Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52)

Judul
Sambungan
1. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 01–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
6. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

42. Gambuh

1. sira malêsa gupuh | payo agênti gada lan ingsun | anauri ingkang ngaku Sayid Sami | dèn prayitna sang aprabu | aja gumingsir dèn tanggon ||

2. angangkat gadanipun | wasta Usamadiman pinunjul | sarwi ngêtab askardèwi marêpêki | Usamadiman tumêmpuh | ing parisane sang katong ||

3. kuwate ing pamupuh | rosaning tangkis titihanipun | pan kapadal ing bêbokong tugêl palih | gêgêring pragalba jêpluk | pêjah macane sang katong ||

4. Raja Salsal kumabruk | tiba ing siti tibane lungguh | asru mujar sira dudu Sayid Sami | pêsthi momor ngaku-aku | katara pukulmu abot ||

5. balamu Si Lamdahur | miwah Si Raja [Ra...]

--- 6: 225 ---

[...ja] Maliyat Kustur | ingsun bobot lawan pêpukulirèki | nora timbang tikêl satus | nauri Jayèng Palugon ||

6. iya ta sakarêpmu | ngarani maring saliraningsun | nanging ingsun kadang Natèng Burudangin | Raja Salsal asru muwus | bênêr ujarmu mangkono ||

7. jêr iku Sang Rajèng Ngrum | pan sira angkat kadang satuhu | pati urip pan dadi kadang sayêkti | adhine siralap iku | prandene siranggêp anom ||

8. sira kang dadi sêpuh | ya nora etung kaipe iku | sira gawe ênom Natèng Burudangin | lah iku pangrunguningsun | akèh kang matur maring ngong ||

9. kaya ngapa sirèku | apa maksih sira nora ngaku | praptanira ing nagaraningsun iki | pan dudu karsanirèku | amukul ing prajaningong ||

10. iya kadangmu iku | kang kudu aprang kalawan ingsun | arinira Sang Natèng Ngrum Burudangin | sira arêp gitik Uktur | ing Sorangan ratu abot ||

11. ing Sorangan Sang Prabu | Raja Gajimăndalika Uktur | gung aluhur awak woha sirah èsthi | gung alit balane iku | mangan iwak mêntah uwong ||

12. ing kene iki tiru | nanging wong matêng doyananipun | bala Uktur mêntah matêng dèn doyani | Raja Gulangge pinunjul | sugih bala para katong ||

13. prakoswa gung aluhur | jrih mring Gajimăndalika Uktur | ingsun kene mring Prabu Gulangge ajrih |

--- 6: 226 ---

wong Menak apa rêp lampus | lamun kudua marono ||

14. wong agung wus angaku | iya ing kene bubuhanipun | yayi Prabu Tangsangsulngalam Brudangin | pagene sira tan mêtu | manggihi prang yayi katong ||

15. Raja Salsal sru muwus | sapa gêlêm aprang lan arimu | gêgamane anèh lan para narpati | sapa ingkang kêna iku | sayêktinipun wurung wong ||

16. sapa kang rêna iku | dadi pangewan-ewaning lampus | palu rante sapa kêna ting saluwir | tan kalap bêbalungipun | sapa arsa prang mangkono ||

17. wis nyata sira ngaku | nora kêkêlir nyata satuhu | lamun sira Wong Agung Surayèng Bumi | aja na prang liyanipun | saking gada padha tanggon ||

18. yèn wis kasoran ingsun | tandhing Gajimăndalika Uktur | yêkti pantês Sang Kakungingrat nauri | payo prang junjung-jinunjung | yèn aprang gada kadangon ||

19. Raja Salsal gumuyu | kapriye iya apa karêpmu | sun gêng luhur sira pidêgsa tur alit | ingsun ingaran balithuk | yèn prang gada tan kasêmon ||

20. wong agung lingira rum | aja kuwatir sun sêdya uwus | lah ta payo Salsal junjungên wak mami | alon dènira sumaur | sira iku têka wangkot ||

21. lah iya sakarêpmu | wajib nurut sasukaning mungsuh | Raja Salsal anyandhak wangkingan aglis | wanti-wanti tan kajunjung | tan osik saking ing ênggon ||

22. mêksa panjunjungipun | saya rapêt [rapê...]

--- 6: 227 ---

[...t] ing siti kang suku | dêlamakan Wong Agung Surayèng Bumi | Raja Salsal sukunipun | amblês ing bumi mandhêlong ||

23. karingêt kadya adus | payo wong agung malêsa junjung | tan kuwawa angur ambêdhola wukir | abotmu ngungkuli gunung | hèh payo junjungên ingong ||

24. sigra nolèh ing pungkur | Ki Umarmaya ambuwang muluk | têtoponge sagung wong atutup kuping | sêksana pêtak wong agung | sarwi anjunjung sang katong ||

25. Raja Salsal kajunjung | sigra dèn ikal ing astanipun | wusnya dangu sêksana binanting siti | kantaka Salsal Sang Prabu | prajurit satriya anom ||

26. mangsah arsa angrêbut | Raja Salsal wungu ngucap asru | lah balia aja na dahwèn ing mami | sakarsane Jayèngsatru | marang ing saliraningong ||

27. sadaya sami mundur | Raja Salsal tinalenan sampun | wus rinangkus mring Dipati Guritwêsi | baris tinêtêgan mundur | bubar dhandhang amakuwon ||

43. Dhandhanggula

1. sinrahakên ing Natèng Kohkarib | binêkta mundur amêsanggrahan | para ratu sabalane | lajêng drawina dalu | kumpul sagung para narpati | raja ing Kalakodrat | ingandikan rawuh | wong agung alon ngandika | Raja Salsal tobata marang Hyang Widi | dènira măngsa janma ||

2. yèn tan arsa tobat sun patèni | lawan sira salina agama | buwangên mangsoh lamine | ing agama [a...]

--- 6: 228 ---

[...gama] Nabi Nuh | anganggêpa Nabi Ibrahim | kang măngka dutaning Hyang | Raja Salsal matur | inggih sakarsa paduka | mugi tuwan nyupangatana ing dasih | sarening gung dosamba ||

3. sinadatkên marang Sang Dipati | Tasikwaja Salsal sampun bisa | sigra inguculan dhewe | taline mring wong agung | nêmbah sujud anèng pada Mir | kinèn jajar alênggah | lan Prabu Lamdahur | pinisalin ing kamulyan | tinêtêpkên ing karatonira lami | amêngku Kalakodrat ||

4. wau ingkang kawuwusa malih | Unuk Marjaban lawan Baktiyar | Sang Raja Salsal kasore | sarêng palayunipun | sabalane manjing wanadri | rêmpêg sapikirira | sira Raja Unuk | Marjaban lawan Baktiyar | angulati pangungsèn ratu linuwih | kang pantês bangkat karya ||

5. sêdya marang Sorangan nagari | ratu agung kang asirah gajah | Raja Gaji pêparabe | ya Măndalika Uktur | datan pisah kunêng winarni | sigra Sang Raja Salsal | ngundhangi wadya gung | sanagara Kalakodrat | sami salin agami Nabi Ibrahim | sawadya wus warata ||

6. ingaturan Sang Surayèng Bumi | ngadhatona lan sawadyanira | wus manjing jro kitha kabèh | tata pakuwonipun | para ratu sami ngênggèni | wismane pra dipatya | sugata lumintu | ing siyang ratri drawina | Raja Salsal wus têguh agama sukci | rêmpêg sawadyanira ||

7. langkung ngungun kalirune nguni | tekad kang nasar tobat mring Allah | suka sagarwa [sa...]

--- 6: 229 ---

[...garwa] putrane | anyandhang iman tuhu | wus mangkana alami-lami | wong agung angandika | Salsal yayi prabu | apa adoh nagri Ngrokam | paran karsa tuwan andangu nagari | kutha Gulangge Ngrokam ||

8. amba matur ing tuwan sayêkti | witing amba sami măngsa jama[1] | saking ajrih cêlak gène | inggih pun detya pingul | anakipun Raja Branjilin | detya saking Jabalkap | angungsi ing gunung | Andrês wastane kang arga | bêkta bala tigang èwu kala prapti | mangke sampun alêksan ||

9. namènipun Raja Baranjilin | balanipun sami detya pêthak | mamăngsa janma karyane | dupi ing ngriki anut | sami tumut mamăngsa janmi | mantune dipun măngsa | punika witipun | botên kadi ing Sorangan | salamine măngsa janma sawadyèki | pun Uktur Măndalika ||

10. ardi Kundra amung tigang ari | saking ngriki Branjilin kithanya | kadi kapuk sabalane | angandika wong agung | iya iku mungsuh ngong lami | duk anèng ing Ngajêrak | kaplayu dening sun | ing mêngko sira tan bisa | anundhunga saking prajanira yayi | Raja Salsal tur sêmbah ||

11. inggih langkung sangêt saking wêrit | wêrit margi wêrit kuwasanya | pun detya pêthak sêktine | tan wontên sagêd mungsuh | yèn sampuna cêlak nglabuhi | tumut amăngsa janma | sayêkti ginêmpur | abdi tuwan Kalakodrat | urut gunung tyang sèwu dinamêl koki | dhatêng pun detya pêthak ||

--- 6: 230 ---

12. inggih sampun paduka lurugi | pun detya pêthak lami mêrtapa | amrih punjul kasêktène | pan arsa malês ukum | inggih dhatêng paduka gusti | wong tuwanipun pêjah | lan sagarwanipun | tumpêse saking paduka | praptanipun rayi tuwan Burudangin | amba suka wuninga ||

13. inggih dhatêng pun detya Branjilin | yèn paduka ingkang badhe prapta | mangkya duk prapta barise | kadange Jayèngsatru | ratu saking Ngrum Burudangin | balane pitung yuta | kula mrih tinulung | malah mangke dèrèng prapta | lah punika wukire ingkang kaèksi | kêkutha jroning guwa ||

14. puwa-puwa pun Raja Branjilin | nagri kanan kering kathah têlas | sami cinolong putrine | amung tigang prajèku | ingkang sami dipun alimi | ing ngriki lan ing Ngrokam | lan prajane Uktur | mila sagung para nata | sami susah saking pun Raja Branjilin | agung dènnya sikara ||

15. duk rumiyin sami dèn lurugi | para ratu kang putrane ical | sami bingung dêdalane | datan kêna jinujug | dadya wangsul sagung narpati | ambingungakên marga | kasêntikanipun | wong agung alon ngandika | yèn mangkono ingsun kudu anindaki | mring sang detya pangrusak ||

16. nadyan bisa ambingungkên margi | mati urip mapan ingsun têmah | Sang Raja Salsal ature | mapan datan pikantuk | yèn mariku ambêkta baris | tuwan angrusak wadya | èwêd papanipun |

--- 6: 231 ---

kintên-kintêne punika | tiyang satus ingkang sagêda lumaris | wong agung angandika ||

17. yèn ora sun gitik Sri Branjilin | lumakua marang ing Sorangan | ing wuri pakewuh gêdhe | balaningsun ginêmpur | yayi prabu maring Branjilin | nagri Sorangan pira | yayi têbihipun | Raja Salsal matur nêmbah | satus dintên têbihe saking ing ngriki | kutha kang măngsa janma ||

