Menak (Register), Balai Pustaka, 1941, #1091 (Hlm. 001–054)
1. | Menak (Register), Balai Pustaka, 1941, #1091 (Hlm. 001–054). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
2. | Menak (Register), Balai Pustaka, 1941, #1091 (Hlm. 055–084). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
3. | Menak (Register), Balai Pustaka, 1941, #1091 (Hlm. 084–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
REGISTER SERAT MENAK
[Grafik]
BALE PUSTAKA
BATAVIA-C
--- 1 ---
Serie No. 1415
SERAT MENAK
Katêrangan - Cêkakan isinipun Sêrat Menak - Pratelan nama-nama - Pêthikan.
DAMÊLANIPUN RESOWIDJOJO
MAWI GAMBAR RINGGIT MENAK DAMÊLANIPUN RADEN SOELARDI
BALE PUSTAKA
BATAVIA-C
1941
--- [2] ---
Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.
--- [3] ---
KATÊRANGAN
Nalika Bale Pustaka gadhah sêdya ngêdalakên Sêrat Menak, anggènipun nitipriksa madosi pundi ingkang kintên-kintên taksih lugu, tapak-astanipun suwargi R. Ng. Yasadipura, ngantos pintên-pintên wulan. Sêrat-sêrat Menak pintên-pintên dasa ingkang sumimpên wontên ing bibliotheek Bataviaasch Genootschap, dipun tingali satunggal-satunggal, dipun tandhing-tandhing. Kajawi punika, ugi mawi ndhatêngakên saking Leiden, paringan saking karaton Surakarta.
Nanging kawuningana. Sêrat pintên-pintên wau botên wontên ingkang cocog. Satunggal kalihan satunggalipun botên ketang sakêdhik, têmtu wontên gèsèhipun. Dene ingkang gèsèh piyambak, têgêsipun têbih piyambak susatipun kalihan sanèsipun, inggih punika Sêrat Menak cap-capan. Botên namung bêbukanipun kemawon ingkang nyalênèh, dalah têtêmbunganipun ugi kathah ingkang gèsèh.
Mila manawi Sêrat Menak wêdalan Bale Pustaka dipun tandhing kalihan Sêrat Menak cap-capan partikêlir pinanggihipun botên sanès têmtu namung sulaya. Sarta tumrap priyantun ingkang sampun kalajêng kagungan panggalih ngintên manawi Sêrat Menak wêdalan pangêcapan partikêlir wau sêrat ingkang lugu, têmtunipun inggih lajêng duka. Botên pirsa manawi ingkang kaanggêp lugu wau yêktosipun sampun ewah-ewahan.
Minăngka pasêksèning atur kula bilih bêbukanipun Sêrat Menak wêdalan rumiyin punika nyalênèh, awit Sêrat Menak sanès-sanèsipun wiwitanipun mungêl makatên:
"Kadis makdum purwakèng ginupit, ring sang duta ..."
Lêrês sêrat-sêrat wau sampun botên wontên ingkang lugu, nanging manawi sadaya bêbukanipun makatên, ingkang botên makatên lajêng kenging dipun wastani: saya têbih saking lugu.
Dening Bale Pustaka bêbuka wau dipun kethok malih. Mênggah kêthokanipun makatên:
--- 4 ---
[Dhandhanggula]
1. Kadis Makdum purwakèng ginupit | ring sang duta kataman duhkita | risêdhêng anèng purane | bunêk grahing tyas giyuh | dining kanang Bubakar Sidik | sumiwèng ngabyantara- | nira kangjêng rasul | Ngumar Ngusman Ibnu Sraya | Ngali Ngujèr Khamsah Mungawiyah Kalid | Walulid Abu Talkah ||
2. Ngabdurachman Ibnu Ngoplan Djubir | sanggya dining kananging sakabat | konang-onang dibya nunge | titir mrawasèng ripu | brakate kang bala di kabir | tamde sakabat riya | kang munkir praja gung | sainganing bumi pala | lir basanta paguting diwangkara di | lèn te kanang tranggana ||
3. Risang duta tama ngandika ring | Abu Bakar Ngali Ngumar Ngusman | paran măngka usadane | ngong bunêk ing tyas giyuh | yèn dadia lêjar tyas mami | nir duhkita bunêk tyas | rikang amabakdu | bakdaka maka dalika | sabdariya ngabyantara mangênjali | Bubakar dining kanang ||
4. Sayid ulun amba umatur ring | padukesraya jagad kotama | sang adipani dasihe |
--- 5 ---
mênggah abdi pukulun | sêkar ingkang wuryan utami | saking bunêking driya | ing waluyanipun/ miyarsa kandha utama | risang mangka codakèng rat ngandika ris | sêngan ta paman Ngabas ||
5. Tinimbalan tan adangu prapti | sojar ta ris sri narendra tama | hèh paman Ngabas marangke | apa ta paman emut | ring solahe duk mangun jurit | kalana andon jaya | amarjajèng ripu | amunah praja dikara | paman Ambyah widigdaya jayèng jurit | tanna praja manglawan ||
6. Bagendha Bas matur mangastuti | kasinggihan gusti pan kawula | minangka juru tulise | sapurug datan kantun | ri sêdhênge amangun jurit | tingkah kang samar-samar | kawula pukulun | kadi botên kakilapan | solah ingkang pelag-pelag gaib-gaib | ulun buki sadaya ||
7. Kangjêng Rasul angandika malih | iya paman sira caritaa | paman Ambyah satingkahe | dadi usadaning kung | dimèn lêjar paman tyas mami |
--- 6 ---
lah paman wiwitana | mula-mulanipun | Bagendha Bas tur pranata | inggih gusti wontên narendra linuwih | nama Prabu Sarehas ||
Punika inggih wontên sababipun. Dene sababipun makatên:
Sêrat Menak, punika miturut babonipun ingkang asal saking Perzie, cariyosipun botên namung dumugi Wong Agung badhe wangsul dhatêng Mêkah kemawon, nanging ngantos dumugi kapanggihipun Wong Agung kalihan kangjêng nabi, têrus pêrang Lakat, ngantos Wong Agung nêmahi seda.
Ingkang kawêdalakên Bale Pustaka punika inggih dumugi samantên. Sarèhning miturut cariyos wau kangjêng nabi kapanggih piyambak kalihan Wong Agung, utawi nyalirani piyambak nalika pêrang Lakat, dados nama botên mantuk manawi kangjêng nabi andadak ndangu dhatêng Bagendha Abas kados ingkang kasêbut ing bêbuka.
Kajawi punika wontên malih gèsèhipun Sêrat Menak punika kalihan ingkang sampun kalimrah, inggih punika pamerangipun. Perangan-peranganing Sêrat Menak punika ingkang sampun limrah kados ing ngandhap punika:
1. MENAK LARE, wiwit Prabu Sarehas tapa dhasaring samodra dumugi Wong Agung Jayèngrana kondur saking ambêdhah nagari Sêrandil.
2. MENAK JOBIN, wiwit Wong Agung nglurug dhatêng nagari Yunani dumugi bêdhahing Kuparman.
3. MENAK KANJUN, wiwit Wong Agung ngadhaton ing nagari Kuparman, dumugi prang Kuwari.
4. MENAK CINA, wiwit Prabu Hong Tete sungkawa dening pamothahing putra, dumugi konduripun Wong Agung saking nagari Cina.
--- 7 ---
5. MENAK MALEBARI, wiwit Dèwi Sudarawrêti utawi Arya Maktal dhatêng Kusniya Malebari, dumugi kramanipun Rustamaji.
6. MENAK NGAMBARKUSTUP, wiwit Prabu Sahsiyar ngaturakên putrinipun dhatêng Kuparman, dumugi Prabu Nusirwan manjing Islam.
7. MENAK KALAKODRAT, wiwit têntrêming Madayin, dumugi bêdhahipun nagari Kalakodrat.
8. MENAK GULANGGE, wiwit Wong Agung wontên nagari Kalakodrat, dumugi bêdhahipun nagari Ngrokam.
9. MENAK JAMINTORAN, wiwit murcanipun Pangeran Kelan, dumugi Marmaya mantuk saking Jamintoran.
10. MENAK JAMINAMBAR, wiwit bidhalipun Wong Agung nglurugi Prabu Rabus Samawati wal Arli, dumugi konduripun dhatêng Ngrokam.
11. MENAK TALSAMAT, wiwit Wong Agung rêrasan ngilmi kalihan Prabu Gulangge, dumugi nyakabatipun dhatêng Kangjêng Nabi Muhamad Rasulullah.
Manawi Bale Pustaka pamerangipun makatên:
1. MENAK SAREHAS, wiwitipun wontên Sêrat Kadam Makna ngantos dumugi lairipun Wong Agung.
2. MENAK LARE, 4 jilid, Wong Agung wiwit katingal kadibyanipun, lajêng sagêd nêlukakên para satriya tuwin para raja.
3. MENAK SÊRANDIL, Wong Agung dipun utus Prabu Nusirwan kapurih nêlukakên Prabu Lamdahur ing Sêrandil.
4. MENAK SULUB, 2 jilid, Wong Agung nêlukakên Raja Yunan, Ngêrum tuwin Mêsir, nanging lajêng nandhang papa dipun kunjara wontên ing pulo Sulub.
--- 8 ---
5. MENAK NGAJRAK, dhaupipun Wong Agung kalihan Dèwi Ismayawati, putri jim ing Ngajrak.
6. MENAK DÊMIS, Prabu Nusirwan ngungsi dhatêng Dêmis. Raja Dêmis lajêng dipun mêngsah dening Wong Agung.
7. MENAK KAOS, Wong Agung ngêbroki nagari Kaos, Dèwi Muninggar lajêng pêputra kakung nama Kobat Sarehas.
8. MENAK KURISTAM, Wong Agung ambêdhah nagari Kuristam, lajêng yasa nagari wontên ing Kuparman.
9. MENAK BIRAJI, Wong Agung mêmêngsahan kalihan ratu ing Biraji Prabu Aspandriya.
10. MENAK KANIN, Wong Agung dipun cidra dening Raja Bahman, dipun pêdhang tatu nginggil talingan, lajêng dipun bêkta mlajêng Kalisahak, ngungsi dhatêng satunggiling tiyang dhusun, nama: Sahsiyar, wontên ing ngriku kaupakara ngantos saras.
11. MENAK GANDRUNG, Dèwi Muninggar pêjah ing paprangan, Wong Agung lajêng gandrung.
12. MENAK KANJUN, Wong Agung mêmêngsahan kalihan Raja Kanjun, lajêng dhaup kalihan putri Parangakik.
13. MENAK KANDHABUMI, Wong Agung dhaup kalihan Dèwi Marpinjun, rayinipun Dèwi Muninggar.
14. MENAK KUWARI, Wong Agung nglurug dhatêng nagari Kuwari.
15. MENAK CINA, 5 jilid, putri Cina nginggah-inggahi Wong Agung, nanging botên katampèn, putri Cina pêjah.
16. MENAK MALEBARI, 5 jilid, Wong Agung besanan kalihan Prabu Bawadiman ing Kusniya Malebari.
17. MENAK PURWAKANDHA, 3 jilid, Wong Agung nglurug dhatêng nagari Purwakandha.
18. MENAK KUSTUP, 2 jilid, bêdhahipun nagari Kustup dening para raja balanipun Wong Agung.
--- 9 ---
19. MENAK KALAKODRAT, 2 jilid, pêjahipun Patih Bêstak lan Prabu Nusirwan.
20. MENAK SORANGAN, 2 jilid, Wong Agung nglurug dhatêng nagari Sorangan.
21. MENAK JAMINTORAN, 2 jilid, Pangeran Kelan badhe dhaup kalihan Dèwi Julu Sulasikin, rajaputri ing Jamintoran.
22. MENAK JAMINAMBAR, 3 jilid, Wong Agung nglurugi Prabu Rabus Samawati ing nagari Jaminambar, inggih punika ratu ingkang ngakên dados Gusti Allah.
23. MENAK TALSAMAT, Wong Agung ambêdhah nagari Mukabumi, Pildandani, tuwin Talsamat, lajêng kondur dhatêng Madinah, nyakabat Kangjêng Nabi Rasul.
24. MENAK LAKAT, 3 jilid, kangjêng nabi mêmêngsahan kalihan Raja Lakat tuwin Raja Jênggi. Wong Agung kapupu ing prang. Dèwi Kuraisin dhaup kalihan Bagendha Ngali, lajêng pêputra kakung nama Muhamad Kanapiyah, ratu ing Ngajrak.
