Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61)

Judul
Sambungan
1. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 01–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 12–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 22–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 33–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
6. Menak 6, Van Dorp, 1930, #1100 (Pupuh 53–61). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

53. Pangkur[1]

1. cinandhak turăngga kêna | wus rinangkul gulune nulya aglis | gumrobyag sirna kadulu | Raja Konjar anyandhak | nyikêp marang Rajèng Kaos sarwi muwus | prapta ingkang sinimpênan | kang kalih atus prajurit ||

2. angrubut pan dèrèng kêna | rame udrêg nanging wus dèn dhingini | ingkang nyikêp yêkti kuwur | mangkana wus kacandhak | wus ginodhi ing sutra mamindi sampun | inginggahakên jampana | sigra binêkta lumaris ||

3. praptèng gon Unuk Marjaban | langkung suka undhang sawadyanèki | yèn mêntas pêrang lokipun | iku badhe ginawa | dimèn asab pratingkahira têtêmu | lawan ingkang maratuwa | wus lami kesah ajurit ||

4. tan antuk tutup wêdana | tiwas ing pang loke pan nora bêcik | kaewan ing marasêpuh | miwah prajurit samya | dene kaduk saatur kaparèng ngayun | ing mangke purun mantuka | lan gawa Patih Mêdayin ||

5. budhal sagung wadyanira | sira Unuk Marjaban sukèng galih | antuk tawan putunipun | dene Sang Kakungingrat | raja wayah dhasar andêle prang pupuh | prakoswa asugih bala | Narpati Kaos nagari ||

6. ing marga datan winarna | lampahira Unuk Marjaban prapti | nagri Ngrokam [Ngroka...]

--- 6: 280 ---

[...m] ujwa sampun | sang nata duk sineba | Raja Unuk Gulangge marang wadya gung | prajurit prawiranira | miwah satria pra aji ||

7. Kyana Patih Bakubaham | tur uninga Unuk Marjaban prapti | sartantuk tawan pinutu | ratu andêling aprang | Raja Sayid Ibni Ngumar namanipun | kawayah puniku marang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

8. mèsêm Sri Bupati Ngrokam | ratu agung tan samar rèhing batin | lan bêkta pêpatihipun | Mêdayin Ratu Irman | sigra têdhak sang nata saking manguntur | sampun munggèng pagêlaran | ngandika sri narapati ||

9. hèh sira Unuk Marjaban | apa têmên gonira andon jurit | paran ta mêngko kang mungsuh | Unuk Marjaban mêrak | ngaras pada punika kawula antuk | kang wayah Sang Kakungingrat | prawira andêling jurit ||

10. langkung prakoswèng ayuda | inggih awrat sinandhang ing ajurit | Rajèng Kaos namanipun | Sri Sayid Ibni Ngumar | pan kêtawan samadyaning prang pukulun | manthuk Sri Bupati Ngrokam | ing mêngko ana ing ngêndi ||

11. tur sêmbah Unuk Marjaban | wontên jawi gawanên ngarsèng mami | Unuk Marjaban angutus | ngenggalkên kang jêmpana | ingaturan têdhak manjing alun-alun | binayang ing kering kanan | kang cahya anukmèng sasi ||

12. duk mèh prapta ngarsanira | katingalan nukmèng diwangkarenjing | kagyat wau sang aprabu | dupi manjing têratag | tinêdhakan [ti...]

--- 6: 281 ---

[...nêdhakan] Unuk Gulangge amêthuk | cinandhak ngaturan lênggah | nèng wijoan palowani ||

13. orêging wong sanagara | eram mulat cahya kang mindha sasi | angandika sang aprabu | hèh putra Raja Arab | sampun susah manggih makatên pukulun | sampun wiyahing ayuda | yèn tiwas pêsthi nêmahi ||

14. Prabu Sayid Ibni Ngumar | anauri suka kula sang aji | yèn kasor têngah prang pupuh | tan wontên rinaosan | dene kula puniku margi bêburu | miyat kuda anèng wana | punika kêmatirèki ||

15. Gulangge alon ngandika | tuwan botên kêni madyaning jurit | Unuk Marjaban turipun | punapa inggih dora | Ibni Ngumar alon wau dènnya muwus | makatên punika gampang | kula paduka uculi ||

16. nuntên tuwan abên ing prang | pun Marjaban dimènipun mêpêki | kapraboning aprang pupuh | kawula karo asta | yèn kasoran dèn godhia malih ingsun | punika atur kawula | Gulangge suka tan sipi ||

17. Unuk Gulangge anyandhak | Sayid Ibni Ngumar wus dèn uculi | Unuk Marjaban sirèku | nganggoa prajuritan | ingsun adu aprang kono ngalun-alun | Baubaham parentaha | baris kalangan ing jurit ||

18. lawan saosa turăngga | risang putra dimèn nitih turanggi | sêksana wus rakit têpung | orêg sajro nagara | ting balêbêr janmèntri[2] gung alit têpung | datan kêna sinapèha | kang arsa mulat [mula...]

--- 6: 282 ---

[...t] prang tandhing ||

19. jêjêl atab kèhing bala | kêndhih saking gêbèle kang ningali | Unuk Marjaban sira wus | nitih pragalba pêthak | manjing papan molahkên pragalbanipun | krura opyak giyak-giyak | solahe anggêgilani ||

20. mubêng sarwi mutêr gada | gêng aluhur tuhu lamun ngajrihi | sêsumbar anguwuh-uwuh | kadi banthèng katawan | Prabu Sayid Ibni Ngumar nitih sampun | turăngga manjing kalangan | dhasar wasis ing têtali ||

21. anyirig midêr ing papan | gêbyar-gêbyar kang cahya nuksmèng sasi | lir Yang Kadarwati nurun | eram sagung tumingal | pan mangkana wong Arab bedane iku | ing Ngrokam siji măngsa na | wong mangkono ulêsnèki ||

22. eram mêngko yèn matia | bok tinêbas ing dinar pitung kêthi | yèn kêna tinêbas iku | padha pinatung kathah | Raja Unuk Marjaban mêrpêki gupuh | surake rame ngundhangan | kadya udan sinêmèni ||

23. mrêpêki ngayati gada | Ibni Ngumar mênêng sarwi mrêpêki | duk tumiba gadanipun | sinăngga astanira | tan bisobah gadane sampun karêbut | sigra Sang Unuk Marjaban | tangkise ginuling siti ||

24. ginada Unuk Marjaban | kang ingangge gadanira pribadi | jumêbrèt pragalbanipun | putung gigire rêbah | kapalêsat Marjaban tiba kumabruk | tangi sigra narik pêdhang | arsa mêdhang anulya glis ||

25. têdhak saking [sa...]

--- 6: 283 ---

[...king] kudanira | duk lumarab pêdhange dèn tadhahi | sinăngga paglanganipun | pêdhang rinêbut kêna | gya binuwang cinandhak wangkinganipun | jinunjung Unuk Marjaban | pinutêr saingga bindi ||

26. nèng asta kadi likasan | dangu tinon ebat ingkang ningali | sêbut binuwang amamprung | tibane tinadhahan | wanti-wanti dadya onclang sêbrang-sêbrung | kinarya pangeram-eram | wus dangu binanting siti ||

27. malêdug sariranira | mor ing lêmah Marjaban wus ngêmasi | nora kalap wangkenipun | Raja Gulangge têdhak | angurmati kinanthi ing astanipun | binêkta mring panangkilan | tinunggil dènira linggih ||

28. ing amparan nawa rêtna | angêjèpi marang rêkyana patih | Patih Baktiyar pinikut | dosane mèlu dora | anêksèni kacêkêl paprangan iku | Raja Sayid Ibni Ngumar | mila Baktiyar ginodhi ||

29. binêkta têlaga lintah | pan ingêkum lir kolah amêsagi | patang tumbak wiyaripun | ingingon lintah kathah | mot rong kêthi agênge sajanggêl jagung | cinêmplungakên sadina | jaginggis angênggik-ênggik ||

30. Baktiyar tiba kantaka | wus dèn êntas tatu lir dèn sundêpi | sinêsêp sèwu nêm atus | kêmlurusên Baktiyar | dhêlêg-dhêlêg alami tan bisa muwus | Prabu Sayid Ibni Ngumar | kalangkung dipun asihi ||

31. sinèlèh sawiji prênah | jroning pura sinungga-sungga ngênting | langkung

--- 6: 284 ---

ing pasubanipun | pisalin warna-warna | sabên ari tinunggil dhahar sang prabu | benjang yèn eyang paduka | prapta kula turkên aglis ||

32. mila anggèr sampun susah | ya ta kunêng gantya winuwus malih | Pangeran Ismayasunu | lan sawadya sadaya | gègèr dene icale dènnya bêburu | Raja Sayid Ibni Ngumar | busêkan ingkang ngulati ||

33. awor tangise kang bala | sêntanane saking ibu prasami | prajurit kang para ratu | bala kaos nagara | ya ta sira Raja Artun lan Artatun | Partaban Pirkarisuta | gêloso sami nênitik ||

34. miwah wau ingkang putra | Prabu Aris Munandar ing Betarti | miwah wau besanipun | Tasmitèn Johanpirman | sami nangis lawan marasêpuhipun | Sang Prabu Tasangsulngalam | Narendra Rum Burudangin ||

35. samya alara karuna | pan sinêbar wau ingkang nênitik | mangkana wau umatur | marang Pangeran Kelan | lamun wontên patilasan wong anubruk | labête agarêjêgan | siji dèn but dèn kathahi ||

36. sadaya sami mariksa | para ratu pantês animbang budi | nyata tilas wong anubruk | angling Pangeran Kelan | wus mupakat punika kang para ratu | sigra ngupaya wong desa | siji bêkêl dèn danani ||

54. Asmaradana

1. dhusun panggenan miranti | prajurit kang pitung dasa | dinangu walèh ature | inggih wontên putra

--- 6: 285 ---

Ngarab | ingkang pinrantèn kêna | inggih dening Raja Unuk | Marjaban sarta Baktiyar ||

2. wong agung kalih ngakali | Sayid Ibni Ngumar kêna | wartine prênah wayahe | mring Wong Agung Kakungingrat | Natèng Kaos nagara | pan sampun binêkta laju | dhatêng ing nagari Ngrokam ||

3. sawusnya aturirèki | patinggi wus inguculan | langkung kathah ganjarane | dadya mangun pagunêman | wau Pangeran Kelan | lawan sagung para ratu | ing ngriku sami sêseban ||

4. prasamya rêmbagan pikir | ecane kang linampahan | Pangeran Kelan wuwuse | jêng paman Tasangsulngalam | lan paman Kewusnendar | miwah jêng paman Lamdahur | tuwin sagung para nata ||

5. matur Natèng Burudangin | suwawi atur uninga | ing rama paduka anggèr | Pangeran Kelan punika | punapa sami rêmbag | inggih kadi pikiripun | jêng paman Tasangsulngalam ||

6. sagung kang para narpati | ature rêmbag sadaya | Pangeran Kelan dêlinge | yèn mênggah kawula paman | punika botên rêmbag | paman Urmus lan Sêmakun | inggih mupakat turira ||

7. pangeran ing Kaelani | mila kawula tan rêmbag | miwah ing karêntêngane | galihe raka paduka | mêntas kêpatèn putra | anuntên kelangan putu | watêke raka paduka ||

8. sok nêmah kêdah ngêmasi | punika ingkang rinêksa | pindho

--- 6: 286 ---

apa pikantuke | inggih yèn mênggah kawula | sami jujul mring Ngrokam | saênggènipun rinêbut | anak Prabu Ibni Ngumar ||

9. nadyan ta wus praptèng pati | paman kawula anêmah | amagut prang lan Gulangge | sanggup winèhkên arisan | sagung kang para nata | tan wontên mangsuli wuwus | sami sumăngga sadaya ||

