Menak Kăndhabumi, Balai Pustaka, 1934, #841

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1131

Menak Kăndhabumi

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 no. 600.

--- [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Sinom

1. Nata Dèwi Kuraisin sowan ingkang rama Wong Agung

1. Apatih Dukawikăndha | dutane Sri Banakamsi | praptane wus ingacaran | nunggil lan Bêstak Apatih | surat wus dèn tampèni | mring Patih Bêstak gya katur | binuka sinuksmèng tyas | marang Prabu Nyakrawati | suratira Sang Prabu Kăndhabuwana ||

2. pan anglamar karyanira | lampahe Sri Banakamsi | putrinira Maharaja | Bathara Anyakrawati | arine Muninggarim | kang nama Rêtna Marpinjun | lêga datan lêgaa | mêksa Prabu Banakamsi | toh nagara lawan samodra ludira ||

3. sêrat sawusnya winaca | inguncalakên tumuli | mring Wong Agung Parangteja | kulup kawruhana ugi | layange Banakamsi | Natèng Kăndhabumi iku | Radèn Maktal tur sêmbah | sêrat raose kadugi | mèsêm ing tyas nolih marang Raja Selan ||

4. lawan sang prabu ing Yunan | sasmita sami kadugi | tumungkul katri punggawa | ing rèh wus samya miranti | karsanya sri bupati | ananggulang mungsuh rawuh | Ratu Kăndhabuwana | kang pêparab Banakamsi |

--- 4 ---

ingkang arsa mundhut putri amisesa ||

5. lawan parusa rêkasa | mangkana dutanira ji | ingangsulan nanggi krama | tinulak duta wotsari | mundur sawadyanèki | Dukawikăndha ing ênu | prapta ing pasanggrahan | lajêng mring ngarsa narpati | sampun katur sasolahira dinuta ||

6. graita nampani cipta | Sang Aprabu Banakamsi | madêg sarosa gambira | ngrasa yèn dèn kêkilani | cinêndhalan ing jurit | kumutug wijiling rêngu | nimbali arinira | Rêtna Dèwi Banawati | sru ngandika Sang Prabu Kăndhabuwana ||

7. yayi paran karsanira | surate Rajèng Mêdayin | maring sun anăngga krama | nora nrus ing lair batin | wèh lair batin nampik | prakara Nimas Marpinjun | iku sinêngkêr lawan | Wong Agung Surayèng Bumi | bangêt jrihe Nusirwan ngaturi mringwang ||

8. mêngko arsa pinondhongan | mring dutane Jayèngmurti | lakune Si Parangteja | wus anèng nagri Mêdayin | ngirid para narpati | tur padha ratu gêgêdhug | kang rayi matur nêmbah | yèn makatên kakang aji | datan wande angabêni yudabrata ||

9. yèn parêng karsa paduka | kinêpung kithèng Mêdayin | inggih ngrabasèng alaga | gampil masalah sang putri | yèn sampun rame jurit | kula kang mêndhêt Marpinjun | ing dalu kula cidra | măngsa lêpata sang putri | kakang prabu sampun maras tyas paduka ||

10. lawan janggane Nusirwan | tan wande kawula cangking | miwah putrane sadaya [sada...]

--- 5 ---

[...ya] | kang jalu amba pêjahi | lêga rasaning ati | yèn sampun kêna Marpinjun | inggih măngsa gagala | ing karsa tuwan kaka ji | lamun taksih dèrèng rêbah kang akasa ||

11. sang dyah ngundhangi prawira | kusuma yu Banawati | prajurit kang tigang samas | kêpalane para putri | kawan dasa yu luwih | kang prajurit wadon sèwu | andina pan siyaga | asaos karsane gusti | kunêng wau Sang Prabu Kăndhabuwana ||

12. anglampahkên barisira | angêpung kitha Mêdayin | kalimput kidul myang wetan | miwah kilèn kang nuguri | amung lèr ingkang maksih | towong jinaragkên suwung | wong Mêdayin puyêngan | têpis iring samya ngili | kagegeran ngungsi marang jroning kitha ||

13. agung dènira kumpulan | mêmangun rèh pra dipati | lawan Ki Apatih Bêstak | ature mring sri bupati | suwawi tinuruti | Banakamsi aturipun | Natèng Kăndhabuwana | anglamar sang rajaputri | yèn tinampik sayêkti gêpuk nagara ||

14. sintên kuwawi anăngga | yudanipun Banakamsi | ratu prasasat kajiman | măndraguna ing ajurit | ing ajur-ajèr bangkit | sang nata nauri wuwus | lamun sun tampanana | panglamare Banakamsi | pan Si Maktal kang bakal ngrusak maringwang ||

15. lah iku sira piliha | têtandhinganing ajurit | amungsuh wong Parangteja | lan amungsuh Banakamsi | pan lagi maksih warti | durung ana labêtipun | sêktine Arya Maktal [Ma...]

--- 6 ---

[...ktal] | dhingin dalasan ing mangkin | durung apês sira gung kaponthal-ponthal ||

16. lêgêg sagung pra dipatya | miwah Bêstak Ki Apatih | tan ana bisa mangsulna | kang dhawuh pangandika ji | bubar wus tanpa dadi | kawur sakathahing rêmbug | kunêng gantya winarna | pakuwoning Pusêr Bumi | pagunêman lawan sagung para raja ||

17. wus dadya pirêmbagira | mêsat duta mawi tulis | tur uninga mring Kuparman | datan kawarna ing margi | lampahing duta prapti | Kuparman pan lajêng katur | marang Sang Kakungingrat | surat tinampan ing gusti | wus binuka sinukma jroning wardaya ||

18. atêmbung atur uninga | Maktal pangarsaning wangsit | Lamdahur lan Rajèng Yunan | Ibnu Ngumar Yusup Adi | miwah kadang Kohkarib | kang para ratu rong puluh | umatur solahira | salamine nèng Mêdayin | atur sêmbah wong agung ing Parangteja ||

19. kaatura jêng paduka | dhuh Gusti Sang Murwèng Bumi | èstu ing lampah kawula | yêkti yèn nawung bilai | rama paduka aji | Nusirwan langkung sarêju | tuwin ibu paduka | langkung sukane ing galih | saking tuwan anuwun sang rêtnèng pura ||

20. angarangulu Muninggar | Marpinjun dadosa rabi | nuntên narendra kang prapta | anglamar sang rajaputri | Sang Prabu Banakamsi | ratu prakosa dibya nung | sugih ratu prawira | kêkadang samya prajurit | pan tinampik panglamaripun sang rêtna ||

21. tyasipun rama paduka | kêncêng mring Paduka Amir |

--- 7 ---

mila ing mangke angrêbda | Banakamsi madêg baris | ngêpung kitha Mêdayin | sabalane baris tugur | amba nuwun parentah | ing Gusti Sang Jayèngmurti | ing pamagut kawula ngasmarèng laga ||

22. suka kalane miyarsa | wong agung sigra nênulis | wus dadya êcap tinatrap | sinungkên duta wotsari | mêsat ingkang tinuding | ing marga datan winuwus | praptane katur sigra | Arya Maktal gya ngaturi | para raja sinungan wangsiting surat ||

23. hèh yayi mas Parangteja | aja sira mêtu jurit | yèn durung ana parentah | iya Prabu Nyakrawati | magut wong Kăndhabumi | kêjaba lamun Sang Prabu | Nusirwan gawe ala | iku ta luwih si adhi | amrayoga dènira rumêksèng bala ||

24. rêrêmpon gêgêmpurana | anèng ing nagri Mêdayin | sok aja wiwit sikara | puput panukmaning tulis | Radèn Maktal ngundhangi | baris apêndhêm wadya gung | kunêng malih winarna | Rêtna Prabu Kuraisin | duk miyarsa kang rama kêpatèn garwa ||

25. anèng ing Kaos nagara | miwah putra jalu kalih | seda nèng Kaos nagara | mangkana Sang Natèng Dèwi | Kuraisin ngundhangi | marang sagung wadyanipun | wadya jin ing Ngajêrak | kang paman Dyan Sadatsatir | tinimbalan prapta ngarsane kang putra ||

26. rêtna prabu angandika | paman sagunging prajurit | punapa sampun samêkta | kularsa budhal tumuli | kang paman matur aris | sampun samêkta pukulun | nanging kula miyarsa | rama paduka

--- 8 ---

Sang Amir | sampun bidhal saking ing Kaos nagara ||

27. kondur dhatêng tanah Ngarab | ngadhaton Kuparman malih | malah mangun yudabrata | mêngsah Ratu Parangakik | langkung ramening jurit | punika pawartinipun | kagyat sang dèwi raja | makotên paman ing warti | katujune paman dèrèng kaliwatan ||

28. paman nuntên budhalêna | sagung prawira wadya jin | kawula marêk ing eyang | lan jêng ibu nuwun pamit | sigra mijil ngundhangi | sang raja dèwi tumanduk | marêk ngarsaning eyang | ngandika sri narapati | putuningsun sun jurung salamêtira ||

29. Nini Ismaya milua | ywa pisah sutanirèki | têtinjo ing lakinira | tur sêmbah Ismayawati | Prabu Kusmakusêrin | mring eyang mangaras suku | mêsat saking ngajêngan | miwah Ni Ismayawati | lajêng mangkat saking ngarsane kang rama ||

30. mumbul napak jumantara | kang wadya wus amiranti | angèbêki ing gêgana | sakapraboning ajurit | wadya jin tanpa wilis | dhêdhêt ing akasa têdhuh | ing marga tan winarna | rikat lampahe punang jin | tigang wulan linampahan tigang dina ||

31. prapta nagari Kuparman | Sadatsatir wus rumiyin | marêk ing Sang Kakungingrat | laju manjing jroning puri | ing wanci pukul kalih | wong agung lagya alungguh | mêntas sami dhêdharan | kagyat prapta Sadatsatir | duk tumingal tumêdhak Sang Kakungingrat ||

32. Sadatsatir ngraup pada | rinangkul sampun alinggih | wong agung alon [alo...]

--- 9 ---

[...n] ngandika | yayi mas padha basuki | apadene rama ji | putrinira bakayumu | Sadatsatir tur sêmbah | kakang bok tumut mariki | pan umiring putranta sang dèwi raja ||

33. pan inggih marêk ing tuwan | ing mangke wontên ing jawi | kawarti inggih paduka | amanggih papa nglangkungi | ngandika Jayèngmurti | yayi timbalana laju | iya bakayunira | miwah ta sutanirèki | Radèn Arya Sadatsatir nêmbah mêsat ||

34. sapraptanira ing jaba | kapanggih sang raja dèwi | lan ibu Rêtna Ismaya | lajêng samya manjing puri | prapta samya ngabêkti | nungkêmi suku sru muwun | ingaras bunanira | Ismayawati wotsari | dyan rinangkul lah yayi dèwi linggiha ||

35. wus samya lênggah atata | miwah Sang Narendra Dèwi | Rêtna Ismaya turira | salamipun jêng rama ji | katur Paduka Amir | Sang Kakungingrat andhêku | nampèni ingkang salam | ing Ngajêrak sri bupati | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

36. nini sira ngabêktia | iki ibunira kalih | Kuraisin sigra nêmbah | ing Rêtna Sudarawrêti | lajêng manêmbah malih | marang Sang Rêtna Rabingu | Sirtupilèli ika | Ni Dèwi Ismayawati | sêsalaman lan sang rêtna kalihira ||

37. kang garwa matur têtanya | Ni Dèwi Ismayawati | pukulun pintên laminya | sedanipun Muninggarim | lan Rajaputri Mêsir | ngandika Sang Jayèngsatru | ing mêngko wus sawarsa | yayi dèwi putri Mêsir | Ni Muninggar kurang rong wulan sawarsa [sa...]

--- 10 ---

[...warsa] ||

38. tuwin yayi putranira | kalihe pan undha-undhi | iya Si Kobatsareas | lan sutanta Maryunani | wau Rêtna Kurèsin | arawat waspa tumungkul | kang rama angandika | sedane ibunta kalih | ingsun nini lami agandrung asmara ||

2. Asmaradana

2. Dèwi Kuraisin bêbantu prang dhatêng Mêdayin

1. mari-mari lagya mangkin | gon ingsun tinggal wibawa | praptane ibumu karo | yèku kang dadi usada | ingsun ngulihi nama | eling kawibawaningsun | angrèh para raja-raja ||

2. umatur Ismayawati | mring raka Sang Kakungingrat | paduka sampun kasupèn | lamun titahing Hyang Suksma | samăngsa saksêrika | tuhu pratingkah kasiku | têtêp yèn anampik titah ||

3. ngandika Sang Jayèngmurti | ya yayi panjurungira | sun ati-ati tan mèngèng | Ismayawati manêmbah | sukur yèn makatêna | lan sangêt pitungkasipun | rama paduka Ngajêrak ||

4. arsa têdhaka pribadi | rama paduka Ngajêrak | saking sangêt kuwatire | kawula kang sangêt ngampah | lawan putra paduka | nusahkên priyayi sêpuh | mila kawula kewala ||

5. gumujêng Sang Jayèngmurti | yayi bênêr karsanira | yèn kongsia têdhak dhewe | rama prabu ing

--- 11 ---

Ngajêrak | yêkti karya musakat | samya dhêdharan anutug | kalawan kang para garwa ||

6. myang putra sang raja dèwi | sasampunira dhêdharan | pinrênah pasareane | pungkuran kilèn gènira | dene kang balakuswa | kerid ing punggawanipun | makuwon ing taman-taman ||

7. apan Radèn Sadatsatir | kang bawani wadyabala | tuhu kadya samodra rob | yèn ta mungguha katingal | mangkana tigang dina | anèng Kuparman wong agung | anggung sami pagunêman ||

8. nuju ing dina sawiji | wong agung apirêmbagan | lawan kang para garwane | myang kang putra dèwi Raja | Kuraisin nèng ngarsa | kang rama ngandika arum | babo nyawa putraningwang ||

9. ingsun nini apan lagi | kasusahan ana karya | aprakara ing lakune | pamanira Arya Maktal | mring Mêdayin sun duta | nênuwun Rêtna Marpinjun | pan arsa sun karya garwa ||

10. ngarangulu Muninggarim | rêmbuge kang para raja | eman aja kêparèng doh | mulane tapa manira | yayi mas Parangteja | sun kongkon marang Mêdayun | ngiras dadi wakil ingwang ||

11. pamanira nèng Mêdayin | lakune pan kabarêngan | wong anglamar ratu gêdhe | nagrine Kăndhabuwana | bêbala para raja | ratu prakoswa dibya nung | Banakamsi namanira ||

12. apan mèh pagut ing jurit | iya lagi pamanira | nuwun parentah maring ngong | baris ing Kăndhabuwana | pan wus mrêpêki kitha | Mêdayin kasut kalimput | kêkês [kê...]

--- 12 ---

[...kês] wong sajro nagara ||

13. iya ana kang ngênuri | panggawene kakinira | Si Bêstak pan salawase | lakune sok komadaka | samêngko karsaningwang | ya ibumu karo iku | sun duta mêlatukana ||

14. anjangkunga ing ajurit | yayi mas ing Parangteja | ngampingi kabatinane | abangêt kuwatir ingwang | marang ing pamanira | ibunira karo iku | bisa ngambah jumantara ||

15. ibumu Sudarawrêti | titihan garudha yaksa | ibunira ingkang anom | pan saomahi paksindra | prajurit karo padha | Kurèsin nêmbah umatur | lamun makatên kawula ||

16. rama inggih nuwun pamit | atêtinjo dhatêng paman | sarênga pun ibu karo | kang rama alon ngandika | ni mas sakarsanira | bibèkamu Jarahbanun | mendah kangêne mring sira ||

17. kang putra matur wotsari | kula rama gêlacutan | lawan jêng ibu kemawon | mung pawongan kawan dasa | sampun rubêd ing marga | katiga ngabêkti sampun | parêng mêsat ing gêgana ||

18. kang ibu sampun nitihi | ing kukilanira samya | sigra kinêtab ibêre | ngayuh napak jumantara | ngapit sang dèwi raja | lir kilat mamprung amamprung | ing Mêdayin kang sinêdya ||

19. mung kari Ismayawati | kang têngga marang kang raka | anèng jro pura karongron | kunêng nagari Kuparman | wuwusên kang lumampah | katiga sampun angayuh | lan cèthi jin kawan dasa ||

20. rikat mahawan [mahawa...]