Wasana Bale Pustaka sangêt suka sukur dene kêlampahan sagêd ngêdalakên Sêrat Menak aksara Jawi mawi têmbang, ngantos tamat sarta sagêd nyade mirah, satunggal buku namung ngangsal kêthip.
Mugi-mugi wêdalipun Sêrat Menak dalah katêranganipun punapadene pratelan nama-nama, cêkakaning cariyos lan pêthikanipun punika sagêd marêmakên panggalihipun para maos.
__________
--- [10] ---
CÊKAKAN ISINIPUN SÊRAT MENAK.
Prabu Sarehas ing Mêdayin mêrtapa ing dhasaring sagantên, nyuwun kasêktèn kados Nabi Suleman. Nabi Kilir rawuh, maringi babakan kajêng, kasiyatipun sagêd mangrêtos dhatêng basaning sarwa kumêlip. Babakan lajêng kaparingakên dhatêng abdi juru madharan mama Ki Nimdahu, kadhawuhan ngolah apêm. Apêm matêng, dipun pêndhêt Lukmanakim, anakipun Nimdahu. Sang prabu dipun aturi apêm limrah kemawon. Mila bibar dhahar sang prabu taksih ajêg kados waunipun. Lukmanakim ingkang lajêng dados tiyang wicaksana ngrêtos dhatêng basanipun sarwa kumêlip. Jim, pêri, sato, sami sujud, awit dipun kintên têdhakipun Nabi Suleman.
Lukmanakim dipun wulang sakathahing ilmu dhatêng ratuning jim mukmin. Ilmu wau sadaya dipun sêrati, ngantos dados kitab nama Adam Makna, kasiyatipun sagêd nggêsangakên tiyang pêjah, ngênèmakên tiyang sêpuh lan sapanunggilanipun.
Sang Jabarail botên rêna sangêt wontên tiyang kados Lukmanakim. Kitabipun lajêng dipun rêbat, kenging kalih pratigan, sapratigan kabucal dhatêng dhasaring sagantên, sapratigan malih kabucal dhatêng Ngajrak, dipun tampèni Asan Asil.
Lukmanakim pêjah, tilar anak nama Bêkti Jamal.
Prabu Sarehas ugi lajêng seda, dipun gêntosi putra nama Prabu Kobatsah. Patih Abujantir ugi pêjah, tilar anak nama Patih Aklas Wajir.
Juragan Tambi Jumiril ing Bênggala, kêpengin dados ratu, tapa nungsang wontên ing rêdi Endragiri, botên katrimah, namung badhe nurunakên prajurit linangkung. Jumiril suwita Bagendha Asim, Adipati Mêkah, trah Banukasim. Ing ngriku lajêng kadadosakên patih sarta kapundhut mantu, dhaup kalihan Siti Mahya. Bagendha Asim seda, dipun gêntosi putra nama Abdul Muntalib.
--- [11] ---
--- 12 ---
Bêktijamal manggih donya karun dipun cariyosakên dhatêng Patih Aklas Wajir. Kyai patih melik. Bêktijamal dipun pêjahi.
Bojonipun Bêktijamal sawêg ngandhêg, sarêng lair mêdal jalêr, dipun namakakên Betal Jêmur. Betal Jêmur angsal tilaran kêkantunanipun Kitab Adam Makna, mila lajêng dados tiyang pintêr. Patih Aklas Wajir sumêlang. Betal Jêmur dipun arah pêjahipun, nanging botên kenging, malah kyai patih piyambak manggih tiwas. Betal Jêmur dipun abdèkakên dhatêng sang prabu.
Aklas Wajir tilar anak èstri kalih, dados bojonipun putra ing Ngabêsi tuwin Betal Jêmur, jalêr satunggal nama Bêstak.
Prabu Kobatsah seda, dipun gêntosi putra nama Radèn Yayi inggih Prabu Nusirwan. Bêstak dados patih, dene Betal Jêmur dados sêsêpuh ing Mêdayin.
***
Abdul Muntalib kagungan putra nama Ambyah, Patih Jumiril inggih kagungan putra nama Umar Maya. Lare kalih wau dipun pundhut putra dhatêng Betal Jêmur, dipun kasihi sangêt, kawêca kalih pisan badhe dados prajurit linangkung.
Ambyah kalihan Umar Maya wiwit alit runtung-runtung, ngaji sarêng, dolanan sarêng. Karosanipun Ambyah botên wontên ingkang nyamèni. Manawi kêrêngan sami lare, mêngsahipun têmtu pêjah, ajur dipun banting. Lare kalih sami dolan dhatêng wana manggih kapal saprabotipun tuwin dêdamêl pêrang sarta rajabrana kathah, tilaranipun Nabi Iskak. Kapal wau nama Kalisahak.
Abdul Muntalib ngaturakên bulubêkti dhatêng Yaman, Ambyah lan Umar Maya tut wingking.
Wontên ing margi rajabrana badhe dipun begal dhatêng Radèn Maktal, putra Ngalabani. Pêrang kalihan Ambyah. Radèn Maktal sabalanipun kasoran lajêng têluk.
Rajabrana wau botên èstu katur dhatêng Yaman. Ratu Yaman malah lajêng têluk dhatêng Ambyah.
--- 13 ---
Kacariyos Rajaputri Yaman nama Dèwi Umandhi Tahim, ngêdêgakên sayêmbara. Kathah para satriya utawi raja ingkang tiwas utawi kasoran yudanipun. Ambyah tumut nglêbêti sayêmbara, mênang. Nanging sang putri lajêng kaparingakên dhatêng Radèn Tohkaran putra ing Ngabêsah.
Mêkah kadhatêngan mêngsah nama Radèn Huksam, rajaputra ing Kebar. Ambyah mapagakên. Mêngsahipun pêjah. Botên dangu kadhatêngan mêngsah malih saking Kohkarib, nama Prabu Umar Madi. Umar Madi kasoran lajêng têluk sasêdhèrèkipun.
***
Prabu Nusirwan sampun mirêng pawartos bilih Ambyah sampun wiyar jajahanipun sarta sampun sugih prajurit para ratu tuwin satriya, mila lajêng dipun timbali dhatêng Mêdayin. Ingkang dipun utus Raja Turki, mbêkta gêlar sapapan. Wontên ing margi dipun begal Umar Maya tuwin Umar Madi. Utusan Mêdayin wangsul blindhis. Prabu Nusirwan lajêng mundhut rêmbag dhatêng Betal Jêmur. Betal Jêmur sagah ndhatêngakên Ambyah. Lajêng utusan putranipun nama Radèn Wahas, dipun kanthèni sêrat sarta dipun bêktani angsal-angsal songsong wasiyat nama Tunggul Naga.
Ambyah inggih lajêng sowan dhatêng Mêdayin, nitih Kalisahak dipun iringakên para raja lan para satriya. Wontên ing margi Ambyah mêjahi buron wana nama wabru, ingkang ngrisak-ngrisakakên kawula Mêdayin.
Radèn Maktal kadhawuhan ngrumiyini lampah, ngaturakên wabru dhatêng Prabu Nusirwan. Dumugi ing Mêdayin Radèn Maktal dipun bên kasêktènipun kalihan Raja Hirjan senapatinipun sang prabu. Hirjan kasoran. Sang prabu karsa mêthuk dhatêngipun Ambyah. Dumugi ing Mêdayin Ambyah sawadyabalanipun dipun trêsnani dhatêng sang prabu.
***
--- [14] ---
--- 15 ---
Kacariyos Prabu Nusirwan sampun pêputra saking padmi: Rêtna Muninggar, Rêtna Marpinjun, Radèn Hirman, Radèn Hurmus lan Radèn Sêmakun.
Rêtna Muninggar kacariyos sakalangkung endah warninipun, kathah para raja lan para satriya ingkang sami nglamar, nanging dèrèng wontên ingkang katampèn. Mirêng kojahipun para êmban: sang dèwi kasmaran dhatêng Ambyah.
Kacariyos Raja Kistaham gêgêdhugipun Mêdayin tuwin putranipun nama Radèn Kobat, ewa sangêt dhatêng Ambyah, dene dipun kasihi dening sang prabu. Raja Kistaham saputranipun badhe nyidra dhatêng Ambyah. Dados pêrang, sadaya sami kasoran.
Wontên raja tawanan saking Kangkan, ngamuk, badhe mêjahi Prabu Nusirwan, kenging dipun cêpêng dhatêng Ambyah, dipun banda lajêng dipun lêbêtakên ing kunjara. Wontên ing lêbêt kunjara Raja Kangkan dipun pêjahi dhatêng Radèn Kobat. Sang Ambyah duka. Nanging kenging dipun arih-arih dhatêng Raja Kistaham. Ing batos Raja Kistaham sangêt sêrik dhatêng Sang Ambyah, nanging wongsal-wangsul badhe nyidra botên sagêd kasil, tansah kasoran kemawon, mila lajêng oncad, minta sraya dhatêng Raja Jobin.
Prabu Halkamah, ingkang rama Radèn Huksam, badhe malês ukum dhatêng Ambyah, lajêng nglurug dhatêng Mêdayin. Wontên ing margi kapanggih Raja Kistaham. Raja Kistaham saputranipun lajêng mbiyantu Raja Kebar.
Prabu Nusirwan mirêng wontên mêngsah dhatêng, lajêng dhawuh dhatêng Sang Ambyah kapurih mapagakên, sang prabu karsa anjênêngi.
Campuhing prang rame sangêt. Prabu Halkamah tiwas. Lajêng dipun gêntosi Radèn Yusup Adi, pulunanipun Prabu Halkamah, ingkang sampun kabala dhatêng Sang Ambyah.
Ambyah dipun subya-subya wontên ing Mêdayin, mriksani patamanan, ing ngriku priksa Dèwi Muninggar, Sang Ambyah kasmaran.
Nuju satunggaling dalu, Sang Ambyah botên sagêd ngampah adrênging manah, kêpengin kapanggih kalihan sang dèwi, lajêng
--- [16] ---
--- 17 ---
nekad mlêbêt kadhaton, sagêd kapanggih kalihan sang dèwi, kalih-kalihipun sami rumaos bingah, ing ngriku lajêng sami ndhawahakên prasêtya, sagêda kalampahan dhaup sami jaka-lara. Sang Ambyah lajêng mêdal, kapapag Raja Karun ingkang pinuju nganglang kadhaton, dipun lokakên pandung.
Prabu Nusirwan duka, dhawuh dhatêng Patih Bêstak kapurih nyêpêng Sang Ambyah. Dados pêrang. Prajurit Mêdayin kathah ingkang pêjah. Para putra Mêdayin dipun tawan, nanging botên dipun siksa malah dipun subya-subya, lajêng dipun aturakên wangsul dhatêng sang prabu.
***
Ing Selan inggih Sêrandil, Prabu Sadalsah, mbêbêdhag ing wana kapanggih Dèwi Basirin, kapundhut garwa, lajêng pêputra Lamdahur. Dèwi Basirin punika putranipun Bakar Abu Nisyan, kacariyos punika têdhak Nabi Idris.
Prabu Sadalsah seda, dipun gêntosi rayi nama Prabu Sahalsah, jalaran Lamdahur dèrèng diwasa.
Prabu Sahalsah ugi kagungan putra kakung satunggal, nama Radèn Jibul, dipun tunggilakên kalihan Radèn Lamdahur.
Sarêng sampun diwasa Lamdahur agêng inggil gagah prakosa tur sêkti mandraguna, ingkang paman kuwatos manawi njabêl karatonipun, mila lajêng dipun kunjara.
Kacariyos Dèwi Prabandini putri ing Nglaka, supêna dhaup kalihan Lamdahur, lajêng madosi, kapanggih wontên kunjaran. Lamdahur dipun luwari, sang putri kapundhut garwa. Lamdahur jumênêng nata wontên ing Nglaka, kathah para raja sami têluk. Lamdahur lajêng nglurug dhatêng Sêrandil. Prabu Sahalsah têluk, lajêng kajumênêngakên nata wontên ing Sulebar. Sêrandil dipun jègi Lamdahur.
Prabu Nusirwan mirêng badhe dipun lurugi Lamdahur, panggalihipun giris. Sang Ambyah dipun dhawuhi mapagakên Lamdahur, yèn sagêd nêlukakên, badhe kadhaupakên kalihan Dèwi Muninggar. Sang Ambyah sagah. Lajêng bidhal sawadyabalanipun. Dumugi ing pulo Bayan pêrangan kalihan ratuning antu.