18. ngumpulakên sagunge para ji | para putra ngandikan sadaya | sagung ratu gêdhe-gêdhe | pan ingsun arsa mukul | Si Branjilin kang detya putih | nora anggawa bala | namung pitung puluh | punjul kang dharat kewala | yayi Salsal lan ingsun papate malih | yayi mas Parangteja ||

19. lawan yayi prabu ing Yunani | kakang Adipati Tasikwaja | ya Si Rustamaji mangko | madêga ratu agung | binathara anyakrawati | măngka isèn wijoan | iya palowanu | yayi Urmus lawan Irsan[2] | myang Sêmakun lan wayah ngong Atasaji | dadya sosoran bapa ||

20. lawan paman karo kang nisihi | Urmus Sêmakun ing prang manggala | iya karsaningong dhewe | manawa tiwas ingsun | aprang lawan si detya putih | Branjilin lawas tapa | pangajape mring sun | de wus kasub măndraguna | istijrade wil putih Raja Branjilin | tan kêna ginagampang ||

21. sagung bala pabarisan iki | ingkang karèh ratu binathara | tan kawêngku karatone |

--- 6: 232 ---

Parangakik sutèngsun | pan wis binathara pribadi | Karsinah lan ing Kelan | kang nora kawêngku | ing Ngambarkustup pan ora | ing Tasmitèn lawan ing Kaos nagari | kalawan ing Kusniya ||

22. apan iku wus mêtu pribadi | ing Betarti Si Aris Munandar | kang wus mêngku praja dhewe | lan suta yayi prabu | Kalakodrat madêga aji | ing nagri Kalakodrat | Si Taltal puniku | Prabu Taltal Ibni Salsal | dene lamun ana balikaning urip | gampang masalah wuntat ||

44. Pangkur

1. nêmbah ratu pitung dasa | wus siyaga bêkta balane niji | hèh sagunge putraningsun | dèn agung among suka | ingsun jaluk lilanana awak ingsun | ingkang lunga salamêta | salamêta ingkang kari ||

2. karana wajib sun rusak | detya iku walang sangkêring bumi | malarati para ratu | nusahakên nagara | pira-pira praja susah dening iku | wajib ingsun sirnakêna | wusnya ngling budhal Sang Amir ||

3. amung satus kawan dasa | ratu-ratu ingkang nyêkêl turanggi | Raja Salsal anèng ngayun | antuk lakon sadina | manggih wana wontên têlagane singub | akathah ingkang wowohan | têpining têlaga asri ||

4. rêca wong ing têpi kathah | pan alêksan rêca awarni-warni | nunggang kuda bihal sênuk | kuldi sarwi angundha | gada akèh isthane lir pendah tunggu | wong agung alon ngandika | yayi Salsal apa [a...]

--- 6: 233 ---

[...pa] iki ||

5. matur sira Raja Salsal | ingkang damêl ing nguni Raja Jamsit | punika sintên kang mundhut | sagunge kang wowohan | kang brahala punika marani mukul | anggada miwah amêdhang | wadya Kalakodrat ajrih ||

6. duk Raja Jamsit punika | amanggihi dhatêng Raja Branjilin | ing ngriki pakuwonipun | sagunge isi wana | datan wontên purun mêndhêta puniku | wong agung alon ngandika | sira kelangan sayêkti ||

7. alas iki liwat murah | wowohane ya padha adi-adi | ilang upajiwanipun | yayi ing Kalakodrat | lah jajalên mêthika uwoh puniku | Raja Kebar amit nêmbah | wau Raja Yusupadi ||

8. angiwa parisanira | asta têngên amêthik uwoh nuli | gupala obah lumaku | marani Raja Kebar | sigra gitik tinangkis parisanipun | nguwuh-uwuh Raja Salsal | kakang Prabu Yusupadi ||

9. andika kesah kewala | kakang prabu punika bilaèni | Natèng Kebar bramatya wus | angundha gadanira | Prabu Kangkan Lamdahur sami umagut | tumandang gadani rêca | ratu katri mobat-mabit ||

10. wong agung mèsêm kewala | Raja Salsal tyasnya mangkirig jêgrig | wong agung ngandika arum | yayi nêngna kewala | wus tate prang lan brahala ratu têlu | kang mara mara ginada | rêmuk datan bisa pulih ||

11. nulya [nu...]

--- 6: 234 ---

[...lya] Prabu Kewusnendar | myang Lamdahur Sang Natèng Burudangin | mangsah palu rantenipun | sinabêtakên sigra | anggêlasah rêca lêksan lêbur tumpur | amung ratu nêm kang mangsah | rêca nora bisa pulih ||

12. Lamdahur lan Kewusnendar | Darundiya Ukman lan Yusupadi | kanême sang prabu ing Ngrum | rêca salêksa sirna | sami aso ratu nênêm nulya adus | eca angambil wowohan | sawadyanira Jêng Amir ||

13. eram mulat Raja Salsal | sudirane sawadyanira Amir | eca makuwon ing ngriku | sira Sang Prabu Salsal | animbali bêkêl kanan keringipun | kabèh sami tinimbalan | dhusune kang manjing koki ||

14. wong desa patingginira | prapta sêgah lêga manahe sami | jinabêl marang kang tunggu | saking sang diyu pêthak | wus kawarta tingkahira nèng marga gung | agung prang lawan brahala | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. mangkana kang kawuwusa | ingkang kantun Kalakodrat nagari | sakathahe para ratu | ingkang sami atêngga | Rustamaji Anyakrawati Sang Prabu | animbali putra Salsal | Raja Taltal munggèng ngarsi ||

16. alon dènira ngandika | Rustamaji Bathara Nyakrawati | yayi Taltal ngêndi iku | tanah kutha Sorangan | nagarane Gajimăndalika Uktur | sira margane wus wikan | Taltal kewran aturnèki ||

17. dinangu sinêlak-sêlak | matur inggih manawi botên lali | mila paduka andangu |

--- 6: 235 ---

inggih karsa punapa | dangu kitha Gajimăndalika Uktur | Raja Taltal binisikan | mring Bathara Nyakrawati ||

18. aja umung yayi sira | sira dhewe wruha ing karsa mami | dêstun têmên arsa wêruh | ratu kang sirah gajah | ramanira ika lawan ramaningsun | ajangji sabaya pêjah | sira yayi lawan mami ||

19. singkêling tyas Raja Taltal | paranbaya karsane sri bupati | punika ta karsa mukul | marang nagri Sorangan | arsa mungsuh Gajimăndalika Uktur | kalamun wania ngucap | durung pitaya ing batin ||

20. akèh ratu para putra | ing Kuparman yèn mungguh siji iki | manira durung angrungu | prawirane ngayuda | liya saking Jayusman Mirijalsamsu | ratu agêng binathara | kang jumênêng Parangakik ||

21. lawan Jêng Pangeran Kelan | lan Karsinah tuwin Hasim Katamsi | apan namung papat iku | kang wus kentar ing jagad | ya wus kasub ing prang prawira pinunjul | padha trahing witarêdya | Ruslani Danurusamsi ||

22. nata mudha ing Karsinah | wus atabêt iki ta Rustamaji | lah măngsa bodhoa iku | darma ngiring kewala | wani maring Gajimăndalika Uktur | ratu gêdhene kaliwat | sêktine tuhu linuwih ||

23. ambêburu karsaningwang | sadhiyaa kapraboning ajurit | sawadyanta dhewe iku | kang raka gya ngaturan | Prabu Ruslan lan Parangakik wus rawuh | Rustamaji aturira | kakang prabu kawulapti ||

24. kesah bêbêdhag [bêbêdha...]

--- 6: 236 ---

[...g] mring wana | tuwan kantun mung yayi Kaelani | kawula bêkta bêbujung | de paman kalih pisan | sakarsane tumut utawine kantun | Prabu Sêmakun turira | mring kang putra Rustamaji ||

25. puniku ta dede lampah | yèn pêpara sipêng anèng wanadri | măngsa ta puruna kantun | rumêksa padukendra | wusnya têlas kang pitungkas budhal wau | sri bathara saha bala | kang paman kalih tan kari ||

26. Urmus Sêmakun tut wuntat | lan kang rayi Pangeran Kaelani | kang dadya cucuking laku | sira Sang Raja Taltal | winatawis tigang yuta wadyanipun | lêpas prapta wanawasa | suka pamucunging dasih ||

45. Pocung

1. pan anglantur nênggêl wana agung-agung | wus samadya căndra | gêgubah anèng wanadri | pira-pira antuke kang buron wana ||

2. maksih laju ngalor ngilèn lampahipun | saking Kalakodrat | kang rayi umatur aris | Jêng Pangeran Kelan Kelaswaraputra ||

3. kakang prabu wus têbih lampah pukulun | inggih bok angambah | liya watês sănggarunggi | bok kawêtu saking tanah Kalakodrat ||

4. apakewuh ngambah jajahaning mungsuh | prabu ing Gumiwang | Raja Urmus anambungi | inggih lêrês prayitnane ri paduka ||

5. jaman ewuh ing ngriki kèh maksih mungsuh | kang mèlu ing Ngrokam | tuwin Sorangan nagari | jajahane Uktur Gajimăndalika ||

6. yayi durung

--- 6: 237 ---

alêga wardayaningsun | buron saya kathah | wanane dinulu asri | alas iki pelag têmên yayi êmas ||

7. kunêng dalu Taltal ingandikan gupuh | yayi prabu apa | adoh saking alas iki | jajahane Uktur Gajimăndalika ||

8. alon matur Prabu Taltal mèh pukulun | pan enjang kewala | watawis inggih ningali | jajahane Uktur Gajimăndalika ||

9. nanging gunung ngajêng punika pukulun | panggenan punggawa | ing Sorangan juru tamping | ingkang sami ngalampahi ngèlmu kêmat ||

10. balanipun Gajimăndalika Uktur | sami ngadhang-adhang | marang dalan ambegali | ingkang sami jaga wukir ngiras-iras ||

11. ambêrandu măngsa manungsa lumaku | mendah miyarsaa | benjang ing lampah puniki | mêsthi sasat dèn atêri pêpanganan ||

12. adatipun lamun dulu wadya agung | pêsthi rêrêbutan | wong kêdhik prandene wani | inggih uwong sèwu saêjam pan têlas ||

13. jurunipun Gajimăndalika Uktur | prabu ing Sorangan | siji mêndhêt sèwu wasis | tanpa bayu tiyang ginêtak kewala ||

14. sami rubuh tiyang kathah sami lumpuh | tan sagêd lumampah | lajêng dipun kêrakoti | tyang sawidak ginayêm wong roro têlas ||

15. ingkang tumut Gajimăndalika Uktur | ya ta pêparentah | Sri Bathara Rustamaji | kèndêl sami tata karya pagubahan ||

--- 6: 238 ---

16. ya ta wau gêntia ingkang winuwus | ingkang mêsanggrahan | têlaga têngah wanadri | ya Sang Amir Mukminin Surayèng Jagad ||