10. nulya têngara sang pêkik | budhal nêdya maring Ngrokam | kadya samodra balane | ki patih ing Kalakodrat | Kalkal cucuking lampah | Aris Munandar sumambung | lawan Prabu Johanpirman ||

11. nulya prajurit Kubarsi | amor prajurit ing Kelan | para ratu wuri kabèh | lêlampahan tigang dina | matur bala pangarsa | katanggor wontên praja gung | nênggih nagari Nglimaya ||

12. ratu kang darbe nagari | nama Sang Raja Wuskahar | mantune Prabu Gulangge | punika mantu prakoswa | ratu andêling yuda | samya kèndêl baris agung | bêbahak bumi tampingan ||

13. senapati ngêmu runtik | Pangeran Bakdingujaman | sami bêbahak balane | gègèr kuwur awurahan | sagung bala Nglimaya | wus apacak barisipun | balane Raja Wuskahar ||

14. anèng jawi kitha nênggih | kèndêle Pangeran Kelan | sagung para ratu kabèh | tinari ngaturan sêrat | pênantang ing ayuda | apa nungkul apa magut | sira Sang Raja Nglimaya ||

15. Sang Rajèng Ngrum Burudangin [Buruda...]

--- 6: 287 ---

[...ngin] | anggèr kawula kewala | angatêrêna sêrate | gathak-gathuk padha tuwa | pan botên kalorehan | yèn jêng paman karsanipun | kawula inggih sumăngga ||

16. surat sampun dèn tampani | angrasuk kaprajuritan | anitih kuda agême | binopongakên kewala | nèng ngarsa kinanthongan | kang kinarya grênis wungu | ênggène palu rante mas ||

17. Sang Natèng Ngrum Burudangin | mundur saking ing ngajêngan | sigra nitih turanggane | adheyan maring jro kitha | datan adangu prapta | ing gapura korènipun | nênggih sakèthèng kang wetan ||

18. andhodhog wong tunggu kori | hèh prajurit tunggu lawang | wênganana dipun age | matura ing gustinira | iki caraka prapta | wong tunggu lawang lumayu | anandêr nèng panangkilan ||

19. ratune lagya tinangkil | wadyane aglar ngayunan | andangu mring pêpatihe | sapa patih ingkang prapta | apa Si Kakungingrat | Raja Arab wartanipun | ambêdhah ing Kalakodrat ||

20. patih umatur wotsari | ature abdi tampingan | ingkang mariki putrane | bêbujung raka paduka | Raja Unuk Marjaban | balane lir samodra gung | langkung kalih dasa yuta ||

21. pangeran ing Kaelani | kalih èwu para nata | sami ratu gêdhe-gêdhe | lawan ambêkta kang paman | Prabu Tasangsulngalam | ratu [ra...]

--- 6: 288 ---

[...tu] sudebya prang pupuh | kang darbe palu rante mas ||

22. lagya sakeca dènnya ngling | kêsaru kang mantri prapta | matur wontên utusane | satriya kang lagya prapta | ngirid bala awêndran | satunggal utusanipun | pantês adêdêg parosa ||

23. athi-athi ngudhup turi | rêspati ngangge makutha | kadi busananing katong | Raja Wuskahar ngandika | iya sira lêbokna | tur sêmbah wong tunggu pintu | anandêr sakèthèng prapta ||

24. sigra mêngani kang kori | Sang Prabu Tasangsulngalam | anulya linêbokake | lah dawêk nuntên lajênga | inggih ing panangkilan | ingantosan mring sang prabu | maksih wontên panangkilan ||

25. Sang Natèng Ngrum Burudangin | kang kuda lajêng adheyan | angawal kuda lampahe | ngambah lêlurung nagara | cingak ingkang tumingal | satêngah ana kang muwus | lah iku baya wong apa ||

26. ulêse tuhu rêspati | cara ratu busananya | tan pantês lumaku dhewe | sêmune liwat karêksa | dudu wong kodhèn ika | iku pantês pitung atus | dinar ajine satunggal ||

27. wau lampahira prapti | Sang Raja Tasangsulngalam | manjing ing alun-alune | maksih manggung nèng turăngga | kagyat kang sami mulat | nèng têratag têpinipun | kèndêl mudhun saking kuda ||

28. tinuntun turangganèki | marang ngarsane sang nata | kinèwèr prapta ngarsane | nyandhak kursining [kursi...]

--- 6: 289 ---

[...ning] punggawa | sinêntak wonge tiba | binêkta munggah bêbatur | ngajênge Raja Wuskahar ||

29. kêndharate dèn lungguhi | lajêng mêndhêt suratira | saking jaja jro bajune | lah ênya Raja Wuskahar | layange gustiningwang | Pangeran Ismayasunu | gêgêdhug putra Kuparman ||

30. sêrat sampun dèn tampani | gawok jomblong kang tumingal | durung nêmu wong mangkono | polahe lumaku duta | nora nana tinaha | nora taklim marang ratu | manawa malekat prapta ||

31. ujêr agama Ibrahim | padha sugih malaekat | baya iku kongkonane | kang bêdhah ing Kalakodrat | dutane Raja Arab | tan ana wani anyaru | kinèndêlakên kewala ||

32. wau duk maos kang tulis | sira Sang Raja Nglimaya | pèngêt iki layang ingong | puji mring Lata Walujwa | kapindho mring utusan | Nabi Brahim kang kasumbung | kang mêtu sarengat mulya ||

33. pangeran ing Kaelani | Amiratmaja Kuparman | wruhanira sang akatong | ing lakuningsun angambah | marang nagaranira | pan ingsun iki bêbujung | marang Si Unuk Marjaban ||

34. gawa pêpulunan mami | Prabu Sayid Ibni Ngumar | yaiku Sang Rajèng Kaos | cinidra Unuk Marjaban | ginawa marang Ngrokam | pan iku paripèhamu | padha mantu Natèng Ngrokam ||

35. yèn sira rêp awèt urip [u...]

--- 6: 290 ---

[...rip] | alungguh karatonira | jujulên ipemu kuwe | aturêna marang ingwang | lan kaponakan ingwang | nuli aturna maring sun | lamun ora mangkonoa ||

36. yêkti sun pisah tumuli | nyawa saking badanira | nora tutug pêmacane | sinêbit-sêbit kang surat | Wuskahar langkung duka | macicil bêngis amuwus | têgêse ora na lanang ||

37. mung Pangeran Kaelani | Sang Raja Tasangsulngalam | mulat rinusak surate | sumaput panon tumêdhak | sigra nitih turăngga | pasuryanira kumêdut | angosèr palu rante mas ||

38. sinabêt sri narapati | têka Sang Raja Wuskahar | kabuntêl ing palu rante | katut lan amparanira | ingubêtakên angsal | cagak têratag kasangkud | undure pamukêtira ||

55. Durma

1. wus balêdug balunge Raja Nglimaya | gègère păncaniti | prajurit rumagang | mulat gustine pêjah | anêmpuh pêksa ngêbyuki | palu rante mas | pinutêr siyutnya glis ||

2. wus karangkud prajurit para satriya | luluh kinosèr siti | sangsaya gambira | Prabu Tasangsulngalam | kang palu rante mas ngirid | siyut ngin gora | riwut bala nungkêbi ||

3. siwat-siwut andadra pamutêrira | Natèng Ngrum Burudangin | mungsuhe tumpêsan | atusan anèng ngarsa | ing wuri prapta ngêbyuki | pinalu rêbah | gêlasah bosah-basih ||

4. taratage rambat amalêdug sirna [sir...]

--- 6: 291 ---

[...na] | rêbah awor lan jisim | padhang ing ngayunan | sigra Tasangsulngalam | mulat ing pawonirèki | kabèh bêbêthak | ngingoni wong anangkil ||

5. kidul wetan saking sitinggil katingal | wontên pitu wismèki | agêng-agêng samya | gêni kangge lah-olah | pinaranan sri bupati | sinabêt sigra | winuwung saking pinggir ||

6. lajêng nêngah malêdug sumyur kang wisma | mabul-mabul kang gêni | rêmuk pitu pisan | dadya urub-uruban | dahana katut ing angin | sajroning pura | gêmpur katiban gêni ||

7. mabul-mabul andadi angalad-alad | mulat anglud kang api | gègèr bilulungan | Prabu Tasangsulngalam | eca dènira nyabêti | angering nganan | wus kathah kang ngêmasi ||

8. nyaritakkên ingkang ahlul ing khikayat | Sang Natèng Burudangin | matèni manusa | duk anèng panangkilan | tigang èwu winitawis | ingkang dèn iras | duk saking păncaniti ||

9. pira-pira wong praja ingkang kapapag | wong Nglimaya prajurit | sami pinêjahan | kabèh kang anèng marga | miwah ta ingkang amati | sajroning pura | wangke susun atindhih ||

10. kadya guntur tambuh swaraning wurahan | lir rug sakêthi wukir | kadya nêngkêr wiyat | putêr barung kang swara | wuwusên kang anèng jawi | Pangeran Kelan | lan sagung kang para ji ||

11. kagyat maras jro kitha swara gumêrah [gu...]

--- 6: 292 ---

[...mêrah] | awor kalawan gêni | bala tur uninga | èstu lêbêting kitha | pêsthi swaraning kang jurit | rama paduka | Natèng Ngrum Burudangin ||

12. kabêranang kadi mila têmah aprang | sigra têngara nitir | sagung pabarisan | kabèh sami têngara | Jêng Pangeran Kaelani | tan nganti bala | sêbut nitih turanggi ||

13. nandêr mamprung tuwin ingkang para nata | ora nganti prajurit | anandêr sadaya | wau ta kang ayuda | numpêsi saurut margi | ngrampêd karampas | bangke samargi-margi ||

14. kadya yêksa sèwu solahing ayuda | Natèng Ngrum Burudangin | praptaning gapura | tutup sakèthèngira | prajurit kang tunggu kori | sami umangsah | kinosèr palu tapis ||

15. gapura gung sinabêt korine rêbah | lajêng pipining kori | ngalih dasa dhêpa | luluh rata lan lêmah | rinata ing kanan kering | luluh lan lêmah | wau kang lagi prapti ||

16. Jêng Pangeran Kelan mulat mring kang rama | eca angrata kori | gugup rajaputra | pan punika pun paman | ing solah paduka jurit | alon turira | ratune sampun mati ||

17. punggawane tumpês anèng panangkilan | nulya kathah kang prapti | ingkang para nata | wontên satus lingira | Jêng Pangeran Kaelani | suwawi paman | wangsul kularsa uning ||

18. sami lajêng nèng ngarsa Tasangsulngalam | bangke samargi-margi | anêrucuk samya | ing wuri para nata | ningali [ninga...]

--- 6: 293 ---

[...li] saurut margi | wangke bêlasah | satêngah ana angling ||

19. nyata ngebatakên pratingkahing yuda | Natèng Ngrum Burudangin | pangeran ing Kelan | mèsêm samarga-marga | jêng paman iki mêdèni | ya ngêndi ana | wong siji anguwisi ||

20. bêdhah praja têka nora nganggo bala | gumujêng kang miyarsi | Kubarsi Narendra | asru pamuwusira | sun puji ki lurah iki | dhasar kaliwat | bangête ing ajurit ||

21. ana wadya kang nêdya ing panangkilan | ingkang lagi miyarsi | mulat ana prapta | kuda satus watara | ing wuri nusul anggili | ngiwa umpêtan | dudu wadine iki ||

22. praptèng panangkilan acingak sadaya | wangkene susun tindhih | bêbalung bêlasah | ingkang pating palêsat | malêdug taratag gusis | labêting aprang | kadya babadan pacing ||

23. ing jro sirêp dahana manjing kadhatyan | Pangeran Kaelani | lawan para nata | sami dharat kewala | kuda katilar ing jawi | amêmariksa | wangunan ing jro puri ||

24. sirna gêsang amung kêbon pêpungkuran | kang sami ngungsi urip | garwane sang nata | lan kadange taruna | aran Dèwi Kaharwati | satus pawongan | wau ta ingkang prapti ||

25. pan gumuruh swarane kang balakoswa | samya kanggenan baris | jêjêl samya suka | manahing dasih samya | dene amanggih nagari | maksih wutuhan | sabarang sarwa panggih ||

26. pêsanggrahanira [pê...]