--- 13 ---

[...n] wiyati | Mêdayin pan wus kungkulan | katri sarêng paniyupe | dumrojog mring pasanggrahan | ing wanci bakda Ngisa | manjing sang putri katêlu | pakuwon ing Parangteja ||

21. Arya Maktal duk alinggih | lan garwa Rêtna Sajarah | pan lagya angikir bedhor | kang garwa ngrampêlas gandar | jêmparing pêpilihan | kagyat wau praptanipun | sang raja putri katiga ||

22. Kuraisin awotsari | mring kang paman Arya Maktal | lajêng nungkêmi padane | Rêtna Sajarah umiyat | rinangkul ingkang putra | dhuh Kurèsin putraningsun | tan dipe yèn sira prapta ||

23. ingsun kaya wong angimpi | babo nini praptanira | lawas têmên sira dhenok | tan tinjo wong tuwanira | padha kawêlasarsa | sru nangis Sajarahbanun | kinêkêp-kêkêp kang putra ||

24. Kuraisin awotsari | dhuh bibi sampun pinanjang | kabèh kang sampun kalakon | pasthi titahing Hyang Suksma | amba saking Kuparman | paman inggih salamipun | raka paduka jêng rama ||

25. mila kawula lumaris | lan pun ibu kalih pisan | bêbantu batin wiyose | paduka ajêng-ajêngan | lan Banakamsi Raja | Kăndhabumi ratu mungsuh | mila kawulenggal prapta ||

26. pan ingutus andombani | ing raka tuwan jêng rama | mêngsah punika pan abot | ratu sawêg tinarima | pamanguning istijrad | sikir agêng kabulipun | tan kêni linawan lămba ||

27. kadi têdhaka pribadi | raka paduka [padu...]

--- 14 ---

[...ka] jêng rama | dene sampun katêlangso | akarya wakil sampeyan | mila kewran ing driya | Radèn Maktal ngandika rum | nini aja karya susah ||

28. sêdhêng ngong bae nadhahi | sagêndhinge ing ayuda | wong Kăndhabuwana kiye | amung pawartane ana | putri kadang digdaya | Banawati prange wudhu | apan manungsa kajiman ||

29. iku sira sun bubuhi | yèn wanodya prang lan ingwang | ingsun dadi kapirare | Kuraisin matur nêmbah | paman sampun tinoya | yèn antuk barêkahipun | raka paduka jêng rama ||

30. Jarahbanun ngandika ris | iku nini kayaparan | ibune ginawa karo | Rêtna Kurèsin turira | bibi raka paduka | ibu Ismaya kang kantun | têngga rakanta jêng rama ||

31. Kuraisin dèn gablogi | iki silih bocah nakal | apa ta mêngantènake | ibune lawan kang rama | tunggu anèng Kuparman | iya bênêr putraningsun | mangkono titikanira ||

32. mêngko kayaparan nini | aprakara mungsuhira | êndi kang dhininginake | apa iya pamanira | kang wiwit magut ing prang | apa sira dhingin iku | Si Banawati cinacak ||

33. Kuraisin matur aris | bibi prakawis punika | langkung pun paman karsane | yèn amba ingandikakna | dhingini pan sandika | yèn kinarsakêna kantun | sandika tuduhe paman ||

34. Arya Maktal ngandika ris | iku nini karsaningwang | sira dhinginana gawe | kriwikan malar dadia |

--- 15 ---

iya banyu grojogan | apan iya obah ingsun | wêwalêre ramanira ||

35. ingsun kinèn angantèni | parentahe eyangira | sri bathara pamagute | rêtna prabu matur nêmbah | lamun makatên paman | kula wiwit mangke dalu | anjêjêp sajroning pura ||

36. akanthi pun ibu kalih | wong agung ing Parangteja | iya rara prayogane | ibumu kang angèdhènga | sira dadya simpênan | wus matêng ing rêmbugipun | kunêng malih winursita ||

37. kusuma yu Banawati | putri ing Kăndhabuwana | pamit ing raka sang katong | arsa adhustha mring pura | mandungi sêdyanira | marang Kusuma Marpinjun | nadyan rêrêmpon ing aprang ||

38. yèn sampun anyêkêl putri | kang raka nurut kewala | mring kang rayi sakarsane | sigra angrasuk busana | Kaos made sêngara | bat-ebate kalpa marut | asampura têbah jaja ||

39. gandhewa dibya nèng kering | jêmparing wasiyat kanan | pêdhang tamsir ing susune | mêsat napak jumantara | ngungkuli jroning pura | ngulati gène Marpinjun | nêdya jajah jroning pura ||

40. mangkana ingkang winarni | sang raja dèwi wus mangkat | kalawan kang ibu karo | manjing sajroning kadhatyan | kaputrèn jujugira | samêkta kaprabonipun | prapta ngubêngi jro pura ||

41. Ni Dèwi Sudarawrêti | kang munggèng ngarsaning lampah | Rêtna Rabingu wurine | Sirtupelaèli wuntat | lan kang putra Ngajêrak | tan ngatingal [nga...]

--- 16 ---

[...tingal] solahipun | lan cèthi jin kawan dasa ||

42. wau Rêtna Banawati | pratingkahira têtela | dènira ngrampit kaputrèn | panggih pasareanira | Marpinjun karsanira | pinèt winadhahan jêpun | kumala isi nagara ||

43. sang rêtna pan maksih guling | pinasangan sêsirêpan | Banawati eca tyase | praptane putri katiga | Kuraisin Sudara | miwah Sang Rêtna Rabingu | mandungi Marpinjun samya ||

44. sami sêtyane[1] dhatêngi | mangkana Rêtna Sudara | uninga yèn ana uwong | pawèstri dhêpèpèl gènnya | anèng pojok lor wetan | anjawil Rêtna Rabingu | putri kalih mundur samya ||

3. Durma

3. Dèwi Banawati kacêpêng ing Dèwi Kuraisin

1. putri kalih ngandika marang kang putra | Rêtna Prabu Kurèsin | miranti katiga | Rêtna Sudara mangsah | anyapa mênthang jêmparing | lah iku sapa | dhêpèpèl kaya maling ||

2. angakua apa wadon apa lanang | Sang Dèwi Banawati | kagyat anggraita | iya sun duratmaka | putri saking Kăndhabumi | maling prawira | pêparab Banawati ||

3. nora nambuh pan ingsun arsa andhustha | iya Sang Rajaputri | Marpinjun sun angkah | tanggone kadang ingwang | kakang Prabu Banakamsi | marma sun angkah | pan arsa dèn alangi ||

--- 17 ---

4. mring wong Arab kang aran Si Parangteja | iku kang angrasani | barise malatar | wong rusuh angrêrunjang | mulane sun ambil wêngi | dadia aprang | sok wusa olih putri ||

5. anauri sugal Sang Rêtna Sudara | iya padha lan mami | têtanggoning kadang | ingsun wong Parangteja | iku kang dèn pêpalangi | mring kadangira | kang aran Banakamsi ||

6. ratu rusuh sok pagêr ayu dèn rusak | ngling Dèwi Banawati | kalingane sira | maling putri ing Arab | tunggal gawe lawan mami | padha ngumbara | pan dudu wong Mêdayin ||

7. nora jamak angkuhe wong Parangteja | krama ngalang-alangi | wong Kăndhabuwana | nora katon manungsa | baya katon wrêjid cacing | ngakua sira | aranmu maling jail ||

8. lan apane sira lan Si Parangteja | angling Sudarawrêti | pan kadange tuwa | ya iki aran ingwang | sun aran Sudarawrêti | putri digdaya | payo tandhing kuwanin ||

9. nora olèh yèn sira nêdya ngambila | mring putri ing Mêdayin | yèn maksih Sudara- | wrêti durung palastra | lan ana kadange malih | Rabingu nama | ya Sirtupelaèli ||

10. kagyat krodha Banawati mênthang langkap | lumêpas kang jêmparing | lumarap cinandhak | marang Rêtna Sudara | tinikêl binuwang siti | Rêtna Sudara | angling sarwi nudingi ||

11. langar têmên si urakan nambuh ing prang | gêrèt mênthang jêmparing | lumêpas cinandhak | sinabêt ing

--- 18 ---

gandhewa | putung tikêl tibèng siti | putri ing Kăndha- | buwana marêpêki ||

12. sarêng mangsah gapyuk ulêng parêng jambak | ulêng tarik-tinarik | kinipat kasingsal | Banawati gya mêsat | Sudarawrêti mrêpêki | titihanira | mêsat marang wiyati ||

13. wus anapak jumantara kalihira | narik pêdhangirèki | kalihe mangrêpak | têmpuh pêdhang-pinêdhang | arok pur pating carêngkling | mêsat kalihnya | kobèt anganan ngering ||

14. kadya kilat lumarap siring sudama | putri Karsinah aglis | nusul angumbara | pan lajêng nêmpuh ing prang | amêdhangi Banawati | katampêg pêdhang | awase Banawati ||

15. tangkis mêsat tan kewran pamalêsira | putung pêdhange kalih | gya putri Karsinah | jambak saking ing wuntat | Sang Rêtna Sudarawrêti | kang saking ngarsa | sarêng anyêndhal kalih ||

16. krodha kirab Banawati matak măntra | uwal parêng kabanting | mumbul kalihira | nututi nêdya mrêpak | mingêr Rêtna Banawati | têngginasira | wau sang raja dèwi ||

17. tyas kumêsar umiyat solahing yuda- | nira kang ibu kalih | kèthèr sanalika | mêmpêng sangêt krodhanya | duka sigra marêpêki | kering ibunya | lajêng anglambung jurit ||

18. Kuraisin sigra nyandhak saking ngarsa | kalih anglud nanggapi | saking kering kanan | pan sampun pinrantenan | binêkta maniyup sami | alon turira | wau sang raja dèwi ||

19. dawêg ibu binêkta mampir jro pura |

--- 19 ---

lajêng mêndhêt jêng bibi | pan sae binêkta | dhatêng ing pasanggrahan | yèn taksih wontên jro puri | manawa myarsa | Sang Prabu Banakamsi ||

20. datan wande angamuk ngrabasèng pura | ngrêbat kadange èstri | têmah pindho papa | kang ibu kalih samya | nuruti putranirèki | wus praptèng pura | jujug kaputrèn sami ||

21. ing tilame Marpinjun dangu wungunya | dening miyarsa maling | suraning ayuda | ngungun sang rêtna mulat | Marpinjun mêdal ing jawi | kang yogyapara | putri têtiga prapti ||

22. saking ăntariksa kagyat sang lir rêtna | gupuh angacarani | takut sêmunira | têmbungipun mangrêpa | sang putri têtiga linggih | Marpinjun tanya | tigas kawuryan sami ||

23. saking pundi pinăngka miwah ing karsa | rawuh sajroning puri | gumujêng sang rêtna | Sudarawrêti mojar | punapa pandung sayêkti | nguni wus marak | kula Sudarawrêti ||

24. Rêtna Dèwi Marpinjun angrangkul sigra | kangbok Sudarawrêti | mèh pandung sakêdhap | kangbok putri Karsinah | saking wuri botên jawil | lah iki sapa | dhêdhayoh luwih siji ||

25. kadi-kadi sakawan puniku wuntat | Sudarawrêti angling | puniku sang rêtna | nênggih putra paduka | ing Ngajêrak nata dèwi | tumut ing kula | bêbujung nyandhak maling ||

26. dyan angrangkul Marpinjun marang kang putra | Ni Dèwi Kuraisin | dhuh mas putraningwang | dene ta parêng sira | iya pakaryanirèki | matur sang rêtna | ngutus bapa kiyai [kiya...]

--- 20 ---

[...i] ||

27. inggih kinèn têtinjo dhatêng pun paman | lan kinèn amulungi[2] | lamun kasor ing prang | lan ratu kang bêbahak | narpati ing Kăndhabumi | marma kawula | nganglang dhatêng jro puri ||

28. apan nuju ing ngriki pinaran dhustha | Sang Putri Kăndhabumi | Banawati nama | arsa dhusthèng paduka | lah punika sampun kêni | ibu kalihnya | nênggih kang angsal sami ||

29. mila ibu paduka nuntên siyaga | parêkan lawan cèthi | arsa kula bêkta | dhatêng ing pasanggrahan | nèng pura sangêt kuwatir | mênèk dhinustha | mring Rajèng Kăndhabumi ||

30. nadyan bibi kalamun pinandungana | rinêksèng para putri | wontên pasanggrahan | ing paman Parangteja | lan prajurit para aji | sagêndhinging prang | nadhahi Banakamsi ||

31. katadhahan dening para raja-raja | Marpinjun anauri | iya payo rara | ingsun nurut ing sira | apa sakarsanirèki | wusnya samêkta | budhal sang raja dèwi ||

32. lan kang ibu kalih napak jumantara | Marpinjun wus kinanthi | lan sang dèwi raja | tinunggil nèng palăngka | wus mijil saking jro puri | lampahnya prapta | pakuwon Ngarab wêngi ||

33. wanci pukul sakawan ing praptanira | ingkang paman pan maksih | siniwi pra nata | Wong Agung Parangteja | kagyat ningali kang prapti | sang dèwi raja | lawan sang putri kalih ||

34. sakawane putri Mêdayin Sang Rêtna | Marpinjun kang kinanthi | mring sang dèwi raja | kagyat kang para nata | gupuh dènira [dè...]

--- 21 ---

[...nira] nêdhaki | Sang Arya Maktal | mingsêr dènira linggih ||

35. wusnya lênggah sang putri sakawan pisan | wangsul para narpati | marang gènnya lênggah | Kurèsin matur nêmbah | paman punika jêng bibi | kusumèng pura | kula bêkta mariki ||

36. pan kuwatir maksiha wontên jro pura | bilih pun Banakamsi | mrih upaya dhustha | lawan punika paman | arinipun Banakamsi | putri digdaya | inggih tumut mariki ||

37. apan sampun kasoran sagêndhinging prang | dhatêng pun ibu kalih | marma manjing milya | ing agama paduka | Wong Agung Parangteja ngling | sokur ya rara | pitulunging Hyang Widhi ||

38. dadi mungsuh amung kari saprakara | ingsun ing dina benjing | iya nuwun ingwang | parentah eyangira | prakara Si Banakamsi | pan wis pratăndha | bêbahak têpis wiring ||

39. Arya Maktal animbali garwanira | Sajarahbanun prapti | Kuraisin sigra | mring kang bibi tur sêmbah | Jarahbanun sigra nganthi | mring dalêm wuntat | sakawan wus dèn irid ||

40. Arya Maktal ngandika mring para nata | padha samêktèng jurit | pan ingsun ing benjang | sida nuwun parentah | sandika sagung para ji | sadalu samya | bujana ngiras pikir ||

41. kunêng dalu wuwusên enjang samêkta | sagung para narpati | umiring sewaka | mring Arya Parangteja | sri bathara duk tinangkil | aglar ing ngarsa | kapara ngusap wèni ||

--- 22 ---

4. Sinom

4. Radèn Maktal nonjok Sêrat Panantang dhatêng Prabu Banakamsi

1. Patih Bêstak matur nêmbah | ing Bathara Nyakrawati | pukulun atur uninga | sang prabu ing Kăndhabumi | paran karsa sang aji | punapa inggih tinurut | panuwune punika | lamun paduka anampik | yêkti dadra arda wong Kăndhabuwana ||

2. ing mangke wiwit ambeka | punggawane dèn ajani | bêbahak dhusun tampingan | ngandika sri narapati | yèn ingsun ora sudi | pratingkah mangkono iku | nganggo gêlar suwawa | angkuhe wong Kăndhabumi | nora măntra ngajèni kaprabon ingwang ||

3. hèh sutèngong Parangteja | sira pa wani nadhahi | sagêndhinge yudabrata | lawan Ratu Kăndhabumi | Radèn Maktal wotsari | kalamun nglampahi tuduh | pangèstu padukendra | lêbura dèn kadya siti | kadi botên kumêdhèp ngayahan tuwan ||

4. wêwaha sasra nagara | kadi Ratu Kăndhabumi | saèstu datan suminggah | sang nata lagyeca nangkil | wontên parêkan prapti | saking jro pura umatur | pukulun sri bathara | putra paduka sang dèwi | musna saking tilam tan wontên uninga ||

5. binêkta ing duratmaka | mung bêkta cèthi kêkalih | duk miyarsa sri bathara | jaja winga-winga wêngis | kadya bêl mijil agni | nora [no...]

