Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32)

Judul
Sambungan
1. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 01–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
6. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

22. Gambuh

1. wuwusên kunduripun | Sri Parangteja lan para ratu | tan kawarna lamine dènnya lumaris | nagri Kuparman wus rawuh | sakathahe para katong ||

2. kalawan aturipun | ingkang rayi Sang Prabu Sêmakun | lan ature Adipati Guritwêsi | wèh suka sadayanipun | tan ana winalangatos ||

3. para garwa angrungu | pan wus lêstari kinarya ratu | nanging ingkang para putra

--- 6: 110 ---

dèrèng prapti | badhe sarêng lampahipun | lan paman Mêdayin Katong ||

4. putus sadayanipun | anulya adhêdhaharan nutug | kundurira mring kadhatonira sami | gumuruh kang baris agung | kang wadya kabèh makuwon ||

5. kunêng antaranipun | Sri Parangteja ing praptanipun | lan ing mangke Nata Irman ing Mêdayin | satus dina longkangipun | praptane Irman Sang Katong ||

6. praptane kang amêthuk | ing sagung kang para rajasunu | jawi kitha wong agung dènnya anganti | kang rayi sampun acundhuk | sumungkêm pada anglosod ||

7. angrangkul suku muwun | nulya tinarik maksih amuwun | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | kabèh ta suta-sutamu | ana barêng yayi katong ||

8. wungu wotsari matur | Bathara Irman inggih pukulun | ingkang kalih ingandhêg eyange sami | sarimbit ing eyangipun | ing benjing sarêng kemawon ||

9. kalawan eyangipun | benjing saundur amba pukulun | saking ngriki ibu paduka anuli | mariki amundhut pêthuk | marmane kang wayah karo ||

10. anak Ismasasunu | Pangeran Kelan myang arinipun | ingkang panggih anyar jêng ibu wus panggih | amung Sèhsiyar pukulun | besan wus lami dèrèng wroh ||

11. sru gumujêng wong agung | iku bedane wong agung sêpuh | saking titi yêkti besan yun udani | bedane sira lan ingsun | cul payu tan walangatos ||

12. kang rayi nêmbah [nê...]

--- 6: 111 ---

[...mbah] matur | inggih kawula sampun angutus | sami ratu kang kula kèn angaturi | mênawi wontên wratipun | inggih pun Sahsiyar Katong ||

13. sokur yèn yayi uwus | gih lajênga marang ing Mêdayun | sampun taha têka manjinga jro puri | dumèh yèn kawula suwung | sampun mawi rikah-rikoh ||

14. kang nimbali jêng ibu | nir wawênang kawula pukulun | ya ta wau kang raka nitih turanggi | kang rayi ingatag sampun | têngara kang wadya badhol[1] ||

15. cêlak lan panumpakipun |[2] lir pendah ginandhèng kudanipun | Prabu Irman upacaranya mêrnèni | kang raka anèng ing ngayun | têpung tan kasêlan ing wong ||

16. datan kawarnèng ênu | lampahira wus praptèng kadhatun | apan lajêng binêkta manjing jro puri | kang para garwa amêthuk | sadaya anèng pêsadon ||

17. tur sêmbah sadayanipun |[3] pra garwa dhatêng kang raka sampun | sami lênggah putra kabèh dèn timbali | kerid ing Prabu Sêmakun | praptèng pura prabu anom ||

23. Sinom

1. wong agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi | Lamdahur lan Umarmadya | lan prabu ing Burudangin | Sri Narendra Yunani | Yujana Kebar lan Kuljum | kang sami tinimbalan | Ngabêksi Sêntari Turki | ingandikan ratu wadana pangarsa ||

2. Brikahar sami ngandikan | lan Raja Prêjuk Parênggi | tuwin Raja Johanpirman | sagung ratu besan sami | Kusniya Malebari |

--- 6: 112 ---

sang nata pandhita nuju | anèng nagri Kuparman | sami ngandikan jro puri | samya nginum dhêdhaharan jro lan jaba ||

3. gumuruh swaraning sênggak | larih midêr wanti-wanti | nutug kang samya bujana | cinatur kawan dasa ri | sang prabu ing Mêdayin | anèng Kuparman pan agung | sinugata kasukan | tan pêgat ing siyang ratri | langkung suka rukune nagara arja ||

4. tan ana kang sinantaha | mênêng sagunge pakarti | tansah amêmangun suka | mangkana Irman nèng puri | langkung tiniti-titi | marang kang raka Marpinjun | yayi prabu ngrasaa | gêgêntine rama aji | kadangira tuwa mung Sultan Kuparman ||

5. dèn pasthi anggêpên yayah | kalawan yayi dèn ajrih | kaprawiraning ayuda | si rama ning dyaya budi | nadyan jêng rama aji | duk apa nêmu rahayu | yèku karyanên tekad | dadya mantêp wêdi bêkti | nora kêna bineka ngatur-aturan ||

6. yèn suwargi kangjêng rama | mungsuha wong liya yêkti | lêbur datanpa ngukupa | sirna nagri ing Mêdayin | katuju mungsuh sarwi | pangapura momot mêngku | kang rayi matur nêmbah | kangbok sampun pindho kardi | kadi emut yèn mênggah beka rêncana ||

7. nambungi alon lingira | Rajaputri Parangakik | yayi prabu poma-poma | pituture kangbok bêcik | yèn kanggo sarta eling | sayêkti tulus rahayu | yèn lali sira tiwas | măngsa manggiha basuki | dèn [dè...]

--- 6: 113 ---

[...n] prayitna emanên nagaranira ||

8. pan sira katêmpuh tuwa | kabèh putranira sami | pangidhêpane pan sira | jêr sira tuwa pribadi | gantine rama yêkti | lan yayi Prabu Sêmakun | Raja Irman tur sêmbah | mring Dèwi Sudarawarti | mugi-mugi antuka pangèstu tuwan ||

9. bubaran ingkang bujana | cinatur ing pitung ari | andina anèng jro pura | Marpinjun amituturi | sang rajaputri kalih | kang sami tumut tumutur | Parangakik Karsinah | abikut Prabu Mêdayin | ngiwa nêngên nauri sarwi tur sêmbah ||

10. sampun jangkêp kalih wulan | anèng Kuparman nagari | pamite sampun kalilan | kang raka Surayèng Bumi | kundur Natèng Mêdayin | sinarêngan ingkang mêthuk | sagung pra atmajendra | mêthuk nyai pramèswari | pangarsane Natèng Kaos Ibni Ngumar ||

11. putra Sang Sri Parangteja | Ibnu Jarahbanun Mêsir | Mardanus atmajèng Yunan | ing Kangkan Radèn Dikwanis | Rajaputra Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | Kaharkusmèn Yujana | Umarjaman ing Kohkarib | rajaputri ing Kebar Radèn Subtandar ||

12. ing Turki Samardikaran | Radèn Kiswarin Diswarin | atmaja Iskal Iskalan | Radèn Warindiya Bangin | sarêng budhale sami | lan Irman Prabu Mêdayun | lir giri puspita bra | gêgamane pra putra Mir | kunêng wau kang lagya lumakyèng ngarsa ||

13. Sang Prabu Surukan prapta |

--- 6: 114 ---

Sèhsiyar nagri Mêdayin | makuwon wismèng Baktiyar | linajêngêna kang wêling | Prabu Irman yèn prapti | Prabu Sèhsiyar ywa rikuh | linajêngêna seba | mring nyi agêng pramèswari | Kyana Patih Baktiyar kinèn ngirida ||

14. marang pangeran ing Kelan | kang makuwon ing sitinggil | kang rayi nèng pagêlaran | Rahadèn Hasim Katamsi | Patih Baktiyar panggih | lan Pangran Ismayasunu | ngirid Raja Sèhsiyar | matur mring Hasim Kuwari | atur sêmbah sira Kya Patih Baktiyar ||

15. anggèr punika Sang Raja | Sèhsiyar kang lagya prapti | paduka bêkta ing pura | eyang paduka nimbali | sampun sah ingkang wêling | rama paduka sang prabu | lamun Sèhsiyar prapta | lajênga sowan ing puri | kang pitungkas rama tuwan Prabu Irman ||

16. mangkya kawula sumăngga | ing karsa paduka gusti | sebane eyang paduka | nyai agêng pramèswari | kawula mung ngruktèni | inggih pasugatanipun | angling Pangeran Kelan | iya aywa walangati | sigra mundur Baktiyar mring panangkilan ||

17. binêkta manjing jro pura | mring Pangeran Kaelani | wau Sang Raja Sèhsiyar | lan mantu Hasim Kuwari | nênggih sang pramèswari | langkung sukane andulu | marang Rajèng Surukan | dene tan nihan nyantrèni | pan sêmune pantês ratu pinandhita ||

18. apan ta binesan-besan | marang nyai pramèswari | sira Sang Prabu Sèhsiyar | akathah dènnya pêparing |

--- 6: 115 ---

langkung dènira ajrih | dene pêpundhèn rahayu | kapêca ing jro surat | prawèstri luwih utami | manjing Islam atilar kapiring raka ||

19. wus lêga rasaning driya | nyai agêng pramèswari | besane kabèh kawruhan | Sèhsiyar gung dèn timbali | sowan manjing jro puri | katiga nèng ngarsanipun | kang wayah kalih pisan | Kelan lan Hasim Kuwari | katigane sira Sang Raja Sèhsiyar ||

20. pramèswari lon ngandika | hèh ki besan anak mami | sirèku luwih nugraha | kawijilanira dhingin | anake răndha mêskin | pakaryanta angon wêdhus | nuli kinarya raja | mring sutèng ngong Jayèngmurti | singgahana tyas arda lan puwa-puwa ||

21. yèn sira katèmpèlana | tyasira duk angon kambing | sayêkti akarya tiwas | marang kang karya narpati | wèh kuwur wahyu yêkti | dadi sira gawe tuduh | dudu wahyu kang nyata | ingkang saking Jayèngmurti | kabontosan wahyu gêng kala wiwitnya ||

22. yèn pratăndha tulus arja | wong ala ginawe bêcik | têkèng sabanjure pisan | edan winaraskên sami | awèh bênêring sisip | lêstari barang sinambut | tan kêna kaluputan | pan ratu atining bumi | yèn sisipa sarang jagad aru-ara ||

23. aywa eling pisan-pisan | pakolih duk angon kambing | wong papa tinarik arja | gêdhe sangkane ing cilik | akèh saking sakêdhik | mêdhotakên tamparipun [tampar...]

--- 6: 116 ---

[...ipun] | mubarang kawadhahan | iku sira arêp eling | yèn lalia ki besan agawe rêngka ||

24. sira gawa bala pira | ki besan dènira prapti | Sèhsiyar matur tur sêmbah | pukulun namung sakêthi | satus kang pra dipati | mantrinipun kalih èwu | inggih pêpatih amba | pun Minardan têngga puri | tigang kêthi siyang dalu jagi pura ||

25. wis ora kuwatir wuntat | ki besan sira mariki | yèn mêngkono ingsun gawa | marang Kuparman nagari | atêrna jênêng mami | sutamu lawan mantumu | Sèhsiyar matur nêmbah | langkung saking amarêngi | karsa tuwan kalayan ing kajat amba ||

26. kawula pan arsa sowan | ing putra Paduka Amir | mangkya kawêwahan sabda | anèrèk jêng pramèswari | nugraha kang nètèsi | parêng sir amba pukulun | kunêng ta kang winarna | misuwur wong sanagari | duk praptane kang saking nagri Kuparman ||

27. katur yèn sarênge prapta | lan pêthukan ibu sori | wontên wadya pitung yuta | lawan para rajasiwi | wau dènira prapti | Sri Irman Prabu Mêdayun | laju malêbèng pura | lan ibu sampun apanggih | katur solah pitungkas saking Kuparman ||

28. antara samadya căndra | budhalira pramèswari | marang nagari Kuparman | Raja Urmus kang tut wuri | Raja Wu-awu Langit | akathah punggawanipun | wontên bala sayuta | ingkang saking ing Mêdayin | kang amêthuk wong Kuparman [Kuparma...]

