih sêsampan minggah | ing baitanipun | nênggih rêkyana apatya | aja kongsi ngregoni sang rajaputri | pondhea ing pocapan ||

5. ya ta karsane Kang Maha Luwih | kadi rumêksa durakanira | iya sakaro-karone | ywa kongsi bisa jibus | lir sinêndhal palwanirèki | saking ing ăntariksa | kumilat sumiyut | kari kang palwa sadaya | antarane lêlayaran pitung bêngi | lan palwane sang rêtna ||

6. baitanira wau sang putri | kadya kilat sumiyut kumilat | kang pitung dina adate | sadina asalipun | kang rong dina patbêlas ari | patang dina sawulan | ing pakantukipun | ing lautan wis tan kocap | palwanira sang rêtna kusuma prapti | muara Jamintoran ||

7. labuh jangkar ingkang juru mudhi | atêngara kagyat sagung palwa | dene wau ta praptane | nanging baitanipun | kyana patih datan kaèksi | lan Radèn Sadarkola | dèrèng wontên rawuh | mung palwa siji katingal | titihane sêlup nênggih rajaputri | prapta tanpa sarêngan ||

8. dèrèng

--- 2: 6 ---

prapta palwane ki patih | Patih Jahansirun Sidisalam | tuwin pra dipati kabèh | dèrèng wontên kadulu | baitane taksih atêbih | mung titihane sang dyah | pribadi kang rawuh | arsa mêntas saking palwa | rajaputra pinarnah ing tamansari | ngantosi kyana patya ||

9. orêg miyarsa sapraja sami | rawuhipun gustine sang rêtna | mung wadya kaputrèn bae | Ki Patih Jahansirun | Sidisalam sadaya kari | miwah kang pra dipatya | inggih sami kantun | gugup kang sami amapag | rajaputri jujug anèng tamansari | mrênahkên tamunira ||

10. wong jro pura ana kang mênangi | kang arikat ing pamêthukira | jujug maring taman gone | anon satriya bagus | cahyanira anuksmèng sasi | sang rêtna sigra mangkat | saking tamansantun | lajêng tumamèng jro pura | ingkang rama mêthuk ing kagok ping kalih | kang putra ngrangkul pada ||

11. pinêngkul-pêngkul marang sang aji | ingaras-aras êmbunanira | sarwi tinanggap tuture | kang putra aturipun | rama amba amung ping kalih | siram taman Iskandar | nulya na pitulung | mulyane sakit manira | inggih lajêng awêwêdhak siti putih | siti ing Jaminingrab ||

12. ingkang ibu angêkêp ngapithing | putra maksih umatur ing rama | kabèh sasolah-solahe | mila amba kasusu | pan nagari ing Rokam mangkin | bêdhah pinukul mêngsah | ing Sorangan gêmpur | lawan nagri Kalakodrat | sami bêdhah Wong Agung Surayèng Bumi [Bu...]

--- 2: 7 ---

[...mi] | ingkang amukul ing prang ||

13. balanipun pan kadi jaladri | kaèbêkan pan nagari Rokam | wong agung Arab wartine | asugih bala ratu | ing ayuda sêkti tur wani | gung alit anèm tuwa | sami purun-purun | dene mênggah kang agama | kang pinundhi inggih agama Ibrahim | sami lan Jamintoran ||

14. Rajèng Rokam sampun nunggil sami | miwah sang raja ing Kalakodrat | sampun anut agamane | kang rama mirsa ngungun | mundhut ejrah ing kitab cilik | amiyak babing kitrah | pan mèh salinipun | kang êbab ujum winiyak | yèn wong agung bang wetan prajuritnèki | ngambah tanah ing Muka ||

15. tanah agêng wetan turutnèki | Mukabumi bumi Jaminambar | wus padha kalah yudane | iku pratandhanipun | yèn wong wetan sami nglurugi | wong kene pama kalah | iku cêpakipun | akire ing jaman kitrah | mèh awale jamane panutup nabi | mêkasi nayakèng rat ||

16. graitèng tyas wau sri bupati | Jamintoran Prabu Sadarsalam | kacathêt sirèng galihe | sadaya wartanipun | ingkang putra sang rajaputri | sang rêtna wus binêkta | marang ibunipun | mring kaputrèn dalêmira | ingkang ibu tan pisah onêng tan sipi | wuwusên sri narendra ||

17. wontên ingkang ngaturi udani | lamun kang putra antuk satriya | ingantun nèng taman gène | nanging watawisipun | inggih dede satriya janmi | kadi sirna [sir...]

--- 2: 8 ---

[...na] kinêdhap | manawi pukulun | satriya jin parayangan | pêkikipun nyurêmi langên sabumi | bêkta kuda pêpêrang ||

18. amêpêki kapraboning jurit | bilih punika ingkang binêkta | kang têngga taman dhanyange | Jaminingrab pukulun | tumut dhatêng gusti sang putri | têngga taman Iskandar | katawis pukulun | sêmune dene manusa | sri narendra kagyat duk miyarsa warti | nimbali kang punggawa ||

19. punggawandêl ing nglêbêt kêkalih | praptèng byantara nata ngandika | lumakua dipun age | marang ing tamansantun | talikanên satriya prapti | nini putri kang gawa | pariksanên iku | jin datanapi manusa | yèn manusa undangên sun arsa panggih | nêmbah kalih prawira ||

20. mêsat mijil saking jroning puri | bêkta bala pitung èwu sowang | asri lan upacarane | bupati kalihipun | kang kinathik ing sri bupati | Bathara Sadarsalam | wus pracayèng kewuh | tate nguwisi prakara | agal alit tan kewran wus nama luwih | prawira ing ayuda ||

21. kêkasihe Sadarsal Sadarsil | kakang adhi iyèku prawira | sami tan ana bedane | mangkana lampahipun | sapraptane ing tamansari | balane kari samya | ing sajaban pintu | manjing wong loro kewala | duk umiyat anjêngêr punggawa kalih | lah ta iki wong apa ||

22. dene liwat baguse wong iki | kaya muluk lamun dinamua | durung tumon [tumo...]

--- 2: 9 ---

[...n] wong mangkene | iku ratuning bagus | lan ratuning manis rêspati | lir wimbaning basănta | tejane sumunu | manawi dudu manungsa | marêpêki wau punggawa kêkalih | Sadarsil lan Sadarsal ||

23. sarwi nêmbah umatur alirih | dhuh pukulun amba nuhun duka | kang abdi nuwun pitakèn | punapa jinisipun | manawi ta satriyaning jin | miwah lamun manungsa | ing pundi pukulun | tuwin wong agung punapa | anauri ingsun manusa sayêkti | saking nagari Ngarab ||

24. iya Wong Agung Surayèng Bumi | iku ingkang pêputra maringwang | putri Kelan patutane | putri Kelan jêng ibu | ingsun ngadêg satriya adi | mêngku nagari Kelan | angrèh para ratu | satriya bêbala raja | mulanipun kongsi wruh nagari ngriki | awit saking kasasar ||

25. ngiring-iring jêng rama don jurit | bêdhah nagari ing Kalakodrat | miwah Sorangan bêdhahe | Sri Măndalika Uktur | Mraja Gaji pan wus ngêmasi | banjur gitik ing Rokam | Gulangge wus nungkul | jêng rama nèng nagri Rokam | apêpara sun pisah lan wadya mami | nèng wana Jaminingrab ||

26. sangsam ijo kang ingsun balêdig | kasasar marang taman Iskandar | nuju sang rêtna nèng kono | iya ing taman iku | sabalane sun diaturi | nèng taman Jaminingrab | alase puniku | tamane taman Iskandar | ingsun turu ginawa marene iki | tan wruh kalinganeya ||

27. matur alon Sadarsal Sadarsil | yèn makatên paduka [pa...]

--- 2: 10 ---

[...duka] manusa | punapa kaprah warnane | putra Arab puniku | ing warnane sami lan êjin | ratuning parayangan | sami èmpêripun | kawula anggèr dinuta | dening rama paduka sri narapati | Sang Prabu Jamintoran ||

28. inggih ingkang arsa apêpanggih | lawan paduka dintên punika | duk miyarsa ing têmbunge | anyêngkal ing tyasipun | sira Radèn Umi Kelani | utusane sang rêtna | têka nora milu | wong ika angamandaka | dadya wau ki putra nauri aris | tan ana sêdyaningwang ||

29. atêtêmu lan ratunirèki | lamun arsa têtêmu lan ingwang | ratumu konên marene | pan ingsun nora wêruh | nora karèh nora kaabdi | ing Ratu Jamintoran | apa karyaningsun | apan ingsun durung niyat | katêmua kang punggawa kalih sami | madêg sakrodhèng nala ||

30. datan aketung ala lan bêcik | mung kaetang bramatyaning driya | ratune dèn asorake | sajêgira tumuwuh | Sang Sadarsal lawan Sadarsil | durung angrungu ujar | sêsotambung laku | nêdya pinondhong kewala | rajaputra punggawa kalih tajêmi | sami maangkas-angkas ||

31. sami arsa nyandhak kanan kering | dupi anglawe wus kadhinginan | sang rajaputra adêge | cinandhak kalihipun | wus ingikal ing astanèki | kang satunggal binucal | sumêbut sumêbrung | tiba sajabaning bata | gène bala gègèr dènira ningali | punggawane kacurnan ||

--- 2: 11 ---

32. rajaputra wus nitih turanggi | mêdal sarwi angikal Sadarsal | nèng jawi pintu ngarsane | wadya gung mulat mawur | punggawane sami kabanting | sinawatakên bala | busêkan malêdug | têdhak saking kuda pêtak | rajaputra wusnya pêtak nitih malih | kèh bala kabalasar ||

33. ninggal gusti sami manjing puri | pan wus prapta katur ratunira | yèn satriya pangamuke | punggawa kalih sampun | katandangan balane gusis | sang nata langkung duka | manggil prapta gupuh | kang para ratu sadasa | ratu andêl sami abala nyakêthi | kalawan pitung lêksa ||

34. sami andêl kaprawiran jurit | budhal sabala muni têngara | gumuruh bala swarane | sami rêbut rumuhun | praptanira ing taman baris | angêpung pagêr bata | nglimputi akêmput | nyuraki akèn mijila | bupatine ratu sadasa mrêpêki | ngadhang jawining lawang ||

35. rajaputra wus nitih turanggi | nyamêthi kuda nyandêr wus mêdal | lir kilat wau wêdale | jonggiraji sumêmprung | wus anêngah mrawasèng baris | sarwi sru apêpêtak | ing langit gumludhug | kagèt kang ratu sadasa | inggih sami kapilêng japêng muririh | tan ana darbe karkat ||

36. kang sadasa sami dèn bandani | prajurite malêdug sadaya | giris agiras gègère | swarane kang lumayu | katur marang sri narapati | tiwas kabèh kang wadya | rêbah kabarubuh | tan ana ingkang kiwula | langkung duka sang nata nimbali malih | salawe para

--- 2: 12 ---

raja ||

37. kayogya para praptanirèki | kyana patih gupuh praptanira | lan Radèn Sadarkolane | maras kalangkung gugup | rajaputra atêmah jurit | para ratu kang mangsah | barise kapêthuk | binêkta wangsul sadaya | Radèn Sadarkola lawan ki apatih | praptèng ngarsa sang nata ||

38. samya matur ngrungkêbi pada ji | mila gusti têmah sapunika | yèn dadosa aprang rame | putra Arab pukulun | bêbayani băndakalani | têtela yèn ayuda | kang sayuta gêmpur | kang siji botên punapa | trahing Arab tan kêna linawan jurit | ditya wukir Jabalkap ||

39. tan kantênan wêndran yudanèki | sakêthi yuta tan kêna ngetang | wong siji kang numpêsake | ditya rasêksa diyu | wil danawa tapis ing jurit | Raja Gaji Sorangan | Măndalika Uktur | kabănda madyaning rana | pan binanting kunarpa jur awor siti | samênir datan kalap ||

40. lah punika pratingkahing jurit | samênggaha amêngsah manusa | yèn wontên angawonake | ngandika sang aprabu | nora wêruh mangkene iki | mung ingsun akon ngundang | dadine prangipun | pan ora wit saking ingwang | mung wartane angamuk nèng tamansari | yèku satriya Ngarab ||

41. matur nêmbah rêkyana apatih | kadi salang-surup kang dinuta | lan karsa tuwan garètèh | kadi yèn botên purun | lamun kula botên kaèksi | manahe salah tămpa | ing salêrêsipun | milane kenging [ke...]

--- 2: 13 ---

[...nging] kabêkta | duk kasasar kawula ingkang maripih | mèsêm wau sang nata ||

42. yèn mangkono rêkyana apatih | sira dhewe iya lumakua | ki putra prihên kênane | nuli têmu lan ingsun | kyana patih nêmbah wus mijil | wangsul marang ing taman | lan sabalanipun | bala ingkang kaprawasa | kèh kapêthuk prasamya dipun gosongi | ngungun rêkyana patya ||

43. tan kawarna ing marga wus prapti | Patih Jahansirun Sidisalam | wus katon upacarane | nèng jawi tamansantun | rajaputra wau ningali | lamun ki patih prapta | asrêp manahipun | mêdal sarwi nitih kuda | taksih dènnya angrasuk kaprabon jurit | praptaning jawi taman ||

44. têdhak saking turangganirèki | kyana patih wau duk tumingal | piniyak upacarane | saking turăngga mudhun | malajêngi rahadèn mantri | cundhuk angrangkul pada | ki patih sru muwun | anggèr apuntên paduka | ing lêpate rama paduka ing ngriki | ganas botên sarănta ||

45. kula dèrèng prapta datan nganti | nuntên karsa panggih lan paduka | dhompo inggih utusane | sampun kawula tutuh | rama tuwan narimèng batin | lêpate tan sêrănta | milane pukulun | amba taksih sangêt sayah | sawêg prapta kawula ingkang tinuding | ngaturi jêng paduka ||

46. bok paduka maksih sangêt runtik | sampun kapanjang duka paduka | rajaputra andikane | aja susah sirèku | lamun sira anggawa mami |

--- 2: 14 ---

parakna ing ranangga | nurut bae ingsun | karana witing kang gawa | awak iki sira ing pangandêl mami | pan dudu singa wonga ||

47. wusnya tata eca sami linggih | adhêdharan lawan ki apatya | kyana patih utusane | tur priksa ing sang prabu | yèn wus gampang sang raja pêkik | nurut marang ki patya | wau sêratipun | ki patih anuwun papag | sarta kurmat kamulyan ing sawatawis | dene satriya brăngta ||

17. Asmaradana

17. Pangeran Kelan dipun pacangakên kalihan Dèwi Sulasikin

1. kang katur ing sri bupati | aturipun ki apatya | punika satriya gêdhe | kang rama moncol ing jagad | bêbanthèng soring wiyat | tur trah satriya linuhung | bangsane băngsa Ambiya ||

2. sang nata sampun nuruti | lajêng parentah mêthuka | kang pra dipati salawe | bêkta pamêthuk busana | miwah ingkang turăngga | agêmira sang aprabu | sapraptanira ing taman ||

3. punggawa sami ngabêkti | pra dipati Jamintoran | sadaya ngaras padane | marang Jêng Pangeran Kelan | ngaturakên pamapag | saking kang rama sang prabu | turăngga sarta busana ||

4. andhêku rahadèn mantri | anuhun ing aturira | sarwi alon andikane | paman patih mung turăngga | kang sih Sri Jamintoran | ingkang sun titihi iku | kudèngong [ku...]