--- 6: 294 ---

[...sanggrahanira] munggèng siti bêntar | Pangeran Kaelani | Sri Tasangsulngalam | Lamdahur Kewusnendar | makuwon ing păncaditi[3] | kang anèng pura | ing taman kang dèn goni ||

27. ingkang raka kalawan kang rayi ika | kalih Natèng Kubarsi | pinanggihkên lawan | randhanira Wuskahar | Gulangge kang darbe putri | wus panggih lawan | Maliyat Kustur nênggih ||

28. Wrahat Kustur panggih lan kadang Wuskahar | Dèwi Kahar miyarsi | saking aturira | Prabu Tasangsulngalam | ing Pangeran Kaelani | ipe kalihnya | ngaturan narimani ||

29. mila Wrahat Kustur kalawan kang raka | Maliyat Kustur sami | makuwon nèng taman | sami among asmara | bala Nglimaya gung alit | nungkul sadaya | sampun salin agami ||

30. wontên ingkang bupati tan purun Islam | tatiga sami ngungsi | maring nagri Turgan | sami prawiranira | kang nama Raja Kasigi | wêwadulira | yèn ingkang raka mangkin ||

31. ing Nglimaya sira Sang Raja Wuskahar | pêjah tumpês saabdi | kadrojog ing mêngsah | tumpês prajuritira | putra Rab kang bujung nênggih | Unuk Marjaban | Pangeran Kaelani ||

32. dadya undhang baris tugur sawadyanya | sira Raja Kasigi | utusan tur priksa | mring raka paripehan | ing Burtun Raja Ungkadi | yèn mêngsah prapta | putra gambuh ing jurit ||

56. Gambuh

1. wau ta Natèng Burtun | aparentah kang baris atugur | sabalane [sabala...]

--- 6: 295 ---

[...ne] sira Sang Raja Ungkadi | angisèni toyanipun | ing lêlarèn kang wus jêro ||

2. prajurit kang nèng panggung | kawuwusa sang natèng ing Burtun | tur uninga utusan Raja Ungkadi | marang ingkang marasêpuh | ing Ngrokam Gulangge Katong ||

3. yèn wontên mêngsah rawuh | putra ing Arab Ismayasunu | kalih dasa yuta prajuritirèki | nagri Nglimaya wus gêmpur | tan nyăngga mapag prang pupoh ||

4. ratune agung-agung | apan prakoswa sêkti dibya nung | ratu andêl ngiring Pangran Kaelani | Gajimăndalika Uktur | tan kêlar mungsuh marono ||

5. ya ta wau winuwus | sira Pangeran Ismayasunu | budhal saking praja ing sawadyanèki | Sang Raja Maliyat Kustur | lan Wrahat Kustur wong roro ||

6. anèng Nglimaya kantun | lagya ngayêm-ayêm nagri ngriku | ratu kalih anapis agama sukci | bala ing Nglimaya durung | wêrata pating balêntong ||

7. yèn wis warata nusul | ya ta budhale sang rajasunu | tigang dina ing marga datan winarni | nagari Turgan prapta wus | ing ngriku wus ngatos-atos ||

8. ingkang jagani pintu | milih bupati kang tate punjul | ing ayuda tinuduh kinèn jagani | nèng kori sakèthèngipun | Arbagung prajurit atos ||

9. wau ta rajasunu | apan kèndêl ing sawadyanipun | lawan sagung para ratu amiranti | wong desa kang kambah mawur | malêdug ajrih kaboyong ||

--- 6: 296 ---

10. ing warta pan misuwur | yèn mêngsah prapta agung arusuh | nora kêna dèn têluki amatèni | bramatya wong agungipun | mila balane bêboyong ||

11. purwane bangêt rêngu | iya dene kaponakanipun | kang cinidra bêburu anèng wanadri | Unuk Marjaban puniku | miwiti pangolah awon ||

12. busêkan gègèripun | ngili ngungsi nèng gunung dèn êsuk | mila kathah ngili ngungsi jro kithèki | wau ta ratune sampun | ing Turgan prayogèng kèwoh ||

13. Gulangge wus angrungu | yèn mêngkono tingkahira mungsuh | ingundhangan iku aja animbangi | wong amuring-muring nêpsu | kaponakane dèn colong ||

14. Marjaban laku dudu | arêp ngilangakên prawiraningsun |[4] ngêsorakên marang kaluhuran mami | mulane binanting ajur | marang sang prabu ing Kaos ||

15. dimène iku rawuh | putra ing Kelan ing prajaningsun | langkung alus Gulangge dènnya nampèni | bramatyane rajasunu | gantya malih winiraos ||

16. Pangran Ismayasunu | pikir anèng ing pakuwonipun | aglar sagung satriya miwah bupati | narendra kalih tinantun | ngandika sang prawira nom ||

17. paman Prabu Lamdahur | lawan paman Kewusnendar rêmbug | miwah ta jêng paman ing Ngrum Burudangin | mênggah praptane srat ingsun | mring mungsuh kang para katong ||

18. punapa salin têmbung | miwah salin ingkang lumaku [lu...]

--- 6: 297 ---

[...maku] |[5] pan kagêngên jêng paman ing Burudangin | kapindho manawi saru | ratu agung sok kinongkon ||

19. sasat sariranipun | kangjêng paman Brudangin puniku | lawan rama Wong Agung Surayèng Bumi | Sang Natèng Ngrum sauripun | anggèr tan kenging ginêntos ||

20. pan sampun dadi kaul | ing lêlampahan ingkang jinujul | putra tuwan Ki Prabu Kaos nagari | tambuh mati uripipun | pun anggèr sariraningong ||

21. sagung sêrat pêpucuk | kula pribadi ingkang lumaku | pan kasêdya dadya lamaking ajurit | benjang yèn panggih pukulun | putra angandika ing Kaos |[6]|

22. punika mantun nêpsu | ngandika malih Ismayasunu | yèn makatên têmbunge surate salin | Radèn Kamdani tinantun | kakang mas paraning raos ||

23. Radèn Kamdani matur | raos punika sampun sinantun | para ratu kang kalêbêt tanah mriki | caluthak ing nêpsu lêngus | sanès lawan para katong ||

24. tanah ngajam pukulun | bawahangin samya alus-alus | ngatasangin ingkang lèr kilèn ing mriki | galak-galak botên tulus | kirang jatmikaning katong ||

25. apan wajib pukulun | têmbung dêksura yèn maksih mungsuh | nêkaburi ngungkuli amrih mêdosi | dene ta yèn sampun nungkul | wajib ngapura angêmong ||

26. ngenakkên ing tyasipun | nuntên sinakajêng saliripun | wajib ngandêl santosa marang [ma...]

--- 6: 298 ---

[...rang] Hyang Widi | dadining Hyang Maha Luhur | angandêl tilasing mungsoh ||

27. amindhak drajatipun | ing karana panungkuling mungsuh | karsaning Hyang ganjar mring kang dèn têluki | yèn uwasa dadi ukum | pangadilane Hyang Manon ||

28. yèn mêksih dadi mungsuh | amrih nêkabur supaya anut | dimèn ajrih amrih anungkula aris | utama pinrih rahayu | aywa kongsi prang rêrêmpon ||

29. sumambung kang pra ratu | lêrês raka paduka pukulun | aturipun punika Radèn Kamdani | mèsêm ngandika sang bagus | sampun mufakat pra katong ||

30. kakang Kamdani gupuh | andamêla kang sêrat pêpucuk | inggih dhatêng Sri Maharaja Kasigi | ratu ing Turgan puniku | kadi kang sampun kalakon ||

31. Radèn Kamdani sampun | karya sêrat tan dangu wus rampung | pan puniku kang nama Radèn Kamdani | Menak Abas kang sasunu | limpad lan bapa tan kaot ||

32. sêrat dadya wus katur | putra Kelan pan sinungkên sampun | tinampanan mring Natèng Ngrum Burudangin | wus lèngsèr saking ing ngayun | mangsah ing Turgan kadhaton ||

33. mung lawan kudanipun | adheyan ngawal turangganipun | prapta kori sakèthèng aminta manjing | kang tunggu Raja Arbagung | salêksa prajurit abot ||

34. tanya Raja Arbagung | hèh wong ngêndi datan mawi batur | jaluk lawang ingsun tan arsa mêngani | yèn tan arja ing lakumu | iya tutura maring [ma...]

--- 6: 299 ---

[...ring] ngong ||

35. hèh aja sira tambuh | dutanira satriya gung ingsun | putrèng Kelan kang prapta marene iki | yèku kang ngirid wadya gung | kang aduta mring wak ingong ||

36. angling Raja Arbabung | yèn mangkono ujarira iku | abalia sira tan kêna umanjing | bramatya sang raja ing Ngrum | Burudangin mungkur megos ||

57. Pangkur

1. angulur palu rante mas | ngêtab kuda lêlarèn dèn lumpati | sinabêt gapuranipun | malêdug ting palêsat | gapit wêsi sadaya samya asumyur | gapura sirna wus padhang | gègèr prajurite sami ||

2. sang prabu ing Ngrum tan kewran | kinêmbulan eca dènnya ngosèri | bata kiwa têngênipun | kori rata lan lêmah | sigra mangsah sira Sang Raja Arbagung | anèng kuda ngundha gada | ginada sri narapati ||

3. duk lumarap binarêngan | sinabêt ing palu rante wus kêni | kabuntêl ingubêd sampun | lawan turangganira | kinosèrkên maring mungsuh ingkang ngrubut | atusan rêbah balasah | Arbagung dadi gêgitik ||

4. lan kuda balunge rêmak | pira-pira antuke kang pêpati | kêna balunge Arbagung | kang mara mara lunas | ambalasah salêksa kêdhik kang kantun | tumpês tapis kang agêsang | giris ngisis mawur miris ||

5. lumayu mring panangkilan | sapêjahe Arbagung lajêng aglis | sira Sang Prabu Tasangsul- | ngalam mring panangkilan | kang lumayu wong tunggu sakèthèng sampun |

--- 6: 300 ---

praptèng ngarsaning sang nata | ngandika Raja Kasigi ||

6. hèh tunggu lawang ana pa | sira prapta gugup pating karêmpis | pukulun wontên wong rawuh | sawiji nêdha lawang | datan suka dasih paduka pukulun | bramatya tiyang punika | gapura sinabêt sibit[7] ||

7. mawur rêbah ambalasah | bata kiwa têngên kori sirnanting | kinosèr ing rantenipun | rata kalawan lêmah | dèrèng tutug ature wong tunggu pintu | nolèh wontên katingalan | lah punika ingkang prapti ||

8. manggung dènnya nitih kuda | nguwuh munggèng pipi têratag nênggih | hèh êndi pêpatihipun | iya nagara Turgan | tanpanana[8] iki surat suthik mêdhun | mau kancamu sikara | kang tunggu sakèthèng sami ||

9. ki patih lumayu sigra | tinampanan sêrat Sri Burudangin | amapan turangganipun | wus katur suratira | duk samana Sang Kasigi maos sampun | têmbunging surat canthula | tan tutug lajêng sinêbit ||

10. krodha Sri Tasangsulngalam | mulat ingkang sêrat sinêbit-sêbit | ngosèr palu rantenipun | sumêbut ngêtab kuda | prapta ngarsanira sinabêt sang prabu | ingubêdakên angiwa | pinulêt anêngên malih ||

11. Raja Kasigi wus kêna | sinabêtkên têratag sri bupati | Raja Kasigi malêdug | rinampêd panangkilan | tarub rambat sirna lan manusanipun | gègèr gumuruh sapraja | sigra Pangran Kaelani ||

12. nandêr sagung para nata | wruh ing adat [a...]