--- 23 ---

[...ra] lidok ujar ingsun | Ratu Kăndhabuwana | muput cidra mêjanani | lah rêbutên Parangteja kadangira ||

6. măngsa ta iya dudua | panggawene Banakamsi | Maktal sandika tur sêmbah | lèngsèr saking ngarsa aji | praptèng jawi ngundhangi | siyaga arsa umagut | wau Prabu Nusirwan | ngandika marang apatih | ngundhangana ratu satriya punggawa ||

7. dèn samêkta barisira | mêndhêma jro kitha sami | aywa amomori ing prang | dimèn Si Parangtejèki | kang padha amêtoni | wong Arab sabalanipun | sandika Patih Bêstak | ngadhaton sri narapati | kawuwusa wong agung ing Parangteja ||

8. sapraptaning pasanggrahan | têngara munya gong bèri | gurnang bêndhe abarungan | kumrab wadya tata baris | sagung para narpati | miranti sajuru-juru | budhal mring jawi kitha | wus kêbut tan ana kari | karya kutha kêkojor nèng jawi kitha ||

9. anggênggêng tarub wangunan | dalêdêg bala kang mijil | tan pêgat sadina-dina | wong Arab kang ngalih baris | mring jawi kitha sami | wus apajêg barisipun | wadya Kăndhabuwana | kèndêl dènnya bêbahaki | dene mulat yèn ana baris kang mêdal ||

10. wong agung ing Parangteja | codakanira amundhi | kang sêrat tunggul panantang | marang Prabu Kăndhabumi | lagya siniwèng dasih | munggèng ing têtarub agung | aglar prawiranira | satriya para narpati | matur nêmbah

--- 24 ---

Kya Patih Dukawikăndha ||

11. pukulun sri maharaja | mêngsah èstu amiyosi | baris kêkojor anggabag | nanging kawula tiliki | prajurit ing Mêdayin | satunggil tan wontên tumut | amung wadya Kuparman | prajurit panata baris | senapati satriya ing Parangteja ||

12. angguguk duk amiyarsa | Sang Aprabu Banakamsi | bayarsa pasrah boyongan | Si Parangteja ing mami | sang nata maksih angling | kagyat wau praptanipun | duta bêkta panantang | jumujug rêkyana patih | ngaturakên surat sampun tinampanan ||

13. lajêng katur ing sang nata | Banakamsi anampèni | winaca sinukmèng driya | pèngêt iki surat mami | satriya Ngalabani | Wong Agung Parangtejèku | lire surat manira | tupiksanên Banakamsi | ingsun datan anduga pratingkahira ||

14. sajêg ingsun anèng dunya | durung miyarsa udani | ratu ingkang kaya sira | nguthuh angêbêki bumi | tanpa lingsêm tinampik | ratu bragundung jalêbut | mangkono solahira | kumlungkung anglêlanangi | cêmêr jêmbêr paksa luwih ing sajagad ||

15. apa tan ana wong lanang | mung ratu ing Kăndhabumi | tan ana wong duwe nyawa | sajagad mung Banakamsi | ratu pangadêg iblis | sato polah tingkahipun | tinggal kramaning raja | pêpadhamu wrêjid cacing | jamak ratu yèn arsa prang pan ubaya ||

16. bêbêruwun ing akrama | bêdhog dharadhat ing

--- 25 ---

niti | baya jampêng cadhok sira | nora amiyarsa warti | yèn nagri ing Mêdayin | mêngko ana isinipun | satriya di lêlana | saking Kuparman nagari | kang kinadang mring Wong Agung Kakungingrat ||

17. têka mamak gawe polah | jêminul datan pakèring | ratu ambêke maesa | sato isining wanadri | hèh sira Banakamsi | apa lurahing pêpikul | apa awak baita | eman nagri Kăndhabumi | sira ingkang ngratoni ambêk cêmêra ||

18. yèn sira tuhu narendra | payo prang ubaya tandhing | apa ta sagêndhingira | aja acara pakathik | payo milang prajurit | mangkono solahing ratu | Natèng Kăndhabuwana | duka kang sêrat sinêbit | pucicilan anudingi suraweyan ||

19. hèh cêcêdhis ing Kuparman | warahên gustinirèki | besuk payo magut ing prang | Si Parangteja dèn enjing | baya iku mêkasi | wani angrawus maring sun | sumakeyan wong Arab | bagus-bagus kramaniti | tai cèlèng măngsa ngong ulapa ing prang ||

20. mundur duta Parangteja | saking ngayunan tan pamit | lampahira sigra-sigra | ing pasanggrahan wus prapti | lajêng marêk ing gusti | katur solah rèh ingutus | gumujêng kang miyarsa | sagung kang para narpati | kunêng dalu wuwusên enjang samêkta ||

21. têngaranira sauran | gumuruh kang tata baris | mijil angêbêki papan | sagung kang para narpati | prasamya anindhihi |

--- 26 ---

pêpatih punggawanipun | ing barise sadaya | ratune angumpul sami | pan sumiwi mring Wong Agung Parangteja ||

22. sampun angrasuk busana | sakapraboning ajurit | ginarêbêg pra dipatya | miwah kang para narpati | gêgaman wus amrêgil | arêbat papan wadya gung | Wong Agung Parangteja | prajurit panata baris | praptèng papan wus lênggah munggèng wijoan ||

23. ingayap kang pra dipatya | têpung kang para narpati | baris atap akalangan | wau Rajèng Kăndhabumi | barise sampun mijil | gumuruh marwata guntur | barise akalangan | têpung kang samya wong cili | ambalabar prawira Kăndhabuwana ||

24. lunggyèng rêtna dirgasana | sang prabu ing Kăndhabumi | aglar kang para narendra | satriya punggawa mantri | lir pagut ing jaladri | baris angalun gumulung | samya sawang-sinawang | wong Arab wong Kăndhabumi | amit nêmbah Natèng Bangid Darundiya ||

25. mring Wong Agung Parangteja | ingidèn mangsah tumuli | sampun anitih turăngga | midêr ing papan sêsirig | sêsumbar nguwuh tandhing | payo sapa arsa lampus | papagên tandang ingwang | iki narpati ing Bangid | ratu gambèn ingsun nama Darundiya ||

26. Sang Prabu Kăndhabuwana | nuduh prawiranirèki | ratu nagrine Gumawan | sira Raja Bagaspati | anitih kuda janggi | kawot kaprabon prang pupuh | prapta ing pabaratan | ayun-ayunan mrêpêki | asru mojar Narapati [Nara...]

--- 27 ---

[...pati] Darundiya ||

27. prajurit aranmu sapa | angakua mumpung urip | nauri kang tinakonan | ingsun Raja Bagaspati | andêling Kăndhabumi | ing Gumawan prajaningsun | lah sira iku sapa | sumaur sun Rajèng Bangid | ratu moncol ingsun nama Darundiya ||

28. andêle wong Parangteja | naking-sanak lawan mami | payo apa anèng sira | lêkasêna dipun aglis | gya Prabu Bagaspati | amutêr gadanira gung | Sang Prabu Darundiya | atangkis parise wêsi | dyan pinupuh tan osik Sang Darundiya ||

29. kuwate panangkisira | kuwate ingkang anggitik | swara jumêbrèt lir gêlap | mubal dahana ngêbyuki | marang Sang Rajèng Bangin[3] | kalaban ing gêni murub | anglumba kang turăngga | mungsuh sênggak alok mati | kadya guntur surak wong Kăndhabuwana ||

30. satêlase kang dahana | katingal Sang Rajèng Bangid | turangganira kinêtab | mubêng anganan sêsirig | mutêr gada sarya ngling | hèh Bagaspati dèn gupuh | kudhunga paris waja | dèn prayitna sun ambindi | Narapati Gumawan kudhung saksana ||

31. parisane băndabaya | amupuh Sang Rajèng Bangid | ing gada sarwi asênggak | wong Arab surake atri | Sri Raja Bagaspati | tangkis parisane sumyur | sigar Natèng Gumawan | kasampe jangganirèki | pan kalêmpêr kontal tiba saking kuda ||

--- 28 ---

32. têdhak Prabu Darundiya | anyêkêli Bagaspati | wus pinaringakên wadya | wong Arab suraknya atri | anitih kuda malih | Darundiya nguwuh mungsuh | lah payo gilirana | prajuritmu Banakamsi | sira dhewe mêtua tandhing lan ingwang ||

33. aja ngadu balanira | tanpa wêkas ing ajurit | wau tan bêtah miyarsa | nak-sanake Banakamsi | sang prabu ing Sarwiti | Raja Sêlèt namanipun | nitih angrimong pêthak | pamit marang Banakamsi | wus ingidèn anandêr mring rananggana ||

34. wus panggih ayun-ayunan | Raja Sêlèt asru angling | apa sira Darundiya | iya sang ratu ing Bangid | ngundhamana sirèki | iya marang ratuningsun | kaya nora katêkan | yèn masih Rajèng Sarwiti | Raja Sêlèt pan ingsun ratu digdaya ||

35. tadhahana Darundiya | pêpanggil ingsun ing jurit | salukunira ingikal | rante mas sinilih asih | sinabêt Rajèng Bangid | katangkis parisanipun | pinutêr ingoncatan | kinipatakên angering | kaparucut kapuntir kang rante rantas ||

36. awatara kalih asta | panjanging rante kapuntir | angêtab angrimongira | Raja Sêlèt marêpêki | sukune kang turanggi | Rajèng Bangid sinalukun | suku kêkalih rantas | rêbah turangganirèki | Darundiya malumpat tan mundur ing prang ||

--- 29 ---

5. Durma

5. Radèn Maktal prang kalihan Prabu Banakamsi

1. sigra narik pêdhang Raja Darundiya | wau Rajèng Sarwiti | angrimonge seta | pinêdhang sukunira | kapat tugêl angêmasi | angrimong rêbah | tiba Rajèng Sarwiti ||

2. tangi narik pêdhang Raja Sêlèt mêdhang | angrok pating carêngkling | surake gumêrah | mungsuh kalawan rowang | rame kang samya ajurit | pêdhang-pinêdhang | rukêt prang dharat sami ||

3. samya kuwatira samya wasisira | ing prang awase sami | kèdêr danguning prang | pêdhang kadya kitiran | putung pêdhangira kalih | wus tanpa guna | sarêng ambuwang kalih ||

4. sarêng tandang rok rukêt candhak-cinandhak | kêkêt tarik-tinarik | udrêg dhal-sinêndhal | saya rame kang surak | lir gora manêngkêr langit | kang wadya Ngarab | miwah wong Kăndhabumi ||

5. Raja Simbarmuka Narpati Kudarta | prawira Kăndhabumi | têtulung ing yuda | dharat angundha gada | nulungi Rajèng Sarwiti | mara anggada | marang Sang Prabu Bangid ||

6. ingoncatan gadanira tibèng lêmah | giwar sarwi anjênggit | Prabu Darundiya | wuru riwut ing yuda | Raja Sêlèt kang jinênggit | sarya dèn uja | tiba inguncit-uncit ||

7. Ratu Minangkabo Raja Diwangkara | ratu bala Sêrandil | atas tingalira | yèn Nata

--- 30 ---

Darundiya | ing prang kinarubut kalih | agurawalan | ing pabaratan prapti ||

8. Raja Simbarmuka Sang Rajèng Kudarta | ginada saking kèri | walikate sêmpal | tiba Natèng Kudarta | pinindho sampun ngêmasi | sirahnya parah | wau Rajèng Sarwiti ||

9. wus kabănda dening Raja Darundiya | senapatining jurit | ing rèh kawaspadan | Wong Agung Parangteja | parentah kinèn nêtêgi | pemut pratăndha | ambubarakên baris ||

10. sampun bêdhol wau sagung baris Ngarab | miwah wong Kăndhabumi | animbangi bubar | Sang Prabu Darundiya | antuk nyikêp ratu kalih | Sri Diwangkara | mêjahi ratu siji ||

11. saundure ring Wong Agung Parangteja | kalih samya ngabêkti | wus samya ginanjar | makutha nawa rêtna | sapanjênênging prajurit | ratu kalihnya | samya suka tyasnèki ||

12. ya ta wau wong agung ing Parangteja | dalu bujana sami | anèng pasanggrahan | lan sagung para nata | Raja Sêlèt ing Sarwiti | lan ing Gumawan | Sang Raja Bagaspati ||

13. tinimbalan kalih wus praptèng ngayunan | Radèn Maktal lingnya ris | hèh Rajèng Gumawan | apa ta karêpira | apa urip apa mati | yèn arsa gêsang | nuta agama mami ||

14. Bagaspati lamun sira datan arsa | miwah Rajèng Sarwiti | karo pasthi pêjah | kalih umatur nêmbah | kawula anuwun urip | sakarsa tuwan | inggih manjinga abdi ||

15. tan lênggana inggih sakarsa paduka |

--- 31 ---

wong agung têdhak aglis | nguculi bêbandan | sang prabu kalih samya | pinaring makutha sami | wus kinèn lênggah | nunggil lan para aji ||

16. angandika wong agung ing Parangteja | mring sagung kang para ji | padha ngèstrènana | yèn ratu kalih samya | ingsun ulihakên malih | ratune samya | Gumawan lan Sarwiti ||

17. sampun sinung anting-anting palênggahan | têtêp nunggil para ji | sadalu bujana | gantya kang kawuwusa | sang prabu ing Kăndhabumi | lagya bujana | lan sagunging para ji ||

18. miwah para mantri satriya punggawa | mayêng midêr kang larih | sarwi pagunêman | awrat ènthènging mêngsah | wontên dasih tur upaksi | pan êmbanira | kang rayi sang sudèwi ||

19. matur nêmbah pukulun ngaturkên tiwas | rayi paduka aji | èstu kasor ing prang | wontên sajroning pura | apanggih sami mêmaling | lan putri Ngarab | nama Sudarawrêti ||

20. sami ngangkah putri Mêdayin dhinustha | kapragul sami maling | lajêng băndayuda | lawan kadange tuwa | Wong Agung Parangtejèki | putri digdaya | nama Sudarawrêti ||

21. rayi tuwan kasor ing prang wus kabănda | dening Sudarawrêti | ing mangke binêkta | dhatêng ing pasanggrahan | binalênggu ring sang dèwi | duk amiyarsa | Sang Prabu Banakamsi ||

22. ngadhuh krodha mangkrak adhuh ariningwang | marmane nora prapti | sira katiwasan | kasor prang jroning kitha | lan kadange mungsuh iki | Si Parangteja | aja [a...]