--- 2: 15 ---

[...dèngong] tuntunên ngarsa ||

5. dene busana puniki | ampilên nèng wuriningwang | karana busananingong | iku kabèh pan pusaka | saking ibu Ngajêrak | ngandika sarwi acucul | paman sikatên kewala ||

6. wus lawas sun pulang siti | sapisahe balaningwang | durung mambu sikat kuwe | nulya wau rajaputra | mêndhêt saking ing êsak | sikat kawat waja surung | tinampan marang ki patya ||

7. makutha sinikat dhingin | kadi waja ginarenda | gumêbyar mijil apine | cingak sagung pra dipatya | Jamintoran sadaya | sajêg dèrèng sami dulu | makutha ing alam donya ||

8. bajo sutra mirah wilis | sinikat mijil dahana | kumêpyur pating pancorot | kyana patih matur nêmbah | anggèr anèh sadaya | busana dalêm puniku | sinikat mijil dahana ||

9. cahyanipun kadi gêni | sagung busana sadaya | ki putra ngandika alon | pan kabèh busananingwang | saking ibu Ngajêrak | ibu Ismaya puniku | lan eyang paring wasiyat ||

10. makutha di kang buka sri | jêng eyang Prabu Ngajêrak | kang musakani maring ngong | kabèh kapraboning aprang | wusnya malih inganggya | têdhak saking tamansantun | dadi tontonan samarga ||

11. tuwa anom gêdhe cilik | kontrag wadya Jamintoran | gêbèl ing marga punang wong | jajar kalawan apatya | wau Pangeran Kelan | dongong kang sami andulu | ing suwarnane ki putra ||

--- 2: 16 ---

12. kang sami abisik-bisik | bêgja têmên gustiningwang | dene waluya gêrahe | siram ing taman Iskandar | ing wana Jaminingrab | olèh dhanyang praptanipun | ratuning jin parayangan ||

13. nyirnakkên langêning bumi | iku kumaraning jagat | êndi ana wong mêngkono | wus pêsthi padha lan wulan | purnamanèng ing dharat | yèn wong alam dunya durung | ana mangkene kang cahya ||

14. baya panukmane iki | Sang Ratu Mêsir ing kuna | duk Nabi Yusup alame | amèt saparoning jagat | bêbagus ngalam dunya | amung saparo kang dèn dum | marang wong sangalam dunya ||

15. saparo pinèt pribadi | mung nabi sri naranata | Yusup Mêsir kadhatone | kang duwèni kabagusan | saparo ngalam dunya | iki mêngko ana thukul | kang sami sang nabi raja ||

16. sayêkti jêbul puniki | tan wus kang sami ingucap | sagung wadya kang anonton | wau Prabu Jamintoran | mêthuk pangirasira | nèng panangkilan sang prabu | aglar sagung para nata ||

17. satriya punggawa mantri | supênuh ing panangkilan | datan antara praptane | ki patih lan rajaputra | têdhak saking turăngga | kêkanthèn ing lajêngipun | marak ing ngarsa sang nata ||

18. wus cêlak kagyat sang aji | tejane kang wau prapta | kadya wulan sasamine | têdhak saking ing dhêdhampar | Bathara Sadarsalam | rajaputra sigra tundhuk | angraup pada narendra ||

19. rinangkul marang sang aji | binêkta [binê...]

--- 2: 17 ---

[...kta] tunggil alênggah | ing rajaputra amopo | kêdah ing kursi kewala | sang nata angrêrêpa | adhuh nyawa putraningsun | akèh lupute pun bapa ||

20. apuranira ta kaki | aja sira duwe taha | kene prajanira dhewe | sun nyawa pasrah ing sira | darma bae pun bapa | agêr-agêr madêg ratu | batine kagunganira ||

21. aja sira cipta kaki | pisahe wong tuwanira | ingsun kang dadi lêliron | iya kutha gêng Kuparman | iya ing Jamintoran | mung sirike asor luhur | luhur wong agung Kuparman ||

22. dadi ngawu-awu mami | supaya katuladana | ing kamulyan kamuktène | sira kang dadi jalaran | dhawuh sihing Hyang Suksma | dumadakan sira rawuh | ing nagara Jamintoran ||

23. Pangeran Kelan wotsari | anuhun kalinggamurda | dhawuh sih andika katong | yêkti kadang kaliliran | batin rêraka tuwan | pratăndha agamanipun | salamine sampun tunggal ||

24. ngriki amaga[1] Ibrahim | raka paduka jêng rama | kang rinadin salamine | inggih agama punika | kang băngga tinumpêsan | pintên-pintên para ratu | lan pintên-pintên jajahan ||

25. kang pinukul ing ajurit | tan petungan para raja | kang wontên sore dhampare | raka paduka jêng rama | sang nata duk miyarsa | kacaryan sêdhêping wuwus | rêsêp asih mring ki putra ||

26. kondur ngadhaton sang aji | anganthi Pangeran Kelan | lan patih

--- 2: 18 ---

manjing kadhaton | pinarnah munggèng pahêman | panêpène sang nata | sri bupati siyang dalu | anèng panêpèn kewala ||

27. tan pisah lawan sang pêkik | langkung sihira sang nata | kasok ing nala lulute | lir manggih rêtna sajagat | wus kadya gèning yoga | kang putra agung tinantun | ingadêgakên narendra ||

28. yèn kala mijil tinangkil | tan pisah sang rajaputra | kinanthi munggèng têngêne | ing wijoan palorêtna | sirêp wong Jamintoran | sadaya sami kayungyun | lam-lamên mulat ki putra ||

29. akarsa binayangkari | kang putra sangêt lênggana | benjing yèn sampun patêmon | Wong Agung Surayèng Jagat | yèn prapta Jamintoran | sakarsa ing siyang dalu | ki putra pinanggihêna ||

30. lan Dyah Julung Sulasikin | putri adi Jamintoran | dadya pêpacangan bae | nanging sang rêtna wus lêga | dene kang patêmbayan | sinawung ing rama prabu | rêmbag sagung para nata ||

31. kunêng duk mijil tinangkil | Sri Bupati Jamintoran | aglar ratu punggawane | satriya mantri punggawa | supênuh ing ngayunan | tuwin sang kadarpaning rum | Pangran Kelaswaraputra ||

32. nèng wijoan palowani | lan kang paman Sadarkola | munggèng kasatriyan gène | nèng ing kursi mas kewala | mung ki putra ing Kelan | nèng wijoan palowanu | satriya di senapatya ||

33. tur manggala ing ajurit | suraya jayèng alaga | ing praja măngka tejane |

--- 2: 19 ---

Pangeran Jaswadiputra | wong agung ing Suwăngsa | pinuji wong sapraja gung | gêng alit wong Jamintoran ||

34. miwah pramèswari aji | sampun kadi ingkang putra | ênggène ayoga dhewe | tuwin santana sadaya | jalu èstri sih marma | yèn tinangkil sang aprabu | dhêdharan lan para nata ||

35. panuwune kang para ji | tuwin kang para dipatya | satriya samya ature | kang putra Pangeran Kelan | yèn nangkil binêktaa | pinondhea wanuhipun | sami angalap manpangat ||

36. yèn kondur sri narapati | para ratu ingandikan | sadaya manjing kadhaton | ingiringakên kang putra | bojana ing jro pura | pinurih lêga tyasipun | têtêp anèng Jamintoran ||

37. tan ana pêgat saari | dènira samya mong suka | suyud sawong praja kabèh | wadya sih marang ki putra | la-ila parimarma | gung alit sami sihipun | kunêng gantya kang winarna ||

38. wontên narendra linuwih | mapan ta sakawan sanak | sami gagah prakosane | sami kadigdayanira | sami sugihe bala | nagarane ing Rulmuluk | kalawan sêdhêng taruna ||

18. Sinom

18. Prabu Kaharngalam ambalela

1. punika ingkang sêsuta | Raja Kaharngalam nguni | tumut Prabu Jamintoran | tur kinarya senapati | mring Sultan Nyakrawati | Jamintoran ingkang agung | măngka manggalaning [mang...]

--- 2: 20 ---

[...galaning] prang | asugih bala prajurit | sasedane kang rama prabu sêkawan ||

2. ing Rulmuluk pinarapat | rukune kêkadang sami | akêkutha Banjardawa | kang tuwa kuthane Wêsi | bisikanira aji | Kaharngalam ingkang sêpuh | panggulu Kadirngalam | Têmbaga kuthanirèki | kang panêngah nama Prabu Sirulngalam ||

3. kuthanipun pan Kuningan | ingkang waruju kêkasih | sira Raja Sipulngalam | pan Timah kuthanirèki | sami lêlarènnèki | jêro jêmbar patang puluh | dhêpa sakawan pisan | asugih bala prajurit | mangkya murtat mukir saking Jamintoran ||

4. inggih ingkang dadi purwa | ratu kang sêpuh sêdyèki | sira Raja Kaharngalam | tinarimanana putri | Ni Julung Sulasikin | mangkana panêdyanipun | nging Prabu Jamintoran | lumuh tan arsa nuruti | panuwune sira Raja Kaharngalam ||

5. nulya kadange sadaya | arêmbag sami ambalik | wani mungsuh Jamintoran | amukir agamanèki | pan nêdya angayoni | lali yèn wong tuwanipun | trah abdi Jamintoran | tur kinarya senapati | sugih bala dènira bêdhah nagara ||

6. nagari têlukanira | nênggih tigang dasa kalih | tur sami ratu prakosa | kinawonakên ing jurit | mring Kadarngalam nguni | sira prabu ing Rulmuluk | mangkya putra sakawan | kaconggah kudu ngayoni | marang Prabu Nyakrawati Jamintoran ||

7. nagri bèh kalih punika | wus samya binêkta balik | pinupu bulubêktinya [bulubê...]

--- 2: 21 ---

[...ktinya] | nagri tigang dasa kalih | tinampanan pribadi | marang prabu ing Rulmuluk | binagi pinarapat | sakadange kang mêndhêti | nora katur upêti mring Jamintoran ||

8. nuntên ing mangkya miyarsa | yèn Prabu Anyakrawati | Sadarngalam Jamintoran | amanggih satriya adi | trah saking Kuparmani | nalikanira pinangguh | ing wana Jaminingrab | ing taman Iskandar nênggih | langkung sihe Sri Bathara Jamintoran ||

9. lamun arsa tinêmênan | cumbu lalêr anguluri | bulubêkti winatara | mrih beka pinaring putri | Ni Julung Sulasikin | Kadarsalam kandhuhan kung | mangke wus kawan warsa | mung sapisan anguluri | ratu papat sangêt ngulah kaprawiran ||

10. wus atas pamiyarsanya | putra Rab lan Sulasikin | pan arsa dhinaupêna | ratu sakawan miyarsi | krodha apacak baris | wus nêmbah pambalikipun | duta ing Jamintoran | kang amupu bulubêkti | pan tinulak sarta srat tunggul panantang ||

11. mantuk duta Jamintoran | tan antuk mupu upêti | kunêng wau kang winarna | Sang Aprabu Nyakrawati | Jamintoran tinangkil | kang para nata supênuh | satriya pra dipatya | aglar ing ngarsa narpati | Jêng Pangeran Kelan lênggah munggèng kanan ||

12. nèng wijoan palorêtna | ki putra gènira linggih | cahya lir wulan purnama | praptanira păncaniti | surêm kabèh kang nangkil | kontap ing ujwalanipun | kasaru praptanira | kang saking mupu upêti | nora antuk [a...]

--- 2: 22 ---

[...ntuk] tinulak binêktan sêrat ||

13. ature punang caraka | nagri tigang dasa kalih | upêtine kinukuhan | tan sinung lajêng mariki | wus samya dèn pêndhêti | mring sang prabu ing Rulmuluk | sampun pratăndha murtat | mukir ing paduka aji | suratira tinampan muni panantang ||

14. lamun ora pinaringna | Rêtna Julung Sulasikin | lan satriya kang anêka | ingkang langkung dèn kasihi | aturna bandan aglis | marang nagri ing Rulmuluk | iku ing Jamintoran | yêkti wurung bosah-basih | lamun ora mangkono sun gawe karang ||

15. mèsêm Prabu Jamintoran | wau kalane miyarsi | Pangeran Bakdingujaman | salirane dadi gêtih | sumaput amarnani | dukanira rajasunu | têdhak saking wijoan | ing ngarsane sri bupati | sangêt dènnya supata Pangeran Kelan ||

16. paman patih sêksènana | para nata pra dipati | yèn ingsun nora băndaa | mring ratu papat kang mukir | yèn tan narik upêti | nora bêdhah ing Rulmuluk | pan ingsun dêmi Allah | matia madyaning jurit | aja panggih kalawan kusumèng pura ||

17. nuwun pamit arsa mangkat | nênggih ing dintên puniki | sami eram kang tumingal | dukane sang rajasiwi | têdhak sri narapati | angarih-arih angrangkul | dhuh wode ing tyas ingwang | aja sira magut jurit | rajaputra datan kêna ingambêngan ||

18. ngandika anênggak waspa | sira Prabu Nyakrawati | Jamintoran [Jami...]

--- 2: 23 ---

[...ntoran] Sadarsalam | langkung kewrane tan sipi | kyana patih wotsari | dhuh pukulun sang aprabu | lêng tuwan lêganana | kula pribadi tut wuri | lawan tuwan mataha kang para nata ||

19. lamun tuwan ngambêngana | watêke anèm tan kêni | amrih karêming ayuda | pinalangana upami | inggih amanggih sakit | wantu cuwa manahipun | tuwan srah ing Hyang Suksma | anjurunga puji dhikir | dadya lêga sakêdhik alon ngandika ||

20. para nata kang prawira | salawe ingkang tinuding | kang sami prawirèng laga | balane anigang kêthi | punggawa jro prajurit | kang tinuduh gangsal atus | kang bêbala nyalêksa | sakala têngara titir | abusêkan balane tanpa wilangan ||

21. budhal saking ing nagara | sang nata kondur prihatin | nèng panêpèn salat kajat | tanpa dhahar tanpa guling | anênuwun ing Widi | sangêt dènnya amanêkung | mugi Allah paringa | salamêt ing anak mami | alananga ing yudane sutaningwang ||

22. miwah garwa sri bathara | sangêt dènira prihatin | tanapi putra sang rêtna | kalangkung susah kang galih | tan dhahar lawan guling | sajêngkare sang binagus | anênuwun mring Allah | he Allah Kang Maha Sukci | mugi-mugi tuwan paringa kamulyan ||

23. mugi lananga kang yuda | kakang mas Ismayasiwi | rinêksaa de Pangeran | salamêta anèng margi | warnanên kang lumaris | swaraning bala gumuruh | prapta jawining kitha | kya patih tan kêna têbih | kang ngêmongi [ngêmong...]