--- 6: 301 ---

[...dat] yèn rame jro kithèki | mêsthi kang paman angamuk | wau Pangeran Kelan | praptèng kori sakèthèng kang para ratu | wus panggih rêbah balasah | lajêng maring păncaniti ||

13. prapta maksih lêng-ulêngan | sigra napung prajurit para aji | Pangeran Ismayasunu | lajêng anarik pêdhang | mangsah nêngah pangamuke siwat-siwut | riwut Prabu Kewusnendar | kadi banthèng tawan kanin ||

14. Lamdahur pangamukira | tumpês ingkang sami katiban bindi | gusis kang baris malêdug | akèh kacandhak gêsang | sami nungkul aminta têtêping umur | bêbandan pating karêncang | satriya para dipati ||

15. kèndêl sami kang ayuda | pêjahira sira Raja Kasigi | para ratu lan sawadu | amor lan dhampar êmas | balungipun rêmak lan êmas akumpul | putra Kelan manjing pura | ingiring para narpati ||

16. ing wuri wus samya prapta | baris agêng jêjêl ing Turgan nagri | wau kang manjing kadhatun | putra Kelan anjajah | jroning pura pan linêbêtan sampun |[9] Raja Kasigi kang garwa | putrane Gulangge singgih ||

17. pinaringakên punika | Sang Aprabu Talsiyah Banuarli | Dèwi Bayansih puniku | arine kalih ika | Rajèng Turgan Dèwi Kasigi kang sêpuh | kang anèm Dèwi Kasirat | pinaring putra sêntari ||

18. atmaja Iskal Iskalan | tinariman Kiswarin lan Diswarin | branane pan sampun dinum | mangkana

--- 6: 302 ---

putra Kelan | pêparentah nyalini agamènipun | warata sawadya Turgan | sarengat Nabi Ibrahim ||

19. tigang dina anèng Turgan | prapta ingkang nusul Rajèng Kubarsi | Sang Prabu Maliyat Kustur | lan Wrahat Kustur samya | wus anunggil tigang yuta balanipun | kang saking nagri Nglimaya | mangkana budhal sang pêkik ||

20. saking ing nagari Turgan | tigang dina lampahe baris prapti | paminggir desa ing Burtun | gègère abusêkan | Raja Urmus lan ari Prabu Sêmakun | ingkang mênganjari[10] lampah | Patih Kalkal tuduh margi ||

21. wonge desa sirna giras | wus miyarsa tingkahe mungsuh prapti | nagri kêkalih ginêmpur | putra Kelan bramatya | pangamuke aliwung sabalanipun | balane rong puluh yuta | datan kêna dèn tadhahi ||

22. mamring Burtun jawi kitha | uyêl ngungsi jro kutha tutup kori | wau Sang Prabu Sêmakun | wus angrampid barisnya | marêpêki rinampêd sawadyanipun | Patih Jèndhi bêdhil kaca | gosong rêbah panggungnèki ||

23. Sang Natèng Burtun winarna | ingaturan marang sagung prajurit | suwawi mêthuk pukulun | ing jawi prang bêbanar | inggih wontên ombère botên kasusu | kadi kang wus kalampahan | rayi paduka kêkalih ||

24. tumpêse anèng jro kitha | anuruti sira Raja Ungkadi | budhal tan dangu kapêthuk | bala atur uninga | gusti ngrampid bata kitha mêngsah rawuh | cucuke

--- 6: 303 ---

Rajèng Gumiwang | lan Sang Prabu Awu Langit ||

25. wadya tuwan sampun aprang | panggung rêbah sami binalang api | senapati dèrèng rawuh | nênggih putra ing Kelan | lir samodra praptane bala gumulung | adhegus botên kasandhang | paduka nadhahi jurit ||

26. wus kasompok budinira | sami dhêdhêg baris lêbêting kori | Raja Ungkadi amanggung | munggèng luhur dipăngga | prajurite sakêthi pan barisipun | rumab miyarsa wartanya | balane sang anom pêkik ||

58. Sinom

1. datan kêna tinanggulang | ngandika Raja Ungkadi | paran ingsun suminggaha | agawe nisthaning bumi | ingsun kocap prajurit | milane pinundhut mantu | ing Sri Bupati Ngrokam | tan sêdya ngoncati jurit | wus sêdhênge ratu angrungkêbi praja ||

2. wau ta kang sampun prapta | Sang Natèng Ngrum Burudangin | panggih lan Natèng Gumiwang | Prabu Sêmakun lingnya ris | kakang prabu puniki | kumrêsêk suwaranipun | kados ratune arsa | nêdya prang mêthuk ing jawi | nanging inggih kapêngkok prapta kawula ||

3. mila jroning bata kutha | kumrêsêk ingkang prajurit | swaraning kuda dipăngga | angling Natèng Burudangin | anggèr inggih suwawi | prajurit kang para ratu | wadya tuwan Gumiwang | angayapa sampun têbih | lan paduka kula rêbahne korinya ||

4. ngêtab turăngga malumpat | Sang Natèng Ngrum Burudangin | Prabu Sêmakun tut [tu...]

--- 6: 304 ---

[...t] wuntat | lan Radèn Hasim Katamsi | lan kang uwa tan têbih | mila uwa basanipun | anut ibu kewala | mêndhêt ing basa pribadi | sakadange putrambyah basane paman ||

5. sigra anyabêt gapura | Sang Natèng Ngrum Burudangin | sumyur mawur ting palêsat | batane kinosèr sami | rêbah rata lan siti | prajurit jro kitha kagum | gègèr ajrih umangsah | kesisan Raja Ungkadi | namung kantun satriya lan pra dipatya ||

6. lajêng têmpuh ing ayuda | ubêkan uyêl kang jurit | Sang Prabu Tasangsulngalam | ngosèr palu rantenèki | kadya andaru kèksi | sèwu parêng tibanipun | Prabu Sêmakun lawan | Rahadèn Hasim Katamsi | samya murid ingajar palu rante mas ||

7. Sang Prabu Tasangsulngalam | anyabêt Raja Ungkadi | karangkus dipangganira | sinêndhal pinutêr ngering | rapêt lir dèn pijêri | kang palu rante kadya rug | tinarik sampun rêmak | rênyuh Sang Raja Ungkadi | ajur lawan dipanggane sampun rêbah ||

8. kiwul satriya punggawa | gusis pinalu sirnanting | pamuke Tasangsulngalam | Sêmakun Hasim Katamsi | tan adangu barêsih | mungsuh lunas kang kêpagut | ing wuri kathah prapta | putra Kelan senapati | prapta sarêng Lamdahur lan Keswusnendar ||

9. lajêng nêlambung ayuda | pêjahe Raja Ungkadi | anèng pipining gapura | prajurite pra dipati | tapis tan ana kari [ka...]

--- 6: 305 ---

[...ri] | satriya sêntananipun | lajêng putra ing Kelan | sapraptaning păncaniti | putra Kelan kèndêl nèng manguntur sela ||

10. Prabu Yujana dinuta | lawan Sang Prabu Sêrandil | anacah isining pura | wontên putrane Ungkadi | nama Rêtna Kudartin | mring Gulangge putunipun | arinipun satunggal | anama Rêtna Kadirin | ing jro pura salêksa pawonganira ||

11. kang baris agêng wus prapta | jêjêl ngêbêki nagari | ing Burtun kadya sowèk bruk |[11] sawadyane para aji | ing ngriku rêrêp lami | ki putra lan para ratu | Dèwi Kudartin ika | putrine Raja Ungkadi | dèn trimakkên maring putra Yujana |[12]|

12. dene arine punika | kang nama Dèwi Kadirin | kadang Kudartin taruna | ayu warnane sang dèwi | pinaringkên wus panggih | lawan Kodrat Samadikun | putri Gulangge panggya | ibune Dèwi Kudartin | panggih lawan Sri Bupati Kewusnendar ||

13. ibu panggih lan kang rama | putrane lan putri panggih | Kaharkusmèn lan kang putra | sira Ni Dèwi Kudartin | ibunira kêkalih | Ni Gulangsih luwih ayu | sami putri ing Ngrokam | puniku sêpuh pribadi | panggulune kagarwa Unuk Marjaban ||

14. nuli garwane Wuskahar | arine garwa Kasigi | pelag-pelag suwarnanya | Gulangge putrinirèki | nanging kapara sami | agêng-agêng dêdêgipun | dhongoh-dhongoh sadaya | warata sengoh [se...]

--- 6: 306 ---

[...ngoh] amanis | sêdhêp-sêdhêp tan ana saru satunggal ||

15. mangkana nèng ngriku lama | putra Kelan senapati | jangkêp ing sangalas dina | dènira nata agami | agêng Raja Ungkadi | karatone apan punjul | wusnya radin sadaya | budhal Pangran Kaelani | saha bala mrêpêki nagari Ngrokam ||

16. sagung têtêlukan anyar | prasamya barêpi baris | sami saos pasanggrahan | wontên ing dhusun Kudami | laut saking lèr kèksi | ingkang kilèn samodra gung | notog ing Jaminerap | lère Jaminerap nênggih | pasabrangan kitha agêng Jamintoran ||

17. mangkana nagari Ngrokam | sami Nuh agamanèki | nagari langkung raharja | agung patute prayogi | salor kitha jaladri | sakiduling kitha agung | kilèn wetan dharatan | saparan-parane radin | ingkang sami kanggenan praja manusa ||

18. sakidul wukiran Ngrokam | antara samadya sasi | mangilèn sawulan pisan | sami prajane dhêdhêmit | nadyan manusa sami | samya atekad lêlêmbut | yumani pangalapan | sapangilèn urut wukir | atimbangan kalawan nagari Ngrokam ||

19. sapêngilèn sapêngetan | sagung jajahan kang wradin | sami karèh marang Ngrokam | kang lampahan tigang sasi | tumêkèng patang sasi | sanadyan ta pitung tèngsu | sami ngidhêp mring Ngrokam | nadyan tan atur upêksi | pangidhêpe

--- 6: 307 ---

sayêkti marang ing Ngrokam ||

20. saking tan ana kawawa | anandhang wawrating jurit | kaprawiraning ayuda | wiwrin ratu kanan kering | lawan ta dêdêgnèki | Gulangge langkung gêng luhur | satus sawidak êgas | sêmbada godhèk rêspati | ajêjenggot saasta abrêngos capang ||

21. lir dêmbaga sinêpuhan | sariranira sang aji | rikma bakung sabopongan | uwang malang pupu sangsir[13] | sacêngkang wulu alis | mêngkorog angulêr taun | netrane kadi macan | gilap lir netra rasêksi | wulu asta mangkorog lir êri tanjang ||

22. wulu simbar munggèng jaja | sumingkal bundhêl angisi | upama yèn asiyunga | ngêblêgi kadi rasêksi | nanging Gulangge Aji | yèn butaa buta bagus | waja uris gumilap | angrangap pêthèl pinarik | yèn gumujêng gumlêgêr agiri gora ||

23. sêmbada prakoswanira | măndraguna ing ajurit | nanging ambêking prang wantah | tangkêpe sri narapati | sinêmbah ing para ji | ratu sèwu kawan atus | sami wisma ing Ngrokam | dadya punggawa para ji | kathah samya anggêlarkên ngèlmu kêmat ||

24. mung Gulangge kang tan arsa | ing rèh culika ajurit | mung balane kèh linilan | yèn adoh marang sang aji | yèn aprang ngarsanirèki |[14] tan kêna alampah dudu | langkung ambêk pasaja | Gulangge tuhu prang yêkti | durung ana bawahangin para nata ||

25. amirib dêdêg [dêdê...]