--- 32 ---

[...ja] mêmaras yayi ||

23. nora wurung sun rêbut bela nêmbêlas | dhuh adhuh ari mami | katuwone sira | tut wuri kadang tuwa | kalana andon ajurit | anêmu papa | ingsun tiwas sayêkti ||

24. antèkêna bêsuk esuk bae rara | sun tumpêse ing jurit | pan Si Parangteja | wus anèng astaningwang | hèh Dukawikăndha enjing | dèn asamêkta | ingsun arsa ngawaki ||

25. bêkas-bêkis Sang Prabu Kăndhabuwana | kadya tan napak siti | sangêting krodhanya | sasat ăngga dahana | kunêng ta gunêm ing latri | wuwusên enjang | têngara munya atri ||

26. samêktenjang prajurit Kăndhabuwana | têngara wor pangriking | blêgdaba dipăngga | mijil baris balabar | nèng papan wus angêbêki | ngrasuk busana | Sang Prabu Kăndhabumi ||

27. amakutha jong mangkrak akarawistha | têbah jaja hèr gêni | bangun kilat boja | kumêthap nawa rêtna | padaka rêtna bangunjring | bat-ebat endra | carendra Endragiri ||

28. tirah rêtna sapta warna tali asta | tuhu lamun ngajrihi | dêdêge sêmbada | tumrêcêp ing prawira | Maha Prabu Kăndhabumi | têdhak saksana | ginarbêg ing prajurit ||

29. praptèng papan munggèng made dirgasana | kinubêng pra dipati | têpung para raja | Natèng Kăndhabuwana | sigra dènnya mundhut èsthi | wus munggèng ngarsa | têdhak sri narapati ||

30. baris Ngarab wus dangu ing wijilira | balabar amiranti | lunggyèng ing wijoan | Wong Agung [A...]

--- 33 ---

[...gung] Parangteja | kinubêng ing pra dipati | myang para raja | wau Sang Banakamsi ||

31. mijil kawot sakapraboning ayuda | munggèng luhuring èsthi | dipăngga pinolah | surak anglir ampuhan | wadyabala Kăndhabumi | kang magut ing prang | ratune angawaki ||

32. kadya guntur gumuntur nêngkêr bawana | wong Arab animbangi | kadya langit bêntar | asru dènnya sêsumbar | sang prabu ing Kăndhabumi | payo wong Arab | rêbutên ing ajurit ||

33. iki silih Narpati Kăndhabuwana | pêparab Banakamsi | payo Parangteja | aja na ngadu bala | amrih wêkasing ajurit | tanpa uwisa | yèn ngadua para ji ||

34. duk miyarsa wong agung ing Parangteja | akèn ambusanani | kuda agêming prang | nama simbarlautan | samêkta kaprabon jurit | busana mubyar | têdhak sigra anitih ||

35. Arya Maktal ngatepang kuda umangsah | surak gumuruh atri | praptèng pabaratan | wus panggih yun-ayunan | angling Rajèng Kăndhabumi | lah sira sapa | mapag ing yuda mami ||

36. anauri ngong satriya Parangteja | guguk duk amiyarsi | Banakamsi raja | hèh kalingane sira | ingsun nyana gêng ainggil | iku ta sira | tan gêdhe èndhèk cilik ||

37. payo Maktal apa kang ana ing sira | ingsun arsa ngicipi | bobotira ing prang | dening kaliwat-liwat | ojate yèn sira jurit | para narendra | tan ana kang nadhahi ||

--- 34 ---

38. akèh ratu agung kasor dening sira | kabănda ing ajurit | baya ratu kompra | kalah prang lawan sira | dudu ratu Kăndhabumi | payo dèn enggal | Radèn Maktal nauri ||

39. hèh ta sira kalingane Natèng Kăndha- | buwana Banakamsi | sang prabu wruhanta | caraningsun ngayuda | nora watak andhingini | balikan sira | andhinginana aglis ||

40. sênggak-sênggak Sang Rajèng Kăndhabuwana | hèh babo dene apik | sira Parangteja | tan arsa dhinginana | lah iya dèn ngati-ati | sira sun gada | kudhunga paris wêsi ||

41. nora wurung sira awor lawan lêmah | katiban gada mami | sigra ngikal gada | Natèng Kăndhabuwana | Wong Agung Parangteja glis | kudhung ginada | mring Rajèng Kăndhabumi ||

42. saking sangêting gitik kuwat kang năngga | parise mubal agni | turăngga anglumba | anjrit simbarlautan | ngulêr kilan mingêr ngèri | surak gumêrah | baris ing Kăndhabumi ||

43. sarwi ngêlokakên lah mati wong ika | adate ratu mami | sajêge ayuda | durung mindhoni gada | bêgja lamun maksih urip | liwat wêntala | aprang lan gusti mami ||

44. wus mangkana wong agung ing Parangteja | ngikal gadanira glis | pan sarwi ngandika | hèh Si Kăndhabuwana | kumbaning gajahirèki | lah kudhungana | iya parismu wêsi ||

45. nora gadug ingsun anggada ing sira | amung gajahirèki | gêng aluhur sira | munggèng luhur dipăngga | sun alit munggèng turanggi | gumuyu

--- 35 ---

latah | Sang Prabu Banakamsi ||

46. nyananingsun sira wus awor lan lêmah | iya ingsun turuti | kumbaning dipăngga | pan sampun kinudhungan | Wong Agung Parangteja glis | ngayati gada | sarwi ngêtap turanggi ||

47. wus ginada sigar parise malela | anrus kumbaning èsthi | pêcah gajah rêbah | Natèng Kăndhabuwana | tibanira kajumpalik | kinitêr sigra | mring Arya Maktal aglis ||

48. kang wadya Rab surak lir akasa rêbah | Sang Natèng Kăndhabumi | tangi dhêrakalan | kinitêr ing turăngga | lamun nêdyaa ginitik | mring Arya Maktal | yêkti lajêng ngêmasi ||

49. apan amung kinitêr kuda kewala | wadya Rab anyuraki | wusnya tangi sigra | Natèng Kăndhabuwana | angawe wadyanira glis | sasmitanira | garubuh ing ajurit ||

50. wus graita Kya Patih Dukawikăndha | gya ngundhangi para ji | tuwin pra dipatya | miwah mantri satriya | parêng mangsah ing ajurit | kadya hèr nawa | nêmpuh ing rawa banjir ||

51. bala Ngarab mulat wong Kăndhabuwana | parêng mangsah ngêbyuki | sigra para nata | mangsah sabalanira | pra dipati para mantri | myang ulubalang | sadaya atut wuri ||

6. Pangkur

6. Dèwi Kuraisin têtulung prang

1. kadya paguting samodra | bala Ngarab lan bala Kăndhabumi | angkên wanadri lan gunung | têmpur ngasmarèng laga [la...]

--- 36 ---

[...ga] | Arya Maktal wus ingayap para ratu | myang Natèng Kăndhabuwana | prawirane angubêngi ||

2. rame patêmpuhing aprang | awurahan bêrêg-binêrêg ngukih | arok-rinok salin têmbung | rame tujah-tinujah | rukêt caruk apopor pupuh-pinupuh | ing prang wus kathah kang pêjah | wong Arab wong Kăndhabumi ||

3. wong agung ing Parangteja | krodha mêmpêng anarik pêdhang aglis | ngêtap kuda nandêr ngamuk | myang sagung para raja | ingkang munggèng dipăngga blêgdaba sênuk | mèmrèng lawan adal-adal | kadya ladhu banjir wukir ||

4. kosik wong Kăndhabuwana | binanjiran rinoban ing pêpati | kang pinarag-parag sumyur | gêmpuran ing ayuda | pangamuke wong Arab wus wuru marus | datan kêna tinanggulang | pamuke para narpati ||

5. bubrah wong Kăndhabuwana | nora tahan ingidak wus katitih | kowar-kawir ajur gêmpur | baris Kăndhabuwana | kari ta uwong Arab yèn aprang ngamuk | gêlare wutuh dirada | rêmpêg tahan ambêk pati ||

6. ngisis baris karusakan | têtumpêsan prajurit Kăndhabumi | kang panggah-panggah kapusus | malêdug nora tahan | anadhahi pamuke kang para ratu | aloke prajurit Ngarab | maksih abot duk Pajobin ||

7. iki padha lan Kuristam | lan Padêmis abot duk ing Padêmis | wong Kăndhabumi lah amuk | aja na prang ngucira | tangguhana sira kudu prang

--- 37 ---

garubuh | baya nora kulak warta | gêlare wong Pusêr Bumi ||

8. abot duk Kaos nagara | kumalungkung kudu wong Kăndhabumi | ratumu ratu babruwun | mung karêm tingkah cidra | payo amuk tadhahana dèn apêngkuh | têka pijêr gundam-gundam | tinggal ajang pothar-pathir ||

9. Banakamsi ngawe bala | nora bali takut anginthar sami | pêdhot lajêre wus gêrus | Natèng Kăndhabuwana | wus kesisan punggawane akèh lampus | wadya lit mawur sasaran | kawus giras rêbut urip ||

10. Sang Rajèng Kăndhabuwana | mung satriya punggawa pra dipati | ana kari kalih èwu | ngayap tan kêna têbah | Arya Maktal watawis pangayapipun | pra dipati mantri sura | tigang lêksa tan atêbih ||

11. wong agung ing Parangteja | pan anglojok nguwuh mring Banakamsi | mêtua sira dèn gupuh | saking pangayapira | dudu ratu satuhu sira lumayu | hèh Natèng Kăndhabuwana | ing kene papagna mami ||

12. lumayu awor wong kumpra | nora layak umadêg narapati | kagyat wau duk angrungu | sumbare Arya Maktal | ya ta kèndêl èngêt ing tyas sang aprabu | badhong nèng jaja sinêndhal | inguncalakên wiyati ||

13. tibane dadi dahana | kantar-kantar gêni gêng angadhangi | rumêksa ing lampahipun | Natèng Kăndhabuwana | kang prajurit Arab pambujunge mangu | wong agung ing Parangteja | ngungun mulat gênging agni ||

--- 38 ---

14. amaca angudubilah | gêni apa ngadhangi wong ajurit | dadya kèndêl rangu-rangu | Wong Agung Parangteja | susahing tyas ya ta wau kang winuwus | ingkang mêmanuki ing prang | Rêtna Prabu Kuraisin ||

15. lan kang ibu kalihira | malatuki kang paman ing ajurit | ing sasolah-solahipun | saking ing jumantara | Rêtna Banawati maksih binalênggu | rinêksa nèng pasanggrahan | dening sagunging wadya jin ||

16. wau kalane tumingal | rêtna prabu têdhak saking wiyati | lan kang ibu kalihipun | aniyup praptèng dharat | Kuraisin mring kang paman awotsantun | lah paman paran ing karsa | mêngsah paduka nyidrani ||

17. amangun ingkang istijrat | sikir agêng ratu ing Kăndhabumi | durjana salaminipun | angling Rêtna Sudara | dèn waspada aja mamang ariningsun | anuwun Sang Arya Maktal | inggih pukulun kapundhi ||

18. nambungi putri Karsinah | Dyah Rabingu Ni Sirtupelaèli | aywa maras ariningsun | dèn mantêp tekadira | aywa mèngèng Arya Maktal matur nuhun | sarya ngandika mring putra | Nata Dèwi Kuraisin ||

19. dhenok paran karsanira | pangabare ratu ing Kăndhabumi | Kuraisin nêmbah matur | paman dipun sarănta | inggih sampun paduka maras ing kalbu | rêtna prabu gya sasmita | nimbali sagung wadya jin ||

20. samya kinèn ngambil toya | toya kathah kinopoh lan jêjarit | akèh wadhah lodhong pêtung | pêngaron lan jêmbangan | sami mêndhêt [mêndhê...]

--- 39 ---

[...t] jêmbangane wong Mêdayun | gusis pangaron jêmbangan | jro kitha binajag ing jin ||

21. wusnya dènnya ngambil toya | ing samodra binêktèng awiyati | praptèng nginggil gêni murub | siniram saking wiyat | kadya jawah gêni sirna urubipun | sangsaya kathahing toya | sadêkung ilining warih ||

22. sirna dahana sang nata | Kăndhabumi kagyat ngungun tan sipi | ngungak sarya sru amuwus | hèh babo Parangteja | nyata baud kaprawiraning prang putus | bisa nyirêp gêniningwang | pantês ojating sabumi ||

23. nanging sira babo aja | girang-girang maksih kèh gêndhing mami | kang ngluwihi saking iku | sigra buwang makutha | mêdal buron wana wêtune gumrubyug | rêbut dhucung mamrih mêngsah | wadya Rab kang mulat miris ||

24. saksana sang dèwi raja | ngawe bala prapta kang prawira jin | samya bêkta palu-palu | buron kang pinukulan | rêtna prabu sanjatane ngalor ngidul | Sudarawrêti kalawan | Rêtna Sirtupelaèli ||

25. parêng anglêpaskên panah | ngiwa nêngên jêmparing amranani | buron alas sirna gêmpur | Kuraisin tur sêmbah | mring kang paman suwawi mangsah agupuh | Sang Natèng Kăndhabuwana | paduka ngrabasèng jurit ||

26. paduka andhinginana | tuwan pêdhang Sang Natèng Kăndhabumi | Arya Maktal ngandika rum | iya rara sun mangsah | ngêtap kuda pun simbarlautan mamprung | prapta sigra narik pêdhang | pinêdhang Sri Banakamsi ||

27. galigap Sang Natèng Kăndha- | bumi

--- 40 ---

mulat Sang Arya Maktal prapti | daringak arsa lumayu | katututan pinêdhang | jăngga rampung pêjah lan turangginipun | linut cinacah ing pêdhang | kuwandane rontang-ranting ||

28. mawur wong Kăndhabuwana | Kyana Patih Dukawikăndha kêni | mring Darundiya kapikut | kyèh punggawa kacandhak | wadya Ngarab jêjarah samya bêbujung | bala ing Kăndhabuwana | kang nungkul kèh dèn uripi ||

29. bêbandan para dipatya | myang satriya wus samya dèn talèni | pawongane tigang èwu | garwanira têtiga | wus binoyong munggèng pasanggrahanipun | katur marang Arya Maktal | para putri ngusap wèni ||

7. Sinom

7. Radèn Maktal unggul yudanipun

1. kondur saking pabaratan | boyongan èstri nèng ngarsi | wong agung ing Parangteja | ginarêbêg ing para ji | gumuruh suka sami | wau sang putri katêlu | dhingin napak gêgana | ing pasanggrahan wus prapti | wadya Ngarab ing pakuwon samya prapta ||

2. Raja Yusup Adi Kebar | kang dinuta angriyini | tur uninga sri bathara | sirnane wong Kăndhabumi | ratune wus ngêmasi | kathah pra ratu kang lampus | punggawa kyèh kacandhak | rusak wadya Kăndhabumi | jroning aprang prawirane têtumpêsan ||

3. wong agung ing Parangteja | ing pakuwonira prapti | wuwusên ingkang dinuta |

--- 41 ---

praptèng jro kitha Mêdayin | kunêng wau sang aji | sri bathara ing Mêdayun | lagya mijil sineba | andhèr kang para narpati | pra dipatya Patih Bêstak munggèng ngarsa ||

4. Prabu Nusirwan ngandika | dangu wartaning ajurit | Patih Bêstak matur nêmbah | pan maksih rame ajurit | dèrèng wontên kajodhi | wong Arab kathah kang lampus | kadi-kadi wikana | sagêndhingipun kajodhi | Betaljêmur mèsêm anambungi sabda ||

5. munggèng kèrine sang nata | pukulun sri narapati | kasor wong Kăndhabuwana | ratune wus angêmasi | pinêdhang rontang-ranting | dening pun Maktal pukulun | jarahane akathah | Patih Bêstak anauri | apan durung têtela puniku warta ||

6. malah wong Arab kasoran | puniku warta kang yêkti | tan tutug dènnya ngandika | praptanira Yusup Adi | dumrojog praptèng ngarsi | mêndhak ing ngarsa sang prabu | umatur atur sêmbah | amba ingutus sang aji | tur uninga mêngsah tuwan sampun sirna ||

7. ratune sampun palastra | kang anama Banakamsi | pramèswarine katura | têtiga dèrèng sêsiwi | lawan pawongan cèthi | kathahipun tigang èwu | tumungkul Patih Bêstak | ngandika sri narapati | warta dora wartanira iku Bêstak ||

8. bênêr wartane si bapa | jidhèt Ratu Kăndhabumi | ayuda lawan Si Maktal | nora kongsi patang ari | balane tumpês tapis | kang urip padha anungkul | hèh Bêstak [Bê...]