--- 2: 24 ---

[...i] marang Sang Murtining Laga ||

24. kang măngka krêta wadana | risang nayakaning jurit | wus lêpas lampahing bala | ingkang pambarêping baris | sadasa kang para ji | pra dipati patang puluh | kang karya pasanggrahan | pasipêngan kang rinukmi | wus andungkap lampahe samadya căndra ||

25. talatah paminggir desa | Rulmuluk wus dèn anciki | gègèr wong desa dèn bahak | ngungsi jro nagari sami | katur ing sri bupati | ratu sakawan akumpul | mring kuthane kang raka | samêkta kaprabon jurit | kang misuwur putra Rab pangirid lampah ||

26. kabèh andêl Jamintoran | umiring sang narpasiwi | kang măngka nayakaning prang | ing jawi kithane prapti | kèndêl makuwon sami | jabaning kitha Rulmuluk | kadi samodra bêna | pasanggrahan amêpêki | badhe papan aprang ara-ara jêmbar ||

27. andadak sami rinata | kang badhe papaning jurit | raja pinutra utusan | mring jro kutha mawi tulis | ngantêp sêdyanirèki | ratu papat ing Rulmuluk | kang duta praptèng wisma | wêling wuwus dèn timbali | pan supênuh balane ratu têtiga ||

28. nunggil balane kang raka | samya biasa ngajurit | ingkang tuwa Kaharngalam | satus gas dêdêg rêspati | dene ingkang kêkalih | molung puluh gas apatut | ingkang wuragil pisan | sami lan pambarêpnèki | abirawa sami adêdêg nyatus gas ||

29. kasurane umbul gajah | ratu kang sêpuh pribadi | kang panggulu umbul warak | yèn binanting awor siti |

--- 2: 25 ---

ingkang panêngah nênggih | umbule kayu sapêluk | panjang salawe dhêpa | muluk anèng ing wiyati | lamun tiba prapta sumyur tan dhinupak ||

30. dene ingkang anèm pisan | macan satus dèn bêthèki | nulya bêthèk kinêbonan | macan satus dèn amuki | kinrubut dèn kêrahi | akèh kang pêjah tinapuk | macan satus bêlasah | kang salira datan busik | iku anom nama Raja Sipulngalam ||

31. sadina-dina ajar prang | ratu sakawan prasami | nèng panangkilaning raka | saprajurite pinardi | wontên atur upêksi | wadya kang atunggu pintu | yèn wontên dutèng mêngsah | praptane ambêkta tulis | Raja Kaharngalam akèn nimbalana ||

32. kang cara ingandikan |[2] kang wontên lawang sadêmi | wus kerid marang utusan | prapta ngarsane sang aji | katur kang punang tulis | winaos sinuksmèng kalbu | pèngêta layang ingwang | satriya trah Kuparmani | kang minăngka manggalèng prang Jamintoran ||

33. kinarya ibnu suraya | marang Prabu Nyakrawati | Sadarngalam Jamintoran | wruhanira laku mami | apan narik upêti | upêtine wong Rulmuluk | lan nagri Bèhro praja | sebane sira andhêgi | upêtine sira iya kang angalap ||

34. hèh ta Prabu Kaharngalam | praptèngong prajanirèki | kaya pa ing antêpira | nêdya ala nêdya bêcik | yèn sira nêdya bêcik | eling yèn nagri Rulmuluk | kabawah Jamintoran | amêtokakên upêti | madanani têlung [tê...]

--- 2: 26 ---

[...lung] puluh ro nagara ||

35. bulubêkti saosêna | kagawaa laku mami | sayêktine mari duka | Sang Aprabu Nyakrawati | Jamintoran sayêkti | ingapura yèn siremut | kawula trah-tumêrah | amêtokakên upêti | lamun ora eling Kaharngalam sira ||

36. tan wurung sun pêcah ing prang | nagri ing Rulmuluk iki | kadangmu ratu sakawan | iku bakal sun talèni | karana iya wajib | numpês wong kaya sirèku | ratu murtat candhala | kalawan ta ingsun iki | ingkang kinèn amisesa jroning aprang ||

37. urip lawan patinira | lara lan warasirèki | samêngko nèng astaningwang | êndi ingkang sira pilih | yèn sira tulus wani | mêtua prang besuk esuk | aja angadu bala | dèn enggal padha ngawaki | ing ayuda mênang tata kalah tata ||

38. titi pamaosing sêrat | sigra tinindhihan wêntis | asru dènira ngandika | hèh duta muliha aglis | pan ingsun mêtu jurit | gustimu ing besuk esuk | kulite ingsun limas | daginge sun kon nèthèli | tambung laku ngandêlakên yèn putrambyah ||

39. dumèh lêlananging jagat | măngka surayaning bumi | jêr durung aprang lan ingwang | caraka sigra umijil | mantuk pakuwonnèki | ing marga datan winuwus | prapta ing pasanggrahan | lajêng umarêk ing gusti | kabèh katur sawuwuse Kaharngalam ||

40. suka mèsêm amiyarsa | Jêng Pangeran Kaelani | ya ta ing dalu bojana |

--- 2: 27 ---

lan sagung ratu prajurit | kêndhang gong asênggani | myang kêplok surak gumuruh | miwah ratu sakawan | prasamya bojana latri | kunêng dalu enjinge yuda kênaka ||

19. Pangkur

19. Prabu Kaharngalam kapikut dhatêng Pangeran Kelan

1. gumuruh barêng têngara | mungsuh rowang mijil anata baris | sang aprabu ing Rulmuluk | mijil sakawan pisan | ambalabar prajurite wus atêpung | barise mungsuh lan rowang | wawas-winawas ing jurit ||

2. jêng pangeran ing Suwăngsa | lênggah munggèng wijoan palowani | Kyana Patih Jahansirun | Sidisalam tan têbah | miwah sagung prajurit kang para ratu | salawe anèng ngayunan- | ira sang rêtnaning jurit ||

3. têdhak Prabu Kaharngalam | nitih kuda kawot kaprabon jurit | wadya gung surak gumuruh | ratune mijil ing prang | praptèng papan angatepang kudanipun | sêsumbar anguwuh lawan | payo mêtua ngajurit ||

4. êndi rupane putrambyah | kang pinacang lan Julung Sulasikin | iki ratu ing Rulmuluk | bisikan Kaharngalam | anak Raja Kadarngalam ratu agung | iki mêtoni prawira | sumbaga prakosèng jurit ||

5. rajaputra wus miyarsa | mundhut kuda kya patih awotsari | anggèr kèndêla rumuhun | kula nuduh kang mapag | supayane paduka anggèr andulu | ing

--- 2: 28 ---

solah pratingkahing prang | waspadaa gêlarnèki ||

6. mèsêm nurut narpatmaja | kyana patih nuduh ratu prajurit | Raja Kanardis ranipun | nagrine ing Murtalar | sigra nêmbah Kanardis ing rajasunu | mangsaha nitih turăngga | kawot sakaprabon jurit ||

7. praptèng rana sumbar-sumbar | asru mojar gagap amuwus bêngis | sang aprabu ing Rulmuluk | pagene sira mapag | hèh Kanardis êndi trah Kuparman iku | kang nêka mring Jamintoran | kang padha ginusti-gusti ||

8. nauri Raja Murtalar | iya ingsun kang tan awèh miyosi | karana pêpundhèn ingsun | eman mijila ing prang | mungsuh sira bae uwis dening ingsun | bramatya Sri Kaharngalam | hèh sira arêp ngêmasi ||

9. tadahana gadaningwang | akudhunga ing băndabaya wêsi | Raja Kanardis wus kudhung | sigra amutêr gada | sarwi alok panggadanira sang prabu | katulak tangkis lêgawa | sira Sang Raja Kanardis ||

10. wusnya ginada ping tiga | malês gada sira Raja Kanardis | arame pupuh-pinupuh | awas paningalira | rajaputra ing prange Natèng Rulmuluk | mèsêm dènira ngandika | pangeran ing Suwăngsèki ||

11. hèh paman rêkyana patya | lah ta iku pratingkahing ajurit | Kaharngalam ing Rulmuluk | dene kalok ing jagat | wus tinaha ing prajurit para ratu | yèn mungguh jamanku wetan | durung payon ing para ji ||

12. apa paman patih lumrah | ing bang kulon tatane prang puniki | ngikal gada padha [pa...]

--- 2: 29 ---

[...dha] wagu | amasang tangkis kithal | yèn apranga lan paman Prabu Tamtanus | miwah paman Kewusnendar | andulu pan ora sudi ||

13. kyana patya matur nêmbah | saturute prapta watêsing langit | aprang gada sami widhung | matuh ing ngèlmi kêmat | panêluhan punika karêmanipun | sanès lan ratu bang wetan | ing Rum ing Arab prayogi ||

14. mèsêm Jêng Pangeran Kelan | ing karosan puniku padha luwih | nging tan ana bisa iku | mêtara gêgitikan | ora wêruh ing eman karosanipun | bau awake tan ana | bisa molah anglawani ||

15. paman patih yêkti eman | sun lawani ing prang gitik-ginitik | mêsakakên kang andulu | langite garundêlan | bumi kabèh miwah sakêkayonipun | banjur sun aprang junjungan | asêpa suwe ajurit ||

16. mangkana kang băndayuda | Kaharngalam lawan Raja Kanardis | adangu pupuh-pinupuh | tan ana kang kasoran | sèlèh gada arame junjung-jinunjung | sor titih Rajèng Murtalar | jinunjung arsa binanting ||

17. sigra têdhak rajaputra | nitih kuda kinêtab jonggiraji | umêsat turăngga mamprung | praptèng têngah gya pêtak | winatara ki putra pêpêtakipun | misih nèng luhur turăngga | kapilêng kang sami jurit ||

18. uwal dènira anyandhak | panjunjunge marang Prabu Kanardis | kagyat Sang Prabu Rulmuluk | ucul panyêkêlira | aningali kang prapta anom abagus [aba...]

--- 2: 30 ---

[...gus] | angling Raja Kaharngalam | sira parayangan ngêndi ||

19. pan ingsun Rajaputra Rab | kang pêparab Pangeran Kaelani | ngungun Sang Raja Rulmuluk | sugal dènnya angucap | kalingane maksih anom durung usum | yèn kudu rinêbut ing prang | eman manawa ngêmasi ||

20. warnamu pêkik kalintang | anauri Pangeran Kaelani | sanadyan mangkono ingsun | wus sanggup mring sang nata | payo Kaharngalam apa na sirèku | wau kang nusul mring papan | Patih Jamintoran prapti ||

21. nèng wurine rajaputra | sami dharat lawan Prabu Kanardis | sugal Sang Prabu Rulmuluk | kapitêmên ta sira | hèh putrambyah kudu mungsuh lawan ingsun | tuhu tan kêna dèn eman | tadhahana gada mami ||

22. Kaharngalam mutêr gada | rajaputra sampun amasang tangkis | pinupuh sang rajasunu | tan osik astanira | surak bala kalih arame gumuruh | radèn angêtap turăngga | mubêng nganan jonggiraji ||

23. kinitêr Sang Kaharngalam | pinarpêkan sinêndhal sampun kêni | gya cinandhak pinggangipun | saking nginggil turăngga | wus tinarik uwal saking kudanipun | ingikal saking ing tawang | sigra binanting sang aji ||

24. gumuling siti kantaka | wus tinalèn marang rêkyana patih | gawok kang samya andulu | luwêsira jêng putra | lan kuwate surake wadya gumuruh | ingundurakên saksana | wau marang kyana patih ||

25. ingkang rayi ratu kadang | pijêr dongong mulat kadange kêni [kê...]

--- 2: 31 ---

[...ni] | gawok mring tandange mungsuh | dènnya mutêr ki putra | turanggane saasta pangrasanipun | suku tan napak ing lêmah | eram kapiram ing jurit ||

26. ora kiwul ingkang raka | nulya èwêd dening kasaput wêngi | sigra tinêtêgan mundur | bubar barising bala | Jêng Pangeran Kelan sabarise mundur | praptane ing pasanggrahan | bujana lawan para ji ||

27. wong Rulmuluk undurira | kasusahan gung alit pan prihatin | datan kawarna ing dalu | enjing nitir têngara | mungsuh rowang mijilakên barisipun | kalangan têpung akapang | atut prasamya wong cili ||

28. miyosi raja katiga | kang panggulu Kadarngalam wus nitih | ing turăngga sigra mamprung | praptèng papan sêsumbar | duk tumingal wau ta sang rajasunu | wus nitih turangganira | nandêr ing payudan prapti ||

29. lajêng anyandhak sang nata | Kadarngalam sampun kêni tinarik | ingikal binuwang mêtu | tiba ngarsaning bala | Jamintoran tiba kantêp sang aprabu | kantaka wus tinalenan | marang rêkyana apatih ||

30. Sirulngalam nusul bela | wus kinitêr cinandhak wus katarik | uwal saking kudanipun | binuwang tibèng wuntat | pan kantaka tibane tinalèn sampun | mring Kya Patih Jamintoran | ratu wuragil wus prapti ||

31. samêkta kaprajuritan | nitih kuda jênggi wêton Mahribi | praptèng rana sigra mupuh | mring sang narpatênaya | tinadhahan ing tangkis parisnya murub | mèsêm Jêng Pangeran Kelan [Ke...]

