Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana, Căndranagara, 1880, #1873

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-02-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana.

Kaewahan, kawêwahan tuwin kalêrêsakên dening Radèn Mas Adipati Ariya Căndranagara bupati ing Kudus.

Sêrat ingkang kaping: 2.

__________

Kaêcap dening Tuwan Ogêlvi èn Ko.
Ing nagari Batawi ing taun 1880.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Lampah kang kaping tiga.

I. Cariyosipun Nagari Surakarta.

Antawis satêngah taun ênggèn kula lèrèh ing griya, kalêrês ing salêbêting wulan Dulkangidah, kula mangkat malih saking Salatiga, andumugèkakên lampah kula nêningali ing tanah Jawa, sarèhning tanah ing pasisir lèr kaetang kula sampun sumêrêp sadaya sarta sampun kula criyosakên ing ngajêng, mila lampah kula punika lajêng anjujug ing karaton Jawi nagari Surakarta Adiningrat.

Lampah kula saking Salatiga numpak kreta, margènipun taksih minggah kemawon ing sukuning rêdi Mêrbabu kantos dumugi [du...]

--- 4 ---

[...mugi] pos ing Kaligandhu, awit saking pos punika margènipun awit mudhun sawatawis kantos dumugi pos ing Ngampèl bawah ing Surakarta, saking ngriku margènipun lajêng sangêt mêdhunipun kantos dumugi nagari Surakarta pindhah.

Dhêdhusun bawahing nagari katingal saking ing margi, yèn tinimbang kalihan dhêdhusun bawahing gupêrmenan, katingal kirang prayogènipun. Makatên ugi saking paningal kula têtiyang kang sami mlampah damêl ing pos-pos bawahing nagari, dados sadès[1] sangêt yèn tinimbang kalihan ing bawah gupêrmenan, dene bèntênipun mau,[2] awit saking pratikêl ênggèning nandukakên damêl. Kados ta pangrakiting kapal sapanunggilanipun, sadaya wau tumindak kalihan tamban, kasambi kalihan wicantênan, dene pabênaning yèn kapirêngakên dening tiyang pasisir, amasthi sangêt ewanipun, [ewanipu...]

--- 5 ---

[...n] awit sadaya wau tanduking kados dening tiyang gêgujêngan kemawon, dhatêng kula pos ing Bayalali, kula aningali bètèng alit ing pinggiring margi kados bètèng ing Ungaran, samangkenipun dipun ênggèni saradhadhu kang sami wangsul saking ing Acèh, amargi hawanipun ing ngriku kalêbêt asrêp, awit inggiling watawis wontên 1300 kaki.

Ing Bayalali punika wontên bupatènipun bawah kasunanan, sarta wontên asistèn residhènipun pulisi kang dados sêsulihing residhèn ing Surakarta, dene ing kabupatèn punika wontên pradatanipun piyambak. Pagenan[3] punika kalêbêt prayogi, awit sitènipun sae sarta hawanipun asrêp.

Sarêng kula dhatêng watawis botên têbih saking pos ing Kartasura, kula ningali griya agêng payonipun sirap pagêr banon, [ba...]

--- 6 ---

[...non] wêngkonipun jêmbar sarta sae pangrimatipun. Kula pitakèn dhatêng tiyang kang wontên ing ngriku, punika griya punapa, angsulanipun kang kula pitakèni, punika pasanggrahanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, nama Têgalmuncar, pamêthukaning rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, bilih rawuh saking Salatiga, sadèrèngipun wontên sêpurwèh, botên antawis têbih saking ngriku kula ningali griya alit ing pinggir margi agêng, ing ngriku kathah rêcanipun sami katata bêbanjaran, kula pitakèn malih, ing ngriku punika pagenan punapa, wangsulanipun kang kula pitakèni, punika pasanggrahanipun suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8, nama Kalitan, yasanipun nalika taksih dèrèng jumênêng nata, dhatêng kula ing

--- 7 ---

ngriku, kula lajêng anêningali ing pagenan punika, sawingkingipun griya pagenan rêca wau, wontên pasanggrahan agêng pagêr banon, payonipun sirap, baturipun inggil saking siti, saking inggilipun kantos kados griya lotèng, kaprabotan cara Walandi pêpak sadaya sarta sae-sae, pasanggrahan wau pagenaning wontên ing satêngahipun patamanan, inggih punika pagenanipun cangkrama Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Kula anglajêngakên ing lampah kula, botên antawis têbih kula aningali patilasan kadhaton Kartasura, dene kang taksih kantun samangke namung banon-banon tilas kadhaton kemawon. Sarêng lampah kula watawis kirang tigang pal saking nakari,[4] kula aningali pasanggrahan malih kang kayoman kêkajêngan agêng-agêng, [a...]

--- 8 ---

[...gêng-agêng] pasanggrahan wau kagunganipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun, namanipun Kleca, pagenan pamêthukan rawuhipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral. Botên antawis têbih saking ngriku, wontên pasanggrahanipun sampeyan dalêm malih anama Purwadadi, wondening wangunipun kados griya Walandi.

Botên antawis sapal têbihipun saking Purwadadi, wontên margi agêng mangalèr sarta kajagenan prajurit, tuwin katingal wontên dalêmipun agêng mawi pagêr banon cêpuri inggih punika Mangkunagaran.

Lampah kula wau lajêng anjujug ing griyaning santana kula, kang lajêng kula pondhoki kantos sawulan lamènipun. Lamining ênggèn kula wontên ing ngriku wau, kapêrlon têtuwi para santana kulawarga kang sami wontên ing ngriku, punapadene [punapa...]

--- 9 ---

[...dene] kumêdah sumêrêp kula ing nagari sarta pratikêl, cara, tataning karaton ing tanah Jawi.

Kula amangsuli criyos. Sadhatêng kula ing Kleca, dumugi ing kitha, kaetang botên mawi kapanasên, awit margènipun kayoman dening kêkajêngan asêm agêng-agêng kang wontên ing kiwa têngênipun margi.

Ing satunggilipun dintên, kula kaajak santana kula nêningali salêbêting nagari, lampah kula anjujug ing alun-alun lèr. Alun-alun wau wiyar, wringinipun ing pinggir mubêng sami agêng-agêng, wondening wringining sêngkêran kêkalih, kang satunggil nama jayandaru satunggilipun dewandaru, alun-alun wau botên wontên rumputipun, awit saking kandêling pasir, mila katingal angilak-ilak. Sangandhaping wringin kang urut pinggir punika, kathah griya-griya

--- 10 ---

sirap, wangun mandhapi, ananging samangke sampun kathah kang sami risak. Griya-griya wau pasowananipun para pangeran tuwin bupati ing kalanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah magêlaran. Ananging sarèhning Kangjêng Susuhunan miyosipun ing sitihinggil namung manawi grêbêg kemawon, mila griya-griya wau kathah ingkang sami risak, botên patosa karimatan. Ingkang sisih wetan wontên griya sirap karuji banon, kanamakakên pangurakan, punika pagenanipun kagungan dalêm sami, kang kasadhiyakakên bilih wontên karsa dalêm angabên utawi ngrampog.

Alun-alun kang sisih kidul, ingkang têngah wontên legokanipun, kawastanan pagêlaran, pagenanipun ngadhêp para abdi dalêm ing nalikanipun sampeyan dalêm lênggah ing sitinggil. Ing antawisipun [antawisipu...]

--- 11 ---

[...n] pagêlaran kalihan alun-alun, wontên mriyêmipun tiga agêng-agêng, nama Sapujagad, Kumba-kumba utawi Kumbarawa tuwin Wanikumba utawi Kumbarawi, ing antawisipun mriyêm Kumbarawa tuwin Kumbarawi wau, wontên wranginipun[5] kêkalih, kanamakakên wringin gung sarta wringin binatur, ing pagêlaran wau wontên mandhapènipun alit anama bangsal pangrawit, lênggahanipun sampeyan dalêm bilih amriksani abên-abênan.

Sitihinggil punika wontên ing sakidulipun pagêlaran, mila kawastanan makatên, awit urug-uruganipun sitihinggil, inggahan saking pagêlaran dhatêng ing sanginggilipun sitihinggil punika, kanamakakên wijil pisan, ing ngriku wontên tratagipun gêdhèg dêling cagakipun pilar banon, inggih punika ingkang kawastanan tratag rambat, punika pagenaning

--- 12 ---

ngadhêp para kangjêng pangeran manawi Sampeyan Dalêm Kangjêng Susuhunan lênggah ing bangsal panguntur tangkil ingkang kajobin kalihan sela cêndhani, wondening tritisipun gathuk kalihan tratag rambat. Sawingkingipun bangsal punika wontên griya malih kang kanamakakên bangsal witana, pagenaning mriyêm kang anama Nyai Sêtomi, mriyêm wau kaulêsan dening cindhe kakrêbongan dening kajang.

Kiwa têngênipun bangsal panguntur tangkil wau, wontên griyanipun malih nama bangsal angun-angun sarta bale bang, pagenaning găngsa, bilih sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah anangkil.

Udhun-udhunaning sitihinggil kang sisih kidul malêbêt ing kadhaton, sawingkinging bangsal witana, kanamakakên kori rêntêng.

Sampuning kula ningali ing kori rêntêng wau, [wa...]

--- 13 ---

[...u] kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun malih, sadhatêng kula ing ngriku, lajêng malêbêt ing kori supiturang, punika margi kang angubêngi sitihinggil, sarta lajêng malêbêt ing kadhaton, têpanging margi kori supiturang wau, wontên ing sangandhapipun kori rêntêng anama kori mangu utawi brajanala.

Saking kori brajanala, kula lajêng lumampah dumugi sangajênging regol agêng kang anama mandhungan, ing salêbêting kori wau, kula ningali panggung banon kang inggiling watawis wontên 80 kaki, kanamakakên panggung sănggabuwana, wondening pagenaning panggung wau wontên ing palataran sakiwaning mandhapi karaton, cêlak kalihan kori srimanganti kang sisih êlèr.

Ing salêbêting wêngkon karaton punika kawastanan ing lêbêt bètèng, bètèng [bè...]

--- 14 ---

[...tèng] karaton wau, watawis kula wontên satêngah pal pasagi, wondening salêbêting bètèng wau, kados kitha alit, kathah griya alit-alit, têtiyang sêsadean sinjang-sinjang tuwin têtêdhanan warni-warni, tuwin kathah dalêmipun para kangjêng pangeran, punapa dene para santana tuwin abdi-abdinipun para agêng kang sami adêdalêm ing ngriku, têtiyang lumampah anglangkungi kathahipun, margi ing salêbêting bètèng wau kalêbêt wiyar, mila kenging kalampahan kreta.

Têtiyang kang sampun anate nêningali kitha-kitha ing bawah gupêrmenan, saupami nêningali utawi lumampah ing salêbêting bètèng karaton wau, sayêktos kirang sênêng ing manahipun, awit saking ningali patraping têtiyang kang sami gagriya botên wontên pranatanipun, tuwin anglangkungi rêsahipun, rêrêsahing

--- 15 ---

griya kathah kang sami kabucalan ing margi, mila ambêtipun kirang ecanipun. Dalêmipun para kangjêng pangeran ing ngriku sami alit-alit tuwin botên wontên wêngkonipun, amargi saking kirang papan.

Ing sakidulipun kadhaton punika, patrapipun sami ugi kados ingkang sisih lèr, kados kang kapratelakakên ing ngajêng, margi kang dhatêng sitihinggil kang kidul punika anama kori sarasêja, wondening sitihinggil ka[6] kidul punika alit sarta samangke sampun risak, awit botên karimatan, sanèsipun kalihan kang sisih lèr: namung botên mawi kori supiturang, wondening tiyang tuwin kreta lumampah ing sangandhaping sitinghinggil[7] wau, kenging kemawon.

Alun-alun kidul punika, katingal langkungi[8] jêmbar tinimbang alun-alun ingkang êlèr, ananging sampun risak sadaya, pagêr banon [ba...]

--- 16 ---

[...non] pinggiring alun-alun wau sampun sami rêbah, botên dipun dandosi utawi botên karimatan. Wringin ing têngahipun alun-alun wau kalih, anama wringin sêngkêran. Pojokipun ingkang sisih kidul kilèn, wontên griyaning gajah, sarta wontên gajahipun èstri satunggil.

Kalêrês ing dintên Kêmis, kula andhèrèk kalihan santana kula kang kula pondhoki, sowan malêbêt ing karaton, awit sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah sinewaka, lêbêt kula wau anyalamur dados punakawanipun santana kula wau, lêbêt kula saking kori mandhungan lajêng malêbêt ing kori srimanganti lèr dumugi ing palataraning mandhapi karaton, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng lênggah ing sangandhaping wit jambu.

Saking ngriku kula ningali ing salêbêting mandhapi, katingal yèn jobinipun sela [se...]

--- 17 ---

[...la] cêndhani pêthak. Wondening dalêm kadhaton punika namanipun: prabayaksa utawi prabayasa, sangajênging kori prabayasa wontên griyanipun alit ingkang kawastanan paringgitan, mandhapi kalihan paringgitaning prabayasa wau bênggang, ananging sarèhning mandhapi wau kaèmpèran kampung mubêng, dados tritisipun gathuk kalihan taritising paringgitan.

Prabayasa punika majêng mangidul, ananging kori ingkang mêdal dhatêng ing paringgitan salajêngipun dhatêng mandhapi, wontên ing wetan, dados anglambung, mila mandhapènipun dados wontên ing sawetaning prabayasa majêng mangetan. Sakiduling mandhapi wau, wontên griya panjang mujur mangidul mawi dipun pagêri gêlas mubêng kados dening kamar, kawastanan mandhapi ijêm utawi mandhapi gêdhah, inggih punika pagenaning dhahar bilih sampeyan dalêm [da...]

--- 18 ---

[...lêm] ingkang sinuwun pista kalihan para Walandi.

Ing sapinggiripun palataranipun mandhapi karaton wau, kaubêngan gêdhong pisang salirang kados dening kampung pagenan praboting prajurit. Kados ta gêdhong pagenaning prajurit mijipinilih, tamtama tuwin sapiturutipun atdi[9] dalêm prajurit sadaya, salèripun mandhapi, gêdhong kang majêng mangidul, kawastanan gêdhong pacarikan, punika pagenaning abdi dalêm para carik.

Salèring prabayasa wontên gêdhong malih ingkang mujur mangilèn, nama gêdhong panêpèn, inggih punika pagenan panêpèn utawi lênggahan dalêm ingkang sinuhun.

Wondening panggung sănggabuwana kang kapratelakakên ing ngajêng wau, pagenaning wontên ing sawetanipun kori srimanganti [srima...]

--- 19 ---

[...nganti] ing salêbêting capuri utawi ing sisih lêbêt.

Anggèn kula malêbêt ing karaton wau, cinjangan[10] kula cothan, botên ngangge rasukan, sarta ngure rema, mila kawastanan ngure, awit botên mawi ngangge gêlung, rema kula naming katangsulan utawi dipun pocong kemawon.

Pinuju ing dintên Sêtu sontên kula tumut malêbêt ing karaton malih, ing ngriku kula ningali kathah talèdhèk kang sami jogèt ing mandhapi, kathahipun watawis wontên 40, kula pitakèn dhatêng tiyang kang kula dhèrèki wau, punika talèdhèk punapadene kathahipun kantos samantên, angsulaning kang kula pitakèni, punika dede talèdhèk, wondening namanipun bêdhaya, kang sami dados bêdhaya wau, para santana dalêm tuwin para bêndara, para putrinipun kangjêng pangeran, [pange...]

--- 20 ---

[...ran] mila srimpi utawi bêdhaya wau botên kenging bêksa wontên ing sajawining kadhaton, manawi botên wontên sampeyan dalêm ingkang sinuwun. Wondene kang asring kenging bêksa ing jawining kadhaton, punika para santana kang sampun têbih-têbih utawi para abdi pancèn tiyang alit.

Bêksanipun badhaya wau anglangkungi saking sahanipun, panganggenipun ugi sami anèh-anèh, ing tanah pasisir botên wontên kados makatên. Bab bêksa tuwin panganggening bêdhaya wau, kula botên sagêd anyriyosakên ing sêrat punika, sanadyan kula criyosakên sayêktos kirang gênahipun, bilih botên aningali piyambak.

Botên antawis lami anggèn kula wontên ing Surakarta, kalêrês lajêng garêbêg Bêsar, sasagêdh-sagêd[11] kula aningali tata

--- 21 ---

patrapipun garêbêg wau sadaya, dene kawontênanipun, kadosdene ing sêrat pawicantênan Jawi damêlanipun swargi Tuwan Wintêr sêpuh, ing ngandhap punika pêpêthikanipun:

Manawi ingkang sinuhun miyos garêbêg: pakurmatanipun makatên. Sarêng ing dintên dhawahipun garêbêg Bêsar: enjing wanci jam sadasa ingkang sinuhun utusan priyayi wadana lêbêt kêkalih, dhatêng loji, animbali kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kadhaton.

Saunduripun priyayi wadana wau saking loji: antawis botên dangu kangjêng tuwan residhèn nitih kareta dhatêng kadhaton: angirid para tuwan-tuwan mardika tuwin para upsir punapadene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saputra santananipun.

Sarawuhipun ing kadhaton, kangjêng

--- 22 ---

tuwan residhèn sarta para tuwan-tuwan wau tabean akalihan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, lajêng sami tata lênggah wontên ing mandhapi, ingkang sinuhun pinarak ing dhampar majêng ngalèr, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm, para pangeran sêpuh pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saha para tuwan-tuwan pinarak ing kursi wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, wondene para pangeran ênèm sami lênggah ing ngandhap wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Botên antawis dangu ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn miyos dhatêng sitihinggil, kangjêng gusti pangeran adipati anom kanthèn kalihan tuwan asistèn residhèn wontên ing ngarsa dalêm, sarawuhipun [sa...]

--- 23 ---

[...rawuhipun] ing sitihinggil ingkang sinuhun pinarak ing bangsal witana, găngsa monggang mungêl, sarta rêdèn ingkang wontên ing sajawènipun kori kamandhungan ingkang sisih wetan sasêlanipun ing kori gapit akalihan kori kamandhungan wau: kalampahakên ing masjid Agêng mêdal ing sitihinggil ingkang sisih kilèn, satêlasing rêdèn monggang kasuwuk, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên găngsa kyai sêkar dalima.

Anuntên ngunjuk sapisan wilujêngipun garêbêg, kaurmatan drèling prajurit tamtama akalihan mijipinilih sami nigang rambahan: kasauran ing mariyêm. Dene prajurit mijipinilih akalihan tamtama ingkang drèl wau: panggenanipun wontên ing sitihinggil, prajurit tamtama wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, prajurit mijipinilih wontên ing kiwa [ki...]

--- 24 ---

[...wa] dalêm majêng ngetan. Mariyêm ingkang kaungêlakên wau wontên sajawènipun ing pagêlaran ingkang sisih lèr.

Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng priyayi wadana lêbêt kêkalih ingkang sami lênggah wontên ing ngarsa dalêm, andikakakên dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati angêpang khajad dalêm wontên ing masjid Agêng: sarta ambagi ingkang waradin dhatêng abdi dalêm sadaya, kangjêng radèn adipati sowan wontên ing pagêlaran, priyayi wadana kêkalih wau lajêng mêdal dhatêng pagêlaran andhawahakên pangandika dalêm dhatêng kangjêng radèn adipati, wangsulipun saking pagêlaran dhatêng sitihinggil wontên ing ngarsa dalêm malih: mawi munjuk manawi pangandika dalêm sampun kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati, sasampuning ngunjuk rambah kaping wolu: ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên găngsa [găng...]

--- 25 ---

[...sa] ingkang wontên ing alun-alun sadaya.

Botên antawis dangu ingkang sinuhun kondur, wondene tatanipun ing lampah kondur dalêm inggih kados wiyos dalêm wau, sarawuhipun ing kadhaton pinarak ing mandhapi malih, lajêng ngunjuk wedang pêrêsan.

Sarêng sampun: botên dangu kangjêng tuwan residhèn kondur, mawi ngaturi pista ing loji dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati anom akalihan dhatêng pangeran sêpuh anom sadaya, kangjêng radèn adipati sarta para nayaka jawi lêbêt inggih sami kaaturan, nanging ingkang sinuhun botên mawi dipun aturi.

Têdhakipun kangjêng gusti pangeran adipati anom dhatêng loji sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn tunggil sakareta sarêng langkungipun ing loji agêng: kangjêng gusti pangeran adipati anom wau [wa...]

--- 26 ---

[...u] kaurmatan ing mariyêm saking loji agêng kaping tiga wêlas, bibaripun pista wanci jam tiga, konduripun kangjêng gusti pangeran adipati anom kadhèrèkakên tuwan asistèn residhèn, salangkungipun ing loji agêng inggih kaurmatan ing mariyêm: kados ingkang sampun kula pratelakakên ing ngajêng.