--- 6: 117 ---

[...n] pitung yuta ||

29. ing măngsa iku tan ana | pêdhote bala lumaris | sing Mêdayin mring Kuparman | margi agêng kongsi limit | mrècèt kiyamat têki | tan ana sukêt kang thukul | pan kadya dèn rampêlas | balindhis saurut margi | langkung eca arja pirang-pirang praja ||

30. wau tan kawarnèng marga | ing lêlakon patang ari | kèh para ratu kang mapag | andina-dina anggili | kantun lakon saari | pamêthukira wong agung | lawan kang para garwa | para putra jalu èstri | sampun prapta pramèswari ing Kuparman ||

31. pinapag sèwu kamulyan | rinêngga sukaning galih | tinut ing sakarsa-karsa | para wayah angladèni | Sang Sri Urmus Narpati | kawan wulan laminipun | anèng nagri Kuparman | tutug ing sakayunnèki | sampun pamit kundur Mêdayin nagara ||

32. ya ta ing alama-lama | Wong Agung Surayèng Bumi | andadi prakoswanira | sajagad tan ana tandhing | amung pinggiring bu |[4] lor kulon kang dèrèng nungkul | wontên tanah awiyar | Jaminambar kèh nagari | tanah Rokam lan tanah ing Kalakodrat ||

33. wontên praja namanira | tanah Indi ing Rokami | Amindha namaning praja | lawan Rokam agêng nênggih | ratune padha nami | ya Gulangge namanipun | Rokam Ngindi Narendra | ratune sampun angabdi | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagad ||

34. nungkul kasêngsêm ing warta | nora

--- 6: 118 ---

kalawan ajurit | kalane wong agung karsa | gêcak nagari Biraji | kapêthuk anèng margi | wong agung panungkulipun | Ngrokam agêng punika | ya Gulangge kang wêwangi | nanging iya tanah Rokam Jaminambar ||

35. lan pojok bumi lor wetan | lawan kidul wetan sami | punika kang dèrèng kambah | Maguwa tanah aniti | Sêmbawa Banjarmasin | punika saturutipun | lan sakidul sagara | kabèh tanah ing Ngabêksi | watês bumi kidul kulon urut wetan ||

36. sanadyan Sultan Iskandar | kawêca ratuning bumi | tur duwèni pêparêngan | ing masrik kêlawan maghrib | parandene tan kongsi | tanah Ngabêksi kang agung | liya sakidul Ngarab | tanah Ngabêksi kang pirit | lawan Ngarab kang agêng dèrèng kacahak ||

37. mungguh kang ahlul khikayat | nadyan dhingin para nabi | sarengat Nuh Musa Ngisa | miwah sarengat Ibrahim | durung gêpok Ngabêksi | tanah gêng sakidul laut | sinêngkêr ing Hyang Suksma | kabèh sakidul jaladi[5] | salamine maksih agama Jêng Adam ||

38. benjang wong Ngabêksi nyabrang | yèn lair andika nabi | panutup niyakaning rat | pinacang mêngsah jêng nabi | ngrusak Madinah benjing | wong kidul sagara mukul | sedane Amir Ambyah | wong ing Lakad lan Ngabêksi | lajêng manjing agama ingkang wêkasan ||

39. punika kang ahlul kojah | carita para musanip | măngka malih [ma...]

--- 6: 119 ---

[...lih] cinarita | mangsuli carita malih | Kuparman lan Mêdayin | punika ingkang dhinapur | samya olah wibawa | lami kèndêl tan ajurit | cinarita jroning pura dhandhanggula ||

24. Dhandhanggula

1. kawarnaa Menak Jayèngmurti | salamine kêkutha Kuparman | wus kaping pitu tindake | marang Mêkah angujung | rama ibu lawan ngabêkti | anèng sajroning Kakbah | lawan amêmangun | astananira Muninggar | laju marang Basarah mêmangun malih | astana Sri Nusirwan ||

2. lamun Wong Agung Surayèng Bumi | praptèng Mêkah abêlabur dinar | binage sapraja kabèh | tuwin kang para ratu | ingkang sami tumut ngurmati | kang angiring ing Kakbah | mangkana winuwus | kundure marang Kuparman | duk sineba wontên sêrat tonjok prapti | saking ing Kalakodrat ||

3. Raja Salsal kang nêkani tulis | têmbung panantang nungkak ukara | Wong Agung Kuparman dene | yèn ta sira satuhu | Kakungingrat apa nêkani | apa ingsun kang têka | ing prajanta gêpuk | iya ingsun mungsuhira | wus tinulak caraka dening Jêng Amir | benjing yèn sami arja ||

4. sayêktine ingsun kang nêkani | iya marang nagri Kalakodrat | pan mangkana wangsulane | nanging antinên besuk | sêdhêng prajanira nguwati | ngêlara larènira | kang jêro myang trêjung | balowarti rangkêpana | agawea sira kapurancang wêsi | ingsun tan wande prapta ||

5. nulya pamit dutane narpati | Kalakodrat [Ka...]

--- 6: 120 ---

[...lakodrat] Risang Raja Salsal | ebat umiyat prajane | Kuparman luwih agung | datan ana ingkang nimbangi | kèhe kang para raja | yayah ingkang têdhuh | ngêndhanu ing ăntariksa | tanpa wilis prajurit kang pra dipati | punggawa myang satriya ||

6. tan winarna lamine nèng margi | duta Nata Kalakodrat prapta | katur sasolah bawane | miwah sagung kang wadu | para ratu samya linuwih | ratu gung-agung samya | bala sami ratu | kadya wutahing samodra | gunge wadya prajurit datanpa wilis | amung nagri Kuparman ||

7. sampun angajêng-ajêng ta gusti | dhatêngipun prajurit Kuparman | anindaki wong agunge | tan kenging tuwan mungsuh | yèn makatên kèhing narpati | prawira ing ayuda | sagung para ratu | aprang kasap aprang lêmbat | samya wagêd wadya Kuparman gung alit | kèh ratu măndraguna ||

8. Sang Sri Salsal wau duk miyarsi | marang ature carakanira | sumlang ing jro wardayane | nimbali patihipun | Patih Kalkal badhe tinuding | tur uningèng mring Rokam | gyane ratu agung | gagah prakoswa digdaya | Sri Narendra Gulangge ingkang wêwangi | sinêmbah para raja ||

9. Sri Kalakodrat ngandika aris | Patih Kalkal turna layang ingwang | marang Sang Prabu Gulangge | layang saking Mêdayun | dhingin ingkang pemut mring mami | lamun Sultan Kuparman | iya arsa mukul | prajèng ngong ing Kalakodrat | yèn bêdhaha lajêng mring Rokam nagari |

--- 6: 121 ---

Patih Kalkal mit nêmbah ||

10. kunêng gantya nagri ing Mêdayin | Patih Baktiyar ambudi guna | amrih bênggange gustine | lan kang raka wong agung | tan wus manahira ki patih | tan antuk dhahar nendra | prihatin kalangkung | ketang wêwêlinging bapa | yèn tan drêngki kari suwita tur mêskin | sarta kaponthal-ponthal ||

11. yèn wus anglèng sumêrêp ing mangkin | bapakane Marmaya kang jênang | sêsukêring jagad kabèh | rêmbag Prabu Sêmakun | Umarmaya ingkang nandangi | Raja Sêmakun marma | mring rama sang prabu | wus sêpuh asring ginawa | mrih anasar gunêm maksiyat tan mari | pakaryane Ki Baktak ||

12. Patih Baktiyar angingu têlik | wong sapuluh pan anyatus dinar | sabên măngsa pêparinge | liyane bandaripun | nêlung atus reyal wong siji | jaga wruh ing jajahan | ratu kang pinunjul | lan kang bisa gawe dora | pan kêkalih lurahnya nama Ki Jumprit | Pêrnès ingkang satunggal ||

13. dèn imbara ping sèkêt saari | nora nêdya yèn maria dora | Ki Jumprit lawan Ki Pêrnès | matêng ubayanipun | dènnya karya mondaka manis | pan sami pinacêkan | winisik ing laku | binêkta manjing jro pura | sapraptane pêsadon rêkyana patih | sigra nguwik bêrambang ||

14. ingusapkên netranira kalih | andêrodos êluhira mêdal | lajêng wus prapta ngarsane | ngandika sang aprabu | ana karya prapta anangis |

--- 6: 122 ---

Baktiyar ana paran | matur sênggruk-sênggruk | kawula miyarsa warta | inggih botên kadosa wong tuhu bêcik | gusti sungkêm paduka ||

15. parandene wontên kang mêstani | anggêp tuwan winastan kumlamar | maksih miring jro batine | dene tuwan tan purun | tumut kadya para narpati | damêl pura Kuparman | Marmaya kang matur | kalayan rayi paduka | Sri Sêmakun punika kang rêmbag pikir | marang kakang Marmaya ||

16. Prabu Irman angandika aris | dene ana timbalane kangmas | ingsun dikakake mulèh | anaa dhawuhipun | karya wisma lan aja mulih | măngsa sun lêngganaa | ing parentahipun | Patih Baktiyar tur sêmbah | mila èwêd gusti gènipun nglampahi | bêcik dinalih ala ||

17. malah damêl ing pangolah sandi | prajurite jêng rayi paduka | sagah nyêpêng samangsane | Sang Prabu Sikaturun | nama Prabu Bilabundarin | andêl prajuritira | Sang Prabu Sêmakun | para ratu ing Kosarsah | lawan malih Natèng Sustiya kang nami | Sang Nata Bulubalad ||

18. wontên malih ingkang anyagahi | prajurite jêng rayi paduka | ing Binahar nagarane | pun Raja Kaladukum | lawan raja ing Simbarsari | Sang Nata Darunbenda | ingkang samya sanggup | milanya agung ginanjar | ingkang para narendra sakawan sami | dhatêng rayi paduka ||

19. nanging sampun kula pirantèni | para ratu sakawan punika | Raja

--- 6: 123 ---

Sêmakun andêle | kula pêndhêmi kuwuk | ngajêngane korine sami | samăngsa nglangkahana | saniyate wurung | sanadyan inggih sidaa | pêsthi kêkês atine dumadak gampil | sarat saking pandhita ||

20. Jumprit Pêrnès sami dèn timbali | aturipun angganthêng mundirang | tan măntra yèn gawe-gawe | ratune kang acubluk | Raja Irman ngandika aris | ya talah nora talah | sirèku katuju | patih ana budinira | baya iku yayi Sêmakun amèri | duk ingsun nèng Kuparman ||

21. sabên ingsun ngandikan ing puri | dhingin ingsun lan yayi Gumiwang | miwah ing palinggihane | kinacèk lawan ingsun | măngsa rêngu dadak kang ati | anom kalawan tuwa | iku nyananingsun | yayi prabu ing Gumiwang | yèn mangkono nora kêna dèn parêki | nênungkul amrih pêjah ||