--- 18 ---
--- 19 ---
Sang Ambyah lajêng minggah dhatêng rêdi Sêrandil. Ing ngriku Umar Maya supêna dipun panggihi Nabi Adam, Nabi Ibrahim, Nabi Iskak lan Nabi Suleman. Sadaya sami paring kasêktèn, pusaka tuwin rajabrana. Impèn wau jêbul wontên nyatanipun. Sang Ambyah nglajêngakên lampah, dumugi ing pabean Sêrandil pêrang kalihan prajurit ingkang jagi. Sang Ambyah mênang. Nglajêngakên lampah. Dumugi ing Sulebar Prabu Sahalsah têluk. Umar Maya kautus nonjok sêrat panantang dhatêng Lamdahur. Lamdahur sagah badhe mapag prang. Umar Maya ngrêbat makuthanipun Prabu Lamdahur, kabêkta mlajêng. Lamdahur sakalangkung duka, mêpak bala lajêng bidhal.
Makutha katur dhatêng Sang Amir Ambyah, sangêt gumun, kêpengin badhe kapanggih piyambak. Lajêng dipun dhèrèkakên Umar Maya. Kapanggih Prabu Lamdahur wontên ing wana, lajêng ngabên kasêktèn, dèrèng wontên ingkang kasoran. Sang Ambyah dipun aturi rawuh ing kadhaton Sêrandil. Ing ngriku dipun subya-subya. Sasampunipun mantun sayah lajêng pêrangan malih.
Raja Kistaham nusul dhatêng Sêrandil ngakên dipun dhawuhi mbiyantu Sang Ambyah. Kalampahan pêrang tandhing kalihan Lamdahur. Sadaya prajuritipun Sang Ambyah sami kasoran tandhing kalihan Lamdahur, wusananipun Prabu Lamdahur kenging dipun banda dening Sang Ambyah. Sêrandil bêdhah.
Kacariyos Raja Kistaham, botên kèndêl-kèndêl anggènipun ngarah tiwasipun Sang Ambyah. Nalika Sang Ambyah lêrêm wontên ing kadhaton Sêrandil, dipun caosi tiyang èstri kêkalih nama: Jamsikin lan Samsikin, juru mênyanyi, kenginga kagêm nglipur panggalih, supados botên tansah kèngêtan dhatêng Rêtna Muninggar. Èstri kêkalih wau sagêd ngunjuki racun dhatêng Sang Ambyah, lajêng sami minggat. Wontên ing margi kapapag Umar Maya, kalih pisan dipun pêjahi. Umar Maya lajêng madosi Sang Ambyah, kapanggih sampun botên èngêt, lajêng kesah pados dhukun.
Raja Kistaham ngintên yèn Sang Ambyah sampun pêjah, mila lajêng mêpak bala badhe numpês prajuritipun Sang Ambyah.
--- 20 ---
Umar Maya angsal damêl, kapanggih kalihan pandhita Nukman ing Tagêlur, sagêd nyarasakên Sang Ambyah.
Lamdahur dipun apuntên dosanipun, lajêng dipun bên kalihan Raja Kistaham. Kistaham kawon lajêng oncat. Sang Ambyah sawadyabalanipun bidhal kondur dhatêng Mêdayin.
***
Raja Kistaham wangsul dhatêng Mêdayin, munjuk dhatêng sang prabu, bilih Sang Ambyah sampun pêjah, mila Dèwi Muninggar badhe dipun dhaupakên kalihan Ratu Bangid.
Umar Maya lan Lamdahur ngrumiyini lampah, nglugas raga kados tiyang mbêbarang, lajêng mbadhut wontên ing pasanggrahanipun Raja Bangid.
Raja Kistaham mirêng yèn Sang Ambyah taksih gêsang sarta badhe dumugi ing Mêdayin, lajêng oncat, badhe pados saraya dhatêng nagari Kaos.
Raja Bangid kasêngsêm mriksani panglucunipun Umar Maya, lajêng dipun dêkêp dhatêng Lamdahur, katur Sang Ambyah, lajêng dipun kunjara.
Sang Ambyah sawadyabalanipun sampun dumugi Mêdayin. Saking karsanipun Prabu Nusirwan, tumuntên badhe dipun dhaupakên kalihan Dèwi Muninggar, nanging dipun pênggak dening Patih Bêstak. Kyai patih utusan juru tuwêk kapurih nyidra Sang Ambyah, nanging botên sagêd kalêksanan. Malah Patih Bêstak dipun pisakit dhatêng Umar Maya.
Patih Bêstak botên kirang akal, matur dhatêng sang prabu, Dèwi Muninggar supados dipun dhêlikakên lajêng dipun wartosakên seda suduk salira, supados Sang Ambyah pêjah ngênês.
Èstu, sarêng Sang Ambyah mirêng bilih sang putri seda, sakalangkung prihatosipun.
Umar Maya lan Lamdahur botên pitados, kuburan dipun dhudhah, pinanggih nini-nini sêpuh.
Sang Ambyah duka sangêt dhatêng Patih Bêstak, badhe dipun jur. Nanging Patih Bêstak lêmês sangêt ilatipun, Sang Ambyah kenging dipun arih-arih ngantos sagêd lilih dukanipun. Ewadene [Ewa...]
--- 21 ---
[...dene] mêksa taksih sagêd pados akal badhe ngloropakên Sang Ambyah, matur bilih Raja Yunan, Ngêrum tuwin Mêsir botên asok bulubêkti dhatêng Mêdayin. Sang Ambyah botên krêsa dhaup kalihan sang rêtna yèn dèrèng sagêd nêlukakên para raja ingkang badhe mbalela punika. Mêpak bala lajêng bidhal. Raja Karun tumut minăngka têdah margi. Wontên ing margi Sang Ambyah badhe dipun racun, nanging konangan. Raja Karun dipun apuntên, jalaran matur blaka bilih saking pakènipun Patih Bêstak.
***
Umar Maya ngrumiyini lampah mbêkta sêrat panantang. Raja Yunan sagah badhe mapag pêrang, lajêng pacak baris, senapatinipun nama Tamtanus lan Samtanus.
Prajurit Yunan campuh kalihan prajuritipun Sang Ambyah sakalangkung rame, gêntos kasor gêntos unggul. Dangu botên wontên wusananipun. Wong Agung ngêdali. Senapati Yunan kasor yudanipun lajêng têluk.
Raja Karun mbalik, ngrencangi Raja Yunan.
Wong Agung kenging dipun pirantosi dening Raja Karun, kalêbêtakên ing luwang lajêng dipun urugi. Raja Karun mlêbêt kadhaton mangun suka kalihan Raja Yunan. Wong Agung dipun padosi Umar Maya kapanggih ing luwangan taksih sugêng. Luwangan dipun gangsir butul anjog kadhaton. Raja Yunan dipun banda. Raja Karun oncat dipun tututi Wong Agung, kacêpêng lajêng dipun pêjahi. Tamtanus kajunjung dados raja ing Yunan. Wong Agung ngêmpalakên prajurit têrus badhe nggêbag Mêsir tuwin Ngêrum.
***
Prajurit Ngêrum pêrang kalihan prajuritipun Wong Agung, kasoran lajêng sami têluk. Raja Mêsir ugi têluk, nanging lairipun kemawon. Wong Agung sawadyabalanipun dipun darubêsi sami sumaput lajêng dipun kunjara wontên ing pulo Sulub.
--- 22 ---
Tamtanus mirêng bilih Wong Agung dipun paeka, lajêng ngamuk sawadyabalanipun.
Wong Agung Parang Teja, inggih punika Radèn Maktal, nglugas raga madosi Sang Ambyah.
Kacariyos Dèwi Jarah Banun, Rajaputri Mêsir ingkang nguwaosi pulo Sulub, angsal wisik kapurih dhaup kalihan Radèn Maktal, ingkang sawêg namurkula madosi Wong Agung. Kalampahan sang putri sagêd kapanggih Arya Maktal. Awit saking pitulunganipun sang dèwi, Wong Agung sawadyabalanipun dipun luwari saking pakunjaran.
Raja Mêsir tita botên purun têluk dhatêng Wong Agung, lajêng dipun lunas dening putra piyambak Dèwi Jarah Banun. Ingkang rayi sang prabu, nama Asan-Asir, kajunjung gumatos raka.
***
Prabu Asan-Asir kagungan putra putri nama Sêkar Kadhaton, punika dipun aturakên dhatêng Wong Agung, lajêng dipun nikah sarêng kalihan nikahipun Dèwi Jarah Banun lan Radèn Maktal.
Wong Agung Ambyah dèrèng karsa sare kalihan Dèwi Sêkar Kadhaton, jalaran sampun prasêtya kalihan Dèwi Muninggar. Carêmipun namung wontên ing pangimpèn.
***
Kacariyos Raja Jobin, kadhatêngan Raja Kistaham, dipun waduli kawontênanipun ing Mêdayin. Raja Jobin sagah nyirnakakên Wong Agung. Lajêng bidhal dhatêng Mêdayin. Dumugi ing Mêdayin lajêng masanggrahan ing sajawining kitha. Raja Jobin nyuwun tumuntên dipun dhaupakên kalihan Dèwi Muninggar. Sang dèwi sumados. Raja Jobin ugi sagah nyrantosakên.
Wong Agung sampun mirêng bilih pacanganipun badhe dipun rêbat dhatêng Raja Jobin, mila lajêng mêpak bala kondur dhatêng Mêdayin.
--- [23] ---
--- 24 ---
Kala samantên ing kadhaton Mêdayin suwung, namung kantun para putri, sang prabu lan para mantri sami ngurmati Raja Jobin ing pasanggrahan. Wong Agung dumugi ing Mêdayin njujug kadhaton, Dèwi Muninggar dipun ningkah, rajabrana dipun jarah. Èstri tuwin brana gadhahanipun bala Mêdayin, sadaya ugi dipun jarah, lajêng dipun dum dhatêng balanipun Wong Agung.
Dèwi Muninggar tuwin tiyang-tiyang èstri sarta rajabrana sadaya dipun ungsèkakên dhatêng Arab. Wong Agung sawadyabalanipun lajêng nggêpuk pasanggrahanipun Raja Jobin. Dados pêrang gêgêmpuran wontên ing Bakdiatar. Bakdiatar banjir rah. Wong Agung wuru, kenging kacidra dening Raja Jobin, kapêdhang saking wingking kenging pilinganipun. Wong Agung dipun plajêngakên mantuk dhatêng Arab. Wong Agung kantaka, nanging lajêng saras dipun jampèni dhatêng Umar Maya.
Nagari Arab dipun kêpang dhatêng bala Mêdayin, mila lajêng wontên pacêklik.
Dèwi Muninggar utusan tumbas gandum badhe kangge mbuburakên Wong Agung, botên sagêd pikantuk. Kalampahan Dèwi Muninggar mandung dhatêng pasanggrahanipun mêngsah, sagêd pikantuk gandum.
Umar Maya inggih satriya Tasik Waja, punika gêgêdhuging pandung sajagat. Ing wanci dalu mandung dhatêng panggenaning mêngsah. Prabu Nusirwan, Patih Bêstak lan Raja Jobin, dipun lêbêti racun irungipun, lajêng sami dipun buntêl, katur dhatêng Wong Agung. Wong Agung botên karsa tampi, lajêng kabêkta wangsul. Wontên ing margi dipun pisakit sarta dipun wirangakên, dipun cukur mrapat, dados gêgujêngan. Ewadene Patih Bêstak botên kêndhak manahipun, tansah pados rekadaya sagêdipun nandukakên piawon dhatêng Wong Agung.
***
--- [25] ---
--- 26 ---
Ing nagari Ngajrak, raja jim nama Taminasar, kawon pêrang kalihan raja danawa. Patih Asan Asil matur, miturut sêrat Adam Makna, sang prabu kêdah minta sraya dhatêng Wong Agung.
Prabu Taminasar lajêng utusan kyai patih tuwin ingkang putra nama Radèn Sadat Satir, punika sadhèrèk tunggil suson kalihan Wong Agung. Asan Asil tuwin Sadat Satir dumugi ing Arab dipun panggihi Wong Agung, sami onêng-onêngan. Sadat Satir sumêrêp nagari Mêkah dipun kêpang mêngsah, lajêng nyuwun idin mêngsah badhe dipun sirnakakên. Wong Agung nglilani.
Prajurit Mêdayin dipun amuk jim kêkalih punika sakalangkung giris, sami bibar nilar pabarisanipun. Nagari Arab sampun botên dipun kêpang mêngsah. Wong Agung lajêng bidhal dhatêng Ngajrak. Dumugi ing kitha Êmas Wong Agung dipun panggihi Nabi Kilir, dipun wulang pratikêlipun pêrang mêngsah danawa. Èstu, Wong Agung sagêd numpês para danawa, namung wontên sawatawis ingkang gêsang, lumajêng pados pangungsèn.