Wondene anggènipun ngunjuk nalika sami wontên ing sitihinggil kasêbut ing nginggil wau: 1. Wilujênging garêbêg. 2. Wilujêngipun kangjêng raja ing nagari Wêlandi saputra santananipun. 3. Wilujêngipun kangjêng tuwan gupêrnur jendral. 4. Wilujêng dalêm ingkang sinuhun. 5. Wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn. 6. Wilujêngipun kangjêng gusti pangeran adipati anom. 7. Wilujêngipun putra santana dalêm. 8. Wilujêngipun pulo Jawi.

--- 27 ---

Salèring alun-alun wontên bètèng Kumpêni, kang kawrat soldhadhu: 300, wondening kang jênêngi ing ngriku litnan kurnèl, ing kilèn sarta wetaning bètèng wau loji griyaning para tuwan-tuwan Walandi, kapêrnah ing salèr kilèning bètèng wau, loji karesidhenan, griya karesidhenan punika, anglangkungi wiyaripun, sarta kalêbêt agêng, jobinipun sela cêndhani sadaya, kantor karesidhenan sarta kantor kawat utawi telegrap, wontên ing sisih têngên kalêbêt ing wêngkoning karesidhenan.

Sawingkinging bètèng kaprênah lèr wetan, griya kamar bolah, tuwin griyanipun para tuwan-tuwan sarta toko-toko kados dening salêbêting kitha Sêmarang.

Ing sawingkinging bètèng wau wontên margènipun [mar...]

--- 28 ---

[...gènipun] ingkang mangidul, watawis sapal têbihipun, lajêng menggok mangilèn dhawah dhatêng ing alun-alun kidul kang kula cariyosakên ing ngajêng wau.

Ing ngajênging loji karesidhenan wontên margi kang dhatêng ing pêkên Agêng, sabên dintên ing pêkên wau anglangkungi kathah têtiyang sasadean, mila kawastanan pêkên Agêng, pagenaning pêkên punika wontên ing pacinan kang kalêbêt agêng, sarta kathah griyaning Cina kang agêng-agêng awit kathah Cina kang sami sugih-sugih, ing sakilèning pacinan kapatihan, dalêmipun kangjêng radèn adipati patih dalêm ingkang sinuhun, katingalan saking margi dalêmipun agêng, wondening pranataning sangajêngipun dalêm, kados kabupatèn ing tanah gupêrmenan, dene bèntênipun, naming botên mawi ngangge alun-alun kemawon.

Sampuning kula mubêng-mubêng anêningali

--- 29 ---

ing salêbêting nagari, kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun lèr malih ningali masjid Agêng, masjid wau yasanipun suwargi sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping 7, wangun tuwin rupining masjid, kang katelad masjid ing Dêmak, naming agêngipun, sawatawis agêng masjid ing Surakarta, ing salêbêting masjid wau sadaya dipun cèt pêthak sarta pêpinggiraning sadayanipun kajêng kang cèt-cètan wau karêngga dening praos. Mastakaning masjid kacriyos kang kadamêl jêne arêgi: 27000 rupiyah, mila bilih kasorotan purya[12] katingal sae amancorong, sayêktos angblêrêngi[13] ing tingal. Saking paningal kula ing tanah Jawi botên wontên masjid kang anyamèni punika saenipun.

Saking masjid kula wangsul dhatêng ing kori mandhungan malih, ningali titihan dalêm kreta pameran kang ana[14] grudha puspa kêncana, pagenaning [pa...]

--- 30 ---

[...genaning] wontên ing satêngênipun kori mandhungan wau, sarêng kula aningali kreta punika, anglangkungi gumun kula saking abyarting[15] kreta, cètipun jêne, pinggiran tuwin sêsêkaraning ngangge pêrgulan jêne, salêbêting kreta ugi sutra jêne karêngga sêsêkaran baludiran jêne, mila kula sangêt anjêngêr ningali rêrupèn kang makatên, kacriyos rêgining 20000 rupiyah, saèstu botên wontên kuciwanipun, ananging saking pamanggih kula, sawatawis kirang sugrêngipun, awit saking kabyorên jêne sadaya, wondening bilih wangun tuwin rêrêngganing sêsêkaran, sayêktos kula botên sagêd anyriyosakên saking saenipun. Bilih tiyang botên aningali piyambak, saèstu botên sagêd amratelakakên endahing warnining kreta wau.

Sampuning kula ningali kreta, kula lajêng [la...]

--- 31 ---

[...jêng] aningali ing masjid alit kang wontên ing sawingkinging panêpèn, masjid wau rupènipun limrah kemawon, ananging sangajêngipun masjid wontên balumbangipun alit, ing ngriku wontên bajulipun, asring-asring bajul wau minggah ing dharat, ing ngriku punika kawastanan bandêngan, awit kala rumiyin nate kaingahan ulam bandêng, sawingkingipun masjid kapêrnah sakilèning prabayasa, wontên patamananipun, ugi kawastanan patamanan bandêngan, patamanan wau saking pamanggih kula inggih limrah kemawon, botên wontên kang anganèh-anèhi, awit kula sampun nate ningali patamananipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral ing Bogor kang anglangkungi saenipun, ananging yèn tiyang Surakarta amastani prayogi sangêt. Dene kang anèh utawi kang sae punika, naming pinggiring patamanan kang sisih kilèn, wontên umbulipun [u...]

--- 32 ---

[...mbulipun] kang mêdal saking sumur putêr ingkang dipun gêdhong, toyanipun lajêng malêbêt ing kulah agêng utawi balumbang alit ugi ing salêbêting gêdhong wau, inggih punika kadamêl pasiraman. Praboting gêdhong pasiraman punika sawawratipun prayogi, mawi kapatrapan gambar-gambar, dene pinggiring balumbang pasiraman kasukanan hèk mubêng, margining malêbêt ing salêbêtipun balumbang: kasukanan undhag-undhagan,[16] lêbêting toyanipun, watawis wontên sakawan kaki, sarèhning toya umbul, mila nglangkungi bêningipun sami kalihan toya kang taksih inggal mêdal saking sumbêr.

Ing samăngsa kula kesah dhatêng ing Mangkunagaran, kula pêrlokakên sowan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping 4 punika, mila makatên awit saking kasêngsêm kula amirêng [ami...]

--- 33 ---

[...rêng] ing pawartos, yèn kangjêng gusti punika rêmên kasowanan dening tiyang amănca, sarta pranatan ing Mangkunagaran wau sadaya, anglangkungi saenipun. Dhatêng kula ing Mangkunagaran, kula lajêng katimbalan ing ngarsanipun kangjêng gusti wontên ing pringgitan kang anglangkungi endahipun, sadaya dipun êcèt pêthak mawi pinggiran praos, sanginggiling kori karêngga ukir-ukiran sêsêkaran ugi mawi praosan, jobinipun sela cêndhani, prabotipun kursi sapanunggilanipun sami damêlan nagari Walandi, wondening diyanipun krun pêrgulan jêne sadaya wêlingan piyambak saking Eropah, botên antawis dangu anggèn kula sowan, kula lajêng kadhawahan anêningali ing salêbêting Mangkunagaran ingkang pantês katingalan. Mila kula anuntên ningali mandhapi kang anglangkungi agêng sarta mawi èmpèr kampung

--- 34 ---

mubêng, ingkang sisih êlèr gathuk kalihan ing paringgitan.

Mandhapi wau pyan tuwin sakanipun sadaya sami dipun cèt pêthak pinggiran praos, jobinipun ugi sela cêndhani, diyanipun sadaya krun pêrgulan jêne, ingkang têngah sabanjêng diyaning satunggil-tunggiling krun gangsal lusin, dene kang pinggir nigang lusin. Ingkang wau krun punika kagunganipun kangjêng gupêrmèn kang katrapakên ing dalêmipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral ing Bêtawi, sarèhne ing ngriku krunipun kagêntosan diyan gas sadaya, mila kasuwun dipun tumbas ing kangjêng gusti arêgi 10000 rupiyah, ingkang wau krun punika ngangge diyan lilin bênggala, ananging samangke kagêntosan lisah latung, kawêlingakên diyan latung alit-alit. Wondening prabotipun ing satêngahing mandhapi sadaya damêlan ing Eropah, wondening [wo...]

--- 35 ---

[...ndening] kang pinggir katrapan kursi damêlan Jawi, kathahipun watawis wontên 300, katata kados dening pagêr angubêngi mandhapi, inggih punika sadhiyanipun bilih wontên damêl jagongan utawi pista Walandi, mila bilih tiyang katêmbèn aningali dalêm ing Mangkunagaran, sayêktos amlêngêrên awit saking kagilapên aningali mobyoring sadayanipun kang katingal ing ngriku.

Sangajênging mandhapi ingkang têngah kanthèt kalihan èmpèr kampung kang sisih kidul, kasukanan bangsal tosan palerehaning kreta panggènaning mandhap para tuwan-tuwan Walandi ingkang sowan, bangsal wau damêlan ing tanah Eropah, sarêng bangsal punika sampun rampung anggèning ngadêgakên, kangjêng gusti lajêng utusan angarang rêrênggan mawi kidung, kados ing ngandhap punika:

--- 36 ---

Srêngkara

1. palataran sakidul mandhapi | winêwahan warni bangsal tosan | pirantos pakèndêlane | sagunging para tamu | ingkang nitih rata myang bèndi | ing ngriku mandhapira | kala adêgipun | Sukra tri wêlas candrama | ing lèk Sawal Ehe sêngkalaning warsi | karya tan ngèsthi warna |[17]|

2. cinarita ingkang bangsal wêsi | wêwêlingan saking ing Dhaitslan | ing kitha Barlin pabrike | Wèlêm Kam kang ingutus | Tuwan Borsik ingkang akardi | tinutur panjangira | sawêlas ingukur | panyêlak nênêm saprapat | inggilipun sakawan kawan dasa dim | ukur elo Nèdêrlan ||

3. wawratira kalih atus dhacin | langkungipun kawan dasa tiga | nyatus kati sadacine[18] | ngajêng pangaosipun | kalih lêksa wontên ing pabrik | sanèsing kang prabeya | praptanirèng dunung | punika tan winursita | mung kinăndha wangun rarêngganing panti |

--- 37 ---

tumraping tanah Jawa ||

4. dara gêpak pinapak lir candhi | blandar wiyar tan miyur santosa | tosan balabagan dèn ge | sinambung adu ujung | kêkahira kinêlam kêling | ingompak marmêr seta | pilare piningul | lingire pinara astha | praptèng madya binubut bundêr dinalir | ginêgêl gêlang kana ||

5. têtirahe ginănja pêsagi | amaju pat pinartima muka | kadya nguni caritane | duk para surawadu | arsa godha marang Pamadi | cinoba kinèn taya | mubêng ngarsanipun | Hyang Brama lan Batharendra | kalihira sangêt kacuwan ing galih | puara sami nyipta ||

6. catur muka mrih bawera ngaksi | lawan pandham[19] turunaning wulan | kang anèng pilar isthane | dene ta kang dumunung | sêsambêtan dauping[20] êlis | sami pratima muka | èstri lawan jalu | amubêng kadi rumêksa | lan nambrama dhatêng kang lumêbèng panti | sumèh sêmuning netya ||

7. pinardawa rarênggan ing

--- 38 ---

ning nginggil |[21] pucak sinung makuthasma raja | tumumpang tamèng isthane | punika wrêdènipun | Kangjêng Raja Wèlêm pinundhi | tamèng nayakanira | kang nangkis pakewuh | pinarcaya ngrèh jajahan | kang dèn andêl ing wadya kang dèn ratoni | dene aksara asma ||

8. Mangkunagara ingkang umunggwing | tamèng raja iku wrêdènira | tan liya amung sumendhe | mring para andêlipun | Kangjêng Raja Nèdêrlan sami | kang anèng tanah Jawi |[22] dene ron kang mlêngkung | kalih pang tinalèn pita | yeka tăndha kang asma wus pinarcadi | antuk bintang ing jaja ||

9. widadari ingkang ngapit-apit | kang satunggal obor kang ginawa | kalam lar kang satunggile | yeka sasmitanipun | kang tinêdha ing siyang ratri | mugi mitulungana | dhatêng prajanipun | yèn pêtêng dèn padhangêna | lamun supe sumêlang ruwêding kapti | mugi dèn èngêtêna ||

10. ngandhap tamèng mukaning [muka...]

--- 39 ---

[...ning] maharsi | sumping anggur lan mikul puspita | malèngèh katon guyune | sakiwa têngênipun | widadari kêkalih sisih | sami bêk tabuhan[23] | sumangsang nèng êlung | kilayu sarêng si wrêda | ngayubagya manadukara sêsanti | dhatêng sang ambêk darma ||

11. wrêdènira kang winahya lagi | rêsi wrêda tatale ing kuna | kontap ing kasudarmane | marma samangkenipun | pinartima wau kang warni | panrih[24] sami uninga | dene sumping anggur | ing nguni singa cêlaka | sêgêr sumyah mirêng sabdaning sang rêsi | amikul kang puspita ||

12. rinambatan para widadari | ingkang sami gêndhing sasêndhonan | punika ing sasmitane | sintên ta kang andulu | puspa anjrah manuksmèng ing wit | èstu rêna ing driya | rêsêp manahipun | sumawana yèn miyarsa | swara arum sasêndhon anuju kapti | yanti[25] inggaring karsa ||

13. kanan kering jêjamang ing nginggil | pinartima têngah

--- 40 ---

paris waja | dèn apit warangganane | anyêpêng buntal landhung | sawarnining sari sinuji | angawêng cinêpêngan | dening surawadu | sami munggwing lung puspita | ngwingkingira sarpa wilis tang[26] sumingit | nèng patra yun sikara ||

14. kadênangan dening paksi kalih | kang taksaka tanbya[27] pinarwasa | pinatuk lina têmahe | yeka sasmitanipun | sapa arsa sikara budi | sayakti tan widada | ing samarganipun | dèn mrinani ing sasama | beda lawan kang ayu jujur ing kapti | èstu manggih raharja ||

15. wontên malih rarêngganing nginggil | ujung ngajêng kanan kering mawa | gênuk tosan pêpindhane | kumbaya duk ing dangu | kang kinarya ngêdus Pamadi | anèng Ngendrabawana | tinulad ing wangun | kang isi tirta nugraha | wit Sang Parta samana madêg narpati | gumanti Batharendra ||

16. marmanira linuri kang warni | dadya srana sasmita panêdha | miriba ing kabêgjane | mangkana sêdyanipun [sêdyanipu...]

--- 41 ---

[...n] | asma ingkang dumunung paris | Mangkunagara juga | kalih tiganipun | praptane kaping sakawan | pinarsudi widadanirèng pambudi | mangun arjaning pura ||

Sawetaning mandhapi wontên gêdhong panjang mawi lotèng, kanamakakên dirgasana, kang ngandhap sadaya kantor-kantoripun priyayi narapraja tuwin kantor arta, kang nginggil wadhahipun barang-barang kagungan dalêm kang botên kangge sabên dintên. Sakidulipun ing dirgasana wau wontên gêdhong kampung malih mujur mangidul, inggih punika pagenanipun praboting prajurit dalêm infantêri, cêlaking kori ngajêng kang malêbêt ing cêpuri Mangkunagaran, wontên griya satunggal, ngajêngipun mawi mandhapi bale mangu alit, kawastanan kapulisèn. Mila kawastanan makatên, awit pagenanipun amriksa prakawis, dene griyanipun punika [pu...]

--- 42 ---

[...nika] kantor militèr, kilènipun wontên gêdhongipun malih mujur mangilèn, pagenaning kagungan dalêm mariyêm-mariyêm. Kilènipun malih wontên gêdhong mujur mangalèr pagenaning găngsa warni-warni, lèripun punika pagenan kreta bagus-bagus agêm dalêm piyambak, sarta kreta pameran kang anama căndrakanta, kacriyos ingkang wau rêgènipun: 12000 rupiyah reta wau sadaya kasukanan gambar krun jêne kang wontên cirining asmanipun kangjêng gusti, ing lêbêt ngangge sutra sêkaran jêne, wondening cètipun kang jawi ijêm sêpuh pinggiranipun pêrgul jêne sadaya, salèring pagenan kreta wau wontên gêdhong kampung panjang malih pagenaning bêkakas dhahar sarta bala pêcah tuwin pangrimatipun minuman.

Sajawining cêpuri kang ngajêng kapêrnah wetaning griya kapulisèn wau, wontên sêtalanipun [sêta...]

--- 43 ---

[...lanipun] anglangkungi agêng, pagenaning kapalipun prajurit kaplêri sarta sêtabêl, kapagêran mubêng, regoling sêtal wau anglangkungi agêng sarta wontên lotèngipun, kang ngandhap pagenaning praboting kapal, dene lotèngipun kangge kêmpalan para militèr angrêmbag sarta ajar bab pangabaning lampahipun baris.

Wondening rupènipun sêtal wau saking saenipun, kula botên sagêd anyriyosakên, jobinipun sadaya sela damêlan saking nagari ing Cina, sangandhaping sêtal, wontên toyanipun kang amili sarta ing ngriku wontên kamar-kamaripun pagenaning rumput, dene pambêktaning rumput saking kamar dumugining satunggil-tunggiling kapal, kamot ing grobag alit, kang tumrap ing klacèn tosan utawi ril, kados dening rilipun kreta latu utawi trèm we, sêtal [sêta...]

--- 44 ---

[...l] wau kawrat kapal 100, mila anglangkungi agêngipun, dene wragading pandamêlipun kantos dadosing sêtal wau têlas: 300000 rupiyah.

Sasampuning kula anêningali sadaya, kula lajêng pamit mandhap wangsul dhatêng ing pondhokan. Panuwun kula pamit wau inggih kalilan, sarta kula kadhawahan, kakarsakakên wangsul ing Mangkunagaran malih ing dintên tingalan dalêm taun panjênêngan tanggal kaping 25 wulan Bêsar, awit ing dintên punika bojana agêng prasasat garêbêgipun ing Mangkunagaran.

Sarêng dumugi ing dintên kang kapratelakakên ing nginggil, wanci jam 9 kula sampun dhatêng ing Mangkunagaran malih, sarêng lampah kula dumugi ing margi enggok-enggokan ingkang dhatêng ing Mangkunagaran, kula ningali baris rontèk gêndera Walandi awit saking ngriku dumugi ing kori cêpuri [cê...]

--- 45 ---

[...puri] ngajêng mandhapi Mangkunagaran, wondening têbihipun: watawis wontên saprapat pal, wondening kang cêlak ing kori, barisipun bêkta umbul-umbul pareanom, agêmipun pangeran adipati, dene kathahipun têtiyang ingkang baris wau, watawis wontên sèwu, panganggènipun têtiyang samantên punika kados soldhadhu sami sadaya, ingkang 900 prajurit saking dhusun, kang satus abdi dalêm prajurit kang anama wirontana tuwin subamanggala sami bêkta umbul-umbul pareanom. Sajawining barisan wau, wontên baris mariyêm sawatawis, tumuntên kula malêbêt ing kori cêpuri, ing salêbêtipun cêpuri, kula ningali baris agêng soldhadhu dharat bêkta sanjata ingkang kawastanan prajurit infantêri, pagenaning wontên ing sakiwa têngênipun mandhapi kapêrnah ngajêng watawis kathahipun [kathahipu...]

--- 46 ---

[...n] wontên 600 prajurit samantên punika sami mangangge pameran dalah para upsiripun sadaya, dene ing èmpèr kampunging mandhapi kiwa têngêning undhag-undhagan kang sisih ngajêng sawingkinging bangsal tosan kasukanan găngsa.

Botên antawis dangu, găngsa monggang mungêl anyarêngi ungêlipun musikan, sarêng kula ningali mangalèr, wontên jajaran waos kathah mêdal saking sakilèning dalêm, kang kaapit-apit dening jajaran wau: pangulu saprikancaning mêthakan sadaya, angrêmbat bungkusan sinjang pêthak panjang, rêmbatan punika kairingakên tumpêng sêkul akathah, kula pitakèn dhatêng tiyang ing ngriku, kang dipun kurmati makatên punika punapa, wangsulanipun kang kula pitakèni, punika khajad sidêkah dalêm tingalan panjênêngan, dene kang kabungkus sinjang pêthak, awarni kawat jêne, sêlaka,

--- 47 ---

suwaos, tosan sarta waja, panjangipun sadêdêg dalêm kangjêng gusti, sidhêkah dalêm wau lajêng katata ing èmpèr kampung mandhapi kang sisih kilèn. Wanci jam 10 para kangjêng pangeran ing kasunanan tuwin priyayi sanèsipun sadaya sami anglêmpak ing mandhapi, waktu punika ugi kangjêng gusti anglampahakên kreta kagungan dalêm pameran pun căndrakanta ngangge kapal tèji sakawan tapêthukakên[28] ing kangjêng tuwan residhèn, lampahipun kreta wau kajajaran prajurit kaplêri sakawan likur mawi katindhihan upsir satunggil. Botên antawis dangu kangjêng tuwan residhèn rawuh nitihi kreta wau sarêng kalihan tuwan litnan kolonèl kumêndhaning militèr ing bètèng Surakarta, sawingkinging kreta wau kathah kreta-kreta malih katumpakan dening para tuwan-tuwan kang sami kasuruhan bojana.