17. pan wong agung anèng ngriku tigang dalu | abukti wowohan | lan agung adhahar daging | buron wana sawulannya tigang dina ||

18. budhal laju praptane bêngawan agung | ing ngarsa bêbulak | wukir agung angungkuli | gunung Kundra ngandhape bêbulak jêmbar ||

19. kali agung têpine kêkayon agung | wana gung punika | Wong Agung Surayèng Bumi | lon ngandika wong agung mring Raja Salsal ||

20. yayi prabu kali iki liwat agung | nêmbah Raja Salsal | pasabane tiyang ngriki | wadya amba Kalakodrat jrih sadaya ||

21. ngambah ngriku pasabane diyu agung | wukir kang katingal | ing Kundra dèn kadhatoni | sabalane Baranjilin diyu pêthak ||

22. Salsal matur nginggil punika pukulun | ing nguni sabrangan | jêlampar toyanya ririh | botên wontên toyanipun ingkang kêras ||

23. sami nungsung para ratu pitung puluh | prapta kang jêlampar | Raja Salsal anabrangi | sami anut para ratu pitung dasa ||

24. praptanipun ing sabrangan kudanipun | sami cinuculan | kèndêl sami dèn guyangi | rumput kathah ing bulak asmarandana ||

46. Asmaradana

1. wontên kèli saking nginggil | sami anitih pêrbatang | têtiga buta lêlangèn | bubar bala guyang kuda | mulat kang detya pêthak |

--- 6: 239 ---

warnanipun kadi kapuk | agênge anêlung gajah ||

2. lagi umur nêlung sasi | punika cebonging buta | anêlung gajah agênge | alêlumban kêlangênan | siyunge anèng wuntat | sagunung anak gêngipun | pan sami nitih pêrbatang ||

3. kèndêl tumingal ing janmi | angantèni biyungira | Raja Salsal prapta gupoh | nêmbah matur wontên detya | saking nginggil lêlumban | wong agung marani sampun | marang têpining bêngawan ||

4. detya nak katiga angling | biyung ika anaparan | dene mangkono rupane | biyunge nauri sugal | ika badhoganira | manusa arane iku | gurihe pan kaya kidang ||

5. Wong Sagung[3] Surayèng Bumi | para ratu kinèn nêbah | iya manawa kasompok | sun aprang kalawan detya | bandhêm watu kumlasa | buta mêntas saking banyu | ambandhêm angundha sela ||

6. mangsah wong agung marani | binandhêm watu kumlasa | salumbung bandhung gêdhene | wong agung marani sigra | indha angering nganan | danawèstri asru muwus | manusa bilai sira ||

7. wèh panganan anak mami | mêngko warêg dening sira | ingudanan watu akèh | rikat sumingkir ing ngarsa | sigra anarik pêdhang | tumracag wus anèng bau | sigra dènnya mêdhang jăngga ||

8. eram kang para narpati | solahe pra lawan ditya | Wong Agung Jayèngpalugon | detya rêbah anggro mojar | pindhonên [pindho...]

--- 6: 240 ---

[...nên] awak ingwang | aja tanggung dimèn lampus | wong agung alon saurnya ||

9. sapisan bae ngêmasi | danawa krura mangrêmpak | êndhase binêntusake | ing sela wus apêcah brah | wau nalikanira | mulat sang aprabu ing Ngrum | Burudangin sigra mangsah ||

10. praptane gèning rasêksi | Sang Raja Tasangsulngalam | sigra ngulur palu rante | kumêlab sinabêt sigra | kêni kêkalih detya | kang sawiji mangsah bêntur | kêna byuking rante pisan ||

11. tinarik pinutêr malih | kinosèrakên ing sela | balêdug sumyur balunge | sirna de palu rante mas | suka kang sami mulat | sirna sakawan kang diyu | lêga tyase para nata ||

12. sadaya sami ningali | ing bangkene punang detya | nulya prentah para katong | kèn ngambili kudanira | kuda wus kinambilan | mangkat saking lèpèn agung | prapta ngandhaping prabatang ||

13. tutuping gapura wêsi | wong agung praptèng gapura | têdhak saking turanggane | miwah sagung para nata | jibêg ngarsa gapura | gapura sukuning kunung[4] | Raja Salsal kinèn bukak ||

14. inêbe gapura wêsi | Raja Salsal sigra buka | tan osik ingogak-agèk | tinulungan para nata | sakawan datan obah | wontên malih kang têtulung | sapuluh angogak-ogak ||

15. mêksa kang kori tan osik | wong agung alon [a...]

--- 6: 241 ---

[...lon] ngandika | padha amirea kabèh | kang kori sigra dhinupak | jêpluk sadaya rungkad | kori rubuh selanipun | ing wukir rungkad malêsat ||

16. detya ingkang jaga kori | punika detya sadasa | kang sanga krubuhan kabèh | amung satunggal kang lêpat | danawa iku mulat | kang ngrubuhkên korinipun | lamun manuswa kang prapta ||

17. sigra lumayu anggêndring | matur marang ratunira | nuju siniwèng balane | lênggah anèng padmasana | sira Branjilin Raja | gugup wil kang tunggu pintu | praptane amêgap-mêgap ||

18. dhuh gusti sri narapati | wontên manuswa kang prapta | korine dhinupak ruboh | danawa sasanga pêjah | karêbahan ing lawang | botên kathah balanipun | wong agunge pitung dasa ||

19. satus tiyange pakathik | ingkang ngirid Raja Salsal | botên agêng wong agunge | pidêksa amawi cahya | lir sasăngka purnama | Raja Branjilin duk ngrungu | ana karasa ing nala ||

20. baya Si Surayèng Bumi | wartane nèng Kalakodrat | layake banjur marene | angatag prajuritira | sira padha jagaa | ing sajroning pêtêng iku | samăngsa iku manjinga ||

21. karutugên watu sami | măngsa bisaa tumindak | watu salumbung gêdhene | mangkat detya pitung dasa | sajroning pêtêng prapta | jibêg sami ngundha watu | pating galêrêng swaranya ||

22. Wong Agung Surayèng Bumi | ngandika

--- 6: 242 ---

mring Arya Maktal | kabèh karia ing kene | mung yayi ing Kalakodrat | iku bae sun gawa | wong loro kalawan ingsun | Salsal tur sêmbah sandika ||

23. gadane sigra kinêmpit | yayi aja gawa gada | prang lan buta tanpa gawe | bêcike pêdhang kewala | buta sagunung anak | sira gadaa ping sèwu | sasat sinabêt ing sada ||

24. gumujêng ingkang miyarsi | Raja Salsal sèlèh gada | mung pêdhang lawan parise | wong agung ngambil pusara | kêmandèn kang wasiyat | Bagendha Khilir rumuhun | kalane anèng Ngajêrak ||

25. ingkang bisa tan kaèksi | Raja Salsal kinèn nyandhak | ing buntare kang kêmandèn | sêsangat datan katingal | wus manjing jroning guwa | ingkang pêtêng kadya dalu | wong agung kalih tan pisah ||

26. kang jêro pêtêng nglangkungi | ana lêlakon saêjam | pating galêrêng butane | ingkang sami ngundha sela | danawa pitung dasa | liniwatan datan wêruh | sapraptane ing pêpadhang ||

27. Sang Prabu Salsal tinari | yayi prabu paran sira | apa ngilang apa ngaton | bêcik sira nyelumana | ngaton manawa eram | yayi sira durung tau | angladèni prang lan detya ||

28. lan durung bisa ngindhani | Raja Salsal matur nêmbah | kula arsa kêdah ngaton | nadyan dèrèng nglampahana | nuwun sawab paduka | praptèng antaka pukulun | pan sampun kawula têmah ||

--- 6: 243 ---

29. anulya rinacut nuli | wong agung kalih katingal | nanging gène wus praptèng jro | kagyat sagunge rasêksa | mungsuhe wus kaliwat | mêtu ngêndi iku mau | samya gro angundha sela ||

30. angudani watu sami | kumrutug sami makrura | kalih indha tan kasenggol | Raja Salsal tan apisah | mêmêt dènira endha | sarwi narik pêdhangipun | wus winangsit ing sêsumbar ||

31. amêdhang nganan angering | bau kalih kang dèn angkah | datan liyan pamêdhange | wong agung alon ngandika | sira yayi wus rikat | bêcik misaha angindhung | aprang mêtu pêpungkuran ||

47. Pangkur

1. kumutug brajaning muka | Raja Salsal saya berag ing jurit | mangsah mêdal saking pungkur | ngrampêd pamêdhangira | yèn binêntur endhane datan katuju | wus kathah detya kabranan | sêsambat akon mindhoni ||

2. sinauran kadi kuna | lamun mêdhang ingsun tan ngaping kalih | sapisan bae pan lampus | detya aniba-niba | sami lampus kang urip padha lumayu | prapta gone ratunira | umatur pating karêmpis ||

3. dhuh gusti botên kuwawa | pangamuke Kalana Jayèngmurti | miwah pun Salsal pukulun | prajurit tuwan bebas | ingkang pitung dasa rêbah kabarubuh | tan tutug ing aturira | wong agung kalih wus prapti ||

4. angrik krura singa nabda | hèh Sang Prabu Kalakodrat [Kalakodra...]

--- 6: 244 ---

[...t] sirèki | bêcik têmên pratingkahmu | sira angambil sraya | nêkakake Si Kalana Jayèngpupuh | sira tan wurung ngong solah | saanak putunirèki ||

5. sigra angrik ngundha sela | pitung lumbung binandhêmakên aglis | hèh Ambyah iki patimu | marang ngêndi gonira | amrih urip angungsèkakên nyawamu | wong agung kalih tan kêna | sigra Sang Surayèng Bumi ||

6. nyarungakên pêdhangira | mênthang langkap lumêpas kang jêmparing | rêksasa raja kacundhuk | kawatgata jajanya | panah liwat rah muncrat asru sumêmbur | sêsambat payo mindhoa | sinauran kadi nguni ||

7. duk ngrungu sang detya raja | sirahira binêntuskên sela glis | numbuk-numbuk tatu ajur | pêjah sang diyu raja | Raja Salsal ingutus nimbali mêtu | para ratu pitung dasa | lawan sikêp satus prapti ||

8. diyu sakarine pêjah | balanipun Sang Raja Baranjilin | saênggène kinèn anglud | gêmpurên sipat detya | Raja Salsal kang nitik pangiridipun | kang kapanggih tinumpêsan | warata sagung para ji ||

9. prasami matèni detya | langkung suka aprang lawan rasêksi | rowa ngajêng ringkês pungkur | dene yèn wus kabranan | sinumbaran datan kudu mindho ingsun | mati solahe pribadya | ambijigi watu wukir ||

10. wus angumpul para raja | anjêjarah rêtna sêsotya adi | marang pakêbonanipun | ngambil sagung

--- 6: 245 ---

wowohan | sirna tapis danawa lêksan ing ngriku | angayêm-ayêm salira | wong agung lawan para ji ||

11. amanggih tilam gung pelag | ingkang lungsir linungsir sutra wilis | surta bang kuning lan dadu | wilis wungu purănta | pirang-pirang warnane kang têpas wangun | Raja Salsal wonge prapta | wau ingkang manjing koki ||

12. wong urut gunung sadaya | bêkta sêgah samyayêm kang para ji | kunêng gênti kang winuwus | kang wontên ing Sorangan | prajanipun Gajimăndalika Uktur | sira prabu binathara | Nyakrawati Rustamaji ||

13. siniwèng ing pasanggrahan | amiyarsa Bathara Rustamaji | kalamun Sang Raja Unuk | Marjaban lan Baktiyar | nora manjing kutha Măndalika Uktur | anglambrang anèng ing wana | tigang yuta wadya maksih ||

14. ya ta wau sri narendra | Nyakrawati Bathara Rustamaji | ngandika ing arinipun | hèh yayi mas ing Kelan | kirabêna wadyanira para ratu | ngiras ambêbujung padha | Si Unuk Marjaban mangkin ||

15. lawan Si Patih Baktiyar | durung manjing marang kuthanirèki | Gajimăndalika Uktur | yèku pirantènana | sira kulup ing Kaos wadyanirèku | prajurit kang para nata | kêkiraba saking ngriki ||

16. ngirasa bêburu padha | Si Baktiyar Si Unuk Marjabani | prihên kêna ing sirèku | nanging aja katara | lawan aja kajaruan pratingkahmu | kalih umatur sandika | budhal sawadya para ji ||

17. mèh imbang [i...]