22. têlik kêkalih Pêrnès lan Jumprit | sarêng ginanjar mring Raja Irman | kaprêcaya ing ature | dilalah kudu kuwur | nora kêna ginawe bêcik | ing Mêdayin nagara | singa dadi ratu | tan bisa bobot prakara | wong adol cès gugu ature wong drêngki | tan wrin aluran ala ||

23. tan anglirik ing kanan lan kering | tan graita atur yêkti dora | kang adora gawe-gawe | têka dèn anggêp tuhu | Patih Baktak ratuning drêngki | anak gawe bicara | kang jamak sinawung | manawa atiru bapa | nora wurung niwasakên barang kardi |

--- 6: 124 ---

têka nora nggo nyawang ||

24. sêdhih malih punggawa Mêdayin | kang wis sêpuh ingkang uwis mirsa | tan wurung kaponthal manèh | dene sang ratu tumut | Irman mèlu katoring-toring | tut wuri mring kang rama | durung nêmu luhur | durung nêmu kaslamêtan | marga dhahar ature Baktak rumiyin | gung gawe karusakan ||

25. wus mangkana ature kya patih | abdi paduka kalih punika | inggih myarsa kalêthêke | raka paduka nglurug | lamun mantun jawah sakêdhik | amukul Kalakodrat | nanging kang wadya gung | Kuparman ngênês miyarsa | dene mêngsah karyane sok badhog janmi | balane Raja Salsal ||

26. mila sêdhih wadya sanagari | wong Kuparman samya awuyungan | angênês kabatinane | slamine dèrèng nêmu | mungsuh ingkang ambadhog janmi | gusti watawis amba | mangkya lunasipun | raka paduka Kuparman | kadi kêni sawadyanipun anênggih | karèh ing Kalakodrat ||

27. dene mêngsahipun anglangkungi | lan akanthi narendra ing Rokam | sira Sang Prabu Gulangge | yutan prajuritipun | ingkang nitih macan sakêthi | prajurit ing Kuparman | pan salêksa amung | kang wagêd anitih macan | mung balane sang prabu ing Burudangin | Raja Wiswèl kang wadya ||

28. mung salêksa nitih macan sami | inggih gusti kaot sangang lêksa | lawan balane Gulangge | lan dêdêgipun satus | sawidak gas sri

--- 6: 125 ---

narapati | dêdêge Raja Salsal | mung satus sapuluh | sami lawan Raja Selan | ratu kalih punika wudhu ing bumi | Gulangge lawan Salsal ||

29. Patih Rokam sudira tur sêkti | nama Kyana Patih Bakubaham | angrèh ratu gêdhe-gêdhe | Raja Salsal pukulun | sabalane mamăngsa janmi | mila inggih wikana | yèn sida atêmpuh | raka paduka Kuparman | abdi tuwan pun Jumprit sampun alami | ngumbara dhatêng Rokam ||

30. Pêrnès Jumprit sigra awotsari | dhuh pukulun swargi rama tuwan | kirang titis pangambile | yèn antuka pukulun | inggih kadi ratu kêkalih | măngsa kantos kanggea | saêjam pukulun | sirna prajurit Kuparman | kadi botên anggawêra winitawis | ing sapisan punika ||

31. angandika Sang Prabu Mêdayin | hèh Baktiyar iya kayaparan | amratikêl ingsun kiye | pan iki sun kapencut | amiyarsa turira patih | Gulangge rèh nagara | ratu kalih èwu | awit saking kalah aprang | tur akanthi Raja Salsal nunggal budi | nora sêmbah-sinêmbah ||

32. lamun pawong mitra lawan mami | yêkti kaya mêngkono kewala | iya Salsal lan Gulangge | mring ki raka wong agung | pêsthi nêmbah pindha cêcêdhis | nanging tan sapiraa | dene kadang sêpuh | sanadyan aja ipea | putra angkat mring rama sêpuh pribadi | ing jêng rama kang swarga ||

33. Patih [Pa...]

--- 6: 126 ---

[...tih] Baktiyar matur wotsari | inggih lêrês ingkang pangandika | nanging sangêt kuciwane | anglêbur anak putu | awèh apês ing turun benjing | măngsa wandea nêmbah | dhatêng turunipun | raka paduka Kuparman | sangêt nistha manêmbah turun wong nisthip | langkung saking tan nasab ||

34. hèh Batiyar apa kang kinardi | aling-aling bangêt wirang ingwang | lan wêdi kabatinane | pan iya niyat ingsun | Si Sêmakun sun kon janjèni | duwea niyat ala | mring saliraningsun | anaa ngarsane kangmas | nèng Kuparman Patih Baktiyar wotsari | sarwi nampèl wêntisnya ||

35. yèn makatên paduka sang aji | winastan dede putra Nusirwan | kalawan dede wayahe | Prabu Kobatsah tuhu | dede buyutipun sayêkti | Sang Aprabu Sareas | prakoswa debya nung | sagung para raja-raja | nêmbah dhatêng Natèng Mêdayin sayêkti | dèrèng nate manêmbah ||

36. dadi tuwan punika miwiti | apês curês tiwasing tumitah | ngograg-agrig tanpa gawe | juminul kadi kênul | nadyan jagul wani anjawil | punapa amrih gêsang | tan anêdya luhur | dêstun dêlap anèng dunya | Raja Irman myarsa jaja winga abrit | lah paran ta Baktiyar ||

37. Patih Baktiyar matur wotsari | sampun sumlang aling-aling tuwan | ing wêwadi karêksane | amba kesah karuhun | mring Kuparman anyêngkal bumi | kang badhe karya pura | mangun dalêm anggung |

--- 6: 127 ---

yèn sampun kawula cêngkal | rayi tuwan Gusti Ngawu-awu Langit | tuwan kèn jênêngana ||

38. ratu sakawan kang nambut kardi | kang akarya dalêm ing Kuparman | nuntên pun Jumprit kinèngkèn | ngrarêpa minta tulung | lulusipun sang prabu kalih | asiha kawlasarsa | kang arsa linampus | nagari tuwan ing Makwah | ingkang kiwa tampingan têbih pribadi | punika dèn ambaha ||

39. ing dutane Gulangge Narpati | tuwin dutane Sang Raja Salsal | nuntên paduka mit age | lamun arsa angrêbut | pan ing Makwah kancikan baris | prajurit saking Rokam | yèn sampun kapangguh | kalawan kang gêcak Makwah | pan kawula nuntên tur sêrat upèksi | ing raka danasmara ||

25. Asmaradana

1. yèn paduka sor ing jurit | kalawan ing bala Rokam | sayêkti gugup manahe | raka paduka Kuparman | nadyan botên tindaka | sayêkti nuntên anuduh | para ratu magut ing prang ||

2. punika katăndha benjing | yudane wadya Kuparman | kalawan bala Gulangge | tinut ature Baktiyar | saksana karya sêrat | dadi sagung kang rinêmbug | Baktiyar utusan sigra ||

3. ing Pêrnès kalawan Jumprit | ngakên dutane sang nata | Baktiyar sarêng angkate | marang nagara Kuparman | ing marga tan winarna | ing Kuparman praptanipun | kunjuk ing Sang Kakungingrat ||

4. lamun ingutus kang rayi | anyêngkal badhe dalêman |

--- 6: 128 ---

anênggih nyuwun pêrnahe | wong agung suka miyarsa | kang rayi sungkêmira | angrasa tuwa katêmpuh | kasok marêbêl kang waspa ||

5. Patih Baktiyar ningali | sigra anguwik bêrambang | silib saking kandhutane | ingucêk netra kalihnya | darodos wêtu waspa | api matur sênggrug-sênggrug | pukulun jêng rayi tuwan ||

6. langkung tan eca ing galih | têbiha lawan jêng tuwan | wong agung ngandika alon | Baktiyar yèn gustinira | tulus tyase mangkana | ingsun iki suka nganggur | magawan ing yayi nata ||

7. wus suka ingsun ningali | miwah lamun umadêga | narendra Kuparman kene | ratwagung kang binathara | mendah sukaning driya | Baktiyar matur wotsantun | dèrèng dhatêng sapunika ||

8. Adipati Guritwêsi | padalêman ingkang wetan | Sang Prabu Irman badhene | nèng kilèn kadhatonira | nulya wau cinêngkal | mring Patih Baktiyar sampun | wong Mêdayin nambut karya ||

9. salêksa ing sabên ari | lan para ratu sakawan | ingkang minăngka tindhihe | jênêngi wong nambut karya | Raja Urmus pêmbatak | ing jro kadhaton misuhur | praptane Patih Baktiyar ||

10. Raja Urmus badhe prapti | wau lampahe Baktiyar | tan cinatur rêroncène | prapta Mêdayin nagara | katur sasolahira | lamun kang raka wong agung | kalintang trusthèng wardaya ||

11. wau ingkang lampah nilip | Jumprit [Jumpri...]

--- 6: 129 ---

[...t] Pêrnès sampun prapta | ing Kalakodrat prajane | katur mring Sang Raja Salsal | sêrat wus katumpiksa[6] | lajêng sinusulkên gupuh | lampahira Patih Kalkal ||

12. wau putra kang tinuding | anama Rahadèn Taltal | Kyana Patih Kalkal praptane |[7] ing Rokam katur kang sêrat | marang Gulangge Raja | nuju siniwakèng wadu | kasaru wau kang prapta ||

13. sawadyane maos tulis | nênggih wau praptanira | Radèn Taltal panusule | ngandikan maring ngayunan | sêrat sampun katampan | samya saking ing Mêdayun | têmbunge langkung mlasarsa ||

14. ngandika sri narapati | hèh sagunge para raja | miwah punggawa sakèhe | satriya mantri sadaya | lah iki kawruhanta | layang kang têka Mêdayun | pemut marang yayi Salsal ||

15. kuthane arsa ginitik | dening Wong Agung Kuparman | wus kêkirab prajurite | tuhu lêlananging jagad | wong agung ing Kuparman | balane rong lêksa ratu | sèwu kang ratu wadana ||

16. punggawane pitung kêthi | mantri prajurit sayuta | sakêthi ulubalange | têlung kêthi pra bupatya | ingkang jaga tampingan | angsale iku wong agung | sayêkti putrane angkat ||

17. marang Sang Prabu Mêdayin | nyakrawati binathara | wong agung iku mulane | anak wong dhêdhukuh Mêkah | Pusêr Bumi minăngka | saiki jagad kinêlun | wus angidhêp ing Kuparman ||

--- 6: 130 ---

18. Wong Agung Surayèng Bumi | rijaling jagad wiryawan | ya Ibrahim agamane | ingkang winangun dèn êlar | kusnin panata dinan | Amir Mukminin satuhu | măngka sapuning bawana ||

19. mangkya kèlês mêmpis-mêmpis | trahing kang angambil putra | Raja Irman bisikane | gon ratu batuwah bubrah | marmane minta sraya | asambat anjaluk tulung | maring sun lan yayi Salsal ||

20. dèn padha angati-ati | sagunge prajurit ingwang | mungsuh iki luwih abot | tan kêna jinadha-jadha | mungsuh Sultan Kuparman | wontên mantune pangayun | dene Sang Gulangge Raja ||

21. nagarane Ngambarkawit | Sang Raja Unuk Marjaban | wutah ati bèr kuwanèn | akathah prajuritira | Ratu Ngambarkamulan | sagah ngarsane sang prabu | Sang Unuk Sri Maharaja ||

22. kawula sagah ngêmpuni | supados wandea prapta | kula gêcake prajane | inggih purun saking lancang | langguk mêngsah paduka | sayêkti botên akuntung | yèn purun mêngsah sang nata ||

23. narendra ing Ngambarkawit | dèn tangguh tan duwe bala | yêkti tangèh mèngèh-mèngèh | adoh durung wêruh Rokam | miwah ing Kalakodrat | jampêng tan duwe pangrungu | yèn Raja Unuk Marjaban ||

24. mèsêm pan ewa ing batin | wau kalane miyarsa | Unuk Marjaban ature | lan sagung kang amiyarsa | ewa pan garundêlan | kumêthak [kumêtha...]

