Menak (Jilid 6: Pupuh 01-11), Van Dorp, 1930, #1100

Menak VI

Sêrat Menak

Ôngka 6.

Anyariyosakên awit Menak Jayèngrana prang kalihan Raja Johanpirman, wontên nagarinipun Raja Bukmumêrtis. Saengga dumugi pêrangipun putra Kelan mêngsah kalihan Prabu Gulangge ing Rokam. Mawi kasêkarakên.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun tuwan G.C.T. van Dhorêp en ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Bandhung, ing taun 1930.

--- 6 : [0] ---

[4 halaman kosong]

--- 6 : [1] ---

Sêrat Menak ôngka 6.

1. Dhandhanggula[1]

1. pêpak sagung kang para narpati | saha bala sagêgaman wêndran | akirnan ngiring pangantèn | maring jroning kêdhatun | paningkahe anèng sitinggil | pangulu Umarmaya | wusnya ningkah tutug | linajêngkên manjing pura | para ibu wus anèng sajroning puri | agantya winursita ||

2. Prabu Sêmakun nêkakkên kapti | akasukan jroning pitung dina | angêntèkkên gêndhing kabèh | dunya dèn awur-awur | gung kasukan sangisor langit | kabèh cinithak saplak | mring Prabu Sêmakun | tan ana gethang sajuga | anutugi ing pakuwon Kaelani | dènnya karya kasukan ||

3. Ngambarkustup bumi gonjang-ganjing | madêpak budug yutan awêndran | tambuh-tambuh kèh swarane | gong bèri gurnang umung | amaguru gôngsa thongthonggrit | prahara sêkul ulam | banjir duduh-duduh | kang wadya jin ing Suwôngsa [Suwông...]

--- 6 : 2 ---

[...sa] | akasukan lan wadya jin Jonggiraji | nutug sukaning driya ||

4. dadi catur lawan dadi warti | dadi loke ing jagad wiryawan | Prabu Sêmakun karyane | dènira amêmantu | wus cinêndhak saguning kardi | pangantèn sih-sinihan | tutug among lulut | munggèng sajroning kêdhatyan | ingkang paman Sêmakun munggèng sitinggil | mangkana para nata ||

5. luwar saking kasukan pra aji | amaraskên lêsahing sarira | miwah sawadyabalane | kuwayon liya-liyu | wus mangkana ingkang winarni | Sang Prabu Johanpirman | pamiyarsanipun | putri Ngambarkustup panggya | langkung rame Prabu Sêmakun bawahi | tyasnya langkung bramatya ||

6. prajurite sêdaya wus prapti | para ratu kang amôncapraja | Raja Sumuk Sumburanèn | sira Raja Jongkuwung | nami Raja Barat Lumari | ratu ing Minangkowan | Sang Raja Samsukur | pan Raja Barik Minardan | Palangdini para ratu sura sêkti | môndraguna ngayuda ||

7. enjing têngara Sang Sri Narapati[2] | Johanpirnam miyosi ngayuda | sira Sang Raja Tasmitèn | para ratu kang ngêpung | karsanira tinumpês wani | para Ratu Kuparman | pangrasane cakup | prajurite galak-galak | para raja angajap têmpuhing jurit | durung wruh mungsuh Ngarab ||

8. kang angêpung kagyat mungsuh mijil | Nata Kôndhabumi atêngara | Raja Ngabêsi wusdene | Sri Turkiyah lan Kuljum | tuwin ingkang pra rajasiwi | têtêge asauran [a...]

--- 6 : 3 ---

[...sauran] | barise kumêbul | miranti baris kalangan | ya ta sagung kang para ratu wus mijil | Sang Prabu Johanpirman ||

9. sampun munggèng palôngka rinukmi | jajar lawan Raja Bariakbar | miwah Sang Nusirwan Rajèng | prawira para ratu | aglar ingkang saos ing jurit | miwah bala Kuparman | aglar para ratu | tuwin para rajaputra | samya mawas winawas mungsuhe sami | Sri Sêmakun duk prapta ||

10. praptanira sang nata adnyilib[3] | atêtinjo kang anèng barisan | narpati kalih rowange | mung bêkta kuda nyatus | Banuarli lawan Pirngadi | kagyat myarsa têngara | lampahira gupuh | prapta wus mênangi aglar | têdhak saking turôngga narendra katri | ngadêl[4] kang para nata ||

11. pêlangkane Sang Natèng Ngabêsi | sinaoskên sang prabu alênggah | miwah sang nata kalihe | sampun sami alungguh | nêmbah matur Natèng Ngabêsi | pinarêng tuwan prapta | inggih kêdah tulus | kasenapatèn paduka | amakili ing raka paduka dening | tan kenging tinungkul prang ||

12. Raja Sêmakun mèsêm nauri | anak prabu manira têtanya | mungsuh anambuh yêktine | goboge datan ngrungu | lamun senapatine sêpi | lah putu ayonana | Kodrat Samadikun | sumbarana Johanpirman | yèn mêtoni ramanira lawan mami | singa kang mapagêna ||

13. sigra nêmbah putra ing Ngabêsi | nulya lèngsèr ngarsèng senapatya | anitihi bakarlèse

--- 6 : 4 ---

kinêtab milar mamprung | praptèng papan anguwuh tandhing | hèh Prabu Johanpirman | mêtua prang pupuh | ing kene angadu yasa | tandhing sêkti ingsun putra ing Ngabêsi | prawira widigdaya ||

14. Johanpirman kagyat aningali | dene kadhinginan wêdalira | angêjèpi prajurite | mangsah Rajèng Jongkuwung | nitih kuda jênggi anirig | praptèng rana têtanya | Kodrat Samadikun | sapa aranmu kang prapta | iya ingsun Sang Nata Barat Lumari | Jongkuwung prajaningwang ||

15. sira sapa sun putra Ngabêsi | satriya moncol prawirèng yuda | bocah jêndhul punjul dhewe | Dyan Kodrat Samadikun | ya ta wau duk aningali | Sang Prabu Johanpirman | Baktak sapa magut | tunggangane ika apa | Baktak matur punika putra Ngabêsi | prawira ing ayuda ||

16. titihane bakarlès yèn jurit | awak sangsam cêmêng sirah macan | Prabu Johanpirman gèdhèg | wau kang aprang pupuh | sira Raja Barat Lumari | sampun amutêr gada | Kodrat Samadikun | tangkis parise malela | ngêtab kuda Sang Raja Barat Lumari | kitêr tan mundur ing prang ||

2. Durma

1. dyan ginada Kodrat Samadikun tadhah | jumêbrèt tibèng tangkis | surake gumêrah | mungsuh kêlawan rowang | pinindho putra Ngabêsi | pan pining tiga | tan osik dènnya tangkis ||

2. sigra malês arame gada-ginada [gada-gi...]

--- 6 : 5 ---

[...nada] | dangu dènira jurit | apêdhang-pinêdhang | tan ana kang kasoran | sami prawiranya kalih | sami wasisnya | sami digdayèng jurit ||

3. dadya kitêr-kinitêr titihanira | Rajaputra Ngabêsi | bakarlès kinêtab | sinabêt sukunira | sumêbut milar mangarsi | anubruk mêngsah | Raja Barat Lumari ||

4. surak umyung Raja Jongkuwung kabônda | dening putra Ngabêsi | tinampan ing wadya | wau kang nandêr prapta | sang raja ing Palangdini | Barik Minardan | putra Yujana prapti ||

5. Kodrat Samadikun undure lon-lonan | wau ta kang ajurit | asru atêtanya | Rajaputra Yujana | sapa aranmu prajurit | sumaur sugal | sun Raja Palangdini ||

6. ratu andêlira Raja Johanpirman | Barik Minardan mami | lah ta sira sapa | anom ladak pangucap | ya putra Yujana mami | jêjuluk ingwang | Kaharkusmèn sinêkti ||

7. dèn prayitna putra Yujana sun gada | mutêr gadanira glis | Sang Barik Minardan | ngêtab turangganira | Kaharkusmèn masang tangkis | parise waja | sarwi ngêtab jênggiri ||

8. atêtanya sira Raja Johanpirman | Baktak sapa prajurit | kang amapag ing prang | lan tunggangane apa | Patih Baktak matur aris | putra Yujana | titihane jênggiri ||

9. awak macan punika asirah sangsam | buntute buntut pêksi | lir buntut manyura | suku lêmbu punika | kathah warnane jênggiri | awarna-warna | wontên kang awak sapi ||

--- 6 : 6 ---

10. nanging inggih akathah kang sirah macan | wau ta kang ajurit | anibani gada | Raja Barik Minardan | jumêbrèt katulak tangkis | putra Yujana | sigra malês ambindi ||

11. sarwi sênggak Kaharkusmèn panggadanya | ngêtab ponang jênggiri | mundur ngulêr kilan | maju malih mêndhapan | sêbat-sêbut onclang bindi | bagus sêmbada | wiraga ing ajurit ||

12. samya ebat mungsuh mulat solahira | bêsus tangkêping jurit | Prabu Johanpirman | tanya mring Patih Baktak | bapakne ika pa maksih | Prabu Yujana | kang bêsus ing ajurit ||

13. Baktak matur apan inggih maksih gêsang | ratu pandhega jurit | Prabu Kewusnendar | luwih tangkêping aprang | lamun mangsah ing ajurit | ambônda raja | astane kanan kering ||

14. nanging mangke môngsa ta winêdalêna | ratu pamèr ing jurit | yèn tan ana mêngsah | ratu punjul ing jagad | Kewusnendar miyos jurit | tunggile kathah | rongatus kang para ji ||

15. ingkang tate tandhing jitus botên kalah | dêdêge bêcik-bêcik | Raja Johanpirman | kaduwung bantu ing prang | kang yuda bindi-binindi | surak gumêrah | mungsuh rowang barêngi ||

16. dèrèng wontên kasor kang tumamèng laga | gada tan migunani | sarêng buwang gada | rame pêdhang-pinêdhang | adangu dènira jurit | tujah-tinujah | turôngga lan jênggiri ||

17. gapyuk ulêng titihanira kalihnya [kalih...]

--- 6 : 7 ---

[...nya] | Kaharkusmèn nulya glis | anyandhak wangkingan | Raja Barik Minardan | tinarik sampun katarik | wal saking kuda | sinêndhal sampun kêni ||

18. wusing ngikal pinutêr tinon ing kathah | ebat ingkang ningali | kadya ngikal mêrang | sagèdhèng tan kêrasa | nulya binanting ing siti | tiba kantaka | tinujahkên jênggiri ||

19. asêsumbar jênggiri mubêng mêndhapan | surak gumuruh atri | payo mêtonana | Narpati Johanpirman | rêbutên ingsun ing jurit | putra Yujana | lêlanang rajasiwi ||

20. tuhu putra pamèr ngasmaradilaga | ambônda ratu sêkti | onclang dhas satriya | sepak dhasing narendra | sutane narendra luwih | andêl Kuparman | kalok sumbagèng jurit ||

21. môngka ana kaya Prabu Kewusnendar | bagus prawirèng jurit | sugih bala raja | ingaku saudara | marang Sang Surayèng Bumi | hèh Johanpirman | mêtua ing ajurit ||

22. rêrêp sirêp wadya Tasmitèn kacaryan | mulat pratingkah wasis | wiraganing yuda | pijêr dongong kewala | Patih Baktak muwus bêngis | mendah mulata | Pangeran Kaelani ||

23. baya singun jêngking kongsi pitung wulan | kudane yèn ajurit | tapak wêwayangan | gumriwis iwak jambal | kang ngiring kuda sang pêkik | Jaswadiputra | Radèn Iman Karnèni ||

24. bramatya Sang Baniswèn nulya mit mangsah | Budrêgtur nitih èsthi [è...]