--- 6: 246 ---

[...mbang] roro punika | wus amalih sagung wadya para ji | pira-pira para ratu | bala Kaos nagara | lir jaladri wutah kang alun gumulung | praptèng têba rêbat papan | amrih papan kang prayogi ||

18. bêbêrêg samarga-marga | suka-suka sawadya kang para ji | wuwusên wau kang kantun | kang maksih pagunêman | sami matur ingkang paman kalihipun | Urmus lan Rajèng Gumiwang | anak prabu paran iki ||

19. ana wong ginawe tuwa | yèn mênênga ora amituturi | karsanira ambêburu | mrih suka bala-bala | iku bênêr nglêluri panggawe ayu | lah iya panggawe apa | bêburu samene iki ||

20. wus adoh kalawan lawas | sun miyarsa alas tampingan iki | kutha Măndalika Uktur | agung kaliwat samar | nora samar saking abote kang mungsuh | sira durung antuk lila | marang wong tuwanirèki ||

21. yèn uwis antuka lila | mringa mrasik pan ora walangati | sumambung kang para ratu | kadya ture kang paman | Raja Urmus kalawan Prabu Sêmakun | agung ngaturi kundura | mring Kalakodrat nagari ||

22. Raja Sêmakun lingira | anak Prabu Taltal alas puniki | kang darbe tampinganipun | nagari pundi anak | Taltal matur inggih Sorangan pukulun | ratu kang asirah gajah | awak wong agêng nglangkungi ||

23. pan satus sawidak êgas | dêdêgipun Prabu Sorangan luwih | Gajimăndalika Uktur | prawira [pra...]

--- 6: 247 ---

[...wira] măndraguna | nadyan ratu luwih Gulangge tan purun | Sêmakun atêbah jaja | kaya ngapa sira iki ||

24. iya iki arinira | Pangran Kelan sira pisahkên baris | lawan sutanta mas putu | Ki Sayid Ibni Ngumar | bok ta iya ana kang baya pakewuh | pan arènira ing Kelan | pinêsthi lajêring jurit ||

25. sanadyan ika anoma | pira-pira wus anglabêti sêkti | ing prang tan samar lokipun | tate mungkasi karya | nadyan bocah ing bumintara wus kasub | padha-padha kadangira | iki kang nêtês pribadi ||

26. aja catur kakangira | prawirane nak Prabu Parangakik | padha tinunggu ing ibu | anak prabu Karsinah | têka pantês sêmono prawiranipun | yèn arinira ing Kelan | wong lola datanpa bibi ||

27. apa tan lêrês tyasira | sira pisah manawa nêmu kardi | apa rasane atimu | dumadak sira pisah | Prabu Nyakrawati mring paman lon matur | paman tuwan kalih pisan | tuwan kantuna ing ngriki ||

28. atênggaa bala kathah | kula nusul paman dhatêng pun adhi | balamba ingkang rumuhun | kewala kula bêkta | anganthuki ingkang paman kalihipun | mung yayi mas Kalakodrat | punika tumuta mami ||

29. wus budhal sawadyanira | Rustamaji Sang Prabu Nyakrawati | tigang yuta balanipun | patang kêthi rong lêksa | bupatine kang prajurit tigang èwu | lawan mantri tigang lêksa | ginêlak [ginê...]

--- 6: 248 ---

[...lak] sampun atêbih ||

30. Taltal sampun tinakonan | pundi yayi margi anjog prajèki | Gajimăndalika Uktur | Taltal wus munggèng ngarsa | pan antawis ing marga wus kawan dalu | angidak jajahan praja | gène punggawa paminggir ||

31. gègèripun abusêkan | ana baris ambahak praptanèki | anumpês si arubiru | bala saking Kuparman | sami kawur bala mawur ngungsi gunung | mantrine manjing nagara | matur ing gustinirèki ||

32. sapraptanira ngayunan | nêmbah matur pukulun mêngsah prapti | makuwon dhusun Sinuru | pangiride gêgaman | putra Salsal dene senapatinipun | kang putra Sultan Kuparman | Binathara Rustamaji ||

33. gumuyu wau duk myarsa | animbali sagunge pra dipati | prapta aglar munggèng ngayun | alon dènnya ngandika | wau Raja Gajimăndalika Uktur | hèh sagung prajurit ingwang | akèh pêpanganan prapti ||

34. têka nagara Kuparman | padha akon ambadhogi ngrakoti | amamah-mamah anggilut | payo padha mêtua | papagêna jaban kutha baris iku | mara nuli têngaraa | sun mêtu sadina iki ||

35. gumuruh kêndhang têngara | sru gumêrah prajurit tata baris | kadya kêtugira guntur | bêdhol baris pangarsa | Sri Bupati Gajimăndalika Uktur | têdhak saking patarana | wadya tan sêdya ngunduri ||

48. Durma

1. kunêng wau sang taruna binathara [binatha...]

--- 6: 249 ---

[...ra] | Narendra Rustamaji | arsa magut ing prang | Raja Taltal turira | ing Sang Prabu Nyakrawati | punapa mangsah | atis jêng paduka ji ||

2. gih pun Raja Uktur Gajimăndalika | kalamun amiyosi | prayogi ngantosa | rayi tuwan ing Kelan | paduka timbali gusti | nadyan maguta | yèn rayi tuwan prapti ||

3. ya ta alon ngandika raja taruna | Bathara Nyakrawati | nora nganti ingwang | marang yayi ing Kelan | mungsuh kasêlak miyosi | sayêkti merang | yèn nora amanggihi ||

4. dudu watak yayi Taltal ngunthêt dina | sigra têngara aglis | wadyane mêlatar | lumirig amrih papan | rajasunu munggèng ngarsi | Raja Bulêndhar | lan Raja Kunjanjarin ||

5. Raja Kalbus Raja Kaldum ratu kêmbar | andêle Rustamaji | Rajèng Banismarah | lan Raja Mardhukiyan | sami andêling ajurit | ratu punika | paringanira Amir ||

6. praptèng papan dalêdêg prajuritira | pasang baris miranti | akapang kalangan | prapta dutane mêngsah | ubaya angadu tandhing | ingsun kewala | butên wong Pusêr Bumi ||

7. hèh ta putra Kuparman aja sumêlang | lan aja walangati | ingsun tandhingana | lan ratumu sajagad | ingsun dhewe kang ajurit | tan ngadu bala | krubutên sabên ari ||

8. sampun tata barise bala Kuparman | Sang Prabu Nyakrawati | têdhak saking kuda | lênggah munggèng amparan | nèng wijoan palowani [palo...]

--- 6: 250 ---

[...wani] | Sang Raja Taltal | lawan sagung para ji ||

9. kêndhang gonge gumuruh bèri wurahan | bêgor gurnang thongthonggrit | Sang Raja Sorangan | Sri Gajimăndalika | Uktur mangsah ing ajurit | nitih andaka | awak macan gêng inggil ||

10. anjênggarang angajrihi tanpa timbang | gênge sri narapati | pan satus sawidak | gas dêdêge sang nata | awak wong sirahe èsthi | tan mawi gada | miwah tan mawi tangkis ||

11. tanpa bajo tanpa kêre lêlawaran | irêng atutul kuning | ulêsing andaka | agêng kadi dipăngga | singat kinathok ing rukmi | tinopèng muka | sinawur sêsotya di ||

12. bakarkabir surat wilis gêbyar-gêbyar | tigang atus hèr gêni | nênggih kawan dasa | hèr laut sakêmlaka | kasor diwangkara tistis | tinoning bala | lir wagra gora pati ||

13. samya ebat sagunge mungsuh kang miyat | Raja Taltal wotsari | dhuh gusti punika | pun Gajimăndalika | Uktur langkung angebati | sintên kuwasa | mulat sang kadi yêksi ||

14. nadyan silih rêksasa sampun têtela | warnane kang wus pêsthi | ingaran danawa | puniki ta manawa | awak wong asirah èsthi | yèn jamajuja | ing mangke dèrèng lair ||

15. jamajuja amung kupinge kewala | kang kadi kuping èsthi | lawan ilat baya | landhêp kadi gêgaman | kuping kêni dèn linggihi | sirah punika | maksih sirahing janmi ||

--- 6: 251 ---

16. kula mirêng kalamun uwa wirayat | Dipati Guritwêsi | pan inggih pun bapa | Salsal kang tinuturan | yèn ing benjing jaman akir | kang dados mêngsah | jamajuja puniki ||

17. gih pun Raja Uktur Gajimăndalika | sipat punapa inggih | janma dede janma | gajah pan dede gajah | gèdhèg Prabu Nyakrawati | rêngu ing netya | Bathara Rustamaji ||

18. angandika yayi aja sira eram | uwakira ing nguni | jêng rama wus aprang | lan detya Samaduna | sirah sèwu gêngirèki | satus prabata | sèwu cangkême maning ||

19. nora nana luwih-luwihaning pura | kadya rêksasa aji | aran Samaduna | gêgêdhêging sajagad | prandene karsaning Widi | kalah ayuda | lan manuswa tur cilik ||

20. kabèh rupa gêgaweane Hyang Suksma | aja ta sira ajrih | ilang tekadira | kang mantêp ing Pangeran | asor ungguling ajurit | kang gawe rupa | pagene kudu wêdi ||

21. yèn wêdia sasama-samèng tumitah | adoh maring Hyang Widi | gêmpal kang darajad | kang iku maksih titah | asnapun isining bumi | kodrating Suksma | ginawe mêmêdèni ||

22. singa wêdi kêndho pangidhêping Suksma | siniku ing Hyang Widi | gêmpal kang dêrajad | yèn mênêng wêdi rusak | liniru wahyuning èblis | dènnya was-uwas | tan madhêp iman thokid ||