***
Prabu Taminasar agêng panarimahipun dhatêng Wong Agung. Wong Agung dipun paringi cêmêthi, tilaran saking Nabi Soleman, sarta kapundhut mantu dhaup kalihan Dèwi Ismaya, lajêng pêputra putri nama Dèwi Kuraisin. Wong Agung lajêng pamit badhe kondur dhatêng Arab.
Sadangunipun Wong Agung wontên ing Ngajrak, Mêkah dipun kêpang prajurit Mêdayin. Awit saking rêrigênipun Betal Jêmur, Dèwi Muninggar dalah prajuritipun Wong Agung sami manggih wilujêng, inggih punika sami ngili dhatêng nagari Katijah.
Kacariyos Wong Agung, wontên ing margi kapanggih Nabi Kilir, dipun paringi pusaka. Ing samargi-margi tansah pêpêrangan kalihan danawa, ngantos kuwalahên. Patih Asan Asil nusul ndhèrèkakên Dèwi Kuraisin. Dèwi Kuraisin têtulung ingkang rama, sadaya danawa dipun sirnakakên. Sang dèwi lajêng kadhawuhan wangsul dhatêng Ngajrak. Wong Agung kapanggih
--- 27 ---
danawa malih nama Ranès. Wong Agung dipun gendhong kabêkta mumbul lajêng dipun dhawahakên ing sagantên. Dipun tulungi malaekat. Wong Agung kapanggih malih kalihan Ranès. Ranès badhe dipun pêjahi, nyuwun ngapura, malah nyuwun dipun rabèkakên kalihan pêri. Lajêng anak-anak, wujud kapal, dados titihanipun Wong Agung, nama Sêkar Diyu. Ranès badhe nyidra Wong Agung, lajêng dipun sepak anakipun piyambak, pêjah. Wong Agung nglajêngakên lampah, kapanggih tiyang Arab nama Ayub kalihan Balul, dipun aturi priksa bilih nagari Arab dipun kêpang mêngsah.
***
Kacariyos nagari Katijah kêkirangan têdha. Umar Madi kêsah pados têdha dhatêng nagari Karsinah. Ing ngriku lajêng jumênêng nata sarta dhaup kalihan putri Karsinah. Botên dangu sang putri seda. Miturut tatacara ngriku, Umar Madi kêdah tumut dipun pêtak gêsang-gêsangan. Umar Madi bangga, dipun kroyok wadyabala Karsinah.
Lampahipun Wong Agung dumugi Karsinah kapanggih Umar Madi. Pranatan nagari Karsinah lajêng dipun ewahi. Wong Agung lajêng kondur dhatêng Katijah kapanggih Dèwi Muninggar.
***
Prabu Nusirwan tuwin Raja Jobin mirêng bilih Wong Agung rawuh, giris manahipun, oncad sawadyabalanipun dhatêng Dêmis.
Wong Agung utusan Umar Maya nonjok sêrat panantang dhatêng Dêmis. Raja Dêmis sagah badhe mapag prang. Umar Maya ngangge pusaka siluman, Patih Bêstak lan Raja Jobin dipun gêbagi. Makuthanipun Raja Dêmis dipun rêbat kabêkta mlajêng katur Wong Agung.
Wadya Dêmis lajêng campuh kalihan wadya Arab. Rame sangêt. Wong Agung kêtaton, lajêng kondur dhatêng Katijah.
Radèn Maryunani, inggih punika putranipun Wong Agung
--- 28 ---
kalihan Dèwi Sêkar Kadhaton, ingkang namung jalaran saking supêna, samangke sampun diwasa, mirêng bilih ingkang rama kapupu ing prang, mêngsah Raja Dêmis, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang badhe mbelani ingkang rama, dipun parêngakên, malah sang prabu piyambak inggih tumut. Radèn Maryunani sawadyabalanipun lajêng nêmpuh bala Dêmis. Raja Dêmis kapupu ing prang. Radèn Maryunani lajêng dipun paringi titihan pun Kalisahak.
Kacariyos Dèwi Muninggar, mirêng bilih Wong Agung sampun kagungan putra, sangêt prihatosipun, ngintên yèn Wong Agung cidra ing janji. Umar Maya ugi sampun ngaturi katêrangan dhatêng sang dèwi, nanging sang dèwi puguh botên pitados.
Wong Agung duka. Sang dèwi dipun tundhung. Malah kadhawuhan andhaupakên kalihan Raja Bangid, pacanganipun lami.
Umar Maya sisah manahipun. Lajêng mupakatan kalihan Arya Maktal, supados Dèwi Muninggar botên èstu dhaup kalihan Raja Bangid. Angsal-angsalaning rêmbag, sang dèwi kabêkta dhatêng Bangid. Raja Bangid dipun pêjahi. Arya Maktal gumantos nata ngrêksa sang dèwi.
Umar Maya tansah ngarih-arih panggalihipun Wong Agung, supados botên kalajêng-lajêng anggènipun duka dhatêng Dèwi Muninggar. Wong Agung botên keguh. Umar Maya malah dipun tundhung, lajêng dhatêng Bangid.
Kacariyos Wong Agung tindak mbêbêdhag, kasasar dumugi Bangid, kapanggih Umar Maya, dipun jak mlêbêt kadhaton. Wong Agung sampun lilih dukanipun. Lajêng mêpak bala badhe nyirnakakên mêngsah. Raja Jobin kasoran, lajêng oncad badhe minta sraya dhatêng Kuristam.
***
Wong Agung lajêng sowan dhatêng Mêdayin nyuwun lilahipun Prabu Nusirwan anggènipun Anggarwa Dèwi Muninggar, ing ngriku lajêng dipun nikah malih. Sabibaripun mangun suka, Wong Agung nyuwun papmit[1] badhe nyêpêng Raja Jobin,
--- 29 ---
kalilan lajêng bidhal sawadyabalanipun. Wontên ing margi kapapag prajurit Kaos ingkang badhe nusul Raja Jobin dhatêng Kuristam, dados pêrang. Prajurit Kaos têluk sadaya. Èstri lan rajabrananipun dipun rampas. Putrinipun Raja Jobin lajêng dipun garwa dhatêng Radèn Maryunani. Garwanipun Raja Jobin dipun alap dhatêng Umar Madi. Wong Agung lajêng ngêbroki nagari Kaos. Radèn Maryunani kajumênêngakên nata wontên ing Kaos.
***
Kacariyos Dèwi Muninggar sampun pêputra kakung, nama Radèn Kobat Sarehas. Radèn Maryunani ugi sampun pêputra, nama Sayid Ibnu Umar, jumênêng nata wontên ing Kaos, dene Maryunani namung nyatriya kemawon.
Raja Jobin sampun mirêng bilih nagarinipun dipun jègi Wong Agung, lajêng ngaturi sêrat dhatêng Mêdayin, ngaturi priksa bilih sang prabu ing Kuristam sagah nyirnakakên Wong Agung. Prabu Nusirwan dipun aturi rawuh dhatêng Kuristam. Awit saking pamrayoginipun Patih Bêstak, Prabu Nusirwan lajêng bidhal dhatêng Kuristam.
Raja Kuristam nonjok sêrat panantang dhatêng Wong Agung, sarta suka sumêrêp bilih Ratu Mêdayin sampun wontên ing Kuristam. Wong Agung mêpak bala nglurug dhatêng Kuristam. Sadèrèngipun bidhal Radèn Kobat Sarehas kajumênêngakên Prabu Nyakrawati.
Prajurit Kuristam campuh kalihan prajuritipun Wong Agung. Wong Agung unggul yudanipun. Raja Bahman ratu ing Kuristam têluk, makatên ugi Raja Jobin. Prabu Nusirwan kondur dhatêng Mêdayin. Wong Agung sawadyabalanipun kondur dhatêng Kaos.
***
Kacariyos Patih Bêstak, minta sraya dhatêng Raja Abêsi, kapurih nyirnakakên Wong Agung. Raja Abêsi lajêng nglurug dhatêng Mêkah.
--- 30 ---
Wong Agung mirêng bilih Mêkah dipun kêpang prajurit Abêsi, lajêng tindak kalihan Umar Maya. Pêrang. Raja Sadat Kabul Ngumar, Ratu Abêsi kasoran, lajêng têluk.
Raja Sadat Kabul Ngumar rumaos dipun loropakên dhatêng Prabu Nusirwan, mila Prabu Nusirwan lajêng dipun cêpêng, dipun kunjara wontên ing nagari Abêsi. Mangka sajatosipun Prabu Nusirwan botên dhawuh barang-barang, punika namung saking pokalipun Patih Bêstak.
***
Wong Agung ambêdhah nagari Kuparman, ratunipun nama Raja Nurham kapupu ing prang, wadyabalanipun sami têluk. Nagari Kuparman lajêng dipun broki Wong Agung, dipun dadosakên nagari agêng. Wong Agung lajêng misuwur nama Sultan Kuparman.
***
Nagari Kuparman kadhatêngan mêngsah saking Indi nama Raja Kaladaran. Pêrang rame. Raja Kaladaran kapupu ing prang, wadyabalanipun sami têluk.
Wontên raja nama Gulangge, ing nagari Rokam tanah Indi, mirêng bab luhuring bêbudènipun Wong Agung, manahipun kèlu, lajêng bidhal sawadyabalanipun dhatêng Kuparman, sumêdya nungkul. Wontên ing margi kapapag ratu ing nagari Parang Awu nama Raja Kikail, badhe mbêdhah Kuparman. Ing sarèhne sêdyanipun kosokwangsul, mila lajêng dados prang. Saking ramening prang, ngantos kapirêng saking Kuparman. Wong Agung mbiyantu. Raja Kikail kapupu. Raja Gulangge katampi panungkulipun, lajêng kadadosakên ratu wadana.
***
Prabu Aspandriya ing nagari Biraji, punika ratu agêng, ngêrèhakên ratu, badhe nêlukakên Wong Agung. Wong Agung mirêng badhe kadhatêngan mangsah, lajêng ngrumiyini nglurug. Dumugi jajahan ing Biraji, lajêng nonjok sêrat panantang.
--- 31 ---
Ingkang dipun utus Ratu ing Bangid, nama Raja Darundriya.
Prabu Aspandriya lênggah siniwaka, ingayap para putri, kaadhêp para mantri, manggihi dhatênging utusanipun Wong Agung.
Wontên satunggaling putri boyongan, nama Dèwi Saribengat, nalika sumêrêp Raja Darundriya, kraos manahipun, makatên ugi Raja Darundriya. Mila sang putri lajêng dipun bêkta mlajêng. Prajurit Biraji lajêng campuh kalihan prajurit Kuparman. Rame sangêt.
Raja Baladikun ing nagari Ngambarsirat, sadhèrèkipun raja ing Biraji, dhatêng mbiyantu pêrang.
Wong Agung sawadyabalanipun kasêsêr, lajêng angsal pitulungan saking pandhita Maskun, kalêrês ingkang eyang Wong Agung Parangteja. Sang Ambyah unggul juritipun. Biraji bêdhah. Wong Agung lajêng kondur dhatêng Mêkah, sarta dhawuh mboyong garwa putra ingkang wontên ing Kaos.
***
Ing nagari Kaos, Patih Bêstak lan Raja Jobin damêl gara-gara, damêl pawartos bilih Wong Agung kapupu ing prang. Raja Bahman kapurih mbalik. Radèn Hirman kajumênêngakên nata binathara. Ing nagari Kaos lajêng gègèr. Prajuritipun Wong Agung pêcah dados kalih, wontên ingkang mbalik, wontên ingkang sêtya, sami pêrang gêgêmpuran.
Kacariyos rayinipun Prabu Jobin, nama Dèwi Kalajohar, jumênêng prabu kênya ing nagari Pirkari, nrambul pêrang, mbiyantu balanipun Wong Agung.
Raja Jobin tuwin Patih Bêstak nyuruhi ratu pintên-pintên dipun jak nyirnakakên Wong Agung.
Prabu Lamdahur tuwin ingkang putra Radèn Pirngadi mangsah pêrang. Dèwi Muninggar ngaturi priksa dhatêng ingkang raka Wong Agung ingkang sawêg wontên ing Mêkah.
Wong Agung supêna bilih ing Kaos wontên pêrang agêng. Umar Maya kautus nuwèni, njunjung ing paprangan.
Raja Bahman mangrêtos bilih dipun loropakên dhatêng Patih
--- 32 ---
Bêstak, mila Patih Bêstak lajêng dipun cêpêng sarta dipun pisakit.