--- 6 : 8 ---

[...sthi] | sarwi mandhi gada | wawrat sèwu kati mas | sang nata sutaning bibi | lan Johanpirman | môngka andêling jurit ||

25. praptèng papan Budrêktur asru têtanya | sapa ranmu prajurit | nglanangi paprangan | ingsun putra Yujana | Kaharkusmèn aran mami | lah sira sapa | ingsun Baniswèn Aji ||

26. naking-sanak lawan Prabu Johanpirman | payo gadaa aglis | Kaharkusmèn mujar | apa gobogmu dhêngkak | mamak tiwas ing pawarti | lakune mêngsah | wêwatakaning jurit ||

27. ingkang jamak angaji wartaning mêngsah | adate yèn ajurit | mangkono prawira | nora nasar bêlasar | dadak akon gada dhingin | kupingmu picak | matamu luwih tuli ||

28. sapa ranmu sanake Si Johanpirman | Budrêktur aran mami | iya dèn prayitna | Kaharkusmèn sun gada | sigra molahakên èsthi | amutêr gada | Budrêktur mupuh aglis ||

29. mapan agêng aluhur nitih dipôngga | kang alit nèng jênggiri | jumêbrèt swaranya | katulak paris waja | mubal dahana kang paris | kuwat panggada | rosane kang nadhahi ||

30. Radèn Kaharkusmèn sigra buwang gada | nyandhak watang pinusthi | ngayati tumênga | Budrêktur dèn prayitna | sun tumbak aja gumingsir | sigra lumarap | Budrêktur masang tangkis ||

31. parisane sinèlèh sirahing gajah | sarwi ngêncot jênggiri | dènira anumbak | sarêng jênggiri milar | tatas [ta...]

--- 6 : 9 ---

[...tas] têrus ingkang paris | kumbaning liman | kampat ngêmprèt kang èsthi ||

32. ngolang-ngaling dipanggane lumba-lumba | tinubrukkên jênggiri | têlalene pêgat | jola ping kalih pêjah | sru kaplêsat sri bupati | Budrêktur pêjah | èngêt kêbat atangi ||

33. pan kêsaput dalu sigra tinêtêgan | mundur kalih kang jurit | tan ana kasoran | pur Baniswèn Raja[5] | makuwon para narpati | putra Yujana | sinungsung bojakrami ||

34. dene Prabu Sêmakun sinungga-sungga | anak Prabu Ngabêsi | ki putra prawira | mèh angungkuli bapa | tur sêmbah Natèng Ngabêsi | ingkang supangat | raka Paduka Amir ||

35. lajêng kundur Prabu Sêmakun kêlawan | Pirngadi Banuarli | lampah rêrikatan | kuda satus adheyan | sêdalu dènnya lumaris | pukul sawêlas | enjing dènira prapti ||

36. sabênêre lêlampahan têlung dina | pan karo gêthèk prapti | lajêng mring sanggrahan | panggih lan Umarmaya | yayi sira têka ngêndi | Sêmakun nêmbah | tinjo barisan inggih ||

37. amêningi kang sampun magut ing aprang | mêngsah nambuh mêdali | rame dènnya aprang | kula enjing kakang mas | tinjo pabarisan malih | Ki Umarmaya | suka dènira angling ||

38. iya yayi sun tunggune sutanira | ya Si Hasim Katamsi | nanging umatura | marang bok ayunira | umi Sultan Parangakik | lawan Karsinah | sri nata inggih pêsthi ||

--- 6 : 10 ---

3. Sinom

1. lah inggih môngsa tilara | kakang bok ing Parangakik | yèn kalilan inggih bidhal | sigra sami dèn utusi | Sang Prabu Parangakik | lawan Karsinah gya rawuh | miwah kang putra Kelan | myang Radèn Hasim Kuwari | samya kering ing pakuwon lan Marmaya ||

2. sapraptanira ing pura | Brikahar wus dèn timbali | prapta anèng pagêlaran | sapamuan[6] ing jro puri | ngarsane putri kalih | tur sêmbah Prabu Sêmakun | kangbok kula ing benjang | badhe lumampah ing Mêrtis | amungkasi yudane Sri Johanpirman ||

3. duk wingi tinjo kawula | mring pabarisan mêningi | Johanpirman mêdal ing prang | pinarêng botên ngundhili | mênawi mêdal malih | milane kawula gupuh | ngandika Dyah Sudara | yayi prabu dèn aririh | sajatine pan ingsun arsa wikana ||

4. pa nyata Si Johanpirman | darbe putri yu linuwih | tur prawira widigdaya | bêcik pundi kang dipati | cinidra wusing jurit | kêlawan sadèrèngipun | Dipati Tasikwaja | matur pênêd dèrèng jurit | pikantuke nglong-nglongi mungsuh ayuda ||

5. lah inggih punika kakang | putranira Kadarwati | kula kèn dhustha putrinya | kang nami Dèwi Pirmani | sun panggihakên benjing | yèn parêng karsa Hyang Agung | lan Si Aris Munandar | wus lami madêg narpati | durung ana jodhone maksih wêwujang ||

6. yayi prabu sun bêlaka | tan ana wong

--- 6 : 11 ---

liya linggih | pan karsane raka para | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi sira kinardi | binêthara ratu agung | jumênêng nèng Kuparman | anakira Rustamaji | iku yayi jumênênga nèng Gumiwang ||

7. apan sira kang atuwa | putranira kabèh sami | padha sebaa ing sira | yayi prabu kang babonira[7] | sagung pra putra Amir | kang wus padha madêg ratu | sira ingkang momonga | dadi ratuning para ji | apan sira trahing ratu binêthara ||

8. anadene kakangira | Wong Agung Surayèng Bumi | ana alas ing Bêsarah | kang arsa dipun bakali | rata rêsik kèh kali | ginawe nêgara besuk | kalane angandika | kang Dipati Guritwêsi | padha ana lan ari mas Parangteja ||

9. Marmaya nambungi sabda | ya ingsun padha tinari | karsane Sang Kakungingrat | Prabu Sêmakun miyarsi | nêkêm sirahe nangis | kakang Marmaya wak ingsun | sêdaya kapêrcayan | sakathahe wus kapundhi | gênge sihe dene sun wus nandhang iman ||

10. wêruh bênêr lawan salah | tuduhe kang sun sungkêmi | tumêkèng ing lara pêjah | mumura nora gumingsir | nanging kakang wak mami | lamun karsane kang iku | bangêt panuwun ingwang | boya kaduga sayêkti | dèrèng sagêd dadya ratu binêthara ||

11. lawan dèrèng karêp ingwang | kang Dipati Guritwêsi | ingsun lagya karêm ing prang | pan êmèh tumindak kêdhik | supangate Jêng Amir | yèn dadia ratu agung | baboni para raja | binathara nyakrawati

--- 6 : 12 ---

lamun nora bisa prang datan kèringan ||

12. sayêktine batin ingwang | singa-singa pra putra Mir | madêg ratu binêthara | ingsun ingkang angêmongi | amunga dadi isi | ing wijoan palowanu | ratu manggalaning prang | iku kang ingsun karêmi | manthuk-manthuk Sang Dipati Tasikwaja ||

13. jêro yayi karsanira | jêr wus padha angrasani | ratu utawi satriya | lamun tiwasa ing jurit | amung kèringan lair | batine padha marêngut | lamun prawirèng yuda | kèringan ing lair batin | lan asêmu têtêp anèng alam dunya ||

14. Sudarawêrti ngandika | mêngkono karsamu yayi | iya ing sariraningwang | dadi tan bisa maoni | jêr wahyu dadya aji | pikir kang mêngkono luhur | ambabar sapêngandhap | wong tuwa kang gawe uwit | matur nêmbah kakang bok inggih punika ||

15. inggih jêng rama paduka | Mêdayin datan prajurit | darbea mantu caluthak | sampun sirna tan dadi wing | ngêmbang pace sayêkti | têrèpès botên apatut | katuju duwe putra | momot amêngku ing budi | gêng ngapura sêgarane jêmbar wiyar ||

16. yèn sira cipta prawira | dèn tatag awani mati | lêlakone kakangira | pan ora angetung tandhing | sapa wruh pati urip | luwih karsaning Hyang Agung | sira nuli apranga | besuk yèn prapta ing Mêrtis | atandhinga lan Sang Prabu Johanpirman ||

17. anadene sutanira | kaki Prabu Parangakik [Paranga...]

--- 6 : 13 ---

[...kik] | tandhingên lan Bariakbar | putrine sun cidra dhingin | undhanga mring para ji | yèn budhal ing besuk esuk | lan sira pêrcayakna | yayi Prabu Burudangin | atunggua ing Ngambarkustup nêgara ||

18. amung pêngantèn jro pura | kang Dipati Guritwêsi | kanthia padha wong tuwa | ingsun arsa aningali | maring kang magut jurit | si adhi Prabu Sêmakun | wus dadi kang rinêmbak | datan kawarna ing ratri | enjingira têngara kang para nata ||

19. budhal lawan para nata | pra putra budhal mring Mêrtis | datan kantun sabalanya | Sang Prabu Rum Burudangin | Dipati Guritwêsi | têngga kitha Ngambarkustup | among pangantèn anyar | Rahadèn Hasim Katamsi | sih-sinihan samya amêmpêng ing karsa ||

20. wuwusên ingkang lumampah | ingkang miyos ing wiyati | sira Sang Rêtna Sudara | lawan Sirtupilaèli | Kusuma Kadarwati | tan pisah lawan kang ibu | prapta kang baris dharat | pakuwon wus manggih dadi | senapati nèng têngah pakuwonira ||

21. ambanjêng kang para nata | orêg nêgara ing Mêrtis | yèn senapati wus prapta | balane kadya jêladri | sagung para putra Mir | anèm sêpuh samya tumut | Sultan Samsumirijal | Jayusman ing Parangakik | Sri Ruslani Danurusamsi Karsinah ||

22. lawan pangeran ing Kelan | lan Radèn Hasim Kuwari | tuwin ingkang para nata | ing dalu datan winarni | enjing têngara jurit | Sri Mahaprabu Sêmakun [Sêma...]