--- 48 ---

Rawuhipun kangjêng tuwan residhèn dipun kurmati dening ungêlipun găngsa monggang anyarêngi ungêling musikan, dene găngsa kang wontên ing mandhapi kaungêlakên ladrangan. Sarêng kangjêng tuwan residhèn têdhak saking kreta, lajêng malêbêt ing mandhapi lênggah ing têngah majêng mangidul, kangjêng gusti tuwin para kangjêng pangeran sadaya sami lênggah ing têngênipun, litnan kolonèl, para asistèn residhèn tuwin para tuwan-tuwan sanèsipun sadaya sami lênggah ing kiwaning kangjêng tuwan residhèn. Para wadana bupati ing kasunanan, radhèn[29] tumênggung patih ing Mangkunagaran saprikancanipun, sami lênggah ing kursi kang sisih kidul kilèn majêng mangalèr, sarêng sampun sami lênggah sadaya, pakurmatanipun kangjêng tuwan residhèn drèl sanjata kaungêlakên kaping sawêlas mawi kasauran ungêlipun mariyêm, dene kang drèl wau prajurit [praju...]

--- 49 ---

[...rit] kang sami baris wontên ing sakiwa têngêning mandhapi, sadrelan kang mungêl sanjata satus, saking sagêd tuwin lêbdaning prajurit, ungêling sanjata satus wau dados saungêlan, kados mariyêm satunggil, awit saking sarênging ungêlipun.

Sasampuning pakurmataning kangjêng tuwan residhèn lèrèh ênggoning ngungêlakên, pêngulu lajêng andongani kajad dalêm wau, lèrèhing ênggènipun donga pêngulu, tumuntên dipun kurmati drèl sanjata sarta ngungêlakên mriyêm kaping tiga.

Sampuning lèrèh pakurmatan sadaya, para upsir lisiyun sami malêbêt ing mandhapi, litnan kolonèl tumêdhak sarta para mayor lumampah ing ngajêng dados pangajênging para upsir pangandhapanipun watawis wontên 36, dhatêngipun ing mandhapi sami ngaturi tabe dhatêng kangjêng tuwan residhèn sarta tuwan litnan [litna...]

--- 50 ---

[...n] kolonèl, pangajêngipun wau ênggènipun têtabean kalihan nyukani asta, dene sanèsipun namung sami mandhuk[30] kemawon. Sampunipun makatên para upsir tuwin sanèsipun lajêng sami lênggah, tumuntên sunggata kang warni wedang tuwin unjuk-unjukan sami kaladosakên, botên dangu lajêng abdi dalêm wirèng sami bêksa kalih-kalih, kang sami mangangge endah-endah, dene panganggenipun wau gêntos-gêntos, bilih bêksa Karna tandhing ngangge panganggenipun Janaka, bilih bêksa Panji inggih ngangge panganggenipun Panji sapiturutipun, dene panganggenipun sami mobyor, wondènkên[31] warnining bêksa warni-warni, watawis langkung saking sadasa warni, têtiyang kang anêmbe ningali bêksaning wirèng wau, sayêktos anjêngêr anggèning ningali, saking sae tuwin rikatipun bilih kalêrês [kalêrê...]

--- 51 ---

[...s] pêrangan, dene dêdamêlipun kang kaangge pêrangan wau, dhuwung, panah, lawung utawi kênthès.

Watawis jam 1 siyang sami dhaharan wontên ing meja sadaya, bibaring dhahar jam 3 lajêng sami lênggahan mriksani bêksanipun wirèng malih sakêdhap, tumuntên sami bibaran sadaya, kangjêng tuwan residhèn kondur nitih kreta sarta dipun kurmati kados nalika rawuhipun.

Mandhap kula saking ngarsa dalêm, kula kadhawahan wangsul malih ing Mangkunagaran. Mila botên antawis lami kalêrês tingalan dalêm dintên wiyosan Akat Lêgi, kula sowan, ing ngriku sami kêmpalan kados tingalan dalêm taun panjênêngan wau, ananging namung kêmpalan para santana tuwin abdi dalêm sadaya kemawon, botên mawi anyuruhi para tuwan-tuwan Walandi utawi para kangjêng pangeran ing karatonan, [karato...]

--- 52 ---

[...nan] wondene sanadyan botên kasuruhan, bilih wontên ingkang purun dhatêng inggih katampèn. Ing waktu dintên punika kangjêng gusti amriksani abdi dalêm prajurit sadaya, kapriksa pangangge tuwin dêdamêlipun, sasampuning kapriksanan lajêng sami gladhi baris, kathahipun prajurit lisiyun sadaya: 800, kados ta prajurit ingkang dharat utawi infantêri 600, prajurit kêkapalan utawi kapalêri 70, sêtabêl utawi mriyêm tiyang 80, dalah para upsiripun dados: 800. Anggèning gladhi baris wau anglangkungi saenipun, sami kemawon kalihan soldhadhu gupêrmèn, makatên ugi panganggening rêsikipun botên sanès kalihan soldhadhu Kumpêni, kajawènipun soldhadhu lisiyun, kangjêng gusti kagungan malih ingkang bêkta dêdamêl waos kang mawi katrapan gêndera rontèk sarta

--- 53 ---

naming waos kemawon, kanamakakên prajurit wirontana tuwin subamanggala, kathahipun watawis wontên 300, panganggenipun sami ugi kados soldhadhu lisiyun.

Sanèsing punika wontên malih prajurit răngga, bêbêktanipun ugi waos, panganggening cara Jawi calana pancèn-pancèn, ngangge kuluk, kathahipun 100.

Sasampuning kamriksani[32] abdi dalêm soldhadhu sadaya, lajêng drèl sanjata sarta angungêlakên mariyêm kados nalika tingalan agêng kang kasêbut ing nginggil. Sampuning drèl lajêng sami lênggahan tuwin bojana, wanci jam 1, sami dhaharan, bibaranipun watawis jam 2 siyang.

Sarêng kula nuwun pamit mandhap, kadhawahan ing sawatawis dintên kula kakarsakakên ningali kagungan dalêm pabrik gêndhis kêkalih, [kêka...]

--- 54 ---

[...lih] kesah kula wau badhe kaparingan tumpakan kreta, unjuk kula inggih sandika.

Ing satunggiling dintên wanci enjing, wontên kreta dhatêng ing pondhokan kula mawi kadhèrèkakên abdi dalêm kaliwon Mangkunagaran, kang kakarsakakên angirid lampah kula anêningali dhatêng kagungan dalêm pabrik wau, inggal tumuntên kula mangkat kesah dhumatêng Malangjiwan pagenaning pabrik punika, wondening pabrikipun kaparingan nama Calamadu, sadhatêng kula ing ngriku, anglangkungi gumun kula ningali pabrik ingkang makatên margènipun, botên angamingakên sae sarta rêsik kemawon, ananging bêkakasipun sanès kalihan pabrik-pabrik liyanipun punika, awit sadaya lampahing toya utawi duduhipun rosan kantos dadosipun gêndhis, botên mawi

--- 55 ---

kalampahakên dening tiyang, nanging lampahipun sarana bêkakas asêp sadaya, kados ta: samêdaling duduh rosan wau saking pamipitan, lajêng kapumpa kalihan bakakasipun asêp minggah manginggil, kang watawis wontên 20 kaki inggilipun, tumuntên malêbêt ing saringan, kang kadamêl nyaring wau arêng obong-obonganing balung, lampahipun kalihan dipun panasi asêp, sampuning malêbêt ing saringan kaping tiga utawi sakawan, lajêng malêbêt piyambak dhatêng kawah tutupan kaping sakawan lajêng mêdhun nitis dados gêndhis, mila awit toya wau mêdal saking pipitan kantos dadosipun gêndhis, botên katingal, amargi lampahipun saking satunggil dumugi satunggiling kawah, mêdal ing salêbêting bumbungan utawi pipa tosan utawi têmbagi, wondene têtiyang kang anjagi ing salêbêtipun pabrik [pa...]

--- 56 ---

[...brik] namung wontên têtiyang tiga, kang anêningali bilih sampun wancining ngêlih toyanipun rosan wau saking satunggiling kawah tutupan dhumatêng satunggilipun kawah, tiyang wau lajêng ambikak ing tutupipun bolongan pipa utawi kang kawastanan kran, bilih sampun nitis dados gêndhis lajêng kalêbêtakên ing grobagan tosan alit ingkang rodhanipun tumumpang ing klacèn utawi ril, tumuntên kasurung dening tiyang dipun sokakên ing kothak tosan. Manawi gêndhis wau sampun asrêp, lajêng kalêbêtakên ing pêngaron tosan rangkêp, kalêbêt trancangan kados dening kalo pangayakan, kang jawi tosan buntu, nanging ngandhapipun mawi bolongan, pêngaron wau kaubêngakên dening bêkakas asêp anglangkungi sêsêripun, kang ing dalêm samênut, mubêng kaping: 1500, agèning[33] kaubêngakên makatên [ma...]

--- 57 ---

[...katên] punika, amrih mêdaling tètèsipun, wêdaling tètès saking kalo dhawah dhatêng ing pêngaron tosan lajêng mili mangandhap. Antawis sadasa mênut tètèsipun sampun mêdal sadaya, kantun gêndhising kemawon kang anglangkungi pêthakipun sarta sampun malêm, gêndhis wau tumuntên kawêdalakên kadèkèk ing paleleran tosan kang nglangkungi panasipun, awit sangandhaping tosan punika dipun lêbêti asêp ingkang panas. Antawis saprapat jam, gêndhis wau sampun garing sadaya.

Kang agarap[34] damêl ing pabrik sadintênipun namung têtiyang: 90 têtiyang samantên punika nyambutdamêl ngusung rosan, ngusung sarta mepe ampas, ngêlèr gêndhis sarta nyurung grobag kang kaisènan gêndhis, punapadene ngumbah arênging balung kang mantun kangge nyaring gêndhis, ing salêbêting pabrik [pabri...]

--- 58 ---

[...k] botên wontên tiyang kuli kang nyambutdamêl awit botên wontên sanèsing saking bêkakas asêp sadaya, dene lampahipun bêkakas punika namung kajagenan dening mandhor-mandhor asêp kemawon. Mila ing salêbêting pabrik, rêsik kemawon kados dening salêbêting griya Walandi.

Sabakdaning kula ningali pabrik wau, kula mampir ing griyaning juragan utawi atministraturipun Walandi, sasampuning kula kasunggata sawatawis, kula lajêng wangsul dhatêng ing Surakarta malih, enjingipun kula kairid malih dening kliwon kang dhèrèkakên ing lampah kula wau, kesah dhatêng ing dhusun Karanganyar ugi aningali pabrikipun kangjêng gusti kang anama Tasikmadu, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng amubêng nêningali kawontênanipun pabrik wau sadaya, saking paningal kula anglangkungi sae sarta langkung agêng tinimbang kalihan [kaliha...]

--- 59 ---

[...n] Calamadu, bêkakasipun sami kalihan ing Calamadu, ananging prênataning sadayanipun sae ing Tasikmadu, mila makatên, awit sarêng kangjêng gusti badhe karsa yasa punika, utusan Walandi ingkang ngrêtos bab pabrik tuwin bêkakas asêp dhatêng tanah Eropah, supados aningalana ing pabrik-pabrik ing Eropah sadaya, pundi bêkakasipun ingkang sae kakarsakakên anelad utusan damêl makatên, mila jangkêp sarta prayogi rupènipun, punapadene sadayaning bêkakas tosan tuwin têmbagi mawi kapatrapan ciri asmanipun kangjêng gusti kang wontên krunipun ing sanginggiling asma wau, wondening wanguning griya pabrik kadamêl anyarupèni prabotipun, mila botên wontên kang kuciwa, milanipun kadamêl agêng awit kangge giling rosan: 500 bau, dene ing Calamadu namung kangge

--- 60 ---

giling: 400 bau, wragading pandamêlipun pabrik Tasikma[35] wau, kacriyos têlas: 800000 rupiyah.

Sanadyan kathah pabrik-pabrik kang sampun kula tingali ing tanah pasisir, nanging botên kula criyosakên sadaya kados punika, mila makatên sanèsing pabrik botên wontên kang anganèh-anèhi, awit prasasad rupi utawi bêkakasipun sami sadaya, wontêna sanèsipun, namung sawatawis kemawon, sarta ing salêbêtipun ing pabrik botên rêsik kados punika, sampuning kula anêningali ing ngriku, kula wangsul mali[36] dhatêng ing Surakarta.

Kitha nagari Surakarta punika, saking pamanggih kula rupènipun kirang nyumêrêpi yèn kitha karaton, awit papan pagriyaning tiyang Jawi kathah ingkang awon-awon, griya-griyanipun sami risak tuwin [tu...]

--- 61 ---

[...win] katawis yèn kirang pranata, dene ingkang sae-sae punika, namung dalêmipun para agêng tuwin priyayi sawatawis, ananging samangke sadangonipun wontên kreta latu punika, kathah majêngipun, kathah para agêng tuwin priyayi kang pranataning dêdalêm cara Walandi, malah trêkadhang wontên satunggil kalih para agêng manawi kalêrês bojana: dhaharanipun cara Walandi, dhaharanipun numbas dhatêng satunggiling koki Walandi, ing kalanipun dhaharan wau mawi kasukanan dalancang karêngga dening praos kasêrat amratelakakên dhêdhaharan kang badhe kaladosakên, Walandi amastani pratelaning dhêdhaharan wau: mênu.

Kantos dumugènipun samangke kathah para agêng kang rêmên ambucal yatra kangge têtumbasan kang kirang pêrlonipun, punapadene kaparing-paringakên dhatêng ing wanodya, botên agalih[37] dhatêng putra ing wingking, [wing...]

--- 62 ---

[...king] putra wayah wau botên sami kagalih pamardènipun ing kawruh, namung para wayahipun Kangjêng Gusti Mangkunagara punika, kang sami kaprêdi ing kasagêdan sarana sami kawulangakên ing sakolah utawi pamulangan Walandi, malah wontên wayah dalêm satunggil kang kalêbêtakên ing pamulangan agêng ing Bêtawi, dene panganggenipun inggih cara Walandi, remaning kakêthok kados dening Walandi.

Kala rumiyin para agêng kathah kang angagêngakên angunjuk awis, ananging samangke sampun kathah kirangipun para agêng ingkang sami ngunjuk.

Ing salêbêting cêpuri kadhaton, sadaya griya-griya tuwin gêdhong-gêdhong katawis kirang pangrimatipun, mila katingal sami rêsah, kang kula gumunakên punika, saking kathahipun têtiyang èstri ingkang malêbêt mêdal ing kadhaton, anèm sêpuh, [sê...]

--- 63 ---

[...puh] awon sae kenging kemawon malêbêt ing cêpuri lêbêting kadhaton, sok ugi sumêrêp cara tuwin panganggenipun, lajêng dhèrèk iring-iring dhatêng pra santana èstri ingkang malêbêt, măngka para agêng èstri utawi para putri kang malêbêt wau abdi para nyaènipun kathah kang ngiring, mila gampil sangêt bilih wontên tiyang èstri nyamur dhèrèk ngiring malêbêt.

Wondening kang katingal rêja sae-sae griyanipun punika namung para Walandi tuwin Cina, awit ingkang kathah para tuwan-tuwan Walandi wau, kathah kang sami gadhah bumi anggèning nyewa saking para agêng utawi priyayi Jawi, dene Cina-cina punika pagêsanganipun anglampahakên yatra kang bêbingahipun kantos langkung saking gangsal rupiyah kang satus rupiyah ing dalêm sawulan, makatên punika mawi nyukani cêpêngan barang jêne utawi sela intên sapanunggilanipun. [sapanunggi...]

--- 64 ---

[...lanipun.] Mila dados para tuwan-tuwan Walandi sarta Cina-cina wau pagêsanganing mêndhêt saking kirang sagêdipun tiyang Jawi, dene kang sagêd angrimati sarta amrêdi kawêdalaning bumi punika, amung Kangjêng Gusti Mangkunagara piyambak, kang kagunganing arta kantos dados ayutan. Wondening tiyang alit ing dhusun-dhusun sami kathah kang kêkirangan, griyanipun awon-awon, mila makatên awit yatranipun sami kapêrês dening para agêng, priyayi utawi Walandi kang sami gadhah bumi.

Sarèhning kathah para agêng tuwin priyayi kang sami kagungan abdi èstri, mila sami kathah-kathah putranipun, bilih sampun agêng kaetang botên sagêd angrimati utawi paring wulang ing kawruh dhatêng ing para putranipun, mila kathah putra-putra kang sami anglampahi awon, sarana utusan lampah awon utawi nglampahi [ngla...]

--- 65 ---

[...mpahi] awon piyambak, dene kang kathah sami anglêbêtakên awisaning nagari bab pêtêng.

Wondening salêbêtipun kitha nagari, kathah têtiyang kang sami rêmên ngapus-apusi, para putra kang sami kêkirangan wau wontên ugi kang agadhah lampah makatên, amargi wirang saupami têtanèna utawi bêbêraha ngrêmbat, dene pandamêlan sanèsipun botên pikajêng pisan, awit alit mila sadèrènging gadhah pikajêngan piyambak, botên kaprêdi ing damêl, tansah sami dêdolanan sarta ambêbingah ing manah kemawon, mila sarêng sampun agêng: lajêng kulina ajrih ing damêl, măngka yèn botên nyambutdamêl botên sagêd angrimat ing badanipun piyambak, jalaran saking punika, kathahipun para putra kang anglampahi ingkang kirang prayogi wau.

--- 66 ---

Sarèhning para agêng ing Surakarta punika botên kagungan damêl, amargi alit mila sampun kakadhang-kadhang[38] kacawisan dhaharipun, mila kirang pamrasudining kawruh, dados sadintên-dintên naming agung bingah-bingah kemawon sarana kêkêmpalan, utawi andumugèni karsanipun kalangênan wanodya kang andadosakên kathahing putra, ing wingking botên sagêd angrimati sapantêsipun, punika kang dados jalaran pakèwêding parentah ing Surakarta.

Kawujudan kados kang kapratelakakên ing nginggil wau, saking pamanggih kula ing wingking sagêd ical, jalaran kawontênaning kreta latu samangke punika, awit saking kreta latu wau, tiyang Surakarta gampil sagêd kêkesahan anêningali ing tanah pasisir kang pranatanipun sae-sae, punapa malih sapunika para wayah dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun [sa...]

--- 67 ---

[...mpun] kathah kang kapêrdi ing kasagêdan, yêktosipun punika badhe dados têteladan ing kathah, malah samangke wontên putra dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara saking ampeyan kang kadadosakên jaksa ing Kabupatèn Kêdhiri, pamrihipun namung kadamêl mêncar jajahan sarta sampun kantos dados awon-awonaning para sadhèrèkipun kang saking ngajêng kang sami jumênêng pangeran wontên ing nagari Surakarta, malah manawi wontên bêjanipun, ing wingking sagêd dados bupati ing tanah Gupêrmenan, kang kuwasa tuwin kamuktènipun langkung saking panjênênganing para pangeran kang kathah-kathah.

Sarèhning sampun cêkap agèn kula ningali sarta anyriyosakên kawontênaning nagari ing Surakarta, mila kula anglajêngakên lampah kula, enjing kula mangkat saking Surakarta numpak kapal dhatêng ing Wanagiri, [Wa...]

--- 68 ---

[...nagiri] têbihipun saking nagari: 20 pal, dhatêng kula ing sabrangan bênawi ing Bacêm, ing cêlakipun sabrangan wau wontên pasanggrahanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun, nama Langênharja, pasanggrahan wau damêlan inggal, mila sadaya taksih katingal prayogi, pagenaning wontên ing sapinggiripun bênawi, inggih punika kang samangke asring-asring katêdhakan kadamêl amêng-amêng dening sampeyan dalêm ingkang sinuhun. Sampuning kula ningali ing ngriku sakêdhap kula anglajêngakên lampah kula, dhatêng kula ing Wanagiri kula lèrèh sipêng ing griyaning ngabèi, Wanagiri punika wontên pasanggrahanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara, ananging samangke sampun risak, namung ing sisihing wontên griyanipun gêbyok wangun gêdhong, kapanggenan dening asistèn residhèn kang nyêpêng pulisi ing dhêstrik Wanagiri, Sêmbuyan tuwin Karangpandhan. [Karangpa...]

--- 69 ---

[...ndhan.] Pasanggrahan wau angajêngakên rêdi amêngkêrakên lèpèn kang dhawah dhatêng Surakarta kawastanan bênawi wau, kala rumiyin pagenaning amêng-amêng abêbêdhag[39] utawi nyanjata sangsam. Wondèntên sitining lêmpung sarta kathah selanipun, mila kirang prayogi, kêkayonipun mèh botên wontên, panasipun sangêt sarta bilih siyang siliraning kêncêng.

