Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21)

Judul
Sambungan
1. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 01–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
6. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

12. Sinom

1. iya apa ngapuraa | Wong Agung Surayèng Bumi | saking gunge dosaningwang | katon binêcikan mami | sok malês angalani | Si Baktak ngajak maringsun |

--- 6: 54 ---

sigra ngaturan budhal | saking pakuwon lumaris | tan kawarna ing marga praptèng jro pura ||

2. sigra lajêng angadhatyan | Kuskèhèl lan pra dipati | ngêbroki wismane Baktak | Baktiyar lan Baktak sami | cinancang regol jawi | lan rabi tan kêna têmu | ginubêng gaman ligan | ugyane lêlaran kalih | prapta suguh bupati kang têngga pura ||

3. sêga matêng tigang dina | pan atusan jodhang prapti | patang dina sêgah mêntah | bèbèk bêras kêbo sapi | suka sri narapati | Kuskèhèl sawadyanipun | parentah karya sêrat | ing carik kalih wus dadi | sêrat katur dhumatêng nêgri Kuparman ||

4. sêrat ngaturkên bêbandan | wong Srikaras Raja Kêrjis | sêrat kêkalih punika | mring gustine dhewe siji | sêrat sawiji malih | katur mring Prabu Sêmakun | miwah Bêskul mangkana | sêrate iya kêkalih | samya nuduh bupatine kalih sowang ||

5. manjing kutha kalih lêksa | budhal caraka bupati | saking Mêdayin nêgara | bêbandan tinuntun sami | mung ratu lawan patih | kalawan punggawanipun | anitih kuda tundhan | ratune kudane mantri | mundhut tundhan wong Mêdayin tuduh marga ||

6. lampahira gêgancangan | angambah marga wêradin | rêratan marang Kuparman | akêncêng saking Mêdayin | akèh gêdhong botrawi | kala panggihe Marpinjun | dadya rêratan kawak | aglis kinarya lumaris | tan winarna ing marga praptèng Kuparman ||

--- 6: 55 ---

7. anjujug ing gustinira | sira Sang Prabu Pirngadi | dene Bupati Tasliyah | jujug Raja Banuarli | katur ponang kintèki | ing pura wêkasanipun | sang raja ing Talsiyah | prapta gyan Raja Pirngadi | yayi nata dawêg seba rama para ||

8. sang aprabu ing Gumiwang | sêratnya ngaturkên nuli | kang rayi suwawi kangmas | asowan tiyang kêkalih | Sri Pirngadi wus panggih | lawan Sang Prabu Sêmakun | punika karsaningwang | katura ing benjing enjing | pêsamuan supaya sami miyarsa ||

9. sagung ingkang para nata | yèn wontên para narpati | kang samya duwe panêkar | narendra ngêntasi kardi | anjêmbarakên rai | pun Kuskèhèl anak prabu | mênawa ta ginanjar | ratu kaskaya ngajurit | anguwisi nora dadi karyanira ||

10. anadene kang bêbandan | wong Talsiyah kang gujêngi | wong Purwakăndha ngiringna | ratune tuntunên ngarsi | wus dadi kang pinikir | datan kawarna ing dalu | enjing miyos sineba | Wong Agung Surayèng Bumi | aglar sagung para raja para putra ||

11. supênuh ing pênangkilan | kadya trunaning udadi | tembak ponang palênggahan | Prabu Sêmakun alinggih | keringe Jayèngmurti | nèng wijoan palowanu | timbang lawan kang putra | Sang Aprabu Parangakik | nèng wijoan palowanu nawa rêtna ||

12. sumambung Prabu Karsinah | Ruslani Danurusamsi | wong agung

--- 6: 56 ---

ing Parangteja | lawan Arya Guritwêsi | miwah Natèng Ngabêsi | Kunawar Biraji Kuljum | Kulub lawan Kalkiyah | miwah Sang Natèng Kubarsi | natèng Selan Kohkarib jajar Yujana ||

13. Kebar Turki lawan Kangkan | myang Sang Prabu Banarungsid | tangèh lamun cinatura | sêdaya kang para aji | tuwin para putra ji | mangkana Prabu Sêmakun | têdhak saking wijoan | ngêjèpi narendra kalih | ing Talsiyah miwah Prabu Puwakăndha ||

14. binêkta marêk ngajêngan | nêmbah angaturkên tulis | orêg sagunging tumingal | lah ta iki ana warti | wong Parangteja tampi | sêratira lajêng katur | Marmaya kinèn maca | Kuskèhèl ponang kintèki | lawan Bêskul katur Narendra Gumiwang ||

15. awit saking budhalira | kabujung saking ing Mêrtis | prapta aprang ing Srikaras | lajêng bêdhahe Sri Kêrjis | kacêkêl Raja Kêrjis | alajêng dipun talikung | Baktiyar lawan Baktak | lajênge prapta Mêdayin | Umarmaya malêmbung lok katiwasan ||

16. macucu sarwi kêkayang | nolèh mring Prabu Sêrandil | maratuwa cinêngkalak | ipe kinalungan êpring | siksane adol sêkti | anjuwowok nora arus | Si Kuskèhèl aladak | prajurite Si Pirngadi | bocah bêcik têka wani-wani bănda ||

17. gumêr kang sami miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | bandan kinèn ngajêngêna | bêbêstan Sang Raja Kêrjis |

--- 6: 57 ---

ratu patih ingambil | samya sinaoskên ngayun | ebat sêdaya mulat | sipate Sang Raja Kêrjis | nora sipat manusa adhapur kewan ||

18. kinèn sadat datan arsa | kinèn nêmbah gobag-gabig | sawadyane pitung dasa | kasrah mring Prabu Kohkarib | wong agung ngandika ris | padha wèhana sul-angsul | yayi Sêmakun sira | Si Kulup Mutadarawi | lan Talsiyah têlu padha tunggalêna ||

19. kêlawan ingsun angganjar | ing wijoan palowani | kang asuku sêlawe prah | Kuskèhèl ingkang darbèni | dene kang rolas sikil | kaduwe mring Raja Bêskul | lawan makutha rêtna | sotya pitung puluh siji | karo padha yèku mungguh kang makutha ||

20. amung iku ingkang beda | kang wijoan palowani | ratu katiga tur sêmbah | Raja Sêmakun maringi | turăngga kang pangaji | samas sabusananipun | lèngsèr nata katrinya | Wong Agung Surayèng Bumi | jêngkar dènnya sumiwi kundur ngêdhatyan ||

21. wong agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi | Prabu Sêmakun katrinya | ngandikan malêbèng puri | bubar kang sami nangkil | sagung ingkang kari umung | narendra kang sêkawan | Lamdahur lan Umarmadi | Banuarli anganti ing wêdalira ||

22. Prabu Sêmakun lêbêtnya | pra narendratmaja sami | kundur pura sewang-sewang | wau kang anèng jro puri | nimbali garwa prapti | Rêtna [Rê...]

--- 6: 58 ---

[...tna] Sudara ingutus | yayi lah iki layang | ingkang têka ing Mêdayin | nya wacanên aturna ing ibunira ||

23. tur sêmbah lajêng lampahnya | ratwibu ing Parangakik | prapta ngarsane bunira | pramèswari ing Mêdayin | sinapa awotsari | sawusnya tata alungguh | ibu punika sêrat | kang prapta saking Mêdayin | kang tinuduh yayi prabu ing Gumiwang ||

24. anut wingking lampahira | raka paduka rama ji | ratu kêkalih ambêkta | nênggih prajurit sakêthi | sêkawan kang bupati | dutane Prabu Sêmakun | balane nglimang lêksa | manjing wadya patang kêthi | kang andhèrèk lampahe raka paduka ||

25. kang sêrat sampun winaca | miwiti malah mêkasi | tamat surasaning sêrat | duk miyarsa pramèswari | sêkêl suka ing galih | sêkêle musakatipun | sukane angrasaa | pakaryane tanpa dadi | angandika Juru Jinêm mring kang putra ||

26. dhenok iku kayaparan | yèn besuk ramamu arsi | animbali lawan ingwang | umatur Sudarawêrti | inggih sampun ginalih | punika yayi Sêmakun | lan ari Parangteja | kang Dipati Guritwêsi | inggih sami ngandikan marang jro pura ||

27. pun kakang Bagendha Abas | inggih wau dèn timbali | gantia ingkang winarna | Wong Agung Surayèng Bumi | katiga kang tinari | kakang Abas badhenipun | yèn wus dadi kang rêmbag | sayêkti winot ing tulis | kang winawrat sayêkti Prabu Gumiwang [Gumi...]

--- 6: 59 ---

[...wang] ||

28. aturipun lêleyangan | Raja Sêmakun turnya ris | kakang mas ing Parangteja | atur kawula sayêkti | yèn jêng rama nimbali | inggih mundhut kangjêng ibu | mangke sêdhênge măngsa | prayogi dipun kêkahi | kula ingkang sayêktine botên suka ||

29. karsane pan sampun sêpah | ngungkurkên pikir kamuktin | wibawa pan sampun lawas | kang wajib sanguning pati | yèn rama ji Mêdayin | kadrêng nimbali jêng ibu | yèn rama wus agama | nêtêpi agama sukci | ngèstokakên sarengat Ibrahim duta ||

30. lamun botên mêkatêna | dadya sih têmahan lalis | jêr kangmas măngsa têgêla | jêng rama rusak ing galih | pae duk anèm uni | ing mangke pan sampun sêpuh | laline dèn umbara | yèn botên dipun cêgati | yèn amêksa anasak lumuh agama ||

31. inggih tan kenging dèn eman | kakang pan punika pêsthi | yêkti nut ujaring kitab | singa băngga dèn patèni | têlas tan wontên malih | pikir kawula mung niku | Wong Agung Parangteja | angrangkul ing wêntis kalih | adhuh anggèr pungkasan pikir punika ||

32. Menak Abas nambung sabda | pangraos kawula inggih | lêrês ari Parangteja | tan wontên indhake malih | patitis arêspati | karsane Prabu Sêmakun | mangkya rama paduka | Mêdayin mantuk bêbayi | lare alit ing manah kêdah amothah ||

33. lare mothah sabên dina | paduka sêpuh pribadi |

--- 6: 60 ---

punika upaminira | pan inggih wajib nulungi | mênawi botên bêcik | punika tuwan katutuh | lare nèng pinggir jurang | yèn botên nuntên tinarik | sakit pundi tinarik lan tibèng jurang ||

34. sayêkti sakit tibanya | katanggor ing parangcuri | punika langkung katêtah | kantosa tumibèng curi | kang para sêpuh sami | kang dados paraning tutuh | punika mrih prayoga | botên kados yayi aji | Sri Sêmakun aturipun pêpungkasan ||

35. pan sampun pikir nugraha | rayi paduka sang aji | Gumiwang lêrês pêsaja | Sang Kakungingrat lingya ris | yayi karyakna tulis | kakang Sang Prabu Sêmakun | marang Rajèng Gumawas | Kuskèhèl kula dhawuhi | kuwasane parentah saking Kuparman ||

36. yayi prabu dhawuhêna | putranira Kaelani | ipene sira pundhuta | iya ing salah sawiji | karyanên anjênêngi | iya Si Maliyat Kustur | kalawan putranira | kaki Prabu Parangakik | Si Kalbujèr tuduhên ingkang bantua ||

37. aja kurang taklimira | angantêp tutur kang bêcik | marang kangjêng panêmbahan | dèn têtêp ing senapati | ya Si Kuskèhèl misih | kang kuwasa angrèh laku | amrih aja nêracak | laku ana kang gêdhugi | yèn ngamungna Kuskèhèl iku nêracak ||