--- 6: 308 ---

[...g] sang nata | miwah undha-usuknèki | gunge sanadyan jajahan | para ratu atasangin | gungnya Măndalika Ji | Gajimăndalika Uktur | dudu ratu manusa | yèn manusa kang sairib | amung Ratu Jaminambar Saesalam ||

26. ratu kang mukir ing Suksma | ngakên Rabusamawati | sakilène Jaminambar | watês suruping hyang rawi | tan wontên ratu malih | ratu ingkang nama agung | sinêmbah sami nata | ingkang wetan tunggil wangkit | ratu agêng amung nagari ing Ngrokam ||

27. jajahaning Jaminambar | alêksan kang para aji | akèh ngidhêp Jaminambar | kunêng ta wuwusên malih | putra Kelan wus prapti | lan sawadya para ratu | jajahan nagri Ngrokam | masanggrahan nèng Kudami | papan wiyar angungkurakên bangawan ||

28. anêngênakên samodra | angiwakakên kang wukir | angungkurakên kang wana | kêrasan kang wadya alit | datan kirang abukti | sarya murah kèh kadulu | nagari langkung arja | pasir wukir loh jinawi | padesane gung-agung kang palakirna ||

29. sabên desa kèh alêksan | isine ewon desa lit | kang kinarya pasanggrahan | punika dhusun Kudami | panggenan sabupati | kang atêngga bandar agung | nami Ki Abu Jahar | wontên wisma tigang kêthi | kadi kitha kêkojor wismèng dipatya ||

30. sami ngungsi jroning kutha | gustinira wong sabumi | aja na kang munasika | ing praptane baris iki [i...]

--- 6: 309 ---

[...ki] | ratu wijining sukci | Pusêr Bumi tukang alus | panggenane raja arja |[15] dèn padha amrih basuki | parentahe Gulangge Narendra Ngrokam ||

31. malah akèh kang asaba | dodolan panganan laris | wong desa angupa jiwa | gili ewon sabên ari | putra Kelan ngundhangi | iki wus ngambah praja gung | aja bêboyong muwah | kang bêbahak dèn sapihi | praptèng gone nata gung alaku tata ||

32. Gulangge durung karuhan | lamun iku angukuhi | marang Sayid Ibni Ngumar | mangkana sagung para ji | sowan mring radèn mantri | aglar nèng têtarub agung | lagya manggung pirêmbag | kang badhe ngaturkên tulis | kinukuhan mring Sang Sri Tasangsulngalam ||

33. dèrèng suka ginantosan | nata ing Ngrum Burudangin | putra Kelan angandika | mring raka Radèn Kamdani | kangmas karyaa tulis | bedanên kang wau-wau | ratu agung prakoswa | ngawulakkên kang para ji | canthulane worên manising ukara ||

59. Dhandhanggula

1. wus akarya srat Radyan Kamdani | tan antara dadya ingkang sêrat | katur wus pinaringake | mring sri bupati ing Ngrum | Burudangin wus dèn tampani | Sang Prabu Johanpirman | kinanthèkkên sampun | nistha lamun satunggala | mring narendra agung karatonirèki | taklim anut ing krama ||

2. sigra lèngsèr sang narpati kalih | saking ngarsaning putra ing Kelan | amung

--- 6: 310 ---

sami lan kudane | Gulangge wus angrungu | badhe wontên caraka prapti | mijil ing panangkilan | busana kaprabun | munggèng singangsana rêtna | aglar munggèng ngayunan kang para aji | kadya prabata puspa ||

3. koyup kucêm sagung kang para ji | karoban ing bawaning narendra | cahyaning Prabu Gulangge | pan kadya Wanakirun | mèh aniksa mring umat silib | kanan kering ampilan | kang gada gung-agung | kalih wrat rongèwu dhomas | durung ana gêgaman para narpati | kadya Gulangge Ngrokam ||

4. amakutha mawa kăndhawari | krawisthane mubêng angrong asta | acawang ing palêngkunge | tinurut ing hèr laut | garudhane surya hèr gêni | agêng sawoh bidhadha | lir baskara murub | anawung gilaping netra | durung ana bawahangin atasangin | pratingkahing narendra ||

5. busananing kaprabon narpati | buka srine makutha măngsa na | kadya Sang Prabu Gulangge | wau wong tunggu pintu | matur wontên caraka prapti | dutane putra Kelan | kêkalih kang rawuh | Prabu Gulangge ngandika | hèh apatih papagên caraka prapti | nata gung dadya duta ||

6. Patih Bakubaham awotsari | sigra Gulangge mundhut amparan | kêkalih prapta ngarsane | kyana patih wus pangguh | nulya sami ngancaran kalih | paduka tumanduka | ing ngarsa sang prabu | kagyat pinêthuk ing krama |

--- 6: 311 ---

sarèh andhap kêju tyas Sri Burudangin | lan Nata Johanpirman ||

7. turanggane bupati nyêkêli | pan tinuntun munggèng kering kanan | anèng pinggir têratage | kèndêle kudanipun | duk tumingal sang prabu kalih | Gulangge anjênggarang | gumlêgêr anguwuh | hèh prabu kalih banjura | dèn aparêk ing ngriki lungguh lan mami | wau duk amiyarsa ||

8. suwaraning Gulangge Narpati | Sri Tasangsulngalam Johanpirman | sarta katingal dhapure | kalih bayune racut | sri narendra ing Burudangin | eram pan durung mulat | dhapurane ratu | sami pucêt netya biyas | mundhuk-mundhuk gumêtêr ajrih ing batin | măngga majêng pinaksa ||

9. pinaranan sinorog pribadi | kang amparan ing ngriki sang nata | lingira Prabu Gulangge | nyandhak amparanipun | pan binêkta ragi anêbih | ulap Tasangsulngalam | Sri Gulangge dulu | andhêku dènira lênggah | Johanpirman andhêpès kudu nèng kursi | Raja Tasangsulngalam ||

10. ragi kêkês sasmitaning batin | pan kêtarèng netya gya ngandika | aris Sang Prabu Gulangge | hèh ta sang prabu ing Ngrum | sampun susah sampun prihatin | de sira mêntas nglunas | para mantuningsun | têlu kang tumpês ing sira | Si Wuskahar Si Kasigi Si Ungkadi | padha ratu prakoswa ||

11. rèhning sampun paduka patèni | nora sêdya

--- 6: 312 ---

ingsun amidosa | jêr awiting ing panggawe | kang mawa sira nêpsu | iya saking luput ing ngriki | iya Unuk Marjaban | anyidra mantumu | Raja Sayid Ibni Ngumar | iya iku wêtune runtikirèki | sun puji sira lanang ||

12. lanang kang wus têtêp anèng bumi | hèh Natèng Ngrum Burudangin sira | wus aran lanang yêktine | matèni ratu têlu | iku padha kalok prajurit | aprang kalawan sira | katri tanpa kiwul | saprajurite tumpêsan | praptanira tan anggawa bala siji | bisa bêdhah nagara ||

13. bênêr Wong Agung Surayèng Bumi | pamundhute kadang marang sira | pan wus cinithak pêthèke | yèn sira ratu punjul | pratingkahe wus anglabêti | sinêmbah ing sasama | sama-samèng ratu | sêmbada dêdêg parosa | nora larang ingaku sudara wèdi | mring Sang Surayèng Jagad ||

14. wau natèng ing Ngrum Burudangin | duk miyarsa pangandikanira | sarèh Sang Prabu Gulangge | cahyanya sami muncul | rêming-rêming wus mari putih | gumrêmêt mèh sumringah | abang mari payus | têtêp dènira alênggah | pan linarih brênduwin jênèwêr manis | wus pulih manahira ||

15. Prabu Gulangge angandika ris | Bakubaham sira iringêna | mring sang prabu karo kiye | iya dimèn katêmu | lan mantune kang siji iki | Tasmitèn Johanpirman | iku besanipun | lakune dadi caraka | mêngko gampang padha tuwa têmu wuri |

--- 6: 313 ---

lah iya ngarah apa ||

16. sampun kerid marang kyana patih | mari gène Sayid Ibni Ngumar | ingkang pinêrnah ênggène | made kancana murub | kawan dasa cèthi ngladosi | langkung sinuba-suba | karaton tinamu | mêndhak Patih Bakubaham | nêmbah rama paduka sri narapati | Prabu Tasangsulngalam ||

17. arsa panggih lan paduka gusti | lawan besan Tuwan Johanpirman | sang aprabu ing Tasmitèn | tumêdhak sira gupuh | anungkêmi padanirèki | rinangkul ingkang rama | binêkta alungguh | sira Prabu Johanpirman | atur sêmbah ing besan sang raja pêkik | Patih Ngrokam nèng ngandhap ||

18. Natèng Kaos matur angabêkti | mring kang rama pukulun raharja | tyasipun Prabu Gulangge | tan wontên ratu agung | manahipun kadi wong mukmin | amba sinuba-suba | pan rinatu-ratu | sang prabu ing Ngrum ngandika | witne ingsun mantune tri sun patèni | prandene ingapura ||

19. apan tuwan praptèng Ngrokam ngiring | dhatêng putra paduka jêng paman | sampun rêkasa karsane | wontên sumadosipun | lamun raka paduka prapti | jêng eyang pan kawula | ingaturkên gupuh | dangu tutug apêpanggya | lêga tyase Narendra Ngrum Burudangin | wus panggih putra arja ||

20. wangsul marang panangkilan malih | sampun lênggah amparan kancana | ngurmati Prabu Gulangge | ingkang sêrat pinundhut | lawan akèn wau ngaturi | mring Sayid [Sa...]

--- 6: 314 ---

[...yid] Ibni Ngumar | praptane Sang Prabu | Gulangge nyandhak kang asta | Ibni Ngumar binêkta lênggah anunggil | munggèng singangsana mas ||

21. sigra buka srat sinuksmèng galih | pèngêt layang ingsun putra Kelan | pamuji mring Pangerane | Kang Agung Maha Luhur | kaping kalih marang ing Nabi | Ibrahim Kalilolah | praptaa srat ingsun | mring Prabu Gulangge Ngrokam | praptaningsun ing kene angirid baris | wit saking mantunira ||

22. Si Marjaban Ratu Ngambarkawit | nyidra marang kaponakan ingwang | mêngko dèn gawa marene | katur marang sirèku | dadi lakuningsun nututi | anèng marga pinanggya | ing para mantumu | angadhangi lakuningwang | pinatenan mring paman Ngrum Burudangin | katêlu mantunira ||

23. praptaningsun ing prajanirèki | aturêna maring sun dèn inggal | hèh poma Prabu Gulangge | iku pulunan ingsun | kakang êmas Umar Yunani | prabu ingkang pangarsa | pan pêmbarêpipun | kang sêsuta Ibni Ngumar | lamun sira angukuhi anak mami | eling-eling sang nata ||

24. pêsthi ingsun anêkani jurit | hèh Gulangge anitira kêndhang | angadêgna daludage | manjêra umbul-umbul | amêpêka kaprabon jurit | tan wande ingsun rusak | sun dadèkkên awu | nagaranira ing Ngrokam | lawan sira sun sahkên nyawanirèki | kalawan angganira ||

25. dudu aran Gulangge sirèki | lamun nora mêtu prang lan ingwang [ing...]

--- 6: 315 ---

[...wang] | yèn ajrih sira dèn age | ngaturna panungkulmu | pèni-pèni lan anak mami | Ki Sayid Ibni Ngumar | aturna dèn gupuh | wurung sah mustakanira | saking badan titi têmbunge kintèki | surate putra Kelan ||

26. mèsêm sarya angandika aris | muka sumilak bêrsih atêrang | tuhune Prabu Gulangge | sinungkên suratipun | dawêg anggèr dika tingali | layange rama dika | kalangkung pêpucuk | botên angangge pariksa | têtêkone pinadha lan nguni-uni | mungsuhe rama dika ||

27. apan kula botên duwe budi | kadi ratu ingkang kathah-kathah | pan wus tuwa Si Gulangge | nadyan duk anèmipun | nora owah têtêkon mami | ing jamak dèn wawasa | sayêkti karungu | wong tuwa cinacah-cucah | botên pantês Jêng Pangeran Kaelani | ladak botên waweka ||

28. dora botên midhangêta warti | yèn Si Unuk Marjaban palastra | kukum ingsun pasrahake | andika kang anglampus | pundi lamun saru wak mami | ngaranana sikara | jêr botên tinêmu | amung ta atur kawula | benjing yèn wus prapta jêng eyangira Mir | kula turkên samăngsa ||

29. saking kêdah ngong arsa udani | prakoswane jêng eyang paduka | dika dadi dêdalane | ing batin mung puniku | datan wontên pratingkah malih | mangke putra ing Kelan | cênthula kalangkung | kadi buwang namaningwang | ing karaton têmbung tan sarèh tan [ta...]