Umar Maya wangsul dhatêng Mêkah matur dhatêng Wong Agung bilih ing Kaos èstu wontên pêrang agêng. Wong Agung lajêng bidhal, njujug ing pabarisan. Lajêng campuh sakalangkung rame. Banjir rah. Wong Agung ngantos wuru. Dipun rundhuk dening Raja Bahman kapêdhang saking wingking. Wong Agung tatu ngantos sêmaput, dipun bêkta mlajêng titihanipun mêdal saking pabarisan. Dumugi dhusun Surukan, Sêkar Duwijan, titihanipun Wong Agung, kèndêl. Wong Agung lajêng dipun upakara dening Sahsiyar lan êmbokipun.
Kacariyos Umar Maya mirêng alok yèn Wong Agung tiwas, manah botên pitados, lajêng mêdal saking pabarisan, madosi, dilalah lajêng kapanggih. Umar Maya kadhawuhan wangsul mboyongi garwa putra tuwin wadyabala. Sanalika dhusun Surukan lajêng dados nagari agêng. Sahsiyar kadadosakên raja. Sarêng Wong Agung sampun pulih sariranipun lajêng pamit kondur dhatêng Kaos, nglajêngakên pêrang.
Raja Bahman kapupu ing prang tandhing kalihan Radèn Maryunani. Prabu Hirman lan Raja Jobin lumajêng sawadyabalanipun.
***
Kacariyos Dèwi Ismaya tuwin ingkang putra Dèwi Kuraisin martuwi Wong Agung dhatêng nagari Kaos. Ing ngriku sakalangkung dipun subya-subya. Sarêng sampun sawatawis lami, sampun tutug anggènipun pêpanggihan, Dèwi Ismaya saputranipun dalah para wadyabala jim sami wangsul dhatêng Ngajrak.
***
Prabu Hirman tuwin Raja Jobin ngungsi dhatêng nagari Kuwari, dipun tututi prajuritipun Wong Agung, ingkang dados têtindhihipun Radèn Maryunani. Lampahipun Radèn Maryunani kêsasar dumugi Pirkari, nagarinipun Sang Prabu
--- 33 ---
Rara Kala Johar. Sampun dangu Dèwi Kala Johar kasmaran dhatêng Radèn Maryunani, kêpengin dipun garwa. Radèn Maryunani botên karsa, awit punika kalêrês bibi marasêpuh. Radèn Maryunani lajêng dipun pêjahi. Dèwi Sêkar Kadhaton mirêng pawartos, bilih ingkang putra seda, sumaput kalajêng seda. Nagari Pirkari tuwin Kuwari têluk dhatêng Wong Agung. Prabu Hirman lan Raja Jobin mlajêng dhatêng Mêdayin. Prabu Hirman sangêt prihatos, jalaran ingkang rama dipun kunjara wontên ing Ngabêsi. Awit saking rêrigênipun Betal Jêmur, sang pramèswari Mêdayin, ingkang ibu Prabu Hirman, dipun aturi mundhut tulung dhatêng ingkang putra Wong Agung, ngondurakên ingkang rama dhatêng Mêdayin. Èstu sang pramèswari lajêng utusan. Wong Agung nyagahi, lajêng bidhal kalihan Arya Maktal.
Wong Agung dumugi Ngabêsi manggihi Prabu Nusirwan wontên ing tarungku. Sang prabu muwun. Lajêng kabêkta mêdal, katilar wontên ing gapura. Wong Agung madosi titihanipun, lajêng kacêmplung ing tlaga upas, botên sagêd mêntas.
Raja Sadat Kabul Ngumar sumêrêp Wong Agung kacêmplung tlaga upas dipun kintên sampun tiwas, mila Radèn Maktal lajêng dipun êrut ing wit. Prabu Nusirwan lajêng dipun jak njarah-rayah nagari Kaos mampir Mêdayin rumiyin.
Umar Maya nusul Wong Agung dhatêng Ngabêsi, kapanggih lajêng dipun êntas. Arya Maktal dipun uculi. Sêkar Duwijan ngamuk prajurit Ngabêsi. Radèn Kadarisman Rajaputra Ngabêsi têluk dhatêng Wong Agung, sarta sagah badhe nyêpêng ingkang rama. Wong Agung lajêng kondur dhatêng Kaos.
***
Raja Sadat Kabul Ngumar kalihan Raja Jobin bidhal saking Mêdayin badhe nggêpok Kaos, nganthi ratu maling sêkti ingkang sagah numpês prajuritipun Wong Agung. Prabu Kobat Sarehas ing wanci dalu dipun cidra nêmahi tiwas. Dèwi Muninggar mbelani ingkang putra, mêdal ing paprangan, dipun
--- 34 ---
papagakên Raja Jobin. Sang putri tiwas. Ing Kaos pêrang gêgêmpuran.
Raja Jobin lan Raja Sadat Kabul Ngumar dipun pêjahi dening Wong Agung. Wong Agung lajêng gandrung. Para ratu balanipun kadhawuhan wangsul dhatêng nagarininpun piyambak-piyambak. Namung Arya Maktal botên kaparêng pisah, dipun jak nuguri pasareanipun Dèwi Muninggar.
***
Kacariyos Raja Kanjun ing nagari Parangakik, mirêng pawartos yèn Wong Agung karisakan, lajêng badhe dipun tumpês babarpisan. Sang nata nyuruhi para ratu lan para satriya ing pundi-pundi dipun jak ngêpang nagari Mêkah.
Radèn Ijras, salah satunggaling balanipun Raja Kanjun, sagah nyirnakakên Wong Agung, mindha-mindha darwis, lajêng ndhèrèk tugur wontên ing pasareanipun Dèwi Muninggar. Wong Agung tuwin Arya Maktal dipun racun, sarêng sampun sumaput lajêng dipun tlikung, katur dhatêng Raja Kanjun. Dipun siksa. Raja Kanjun sawadyabalanipun lajêng ngêpang kitha. Prabu Nusirwan sampun dipun aturi rawuh, supados anjênêngi lêburipun Wong Agung tuwin nagari Mêkah.
Kacariyos Umar Maya sawêg martapa wontên ing pulo Adam, mirêng nagari Mêkah kadhatêngan mêngsah, lajêng kondur, njujug ing pabarisaning mêngsah, sumêrêp ingkang rama, Patih Jumiril dipun pêjahi mêngsah, nama Raja Kalbat. Raja Kalbat gêntos dipun pêjahi. Umar Maya lajêng madosi Arya Maktal, botên dangu kapanggih, dipun uculi bandanipun. Arya Maktal mêpak bala lajêng ngamuk. Radèn Ijras dipun pêjahi, mêngsah sanèsipun sami giris lajêng mundur.
Wontên putri prajurit, nama Dèwi Sudarawrêti kalêrês rayinipun Raja Kanjun, tuwin Dèwi Rabingu putri ing Karsinah, sami angsal wisik sami dados garwanipun Wong Agung. Lajêng sami madosi. Wontên ing margi putri kêkalih wau pêrang rame, dangu botên wontên ingkang kasoran, lajêng rukun sêsarêngan madosi Wong Agung, kapanggih, lajêng
--- 35 ---
kabêkta dhatêng Parangakik. Wong Agung ugi sagah anggarwa putri kêkalih wau.
Prajuritipun Raja Kanjun sami gêdêr. Patih Bêstak nêrangakên icalipun Wong Agung punika têmtu katêdha ing setan. Para prajurit sami ayêm manahipun.
Putri Parangakik ngaturi dêdamêl dhatêng Wong Agung awarni gada, lajêng dipun aturi malês ukum Raja Kanjun.Wong Agung nimbali Arya Maktal, mêpak bala, lajêng campuh pêrang. Raja Kanjun kenging kacêpêng dhatêng Wong Agung, lajêng dipun pêjahi dhatêng ingkang rayi piyambak, Dèwi Sudarawrêti. Prajurit Parangakik bibar. Prabu Nusirwan kondur dhatêng Mêdayin. Wong Agung kondur dhatêng Mêkah, nikah sang dèwi kalih pisan, lajêng kondur dhatêng Kuparman, nêntrêmakên panggalih.
***
Putri Parangakik lan putri Karsinan[2] kautus Wong Agung nitipriksa nagari Mêdayin. Ing ngriku kapanggih Dèwi Marpinjun. Dèwi Marpinjun kalair manawi badhe suwita dhatêng ingkang raka Wong Agung. Putri kêkalih lajêng wangsul dhatêng Kuparman, matur dhatêng Wong Agung bilih Dèwi Marpinjun prayogi dipun pundhut garwa. Wong Agung miturut, lajêng utusan nglamar mawi mbêkta gêlar sapapan, ingkang dados têtindhih Arya Maktal.
Prabu Banakamsi ing Kandhabumi tindak nglamar dhatêng Mêdayin, ugi mbêkta gêlar sapapan. Lajêng campuh kalihan bala Kuparman. Arya Maktal ngaturi priksa dhatêng Wong Agung.
Wong Agung katamuan ingkang putra, Dèwi Kuraisin saking Ngajrak. Sang dèwi lajêng dipun dhawuhi mbiyantu dhatêng Mêdayin, kanthi ingkang ibu putri Karsinah lan putri Parangakik. Putri têtiga punika sami sêsiluman mlêbêt kadhaton Mêdayin badhe ndhustha Dèwi Marpinjun, kapapag Putri Kandhabumi nama Dèwi Banawati, ugi badhe ndhustha Dèwi Marpinjun. Dados pêrang. Banawati kawon lajêng têluk.
--- 36 ---
Dèwi Marpinjun lan Dèwi Banawati lajêng kabêkta dhatêng pasanggrahanipun Arya Maktal.
Prabu Banakamsi mirêng ingkang rayi, Dèwi Banawati, kacêpêng ing mêngsah, duka sangêt, mêpak bala lajêng mangsah prang, dipun papagakên Arya Maktal. Sang prabu kapupu ing prang, balanipun sami têluk.
Dèwi Kuraisin kondur dhatêng Kuparman, ngaturi priksa ingkang rama bilih mêngsahipun sampun sirna. Raja Mêsir lan Raja Yunan kautus dhatêng Mêdayin, dados wakilipun Wong Agung nikah Dèwi Marpinjun. Kalampahan Dèwi Marpinjun sampun dipun nikah. Dèwi Banawati kadhaupakên kalihan Arya Maktal. Sadaya sami boyong dhatêng Kuparman. Wong Agung mêthuk.
***
Wontên ing margi lampahing pangantèn dipun begal dening raja danawa plajêngan saking Jabalkap, nama Barduwas. Barduwas kenging dipun pêjahi. Pangantèn dumugi Kuparman kanthi rahayu. Nagari Kuparman saya wêwah raharja. Putri Parangakik sampun pêputra kakung nama Radèn Jayusman, putri Karsinah ugi sampun pêputra kakung nama Radèn Ruslan.
Radèn Samsir, kalêrês sanakipun Dèwi Banakamsi, kajunjung dados ratu wontên ing nagari Kandhabumi. Dèrèng dangu jumênêngipun lajêng kadhatêngan mêngsah saking Kuwari. Wong Agung paring bêbantu.
Patih Bêstak kintun sêrat dhatêng Raja Kemar, ratu ing Kuwari, kapurih numpês Wong Agung. Raja Kemar sagah. Prabu Nusirwan ndhahar aturipun Patih Bêstak, lajêng tindak dhatêng Kuwari.
Prajurit Kuwari ingkang kautus nêlukakên nagari Kandhabumi, botên angsal damêl, sami kaplajêng. Nagari Kuwari lajêng dipun kêpang prajurit Kuparman. Wong Agung ugi lajêng nusul dhatêng Kuwari. Dèwi Marpinjun sampun kagungan putra kakung, nama Radèn Rustamaji, inggih Radèn
--- 37 ---
Kuparman. Para raja balanipun Wong Agung lajêng campuh kalihan prajurit Kuwari.
***
Kacariyos nagari Cina, Prabu Hong Tete, kagungan putri kêkalih, nama Adaninggar kalihan Widaninggar, sampun sami diwasa. Dèwi Adaninggar kasmaran dhatêng Wong Agung, lajêng ngunggah-unggahi, mbêkta rajabrana lan gêlar sapapan.
Ing nagari Kuwari rame pêpêrangan. Raja Kemar kasoran lajêng têluk. Rayinipun, nama Dèwi Kisbandi, dipun aturakên dhatêng Wong Agung lajêng kagarwa. Prabu Nusirwan lajêng ngungsi dhatêng Yujana, dipun tututi dhatêng Wong Agung. Bala Kuparman lajêng pêrang kalihan bala Yujana.
Putri Cina njujug ing Yujana, awit sampun mirêng pawartos bilih Wong Agung wontên ing ngriku mangun pêrang, ananging sang putri sêngadi ngunggah-unggahi Ratu Mêdayin. Prabu Nusirwan mundhut raja kaputrèn dhatêng ingkang putra Wong Agung, ugi dipun aturi.