38. lah uwis yayi mijila | lawan kakangira nuli | sêrate dadya ing kana | Prabu Sêmakun wotsari | Menak Abas tut wuri | wurine Prabu Sêmakun |

--- 6: 61 ---

praptèng jawi utusan | ngaturi kang putra kalih | angandika sri bupati ing Gumiwang ||

39. hèh kakang prabu ing Selan | lan kakang Prabu Kohkarib | de kakang dèrèng bubaran | nauri narendra kalih | anggèr inggih ngêntosi | wiyos paduka yun wêruh | lamun putra paduka | Talsiyah Mutadarawi | binantokkên dhatêng Mêdayin nêgara ||

40. Prabu Sêmakun ngandika | manawi pun kakang kalih | lajênga wisma kawula | inggih sarênga lumaris | Menak Abas tan kari | sapraptane lurung agung | andhangah pinayungan | para ratu kang angiring | ana mulat kang kêpapag samya ngucap ||

41. dubilah Rajèng Gumiwang | dene kaya wora-wari | pratăndha yèn antuk karya | sêmune sri narapati | apantês nyenapati | solahe têka acakut | dhokoh sabarang karya | iki thukul wong Mêdayin | apan dadya dandanan asmarèng laga ||

13. Asmaradana

1. gawok ingsun wong Mêdayin | Sri Naranata Nusirwan | dènira ngukir putrane | kang kakung èstri bineda | lamun akarya putra | pangrasaningsun pan dudu | gêgaweane manungsa ||

2. kaya gawean sing langit | ingukir anèng suwarga | Rêtna Marpinjun pantêse | witning nguni kang wus swarga | Gusti Rêtna Muninggar | sapa narka kang andulu | ginawe sami manungsa ||

3. ingkang dadi lanang sami | iya dene jamak-jamak [jamak-ja...]

--- 6: 62 ---

[...mak] | lawan para ratu kabèh | iku ta patute dadya | putrane Kewusnendar | ladak Sang Prabu Sêmakun | kaya têdhaking Yujana ||

4. tan wus kang sami ngraosi | Prabu Sêmakun wus prapta | lan tamu anèng dalême | wus tata sami lênggahan | Prabu Sêmakun mojar | anak prabu kalihipun | ing Talsiyah Purwakăndha ||

5. kang dhawuh timbalan mangkin | sira sami tinarima | ing wakil andika karo | ingkang ngodhol eyangira | sami ratu prawira | bisa nyampurnakkên laku | mangkya botên ingandikan ||

6. lajêng sinung karya malih | inggih mangke winuwuhan | Si Kuskèhèl kuwasane | antuk idin sing Kuparman | pacak ratu prawira | mangkya pinaringan bantu | gêgêdhug ratu gêgala ||

7. ing Kulub lawan Kubarsi | kang ngopèn-opèni samya | mring lakune Si Kuskèhèl | wau kalane miyarsa | Lamdahur Umarmadya | mèsêm sarwi manthuk-manthuk | anggèr sokur-sokur bagya ||

8. inggih botên nêniwasi | wakile putra andika | langkung pracaya têgêse | anggèr lamun mêkatêna | Prabu Sêmakun mojar | kakang prabu sakêlangkung | anjêmbarakên wêdana ||

9. ngandika Natèng Sêrandil | mring kang putra Purwakăndha | Pirngadi lamun mêngkono | bibèkmu tarimakêna | akunên bapa pisan | Si Kuskèhèl aja tanggung | gumujêng Rajèng Gumiwang ||

10. kakang [ka...]

--- 6: 63 ---

[...kang] prabu ing Sêrandil | dhêmênaku cilik mula | yèn gunêman amalênos | kaya gêmbili binakar | nèng gêni balubukan | kinuwit têka malêdug | pinangan kaya godhogan ||

11. sami suka kang miyarsi | Prabu Marmadi lingira | ingsun mèlu payu bae | si[1] dawa gung pikirira | Banuarli nak ingwang | tarimakna mring Sri Bêskul | anake pamanmu Harjan ||

12. tan adangu kapiyarsi | ing jawi swara gumêrah | praptane kang putra karo | Parangakik lan ing Kelan | Prabu Sêmakun têdhak | kang putra kalih wus tundhuk | manêmbah dhatêng kang paman ||

13. sawusnya tata alinggih | Prabu Sêmakun ngandika | anggèr gustiningsun karo | timbalan rama paduka | pinundhut ingkang lampah | pun Kalbujèr Rajèng Kulub | dene anak mas ing Kelan ||

14. ipe kang pinundhut siji | karyane badhe dinuta | dhatêng Mêdayin lampahe | anjênêngi kang wus lama | amrih ing rikatira | Sri Kuskèhèl lampahipun | kalih ature sumăngga ||

15. ratu kalih dèn timbali | Kulub Kubarsi wus prapta | dhinawuhan ing lampahe | kalih ature sandika | budhale benjang enjang | sarta saprajuritipun | dhatêng Mêdayin nêgara ||

16. ing rèh sampun dèn jarwani | sapalakartining lampah | Prabu Sêmakun nulya ge | pêpundhutan prapta aglar | lajêng dènnya bujana | pun uwa punapa dangu | ature Prabu Jayusman ||

--- 6: 64 ---

17. Menak Abas anauri | anggèr sarêng ing ramanta | inggih saking ing kêdhaton | adamêl sêrat punika | kang badhe dipun bêkta | dhatêng pun Maliyat Kustur | lawan Kalbujèr lampahnya ||

18. adhaharan găngsa ngrangin | saruni lawan biola | anginum rame sênggake | branduwin anggur rak adas | larih midêr timbalan | ngandika Prabu Sêmakun | hèh anak Kubarsi sira ||

19. lan adhi ing Kulub sami | pira prajurite padha | kang ana samêngko bae | nora nganti ing kêrigan | Prabu Kubarsi nêmbah | inggih ing wêtawisipun | tigang yuta botên kirang ||

20. Prabu Kulub turnya aris | kawula namung sayuta | Prabu Sêmakun dêlinge | mênawa ana kang kurang | dandanan ingkang rusak | bandera tunggul lêlayu | ing ngriki jandika bêkta ||

21. umatur narendra kalih | kados maksih sami wêtah | Prabu Sêmakun anolèh | prapta kalih kêthi dinar | nyakêthi pinaringan | miwah pêparing pakintun | dhatêng Kuskèhèl samêkta ||

22. pungkasan sagunging pikir | bubaran dènnya bujana | surup baskara sarênge | sami mundur sowang-sowang | ing dalu tan winarna | sêrat pinaringkên sampun | enjing budhale gumêrah ||

23. Prabu Sêmakun akirim | busana kuda samêkta | dhatêng Sang Prabu Kuskèhèl | sira Sang Prabu Marmadya | kathah pakintunira | mring sira Sang Raja Bêskul | miwah kang putra kalihnya ||

--- 6: 65 ---

24. Talsiyah Mutadarawi | kathah-kathah kintunira | mring ratune panêkare | lêpas lampahe gêgaman | rikat marga rêratan | tan winarna lampahipun | ing marga praptèng jajahan ||

25. mèh prapta kitha Mêdayin | orêg samya salah tămpa | wong cilik gègère keron | lamun ana gaman prapta | angidak nêdya ala | paran unggyane lumayu | Kuskèhèl wus nèng jro pura ||

26. tambuh tingkahe wong cilik | sami amupus kewala | măngsa kolua patine | yèn bala saking Kuparman | adate awêlasan | Sang Prabu Maliyat Kustur | gêgamane ingkang prapta ||

27. Kuskèhèl mêthuk lumaris | ingiring mring kêpatihan | pinarnahkên pakuwone | Rajèng Kubarsi sabala | Rajèng Kulub pinarnah | wismane Raja Bintulu | cêlak lan ing kêpatihan ||

28. tintrim nêgari Mêdayin | kathah kang angrungu warta | Maliyat Kustur praptane | lawan Kalbujèr Narendra | ratu banthèng Kuparman | yèn prakara prang gêgêdhug | narpati kalih prakosa ||

29. lawan Kuskèhèl Sang Aji | dhinawuhakên kang sêrat | tinampan lajêng winaos | sawusnya amaos sêrat | Kuskèhèl nêkêm sirah | sujud ing siti angungun | yèn sêrat garba pangucap ||

30. Prabu Sêmakun kêkirim | ijêman sarta kêlawan | ingkang raka parentahe | Wong Agung Surayaning Prang | kang ngêdhaton [ngêdhato...]

--- 6: 66 ---

[...n] Kuparman | muwuhi kuwasanipun | linuhurkên prênahira ||

31. wijoan mas paluwani | kang asuku sêlawe prah | langkung saking pangungune | saking dhawuhe nugraha | Kangjêng Sultan Kuparman | dene gung pasihanipun | langit rêbah asinăngga ||

32. tan dipe kêlamun kongsi | katètèsana ing rasa | Wong Agung Jayèngpalugon | Prabu Sêmakun kewala | myang Prabu Purwakăndha | wus sangêt gêgêtunipun | dhasar watak kaduk sura ||

33. mantêp wani anglakoni | tan pilih gon ambêk pêjah | lêlabuhane Kuskèhèl | mangkana ing aturira | Kuskèhèl anoraga | mring Prabu Maliyat Kustur | lan Kalbujèr aturira ||

34. inggih yayi prabu kalih | pasrahing badan kawula | dipun upamakna gandhèn | pan kula drêmi lumampah | yayi kalih marakna | ajura pan kadi bubuk | sêrambut măngsa gingsira ||

35. Maliyat Kustur lingya ris | yayi prabu yèn sêmbada | mangke dalu amêlancong | anamar badan sêpata | catur ratu kewala | aseba Sèh Betaljêmur | punika kang ginuronan ||

36. Wong Agung Surayèng Bumi | langkung pêrcaya lir yayah | sami nuwun pratikêle | ecaning lampah punika | Kuskèhèl duk miyarsa | gih sumăngga mangke dalu | sami lampah dhêdhêmitan ||

37. ing dalu sami lumaris | narendra sêkawan pisan | prapta pijajar dhukuhe | jawi bata

--- 6: 67 ---

atêtanya | sintên ingkang saosa | di dalêm lêlurahipun | inggih ing dalu punika ||

38. Ki Dulwajib anauri | kisanak dipun sarănta | ing mangke kula etunge | pan inggih kănca kawula | ingkang anama lurah | inggih kawan dasa wolu | anyatus rerehanira ||

39. sarwi amilang dariji | kongsi bali kaping tiga | kaledhon binalèn manèh | saya wuwuh kancanira | Dulsunah marenea | abingung pangetung ingsun | lurah ingkang kêmit sapa ||

40. Dulsunah alon nauri | Duleslam lawan Duliman | Dulpatah lawan Dulsalèh | Duljalal lawan Dulkamal | Dulkasrah lan Dullomah | Dulsuhud lawan Dulsukur | Dulkasim Dulkarimira ||

41. Duljalil lawan Dulkandil | Dulkadir jangkêp limalas | bêkta nyêlawe kancane | Dulwajib alon lingira | kang roro aturana | kisanak arsa malêbu | matura jêng panêmbahan ||

42. kesah datan dangu prapti | ambêkta kêkalih lurah | sampun tata ing lungguhe | Dulwajib alon lingira | inggih adhi Duliman | kisanak arsa malêbu | matura jêng panêmbahan ||

43. Duliman malêbêt aglis | jinujug jêng panêmbahan | anèng ing sanggar panêpèn | Ngambuliman matur nêmbah | pukulun tur uninga | ing jawi wontên têtamu | sêkawan marêk ing tuwan ||

44. panêmbahan ngandika ris | aturana anêmbaha | ika padha ratu gêdhe [gê...]