--- 2: 32 ---

[...lan] | dene akuwat wong iki ||

32. hèh ratu apa satriya | miwah lamun pungawa pra dipati | sumaur pan iya ingsun | ingong ran Sipulngalam | nagara ngong pan iya ing Sipulmuluk | arsa ambelani kadang | payo ta sisakna mami ||

33. ilokêna kadang ingwang | lamun nora mangkono sira êdir | sayêkti sira kang ngukum | anitir-nitir gada | rajaputra tan osik panangkisipun | wus dangu Pangeran Kelan | arsa malês anggambuhi ||

20. Gambuh

20. Prajurit Jamintoran pêrang kalihan prajurit Rulmuluk

1. ngandika sang abagus | hèh ratu anom nagri Rulmuluk | dèn prayitna sun gada aja gumingsir | mutêr gada rajasunu | angêtap turăngga mêngkok ||

2. kudhung parisanipun | Sang Sipulngalam sigra pinupuh | pan kawuwung umbule turangganèki | kabotan panangkisipun | gigiring turăngga jêplok ||

3. putung turăngga rubuh | tiba kasingsal Prabu Rulmuluk | nulya tangi mrêpêki pêdhang tinarik | ngangkah sukune kudèku | rahadèn tumurun alon ||

4. amêdhang sang aprabu | putung katangkis pamêdhangipun | jêng pangeran ing Kelan angandika ris | kurang rikat ing pamuluk | tanpa gawe pêdhang karo ||

5. payo

--- 2: 33 ---

junjung-jinunjung | hèh Sipulngalam junjungên ingsun | latah-latah Sipulngalam lingirèki | mêkasi baya sirèku | ngajak junjungan lan ingong ||

6. ingsun ambêdhol kayu | atusan ingkang sapêluk-pêluk | tau ingsun tulung babad ing wong tani | dèn gawe sawah yèng uwus | tapis sagunging galondhong ||

7. mrêpêki rajasunu | sarwi angadêg ngarsaning mungsuh | nadyan silih mangkono jêr ingsun wani | sapa wruha asor unggul | nanging ta aglis kalakon ||

8. payo dhingina junjung | sigra anyandhak wangkinganipun | rajaputra ingangkat awanti-wanti | tan osik nora kajunjung | suraking bala gumuroh ||

9. kinuwatan kajunjung | mêksa tan obah sang rajasunu | jêmpolane sang nata tumètès gêtih | kacêp dalamakanipun | amadal siti mandhêlong ||

10. prandene tan kajunjung | mêdal rah khalas ing netranipun | rasukane jêbol napas mêtu kuping | sinèlèhakên sang bagus | Sipulngalam ngadêg dongong ||

11. ngunjal ambêkanipun | tan sarănta asru dènnya muwus | angurbaya gêmpala pucuking wukir | alah wêsi sira iku | gêdhemu samono abot ||

12. kaduga bêdhol gunung | payo agênti junjungên ingsun | rajaputra anyandhak nolèh mring patih | sigra Patih Jahansirun | anolih mangsit punang wong ||

13. sampun winangsit wau | sira apatih ya Jahansirun | ing medane

--- 2: 34 ---

prange putra Pusêr Bumi | wong Jamintoran atutup | sadaya kupinge karo ||

14. miwah tungganganipun | ing pusuh malam sampun tinutup | sigra ngoyog ing lambunge sri bupati | Sipulngalam asru muwus | pagene nganggo angoyog ||

15. satus gas dêdêgipun | sira watara mung patang puluh | kaya ngapa kêlara junjunga mami | nauri sang narpasunu | iya marmane sun oyog ||

16. sun bobot botirèku | aja kongsi lwih prakosaningsun | latah-latah angakak angêntrog wêntis | sigra Sang Ismayasunu | apêtak sarwi amaos ||

17. ayate surat Jabur | ing wiyati munya gumaludhug | gora-gora gêtêr-patêr erawati | kadya wukir sèwu guntur | sampun kajunjung sang katong ||

18. ingikal-ikal muluk | tininggil-tinggil samya dinulu | ing wadya gung wus dangu nulya binanting | kumabruk marwata guntur | gumuling kantakèng ênggon ||

19. Kya Patih Jahansirun | sigra anganciki jajanipun | wus tinalèn sang nata marang ki patih | prapta prajurit kang tulung | marang ki patih ambopong ||

20. sampun ginawa mundur | wau punggawa santananipun | patang ratu ngamuk samya ambelani | sumahab ngalun gumulung | wadya Jamintoran anon ||

21. sarêng umangsah ambyuk | angrok saengga samodra pagut | pra dipati Jamintoran angampingi | ing Gusti Sang Jayèngsunu | rame têmpuhing palugon ||

--- 2: 35 ---

22. swarane tri gumuruh | pamoring prang ariwat-ariwut | siwat-siwut lir prahara nêmpuh angin | gêprak-gêpruk prang gumapruk | jêgrag-jêgrug grit gumêrot ||

23. kumrupyuk angrok caruk | popor putêran gêmbrong abarung | kèh kang rêbah balasah kang nandhang kanin | wong Jamintoran Rulmuluk | anêdya prang mundur rêmpon ||

21. Durma

21. Nagari Rulmuluk bêdhah

1. sami wuru prajurit ing Jamintoran | satriya pra dipati | gumulung angidak | gumrêdêg banjir bandhang | dhasare prasamya bêcik | botoh pêthingan | kang măngka senapati ||

2. wuwuh tyase prajurit ing Jamintoran | gumuntur anggunturi | rug rêbah bêlasah | wong Rulmuluk tumpêsan | datan kêna dèn tadhahi | wong Jamintoran | lir krura wil sakêthi ||

3. giris mulat mawur sakarine pêjah | wong Rulmuluk angisis | malêdug sarsaran | ngungsi sajroning pura | Kaharngalam kutha Wêsi | lêlarèn jêmbar | patang puluh dhêpèki ||

4. kadya sinaringan bubare kang mêngsah | manjing kitha tinarik | karêtêg ajungkang | prajurit Jamintoran | tan ana bisa nututi | dening balumbang | kèndêl sagung prajurit ||

5. kawistara ing rajaputra bramantya | kèndêle kang angusir | nalika punika | ki apatih tan pisah |

--- 2: 36 ---

sadangunira ajurit | kya patih Jahan | buntut kudaning gusti ||

6. rajaputra ngêtab kudane malumpat | larèn wus dèn liwati | nanging tan katingal | ki putra dening mêngsah | amatak pratingkahing jin | gya patih Jahan | sampun anarik tali ||

7. sarta gadanipun Sang Ismayatmaja | gulune dèn talèni | inguncalkên nulya | aprapta gèning bala | kang gada wus dèn cêkêli | dening prawira | salawe gya tinarik ||

8. sadangune mangkana raja pinutra | arsa magut tumuli | manjing lawang kitha | kya patih angrêrêpa | mring gustine anggendholi | sagung prawira | tyase măngsa puniki ||

9. suka luluh wontên ing pada paduka | sumêlang tyase sami | yèn tuwan tilara | mangkêl agring kang manah | dyan kèndêl sang raja pêkik | mancingi gada | maring sagung prajurit ||

10. dadya sampun jangkêp nêm atus prawira | lawan pitung dasèki | samya kinèn surak | sarwi wau pinêcat | nyilumane wus kaèksi | prasami surak | karêtêg dèn prêpêki ||

11. walêsane karêtêg ingkang sisihan | wong nêm atus kang narik | lawan pitung dasa | kang siji mung ki putra | gênjot tarataban wêsi | kuwate radyan | putra ingkang anarik ||

12. lan rantene panggantung pinêdhot rantas | sampun tumibèng siti | ingawe kang wadya | prajurit Jamintoran | anon sasmitaning gusti | kumrutug samya | ngambah wot sampun kêni ||

13. sampun [sa...]

--- 2: 37 ---

[...mpun] ewon alêksan wong Jamintoran | prapta ênggèning gusti | gumêrah suraknya | orêg sajroning bata | bata wêsi ngati-ati | prawiranira | sami mrêpêki kori ||

14. madêg krodhanira Jêng Pangeran Kelan | matak Jabur nulya glis | têdhak saking kuda | lawang wêsi dhinupak | wus rêbah ingkang sasisih | sakèthèngira | nitih turăngga malih ||

15. lajêng narik pêdhang angêtap turăngga | mêsat pan kadi angin | jonggiraji nêngah | wau sagung prawira | dadi jêrambah wot wêsi | sasisih kambah | têtangkêbe kang kori ||

16. apuyêngan wadya gung sajroning pura | sagung kang pra dipati | wadya Jamintoran | nusul sang rajaputra | kadya ambabad bung pacing | nacah sêmăngka | tumpêsan mungsuh tapis ||

17. prajurit ing Jamintoran kadya mina | mamăngsa jroning warih | akêthèn ayutan | kang kamuk ing ki putra | miwah sagunging prajurit | wong Jamintoran | sakêthi nganti wani ||

18. pangamuke anglir andaka katawan | kadya kang bajo kulit | rahnya sumrawangan | awatês panggêlangan | umung walahu alami | kang luwih wikan | wêwilanganing pati ||

19. wontên ingkang pra dipati rada tuwa | midêr ngundhang-undhangi | hèh wong patang praja | aja na ngladèni prang | payo padha nungkul aris | yêkti kiyamat | yèn padha magut jurit ||

20. manjêr tunggul pêthak pipining sewakan | kiwa têngêning kori | samya tinggal panah | pêdhang kalawan gada |

--- 2: 38 ---

sagung kapraboning jurit | samya tinilar | ngumpul samya anisih ||

21. katupiksa marang ing Pangeran Kelan | hèh wa rêkyana patih | dulunên kang mêngsah | golong padha pêpanthan | tinggal gêgamaning jurit | kang ngarêp ika | kyana patih ningali ||

22. gya sinandêr patih tan adangu prapta | ya punggawane iki | têmua lan ingwang | payo sun gawa seba | ing gusti sang raja pêkik | prapta sadaya | punggawa mring ki patih ||

23. samya nitih kuda ngiring ki apatya | mubêng ngundhang-undhangi | ingkang maksih aprang | Rulmuluk Jamintoran | piyak kang sami ajurit | ingkang kacandhak | ing parentah wus mari ||

24. ingkang sêpi kiwa maksih rame aprang | tan ana ngucap ajrih | punggawa sadaya | binêkta mring apatya | prapta ing ngarsa sang pêkik | bubar kang aprang | kang kari mulat sami ||

25. yèn wus kathah panjêran bandera pêthak | ngumpul sagunging baris | wadya Jamintoran | punggawa para nata | wus angumpul sang apêkik | ngirid mring pura | ngumpul ing păncaniti ||

26. sinêgahan dene punggawa sadaya | wusnya dèn parentahi | ngumpulêna arta | iki kang patang praja | ping pat upêtinirèki | nora sêsokan | ing Prabu Nyakrawati ||

27. Sadarsalam Sri Bupati Jamintoran | mangkya pêpêkan aglis | nuduh para nata | wêwolu ratu kêna | mring Jamintoran rumiyin | bêktaa gaman | prajurit kang sayêkti ||

28. ngulihakên bêbandan ratu sakawan |

--- 2: 39 ---

lan arta bulubêkti | kang patang pasokan | wêwolu para nata | ratu kang papat ginodhi | sadaya winrat | nèng palananing èsthi ||

29. ingkang kantun anèng Rulmuluk parentah | Jêng Pangran Kaelani | marang Ki Apatya | Jahansirun ngutusa | nagri tigang dasa kalih | tonjokên surat | êndi kang dèn ugêmi ||

30. apa nungkul apa amapaga ing prang | yèn nungkul dipun aglis | padha ngumpulêna | bulubêkti sadaya | kang patang pasokan nguni | yèn mapag ing prang | bêcikana kuthèki ||

31. jêrokêna lêlarèn lan kapurancang | tan wurung sun têkani | manawa ta sira | Ratu Bèhro lênggana | belani lurahmu dhingin | ratu sakawan | kang wis padha ginodhi ||

32. pan kasambut ing prang narendra sakawan | ing gusti sang apêkik | sawusnya sinurat | sinungkên kang dinuta | prawira kapat bupati | ambêkta bala | nyalêksa budhal sami ||

33. saking ing Rulmuluk prasami bubuhan | ingkang papat bupati | nênggih wolu sewang | anglayangi nagara | ing marga datan kawarni | samya miyarsa | ingkang Bèhro nagari ||

34. lamun nagri Rulmuluk pan sampun bêdhah | dening putra linuwih | saking tanah Arab | mangkya nèng Jamintoran | langkung prawira ngajurit | sumbagèng jagad | bagus datanpa tandhing ||

35. dadya gègèr ratu kang Bèhro nagara | ngumpulkên bulubêkti | badhe nungkul samya | mring Rulmuluk nagara | ênggène sang raja pêkik | ajrih anglawan | ing pawarti wus giris ||

--- 2: 40 ---

22. Girisa

22. Prabu Kaharngalam sasêdhèrèk angsal pangapura

1. rêmbag sagung para nata | ingkang Bèhro prajanira | kasaru sami miyarsa | nênggih dutaning satriya | prapta srat sampun tinampan | lajêng anungkul kewala | samêkta bulubêktinya | kang badhe katur sang nata ||

2. asêmaya budhalira | sasi lawan dinanira | anggawa panungkulira | pèni-pèni ing nagara | kunêng kang sami lêlampah | wuwusên sang narpatmaja | anèng Rulmuluk sineba | ing satriya pra punggawa ||

3. Jahansirun Ki Apatya | tur uninga mring ki putra | yèn caraka antuk karya | narendra kang Bèhro praja | satunggal tan wontên băngga | nungkul aris samya seba | ing paduka ngèstupada | atur pati uripira ||

4. ing mangkya sami nèng marga | punggawastha kang dinuta | wau kalane miyarsa | Pangeran Jaswadiputra | antyanta trusthèng wardaya | panungkuling para raja | tan antara praptanira | Bèhro praja para nata ||

5. kerid Jahansirun Patya | Sidisalam marang ngarsa- | nira sang narpati naya | sakala manguswa pada | mring sang kalêngkaning putra | ngaturkên prasêtyanira | yèn minta aksama dènnya | tan enggal siwèng sang narpa ||

6. ing gusti sang rajaputra | nèng Rulmuluk kongsi lama | sadaya wus tinarima | bêktine kang para raja | undhang budhalan [budhala...]

--- 2: 41 ---

[...n] ki putra | saking Rulmuluk nagara | ngirid Ratu Bèhro praja | seba lan sabalanira ||

7. mring nagari Jamintoran | swaraning bala wurahan | kang bêkta bulubêktinya | kunêng gantya winursita | kang rumiyin para nata | ingkang tinuduh ngaturna | bêbandan ratu sakawan | ing Jamintoran wus prapta ||

8. katur unggule kang putra | arame dènira yuda | kênane kapat narendra | kang katur sami kabănda | kabèh kêna madyèng rana | sakalangkung ramenira | ngungun kang sami miyarsa | tuhu yèn satriya tama ||

9. prabu tyas marwata suta | acipta nugrahanira | ature kapat narendra | wus samya nandhang pusara | kabèh sami ingapura | tobate kapat narendra | tan dadya runtik sang nata | emut ing wong tuwanira ||

10. ingkang kinarya manggala | ing prang gung ambêdhah praja | balane ratu sakawan | ing Jamintoran andêlnya | mangke sutane abeka | tan dadya tyasira raja | tinarka lare kewala | mothah kudu ngajak beka ||

11. ingapura sadosanya | linuwaran sadayanya | ingulihkên karatonnya | tan owah tatuning lama | nagara agêng sadaya | wit saking rêrukunira | sasedanira kang rama | binagi putra sadaya ||

12. ing Jamintoran sang nata | ngidini sakarsanira | balik malih dèn apura | nora tutug dukanira | mangkya pinulihkên samya | amot palamartanira | apan ratu pinandhita | ing Jamintoran sang nata ||

--- 2: 42 ---

13. satya boga ambêkira | ing Jamintoran sang nata | tur prawira ing ayuda | mangkana wontên tur priksa | ing nata yèn ingkang putra | prapta ngirid para nata | nagari Bèhro ratunya | wus sami nungkul sadaya ||

14. apa parentah sang nata | marang sagung pra dipatya | tuwin satriya punggawa | marang sajabaning kutha | wus budhal saking nagara | gumuruh swaraning bala | bêkta pêparing pamapag | busana agêm sang nata ||

15. sadintên antaranira | ing wuri budhal sang nata | anganti jawining kitha | munggèng matêngga dirada | wau kang sami amapag | wus panggih lan rajaputra | pinaringkên kang busana | kang kasarira sang nata ||

16. suka wau rajaputra | sarêng nampèni busana | sarêng dènira lumampah | nuli ana tur uninga | marang rêkyana apatya | yèn sri naranata memba | nganti sajabaning kutha | amêthuk sang wau prapta ||