Putri Cina saking adrênging manahipun tumuntên sagêda kapanggih kalihan Wong Agung, Wong Agung dipun dhustha kabêkta dhatêng ing guwa têngah wana. Balanipun Wong Agung gègèr. Umar Maya lajêng kesah madosi.
Putri Cina nglairakên saraosing manahipun dhatêng Wong Agung, nanging Wong Agung botên karsa mituruti karsanipun putri Cina awit sampun misuwur bilih sang putri badhe dados garwanipun ingkang rama Prabu Nusirwan, mila Wong Agung lajêng nyêbut ibu dhatêng sang putri.
Prabu Kewusnendar, ratu ing Yujana, mirêng bilih Wong Agung ical, lajêng mêpak bala badhe numpês mêngsahipun. Pêrang rame. Radèn Rustam kapupu ing prang.
Umar Maya sagêd kapanggih kalihan Wong Agung, lajêng sami mangsah prang. Prabu Kewusnendar kasoran lajêng têluk. Prabu Nusirwan mlajêng ngungsi dhatêng nagari Kaelani.
***
--- [38] ---
--- 39 ---
Putri Cina botên kêndhak kasmaranipun dhatêng Wong Agung, lajêng pados margi sanès, sarana ngaturi rêruba dhatêng para garwanipun Wong Agung, ngantos dados kulina kados sadhèrèk.
Wong Agung lajêng nglurug dhatêng Kaelani, wontên ing margi badhe dipun cidra ing danawa plajêngan saking Jabalkap. Para danawa lajêng dipun sirnakakên dening putri Cina.
Ing Kaelani mirêng badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng pacak baris, ingkang dados senapatinipun putrinipun Prabu Kelan Jajali, nama Dèwi Kelaswara. Dèwi Kelaswara ngêdalakên prajurit èstri. Campuh kalihan prajuritipun Wong Agung sakalangkung rame. Wong Agung ugi ngêdali, campuh kalihan Dèwi Kelaswara. Wong Agung dipun boyong dhatêng kaputrèn, wusana lajêng dados garwanipun. Umar Maya ingkang ningkahakên.
Prabu Kelan Jajali mirêng bilih ingkang putra dipun garwa Wong Agung, duka, nanging kasor yudanipun, lajêng têluk.
***
Para garwanipun Wong Agung mirêng bilih ingkang raka sampun dhaup kalihan Dèwi Kelaswara, kirang rêna manahipun. Ing wanci dalu putri Cina mlêbêt dhatêng kaputrèn Kaelani. Dèwi Kelaswara sawêg sare dipun larak mêdal. Dados prang. Putri Cina nêmahi tiwas. Putri Parangakik lan putri Karsinah badhe mbelani. Nanging lajêng dipun arih-arih dhatêng Dèwi Kelaswara. Layonipun putri Cina dipun sarèkakên ing nagari Parangakik.
***
Prabu Nusirwan mindha-mindha sudagar, tindak dhatêng nagari Cina badhe wêwadul. Dumugi ing nagari Mukub dipun begal ing rajanipun, nama Binti Bahran, Prabu Nusirwan botên dipun pêjahi, namung dipun pêndhêt rajabrananipun kemawon. Sang prabu kenging nglajêngakên lampah.
Pramèswari Mêdayin, mirêng sang prabu dipun begal wontên ing Mukub, lajêng mundhut tulung Wong Agung kapurih
--- 40 ---
nusul ingkang rama. Wong Agung sagah lajêng bidhal. Dumugi ing Mukub, Raja Binti Bahran dipun têlukakên, lajêng dipun jak nusul Prabu Nusirwan.
Prabu Nusirwan nglajêngakên tindakipun dhatêng nagari Cina. Ing samargi-margi tansah kawirangan, sampun ical sipating ratu. Dumugi ing nagari Cina dipun pupu randha sade roti.
Wong Agung tuwin Raja Mukub ugi sampun dumugi ing nagari Cina, ngèngèr dhatêng randha sade roti. Ing ngriku kapanggih kalihan Prabu Nusirwan. Nanging Prabu Nusirwan kasupèn babarpisan dhatêng ingkang putra. Wong Agung ugi botên walèh, awit pancèn nylamur.
Kacariyos Prabu Hong Tete, mirêng pawartos bilih ingkang putra Dèwi Adaninggar kapupu ing prang wontên ing nagari Kaelani, sangêt sungkawinipun. Ing sadintên-dintên tansah mêmuja ing dewanipun, inggih punika latu.
Wong Agung ngêdalakên mujijat, latu sêsêmbahanipun Raja Cina dipun pêjahi. Prabu Hong Tete lajêng têluk dhatêng Wong Agung.
Kacariyos Patih Cina ingkang ndhèrèkakên Dèwi Adaninggar, sampun wangsul dhatêng nagarinipun. Ngaturakên sadaya lêlampahanipun dhatêng Prabu Hong tete. Ing ngriku sang prabu sawêg pirsa, bilih ingkang ngêdalakên mujijat punika sajatosipun Sang Amir Ambyah. Sang prabu saya sangêt sungkêmipun dhatêng Wong Agung.
***
Ing nagari Kusnia Malebari, sang prabu sampun tampi sêrat panglamar saking Wong Agung, mundhut putrinipun ingkang nama Dèwi Kun Maryati badhe kadhaupakên kalihan Radèn Jayusman, putranipun Wong Agung patutan kalihan putri Parangakik. Panglamaripun katampèn. Mila garwa putranipun Wong Agung dalah para wadyabalanipun lajêng bidhal saking Kaelani dhatêng Malebari.
--- 41 ---
Wong Agung ugi lajêng bidhal saking nagari Cina badhe nêggani[3] dhaupipun ingkang putra. Prabu Hong Tete kintun rajabrana kathah dhatêng Malebari.
***
Kacariyos wontên raja turunan danawa saking Jabalkap, nama Prabu Kiswa Pangindrus, ing nagari Sindhang Dhayang, dipun tampik panglamaripun dhatêng Dèwi Kun Maryati, lajêng minta sraya dhatêng prabu Jablul Lawal ing nagari Dhayak Sêngari. Prabu Kiswa Pangindrus kapurih martapa.
Wong Agung sampun dumugi ing Malebari. Prabu Nusirwan têrus kondur dhatêng Mêdayin.
Prabu Sayid Ibnu Umar bidhal saking Kaos badhe dhatêng Malebari, lampahipun kasasar dhatêng nagari Sindhang Dhayang. Ing ngriku lajêng dipun cêpêng dhatêng Patih Bardas, kabêkta dhatêng puncak rêdi, dipun rut ing kajêng agêng. Wong Agung mirêng ingkang wayah kacêpêng ing mêngsah lajêng tindak madosi.
Kacariyos Dèwi Kelaswara ambabar miyos kakung, sang dèwi seda konduran. Jabangbayi dipun labuh dhatêng sagantên, dipun panggih dhatêng Dèwi Ismaya, kabêkta dhatêng Ngajrak, kaparingan nama Radèn Iman. Sang dèwi angsal wangsit, bilih Radèn Iman punika putranipun Wong Agung.
Wong Agung sampun kapanggih kalihan ingkang wayah, lajêng pêrang kalihan Patih Bardas. Patih Bardas tiwas. Wong Agung kondur dhatêng Malebari andhaupakên ingkang putra Radèn Jayusman kalihan Dèwi Kun Maryati.
***
Nagari Kaelani dipun bêdhah dhatêng Wong Agung. Prabu Kelan Jajali dosa anggènipun nglabuh ingkang wayah Radèn Kelaswaraputra. Sang prabu pêjah ngênês.
Ratu Sindhang Dhayang lan Ratu Dhayak Sêngari mêpak bala nglurug dhatêng Malebari. Campuh kalihan balanipun Wong
--- 42 ---
Agung. Rame pêrangipun. Nalika samantên Wong Agung sawêg sujarah dhatêng pasareanipun Nabi Adam ing pulo Barjah.
Kacariyos Radèn Iman, samangke sampun diwasa, sêkti mandraguna sarta kathah pêparabipun. Mirêng pawartos yèn ing Malebari wontên pêrang agêng, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang ibu badhe nyobi kasêktènipun, kalilan, lajêng bidhal, kajangkung ingkang mbakyu Dèwi Kuraisin. Dumugi ing paprangan, Radèn Iman ngrencangi ratu Dhayak Sêngari, lajêng campuh kalihan raja balanipun Wong Agung. Para raja sami kasoran. Wong Agung ngêdali. Pêrang rame kalihan ingkang putra. Sarêng Radèn Iman badhe dipun banting, Dèwi Kuraisin tumurun, sujud ing ngarsanipun ingkang rama, sarta matur bilih lawanipun pêrang punika putranipun piyambak. Radèn Iman lajêng ngabêkti. Lajêng sami ngadhaton. Pêpanggihan para garwa lan para putra. Radèn Iman dipun paringi nagari Kaelani, jumênêng satriya agêng, botên jumênêng nata.
***
Wong Agung ngêdali pêrang malih. Sami ngantêp prang. Ratu Dhayak Sêngari lan Ratu Sindhang Dhayang tiwas, wadyabalanipun sami têluk.
Radèn Jayusman kajumênêngakên nata ing Malebari, jêjuluk Sultan Agung Jayusman Samsu Murijal, sarta sampun apêputra kakung nama Radèn Sayidiman. Wong Agung tuwin Raja Bawadiman sami mandhita wontên ing pulo Barjah wêwêngkon Malebari.
Sarêng sampun sawatawis lami, wontên ing pulo Barjah, Wong Agung lajêng kondur dhatêng Kuparman sawadyabalaipun.
***
Wontên ratu pilih tandhing ing jurit, nama Raja Kuwari Husman, nagarinipun ing Polad, punika badhe numpês Wong Agung, mila lajêng nglurug, ngêpang nagari Mêkah.
Radèn Amir Anjilin, satriya ing Mêkah, kalêrês ingkang rayi
--- 43 ---
Wong Agung, mêdal ing pabarisan campuh kalihan Raja Polad. Raja Polad kasor yudanipun lajêng têluk.
Nagari Malebari kadhatêngan mêngsah saking Kubarsi. Sultan Jayusman lajêng utusan ngaturi priksa ingkang rama dhatêng Kuparman.
Radèn Sêmangun lan Radèn Hirman kadhawuhan ingkang rama martuwi dhatêng Malebari, kadhèrèkakên Patih Bêstak lan para wadya. Ing ngriku putra kêkalih kèlu dhatêng pambujukipun Patih Bêstak, botên èstu martuwi malah lajêng ngêmpal kalihan Raja Kubarsi badhe mbêdhah Malebari.
Prajurit Malebari kawêwahan prajurit Kuparman lajêng sami pajak baris.
Wontên prajurit èstri, gêgêdhugipun Kubarsi, kalêrês rayinipun sang prabu, nama Dèwi Kadarwati, ngêdali prang, tandhing kalihan putri Parangakik lan putri Karsinah. Dèwi Kadarwati kenging kapikut, ing têmbe dhaup kalihan Pangeran Kelan.
Kacariyos Radèn Amir Anjilin nusul dhatêng Malebari, njujug ing paprangan, ngrencangi mêngsah, niyatipun badhe nyobi kasêktènipun ingkang raka Wong Agung. Lajêng pêrang kalihan bala Kuparman. Prajurit Kuparman kathah ingkang kasoran. Wong Agung ngêdali, pêrang kalihan ingkang rayi. Dangu-dangu Radèn Amir Anjilin walèh, bilih putra ing Mêkah, lajêng dipun kanthi kaajak kondur.
***
Kacariyos Prabu Maliat Kustur Ratu Kubarsi angsal sraya malih, inggih punika ratu ing Talsiyah, nama Prabu Rukyatil Polad. Prabu Nusirwan ugi sampun ngêmpal kalihan Ratu Kubarsi, miturut pambujukipun Patih Bêstak.
Prajurit Kubarsi ngêdali pêrang malih, campuh kalihan prajurit Malebari. Ratu Kubarsi ingkang nèm nama Wrahat Kustur, kenging dipun tlikung dhatêng Pangeran Kelan.
Nagari Karsinah kadhatêngan mêngsah saking Nungsa Prênggi lan Prênjuk. Sang prabu lajêng ngaturi priksa dhatêng Malebari. Wong Agung paring biyantu, ingkang putra Radèn
--- 44 ---
Ruslan kadadosakên senapatinipun. Radèn Ruslan lan wadyabalanipun ngêdali pêrang. Mêngsahipun sami giris, lumajêng dhatêng nagari Drênis. Prajurit Kuparman nututi. Pêrang. Radèn Ruslan unggul juritipun, mêngsahipun sami têluk.