23. durung prapta ing makrifat maksih kurang |

--- 6: 252 ---

sagung ingkang miyarsi | kadya kinilenan | mêdal brajaning muka | Taltal dhêku dènnya linggih | kasoran sabda | utama sri bupati ||

24. asêsumbar Uktur Gajimăndalika | pagene suwe iki | prajurit Kuparman | nora na mêtu ing prang | putrambyah Surayèng Bumi | mêtua ing prang | kene tandhing lan mami ||

25. Raja Sulsup amit ingidèn umangsah | nandêr turăngganèki | prapta yun-ayunan | gumuyu atêtanya | sapa mêtu ing ajurit | iya si bajang | payo maringa ngarsi ||

26. anauri ingsun Raja Banisarah | Sulsup ratu prajurit | isining wijoan | Sang Prabu Binathara | Nyakrawati Rustamaji | andêling aprang | jajal lanat sirèki ||

27. payo aprang Uktur Gajimăndalika | iya wong Pusêr Bumi | mara anggadaa | sun icipane uga | Raja Sulsup anauri | pan dudu watak | wong Kuparman dhingini ||

28. sru gumuyu Uktur Gajimăndalika | ngêtab titihannèki | ngarêpakên bêdhal | Prabu Sulsup cinandhak | wangkinganira wus kêni | ingikal asta | binuwang tibèng siti ||

29. tinadhahan ing bala sinêmpal-sêmpal | rinêbut sampun ênting | mung balung kang tuwa | kang anom sampun têlas | gêmêt kulit lawan daging | balung mênthilas | ingkang binuwang siti ||

30. sami eram kang mulat pratingkahing prang | Raja Kalbus sigra mit | lawan kadangira | Raja Kaldus umangsah |

--- 6: 253 ---

kalihe munggèng turanggi | angikal gada | praptèng rana wus panggih ||

31. lajêng gada kalihe tinangkis asta | gadane dèn candhaki | sinêndhal binuwang | sami anarik pêdhang | kalih sami amêdhangi | sarwi tumênga | wêntise dèn pêdhangi ||

32. nora măntra-măntra lamun pinêdhanga | bruke pan sutra pangsi | linapis têmbaga | gaprak-gapruk pinêdhang | bruk têmbaga nora rêmpid | dangu anulya | cinandhak ratu kalih ||

33. wus binuwang tibanira tinadhahan | tan kongsi tibèng siti | rinêbut ing bala | balung daging dèn mamah | ginilut-gilut sinisil | sirna wangkenya | datan kari samênir ||

34. mung balunge kang tuwa ingkang binuwang | cumalorot aputih | tan ana labêtnya | kulit daging manthilas | gêtihe tan ana kari | brêsik apêthak | gambuh brakoti daging ||

49. Gambuh

1. Raja Kunjarin magut | nitih dipăngga ngundha salukun | praptèng rana ayun-ayunan ambindi | wanti-wanti ing pamupuh | tadhah lan asta sang katong ||

2. gadane wus karêbut | marang Gajimăndalika Uktur | wus kasêndhal binuwang Raja Kunjarin | tiba tinadhahan sampun | marang bala kinarayok ||

3. wau saklangkung bêndu | miyat prajurit kang papat ratu | Sang Aprabu Nyakrawati Rustamaji | padoning lathi kumêdut | jaja bang kadya balêdhos ||

4. têdhak dènira lungguh | saking amparan [ampara...]

--- 6: 254 ---

[...n] kancana murub | nitih kuda Sri Bathara Rustamaji | kamot kaprabon prang pupuh | mangsah nêngah ing palugon ||

5. alon dènnya sumaur | ya ingsun iki kang duwe laku | ngirid bala anêkani ing sirèki | Prabu Nyakrawati ingsun | Rustamaji namaningong ||

6. sutambyah ibuningsun | putri Mêdayin Rêtna Marpinjun | wus ingadêgakên prabu nyakrawati | ratu binathara ingsun | Raja Uktur muwus alon ||

7. wong agung sira iku | dadi dêksura sariraningsun | angladèni aprang tanpa gada tangkis | ing ramanta Jayèngsatru | katon tan ngajèni ingong ||

8. iya balanirèku | duk mau aprang sanadyan ratu | iya mau tanpa gada paris mami | nadyan ratu jêr balamu | mundhut gadane sang katong ||

9. prapta lan parisipun | gada agêng wawrat tigang èwu | ing kati mas sabongkot tal agêngnèki | payo prang prapta gadèngsun | paran sakarsa sang katong ||

10. alon dènnya sumaur | iya Gajimăndalika Uktur | payo laknat sira anggadaa dhingin | sira musrik ing Hyang Agung | pangidhêpmu kadi sato ||

11. pan dudu caraningsun | iya yèn aprang dhingini mupuh | anauri Uktur Măndalikagaji | dèn prayitna ingsun pupuh | măngsa wurunga ajur amoh |[5]|

12. angundha gadanipun | Raja Gajimăndalika Uktur | masang tangkis Sri Bathara Rustamaji | maras kang sami andulu | gada [ga...]

--- 6: 255 ---

[...da] gêng saêtal bongkot ||

13. bala surak gumuruh | Raja Gajimăndalika Uktur | gya tumêmpuh ing paris kuwat nadhahi | gigiring turăngga jêpluk | tiba kasingsal sang katong ||

14. tangi sigra angunus | pêdhang mêrpêki Sang Raja Uktur | gya pinêdhang bakarkabir surat wilis | sukune sakawan rampung | pêjah kang kobra angrimong ||

15. tibane kajarungup | Raja Gajimăndalika Uktur | kajungkêlit ing siti dèrèng atangi | gya cinandhak sukunipun | kinuwatkên mêksa abot ||

16. baju jêbol malêdug | de jêploke ula-ulanipun | mêdalkên rah saking netra saking kuping | busanane sadayancur | panyêkêle sampun kêndho ||

17. sigra panggronjalipun | Raja Gajimăndalika Uktur | sampun uwal saking asta Rustamaji | Rustamaji pan sumaput | lawan rah sami kakotos ||

18. saking netra sing irung | ing lathi purus kalawan dubur | ingkang badan sakojur amêtu gêtih | abang irêng manjur-manjur[6] | gubrah rah sadaya tinon ||

19. arsa cinandhak wurung | marang Raja Gajimăndalika Uktur |[7] dènnya katon kanine lir dèn sirami | ludira sariranipun | Rustamaji anggêloso ||

20. wau panandêripun | turangganira kinêtab mamprung | prapta rana Radèn Putra Atasaji | angalingi ramanipun | anarik pêdhang tumêmpoh ||

21. mêdhangi goprak-gapruk | Raja Gajimăndalika [Gaji...]

--- 6: 256 ---

[...măndalika] Uktur | sru têtanya sapa satriya sirèki | durung pantês aprang pupuh | anglawan ing yudaningong ||

22. sugal dènnya sumaur | lan datan kèndên[8] pamêdhangipun | iya ingsun satriya Rab Atasaji | Prabu Rustamaji iku | ingkang pêputra maring ngong ||

23. patutane wak ingsun | ya putri adi ing Mêdhangpupus | iki putu Wong Agung Surayèng Bumi | Gajimăndalika Uktur | manthuk-manthuk muwus alon ||

24. aja prang lawan ingsun | maksih rare têmên sirèku |[9] eyangira samêngko ana ing ngêndi | kang pantês aprang lan ingsun | Uktur dènnya muwus alon ||

25. babo mundura gupuh | pan ramanira lagi atatu | hèh gawanên mundur iya sun alimi | tan sun supriha ing lampus | rajaputra ngawe kang wong ||

26. prapta kang bêkta tandhu | lajêng binêkta wau sang prabu | Sri Bathara Nyakrawati Rustamaji | baris tinêtêgan mundur | kalihe sami makuwon ||

27. tangis umyang gumuruh | sagung ingkang para ratu-ratu | sapakuwon praptane samya anangis | sinarèkakên Sang Prabu | Rustamaji wus kalêson ||

28. ing wanci têngah dalu | seda kunduran saking prang pupuh | Raja Taltal amatah mantri tinuding | mring paman Urmus Sêmakun | dalu budhal kang kinongkon ||

29. miwah ingkang anusul | Pangeran Kelan barisanipun | Rajèng Kaos lan wayah Rajèng Betarti | sami mangkat dalu-dalu | sakathahe [sa...]

--- 6: 257 ---

[...kathahe] kang kinaot ||

30. ing marga tan winuwus | prapta kang marang Urmus Sêmakun | ingaturan ingkang putra anêmahi | prang lan Măndalika Uktur | gugup sang narendra karo ||

31. budhal sabudhalipun | atawan tangis sami kasusu | tan kawarna ing marga pakuwon prapti | sinundhang layone sunu | èstu layon sultan anom ||

50. Sinom

1. gumuruh ingkang karuna | sagung pabarisan sami | anugêli buntut kuda | pratăndha sangêt prihatin | Raja Taltal tinuding | marang Sang Prabu Sêmakun | anaking Kalakodrat | sira mangkata pribadi | anusula Wong Agung Surayèng Jagad ||

2. mangkat sira Raja Taltal | samarga atawan tangis | lan prajurit nitih macan | tigang lêksa winitawis | tan mawi dharat siji | karya sadaya kang kantun | angruktèni tabêla | tan wus ramene kang tangis | mêngsah kèndêl Uktur Gajimăndalika ||

3. wadyane kabèh ngundhangan | aja na mêtu ajurit | apan lagi mungsuhira | gustine anandhang kanin | mangkana ingkang prapti | bupati ingkang anusul | marang Pangeran Kelan | pakuwone wus kapanggih | ingaturan kang raka sampun palastra ||

4. dènnya bêbêrêg anasar | mring kitha Sorangan nênggih | lajêng ginêcak prajanya | ratune miyos ing jurit | kang nama Raja Gaji | nênggih Măndalika Uktur | tukang amăngsa

--- 6: 258 ---

janma | Rustamaji rame jurit | sedanipun kunduran saking paprangan ||

5. duk miyarsa atêngara | budhal sawadyanirèki | dhomas para ratu ngarsa | balane kadya jaladri | Pangeran Kaelani | samarga-marga amanggung | udrasa sedanira | kang raka kunduran jurit | sabalane sami atawan karuna ||

6. Prabu Sayid Ibni Ngumar | lan putra Natèng Betarti | Sang Prabu Aris Munandar | gêgancangan sawadyèki | wau kang sampun prapti | kutha Măndalika Uktur | sira Pangeran Kelan | nitih kuda jonggiraji | kadya palwa antuk angin dhinayungan ||

7. ing dalu pukul sadasa | Jêng Pangeran Kaelani | sarêng lawan arinira | Rahadèn Hasim Katamsi | prapta lajêng ngrukêbi | layone kang raka prabu | Urmus Sêmakun samya | mire anganan angering | anjagani ingkang putra kalih pisan ||

8. adangu Pangeran Kelan | tan wungu dènnya nungkêmi | sagung ingkang para raja | atut samya munggèng wuri | atusan damar lilin | sawêntis-wêntis gêngipun | wau Pangeran Kelan | wungu ingkang paman kalih | Raja Urmus Sêmakun alon mangrêpa ||