Enjingipun kula mangkat dhatêng ing dhusun Kakap, têbihipun saking Wanagiri: 16 pal, ing ngriku kula lèrèh malih sipêng sadalu ing griyaning dêmang taksih ugi bawah Mangkunagaran. Enjingipun kula anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Pacitan, sarêng dumugi sakiduling dhusun, lajêng minggah ing Rêdi Kidul, antawis sakawan pal têbihipun saking Kakap, dumugi dhusun Galonggong watêsipun siti Surakarta kalihan Pacitan.

--- 70 ---

Sakidulipun kitha nagari Surakarta watawis wontên 8 pal têbihipun, dumugi sagantên kidul sakilèning Pacitan, sadaya dhèrèk bawah siti Mangkunagaran.

Lampah kula wau numpak kapal kemawon, awit margining sangêt pakèwêdipun yèn ta kalampahana dening kreta, kenging ugi nanging kêdah ngangge kreta kang ènthèng sarta alit.

II. Cariyosing Kabupatèn Pacitan, Karesidhenan Madiun.

Lampah kula wau: wanci siyang dumugi ing Dêstrik Pringkuku, sasampuning kula aso ing griyaning wadana ing ngriku, kula anglajêngakên lampah kula, dhatêng kula ing udhun-udhunaning rêdi kang cêlak ing Pacitan, kitha Pacitan sarta sagantên kidul katingal [kati...]

--- 71 ---

[...ngal] cêtha, malah alun utawi ombakipun sampun kapirêng saking ngriku gumalêgêr kados galudhug gumalêdhêg, măngka têbihipun ing ngriku punika saking laut wontên 5 pal. Sayêktos anglangkungi sae ing paningal, yèn aningali kitha tuwin sagantên sunglo[40] kang prasasat kakêpang dening rêdi, amargi kiwa têngên sarta lèripun kaubêngan rêdi ingkang inggil, dados wanguning pagenan punika anglojok, sapalihing lojokan kitha tuwin padhusunan sawatawis kang sitènipun waradin, sapalihipun laut kados talaga, botên antawis dangu, lampah kula dumugi ing kitha kang kula sêdya badhe kula dhatêngi wau.

Anggèn kula lèrèh ing Pacitan, lamining 5 dintên, jalaran saking sayah kula numpak kapal saking Surakarta, mila kula aso ing pondhok ngantos tigang [ti...]

--- 72 ---

[...gang] dintên lamènipun, sampuning punika, kula lajêng anêningali ing kitha tuwin sanèsing kang yogi katingalan.

Bawining kitha têbih saking măncanagari prasasad kitha dhusun, sarta margènipun anglangkungi pakèwêd, mila kirang saenipun, ananging sanadyan makatêna, saking saening prananata,[41] samurwating dhusun inggih dados prayogi, jalaran kang andadosakên sae punika, sitènipun kamoran pasir, mila têtanêman tuwin kêkayonipun sami subur-subur, kabupatèn tuwin asistèn residhenan sami ngajêngakên alun-alun, kabupatèn ingkang lèr, asistèn residhenan ing kidul dados ajêng-ajêngan.

Sawetaning loji asistenan punika pagenaning kantor, gudhang kopi sarta tangsining prajurit.

Sawetaning alun-alun antawis sapal [sapa...]

--- 73 ---

[...l] têbihipun wontên lèpèn, wetaning lèpèn wau Pacinan sarta padhusunan sae-sae, ing ngriku punika kang wau pageningna[42] kabupatèn utawi kitha lami, mila kitha kaêlih dhatêng ing sakilèning lèpèn, awit bilih măngsa rêndhêng asring banjir agêng, lèpènipun botên kenging dipun sabrangi, amargi botên wontên krêtêgipun, măngka margi kang saking Surakarta tuwin saking Madiun wontên ing sakilèning lèpèn, dados yèn wontên para agêng amănca utawi sêrat pos kang dhatêng ing ngriku yèn kalêrês banjir, botên sagêd anyabrang, ngêntosi surudipun banjir ing lèpèn wau kang kantos langkung saking sadintên. Bilih măngkasa[43] katiga lèpèn wau sangêt cèthèk sarta rèpèhipun, mila botên dipun krêtêgi.

Sakilèning asiste[44] residhenan wontên [wo...]

--- 74 ---

[...ntên] bètèngipun alit, kang kapanggenan soldhadhu dharat 50, pangagêngipun litnan kêkalih, dhoktêr satunggil. Dene sadaya wau sami manggèn ing salêbêting bètèng.

Wanci enjing kula ningali dhatêng ing pasisir gisiking laut, ing ngriku wontên tangguling pasir, kang inggilipun watawis wontên sadasa kaki, tanggul wau sanès dêdamêlaning tiyang, nanging saking pambêktaning alunipun sagantên. Kang makatên wau botên ngamingakên ing ngriku kemawon, nanging saurutipun gisik sagantên kidul sadaya, awit saking lêbêting toya tuwin agênging alun, dados ambêka pasir saking ngandhap kainggahakên. Baita kapal Walandi agêng-agêng sagêd labuh antawis 100 kaki saking gisik, mila ing gisik wau kasukanan rabagan kang panjangipun watawis langkung 100 kaki dhatêng ing sagantên, amrih [a...]

--- 75 ---

[...mrih] gampiling tiyang minggah mêdhun saking baita, mila prasasat baita wau gathuk kalihan rabagan.

Enjingipun malih kula kaajak dening priyati[45] kang kula pondhoki, kesah aningali ing Astana Gênthong, pagenaning wontên ing sanginggiling Rêdi Karang, ngongkang dhatêng ing laut, têbihipun saking kitha 5 pal, punika pagenaning tumbalipun tanah Jawi, kang kacriyos kala rumiyin saking nagari Turki, dhatêng kula ing ngriku kula aningali tumbal wau awarni balung, agêngipun sajêmpol suku, panjangipun sakilan langkung kalih nyari, pagenaning tumbal balung wau, wontên ing salêbêting gênthong siti, dene agêngipun gênthong, sami kuwali mawi ngangge kêkêp siti tunggiling gêndhong[46] wau, pagenaning kuwali wontên ing kowakan sela ing rêdi punika, mawi kapayonan duk, wanguning

--- 76 ---

payon kados dening cungkup nanging alit. Saking pratelaning tiyang ing ngriku, pandamêling payon sarta bêkakasing dêling sadaya wau, sarêng kalihan pandèkèkipun tumbal, dene balung wau sagêd malèh dados agêng utawi alit. Kados ta: saupami katingalan dening têtiyang sadasa, paningaling têtiyang samantên wau botên sami sadaya, wontên ingkang katingal agêng, wontên kang katingal alit utawi sêdhêngan.

Kang andadosakên gumun kula wau, aningali payonipun, saupami yêktos salamènipun botên nate kasantunan, kula botên sagêd angintên yèn samantên lamènipun, awit rupining taksih sae sadaya, botên wontên kang ewah, mila botên wontên èmpêripun yèn damêlan kina, kala rumiyin kacriyos wontên langsenipun sinjang pêthak,

--- 77 ---

ananging samangke sampun risak, naming kantun pipihaning kemawon kang taksih sami kantun wontên ing kowakaning sela pagenanipun gênthong wau.

Samantuk kula saking ningali gênthong, enjingipun kula wangsul dhatêng ing Surakarta malih, mêdal ing margi kang kula lampahi kala kesah kula kapratelakakên ing ngajêng.

III. Cariyosipun Margi kang saking Surakarta dumugi Watasing Karesidhenan Madiun.

Dhatêng kula ing Surakarta, kula botên lèrèh lami, naming sipêng kalih dalu, kula lajêng mangkat dhatêng ing Ngawi, watawis wontên tigang pal têbihipun saking nagari, wontên sabrangan bênawi anama Juruk, punika kang andadosakên danguning lampah, awit botên wontên krêtêgipun, măngka [măng...]

--- 78 ---

[...ka] ing sabrangan wau kathah gumukipun, amargi ing ngriku punika sampun wiwitaning sukunipun Rêdi Lawu, langkung malih nalika kula mlampah punika kalêrês banjir sawatawis, mila mindhak dangunipun, jalaran saking pangatos-atosipun tiyang kang nglampahakên baita sasak kang dipun awrati kreta rula[47], dados lampahing gèthèk tamban, sadhatêng kula ing sabrangan bênawi, kula anglajêngakên ing lampah, sarèhning margènipun kirang prayogi, mila watawis jam 5 sontên kula taksih inggal dhatêng ing Kabupatèn Sragèn, ing ngriku kula sipêng sadalu, awit sampun kadalon yèn kula lajênga dhatêng ing Ngawi.

Sarèhning kula tiyang pasisir, mila gumun aningali griya kabupatèn ing Sragèn, awit namung griya Jawi kemawon, kang andadosakên eram kula wau, dene griyanipun kados kawadanan [kawadana...]

--- 79 ---

[...n] dhêstrik ing bawah gupêrmenan, malah kathah griya kawadanan dhêstrik ingkang angungkuli saenipun saking kabupatèn wau, ing ngriku punika, wontên asistèn residhènipun, ingkang dados sêsulihing residhèn anyêpêng pulisi, dene kabupatèn punika wontên pranatanipun piyambak. Asistèn residhèn wau, griyanipun ugi Jawi kemawon, awit dèrèng kadamêlakên griya dening kangjêng gupêrmèn, amargi taksih dèrèng lami utawi nalika taun 1872, ing ngriku katanêman asistèn residhèn, sarêng kalihan pananêmipun asistèn residhèn ing Wanagiri, Klatèn tuwin Bayalali.

Enjingipun kula anglajêngakên lampah kula, sarêng antawis jam 11 kula dumugi ing pos Gêndhingan bawah ing Ngawi karesidhenan Madiun, ing ngriku punika cêlak [cêla...]

--- 80 ---

[...k] watên[48] cagari[49] Surakarta kula lèrèh aso sawatawis dangu.

Lampah kula saking Surakarta dumugining watês Madiun, dhusun-dhusun kang katingal saking margi tuwin garapan sabin punapadene têtêgilan, sami kirang prayogènipun, awit sadaya punika kacihna saking kirang pangrimatipun, sabin tuwin têgil kirang pamulasaranipun. Wondening margi agêng, bilih jawah lajêng mèh dados lumpur sadaya, mila makatên jalaran saking kathah kang dhèrèk kalêbêt bumi kang kasewa dening para Walandi, bilih wontên dhawah saking nagari andandosi lurung sarana kakrikil utawi angrêsiki, para tuwan-tuwan botên angèstokakên, awit tiyangipun sami dipun angge piyambak anênanem utawi kagarapakên damêl sanèsipun. Mila andadosakên angawon-awon ing parentah [pare...]

--- 81 ---

[...ntah], awit tiyang kang botên sumêrêp caranipun, lajêng angintên sadaya wau lêpatipun Parentah Jawi, lêrês Parentah Jawi kirang prayogènipun yèn tinimbang kalihan Gupêrmèn Walandi, yêktosipun botên sagêd anyamèni gupêrmenan bab tumindaking pandamêlan. Ananging ingkang kalêpatap[50] bab awonipun margi makatên wau, botên dumunung dhatêng Parentah Jawi kemawon, nanging para tuwan-tuwan kang sami nyewa bumi, dhèrèk kadunungan lêpat ugi.

Krêtêg-krêtêg kathah kang botên kadandosan, mila lampahipun kreta nyabrang ngrubyuk kemawon.

IV. Cariyosing Karesidhenan Madiun.

Pon[51] Gêndhingan punika bawah Kabupatèn Ngawi Karesidhenan Madiun.Sisihing [Si...]

--- 82 ---

[...sihing] pos wontên tangsining prajurit, kathahing prajurit kang wontên ing ngriku 24 katindhihan dening Sêrsan Walandi, ing tangsi wau ugi mawi wontên mariyêmipun kêkalih, mila kajagenan kados makatên, awit cêlak watêsing bumi Surakarta.

Botên antawis dangu, kula anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Ngawi, têbihipun tigang pos, margi samantên têbihipun wau, mêdal ing salêbêting wana pajatosan, sarêng mêdal saking wana lajêng ara-ara kang kathah gumukipun andhap-andhap botên kenging katanêman punapa-punapa, awit saking gêrèning siti, punapa mali[52] botên kenging kasorotan toya, dene kêkayon kang thukul ing ngriku, naming satunggil kalih awarni kajêng plasa kang andhap-andhap. Dhatêng kula ing Ngawi, wakawis[53] sapal têbihipun saking alun-alun, taksih inggal ningali dhusun-dhusun wau

--- 83 ---

sangêt awonipun, awit saking kiranging kêkayon agêng-agêng sarta kidhik têtanêmanipun, griyaning tiyang dhusun ugi sami alit-alit, anyarupèni aliting kêkayon. Botên antawis dangu kula dhatêng ing alun-alun kang nglangkungi jêmbaripun, saèmpêr kados ara-ara kemawon awit saking nglangkungi sêpênipun, saking wiyaring alun-alun, kantos pakèwêd anggèning angripati, mila kantos kathukulan kêmbêngan. Wringin ing sêngkêran sangêt kêranipun, yèn katingalan saking katêbihan, kados uwit cangkring, dhusun kang wontên ing cêlaking alun-alun sami ugi kados dening dhusun kang kula cariyosakên ing ngajêng wau, alun-alun punika kang sisih wetan sitènipun sae, awit cêlak lèpèn kang saking Madiun kang têpang kalihan bênawi kang saking Surakarta, mila makatên, katawis wringinipun kang wontên [wo...]

--- 84 ---

[...ntên] ing pinggir wetan, sadaya sami agêng-agêng, alun-alun kang sisi[54] wetan wau wontên griyanipun para tuwan-tuwan Walandi, loji asistèn residhenan sakantoripun inggih sami wontên ing sisih wetan alun-alun, kabupatèn wontên ing lèring alun-alun majêng mangidul. Patrapipun kirang prayogi, awit saking kiranging têtanêmanipun kang agêng-agêng.

Salèring kabupatèn, watawis wontên sapal têbihipun, wontên bètèngipun Kumpêni, agênging bètèng sami kalihèn[55] Bètèng Poncol ing Sêmarang, dene kathahing soldhadhu kang wontên ing salêbêting bètèng wau 300, kang dados pangagêngipun mayor, pagenaning bètèng punika wontên ing pojokanipun gathuking lèpèn kêkalih, kang satunggil lèn[56] sèking[57] Madiun, satunggilipun bênawi saking Sala, kêmpaling lèpèn kêkalih

--- 85 ---

ing ngriku wau, lajêng dados bênawi agêng kang dhawah ing Laut Sêdayu, Karesidhenan Surabaya, dhusun-dhusun kang cêlak lèpèn wau sadaya katingal sae-sae, awit kalinêtan saking toya lèpèn ing kalaning bêna.

Kula botên anyriyosakên kathah-kathah saking kawontênaning Kabupatèn Ngawi, awit botên wontên kang anèh, sarta sadaya kirang prayogènipun, amargi saking awoning siti.

Sasampuning kula lèrèh kalih dintên ing Ngawi, kula lajêng dhatêng ing Madiun kang têbihipun 24 pal saking Ngawi, sarêng lampah kula sampun cêlak ing kitha, lampah kula wau nyabrang ing bênawi kang dhawah dhatêng Ngawi kapratelakakên ing ngajêng, panyabrang kula numpak baita sasak, amargi botên wontên krêtêgipun. Mila botên kadamêlakên krêtêg, awit [awi...]

--- 86 ---

[...t] badhe kêkathahên wragad margi saking wiyaring bênawi, tuwin badhe andadosakên tunaning kangjêng gupêrmèn, kang mawi samangke sadayaning kang nyabrang ing ngriku, sami ambayar tambanganipun, mila panyabrangan wau dipun borongakên, tiyang kang amborong punika ambayar dhatêng parentah sabên wulan.

Sarêng kula sampun nyabrang, botên antawis têbih saking panyabrangan wau, lampah kula dumugi ing alun-alun Kabupatèn Madiun. Sarèhne awit saking sajawining kitha nagari Surakarta dumugi cêlaking Madiun kula botên aningali pagenan kang sae, samargi-margi tansah ningali wana sarta ara-ara kemawon, mila anglangkungi sênênging manah kula sarêng ningali ing Madiun kang kithanipun kathah kajêng têtanêman agêng-agêng sarta sae-sae, pinggiring margi kajêngipun asêm sampun agêng-agêng [a...]

--- 87 ---

[...gêng-agêng] angrêmpayak angiyomi têtiyang kang sami lumpah[58].

Kitha Madiun punika kalêbêt sae, kabupatèn majêng mangidul angajêngakên alun-alun, sakiduling alun-alun Pacinan lajêng margi kang dhatêng ing Panaraga, alun-alun kang wetan, wontên margènipun kang dhatêng ing Karesidhenan Kêdhiri, ing pinggiring margi wau kiwa têngan griyanipun para tuwan-tuwan Walandi kantos dumugi ing loji Karesidhenan Madiun kang watawis wontên sapal têbihipun saking alun-alun. Loji karesidhenan wau majêng mangilèn angajêngakên bênawi, nanging kalêtan lurung agêng kang dhatêng ing Kadhiri wau, kajawi saking margi agêng punika, ing ngriku kathah lêlurung pasiyaran sae-sae ngubêngi ing kitha.

Antawis sakawan dintên lamènipun, kula kesah dhatêng ing Panagara, kang pagenaning [pagena...]

--- 88 ---

[...ning] wontên ing sutunipun[59] Rêdi Lawu kang sisih wetan, margi kang dhatêng Panaraga wau sae sarta kayoman dening kajêng asêm kang katanêm ing sauruting lurung, anyarupèni saking saening siti sarta dhusun-dhusun kang katingal cêlak ing margi, sarêng lampah kula dhatêng ing kitha, botên antawis dangu kula langkung ing loji asiste residhenan, loji wau majêng mangilèn angajêngakên margi agêng, botên antawis têbih saking asistenan, lampah kula dhatêng ing alun-alun lajêng dumugi ing griyaning priyai kang kula pondhoki.

Sanadyan ing Panagara punika kitha parêdèn, katawis yèn kitha kina sarta sae pranatanipun, awit sadaya katingal sae, tiyang alit sami cêkap-cêkap, papan pagriyaning sami sae-sae, kang makatên wau, jalaran saking prayogining siti kang anyuburakên sadayaning kang

--- 89 ---

tinanêm, sadayaning tiyang kang sumêrêp ing ngriku, sayêktos sami sênêng awit saking saening pranata, griya kabupatèn sarta asistèn residhenan anyarupèni prayogènipun kitha, mila kitha punika prasasad dados rêrêngganing Karesidhenan Madiun.

Ing satunggilipun dintên kula sumêdya kesah ningali tuwin jiyarah ing pasareaning Bathara Katong, kang kacriyos sumare ing salèr kilèning kitha Panaraga, priyai kang kula pondhoki punika, kula purih anêdahakên pasarean wau, sarta anyriyosana cêcriyosanipun ingkang wau-wau, ananging sangêt pamoponipun, awit piyambakipun taksih dados priyai, mila makatên, kalêbêt wêwalêraning tiyang kina, tiyang kang nyêpêng damêl botên kenging malêbêt ing ngriku, saupami katêraka, badhe manggih susah [su...]

--- 90 ---

[...sah] utawi rubeda, sanadyan tiyang kang botên lumampah damêl ugi botên prayogi yèn ningalana ing pasarean punika, sarèhning kula botên nyêpêng damêl sarta tiyang mănca tuwin pikajêngan kula sae, dados sarêng mirêng cariyos kang makatên, mindhak anênangi ing pikajêngan kula kang kêdah sumêrêp ing pasarean wau, sumêdya kula kesah dhatêng pasarean punika, dipun pênggak dening priyai kang kula pondhoki, awit piyambaking kuwatos bilih ing wingking kula manggih rubeda, priyai kang mênggak pikajêngan kula wau, kula wangsuli: yèn pamênggakipun punika botên kula dhèrèk, awit kang sapisan saking kadrênging pikajêngan kula, kang kaping kalih agèn[60] kula kêdah sumêrêp wau botên anêdya awon, nanging sumêdya kula jiyarah utawi atur bêkti dhatêng kang sumare, sarèhning kula tiyang [ti...]

--- 91 ---

[...yang] amănca dhatêng ing ngriku, dados nuwun bêrkah sarta nuwun pangèstu kadugèna ing sapikajêngan kula, mokhal yèn pikajêngan kula sae kok dipun awonana, sarêng sangêt pamaksa kula, inggih lajêng kadhèrèkakên dening priyai wau, ananging sarêng dumugi sajawining astana, piyambakipun lajêng lèrèh, kula kapasrahakên dhatêng juru kunci, supados kula kadêdahakên malêbêt, piyambakipun ngantosi ing griyaning juru kunci.