--- 6: 316 ---

[...n] aris | yèn ta tinimbangana ||

30. dadi babocahan awak mami | yèn ta ugi nora tinimbangan | yêkti andadra karsane | watak wong anom iku | rêmên ugi mêtu ing jurit | Sang Prabu Ibni Ngumar | alon aturipun | inggih tuwan ladènana | kangjêng paman dènnya adrêng kêdah jurit | lawan jêng padukendra ||

31. lamun botên paduka turuti | drêng ngayoni dhatêng padukendra | yêkti tan lêga galihe | lan punika sang prabu | sami putra ing Pusêr Bumi | kangjêng paman ing Kelan | mêncul tiru ibu | gêgitike sangêt pyambak | asêmbada pêkike datanpa tandhing | nyirnakkên langêning rat ||

32. wontên paman Prabu Parangakik | lawan paman prabu ing Karsinah | sami awrat gêgitike | pintên ta para ratu | kang binanting madyaning jurit | paman Sultan Jayusman | Amirijalsamsu | lawan paman ing Karsinah | sultan anom Ruslani Danurusamsi | mêksih wrat paman Kelan ||

33. mèsêm Gulangge angandika ris | yèn makatên ngrêmbugi paduka | angladèni ing yudane | mring putra Kelan iku | hèh Natèng Ngrum ing Burudangin | kundura kula datan | bêktani sul-angsul | aran andika kang paman | botên susah Gulangge ngaturi tulis | matura putra dika ||

34. sakarsane wong tuwa nuruti | witing lumuh kasêbut ing nistha | dene ta aprang lan rare |

--- 6: 317 ---

lamun praptaa besuk | raka dika Sang Jayèngmurti | mapan tinakonana | kapilarenipun | ewamakatên sang nata | jêngandika kang paman sun damêl sêksi | lan Prabu Johanpirman ||

35. pinisalin sang narendra kalih | pira-pira busana sarwendah | satus mantri ngatêrake | pamit sang prabu ing Ngrum | Burudangin miwah sang aji | Tasmitèn Johanpirman | lajêng lampahipun | rinêngga lakuning raja | sapraptane pasanggrahan ing Kudami | lajêng maring ngayunan ||

36. sampun aglar ngayunan para ji | mungging ngarsaning putra ing Kelan | sang nata ing Ngrum ature | sadaya wuwusipun | Sang Aprabu Gulangge nênggih | katur tan kaliwatan | miwah ambêkipun | raharja nêrus lagawa | ngungun mirsa sagunge para dipati | watêtkèr[16] Natèng Ngrokam ||

37. mila datan ingaturkên nuli | Rajèng Kaos Sayid Ibni Ngumar | inggih ngantosi praptane | rama tuwan ing besuk | pan sinuga-suga ing mangkin | botên manggih sungkawa | papa kawlasayun | malah amanggih kamulyan | duk miyarsa Bakdingujaman putra di | umadêg kang bramatya ||

38. datan kathah kang kraos ing galih | amung nora ingaturkên nulya | Sang Ibnu Ngumar putrane | puniku dukanipun | katon sangêt amêjanani | Gulangge Natèng Ngrokam | mung puniku ketung | gênjot wêntise kang kiwa | walikate kang têngên [tê...]

--- 6: 318 ---

[...ngên] kêdut kumitir | kumutug brajèng muka ||

39. pasuryane sumilak nêlahi | kadya ăndakara kang katiga | pan kalimput radityane | tinon ing pukul satu | pancoronge amurwèng bumi | eram kang sami mulat | ing cahya kadyaku | dangu-dangu katrontongan | pênganjure tyasira kang mawa runtik | kuning ijo dadya bang ||

40. praptèng jaja tutul-tutul abrit | apan kucêm kang para narendra | ebat mulat ing cahyane | awarna kaping têlu | dhingin pêthak asurat wilis | dangu-dangu ajênar | tumeja sumunu | yayah pamêmpênging wulan | nuntên prapta runtike atungtung abrit | lir agni mulad-mulad ||

41. angêkêsi sagung kang ningali | tuhu putra pituruning jagad | anèh dhewe prabawane | miwah ing cahyanipun | ngilangakên langêning bumi | durung ana mangkana | tejane ngênguwung | putra Kelan wruh ing netya | para ratu miyarsa wartanirèki | gunge Gulangge Raja ||

42. prakoswane punjul ing ajurit | dêdêgira satus sawidak gas | tri dasa asta jêmbare | ujunge jajanipun | gapurane kaprah pra aji | alon dènnya ngandika | Sang Ismayasunu | hèh paman Prabu Gumiwang | ing Yujana miwah paman Ngawu Langit | paman Narendra Selan ||

43. paran sami karsane sayêkti | pun Gulangge mêkatên punika | ingkang dhingini ature | sira Prabu Sêmakun | anak êmas ingkang [ing...]

--- 6: 319 ---

[...kang] ngluwihi | ing para putra Ngarab | nuntên atur wêruh | inggih ing rama paduka | yèn Gulangge makatên aturirèki | gumulung para nata ||

44. kadi Prabu Sêmakun turnèki | putra Kelan èstu datan arsa | ingkang makatên rêmbage | karsane kêdah ngrêbut | amisesa amurwèng jurit | punapa kinajrihan | dumèh gung aluhur | dêdêg satus sawidak gas | pan punika sami titahing Hyang Widi | maksih nak putu Adam ||

45. Sri Lamdahur muwus sarya sêdhih | Kewusnendar ingsun lawan sira | yèn tiwasa anak anggèr | sira tan wani matur | lawan ingsun amrih rêspati | sanadyan magut aprang | yèn prayogèng laku | Gulangge durung prayoga | lagi ana pênjaluk wênang inganti | Sêmakun nambung sabda ||

46. miwah Raja Urmus anambungi | inggih dèrèng Gulangge punika | sarèh wontên panêdhane | lawan ta malihipun | gung aluhur prakoswèng luwih | putra dika nonoman | kaot balungipun | măngsa si dhewe ajriha | jêr wus nêdya pratingkah andon ajurit | mungsuha sapa-sapa ||

47. iya amung atura upêksi | mring kang rama nadyan gêmpurana | aja kuciwa sêmune | yèn tiwas ing prangipun | ingkang tuwa măngsa na kari | putra Kelan turira | mring paman Sêmakun | paman paduka punika | duk kawula kadêrêng arsa ajurit | lan Uktur Măndalika ||

--- 6: 320 ---

48. kang mêjahi kangmas Rustamaji | jêng paduka inggih sangêt mênggah | saking kagêngên mungsuhe | pun Măndalika Uktur | ratu dajal pan dede janmi | mangke Gulangge Ngrokam | sami gung aluhur | nanging ta janma manusa | midêng-midêng paman paduka malangi | pun Gajimăndalika ||

49. amêjahi kakang Rustamaji | pun Gulangge ngukuhi wayahta | ing pundi gène patine | pan wong urip puniku | liya kadang kalawan siwi | kaping tri wong atuwa | catur garwanipun | paman Sêmakun kawula | paman Urmus sêmangke kula tan kêni | wong tuwa malangana ||

50. kang pra ratu sêdhih samya nangis | para raja kang pinaman-paman | tuwin para paman kabèh | sigra wau sang bagus | apan kinèn têngara aglis | nêtêg amukul kêndhang | thongthonggrit lan puksur | busêkan bala busana | para ratu nimbangi têngara sami | mundur nata barisnya ||

60. Durma

1. wus samêkta busana kang para nata | sigra wau sang pêkik | miyosi ngayuda | ingiring kang sêntana | ing Kelan sami prajurit | para satriya | saking jro kitha nênggih ||

2. goraning prang têngara kang kapiyarsa | saking jro kitha nênggih | Gulangge miyarsa | sigra akèn têngara | nimbali mring Raja Sayid | ya Ibni Ngumar | prapta Gulangge angling ||

3. lan punika rama paduka têngara | Pangeran Kaelani | kula arsa mêdal | andika jênêngana | lênggaha amparan rukmi [ru...]

--- 6: 321 ---

[...kmi] | ngawêruhana | tingkah kawula jurit ||

4. sigra akèn têngara Sang Natèng Ngrokam | muntab sawadya mijil | saking jroning kitha | wadya kadi hèr nawa | prajurit para narpati | kêthèn ayutan | rêbat papan kang jurit ||

5. sampun tata barise mungsuh lan rowang | Raja Gulangge prapti | lawan Ibni Ngumar | sampun munggèng amparan | sawang-sinawang kang baris | samya srinira | samya gunge wadya ki ||

6. sigra têdhak Gulangge nitih andaka | kêlawu pancal putih | agêng andakanya | binusanan sarwendah | kadya baksara duk mijil | saking hèr nawa | ebat ingkang ningali ||

7. mandhi gada jênggarang wrat sèwu katya | lir Kumbakarna jurit | nèng andaka nglela | saking doh katingalan | mole-mole angajrihi | kêkês kang mulat | tuhu ngebat-ebati ||

8. molahakên dipăngga krura anglumba | gada kinarya undhi | mumbul ing ayiwat | lir pêksi mêrdukala | tibane cinandhak malih | pinutêr mubyar | kadya kilat sêsiring ||

9. duk tumingal Pangeran Jaswadiputra | sigra mundhut turanggi | arsa umaguta | sampun nitih turăngga | prapta Sang Prabu Sêrandil | apusing kuda | cinandhak dèn gondhèli ||

10. sampun mangsah ya putrane gustiningwang | ratune wong apêkik | yèn maksih pun paman | Lamdahur anèng donya | sakarsa yèn [yè...]

--- 6: 322 ---

[...n] wus wor siti | ratu ing Selan | kèndêl mangu sang pêpik ||

11. sigra nitih dipăngga Sang Prabu Selan | umangsah ing ajurit | surake gumêrah | kadya nêngkêr buwana | prapta ing papan wus panggih | ayun-ayunan | lir kidang mungsuh èsthi ||

12. pan sakuda upama Sang Prabu Selan | Gulangge upamèsthi | Gulangge têtanya | sapa ranmu narendra | sumaur Sang Rajèng Srandil | Lamdahur ingwang | ratu andêling jurit ||

13. ratu agung rong lêksa bupatiningwang | ingkang măncanagari | ratuningsun dhomas | kalawan angrèh ingwang | para ratu wadanèki | pan wolung dasa | kang sinudara yêkti ||

14. pan ingakên sanyawa sariraningwang | mring Sang Amir Mukminin | gumuyu angakak | Prabu Gulangge mujar | pantês sira dèn kasihi | ratu prakoswa | dhapurmu gêng rêspati ||

15. payo Sang Sri Lamdahur apa nèng sira | nuli tamakna aglis | Lamdahur angucap | pan dudu caraningwang | andhingini ing ajurit | sabalanira | Risang Surayèng Bumi ||

16. balik sira Gulangge payo gadaa | gumuyu iya bêcik | Lamdahur dèn yitna | pan sira apasanga | mutêr gada Gulanggya Ji | rongèwu dhomas | kati ing wawratnèki ||

17. sigra ngêtab Sri Maha Gulangge Raja | tumêmpuh punang bindi | kadya gêlap sasra | murub parisanira | gumêtêr limane anjrit | adhêrodhogan | kotos [ko...]