--- 6 : 14 ---

[...kun] | lawan sagung pra nata | gong bèri gurnang thongthonggrit | awurahan wadya gung sami kêkirab ||

23. mijil Prabu Johanpirman | saprajurite para ji | baris muntab ambêlabar | Raja Akbar wus alinggih | lan prabu ing Mêdayin | munggèng padmasana murub | myang Prabu Johanpirman | Prabu Sêmakun wus mijil | dènnya lênggah anèng amparan kêncana ||

24. para ratu para putra | nèng wijoan palowani | andhèr kang munggèng amparan | sang prabu ing Parangakik | lan Karsinah nêgari | Talsiyah Purwakôndha wus | anèng amparan êmas | Rahadèn Hasim Kuwari | lan kang raka ing Kelan munggèng wijahan ||

25. kang nêdya mayangi ing prang | Kusuma Sudarawêrti | lan kang rayi ing Karsinah | myang kang putra Kadarwati | mapan sampun winangsit | ingkang putra kinèn magut | ya ta Prabu Jayusman | amit ing paman miyosi | sigra nitih dipôngga kapraboning prang ||

26. kawrat pêlana lêlawak | dipôngga pun imankabir | gumuruh suraking wadya | Prabu Sêmakun amangsit | pan kinèn mêlanani | si amama gajahipun | Sultan Samsumirijal | praptèng papan nguwuh tandhing | mijila prang hèh sira Sang Raja Akbar ||

27. lan Sang Nata Johanpirman | lah payo tandhinga jurit | iki putra ing Kuparman | kang tuwa madêg narpati | nèng nêgri Parangakik | kêraton warising ibu | èsthi midêr mêndhapan [mêndha...]

--- 6 : 15 ---

[....pan] | hèh sapa kang arêp mati | papagêna Jayusman Samsumirijal ||

28. ratu têrahing utama | jêng rama bôngsa Ismangil | jêng ibu bôngsa Iskandar | Iskandar Dulkarnaèni | rêbutên ing ajurit | ya iki putra gêgêdhug | prawira widigdaya | kaonang-onang ing bumi | putra andêl sumbaga jagad wiryawan ||

29. wus tate nguwisi karya | ambônda para narpati | trahing tulèn dadiningwang | jêng ibu paringan Widi | têdhaking ayat uni | duk jêng rama gêrah gandrung | mêntas kêpatèn garwa | dhawuh wirayat Hyang Widi | ngandikane Hyang Suksma Lata Walujwa ||

30. wus maria aja susah | garwanira sun lironi | kang padha lan garwanira | kaya kang wus angêmasi | putri ing Parangakik | lan sira besuk sêsunu | lanang prawirèng jagad | tur madêg ratu linuwih | ratu agung sinêmbah samaning nata ||

31. lah iku kadadèn ingwang | apa kupingira tuli | ora ngrungu ing wirayat | lamun Nata Parangakik | moncol wijiling yêkti | sênadyan tirua ibu | ibu Ratu Sudara | môndraguna ing ajurit | tanpa lawan putri moncol pramudita ||

32. angêpak sêktining mêngsah | andhacin para narpati | payo Raja Johanpirman | dèn padha angungsi pati | prajanira atêbih | lêlana andon prang pupuh | pêsthi sira anêdya | mèt mungsuh kang kadya mami | atêtanya Sri Bupati Johanpirman ||

--- 6 : 16 ---

33. Patih Baktak ika sapa | narendra ing Parangakik | Jayusman Samsumirijal | Patih Baktak matur aris | putra gambènira Mir | prawira ing prang pinunjul | mila kinarya raja | jumênêng ing Parangakik | angrèh para raja agung-agung dhomas ||

34. ingkang ibu gih digdaya | Kusuma Sudarawêrti | ratu abandhu sêntana | bangsane luhur pribadi | ingkang rayi tumuli | ing Karsinah ibunipun | inggih sami prawira | madêg Karsinah Narpati | angrèh raja nêm atus sami prawira ||

35. kang botên kenging ginêbag | sêktine myang pêkiknèki | kathah jin aprang kasoran | tate bônda ratuning jin | sirna langêning bumi | yèn andulu pêkikipun | Pangeran Umi Kelan | Radèn Iman Karnaèni | radèn ing Jonggiraji Amiratmaja ||

36. wau Raja Minangkowan | amit miyosi ajurit | sêntananira sang nata | Samsukur namaning aji | sigra miyosi jurit | kaduga mring mungsuhipun | angrasa gêdhe mênang | lawan Prabu Parangakik | nitih gajah kawot kêpraboning aprang ||

37. mangsah Prabu Minangkowan | amêlak dipôngga prapti | têtanya sira kang putra | marang Sang Surayèng Bumi | bok aja andhèwèki | isining dunya kinêlun | sira dhewe pan ora | kang padha tinitih luwih | ingsun bae sagêndhingmu ing ayuda ||

38. sira adining tumitah | bôngsa luhur laju èstri | nadyan [na...]

--- 6 : 17 ---

[...dyan] ing Tasmitèn ana | naking-sanak awak mami | kêlawan sri bupati | Johanpirman ratu agung | prawira widigdaya | Sang Aprabu Parangakik | eca dènnya mêndhapan dipangganira ||

39. Raja Samsukur sru mojar | sun gada dèn ngati-ati | ngikal camêthi nèng ngarsa | kiwane sri narapati | kang têngên anyêkêli | rotan bêdudan kalukuk | camêthi kang wasiyat | kang ibu Ismayawati | Sri Narendra Samsukur mêlak dipôngga ||

40. surake kadya ampuhan | mungsuh rewang abarêngi | tinangkis camêthi gigal | gadane malêsat têbih | mindho arsa jêmparing | angêmbat langkap Samsukur | lumêpas kang sênjata | tinangkis lawan camêthi | kapalêsat panah tikêl tibèng lêmah ||

41. mêpêki angundha gada | Sri Bupati Parangakik | Raja Samsukur ginada | atangkis parise wêsi | repot dènira tangkis | gada gêng nêmpuh katêmpuh | rêmuk parisanira | sirah kampat kênèng bindi | dyan pinindho rêmuk sirahing dipôngga ||

42. babarji lumrèng pralata | Raja Samsukur ngêmasi | surake bala gumêrah | yayah manêngkêr wiyati | ebat ingkang ningali | gupuh Sang Prabu Sêmakun | nitih mêlak dipôngga | pun amama idhêp jalmi | pan tumurun sapa kang madêg Gumiwang ||

43. bisa nitih si amama | mêsthi awèt dadi aji | ngratoni nêgri Gumiwang | ngrèh patang atus para ji | lan [la...]

--- 6 : 18 ---

[...n] pitung puluh siji | sami punggwa gung-agung | praptèng papan mêndhapan | Prabu Sêmakun nudingi | tanpa ngrasa sira Prabu Johanpirman ||

44. mamak tan bisa mêmatah | sawang-sawung ing ajurit | kang ratu pamèr pinapag | lawan ratu ukur urip | ratu nistha kêpati | tiwas ing parikramamu | hèh Raja Johanpirman | nora pantês dadi aji | nistha bae jalêbut ing parikrama ||

45. ingirid mundur kang putra | Kuskèhèl ingawe prapti | sampun anitih dipôngga | pêlana lêlawak rukmi | Prabu Sêmakun angling | sumbarana konên mêtu | iya Si Johanpirman | pijêr angadu prajurit | malêdhinga anèng luhuring dipôngga ||

46. dèn suwe panjêngkingira | yèn nora ratu kêkalih | Johanpirman Bariakbar | papasên aja ngladèni | Kuskèhèl nêmbah inggih | sandika mangke pukulun | Sêmakun praptanira | orêg sagung kang alinggih | samya ngadêg saking palênggahanira ||

47. samya nganti lênggahira | Prabu Sêmakun wus linggih | lawan kang putra sri nata | sêdaya sampun alinggih | Kuskèhèl kang winarni | ing rana ngadêg markungkung | nèng nginggiling pêlana | Kuskèhèl dangu anjêngking | amêrkungkung mungkur ngadêg asêsumbar ||

4. Pangkur

1. Kuskèhèl panguwuhira | hèh ta kene Sri Akbar mêtwèng jurit | payo krubutên ta ingsun | lawan Si Johanpirman | ratu kompra nêgaramu pinggir gunung | jalêbut apês ing aprang | kêkês [kê...]

--- 6 : 19 ---

[...kês] amungsuh ing mami ||

2. ratu kodhèn anglana prang | anggêlathak mungsuh Mutadarawi | Sri Johanpirman kumênthus | nora akulak warta | kaya duwe bala nata pitung èwu | kang padha prawirèng yuda | tur bisa ambêdhah langit ||

3. têka mungsuh wong Kuparman | lan gustiku bae Prabu Pirngadi | sayêkti dudu tandhingmu | tur kari trah utama | ratuningsun putrane Prabu Lamdahur | sira ratu adoh têngah | apunthês prajamu pinggir ||

4. Raja Buranèn miyarsa | ing Tasmitèn tate andêling jurit | bisikan Raja Samaksum | mangsah nitih dipôngga | ngundha gada praptèng papan wus apangguh | têtanya sapa ranira | ingsun Kuskèhèl Narpati ||

5. andêle wong Purwakôndha | ing Gumawas kutha karaton mami | lah sira sapa aranmu | pan ingsun iya raja | ing Buranèn anama Raja Samaksum | dèn prayitna ingsun gada | kudhunga parismu wêsi ||

6. Sang Maksum amutêr gada | dyan ginada Kuskèhèl masang tangkis | asru ing pamupuhipun | rame gada-ginada | pinêrpêkan ginada Raja Samaksum | tinutuh tinula-tula | tan agop tinitir-titir ||

7. Kuskèhèl ngucap bêrabah | êntuk mati sira ing gada mami | asusun panggadanipun | amrih kêrêp kewala | pan akuwur tangkise Raja Samaksum | kasingsal parisanira | sirahe kêna binindi ||

8. pêcah sumyur sirahira | tibèng siti

--- 6 : 20 ---

lawan gajahe mati | surake bala gumuruh | yayah kadya triloka | gajahira pêcah dhase polo mlêdug | kasaput ratri kang aprang | tinêtêgan mundur aris ||

9. makuwon sami bujana | mungsuh rowang gumêr kalaning ratri | ya ta wau kang kawuwus | kang arsa lampah dhustha | Kadarwati jinênêngan ibunipun | Sudarawêrti kêlawan | Rêtna Sirtupilaèli ||

10. sampun mêsat ing awiyat | angungkuli jroning kadhato[8] Mêrtis | anjêjêp putri katêlu | matak pênaom sigra | basa Arab basa Jawa sirêp turu | liyane kang ôndrawina | puniku kang dèn sirêpi ||

11. punggawa kang jagèng pura | sami nendra siji tan ana tangi | jinajah kêdhatonipun | sampun kêpanggih gènnya | panendrane tan pisah lan ibunipun | ewuh lamun pinêncila | binêkta lan ibu sami ||

12. karo pinèt ngatsagina | parêkane sêkawan dèn wadhahi | wanci pukul kalih mundur | sampun atilar sêrat | apratôndha aywa kelangan kang kantun | yèn wani sira rêbuta | gya mêsat saking jro puri ||

13. Sudarawêrti ngandika | yayi Prabu Sêmakun iki putri | rawatana yayi prabu | bojone Johanpirman | lan putrine Rêtna Pirmani ranipun | dhaupna lan buyut ingwang | kaki prabu ing Betarti ||

14. besuk yèn mêtu ing aprang | lamun nora mêtu ing benjing enjing | lah gêpukên [gêpukê...]