Lêbêt kula wau dumugining cungkup pagenanipun pasarean, kula anglêbêti kori gapura sap pitu, sangajênging gapura kang ngajêng piyambak, wontên griya balemangu kêkalih, pagenanipun ing sakiwatêngêning kori, satunggil-tunggiling gapura, wontên pagêripun banon kandêl mubêng, ubêngipun cungkup pasarean kathah kêkayonipun agêng-agêng, ananging botên [botê...]

--- 92 ---

[...n] wontên pangipun kang manglung angungkuli ing pasarean, mila sangêt gumun kula dene sadayaning pamanglung ing sisih jawi, saking cariyosing juru kunci, mila pang-panging kêkayon wau sami mantêlung mêdal, awit saking kramatipun kang sumare, malah bilih wontên pêksi mibêr angungkuli ing cungkup punika lajêng dhawah sarta pêjah, sumêdya kula badhe lumêbêt ing salêbêting cungkup wau, ananging sangêt-sangêt pamênggaking juru kunci, awit salami-lamènipun, botên kenging kalêbêtan dening tiyang, mila kula atur donga saking jawining cungkup kemawon.

Saking pratelaning juru kunci, Bathara Katong punika putranipun ratu ing Majapait ingkang pukasan,[61] ingkang raka kangjêng sultan ing Dêmak, ananging sanès ibu, agèning ngadhaton wontên ing ngriku punika, awit saking dhawahipun Kangjêng Sultan [Sulta...]

--- 93 ---

[...n] Dêmak anyêlamakên têtiyang Jawi kang gagriya ing sawetanipun Rêdi Lawu, sarêng seda yayoning[62] lajêng kapêtak ing salêbêtipun kadhaton, mila patrap pranata pasang rakitipun ing ngriku sadaya, taksih wangun kadhaton,.Kacriyos nalika Bathara Katong badhe seda, andhawahakên yèn priyai sarta santananipun sadaya botên kalilan sowan malêbêt ing wêngkoning pasarean wau, sintên-sintêna priyai utawi santananipun kang purun malêbêt, ing wingking badhe manggih ing kasusahan. Mila kantos samangke botên wontên priyai kang purun malêbêt ing wêngkoning pagêr banon astana wau, awit saking ajrihipun ing ipat-ipating kang sumare punika.

Saking pasarean wau, kula amêrlokakên kesah dhatêng pasantrèn agêng ing dhusun Têgalsari, têbihipun saking kitha [ki...]

--- 94 ---

[...tha] 7 pal, kang dados guru ing ngriku, kala rumiyin anama Kyai Khasan Bêsari kang rama Kangjêng Radèn Adipati Panaraga samangke punika, griya paguron wau pagêripun banon, pranatanipun kados kabupatèn. Dhusun Têgalsari punika agêng, wontên ampeyanipun gangsal, sadaya wau dados gêgadhuhanipun kang dados guru ing ngriku.

Pasantrèn punika agêng, botên ngamingakên tiyang Panaraga kemawon kang sami nyantri ing ngriku, nanging kathah têtiyang saking amănca kang sami malêbêt dados murit ing paguron punika.

Kala taksih gêsangipun Kyai Khasan Bêsari, kajrihan ing tiyang Panaraga dhatêng kyai wau, sami ugi kalihan ajrihipun dhatêng bupati, dene kang dados guru ing ngriku samangke, anakipun Kyai Khasan Bêsari, kang wau dados pêngulu ing Tulungagung.

--- 95 ---

Kajawènipun pasantrèn punika, taksih kathah malih pasantrèn kang alit-alit, saking kathahipun têtiyang mulang agami, tuwin saking kathahing têtiyang kang ahli agami, mila ing ngriku punika kawastanan Panaraga, awit botên samangke kemawon kathahipun ahli agami wau, nanging sampun kina-makina makatên.

Ing salêbêting kitha Panaraga, kula ningali uwit kang anèh, kang katêmbèn kula ningali makatên, inggih punika uwiting jambe kang êpang, agênging wit kang ngandhap limrah kemawon, nanging watawis wontên 10 kaki inggilipun, pucang wau dados kêkalih utawi cèngkèh, wondening grêmbêling godhong ugi kêkalih ing satunggil-tunggiling pucuking panggrêmbêl satunggil, dene wohipun, ugi kados woh jambe limrah kemawon.

Sasampuning kula lèrèh ing Panaraga

--- 96 ---

sawatawis dintên, ing wanci enjing kula mangkat saking ngriku dhatêng kabupatèn ing Samarata, têbihipun sakawan pal, kaprênah kidul kilèning Panaraga, pagenaning kitha wau, wontên ing sukonipun Rêdi Lawu kang sisih wetan, kithanipun alit kadosdene dhusun kemawon, mila kula botên lèrèh dangu ing ngriku, nanging anglajêngakên lampah kula dhatêng Dhêstrik Parang, ing ngriku kula lèrèh nêdha wontên ing griyaning wadana dhêstrik, sampuning kula nêdha lajêng dhatêng Dhêstrik Gorang-garèng, ing ngriku ugi kula naming aso sakêdhap, tumuntên lajêng dhatêng kitha kabupatèn ing Magêtan, dhatêng kula ing Magêtan, kula lèrèh sipêng kaling dalu.

Enjing kula nêningali ing salêbêting kitha, sanadyan kitha ing dhusun, katingal sae, anyênêngakên ing manah, titang[63] alit tuwin papan bale pemahanipun tatingal[64] [tati...]

--- 97 ---

[...ngal] raharja, kêkayon katha[65] sarta agêng-agêng, mila ambingahakên têtiyang amănca kang dhatêng ing ngriku, ananging sarèhning kitha ing dhusun, mila sêpên. Alun-alunipun inggih prayogi, griya kabupatèn kalêbêt agêng, mandhapènipun agêng tuwin sae, paringgitanipun kasukanan kamar pamondhokaning para dhayoh tuwan-tuwan Walandi, griya asistèn residhenan alit kemawon, awit kang wau griyaning kontralir.[66]

Saking Magêtan kula mangkat dhatêng Ngawi, ing ngriku kula sipêng sadalu, enjingipun kula mangkat dhatêng ing Kadhêstrikan Padhangan bawah Kabupatèn Bujanagara.

Margi kang dhatêng Padhangan wau dumugining sabrangan bênawi cêlak kalihan bètèng ing Ngawi, sampuning kula nyabrang bênawi, margènipun lajêng minggah mêdhun rêdi andhap-andhap, inggih punika uruting Rêdi Kêndhêng, sauruting [sauru...]

--- 98 ---

[...ting] margi punika, kula botên ningali dhusun, nanging langkung ing wana pajatosan kemangwon.[67] Sarêng lampah kula dumugi awatêsing Dhêstrik Padhangan, utawi watêsipun Karesidhenan Madiun kalihan Rêmbang, wontên lèpèn sarta dhusunipun alit nama Kêdhawak. Botên antawis têbih saking watês wau, wontên griya posipun ing margi punika anama Kaligêdhe.

V. Cariyosipun Karesidhenan Rêmbang.

Ing pos Kaligêdhe wau kula aso sakêdhap, ing ngriku kula ningali kathah sangêt witipun malinjo kang agêng-agêng, kang bagonipun kapêndhêtan dening têtiyang dhusun kang cêlak-cêlak saking ngriku, mila pagenan punika kawastanan Wana Bago, sampuning kula aso, kula nglajêngakên lampah

--- 99 ---

kula, botên antawis têbih kula dhatêng pos Ngrau.

Awit saking sabrangan bênawi ing Ngawi dumugining pos Ngrau wau têbihipun 14 pal, margi samantên têbihipun punika, botên kenging kalampahan dening kareta kang kaplajêngakên, amargi saking kathah sarta agêng-agênging sela pêthak utawi sela gamping, mila tumpakan kula kareta awit saking sabrangan ing Ngawi kula purih anggèrèn[68] dening têtiyang kemawon kantos dumugi ing pos Ngrau, dene kula anumpak kapal, jalaran saking sangêt botên sakecanipun, saupami numpaki kareta kang kagèrèd dening tiyang.

Saupami margi punika kadandosana, sayêktos sagêd dados sae, tuwin kenging kalampahan kreta kang kaplajêngakên sarana kagèrèd ing kapal, ananging [ana...]

--- 100 ---

[...nging] sarèhipun kagalih dening parentah sangêt sakêdhiking kareta kang kalampahakên ing ngriku, mila botên timbang kangelaning tiyang alit kang dandosi margi wau kalihan pikantukipun. Jalaran saking punika, lurung wau botên kadandosan.

Saking pos Ngrau kula lajêng numpak kareta dhatêng kadhêstrikan ing Padhangan, dhatêng kula ing kadhêstrikan, kula nêdha pitulunganing wadana dhêstrik, supados anyukanana pondhokan dhatêng ing kula, panêdha kula wau inggih dados dhanganing manahipun, mila kula lajêng kasukanan pondhokan ing griyaning piyambak, sarêng kula sampun sipêng sadalu, sumêdya kula badhe mangkat anglajêngakên ing lampah kula, ananging sarèhning wadana punika katingal asih dhatêng kula, mila kalampahan kula dipun andhêg sawatawis dintên,

--- 101 ---

kula inggih animbangi sihing wadana dhêstrik wau, kalampahan kula kantos lèrèh gangsal dintên lamènipun. Sadanguning kula wontên ing ngriku, kula pitakèn cariyos utawi dongèngipun dhêstrik punika kang kenging kula damêl cacriyosan, nanging pratelaning wadana dhatêng ing kula, botên wontên cacriyosan kang anèh, ananging danguning tiyang wicantênan, wontên ugi dongèngipun kang sawatawis prayogi tuwin anèh, kados ing ngandhap punika cariyosipun.

Kang kawastanan Wana Bago kang kula langkungi kapratelakakên ing ngajêng, cêlak ing pos Kaligêdhe, watawis têbihipun saking pos wontên sapal, wontên kadhatonipun dhêmit utawi lêlêmbat èstri, anama Putri Ratu Mas Trangganawulan, kala kinanipun manungsa, putrinipun ratu ing Majapait, sarêng karaton Majapait sampun [sa..]

--- 102 ---

[...mpun] bêdhah, putri wau botên purun gêntos agami Islam, tumuntên kesah saking Majapit, manggèn ing wana punika, lami-lami lajêng kaprayangyang, dados dhêmit angratoni para lêlêmbat kang wontên ing wana ngriku sadaya, sanadyan samangke, bilih wontên tiyang kang sumêdya pinanggih dhatêng putri wau, sêdyanipun kalihan mantêp sarta têmên, kacriyos inggih taksih dipun panggihi, ananging kang makatên punika tiyang wau kumêdah tirakat dhatêng ing sêndhang kang kanamakakên Sugihwaras, pagenaning wontên ing sawetanipun pos Ngrau watawis wontên pitung pal têbihipun, sêndhang wau pasiramaning ratu kênya punika, ananging agèning tirakat wau, kumêdah ing malêmipun dintên Jumuwah Lêgi, awit dintên Jumuwah Lêgi enjing nata kênya rawuh sarta lajêng siram dhatêng ing sêndhang punika, mila têtiyang ing dhusun Sugihwaras [Sugihwa...]

--- 103 ---

[...ras] ing dintên Jumuwah wau botên wontên ingkang purun dhatêng ing sêndhang ngriku, amargi sami ajrih bilih manggih sêsiku, wondening tiyang kang sumêdya kapanggih punika, kalimrahanipun namung anuwun kasugihan kemawon. Tiyang kang tirakat nuwun kasugihan wau, bilih kalêrêsan sarta katrimah inggih tumuntên kalêksanan.

Nalika taun Walandi 1822, Wadana Dhêstrik Padhangan kapundhutan balok kajêng jatos dening parentah, wadana dhêstrik lajêng andhawahakên ngêthok kajêng ing cêlakipun Wana Bago wau, kalampahan kathah têtiyang alit kang sami dhatêng wana punika ngêthok kajêng, sarèhning ing ngriku punika têbih saking dhusun, dados ing wanci dalu sami sipêng ing wana akalihan andamêl pondhok kangge tilêm sarta aso, sarêng dalu kalêrês sadaya têtiyang sami tilêm, wanci têngahing dalu, têtiyang wau [wa...]

--- 104 ---

[...u] sami kagèt awit amirêng swaraning ungêlipun mariyêm kang sangêt cêlakipun kantos kaping gangsal. Têtiyang kathah wau kantos sami bibar ajrih sadaya sarta lajêng angalèh anêbihi pagenan punika, enjingipun têtiyang kathah wau sami wangsul malih dhatêng pondhok kang katilar ing waktu dalu, ngupadosi swara kang kados ungêling mariyêm, wasana têtiyang kathah wau manggih mriyêm kuningan ing cêlaking pondhok punika, panjangipun mriyêm pitung kaki, agênging sami pucang, sarèhning anganèh-anèhi, mila lajêng kalapurakên dhatêng wadana dhêstrik, sarêng wadana dhêstrik tampi lapur inghang[69] makatên, lajêng piyambakipun kesah aningali, sarêng sampun têrang paniti pariksanipun sadaya, tumuntên lapur dhatêng bupati ing Bujanagara, kala punika taksih nama Kabupatèn Rajêkwêsi, salajêngipun prakawis punika

--- 105 ---

kalanturakên katur dhatêng tuwan residhèn ing Rêmbang.

Saking asihipun wadana dhêstrik ing Padhangan dhatêng kula, tuwin piyambakipun sumêrêp yèn sumêdya kula anêningali sarta amêmirêngakên cacriyosaning pagenan kang anèh-anèh wau namung saking kula kumêdah sumêrêp kemawon, mila kula kaajak kêkesahan anêningali ing salêbêting dhêstrikipun, kesah kula wau kaajak dhatêng dhusun Kadhaton, dhusun punika pagenaning wontên ing sukonipun Rêdi Pandhan tapêl watêsing kabupatèn ing Brêbêg karesidhenan ing Kêdhiri, dhatêng kula ing dhusun punika, kula dipun têdahi balungipun kewan kang anglakungi agêng-agêngipun. Saking cariyosing têtiyang sêpuh-sêpuh ing dhusun punika, mila dhusun punika kawastanan Kadhaton, awit kala kina nalika jaman purwa ing ngriku punika [pu...]

--- 106 ---

[...nika] kadhatonipun danawa kang nama Prabu Arimba, dene balung agêng-agêng wau, balungipun danawa kang sami pêjah ing paprangan, nalikaning kapêrangan dening Pandhawa, dhusun Kadhaton wau wontên lèpènipun alit kang mili mangidul, kawastanan Lèpèn Jêrohan, mila kanamakakên makatên, awit punika pambucalaning jêrohanipun danawa kang sami pêjah ing prang wau.

Kang ngungêlakên sêrat punika, sampun tantos[70] kalintu tampi bab ênggèn kula mratelakakên balung dênawa nalika jaman purwa kang kasêbut ing nginggil, mila kula mratelakakên jaman purwa, kula namung mêndhêt dongèngipun têtiyang sêpuh-sêpuh kemawon. Ingkang lêrês sadaya lêlampahan kang kacriyosakên ing ringgit purwa punika, botên ing tanah Jawi ngriki, nanging wontên ing nagari Bênggala, wondening namaning patilasan kang

--- 107 ---

wontên ing tanah Jawi punika, naming têteladan kemawon, rèhne botên sumêrêp kang gadhah patilasan, mila kakintên-kintên yèn punika patilasanipun nalikaning jaman purwa, ingkang lêrês, balung agêng-agêng wau, balungipun kewan agêng-agêng tunggilipun kang kasêbut ing Sêrat Menak, kewan kang kawastanan wabru kang kapêjahan dening Bagendha Ambyah, ananging samangke kewan kang makatên, utawi kang samantên agêngipun, sampun botên wontên.

Saking dhusun Kadhaton kula ningali patilasanipun patapaning putri kang anama Gêndrasari, pagenaning patilasan wau, wontên ing pucakipun Ardi Gambiralaya, patapan wau katanggul siti mubêng, inggilipun tigang kaki, wiyaripun kang katanggul 16 kaki, sajawining tanggul kang kidul wetan, wontên rêca sela cêmêng kanamakakên [ka...]

--- 108 ---

[...namakakên] Kyai Drêpa, ênggèning lênggah rêca wau sila, agênging sami kalihan tiyang ingkang lêma, pratandhaning jalêr sami kalihan pucang, ananging tugêlaning taksih kapangku, kacriyos ingkang dados rêca wau, tiyang tapa anama Kyai Drêpa, mangangkah dhatêng putri kang tapa punika, ananging sadèrèngipun Kyai Drêpa mangkat angangkah putri wau, agadhahi ungêl, saupami piyambakipun katampik, kawiranganing badhe kapagas piyambak. Kalampahan pangangkahipun wau botên katampèn, mila lajêng angyêktosakên saking ungêlipun. Sarêng sampun kalampahan, lajêng piyambakipun pêjah dados rêca sela wau.

Ing èrèng-èrènging rêdi wau kang sisih lèr, kula ningali malih balung kewan kados kang kapratelakakên ing ngajêng, ananging punika anglangkungi agêngipun, saking [sa...]

--- 109 ---

[...king] sangêt agêngipun, kantos andadosakên sangêt gumun kula, awit panjangipun 13 kaki, kandêling tiga têngah wiyar sakawan kaki, wangunipun kados balung ula-ula dumugi rongkong.

Saking pratelaning wadana dhêstrik dhatêng kula, nalika Tuwan Residhèn Dhesalis, jumênêng ing Rêmbang, andhawahakên dhatêng bupati ing Bujanagara, yèn tuwan residhèn mirêng pawartos bab kawontênaning balung danawa agêng wau, mila saking karsanipun tuwan residhèn, supados bupati ing Bujanagara kèngkènana ningali kayêktosaning, saupami lêrês, supados kabêktaa dhatêng ing Rêmbang.

Sarêng Bupati Bujanagara tampi dhawah makatên, wadana dhêstrik ing Padhangan dipun timbali, tumuntên kautus angyêktosakên sarta ambêkta balung wau kados dening dhawahing tuwan residhen. Wadana dhêstrik [dhê...]

--- 110 ---

[...strik] wau lajêng sanalika mangkat angèstokakên dhawahing panginggilanipun, sarêng dhatêng ing pagenan, yêktos piyambakipun aningali balung wau, sanalika anglêmpakakên têtiyang dhusun kang cêlak ing ngriku sadaya kantos pikantuk têtiyang 60 lajêng kapurih angrêmbat balung punika kabêkta dhatêng Bujanagara, ananging têtiyang samantên kathahipun wau, botên kuwawi, langkung malih ngangkat yèn ta kiyata, ngebahakên kemawon botên kuwawi, saking jrihipun wadana dhêstrik amundhi dhawah, mila sangêt pamurihing amrih sagêdipun bêkta balung wau, nanging tanpa damêl, awit têtiyang samantên punika kantos têlas karosinipun,[71] ananging mêksa botên sagêd angebahakên. Mila sarêng sampun katêk pratikêling wadana dhêstrik, nanging tansah tanpa damêl, wadana dhêstrik lajêng wangsul dhatêng Bujanagara, sadhatênging [sadha...]

--- 111 ---

[...tênging] kitha lapur dhatêng bupatènipun yèn tosan agêng wau kaupadosan botên pinanggih, mila wadana kantos agadhahi aturan dora makatên, awit saking jrihipun bilih kapêksa, măngka pagenaning dhatêng èrèng-èrèng rêdi kang sawatawis inggil sarta wontên ing wana, botên wontên margènipun kang prayogi, punapadene têbih kalihan dhusun, langkung malih kal[72] punika, tiyangipun taksih dèrèng kathah, sarêng bupati wau tampi lapuripun wadana makatên, inggih inggal lajêng dipun aturakên dhatêng tuwan residhèn.

Wontên ing sanginggiling Rêdi Gambiralaya wau, sayêktos anyênêngakên ing manah, awit sagêd nêningali cêtha sarta têbih, bilih ningali mangidul, Rêdi Liman tuwin dhusun-dhusun punapadene sabin-sabin bawah kabupatèn ing Madiun sami

--- 112 ---

katingal, kang sisih kidul wetan bawah kabupatèn ing Brêbêg ugi katingal kados ing Madiun wau, kang sisih lèr bawah Kabupatèn Bujanagara ugi katingal prayogi, awit saking lampahing bênawi kang menggak-menggok kantos dumugi pungkasaning paningal. Kuciwanipun ing ngriku punika sangêt têbihipun saking kitha, tuwin botên wontên palerehanipun ingkang prayogi, kang ambingahakên dhatêng ing têtiyang kang sumêdya nêningali ing ngriku, mila sampuning kula nêningali ing ngriku, kula lajêng wangsul dhatêng Padhangan malih mêdal ing Kadhêstrikan Ngumpak. Sarèhning margining kang kula langkungi wau pakèwêd sarta têbih, mila sadhatêng kula ing Kadhêstrikan Ngumpak kula sipêng sadalu ing griyanipun Wadana Dhêstrik Ngumpak. Enjingipun kula dipun ajak wadana dhêstrik ing Ngumpak, asarêngan kalihan Wadana Dhêstrik [Dhêstri...]