--- 6: 323 ---

[...tos] karingêtnèki ||

18. asru mojar Gulangge payo malêsa | hèh prabu ing Sêrandil | sun rasakne uga | iya panggadanira | nauri Prabu Sêrandil | ingsun balaka | tan kawasa malêsi ||

19. sira iku Gulangge sayêkti eman | mungsuh lan gusti mami | atimu raharja | sanadyan putra Kelan | kaliru galihe lagi | pan sêjatinya | putra Rab ambêk sukci ||

20. satêmêne jêng pangeran ing Suwăngsa | mring sira gawe bêcik | para mantunira | kang padha ngalang marga | mati lan Sri Burudangin | randhane padha | putrimu dèn bêciki ||

21. tinarimakakên pinilihkên padha | ratu gêng kang prajurit | tur ingkang sanyawa | lan pangran ing Suwăngsa | randhane Raja Kasigi | kang tinariman | Sang Raja Banuarli ||

22. Ratu Agung Talsiyah Marmadiputra | pan wus kinulit daging | randhane Wuskahar | ipene tinariman | raja agung ing Kubarsi | ngungkuli padha | lawan bojone lami ||

23. anakira tuwa wus panggih lan putra | Kewusnendar Sang Aji | Kaharkusmèn dibya | atmaja Kewusnendar | karo putranira iki | padha putrangkat | ing gusti Jayèngmurti ||

24. ingkang roro padha ratu sinudara | ing Yujana Kubarsi | mantunira lawas | padha rêratu desa | mêngko iki bêcik-bêcik | ratu sinêmbah | abêbala para ji ||

25. padha moncol kaprawiraning ayuda |

--- 6: 324 ---

karsane angajèni | jêng gusti ing sira | Gulangge duk miyarsa | waspanira andrês mijil | langkung nalăngsa | dènnya ngladosi jurit ||

26. katêlanjur wacana kang wus kawêdal | tan ingaturkên nuli | Sayid Ibni Ngumar | dene nganti praptanya | Wong Agung Surayèng Bumi | arsa ngaturna | ila-ilaning aji ||

27. balènana wacana kang wus kawêdal | kasiku ing Hyang Widi | angawe kang wadya | prapta ingkang ambêkta | janèwêr branduwin manis | wus linarihan | sigra Prabu Sêrandil ||

28. sêgêr malih sarirane ingkang lupa | Gulangge mojar aris | Lamdahur mundura | nauri Rajèng Selan | wirang sun mundura dhingin | sira sadhela | mundura sri bupati ||

29. sru gumujêng Gulangge mundur sakêdhap | Lamdahur mundur aglis | rinubung praptanya | apa tan ana kalah | dandananira sang aji | ya insa Allah | ing Suksma sih basuki ||

30. nanging datan kawasa malêsa ingwang | Gulangge sarèh pikir | lamun sinêdyoa | kaya mati wak ingwang | nanging karsaning Hyang Widi | yèn durung ajal | lah iki maksih urip ||

31. panggadane Si Gulangge ngudubilah | lir katiban wak mami | iya gunung waja | mèsêm putra ing Kelan | tuwin kang para narpati | Gulangge kuwat | èstu gambuh ing jurit ||

61. Gambuh

1. wau ta duk angrungu | sang prabu kăndha Maliyat Kustur | sigra amit saksana magut ing

--- 6: 325 ---

jurit | Pangeran Ismayasunu | pangandikanira alon ||

2. paran ta kakang prabu | pan paduka kêdah magut pupuh | gung aluhur Gulangge kuwat ing jurit | umatur Maliyat Kustur | sampun kawruhan yèn abot ||

3. bêbêjan ta pukulun | kêdah ngayoni ing wawratipun | mugyantuka kang supangat sang apêkik | gya mangsah Maliyat Kustur | nitih dipăngga angrimong ||

4. sarwi mandhi salukun | prapta ing papan Maliyat Kustur | wus apanggih ayun-ayunan sang aji | Gulangge mèsêm andulu | nêracak padha kinaot ||

5. bala Kuparman iku | pra ratune apan patut-patut | dhapurane agagah padha rêspati | anom bagus tuwa bagus | iki sapa sun têtakon ||

6. ratu ngêndi sirèku | wani amapag ing yudaningsun | apa nora têtakon Rajèng Sêrandil | kang mêntas aprang lan ingsun | sira bagus maksih anom ||

7. angling Maliyat Kustur | iya apan wis angrungu ingsun | lamun sira awrat sinandhang ing jurit | lan dêdêgmu gung aluhur | nora kaprah para katong ||

8. wruhanira sang prabu | prajurit Ngarab nora andulu | nadyan ana mungsuh gêdhene sawukir | nora nana nganyang mungsuh | wus lumrahe kancaningong ||

9. mungsuha Wanakirun | nora watak anampika mungsuh | aja mungguh sêntana kang kaya mami | yèn mirisa mungsuh agung | yèn sira tambuh maring ngong ||

10. iki

--- 6: 326 ---

Maliyat Kustur | gêgêdhug ratu santana ingsun | pan rong atus para ratu Kaelani | kang sanak misan puniku | dene ingkang para katong ||

11. nak-sanak wolung puluh | iku ingkang kaprintah maring sun | padha ratu prajurit ing Kaelani | ratu dhomas balaningsun | gêgawanku para katong ||

12. Abu Ngadngah sêsunu | Wrahad Barsi apan ratu punjul | putra têlu ingkang tuwa iya mami | putri adi kang panggulu | lanang maning ingkang anom ||

13. kang èstri garwanipun | padmi kasih Jêng Ismayasunu | putra Kelan tan miyat ing sang dyah malih | mung Kadarwati ariku | wong tuwane asih golong ||

14. lanang wadon sih lulud | miwah sadaya kang para ibu | atanapi Wong Agung Surayèng Bumi | dènnya padha sih kalangkung | asring kinanthi pakewoh ||

15. duk musnane wong agung | Samasrawi prang cinolong mungsuh | wong Kuparman gung alit samya prihatin | para putra para ratu | tan ana bisa ngupados ||

16. pan amung ariningsun | Kadarwati nêmokkên iku |[17] anambani susahe wong Pusêr Bumi | Prabu Gulangge angrungu | kraos tyase pan sumêdhot ||

17. nukmèng wardayanipun | Sri Mahaprabu Gulangge iku | tinggalane Prabu Ngadngah Wrahad Barsi | kèlingane tunggal guru | barêng dalêjêt duk anom ||

18. tan pisah saba gunung | alas guwa-guwa mrih pinunjul | puruwita kaprawiraning ajurit |

--- 6: 327 ---

tinggalane arènipun | Wrahat Barsi ratu moncol ||

19. lan kapindhone iku | dadya lakine ya anak ingsun | Si Bayansih abêgja prayoga iki | lan Si Wuskahar rumuhun | kari gagah kari sengoh ||

20. lan agung kratonipun | manjing santana Ngarab tur bagus | kèh bêgjane putra ngong nini Bayansih | alon samudana muwus | sirèku prang lawan ingong ||

21. dèn prayitna sirèku | tadhahana iya gadaningsun | winitara tibane dèn irih-irih | sinăngga parise murub | Maliyat Kustur kalêson ||

22. anjrit dipangganipun | pan gumêtêr Sri Maliyat Kustur | pan wus prapta kang ngirim janèwêr manis | linarih Maliyat Kustur | wus sêgêr malih sang katong ||

23. Prabu Gulangge muwus | amalêsa Si Maliyat Kustur | lagi sira iki lan Natèng Sêrandil | katiban ing gadaningsun | iya nora mati luloh ||

24. sabêne banjur luluh | yèn tan luluh ya nyawane mamprung | tinggal badan wêdi bok kasampe bindi | nora tau gada ingsun | matèni ratu amindho ||

25. lah mundura sirèku | yèn kêlar sira malêsa sokur | anauri sri bupati ing Kubarsi | tan kawasa malês ingsun | alêsu sariraningong ||

26. lah mundura sirèku | lamun sira ja dadi mantuku | sun têmêni sayêkti sira ngêmasi | manawa nutuh bojomu | tan bisa golèkkên liron ||

27. kon boboki [bo...]

--- 6: 328 ---

[...boki] bojomu | rapuhan ratus ya mari iku | Si Bayansih wruh parême nguni-uni | mundur Sri Maliyat Kustur | wontên ratu wrat ing kewoh ||

28. pan ing Ngrokam prajèku | Rokam ing tanah Indi puniku | bisikane iya Gulangge namèki | ilon-ilon namanipun | ratu agêng kang kinaot ||

29. dene prajanirèku | mèh cumbuh[18] Ngrokam Ngindi puniku | pan wasisan tiniru namanirèki | dene doh jajahanipun | măngsa nêdyaa patêmon ||

30. ing mangke ta kapranggul | Sri Gulangge tanah Indi magut | jêng pangeran ing Suwăngsa wus ngidini | gumujêng kang para ratu | padha arane patêmon ||

31. nanging kari gêng luhur | Gulangge kene iki kalangkung | mring Gulangge ing Ngrokami tanah Indi | kaprahe kang para ratu | umangsah nitih angrimong ||

32. putih prapta wus pangguh | tanya Gulangge kang agung luhur | ratu ngêndi sira mêtu ing ajurit | ratu bawahangin ingsun | ya Gulangge namaningong ||

33. ya Ngrokami prajèngsun | duk misih anom suwitaningsun | nora saking iya kasoran ing jurit | wit saking ingsun kapencut | ing ambêg Jayèngpalugon ||

34. bêbudèn manis arum | ngisor wiyat ingkang para ratu | nora nana mirib Sang Surayèng Bumi | lêmbute wêwatêkipun | dhêdhasare apura mot ||

35. ya duk suwitaningsun | kala gusti nglurugi

--- 6: 329 ---

amukul | ing kuthane Aspandriya ing Biraji | wong agung duk amêmangun | akarya kutha gêng kaot ||

36. ingsun kinon amatut | miwah rêngganing kadhatonipun | sawiji kang rupa-rupa jroning puri | tan ana liya saking sun | anggitan sajro kadhaton ||

37. kinèn anelad ingsun | kutha Ngajrak ing sarakitipun | pan kalêbu wong lawas ya ingsun iki | Gulangge agung amuwus | payo gadaa maring ngong ||

38. raja jumbuh prajamu | miwa[19] jumbuh aranira iku | baya liwat pinunjul prawiranèki | Gulangge alit sumaur | aprang dudu caraningong ||

39. andhinginana mupuh | pan gumuyu Sang Gulangge agung | dèn prayitna sira lumaku ngong bindi | mutêr gada sigra mupuh | gumapruk angrimong ruboh ||

40. sarêng ratune lampus | gumuling lawan angrimongipun | sigra nandêr ratu kêmbar Kaelani | Raja Siwana kang sêpuh | Raja Diwana kang anom ||

41. mangsah prapta wus pangguh | tinanya sapa aranirèku | anauri santana ing Kaelani | ing Sarsit kadhaton ingsun | ratu sanak misan ingong ||

42. marang Gulangge Prabu | Raja Siwana Diwana gupuh | mara rampak kalihe kêbabit bindi | sêdyanira ukur-ukur | pan winitara kemawon ||

43. tuna-dungkap amupuh | ragi rah-arah pamupuhipun | dene amrih kênane parênge kalih | têmahan kang para ratu | dene manglung [mang...]