--- 6 : 21 ---

[...n] kuthanipun | Prabu Sêmakun nêmbah | gih sandika kangbok paduka duk rawuh | punapa botên dhaharan | ngandika Sudarawêrti ||

15. yayi prabu ingsun nora | banjur mundur pakuwon Kaelani | ngandika Prabu Sêmakun | anak mas wis mundura | andhèrèka ibunira karo kondur | katri garwanira nyawa | ingkang mêntas antuk kardi ||

16. putrine Si Johanpirman | sun panggihkên lawan buyutku benjing | Ki Aris Munandar Prabu | Pangeran Kelan nêmbah | têdhak sarêng lawan raka kunduripun | bubaran kang para nata | enjing undhang magut jurit ||

17. ing dalu datan winarna | enjing muni têngrane kang para ji | Sri Mahaprabu Sêmakun | têtêge asauran | gurnang lan thongthonggrit bêndhe angungkung[9] | barise muntab bêlabar | Gumiwang para nrêpati ||

18. tuwin kang para dipatya | pan alêksan mantrine kalih kêthi | wadya lit tan kêna ngetung | sêdaya wus kêkirab | barisipun ingkang para ratu-ratu | wong jro sru kaprihatinan | dènira kelangan putri ||

19. lawan pramèswarinira | Johanpirman musna lawan kang putri | nanging pênantanging pandung | tinambuh tilar sêrat | mila ngungun Johanpirman lênguk-lênguk | Prabu Nusirwan sêmana | lan Baktak pi-api sakit ||

20. rêmbug sapunggawanira | yèn mijila sira sang ratu kalih | badhe morod sêdyanipun | môngsa dadak bangkata | ingkang mêngsah prawirane kathah bantu | sira Prabu Johanpirman [Joha...]

--- 6 : 22 ---

[...npirman] | bingung tyas bêk mêtu jurit ||

21. lan sira Sang Raja Akbar | awat[10] gêrah Sang Prabu Nyakrawati | andadak pikire mêtu | cacad sangêt narendra | yèn tinantang ing mêngsah tan wani mêtu | pêsthi amilih palastra | tan arsa korak ing bumi ||

22. miyos Raja Johanpirman | atêngara Sri Akbar mêtu jurit | sabalanira Mêdayun | tan ana tumut mêdal | asangadi gêrahe ing ratunipun | lan sakite Patih Baktak | mangkana sang prabu kalih ||

23. barise wus praptèng jaba | sira prabu kalih wus praptèng jawi | lolos Sang Prabu Mêdayun | lawang kidul binuka | gumarubyug wêdale bala Mêdayun | prasamya agêgancangan | pikulane dèn buwangi ||

24. ngambah nêrak wanawasa | sampun lêpas sagung bala Mêdayin | mungkur menda playunipun | tan ana tolih wuntat | dipanggane pinêlak talun gumulung | sêdaya adhêrodhogan | Irman Urmus sipat kuping ||

25. wau Raja Johanpirman | praptanirèng jawi sampun miranti | baris kalangan atêpung | lajêng nitih dipôngga | mijil ing prang kawot kêprabon prang pupuh | lajêng datan kongsi lênggah | dènira miyosi jurit ||

26. nguwuh tandhing sumbar-sumbar | mêtonana sapa kang arêp mati | iki Sang Tasmitèn Prabu | kang aran Johanpirman | duk miyarsa sira Sang Prabu Sêmakun | têdhak saking ing amparan | sigra dènnya nitih èsthi ||

27. kawot kêpraboning [kêpra...]

--- 6 : 23 ---

[...boning] aprang | palu rante sampun tinumpuk nênggih | munggèng ing pêlananipun | sampun mêlak dipôngga | surak bala gumuruh asru gumuntur | praptèng papan yun-ayunan | têtanya sapa mêtoni ||

28. apa sira Johanpirman | iya ingsun Johanpiran Narpati | sokur sira Sri Sêmakun | Narpatmaja Nusirwan | kang kaipe Wong Agung Anjayèngpupuh | sumbagèng jagad wiryawan | payo anggodaa aglis ||

29. sigra Prabu Johanpirman | molahakê[11] dipôngga mingêr ngering | sarwi mutêr gadanipun | Sêmakun dèn prayitna | ngangkat gada Johanpirman sigra mupuh | katulak surak gumêrah | ingkang aprang samya sêkti ||

30. mindho Prabu Johanpirman | pan jumêbrèd gada gêng tibèng tangkis | mubal dahana kumutug | ngêmprèt dipangganira | sru ngandika sira Sang Prabu Sêmakun | Johanpirman apa sira | wus tita gonira bindi ||

31. yèn durung payo tutugna | Johanpirman angling pan iya uwis | malêsa Prabu Sêmakun | lah iya dèn prayitna | sigra ngulur palu rante kumlab murub | duk pinutêr gêbyar-gêbyar | rante kêncana pabaning[12] ||

32. sinabêt rante kêncana | Johanpirman kagubêt wus katarik | kuwat Sang Prabu Sêmakun | Johanpirman sinêndhal | tiba saking dipôngga sira Sang Prabu | Sri Johanpirman kantaka | sira Sang Prabu Ardabil ||

33. prapta nalèni tinawan | Bariakbar

--- 6 : 24 ---

sigra amêlak èsthi | Prabu Parangakik sampun | prapta munggèng dipôngga | ingalingan kang paman Prabu Sêmakun | hèh sira Sang Bariakbar | asru dènira nauri ||

34. ya ingsun Sri Bariakbar | dèn prayitna Sang Aprabu Parangakik[13] | mati dening gadaningsun | sigra amutêr gada | dyan ginada Jayusman Mirijalsamsu | atangkis paris malela | tan osik astanirèki ||

35. pining kalih tan wigata | pining tiga tita tanpa ngundhili | pênangkisira sang prabu | angling Sri Bariakbar | tuhu lamun trahing narendra pinunjul | Kakungingrat sumbagèng rat | lah payo malêsa aglis ||

36. angling Sang Prabu Jayusman | dèn prayitna kudhung paris wêsi[14] | Bariakbar ingsun pupuh | sigra amutêr gada | wrat patang atus punjule saking sèwu | gada punika wasiyat | saking canggah Parangakik ||

37. Sang Prabu Parisdingalam | datan ana gêgamane para ji | luwih saking wawrat sèwu | amung Rukwatil Polad | sami lawan gadane Prabu Lamdahur | sèwu kati mas kalawan | punjul satus êmas kati ||

38. mangkana pamutêrari[15] | gilapipun sinonar surya kêni | molahkên dipangganipun | imankabir mêndhapan | mingêr nganan mêpêki sigra amupuh | tan kuwat pênangkisira | parise rêmuk tan kongsi ||

39. pinindho ajur sirahnya | awor paris lumrèng luluh ing siti | dipangganira mor luluh | awor [a...]

--- 6 : 25 ---

[...wor] lawan jisimnya | karoncale katututan ing pamupuh | ajur sira ing dipôngga | wor bangke sirah lan paris ||

40 surak kadya grahing wiyat | sira Prabu Sêmakun ngawe sami | prajurite para ratu | dhadhal barising mêngsah | manjing kitha katututan ing wadya gung | tan kongsi anutup lawang | ingkang ngusir mawèh brangti ||

5. Asmaradana

1. Sang Raja Bukmum ing Mêrtis | wus nungkul asrah bongkokan | tinimbalan samantrine | lawan sapunggawanira | dinangu wau enjang | lolose Prabu Mêdayun | ing mangke kadi wus têbah ||

2. Prabu Sêmakun nimbali | sang nata kalih wus prapta | hèh anak prabu karone | ing Talsiyah Purwakôndha | padha sira duduha | bupati sawadyanipun | iya amalak kewala ||

3. ing eyangira dombani | rama prabu maspadakna | banjure lawan mampire | lawan tindhihana raja | iya siji kewala | aja kurang aja langkung | wong patang kêthi mlakua ||

4. iku aja bali-bali | sagone dèn tanahêna | yèn ngungsi êndi ngungsine | mênawa lèrèn kewala | anèng nêgara liya | tugurana jabanipun | yèn minta sraya magut prang ||

5. lah iku balia aglis | dene lamun kondur marang | Mêdayin êtutna bae | yèn uwis manjing nêgara | sira padha banjura | saking Mêdayin anjujul | marang Kuparman nêgara ||

6. ing Purwakôndha tinuding | ratu pangiriding lampah | sira Sang Raja Kuskèhèl | ngirid bupati sêkawan [sêka...]

--- 6 : 26 ---

[...wan] | sira Prabu Talsiyah | anuduh Sang Raja Bêskul | ingkang minôngka manggala ||

7. Prabu Sêmakun maringi | sangu anyakêthi dinar | tur sêmbah lajêng bidhale | Sang Prabu Sêmakun miwah | kang putra manjing lawan | sagung ingkang para ratu | saha bala manjing kitha ||

8. prapta ngêdhaton jro puri | Raja Bukmum sinalinan | sanêgara agamane | Prabu Yusupadi Kebar | ingkang amulang sadat | wus tata agamanipun | miwah Raja Johanpirman ||

9. cinarita pônca ari | Prabu Sêmakun budhalan | saking Mêrtis sabalane | dhingini Rêtna Sudara | lan kang rayi Karsinah | prapta nêgri Ngambarkustup | longkangipun tigang dina ||

10. lan praptane kang para ji | nèng Ngambarkustup nêgara | angantuki pakuwone | Prabu Sêmakun parentah | para ratu sêdaya | saos kêprabon mêmantu | panggihe Aris Munandar ||

11. lawan Sang Dèwi Pirmani | putranira Johanpirman | putri adi ing Tasmitèn | ingkang pinasrahan karya | sami agênge lawan | Hasim Katamsi kang sampun | kasukane para nata ||

12. pan sami patbêlas ari | anutug boga drawina | cinêndhak sampun ningkahe | pangulune Umarmaya | ya ta sawusnya ningkah | ngayêm-ayêm para ratu | praptèng patang puluh dina ||

13. budhal sagung kang pra aji | kundur mring nêgri Kuparman | kadya samodra balane | dhingini miyos ngawiyat | rajaputri katrinya | ing marga datan kawuwus [kawu...]

--- 6 : 27 ---

[...wus] | wus prapta nêgri Kuparman ||

14. umi Sultan Parangakik | lan umi Sultan Karsinah | lan Kadarwati wusdene | apanggih lawan kang raka | Wong Agung Surayèngrat | miwah kang ibu Mêdayun | samya suka amiyarsa ||

15. antawise kawan sasi | praptane sagung pra nata | Wong Agung Jayèngpalugon | mêthuk sajawining kitha | akarya pacangkraman | lawan sagung garwanipun | orêg sagung sanêgara ||

16. miwah dhusun-dhusun wukir | kang prapta arsa tumingal | jalu èstri sêpuh anèm | ingkang saking panglurugan | sampun lanang kang yuda | sira Sang Prabu Sêmakun | senapatine kang prapta ||

17. nuju ing dina sawiji | prapta kêlangkung rinêngga | pasamuan pamêthuke | adangu yèn cinarita | rêroncène pratingkah | wus panggih sami angujung | mring eyang Surayèng Jagad ||

18. Prabu Sêmakun kang ngirid | Hasim Katamsi kang kanan | Ngumyun Adikin kiwane | têdhake saking jêmpana | Prabu Aris Munandar | kinanthi ing eyangipun | Sang Prabu Tasangsulngalam

19. ingkang kanan sri bupati | Sang Prabu Aris Munandar | ing asta kiwa garwane | Dèwi Pirmani Sang Rêtna | gantya marang ngajêngan | sinêmbahkên marang buyut | langkung tyas marwata suta ||

20. sêdaya ingkang ningali | gantya ingkang para nata | samya srênti pangujunge | sampun tata palênggahan | raja kêkalih samya | ing Tasmitèn Ngambarkustup [Ngambarku...]