17. dadya anata turira | marang ing sang narpaputra | yèn kang rama mêthuk mangkya | ngêntosi jawining kitha | duk miyarsa rajaputra | nulya asalin busana | kang saking sri maharaja | wusnya rinakit lampahnya ||

18. kuda lan patih nèng ngarsa | lawan sagung pra punggawa | wusnya katingal sang nata | lumayu sang rajaputra | têdhake saking turăngga | kalawan rêkyana patya | gurawalan kalih samya | katingalan mring sang nata ||

19. tumurun saking matêngga | sigra angrangkul kang putra | kinêmpit ingkang mustaka | ingaras-aras kang jăngga | adhuh

--- 2: 43 ---

wode kang wardaya | mung sira jimating driya | abangêt kuwatir ingwang | sukur rinêksa dening Hyang ||

20. abangêt kuwatir ingwang | tyas ingsun amêlang-mêlang | dulu mungsuhira aprang | ratu agung padha kadang | tur nêdhêng prawiraning prang | nora anyupêna ingwang | lamun mungsuhira gampang | adhuh putraningsun nyawa ||

21. ingkang kaboyong ing sira | kabèh wus ingsun apura | sun ulihakên sadaya | marang karatoning lama | sang rajaputra turira | inggih sumăngga ing karsa | owêl yèn botên taksiha | kenging kinarya manggala ||

22. atelat raka paduka | satilase mungsuhira | kinadang-kadang sadaya | sakalangkung asihira | kinarya andêling yuda | wus kadi sayayah rena | ngantukkên kadang sadaya | samya kinulawisudha ||

23. mèsêm ngandika sang nata | yèku pantês tinulada | manut mring kang wus utama | Jêng Sultan Kuparman uga | anêmu sarwa dumadya | dinulur sakarsanira | nugraha gêng wong tuwan ta | mugi ta ingsun bisaa ||

24. tulad mring wong tuwanira | mangkana wau sang nata | kèndêl dangu pamêthuknya | sawusnya adhahar nulya | budhal kondur sri narendra | tan kêna têbih kang putra | tuwin rêkyana apatya | dadya tontonan samarga ||

25. orêg sajroning nagara | sagunging wadya kang ngarsa | nonton wau praptanira | satriya kang mênang yuda | kang cinatur ora liya | amung kang amênang yuda | têlase sêkar gurisa | agantya sêmaradana ||

--- 2: 44 ---

23. Asmaradana

23. Umarmaya madosi Pangeran Kelan

1. wus prapta sajroning puri | sang rajaputra binêkta | lajêng tumamèng kadhaton | sagung kang para dipatya | kang saking panglurugan | atampi gajaran sampun | bubar mantuk sowang-sowang ||

2. ratu tigang dasa kalih | gumatung nèng kapatihan | wuwusên pêndhak enjinge | sang nata miyos sineba | aglar sagung kang mănca | satriya mantri supênuh | punggawa lan ulubalang ||

3. para nata pra dipati | Patih Jahansirun ngarsa | Ratu Bèhkalih wurine | Rahadyan Amiratmaja | munggèng kanan sang nata | nèng wijohan palowanu | Pangeran Jaswadiputra ||

4. angandika sri bupati | hèh apatih sun apura | para Ratu Bèhro kuwe | misih lêlakone padha | prajane aja owah | papat ratu ing Rulmuluk | muliha manggalaning prang ||

5. lawan sun paringkên nênggih | mring gustimu kaki putra | lawan Ratu Bèhro kabèh | kang papat padha amonga | iya mring putraningwang | para Ratu Bèhro iku | karo ing ratu sakawan ||

6. dene pasebane nênggih | bêdhahên bata kang wetan | trusêna banjur lêbune | panggonane kaki putra | dadya ratu sakawan | seba mring taman puniku | panggonane kaki [ka...]

--- 2: 45 ---

[...ki] putra ||

7. lan wong Jamintoran iki | pratêlunên pra dipatya | mring ingsun saduman bae | mring kaki putra rong duman | kabèh padha sebaa | iya maring putraningsun | lan sira dhewe apatya ||

8. dene kang sun kon ngêmbani | wus pracaya kaki putra | mring sira kèh pangandêle | sira kang wus wruh ing watak | marang ing putraningwang | nurut maring sabudimu | mèsêm ki putra miyarsa ||

9. mupakat wong sanangari | parentahira sang nata | langkung suyud sadayane | sadaya wong Jamintoran | eca tyase ki putra | nora êsak nrus ing kalbu | satitah Kang Maha Mulya ||

10. kang dadya ayêming galih | supe maring gunging trêsna | ing rama miwah kadange | tuwin maring wadyabala | dene nèng Jamintoran | asring amanggih prang agung | angêlar-êlar jajahan ||

11. kunêng gantya kang winarni | sayêkti sarêng alampah | sigêgên kang winiraos | Wong Agung Surayèng Jagat | sapraptanya bêbêdhag | kang putra datan kadulu | sadaya wus sami prapta ||

12. sagung kang para narpati | ingundhangan sabalanya | jro wana ingubrês kabèh | jurang pèrèng pagunungan | apan ta winangênan | anênggih sadasa dalu | kapanggih tan kapanggiha ||

13. praptaa sagung bupati | satriya lan pra dipatya | nêlasah ing wana kabèh | budhal angilèn sadaya | ngalèr pinggir samodra | angidul kang pinggir gunung | sarêng sadintên lampahnya ||

14. wadya Rokam sipat mantri | tan wontên kang anèng wisma | para ratu [ra...]

--- 2: 46 ---

[...tu] punggawane | sami angubrês ing wana | godhong ingkang malumah | kinurêbakên puniku | kang mangkurêb linumahna ||

15. wadya ing Kelan atintrim | santana bupatinira | para ratu prihatine | wong Rokam wayang-wuyungan | praptèng sapuluh dina | dhatênge kang sami ngruruh | lêgêg tan ana manggihna ||

16. ingundhangan bubar sami | kondur marang kitha Rokam | karia wong bumi bae | anênitik calêngêpan | ingêbyak tan kapanggya | dadya sungkawa wong agung | kabèh sagung para nata ||

17. Gulangge aturirèki | kadya putri parayangan | amrasanak kangjêng anggèr | ngaturan mring kuthanira | bilih kinarya tumbal | milarsa lirih pukulun | wong agung alon ngandika ||

18. yèn mangkono karsa mami | nadyan padha angadoha | bêcik anamar lakune | kakang mas ing Tasikwaja | ya sira awakana | siji aja gawa batur | nênitik atmajanira ||

19. Adipati Guritwêsi | umatur inggih sandika | luwung makotên kemawon | nanging ing wingking kewala | sampun sangêt sungkawa | narima titah Hyang Luhur | pan inggih lagi kinarsan ||

20. lêlampahan agal rêmpit | duk kinarsakkên punika | yèn sangêt ta prihatine | atêmah mukir ing titah | riwus têlas pitungkas | sigra sami lèngsèr gupuh | mangkat saking pasamuan ||

21. ing dalu anis atitis | Adipati Tasikwaja | măngsa naa têtondhène | sampun utamèng [u...]

--- 2: 47 ---

[...tamèng] anamar | Wong Agung Tasikwaja | nampèl wêntis mamprung-mamprung | tinggal kanthi tanpa kăntha ||

22. sapraptanirèng wanadri | amor lawan buron alas | ki adipati lampahe | singup-singup pinarpêkan | tarbis-tarbis pinaran | tan ana baya kaetung | byar rina lajêng lêlampah ||

23. ciptanira sang dipati | sun jujure iki baya | wana ingkang ngalor ngulon | rinikat ing lampahira | siyang dalu lêlampah | lagya antuk tigang dalu | kalawan ing patang dina ||

24. lampahe notog pasisir | lamat-lamat katingalan | ana gêdhong luhur katon | kalawan mawi manara | punika pinarpêkan | ngandhap wontên tamanipun | toyane wêning tur tawa ||

25. kèndêl sira ki dipati | ngungun dènira tumingal | andhêndhêng pagêr batane | tilas kinarya pondhokan | dèrèng lami tabêtnya | kinira kados wong agung | sêmune ingkang pêpara ||

26. iya sangkane saking di | lamun saking ing dharatan | pan nora ana tilase | nulya nênitik Marmaya | mring pinggiring samodra | agabag akèh kadulu | tilas palabuhan palwa ||

27. ewon labête palwèki | ki adipati graita | iki kaya wong agunge | ingkang anggawa ki putra | jêtung Ki Umarmaya | wangsul marang manara wus | mring taman kang siti pêthak ||

28. Marmaya nginêp sawêngi | angayêm-ayêm salira | enjinge laju lampahe | pikir sadalu [sada...]

--- 2: 48 ---

[...lu] sasiyang | mung tinêmu budinya | iya kang pêpara iku | baya kang gawa ki putra ||

29. Umarmaya miling-miling | mulat wanguning kang wana | tuhu yèn praja labête | wontên gumrêmêng ing ngarsa | wukir alit katingal | akêkayon ijo sêmu | mandhêkêl ngungkang samodra ||

30. pinaranan tan asari | wus parêk ana guwanya | sela cêndhani lawange | kagyat sira ki dipatya | ngadêg pinggiring lawang | duk binuka tutupipun | pan ing jro isi sarkara ||

24. Sarkara

24. Umarmaya anjajah kitha Jaminambar

1. wontên wong tapa eca alinggih | nguluki salam marang Marmaya | muride Bagendha Salèh | Ki Umarmaya gupuh | angabêkti ngaras padèki | wusnya tata alênggah | ki dipati matur | andika tiyang punapa | lênguk-lênguk wontên ing ngriki pribadi | bêtah tan mawi rowang ||

2. lah punapa ingkang dika suprih | lawan sintên sinêbut ing nama | hèh kulup ingsun sabate | Nabi Salèh rumuhun | ingsun iki aran Sèh Sabli | matur malih Marmaya | pundi asmanipun | ing tanah ngriki punika | Ki Sèh Sabli wuwuse arum amanis | kulup ing Jaminingrab ||

3. nagara gung ing kuna puniki | duk jamane Jêng Sultan Iskandar | Iskandar Sultan Diskarnèn | sira apa [a...]

--- 2: 49 ---

[...pa] andulu | prak ing marga puwara sandhing | bèji sitine pêthak | ing kuna puniku | kramate Sultan Iskandar | nalikane nagri ki pan maksih kapir | pinrih Islam binêdhah ||

4. duk maune arsa anglurugi | Sultan Agung Iskandar pinênggak | bangêt ture pêpatihe | jêng tuwan arsa mukul | Jaminingrab tan wontên warih | lêlampahan rong wulan | suwêng toyanipun | Sultan Iskandar ngandika | yèn mêngkono patih ingsun andhingini | mring nagri Jaminingrab ||

5. ingsun amung gawa bala kêdhik | sira ing wuri ingkang ngirida | iya balaningsun kabèh | Sultan Iskandar laju | marga alas kang tanpa warih | nulya Sultan Iskandar | ing sapraptanipun | ing jajahan Jaminingrab | mêtokakên karamat akarya bèji | ing sabên palerenan ||

6. munara gung bèji isi warih | lakon sadina bèji têtiga | gêdhong munara sandhinge | bèji kang toya agung | toya tawa kalangkung wêning | sabanjure mangkana | Umarmaya matur | inggih kawula angambah | ing munara bèjine toyanya wêning | inggih sipêng kawula ||

7. taman munara bèji kang dhingin | wontên tabêt anyar pinondhokan | pasisir tilas palwa kèh | Sèh Sabli alon muwus | taman dhukun sira sipêngi | ing taman ingkang lawas | iku bèji dhukun | singa lara yèn adusa | yêkti waras kulup sabarang sêsakit | barkat Sultan Iskandar [Iska...]

--- 2: 50 ---

[...ndar] ||

8. anyar iki apan ingkang prapti | putranira Natèng Jamintoran | nyakrawati ratu gêdhe | duk gêrah putranipun | iku nadar dèn sêsangèni | siram taman Iskandar | putri jagat kasub | tanpa tandhing soring wiyat | apêparab Rêtna Julung Sulasikin | kêthèn anggawa bala ||

9. malah ulihe saking ing ngriki | antuk nugraha putra kasasar | saking Arab pinangkane | pan wus ginawa mantuk | maring Jamintoran nagari | matur Ki Umarmaya | pintên têbihipun | ing Jamintoran nagara | saking ngriki ki tuwa alon nauri | têlung sasi layaran ||

10. dharatane iku rolas sasi | ngalor ngulon mêtu Jamintoran | nora ana dalan manèh | saking pakewuhipun | nora ana gêlêm margani | nagara Jaminambar | ratu têdhuh mumuk | angaku Sang Hyang Wisesa | jêjuluke nênggih Rabusamanawi | wal arli Saesalam ||

11. kulon iki tugnya watês langit | pirang-pirang lêksa kang nagara | karèh Jaminambar kabèh | kêthèn panggonan ratu | pan sumuyud wus dèn dhèwèki | mring Ratu Jaminambar | kang ngaku Hyang Agung | pra ratu dadya malekat | para putri ingkang dadya widadari | gawe langit kasapta ||

12. langkung jomblong Ki Umarmayèki | ngrungu tuture si kaki tuwa | runtik kaya sinêndhale | wêruha prajanipud[3] | kumlungkunge anèng donyèki | kapir kawak-kumawak | nora ngrasa lampus | nglêlanangi anèng jagat | graitane [gra...]

--- 2: 51 ---

[...itane] ing jro tyas sang adipati | wurung mring Jamintoran ||

13. besuk yèn wis wêruh awak mami | ing kuthane si dubilah setan | mring Jamintoran kêkarèn | Ki Umarmaya matur | Ratu Jamintoran ta kaki | kapir punapa Islam | si kaki lingya rum | ratu agung binathara | agamane pan wus agama Ibrahim | ratu agung prakosa ||

14. para ratu ingkang kulon iki | mung têtêlu ingkang binathara | sinêmbah ing ratu kabèh | èring ratu têtêlu | nora ana êndhih-ingêndhih | kapara Jaminambar | kang luwih gungipun | sabab kilèn Jaminambar | dèn dhèwèki kang loro iku tan wani | ngrèh kulon Jaminambar ||

15. Jamintoran ingkang nyakrawati | lan ing Rokam katri Jaminambar | nora ana rèh-ingêrèh | mung mangkya wartanipun | wong bang wetan ngambah mariki | wong wetan tanah Arab | prajurite agung | manggala surayaning rat | lagi pindho rusake wong kulon iki | nguni Sultan Iskandar ||

16. angrata ing agama Ibrahim | sabakdane Jêng Sultan Iskandar | wong bang kulon murtat kabèh | bali agama Ênuh | kang rong duman saduman maksih | Ibrahim agamanya | Jamintoran iku | Sri Bathara Sadarsalam | ratu agung anyakrawati ing bumi | sabala para nata ||

17. mêngko kaya wiwit rosa malih | ing agama Ibrahim wong wetan | ngolah angrata malihe | ing Rokam kang pinukul | Kalakodrat padha

--- 2: 52 ---

kajodhi | Si Gajimăndalika | ing Sorangan gêmpur | Gulangge nungkul tan kêlar | anadhahi jurite wong wetan iki | Kalana Kakungingrat ||

18. lir samodra wadyanig prajurit | apan Wong Agung Suyarèng Jagat | Nabi Brahim lêluhure | kumpul sabalanipun | dhêdhapuran têdhak Ibrahim | mangkana wus pratela | Ki Umarmayèku | satuture kaki tuwa | amit nêmah lah kaki padha basuki | dongakna lakuningwang ||

19. iya putu dèn angati-ati | ngulon bênêr marga kèh muara | bèji maksih saurute | aja menggok sirèku | iya lamun sêdyanirèki | mring kutha Jaminambar | yèn sêdyanirèku | marang kutha Jamintoran | menggok ngalor dharatan wana asungil | babo ta dèn prayitna ||

20. sabarang cipta aja amalih | dèn sumendhe karsane kang nitah | dèn cucup êmbun-bunane | ping tiga gya sinêbul | wus mangkata sira basuki | Marmaya amit nêmbah | saking guwa mêtu | tan adangu praptèng jaba | wus angidak marga kang ngilèn wanadri | kang anjog Jaminambar ||

21. sabên bèji muara kang maksih | kinèndêlan mring ki adipatya | sinipêngan ing dalême | runtikira kagugu | ngudubilah lagi miyarsi | ratu ing Jaminambar | mangkono tingkahmu | angaku Hyang Maha Mulya | karya langit myang malekat widadari | lah iya rasakêna ||

22. samangsane ingsun kêna manjing | kuthanira hèh wong Jaminambar | sayêkti [sayê...]