Wontên putri boyongan saking nagari Prênggi, nama Dèwi Joharin Insiyah, kalêrês sadhèrèkipun Sang Prabu Prênggi, punika lajêng kagarwa dhatêng Radèn Ruslan. Radèn Ruslan jumênêng prabu anom ing Karsinah, jêjuluk Prabu Ruslan Danurus Samsi.
Ing Malebari wiwit pêrang malih. Ingkang dados senapati Pangeran Kelan tuwin Sultan Jayusman. Unggul pêrangipun. Raja Maliyat Kustur kapikut.
***
Wontên juragan saking Kusta sowan Wong Agung, matur bilih ing Burudangin wontên sayêmbara putri kêkalih. Satunggal nama Dèwi Isnaningsih, kalêrês rayi, kalihan Dèwi Jetun Kamar Rukmi, kalêrês putrinipun Prabu Tasangsul Ngalam.
Prabu Sayis[4] Ibnu Umar kèlu dhatêng cariyosipun sudagar, lajêng tindak dhatêng Burudangin, botên nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang rumiyin. Wong Agung tuwin Umar Maya lajêng nusul.
Dumugi ing Burudangin Prabu Sayid Ibnu Umar pêrang kalihan Prabu Tasangsul Ngalam, Sayid Ibnu Umar kasoran, nanging dipun apuntên, malah kapurih wangsul ngaturi ingkang eyang.
Dèwi Jetun Kamar Rukmi pinuju amêng-amêng wontên ing wana kadhèrèkakên prajurit putri, kapanggih kalihan Prabu Ibnu Umar, dados pêrang. Para putri kasoran lajêng sami têluk. Prabu Ibnu Umar dipun aturi kondur dhatêng kadhaton Burudangin.
Wong Agung sampun dumugi Burudangin njujug patamanan, pêrang kalihan Prabu Tasangsul Ngalam. Sang prabu kasoran lajêng têluk. Dèwi Isnaningsih dhaup kalihan Wong Agung.
--- 45 ---
Ing Malebari taksih lajêng pêrang. Prajuritipun Wong Agung kathah ingkang sami kasoran tandhing kalihan Ratu Talsiyah, Raja Rukyatil Polad. Wong Agung rawuh saking Burudangin. Raja Rukyatil kenging dipun cêpêng, lajêng dipun kunjara. Prabu Nusirwan oncad sawadyabalanipun, ngungsi dhatêng nagari Purwakandha, dipun tututi prajurit Kuparman.
***
Kacariyos Umar Maya botên rêna sangêt dhatêng Raja Rukyatil, dene sagêd ngasorakên juritipun andêl-andêl Kuparman, mila lajêng mlêbêt dhatêng pakunjaran, Prabu Rukyatil dipun pêjahi.
Wong Agung duka sangêt dhatêng Umar Maya, dene kumawani lancang mêjahi Raja Rukyatil. Umar Maya dipun Rangkèt sarta lajêng dipun tundhung. Umar Maya kesah, pados akal badhe malês Wong Agung.
Ing wanci dalu Wong Agung sawêg sare wontên ing panêpèn, dipun tulup dhatêng Umar Maya mawi wisa. Wong Agung kantaka lajêng dipun gêbagi dhatêng Umar Maya. Sarêng Wong Agung èngêt, Umar Maya dipun cêpêng badhe dipun banting, lajêng dipun pisah Sèh Wahas lan Sèh Bawadiman. Wong Agung lan Umar Maya lajêng rukun malih.
***
Botên lêt dangu Wong Agung ndhaupakên Radèn Rustamaji kalihan Dèwi Kadamingsih putrinipun raja pandhita ing Mêdhang Pupus, sarta Radèn Hasim Kuwari dhaup kalihan Dèwi Umi Swanjari, putrinipun Raja Sahsiyar. Para pangantèn wau lajêng dipun jak kondur dhatêng Kuparman.
***
Kacariyos Prabu Nusirwan sampun dumugi ing nagari Purwakandha. Raja Purwakandha inggih sagah nyirnakakên Wong Agung, lajêng utusan wadya danawa saanakipun èstri, mindha
--- 46 ---
pandhita tuwin putri, kapurih dhatêng Kuparman anggodha Radèn Rustamaji.
Radèn Rustamaji kèlu ing godha, putri danawa nama Dèwi Marikangên kalampahan dipun garwa, ngantos pêputra nama Radèn Kalal Mak. Dèwi Kadamingsih ugi sampun pêputra nama Radèn Atasaji.
Raja Purwakandha nonjok sêrat panantang dhatêng Kuparman, ingkang dipun utus Patih Jèdhi, mawi mbêkta bala pêksi. Wontên ing Kuparman Patih Jèdhi sumêrêp kitab Adam Makna, dipun turun, mila lajêng mangrêtos dhatêng lêlampahanipun Wong Agung. Sarêng wangsul dhatêng Purwakandha Patih Jèdhi wadul dhatêng sang prabu. Raja Purwakandha duka dhatêng Patih Bêstak, rumaos dipun loropakên. Patih Bêstak sawadyabalanipun dipun cêpêng lajêng dipun kunjara kangge pangewan-ewan.
Wong Agung ugi lajêng bidhal nglurug dhatêng Purwakandha, campuh prang. Prajurit Purwakandha kathah ingkang têluk dhatêng Wong Agung.
Kalêrês malêm Jumuah, Wong Agung dipun bopong malaekat, kabêkta dhatêng guwa ing rêdi Munada, dipun panggihakên kalihan Sèh Waridin. Sarêng sampun wawan ginêm, Sèh Waridin lajêng muksa. Wong Agung ngungun, katungka dhatêngipun Umar Maya.
Dèwi Marikangên mothah, nyuwun dhatêng ingkang garwa Prabu Rustamaji supados Dèwi Kadamingsih lan putranipun dipun singkirakên dhatêng wana. Panyuwun makatên wau inggih dipun turuti.
Kacariyos Radèn Kalal Mak siya sangêt dhatêng wadyabalanipun, mila lajêng sami minggat ndhèrèk Radèn Atasasji[5] dhatêng wana. Nalika Radèn Kalal Mak cangkrama mbêbêdhag ing wana, dipun begal dhatêng balanipun Radèn Atasaji. Dados pêrang. Radèn Kalal Mak kasoran, lajêng mlajêng wêwadul ingkang rama.
Sang pandhita Raja Kadam Dini, ing Mêndhang Pupus, rawuh manggihi ingkang wayah Radèn Atasaji, paring priksa badhe
--- 47 ---
kadadosaning lêlampahan punika. Lajêng katungka dhatêngipun Prabu Rustamaji badhe nyapih pêrangipun ingkang putra.
Radèn Atasaji kasêsêr pêrangipun ngantos dumugi ing Parangakik. Putri Parangakik sakalangkung duka, lajêng mbiyantu ingkang wayah. Pêrang rame.
Radèn Kalal Mak lan Dèwi Marikangên badhar dados danawa. Kalih pisan kapupu ing prang. Kunarpanipun kabucal dhawah ing pabarisan Purwakandha. Raja Purwakandha ngungun.
Kacariyos Radèn Sêmakun nyuwun dhaup kalihan putri Gumiwang Dèwi Rukanti, botên dipun turuti, lajêng minggat, ngêmpal kalihan prajuritipun ingkang raka Wong Agung.
Kacariyos Dèwi Kadarwati kadhawuhan ingkang ibu, putri Parangakik lan putri Karsinah kapurih madosi murcanipun ingkang rama Wong Agung. Sang dèwi lajêng bidhal mawi mbêkta prajurit. Dumugi ing wana kapapag prajurit ing Gumiwang balanipun Raja Purwakandha. Dados pêrang. Ratu ing Gumiwang pêjah. Sang dèwi sagêd kapanggih ingkang rama Wong Agung. Wong Agung lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra sang dèwi, putri Gumiwang kadhawuhan andhustha. Kalampahan sagêd kacêpêng, lajêng dipun dhaupakên kalihan Radèn Sêmakun. Wong Agung sagarwa putra lajêng kondur dhatêng Kuparman.
***
Kacariyos Dèwi Isnaningsih sampun pêputra kakung nama Asim Katamsi. Dèwi Jetun Kamar Rukmi ugi sampun pêputra nama Aris Munandar. Radèn putra lan radèn buyut punika sami dados prajurit linangkung.
Raja Purwakandha angsal bêbantu malih saking nagari Kosarsah, nama Raja Kasrukum, mumpuni dhatêng pêrang kêmat.
Prajurit Kuparman lan prajurit Purwakandha tapuk pêrang malih. Balanipun Wong Agung kathah ingkang kasêsêr, malah Wong Agung piyambak kenging kêmat lajêng wuta.
--- 48 ---
Wontên pandhita nama Sèh Kakim Maridin, têtulung dhatêng Wong Agung, kêmating mêngsah dipun sirnakakên. Radèn Aris Munandar lan Radèn Asim Katamsi majêng pêrang. Patih Jèdhi kapikut lajêng têluk, katur dhatêng Wong Agung.
Raja Kasrukum sarêng kêmatipun ngabar lajêng ndhatêngakên sraya saking nagari Betarti, nama Raja Kul Hibadir. Pabarisan Purwakandha dados santosa. Balanipun Wong Agung ingkang taksih kantun wontên ing Kuparman sami nusul dhatêng pabarisan. Pêrang rame. Ratu Betarti, Ratu Kosarsah lan Ratu Purwakandha sami kapupu ing prang. Prabu Nusirwan sawadyabalanipun sami lumajêng, badhe minta sraya dhatêng nagari Ngambar Kustup.
***
Radèn Pirngadi kadadosakên ratu ing Purwakandha. Wong Agung sawadyabalanipun kondur dhatêng Kuparman.
Radèn Sêmakun ingkang sampun kajumênêngakên dados ratu ing Gumiwang, kadhawuhan dhatêng Mêdayin amboyongi ingkang ibu. Ingkang ibu ugi lajêng tindak dhatêng Kuparman, ing ngriku dipun aji-aji dhatêng putra wayah.
Prabu Sêmakun dipun utus ingkang raka Wong Agung, murugi Prabu Nusirwan dhatêng Ngambar Kustup. Prabu Sêmakun lajêng bidhal mbêkta prajurit para raja.
Prabu Nusirwan dipun kêkahi dhatêng Raja Bari Akbar, mila lajêng dados prang. Prajurit Ngambar Kustup sami giris tandhing kalihan prajurit Kuparman, mila lajêng sami mlêbêt dhatêng kitha.
Wong Agung suka ing galih, mirêng ingkang rayi unggul juritipun. Dèwi Kadarwati kadhawuhan nusul ingkang raka Pangeran Kelan dhatêng pabarisan. Dumugi ing Ngambar Kustup Dèwi Kadarwati ngêdali pêrang, tandhing kalihan Dèwi Ngumyun Hadikin, rayi Raja Bari Akbar.
Dèwi Ngumyun Hadikin sawadyabalanipun para putri sami têluk dhatêng Dèwi Kadarwati.
***
--- 49 ---
Raja Bari Akbar giris, lajêng lolos saking kadhaton, badhe minta sraya dhatêng Tasmitèn. Makatên ugi Prabu Nusirwan. Prabu Sêmakun lajêng ngaturi priksa dhatêng Wong Agung bab bêdhahipun nagari Ngambar Kustup. Wong Agung lan garwa putra lajêng sami nusul. Dumugi Ngambar Kustup lajêng ndhaupakên Radèn Hasim Katamsi kalihan Dèwi Ngumyun Hadikin.
Raja Johan Pirman mirêng manawi Dèwi Ngumyun Hadikin sampun dhaup kalihan Radèn Hasim Katamsi, duka sangêt. Ngêdali pêrang. Dipun papagakên Prabu Sêmakun. Raja Johan Pirman kasoran lajêng têluk. Prabu Nusirwan sawadyabalanipun mlajêng badhe minta sraya dhatêng ratu Pirkaras, raja Banu Kêrjis. Dipun tut wingking prajurit Kuparman, têtindhihipun nama Raja Kuskèhèl.
Radèn Aris Munandar dhaup kalihan Dèwi Pirmani, putrinipun Prabu Johan Pirman, lajêng sami kondur dhatêng Kuparman.
***
Kacariyos Patih Bêstak, sanajan sampun wongsal-wangsul manggih kasangsaran jalaran saking polahipun ingkang botên jujur, mêksa botên kapok. Samangke pados akal badhe nyirnakakên Wong Agung, kintun sêrat dhatêng Raja Kala Kodrat puruna mêngsah Wong Agung. Raja Kala Kodrat inggih sagah.