--- 6 : 28 ---

[...stup] | sinêmbahkên ing ngayunan ||

21. binesan narpati kalih | Brikahar lan Johanpirman | wus sami agêng manahe | winor lan ratu pangarsa | pacak ratu wadana | ing Tasmitèn Ngambarkustup | wus kinanthi kalihira ||

6. Kinanthi

1. lajêng bujana anginum | Wong Agung Surayèng Bumi | nêmbrama besan kalihnya | lan sagung para narpati | Prabu Sêmakun ginanjar | mring raka Sang Jayèngmurti ||

2. lawan sagung para ratu | kang saking lurugan sami | kathah warnane ganjaran | Prabu Sêmakun kang bagi | suka sagung pra narendra | katrima karyane sami ||

3. sasampune pitung dalu | nutugkên bujana sami | tuwin samya pacangkraman | kalangênan amênuhing[16] | nulya budhal mring Kuparman | balane kadya jêladri ||

4. wus datan kêna winuwus | kathahe bala Nata Mir | orêg bumi prakampita | jêmpana samargi-margi | kang mêthuk saking Kuparman | garwane para narpati ||

5. dipôngga yutan asêlur | wahana awarni-warni | sagung ingkang para nata | ing wuri sampun cêcawis | kêbo sapi bèbèk ayam | abusêkan sanêgari ||

6. rawuh ing praja gumuruh | atap jêjêl wong ningali | agêbèl têpining marga | sêmuwa pangantèn kalih | munggèng palana lêlawak | songsong kalih wêlas sisih ||

7. lan ibune putrinipun | kang sami tumut nèng èsthi | ibune Aris Munandar | Dèwi Jetun Kamarumi [Ka...]

--- 6 : 29 ---

[...marumi] | Hasim Katamsi ibunya | Rêtna Dèwi Isnaningsih ||

8. ingkang ibu sami tumut | munggèng saluhuring èsthi | dadya sêkawan besannya | kang munggèng pêlana rukmi | wus prapta sajroning kutha | swarane gumuruh atri ||

9. orêg sagung kang dêdulu | wiwitan woh janma sami | datan kêna sinapiha | wau ingkang aningali | ing pangantèn kalih samya | gumrumung tindhih-tinindhih ||

10. lêga kang wus antuk dulu | tan ana ingucap malih | pantêse garwa sang nata | Aris Munandar Betarti | tuwin wau garwanira | Jêng Gusti Hasim Katamsi ||

11. putri adi Ngambarkustup | padha yune kacèk thithik | lan putri Tasmitèn iya | manise ngêbêki bumi | atmaja Sri Johanpirman | wilêtan sêdhêp tur manis ||

12. putri adi Ngambarkustup | kumacor cahyane kuning | nanging kagalakên ulat | mêmanise kocar-kacir | kumrutug sanggone tiba | kumêpyur pan kadya riris ||

13. rada ladak jatinipun | Kusuma Ngumyun Adikin | wantu prajurit utama | kabèh-kabèh para putri | durung ana bisa nyandhak | lan Kusuma Kadarwati ||

14. jatine nora patyayu | Kusuma Yu Kadarwati | upama tinandhingana | singa sandhing nora tandhing | ilang mêmanise samya | kungkulan sêkalir-kalir ||

15. singa lungguh nora mungguh | mungguhira sirna ênting | singa pêdhak nora papak | ilang sagunge rêspati | basakêna putri apa

--- 6 : 30 ---

Kusuma Yu Kadarwati ||

16. kang wus wruh maune widhung | nora kèh namung sathithik | kula pêndhah[17] sabên dina | mring kang ibu Parangakik | lêlewane pinêthikan | dèn ênggo têka sathithik ||

17. lawas-lawas dadi kumpul | Radèn Ayu Kaelani | tan wus kang padha angucap | gustine sêdhêp rêspati | miwah kaprawiranira | putri di moncol ing bumi ||

18. Sudarawêrti amêthuk | lawan Sirtupilaèli | pangantèn binêkta samya | mring ratwibu Parangakik | sinêmbahakên ing eyang | pramèswari ing Madayin ||

19. prapta sinêmbahkên sampun | rinangkul hyang pramèswari | ingarap[18] mustakanira | sawusnya ingaras sami | jibêg samya adhaharan | angladosi eyang sami ||

20. kumbrubut kang para ratu | lorodan kinèn ambukti | saking yuwana tan ana | angalap sab sayêkti[19] | panjang yuswa èstri priya | sêdaya kang ibu bukti ||

21. dènnya jêjodhoan runtut | sarêng ciklunira kalih | wutuh jaka laranira | tan ana kalong sawiji | patut angalapa sawab | pramèswari ing Mêdayin ||

22. sagung para ratu-ratu | mantuk mring purane sami | Sang Prabu Sêmakun sigra | angirid baline maning | enjinge malih aseba | ingandikan mring jro puri ||

23. lan Sultan Mirijalsamsu | Ruslani Danurusamsi | lawan Jêng Pangeran Kelan | lan Radèn Hasim Kuwari | ing wingi kang dèrèng seba | amung pangantèn kêkalih ||

--- 6 : 31 ---

24. mring pramèswari Mêdayun | mila mrih pêndhake malih | prapta ingirid sêdaya | marang Sang Surayèng Bumi | lan garwa kêkalih milwa | ing Karsinah Parangakik ||

25. katiga Rêtna Marpinjun | dening Dèwi Isnaningsih | ngêrtèni pangantènira | tan tumut ngering ing laki | mring raka Sang Kakungingrat | prapta gyane ibu sori ||

26. kang ngujung dhingin Sêmakun | nulya Prabu Parangakik | gantya Sang Prabu Karsinah | pangeran ing Kaelani | lawan kang rayi ing wuntat | Rahadèn Hasim Kuwari ||

27. sawusnya sami alungguh | sinawang ing pramèswari | Juru Jinêm agung nyawang | myang putra sri narapati | cahyane mari anunggal | lawan cahya ing Mêdayin ||

28. ing cahya sampun angumpul | lawan cahya Pusêr Bumi | nanging maksih rada abang | ijone dèrèng nètèsi | têtapi kêna ginêbag | sengkoke pan datan têbih ||

29. Sang Kakungingrat umatur | ing ibu jêng pramèswari | ibu pun adhi narendra | èstu nugrahaning Widi | bontên ngêntèni pratingkah | pratikêle mangun jurit ||

30. botên susah botên bingung | angrèhkên para narpati | ingkang wontên pêbarisan | lêgawa nglabuhi pati | sampun pantês jumênênga | binêthara nyakrawati ||

31. nanging sangêt dènnya lumuh | jumênênga nyakrawati | sêdyane manah kawula | ulun suprih ambaboni | dhatêng sutane sêdaya | ing Karsinah [Karsi...]

--- 6 : 32 ---

[...nah] Parangakik ||

32. lan ing Kelan sutanipun | tanapi Ki Rustamaji | jumênênga ing Gumiwang | yayi Sêmakun nèng ngriki | umadêga nèng Kuparman | kularsa bêbadhe malih ||

33. ing wana Basarah ibu | wontên pantês dados nagri | pun adhi kang sinebaa | mring suta-sutane sami | pramèswari angandika | saryandrês waspane mijil ||

7. Mijil

1. adhuh babo sandeya wak mami | karsanta mangkono | durung rêmbug ingsun sêjatine | basa bobote arinta kaki | amung angampingi | angêmbani patut ||

2. iya marang putu-putu mami | singa kang dèn êmong | amung dadya isèn wijoane | wayah ingsun Prabu Parangakik | myang Ki Rustamaji | lan Karsinah Prabu ||

3. têlu iku iya putu mami | agantya dèn êmong | mung mêngkono arimu bobote | durung bisa lamun bêtharani | Prabu Nyakrawati | iya durung mungguh ||

4. Prabu Sêmakun anampèl wêntis | suwawi kakang bok | dene wontên rencang kula mangke | duk kawula paduka dhawuhi | nèng pakuwon nguni | nêgri Ngambarkustup ||

5. anauri ris Sudarawêrti | bênêr yayi katong | pamopone sabab misih tangèh | lagi karêm pakaryaning jurit | nuli dèn pasrahi | gunung samodra gung ||

6. môngsa wagêda dèrèng rêspati | akeron kêledhon | pramèswari anambungi manèh | iya ta nini Sudarawêrti | pira-pira [pira-...]

--- 6 : 33 ---

[...pira] lagi | sêmono arimu ||

7. wus ngungkuli sakadange sami | ing jênênge katong | angungkuli lawan ramakane | êndi lire arinira nini | wus dadya prajurit | bêrkate lakimu ||

8. sapa nyana prawirèng ajurit | ing ayuda tanggon | kongsi dadi wakile kangane | ketang-ketang bisa anglakoni | kon amuruki[20] | mring pulunanipun ||

9. atmajane Si Hasim Katamsi | pamukul ginuron | panyabête ingkang palu rante | iya nini tuturira nguni | sawabira nini | ing prang sira jangkung ||

10. Sri Sêmakun umatur wotsari | ramanta sang katong | kang kula kèn lajêng pun Kuskèhèl | mung punika kang angodhol baris | kundur lawan mampir | lajêng mring Mêdayun ||

11. yèn lajênga dhatêng ing Mêdayin | yèn sampun ngêdhaton | kawula kèn lajêng pun Kuskèhèl | nuntên lajênga dhatêng mariki | lan nêlik nalitik | Baktak akalipun ||

12. yèn wus rawuh ing kitha Mêdayin | jêng rama sang katong | kangjêng ibu pinundhuta age | wong wus suci nulya rêgêd malih | kawula kêkahi | tan suka pun ibu ||

13. lamun arsa anunggal agami | Ibrahim kinaot | inggih ingkang mulya sarengate | yêktyamba ngaturkên pribadi[21] | dhatêng ing Mêdayin | pun ibu pukulun ||

14. nadyan seda kangjêng ibu sori | sampun manggih ewoh | lêstaria ruwêde kêpatèn | sampun manggih

--- 6 : 34 ---

ing sawiji-wiji | samya anambungi | pra narendra putu ||

15. Prabu Karsinah lan Parangakik | samya matur alon | Rustamaji Pangeran Kelane | miwah Rahadèn Hasim Kuwari | yèn sedaa benjing | kawula kang mikul ||

16. bandhusane lan sakadang mami | kang manjingkên ing jro | kaluwate sarêng ing ature | para nata gumujêng wotsari | paduka sêksèni | jêng paman Sêmakun ||

17. angandika nyai pramèswari | lêstaria babo | putuningsun iya sasêdyane | padha bênêrkên lupute benjing | mêmintakkên sami | apurèng Hyang Agung ||

18. sarwi gumujêng dènira angling | kabèh putungingong | dinulura kabèh sakajate | nulya dhaharan ingkang ngladèni | para wayah èstri | sang dyah mantu putu ||

19. pangajênge Rêtna Kadarwati | mantu anyar karo | garwa Parangakik ing wurine | garwa Karsinah lan Rustamaji | sami anèng wuri | Kadarwati ngayun ||