--- 113 ---

[...k] Padhangan ningali ing pakayanganing latu ing bawah dhusun Dhandhêr, têbihipun saking dhusun wau, watawis wontên sakawan pal. Dhatêng kula ing pagenan punika, kula ningali balumbang alit kang wiyaripun watawis 12, panjangipun 16 kaki, lêbêtipun ingkang têngah sakaki, botên wontên isining toya, inggih punika kang kawastanan pakayangan latu, dhatêng kula ing ngriku, kalêrês mêdhal[73] latonipun murub gumarêbêg agêgirisi dhatêng tiyang kang nêmbe sumêrêp, sarêng kula ningali latu wau saking katêbihan, kula wastani griya kabêsmi, awit saking inggilipun urubing latu, saking kintên kula urubipun latu wau wontên 15 kaki, dangu ênggèn kula aningali latu kang mêdal saking siti wau, kacriyos pagenan punika kang wau prapèning êmpu ing jaman kina, ananging cariyos kang makatên wau,

--- 114 ---

botên kenging kadhèrèk. Saking pamanggih kula, wêdaling latu punika saking arêng sela kang murub wontên ing salêbêting bumi, prakawis urubing latu wau kula botên sagêd anyriyosakên katranganing pamanggih kula, ingkang makatên wau, awit yèn kula pratelakakên, yêktosipun badhe mêdal saking cariyos kawontênaning tanah Jawi punika, amargi yèn tiyang badhe anêrangakên bab latu wau, saèstu badhe anglangkungi panjangipun, awit badhe gêntos lampahing cariyos.

Kalêrêsan sangêt dhatêng kula ing ngriku, pinuju mêdal latonipun amurub, mila makatên, kacriyos awis-awis murub, dene yèn mêdal latuning makatên, punika dalajad badhe wontên sêsakit utawi sangsaraning têtiyang ing dhusun-dhusun kang cêlak-cêlak ing ngriku.

--- 115 ---

Sampuning kula ningali latu punika, kula lajêng dhatêng ing kitha Bujanagara, dhatêng kula ing ngriku, kula namung sipêng sadalu, awit botên wontên têtingalan kang anèh, dene kang kawastanan kitha punika inggih kitha dhusun limrah kemawon, griya kabupatèn wangunipun inggal, nanging alit, mandhapènipun kang agêng, griya wau majêng mangidul, alun-alunipun anglangkungi wiyar angêmplak-êmplak, tiyang kang lumampah ing sisih kilèn, mèh botên katingal yèn tiningalan saking sisih wetan, kula dèrèng nate sumêrêp alun-alun kang wiyaripun samantên. Pagenaning wontên ing satêngênipun griya kabupatèn dados anglambung, griya asiste residhenan ngajêngakên alun-alun majêng mangalèr, banjaranipun griya asistèn residhenan wau wontên griyaning priyai sawatawis, punika kang katingal rêsik anyamèni [a...]

--- 116 ---

[...nyamèni] kang sisih wetan pagenaning griya kabupatèn wau, ingkang kilèn griya kontraliran, dene kang êlèr ngongkang bênawi kang saking Ngawi, mila lajêng angêmplak-êmplak kemawon, saking wiyaring alun-alun, kantos botên sagêd angrimati sadaya, malah kang êlèr awis kaambah dening tiyang, kantos kathukulan kambêngan, cringining[74] sêngkêran sangêt kêranipun, awit saking sitining lêmpung sadaya sarta kenging angin sangêt botên wontên ampunganipun, mila tiyang mănca kang sami dhatêng ing ngriku, kirang bingahipun, malah tiyang kang rêmên sêmbranan, ningali ing ngriku sagad[75] amaoni utawi anacad, tuwin amastani kitha dhusun. Margi-margi ing salêbêting kitha botên kula cariyosakên, awit kirang anyênêngakên yèn tinimbang kang liyan kitha kabupatèn sanèsipun.

--- 117 ---

Enjingipun kula mangkat mêdal ing margi agêng wangsul dhatêng Padhangan malih, dhatêng kula ing Padhangan, kula sipêng sadalu, enjingipun kula mangkat kesah dhatêng dhusun Dhandhang Ngilo, aningali sumbêripun lisah latung, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng aningali sumbêr wau, dene wêdaling lisah sarêng kalihan wêdaling toya sumbêr, ananging sarèhning ènthèng lisahipun tinimbang kalihan toya, mila toyaning wontên ing ngandhap, têrkadhang botên katingal toyanipun, saking kathahing lisah kang mêdal.

Sarèhning kesah kula dhatêng dhusun Dhandhang Ngilo wau numpak kapal kemawon, măngka dhatêng kula ing ngriku sampun siyang, mila kula lajêng nyipêng sadalu wontên ing griyaning patinggi utawi lurah dhusun ing ngriku, ing dalu punika kula ningali diyanipun lurah dhusun wau botên ngangge lisah sanèsipun saking lisah latung, mila sangêt [sa...]

--- 118 ---

[...ngêt] botên sakecaning ambêtipun, kukusing diyan anglangkungi kathah sarta cêmêng, saking pratelaning patinggi kang kula pondhoki wau, botên piyambakipun piyambak kang ngangge lisah punika, nanging têtiyang sadhusun ngriku tuwin dhusun kang cêlak-cêlak ing ngriku sadaya diyanipun sami ngangge lisah punika, saking criyosing patinggi kang kula pondhoki punika, lisah wau botên ngamingakên kangge ing diyan kemawon, nanging sami kasade kangge dhêmpul utawi angruwing baita, punapadene kangge jampi têtiyang kang sami sakit kulitipun tuwin sakit gudhik utawi tatu.

Enjingipun kula kesah dhatêng dhusun Janjang, awit kacriyos ing dhusun punika wontên kuburipun sabating kangjêng susuhunan ing Bonang, dhatêng kula ing dhusun Janjang, kula apêrlokakên ningali ing kubur wau, sanadyan kubur wau pagenaning têbih [te...]

--- 119 ---

[...bih] saking kitha, samurwatipun taksih kalêbêt sae, mila kula wastani prayogi, awit kacungkup ngangge pagêr papan payonipun sirap sarta taksih karimatan, awit kadamêl panadaran utawi panyadranan dening têtiyang dhusun kang cêlak-cêlak ing ngriku, saking pitadosipun têtiyang alit, kacriyos, saupami wontên tiyang kaecalan, măngka kapêndhêtakên siti sanginggiling kubur punika, lajêng katêdhakakên dhatêng tiyang kang kakintên nyolong barang wau, măngka tiyang wau kantos purun nêdha siti punika, ananging botên purun amangsulakên barang kang dipun colong punapadene botên purun ngakên panyolongipun, utawi botên purun nêdha lilah ingkang gadhah barang wau, sayêktos tiyang kang nyolong punika lajêng pêjah mlêmbung, mila kantos samangke yèn wontên tiyang kaecalan,

--- 120 ---

măngka lajêng gadhah ungêl badhe kapêndhêtakên siti punika, sayêktos tumuntên barangipun kang ical wau pinanggih kawangsulakên malih, awit saking ajrihipun tiyang kang nyolong barang wau.

Sampuning kula nyipêng sadalu ing dhusun punika, enjingipun kula anglajêngakên lampah kula numpak kapal dhatêng dhusun Plunturan bawah kabupatèn ing Blora, têbihipun 32 pal, ing ngriku kula nyipêng sadalu, enjingipun kula lajêng dhatêng ing Blora, dhatêng kula ing ngriku, kula nyipêng kalih dalu.

Kitha Blora punika alit, ananging tinimbang kalihan ing Bujanagara sae ing Blora, awit sitènipun sae, mila kêkayonipun agêng-agêng, dados katingal raharja, alun-alunipun alit ananging angrêsêpakên ing manah, amargi wringinipun sampun sami agêng-agêng sarta prayogi.

--- 121 ---

Ing wanci enjing kula malêbêt ing kabupatèn, pinanggih kalihan bupati ing ngriku, griya kabupatèn lami nanging kalêbêt prayogi, mandhapènipun agêng wangunipun taksih Jawi.

Sarèhning bupati ing ngriku punika taksih santana kraton ing Surakarta, sarta rabi kalihan kangbok ayu Kangjêng Ratu Pakubuwana garwanipun sampeyan dalêm kangjêng susuhunan, mila tatacaraning ngriku punika, têteladan ing nagari Surakarta sadaya, pratikêling priyai tuwin tiyang alit ing kitha ngriku inggih kados bupatènipun ngangge cara Surakarta, mila têtiyang Surakarta kang dhatêng ing ngriku, sadaya sami sênêng, awit sami condhong ing manahipun, rumaos kados wontên ing nagarènipun piyambak.

Sarèhne ing Blora botên wontên têtingalan kang anèh-anèh kang pêrlu kula cariyosakên [ca...]

--- 122 ---

[...riyosakên] mila kula anglajêngakên lampah kula, mangkat saking Blora numpak bèndi kesah dhatêng Dhistrik Ngawèn, dhatêng kula ing ngriku, kula numpak kapal dhatêng Kadhêstrikan Kradenan bawah Kabupatèn Grobogan Karesidhenan Sêmarang, dhatêng kula ing ngriku wanci jam 7 sontên, mondhok ing griyaning wadana dhêstrik.

VI. Cariyosing Bawah Kabupatèn Grobogan tuwin Dêmak, Karesidhenan Sêmarang.

Anggèn kula mondhok ing griyaning wadana dhêstrik wau, kantos tigang dintên lamènipun, dhatêng kula ing ngriku, kula pitakèn punapa têtingalan kang anèh-anèh ing salêbêting dhêstrikipun, bilih wontên têtingalan ingkang sae, supados kula katêdahakên, sarta kapratelanana cariyosipun [ca...]

--- 123 ---

[...riyosipun], angsulanipun wadana dhêstrik wau, inggih kathah têtingalan kang prayogi, mila enjingipun kula kapurih ningali ing Kasanga, dipun kèngkèn ngatêrakên tiyang sêpuh-sêpuh kêkalih kang anêdahakên margènipun, lampah kula dhatêng ing Kasanga wau numpak kapal, sarêng dumugi cêlakipun ing Kasanga, kula kaajak dhatêng griyaning juru kunci utawi kang nênggani ing ngriku, sarêng kula pinanggih juru kunci, piyambakipun kula purih anêdwahakên[76] ing Kasanga punika. juru kunci wau inggih sagah, mila kula lajêng dipun ajak lumampah anasak ing glagahan kang anglangkungi kêtêlipun wlingi, rumput pundhong sarta mêrakan, nyabrang lèpèn kaping gangsal, satunggil-tunggiling lèpèn wiyar ing watawis wontên kang 25 utawi 30 kaki, lêbêting toya kalih dumugi gangsal kaki, antawising satunggil-tunggiling lèpèn, saparawolon [Sapara...]

--- 124 ---

[...wolon] dumugi saprapat pal, sarêng kula sampun anglangkungi punika wau, lampah kula dumugi ing têlêngipun Kasanga, wondening kang dados tandhaning têlêng wau, sitènipun lumpur nanging garing rupining kados dening awu, botên kathukulan punapa-punapa, wanguning têlêngipun Kasanga wau, ambanon sarimbag, ananging mawi ngengkol mangidul, wiyaripun watawis wontên 1200 kaki, tuwin mawi bolong-bolong kados dening bolongan lèngipun yuyu, complongan wau mawi katutupan siti kang kados awu wau, manawi kenging angin, lèng-lèng punika sami mungêl, ngêmpos kados ububaning pandhe, wondening kang têngah, wontên lèngipun kang wiyaring sami kalihan dandang, yèn tatingalan[77] saking nginggil, ing lêbêting êlèng wau, kilêng-kilêng kadosdening lisah, saha mawi mungêl kamrangsang, sarêng lampah [la...]

--- 125 ---

[...mpah] kula cêlak ing pagenan punika, kula dipun ajak lampah bokong utawi mlampah dhodhok, kula inggih dhèrèk kemawon, awit sampun dados caranipun makatên. Sarêng dumugi ing pagenan punika, kula dipun ajak lênggah sila, mila ênggèn kula ningali êlèng agêng wau kalihan lênggah, sarêng kula sampun lênggah, kula pitakèn: punapa ha kok mawi ngangge cara makatên, angsulanipun juru kunci, kang katingal kilêng-kilêng punika, mripatipun Kangjêng Gusti Jaka Linglung, kang criyosipun badhe kula pratelakakên sasampuning kula nyariyosakên ênggèn kula nêningali ing pagenan punika sadaya.

Ing pagenan punika, kathah krikilipun warangan, rupènipun warni-warni, kados ta: abrit, jêne, cêmêng tuwin kathah warnènipun malih, ing têlêng punika

--- 126 ---

wontên sumbêripun, dene toyanipun namung nyèmèk-nyèmèk kemawon, sarta raosipun asin, sakidulipun têlêng wau, wontên gumukipun utawi ardi alit mujur mangilèn, sakilènipun punika botên antawis têbih wontên rawènipun alit, raosing toyanipun asin, wiyaring rawi wau watawis wontên satêgah pal. Salèr kilèning têlêng wontên ara-aranipun kang cêlak ing Wadana Pajatosan, ing ara-ara wau wontên sitènipun bulak pêthak, katingal sami brênjul, munjung-munjung urut pinggir dumugi salèr wetaning têlêng, katingalan saking katêbihan anglangkungi saenipun, awit sadaya sami mêncu-mêncu sagriya-griya, nene[78] bênggangipun kadosdening katata, sawetaning têlêng wau wontên ara-ara kang sitining waradin, naming kathukulan rumput wana

--- 127 ---

kemawon, kadosta: pundhong tuwin mêrakan, kang makatên wau dumugi ing sisih kidul anotog rêdi alit utawi gumuk wau.

Wondening ara-ara kang kalêbêt ing wêngkonipun têlêng wau, wiyaripun watawis wontên sapal.

Kala kula ningali ing ngriku punika, kalêrês măngsa katiga, saking cariyosing juru kunci, ing têlêngipun Kasanga punika bilih măngsa katiga makatên, asring wontên sawêripun agêng, kajawènipun sawêr, ugi asring kathah simanipun kang manggèn ing ngriku, wondening lèpèn gangsal kang kula langkungi wau, bilih măngsa rêndhêng lajêng amor dados satunggil kadosdening rawi.

Têlêngipun Kasanga wau asring-asring blêdhos, manawi blêdhos, têtiyang ing ngriku mastani krudha, mila kawastanan makatên, [makatê...]

--- 128 ---

[...n,] awit kacriyos saking krudhanipun sawêr naga Jaka Linglung ingkang kapêndhêm wontên ing salêbêting bêlêngipun[79] Kasanga wau, bilih krudh, sayêktos agêgirisi, amargi sawiyaring têlêng wau balêdhos mumbul anglangkungi inggilipun, dene ungêlipun kados galudhug kang nglangkungi sangêt.

Bilih juru kunci mirêng yèn Kasanga wau krudha, sasampuning lèrèh krudhanipun, juru kunci wau lajêng dhatêng aningali ing têlêng wau, awit kacriyos punika dados dalajadipun nagari Jawi, bilih siti ing têlêng punika wontên sepaning mariyêm, sayêktos badhe wontên pêpêrangan, kados nalika pêrang Dipanagaran, punika sadèrènging wontên pêrang ing Kasanga wau krudha sarta wontên sepaning mariyêm, wondening nalika badhe wontên kathah pêpêjah têtiyang kêkirangan têdha ing Dêmak, ugi krudha makatên, sarta wontên [wo...]

--- 129 ---

[...ntên] sepanipun têtiyang pêjah, mila bilih mantun krudha, lajêng katingalan dening juru kunci, punapa kawontênanipun lajêng kalapurakên dhatêng wadana dhêstrik. Nalika ing ngriku taksih kabawah nagari ing Surakarta, juru kunci wau lapuranipun inggih dhatêng nagari Surakarta, wondening samangke namung asring kemawon wontên utusan punggawa mantri utawi sanèsing priyai aningali ing ngriku, ananging saking pakewading[80] margènipun kang malêbêt ing têlênging Kasanga wau, awit saking kêtêling glagah rayung kang sami thungkul ing ngriku, punapadene mawi nyabrang lèpèn gangsal, sarta asring wontên sawêr tuwin simanipun, mila utusan wau naming pitakèn cariyosing juru kunci kemawon, kajawining priyai wau ajrih saking pakèwêding margènipun, wontên malih jalaranipun ajrih, inggih awit saking ila-ilaning [ila-i...]

--- 130 ---

[...laning] tiyang kina, sintên-sintên priyai kang purun ningali têlênging Kasanga wau, badhe inggal amanggih kasusuhan, jalaran tumuntên kamantunan ênggèning nyêpêng damêl.

Sasampuning têrang ênggèn kula nêningali, kula lajêng wangsul, botên antawis têbih saking margi wau, kapêrnah lèr kilèning Kasanga, kula katêdahakên dening kang dhèrèkakên lampah kula wau, kang kacriyos patilasanipun kadhaton Mêdhangkamolan, ananing wujudipun kaetang sampun botên wontên punapa-punapanipun, naming kantun siti inggil kemawon kang taksih katawis, patilasan wau samangke sampun dados wana agêng.

Wangsul kula wau, kula nyipêng ing kadhêstrikan Kradenan malih kalih dalu, enjingipun kula kesah dhatêng Sêndhang Ramêsan, têbihipun [tê...]

--- 131 ---

[...bihipun] saking kadhêstrikan, watawis wontên kalih pal, dhatêng kula ing ngriku, kuya[81] ningali sêndhang kang wiyaripun kintên-kintên wontên kalih bêlah panjangipun wontên kalih akus[82] kaki, wondening lêbêting balumbang watawis wontên gangsal kaki, nanging lêbêtipun toya namung tigang kaki, têtiyang kang ningali sêndhang wau, sayêktos andadosakên gumunipun, awit toya samantên punika, kados dening umob, utawi mubal-mubal kados toya mêdal saking umbul, swaraning gumalêdhêg, dene warnining toya warni-warni, nanging kang kathah kados dening warnining kuwung utawi kluwung, kadosta: ijêm, jêne, abrit, dadu, wungu, pêthak, cêpêng[83] sapanunggilanipun, wondèntên raosing toya, ănta, sêmu raos walirang, sarta angêt, ananging toya wau botên mili, namung lèrèh dhatêng salêbêting balumbang kemawon, [ke...]

--- 132 ---

[...mawon,] kalihan umob rintên dalu, sayêktos sangêt anèhipun, mila ênggèn kula ningali ing ngriku, kantos langkung kalih jam. Sasampuning têlas gumun kula, ênggèn kula aningali ing ngriku, wau awit botên andugi ing kawujudan ingkang makatên, kula lajêng wangsul dhatêng kadhêstrikan malih.

Wanci jam 5 sontên kula kesah malih ningali pagenaning tiyang damêl sarêm ing Carèwèk, dhatêng kula ing ngriku kula ningali wontên gumukipun karang, ing sanginggiling gumuk wau kang sisih lèr sarta kilèn, wontên sumbêripun toya asin, kang katadhah kalêbêtakên ing pêpêcahaning dêling, tumuntên dipun êpe, bilih sampun garing lajêng dados sarêm, ananging botên wontên wukonipun, sarêm wau lêmbat-lêmbat kados dening sarêm ampêr, warnènipun sêmu abrit, raosing kirang [ki...]

--- 133 ---

[...rang] asinipun yèn tinimbang kalihan sarêm kang kadadosanipun saking toya sagantên.

Saking Crèwèk kula kesah dhatêng Mêndhikil, têbihipun watawis wontên sapal, pagenaning kapêrnah ing lèripun Crèwèk. Dhatêng kula ing ngriku, kula ningali gumuk inggilipun 6 kaki, kang nginggil papak sarta bundêr kados dening sumur, dene lêbêtipun botên wontên kang sumêrêp, awit asring kajajagan dêling satunggil nanging botên jajag, wiyaripun kang nginggil ugi namung 6 kaki, wondening isènipun lumpur kantos pèrès, lumpur wau sangêt èncèripun mawi blêkêthêk kados dening umob, sarta mili mêdal toyaning asin katadhahan dipun damêl sarêm kados ing Crèwèk kang kapratelakakên ing nginggil, dèntên lumpur wau angêt, kajawining punika, taksih

--- 134 ---

wontên malih kang nyarupèni kados makatên, ananging alit-alit. Aliya saking punika, wontên sumuripun têtiga sami lêbêt-lêbêt, toyaning ugi sami asin sarta panas kados wedang, panasipun kantos 100 grad, wondening toya wau sami kapêndhêtan, kadamêl sarêm.

Saking ngriku kula kesah dhatêng Blêdhug, ingkang botên têbih saking king[84] kadhêstrikan, têbihipun saking Mandhikil watawis kalih pal. Dhatêng kula ing pagenan punika aningali ara-ara kang wiyaring watawis wontên kalih dasa bau pasagi, têngahing wontên lumpuripun kang nglangkungi èncèr kados lumpur kang wontên ing Mêndhikil, dene wangyaring[85] kang makatên wau, watawis wontên sabau, têngahing lumpur sabau wau kados dening umbul, sakêdhap-sakêdhap malêndhung kados dening plêmbungan kang anglakungi [anglang...]