--- 2: 53 ---

[...kti] bilai gêdhe | Radèn Tasikwajèku | garundêlan samargi-margi | dhuh pêcah kêpalanya | si kêna bêbêndu | nora kaprah ngalam donya | si pêpèdhêp dèn awas kalêbon têlik | dutane Raja Arab ||

23. saya lêpas Arya Guritwêsi | tan winarna lampahirèng marga | sinigêg wau praptane | jawining kitha sampun | kitha iku sajroning langit | kabèh wong sajron kutha | tan ana puniku | ngrêratêngi kang tinadhah | pan rinayat marang Rabusamawati | tan kêna olah-olah ||

24. lamun ana kukus kang kaèksi | pinariksa mring sira narendra | ya apa kêkurangane | saking nugrahaningsun | kang bêbêthak wadya sang aji | anèng jabaning kutha | lêksan pawonipun | akêthèn sanggon kewala | kang ajaga jagule apan sakêthi | bupatine sadasa ||

25. pitung lêksa sêmbêlehannèki | sadinane unta blêgêdaba | sênuk warak miwah banthèng | kinarya ulamipun | duk puniku Umarmayèki | kèndêl jabaning kitha | nuju ing wêwarung | abarêngan dènnya lênggah | lan kapala juru bêthak mulih gilir | alèrèn lan Marmaya ||

26. sigra Adipati Guritwêsi | mêdalakên juwadah lan kalwa | saking ing jro kêkasange | pinangan apan sêngkud | wong kang lèrèn padha kapengin | Umarmaya têtawa | milu mangan cakut | kapala kang juru bêthak | satêlase Umarmaya ngambil malih | saking kêkasangira ||

27. wong mêmarung pan [pa...]

--- 2: 54 ---

[...n] sami kapengin | tinawanan sami tumut mangan | kacaryan enak rasane | tinakonan angaku | wong padesan kang saking wukir | saking mêntas nglêlana | sangkan alitipun | ing mangke ayun uninga | ing kuthane Gusti Rabusamawati | wong ika anggraita ||

28. tan ataha wutah dènira ngling | Umarmaya alon wuwusira | wong iki tega ujare | paran ing tingkahipun | inggih gusti sang maha tinggi | karya langit kasapta | udan miwah mêndhung | surya lintang lawan wulan | kilat thathit punapa ingkang kinardi | wong ika saurira ||

29. sêsotya gung gilap suryanèki | sagung rêtna-rêtna sêsotyendah | ing langit isèn-isène | sinung sêsêntilipun | samya obah lamun tinarik | dadya pating galêbyar | lintang lan andaru | dene yèn akarya udan | langit wêsi punika kang kadi irig | soring langit têmbaga ||

30. langit kuningan nginggilirèki | langit sêlaka ing nginggilira | langit suwasa luhure | langit kancana murub | ingkang munggèng nginggil pribadi | kang dadi toya udan | sirahing toyèku | lêlampahan pitung dina | nginggil gunung udan lan kang dadi kali | saking doh tinalangan ||

31. talang wêsi cagak sami wêsi | talangipun linapis salaka | satus kaki pan jêmbare | toya kang saking gunung | tinalangan praptanirèki | toya sajroning kutha | yèn katiganipun | pinirèkkên nêngên ngiwa |

--- 2: 55 ---

anjog larèn sabane ing kutha sami | yèn rêndhêng jog jro pura ||

32. saluhure pan ing talang wêsi | talangipun linapis salaka | toya tinalangan joge | mring langit wêsi iku | cinarancang kang kadi irig | gèdhèg Marmaya ngucap | luwih budinipun | lawan sugih rajabrana | sugih bala dadine panggawe iki | nutug anasar-nasar ||

33. srêngengene sotya pirang kêthi | tinrêpakên ing watu mutyara | ing rina wêngi ancêre | sinèrèd ing wadya gung | ngetan ngulon abola-bali | wulane ya mangkana | amung lintangipun | mathok mung sêntil kewala | kang tinarik mrih obahe ting parêlik | katon pating galêbyar ||

34. datan uwus winuwus ing tulis | pratingkahe Natèng Jaminambar | salakune salewane | tuhu akarya jêtung | karya ngungun ingkang miyarsi | gawok isining jagat | sawênèh gumuyu | panggawe mêtu ing akal | dudu cipta kang mêtu kalawan sikir | amung kalawan rosa ||

35. ingkang Malaekat Mukarabin | ratu sakawan gagah prakosa | Surakal Jabaraile | kang nurunakên wahyu | pan Surakal puniku sêkti | sugih sikir lan kêmat | istijrate kabul | bisa angambah gêgana | sarta sarat nurut kukus mênyan ugi | yèn mumbul ing awiyat ||

36. kang jumênêng Malekat Jabrail | Ngijraile Sang Raja Duljalal | agung aluhur dêdêge | kêras puniku ratu | aprakosa boboting [bo...]

--- 2: 56 ---

[...boting] jurit | sudibya măndraguna | dene Raja Mangkruk | kang dadi Mikailira | lurah banyu dene kang dadi Israpil | Ratu Raja Sapardan ||

37. wontên ratu kêmbar angajrihi | gung aluhur dêdêg anyatus gas | wulu walingi jajane | gimbal ing remanipun | wulu langsêp sariranèki | puniku kang kinarya | Kirun wa Nakirun | angangge topèng andina | siniyungan kancana nêm dhêpa sisih | jêjuluking narendra ||

38. Raja Gugrug kang tuwa namèki | Raja Guntur nênggih kang taruna | ing Gêndhara kawijile | kuthane ratu iku | malaekat aruman nênggih | Raja Kasim kang nama | warnane abagus | malekatira Kutubah | Raja Wahas Raja Ishan kang sawiji | puniku ratu kêmbar ||

39. ing Nusabèn kuthanira nênggih | Raja Surakal ratu ing Garnat | puniku naking-sanake | Duljalal ratu agung | ing Barsahèl kuthanirèki | Sapardan ing Muntara | nagaranira gung | Raja Mangkruk ing Guwagal | sami ratu agung-agung kang kinardi | malekat kang Mukarab ||

40. malaekat kang papat pêpatih | têgêsipun sami kasalira | dene ratu rerehane | nênggih angênêm atus | para ratu kang măncabumi | sami ratu pangarsa | ping pat ngênêm atus | watês suruping baskara | pinggir langit kang kilèn tan wontên malih | gustine para raja ||

41. kabèh ngidhêp amangeran sami | marang sang nata ing Jaminambar | alêksan para ratune | Ki Umarmaya ngungun | sawusira anglèng kang warti | bubar

--- 2: 57 ---

kang palerenan | Umarmaya laju | mingêr ngalèr loring kutha | kang dèn angkah ngandhaping talang anênggih | yun wruh rakiting talang ||

42. lawan margine minggah ing langit | bale ngaras ênggèning Sesalam | sarta lan malaekate | Radèn Tasikwajèku | ciptanira momor yun manjing | Malaekat Mukarab | langkung panasipun | tyase Dipati Marmaya | eling-eling wong Jaminambar dèn eling | ana têlik prawira ||

43. dadya giro nèng marga pribadi | wau ta Dipati Tasikwaja | saking kêbêkèn nêpsune | tambuh pambuwangipun | melat-melot samargi-margi | nanti mar Saesalam | angaku Hyang Agung | liwat saking tanpa nalar | hèh dubilah Raja Rabusamawati | wal arli ya pangajha ||

44. ing têgêse rabusamawati | pangeraning pitung langit ika | kalawan pitung bumine | wau ta lampahipun | adipati ing Guritwêsi | sakèthèng kilèn prapta | ngandhap talangipun | langkung eram dènnya mulat | sugih têmên rosa têmên ratu iki | emane tanpa akal ||

45. adoh pitutur wong kene iki | lamun wruha iki mring Pangeran | mendah ta baya wuwuhe | ing kaluhuranipun | yèn nêmbaha marang Hyang Widhi | sasat Sultan Iskandar | gung karatonipun | Marmaya anurut talang | ing ngandhape nyacahkên kang saka wêsi | kang măngka cagak talang ||

46. pan pinanggih wolulikur kêthi | pan sapêluk gêngira sadaya | anigang atus [atu...]

--- 2: 58 ---

[...s] luhure | sakawan luhuripun | agung gèdhèg Umarmayèki | prapta sirahing toya | Marmaya mêndhuwur | minggah ing wukir Jambawan | goning umbul salawe kang dèn talangi | winacak suji rancang ||

47. balanipun Malekat Mingkail | kang anganglang ing toya punika | Raja Makrub Mingkaile | Guwagal prajanipun | Adipati Marmaya ngaksi | yèn ana kang anganglang | singidan gènipun | ngangge topong saking Ngajrak | malaekat tan ana ingkang udani | Ki Umarmaya wikan ||

48. wong kang nganglang toya dèn parêki | kabèh Malaekat Mingkailan | ana dinumuk bathuke | anjumbul nora wêruh | Umarmaya mèsêm ningali | iki malekat apa | têka nora wêruh | maring ing janma manusa | padha gelo malaekat kene iki | padha malekat para ||

49. jaga banyu padha sangu roti | kalumpukan rotine agêlar | lan iwak menda sinujèn | lah ingsun lagi ngrungu | malaekat amangan roti | mangan subêkanalah | iku adatipun | malekat ing Jaminambar | ya carobo ngising padha mêtu tai | mambua ing sri nata ||

25. Sinom

25. Umarmaya suwita Prabu Rabusamawati

1. Adipati Tasikwaja | anapuk malekat siji | anggêro akalayaban | pilingane ngêmu gêtih [gê...]

--- 2: 59 ---

[...tih] | bature anulungi | kêna apa iku mau | tan wruh purwane padha | tatune darijinèki | ngêmu gêtih baya tinapuk ing setan ||

2. wusnya suwe kalayaban | kalêngêr tiba anjêngking | rubung kancane kèh prapta | ana graita sawiji | kiye baya dhêdhêmit | ing kene kang tunggu umbul | singit umbul Jêmbawan | payo nuli dèn sajèni | dimèn aja galak payo pinarsanak ||

3. asuka sang adipatya | anyandhak watu sawiji | itêm abundêr samaja | binalangakên tumuli | kêna dhase sawiji | narajang bathuk kumêpruk | pêcah wonge aniba | anjungkêl gumuling siti | sami kêkês malaekat padha gundam ||

4. kasaput dalu samana | prasamya mangisor mulih | pajagan langit kaping pat | goning Malekat Mingkail | balane tur upêksi | mring Mingkail Raja Mangkruk | yèn kancane kang tiwas | kêkalih pinangan dhêmit | kalihipun sami mèh kalêngêr tuwa ||

5. parentah têka mênênga | iku uga wong jro puri | dutane Sang Hyang Wisesa | kang rumêksa toya iki | sira kang dèn aruhi | aja camburwan sirèku | tukang toya turira | dene wong ngaruh-aruhi | watu itêm samaja olèh dhas pêcah ||

6. wau ingkang kawuwusa | Adipati Guritwêsi | ing dalu kalumpuk akal | apa ingkang dadi margi | kênaa amor manjing | sigra jêmpole malênthung | tăndha

--- 2: 60 ---

wus antuk akal | Umarmaya ciptanèki | pan akarya pratingkah pangeram-eram ||

7. darapon tinampanana | pangwulane ki dipati | malbu Malekat Mukaram[4] | ki dipati malih warni | lan anjaluk sirèki | saking jro kêkasangipun | clêmpung alit punika | basa Lumayu kêcapi | kinalungkên ing gulu panabuhira ||

8. apan mung kawat têtiga | manut ing kidungirèki | calêmpung iku kinarya | padal ing sakidungnèki | anjaluk swara malih | ingkang mèmpêr Nabi Dawud | kumêdut kasangira | pratăndha yèn anuruti | lan parau gabus jêmbare saasta ||

9. kang ginawe lumah-lumah | pangurip sasada miring | sawusnya wau samakta | Adipati Guritwêsi | sigra dènnya angèli | malumah nèng palwa gabus | muni kêcapinira | winor kidunge amanis | ngênthêt-ênthêt swarane arum alaras ||

10. calêmpung tumumpang dhadha | ukara kidung angrawit | tinêpungan lan irama | kidunge lawan kêcapi | mêncit akêlip-kêlip | piniyarsa nganyut-anyut | lir gêndhing parayangan | kadya sêndhoning dhêdhêmit | kang miyarsa tyase gila amangkarag ||

11. galadhi anglangi bathang | mangisor mêsat manginggil | sêbat-sêbut saking ngandhap | pêsate nungsung wus dadi | nulya lajêng angèli | marang kitha badhenipun | palwane gabus kêna | binêkta mêsat manginggil | pan karakêt kalawan saliranira ||

--- 2: 61 ---

12. praptane pukul sadasa | wancinira pan ing wêngi | kang tugur sajawinira | ing langit kaping pat sami | ya ta ngidung parasi | barêng kêcapi angungkung | kagyat sagung wong jaga | mangkat sami dèn tingali | duk katingal sumêbut panginggilira ||

13. eram sagung kang anjaga | nulya sami linggih malih | antara ana saêjam | kang mindha malekat prapti | angidung dèn padani | kêcapinira angungkung | wong saos sami gita | aningali ngadêg sami | Umarmaya mêsat malih nungsung toya ||

14. saêjam malih praptanya | nutut nora mêsat malih | wong kang saos atêtanya | sintên ta tuwan puniki | Umarmaya nauri | anyêntak sarwi ambêkuh | hèh kănca Mingkailan | padha tiwas sira iki | nora wêruh titahe Pangeranira ||