20. marang eyang pan kanggêp pribadi | sawusira nglorod | lawan ari Sêmakun sarênge | para putra kumpul dadi siji | para ratu sami | saambêng akumpul ||

21. putra-putra ngumpul dadi siji | kang jalu pra katong | rame eca nèng ngarsa eyange | wus linorod parêkan pra cèthi | nyênyamikan salin | brênduwin lan anggur

22. wusnya dangu Sang Surayèng Bumi | kundur angêdhaton | bubar mêdal para putra kabèh | Sri Sêmakun kang dèn iring sami | praptèng

--- 6 : 35 ---

dalêm aglis | gantya kang winuwus ||

23. baris Talsiyah Mutadarawi | ingkang sami ngodhol | marang Prabu Nusirwan lampahe | samya rêrêb ing wanadri baris | kinalang atêbih | saking ênggènipun ||

24. yèn arêrêb sami dèn barisi | tan kêna marojol | wong sawiji saking panggonane | yèn kurangan bukti dèn kirimi | dhahare sang aji | kang malêri dhawuh ||

25. ya ta wontên kawuwus narpati | kuthane anglegok | ing Srikaras arane prajane | pêparabe Raja Banukêrjis | akiwa amêncil | lêdhok kapit gunung ||

26. ratu datan ana ngiri dening | saking adoh elok | para ratu tan ana kang dahwèn | praja kiwa pamêtune kêdhik | sagung kang para ji | tan melik kinayut ||

27. sanêgara tan ana kêlambi | mung saruwal kathok | kang saruwal landhung mung ratune | nora sinjang nora akulambi | gêgamaning jurit | siji ora gadhuh ||

28. mung suligi ingkang dèn lincipi | rongpuluh sabên wong | suligine pan ruyunge arèn | lamun aprang suligine sami | yèn wus tèk suligi | nuli bandhêm watu ||

29. yèn wus têlas watune tumuli | ngrukêt gêlut nyokot | sanêgara padha kurang lambe | pating prêngongos pating paringis | watu itêm sami | môngka kuthanipun ||

30. yèn cangkrama ratunipun nênggih | wonge kalung oyod

--- 6 : 36 ---

yèn wong wadon babakan awêre | pan dèn anam dèn awêrkên sami | pusêr tutug sikil | saluhuring dhêngkul ||

31. agamane nora nganggo nabi | pangidhêpe sato | kurang wadon akèh lanangane | sabên omah wong wadone siji | lanangira sami | ana nênêm pitu ||

32. ana omah wadone sawiji | ingkang rada ombol | kongsi rolas iya lanangane | yèn cumbana nora nganggo isin | tan nganggo ling-aling | pan wus kaprahipun ||

33. wus pasthine kuwat ingkang èstri | ingkang luwih ombol | wadon siji sêlikur lanange | yèn sêsuta sami angladèni | pan sami darbèni | sami ngrêngkuhipun ||

34. Radèn Batiyar kinèn dhingini | bok ana kapêrgok | ratu sêkti kamargan lampahe | bok si dhandhang si dhandhung marêngi | pinarêng lumaris | kasarug ing ngriku ||

35. mulat kutha watu têm kinardi | pantês ratune bot | dene anèh watu têm kuthane | Batiyar mung bêkta wong sakêdhik | satus wong turanggi | lampahira gambuh ||

8. Gambuh[22]

1. Batiyar gya umasuk | jro nêgara kagyat dulu | nora nganggo pasar nêgarane mamring | wong lanang pating kêlanthung | tur padha saruwal kathok ||

2. wonge pating cêrungus | alêngus padha kumênthus | ting pathèsèl nyênyêngit pating jaginggis | ana kêpapag wong têlu | Radèn [Radè...]

--- 6 : 37 ---

[...n] Baktiyar tanya lon ||

3. ya takon sanak ingsun | nêgri ngriki anèh klangkung | punapa ta wontên ratune kang nêgri | tuwin ta pêpatihipun | sumaurira asêngol ||

4. wontên pisan ratwèngsung | Srikaras nêgaraningsun | ratuningsun nama Raja Banukêrjis | namane pêpatih ingsun | iya Kyana Patih Gancor ||

5. ratu ing ngriki ampuh | yèn yuda datanpa mungsuh | Patih Gancor punika maling sinêkti | akèh para ratu mungsuh | sirahe sami pinocok ||

6. tan ana wani mungsuh | mila kèringan pra ratu | ya ta mulat wong wadon liwat sawiji | Radèn Baktiyar sru ngungun | baya wus tatane uwong ||

7. ngartika ing tyasipun | Dyan Baktiyar arsa wêruh | bokmanawa wong mangkene angêntasi | tinandhing lan ratu agung | èwon akèh para katong ||

8. tandhing lan Jayèngpupuh | pêrang mara karo pênthung | iki pantês mênawa apês nêkani | dhêdhêmit setan wus kawus | mung durung mungsuh mangkono ||

9. cok boros si ratwagung | mungsuh lan wong wuda durung | sun jajale nêdha kisanak wak mami | atêrêna wismanipun | iya mring Ki Patih Gancor ||

10. ingatêrakên sampun | mring wismane patih gupuh | nora nana bature bêbêd sawiji | mung saruwal watês dhêngkul | puniku Kya Patih Gancor ||

11. Dyan Baktiyar wus pangguh | ing batin rada kaduwung | ala nganggur [ngang...]

--- 6 : 38 ---

[...gur] anyambat nora ngopahi | wong arêp prang lawan lutung | sajêg durung prang lan sato ||

12. pinanggyan bangku lungguh | Dyan Baktiyar alon muwus | kyana patih aturna marang sang aji | manira wong ing Mêdayun | ngungsi binujung ing mungsoh ||

13. sigra binêkta sampun | Dyan Baktiyar manjing ing kêdhatun | wus kêpanggih lawan Raja Banukêrjis | tan anganggo cènthèl atur | sikêp umanjing blas-êblos ||

14. nora na mangan sêkul | gaga sawah nora laku | olah-olah nora tatan sanêgari | pangane singa katêmu | pinangan mêntah kemawon ||

15. lawan pala gumantung | ing jro bumi kang dhinudhuk | pan binadhog sêdaya mêntahan sami | buron cilik kang katêmu | garangan lan tikus wirog ||

16. trênggiling luwak lutung | ula kadhal bangkong bulus | kintêl cacing pinangan mêntahan sami | godhong isine wana gung | kang lêmês pupus binadhog ||

17. Radèn Baktiyar matur | kula dutèng Sri Mêdayun | nêdya ngungsi punapa wagêd ngukuhi | maksih binujung ing mungsuh | dutane Jayèngpalugon ||

18. Sang Raja Kêrjis muwus | sapira mungsuh kang rawuh | lamun tiba Srikaras tan dadi kardi | yutan atumpês dening sun | sapa ngalahakên ingong ||

19. apan para ratu-ratu[23] | kabèh kaprah gamanipun | nganggo wêsi lan waja ingkang kinardi | karyane manusa tuhu | yèn ingsun tan arsa nganggo ||

20. liya gêgaman [gêgama...]

--- 6 : 39 ---

[...n] ingsun | pêkakas prang kaki buyut | gaman wêsi waja gaweane janmi | jakên marene ratumu | bêcik ngungsia maringong ||

21. Radèn Baktiyar muwus | sing bangku akèh kadulu | tuwa anom lanang wadon gêdhe cilik | dudu kapas kang tinênun | ginawe saruwal kathok ||

22. mung babakane kayu | Baktiyar lumampah laju | matur wontên kitha katrajang ing baris | umatur ing ramanipun | yèn kêsasar gène katong ||

23. nêgara cara lutung | cara sato karyanipun | botên nganggo sêga yèn arsa abukti | ambadhog singa katêmu | nênggih miwah kang dèn anggo ||

24. Baktak alon amuwus | kaya priye apa sanggup | alon matur Baktiyar gih anyagahi | Sang Raja Kêrjis lingipun | turana manjing sang katong ||

25. batine ingsun kulup | arêp malês mring sang prabu | Si Kuskèhèl iya ingkang banting uni | yèn ora kuwalês kulup | bêbêg rasane tyas ingong ||

26. iku ta karsaningsun | gawea gègèr karuhun | gawe gêlar iku ratu kang nututi | arsa dikêp sang aprabu | sira alok dèn gumuruh[24] ||

27. pêsthi sang prabu kuwur | nuli nurut atur ingsun | mêngko bêngi gègèrna wadya Mêdayin | Sang Kuskèhèl lan Si Bêskul | padharsa nyêkêl sang katong ||

28. wau ta kang winuwus | Sri Brikahar Ngambarkustup | lawan Prabu Sêmakun sampun anggalih | lampahe [lampah...]

--- 6 : 40 ---

[...e] Prabu Mêdayun | ambênêr ing marga nglegok ||

29. benjing mênawi jêbul | gène ratu cara lutung | botên wande kêsasar kuthane Kêrjis | tuwan lampahna bêbantu | kang awas sagung pakewoh ||

30. inggih pun bapa Dhatuk | Bêrdanis paduka tuduh | dimèn mêngsah benjing lawan Raja Kêrjis | rinewang prang kêmatipun | ratu ingkang cara sato ||

31. ya ta Prabu Sêmakun | nuduh dwi punggawanipun | pan asarêng kêlawan Dhatuk Bêrdanis | kinanthèn prajuritipun | bala Gumiwang anyêrot ||

32. lamine tan winuwus | marga wau lampahipun | wus kacandhak Si Kuskèhèl gèn lumaris | kalawan Sang Raja Bêskul | sampun amucung pakuwon ||

9. Pocung

1. ya ta wau sarêng ing patingkahipun | gantya kang winarna | mangkana nuju ing wêngi | amiranti balane Radèn Baktiyar ||

2. anèng pungkur balane alok gumuruh | wong sèwu wêtara | Baktiyar wadya prajurit | samya alok mungsuh anggêcak pondhokan ||

3. gumarubyug gègère kuwur-kuwur[25] | Baktak marang ngarsa | gugup sarwi kêmpis-kêmpis | angaturi suwawi paduka inggal ||

4. Sang Aprabu Nusirwan gumêtêr gugup | patih ana apa | dene agègèr kêpati | pun Kuskèhèl badhe anyêpêng paduka ||

5. arsa nukup paduka nuju kapêthuk | pun Baktiyar langlang | rame têmpuhing ajurit | wikan [wi...]