--- 135 ---

[...kungi] agêngipun, bilih malêndhungipun wau watawis wontên sadasa utawi gangsal wêlas kaki inggilipun, tumuntên pêcah utawi blêdhos, ungêlipun kados mriyêm sarta mêdal kukusing pêthak, bilih sampun balêdhos, nuntên malêndhung malih kados ing ngajêng wau, kang makatên punika botên wontên lèrèhipun, rintên dalu, tuwin katiga rêndhêng sami ugi kemawon. Kajawènipun punika, ing salêbêting ara-ara wau, kathah umbul lumpur kang nyarupèni punika, ananging alit-alit kang wiyaripun kirang langkung nyadhêpa, dene ungêlipun namung pating krêplik kemawon.

Sarèhning umbul lumpur utawi balêdhug kang agêng sarta kang alit-alit wau sadaya anglangkungi cèwèripun, mila botên kenging kaambah dening tiyang, bilih wontên tiyang ningali ing ngriku, namung lèrèh wontên ing siti kang atos kemawon, awit [a...]

--- 136 ---

[...wit] bilih angidak ing siti kang êmpuk utawi lumpur kang èncèr, sayêktos lajêng angblês tiyangipun lajêng ical amargi saking lêbêtipun kang botên kenging kajajagan.

Ing ngriku punika sami ugi kados ing Mandhikil, lumpuring mêdal toyanipun asin kang kadamêl sarêm.

Dhatêng kula ing ngriku, kula nyoba mêndhêt dêling kang nglangkungi panjangipun, kula tlorongakên ing têngahipun balêdhug wau, dêling punika lajêng angblês ical sanalika, kacriyos bilih watawis kalih utawi tigang dintên lamènipun, dêling punika mumbul katut umbuling lumpur, têrkadhang kantos malêsat dhawah ing siti kang atos, yèn botên makatên inggih lajêng angblês malih, ical dumugi ing salamènipun.

Pawêdalanipun sarêm ing Blêdhug, Crèwèk tuwin Mêndhikil kang kula criyosakên [criyosakê...]

--- 137 ---

[...n] ing nginggil wau, kawade dening têtiyang kang sami damêl sarêm, gêgriya ing dhusun kang amêngkoni ing ngriku, ananging panyadenipun wau, botên kenging mêdal saking Kabupatèn Grobogan, Karesidhenan Surakarta tuwin Ngayogyakarta, manawi kasade mêdal saking tigang pagenan punika, tiyangipun ingkang sade kapatrapan paukuman dening parentah, wondening têtiyang kang sami mêndhêt pawêdalaning sarêm wau, sami bayar paos dhatêng gupêrmèn, ing dalêm sataun-taunipun paosing sarêm tigang pagenan wau, kirang langkung ... rupiyah.

Saking dongèngipun têtiyang ing ngriku, mila wontên namaning Kasanga, Blêdhug, dhusun Kuwu kang cêlak ing Blêdhug, tuwin Mandhikil, punika kala kinanipun, wontên ratu ing Mêdhangkamolan, dipun parabi Prabu Jaka, ing satunggiling dintên Prabu Jaka wau

--- 138 ---

têdhak anylamur, anjajah ing dhusun-dhusun, sarêng mêlêbêt ing dhusun Gêmpol Payung, ing ngriku aningali tiyang èstri kêkalih sami gêntang pantun, kang satunggil sampun sêpuh, satunggilipun taksih prawan anglangkungi endahing warnènipun. Prabu Jaka lajêng anyêlaki dhatêng tiyang èstri kêkalih wau, sumêdyanipun badhe pitakèn namaning dhusun punika, sarêng sampun cêlak ing pagenaning wanodya kêkalih, sêmonipun Prabu Jaka kasêngsêm sangêt sênêngipun, kasarêngan saking karsaning Kang Kuwasa, tinakdir Prabu Jaka andhawahakên katrêsnanipun, kados andumugèni ing karsa, sarêng kraos makatên lajêng anggalih karsa mundhut dhatêng prawan wau, Prabu Jaka dangu namaning bok răndha sarta dangu namaning dhusun punika, kang dinangu matur yèn tiyang èstri sêpuh punika, nama Bok Răndha Kasihan, dene namaning dhusun, Gêmpol [Gê...]

--- 139 ---

[...mpol] Payung, sampuning dipun aturi makatên, Prabu Jaka lajêng kondur, sarawuhing kadhaton, ciptaning galih badhe utusan patih amboyongi bok răndha tuwin anakipun kang endah warnining wau.

Kacriyos sapêngkêring sang prabu saking griyaning bok răndha, pagenaning jumênêng Prabu Jaka wau kasaba dening sawung jago, dêlalahipun têtilaraning sang prabu nalika jumênêng, kacucuk dening sawung wau, botên antawis lami jago punika anigan dhatêng ing lêsung, tumuntên dipun panggih dening bok răndha, kapêndhêt kadèkèk ing padaringan gênuk wadhah uwos, enjingipun, padaringan wau kabikak tutupipun, sarêng sampun mênga, bok răndha kagèt anjêngêr, awit nalika anglêbêtakên tigan uwosipun namung kantun sakêdhik, măngka sarêng kabikak [ kabika...]

--- 140 ---

[...k] gênukipun kêbak uwos, tumuntên tiganipun kapêndhêt malih kadèk[86] dhètêng[87] ing sangandhaping pantun, ing lumbung kamorakên kalihan pangantèning pantun, tumuntên kaurugan dhening[88] pantun sanèsipun, korining lumbung lajêng katutup. Antawis sakawan dasa dintên lamènipun, lumbung wau kabikak, pinanggih pantunipun sampun kêbak, malah kantos sundhul tutupipun ing nginggil, mila langkung malih gumunipun, bok răndha kang dadosakên sangêt bingahipun, malah saking sukaning manahipun, kantos anjêrit, awit pantunipun sagêd wêwah tanpa sangkan. Mila kantos samangke bilih tiyang among tani anginggahakên pantun ing lumbung, mawi kasukanan kêmiri dipun lisahi, inggih punika teledan[89] Bok Răndha Kasihan ing dhusun Gêmpol. Sarêng bok răndha jêrit saking bingahipun wau, têtangganipun [têtangganipu...]

--- 141 ---

[...n] kang sami mirêng panjêlihipun bok răndha, sami kagèt sarta dhatêng aningali, sarta wontên kang minggah ing lumbung aningali pantun wau, botên dangu tiyang kang minggah ing lumbung wau kagèt, awit aningali ing têngahipun tumpukan pantun wontên sirahipun sawêr agêng, mila andadosakên gêtêripun sadayaning têtiyang sami aningali, alokipun têtiyang kathah wau rame, yèn salêbêting lumbung wontên sawêripun agêng, botên antawis dangu lajang[90] kapirêng dening têtiyang sadhusun ngriku, mila sami dhatêng sumêdya badhe amêjahi dhatêng sawêr wau, sarêng makatên sawêr punika lajêng angucap tata jalmi, dene wicantênipun ing kathah makatên: aja sira asikara marang aku, yèn sira sumêdya angalani, amêsthi bakal padha bilai, mulane bêcik sira kabah[91] iku padha suyudan marang aku, awit padha wruhana

--- 142 ---

yèn aku iki putrane Prabu Jaka ing Mêdhangkamolan. Têtiyang kathah wau sarêng sami mirêng makatên, tuwin aningali sangêt agêngipun sawêr, andadosakên sangêt ajrihipun. Ingkang makatên wau lajêng misuwur ing dhusun sanèsipun, yèn ing Gêmpol wontên sawêr agêng sagêd tata jalmi, sarta ngakên putranipun Prabu Jaka ing Mêdhangkamolan, têtiyang ing mănca dhusun wau kathah kang sami dhatêng sarta lajêng sami suyud, sawêr punika lajêng kesah mangilèn sumêdya dhatêng Mêdhangkamolan sowan ingkang rama, samargi-margi têtiyang dhusun-dhusun sami kagegeran, awit katêmbèn ningali sawêr kang anglangkungi agêngipun tuwin kairing dening têtiyang kathah, ramenipun têtiyang wicantênan saking kawontênaning sawêr wau, kantos kapirêng nagari ing Mêdhangkamolan, pawartos punika katur Prabu Jaka bilih sawêr

--- 143 ---

wau badhe malêbêt ing nagari, sumêdya sowan, awit ngakên putranipun narpati.

Sarêng Prabu Jaka mirêng aturing punggawa makatên, lajêng aparentah mêpakakên para punggawa bupati prajurit sapraboting ayuda, sampuning dhawah parentah, Prabu Jaka lajêng kondur angadhaton. Sarawuhipun ing dalêm puri, karaos-raosakên ing pagalih,[92] dene wontên wartos kang makatên wau, dangu-dangu èngêt, rumaos nalika têdhak anyalamu[93] mriksani prawan kang endah warnènipun wontên ing dhusun Gêmpol.

Botên antawis dhangu,[94] sawêr wau dhatêng kandhêg ing alun-alun, para punggawa prajurit sampun samêkta badhe mêthukakên ing ayuda, ananging taksih sami ngantosi dhawahipun sang prabu kang kaaturan wuninga dhatêngipun sawêr wau, botên antawis dangu Prabu Jaka miyos sinewaka [sine...]

--- 144 ---

[...waka] ing pagêlaran, andhèr para punggawa kang sami angadhêp, tumuntên sang prabu utusan gandhèk andangu dhatêng sawêr agêng kang wontên ing alun-alun, mênggah pikajênganing sawêr agêng wau, dhatênging gandhèk ing ngajênging sawêr, lajêng andhawahakên pangandikaning aji, sawêr amangsuli, sêdyanipun, naming badhe sowan kemawon, gandhèk tumuntên wangsul anyaosakên paturaning naga, ratu ing Mêdhangkamolan dhawuh dhatêng gandhèk kakarsakakên wangsul malih angirida sawêr dhatêng ngarsaning nata, inggal gandhèk lumampah, botên antawis dangu, sawêr kang katimbalan dhatêng, lajêng angabêkti ing sang prabu, sasampuning ngabêkti, sawêr angaturakên kadadosaning badanipun, awitan dumugi ing pungkasap,[95] Prabu Jaka rumaos, ananging pakèwêd ing galih, yèn ta botêna karsa anganggêp paturaning naga, kuwatos bilih karisak nagarènipun, [na...]

--- 145 ---

[...garènipun,] dene yèn kaanggêpa, sayêktos badhe kalingsêman panjênênganipun. Mila pangandikaning prabu, namung kasambi ing krama kemawon, wasana mundhut pratăndha dhatêng pun sawêr, pangandikaning nata makatên: kawruhanamu, ing têlênging sagara kidul ana bajul putih kang angratoni isining laut, iya iku satruku, yèn kowe bisa nyirnakake, sira iya dak aku putra, sarêng naga mirêng pangandikaning Prabu Jaka makatên, lajêng mandhap sarta atur bêkti dhatêng narpati, pamit tuwin nuwun pangèstu ênggèning badhe anglampahi dhawahing nata, pangraosing naga, dhawuhing narpati punika, prasasad kadhawahan dening Hyang Kang Maha Agung, mila lajêng inggal lumampah agêbyar[96] sagantên ing kidul, angupados bajul pêthak wau.

Cêlakipun[97] cariyos, sawêr pinanggih kalihan bajul, lajêng sami pêrang tandhing, bajul [baju...]

--- 146 ---

[...l] kasoran kantos pêjah, sapêjahing bajul pêthak, naga sumêdya wangsul dhatêng nagari ing Mêdhangkamolan malih, ananging lampahipun mêdal ing salêbêting bumi, kapancêr saking sagantên dumugènipun ing Mêdhangkamolan, mila makatên, awit sampun kantos andadosakên gègèr utawi kagèting ngakathah, sarêng naga angintên sampun cêlak ing nagari, piyambakipun lajêng ngintip-intip, macungul sirahipun, inggih punika kadadosanipun umbul lumpur ing Mandhikil, mila mêdal toyanipun asin, sarèhne Mêdhangkamolan dèrèng katingal, mila lajêng angblês malih, macungul dhatêng cêlakipun ing Mêdhangkamolan. Dhatêngipun ing ngriku, sawêr lajêng kengkenan nyaosi wuninga dhatêng Prabu Jaka yèn sampun anglampahi dhawuhipun ingkang rama, sarêng paturaning wau sadaya sampun konjuk, Prabu Jaka [Ja...]

--- 147 ---

[...ka] kèwêdan ing galih, kang kacipta amrih sirnaning naga, mila sang prabu tumuntên adhawuh dhatêng kengkenan wau, pun sawêr kakarsakakên angêntosi ing dhusun ngriku rumiyin, awit sri naranata kagungan punagi, yèn bajul pêthak sampun sirna, badhe yasa kapraboning ratunipun sawêr, kang badhe kadamêl mêthuk naga wau, kengkenan inggal mandhap saking ngarsaning nata, sadhatênging pagenanipun naga, lajêng amratelakakên dhawahing sang prabu wau sadaya.

Sawêr punika kantos lami ênggèning ngêntosi ing dhusun ngriku, mila pagenan punika kawastanan dhusun Kuwu, awit dados pakuwoning naga, wondening jêbulipun sawêr saking siti wau, kantos balêdhos, mila kantos samangke dados balêdhug kang kapratelakakên ing ngajêng.

--- 148 ---

Sapêngkêring utusan wau, Prabu Jaka lajêng angarsakakên damêl praboting sawêr, kayasakakên karah tosan agêng-agêng, kaangkah amradinana awak sabuntutipun sawêr, sarêng yasanipun prabot sampun dados, Prabu Jaka lajêng têdhak piyambak dhatêng pagenaning naga, dumugènipun ing pagenan, sang nata ngandika dhatêng sawêr wau, pangandikaning makatên: kulup, wus dadi kaul ingsun. Yèn sira bisa anyirnakake satruningsun bajul putih kang ana ing têlênging sagara kidul, sira ingsun dadèkake raja, sarta ingsun panganggoni kaprabon nalendra ula, apadene ingsun prênahake pagonanira ana ing sakidul wetaning Mêdhangkamolan, ing kono ana ara-ara jêmbar tuwin êloh lêmahe, aturipun naga, sangêt pamundhi panuwunipun, tuwin badhe angèstokakên [angèstoka...]

--- 149 ---

[...kên] dhawuhing rama, sawêr lajêng kakarsakakên bêkta dhatêng ara-ara wau, sadhatêngipun ing ngriku, Prabu Jaka lajêng aparentah dhatêng punggawa andikakakên angêtrapakên prabot karah tosan ing awakipun sakojur, sampuning tumrap sadaya, naga botên sagêd solah, namung cangkêmipun kemawon kang sagêd mangap. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng naga, makatên: apa kang kalêbu ing cangkêmira, iku dadi panganira, mila sawêr wau rintên dalu mangap kemawon, sarupining kewan kang malêbêt ing cangkêmipun lajêng kaingkêman dipun têdha utawi dipun ulu, lami-lami wontên lare sadasa saking dhusun kang cêlak pagenaning naga wau, sami angèn maesa dhatêng ngriku, botên dangu wontên jawah dêrês, lare-lare wau sami ngupados pangauban, botên dangu manggih guwa ingkang eyub, inggih punika cangkêmipun naga

--- 150 ---

wau kang kawastanan guwa, lare-lare punika tumuntên sami ngaub ing ngriku, nanging lare kang satunggil alit piyambak sarta sakit pathèkên, dipun sikang-sikang dening lare kathah botên suka dhèrèk ngaub, lare alit wau lajêng mêdal saking pangauban punika, dados kantun lare sanga kang wontên ing salêbêting cangkêmipun naga, botên antawis dangu cangkêming sawêr wau mingkêm, lare sanga katêdha lajêng dipun ulu, lare alit kang satunggil kang wontên ing sajawining cangkêm punika inggal lajêng mantuk, pratela dhatêng tiyang sêpuhipun lare sanga kang sami katêdha dening naga wau, mila kang sami gadhah anak botên narimah nuwun pangadilaning ratu, sarêng sang prabu mirêng aturanipun abdi kang makatên punika, sangêt dukanipun, tuwin lajêng têdhak ing pagenaning naga, andhatêngakên dukanipun, tumuntên cangkêmipun naga [na...]

--- 151 ---

[...ga] dipun patèk. Sawêr lajêng budi anglangkungi sangêt, saking rosanipun karah tosan kang tumrap ing badanipun, saking sangêting budining sawêr, sitènipun kantos balêdug dados awu, buntuting sawêr ngadêg kumitir, kasarêngan angin plahara, mêndhungipun pêtêng lajêng jawah dêrês, kêkayon kang cêlak-cêlak sami sirna saking agênging plahara tuwin budining naga, salèrèhipun jawah tuwin plahara, sawêr wau kapêndhêt dening balêdug siti kang mumbul punika wau, mila sasirnaning naga awit kaurugan lêbu wau, pagenan punika kawastanan Kasanga, amargi saking lare sanga kang katêdha dening naga punika wau.

Enjing kula mangkat saking Kradenan mêdal ing margi agêng sae kenging kalampahan kreta langkung ing Kadhêstrikan Wirasari dhatêng Purwadadi, krajanipun Kabupatèn Grobogan, têbihipun saking Kradenan [Kradena...]

--- 152 ---

[...n] 18 pal, sarêng lampah kula kalangkung[98] kadhêstrikan ing Wirasari, wontên margi simpangan mangidul dhatêng dhusun Sela, bawah nagari Surakarta, kang nyêpêng panguwasa dados pangagêngipun ing ngriku lênggahipun kliwon. Ing dhusun punika pagenaning pasareanipun Kyai Agêng Sela, sarening[99] kula langkung cêlak ing ngriku, mila kula amrêlokakên mampir ing dhusun punika, dhatêng kula ing Sela, kula anjujug ing griyaning kliwon, ing ngriku kula katampenan sae sarta angrahabakên, sarêng kula sampun ngumbe wedang, kula nêdha aningali pasarean, kliwon wau inggih dhangan, sarta lajêng dipun dhèrèkakên piyambak. Dhatêng kula ing ngriku, kula aningali pasareanipun mawi dipun cungkup, wanguning cungkup kados masjid, nanging alit, korènipun dipun inêp kemawon rapêt, ing salêbêting [sa...]

--- 153 ---

[...lêbêting] cungkup wau, wontên diyanipun calupak, rintên dalu botên pêjah-pêjah, saupami botêna kasukanan diyan, sayêktos botên katingal punapa-punapa awit saking pêtêngipun, amargi saking rapêting pagêr tuwin rapêting panutupipun kori, kacriyos diyan wau latuning gêlap ênggènipun nyêpêng Kyai Agêng Sela piyambak, mokhal gêlap kenginga kacêpêng dening tiyang, awit gêlap punika naming latu kang mêdal saking mega tuwin mêndhung, mila sayêktos botên kenging yèn ta kacêpênga, kajawi bilih sampun murub mêmpan dhatêng ing satunggiling kawujudan, latuning diyan wau awit kala kyai agêng dumugènipun samangke dèrèng nate pêjah, diyan kang kaangge ing salêbêting kadhaton ing Surakarta punika, latonipun inggih ugi mêndhêt saking diyaning pasarean punika, botên sabên dintên nyumêd dhatêng ing sela,

--- 154 ---

ananging kala kina panyumêdipun, kantos sapunika rintên dalu botên pêjah-pêjah, wondening ing kadhaton kang botên ngangge latu diyan saking sela, namung ing kamar pagenaning dêdamêl agêm dalêm ingkang sinuhun.

Wondening pasareanipun Kyai Agêng Sela kang wontên ing salêbêting cungkup wau, mawi kakrêbong utawi kalangse sinjang pêthak.

Sampuning kula ningali pasarean sarta tahlil tuwin anyêkar, kula nglajêngakên lampah kula matêng[100] Purwadadi, dhatêng kula ing ngriku, kula namung nyipêng sadalu, awit botên wontên têtingalan kang anèh kang kenging kula criyosakên, amargi kithanipun kenging kawastanan kitha dhusun, wontên Pacinanipun kang griyaning Cina-cina kirang prayogènipun, ananging samurwatipun kathah Cina kang sugih, awit sami sêsadean [sê...]

--- 155 ---

[...sadean] uwos dhatêng nagari Surakarta, Ngayogyakarta tuwin Sêmarang, amargi rêgènipun uwos ing Purwadadi sangêt mirahipun, dene lampahing uwos wau kawrat ing glindhing dhatêng sêtasiyun ing Gundhi kang têbihipun namung 11 pal saking Purwadadi, dumugining sêtasiyun lajêng kawrat ing kreta latu dhatêng nagari tiga wau.