15. Pangeranmu nitah anyar | iya malekat sinêlir | nora para kaya sira | Sênthotmole ingsun iki | apan kinarya miji | ing Pangeran Sang Arabus- | samawati wal arla | norapik lurahirèki | wong mangkono linêbokkên malaekat ||

16. ngajarakên nora tata | karya malekat kur urip | carobo wong Mingkailan | mangkana ing nalikenjing | malekat ing jro sami | kabayan kang nganglang matur | Malekat Jabrailan | mênangi praptanirèki | matur solah pratingkah malekat anyar ||

17. abungah marwata suta | Raja Rabusamawati | gumêndhung nyatakkên karya | nitah

--- 2: 62 ---

malekat amiji | Sênthotmole namèki | ing dalu pukul sapuluh | têdhak langit kaping pat | marang talang ingkang warih | amanggihi kang ngaku malekat anyar ||

18. prapta ing langit kaping pat | Raja Rabusamawati | ênggène sungapan toya | ginrêbêg ing Mukarabin | munggèng ing kursi manik | kursi kang pindha jumêrut | jenggote patang asta | inganggit lawan sotya di | pan kalêbu intên mirah lan mutyara ||

19. intên nêm atus kêmbaran | jumêrut nila widuri | kalawan ingkang mutyara | kang barancuh sêsotya di | wontên nêm atus malih | kêmbarane kang barancuh | murub agêbyar-gêbyar | jêjenggote sri bupati | lamun dalu dadi obor yèn lumampah ||

20. dhatênge langit kaping pat | Raja Rabusamawati | aglar malekat Mukarab | mangkana Marmaya prapti | ngèli ngidung parasi | calêmpunge sênthuk-sênthuk | winor ing kidungira | angadêg sri narapati | ngawe-awe gumujêng sarwi angakak ||

21. hèh kawulaningsun anyar | kang sun titahakên luwih | sun ugung kadadènira | sun kacèk lawan sirèki | lawan kang akèh iki | sun dadèkkên ingsun ugung | saking gawean ingwang | Umarmaya mêntas saking | jroning talang lajêng sujud ing bantala ||

22. batine ki adipatya | asujud marang Hyang Widhi | lamun nora asujuda | kacêthikan solahnèki | dènnyarsa bujung bêlis | marmane momor puniku | ki dipati karsanya |

--- 2: 63 ---

kênaa dèn parêpêki | aja luput batine bêbandhêmira ||

23. sujude Ki Umarmaya | adhapur tigang prakawis | kang rumiyin sujud mansar | pan kadi garaji miri | rongèh amalangkêrik | macicil sarwi malêmbung | ping kalih sujud baka | tan osik kadi ngêmasi | têkan napasira saêjam tan ana ||

24. sujud muntalèk ping tiga | ginantung sukunirèki | mung asta siji tumapak | ngandika kang ngaku Widhi | payo lèrèna dhingin | tampanana rahmat ingsun | matur Ki Umarmaya | ya ilahi ya iblisi | ing têgêse tuwan Pangeran kawula ||

25. dudu Ratu Jaminambar | Pangeran ingkang sayêkti | ya iblis samahlubina | tutuge pangucap batin | sabên matur sang aji | tinawilan banjuripun | têgêse Saesalam | sira setan luwih mukir | kang binêndon bakale wong kaya sira ||

26. kabatinane mangkana | laire kalangkung manis | dhuh Sang Rabusamawatya | Pangeraning pitung langit | wal arli pitung bumi | panêdya tuwan kang wau | sun titahakên sira | sun kacèk sira sayêkti | iya lawan kabèh gêgawean ingwang ||

27. milane amba punika | darbe sujud tigang warni | gih saking panitah tuwan | angguguk sri narapati | gawok sri narapati | sagung malekat Mukarub | jungkir Ki Umarmaya | sukune nginggil rêspati | dalamakan karo ginawe anêmbah ||

28. batine ngagagi dhupak | lair sukane tan sipi | Sang Aprabu [Apra...]

--- 2: 64 ---

[...bu] Jaminambar | gumuyu apijêt ati | gya Umarmaya jêngking | kêkayang sarwi malêmbung | gumêr sabèh kang mulat | solahe sang adipati | Saesalam tyasira cilik prabata ||

29. dene ta kabisanira | nora dèn aku pribadi | kuwasane kang anitah | Gusti Rabusamawati | kinarya angluwihi | lan sadaya kancanipun | iku pangucapira | nuju kathah kang miyarsi | jêblak-jêbluk tyase Prabu Jaminambar ||

30. winêdalakên sadaya | kabisane ki dipati | dènira namur ngawula | Raja Rabusamawati | ngêntèk sukakirèki | dènira agung ginunggung | têtêp pangwasanira | tuhu wong bodho ing pikir | kabisane mung sugih kalawan rosa ||

31. sapa ngasorakên ingwang | bala ngong kadi jaladri | baranaku tan petungan | lawan kuwating ajurit | mila ngaku Hyang Widhi | saking gunging balanipun | lawan sugihe brana | pangrasane soring langit | nora nana kang rosa kang sugih brana ||

32. kang sugih bala prawira | amung Rabusamawati | lali lamun jagat jêmbar | isine akèh winarni | wau kang namur ngabdi | ingawe inguwuh-uwuh | hèh titah ingsun anyar | iya kang sun gawe luwih | ingsun lali sira sun jênêngkên sapa ||

33. matur nêmbah Umarmaya | kala amba tuwan pêtik | yèn mangke amba matura | owêl kang miyarsa kêdhik | yèn kathah kang miyarsi | têtêp ing pangandêlipun | ngimankên lamun tuwan | tuhu Pangeraning bumi | dene ingkang pakartine karya smara ||

--- 2: 65 ---

26. Asmaradana

26. Umarmaya dados pangagênging Malaekat

1. Raja Rabusamawati | nimbali para malekat | kang wontên langit kapindho | miwah nèng langit ping tiga | tuwin langit ping lima | kaping nêm prasamya ngumpul | marang ing langit kaping pat ||

2. sami kinèn aningali | solahe malekat anyar | kang mêntas tinitahake | sadaya pan kagawokan | gujênge bata rêbah | kabèh pan sami anggunggung | pangwasane kang anitah ||

3. kang sawênèh ana angling | tuhu luwih gustiningwang | iku nitahkên mangkono | tan kêna kinaya ngapa | gêgaweane Suksma | tuhu Sang Hyang Maha Luhur | kêkutha nèng Jaminambar ||

4. ngulatana soring langit | măngsa ta dadak antuka | wong mangkono tanagane | iku ta Sang Hyang Wisesa | yèn gawe kaelokan | yêkti tan kêna tiniru | ing padha-padha manusa ||

5. mangkana Sri Narapati | Jaminambar angandika | kang asujud kinèn lèrèn | maring ngarsa mlaku nungsang | sirahe kang lumampah | lawan siji astanipun | sukune apêpulêtan ||

6. nêmbah suku wanti-wanti | gumuruh gujênging kathah | dupi prapta ing ngarsane | Rabusamawati mojar | sun lali namanira | iya ing pangganjar ingsun | kang mindha-mindha turira ||

7. duk malêm Salasa wêngi | tuwan wuru-wuru [wuru-...]

--- 2: 66 ---

[...wuru] panjang | brênduwin anuntên mire | angiwa paduka mutah | riyak paduka kathah | awor brênduwin pukulun | anuntên panabda tuwan ||

8. hèh riyak ingsun brênduwin | sira dadia malekat | ingsun luwihakên dhewe | jênggèlèk kawula dadya | suka jumbul sang nata | anggêro dènnya gumuyu | ya mangkono sabdaningwang ||

9. Malekat Tarijul Takwil | punika basane Arab | basa Jawa Sênthotmole | Sênthotmodot iya tunggal | dene kêluwar panjang | iku basane Lumayu | mangkana wong Jaminambar ||

10. ngidung malih Marmayèki | kidunge cara bêngkuwang | wong Jaminambar nora wroh | lamun Jawaa mangkana | eling wong Jaminambar | kang sira anggêp Hyang Agung | tan pantês agêgêmblungan ||

11. sun gorohi anuruti | tak umpak jêbul abungah | dudu riyak-riyèk ingong | uwis ta wong Jaminambar | awasna Allahira | tan gêgoroh milu gêmblung | angarah guru alêman ||

12. pangakunira Hyang Widhi | riyake wuru winginya | iya nora kêdhah-kêdhèh | prandene nurut kewala | amrih ginunggung kathah | nanging kalangkung sinamur | pratingkahira Marmaya ||

13. pra malekat dèn dhawuhi | ya malekat ingsun anyar | arane Si Sênthotmodot | pan iku kêkasih ingwang | kabèh padha ngidhêpa | apa satuture iku | padha sira lakonana ||

14. sigra kondur sri bupati | marang langit [langi...]

--- 2: 67 ---

[...t] kaping sapta | langit kancana ênggène | ing ngriku balane ngaras | ênggène Hyang Wisesa | Malekat Modot tan kantun | sêdya nut satingkahira ||

15. Malekat Tarijul Takwil | langkung saking kinasihan | ya Ki Sênthotmole-mole | praptane langit kancana | lênggah ing bale ngaras | kang angaku Raja Rabus- | samawati angandika ||

16. ingsun larihi brênduwin | hèh malekat ingsun anyar | sigra cinandhak kupine | lawan gêlas kang sinotya | linarih langkung suka | hèh sira malekat ingsun | sun larihi anginuma ||

17. linarih sampun atampi | duk sêmana byar raina | sira Ki Malekat Modot | binêkta mêng-amêng marang | kaswargan ing sang nata | wus prapta ing sawarga gung | ingkang ginêbyog kancana ||

18. kang kinarya cêngkir gadhing | balarak lawan tapasnya | kancana ingkang ginawe | miwah karambil dawêgan | garing samya kancana | tanapi galugunipun | êmase kalangkung tuwa ||

19. ênggène angapit kori | dene wit-witan sadaya | godhong pinupusan cindhe | agodhong kêling sadaya | kinayu apu abra | cèlèng mas kuldi mas agung | jaran mas miwah banthèng mas ||

20. buron alas buron kali | kang kinarya mas sadaya | sabilik saênggèn-ênggèn | myang gène widadarinya | sadaya putri tawan | kang ayu-ayu pinunjul | Umarmaya tinawanan ||

21. hèh malekat ngong lilani | sun kawênangakên [ka...]

--- 2: 68 ---

[...wênangakên] sira | ngubêka kawidadarèn | sun kawênangkên miliha | widadari kang endah | sun ganjarakên sirèku | têtêpa wismèng suwarga ||

22. Malekat Tarijul Takwil | sujud alon aturira | pukulun pan inggih dede | adate kang malaekat | lamun laki rabia | langite manawi rubuh | kêni rêngune tyas tuwan ||

23. yêkti dadi wrêjit cacing | yèn amba anglampahana | tiwas pun Malekat Modot | yèn angajapa cintraka | guguk alatah-latah | yèn kalawan sukaningsun | măngsa si nêmua papa ||

24. amêksa-mêksa tinampik | milane lumuh kalintang | manawi awon tamtune | kawula miyarsa warta | inggih isining donya | wontên malih luwih agung | prajurit pêpakuning rat ||

25. saking bang wetan puniki | tanah Arab ing Kuparman | kadi tuwan prabawane | manawi panas murina | tuwan angaku Allah | wong agunge bilih purun | mêmêngsahan kalih tuwan ||

26. tekad tuwan kang tinarik | dhatêng agama manusa | nagari ing Rokam mangke | lan Kalakodrat Sorangan | sampun nungkul kaidak | suka ngakak sarwi guguk | kaliru pangrungunira ||

27. mangkene lakune yêkti | Si Gulangge kirim layang | duk tanggal ping pat praptane | kang muni sajroning layang | ana wong agung prapta | sugih bala para ratu | kadi wutahing samodra ||

28. nêdya nungkul marang mami | pan wurung duwe Pangeran [Pange...]

--- 2: 69 ---

[...ran] | milarsa suwita ingong | Si Gulangge apan lagya | sêmaya ngatêrêna | wong wetan kang prapta nungkul | tanah Ngarab ing Kuparman ||

29. anggawa ratu sakêthi | badhe dèn srahkên maringwang | ratune wong wetan kuwe | mung nêdya kawulakêna | awake pan angrasa | manawa kawruhan ingsun | tan wande prajane rusak ||

30. kaya sasi ngarêp iki | praptane wong agung wetan | kang dèn irid Si Gulangge | wus ingsun cawisi prênah | jabane langit wetan | ing ara-ara Jamirun | jêmbar kamot sabalanya ||

31. ya ta wau ki dipati | angguguk ing kabatinan | iki ta alah maloto | Allah ta wong Jaminambar | gêndhungan laku sopak | iya rasakna êndhasmu | têka bisa laku dora ||

32. mêcahakên dhasmu iki | wong Arab măngsa têluka | marang ratu kang mangkono | bisa gawe-gawe ojat | lah têka bêtahêna | măngsa ta wurunga gêmpur | durakamu nora kaprah ||

33. sadina dènnya palêsir | wus dangu kondur sang nata | marang ing bale ngarase | nimbali para kabayan | Malekat Jabrailan | Ngijrailan sami rawuh | Mingkailan Ngisrailan ||

34. kabayane sami prapti | wontên satus malaekat | angalih wêlas balane | Mingkail Ngisrail prapta | nayuban sang mahraja | kêdhik amung rencangipun | têdhak anèng bale ngaras ||

35. Marmaya kinèn ngêcapi | sarwi angidung lêlewa [lê...]

--- 2: 70 ---

[...lewa] | langkung sukane sang katong | malaekat kabayanan | gujênge bata rêbah | anutug kasukanipun | Malekat Modot lêlewa ||

36. akèh malekat gulinting | sayah ing panginumira | gumuyu Malekat Modot | lah iku padha malekat | têka kêna karipan | kêna mêndêm kêna lêsu | alah iya rasakêna ||

37. sangsaya kathah gumlinting | rêbah ing saênggèn-gènnya | Marmaya nglarihi manèh | winoran paekanira | Dipati Tasikwaja | ing darubêsi cinampur | darubêsi sawatara ||

38. mung Sang Rabusamawati | gumujêng maksih alênggah | dèn angkoh-angkoh tibane | mêsêlate Umarmaya | kinèn anglarihana | pinrih ing katungkulipun | sinambi sarta lêlewa ||

39. linêbonan darubêsi | sagêgêm ing gêsalira | dhasar wus sayah sang katong | mèh rêbah dening waragang | linarih mring Marmaya | sigra nginum Raja Rabus | pan lajêng rêbah mring wuntat ||

27. Pangkur

27. Rabusamawati dipun cukur Umarmaya

1. darubêsine angrêbda | sri narendra wus kadi angêmasi | ki adipati agupuh | sagunging lawang-lawang | kinuncenan Umarmaya sêdyanipun | tutuga sapolah-polah | dènira gawe bilai ||

2. malekat satus kabayan [kaba...]