--- 42 ---

[...stak] wartanira | wong apa ingkang wêwarti | nora pantês amêjanani nagara ||

9. pucêt asawang kunarpa | wau rêkyana apatih | aturira mêgap-mêgap | inggih abdi tuwan mantri | mantri kang anjuroni | prakawis praptaning mungsuh | gumujêng sri narendra | iya matura sirèki | mring sutèngong wong agung ing Parangteja ||

10. Yusup Adi matur nêmbah | lawan inggih kaping kalih | putra paduka Sang Rêtna | Marpinjun inggih kapanggih | pakuwon Kăndhabumi | nanging dhinustha ing dalu | dening putra paduka | Sang Rêtna Sudarawrêti | lan Sang Rêtna Sirtupelèli Karsinah ||

11. garwanipun putra tuwan | Kuparman ingutus sami | nguningani kabatinan | dhatêng lampahe kang rayi | rumêksa bokmanawi | kasoran ing yudanipun | sami putri digdaya | ing Karsinah Parangakik | ing puniku putranta sumanggèng karsa ||

12. taksih wontên pasanggrahan | Marpinjun rinêksa sami | sang nata suka ngandika | kaliwat tarima mami | marang sutèngong ugi | Parangteja dèn agupuh | muliha jroning kutha | Natèng Kebar awotsari | lèngsèr saking ing ngarsa Prabu Nusirwan ||

13. kondur ngadhaton sang nata | pinêthuk ing pramèswari | juru jinêm matur nêmbah | pukulun paran ing warti | sang nata ngandika ris | wong Kăndhabumi wus gêmpur | dening Si Parangteja | Banakamsi rontang-ranting | sutanira Marpinjun katêmu kana ||

14. nanging kênane dhinustha |

--- 43 ---

mring bakal marune sami | putri Parangakik nama | Sang Rêtna Sudarawrêti | padha putri prajurit | Karsinah Rêtna Rabingu | Sirtupelèli nama | mêngko lagi sun timbali | sutanira Ki Dipati Parangteja ||

15. kunêng kang wus tata lênggah | sang nata lan pramèswari | wuwusên ing lampahira | Natèng Kebar Yusup Adi | praptèng barisan aglis | umarêk ngarsa umatur | paduka ingandikan | bubara baris tumuli | mring jro kitha timbalan rama paduka ||

16. wong agung ing Parangteja | ngundhangi têngara atri | tuwin sagung para raja | sigra bêdholakên baris | wau Sri Narapati | Nusirwan pribadi mêthuk | lampahe Arya Maktal | kapêthuk sri narapati | salêbêting sakèthèng kèndêl sang nata ||

17. piyak panganjuring lampah | gêgaman para narpati | wong agung ing Parangteja | têdhak saking kuda aglis | malajêngi sang aji | praptèng ngarsa ngaras suku | rinangkul kang lungayan | sri bathara sigra salin | sapangadêg pinaringkên Arya Maktal ||

18. sakala salin busana | sawusnya manêmbah malih | kinêkêp-kêkêp kang sirah | adhuh sutaningsun gusti | wus padha ing tyas mami | tinunggu rakanirèku | Si Suraya Jayèngprang | têtêpe tyas ingsun kaki | payo budhal kulup nitiha turăngga ||

19. mundur nêmbah Arya Maktal | wus samya nitih turanggi | sarêng budhale gumêrah | lawan bala ing Mêdayin | wuri para pawèstri | jêmpana Sajarahbanun |

--- 44 ---

miwah Rêtna Sudara | Rêtna Sirtupelaèli | amung nata dèwi datan katingal |[4]|

20. praptèng kori panangkilan | Sri Bathara Nyakrawati | parentah mring Arya Maktal | kinèn makuwona sami | nadyan sang rajaputri | Kusuma Rêtna Marpinjun | besuk bae barênga | lan bakal marune sami | tur sandika wong agung ing Parangteja ||

21. sri bathara lajêng dènnya | ngadhaton miwah para ji | pan wus mantuk sowang-sowang | miwah bala Pusêr Bumi | kabèh makuwon sami | tabah-tabahan ing dalu | yayah kadya sinêkar | samana nagri Mêdayin | tumut enggar sapraja mêntas jayèng prang ||

22. kunêng dalu kawuwusa | enjang siyaga anangkil | wong agung ing Parangteja | umiring sang rajaputri | aglar jêmpana joli | Kusuma Sajarahbanun | sumiwi mring jro pura | ngirid sagung para putri | sampun dènnya siyaga samêkta budhal ||

23. samarga dadya tontonan | miwah putri Kăndhabumi | rinêksa jêmpananira | marang Rajaputri Mêsir | prajurit kang jajari | tamèng gada munggèng ngayun | duduk ing kering kanan | salukun angapit joli | gumarêdêg pra dipati wurinira ||

24. joline sang rêtna pura | Marpinjun ngarsa pribadi | nulya Sang Rêtna Sajarah | nulya putri Parangakik | lawan Karsinah nunggil | jampana ing wurinipun | putri Kăndhabuwana | lajêng tumamèng jro puri | para nata kabèh kèndêl panangkilan ||

25. kang jajari kèndêlira | munggèng pasadon [pasa...]

--- 45 ---

[...don] ping kalih | kang upacara sadaya | parèstri lajêng mring puri | praptèng pasadon siji | têdhak Rêtna Jarahbanun | kèndêl atur uninga | mring Bathara Nyakrawati | sri bathara tumurun nimbali garwa ||

26. munggèng made mas pinarak | lênggah lawan pramèswari | nimbali Rêtna Sajarah | kang putri kinèn angirid | lan sagung para putri | sarênga Rêtna Marpinjun | kerid Rêtna Sajarah | praptèng panataran aglis | juru jinêm têdhak anyandhak kang asta ||

27. astane Rêtna Sajarah | binêktèng ngarsa narpati | Jarahbanun tur pranata | miwah sagung para putri | Marpinjun wus anunggil | lan kang rama ibunipun | pramèswari karuna | mulat putri Parangakik | warna nunggil lan putra Rêtna Muninggar ||

28. mung kari ruruh lan ladak | ladak putri Parangakik | rinangkul Rêtna Sudara | mring pramèswari Mêdayin | dhuh babo putra mami | Si Muninggar lagi muncul | angling Prabu Nusirwan | suta ngong Sudarawrêti | aja taha ingsun milu ngambil putra ||

29. lah iku putri Karsinah | mèmpêr mantuku bok Mêsir | ing nguni Sêkar Kadhatyan | aja na kang walangati | ingsun sayêkti titip | mring arine Ni Marpinjun | besuk lamun sidaa | kinarsakakên karabi | mring lakimu sutèngong Surayèng Jagad ||

30. sira kang padha momonga | bok Karsinah Parangakik | kalihe umatur nêmbah | sampun tuwan walang galih | kadi tan pindho kardi | rèhning [rèh...]

--- 46 ---

[...ning] sami among maru | pan sampun amba sêdya | ngraos mêmaru angabdi | ing batine mawongan putra paduka ||

31. rêsêp tyasira narendra | miwah pramèswari aji | Jarahbanun matur nêmbah | lawan aturipun malih | putra tuwan narpati | kaatura ing pukulun | putri Kăndhabuwana | punika pun Banawati | angandika sira Sang Prabu Nusirwan ||

32. iya sun liwat tarima | marang lakinira nini | sutèngsun Ki Parangteja | yèku putri Kăndhabumi | sira babo nak mami | Kusuma Sajarahbanun | sira putri utama | alaki prajurit luwih | durung ana labête utamanira ||

33. durung duwe maru sira | sasamaning para putri | ramanira kangjêng kakang | ing nguni Kasanbêsari | garwa kèh para putri | ramanira kakang prabu | ing mêngko dadi ingwang | lakimu sun tarimani | Banawati putri ing Kăndhabuwana ||

34. mèsêm sarwa matur nêmbah | sira Rajaputri Mêsir | langkung panuwun kawula | ing lair tumêkèng batin | paduka paring kanthi | rèhning angladosi kakung | pênêde wong satunggal | yêkti pênêd wong kêkalih | para putri suka gumujêng sadaya ||

35. ya nini sira waraha | lakimu sun tarimani | lawan nuli utusana | marang Kuparman nagari | konên atur udani | mring sutèngong Jayèngsatru | yèn ing mêngko wus sirna | kang dadi kalilip mami | parangmuka ratu ing Kăndhabuwana ||

36. Sajarahbanun tur sêmbah | sandika sri narapati | sang prabu malih

--- 47 ---

ngandika | lawan kapindhone nini | ngatasa karyanèki | aprakara Si Marpinjun | lah iya apa tamban | apa pinundhut tumuli | mring sutèngong Kalana Surayèng Jagad ||

37. esuk miwah sore ingwang | sumăngga ing asta kalih | ênggone aduwe karsa | iya mring arine ngriki | pan ingsun iki darmi | angukir mring Ni Marpinjun | dhèwèke kang kuwasa | yèn ora karsa pribadi | akramaa liyan saking kang sarira ||

38. pramèswari nambung sabda | warahên lakinirèki | gone angaturi surat | mring kadange Jayèngmurti | angur iya tumuli | pamundhute Ni Marpinjun | mupung kartaning jaman | yèn tambana ngong kuwatir | Rêtna Dèwi Jarahbanun tur sandika ||

39. sang prabu malih ngandika | Nini Jarahbanun mami | angrungu yèn sutanira | wayah ngong Ni Kuraisin | iya milu mariki | tur sêmbah Sajarahbanun | inggih wayah paduka | watir mring kang paman nênggih | prawirane Narpati kăndhabuwana ||

40. Sri Nusirwan angandika | marang Rajaputri Mêsir | lah undangên sutanira | putuku sun arsa panggih | Sajarahbanun nolih | sasmita mring putranipun | Kuraisin ngatingal | marêk ing ngayunan prapti | dyan ingawe marang Bathara Nusirwan ||

41. malajêng nungkêmi pada | ing Bathara Nyakrawati | lajêng nêmbah mring kang eyang | juru jinêm ngrangkul aris | wusnya tata alinggih | Nusirwan suka lon muwus | lah iki putuningwang | lawas ingsun durung panggih | ibunira ya nini [ni...]

--- 48 ---

[...ni] padha raharja ||

42. Kuraisin matur nêmbah | pun ibu inggih basuki | samangke wontên Kuparman | atêngga jêng rama inggih | lan sagung prawira jin | sangang yuta ingkang kantun | kawan yuta prawira | umiring kawula sami | anjagèni mring pun paman Parangteja ||

43. sang prabu malih ngandika | sira nini sun paringi | karya mrih rikating lampah | lumakua ta sirèki | marang Kuparman nuli | anggawaa layangipun | pamanira Si Maktal | dene ibunira kalih | putri Parangakik lan putri Karsinah ||

44. padha sun andhêg karonya | barênga arine sami | Marpinjun lamun ginawa | dadia panglipur sami | tur sêmbah Kuraisin | mangkana wau sang prabu | prapta sêsotya rêtna | myang busana adi-adi | Jarahbanun kang kinèn bagi ganjaran ||

45. kang marang Rêtna Sudara | miwah Sirtupelaèli | punika sami kapala | wau Rêtna Banawati | pan sampun kinèn nunggil | kalawan Rêtna Marpinjun | miwah Rêtna Sudara- | wrêti Sirtupelaèli | samya kinèn atêngga kusumèng pura ||

46. wus mêdal Rêtna Sajarah | lan kang putra Kuraisin | sapraptaning pasanggrahan | wus panggih kalawan laki | dhinawuhakên sami | timbalanira sang prabu | puniku putra tuwan | pan inggih sinungan kardi | mring Kuparman bêktaa surat paduka ||

47. wong agung ing Parangteja | mèsêm angandika aris | Nini Kuraisin sira | bêja ing sadina iki | rinampèk yangirèki | salawasira sinatru |

--- 49 ---

sira pinaring apa | matur nêmbah Kuraisin | pintên-pintên paman rinampèk wong tuwa ||

48. wong agung sigra nênurat | wusnya dadya dèn êcapi | tiningkêm sinung alamat | kawot sagunging prakawis | Radèn Maktal lingnya ris | lah ênya nini dèn gupuh | aturna sêmbah ingwang | mring ramanira jêng gusti | wus tinampan sang rêtna lèngsèr tur sêmbah ||

49. wus anapak jumantara | Rêtna Prabu Kuraisin | pan amung jin kawan dasa | ingkang binêkta sang dèwi | nênggih kang mikul sami | palangkanira jumêrut | wadya jin kang akathah | tinilar anèng Mêdayin | kawuwusa raja dèwi guladrawa ||

8. Dhandhanggula

8. Prabu Sanasir makili Wong Agung ningkah Dèwi Marpinjun

1. rikating jin kalamun lumaris | nora kêna yèn ta winuwusa | kodrate Hyang wus pandume | pan êjin iya sinung | jisimira jisim rokhani | wau kang kawuwusa | anênggih Wong Agung | Suraya Jayèngbawana | kang kêkutha anèng Kuparman nagari | enjang duk siniwaka ||

2. munggèng made kênaka rinukmi | dene sagung para raja-raja | pra dipati satriyandhèr | kagyat ing praptanipun | rêtna prabu niyup nungkêmi | ing padane kang rama | cingak kang andulu | nata dèwi atur surat | wus tinampan ing rama sinukmèng galih | bêbukane tur sêmbah ||

--- 50 ---

3. pun Parangteja atur upaksi | aprakawis kang mêngsah sadaya | Natèng Kăndhabumi mangke | kasoran prang wus lampus | punggawane kathah ngêmasi | tuwin kang para nata | inggih kathah lampus | kêkalih ratu kang gêsang | ing Gumawan lawan Sang Rajèng Sarwiti | wadya kyèh kang kajarah ||

4. saking sapangat paduka gusti | ing ayuda Sri Kăndhabuwana | datan awrat sêsanggane | amung kabêktèng umuk | ratu agung sugih prajurit | putrinipun kabănda | ing putra pukulun | nata dèwi kang ambănda | pan sadaya pitungkas paduka nguni | jarahan bêboyongan ||

5. kaatura ing rama sang aji | mung Banawati karsa sang nata | inggih tinarimakake | mring kawula pukulun | lawan malih pitungkas aji | angatas ingkang karsa | Kusuma Marpinjun | punapa ngarsakna tamban | miwah lamun angarsakêna tumuli | rama tuwan sumăngga ||

6. mèsêm ngandika Sang Jayèngmurti | ingkang putra ingaras bunira | ngêlus-êlus srinatane | nini sira winanuh | marang eyangira Mêdayin | iki ta pamanira | muni layangipun | iya lamun eyangira | dhawuh sihe tur sira sinungan kardi | sokur ingsun kalintang ||

7. angandika mring Natèng Kohkarib | tuwin marang Arya Tasikwaja | iki wis lêga galihe | Sri Bathara Mêdayun | lila marang putra sayêkti | nyêkarêp karsaningwang | samăngsa ngong suwun | esuk miwah sore lêga | cêkak landhung pangwasa wus anèng [a...]