--- 6: 68 ---

[...dhe] | andêl prajurit Kuparman | Duliman kagawokan | nora nyana lamun ratu | sapraptanira ing jaba ||

45. dheprok sarwi awotsari | Ki Dulwajib atêtanya | pagene sira andheprok | Duliman alon dêlingnya | wangsite panêmbahan | punika pan sami ratu | gung-agung sakawan pisan ||

46. Duliman umatur aris | suwawi tuwan katuran | sêkawan kerid lampahe | sapraptanira ing lawang | Betaljêmur amapag | nèng palataran wus cundhuk | tur sêmbah gambuh turira ||

14. Gambuh[2]

1. mèsêm Sèh Betaljêmur | gya binêkta sami lungguh | angabêkti sêkawan para narpati | paran karsa praptanipun | dhatêng kang rama sang katong ||

2. sêkawan nêmbah matur | saking èwêd lampah ulun | putra tuwan Wong Agung Surayèng Bumi | pan mêkatên karsanipun | dhatêng kang rama sang katong ||

3. kang rayi aturipun | gih anggèr Prabu Sêmakun | lah punika sêrate katura nênggih | anuwun têdah pukulun | kang yogi amba linakon ||

4. sêrat tinampan sampun | gya winaos Betaljêmur | sampun putus surasane ponang tulis | angandika Betaljêmur | punika gampang kimawon ||

5. apan Prabu Sêmakun | dadya lingan karsanipun | ingkang raka Wong Agung Surayèng Bumi | kang rama pinrih rahayu | marga sakaratil maot ||

6. Kuskèhèl [Ku...]

--- 6: 69 ---

[...skèhèl] aturipun | mila patih kula pikut | sampun lami kawula dipun bisiki | ing Gusti Prabu Sêmakun | mrih èngête rama katong ||

7. yèn botên winayungyung | Patih Baktak ngajak bingung | anênungkul samăngsa ombèr sakêdhik | botên wande karya ewuh | randhat karsane sang katong ||

8. yèn lami yêkti wurung | karsane Prabu Sêmakun | lan kang raka Wong Agung Surayèng Bumi | yèn dèrèng saguh sang prabu | pan inggih ingkang sayêktos ||

9. Baktak ngong tan sung ucul | lon angling Sèh Belatjêmur | manthuk-manthuk puniku ingkang patitis | karsane Prabu Sêmakun | ratu anom kaduk sagoh ||

10. pun bapa anak prabu | sun dhingin saos ing besuk | nuli anak praptaa kêprabon jurit | nuli dèn antêpa purun | sampun ngangge walangatus |[3]|

11. apan sêdya têtulung | mring rama Prabu Sêmakun | narik saking ing sukêr ginawe rêsik | pan ing mangke wong Mêdayun | sangêt risak ajur amoh ||

12. sokur ing besuk esuk | lêstari ing karsanipun | sintên malih tinari dhatêng sang aji | Baktak maksih winayungyung | sayêkti anut kemawon ||

13. sampun si anak prabu | sêkawan Maliyat Kustur | nadyan silih ngamungna punggawa siji | angantêpa sang aprabu | sayêkti nurut sang katong ||

14. jêr tan ana kang muruk | mung kya patih ngajak bingung | saature kyana patih dèn lakoni |

--- 6: 70 ---

bênêr salaha ginugu | marma pêleyat-pêleyot ||

15. muktèn wadhuk kang agung | slamine banjur kêlantur | mangke Baktak maksih andika talèni | sintên ingkang darbe atur | Nusirwan pan sampun mopol ||

16. wus pungkasan kang rêmbug | amit nêmbah catur ratu | tan winarna ing dalu wuwusên enjing | wau Ki Sèh Betaljêmur | sampun malêbèng kêdhaton ||

17. wus panggya lan Sang Prabu | Nusirwan pêgêl anyikruk | pan ingadhêp maring putrane kêkalih | Radèn Irman lawan Urmus | kalihe agung anjoto ||

18. praptane Betaljêmur | mring putrendra kalih muwus | kadipundi rahadèn karsanirèki | têka mênêng tanpa rêmbug | nêgrinira langkung bojod ||

19. jandika dèrèng têmu | miwah inggih dèrèng suguh | nênggih bala Kuparman kang kantun prapti | Sang Prabu Maliyat Kustur | pun Kalbujèr narendra bot ||

20. kathah prajuritipun | tri atus Maliya Kustur | pun Kuskèhèl mung sayuta kalih kêthi | miwah Kalbujèr Sang Prabu | andina wadyane bobrol ||

21. inggih kang sami nusul | langkung bêbrêt wong Mêdayun | têka mênêng dene botên duwe pikir | apa nungkul apa magut | pinilih salah sawiyos ||

22. botên andika rêmbug | Baktak uwus winayungyung | sabên enjing punika dipun gêbugi | têkan bocah ala nganggur | esuk-esuk mèlu jotos ||

23. tangèh

--- 6: 71 ---

paduka lamun | nêdya amikir kang ibu | ing rawuhe rama paduka sang aji | kêdhatone maksih suwung | têka pijêr lêgog-lêgog ||

24. apan sakèhing laku | lumuh mikir wêkasipun | gih tibane bok amanggih botên bêcik | têmah rusak wadyanipun | ratune pêsthi katêmpoh ||

25. kabèh bala Mêdayun | akêkês tênaganipun | wong Kubarsi wong Kulub samya gitiki | lamun kêpapag wong mlaku | pinupuh kongsi jur amoh ||

26. wau ta duk angrungu | ature Sèh Betaljêmur | Irman Urmus tumungkul sarwi anangis | Prabu Nusirwan wus cubluk | agung mumêt ingkang panon ||

27. anêsêg Betaljêmur | jandika kalih katêmpuh | apa nungkul punapa maguta jurit | Prabu Nusirwan sumambung | yèn maguta sapa enjoh ||

28. lan wuwuh ala tuhu | pêsthi sirna nora ngukup | lawan sapa ingadua magut jurit | angur nungkul mumpung durung | aja ngungkurkên pakewoh ||

15. Pangkur

1. lagya eca pagunêman | duk kêsaru gègère saking jawi | wong manjing pura gumrubyug | ature tinakonan | momor sambu pangrungune wong Mêdayun | Kuskèhèl anggêcak pura | ana pangrungune malih ||

2. Patih Baktak lan Baktiyar | wus ginawe lesan dipun pêjahi | gugup wau sang aprabu | lah bapa têmonana | lamun arêp katêmua lawan ingsun | iridên manjinge [ma...]

--- 6: 72 ---

[...njinge] bapa | ingsun iki maksih sakit ||

3. Betaljêmur sigra mapag | praptèng jawi ratu sêkawan sami | balane nèng alun-alun | bêkta gêlar sêpapan | para ratu sêkawan dèn irid masuk | sapraptanirèng jro pura | byantaranirèng narpati ||

4. kawula punika tămpa | parentahe putra paduka aji | Jêng Gusti Prabu Sêmakun | angantêp padukendra | paran karsa pasthi ta dipun satuhu | nungkul punama magut prang | yèn nungkul dhèrèka salin ||

5. agama Ibrahim duta | yèn tan arsa Kuskèhèl aywa mulih | yèn sira nora amikut | bronjongên kangjêng rama | anadene kangmas Irman lawan Urmus | sun kirimi roro raja | tandhingên lan kangmas kalih ||

6. Sri Maliyat Kustur lawan | kangmas Irman Si Kalbujèr sun tandhing | kalawan kakang mas Urmus | iya dèn ujar pisan | yèn tan nungkul kadang ingsun kalihipun | gawanên sirahe padha | marang Kuparman nêgari ||

7. lah inggih pan sampun têlas | saha mawi srat kancingan mungkasi | Jêng Gusti Prabu Sêmakun | yèn sampun kêlampahan | manut badhe Jêng Gusti Prabu Sêmakun | kang ibu ingiring marang | kundur mring nêgri Mêdayin ||

8. lah punika pêpungkasan | botên kenging jawab liya prakawis | pun patih kula wiyungyung | angrisak ing nêgara | ngrisak têdhak ngrisak anak lan sêdulur | ngrisak dunya ngrisak badan | rayape nêgri Mêdayin [Mêda...]

--- 6: 73 ---

[...yin] ||

9. Prabu Nusirwan ngandika | iya ingsun Kuskèhèl aja watir | aran ta pan garwaningsun | wus manjing gama Eslam | apan ingsun sayêktine kudu mèlu | iya mring Si Kakungingrat | apadene awak mami ||

10. sêlawase ingsun sêdya | lagi durung mangsane amarêngi | măngsa ta amriha dudu | iya wong duwe bala | sayêktine pinrih ing rahayunipun | gone duwe wong atuwa | iya Sang Surayèng Bumi ||

11. Kushèkèl akon anggoa | bandan kalih manjing jro pura prapti | tan adangu munggèng ngayun | angikruk kalihira | sigra Raja Kuskèhèl asru amuwus | hèh ta patih paran karsa | lan sutanira dèn pêsthi ||

12. apa mati apa gêsang | yèn nêdyaa mati nuli sun banting | mumpung nèng ngarsa sang prabu | sira angrusak jagad | iya êndi pakolèhe panggawemu | iki têka mundhak rusak | olèh bandan anglarani ||

13. mung mundhak kasurang-surang | ing wong urip barang ingkang pakêrti | sajêg jublêg mung kaburu | undhake tingkahira | durung nêmu sapisan prayoga luhur | amung kangelan kewala | asung lingsêming narpati ||

14. ing mêngko saananingwang | nora kêna sira wèh wirang isin | awèh rusaking sang prabu | kêrana gustiningwang | duwe wajib Jêng Gusti Prabu Sêmakun | ingsun ingkang nora lila | wong sêpuhe gusti mami ||

15. sira gawe ala-ala | ratu patang atus kang nora kêni | balane

--- 6: 74 ---

Prabu Sêmakun | lan ratu wolung dasa | pêpilihan tur padha ratu gêgêdhug | wong Gumiwang wong Kosarsah | nora liya duje[4] gusti ||

16. yèn ta sira arêp gêsang | angucapa sira kalimah kalih | anuta ing nabiningsun | Ibrahim Kalilolah | sarwi gathik wajane Kuskèhèl rêngu | mèh ngadêg arsa andhupak | rinapu Rajèng Kubarsi ||

17. lah sampun kakang tumandang | kula pyambak yèn sampun antuk idin | anggêcêk dèn kongsi ajur | êndhase Patih Baktak | lan sutane dipun kongsi ajur mumur | lah patih sira ngucapa | yèn randhat dènnya nauri ||

18. pêsthi ing saiki iya | mati siya-siya nuli sun banting | Ki Patih Baktak agugup | inggih Ibrahim duta | apan ratu kawula yèn sampun anut | ingong maning yèn karia | anut agama Ibrahim ||

19. agama Adam Nuh iya | Nabi Musa kabèh tan ana kari | sok wontêna ingkang nanggung | dhèwèk darmi kewala | durakane wong lècèk agamanipun | Kalbujèr sigra andhupak | maksih durjana si anjing ||

20. dudu saure wong blaka | pêputhone mas ginêtak mijil |[5] Baktak sinambêr gumapluk | pêpilingane niba | Dyan Baktiyar sinambêr pilinganipun | bola-bali badanira | èmu lawan ingkang siwi ||