--- 6: 131 ---

[...k] tan wruh ing jujur | nyumbari prajurit Arab ||

25. ingkang nuntun têdah margi | Prabu Gulangge ngandika | angirasa iku bae | carakane Raja Irman | yèn tuhu wani sira | ana nêgara kang mèlu | Mêdayin arane Makwah ||

26. iku ancikana dhingin | prihên galak wong Kuparman | măngsa kênaa dèn corok | jajahane pêsthi enggal | nêkani maring sira | inggih amba budhal esuk | ature Unuk Marjaban ||

27. ngandika sri narapati | Patih Kalkal umatura | sira maring yayi katong | miwah sira kulup Taltal | matura ramanira | yèn ing kene besuk esuk | budhal Si Unuk Marjaban ||

28. caraka Mêdayin Jumprit | ingkang ngirid tuduh marga | wau datan winiraos | lamine anèng ing marga | Kya Patih Kalkal prapta | miwah Taltal Rajasunu | ing nagrine Kalakodrat ||

29. katur sasolah tinuding | lamun sang prabu ing Rokam | ngirabakên prajurite | mantune ingkang prakosa | banjêl sumaguh ing prang | kaduk umbag watêkipun | Sang Nata Unuk Marjaban ||

30. duk miyarsa turing patih | sang nata ing Kalakodrat | anuduh marang kadange | asiyaga ing ayuda | sira Sang Raja Balbal | kuthanira ing Srumayu | prawira sumbagèng laga ||

31. apan bêkta patang kêthi | prajurite Raja Balbal | sami doyan badhog uwong | lamun andulu wong liya | kumêcêr [kumê...]

--- 6: 132 ---

[...cêr] kudu măngsa | gêgaman sampun akumpul | lan bala Unuk Marjaban ||

32. Prabu Anom Ngambarkawit | prajurite patang lêksa | samya nitih macan kabèh | anitih banthèng salêksa | salêksa blêgêdaba | salêksa kang nitih sênuk | pangarsa anitih macan ||

33. lêpas lampahirèng margi | wau bala Kalakodrat | samarga-marga badhog wong | binakasêm lan dèn kalak | kinarya sangu marga | lampahe datan winuwus | praja jajahane Makwah ||

34. gègère kancikan baris | arusuh wong Kalakodrat | samya ambêkasêm uwong | yèn pêtêng dalu mêmăngsa | wong cinêkêl tan obah | Senapati Raja Unuk | Marjaban prapta ing praja ||

35. nagara ing Makwah nênggih | kang tampingan doh akiwa | têtiga ika ratune | kang siji băngga binănda | kang kalih slak kawruhan | mring Pêrnès Jumprit kang nuntun | dutane Patih Baktiyar ||

36. dadya aris amanggihi | sami angrêti sugata | kinèn amacak barise | Jumprit wus kinèn lajua | atur uningèng nata | pun Pêrnès iku kang kantun | nênggani Unuk Marjaban ||

37. wuwusên nagri Mêdayin | sampun lami angkatira | jênêngi wong nyambut gawe | marang nagari Kuparman | ing buri pêrdandanan | Ki Baktiyar akalipun | dutanira duduk prapta ||

26. Dudukwuluh

1. ingkang saking anyilib bala ingutus [ingutu...]

--- 6: 133 ---

[...s] | mring Kalakodrat nagari | Jumprit panggih lurahipun | Baktiyar Rêkyana Patih | lajêng binêktèng ngêdhaton ||

2. sampun prapta ngarsanira sang aprabu | ature tiniti-titi | yèn prapta prajuritipun | wadyane pan pitung kêthi | nênggih mantune sang katong ||

3. Raja Unuk Marjaban jêjulukipun | ratu saking Ngambarkawit | gagah prakoswa debya nung | bêkta tri yuta prajurit | patang lêksa kang nitih mong ||

4. dene Kalakodrat pan prajuritipun | kadange sri narapati | Raja Balbal prakoswa nung | prajurite pitung kêthi | sadaya ambadhog uwong ||

5. Raja Salsal Raja Gulangge pukulun | langkung dènnya ngasih-asih | miyarsa lamun sang prabu | biyèn-biyèn wong Mêdayin | gêlêma nyambat maring ngong ||

6. wus pungkasan curêse wong Arab sagung | lawas dènnya nglêlanangi | jêr durung mungsuh lan ingsun | pijêr ratu tanpa sêkti | tinandhing Jayèngpalugon ||

7. duk miyarsa kagyat sangêt dènnya ngungun | ngandika Natèng Mêdayin | Baktiyar tan dipe ingsun | panggawe iki binatin | yêkti ngong aprang rêrêmpon ||

8. ilang saking nama angenaki kalbu | sigra undhang dandan sami | kang prajurit wadyanya gung | asamêkta amiranti | Sri Nata Irman wus bodhol ||

9. Radèn Wahas putra jalêr Betaljêmur | binêkta marang sang aji | ananging datan tinantun | sampun uninga

--- 6: 134 ---

ing batin | mèsêm ewa dènira non ||

10. bêkta bala tigang yuta sang aprabu | sayuta rêkyana patih | gêgancangan lampahipun | datan kawarna ing margi | praptèng Makwah sang akatong ||

11. Kyana Patih Baktiyar ingkang rumuhun | bêkta suguh lan pisalin | kamulyan ki patih pangguh | iya lawan senapati | Balbal prajurit kinaot ||

12. gêpah matur Patih Baktiyar sumrikut | sugata tumamèng ngarsi | langkung sukane andulu | prajurit kang lagya prapti | pantês tan kalah padha wong ||

13. binujana linuhurkên ambêkipun | langkung sukane ing galih | akathah mijilkên umuk | sukèng tyas Prabu Mêdayin | mulat mring sang prabu karo ||

14. wus mupakat golong gantya kang winuwus | kyana patih ngutus aglis | sêmang-sêmang sandinipun | caraka bupati kalih | angêmban sêrat sang katong ||

15. praptèng nagri Kuparman nawala katur | marang Sang Surayèng Bumi | duk miyarsa têmbungipun | kagyat sakala nimbali | wong agung katri manjing jro ||

16. nginggalakên marang Sang Prabu Sêmakun | Adipati Guritwêsi | Wong Agung Parangteja wus | katiga praptèng jro puri | sinungan warti pakewoh ||

17. pinaringkên sêrat kang saking Mêdayun | sampune miyarsa sami | dhêlêg wong agung katêlu | Wong Agung Surayèng Bumi | mèsêm angandika alon ||

18. priye yayi Parangteja ing pikirmu | umatur [u...]

--- 6: 135 ---

[...matur] saha wotsari | sarwi mèsêm aturipun | ngling Dipati Guritwêsi | bok umatur cêplas-cêplos ||

19. aja pijêr ngujiwat sira dinangu | lumembak dènira angling | ing ngriku anggèr Sêmakun | pinikir raosing tulis | Prabu Sêmakun lingnya lon ||

20. yèn kakang mas Parangteja tuwan nantun | ing pikir kula sayêkti | yèn kangmas ngajani matur | kula umatur kang pêsthi | gothak-gathuk cêplas-cêplos ||

21. inggih anggèr aranta sami tinantun | sampun ngangge wigah-wigih | têgêse yayi Sêmakun | ingkang tunggal darah yêkti | kang pantês wrin sae awon ||

22. salulupa samodra wruh jêbulipun | pantês jandika mêstani | mèsêm Sang Prabu Sêmakun | kakang mas ingkang kintèki | ungêle sadaya goroh ||

23. mung akale Baktiyar layang Mêdayun | nora nganggo malih-malih | dene praptane kang mungsuh | tan nêdya prapta pribadi | Si Baktiyar ingkang gendhong ||

24. lon ngandika malih sira Jayèngsatru | wong Parangteja wotsari | datan wontên malihipun | pukulun lêrês ing pikir | Prabu Sêmakun sayêktos ||

25. dene rayi paduka satunggalipun | tinungkulan ing pikir |[8] punika Sang Prabu Urmus | mila tinuduh mariki | sampun andamêl pakewuh |[9]|

26. pan kawula kang êmas dipun balithuk | tinungkulakên mariki | sampun makewuhi laku | karuan têmên si

--- 6: 136 ---

baring | Baktiyar anak sêgawon ||

27. padha dene ratune kêna tinuntun | marang panggawe tan yukti | têka nora duwe usul | wurukan arêp nuruni | kadya bapa kang wus katog ||

28. kula kakang kalihe dadya sêksèngsun | mungkir marang kakang aji | tumut ing yayi Sêmakun | sumungkêm ing kangmas Amir | Wong Agung Jayèngpalugon ||

29. nadyan silih ajur mumur rêmak-rêmpu | anut ing rèh kang sayêkti | botên purun mati bingung | gumujêng wong agung katri | Prabu Urmus matur alon ||

30. nadyan silih kakang êmas pulang marus | dèn kêrsakna anututi | magut ing mêngsah tumanduk | sêsinau mangun jurit | ngandika Jayèngpalugon ||

31. iya yayi para ratu ing Mêdayun | kang kawêngku sira yayi | ambilên sadumanipun | kang rong duman dimèn isih | têtêpêna yayi katong ||

32. matur nêmbah ingkang rayi Prabu Urmus | sandika amba atampi | singa ingkang dipun tuduh | ing aprang kula umiring | wong agung ngandika alon ||

33. hèh patayar pawongan warahên gupuh | animbali yayi aji | Ngrum Burudangin malêbu | parêkan nêmbah umijil | sapraptanira pêsadon ||

34. dhinawuhan lurah pêtayar malêbu | animbali Sri Bupati | Tasangsulngalam malêbu | inggal-inggal sampun kering | mring cèthi manjing kadhaton ||

35. prapta nêmbah munggèng ngarsane wong agung | alênggah wuri kapering | ing Parangteja

--- 6: 137 ---

wong agung | nêmbah Prabu Burudangin | wong agung ngandika alon ||

36. yayi prabu saosa ing apang pupuh | ana mungsuh lagi prapti | ngancik jajahan Mêdayun | rong ratu gonira baris | ing Makwah dènnya makuwon ||

37. nêmbah matur inggih sandika wong agung | amba sampun amiyarsi | praptane mêngsah pukulun | prajurite kang dèn adi | patang lêksa kang nitih mong ||

38. lan akanthi sira yayi Prabu Urmus | nanging sira senapati | Raja Burudangin matur | luhung rayi tuwan nênggih | kawula mung satriya nom ||

27. Sinom

1. gusti mila sapunika | yèn amba nyenapatèni | têmah awis mijil ing prang | kêrantên mêngsah kang prapti | paguron sami sawit | Gajimăndalika Uktur | wignya anitih macan | kănca prajurit ing ngriki | yêkti kagyat sakala manawi eram ||