--- 51 ---

[...nèng] mami | ing mêngko karsaningwang ||

8. yayi dèwi ngong suwun tumuli | para ratu padha undhangana | angrataa dêdalane | aywa na kang barênjul | dèn bênêra sipating margi | saking nagri Kuparman | lan nagri Mêdayun | yèn ana gunung ing marga | ngalang dalan nuli jugrugên dèn aglis | miwah yèn kali malang ||

9. yèn bangawan êlihên dèn aglis | yèn kali cilik karêtêgana | kêkayon kang gêdhe-gêdhe | têgorana dèn gupuh | dèn rataa kalawan siti | watu-watu kang rada | gêdhe kang mandhukul | songkèlên buwangên enggal | nadyan silih karikil aywa na kari | dèn rêsik saponana ||

10. dene ratu kang ingsun paringi | pangwasa kang angrata dêdalan | mêmantês uparênggane | rêsmining kang marga gung | yayi prabu ing Ngalabani | lawan Natèng Jongmirah | sapunggawanipun | iya Sang Raja Durdanas | Raja Sarkam sang prabu ing Ngalabani | arine Arya Maktal ||

11. wênang amlaksana kang asisip | lan angganjar kang cakut ing karya | kang prayoga sarêgêpe | lawan parentah ingsun | sabên-sabên ing tigang ari | karyaa pasanggrahan | pasanggrahan agung | lawan ubêngana toya | kali mili yèn tan ana kali mili | karyaa têtêgalan ||

12. gêdhong ngapit ubêngana kali | lamun ora têlaga ngapita | samêkta têtuwuhane | dèn pindha alun-alun | sangarsane pakuwonnèki | ing patang puluh cêngkal | jêmbaring lêlurung |

--- 52 ---

rukêm waringin karoya | nut têpining marga dèn pirita asri | aywa moncol ing sipat ||

13. ya ta wong agung ngandika malih | lawan yayi mas ing Parangteja | iya tinriman badhene | mring Bathara Mêdayun | putri saking ing Kăndhabumi | Banawati kang nama | putri luwih ayu | măndraguna ing ayuda | pan binarêng iya lawan karsa mami | badhe binata rêbah ||

14. suka miyarsa sagung para ji | ya ta kondur wong agung ngadhatyan | tansah kinanthi putrane | praptèng pura pinêthuk | dening garwa Ismayawati | rêtna prabu manêmbah | mring ibu rinangkul | kinanthi Rêtna Ismaya | sinung warta lampahe putrinirèki | ririh sarwi lumampah ||

15. awor parêkan manungsa lan jin | jêjêl ngayap angêbêki pura | tuhu angambar gandane | nrus ing sapta rum-arum | èstu lamun winonging bumi | Risang Surayèng Jagad | tan samèng tumuwuh | kadya Jêng Nabi Suleman | prabawane kaprabon andêrajati | pamuwah pramudita ||

16. praptèng made mas wus samya linggih | aglar sagung pawongan nèng ngarsa | êjin nèng kanan keringe | tunggil dhahar wong agung | lan kang garwa Ismayawati | wowohan kêkiriman | saking Ngajrak agung | tan pêgat andina prapta | kawuwusa sagung kang para narpati | kang sami tata karya ||

17. atêngara gumuruh wadyèki | pitung atus kang ratu wadana | budhal lan sapanêkare | kadya giri wun-awun | pan warna ro lampahing baris [ba...]

--- 53 ---

[...ris] | gêgaman anèng ngarsa | nulya wurinipun | baris jagul wadung kampak | pêthèl linggis pacul gobang lawan kudhi | wadung kêthèn ayutan ||

18. bêkta rata Natèng Ngalabani | Raja Sarkam kinarya tuladha | nênggih kang marga ratane | yèn wus kêna lumaku | ratanira Natèng Ngalabi | lawan Natèng Jongmirah | ratane lêstantun | iku marga sinampunan | praptèng wana umangsah kang nambutkardi | lir prahara ru-ara ||

19. kadya rêbah akasa nibani | bumi bêlah buron kagegeran | datan ana pangungsène | akêthèn wong mêmadung | pan ayutan wong macul sami | garu waluku kathah | kinarya ambrabuk | ing wana kang sampun babak | wadyabala Kuparman ngêbêki bumi | tuhu tanpa wilangan ||

20. kunêng wadya kang anambutkardi | wau wong agung kang anèng pura | agunêm lawan garwane | Rêtna Ismaya matur | paran karsa paduka benjing | yèn wus cêlak ing karya | ing paningkahipun | punapa inggih paduka | lumampaha dhatêng nagari Mêdayin | punapa utusana ||

21. angandika Sang Surayèng Bumi | yayi dèwi pangrasa manira | bêcik ngong lumaku dhewe | tan ilang taklim ingsun | ing Bathara Anyakrawati | matur Dèwi Ismaya | alêrês pukulun | nanging yèn mênggah kawula | botên pênêd yèn lumampaha pribadi | sae duta kewala ||

22. pakantuke inggih kaping kalih | kang rumiyin wus mungêl ing sêrat | yayi Maktal [Makta...]

--- 54 ---

[...l] ing lampahe | nguwisi wakil tuhu | nanging dede ningkah jinanji | mung putusing bicara | makatên pukulun | lamun tuwan lumampaha | kirang wawrat yêktine Rajèng Mêdayin | praptaning kabatinan ||

23. dene paduka datan kaèksi | ngamungakên putusan kewala | putrine pinaringake | tuhu anrus ing kalbu | dene lamun Nusirwan nampik | wurung pinaringêna | inggih putrinipun | măngsa ta inggih gagala | jêng paduka akrama putri Mêdayin | yèn maksih pun Ismaya ||

24. mèsêm ngandika Sang Jayèngmurti | yèn mangkono yayi bênêr sira | sapa tinuduh pantêse | Dèwi Ismaya matur | rama tuwan Sang Rajèng Mêsir | kanthia Natèng Yahman | sami tiyang sêpuh | mèsêm Sang Ibnu Suraya | iya bênêr titikamu iku yayi | ngandika mring parêkan ||

25. lah dhawuhna Sang Rajèng Kohkarib | Si Baritma lan Si Maliritma | padha sun duta karone | lan sapunggawanipun | angaturi rama ji Mêsir | lawan Sang Natèng Yahman | dèn barêngi laku | undure dèn ampirana | sarêng mijil parêkan sigra dhawuhi | marang Prabu Marmadya ||

26. ratu kalih pan sampun tinuding | Sri Baritma lan Sang Maliritma | budhal lan sapunggawane | binêktan surat sampun | gêlacutan bala sakêthi | lampahe kalih raja | tan kawarnèng ênu | prapta ing Mêsir nagara | wus apanggih lan Sang Prabu Asanasir | sêrat wus tinampanan ||

27. wus kaduga Sang

--- 55 ---

Prabu Sanasir | sigra dènnya angundhangi bala | pra dipati punggawane | mantri satriyanipun | pan kinêrig wadya ing Mêsir | wusnya samêkta budhal | sira sang aprabu | ambêkta bala rong yuta | sakapraboning prang gumuruh ing margi | Sang Prabu Maliritma ||

28. mampir marang ing Yahman nagari | Raja Baritma ingkang anunggal | Rajèng Mêsir pandhèrèke | kang marang Yahman rawuh | Maliritma pan sampun panggih | lawan Prabu Tohkaran | dhinawuhan sampun | siyaga samêkta budhal | ratu kalih pinisêpuh dèn alimi | tan tumut mring Kuparman ||

29. liya punika ingkang para ji | pan sadaya ngadhaton Kuparman | lan satriya punggawane | saputra garwanipun | saprajuritira pinalih | wau ta lampahira | Rajèng Mêsir rawuh | jawining kitha Kuparman | sira Raja Baritma wus atur paksi | yèn Rajèng Mêsir prapta ||

30. Jayèngmurti sigra dènnya mijil | saha bala miwah para raja | mêthuk kang rama praptane | mring jawi kitha tundhuk | angabêkti Sang Jayèngmurti | Natèng Yahman manêmbah | mring Sang Jayèngpupuh | lajêng manjing jroning kitha | wus sinêgah makuwon Sang Rajèng Mêsir | dalême Arya Maktal ||

31. sinêgahan kang sarya di-adi | pêndhak enjinge pan ingaturan | mring jro kadhaton kalihe | satata dènnya lungguh | Rêtna Dèwi ismayawati | ngabêkti mring kang rama | Rajèng Mêsir sampun | pamangun bicaranira | Jayèngmurti matur ing rama sang aji | mila paman [pa...]

--- 56 ---

[...man] paduka ||

32. kalihipun kawula aturi | aprakawis ing nguni kawula | nuwun bathara putrine | yayi Dèwi Marpinjun | inggih ngarangulu anênggih | putra tuwan Muninggar | kang kawula utus | putra paduka yayi mas | Parangteja anglamar dhatêng Mêdayin | lampahe kasarêngan ||

33. lawan ratu saking Kăndhabumi | ratu agung pan samya anglamar | Banakamsi pêparabe | têmah dadya prang pupuh | yayi Maktal ingkang nadhahi | Natèng Kăndhabuwana | kasor yudanipun | pêjah dening yayi Maktal | sasirnane mêngsah Sang Rajèng Mêdayin | pasrah dhatêng kang putra ||

34. ing paningkahipun paman aji | kula kêdah lumampah priyăngga | nging putra tuwan kêdahe | yayi Smaya puniku | kula kinèn nglampahna wakil | inggih paman sampeyan | pantês rêmbagipun | amakilana paningkah | sru gumujêng miyarsa Sang Rajèng Mêsir | lêrês rayi paduka ||

35. sutèng ulun Ni Ismayawati | pan sampun tuwuk jênêng paduka | ngandhap-andhap salamine | mangke pinangkring angkuh | jêr wus katon tan wruh ing bêcik | upama ginagalna | Kusuma Marpinjun | sawab awakil kewala | padha tuwa kawula kang nêmbadani | sagêndhinge Nusirwan ||

36. lawan yayi Prabu Yahman sami | măngsa luputa putri kagarwa | yêkti dadya aprang rame | angrêbut Ni Marpinjun | bosah-basih nagri Mêdayin | putri dadya jarahan | nging watawisipun | măngsa kongsi makatêna [maka...]

--- 57 ---

[...têna] | yèn kawula inggih ingkang anglampahi | kadi gampil kewala ||

37. matur alon mring rama ji Mêsir | wau Wong Agung Surayèng Jagad | mila paman sapênêde | dadya paman panuju | ing rêmbage pun yayi dèwi | Rajèng Mêsir turira | sakêthi panuju | mêndhêt antêp kabatinan | mèsêm matur Wong Agung Jayadimurti | yèn makotên sumăngga ||

38. kula bêktani kanthi ing margi | kawan atus ingkang para raja | narendra kang gêdhe-gêdhe | lajêng angundhuh mantu | sampun kirang lan sampun luwih | satus kêthi gêgaman | umiring pukulun | wong agung sigra parentah | mring Marmadi mundhut kang para narpati | kawan atus kewala ||

39. sapunggawane satriya mantri | ingundhangan kawan atus raja | samêkta sagêgamane | Prabu Marmadi sampun | Umarmaya ngandikan sami | Marmadi bêkta cacah | ing gêgaman katur | cacahe kang wadyabala | pitung lêksa para mantri kalih kêthi | kalawan kawan lêksa ||

40. surat katur Narapati Mêsir | aturipun wong agung mring paman | tuwan parentah ing têmbe | yèn cêlak ing Mêdayun | sakathahe kang pra dipati | amangkua gêgaman | sabanderanipun | para mantri pêpayungan | para ratu sabên saupacara ji | tundha-tundhaning lampah ||

41. matur sandika Prabu Sanasir | yèn makatên amba benjang enjang | budhal pinarêng saene | dintên lan tanggalipun | ingkang putra anêmbadani | pisalin lan pamapag |

--- 58 ---

mring Rêtna Marpinjun | busana saking Ngajêrak | pan sarwendah sadaya busananing jin | kalih pêthi gêng sarat ||

42. wus katampèn mring Sang Aji Mêsir | sinjang pisalin sarta pamapag | wus samya salaman kabèh | wong agung têlas sampun | pitungkase mring Natèng Mêsir | wus samya pamit mêdal | tan kawarnèng ênu | enjang anêtêg têngara | budhal saking Kuparman Sang Rajèng Mêsir | senapatining lampah ||

43. para ratu kalih atus ngarsi | kalih atus ingkang munggèng wuntat | gumuruh wadyakuswane | wadya sajuru-juru | ingkang samya nitih turanggi | kadya samodra wutah | dipăngga pindha lun | anitih rata kênaka | Rajèng Mêsir apangirid kuda janggi | samas turăngga seta ||

44. para ratu kang angrata margi | sampun rumat rat-rataning marga | sinaponan sadayane | mung kantun para ratu | ingkang sami amêmutêri | waringin lan karoya | rukêm manggis dhuku | agêng-agêng pinutêran | pan ingantêp gotong satus dèn putêri | tinata pinggir marga ||

45. gêdhong-gêdhong sabên tigang ari | sampun sami rumat adêgira | amung kantun panglabure | kalawan sunggingipun | nilawrêdi ginarap lagi | parada pira-pira | ewon pêthènipun | langkunge gêgamanira | Rajèng Mêsir pra ratu kang nambutkardi | ing marga asêsêgah ||

46. amanggihi mring Prabu Sanasir | ratanira pan sampun apelag | alêmpêng kêkêncêngane | sipate ing Mêdayun | lan [la...]

--- 59 ---

[...n] Kuparman ganthêng mantêsi | andungkap kawan dina | wadya ing Mêdayun | kang ananggapi rat-ratan | wong Mêdayin gumêrah anambutkardi | ing marga asêsêgah ||

47. lawan sauparêngganing margi | wadya Ngarab sadaya tinelad | nora nana salencane | mangkana lampahipun | Rajèng Mêsir sampun angancik | ing Mêdayin talatah | têpining praja gung | sri bathara wus miyarsa | lamun duta Kuparman Prabu Sanasir | badhe wakiling ningkah ||

48. angundhangi bala sri bupati | wus samêkta budhal sri narendra | mring jawi kitha lampahe | sawadyanira mêthuk | mring caraka Prabu Sanasir | Wong Agung Parangteja | lan sawadyanipun | kang manganjuri ing lampah | tan kawarna ing marga sampun kaèksi | gêgaman raja duta ||

49. samya piyak bala ing Mêdayin | satriya Parangteja tumêdhak | nênggih saking wahanane | malajêngi sang prabu | minggah ratanira ngabêkti | rinangkul mring kang paman | alon aturipun | punika raka paduka | pan amêthuk Sri Bathara Nyakrawati | dhatêng lampah paduka ||

50. angundhangi kèndêl Rajèng Mêsir | para ratu ingkang munggèng ngarsa | piyaka sagêgamane | wus mire para ratu | miwah sagung bala Mêdayin | samya nimbangi piyak | ing ngarsa sang prabu | katingal dipangganira | pan angaglag amung saupacarèki | ing ngarsa kering kanan ||

51. têdhak saking rata Rajèng Mêsir | miwah sira Bathara Nusirwan | têdhak saking dipanggane [dipangga...]