21. sirahira muncrat-muncrat | adus gêtih patih lawan kang siwi | puthon mas ingatag sampun | mêrpêki Radèn Irman | akêkêjêr nèng

--- 6: 75 ---

ngarsa pucuking irung | lah radèn andika ngucap | tekadna Jêng Nabi Brahim ||

22. yèn jandika randhat ngucap | botên wande pêputhon bilaèni | ganas pangucape gugup | puthon kêjêr kewala | gêbyar-gêbyar mêncorong kadya andaru | nèng ngarsane Radèn Irman | wus sadat rahadèn kalih ||

23. pêputhon manjing jro sruwal | Sang Aprabu Nusirwan nulya salin | ing agama Brahim tinut | Patih Baktak siniram | toya ing jun angalilir mungur-mungur | aja angucap durjana | lamun sira arêp urip ||

24. Kalbujèr pangucapira | Patih Baktak tobate nuli-nuli | yèn ngucapa kaya mau | bandane inguculan | sigra nêmbah marang sang prabu ing Kulub | Kuskèhèl mèlu sinêmbah | miwah Sang Prabu Kubarsi ||

25. wusnya nut Kuskèhèl turnya | tuwan undhang sawadya ing Mêdayin | tuwan nuntêna puniku | siniwèng pênangkilan | ulun seba mantuka kados rumuhun | pan tuwan pêpundhèn amba | tyang sêpuhe gusti mami ||

26. dèn eca samya bujana | kyana patih sampun ngowah-owahi | bujana sami anginum | lawan kang para nata | Betaljêmur sakêlangkung sukanipun | ngalêm kang ngêmban parentah | prayogane angundhili ||

27. sanêgara ingundhangan | wus wêrata sarengat Jêng Ibrahim | jalwèstri anèm myang sêpuh | sêdaya sami suka | ngraos lamun ilang mutawatiripun | apa

--- 6: 76 ---

ingkang dadya maras | jêr wus sami nunggal manis ||

16. Dhandhanggula

1. sampun têntrêm nêgari Mêdayin | Prabu Nusirwan agung sinêba | anut ature Kuskèhèl | lawan Maliyat Kustur | Rajèng Kulub Kalbujèr sami | Bêskul sami turira | Patih Baktak sampun | tan owah angrèh nêgara | siyang dalu tan ana ingucap malih | gunêm rasaning sadat ||

2. malah pinasang nèng sabak sami | kayu kêmiri wana tumpêsan | ana sabak kayu durèn | priyayi sabak watu | pan wong cilik kayu kêmiri | malah dadi dagangan | pikulan asêlur | lurung-lurung kêbak sabak | miwah pasar tan ana liyane malih | sabak pating karopyak ||

3. malah pinrada ana sinungging | sabak kongsi rêga pitu têngah | nêm suku lugasan bae | bupati sabak watu | mari kêna dènnya mulangi | ajine karo bêlah | isine pan amung | sarak Jêng Ibrahim duta | arja malih ing mangke nêgri Mêdayin | sapraja udan sadat ||

4. Raja Bêskul ingutus pribadi | mring Kuskèhèl marang ing Kuparman | atur uninga ing mangke | yèn nêgri ing Mêdayun | tulus dènnya salin agami | tuwin Prabu Nusirwan | agamane kukuh | kasêngsêm wong sanêgara | ngiras pantês Raja Bêskul kang lumaris | dinuta sri narendra ||

5. karsanira Prabu Nyakrawati | pramèswarinira tinimbalan | dèn sarta lawan [lawa...]

--- 6: 77 ---

[...n] putrane | lêgane ing tyas ingsun | pan Wong Agung Surayèng Bumi | dhangana karsanira | ngantukkên kang ibu | yèn nora dhangan pan nora | mêlasasih Nusirwan ingkang kintèki | Raja Bêskul kang gawa ||

6. baya sampun jangjine Hyang Widi | Sang Aprabu Nusirwan agampang | lakune Raja Kuskèhèl | lawan Maliyat Kustur | lan Kalbujèr praptane sami | Betaljêmur sukanya | sarta ngungun-ngungun | kêna dening bêbocahan | pan wong agung pribadi sok ngirih-irih | mring karsane kang rama ||

7. Prabu Sêmakun ingkang ngêncêngi | gathak-gathuk apan palu gêthak | gumlethak gêthuk gumlèthèk | pan ora sirang-sirung | nora rungkud praptane wangkid | padhang angênthang-ênthang | datan kongsi nglanthung | lampahe kang catur raja | ya ta wau Raja Bêskul kang lumaris | ing marga tan winarna ||

8. sampun prapta Kuparman nêgari | sêrat katur mring Sang Kakungingrat | sarta lawan pratelane | langkung suka angungun | sokur ing Hyang Jêngira Amir | miyarsa jroning sêrat | lawan malihipun | sêratipun ingkang rama | duk winaca têmbungira mêlasasih | wong agung rawat waspa ||

9. ingundhangkên ing wong sanêgari | kabèh padha amiyarsakêna | yèn nêgri Mêdayin mangke | wus salin agama nut | ing sarengat Nabi Ibrahim | jêng duta kalilolah | bêndhe pirang atus | ngubêngi nêgri Kuparman | para ratu gêng alit [a...]

--- 6: 78 ---

[...lit] prasami nangkil | gunêm ing pênangkilan ||

10. Sudarawêrti ngandikan prapti | inguncalan yayi iki layang | wacanên anèng ngarsane | ngayunan kangjêng ibu | atur sêmbah sampun atampi | binêkta sampun prapta | ngarsane kang ibu | winaca kabèh miyarsa | langkung ngungun saklangkung rênaning galih | pramèswari udrasa ||

11. matur Rajaputri Parangakik | sampun măngsa èngête sang nata | tulus dadi pêpundhène | sagunge para ratu | kawulèbu tumut angiring | yèn èstu ingaturna | ing putra pukulun | sukane wadya sajagad | ingkang karèh Wong Agung Surayèng Bumi | sayêkti mêndêm suka ||

12. wus warata wong sadalêm puri | sêrat sampun binêkta mangetan | kang tinimbalan praptane | sira Prabu Sêmakun | lan dipati ing Guritwêsi | Wong Agung Parangteja | samya sinung wêruh | umaos sêrat kang prapta | Raja Bêskul kang wontên ing păncaniti | ngiring Prabu Talsiyah ||

13. pan tinanggap ing para narpati | datan agop ing patakonira | mindho-mindho patakone | ana kongsi ping têlu | jroning pura gunêm wus dadi | badhene kang tumindak | Sang Prabu Sêmakun | garwatmajendra sêdaya | Umarmaya badhe lumampah nuwani | lawan narpati dhomas ||

14. badhe ngatêr nyai pramèswari | myang para atmajendra sêdaya | mung kantun satunggal bae | pra ratu para buyut | ingkang badhe

--- 6: 79 ---

angiring-iring | Dyan Umarmaya mêdal | lan Prabu Sêmakun | myang Wong Agung Parangteja | sêrat anèng ngarsane ingkang para ji | suka kabèh kang myarsa ||

15. dhinawuhan kang sami lumaris | ngatêr maring Mêdayin nêgara | ing pramèswari kundure | sandika para ratu | ratu ngarsa ingkang piniji | sêpalih ratu wuntat | anganti Sang Prabu | Sêmakun angganjar wadya | busanane warni-warni pra narpati | sêdaya wus sinama ||

16. miwah busana kang turănggèsthi | para ratu Gumiwang Kosarsah | kang pra ratu gêdhe-gêdhe | sinung prathăndha payung | pêlanane amolu sisih | sawusnya samêkta bra | Sang Prabu Sêmakun | para nata wus samêkta | wong Kuparman orêg manungsa gung alit | kang tan tumut lampahnya ||

17. datan wande tumut ngatêr sami | tuwin ubêkan sajroning pura | kang para garwa andhèrèk | marang nêgri Mêdayun | amung Dèwi Marpinjun kari | tumut ngatêr ing marga | inggih badhe wangsul | anuju sawiji dina | budhalira pramèswari ing Mêdayin | saking nêgri Kuparman ||

18. lir prakêmpa molah bumi gonjing | êmèh ginggang Sang Hyang Ăntaboga | wong agung sarêng budhale | dhèrèkkên ingkang ibu | para ratu sêdaya kêrig | kang badhe lajêng dhomas | dhatêng ing Mêdayun | liya saking para putra | para wayah dhèrèk umiring Mêdayin | wong agung wangsulira ||

19. sapraptane lampahan tri ari | wau kang lajêng rikat ing lampah [la...]

--- 6: 80 ---

[...mpah] | marga rêsik lêlurunge | kadya kêtug gumuntur | kang barêpi baris lumaris | sang prabu ing Talsiyah | saha wadyanipun | wuri Rajèng Purwakăndha | ing wurine sira Raja Banarungsid | lan wadya para nata ||

20. wadya kaumarmayan nambungi | Prabu Sêmakun wuri pêrnahnya | ngarsa jêmpana unggyane | wuri jêmpara[6] ibu | para wayah pra putra sami | miwah buyut nèng wuntat | wuri para ratu | Kuskèhèl miyarsa warta | lan Kalbujèr matur Prabu Nyakrawati | sri pramèswari prapta ||

21. Kyana Patih Baktak wus akardi | pêsanggrahan badhe pamêthukan | lampahan sadina dohe | kêrig bala Mêdayun | têdhak Prabu Anyakrawati | ratu katri tut wuntat | miwah Betaljêmur | wus prapta ing pêsanggrahan | pamêthuke wiyar ratan tur arêsik | kang prapta soring kamal ||

17. Sinom

1. wus prapta sawadyanira | sira Prabu Banuarli | Prabu Nusirwan kalawan | para nata ing Mêdayin | nèng padmasana linggih | munggèng satêpining tarub | Betaljêmur kalawan | Baktak sarta putra kalih | ingkang cêlak lawan Sang Prabu Nusirwan ||

2. kêlawan ratu têtiga | Kuskèhèl Kulub Kubarsi | kang prapta Rajèng Talsiyah | pra ratu sawadya wuri | tinanya ingkang nami | kêlawan nêgaranipun | kinèn sami lajênga | balane Sri Banuarli | kang atuduh atur Sri Kustur Maliyat ||

3. wus kathah kang katingalan | Nusirwan [Nusir...]

--- 6: 81 ---

[...wan] têtanya aris | akèh asri kang gumantya | sapa rane ingkang prapti | marang Prabu Rukwatil | umatur Maliyat Kustur | sutane Umarmadya | ingkang nama Banuarli | kang kinarya narpati nêgri Talsiyah ||

4. wontên malih kang katingal | wadya kang kadulu asri | upacara warna-warna | ratune anitih èsthi | songsong patbêlas sisih | têtanya bathara prabu | umatur gih punika | nami Prabu Banuarli | lajêng tundhuk marêk ing Prabu Nusirwan ||

5. ngalêm sang nata têtanya | iki ibu ingkang êndi | apa anake Kistaham | umatur Rajèng Kubarsi | putri ing Mukabumi | dene Kistaham kang turun | nami pun Umarjaman | ngandika Prabu Mêdayin | pasêmone apantês dadia nata ||

6. ulêse seje lan bapa | mung ngêngrênge ambapani | nulya na malih katingal | para ratu kathah prapti | sawadya têngran asri | bandera lêlayu tunggul | sadaya pan mangkana | iki para ratu ngêndi | lon umatur para ratu Purwakăndha ||

7. sutane Sang Prabu Selan | kang darbe bala narpati | kang umadêg Purwakăndha | nami Sang Prabu Pirngadi | wau asru dènnya ngling | sanès ing graitanipun | Urmus wit kaku ing tyas | wuwuse anêrak kêlir | nora tahan nèng ngarsane ingkang rama ||

8. hèh Baktak têtela jajal | salawase sira urip | êndi ta panggawenira | iya ingkang [ing...]