2. mila pukulun kawula | yèn antuk bêrkating gusti | amba kêrêp magut ing prang | supados sami udani | tangkêpe mêngsah gusti | wêruha wadining lagu | botên adamêl nistha | yèn sampun sami udani | kang pangraos agawok botên agila ||

3. mila inggih rayi tuwan | kang madêga senapati | kawula mong manggalèng prang | mèsêm ngandika Sang Amir | lah iya senapati | iya yayi Prabu Urmus | pangrurah kakangira | yayi Prabu Burudangin | aturira Sang Prabu Urmus sandika ||

4. yayi mas ing

--- 6: 138 ---

Parangteja | sutanira Parangakik | lan sutanira ing Kelan | sri bupati ing Kubarsi | milua magut jurit | kalawan sabalanipun | Rajèng Kulub Kakiyah[10] | Kalbujèr lawan Dukyadis | sabalane milua magut ing yuda ||

5. putus sagung kang rinêmbag | sadaya wus sami mijil | siyaga kapraboning prang | amung sang aprabu kalih | Urmus Sêmakun nuli | aseba dhatêng kang ibu | nuju Rêtna Sudara | ingutus atur upêksi | mring kang raka Wong Agung Surayèng Jagad ||

6. sarêng sami aturira | rumiyin Sudarawarti | tur sêmbah botên kadosa | ibu lampahan puniki | sawêg sakeca kêdhik | ing tyas paduka pukulun | nuntên wontên rêncana | lurugan ing benjing enjing | yayi Urmus punika ingkang tinêdah ||

7. lah payo yayi matura | Urmus sandika wotsari | marang Sang Rêtna Sudara | nulya matur ibu sori | kawula dhandhang kardi | mantun karèh kakang prabu | ngumpul yayi Gumiwang | nyêmpal saking ing Mêdayin | anyungkêmi kawula wadya Kuparman ||

8. botên purun anêmbaha | marang ratu ing Mêdayin | nadyan silih kadang tuwa | yèn ugi tan wruh ing bêcik | apa gawe ngabêkti | anglăngga gêtihe kolu | wong ora nimbang janma | jêng kakang Surayèng Bumi | lan ibune tuwin pra kadang sadaya ||

9. dèn pêlaur Si Baktiyar | saature dèn turuti | ibu mangke [mang...]

--- 6: 139 ---

[...ke] putra tuwan | kakang prabu ing Mêdayin | kesah tilar nagari | minta sraya ratu agung | praptèng nagari Makwah | pun Baktiyar kang mondhongi | kang amêthuk kêrik Mêdayin nagara ||

10. pramèswari duk miyarsa | anjêtung tan bisa angling | sakêthi pangungunira | hèh nini Sudarawarti | kayaparan ta nini | baya karsane Hyang Agung | kênèng beka rêncana | dhingin marga saking laki | mangkya rudah atmaja kang karya marga ||

11. nini namung arinira | roro iku ingsun titip | puluh-puluh jêr mung sira | ingkang kêna dèn gondhèli | Ki Prabu Parangakik | kudu akèh bêgjanipun | abala para paman | tur padha cangkok nagari | yêkti kuwat anata ratu amănca ||

12. wus dilalah karsaning Hyang | arinira ing Mêdayin | arine tinuduh karya | sêjatine diapusi | matur Sudarawarti | lah punika yayi prabu | ing karsane kang raka | cinacak amangun jurit | kinèn ngêrtos kinanthèn ratu prakosa ||

13. Sang Prabu Tasangsulngalam | asugih bala narpati | tur sami ratu prakosa | Sang Natèng Ngrum Burudangin | măndraguna ajurit | kinèn among yayi prabu | wus sasat sandhing lawan | yayi Parangteja sami | prawirane Sang Prabu Tasangsulngalam ||

14. Raja Urmus matur nêmbah | ing raka Sudarawarti | kangbok wau kang parentah | anak Prabu Parangakik | pinundhutan prajurit | tinuduh Sang Raja Kulub [Ku...]

--- 6: 140 ---

[...lub] | Kalbujèr lan Kalkiyah | kang nama Raja Dukyadis | lawan putra paduka Pangeran Kelan ||

15. inggih piniji urunan | Maliyat Kustur Kubarsi | binêktakakên kawula | ngandika Sudarawarti | wuwuh barukutnèki | lakunira yayi prabu | gêgêdhug ratu jaba | ing Kulub lawan Kubarsi | padha wignya ngêmpakakên ngèlmu kêmat ||

16. sangsaya barukut pisan | sakèhing ipe kêkalih | padha ipe Raja Kemar | kudu mênthil wadal sumbi | mêsakakên sayêkti | durung tinuduh prang pupuh | tur padha ngarsa-arsa | ayahan amangun jurit | ajur mumur angajap tinuduh ing prang ||

17. mêngko sun suwune pisan | dimèn kinanthèkkên yayi | poma lah gumatènana | yèn ana ing paran yayi | supaya duwe ati | aja akêlom ngalumpruk | iya kamulènana | pra ipe kabèh kêkasih | atirua arinira ing Gumiwang ||

18. Prabu Sêmakun tur sêmbah | ing raka Sudarawarti | sarwi gumujêng asuka | matur paduka kang mangsit | kawulèstokkên uni | sang pramèswari gumuyu | lah Urmus èstokêna | wuruke kangbokmu iki | anglabêti kaluhuran karaharjan ||

19. nandhês ingkang pinitungkas | tur sêmbah bu pramèswari | lan raka Rêtna Sudara | bubaran pan sampun mijil | Sang Putri Parangakik | marak ing raka wong agung | matur ibu paduka | rêntêng pan amung sakêdhik [sa...]

--- 6: 141 ---

[...kêdhik] | dangu-dangu pinupus wêkasan suka ||

20. manawi klepyan paduka | yayi prabu ing Kuwari | bok inggih tuwan tumutna | dimèkne galihe mrintis | mèsêm Surayèng Bumi | Kemar tinimbalan gupuh | wong agung angandika | yayi prabu ing Kuwari | asaosa milua ing arinira ||

21. yayi Urmus maksih mudha | sira jaganana yayi | bokmanawa kaduk sura | măngsa bodho sira yayi | wau Rajèng Kuwari | panêmbahira kumrutug | dhokoh tyas langkung suka | sandika dhatêng ing pati | tan kumêdhèp angrêksa rayi paduka ||

22. wus mundur saking ngajêngan | sêbut prabu ing Kuwari | sapraptanira ing jaba | wuwuh tyasira madhidhig | lajêng lampahe prapti | ing pakuwon Raja Urmus | pinarak paregolan | wus tata sami alinggih | kakang prabu agêpah prapta paduka ||

23. nauri Sang Raja Kemar | anggèr kawula tinuding | andhèrèk dhatêng paduka | Urmus sukèng tyasira ngling | kakang punapa inggih | nugraha ingkang dhumawuh | sangêt owêl kalintang | ing badan amba sayêkti | inggih dening binêktanan kadang tuwa ||

24. sasat jêng raka paduka | kakang mas Surayèng Bumi | kang ngêpak ing sirah amba | wong sêpuh kinèn udani | angling Rajèng Kuwari | adhuh anggèr dadi bubuk | lêbur ngarsa paduka | ngalingi madyaning jurit | jêr kang tuwa katêmpuh gagah mêrgagah ||

25. sinungga sinubya-subya | dhaharan Prabu Kuwari [Ku...]

--- 6: 142 ---

[...wari] | saguhe mêdal sadaya | dhasar rada kaduk wani | bubar pungkasan pikir | datan kawarna ing dalu | enjing sampun samêkta | prajurite para aji | pamit samya ujung maring ing kadhatyan ||

26. miyose têngara budhal | gêgaman lir prawatagni | kang măngka cucuking yuda | Kalkiyah Raja Dukyadis | kalawan ingkang rayi | ing Ngungsur Raja Dukyanus | ingkang dadya panênggak | Maliyat Kustur Kubarsi | patang kêthi prajurit sami prakoswa ||

27. nulya kang minăngka dhadha | narpati ing Burudangin | Mahraja Tasangsulngalam | balane kadya jaladri | among manggalèng jurit | ing wuri Sang Raja Urmus | senapati ingêmban | dening Raja Burudangin | ing wurine Urmus sira Raja Kemar ||

28. kadya wanarga kawlagar | ginêlak lampahing baris | nênggih datan winurcita | ing salamine nèng margi | prapta cucuking baris | angidak jajahanipun | nagri Makwah busêkan | arêsah baris kang prapti | anjêjarah gègèr dening tinumpêsan ||

29. wuwusên Sang Prabu Irman | kang anèng Makwah nagari | enjing prasamya sêseban | ambojakrama têtami | sinuba anglangkungi | ingangkas-angkas kalangkung | Raja Unuk Marjaban | lan Raja Balbal prajurit | pan kasaru baris prapta saking wuntat ||

28. Pangkur

1. duk lagya sami bujana | Prabu Irman kasukan păncaniti | nyugata mring tamunipun | lawan para

--- 6: 143 ---

dipatya | asupênuh bala ing Mêdayin nginum | miwah bala Kalakodrat | pra narpati Ngambarkawit ||

2. Ratu Bumi tur uninga | dhuh pukulun wontên damêl gêng prapti | wingi sontên praptanipun | bala kadya hèr nawa | kang anama nênggih Sang Raja Dukyanus | ambêboyong ambêbahak | anumpêsi amatèni ||

3. saking nagari Kuparman | datan kenging anyuguh amanggihi | lajêng sami ngrampog purun | sarwi galak pangucap | hèh dubilah wewe aja kudu suguh | sira balane wong murtad | payo anyuguha jurit ||

4. lan Raja Wiswèl punika | cucukipun Sang Raja Burudangin | salêksa prajuritipun | kang sami nunggang macan | ratu kalih balane rongyuta langkung | tur sami kras ing ayuda | ing wuri pan maksih gili ||

5. wau enjing wontên prapta | saking wetan kang saking kidul wingi | kang saking wetan pukulun | kêkalih para nata | ingkang darbe cucuk pun Maliyat Kustur | nama Raja Bardhu Bardha | lan Raja Bangkra Binarik ||

6. ing wingi têlike prapta | lampahipun dêdamêl ingkang prapti | pitung yuta malah langkung | Raja Tasangsulngalam | kang minăngka manggalane ing prang pupuh | balane kadi samodra | prawira ing Burudangin ||

7. senapati kang ingêmban | Raja Urmus putra jalu Mêdayin | tigang yuta balanipun | asri rinêngga-rêngga | duk miyarsa Patih Baktiyar tumungkul [tu...]