--- 6: 330 ---

[...lung] asta gayoh ||

44. têmah kalihe lampus | Prabu Gulangge kalangkung ngungun | katigane nora sêdya amatèni | têlu pisan katarucut | kang palastra balung anom ||

62. Sinom

1. mangkana Prabu Gulanggya | têdhak saking ing waniti | pangracut kapraboning prang | mara lan astanirèki | jisime ratu kalih | Siwana Diwana iku | rinangkêp asta kanan | kang kering jisim satunggil | wus binêkta maring gène putra Kelan ||

2. ambopong jisim têtiga | saingga pari sawulih | eram kang sami tumingal | Gulangge pratingkahnèki | prapta ngarsa sang pêkik | para ratu kêkês dulu | mring Gulangge gungira | miwah jarote linuwih | piyak sagung bala kang ngampil ing ngarsa ||

3. angadêg nginggil amparan | Pangeran Banjaransari | sarwi nêkên kang gandhewa | Gulangge ngêrpèpèh manis | umatur sang apêkik | gêgambène para sunu | punika wadya tuwan | amba tan sêdya matèni | kasaliyo kapara ginayuh gada ||

4. balane ratu têtiga | santanane prapta nangis | tinampèn layon têtiga | Gulangge umatur aris | yèn ngarsakna sang pêkik | ngukum jiwa raga katur | amba wus tanpa gaman | ngasrahakên pati urip | sakarsane putra Kelan pan sumăngga ||

5. rêngu panduking sasmita | Pangeran Ismayasiwi | sumunu mulat tumeja |

--- 6: 331 ---

sudama bangun sêsiring | pratisthèng damar lilin | kataman maruta arum | eram Gulangge mulat | ing cahyanira sang pêkik | angandika Pangeran Amiratmaja ||

6. hèh Gulangge tambung lampah | ya ngêndi ana prajurit | matèni wong tanpa gêgaman |[20] yèn sira rêp sun patèni | mundura sira dhingin | anggonên sadayanipun | kapraboning ayuda | ing mêngko nuli ajurit | singa tiwas nèng payudan pinatenan ||

7. dudu caraning prawira | amatèni wong balêdhing | tangèh manggiha utama | mungsuh kurang dèn wuwuhi | gêgaman ing ajurit | sira iku tambung laku | lamun trahing Kuparman | tan arsa matèni silib | nora arsa mungsuh wong kurang gêgaman ||

8. apa jampêng tan miyarsa | watêke trah Pusêr Bumi | yèn aprang milih sumêngka | nora tate dèn sêngkani | Gulangge lah dèn aglis | anggonên ta parisamu | kalawan gadanira | dèn samêkta payo jurit | undurira Gulangge ngusapi waspa ||

9. kalorop ing solahira | wêkêle kang dèn ugêmi | sêtya tuhu paribawa | tinêrka angrusak wingit | angilani wêwadi | bubrah kautamanipun | tur pati tanpa gaman | winastanan mêjanani | pan tinêrka nuntun panggawe urakan ||

10. nyarimpêd ing kaprawiran | wau ta rahadèn mantri | angrasuk kaprajuritan | kudanira kèn ngambili |

--- 6: 332 ---

sumaos jonggiraji | sayêktine kuda iku | wêton dhasar lautan | anaking jin Jonggiroji | yèn kinarsakna marang ki putra Kelan ||

11. bisa nglumpati prawata | nging ki putra sangêt wingit | tan arsa ngacèki tingkah | sasami titahing Widi | sigra nitih turanggi | wong Kelan surak gumuruh | langkung sami marmanya | para paman lan para ji | dènnya sangêt datan kêna ingaturan ||

12. kadya kang baskara memba | nganglangi langêning bumi | Gulangge nurut parentah | ngrasuk kapraboning jurit | kinitêr radèn mantri | angatepang wêdhar lurus | wiragane pasaja | cahyane nuksmèng sitèngsi | gêbyar-gêbyar anyurêmi diwangkara ||

13. èbêg Gulangge tyasira | paran titah ingsun iki | saru loking pramudetya | rare sun ladèni jurit | yèn ora sun ladèni | muring-muring sang abagus | lah iya ngarah apa | sun watarane ngajurit | jêr karsane dhewe kudu ngajak aprang ||

14. mêrpêki angundha gada | Gulangge lon turira ris | wong bagus dipun prayitna | amutêr gadanira glis | sang pêkik mara tangkis | Gulangge gadane nêmpuh | tibane winitara | sugal pangandikanèki | hèh Gulangge prang apa ta dolanan |[21]|

15. dora lamun samenea | pêpukulmu ing ajurit | kang jamak padha prawira | angêntèkakên gêgitik | bok aja mêjanani | ngandêlakên gung aluhur |

--- 6: 333 ---

sumăngsa anggadaa | manungsa ajur wor siti | bokmanawa ana titah ingkang kuwat ||

16. pan ingsun durung tarima | sira watara gêgitik | Gulangge kaku tyasira | ingundhakan panggadèki | jumêbèt tibèng tangkis | mêtyagni parise murub | urube katar-katar | muluk marang ing wiyati | pêksi alit katrajang kumrutuk tiba ||

17. malah matêng tibanira | wong baris kalangan ngambil | kang matêng lajêng pinangan | suka manahe wadya lit | kang lagya mangan pêksi | surak sarwi nyamuk-nyamuk | ginada kaping tiga | tan osik dènira tangkis | angandika payo Gulangge êntèkna ||

18. Gulangge aris turira | suwawi sampun kaping tri | anggèr pamupuh kawula | inggih lêrêse agênti | sampun ta amêstani | ing panggada ukur-ukur | kawulantêp punika | saèstu kawula muji | pasêk sêsêg anggèr ing tangkis paduka ||

19. putra Kelan saurira | hèh Gulangge Sri Bupati | durung tèk pukulira |[22] katara tibaning tangkis | pan akèh ingkang kari | Gulangge kuwatirèku | măngsa malêsa ingwang | yèn durung tèk kuwatnèki | mêtu kabèh kuwate panggadanira ||

20. kaliwat dora sêngara | mung iku kêkuwatnèki | măngsa matènana raja | yèn amung sêmene iki | Si Diwana prajurit | lan Raja Siwana iku | tate nadhahi gada | rong mene narendra

--- 6: 334 ---

kalih | apan iku santananingsun misanan ||

21. anake ratu prakoswa | andêl-andêl Kaelani | payo maning wêtokêna | pamupuhira kang yêkti | Gulangge ngangkat malih | pining têlu kuwatipun | mung kari kang saduman | kang rong duman iku mijil | pan tumêmpuh gada gêng mring putra Kelan ||

22. kadya balêdhèg sayuta | orêg prakêmpa kang bumi | kabèh kathahing titihan | karungane para aji | miwah karungan èsthi | wadya gung pan samya jumbul | ewasamana uga | tan osik dènira tangkis | tuhu lamun widigdaya putra Kelan ||

23. kadya kidang mungsuh gajah | sayêkti sèkêt lan siji | măngsa na mèlu si kidang | pangrasane kang ningali | nora kongsi ping kalih | sapisan wus dadi bubuk | prandene putra Kelan | dangu pan winanti-wanti | ora măntra karasa panangkisira ||

24. surake kadya ampuhan | eram kang sami ningali | tangkêpe prang putra Kelan | panyêngkane satus tandhing | wau kang paman kalih | Raja Urmus lan Sêmakun | sami maras umiyat | tumungkul waspa drês mijil | saking sangêt tan kawawa nahên maras ||

25. têtanya Sang Rajèng Selan | kakang prabu kadospundi | tan mêntala amba mulat | ing yudane kaki mantri | karya rujiting ati | nauri Prabu Lamdahur | anggèr dipun santosa | tuwan pasrah ing Hyang Widi | lah punika tangkêpe [tangkê...]

--- 6: 335 ---

[...pe] putra andika ||

26. wus pinupuh kaping gangsal | kaping nêm dèrèng malêsi | anggèr kawula kemutan | putra paduka puniki | ayême ing ajurit | blêg raka dika wong agung | surayèng pramuditya | sangêt pêdhêse panggitik | tiru ibu putri Kelan Kelaswara ||

27. duk kula aprang binuntar | lir katiban gunung wêsi | lah punika raka dika | Yujana sami ngraosi | Kewusnendar nambungi | anggèr iku tiru ibu | kula inggih binuntar | gumamplêng lir puthon wêsi | kawulanggèr tan emut purwaduksina ||

28. wau ingkang băndayuda | Gulangge lan radèn mantri | Prabu Gulangge turira | suwawi malêsa gusti | kawularsa ngraosi | gêgitike wong abagus | nauri putra kelan | lah iya sri narapati | dèn prayitna kudhunga parismu ja |[23]|

29. ing mêngko sira rasakna | pukule trah Pusêr Bumi | Gulangge tangkis lêgawa | tumungkul sarwi ningali | Pangeran Kaelani | ngêtab kuda matak Jabur | ngikal amutêr gada | milar kuda jonggiraji | sanalika angungkuli mungsuhira ||

30. tumêmpuh panggadanira | jumêbrèt surake anjrit | sagung wadya ing Kuparman | têkan sikêp dèn undhangi | surake samya anjrit | lir wukir sakêthi guntur | kuwat Gulangge Raja | dènira nadhahi tangkis | praksowane pukule putra ing Kelan ||

31. mubal parisane [parisa...]

--- 6: 336 ---

[...ne] waja | kumatar maring wiyati | sumaput paningalira | sakala sang sri bupati | obah bêbalungnèki | kang rongatus têlung puluh | andaka tan bisobah | gumêtêr lir dèn sirami | karingête kotos sarwi dharodhogan ||

32. anjêtung Gulangge Raja | sajêg ingsun anadhahi | panggadane para nata | mungsuh ingsun nguni-uni | kabèh para narpati | mung iki krasa bêbalung | tuhu moncol ing jagad | putra Ngarab siji iki | pan alêsu rasaning sariraningwang ||

33. lamun kongsi pinindhoa | kaya êmbuh ingsun iki | sapisan samene uga | êmare bêbalung mami | anglokor otot mami | ros-rosan padha alinu | pan lir pêcah-pêcaha | pangêlune sirah mami | komêt mumêt kidul têka katon wetan ||

34. anggèr sumăngga luwaran | punika apan mèh wêngi | inggih ing benjang kewala | kawula sagah tan sipi | gèn kula prang sakenjing | kang badan sampun alêsu | luwung benjang kewala | pun bapa ngladosi malih | angandika Pangeran Jaswadiputra ||

35. lah iya sakarsanira | sang nata ingsun turuti | ing besuk bae mêtua | têgêse satriya adi | utamaning prajurit | nurut panjaluking mungsuh | bubar ungkur-ungkuran | putra Kelan praptanèki | pan rinubung tinangisan para nata ||

36. gumrumung nungkêmi pada | para [pa...]

--- 6: 337 ---

[...ra] paman anangisi | pangrasa kadi supêna | aningali marang gusti | lajêng têdhakirèki | sagung ingkang baris daut | bubar mungsuh lan rowang | sami makuwon para ji | dalu lajêng bujana asmarandana ||

Taksih wontên candhakipun malih badhe kapacak ing Sêrat Menak ăngka 7.

__________

Ingkang nyaosi babonipun Radèn Panji Jayasubrata.

 


Nomor urutan dari teks asli 52, diubah menjadi 53 dan selanjutnya. (kembali)
janmèstri. (kembali)
păncaniti. (kembali)
Lebih satu suku kata: arêp ngilangkên prawiraningsun. (kembali)
Kurang satu suku kata: miwah asalin ingkang lumaku. (kembali)
Lebih satu suku kata: putra ngandika ing Kaos. (kembali)
sêbit. (kembali)
tampanana. (kembali)
Kurang satu suku kata: jroning pura apan linêbêtan sampun. (kembali)
10 mênganjuri. (kembali)
11 Biasanya guru lagu a: brak. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: dèn trimakkên maring putra ing Yujana. (kembali)
13 gangsir. (kembali)
14 Lebih satu saku kata: yèn prang ngarsanirèki. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: panggenan raja arja. (kembali)
16 watêke. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: Kadarwati nêmokakên iku. (kembali)
18 jumbuh. (kembali)
19 miwah. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: matèni wong tanpa gaman. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: hèh Gulangge aprang apa ta dolanan. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: durung êntèk pukulira. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: dèn prayitna kudhunga parismu waja. (kembali)