--- 6 : 41 ---

[...kan] pêjah gêsangipun pun Baktiyar ||

6. dipun pupuh dhatêng pun Kuskèhèl luput | Kuskèhèl pinêdhang | kudane kenging ngêmasi | amacicil aturipun Patih Baktak ||

7. pan ginugu gugup budhale kasusu | kawur sabalanya | sampun têbih gèn lumaris | byar raina Baktiyar wus anèng ngarsa ||

8. dhuh sang prabu botên kadosa pukulun | pukul kalih wêlas | dalu Sri Kuskèhèl prapti | lawan Bêskul arsa nukup ing paduka ||

9. inggih ulun nuju langlang pan kapêthuk | rame prang lan amba | yèn sampun rinêbut kalih | kêtandangan Kuskèhèl dhatêng kawula ||

10. dhuh pukulun kèndêla lampah rumuhun | akarya tanggoran | mrih kêndho pinagut jurit | pun Kuskèhèl sakêdhik gadhahi taha ||

11. sang aprabu pangandikanira gugup | ya kulup Baktiyar | sakarêpmu sun turuti | apa nyata Si Kuskèhèl binantonan ||

12. apa dudu Si Sêmakun ingkang bantu | Baktiyar turira | bantu mung bupati kalih | nganglang marga sami Bupati Gumiwang ||

13. pun Jong Kulub kalawan pun Bantul Kulub | andêling Gumiwang | bupati kêmbar prajurit | saha sêmbah ature Radèn Baktiyar ||

14. dhuh sang prabu kawula irid pukulun | mring nêgri Srikaras | kuthane Sri Banukêrjis | dipun inggal mênawi Kuskèhèl prapta ||

15. pan gumrubyug Radèn Baktiyar tinurut | anyêrot ing lampah

--- 6 : 42 ---

datan kawarna ing margi | prapta manjing dhatêng kutha ing Srikaras ||

16. wus amêthuk wadya Srikaras gumrudug | tan mawi bandera | tan liyan namung suligi | wonge lêksan namung suligi kewala ||

17. pan pinikul palôngka narendranipun | palangkane lugas | ingkang kinarya pring ori | kêkênthonge sami pring ori sêdaya ||

18. pan gumuruh wadya ewon akêkênthung | wau duk tumingal | Sang Aprabu Nyakrawati | pan alêksan saruwal kathok kewala ||

19. suligiku wong sawiji pan rongpuluh | wêtara sêdaya | tobat anganggoa wêsi | Sri Nusirwan tinandhu pi-api gêrah ||

20. gêrah ngungun durung anon lan angrungu | wong kaya Srikaras | sabalane Raja Kêrjis | awêwuda mung sruwal kathok kewala ||

21. nora patut akaryaa kutha watu | pan itêm sadaya | manungsane têka nisthip | nora laku amêmangan lah-olahan ||

22. wong Mêdayun sami manjing kuthanipun | ratune wus panggya | nora tata awotsari | dir kumêthak kumênthus kaliwat-liwat ||

23. wong Mêdayun wus makuwon nèng lun-alun | Sang Rajèng Gumawas | akanthi Dhatuk Bêrdanis | saha bala lajêng prapta ngêpung kitha ||

24. Raja Bêskul Kulup Bantul Bantul Kulup | prawirèng Gumiwang | jro kitha busêkan sami | sajêg-jêge durung ana mungsuh prapta ||

25. saya agung wong Purwakôndha [Purwakô...]

--- 6 : 43 ---

[...ndha] kang rawuh | lan bala Talsiyah | yèn dalu kêndhang gong muni | bèri puksur thongthonggrit umyung wurahan ||

26. pitung dalu wong Srikaras nora mêtu | wong Mêdayin sayah | nora mangan pitung ratri | nora nana carane wong mangan sêga ||

27. wong Mêdayun kalirên pating galuruh | Sang Prabu Nusirwan | gêrahira api-api | apan mangke nandhang gêrah têmênanan ||

28. lamun pagut Baktak kèn jênêngi besuk | arsa magut ing prang | sira Raja Banukêrjis | Urmus Irman Baktiyar anjênêngana ||

29. kang cinatur ing dalu enjing kawuwus | kakênthong sauran | mijil prang Sang Raja Kêrjis | Patih Gancor wadya rong lêksa nèng wuntat ||

10. Pangkur

1. enjing têngara sauran | kênthong ewon miyos Sang Raja Kêrjis | sawadyanira kumrutug | sampun aglar ing papan | sami mulat praptane gêgaman mungsuh | Kuskèhèl munggèng dipôngga | akanthi Dhatuk Bêrdanis ||

2. munggèng pêlana lêlawak | barisira sampun kapang miranti | wong Srikaras dulu mungsuh | surak giyak sauran | Dyan Baktiyar munggèng kuda Irman Urmus | miwah Kyana Patih Baktak | anjênêngi wong ajurit ||

3. apan ora nganggo tata | nyawurakên sêdaya kang suligi | mulat marang gone mungsuh | Dhatuk Bêrdanis sigra | mêsu tingal kang cinipta panah lesus | gumludhug kang bayu bajra | mêsês ponang lesus prapti ||

4. suligi [suli...]

--- 6 : 44 ---

[...gi] lêksan katulak | angênèni ingkang duwe pribadi | crêp-crêp sumrambah tumrucuk | usrêk samya anggiwar | otêr pating caruwèt pating bilulung | pêncare suligi mêsat | kadya udan anibani ||

5. gègèr bala ing Srikaras | arsa ngamuk katulak dening angin | akèh rubuh kabarubuh | tindhih tumpang-tumumpang | sigra wau Dhatuk Bêrdanis aniyup | praptane buron awêndran | kang tate binadhog sami ||

6. badhogane wong Srikaras | ula ulêr kuwuk luwak trênggiling | salira garangan tikus | yutan tan têna[26] ngetang | mung sakêthi wong Srikaras nora langkung | burone alas awêndran | tinubruk pan ora kêni ||

7. mêncolot ing gulunira | marang gigir prasami anyokoti | sangsaya gung praptanipun | Kadya riris sumêbar | Patih Baktak Baktiyar kalawan Urmus | Irman dhingini lumajar | manjing kitha ting karêmpis ||

8. wong Srikaras kagegeran | Raja Kêrjis ngisis lumayu giris | kungkulan ing sulapipun | dening mangonah tobat | tutup kitha bala sakarine lampus | ting kacècèr kitrang-kitrang | palayune Raja Kêrjis ||

9. Patih Gancor tan tumama | kêmatira wali-wali tan dadi | kasoran mangonahipun | Dhatuk Bêrdanis dibya | wong Srikaras gusis barisira kukud | kinêpung jawining kitha | wingwrin dèrèng tate jurit ||

10. lamun dalu binalangan [bina...]

--- 6 : 45 ---

[...langan] | saking jawi ingkang sanjata gêni | kang dahana mubal murub | giris wong jroning kutha | Patih Baktak Baktiyar kêlawan Urmus | sami ngadhêp ngarsanira | mring Sang Prabu Nyakrawati ||

11. Radèn Urmus asru ngucap | pikir apa iki têka amampir | muwuhi mêlaratipun | kasrakat amêsakat | wong kang ngungsi sêdya suda susahipun | iki amuwuhi susah | wuwuh lara wuwuh ngêlih ||

12. lawan amuwuhi dosa | wus mangkono têka nora marèni | mêngkono yayi Sêmakun | yèn iku angrungua | kaya apa baya kabèh iki lampus | marani nêgri musibat | nora kaprah dèn ampiri ||

13. Patih Baktak amiyarsa | kêthip-kêthip api-api gumigil | ya ta kunêng kang winuwus | kang wuwuh karisakan | wong Mêdayin kang urip kuru ambêndhul | Kuskèhèl apirêmbagan | kutharsa dipun lêbêti ||

14. wus dadya kang punang rêmbag | Ki Bêrdanis nyipta sanjata agni | kobar lawange wus rubuh | gêni sangsaya ngrêda | wus kalêbon kang kutha mawur malêdug | samya ngungsi ratunira | gumrêdêg manjing jro puri ||

15. busêkan gêtêr wurahan | awor lawan urube gêni atri | gumuruh kulon lan kidul | lor wetan bilulungan | wus kaisèn Raja Kêrjis kuthanipun | dening prajurit Gumiwang | kacêkêl Sang Raja Kêrjis ||

16. lan Patih Gancor kêcandhak | samantrine punggawa datan [data...]

--- 6 : 46 ---

[...n] kari | sêdaya wong pitung puluh | kalêbu ratunira | sira Prabu Nusirwan sabalanipun | sakarine kang palastra | wêdale anêrak baris ||

17. dhasar wus pinarentahan | mring Kuskèhèl kinèn gawea margi | pêlayune wong Mêdayun | rusak sami kasrakat | praptèng jawi anitih dipangganipun | pating kacècèr kang wadya | wuwuh rusak wong Mêdayin ||

18. ginêmpur kutha Srikaras | tumpêsan wong kang mati dening gêni | sigra budhal barisipun | nusul Prabu Nusirwan | wus kacandhak arêmbên bala Mêdayun | kathah sakit wêtêng rumab | angising miwah gumigil ||

19. wus kacandhak lampahira | sira Raja Kuskèhèl senapati | parentah mring balanipun | padha sira lèrèna | iya padha ngiringêna lampahipun | panêmbahan iku aja | sêdhihe kêpati-pati ||

20. mung ika Ki Patih Baktak | sok agawe suwe anèng ing margi | angadon-adoni wuwus | siji iku kalawan | Si Baktiyar wiyungyungên nèng dêlanggung | besuk bae luwarana | yèn wus prapta ing Mêdayin ||

21. adhi Jong Kulup lah sira | kang nyêkêla Baktiyar lan apatih | sandika ing aturipun | milih kuda papêrang | sigra mangkat bêkta kuda kalih èwu | prajurit kang sasêliran | samya anyabêt turanggi ||

22. mamprung kuda kalih nambang | prapta gène Sang Prabu Nyakrawati | saking ngajêngan umatur [u...]

--- 6 : 47 ---

[...matur] | amba inggih dinuta | nênggih isèn wijoan ing paluwanu | manggala ing Purwakôndha | Raja Kuskèhèl prajurit ||

23. kang môngka pangirid lampah | inggih Sang Sri Kuskèhèl senapati | kawula kinèn amikut | dhatêng pun Patih Baktak | linuwaran yèn sampun prapta Mêdayun | punika ngrandhati lampah | sok agawe-gawe pikir ||

24. dene lampah jêng paduka | dipun sarèh inggih kawula iring | Jêng Gusti Prabu Sêmakun | pan sampun printah êsah | têrang saking kang raka parentahipun | Wong Agung Surayèng Jagad | dèn kadya angiring-iring ||

25. kuda kalih èwu pêncar | munggèng ngarsa kêlawan kanan kering | baris kang wuri wus rawuh | samya kèndêl sêdaya | dhêdhêg maras sawadyabala Mêdayun | Raja Kuskèhèl tumêdhak | saking dipôngga tumuding ||

26. yèn wontêna kang lumajar | yêkti tumpês sêdaya wong Mêdayin | dhawuhira Raja Bêskul | têdhak saking wahana | sami marêk ngarsane Prabu Mêdayun | dènira sandi aseba | Patih Baktak angêrintih ||

27. api-api sangêt gêrah | muka biyas kucêm batine wêdi | rumôngsa ing lêpatipun | Baktiyar ulatira | kadi nanjak prajurit Gumiwang ngêpung | lan Kuskèhèl sabalanya | samya ngrêpa matur manis ||

11. Dhandhanggula

1. ya ta wau gantya kang winarni | Prabu Sêmakun carakanira | adombani ing lakune | kang

--- 6 : 48 ---

sami kinèn bantu | mring lakune Kuskèhèl nênggih | amêng-amênganira | wau kang ingutus | tilas Patih Purwakôndha | pinaringkên ing raka Sang Jayèngmurti | mring kang rayi Gumiwang ||