--- 6: 144 ---

[...mungkul] | aturnya Unuk Marjaban | paran margine sang aji ||

8. sapunika sêlak prapta | jêng paduka curês badan puniki | Unuk Marjaban gumuyu | Baktiyar aja susah | padha asrah badan praptane kang mungsuh | pêsthi sirna dene ingwang | wong Kuparman ingkang prapti ||

9. wau duk imbal wêcana | ting balêbêr pra ratu ingkang prapti | sami gugup aturipun | mêngsah kang kilèn prapta | sêsandêran turăngga sakêthi langkung | gumrudug ingkang turăngga | ngrabasèng kitha mrêpêki ||

10. samya madung kori kitha | kalih lêksa wontên kang nitih èsthi | bihal blêgêdaba sênuk | kang madung lawang kitha | jinênêngan dening sang raja ing Kulub | andhangah munggèng dhipăngga | Raja Kalbujèr mrêpêki ||

11. agugup akèn têngara | bidhal ngilèn de arsa marêpêki | samêkta prajuritipun | Raja Unuk Marjaban | Raja Balbal kêndhang gonge sami kuwur | praptane sakèthèng ngarsa | tinulak sami gondhèli ||

12. sampun tuwan nyêlak lampah | mêngsah tuwan mêntas wuru kapati | ngladosi kurdaning agung | manawi tan kêcahak | sae benjing enjing sêdhênge pinagut | datan kêni ginagampang | wong Kuparman yèn ajurit ||

13. yèn salah pratikêling prang | sintên ingkang kuwawa anadhahi | kèndêl ingunjukan atur | pan sarwi dharodhogan | mirsa ingkang rayi senapatinipun | ajrihe kaworan wirang | salahe [salah...]

--- 6: 145 ---

[...e] karsanirèki ||

14. ing dalu datan winarna | enjing miyos wong Arab wus miranti | atata pakuwonipun | kidul wetan wus prapta | ing ênggone senapati Raja Urmus | kang amor Tasangsulngalam | angumpul gèn senapati ||

15. kang wetan pinarentahan | kang lèr wetan iku kinèn nowangi | kutha Makwah wus kalimput | wetan ginawe towang | andalêdêg sadina-dina kang rawuh | kali kalèn kitha Makwah | amungsuh bêngawan banjir ||

16. gumuruh swaraning bala | kang angêpung datan pakuwon sami | wong kutha maras andulu | dene gunge kang mêngsah | Risang Unuk Marjaban minggah ing panggung | kalawan Sang Raja Balbal | ningali mungsuh kang prapti ||

17. tumut Ki Patih Baktiyar | Prabu Irman lawan Sang Raja Bumi | Raja Balbal asru muwus | iya dene wong Arab | durung wêruh iya ta ing balaningsun | kalawan ing Kalakodrat | kumêcêr andulu janmi ||

18. patihe Sang Raja Balbal | ingandikan minggah panggung wus prapti | Patih Thalthal namanipun | Raja Balbal angucap | bala Thalthal anuduha mêngko dalu | wong patang puluh kewala | padha ngambila nyawiji ||

19. ginawe pêcêl kewala | lan kinulub ginorèng kang sêpalih | tur ginawe besuk esuk | lan pilihana ingkang | lêmu gajih aja angamèk wong kuru | lan linêmêng kang kumidang | sandika ing aturnèki ||

20. nanging bapa aja kurang [ku...]

--- 6: 146 ---

[...rang] | aja luwih patang puluh sawêngi | yèn luwiha saking iku | girisira kawruhan | têmah minggat wong Kuparman bodhol iku | tan tutug sira mêmangan | gumujêng ingkang miyarsi ||

21. gantya wau kawuwusa | pakuwone para ratu wus prapti | ing dalu sami akumpul | gunêm tindaking aprang | pêpak anèng pakuwone Raja Urmus | senapati ngiras êmban | Sri Natèng Ngrum Burudangin ||

22. aglar ing ngarsa bujana | larih midêr Sang Prabu Burudangin | polatan Prabu Sêmakun | budinira ajêmbar | ragi kaku cêkak budi Raja Urmus | katujune ingkang ngêmban | Risang Prabu Burudangin ||

23. alon dènira ngandika | yayi Kulub lan yayi ing Kubarsi | iki ta wartane mungsuh | mangke dalu mamăngsa | bapa Dhatuk Mahgribin kang kula utus | anêlik gunême mêngsah | mungsuh kang sok măngsa janmi ||

24. kabèh bala Kalakodrat | Raja Kulub Kalbujèr matur aris | mênggah kawula pukulun | yèn karsa ginêndhingan | kula badhe kanthi kang sampun winuruk | ngajarakên ing prang kêmat | sakawan para narpati ||

25. adarbe pêputhon waja | anyêdasa gênge sacêngkir-cêngkir | yèn kawula kakang prabu | mung satunggil kewala | liya saking puthon mas wêkasing guru | nanging ratu bala amba | sadaya dipun lilani ||

26. nanging puthon mas tan kêna | amung kula tan langkung saking siji | Tasangsulngalam gumuyu | yayi luwih [lu...]

--- 6: 147 ---

[...wih] prayoga | timbalana kang ratu papat puniku | sigra wau ingandikan | prajurit Kulub wus prapti ||

27. Raja Badras Raja Kuncrat | Raja Kalbèn Sang Raja Baubadrim | Kalbujèr prajuritipun | sami ratu amănca | sintên yayi prajurit pangiridipun | Raja Kalbujèr turira | anggambuh pun Baubadrim ||

29. Gambuh

1. ngandika Sang Aprabu | Tasangsulngalam sarwi gumuyu | dèn prayitna bapa Raja Baubadrim | sira pan arsa sun utus | lan karsane yayi katong ||

2. gih yayi mangke dalu | anulaka ing cidraning mungsuh | padha arsa amèk wong ing mêngko bêngi | kang sêparo mungsuh iku | kabèh padha doyan uwong ||

3. jaganana ing dalu | jabane baris yèn ana rawuh | dhinginana wong cidra dudu prajurit | singa-singa kang kadulu | padha nyêbara pêputhon ||

4. narendra papat iku | bisa gawe puthon mas nyapuluh | matur nêmbah sira Raja Baubadrim | sandika yèn sampun rampung | paran parentah sang katong ||

5. ngandika malih prabu | lah iya yayi Maliyat Kustur | saosêna kajinêmanira yayi | kang bisa nguncalkên iku | wong turu mèh dadi layon ||

6. mandine sirêpipun | agawe turu wong kalih dalu | bisa mlumpat ing kutha anyangking èsthi | umatur Maliyat Kustur | inggih kalih sami katong ||

7. gya tinimbalan rawuh | Raja Badakir Raja Kalkuwur | ratu andêl balane [ba...]

--- 6: 148 ---

[...lane] Natèng Kubarsi | alon wau dènnya muwus | Sri Burudangin Sang Katong ||

8. karo ngong timbaliku | sira karo iya ingsun utus | kakang Prabu Kalkuwur kakang Badakir | saosa ing mangke dalu | bok ana luhuring lakon ||

9. yèn maling mungsuh lampus | dening prajurit papat ing Kulub | lah gawanên manjing kitha Makwah sami | pênthangên wong patang puluh | ing pênangkilan sang katong ||

10. lawan sirêpirèku | Raja Badakir Raja Kalkuwur | lah ungkrêdên sirêpmu amung sawêngi | yèn kongsia kalih dalu | gawe nisthane pra katong ||

11. sandika aturipun | Raja Bandakir[11] Raja Kalkuwur | bubar sampun dadi kabèh kang pinikir | ya ta warnanên ing dalu | miranti jaban pakuwon ||

12. wuwusên malih mungsuh | Kya Patih Thalthal pukul sapuluh | gawa mantri patang puluh nora luwih | prajurit sring saba dalu | andêle Balbal Sang Katong ||

13. mung tampar gamanipun | tampar babakaning wrêksa wuru | anyiluman tampar gone kêmatnèki | singa kang kagêpok rubuh | alêsu banjur gêloso ||

14. punika tingkahipun | mangkana Patih Thalthal prapta wus | jaban baris apan sampun dèn pasangi | wong sapuluh padha rubung | ngadhêp gêni marong-marong ||

15. nèng kiwa têngênipun | sadaya wau prajurit Kulub | lan Kubarsi prayoga gènnya miranti | Kya Patih Thalthal sru muwus |

--- 6: 149 ---

dene adhakan ingkang wong ||

16. bêdhiyang apa iku | dene gêni kang padha rinubung | paranana wong papat bae dèn aglis | lagi mara munyuk-munyuk | gapruk sinambêr pêputhon ||

17. pilingan ana irung | ana dhadhane pating gurapluk | wong sakawan sami pêjah ting gulinting | Patih Thalthal asru muwus | pagene batur têturon ||

18. kêna ing apa iku | payo tilikana wong papat nusul |[12] lagi mara marang gon rewangirèki | sinambêr puthon kumapruk | êndhase muncrat gêloso ||

19. Patih Thalthal sru muwus | ika maning nusul banjur turu | gêgêmblungan nglakoni parentah mami | dipadha lan gawenipun | pribadi padha gêguyon ||

20. wong sapuluh tinuduh | gupuh-gupuh nusul baturipun | lagi prapta sapuluh sinambêr kêni | ana jêlèh ana kagum | kabèh mati ting gêloso ||

21. patih graitèng kalbu | mung kari rongpuluh rewangipun | julalatan mulat kanan lawan kering | pêputhon prapta gumrudug | pating kalêpruk anêmpoh ||

22. ki patih wus katêmpuh | ing pêputhon thal-thêl sikutipun | ingkang kiwa anjumbul rêkyana patih | thal thêl tugêl dhêngkulipun | wus tiba pating galoso ||

23. bature kabèh lampus | sigra umarêk Raja Kalkuwur | Baubadrim Badakir prasami prapti | tiyang Kalakodrat lampus | sadaya sinambêr puthon ||

24. gumrudug ngalor ngidul | padha giwar prasami [pra...]

--- 6: 150 ---

[...sami] kacakup | patang puluh wus tan ana kari siji | kyana patih wau dulu | kunarpane siji kaot ||

25. kinira yèn wong agung | miwah busananira pinunjul | busanane bajune kacèk pribadi | wus sami wruh yèn wong agung | Patih Thalthal gya pinothol ||

26. amung kantun kang gêmbung | sami ngusung manjing kitha sampun | apan sami malumpat anyangking jisim | balane Raja Kalkuwur | lan bala Badakir Katong ||

27. prapta sor sitiluhur | gènira mênthang sadayanipun | sor têratag ing saka dipun ugêri | amung ki patih puniku | kang kari gêmbung kemawon ||

28. sirahe pan sinunduk | pinanjêr ing jabaning lun-alun | mawi kitir hèh Irman apa sirèki | kang duwe pakon srayamu | kang arsa padha badhog wong ||

29. pagene luwih nambuh | apa ta sira nora angrungu | yèn gêgêdhug ing prang Raja Burudangin | ingkang ngêmban Raja Urmus | senapatine palugon ||

30. jamak prajurit punjul | iya prang rame yèn manggih unggul | sasukane dèn badhoga rina wêngi | dene dadakan ta durung | banjur lumaku anyolong ||

31. arsa amèk kang lawuh | sapa lila wong aduwe batur | mêsum têmên Irman panggawenirèki | ratu alum ambêk mêsum | têka sae mêmulat wong ||

32. Baktiyar pêpatihmu | Sang Raja Irman iku sun pundhut | arsa ingsun jêjuwing ingsun sêsuwir | lambene [la...]

--- 6: 151 ---

[...mbene] Baktiyar iku | dosane ngajak maleyot ||

33. lawan atimu iku | iya Sang Raja Irman Mêdayun | arsa ingsun jupuk manira salini | iya senapatiningsun | kon nyalini ati kêbo ||

34. dene kêna tinuntun | mring Baktiyar dèn ajak silulup | ing pawuhan mangkene Irman sirèki | bungah têmên sira iku | sarayamu badhog uwong ||

35. manawa wong Mêdayun | kêna binadhog padha wong iku | wong Kuparman yèn isih wong Burudangin | tan kêna binadhog iku | malah kang badhog macethot ||

36. wusnya pamênthangipun | Raja Badakir Raja Kalkuwur | Raja Kuncrat Badras Kalbèn Baubadrim | sami marak ing sang prabu | sadaya marang pakuwon ||

37. katur sasolahipun | suka sadaya kang para ratu | kunêng dalu ya ta kawuwusa enjing | ingkang anèng jro kithèku | pamucunge para katong ||

30. Pocung

1. sami mêtu marang panangkilanipun | enjing ingkang ngopyak | mila age dèn wiyosi | praptèng jawi mulat kathah pêpênthangan ||

2. sami ngungun ingkang kêmit pan dinangu | apa tan wêruha | katon gêmbunge ki patih | Patih Thalthal katon pothol êndhasira ||

3. Balbal gêtun èstu yèn kinongkon dalu | mantri kang ajaga | ngaturkên sirahing patih | Patih Thalthal pêpatihe Raja Balbal ||

4. sirahipun kinitiran [kinitir...]