--- 60 ---

[...ne] | paran-pinaran tundhuk | lawan sira Sang Rajèng Mêsir | rangkul-rinangkul jăngga | myang cium-cinium | Prabu Nusirwan lingira | yayi Prabu Sanasir sami basuki | duk mangkat saking praja ||

52. Natèng Mêsir anauri inggih | sigra sarêng dènira budhalan | Nusirwan nèng dipanggane | myang Rajèng Mêsir sampun | tinimbalan nunggil saèsthi | munggèng palăngka rêtna | ngiras gunêmipun | Rajèng Mêsir aturira | dhuh pukulun lampah kawula tinuding | dhatêng ing putra tuwan ||

53. amakili ing paningkahnèki | kalih putra tuwan sang lir rêtna | Marpinjun ing sasampune | lajêng ingundhuh mantu | Sri Nusirwan nauri aris | yayi prabu sumăngga | ing siyang lan dalu | sampun mênggah yayi nata | kang ingutus sanadyan inggih pakathik | kula datan suwala ||

54. samangsane Prabu Asanasir | pambêktane ing putra andika | kula jumurung ing pangrèh | tan garantês sarambut | inggih yayi prabu ing Mêsir | inggih Sang Kakungingrat | tan pae ing laku | pantês dadya awak-awak | wong atuwa trêsna sungkême pun Amir | tan pae lawan bapa ||

55. amung inggih kaot kang angukir | lawan kakang Adipati Mêkah | Si Kakungingrat sungkême | sangêt mring yayi prabu | anauri Sang Rajèng Mêsir | kang sampun kalampahan | yèn kawula tutuh | malah anangis kewala | botên purun suwala barang pakarti | awit ajrih tur trêsna ||

56. Arya Maktal munggèng ing sêrati [sê...]

--- 61 ---

[...rati] | nèng ngarsane prabu kalihira | miyarsa barang rêmbuge | Natèng Mêsir Mêdayun | angandika Sang Rajèng Mêsir | suta ngong Parangteja | iki ta sang prabu | datan ngowahi ubaya | samangsane sun gawa ing siyang latri | sang nata mung sumăngga ||

57. Arya Maktal matur angabêkti | inggih pukulun raka paduka | sampun dhawuh timbalane | saking rumiyinipun | datan ewah ing paduka ji | wau ta lampahira | praptèng jro kithèku | samarga dadya tontonan | wadya Mêsir akathah tur bêcik-bêcik | samêktaning busana ||

58. têdhak saking èsthi prabu kalih | katigane Arya Parangteja | sri bathara timbalane | paran ta yayi prabu | pasanggrahan kula saosi | Rajèng Mêsir turira | pukulun sang prabu | nunggil pun Maktal kewala | ngiras pantês kangên kawula ing siwi | lêstari pisah lampah ||

59. Sri Nusirwan kondur manjing puri | Rajèng Mêsir lajêng masanggrahan | lawan sawadyabalane | marang pakuwonipun | wong agung ing Parangtejèki | lawan Sang Rajèng Yahman | sawadyabala gung | wus tata pakuwonira | Rajèng Mêsir nunggil pakuwonirèki | putra parang asmara ||

9. Asmaradana

9. Dèwi Marpinjun dipun boyong dhatêng Kuparman

1. kunêng wau sri bupati | sapraptanirèng jro pura | nimbali pramèswarine | juru jinêm tur pranata |

--- 62 ---

sang nata angandika | yayi samêktaa gupuh | sauparêngganing karya ||

2. dutane Si Jayèngmurti | Sang Rajèng Mêsir kang prapta | iku kang dadya wakile | ningkah yèn uwis paragat | sutanira ginawa | dene iki karsaningsun | ing karsa sun bata rêbah ||

3. lawan putri Kăndhabumi | pramèswari tur sumăngga | sampun rakit sadayane | sang nata nimbali Bêstak | tan adangu wus prapta | alon ngandika sang prabu | patih apa wus samêkta ||

4. sauparêngganing kardi | ing karyane putraningwang | Patih Bêstak awotsinom | inggih pukulun samêkta | samangsane sumăngga | ya ta ngandika sang prabu | ya besuk ing Soma ngarsa ||

5. sun ningkahkên nini putri | Banawati lan Si Maktal | Si Marpinjun panggawane | pan luwih karsane uga | ing Mêsir yayi nata | sayêkti barêng ing besuk | budhale gêgaman Arab ||

6. rêkyana patih wotsari | mijil saking jroning pura | lajêng ngundhangi sêsaos | marang sagung para nata | tuwin mantri punggawa | sami makajangan sampun | samêkta sagunging karya ||

7. sagung lurung-lurung sami | sadaya wus binusanan | panangkilan asri tinon | tan ilang tinanyakêna | kalangênan sadonya | samêktèng prapta dina wus | pêpak sagunging punggawa ||

8. satriya mantri para ji | wus aglar samêktanira | miwah wong Arab sakèhe | wong agung ing Parangteja | nunggil lawan kang rama | Rajèng Mêsir kanthinipun [kanthini...]

--- 63 ---

[...pun] | Yahman Prabu Bintirahyan ||

9. Rajèng Mêsir dèn aturi | lan Wong Agung Parangteja | wus prapta made paningron | Betaljêmur tan atêbah | sampun bawahi ningkah | wusnya wau sang aprabu | mijil marang panangkilan ||

10. bujana lawan para ji | gumuruh ing panangkilan | punggawa lan para katong | suka-sukane kalintang | eca panayubira | mangkana ing wijilipun | sang rêtna saking jro pura ||

11. ginarêbêg para putri | tuwin garwaning punggawa | wong Arab nampani kabèh | jêmpana joli samêkta | gêgamanira abra | lir wukir sèwu katunu | yayah girindra pawaka ||

12. urmat mriyêm sèwu muni | slomprèt tambur sèwu munya | jidhur barung pradanggane | gong bèri makêndhang-kêndhang | suka wadya Rab samya | wus nampèni gustinipun | gumuruh swaraning wadya ||

13. Rêtna Marpinjun tinunggil | lawan Sang Rêtna Sudara | putri Karsinah malihe | Nata Dèwi Ngajrak prapta | sakawan sajêmpana | Banawati kumpulipun | lan garwane Patih Bêstak ||

14. lan putri kêkalih malih | garwa paminggir Nusirwan | sakawan Banawatine | gumuruh kang bala Ngarab | mantri ngrêmbat jêmpana | kang jajari punggawa gung | pra dipati ngupacara ||

15. pra satriya kang ngampingi | gumuruh jêjêl ing marga | kandhih dening wong nênonton | wong agung ing Parangteja | nitih rata rinêngga | winarni pradapaning rum | jong bangunjring sungging rukma ||

16. rêtna dikara malipit | sêsotya winangun tirah [ti...]

--- 64 ---

[...rah] | jumantên nila widure | arja songsong kawan wêlas | sisih myang upacara | tulya sri abra ngênguwung | tuhu yèn pradapaning rat ||

17. Rajèng Mêsir wurinèki | kalawan Sang Natèng Yahman | gumrah asri gêgamane | praptaning pakuwonira | wong Arab têtêl atap | rêspati baris sêsiyung | lir yutan mèru kênaka ||

18. urmate anglêliwati | kadya girindra puspita | wus pinarnah sang lir sinom | putri ing Kăndhabuwana | nênggih sampun tinampan | marang ing sira Wong Agung | Parangteja panggihira ||

19. kunêng wuwusên ing kardi | wadya Rab anutug suka | tan alami antarane | Sri Nusirwan wus mêmatah | tigang atus narendra | lan rajaputra katêlu | Urmus Sêmakun lan Irman ||

20. nênggih kang samya tinuding | umiring marang Kuparman | dhomas punggawa cacahe | tur sami sagarwanira | ngiring gusti sang rêtna | para ratu tigang atus | manggala putra têtiga ||

21. wus budhal saking Mêdayin | gêgaman tanpa wilangan | lir ombaking samodra rob | gêgaman Ngarab nèng ngarsa | bala Mêdayin wuntat | Prabu Sanasir gènipun | lumampah wuri jêmpana ||

22. lawan ing Yahman Sang Aji | sira Sang Prabu Nusirwan | saha bala pandhèrèke | lêlampahan tigang dina | wangsulira sang nata | kunêng wau kang lumaku | wus lêpas saking ing praja ||

23. ngancik ujunging wanadri | angambah marga kang anyar | tuhu pelag rat-ratane | arata wêdhi tumumpang | têki siji tan ana | sukêt godhong [go...]

--- 65 ---

[...dhong] ingkang runtuh | salêmbar wus sinaponan ||

24. têtuwuhan amarnani | ngêmohi têpining marga | suka sagunging wong wadon | samarga arêrêbutan | Wong Agung Parangteja | dhinginkên utusanipun | Rajèng Kebar mawi surat ||

25. praptèng Kuparman nagari | lampahe Sang Natèng Kebar | lajêng tumamèng tadhaton[5] | katur surat kang binêkta | mring Sang Surayèng Jagad | kadriya saraosipun | wong agung ngundhangi bala ||

26. samêkta sugata sami | amêmêtis buron wana | sagung ulam-ulamane | akathah yèn cinatura | miwah busanèng bala | para ratu kang amêthuk | samêkta sugatèng marga ||

27. wong agung sampun alinggih | lan garwa Rêtna Ismaya | wus pitung căndra lamine | anèng kadhaton Kuparman | miwah sawadyanira | kang rayi ngandikan sampun | Sadatsatir praptèng ngarsa ||

28. wong agung ngandika aris | hèh yayi mas undhangana | wadyanira jin saparo | padha lumakuwèng wiyat | anawêngana surya | dèn apindha mêndhung-mêndhung | nimpên soroting baskara ||

29. Ismayawati nambungi | yayi mas padha mandhia | wit-witan kang gêdhe-gêdhe | waringin kêsambi gurda | bulu rukêm karoya | dimèn sangêt eyubipun | kang rayi nêmbah sandika ||

30. mêsat Radèn Sadatsatir | wus anapak jumantara | bêkta bala jin saparo | sapalih têngga sang rêtna | wau kang marang wiyat | wus prapta ing nginggilipun | wadya kang samya lêlampah ||

--- 66 ---

31. eca surya tan manasi | angin milir sawatara | sidhêm amungu rarase | yèn jangkêp ing tigang dina | amanggih gêdhong pelag | tigang dalu rêrêbipun | gêdhong ingubêngan toya ||

32. kasukan samargi-margi | wong Mêdayin samya suka | satêngah ana miraos | iki kang garwa dêrajat | gustiku sang lir rêtna | sandhinge nauri wuwus | iki Wong Agung Kuparman ||

33. iya kang karya rêspati | ing marga bala Ngajêrak | lumaku nêng luhur kono | lah ta mara têngêrana | pan iki ana swara | gumêr tan pati karungu | mangkono pangrasaningwang ||

34. kunêng laminya nèng margi | pan sampun samadya căndra | tumpa-tumpa pamêthuke | gêgaman saking Kuparman | sarwi bêkta sugata | sungsun-sungsun para ratu | atri gumuruh ing marga ||

35. wau ta Sang Jayèngmurti | samêkta busanèng bala | sapraja uparênggane | lurung-lurung ginêlaran | wastra sutra bang kasa | tangsi kuning abang biru | antuk lêlakon sadina ||

36. saking ing jaban kithèki | dening sajroning nagara | kêstin mawarna maliyo | saonjotaning taratag | tarub lungsir diwăngga | kêstop sup masru lawan mur | tarub satêpining marga ||

37. wong agung budhalirèki | saking nagari Kuparman | lan ingkang garwa andhèrèk | Kusuma Dèwi Ismaya | tan pisah lan kang raka | nèng rata kênaka mèru | sungging bangunjring mardapa ||

38. kadya baskara duk mijil [mi...]

--- 67 ---

[...jil] | mungup saking ing samodra | wadya jin kanan keringe | awor lan wadya pangayap | gêgaman para raja | lir giri sakêthi tunu | abra kang munggèng ing ngarsa ||

39. jêmpana sèwu ing ngarsi | lan parêkan pitung nambang | ingkang upacara kabèh | kunêng kang lagya lumampah | wau kang kawursita | wontên rasêksa dhêdhukuh | anèng giri Bujantara ||

40. punika ditya angili | kaburak saking Jabalkap | buta punika anake | dening Raja Samaduna | buta kang sirah sasra | ingkang pinatèn ing dangu | mring Wong Agung Kakungingrat ||

41. ing mangke amangun tèki | anèng giri Bujantara | Ditya Barduwas namane | sirah satus astanira | kalih atus prakosa | anggung asêsaba dalu | danawa maling aguna ||

42. duk tilare ramanèki | punika pan maksih bocah | binêkta marang êmbane | ngungsi pulo Bujantara | lami samya martapa | êmban kalih namanipun | pun Dawèr Dumuk satunggal ||

43. sêkti julig saba wêngi | angrêrusuhi nagara | ing ngarsa kanan keringe | kang sinaba mring Barduwas | suwung ingkang nagara | mangkana wau angrungu | Dumuk Dawèr ing pawarta ||

44. lamun putri ing Mêdayin | ingarak marang Kuparman | mung pangantèn wadon bae | arêreyongan ing marga | pijêr manggung kasukan | nyênyuka tyase Marpinjun | Dumuk Dawèr tur ing wuntat ||

--- 68 ---

10. Pangkur

10. Lampahing pangantèn dipun begal ing Danawa

1. ature mring prabu jaka | Sang Barduwas anggèr wontên pawarti | Marpinjun putri Mêdayun | binêkta mring Kuparman | yèn suwawi binegal cinolong dalu | binêkta mring Bujantara | putri adi ing Mêdayin ||

2. punika Sang Kakungingrat | kang mêjahi rama paduka nguni | satru buyutan puniku | lawan jênêng paduka | yêkti pinèt rabine dimèn prang pupuh | măngsa ta inggih kawona | kasêktèn paduka gusti ||

3. sakathahing kaluwihan | kaprawiran sadaya sampun kêni | salamine tapèng gunung | angling sira Barduwas | yèn mangkono payo lunga amêmandung | mêngko bêngi ngadhang marga | andhustha putri Mêdayin ||

4. Sang Prabu Jaka Barduwas | wus busana kapraboning ajurit | badhama parasu limpung | gandhi salukun kunta | pukul pitu ditya katri parêng mabur | nêdya mring pakuwonira | lampahe putri Mêdayin ||

5. kèndêl ing gêdhong wangunan | badhe rêrêm nèng ngriku tigang latri | pakuwon kapang atêpung | para putri rumêksa | nunggil latri sakawan sang rêtna prabu | rumêksèng ibu katiga | Rêtna Dèwi Kuraisin ||

6. Sudarawrêti tan pisah | lan Rabingu Sang Sirtupelaèli | katiga Rêtna Marpinjun | sakawan ingkang putra | ingkang nunggil sapatani tilamipun | wau praptane Barduwas |

--- 69 ---

Dumuk Dawèr kang angiring ||

7. anjêjêp ing pasanggrahan | matak sirêp ing wanci madya latri | sirêp kang wadya gung-agung | dhêdhêp sapasanggrahan | jalu èstri tuwin para ratu-ratu | anggung Sang Rêtna Sudara | lawan Sirtupelaèli ||

8. katiga sang dèwi raja | samya catur basa caraning êjin | Kuraisin kang mêmuruk | mring kang ibu kalihnya | ingkang sampun sare mung Rêtna Marpinjun | mangkana ditya katiga | pakuwon sampun rinampit ||

9. Kuraisin kudandapan | mambu ditya matur ibune kalih | ibu kadi wontên pandung | wontên ambêting ditya | Rêtna Dèwi Sudarawrêti amuwus | hèh yayi putri Karsinah | lah payo dèn ngati-ati ||

10. mêngkarag gêgithok ingwang | kaya pantês iki yèn ana maling | sutra kêmandèn rinasuk | sang putri kalihira | nadyan ditya raksasa tan bisa dulu | amung Marpinjun kang nendra | putri katiga miranti ||

11. sami amênthang gandhewa | ngiwa nêngên tinilar kang aguling | wil Barduwas praptanipun | Dumuk Dawèr nèng wuntat | panjêjêpe jabaning langse dhêkukul | sigra Sang Rêtna Sudara | anglêpasakên jêmparing ||

12. tumutur putri Karsinah | anglêpasi jêmparing saking kering | sikut kiwa kang tinanduk | dening Rêtna Sudara | susu têngên jêmparingira tumanduk | anjingkat akicat-kicat | tan wruh sangkaning jêmparing ||

13. anggêro sira Barduwas | Dumuk Dawèr kalih amarêpêki | saksana malih tinuju | dening Rêtna [Rê...]

--- 70 ---

[...tna] Sudara | sira Dumuk katiban baune rampung | anggêro sambat gustinya | sapa kang jêmparing iki ||

14. baya prajurit ing Arab | jêmparinge bisa mara pribadi | gusti bau kula rampung | sapa ta kang amanah | dèn pindhoa aja tanggung patiningsun | Barduwas angrik sêsumbar | nora nana kang nauri ||

15. Dawèr lagya ngundha gada | kêbat putri Karsinah anglêpasi | panah dhadhali tumanduk | Dawèr wêntise kêna | gêro-gêro gariyêng ditya katêlu | Kuraisin suka mulat | ibu sampun anauri ||

16. ibu kèndêla kewala | dêdimène bingung pating barigi | măngsa mulat ta puniku | ibu dhatêng sampeyan | ditya katri sami sakit badanipun | anjola anglumba-nglumba | sru angrik anggêgirisi ||

17. Marpinjun mèh jinangkahan | kêbatira Rêtna Sudarawrêti | amindho jêmparingipun | jajanira Barduwas | katancêban jêmparing sabuntaripun | rahnya kadi dhatuk muncar | gêdhong mubêng dèn tumbuki ||

18. gègèr Marpinjun ginawa | mring marune wau sang putri kalih | pawongan mawur malêdug | umyang ing pasanggrahan | samya kagèt prajurit kang para ratu | prapta sabusananing prang | samya pangungunirèki ||

19. Barduwas mangrik makrura | aningali jalma kyèh dèn amuki | angamah-amah anubruk | bubar ingkang pinarag | Rajèng Mêsir Sanasir kagyat awungu | angrasuk kapraboning prang | wong lumayu dèn andhêgi ||

20. dadya prasamya ampingan [amping...]