--- 6: 82 ---

[...kang] nêmu bêcik | miwah kang olèh asil | nêmu slamêt bae durung | mung anggung nêmu papa | wong Arab puniku pikir | kangelane nêmu suka nêmu wirya ||

9. cacak iku anak bala | prandene nêmu nêgari | saking putrane wus kathah | kang padha madêg narpati | sutane kang para ji | kabèh padha dadi ratu | mêngkono kang prayoga | sira iku pikir bêlis | gung kangelan mundhak kalong wuwuh rusak ||

10. tumungkul Ki Patih Baktak | dhinupak kongsêb ing siti | irunge mêdal ludira | api-api tan udani | Sang Prabu Nyakrawati | mengo tan arsa andulu | kang putra napsunira | kang sandhing api tan uning | sami maklum kang rama lawan kang putra ||

11. sêdhêng krodhane kajarwan | salamine mapan alim | mulat para ratu Ngarab | saking panggawene dadi | anêmu sarwa bathi | têkèng sutanira ratu | padha antuk nêgara | Urmus wêdana dadyapi | ya ta ana kang kèksi busana abra ||

12. ratune nitih dipăngga | asongsong patbêlas sisih | pra bupatine angayap | ngandika Prabu Mêdayin | apèki Si Pirngadi | padha pantês dadi ratu | têdhak saking dipăngga | marêk ing sri narapati | katon malih ing wuri kang para nata ||

13. gêgaman abra bêranang | kadya prawata kabêsmi | ratune munggèng dipăngga | songsong kalih wêlas sisih | tanya Prabu Mêdayin | sapa ingkang prapta ratu | Raja

--- 6: 83 ---

Kubarsi nêmbah | Sang Prabu Bilabundarin | Sikaturun prajane nata prakosa ||

14. wadyanipun putra tuwan | Gumiwang Sri Narapati | isèn-isèning wijoan | lajêng sawadya lumaris | wontên kadulu malih | balane kadya wun-awun | asri kang upacara | songsong kalih wêlas sisih | munggèng gajah sêmbada ratu birawa ||

15. Sang Prabu Nusirwan tanya | sapa ratu ingkang prapti | Sang Raja Kubarsi nêmbah | nênggih Ratu Burhandini | Binatur kang nêgari | wadyane Prabu Sêmakun | lajêng wuri katingal | gêgaman dinulu asri | barisira kadya prawata puspita ||

16. samya mungguh ing dipăngga | songsong kalih wêlas sisih | songsong ratu kang pangarsa | tanya Batharèng Mêdayin | inggih Ratu Gurnawi | nama Raja Kaladukun | samya andêl Gumiwang | wuri kang katingal malih | ing Buniya nama Raja Bulubalat ||

17. wontên malih kang katingal | kang tinanya matur aris | inggih Raja Bumilanas | ing Kudaldal kang nêgari | wontên malih kaèksi | Sêndara nêgaranipun | nama Sri Banudarman | prakosa prawirèng jurit | inggih Prabu Sêmakun kang darbe bala ||

18. punika malih katingal | kithane ing Simbarsari | nama Raja Rupandeya | akathah lamun winarni | para ratu prajurit | balane Prabu Sêmakun | kathah ratu isinya | ing wijoan palowani | samya ebat wong Mêdayin dènnya mulat ||

--- 6: 84 ---

19. para ratu ing Gumiwang | akathah ingkang prajurit | mangkana upacara glar | kadya hyang-hyang wukir sari | pangayap munggèng ngarsi | sinongsongan patang puluh | anitih si amama | rinênggèng rukmi tulya sri | lir andaru busanane si amama ||

20. sarwi utusan tur priksa | mring Sang Prabu Burudangin | lan Dipati Tasikwaja | yèn ing lampah andhingini | ênggone kèn ngênggèni | ngarsa jêmpananing ibu | Dipati Tasikwaja | lan Narpati Burudangin | wus mangkana laju lampahe katingal ||

21. cêlak kang rama gènira | wus têdhak sri narapati | kumrutug ampilanira | pangayape sri bupati | gupuh marêk rama ji | sira Sang Prabu Sêmakun | gêpah anguswa pada | kang rama gêpah ngingsêri | sinambrama ingkang raka kalihira ||

22. lajêng mungguh ing iringan | kang rama dènira linggih | wontên malih bala prapta | macan sami dèn titihi | salêksa kang prajurit | sakêthi ingkang bêrancuh | ratune macan pêthak | Raja Wiswèl kang anitih | nata tanya iku ta balane sapa ||

23. Prabu Sêmakun turira | pun kakang ing Burudangin | punika kang darbe bala | wontên katingalan malih | akathah ratu prapti | anèh saprajuritipun | sêdaya aturira | samya wadya Burudangin | sugih bala Sang Prabu Tasangsulngalam ||

24. pangkat-pangkate kang wadya | para ratu Burudangin | Prabu Nusirwan dêlingnya | iki Nata Burudangin [Buruda...]

--- 6: 85 ---

[...ngin] | dudu saking si patih | kang aduwe sraya iku | ing Dhayak Sindhangdhayang | padha mungsuhe pribadi | lan Wong Agung Kêlana Surayèng Laga ||

25. prapta têdhak saking kuda | prabu ing Rum Burudangin | lajêng marêk Sri Bathara | Nusirwan gupuh ngurmati | pinêthuk sawêtawis | umiyos saking têtarub | tundhuk mangaras pada | sinaosan dènnya linggih | pan pêlangkan aparêk dènira lênggah ||

26. pramèswari cinarita | wus cêlak gène sang aji | nulya mundhut tandhunira | munggèng tandhu pramèswari | sagung para garwa Mir | ambelani munggèng tandhu | lan garwa para putra | lêstari samya lumaris | lan Marmaya sawadyane sami prapta ||

27. Dyan Umarmaya lumajar | anandêr mring sri bupati | nêmbah ingaras kang sirah | Adipati Guritwêsi | nolèh sarwi ngling aris | hèh Kuskèhèl apa uwus | si bapa maratuwa | ya sira apura mangkin | ingsun kagèt iku kêna dosa apa ||

28. putune padha karuna | Si Mardani Si Marsandi | arsa nusul ingsun ampah | tisnane wong duwe kaki | sun pênging anangisi | jêr kakèkmu cêlus asu | dadi sira amêngsah | Wong Agung Surayèng Bumi | lan amungsuh Prabu Sêmakun Gumiwang ||

29. yèn sira nora narima | kakèkmu sêrêgên ngadil | gumêr ingkang sami myarsa | pangucape Marmayèki | Si Kuskèhèl saiki | nora kêna sira mungsuh | lagi nglakoni karya |

--- 6: 86 ---

Prabu Sêmakun kang nuding | sinung wênang amilara wong kang dosa ||

30. jêr senapati ngalaga | Si Bêstari lara nangis | bapakane dicêngkalak | mangkene pitutur mami | cundakane anilip | amariksa bapakipun | yèn irunge lan mata | cangkêm lambe durung mari | kuping gulu isih rêraine lawas ||

31. pan ana bênêre uga | Si Kuskèhèl analèni | aja sira sudi karya | wong mêngkono lamun bêcik | sayêkti nêmu bêcik | wong ala-ala tinêmu | rêrêgêde sêjagad | iku ngumpul dadi siji | bapakamu badan kewan nyawa setan ||

32. sangsaya gumêr kang myarsa | tumungkul rêkyana patih | sakathahe wong sadaya | Patih Baktak dèn tingali | Kuskèhèl anambungi | gusti dosanipun agung | dosane damêl dora | milane kula sakiti | yèn sampuna inggih mratuwa dalêman ||

33. pêsthi lajêng kula mamah | balung playon dadi slilit | sangsaya rame agiyak | gujênge para narpati | nulya malih kaèksi | upacara para ratu | tuntunan kuda kathah | pituwin tuntunan èsthi | sami lajêng narpatine nora ana ||

34. Prabu Nusirwan têtanya | iki upacara kèksi | anèh lawan kang katingal | kadya ratwagung darbèni | Prabu Sêmakun angling | tur sêmbah sarwi umatur | punika upacara | ratu agung-agung sami | inggih èstu saking panarka paduka ||

35. sagung wayah-wayah [wayah-...]

--- 6: 87 ---

[...wayah] tuwan | anak Prabu Parangakik | Jayusman Samsumirijal | lawan wayah tuwan malih | Prabu Karsinah nênggih | Ruslani Danurusamsu | lawan wayah paduka | anak Prabu Rustamaji | miwah wayah paduka Pangeran Kelan ||

36. kêlawan wayah paduka | ing Ngambarkustub pun Hasim | Katamsi lawan kang raka | Rahadèn Hasim Kuwari | lawan Rajèng Betarti | canggah paduka pukulun | kêlawan buyut tuwan | narpati Kaos nêgari | gih punika ingkang darbe upacara ||

37. têdhak saking ing jêmpana | kang eyang jêng pramèswari | anitih tandhu kewala | para wayah kang ngampingi | langkung sami abêkti | para wayah milanipun | karaos nèng Kuparman | mulat para wayah sami | samya madêg ratu agung sugih bala ||

38. wontên Mêdayin sêdhiyan | mulat putranya pribadi | tanpa karya tanpa guna | anggung gawe kontrang-kantring | sangsaya ngênês sêdhih | mulat tingkah tan rahayu | tumungkul rawat waspa | Sri Bathara Nyakrawati | kang karaos sungkême kang kathah-kathah ||

39. ya ta wau katingalan | para mantri anjajari | sèwu atopong kêncana | upacara pramèswari | kèndêl para garwa Mir | munggèng tandhu anèng pungkur | pramèswari katingal | pra wayah sami jagani | pan sêdaya jrih urmat dana asmara ||

18. Asmaradana

1. têngên Prabu Parangakik | Jayusman Samsumirijal | sarwi rinangkul janggane [jang...]

--- 6: 88 ---

[...gane] | kiwa Sang Prabu Karsinah | pundhake kang ingasta | Ruslani Danurusamsu | sami dhingkul lampahira ||

2. wuri Prabu Rustamaji | lawan pangeran ing Kelan | sami ngampil rasukane | rinucat kantun satunggal | ingampilakên wayah | kinalungkên munggèng gulu | dening kang wayah ing Kelan ||

3. Rahadèn Hasim Kuwari | ingkang ngampil têkênira | Hasim Katamsi kaskule | Sang Prabu Aris Munandar | kêpêt alit ingasta | duk lir-ilir nèng jro tandhu | kêpête ingkang dèn asta ||

4. ingampil Rajèng Betarti | Atasaji pakêcohan | Pangeran Malebarine | ing Kusniya Sayidiman | ngampil pagurah waja | kang ngampil makênanipun | Prabu Sayid Ibni Ngumar ||

5. têdhak Prabu Nyakrawati | amêthuk dhatêng kang garwa | jawi têratag tundhuke | ngabêkti sarwi karuna | binêkta padmasana | alênggah lawan sang prabu | kang wayah gantya manêmbah ||

6. angandika pramèswari | Jayusman sira dhingina | aganti rinira kabèh | kaki prabu ing Karsinah | Rustamaji nyambunga | nulya ing Kelan arimu | Hasim Katami sambungnya ||

7. nulya Dyan Hasim Kuwari | gantya Sayid Ibni Ngumar | Kusniya Malebarine | Atasaji sigra nêmbah | nulya Aris Munandar | pan puniku wêkasipun | nulya radèn kalih nêmbah ||

8. dhatêng ibu pramèswari | Radèn Urmus lawan Irman | para putra [pu...]