--- 6: 152 ---

[...an] layangipun | katur ing pra nata | sami dèn iling-ilingi | kitir muni Sang Raja Tasangsulngalam ||

5. nyêkêl pandung patang puluh maling mungsuh | punggawa satunggal | Patih Thalthal dhasirèki | alok-alok maring sira Raja Irman ||

6. kinèn sêru kang amaca suratipun | Balbal satus merang | ulate acum lir mayid | Raja Irman mukanya sawang kunarpa ||

7. Raja Unuk Marjaban alon amuwus | hèh ta yayi Balbal | nora kêna ginagampil | mêmungsuhan lawan prajurit Kuparman ||

8. lah puniku tingkah bênyanyak-bênyunyuk | anêmu wêwirang | luwih saking wirang isin | prajurite ginawe pangewan-ewan ||

9. patang puluh siji nora antuk kiwul | Ratu Makwah mujar | sira Sang Raja Kusilkin | Ki Baktiyar puniku kurang wêweka ||

10. nora pemut marang Raja Balbal tuhu | mungsuh wong Kuparman | putrèstri dadi ratu jin | nata dèwi dadi ratu jin sajagad ||

11. lamun mungsuh ratu cêthathak-cêthuthuk | măngsa anggawêra | tiwas angathahkên kardi | anggêgawa rusake marang wong kathah ||

12. ratu-ratu kaliwat ing sêdhihipun | kêbrokan gêgaman | sira sang Raja Kusilkin | muring-muring marang Ki Patih Baktiyar ||

13. Raja Unuk Marjaban wruh sêdhihipun | sagung para nata | pangandikanira aris | aja ana sungkawa yèn maksih ingwang ||

14. iya ingsun [ing...]

--- 6: 153 ---

[...sun] kang mulihna wirangipun | yèn besuk mêtu prang | sun tumpêse ja na kari | wong Kuparman wiyahèn tan tinêmênan ||

15. tan winuwus ing dalu Raja Mêdayun | nimbali Baktiyar | prapta sang nata lon angling | kaya apa nêniwasi srayanira ||

16. gawe usul mundhak cunthêl nora ucul | iku Raja Balbal | pijêr paringas-paringis | durung pira iku atine wus gêmpal ||

17. patih matur paduka kèndêl rumuhun | pun Unuk Marjaban | punika langkung sinêkti | kadi tumpês yèn apranga wong Kuparman ||

18. aku ngrungu Raja Kusilkin wèh wêruh | wonge wingi ilang | sêlawe iku dèn ambil | têlapakan ingkang katitik binuwang ||

19. marang mungsuh amamăngsa nora enjuh | amung padha rowang | katon edane si baring | gêdhèn angkuh nora godag yèn apêrang ||

20. tan kawuwus ing dalu wuwusên esuk | sigra atêngara | sira Natèng Burudangin | animbangi têngara kang para raja ||

21. Raja Urmus ngirabakên barisipun | akêpung kalangan | munggèng singangsana manik | dènnya lênggah sadhiya Tasangsulngalam ||

22. dhampar gathuk ing wijoan palowanu | anèng kering kanan | Raja Kulub lan Kubarsi | Kemar jajar kalawan Tasangsulngalam ||

23. Rajèng Ngungsur sira Sang Prabu Dukyanus | lan Rajèng Kalkiyah | sira Sang Prabu Dukyanis | banjêng lawan sakathahe para [pa...]

--- 6: 154 ---

[...ra] nata ||

24. ya ta wau kang anèng jro kitha mêtu | Sang Unuk Marjaban | sabalanira umiring | munggèng ngarsa tan kundur kang nunggang macan ||

31. Durma

1. andalêdêg baris mijil saking kitha | prajurit Ngambarkawit | miwah Raja Balbal | kalayan Raja Irman | utawi Raja Kusilkin | ratu ing Makwah | sami têpung kang baris ||

2. Prabu Irman lênggah lan Unuk Marjaban | Balbal sarta Kusilkin | jajarira lênggah | lawan Patih Baktiyar | Rajèng Kulub matur aris | sarwi anêmbah | mring Nata Burudangin ||

3. kakang prabu sêmune mungsuh punika | kathah nitih mong rukmi | andêle ngayuda | luhung tuwan undhanga | bala paduka kang nitih | macan sadaya | buntute sadayèki ||

4. sami dipun jêmbulana laring mêrak | sampun kaliru sami | lawan macan mêngsah | saksana ingundhangan | pating balêbêr angambil | êlaring mêrak | wus sami dèn jêmbuli ||

5. Raja Unuk Marjaban angatag bala | patang atus prajurit | ingkang nunggang macan | aglar sami sêsumbar | sira Natèng Burudangin | angatag bala | Wiswèl kinèn mêtoni ||

6. bêkta bala patang atus nitih macan | surak gumuruh atri | Wiswèl angsahira | Kalbujèr sigra ngatag | ratu kang sami darbèni | pêputhon waja | Sang Raja Baubadrim ||

7. Raja Badras Kuncrat Kalbèn sami mangsah | amor balanirèki | Wiswèl nitih macan | ingkang

--- 6: 155 ---

ratu sakawan | gumuruh gurang thongthonggrik[13] | bèri wurahan | mungsuh rewang barêngi ||

8. sarêng têmpuh arame ulêng ubêkan | parêng anggro ngajrihi | suka kang tumingal | uyêl aliru papan | ratu sakawan ngêtêbi | pêputhon waja | sumêbut sami mijil ||

9. kawatgata sirahe macaning mêngsah | rêmuk lajêng ngêmasi | pêcah dhase niba | kang nunggang gêladrahan | pating kalêpruk babarji | kang jêjêmbulan | sadaya dèn liwati ||

10. ingkang datan jêjêmbul buntute samya | kumrutug nganan ngering | wus kathah kang pêjah | miwah wau kang nunggang | bingung mungsuh tan udani | sangkaning balang | awor lesus mulêsi ||

11. Raja Wiswèl mobat-mabit gadanira | kang katênggêl mor siti | dangu dènira prang | tumpês ingkang umêngsah | wong patang atus mung kari | kang nandhang brana | glasah macan kang mati ||

12. Raja Wiswèl macane kalong nêmbêlas | wonge sapuluh mati | mungsuh têtumpêsan | patang atus kang macan | lêlima namung kang kari | lumayu ngithar | kang nunggang nandhang kanin ||

13. wong pêpitu kang lumayu kêkadhalan | pisah macan wus mati | dadya mung sawêlas | wonge kang nora pêjah | macan lêlima kang urip | eram kang mulat | suraknya wanti-wanti ||

14. sami sirêp wong kapir ngungun tumingal | rakite kang ajurit | mungsuh maksih wêtah | bature têtumpêsan | gèdhèg-gèdhèg [gè...]

--- 6: 156 ---

[...dhèg-gèdhèg] aningali | Unuk Marjaban | polahe ing ajurit ||

15. tinêtêgan wus dalu mundur kalihnya | lajêng bujana sami | Sang Unuk Marjaban | lawan Sang Raja Balbal | mundur manjing kitha malih | datan bujana | ngênês dènnya sor jurit ||

16. Raja Irman ngandika marang Baktiyar | sida Baktiyar iki | kasor Si Marjaban | baktiyar matur nêmbah | dèrèng tumandang pribadi | Unuk Marjaban | kadi ing benjing enjing ||

17. ya ta jêtung mêrkungkung Sang Raja Irman | ing dalu tan kawarni | enjinge têngara | Raja Unuk Marjaban | balane sadaya mijil | Balbal lan Irman | Baktiyar lan Kusilkin ||

18. mijil baris kang wadya sampun atata | têpung kapang ngubêngi | gène para nata | miwah senapatinya | tan owah kadya duk wingi | Sang Natèng Kemar | lan Raja Burudangin ||

19. ngapit-apit pinarak gathuk kalawan | wijoan palowani | Urmus angêdhangkrang | ingkang saos ing ngarsa | Rajèng Kulub lan Kubarsi | Ngungsur Kalkiyah | sami saos ing jurit ||

20. angandika Sang Prabu Tasangsulngalam | kakang Prabu Kuwari | kularsa maguta | anacak yudanira | uwong ingkang badhog janmi | ngantosa mêngsah | Kalbujèr matur aris ||

21. kula ingkang miyosi sampun paduka | mangke yèn wus kalindhih | tuwan têtulunga | kularsa ngicipana | yudane wong badhog janmi | mèsêm ngandika | Sang Natèng [Na...]

--- 6: 157 ---

[...tèng] Burudangin ||

22. inggih yayi nanging ta dipun prayitna | mungsuh wong badhog janmi | Kalbujèr saksana | sigra nitih dipăngga | kawot sakaprabon jurit | munggèng dipăngga | praptèng payudan aglis ||

23. sumbar-sumbar gajah midêr amêndhapan | makutha murub asri | kasorot ing surya | hèr laut karo bêlah | gêbyar-gêbyar nêrawungi | payo mêtua | mungsuh sok badhog janmi ||

24. atêtanya Sang Raja Unuk Marjaban | Baktiyar sapa iki | sigra aturira | Natèng Kulub punika | Kalbujèr ratu prajurit | isèn wijoan | Sang Prabu Parangakik ||

25. Sultan Anom Jayusman Samsumirijal | punika kan ngêmongi | manggalaning aprang | binêktakkên kang paman | Raja Urmus senapati | ratu dandanan | mila sagung para ji ||

26. angandika Sang Raja Unuk Marjaban | punika ngajak tandhing | apik wong Kuparman | sukêr yèn aprang gêbyah | Raja Balbal èsmu runtik | kula kang mapag | yudane ratu iki ||

27. ngawe titihane macan saturăngga | gêng pancal anglangkungi | ngajrihi winulat | binarong lar manyura | Balbal têdhak sigra nitih | surak gumêrah | mungsuh rewang barêngi ||

28. wus apanggih kang aprang ayun-ayunan | sapa ranmu prajurit | ingsun Raja Balbal | arine Raja Salsal | sutane Daldal Narpati | nguni jêng rama | sinêmbah ing para ji ||

--- 6: 158 ---

29. sru gumuyu Kalbujèr ragane sira | bèbèt wong badhog janmi | patihmu Si Thalthal | thal-thêl dhase wus pêgat | nora pisan angundhili | Kalbujèr gêtak | sumêbut puthon mijil ||

30. eca dènnya pocapan dhas macan kêna | gumapluk angênani | tan wruh sangkanira | pêcah êndhasing macan | pêputhon kancana bali | tan ana wikan | macan anglosod mati ||

31. sru angakak Kalbujèr pamuwusira | pagene sira iki | macan duk karipan | dadak siranggo aprang | lah iku ngisin-isini | turu nèng papan | mimisên mêtu gêtih ||

32. Raja Balbal kajungkelang tibanira | tangi pêdhang tinarik | marêpêki arsa | mêdhang sukuning gajah | sumêbut pêputhon mijil | Sang Raja Balbal | gumadhug jaja kêni ||

33. pan anglênggak tiba ngarsane dipăngga | surak gumuruh atri | prajurite Balbal | kang sami nitih macan | santana lan pra dipati | rongèwu mangsah | angrêbut ambêk pati ||

34. duk tumingal Sang Prabu Tasangsulngalam | sigra anitih èsthi | mangsah ngawe marang | Kulub ratu sakawan | Kalbèn Badras Baubadrim | Kuncrat umangsah | dharat sami gêtaki ||

35. pêputhone waja kumrutug umangsah | Sang Nata Burudangin | pan parentahira | marang satu sakawan | nadyan sayaha sirèki | aja nanunggang | pakolèh dharat bêcik ||

36. rumêksaa gustimu matur sandika [sa...]