9. anak mas aja dinawa | pupusên têkdiring Widi | raka para wus dilalah | mung samono yuswanèki | ngêndi ana wong jurit | amungsuhan ratu agung | nungkulkên para paman | lan nungkulkên para ari | ratu abot Uktur Gajimăndalika ||

10. wau

--- 6: 259 ---

Jêng Pangeran Kelan | wungune dènnya nungkêmi | marang layone kang raka | netyane pucêt aputih | tinon asawang mayid | dupi wau dangu-dangu | netyane rêngu prapta | cinipta ingkang mêjahi | mring kang raka sri bupati ing Sorangan ||

11. Uktur Gajimăndalika | kaya agea pêpanggih | amalês sedaning raka | kumutug braja mukandik | kêjot padoning lathi | sumung jaja latu-latu | muka sawang dahana | yayah kadya anggêsêngi | mung saêjam gêmpure kutha Sorangan ||

12. kumêdut-kêdut kang asta | thukul ciptanirèng galih | wus katon kacakrabawa | ing cipta karsa nandangi | mring raja mungsuh aglis | Gajimăndalika Uktur | eram kang sami mulat | mring Pangeran Kaelani | cahya kadi dahana kang mulad-mulad ||

13. sirna sipating busana | sadayane amarnani | sampun koyup ingkang cahya | kadya ulade kang gêni | kêkês ingkang ningali | ing runtike rajasunu | durung anon miyarsa | sujanma ngisoring langit | prabawane duka kadi putra Kelan ||

14. ulade brajaning muka | sor ulade damar lilin | pantês tungguling nagara | sigra ingkang paman kalih | Urmus Sêmakun sami | marêpêki muwus arum | dhuh anggèr putraningwang | aja anarka sirèki | misesèng prang maring Uktur Măndalika ||

15. karana iki pakaryan | iya salahe pribadi | raka para kang amawa | ngalu[10] prang sapa ngidèni [ngidè...]

--- 6: 260 ---

[...ni] | panjinge aprang sabil | apan tri prakaranipun | lilane putra garwa | wong tuwa kalawan gusti | lamun nora mangkono sabile batal ||

16. rinangkul Pangeran Kelan | marang ingkang paman kalih | aja kaya kakangira | kang wus luput praptèng pati | ya dimèn dèn lakoni | dhewe mring kakangirèku | pan iki karsanira | ingurus kalawan pikir | aja kongsi tumindak kalawan nistha ||

17. pan wus kocap ing carita | padha putra ing Mêdayin | Raja Sêmakun punika | wignya ing tyas agal alit | anglêr yèn darbe pikir | kataman ing agal lêmbut | yèn aprang têtêg gagah | prakoswa wantah ing jurit | têtêkone êndi iki ênya ika ||

18. wuwusên pangêlusira | mring kang putra Kaelani | lah nyawa dèn eling sira | padha putra Pusêr Bumi | gêgambèn amungkasi | ing prang prakoswa debya nung | tungguling para putra | wus katon labêtirèki | asêmbada warna pêkik tanpa sama ||

19. amindha yanghyanging jagad | lan alus ambêkirèki | wani asor barang tingkah | tyasira anrus mêmanis | amot apura yêkti | wani katon ing rahayu | nyawa arum kewala | kang uwis sira tindaki | isining rat siji tan ana kang nacad ||

20. barang kang tinitah dunya | sêmut rayap jangkrik gangsir | kêbo sapi bèbèk ayam | kabèh isine wanadri | lan isining jaladri | mèlu

--- 6: 261 ---

muji ing sirèku | muluk kalok ing jagad | mêngko karsanira kaki | têka nyimpang ing bêcik anêmpuh nistha ||

21. ambelani kadang tuwa | luput ing prang praptèng pati | anut tyas gambira nistha | anglêbur kramaning jurit | palikramèng narpati | kadangira kang wus lampus | yèn ingsun maksih ana | kinaryaa nunggal baris | patènana si paman iki kalihnya ||

22. yèn sira kudu amêksa | alila lunasên aglis | mendah kang nuduh maring wang | uripa amênggik-mênggik | bênêr kang nutuh sami | dene ana wonge dhawuk | wong anom kongsi nistha | nêmpuh kanisthaning jurit | gawe apa urip tuwa tuwa băngka ||

23. kalairan rong prakara | cacadira ing ajurit | yèn sira andhinginana | malês amarwasèng jurit | kêkiwul amatèni | Gajimăndalika Uktur | jêr maksih duwe kadang | putra pra ratu prajurit | kang ngalangi anyandhêt bramatyanira ||

24. Jayusman Samsumirijal | anak Prabu Parangakik | lan anak Prabu Karsinah | Ruslani Danurusamsi | yèku pantês kang dhingin | padha anêkakna nêpsu | iya sabab kang tuwa | barang gawe wajib dhingin | yèn pakone kang tuwa kang nom tumandang ||

25. wau kalane miyarsa | Jêng Pangeran Kaelani | mring ngandikane kang paman | Prabu Sêmakun tur pati | aja magut ing jurit | Gajimăndalika Uktur | nyandhêt bramatyanira | têmah [tê...]

--- 6: 262 ---

[...mah] karuna tan sipi | wus karuna ki putra lajêng kantaka ||

26. sinundhang marang kang paman | sarirane kadi wêsi | dinumuk atos sadaya | keran-keron kang para ji | dadya atêmah tangis | sagunge kang para ratu | satriya myang punggawa | susah kabèh kang prajurit | ya ta kunêng gêntya malih winurcita ||

27. lampahira Raja Taltal | bala pinarênca sami | anjagani marga-marga | bok ana simpangan malih | manawa dèn margani | ing tindakira wong agung | amung satus binêkta | nurut marga kang sawiji | pan wong agung lampahe tan mawi bala ||

28. amarêngi lampahira | Sang Raja Taltal pribadi | anèng ing bêbulak têbah | ningali bala lumaris | karêmpêlira kêdhik | kèndêl sayêkti kadulu | têdhak saking wahana | dupi cêlak malayoni | anungkêmi wong agung maksih nèng kuda ||

29. umatur sarwi karuna | pukulun tiwas kang dasih | rumêksa ing putra tuwan | Sang Aprabu Rustamaji | tan kenging dèn aturi | awit saking ambêburu | sapraptanipun wana | wun[11] têbih kawan dasa ri | pan anyilib mring kang paman kalih pisan ||

30. andangu kutha Sorangan | dènnya katêlanjur prapti | paminggir kutha Sorangan | lajêng kêdah magut jurit | lawan kang darbe nêgri | Gajimăndalika Uktur | tan kenging ingaturan | angantosana kang rayi | Pangran Kelan gène bêburu kapisah ||

31. miwah paman kalih pisan | Urmus [Ur...]

--- 6: 263 ---

[...mus] Sêmakun tan kêni | nganutakên ing saparan | sami kinèn têngga baris | mung sayuta wadyèki | mung salawe para ratu | amba ingkang kabêkta | kalayan wadya sakêthi | têmpuhing prang ratune sakawan pêjah ||

32. nuntên gusti ngawaki prang | tan kenging dèn tanggulangi | rame têmpuhing ayuda | adangu anandhang kanin | tiba gumuling siti | Gajimăndalika Uktur | ingangkat datan kangkat | puring prang kasaput ratri | praptèng kuwu kunduran gusti palastra ||

33. rubung sagung para nata | Prabu Lamdahur anjawil | hèh yayi ing Kalakodrat | wong agung sira jagani | dèn padha ngati-ati | apan adate wong agung | langkung trisna mring putra | ingsun nèng têngên turanggi | ya ta wau wong agung duk amiyarsa ||

34. mring ature Raja Taltal | sumaput tan tolih dhiri | kawratan trisna mring putra | ngadêg saluhur turanggi | aniba anèng siti | wau sêdyane wong agung | nanging prayitnanira | Raja Salsal kang nadhahi | pan kumabruk lajêng binopong kewala ||

35. prakosa Sang Raja Salsal | tan osik dènnya nadhahi | tibane saking turăngga | tumanduk para narpati | prasamya anangisi | gumrumung nungkêmi suku | kêkambiling turăngga | linemekan sinjang putih | sinarèkkên wong agung dènnya kantaka ||

36. wus dangu panglilirira | wontên duta prapta malih | saking kang rayi Gumiwang | Prabu Sêmakun kang nuding | pun Raja Bulêndarin | wong

--- 6: 264 ---

agung lagya pêpungun | matur sarwi manêmbah | kawula atur upèksi | rayi tuwan Prabu Sêmakun kawratan ||

37. rumêksa ing putra tuwan | Jêng Pangeran Kaelani | runtik kêdah magut ing prang | kang paman kalih ngambêngi | amalês pati maring | Gajimăndalika Uktur | yèn suwawi nuntêna | inggale paduka prapti | pamêksane katèmpêr sarêng ambêngan ||

38. wong agung sarêng miyarsa | ture dutane kang rayi | Raja Sêmakun Gumiwang | sira Raja Bulêndarin | yèn kang putra mrih jurit | lan Sri Măndalika Uktur | kiwul magut ayuda | krodhane sêdya nêkani | ginondhelan mring kang paman kalih pisan ||

39. sigra anitih turăngga | askardèwi cinamêthi | adheyan lampahing kuda | gugup kang para narpati | kang ngamping kanan kering | Sri Salsal lawan Lamdahur | kêkalih kadi patah | tan pisah ing kanan kering | kang jinaga bok èngêt putra kantaka ||

40. adat niba saking kuda | punika dèn kuwatiri | dadya sagung para nata | turanggane animbangi | adheyan sadayèki | ngayap kanan kering pungkur | lêpas ing lampahira | Raja Taltal Bulêndarin | anèng ngarsa pangirid atêdah marga ||

41. lamat-lamat katingalan | saking doh wadya Rab sami | katon ingkang angon jaran | dangu dènira ningali | sadaya kang turanggi | têtugêlan buntutipun | tăndha prihatin dahat | barise

--- 6: 265 ---

wong Pusêr Bumi | duk tumingal Kalana Surayèng Jagad ||

42. aniba saking turăngga | Raja Salsal anadhahi | nulya sagung para nata | sadaya sami nulungi | Raja Salsal gagahi | amangku kantakanipun | lawan Sang Prabu Selan | amêngkul sukunirèki | mustakane kang mangku Sang Raja Salsal ||

43. malih ingkang kawuwusa | Sang Aprabu Parangakik | lawan Sang Prabu Karsinah | katiga Irman Mêdayin | sadaya ingkang maksih | anèng Kalakodrat tugur | sarêng wau miyarsa | budhal sri narendra katri | pan sadaya budhal saking Kalakodrat ||

44. ginêlak lampahing bala | ing marga datan winarni | dalêdêg balane prapta | ing barise Rustamaji | kuthanira narpati | Gajimăndalika Uktur | tumamèng pasanggrahan | piyak sagunge para ji | sami jêtung praptane ratu têtiga ||