2. wus aniyup saking ing wiyati | Patih Jèndhi ing barisanira | kumabruk praptèng dharate | ngarsane sang aprabu | miwah para ratu kang ngusir | Jèndhi aris têmbungnya | dhawuhkên kang wuwus | hèh Kuskèhèl sira lawan | Raja Bêskul timbalane kangjêng gusti | Sri Bupati Gumiwang ||

3. aprakara sira angênginthil | lamun sang nata mèt sraya ing prang | ratu kang kamargan dene | tumpêsên wong Mêdayun | nadyan iya kangjêng rama ji | yèn tan eling sarira | iya sakarêpmu | Raja Kuskèhèl turira | inggih wontên punika ingkang marahi | rêmbêne amèt sraya ||

4. wadyanira kinêjepan aglis | gya cinêkêl Kyana Patih Baktak | lawan Baktiyar anake | kalih wus tinalikung | sinrahakên mring wong Mêdayin | kang jaga wong Gumiwang | prajurit gung-agung | matur Kya Jèndhi arisan | bok sampun sok anggêga rêkyana patih | Baktak angajak rusak ||

5. Sri Kuskèhèl asru dènira ngling | mirungu mring Bêthara Nusirwan | kakang Jèndhi satêmêne | tingkahe sang aprabu | durung darbe karsa pribadi | anut ature Baktak | wong musebat darung | mangke mumpung wontên para | kula sêksi inggih kakang batin mami | luwih

--- 6 : 49 ---

botên narima ||

6. dènnya matur Prabu Nyakrawati | kula ingaran gêpuk pondhokan | Ki Patih Baktak ature | kula botên ngrêmpêlu | yèn gawea susah ing wêngi | rina botên anêdya | ngrisak sang aprabu | Patih Baktak matur dora | lamun kula wêngi anêkani jurit | aprang lawan Baktiyar ||

7. karan ingsun lamun magut rai | lan Baktiyar ngarsane sang nata | payo ta aprang ing kene | dèn rêbuta ro ingsun | lan bapakmu padha du sêkti | nèng ngarsane sang nata | prabu ing Mêdayun | ratu agung pinituwa | Sri Narendra Kuskèhèl sawusnya angling | nêpsune kadrawasan ||

8. kokot bisu ratu kaduk runtik | kakon atèn mêntas angandika | kêlantur mêtu nêpsune | ngadêg nyat nuli junjung | bandan kalih binanting sami | ngarsane sang bêthara | inguculan sampun | Baktiyar payo ayuda | lan sinungan pêdhang gada lawan paris | Baktiyar payo aprang ||

9. bapakamu matur mring sang aji | yèn sira aprang wêngi lan ingwang | gajah ngong pinêdhang dene | Baktak ing aturipun | ingsun arsa dikêp sang aji | wêngi gêpuk pondhokan | iku dènnya matur | lah ing mêngko payo yuda | Patih Baktak dhêrodhog maras kêpati | dorane kacêthikan ||

10. Dyan Baktiyar nangis kêmpis-kêmpis | Raja Kuskèhèl sangsaya sugal | payo ngadêga dèn age | aprang dharat lan [la...]

--- 6 : 50 ---

[...n] ingsun | jêr wus ngaku prang lan mami[27] | Baktiyar datan obah | anangis tumungkul | Baktiyar payo age prang | nora obah Kuskèhèl sigra marani | cinandhak karo pisan ||

11. samya dèn ikal ing kanan kèri | kalihira gya binanting sigra | kumabruk pating kêlèsèt | kantaka kalihipun | sigra nêmbah marang sang aji | sampun emut paduka | sok anggêga atur | pun apatih sèwu dora | têka maksih dhahar ture kyana patih | apan putra paduka ||

12. langkung saking pangowêle kalih | sêpuh anèm agung tuwan mêngsah | anggugu wong gawe-gawe | duk anèm mangke sêpuh | dèrèng wontên têmên sadulit | dorane gawe tiwas | ngrusak ing pukulun | dèrèng sêlamêt salingsa | sri bupati tumungkul sarwi anangis | Kuskèhèl anak ingwang ||

13. bênêr sira gung aksama maning | enggal ingsun nuli ulihêna | marang ing Mêdayin age | gampang nèng praja besuk | iki lagi sun wruh pribadi | dorane Patih Baktak | wit saking yêktimu | payo nuli budhalêna | Sang Aprabu Kuskèhèl matur wotsari | sampun èngêt paduka ||

14. putra tuwan ing Kuparman nênggih | tuwin putra tuwan ing Gumiwang | langkung sangêt pangowêle | pijêr tuwan anggugu | wong musibat kaworan eblis | sigra têngara budhal | sira Raja Bêskul | kang lumampah

--- 6 : 51 ---

mpah anèng ngarsa[28] | sira Raja Kuskèhèl kang anèng wuri | Baktak lawan Baktiyar ||

15. tinunggangkên jaran wadon sami | lêlagaran datan majêng ngarsa | dèn ungkurakên arêpe | tan ana mawi kudhung | nora nganggo dèn kêlambèni | panasira kalintang | Baktak Baktyar ngukruk | yèn asambat ginêbugan | mring kang nuntun tunggangane Kyana Patih | Baktiyar iya uga ||

16. parentahe Kuskèhèl Narpati | Patih Baktak kêlawan Baktiyar | wong agung praptèng kuwone | Baktak Baktiyar mudhun | saking kuda tiyang kêkalih | tan suka tinulungan | aniba gêlundhung | sabên amêdhun mangkana | wantu-wantu binônda kalihe sami | sabên lèrèn aniba ||

17. dadya tontonan samargi-margi | ingkang nonton prasami angucap | wong iku gêdhe dosane | anunggang jaran mungkur | tanpa kudhung tanpa kulambi | apan sarwi binônda | kongsi kaya lutung | kêpanasên sabên dina | mênthêng-mênthêng kaya dhuwêt matêng uwit | sokur iku wong dosa ||

18. iku pantês dosa ngrusak bumi | dene bangêt dènira mêlara | wau ta Prabu Kuskèhèl | wus lêpas lampahipun | tan winarna lampahing margi | prapta bumi tampingan | nêgri ing Mêdayun | Betaljêmur kang winarna | wus uninga anjawil bupati kalih | samya angajak mapag ||

19. pêsanggrahan pakuwon sang aji | lakon rong dina saking jro kutha | Betaljêmur [Be...]

--- 6 : 52 ---

[...taljêmur] pamêthuke | ing pakuwon umasuk | tinangisan sri narapati | anèng ing ngarsanira | Kuskèhèl lan Bêskul | Urmus Irman lunggyèng ngarsa | Patih Baktak lawan Baktiyar pan maksih | anèng ngarsa bêbandan ||

20. samya nyikruk langkung wirang isin | Betaljêmur aris atêtanya | inggih punapa dosane | karone winayungyung | Raja Bêskul alon nauri | nêrka dhatêng ki lurah | lumampah tan urus | winastan gêpuk pondhokan | arsa nyêkêl marang sang prabu ing wêngi | tur botên kesah-kesah ||

21. amrih gègèr sang prabu ing wêngi | pan ginawa ngungsi mring Srikaras | mung puniku karêpane | ngungsi ratune lutung | nora kanggo rong jam ajurit | puniku wong binônda | kèhe pitung puluh | sêrayane Patih Baktak | manggut-manggut Ki Betaljêmur miyarsi | gih talah boya talah ||

22. gih sang prabu punapa tan kenging | tinêdhaa ingkang pangapura | sumaur Raja Kuskèhèl | manira boya asung | inggih atur uning rumiyin | jêng gusti ing Gumiwang | Narendra Sêmakun | kula ingkang botên lila | mung katura Wong Agung Surayèng Bumi | kang rayi yèn wus rila ||

23. kang angrusak kaprawiran mami | gawe ojat mêmirang maringwang | mung nênungkul kabisane | iku tan rila ingsun | Betaljêmur mênêng tan angling | ya ta malih têtanya | wardi Betaljêmur | anak punapa ta nyata | gustiningsun badhe ingangkat sayêkti [sayê...]

--- 6 : 53 ---

[...kti] | nênggih marang kang raka ||

24. ingadêgkên prabu nyakrawati | binathara jumênêng Kuparman | nauri Raja Kuskèhèl | nanging kang rayi lumuh | maksih karêm prawiran jurit | nuwun isèn kewala | joan palowanu | mung suka manggalaning prang | Sri Guniwang[29] maksih karêm anglampahi | prawiraning ayuda ||

25. amung ingkang putra Parangakik | lan kang putra Karsinah Sang Nata | amrih aprang ing karyane | umadêg bêthara gung | têmah arang mêtuwèng jurit | punika ingkang karsa | Jêng Gusti Sêmakun | akarya palu rante mas | wawrat sèwu kati mas sampun undhagi | sasat Tasangsulngalam ||

26. Irman Urmus tumungkul miyarsi | Sri Nusirwan luhnya dêrodosan | Betaljêmur lon wuwuse | ing wong urip tumuwuh | nênggih luwih kang dèn ulati | milua wong ngêcomlang | lawas-lawas gêmblung | milu wong prawirèng yuda | lawas-lawas dadya wong prawirèng jurit | anggèr Rajèng Gumiwang ||

27. dadi ratu sumbagèng ing bumi | ingkang anut mring Ki Patih Baktak | kasrakat angèngkèk-èngkèk | kaburu kabur-kabur | rusak sayah agung bilai | gumêrah guyunira | para dipatya gung | sang nata aris ngandika | iya bapa ingsun iki kadipundi | têka angroning kamal ||

Catatan kaki:

1. Teks asli: Pupuh Dhandhanggula (kembali)
2. Lebih satu suku kata: enjing têngara sang sri narpati (kembali)
3. anyilib (kembali)
4.  ngadêg (kembali)
5. Kurang satu suku kata: pur Baniswèn Sang Raja (kembali)
6. pasamuan (kembali)
7. Lebih satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, yayi prabu kang baboni (kembali)
8. kadhaton (kembali)
9. Kurang satu suku kata: gurnang lawan thongthonggrit bêndhe angungkung (kembali)
10. awit (kembali)
11. molahakên (kembali)
12. prabaning (kembali)
13. Lebih satu suku kata: dèn prayitna Sang Prabu Parangakik (kembali)
14. Kurang satu suku kata: dèn prayitna kudhunga paris wêsi (kembali)
15. Guru lagu seharusnya: 8a: mangkana pamutêrira (kembali)
16. amênuhi (kembali)
17. pêndhak (kembali)
18. ingaras (kembali)
19. Kurang satu suju kata: angalap sawab sayêkti (kembali)
20. Kurang satu suku kata: kon amêmuruki (kembali)
21. Kurang satu suku kata: yêkti amba ngaturkên pribadi (kembali)
22. Pada pupuh Gambuh ini semua baris ke- 2 kurang dua suku kata. (kembali)
23. Lebih satu suku kata: apan pra ratu-ratu (kembali)
24. Guru lagu seharusnya 8o: sira alok dèn gumuroh (kembali)
25. Kurang satu suku kata: gumarubyug gègère akuwur-kuwur (kembali)
26. kêna (kembali)
27. Kurang satu suku kata: jêr wus ngaku aprang lan mami (kembali)
28. Lebih satu suku kata: kang lumampah anèng ngarsa (kembali)
29. Gumiwang (kembali)