--- 71 ---

[...an] | kang lumayu mring Prabu Asanasir | obor atusan nèng ngayun | sang prabu mênthang laras | tinarajang lumêpas sanjata mamprung | cumundhuk ing jajanira | sangsaya sru dènira ngrik ||

21. wong agung ing Parangteja | gurawalan kagyat ing swaranya tri | angikal pêdhang lumêbu | kapanggih ingkang paman | Rajèng Mêsir ayuda lawan ditya gung | Arya Maktal marang ngarsa | ingkang paman dèn alingi ||

22. sira rêksasa Barduwas | saya wuru krodhanira nêkani | lir andaka nandhang tatu | gêdhong-gêdhong tinunjang | bobrah-babrih Arya Maktal mèh tinubruk | tan osik saking gènira | arsa naut dèn barêngi ||

23. pinêdhang baune pagas | asru angrik Barduwas pan sarya ngling | pindhonên pêdhangên ingsun | ywa tanggung patiningwang | Arya Maktal emut ing pitungkasipun | wong Mênak duk prang Jabalkap | gupuh dènira nauri ||

24. nora kudu mindho ingwang | pan sapisan bae sira ngêmasi | sira Barduwas angrungu | sumbare Arya Maktal | niba-niba binanting dhewe dhasipun | anumbuki pagêr gudhang | tan adangu wus ngêmasi ||

25. Dumuk Dawèr wus kacandhak | saking wuri ing sang narendra dèwi | buta ing ngêndi dhangkamu | nora atuku warta | arêp gawe cidra mring wong tuwaningsun | sumăngga puniki paman | rencange ditya kang mati ||

26. wong agung ing Parangteja | angandika mring putra Kuraisin | rara buta ngêndi iku | Dumuk Dawèr turira | inggih saking Bujantara dhangkanipun [dhangkani...]

--- 72 ---

[...pun] | anake wil Samaduna | ing nguni kang dèn pêjahi ||

27. mring Nata Dèwi Ngajêrak | lan kang rama Kalana Jayèngmurti | danawa kang sirah sèwu | mèsêm sang dèwi raja | matur nêmbah inggih paman anakipun | Ditya Raja Samaduna | ing nguni kang dèn pêjahi ||

28. dhatêng ing raka paduka | Kangjêng rama ing prang kula but kalih | pun Barduwas sutanipun | ngungsi ing Bujantara | inggih paman bature paduka ingu | pun Dumuk Dawèr punika | mêmêlas dipun pêjahi ||

29. wus praptèng ari kamantyan | pan rinubung ing wadya kang para ji | bathange Barduwas agung | sirah satus baunya | kalih atus kang andulu samya ngungun | Arya Maktal pêparentah | siyung wus kinèn gêraji ||

30. gotong pat siyung satunggal | Arya Maktal ngandika mring putrèki | dhênok sun tan arsa ngingu | ditya kinarya paran | angur iya gawanên maring prajamu | akèh tunggale Ngajêrak | tur sêmbah sang prabu dèwi ||

31. danawa wus tinampanan | mring bala jin wau Sang Rajèng Mêsir | akèn têngara gumuruh | budhal saking mondhokan | tri gumuruh siyung ginotong nèng ngayun | kanan keringing jêmpana | gumuruh swaraning baris ||

32. lêpas ing marga wus prapta | ing antara makuwon tigang latri | wus cêlak pamêthukipun | wong agung ing Kuparman | pangarsane baris pan sampun atêmpur | kadya paguting samodra | narpati rong atus ngarsi ||

33. lawan sagêgamanira | awor lawan kang saking

--- 73 ---

ing Mêdayin | dadya lampahing panganjur | mingêr baris Kuparman | ing awiyat wadya jin samya ngêndhanu | ngaubi ingkang lêlampah | lawan angin silir-silir ||

34. wau Wong Agung Kuparman | kèndêl anèng gêdhong wangunan nganti | praptane sang rêtnaningrum | anata palênggahan | wus katingal nganan ngering baris agung | piyak akapang nèng latar | pinggir têtarub para ji ||

35. punggawa satriya aglar | kang sumiwi Wong Agung Jayèngmurti | para mantri kang amikul | jêmpanane sang rêtna | sinalinan mantri Kuparman tumanduk | kang sami mikul jêmpana | gumuruh samya gêntèni ||

36. baris wutah ngara-ara | wana-wana bêntêt kalaban baris | lir arga sèwu katunu | têdhak Sang Kakungingrat | ngadêg munggèng sor tratag lan garwanipun | Rêtna Ismaya ngatingal | mung cèthi jin tan kaèksi ||

37. cèthi manungsa sadaya | dhomas ngayap kathah kang para putri | putra Mêdayin tiga wus | dhingini praptanira | marêk nêmbah cinandhakan astanipun | mire ngering asasmita | taha mring Ismayawati ||

38. wus têdhak saking jêmpana | para putri prasamya ngiring-iring | marang Kusuma Marpinjun | Rajèng Mêsir nèng ngarsa | sarwi nuntun ing astanira Marpinjun | wus cêlak Sang Kakungingrat | sinêmbahakên tumuli ||

39. nulya pra putri sadaya | nêmbah ngaras padanira ing laki | myang kang putra Rêtna Prabu | Kuraisin manêmbah | sigra têdhak mring palênggahan wong agung | satata lawan kang rama | sri naranata ing

--- 74 ---

Mêsir ||

40. Marpinjun sinandhing lênggah | sapalăngka nunggil Ismayawati | putri kalih keringipun | Sudarawrêti lawan | Rajaputri Karsinah Rêtna Rabingu | Sirtupelaèli lawan | Nata Dèwi Kuraisin ||

41. aliyangan ibunira | langkung trêsna mring Sirtupelaèli | tuwin marang ibunipun | Sudarawrêti samya | pan anglirik wong agung marang Marpinjun | prapta kang saos-saosan | anadhah lan para rabi ||

42. miwah wau ingkang rama | Rajèng Mêsir tan kêni lênggah têbih | tunggil lan saambêngipun | sagunging para raja | sinaosan pra dipati satriya gung | saênggèn-ênggèn gumêrah | swaraning wadya abukti ||

43. luwaran sagung anadhah | nyênyamikan bêlêg prapta gumanti | gamêlan umyang gumuruh | sabên kang para raja | pra dipati nabuh kang tabahan umyung | mèh prapta suruping arka | ing pakuwonira mijil ||

11. Mijil

11. Dèwi Sudarawrêti tuwin Dèwi Rabingu sami ambabar putra kakung

1. bubar samya makuwon para ji | barise mirantos | bokmanawa latri pakewuhe | prapta tigang ari tigang latri | têbane kang baris | ajêjêl matimbun ||

2. saubênge pan kalaban baris | kabèh jurang sigrong | wus rinata kali-kali kabèh | lêluwênge samya dèn [dè...]

--- 75 ---

[...n] urugi | kang kancikan baris | tan ana mandhukul ||

3. pasanggrahan dalêm amarnani | sagunging kalangon | aprasasat jro pura tan pae | pagujêngan sagung para putri | anèng made rukmi | ênggène wong agung ||

4. byar raina samêkta kang baris | atêngara bodhol | panganjure lêpas ing lampahe | Rêtna Marpinjun lan kakung nunggil | kawot ing sajoli | lawan para maru ||

5. para ratu ing ngarsa myang wuri | kadya samodra rob | ambalabar wutahe balane | pan cinêndhak lampahirèng margi | tan kawarnèng nguni | ing Kuparman rawuh ||

6. sanagara busêkan ningali | gusti sakaroron | ngancik lurung kang winastran kabèh | kang kapungkur jagul kang ngambili | wong agung lêstari | tumamèng kadhatun ||

7. munggèng madya putri ing Mêdayin | Dèwi Smaya kulon | putri Parangakik panggenane | dalêm wetan Sirtupelaèhi[6] | tan ana barênci | tulus dènnya runtut ||

8. Rêtna Ismaya ingkang baboni | anggêpe amomong | pan ambiyung para maru kabèh | samya nêmbah mring Ismayawati | nèng Kuparman lami | cinatur sataun ||

9. punjul sawulan rong puluh wêngi | ingandhêg angantos | putri kêkalih mèh wawratane | putri Karsinah lan Parangakik | samana wus mijil | nênggih kang rumuhun ||

10. Rêtna Ismaya ingkang nulungi | bêbayi wus miyos | pan sinambut nugêl ri-arine | parentahira [pa...]

--- 76 ---

[...rentahira] Sang Jayèngmurti | dimène kadya jin | kaprawiranipun ||

11. mila kinèn amalakartèki | sagunging pirantos | dipun cara êjin pratikêle | pan toyanira Ismayawati | kêkintunan saking | Ngajêrak wus rawuh ||

12. salaminira Ismayawati | têngga nèng kadhaton | nèng Kuparman sawarsa lamine | dèrèng nginum toya manungsèki | toyane pribadi | Ngajêrak gung rawuh ||

13. angandika Sang Ismayawati | mring kang rayi alon | yayi dèwi jabang bayi kiye | jalu pêkik ingsun kang angambil | pan sun aku siwi | ing besuk pinunjul ||

14. iki yayi prawira ngajurit | ing ayuda tanggon | Rêtna Sudara atur sêmbahe | pan sumăngga kangbok kula darmi | wong agung nambungi | yayi bêcikipun ||

15. aranana sutanira iki | Ismaya wotsinom | inggih Radèn Jayusman pênêde | ibu saking putri Parangakik | kawula kang ngambil | dimèn ing prang punjul ||

16. langkung suka wong agung miyarsi | busana kaprabon | lajêng mijil tinangkil wadyandhèr | dangu siyung dênawa kang mati | mêmaling ing margi | Arya Maktal matur ||

17. amiwiti malah amêkasi | Sang Jayèngpalugon | duk miyarsa pinundhut siyunge | Umarmaya kang kinèn mêcaki | siyung kang sawiji | pêcak têlung pupuh ||

18. mundhut putra jabang bayi prapti | saking jro kadhaton | pan sinambut munggèng ing pangkone | Wong Agung Menak ngandika aris | mring sagung para ji | satriya gungagung [gung...]

--- 77 ---

[...agung] ||

19. padha ngèstrènana rare iki | namane samêngko | yayi Ismaya wèh pêparabe | iya Radèn Jayusman prayogi | lan iya kang ngambil | putra jatinipun ||

20. mring yayi Dèwi Ismayawati | para nata ngrojong | pratikêle duk kadi dinuse | banyu saking Ngajêrak kang prapti | lan popoke sami | sinjang jin kang rawuh ||

21. yayi Maktal siyung buta iki | lêbokna kadhaton | dimèn iki kinarya ameme | popoke sutanta jabang bayi | jêjarit saking jin | gantaripun siyung ||

22. dimèn kandêl tyasirèng ajurit | lan saput pirantos | para ratu mangastuti kabèh | siyung sampun binêkta mring puri | kondur Jayèngmurti | tumamèng kadhatun ||

23. Rêtna Rabingu Sirtupelèli | wawratane miyos | mung salawe dina antarane | lan babare putri Parangakik | Ni Ismayawati | samya kang têtulung ||

24. iya sami dinusan toya jin | têtimbulan karo | Rêtna Ismaya ing pratikêle | angandika Mênak Jayèngmurti | sutanira yayi | ngong srah kalihipun ||

25. aranana iya rare iki | Ismaya wotsinom | inggih gampil punika namane | tinutakên wijil saking nini | putri Ruslan nguni | pan kawula ngrungu ||

26. paman aji Karsinah akrami | putri Ruslan kaot | rare Ruslan punika namane | sasolahe inggih paman aji | kawula udani | pratingkah anggambuh ||

--- 78 ---

12. Gambuh

12. Dèwi Kuraisin tuwin ingkang ibu pamit wangsul

1. ing Karsinah pukulun | inggih ta pintên ing têbihipun | lan Ngajêrak sasat tatăngga sayêkti | pênêd lawan rama prabu | amrêsanak sami katong ||

2. pan liya jinisipun | ing Karsinah manungsa satuhu | ing Ngajêrak êjin parandene bêcik | saking sami sêtya tuhu | êjin lan manungsa amor ||

3. putri Ruslan pukulun | apan turasing prajurit punjul | pilih ingkang năngga wawrating ajurit | ratu bot sêsangganipun | sinêmbah samaning katong ||

4. nimbali para ratu | apan sampun kerid lêbêtipun | Arya Maktal Marmaya wus praptèng ngarsi | alon ngandika wong agung | yayi ana nusul miyos ||

5. rakanta Ni Rabingu | Sirtupelaèli asêsunu | wawratane iya babar jalu pêkik | yayi Ismaya wus asung | pêparab Ruslan kinaot ||

6. sakèhe para ratu | iya padha ngestokna satuhu | matur nêmbah sandika sagung para ji | Radèn Ruslan namanipun | saèstu trahing kinaot ||

7. ambêdhah gêdhong satus | apan kinarya dana wadya gung | lan kinarya pêparing marang wong miskin | sapraja Kuparman sampun | warata tan ana towong ||

8. agung bujana nginum | sukan-sukan lawan para ratu | Rêtna Dèwi Ismaya [I...]

--- 79 ---

[...smaya] pamit wotsari | apan wus sataun langkung | anèng Kuparman kadhaton ||

9. myang sira Rêtna Prabu | Ni Kuraisin mangsah wotsantun | mring kang rama miwah para ibu sami | sadaya kang para maru | mring Dèwi Smaya wotsinom ||

10. Rêtna Sudara matur | apan nungkêmi padaning maru | myang Rabingu Rêtna Sirtupelaèli | nungkêmi pada amuwun | Rêtna Ismaya lingnya lon ||

11. măngsa lawasa ingsun | iya têtinjo maring sirèku | dêstun lawas têlung taun kaping kalih | Kusuma Rêtna Marpinjun | angrêrêpa matur alon ||

12. kangbok nuntêna wangsul | apan kawula tan bêtah kantun | kula tumut dhatêng Ngajêrak nagari | Ismayawati gumuyu | lah yayi aja mangkono ||

13. karya susah lakimu | ingsun bae ingkang bali besuk | măngsa pilih tegaa nora têtilik | ambaurêksa lakimu | Pangeran Jayèngpalugon ||

14. sigra ngrangkul Marpinjun | mring kang putra sira rêtna prabu | pan kinêkêp Rêtna Dèwi Kuraisin | lah rara dèn enggal wangsul | aja akarya wirangrong ||

15. kang putra matur nuhun | dyan wangsul mring gène ramanipun | nêmbah pamit miwah mring Umarmayèki | tuwan marang pamanipun | ing Arya Maktal wotsinom ||

Lajêng nyandhak: Mênak Kuwari

--- [80] ---

Isinipun

...Kaca

1. Nata Dèwi Kuraisin sowan ingkang rama wong agung. ... 3
2. Dèwi Kuraisin bêbantu prang dhatêng Mêdayin. ... 10
3. Dèwi Banawati kacêpêng ing Dèwi Kuraisin. ... 16
4. Radèn Maktal nonjok sêrat panantang dhatêng Prabu Banakamsi. ... 22
5. Radèn Maktal prang kalihan Prabu Banakamsi. ... 29
6. Dèwi Kuraisin têtulung prang. ... 35
7. Radèn Maktal unggul yudanipun. ... 40
8. Prabu Sanasir makili wong agung ningkah Dèwi Marpinjun. ... 49
9. Dèwi Marpinjun dipun boyong dhatêng Kuparman. ... 61
10. Lampahing pangantèn dipun begal ing danawa. ... 68
11. Dèwi Sudarawrêti tuwin Dèwi Rabingu sami ambabar putra kakung. ... 74
12. Dèwi Kuraisin tuwin ingkang ibu pamit wangsul. ... 78

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


sêdyane. (kembali)
anulungi. (kembali)
Bangid. (kembali)
Kurang satu suku kata: amung nata dèwi datan katingalan. (kembali)
kadhaton. (kembali)
Sirtupelaèli. (kembali)