Umar Maya mirêng pokalipun Patih Bêstak makatên punika, lajêng kesah dhatêng Mêdayin mindha-mindha dados koki, nyuwita Patih Bêstak, ing salajêngipun katur dhatêng Prabu Nusirwan.
Ing wanci dalu Patih Bêstak dipun colong dhatêng Umar Maya, dipun sêmbêlèh, lajêng dipun jênang. Jênangipun katur dhatêng Prabu Nusirwan, dipun dhahar kraos sakalangkung gurih. Sarêng mangrêtos bilih punika jênang Patih Bêstak, prabu Nusirwan lajêng gêrah nêmahi seda. Umar Maya sampun kesah saking Mêdayin.
***
--- 50 ---
Awit saking kaparêngipun Wong Agung, Radèn Hirman kajumênêngakên nata ing Mêdayin, Baktiyar, anakipun Bêstak, dados pêpatihipun. Radèn Hurmus kajumênêngakên nata ing Ngawu-awu, nanging taksih dêdalêm ing Mêdayin, minangka senapati.
Kacariyos Prabu Hirman mituruti pambujukipun Patih Baktiyar, lajêng malik tingal mêngsah ingkang rada[6] Wong Agung.
Prajurit Mêdayin lajêng ngêmpal kalihan prajurit Kala Kodrat ngêpang nagari Mêkah.
Wong Agung lajêng mêpak bala badhe mapagakên mêngsah. Pêrang rame. Prajurit Kala Kodrat kasoran, lajêng wangsul dhatêng nagarinipun. Prabu Hirman sawadyabalanipun ugi tumut dhatêng nagari Kala Kodrat. Prajurit Kuparman nututi.
Kacariyos Raja Salsal, ratu ing Kala Kodrat, rumaos dipun apusi dhatêng Patih Baktiyar, mila Patih Baktiyar lajêng kalêbêtakên ing kunjara. Prabu Hirman susah sangêt sarta botên kraos kêmpal kalihan Raja Salsal. Awit Raja Salsal sawadyabalanipun sami doyan nêdha daging tiyang. Prabu Hirman lajêng minggat ngaturakên pêjah gêsang dhatêng ingkang raka Wong Agung.
Wong Agung lajêng ngêdali pêrang. Raja Salsal kasoran lajêng têluk sarta sagah mantuni anggènipun mangsa janma.
***
Prabu Hunuk Marjaban, gêgêdhugipun nagari Kala Kodrat botên purun nungkul dhatêng Wong Agung. Lajêng minggat kalihan Patih Baktiyar sumêdya pados sraya dhatêng nagari Sorangan. Sorangan lajêng dipun kêpang prajurit Kuparman.
Prabu Rustamaji ngêdali pêrang, tandhing kalihan Ratu Sorangan, Raja Gaji Mandalika Huktur. Radèn Rustamaji kapupu ing prang. Layonipun kasarèkakên dhatêng nagari Kuparman. Radèn Atasaji gumantos ingkang rama jumênêng prabu nyakrawati.
Wong Agung nêntrêmakên panggalih wontên ing nagari Kala
--- 51 ---
Kodrat. Prajurit Kuparman taksih ngêpang nagari Sorangan tuwin nêlukakên raja alit-alit sacêlakipun ngriku.
Kacariyos Raja Marjaban lan Patih Baktiyar wontên ing wana kapanggih Prabu Ibnu Umar ingkang sawêg mbêbêdhag. Prabu Ibnu Umar kenging dipun paeka lajêng dipun banda, kaaturakên Prabu Gulangge ing Rokam. Prabu Gulangge botên pitados manawi Raja Marjaban sagêd mbanda Prabu Ibnu Umar. Prabu Ibnu Umar dipun uculi bandanipun, dipun bên kalihan Raja Marjaban. Raja Marjaban nêmahi tiwas. Baktiyar dipun kunjara. Prabu Ibnu Umar dipun subya-subya.
**
Prajurit Kuparman sami nusul dhatêng Rokam, ingkang dados têtindhihipun Pangeran Kelan lan Raja Burudangin. Prabu Gulangge botên niyat mêmêngsahan kalihan prajurit Kuparman, namung kêpengin nyobi kasêktènipun Wong Agung.
Wong Agung badhe tindak dhatêng Rokam, nanging mbêdhah nagari Sorangan rumiyin. Raja Gaji dipun pêjahi. Dumugi ing Rokam Wong Agung lajêng pêrang kalihan Prabu Gulangge. Prabu Gulangge kasoran lajêng têluk. Wong Agung sawadyabalanipun wontên ing Rokam dipun subya-subya. Baktiyar kalihan anakipun Raja Marjaban, nama Radèn Mardawan, sami minggat dhatêng nagari Jaminambar. Salaminipun wontên ing Rokam, Wong Agung tansah sarasehan bab ngèlmi kalihan Prabu Gulangge.
**
Kacariyos Prabu Sadar Ngalam ing nagari Jamintoran kagungan putra putri nama Julu Sula Sikin. Sang putri nandhang gêrah. Angsal wisik sagêdipun saras kêdah siram dhatêng blumbang Iskandar ing taman Jaminarab. Dèwi Sula Sikin ugi nglêksanani tindak dhatêng Jaminarab kadhèrèkakên para wadyabala.
Pangeran Kelan tindak ambêbêdhag, kaplantrang dumugi ing Jaminarab, kapanggih kalihan Dèwi Sula Sikin, lajêng dipun jak kondur dhatêng Jamintoran. Awit saking karsanipun Prabu Sadar Ngalam sang pangeran dipun pacangakên kalihan sang dèwi.
--- 52 ---
Raja Kahar Ngalam ing nagari Rulmuluk, kabawah dhatêng Jamintoran, mbalela, lajêng dipun lurugi Pangran Kelan. Prabu Kahar Ngalam kasoran yudanipun lajêng têluk.
***
Wong Agung utusan Umar Maya madosi Pangeran Kelan. Umar Maya lajêng bidhal piyambakan. Lampahipun Umar Maya kalunta-lunta dumugi ing Jaminambar. Ingkang jumênêng nata ing Jaminambar punika nama Prabu Rabus Samawati, ngakên dados Gusti Allah, ngêrèhakên sasamining raja. Pangagênging para raja wau dipun juluki malaekat. Umar Maya suwita dhatêng Prabu Rabus Samawati, katampèn. Umar Maya ngungun manahipun, dene wontên tiyang gadhah pokal ingkang botên limrah. Prabu Rabus Samawati lan para malaekatipun dipun êndêmi sarta sami dipun cukuri kadamêl pangewan-ewan. Umar Maya lajêg kesah nilari sêrat panantang. Umar Maya lampahipun têrus dhatêng Jamintoran kapanggih Prabu Sadar Ngalam lan Pangeran Kelan. Sasampunipun rêrêmbagan saprêlunipun, lajêng wangsul dhatêng Rokam ngaturi priksa Wong Agung.
Wong Agung lajêng mêpak bala nglurug dhatêng Jaminambar.
Baktiyar lan Radèn Mardawan suwita dhatêng Prabu Rabus Samawati, sarta ngaturi priksa bilih Wong Agung sampun bidhal sawadyabalanipun badhe nggêpuk Jaminambar. Prabu Rabus Samawati lajêng mêpak bala.
Kacariyos pêrangipun prajurit Kuparman kalihan prajurit Jaminambar sakalangkung rame, ngungkuli pêrang ingkang sampun-sampun. Gêntos asor gêntos unggul. Prajurit Jamintoran dhatêng mbiyantu prajurit Kuparman.
Wusana Prabu Rabus Samawati kapupu ing prang, kadhatonipun gêmpur.
Sabêdhahipun nagari Jaminambar Wong Agung tindak dhatêng Jamintoran, ndhaupakên ingkang putra Pangeran Kelan kalihan
--- 53 ---
Dèwi Julu Sula Sikin. Bibar dhaup lajêng kaboyong dhatêng Rokam.
***
Wong Agung katamuan pandhita saking Ngajam, mêntas lêlana saking tanah Arab, ndongèngakên bab lairipun Nabi Muhamad sarta sarengat Ibrahim dipun santuni sarengat rasul. Wong Agung kayungyun ing panggalih sumêdya sujud dhatêng nabi rasul. Nanging Wong Agung badhe nêtêpi kuwajibanipun rumiyin, anggènipun dados prajuriting Allah, badhe numpês sadaya mêmalaning jagad, mila lajêng nglurug dhatêng nagari Mukabumi, Pildandani lan Talsamat. Kalampahan nagari-nagari punika kenging kabêdhah, ananging Wong Agung nandhang karisakan, prajuritipun kathah ingkang tiwas, jalaran kabêsmi. Miturut pratelanipun Prabu Gulangge, sampun botên wontên malih nagari ingkang pantês dipun lurugi, namung kantun nagarinipun para brakasakan. Mila Wong Agung lajêng kondur dhatêng Madinah, badhe nyakabat nabi rasul, prajuritipun ingkang taksih sami gêsang kadhawuhan ndhèrèk sadaya.
***
Nabi rasul mapag rawuhipun ingkang paman Sang Ambyah, kapanggih sami salaman. Wong Agung dalah pandhèrèkipun lajêng sami santun sarengat, anut sarengat rasul.
Kacariyos Prabu Hirman ing Mêdayin, mirêng pawartos manawi Wong Agung sampun pêjah kabêsmi wontên ing nagari Talsamat. Sang prabu lajêng mêpak bala para raja, kabêkta nglurug dhatêng Madinah badhe nyirnakakên nabi rasul.
Madinah mirêng badhe kadhatêngan mêngsah lajêng pacak baris. Wong Agung mangsah prang. Prajurit Mêdayin kasoran. Prabu Hirman oncad, minta sraya dhatêng Raja Lakat. Awit saking luwêsipun Baktiyar, Raja Lakat sagah nyirnakakên nabi rasul, lajêng bidhal nglurug dhatêng Madinah. Prajurit Arab mapagakên. Pêrang rame. Prajurit Lakat têtumpêsan. Raja
--- 54 ---
Jênggi dhatêng, mbiyantu Raja Lakat. Wong Agung kapupu ing prang, awit saking paekanipun Raja Jênggi.
Kangjêng Nabi Rasul kaplajêng, ndhêlik wontên ing guwa, prajurit Arab kêkês manahipun.
***
Nalika punika Bagendha Ngali, gêgêdhugipun prajurit Arab, sawêg garah.[7] Sarêng mirêng manawi ingkang paman Sang Ambyah seda sarta kangjêng nabi ngantos kaplajêng, lajêng saras sanalika sarta lajêng mangsah prang. Raja Lakat kenging kacêpêng, wadyabalanipun sami têluk. Dene Raja Jênggi lumajêng.
Kacariyos Dèwi Kuraisin, mirêng pawartos bilih ingkang rama Wong Agung sampun kondur dhatêng Madinah nyakabat dhatêng kangjêng nabi. Sang dèwi lajêng nusul, kadhèrèkakên para prajurit jim. Dumugi ing Madinah njujug ing padalêmanipun Dèwi Patimah. Ing ngriku dipun cariyosi bilih Wong Agung tuwin kangjêng nabi sampun lami tindak mapagakên mêngsah. Dèwi Kuraisin lajêng nusul dhatêng paprangan. Sarêng kapanggih kalihan kangjêng nabi, dipun cariyosi bilih Wong Agung kapupu ing prang, mêngsah Raja Jênggi. Dèwi Kuraisin sumaput. Sarêng sampun èngêt lajêng nyuwun idi badhe malês ukum Raja Jênggi. Raja Jênggi lajêng pêrang kalihan Dèwi Kuraisin. Ngêtog kasêktèn. Wusana Raja Jênggi kasoran, dipun banda katur kangjêng nabi.
Raja Lakat lan Raja Jênggi botên kukum pêjah. Ukumanipun namung dipun cukur sarta kapurih ngabêkti dhatêng Hyang Widi ing salaminipun gêsang.
Prabu Hirman sawadyabalanipun sami têluk dhatêng Kangjêng Nabi Rasul.
Kacariyos awit saking karsanipun kangjêng nabi, Dèwi Kuraisin dhaup kalihan Bagendha Ngali, lajêng pêputra kakung nama Muhamad Kanapiyah, diwasanipun jumênêng nata ing Ngajrak.
TAMAT
--- [55] ---
1 | pamit. (kembali) |
2 | Karsinah. (kembali) |
3 | nênggani. (kembali) |
4 | Sayid. (kembali) |
5 | Atasaji. (kembali) |
6 | raka. (kembali) |
7 | gêrah. (kembali) |