45. sampun wontên ing bandhusa | layonira Rustamaji | sang aprabu ing Karsinah | tuwin Prabu Parangakik | katri Natèng Mêdayin | sami nênggak waspa minggu | dangu tan bisa ngucap | sèwu susah sèwu sêdhih | sami tan wrin darunanipun ing aprang ||

46. dènnya nêmahi palastra | ingkang rayi Rustamaji | pangungune kayaparan | dhêlêg-dhêlêg langkung sêdhih | dangu madêk kang runtik | brajaning muka kumutug | kadya age marwasa | ratu ingkang amatèni | sira Raja Uktur Gajimăndalika ||

47. ing ambêngan ingkang paman |

--- 6: 266 ---

Raja Sêmakun miranti | mring kang putra kalih pisan | ing Karsinah Pangakik |[12] dènnya bramatya aris | kèndêl prasami tumungkul | obah gègèr ing jaba | Wong Agung Surayèng Bumi | praptanira pinucung kang para putra ||

51. Pocung

1. sarêng rawuh têdhak sagung para sunu | nêmbah nguswa pada | wau ingkang rayi kalih | Raja Urmus Sêmakun katiga Irman ||

2. nguswa suku anangis Prabu Sêmakun | wong agung sêksana | nungkuli bandhusanèki | sarwi jêtung angungun anênggak waspa ||

3. tangisipun Darundiya sênggrak-sênggruk | wong agung umiyat | mring kang putra Kaelani | mukanira ambêrbabak ngêmu duka ||

4. netranipun lir mêtu gêni kumutug | eram kang tumingal | dene dèrèng kêna lilih | bramatyane Pangeran Amiratmaja ||

5. aris sampun sadaya sami pinupus | wong agung ngandika | saosa Darundiya glis | kang ngatêrna kunarpane sutanira ||

6. patang atus anggawaa bala ratu | sira nuwanana | yayi prabu ing Mêdayin | tur sandika miwah Prabu Darundiya ||

7. gya wong agung ngandika mring para ratu | padha èstrènana | kabèh kang para narpati | wayah ingsun Si Atasaji madêga ||

8. ratu agung binathara mahaprabu | anggêntèni rama | Nyakrawati Atasaji | para ratu sami ngèstrèni sadaya ||

9. wus misuwur Atasaji madêg prabu | wau [wa...]

--- 6: 267 ---

[...u] kawarnaa | kang tinuduh têngga baris | angêpunga kutha Gajimăndalika ||

10. kalih èwu kang pinatah para ratu | senapatinira | Sang Natèng Ngrum Burudangin | kinanthenan ratu moncol Kewusnendar ||

11. ingkang agung balanira para ratu | aja mêtu ing prang | yèn mungsuh nora mêtoni | ya Si Raja Uktur Gamăndalika |[13]|

12. sawusipun mêmatah budhal wong agung | kêrik para putra | ngiring layon Rustamaji | badhe kèndêl ing nagari Kalakodrat ||

13. ingkang banjur marang Kuparman angubur | sira Prabu Irman | Mêdayin lan Natèng Bangid | awatara wontên bala pitung yuta ||

14. ingkang agung Kalakodrat kèndêlipun | rinakit layonnya | adate ratu prajurit | palangkane tinumpakakên bandhusa ||

15. apan sagung daludag lan umbul-umbul | sêsêbaran dinar | yèn kala lumakyèng margi | sadinane pêsthi patang èwu dinar ||

16. uncalipun kumbala pan sinjang ciyut | sabaranging sinjang | sutra kalawan cawêni | patang puluh kodhi têlase sadina ||

17. songsongipun ing layon sadaya satus | nèng nginggil palăngka | panakawan alit-alit | punika kang sami nyêbarakên dinar ||

18. tan winuwus Kalakodrat sampun rawuh | layon winiwaha | ing puji kalawan dikir | panuwune urmate Sang Raja Salsal ||

--- 6: 268 ---

19. kaum-kaum alêksa dalu gumuruh | mangkana sawusnya | jangkêp kawan dasa ari | binudhalkên marang nagari Kuparman ||

20. labêtipun layon ing panyèlèhipun | anèng Kalakodrat | kinarya astana adi | pagêr bumi korine tinundha sapta ||

21. cinacungkup cinapuri lapis pitu | bupati sakawan | salamine juru kunci | langkung asri rinarêngga kang astana ||

22. kang winuwus wau layon lampahipun | kang marang Kuparman | ing marga datan winarni | mèh praptane anèng nagari Kuparman ||

23. wus gumuruh praptane layon gumuruh | Radèn Warindiya | gègèr otêr sanagara |[14] sêntanane saking ibu sakin rama ||

24. kadya guntur tangise wong sapraja gung | kang amatah-matah | sagunge para nrêpati | Rêtna Dèwi Marpinjun agung kantaka ||

25. ingkang ibu Juru Jinêm agung nayut | babo amupusa | elinga titahing Widi | pan putumu iku bae tingalana ||

26. dadi liru ing cupête ramanipun | madêg binathara | Nyakrawati Atasaji | wis mupusa Si Rustamaji dilalah ||

27. mati saru nungkulkên wong tuwanipun | pamanane padha | kadange ora udani | kang pinagut ratu datanpa sasama ||

28. ratu wudhu Gajimăndalika Uktur | Sang Putri Karsinah | Parangakik Burudangin | ngêlus-êlus Marpinjun sungkawanira ||

29. lurung-lurung

--- 6: 269 ---

warata panjêranipun | tunggul lan daludag | bandera sadaya putih | kayon-kayon agodhong cawêni kasa ||

30. pan malêdug Kuparman ing măngsa iku | wadya jro nagara | sadaya anganggo putih | anglabuhi ingkang lagya dhandhanggula ||

52. Dhandhanggula

1. tundha-tundha ingkang mêthuk sami | awit lêlakon ing patang dina | wong Kuparman pamêthuke | wau ta praptanipun | kadya robe ingkang jaladri | kang prapta kang amapag | tan aliyanipun | busana putih sadaya | Raja Irman Mêdayin ingkang rumiyin | layone wurinira ||

2. wuri layon sang nata ing Bangit | lawan patang atus kang pra raja | kabèh putih busanane | adikir kadya guntur | awor lawan sambate tangis | cinrita kalih wulan | munggèng ing wêwangun | praptane kèndêl pinêrnah | têlasira kang wadya sami ngurmati | wusnya lajêng pinêtak ||

3. kilèn kitha wangun Arlisarwil | tinuguran wusnya tigang wulan | kubure tinugur mangke | amung wau kang kantun | juru kunci ratu kêkalih | balane patang lêksa | pacak karya dhukuh | pan sarya ngapit nagara | gêmahira ing astana Arlisarwil | mangkana Raja Irman ||

4. anguruni bupati satunggil | tumut têngga astanane putra | rong lêksa saprajurite | apacak wisma sampun | nyai agêng sang pramèswari | badhene wus kinarya | yèn seda [se...]

--- 6: 270 ---

[...da] ing ngriku | anunggil kalawan wayah | ora tunggil lan natèng raka Mêdayin | kêdah seda Kuparman ||

5. sinarèkêna ing Arlisarwil | wus mangkana ingkang winurcita | Atasaji karatone | samêktane kaprabun | binathara anyakrawati | Narpati Darundiya | kang among ing kewuh | kang eyang Sang Raja Irman | ingaturan kundura anèng Mêdayin | nêntrêmêna kang wadya ||

6. angolaha enake wong cilik | Raja Irman tan suwalèng karsa | sing parentah ing wayahe | kunêng malih cinatur | pan Wong Agung Surayèng Bumi | kang anèng Kalakodrat | sawadya mangun kung | para ratu para putra | datan uwuh prihatin bala lan gusti | wau Sang Raja Salsal ||

7. andhatêngkên sabên-sabên ari | salin-salin warnaning kasukan | amrih lipuring gustine | acangkrama dêdulu | patilasan ing nguni-uni | duk akarya baita | ing nguni Nabi Nuh | mah kinêlêm jamanira | wontên pawon kang tilas mêtokkên angin | topan kalawan toya ||

8. tunggakipun kajêng iku maksih | kang kinarya Jêng Nabi Nuh palwa | sawulan mubêng tunggake | wong agung sare ngriku | tirakatan kawan dasa ri | lawan bêbalungira | sirahipun unuk | lawan bêbalunge asta | bêbalunge pukang wontên nagri Mêsir | amung pukang satunggal ||

9. untonipun apan sami maksih | anèng ing gunung ing Kalakodrat [Kalako...]

--- 6: 271 ---

[...drat] | untu êbam siji bae | dèn goni baris agung | patang lêksa pondhokannèki | prandene nora sêsak | milane wong ngriku | saurute pan prakoswa | lamun agêng anglabêt namanirèki | ngangge unuk sadaya ||

10. iya dene pangalape sami | sami putra Nabi Nuh sadaya | unuk kang kuwasa dhewe | apan luwih gêngipun | ora kêlêm padha tumuli | nadyan namaning Salsal | iya nganggo unuk | gih Sang Prabu Unuk Salsal | ing Sorangan Unuk Măndalika ugi | Uktur jêjulukira ||

11. ratu ingkang agêng kratonnèki | yêkti nganggo unuk nadyan Rokam | Sang Raja Unuk Gulangge | ana urut ing ngriku | nama ngangge unuk wus luwih | dene Unuk Marjaban | nadyan padha mantu | nadyan sang prabu ing Rokam | luhur dhewe sang ratu ing Ngambarkawit | Raja Unuk Marjaban ||

12. lawan wontên mantonipun malih | kang tan nganggo unuk namanira | mantune Unuk Gulangge | Nglimaya Ratu Agung | namanira Wuskahar nênggih | yèku Rajèng Nglimaya | lan malih kang mantu | Raja Prutgurgan punika | apêparab sira Sang Raja Gasiki | sami ratu prakoswa ||

13. nanging botên luhur duryadnèki | wontên malih kang kamantu marang | Sang Raja Unuk Gulangge | ing Burtun prajanipun | pêparabing Raja Ungkadi | para mantu sakawan | ingkang ngangge unuk | pan [pa...]

--- 6: 272 ---

[...n] amung Unuk Marjaban | dene trahe Ratu Agung Ngambarkawit | mung satunggal kang nama ||

14. ya ta wau Sang Surayèng Bumi | tuwuk cangkrama tuwuk kirakat[15] | nèng Kalakodrat lamine | ginubêl para sunu | ingkang sami kêdah ajurit | lan Unuk Gajimănda- | lika Uktur Prabu | ingkang putra tuwin wayah | lan sagunge ingkang para ratu sami | tan wontên sinung aprang ||

15. nênggih lawan Raja Uktur Gaji- | măndalika sakalangkung awrat | dudu manungsa yêktine | pan para ratu-ratu | gih gêgêdhêgira sabumi | wong agung wus sanega | lan sawadyanipun | anèng nagri Kalakodrat | Unuk Salsal Taltal bêbarêpi baris | cucuk Sang Raja Calcal ||

16. wontên duta kapêthuk ing margi | Natèng Êrum Brudangin tur wikan | Natèng Yujana dutane | atur uninga lamun | ingkang sami atêngga baris | angêpang kithanira | Măndalika Uktur | lami tan mijil ing aprang | sami nuwun parentah narendra kalih | punapa ginêcaka ||

17. ponang duta iku pan winêling | yayi karo ngantia maring wang | aja mungsuh ratu kuwe | jajahannya pukuluh | lêbar sami dipun gêcêki | kang sami măngsa janma | măncaprajanipun | amung pun Unuk Marjaban | lan Baktiyar punika kang sami mijil | saking lêbêting kitha ||

18. kang kinarya sêmanging ajurit | anging datan tanggên ênggènira | ngêlămpra wana barise [bari...]