--- 6: 89 ---

[...tra] Rab pan kinèn | angabêkti mring kang paman | wusnya tata alênggah | ebat kucêm kang andulu | kang cahya para putra Rab ||

9. pramèswari ngandika ris | kaki prabu ing Gumiwang | ya bakayunira kabèh | lawan putu mantu padha | tandhune banjurêna | garwane putra-putramu | padha dhingina sadaya ||

10. ing mêngko bae ngabêkti | yèn wus prapta jroning pura | nambungi sabda sang katong | ya nuli banjura padha | pra ratu pra dipatya | sarupane Sri Mêdayun | sarimbit munggèng jêmpana ||

11. ingkang para wayah sami | ingandikan nèng pêlăngka | amot satus pêlangkane | gotong rongatus ajêmbar | gumludhug kèhing wadya | ing marga datan winuwus | prapta salêbêting kitha ||

12. agêbèl timbun apipit | wong ningali têpi marga | tan winuwus pratingkahe | kabèh prasami angucap | slawase mangkenea | Mêdayin masa dahuru | masa na geger-gegeran ||

13. sapraptanira jro puri | pra garwa Amir sadaya | ngabêkti ing rama katong | sagung ingkang para nata | pakuwon wus pinarnah | sagung ingkang rajasunu | sabên enjing manjing pura ||

14. lawan Natèng Burudangin | anggung wau ingandikan | Raja Sêmakun sarênge | lan pra ratu pinituwa | tansah sami ngandikan | Kyana Patih Baktak bikut | gènira bage sugata ||

15. Kyana Patih Baktak [Bakta...]

--- 6: 90 ---

[...k] enjing | abèkèr nèng panangkilan | kumarêcêk parentahe | wajane wus minggat tuwa | siji pan ora ana | rambute mêmplak amabluk | tyasira maksih rumujak ||

16. durung masêm maksih pait | gêtir gatêl yèn pinangan | kya patih liwat munafèk | mung ajrih ing kalairan | mangkana cinarita | sagung para rajasunu | sami pinaring pusaka ||

17. pusakane warni-warni | marang ingkang para wayah | mring buyut miwah canggahe | buyut Pangran Sayidinam | Malebari Kusniya | Jayusman ingkang sêsunu | lan Atasaji atămpa ||

18. putranira Rustamaji | lawan Sayid Ibni Ngumar | Umar Yunani putrane | Narpati Kaos nagara | punika saurutnya | kang sami kapêca buyut | Sang Prabu Aris Munandar ||

19. pusaka Kaos kang luwih | makutha badhong kalpika | tanpa etungan ajine | Rustamaji kang sosoran | lawan Pangeran Kelan | sosorane malihipun | Hasim Kuwari kêlawan ||

20. Rahadèn Hasim Katamsi | buyutnya tri kapat canggah | kang sinami pusakane | miwah para mantunira | kang dèrèng winasyatan | ing Burudangin Sang Ayu | Isnaningsih pinaringan ||

21. kapara kaot pribadi | dene kantun lan tinaha | kadange narpati gêdhe | Sang Prabu Tasangsulngalam | sinêmbah ratu dhomas | lan kasumbung ing prang ampuh | kasub tanpa

--- 6: 91 ---

tandhing ing prang ||

22. mangkana cinatur lami | karta datan ana aprang | samya angolah kamuktèn | ing Mêdayin lan Kuparman | ênting sukaning driya | sirna ciptane tyas saru | sagung wong Mêdayin praja ||

23. sajroning kutha Mêdayin | ratane prapta Kuparman | atêbah linabuhake | tan ana sangsayèng marga | lumaku lawan nendra | tutug pan ora kasandhung | dene kondure punika ||

24. pangatêre pramèswari | patang wulan para garwa | miwah para wayah kabèh | miwah buyut lawan canggah | amung Ki Umarmaya | ingkang nêlik solahipun | batine Kya Patih Baktak ||

25. kang ahlul carita marni | duk Dipati Tasikwaja | bilaine wong tuwane | prapta Mêdayin nêgara | kang satêngah carita | ana prapta kaping têlu | ana satêngah kaping pat ||

26. ingkang para wayah sami | tan kari Sang Adipatya | Guritwaja sabên dhèrèk | mangkana Kya Patih Baktak | lan anake Baktiyar | ing batin kalêthikipun | wong loro kalêthêk karsa ||

27. ngopahi wadya kêkalih | sami anyalêksa dinar | ingutus bêkta sêrate | mring nagari Kalakodrat | kuthane Raja Salsal | Sang Raja Salsal puniku | atmajane Raja Daldal ||

28. ratu kaloka sabumi | prajane sampun kèringan | wadyane samya badhog wong | kêlamun tamuan mêngsah | mèh pragad binadhogan | gènira sami

--- 6: 92 ---

anubruk | anyangking gulu tinigas ||

29. yèn dalu sami mêmaling | lajêng angrogoh jêroan | kabèh iku pratikêle | milane mungsuhe giras | mangkana tingkahira | mring Kalakodrat wêwadul | sêrate Ki Patih Baktak ||

30. de ta karsaning Hyang Widi | pratingkahe Patih Baktak | kacêthikan ana wêroh | matur ing Sang Adipatya | Guritwêsi prayitna | sinandi pratingkahipun | dènira arsa misesa ||

31. dhumatêng Ki Baktak Patih | jêr uwis ping pira-pira | dènira asalèh gawe | anggung dènnya mèt saraya | mrih rusake wong Menak | angantya kalaut-laut | tan ana ing uwisira ||

32. sêdhêng uwis kaping-kaping | ingukum dening alanya | parandene durung kapok | mêngko malih anyaraya | mring Natèng Kalakodrat | jinalukan ing pitulung | mrih ngrusak nagri Kuparman ||

33. tita tan na ukum malih | kajaba iku pinurak | tinugêl-tugêl gulune | marine mrih karusakan | mangkana ciptanira | Dipati Umarmayèku | ya ta Sri Nata Nusirwan ||

34. datansah mangun kamuktin | langkung mukti awibawa | tinuwa ing para katong | sadaya sami manêmbah | sumuyud sumawita | anutug wibawanipun | duk samana sri narendra ||

35. karêm dhahar bubur warih | miwah ingkang bubur surba | wantu sang nata wus ompong | kang ajur nyunyur kalawan | pêdhês asin karasa | dadya upaya sang prabu | wong kang bisa [bi...]

--- 6: 93 ---

[...sa] olah-olah ||

36. Umarmaya malih warni | angaku wong saking ngajam | tuhu tukang lah-olahe | aguna yèn olah-olah | manjing suwitèng Baktak | masa ta wurunga katur | marang Sang Prabu Nusirwan ||

37. cinoba mring kyana patih | kinèn wau olah-olah | Tambi Têrbèbès namane | sampun pinaring dandanan | mring Kyana Patih Baktak | saksana lêkas ambubur | mêndhêt gêgurih jro kasang ||

38. kadya bubuk warna putih | gurihe kaliwat-liwat | iku kang cinarubake | wus matêng katur kya patya | dhinahar langkung eca | dèrèng dhahar laminipun | jênang amucung kalintang ||

19. Pocung

1. ciptanipun pantês katur ing sang prabu | bok sapisan êngkas | nanging sêmune wong iki | sèjèn rupa mèmpêr ingkang solah tingkah ||

2. duk ambubur pinirsa pondhokanipun | Umarmaya ana | ing pakuwon eca linggih | maring pawon Ki Têrbèbès iya ana ||

3. patih sampun kumandêl yèn dedenipun | sanès Umarmaya | ing tingkah ana ngèmpêri | dyan binêkta katur ing Prabu Nusirwan ||

4. duk dinangu saking ajam sangkanipun | Têrbèbès waslanya[7] | sigra kinèn bubur warih | cinaruban gêgurih saking jro kasang ||

5. sampun katur dhinahar marang sang prabu | langkung kagawokan | gurihe kang bubur warih | animbali Ki Sèh Wahas munggèng

--- 6: 94 ---

ngarsa ||

6. sami sinung dhahar jênang lan sang prabu | pan sami kaecan | èstu lamun anglangkungi | wus ginanjar Tambi Têrbèbès lêlurah ||

7. miwah dhusun watara ana wong sèwu | lurah olah-olah | dandanan wus dèn paringi | ing sapalakartine wong olah-olah ||

8. kandêl sampun Têrbèbès marang sang prabu | pan wus kapêrcaya | mangkana dina sawiji | olah wêngi kang badhe saosan enjang ||

9. jagul matur punapa tan mragat wêdhus | Têrbèbès saurnya | ya ingsun wus antuk kambing | pan kêbiri lêmune kaliwat-liwat ||

10. gajihipun ajambal kongsi apunuk | sithike wus tuwa | buntute gibas wus dadi | gajih kabèh kongsi mèh tiba ing lêmah ||

11. sigra mêtu mring kapatihan jinujug | Baktak nuju nendra | sinogok ing darubêsi | sirêp kabèh ingkang kêmit kyana patya ||

12. nulya gupuh binuntêl ing kêmulipun | pan sampun binêkta | kya patih maring jro puri | pinrênahkên maring pojok pambêthakan ||

13. ya ta nêmu layang katut dening kêmul | pantês tas[8] winaca | kalalèn karipan maksih | angsul-angsul saking Raja Kalakodrat ||

14. wus jinupuk binundhêlan jroning gêlung | kinuwêlkên rema | gêlunge rêkyana patih | iya dadak kinancing sarta dèn êlak ||

15. pawonipun Têrbèbès tinunggon jagul | lêlima anendra | têtiga kang dèrèng guling [guli...]

--- 6: 95 ---

[...ng] | kinèn sami anggênèni jèdhinira ||

16. agni murub toyanya wedang pan sampun | umob awalikan | Tambi Têrbèbès marani | marang gène nyèlèhakên Patih Baktak ||

17. gya sinambut wus tinigas murdanipun | peso pêmalingan | gya mocok janggane patih | badanipun Patih Baktak dèn pêpurak ||

18. sirahipun anèng pangêrêt ginantung | wau badanira | sadaya kang dèn thèthèli | ana jagul sawiji nuju uninga ||

19. tingkahipun Têrbèbès amurak manus | eram dharodhogan | amung kang wakêt jariji | tan tinugêl badhe dèn worakên jênang ||

20. dagingipun kalawan jêroanipun | konthol pêlanangan | iku kang winor kariyin | linêbokkên ana ing jèdhi kewala ||

21. sêdyanipun mila dariji kinantun | kadya balung dara | miwah bêbalunging pitik | wusnya lumêr dêdaginge Patih Baktak ||

22. gandumipun linêbokkên jèdhi sampun | bêbalunge Baktak | sigra linêbokkên gêni | gumarêbêg jênang kalwa Patih Baktak ||

23. sawusipun aririh ing umobipun | gêni ingurudan | mung gêni balung kang maksih | linêbonan gurih saking jroning kasang ||

24. sampun mumud sami lawan buburipun | winadhahan kêda | kêda gêng dados kêkalih | kang sinaosakên dhahar kalih kêda ||

25. enjingipun sinaoskên dalêm [dalê...]