--- 2: 71 ---

[...yan] | binuntonan irunge darubêsi | kabèh wus kadi wong lampus | saênggoning balasah | langkung suka ki adipati andulu | sigra ngambil pamalingan | peso landhêp kadi angin ||

3. cinukur jêjenggotira | sira Rabusamawati wal arli | sandhangên mêngko gundhulmu | iya wong ngaku Allah | wus barêsih jenggote tinêkuk-têkuk | sampun winadhahah kasang | patang asda[5] panjangnèki ||

4. nulya cinukur risahnya | wus balindhis bathukira tinulis | asu jodhon lawan munyuk | wurine ngasu gènnya | ambêbidhung angiwi-iwi mring asu | nilawêrdi kang kinarya | asu irêng bêlang kuning ||

5. sirah tinulis sadaya | cinalorèng nulya malekat sami | wau kêbayan kang satus | kabèh wus cinukuran | kèh warnane ana lingsang ana kuwuk | tur samya jodhon-jodhonan | ana lutung lan trênggiling ||

6. ana pinèrèt kewala | ana ingkang kinuncung kinuciri | ana papat kuncungipun | kathah winarna-warna | nulya kêndhi pangunjukanira prabu | sigra kang kêndhi sinuntak | sinalinan kang giguhi ||

7. nulya Marmaya nênurat | iya tunggul panantang ing ajurit | sinèlèhkên karangulu | nêlas pêpacuhira | Adipati Marmaya pan arsa mêtu | mêdal saking bale ngaras | kesah nurut talang malih ||

8. nungsung lampahira prapta | sirah toya lajêng tumurun aglis | margi lama jêbulipun | lajêng sang adipatya | rêrikatan manawa ana kang nusul |

--- 2: 72 ---

Ki Dipati Tasikwaja | agung dènnya nampèl wêntis ||

9. wusnya lêpas lampahira | praptèng wana simpangan ingkang margi | kaki tuwa tuduhipun | kang anjog Jamintoran | lajêng menggok ing lampah wus tigang dalu | eca nèng margi wus nimpang | Adipati Guritwêsi ||

10. atata ing lakunira | ayêm nora ana ingkang ngregoni | amung nênêdha Hyang Agung | jinurunga raharja | kunêng wuri Jaminambar kang winuwus | apan kongsi tigang dina | kalêngêr ing darubêsi ||

11. katungkul para malekat | Jabarail iku luwih pribadi | lungguh lan panêkaripun | sira Prabu Surakal | lah ta adhi kadingarèn Sang Hyang Agung | têlung dina iki towang | tan ana anênimbali ||

12. seba mring langit kasapta | karsanira Surakal Jabarail | prapta bale ngaras sampun | dhêdhêp tan ana swara | maras ing tyas ana pa tanpa swarèku | kalamun acangkramaa | iya nora tilar mami ||

13. angintip korining ngaras | katingalan sami pating gulinting | manjing Ki Surakal sampun | ngungun atêbah jaja | mulat nganan ngèri samya kabarubuh | tan ana ingkang anawa | iya ingkang darubêsi ||

14. nadyan kongsia sawulan | lamun nora tinawa tan anglilir | Surakal angambil gupuh | lênga wijèn kalawan | jêruk pêcêl sigra tinawa sang prabu | janggèlèk wungu karasa | sirahipun pan apêrih ||

15. ngambil kêndhi pangunjukan | duk ingunjuk rasa gănda tan yukti [yu...]

--- 2: 73 ---

[...kti] | binanting kêndhi malêdug | sigra ngusapi sirah | lan jêjenggot sirna labête cinukur | mundhut paesan pinasang | paesan sigra binanting ||

16. anglênggêr Sri Saesalam | kang malekat satus dèn panawani | marang Si Surakal wau | sarêng tangi sadaya | ting cakikik asami guyu-ginuyu | taha mulat mring sang nata | jêtunge duka prihatin ||

17. Surakal maring ngajêngan | angandika Sang Rabusamawati | hèh Surakal paran iku | apa mêngkene iya | mulat wau kang tumumpang karangulu | karêtas nulya cinandhak | tiningalan isi tulis ||

18. inguncalkên mring Surakal | lah wacanên layange sapa iki | nulya winaca asêru | têmbunge punang sêrat | hèh Sang Prabu Jaminambar si bêbêndu | dene girang guyu sira | tan wêruh kalêbon têlik ||

19. ananjak karti sampeka | ya pangendrajala maling sinêkti | baskara amara sandu | kumprung pêngung ta sira | satriya Rab pangeran ing Silahulun | wong agung ing Tasikwaja | Adipati Guritwêsi ||

20. satriya ing Giripura | tambak cangkol pothèt panglaya nabi | Guritwêsi murdèng kewuh | si sêdhêng luwih kurang | Kakungingrat ya iki kadange sêpuh | tanggulange pramudita | wong Jaminambar dèn eling ||

21. apa jampêng tan miyarsa | gêgobogmu sangisoring wiyati | ana wong agung pinunjul | trah Ngarab lair Mêkah | angadhaton tanah Kuparman kutha gung | bêbala lêksan [lê...]

--- 2: 74 ---

[...ksan] narendra | Kalana Surayèng Bumi ||

22. mêngko wus ana ing Rokam | lir samodra wadya miwah prajurit | tiwas apa ta gunamu | măncapat măncalima | wus kancikan gêgaman nora angrungu | kang badhe anglêbur iya | gonira akarya langit ||

23. mocot utamangganira | lan ginêmpur ing Jaminambar iki | jêrokna larènirèku | langitmu dhuwurêna | isènana sawêndra bêbala ratu | lah iya padha kumpulna | kabèh dandanan ngajurit ||

24. muwuhana malaekat | kurubiyun milihana rasêksi | kuthamu pan nora wurung | gêmpur de wong Kuparman | ngulu watu ratu kêna jenggotipun | eling-eling babo sira | hèh Sang Rabusamawati ||

25. wus titi layang gung duka | hèh jujulên Si Modot ana ngêndi | layak mubêng durung mêtu | têka ing langit ingwang | arêp karya pakewuh gêng ngarubiru | bêndhe kang para malekat | angubrês sajroning langit ||

26. Surakal ngambil cêndhana | lawan mênyan ubêkan jroning langit | Surakal wus awor kukus | ngubrês langit sadaya | wus tan ana têliking Kuparman laju | sayêkti mring nagri Rokam | mring gone gustinirèki ||

27. Surakal arip wus prapta | matur nêmbah ing Rabusamawati | dede kinăntha pukulun | tuwan punika mêngsah | pan Wong Agung Kuparman awrat satuhu | dene sugihe dandanan | agal alit pait manis ||

--- 2: 75 ---

28. Dhandhanggula

28. Umarmaya manggihi Prabu Sadarsalam

1. yèn suwawi tuwan angêrigi | para ratu sadaya praptaa | kang salawe èwu dene | nuntên rerehanipun | pra dipati măncanagari | yèn sampun sami prapta | para ratu-ratu | inggih sae tinimbangan | wong Kuparman balane kadi jaladri | ing tandhing tan kuciwa ||

2. ing jajahan sawatêsing langit | ingundhangan lare limang kilan | yèn lanang kang kêna gawe | karana ta pukulun | ing punika pungkasan inggih | yèn tuwan mênang ing prang | lan wong agung iku | sayêktine nora aprang | malih-malih igih[6] sangisoring langit | sintên kang purun nglawan ||

3. liya prajurit kakunge bumi | ya ta nurut anglampahkên duta | turăngga ewon dutane | nêngna Sang Raja Rabus- | samawati adandan baris | ngrakit kapraboning prang | busanèng wadya gung | wau ta ingkang winarna | lampahira Adipati Guritwêsi | sampun anèng simpangan ||

4. wana Jamintoran dèn anciki | pan pinêlak wau lampahira | agung tinampèl pupune | dadya amamprung-mamprung | ki dipati ing Guritwêsi | ingkang lakon sawulan | ing sadina rawuh | mangkana saturutira | lampahira ing marga datan kawarni | prapta ing Jamintoran ||

5. manjing kutha enjing [e...]

--- 2: 76 ---

[...njing] sang dipati | lajêng marang kori panangkilan | nuju sang nata wijile | tan kari rajasunu | pan supênuh ing păncaniti | satriya pra dipatya | miwah para ratu | aglar adine amănca | wong kang tunggu kori ingkang dèn takoni | ing kene apa ana ||

6. wong nênêka sing liya nagari | satriya nom apêkik kang warna | kang tunggu lawang saure | inggih wontên puniku | saking taman Iskandar nguni | rajaputri kang angsal | kala nêdya adus | marang wana Jaminingrab | inggih taman Iskandar kang siti putih | ngriku manggih satriya ||

7. mangke sampun tinunggil sang aji | sinrahakên nagri Jamintoran | inggih bang-bang lum-alume | prabu anom puniku | sang dipati ing Guritwêsi | dêlap têmên sang nata | apa rêp minantu | pan iku têtukon ingwang | lagi minggat yaiku ingsun ulati | angling wong tunggu lawang ||

8. sira iki wong tuwa punapi | liwat sarune pangucapira | pan narpaputra nèng kene | ingêla-êla langkung | dhasar moncol prawirèng jurit | tur têrahing Kuparman | wijining aluhur | dene wani-wani sira | cala-culu apa rika iki baring | macicil Umarmaya ||

9. puluh-puluh ujêr tukon mami | ya pagene wêdia angucap | lah mara aturna age | dadi bilainingsun | nora nyambat marang sirèki | nadyan dèn sêsêmpala | sun labuhi tuhu | nora gumingsir satindak | apan sira iya wong ajaga kardi [kar...]

--- 2: 77 ---

[...di] | singa-singa munia ||

10. akon ngaturakên ing sang aji | apadene mring sang rajaputra | darma ngaturakên bae | bilai nora milu | jêr sabênêr-bênêre mami | tan anêdya cancala | gawe-gawe wuwus | samya gawok kang miyarsa | ana ingkang rada tuwa anglêmêsi | lah iku aturêna ||

11. nora bênêr ngandhêga sirèki | apan uwis unine mangkana | tinêmah sinandhang dhewe | têka matura gupuh | mumpung sêdhêng lagya tinangkil | sang nata lan kang putra | wong atunggu pintu | siji marang panangkilan | ingkang kari angrubung samya ningali | maring sang wau prapta ||

12. ngawasakên angiling-ilingi | cacah warnane Ki Umarmaya | sinawang dene wanine | angucapakên saru | kang satêngah abisik-bisik | layak nora cak-êncak | barang tingkahipun | wong iki daluya bisa | sun badhea tan duwe wudêl wong iki | lêlewane katara ||

13. lan sêmune nora ngising tai | pêpantêse ngisingakên timah | anèh wong iki ulêse | kunêng kang samya ngrubung | wau ingkang atur upêksi | kang maring panangkilan | prapta ngarsa prabu | tur sêmbah yèn kori jaba | wontên prapta tiyang kayungyun satunggil | ulêse paripolah ||

14. nanging ngakên gustinipun nênggih | putra tuwan jêng gusti punika | kang dèn akên têtukone | kagyat miyarsa prabu | sarwi nolih kang putra aglis | mèsêm umatur sigra | punika pukulun | inggih gêlare pun uwa [u...]

--- 2: 78 ---

[...wa] | sok makotên Adipati Guritwêsi | sang nata angandika ||

15. kulup Ki Dipati Guritwêsi | kadange tuwa anaking-sanak | lan ramanira ginawe | ulubalang pakewuh | kang nanggulang ing baya pati | lurah pangendrajala | dhustha marasadu | wadana maling sajagat | yèn mangkono ingsun parêke pribadi | sasat Sang Kakungingrat ||

16. rajaputra umatur wotsari | nuwun sampun paduka tumêdhak | munga amba lan pun patèh | kewala kang amêthuk | sigra têdhak wau sang pêkik | pan sampun dhinawuhan | Patih Jahansirun | andhèrèk sang narpasuta | pra dipati sakawan ingkang angiring | praptane kori jaba ||

17. rajaputra wau duk ningali | mring kang uwa asru pinlajêngan | anungkêmi ing padane | kang putra gya rinangkul | mring dipati ing Guritwêsi | tumut angrangkul pada | Patih Jahansirun | matur paduka ngaturan | ing Sri Nata Sang Prabu Anyakrawati | Bathara Jamintoran ||

18. sami jomblong kang atêngga kori | mulat rajaputra ngrangkul pada | miwah ki patih anggêpe | mangkana aturipun | rajaputra lan ki apatih | Dipati Tasikwaja | maksih sênggruk-sênggruk | ngusapi netra lumampah | rajaputra angapit lan ki apatih | praptane panangkilan ||

19. têdhak Sri Bathara Nyakrawati | Jamintoran Prabu Sadarsalam | saking ing singasanane | ngurmati ing pamêthuk | ingkang prapta ki adipati | gapyuk asêsalaman [asêsa...]

--- 2: 79 ---

[...laman] | lajêng sang aprabu | nyandhak astane Marmaya | wus binêkta nunggil singasana rukmi | Marmaya kipa-kipa ||

20. nanging pinêksa ing sri bupati | sang dipati datan kêna selak | sang aprabu andikane | ki raka uga sampun | pakênira nganggo wêwadi | ing pangraos kawula | prasasat Wong Agung | Kalana Surayèng Jagat | ingkang prapta ing Jamintoran ing ngriki | nugrahaning kawula ||

21. ki dipati wau anuruti | wus anunggil anèng singasana | Prabu Jamintoran mangke | kathah prasabênipun | kula kakang sumanggèng kapti | Risang Surayèng Jagat | pamêngkuning luput | dening kawula punika | kaping kalih lêpat kawula sayêkti | mring Sang Surayèng Jagat ||

22. kang rumiyin wong agung wus lami | wontên Kalakodrat ing Sorangan | miwah ing Rokam bêdhahe | ngradin agami sampun | nagri kilèn ing sapuniki | apan sampun kaidak | prasami anungkul | ginêmpur ingkang abăngga | kula ingkang wus tunggil ingkang agami | têkaa botên sowan ||

Lajêng nyandhak Menak Jaminambar.

--- 2: [80] ---

Isinipun.

... Kaca:

15. Sambêtipun Pangeran Kelan kabêkta dhatêng Jamintoran. ... 3
16. Pangeran Kelan pêrang kalihan Sadarsal Sadarsil. ... 4
17. Pangeran Kelan dipun pacangakên kalihan Dèwi Sulasikin. ... 14
18. Prabu Kaharngalam ambalela. ... 19
19. Prabu Kaharngalam kapikut dhatêng Pangeran Kelan. ... 27
20. Prajurit Jamintoran pêrang kalihan prajurit Rulmuluk. ... 32
21. Nagari Rulmuluk bêdhah. ... 35
22. Prabu Kaharngalam sasêdhèrèk angsal pangapura. ... 40
23. Umarmaya madosi Pangeran Kelan. ... 44
24. Umarmaya anjajah kitha Jaminambar. ... 48
25. Umarmaya suwita Prabu Rabusamawati. ... 58
26. Umarmaya dados pangagênging malaekat. ... 65
27. Rabusamawati dipun cukur Umarmaya. ... 70
28. Umarmaya manggihi Prabu Sadarsalam. ... 75

 


agama. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang caraka ingandikan. (kembali)
prajanipun. (kembali)
Mukarab. (kembali)
asta. (kembali)
inggih. (kembali)