--- 6: 273 ---

[...se] | sagung bupatinipun | ing Sorangan măncanagari | ngumpul Unuk Marjaban | dènnya baris tugur | pinukul prang apan oncat | wontên kawan yuta Natèng Ngambarkawit | lawan Patih Baktiyar ||

19. amit nêmbah duta Burudangin | gêgancangan tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisane | tundhuk lan gustinipun | Sang Natèng Ngrum ing Burudangin | raka paduka prapta | lan sawadyanipun | tuwin para rajaputra | sigra dandan Sang Natèng Ngrum Burudangin | lan Sri Natèng Yujana ||

20. samya mêthuk wong agung kang prapti | wus apanggih lan Sang Kakungingrat | katur ing sapawartine | yèn Măndalika Uktur | lami datan miyosi jurit | wong agung masanggrahan | lawan para ratu | ing dalu sami drawina | abujana karamèn sagung para ji | miwah kang para putra ||

21. pan sadalu kawuwusa enjing | sira Prabu Sri Tasangsulngalam | lan Kewusnendar ature | yèn suwawi pukulun | nuntên gêcak kitha puniki | dimèn amijil aprang | Măndalika Uktur | wong agung alon ngandika | iku durung yayi prabu karsa mami | sasukane kewala ||

22. nêmbah matur Natèng Burudangin | dasih paduka kang para nata | dêstun kêdah pranga age | lan Măndalika Uktur | botên ketang tumpês ing jurit | gusti badan amba |[16] inggih darmi matur | wong agung malih ngandika | yèn mêngkono yayi Prabu

--- 6: 274 ---

Burudangin | anggawea pratăndha ||

23. nanging ana kadrêng akon mijil | lamun sira anggawe pratăndha | yèn ora mêtu dimèkne | aja maksa sirèku | yayi Salsal paran sirèki | nêmbah Sang Raja Salsal | inggih ta pukulun | alêrês rayi paduka | kakang Prabu Sang Natèng Ngrum Burudangin | sakèthènge kang wetan ||

24. tuwan bukaa lamun kadugi | yèn wus mênga nuntên kèndêlana | apan ing ngriku arane | sayêkti nuntên mêtu | gya wong agung ngandika aris | yèn lawange wus mênga | tinggalên riningsun | yèn mêngsah tan purun mêdal | sawindua sayêktine sun antèni | Si Uktur Măndalika ||

25. sigra nêmbah Natèng Burudangin | bêkta bala mung sakêthi kuda | salêksa mung dipanggane | bandera myang lêlayu | umbul-umbul kang botên mawi | binêkta luhur kuda | bandera lêlayu | ngubêngi kutha Sorangan | wong jro kutha prajurite nêningali | nanging tan wontên mêdal ||

26. sawusira ngubêngi kithèki | kèndêl kori sakèthèng kewala | piyak sagung prajurite | kang wontên ngarsanipun | ngêtab gajah sri narapati | mêrpêki lawang kutha | sigra dènnya ngulur | amutêr palu rante mas | kinosèrkên ingayat sinabêt aglis | sumyur pating palêsat ||

27. kinosèrkên ing kanan lan kering | luluh rêbah bata lawang kutha | sirna lawan panggungane |

--- 6: 275 ---

malumpat gajahipun | sri bupati pan sampun prapti | jroning larèn katingal | kang tunggu lumayu | prajurit para dipatya | angantosi asore mêngsah kang prapti | Prabu Tasangsulngalam ||

28. panyabête anganan angering | wontên dohe sapatiban panah | sirna tan nunggak batane | rata lan lêmahipun | kinoseran palu rantèki | nulya wangsul sang nata | lan sabalanipun | ing pakuwon amiyarsa | panyabête kang swara lir ruging wukir | rêbah sirnaning bata ||

29. kang atêngga palayune prapti | matur nêmbah marang ratunira | duk rumbu-rumbu gêrahe | sangêt kuwayonipun | duk prang lawan Sang Rustamaji | pukulun kori rêbah | lan banone gêmpur | wontên satiban pêmanah | luluhipun banone rata lan siti | pinalu ing rante mas ||

30. warti raja ing Ngrum Burudangin | ingkang rayi ing Sang Kakungingrat | kori kang amalu rante | tuhu lamun pinunjul | prakoswane Sri Burudangin | prawira măndraguna | inggih nuntên wangsul | pun Raja Tasangsulngalam | angandika lah padha pulihên maning | bupati ambêk taha ||

31. ingsun durung arsa mêtu jurit | mungsuh iku Si Surayèng Jagad | anake sêmono bote | mendah ta bapakipun | mila ingsun angati-ati | nulya sagung punggawa | mulih banon rubuh | miwah kori dinandanan | pandhe kawan atus ingkang [ing...]

--- 6: 276 ---

[...kang] karya gapit | wêsi kabèh korinya ||

32. wus mangkana pêndhakipun enjing | Raja Salsal matur aturira | pukulun èstu kèndêle | korine ingkang rubuh | sapêmanah nganan lan ngering | pinalu ing rante mas | ing rayinta prabu | mangkya pinulih kewala | kintênipun sawêg apradandan pikir | pun Gajimăndalika ||

33. wau Wong Agung Surayèng Bumi | wruh sêmune ing sang putra Kelan | dene maksih bramatyane | cahya anglir sitèngsu | ingkang sorot kuning awilis | mangkya wilise sirna | kadya gêni murub | bêranang akatar-katar | samya eram kang mulat para nrêpati | ing nêbsu kang mangkana ||

34. tuhu putra pituruning Widi | angluwihi sagung para putra | ing cahya miwah wangune | manawi Nabi Yusup | ing sairib bisa ngiribi | pangeran ing Suwăngsa | sajagad pinunjul | baya Dèwi Kelaswara | tinurunan ing wahyu ingkang sêjati | dènnya putra mangkana ||

35. ingkang rama angandika aris | sutaningsun Ki Jaswadiputra | ing Kelan dandana age | lan sawadyanirèku | para ratu dhomas ywa kari | ipemu karo padha | lan sabalanipun | Burudangin lan Yujana | apadene iya Sang Natèng Sêrandil | kalawan putranira ||

36. Urmus Sêmakun kang dèn bêciki | upayanên Kya Patih Baktiyar | padha suprihên elinge | aja kongsi kêlantur [kêla...]

--- 6: 277 ---

[...ntur] | awèt padha angrusak bumi | sadaya matur nêmbah | ngandika wong agung | hèh yayi ing Kalakodrat | pan Si Patih Kalkal gawakna ing margi | maring atmajanira ||

37. Kyana Patih Kalkal dèn prentahi | anggawaa patang kêthi wadya | nitih macan sadayane | ingkang tuduh dêlanggung | sigra nêmbah kang putra aglis | lan sagung para nata | ngabêkti kumrubut | sigra atêngara budhal | pan sapalih kapara kèh kang lumaris | lan kang têngga ing rama ||

38. para ratu putra sadayèki | amung bala ing wong Parangteja | ingkang kari kêkêtêbe | lawan Prabu Tamtanus | miwah Iskal Iskalan sami | Sri Sadat Kadarisman | wong Ngabêsi agung | lawan Marmadi kang wadya | kang kajawi para Ratu Parangakik | lêlajêring barisan ||

39. prajurite akèh bêcik-bêcik | animbangi lan kang rayi Kelan | sami bala sadayane | mila tan wontên nyundhul | undha-usuk Hasim Katamsi | Rustamaji duk gêsang | kèh sêntananipun | nanging kèh etung kewala | nora kadi wong Kelan wong Parangakik | kabèh akèh prawira ||

40. sampun lêpas wau kang lumaris | ngiras bêbêdhag samarga-marga | akathah buron wanane | sami suka wadya gung | kèh warnane ingkang wanadri | Raja Unuk Marjaban | myarsa tuturipun | saking Kya Patih Baktiyar | yèn kêkirap putra Rab mangkya umijil | nênggih Pangeran [Pange...]

--- 6: 278 ---

[...ran] Kelan ||

41. patbêlas yuta bala prajurit | gègèr manahe Unuk Marjaban | ngoncati saking ênggone | mangkana kang winuwus | bala Kelan kang dèn prentahi | kang putra nuwun mêngsah | ing panggenanipun | Raja Sayid Ibni Ngumar | lan kang putra nênggih Sang Rajèng Betarti | tumut lawan kang rama ||

42. andon bêbêrêg suka kang dasih | ya ta sira Sang Unuk Marjaban | miyarsa ing pamisahe | Rajèng Kaos punika |[17] sukan-sukan sawadyanèki | angupaya paekan | ngrakit kêmatipun | wontên punggawa satunggal | ingkang kinèn arupa turăngga wilis | biru pan kadi sima ||

43. nanging tutul-tutulipun wilis | kang pinindha pun askarduwijan | pan linuwih yèn agênge | prajurit kalih atus | lampah nilip sami miranti | tan ana kang katingal | akiwa arungkut | lawan bêkta jêmparingnya | sikêp satus ing pratingkah wus miranti | mangkat marang ing wana ||

44. lêpas ngadhang ing têngah wanadri | Rajèng Kaos kalawan kang putra | bêburu saprajurite | wus karsaning Hyang Agung | kapisahe sri narapati | turăngga gya ngatingal | munggèng ngarsanipun | kagyat Sayid Ibni Ngumar | gya sinandêr turăngga ika ngoncati | nênggih sangsaya têbah ||

45. saya cakut sira sri bupati | eman luputa ingkang turăngga | wus kasêngsêm ing nalane | misah lan balanipun | miwah putra datan [data...]

--- 6: 279 ---

[...n] katolih | praptèng pirantinira | kèndêl kudanipun | Raja Sayid Ibnu Ngumar | têdhak saking turanggane marêpêki | saking pungkuring kuda ||

 


janma. (kembali)
Irman. (kembali)
Agung. (kembali)
gunung. (kembali)
Lêbih satu suku kata: măngsa wurunga jur amoh. (kembali)
mancur-mancur. (kembali)
Lebih dua suku kata: marang Gajimăndalika Uktur. (kembali)
kèndêl. (kembali)
Kurang satu suku kata: maksih rare têmên ta sirèku. (kembali)
10 nglalu. (kembali)
11 wus. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: ing Karsinah Parangakik. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: ya Si Raja Uktur Gajimăndalika. (kembali)
14 Biasanya guru lagu i: sanagari. (kembali)
15 tirakat. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: pan gusti badan amba. (kembali)
17 Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)