--- 6: 96 ---

[...m] agung | tinata ing meja | sawungune sri bupati | kagyat mambêt gêgurih ambuning jênang ||

26. sang aprabu marani lajêng andulu | kêda ingungkaban | sinuru sawêg ping kalih | angandika Sri Mahaprabu Nusirwan ||

27. apa iku kabèh padha tunggalipun | Têrbèbès tur sêmbah | inggih gusti kaot kêdhik | kang kulangge dhahar namung kalih kêda ||

28. ingkang kantun sèkêt kêda alit langkung | mung kaot sausap | mênggah raosipun gusti | iya talah iki sira wèhi apa ||

29. gurihipun anyire manjing bêbalung | Têrbèbès tur sêmbah | sawêg kalêrêsan gusti | bumbunipun pan botên ta yèn kaota ||

30. sang aprabu animbali putranipun | lawan Patih Baktak | putra kalih praptèng puri | Irman Urmus sarênge prapta jro pura ||

31. tan kêpangguh Patih Baktak wismanipun | katur ing sang nata | Patih Baktak tan kêpanggih | wau dalu kinintên manjing jro pura ||

32. dipun ruru Patih Baktak wismanipun | sang nata ngandika | ngèngèhana kêda siji | kabèh iku paringna ratu kang seba ||

33. konên ngêdum sabupati mantrinipun | kang nangkil sadaya | Têrbèbès sigra umijil | wusnya maringakên jênang lajêng minggat ||

34. praptèng tarub lajêng salin warnanipun | nalika punika | kancane Dyan Guritwêsi | ratu ing Tasmitèn Raja Johanpirman ||

35. Raja Kuljum Kunawar lan ing Jong Kuwung | myang Tasangsulngalam [Tasang...]

--- 6: 97 ---

[...sulngalam] | narpati ing Burudangin | lan balane Adipati Tasikwaja ||

36. warnanipun Marmaya Têrbèbès mamut | wus rupa Marmaya | Sang Dipati Guritwêsi | angundhangi baris pêndhêman prayitna ||

37. ya ta wau Sang Sri Nusirwan kalangkung | dènnya dhahar jênang | Ki Sèh Wahas dèn paringi | nanging datan sinuru ngadhêp kewala ||

38. Irman Urmus abikut kadi sang prabu | Sèh Wahas aturnya | bok sampun tuwan unduri | sampun sangêt karêm ing jênang punika ||

39. tan rinungu Sèh Wahas ing aturipun | pijêr sarikutan | kang sakêda sampun gusis | akêkopros ing jênang lathi sang nata ||

40. wangsal-wangsul Sèh Wahas ing aturipun | tuwan sampunana | nênggih jênang sănggarunggi | pun Têrbèbès punika botên kantênan ||

41. sang aprabu maksih nyuru sumarikut | imbuh kang sakêda | mèh têlas anulnya manggih | ali-ali mèh kasuru jroning jênang ||

42. sêsupeku kumalane iwak ênun | kang aduwe Baktak | tan pisah munggèng jêjênthik | pinundhut mring sang aprabu tiningalan ||

43. supenipun Patih Baktak datan pandung | pagene nèng jênang | ali-aline si patih | Si Têrbèbès anèng ngêndi ulatana ||

44. wadya matur tan katingal sampun dangu | sang nata ngandika | jagule undhangên siji | kang ngladèni ing bêngine pambêthakan ||

45. sira jagul kang ngladèni mau dalu | apa [a...]

--- 6: 98 ---

[...pa] kang ginarap | Si Têrbèbès bok ladèni | jagul matur wau dalu murak janma ||

46. sirahipun punika maksih ginantung | daging kang jinênang | sang prabu kagyat gya angling | lah gawanên marene êndhase sapa ||

47. jagul mundur ngambil sirah kang ginantung | ingiling-ilingan | êndhase wong kaki-kaki | manjing dalêm mustaka cinangking wuntat ||

20. Pangkur

1. sapraptane ing ngajêngan | tinumpiksa[9] èstu sirahing patih | sang nata asru anjumbul | mangkêl ênêk amutah | Si Têrbèbès ubrêsên kongsi katêmu | cêkêlên bandanên inggal | sarta awèha udani ||

2. marang bala ing Kuparman | padha konên têtulung angulati | maring Si Têrbèbès gupuh | yèn kêna ingsun ganjar | langkung ênêk ulêg-ulêgên sang prabu | nulya mutah bulakeran | jênange sadaya mijil ||

3. Irman Urmus sami mutah | jungkêl-jungkêl isining wêtêng mijil | mutah tenja sang aprabu | rêbah ing padmasana | dipun sundhang marang Ki Sèh Wahas gupuh | wau kang manjing jro pura | Adipati Guritwêsi ||

4. pitambuh dènnya têtanya | pênangkilan lah ta wontên punapi | kang dinangu aturipun | gusti Têrbèbès minggat | lurah koki jênang tiyang wau dalu | sinaoskên rama tuwan | yèn datan pêrcados aglis ||

5. paduka manjing kêdhatyan | sigra manjing lan Prabu Burudangin |

--- 6: 99 ---

Tasangsulngalam ing pungkur | lan Raja Johanpirman | Sri Kunawar kêlawan Sang Raja Kuljum | sapraptanira jro pura | Adipati Guritwêsi ||

6. gupuh dènnya tumut nyundhang | mele-mele Nusirwan ngandika ris | kulup katiwasan ingsun | lêlurah masak minggat | Si Têrbèbès ajênang maratuwamu | lah ta iku tingalana | utamanggane si patih ||

7. sang dipati nêmbah sigra | amariksa wau sirahing patih | pinêndhêt sêrat umatur | punika wontên sêrat | ayang[10] apa lah age wacanên kulup | winaos têmbunge sêrat | Sang Raja Salsal mangsuli ||

8. Sang Aprabu Kalakodrat | sêrat dhatêng Baktak Patih Mêdayin | wiyose sira sung pemut | lamun nagaraningwang | Kalakodrat punika arsa pinukul | marang Wong Agung Kuparman | ingsun para kon dhingini ||

9. malah kang arsa dinuta | anggêcêka Kalakodrat kang rayi | kang nama Prabu Sêmakun | ingkang măngka manggala | para nata binêktanan pitung èwu | dene pemut jêngandika | kula nuli nglêksanani ||

10. sun nonjok marang Kuparman | dimèn galak wong Kuparman nêkani | mung punika têmbungipun | ngungun Prabu Nusirwan | kulup iku tan ana muni maringsun | ature tan mungêl tuwan | amung Ki Baktak pribadi ||

11. sigra ngadêg Sri Nusirwan | nyandhak sirah Baktak sigra binanting | ing jobin sirah malêdug | utêknya [u...]

--- 6: 100 ---

[...têknya] sumamburat | tinututan pinalu sirah malêdug | lajêng dipun tutu pisan | lêmbut awor bata putih ||

12. sri nata asru ngandika | si patih mati tinggal ucap kari | kulup iku apuramu | pan ora muni mringwang | mung karêpe si binatang asu buntung | sapa baya kang anjênang | sokur ingsun angamini ||

13. nanging ênêke kalintang | mumêt mulês sangêt raosing galih | sang prabu mutah rêmpêlu | rêbah angathang-athang | Umarmaya bêbisik sarwi atuduh | Sang Prabu Tasangsulngalam | Sri Bupati Burudangin ||

14. mijil anyêkêl Baktiyar | praptèng jawi Narendra Burudangin | Baktiyar ngandika sampun | cinêkêl wus binănda | sinungakên rumêksa marang sang prabu | ing Tasmitèn Johanpirman | nulya manjing pura aglis ||

15. Sang Prabu Tasangsulngalam | praptèng pura Dipati Guritwêsi | hèh ta paran yayi prabu | katalèn Si Baktiyar | inggih sampun Baktiyar kula wiyungyung | Kuljum Tasmitèn Kunawar | kula kèn rumêksa sami ||

16. Sri Nusirwan lajêng gêrah | putra kalih sangêt kalêngêr sami | tuwin ingkang para ratu | ingkang sami amangan | ing daginge Patih Baktak dadi racun | bêbalung kang awor jênang | wus prasasat darubêksi ||

17. dene ingkang jênang para | nganggo awu balunge kyana patih | ting garêmêt awakipun | rumab yèn dalu panas | ting galêrêng para ratu pitung puluh | bupati kang sêlawe prah |

--- 6: 101 ---

samya dèn gotongi mulih ||

18. gorokane sami sêrak | ting calêngkring tan kêna dèn tambani | kabèh sêdhihe kalangkung | cêkèh tam[11] bisa mutah | samya nêdhas miwah jroning wêtêngipun | malilit kadya tinampar | amulês tan sagêd ngising ||

19. panas kadi kinorokan | lir jinara lan undêr-undêr wêsi | mondhok kadi sambang ngundhuk | mrongkol nèng usus gimbal | lir kinêrêt-kêrêt balung praptèng sungsum | ngolang-aling gêlasaran | tan ana mantun ing jampi ||

20. sakite sangsaya ngrêda | lama-lama gurung pating calêngkring | gumigil asênggruk-sênggruk | watuk riyak tan mêdal | mêmpis-mêmpis wus kathah kang sami lampus | ratu miwah pra dipatya | ingkang dhahar jênang patih ||

21. miwah Sang Prabu Nusirwan | langkung sangêt Dipati Guritwêsi | kang ngadhêp lan Wahas gupuh | pramèswari ngandika | kulup Umarmaya kapriye budimu | apa nora tur uninga | marang Kuparman nagari ||

22. lamun wong tuwane gêrah | luwih bêcik kulup sira pribadi | rikating lampah nak ingsun | Umarmaya tur sêmbah | putra tuwan pun adhi Prabu Sêmakun | wingi utusane prapta | wignya ngambah ing wiyati ||

23. nanging lampahing utusan | putra dalêm dhatêng kula pribadi | pun Jèndhi kang sagêd mabur | kinarya mêng-amêngan | dhatêng putra tuwan pun adhi Sêmakun | pramèswari angandika | yèku irasên pribadi ||

24. witning yèn sira tilara | ing

--- 6: 102 ---

repote angadhêp siyang ratri | parigêl kakutha cakut | angadhêpi wong gêrah | dene ingsun iki karubuhan gunung | arinira karo padha | nanging sapira ta kaki ||

25. wong anom pan maksih kuwat | yèn sinandhang wong tuwa lara luwih | bangête tikêl sapuluh | sira nuli mêtua | gawèkêna layang ta kulup dutamu | bêbukane saking ingwang | Marmaya wotsari mijil ||

26. praptèng pakuwon kapanggya | sira Jèndhi wus dèn timbali aglis | têlas ing pitungkasipun | mêsat nampak gêgana | tinon lamat-lamat amor mega biru | prawira margèng gêgana | ing wiyat datan winarni ||

27. praptèng nagari Kuparman | lajêng marêk ing jro puraning gusti | sira Sang Prabu Sêmakun | angaturakên sêrat | tinumpiksa kang sêrat bêbukanipun | lajêng utusan ngaturna | nawala saking Mêdayin ||

28. mring kang raka Parangteja | lajêng kunjuk srat dhatêng jro puri |[12] kadriya nimbali gupuh | Wong Agung Parangteja | sarêng lawan manjinge Prabu Sêmakun | praptèng byantara ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi ||

29. yayi prabu adandana | putranira kabèh gawanên dhingin | yèn gêrahe sangsaya sru | sirenggal kongkonana | tur sandika wêdale Prabu Sêmakun | sagung narpatmaja samya | kang dèrèng dhatêng Madayin ||

30. apan ta ing nalikanya | ingkang wontên ing nagari Mêdayin | Sim Katamsi rowangipun [rowang...]