--- 6: 159 ---

[...ndika] | ratu sakawan sami | wau pamukira | prajurit Balbal samya | ting karêpluk sirahnèki | kagyat kang nunggang | mati kang dèn titihi ||

37. singa mangsah marêpêki tan kawawa | Sang Natèng Burudangin | ngadêg nèng palana | ngulur palu rante mas | mêta dipangganirèki | panyabêtira | nganan ngering ngênani ||

38. pan sapuluh rong puluh luluh jisimnya | lêbur awor lan siti | gusis kang kaarsa | miwah pêputhon waja | gêlasah prajurit mati | tajêm gajahnya | Sang Natèng Burudangin ||

39. wus rinacut palu rante ing gènira | munggèng palana malih | kang mêngsah wus padhang | rongèwu kang gêlasah | mung têtiga ingkang urip | lan macanira | lumayu mor ing wuri ||

32. Pangkur

1. prajurite Raja Balbal | kang nongsongi mring gustinira sami | mung punika kang rumuhun | mung sakawan kang gêsang | ingkang kantun mung têtiga datan lampus | gèdhèg Sang Unuk Marjaban | eram ingsun aningali ||

2. yudane bala Kuparman | mungsuh akèh pinapag mung wong kêdhik | ingkang kêdhik iku wutuh | kang akèh têtumpêsan | nguculakên kêmate Sang Raja Unuk | andaka satus kang prapta | amarani mungsuh aglis ||

3. Sang Raja Tasangsulngalam | lan Kalbujèr tan obah saking èsthi | prajurit papat puniku | kang nèng ngandhap dipăngga | Kuncrat Kalbèn Badras Baubadrim pêngkuh |

--- 6: 160 ---

kumrutug pêputhonira | mapag andaka sang prapti ||

4. pêpathake sami kêna | anggêlasah tan bisa polah malih | wau Sang Maliyat Kustur | ngagnya prajuritira | ingkang bisa nyiluman Raja Kalkuwur | Badakir sarêng umangsah | andaka kang dèn gadani ||

5. Sang Prabu Tasangsulngalam | pêparentah aja na ingkang ngungsir | kang parêk lan ênggon ingsun | iku bae sirnakna | singa cêlak banthèng kêna gêplak-gêpluk | lajêng anjêrum kewala | tan ana jênggèlèk siji ||

6. ingkang mara mara rêbah | andakane rongatus sirna gusis | ngungun kang sami andulu | Raja Unuk Marjaban | sasirnane kêmat banthèng kang rongatus | lan Raja Balbal kantaka | asangêt dèrèng ngalilir ||

7. arsa têdhak ngawaki prang | katanggêlan surya wus nitih wukir | tinêtêgan unduripun | mila nimbangi bubar | para ratu bala Kuparman wus mundur | Sang Prabu Tasangsulngalam | lawan Kalbujèr ngunduri ||

8. upami linajêngêna | sirna mungsuh sadina iki nanging | sayêkti nistha satuhu | tan arsa nglakonana | ing madyane anganti sukaning mungsuh | utamine kirim tămba | lamun mungsuh nandhang kanin ||

9. Sang Raja Tasangsulngalam | nganggo madya mungsuh susah dèn anti | anut sasukaning mungsuh | sanadyan mungsuh rusak | pan inganti sakarêpe ingkang mungsuh | parentah kinèn sadhiya | lawan prayogane rakit ||

10. mangkana lajêng bujana | Raja Urmus lan Natèng [Na...]

--- 6: 161 ---

[...tèng] Burudangin | kumpul sagung para ratu | lajêng sami drawina | kunêng Unuk Marjaban sapraptanipun | lajêng mring pakuwon Balbal | ningali dènira kanin ||

11. Irman Baktiyar tut wuntat | Raja Unuk Marjaban prapta linggih | Raja Balbal maksih kantu | gosong gêsêng jajanya | amêthuthuk samaja abuh mêjutu | gosong sangêt angêmu rah | Unuk Marjaban tanya ris ||

12. hèh adhi Patih Baktiyar | gaman apa tumrap mangkene iki | wong Kuparman adatipun | matur Patih Baktiyar | puthon êmas sanjatane Raja Kulub | dene jampine punika | uyuh kidang kang nusoni ||

13. lingira Unuk Marjaban | mendah wruha kadange sri bupati | Raja Salsal dukanipun | ratu gêng măndraguna | yayi Irman Sang Raja Salsal puniku | atmajane Raja Daldal | trahing ratu guna sêkti ||

14. ing mangke Sang Raja Salsal | anuruni kadi kang rama swargi | kuwasa ambêdhol gunung | ambuwang gajah bisa | saonjotan dipăngga tibane ajur | miwah bêdhol gora rupa | rinangkêp ing kanan kering ||

15. mila datan wontên năngga | para ratu wawrate ing ajurit | mèh nimbangi wawratipun | rama dika ing Ngrokam | nanging inggih sêmbada gêng luhuripun | wau ta duk ingusadan | Sang Raja Balbal anglilir ||

16. nanging dèrèng bisa lênggah | sami lênggah wau narendra kalih | mangkana sami amuwus | pamit [pami...]

--- 6: 162 ---

[...t] amêsanggrahan | Raja Balbal arsa dhahar pindhang gênjur | bêbayi umur sawarsa | Kusilkin kang dèn pundhuti ||

17. pinaringan satus dinar | Rajèng Makwah sêdhih kêpati-pati | lawan kathah wadyanipun | kang sami tur uninga | sabên dina kathah ical wadyanipun | dèn măngsa wadyane Balbal | dadya dalu anênulis ||

18. ing Prabu Tasangsulngalam | nuju sami bujana lan para ji | surate anulya katur | kawula Rajèng Makwah | pun Kusilkin kabawah Ratu Mêdayun | kawula mangke atobat | inggih Sang Rajèng Mêdayin ||

19. sêrayane măngsa janma | rencang amba kèh ical sabên bêngi | putra Mêdayun puniku | ingkang paduka êmban | punapa ta kenging kawula pukulun | ngungsia anut agama | saking sangêt tan kuwawi ||

20. sabên dalu kathah ical | ratunipun asring mundhut bêbayi | dhaharipun pindhang gênjur | bayi umur sawarsa | sami gumyak kang miyarsa para ratu | mangsuli Tasangsulngalam | tinggalên kuthamu aglis ||

21. pêsthi lamun kinukuhan | mring gustine Raja Urmus Sang Aji | wong cilik ingkang rinêbut | duta kinèn nulaka | ana pira kèhe kang milu ratumu | inggih namung gangsal lêksa | lamun wontêna ing jawi ||

22. sayêkti punika wêwah | inganthukan mring Natèng Burudangin | duta mit anulak wangsul | praptanira jro kitha | sira Raja Kusilkin wus dandan dangu | praptane utusanira | budhal Sang Raja Kusilkin [Kusi...]

--- 6: 163 ---

[...lkin] ||

23. mijil sagung balanira | jalu èstri budhal tan ana kari | kang repot kinèn rumuhun | saking sakèthèng mêdal | wusnya têlas parèstri rêrepotipun | budhale surak gumêrah | wontên pakuwon kapêncil ||

24. balanira Raja Balbal | lan punggawa puniku dèn ampiri | ingamukan gêmpur tumpur | tumpêsan sapunggawa | bala Makwah sakit manah nêmu kuwuk | sapraptane jawi kitha | sakit manah mulya sami ||

25. pakuwonira pinêrnah | tan atêbih lawan gustinirèki | kocapa wau ing pungkur | jro kutha awurahan | tinumpiksa yèn ratune Makwah iku | lolos lawan balanira | sarayate datan kari ||

26. lungane sarwi angiras | angampiri pondhok bupati siji | ingamuk anêmu kuwuk | atilar kitir surat | nora bêtah cinolong wonge bên dalu | wonge susah milu minggat | samya ambêk nêmpuh jurit ||

27. Sang Raja Unuk Marjaban | langkung merang bala wus dèn gêntèni | kang jaga sakèthèngipun | dinum parentahira | Prabu Irman sakori bubuhanipun | sakorine Raja Balbal | Unuk Marjaban rong kori ||

28. Irman kalawan Baktiyar | ingandikan mring Raja Unuk prapti | pangandikanira asru | lan prajurit pinêpak | hèh Sang Nata Mêdayin apa satuhu | dika anyuruhi ing prang | punapa gêguyon niki ||

29. mila ingsun [ingsu...]

--- 6: 164 ---

[...n] iki prapta | dene awit layang dika kang prapti | katur marang ratuningsun | yèn sira nuwun bala | angancika ing Makwah ya panuwunmu | punapa gawe loropan | minggate Si Ratu Bumi ||

30. alah[14] prang lan wong Kuparman | iya iku mungsuh ingkang sayêkti | Irman apa ta sêdyamu | payo kene kewala | mêndhak-mêndhak alingan katon sirèku | Raja Irman garagapan | dhêrodhog saurirèki ||

31. sarwi nolèh mring Baktiyar | hèh Baktiyar paran dadine iki | Sang Unuk Marjaban gupuh | ngêjèpi prajuritnya | Kyana Patih Baktiyar sigra tinubruk | binănda wus cinêngkalak | dene Sang Rajèng Mêdayin ||

32. siniwêr pan ora kêna | ngangge gaman sakapraboning jurit | kadi wong wadon barundhul | patihe cinêngkalak | nora kèndêl dêrmèmèl sêsambatipun | Unuk Marjaban parentah | pêpatih lan ratunèki ||

33. aja pisah lawan ingwang | yèn pisaha yêkti minggat ngalani | apa arêp adol ingsun | mangkono tingkahira | minta sraya angloropakên puniku | Raja Irman paringisan | tan bisa sumaur brangti ||

 


bodhol. (kembali)
Lebih satu suku kata: cêlak panumpakipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: tur sêmbah sdayanipun. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: amung pinggiring bumi. (kembali)
jaladri. (kembali)
katupiksa. (kembali)
Lebih satu suku kata: Kya Patih Kalkal praptane. (kembali)
Kurang satu suku kata: tinungkulan ingkang pikir. (kembali)
Biasanya guru lagu o: pakewoh. (kembali)
10 Kalkiyah. (kembali)
11 Badakir. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: payo tilikna wong papat nusul. (kembali)
13 thongthonggrit. (kembali)
14 kalah. (kembali)