--- 6: 103 ---

[...ipun] | Prabu Aris Munandar | kang cinaran mring Dipati Pulangmarus | Sang Prabu Tasangsulngalam | lan Johanpirman narpati ||

31. kang dèrèng nuju lampahnya | kêrig lawan kang paman sri bupati | budhale Prabu Sêmakun | saking nagri Kuparman | lêlancaran lampahira siyang dalu | ing marga datan winarna | nèng Mêdayin dhandhanggêndhis ||

21. Dhandhanggula

1. samya lajêng manjing jroning puri | sang aprabu gêrah sangêt sayah | kang ahlul khikayat mangke | mêningi tigang dalu | putra wayah praptane sami | tuwin kang pra santana | nênggih sedanipun | gumêre wong sanagara | mring jro pura gêng alit kawêlasasih | sasedane kang rama ||

2. putra kalih saras dènnya sakit | Irman Urmus amung para nata | tigang dasa tumpês kabèh | bupati amung kantun | gangsal ingkang maksih basuki | ingkang pêjah sangalas | wau kang winuwus | layon sampun binêrsihan | sinarèkkên nèng wana Bêsarah nênggih | anèng jawi maula ||

3. Patih Jèndhi nulak sampun prapti | ing Kuparman lampah rêrikatan | katur kang rama sedane | mêningi tigang dalu | putra wayah praptèng Mêdayin | sagung kang para garwa | jro pura gumuruh | wong agung rêntêng ing driya | ing sedane kang rama datan nênggani | mangkana aturira ||

4. Rêtna Marpinjun asru anyungkêmi |[13] mring kang raka amiyarsa warta | kang rayi Urmus nêpsune | praptaa kakangipun | pêsthi lajuk dadi narpati |

--- 6: 104 ---

pinaro lawan Irman | ing panêdyanipun | têmah wong agung kèwêdan | mila sangêt Marpinjun matur ing laki | utusana kewala ||

5. jumênêngna Sang Irman Narpati | sumiliha nata binathara | jêr kang jalu tuwa dhewe | anadene Si Urmus | dèn adêgna liya nagari | kang rayi kalihira | kabèh para ratu | manut Marpinjun sadaya | ing ature wong agung sigra nimbali | sagung kang para nata ||

6. samya ngungun pinaringan warti | tan cinipta alane duk kuna | ingkang karaos ing mangke | lan kala purwanipun | mring gustine kang gawe bêcik | wit wêruh papasamuan |[14] Menak Jayèngpupuh | saking kang rama Nusirwan | piawone tinêtêpkên amuwuhi | bala lan kaluhuran ||

7. ting salênggruk kang para narpati | samya dus luh wus dangu atata | nulya dadèkkên pikire | dene adêging ratu | pautusan tuwin nindaki | ature para nata | sami pênêdipun | nanging asêmu utusan | têtêp luhur lawan wontên sănggarunggi | anulak ing pamothah ||

8. dadya dhawuh kang rayi tinuding | sira wong agung ing Parangteja | kaprabon ing prang lampahe | ambêkta kalih èwu | para ratu ngajêng lan wingking | binêktan palangkan mas | kang asaka satus | winarnèng satus sêsotya | pinaringkên kang badhe madêg narpati | sira Ariya Irman ||

9. lan wijoan mas palowani |[15] Radèn Urmus ingkang [ing...]

--- 6: 105 ---

[...kang] pinaringan | kang badhe ingadêgake | ing praja liya ratu | ing nagari Wu-awu Langit | nanging akêkuthaa | nunggal ing Mêdayun | têtêpa anyenapatya | măngka isèn ing wijoan palowani | mangkana para raja ||

10. Natèng Yunan Selan lan Kohkarib | ing Yujana Rum Sêntari Kebar | Turki Ngabêksi wusdene | kabèh ratu gêgêdhug | samya ngiring kang măngka wakil | asongsong tunggal naga | nitih sêkar diyu | wong agung ing Parangteja | hèr maya kang busana asri rinukmi | abra ing nawa rêtna ||

11. budhal saking Kuparman nagari | sagung gaman ingkang para nata | Suratisdaham cucuke | kapêthuk sêrat rawuh | ingkang saking nagri Mêdayin | Patih Jèndhi kang bêkta | nulak wongsal-wangsul | kèndêl dhêdhêg jawi kitha | para nata ngantosi sêrat kang prapti | ingkang amot wasiyat ||

12. duk sangête Prabu Nyakrawati | tinggal sêrat kang isi wasiyat | mring putra kang sêpuh dhewe | Wong Agung Jayèngpupuh | pinasrahan kang kari-kari | Irman adêgna nata | mêngku wong Mêdayun | apêpatiha Baktiyar | Irman sira adêgêna narapati | ewa mangkono iya ||

13. măngsa bodhoa sira ing wuri | putraningsun sira ingkang tuwa | katêmpuh kabèh-kabèhe | iya saungkur ingsun | pan mung sira tuwa pribadi | sapa kang mêmalanga | ing sakarsanipun | yêkti tan anêmu arja |

--- 6: 106 ---

duk miyarsa Wong Agung Surayèng Bumi | ngungun sinungkên sigra ||

14. mring Wong Agung Parangteja aglis | lajêng budhale kang ingantosan | marang para ratu kabèh | nèng jawi kitha kumpul | Rajèng Selan Natèng Kohkarib | Raja Yunan Yujana | Kebar sinung wêruh | wasiyatira Nusirwan | atêngara sarêng budhale para ji | anglir wukir dahana ||

15. gumaludhug rèh kagiri-giri | kadya guntur prawata sayuta | kêndhang gong ewon swarane | lêksan saruninipun | lêksan bèri gurnang thongthonggrit | lamine lampahira | marga tan kawuwus | orêg Mêdayin nagara | prapta wakil Wong Agung Surayèng Bumi | ubêkan sami mapag ||

16. Natèng Gumiwang lan Burudangin | kang rumiyin dening para putra | lan Arya Irman sarênge | ing jawi kitha cundhuk | ingaturan laju nulya glis | sapraptane jro kutha | sinaosan sampun | makuwon ing sitibêntar | Arya Maktal wus panggih lan pramèswari | ngaturakên pratelan ||

17. beya saking Sang Surayèng Bumi | cacah gawan kabèh sèwu unta | bumbu ragi amêmule | lawan roncèning laku | ing karsane Sang Jayèngmurti | pramèswari jinarwan | sutane kalangkung | lêstari sami kang karsa | lan wasiyat wêlinge kang sampun swargi | mangkana wong Kuparman ||

18. ingkang para ratu angênggèni | mring wismane kang para bupatya | ing dina Soma undhange | kumpul [ku...]

--- 6: 107 ---

[...mpul] kang para ratu | ulubalang mantri ngabèi | aglar nèng pênangkilan | kang saos supênuh | Irman wus nèng pênangkilan | upacara karaton sangking jro puri | kasrah ing Arya Maktal ||

19. sampun aglar anèng ing sitinggil | miwah pawongan ingkang angayap | angiring Maktal wijile | prapta ing sitiluhur | sasat Prabu Anyakrawati | duk miyos siniwaka | saupacara gung | sapraptane panangkilan | apinarak ing singangsana rinukmi | sarya sru undhang-undhang ||

20. hèh sagunge kang para narpati | wong Mêdayin kang para punggawa | sapa kang ana budine | arsa umadêg ratu | miwah ana mangkêlang batin | murina nora rêna | mring pratikêl ingsun | ing samêngko têkakêna | aprang tandhing lan ingsun angadu sêkti | pasamuan kang jêmbar ||

21. lamun bisa nyêmpal kanan kering | mring baune ya Si Parangteja | pêsthi yèn tutug karêpe | lamun tan bisa mutung | astaningsun karo asêbit | aywa na duwe karsa | nora bangun turut | aywa na mênêng kewala | sumaura santana para narpati | yèn wani prang mêtua ||

22. samya dhingkul kang para narpati | pra santana pra satriya samya | sadaya nuwun ature | tan wontên ingkang purun | anadhahi tuwan ing jurit | Wong Agung Parangteja | angandika arum | iya kalamun mangkana | tan anulak marang ing sakarsa mami | nir asmaradilaga ||

23. piyarsakna [pi...]

--- 6: 108 ---

[...yarsakna] kabèh wong Mêdayin | ingsun anglêstarèkkên wasiyat | ingkang suwargi wêlinge | rujukan karsanipun | ya Wong Agung Surayèng Bumi | kang rayi Radèn Irman | jumênênga ratu | nyakrawati binêthara | kang amêngku kabèh karaton Mêdayin | Maha Bathara Irman ||

24. dene ingkang rayi Urmus nênggih | Ngawu-awu Langit jumênênga | ratu tri dasa kumpule | kabawah Radèn Urmus | umadêga sri narapati | nanging kadhatonira | nunggal nèng Mêdayun | ratu isining wijoan | palowanu Raja Urmus senapati | manggala para nata ||

25. saur pêksi kabèh wong Mêdayin | Dyan Baktiyar bandane nguculan | wus prapta anèng ngarsane | wong Parangteja muwus | hèh Sang Prabu Anyakrawati | punika patihira | Raja Irman dhêku | sigra ngadêg maca plêkat | wau sira Adipati Guritwêsi | Ki Sèh Wahas andonga ||

26. prapta tigasan saking jro puri | bawahane kang madêg narendra | anggili kathah warnane | sinjang wastra tinumpuk | kang talam mas binebas sami | marang kang para nata | suwasa tan kantun | marang sagung pra dipatya | kang salaka marang sagung para mantri | marang wong cilik wastra ||

27. wus waradin sagung ingkang nangkil | lajêng bujana sagung pra nata | têluki bang lêlèmèke | tluki ijo lan wungu | ajang êmas kinarya bukti | glas kancana giniwang | pinatik sotya byur | larih midêr atimbalan [atimba...]

--- 6: 109 ---

[...lan] | Sang Sri Irman angêlarihi pribadi | mring Arya Parangteja ||

28. rame Umarmaya gung ngluconi | ing măngsa iku pangrasa samya | nora nana rêngat manèh | wus amor balung sungsum | dènnya Baktak sampun ngêmasi | nutug suka sadaya | sagung para ratu | ing dalu samya luwaran | Arya Maktal ingkang anèng ing sitigil[16] | Irman manjing jro pura ||

29. para ratu amakuwon sami | sabalane langkung ing sawulan | dungkap catur dasa rine | amit Irman umatur | inggih kakang tuwan rumiyin | kundura mring Kuparman | inggih kakang amung | putra paduka sadaya | tuwan tilar sarênga kula ing benjing | sowan dhatêng Kuparman ||

30. budhal injing sing nagri Mêdayin | Prabu Irman ngatêr jawi kitha | wong Parangteja angkate | sagunge para ratu | samya manggih suka tan siwi[17] | sampun ungkur-ungkuran | Irman wangsulipun | lêpas wau kang lumampah | undhang dandan ing barisira umiring | gambuh kundur Kuparman ||

 


sing. (kembali)
Pada pupuh Gambuh ini semua gatra ke-2 kurang dua suku kata. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali)
Biasanya guru lagu u: walangatos. (kembali)
duwe. (kembali)
Kurang satu suku kata: pêputhone mas ginêtak amijil. (kembali)
jêmpana. (kembali)
wastanya. (kembali)
tan. (kembali)
tinupiksa. (kembali)
10 layang. (kembali)
11 tan. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: lajêng kunjuk srat dhatêng jroning puri. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: Rêtna Marpinjun sru anyungkêmi. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: wit wêruh pasamuan. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: lawan wijoan mas palowani. (kembali)
16 sitinggil. (kembali)
17 sipi. (kembali)