Griya asistèn residenan[101] majêng mangidul angajêngakên alun-alun, dene griya kabupatèn majêng mangalèr dados ajêng-ajêngan kalihan asistèn residhenan, sawetaning alun-alun kantor asistèn residhenan pagêr banon payon kênthèng, sakiduling kantor griya krontraliran, kilèning alun-alun masjid, samurwatipun kitha dhusun masjidipun kalêbêt sae sarta agêng.

Griya kabupatèn samangke taksih

--- 156 ---

dèrèng dados, gumêrmèn[102] anggèning mragad dasa[103] punika sampun têlas 105000 rupiyah, sarèhning yatranipun sampun têlas mila pagaraping griya wau kalèrèhakên angantosi ing taun ngajêng badhe kaparingan wêwah yatra malih, pandamêling griya wau sampun sadasa taun punika lamènipun, sabên taun kapanci dipun paringi arta, bilih têlas pancènipun lajêng pagaraping kalèrèhakên ngêntosi taun malih, dene kang sampun dados samangke namung gêdhong pamondhokan tamu, gêdhong pagenaning rencang-rencang, sêtalan tuwin gêdhong kreta, mila bupatinipun sapunika manggèn ing gêdhong pamondhokan dhayoh wau, mila sangêt rikuh ingkang manggèni, awit kirang mêmbaripun.[104]

Ing alun-alun wau sangêt sêpênipun, amargi kaetang mèh botên wontên tiyang [ti...]

--- 157 ---

[...yang] lumampah, awit pagenaning botên kalêrês wontên ing margi agêng, kang kula wastani margi agêng punika, margi kang saking Dêmak dhatêng dhêstrik ing Wirasari tuwin Kradenan, punapadene kang dhatêng sêtasiyun kreta latu ing Gundhi.

Sakabupatèn Grobogan punika, sitènipun lêmpung cêmêng sadaya, mila kirang kêkayonipun kang agêng-atêng,[105] dene têtanêmaning tiyang tani kang baku namung pantun, palawijanipun kang kathah namung krai, timun, waloh, sata, kacang rambat tuwin jagung, bumi ing Grobogan wau kaetang siti tadhah jawoh sadaya.

Tiyang alit ing ngriku kirang srêgepipun ing damêl, kathah kang rêmên anglampahi awon, awit kathah kang sami nyêrèt, mila kathah prakawis pulisi.

Ing Kabupatèn Grobogan punika, bilih tanêmaning pantun mêdal, anglangkungi

--- 158 ---

mirah ing rêgènipun uwos pantun, yèn tanêman wau sawatawis botên mêdal, sangêt awisipun, mila makatên, awit saking sangêt têbihipun kalihan sanèsing kabupatèn utawi pagenan agêng, namung Dhêstrik Purwadadi kang samangke sampun kathah majênging dhatêng karaharjan, sarana saking lampahipun kreta latu ing Sêtasiyun Gundhi bawah Dhêstrik Purwadadi kang namung 11 pal têbihipun saking kitha, sarta margi kang dhatêng Gundhi wau, kalêbêt sae, awit gampil kalampahan dening kreta,mila inggih punika kang andamêl raharjaning tiyang alit tuwin Kabuptèn Grobogan, awit anggampilakên tiyang gêgramèn dhatêng măncanagari.

Ing wanci enjing kula mangkat saking Purwadadi, kesah dhatêng êmbak pagenanipun umbuling lisah latung, têbihipun saking [sa...]

--- 159 ---

[...king] kitha 4 pal, pagenaning wontên ing gumuk sakidulipun margi kang dhatêng Dêmak. Wêdaling lisah punika saking umbul, amor kalihan toya, nanging kathah wêdalipun toya tinimbang kalihan lisahipun. Lisah latung kang mêdal saking ngriku namung sakêdhik, mila kathah kaotipun yèn tinimbang kalihan sumbêr ing Dhandhang Ngilo bawah ing Bujanagara kang kula criyosakên ing ngajêng, wondening anèhipun umbul punika, dene pagenaning wontên ing kowakanipun sela gamping sarta wontên ing sanginggiling gumuk kang inggilipun watawis wontên 50 kaki.

Sampuning kula ningali umbul wau, kula lajêng wangsul dhatêng margi agêng malih, anglajêngakên lampah kula, botên antawis têbih saking ngriku, kula dhatêng ing krêngtêg[106] agêng sangêt sarta lèpènipun ugi kaetang lêbêt. Kang kakrêtêgan wau, Lèpèn [Lè...]

--- 160 ---

[...pèn] Serang watêsing Kabupatèn Grobogan sarta Dêmak, panjanging krêtêg 250 kaki.

Sarêng lampah kula dhatêng ing Kabupatèn Dêmak, lajêng katingal sanès sangêt kalihan bawah ing Grobogan, awit kathah dhusunipun ing bawah Dêmak, punapadene têbih saking wana, sarèhning kathah dhusunipun mila kathah têtiyangipun, dados têtanemaning palawija ing sabin inggih ugi kathah, antawis sapos saking watês wau, kula dhatêng ing pêkên Godhong, kang kacriyos nalika pêrang Dipanagaran, punika palerehaning prajurit Walandi mrêdika, kala sêmantên sarêng prajurit wau lere[107] ing ngriku kadangon, lajêng sami bingah-bingah sarana sami angumbe, sarêng ênggèning ngombe sawatawis sampun kêkathahên, mêngsah kraman dhatêng, lajêng sami campuh pêrang, sarèhne prajurit Walandi

--- 161 ---

ênggèning ngumbe sampun kêkathahên, mila asor yudanipun kathah Walandi kang pêjah wontên ing ngriku, dene kang gêsang, awit sami kalêrês sagêd lumajêng.

Saking Godhong lampah kula mangidul, dhatêng Dhêstrik Gubug bawah Kabupatèn Sêmarang, antawis wontên kalih têngah pos têbihipun saking Godhong, kula nyimpang ing sawetaning margi, anangali[108] ing mêrapi kang têbihipun saking margi botên kantos saprapat pal. Mila kawastanan makatên, awit sitènipun rintên dalu mêdal latonipun, pagenaning mêrapi wau wontên ing têngahipun sabin, ing ngriku kula ningali wontên griya pondhokan alit, palerehaning têtiyang kang sami dhatêng aningali mêrapi wau, pagenaning latu tuwin pondhokan punika, kaubêngan kêkayon agêng-agê[109] sarta dhêdhapuran dêling, dene siti kang mêdal [mêda...]

--- 162 ---

[...l] latonipun wau rêsik kemawon, nanging mungêl gêmrêbêg jalaran saking urubing latu, kalêrêsan dhatêng kula ing ngriku surya sampun sêrap, watawis jam satêngah pitu, mila sangêt cêthanipun ênggèn kula ningali urubing latu wau, inggiling latu kang murub punika watawis wontên sakaki, wondening urubing latu kang cêlak ing siti, rupènipun ijêm tuwin biru, dene kang nginggil limrah kemawon. Siti kang mêdal latonipun watawis wiyaring wontên gangsal kaki.

Tiyang kang têngga ing ngriku pratela dhatêng kula, saupami siti kang mêdal latonipun wau dipun usêk-usêk, latuning lajêng pêjah, bilih botên kasumêt malih botên sagêd tumuntên murub, têrkadhang kantos sakawan utawi gangsal jam taksih inggal murub malih, sarèhning kula badhe sumêrêp, mila tiyang wau kula purih amêjahi latu[110] punika, inggih yêktos [yê...]

--- 163 ---

[...ktos], sarêng dipun usêk-usêk latuning lajêng pêjah sadaya, tumuntên kula purih nyumêt, tiyang jagi wau lajêng angurubakên mêrang dipun ungkulakên dhatêng pagenan punika, botên antawis dangu tumuntên mungêl gêmrêbêg pagenan latu wau lajêng murub sadaya kados kang wau.

Criyosing tiyang kang jagi ing ngriku, bilh rêndhêng pagenaning latu wau asring kalêban toya banjir, têrkadhang kantos kalih kaki lêbêtipun, dene toya kang wontên sanginggiling latu mêrapi wau, blêkêthêk awit saking wêdaling hawa kang saking siti, hawa kang mêdal wontên ing sanginggiling toya punika, saupami kaungkulan latu, inggih lajêng murub, mila sangêt anèhipun, dene sanginggiling toya wontên latonipun ingkang murub.

Anunggil pagenan kalihan mêrapi wau ing sangandhaping kajêng agêng wontên selanipun [se...]

--- 164 ---

[...lanipun] agêng, rupining kados badhe umpaking griya, pratelaning tiyang kang jagi, sela wau dados panêngran, sintên tiyangipun kang kuwawi ajungjung sela wau kalihan lênggah, sayêktos sadaya sêdyanipun badhe kadugèn. Kacriyos dhatênging sela wau ing ngriku, awit kala kina, nalika para wali yasa Masjid Dêmak, Kangjêng Susuhunan Lèpèn kabêbahan anjangkêpi umpak kang badhe kangge ing masjid, ananging sarêng pambêktanipun dumugi ing ngriku, wancènipun sampun pajar, măngka pandamêling masjid wau botên kenging yèn ta kantos sakarintênan, mila umpak wau lajêng katilar ing pagenan punika.

Saking ngriku kula lajêng dhatêng kadhêstrikan ing Gubug samangke bawah Kabupatèn Sêmarang, dhatêng kula ing kadhêstrikan, kula nyipêng sadalu, awit dhatêng kula sampun kadalon.

--- 165 ---

Enjingipun kula nêningali ing pêkên sarta Pacinan ing Gubug, samurwatipun pagenan ing dhusun kalêbêt sae, pêkênipun agêng, kathah tiyang gêgramèn, padhusunan sarta sitining ngriku ugi sae.

Sampuning kula nêningali ing ngriku, kula lajêng kesah dhatêng dhusun Gêlapan bawah Kabupatèn Dêmak, têbihipun saking Gubug naming gangsal pal, ing ngriku wontên bêndungipun banon agêng, kang kabêndung wau pen[111] Tuntang, wiyaring bêndung 317 kaki, bêndung samantên wau kalepa tuwin kajobin sela cêmêng sadaya, nginggilipun kakrêtêgan, inggiling bêndung botên kantos mapak siti, watawis wontên nêm kaki lêbêtipun saking siti, bêndung punika ingkang wingking dêdêr kados pagêr banon, punika kangge ngandhêg lampahing toya, kang ngajêng mayat. Wingkinging bêndung, kiwa têngêning lèpèn [lè...]

--- 166 ---

[...pèn] wontên korènipun margining toya kang anglangkungi kiyatipun, piyaring satunggil-tunggil kori 12 kaki, sawingkinging kori wontên susukanipun kang dados margining toya minggah dhatêng sabin. Bilih sabin kang pikantuk toya saking ngriku kêkirangan toya, korènipun wau dipun bikak amrih lumêbêting toya ing wangan lajêng minggah ing sabin, manawi sabinipun sampun katoyanan sadaya, korènipun kainêp toyaning lajêng langkung ing sanginggiling bêndung malih.

Kang jagi ing bêndung mriku punika priyai Walandi, lênggahipun upsindêr saking watêrsêtat, griyanipun gêdhong banon agêng pagenaning cêl[112] ing bêndung wau, kajawining kajagi dening upsindêr, wontên malih priyai Jawi sakawan kang kabêbahan angurut lampahing toya tuwin angrimati sadayaning wangan kang kamargèn toya saking [sa...]

--- 167 ---

[...king] bêndung wau, lênggah ing priyai punika mantri wangan.

Lèpèn kang kabêndung punika, sagêd anoyani sabin 32000 bau, dene parentah ênggèning amragadi pandamêling bêndung wau 600000 rupiyah, lamènipun ênggèning damêl bêndung punika sangang taun.

Sampuning kuli[113] ningali ing ngriku, kula lajêng numpak kapal kesah dhatêng Sêtasiyun Kêdhungjati, ing ngriku kula lajêng numpak kreta latu dumugi ing Krêtêk Tuntang, margining kreta latu wau, anglangkungi saenipun, awit minggah rêdi sarta lenggak-lenggok amrih sampun kantos kadêdêrên utawi kanjulêgên lampahing kreta, rêdi kang kaambah kreta wau katugêl, dene jurang-jurang dipun urug amrih sami mayadipun. Margining kreta latu wau tumbuk kalihan margining kreta kang saking Têmpuran [Têmpur...]

--- 168 ---

[...an] dhatêng Salatiga, margi wau bilih wontên ing jurang, lurunging kreta latu langkung ing sanginggilipun sarana krêtêg, yèn margi punika wontên ing sanginggiling rêdi margining kreta latu wontên ing ngandhapipun krêtêg. Mila agumunakên lampahing kreta latu ing margi punika.

Dhatêng kula ing Krêtêg Tuntang, kula nyewa kreta sewan kang sabên dintên cumawis ing ngriku, kula tumpaki mantuk ing Salatiga, dhatêng kula ing griya kula lèrèh sawatawis wulan awit sampun kalamèn ênggèn kula kêkesahan.

VII. Lampah kaping sakawan.

Cariyos Bagiyan Êmbahrawa.

Wanci enjing kula mangkat saking griya numpak kapal mêdal ing erang-erang[114] sukuning Rêdi Merbabu, lampah kula wau mangilèn [mangi...]

--- 169 ---

[...lèn] kemawon, antawis dumugi gangsal pal têbihipun, kula dhatêng ing rêdi alit utawi gumuk lincip kang kanamakakên Candhi Dhukuh, ing ngriku kula minggah ing pucakipun kang inggiling watawis wontên 200 kaki saking ngandhap, sarêng kula dumugi ingnginggil, kula aningali kubur satunggil, maesanipun sala[115] cêmêng botên mawi cungkup, naming kayoman dening kêkayon agêng-agêng kemawon, criyosing têtiyang dhusun kang cêlak ing ngriku kang dhèrèkakên lampah kula, punika kuburipun Prabu Brawijaya ratu ing Majapait kang kaping 3 saking, inggiling rêdi wau bètèng ing Êmbahrawa tuwin tangsi ing Banyubiru katingal sangêt cêthanipup[116], sangandhaping rêdi punika kang sisih lèr, Rawi pêning kang anglangkungi wiyaripun. Lêrêsipun, saking pamanggih kula sanès rawi, nanging tlaga kang anglangkungi agêngipun, mila pamanggih kula makatên, [makatê...]

--- 170 ---

[...n,] awit pagenaning wontên ing têngah-têngahipun rêdi utawi kakêpang dening rêdi, dados ing têngah sangêt lêbêtinun[117], ananging sarèhne sangêt wiyaripun wau, mila tiyang ngriku mastani rawi, ing rawi punika wontên pulonipun, ananging kamambang kemawon, bilih katêrak ing siliran katut manêngah utawi minggir, nalikanipun kula wontên ing ngriku, kalêrês wontên ing pinggir cêlak ing sukuning rêdi, mudhun kula saking nginggiling rêdi, kula aningali pulo wau, sarêng kula tingali yêktosipun botên wontên sitènipun, namung rumput kemawon, wondening agênging pulo punika, watawis wiyar tuwin panjangipun wontên tigang dasa kaki, kintên kula kadadosaning pulo wau, sangkrah êpangipun kajêng kang alit-alit kang sami kèli, nglêmpak dados satunggil, kawêwahan saking kathahing kliyang [kli...]

--- 171 ---

[...yang] kang dhawah ing ngriku, lami-lami kathukulan rumput, sarêng kliyang tuwin êpang kang kathukulan rumput wau sampun bosok tuwin sirna, dados kantun rumputipun kemawon kang taksih gêsang kamambang kêmpal kanthèt dados satunggil asepa pulo wau.

Sampun kathah têtiyang kang pêjah kêlêm ing rawi punika, jalaran numpak baita, dhatêng ing têngah kenging siliran agêng baitanipun katampêk dening ombak kang lajêng andadosakên kèrêmipun. Mila ombakipun agêng, awit saking wiyar tuwin lêbêtipun toya rawi.

Kacriyès[118] kang wau sampun nate dipun jajagi dening băngsa Walandi, dene lêbêtipun pinanggih 200 dhêpa, ananging saking criyosing tiyang dhusun kang cêlak ing ngriku, lêbêtipun dumugi ing dhasaring bumi, sawênèhing tiyang wontên kang pitakèn dhatêng [dha...]

--- 172 ---

[...têng] sêsêpuhing dhusun kang cêlak ing ngriku, mênggah lêbêting rawi punika, ka[119] kangpitakenan[120] amangsuli "dhèk kalane buyut, nunggang prau têkan ing têlênging Rawa Pêning, ing kono dhèwèkne wus anyêmplungake kudhine, kudhi mau kongsi tumêkane ing dina iki, isih durung têkan ing dhasaring rawa, lah iku kira-kiranên dhewe, dadi sapira jêrone" criyos kang makatên wau, namung kadamêl upami utawi ngibarat kemawon, awit saking botên sagêd angintên-intên lêbêting rawi wau.

Saking ngriku kula lajêng dhatêng Banyubiru, ing ngriku kula aningali tangsi agêng sarta bagus, yèn tiyang kang katêmbèn sumêrêp, sayêktos kawastanan griya lojining para agêng Walandi, griya-griya tangsi wau sami ngangge lotèng, èmpèripun ingkang pinggir katrapan ruji utawi hèk kang dipun [di...]

--- 173 ---

[...pun] êcèt amantêsi, saking kawuningan kula, ing tanah Jawi botên wotên tangsi kang nyamèni punika saenipun. Sarèhning kula kumêdah anêningali sadaya, mila kula anêdha pitulungan dhatêng têpangan kula upsir kang kalêrês wontên ing ngriku, supados kula kadêdahakên kawontênaning ing tangsi Banyubiru, upsir wau inggih dhangan sarta kula lajêng dipun ajak anêningali sadaya, sayêktos botên wontên kang kucewa, sami saenipun tuwin anglangkungi rêsik, sampuning kula ningali griya-griya tangsi, kula lajêng kadêdahakên ing gudhang-gudhang pagenaning dêdamêling pêrang, gudhang pagenaning mriyêm punika wiyaripun 60 kaki botên mawi saka, dene kuda-kuda tuwin balandaripun sadaya tosan, naming usuk-usuk sarta rèngipun kang ngangge kajêng.

Dêdamêling pêrang ing ngriku sami wontên sadaya, [sa...]

--- 174 ---

[...daya,] kajawining punika, pacul, arit, sarta pêthèl, tatah, wadung, prêkul, bêndho, pangot sapanunggilanipun bêkakas undhagi sadaya sami wontên.

Dene wujudipun mariyêm, ugi pêpak sadaya, ingkang alit kantos dumugi kang anglangkungi agêngipun, kang cêndhak dumugi kang nglangkungi panjangipun, makatên ugi mimisipun sadaya pêpak sarta cumawis.

Sampuning kula nêningali ing ngriku, kula lajêng mangkat dhatêng bètèng ing Êmbahrawa, têbihipun saking Banyubiru tigang pal. Sarêng lampah kula sampun cêlak ing Êmbahrawa, bètèngipun botên katingal saking jawi, awit kaling-alingan kêkayon agêng-agêng tuwin dêling ori kang katanêm angubêngi ing bètèng, botên antawis dangu, lampah kula dumugi ing margi kang menggok malêbêt ing bètèng,

--- 175 ---

ing ngriku kula aningali griya-griyaning para upsir tuwin tangsi-tangsining prajurit, saking saening pranatanipun, sarta kathahing têtanêman kang agêng-agêng tuwin pêpêthetan sêkaran kang sae-sae, mila tingalipun ing ngriku punika, kados tamansari, andamêl sarjuning manahipun kang lêlampah tuwin kang katêmbèn aningali ing ngriku, urutking[121] margi kiwa têngên tanêmaning cêmara sampun agêng-agêng kang andadosakên ayoming margi, ubêngipun bètèng banon, kaubêngan bètèng siti kados dening tanggul, inggilipun sadasa kaki, bètèng siti wau rangkêp tiga, antawising satunggiling tanggul kalihan satunggilipun, wontên jagang utawi wanganipun lêbêt. Wondening kang jawi pisan, katanêman dêling ori, kang samangke anglangklungi kêtêlipun, margi kang malêbêt bètèng wau, jagangipun kakrêtêgan sae-sae, [sae-sa...]

--- 176 ---

[...e,] pinggiripun dipun êtrapi palang tosan. Sarêng lampah kula dumugi ing salêbêting bètèng, andadosakên gumun kula, dene warnènipun kados kitha alit, ingkang têngah sisih lèr majêng mangidul griya bolah agêng, ngajêngipun wontên sumuripun umbul utawi kang kawastanan sumur putêr kang rintên dalu botên lèrèh-lèrèh mêdal toyanipun kadosdening umbul. Têngêning griya bolah wau wontên griya agêng kêkalih panjang mujur mangidul, punika griyaning para kapitèn. Satunggil-tunggiling kapitèn pikantuk kamar agêng kêkalih kamar alit ing wingking satunggil, griya panjang kêkalih wau, cêkap dipun ênggèni kapitèn 16, wingkinging punika, wontên griya gêdhong panjangipun puput sabètèng, kang sapalih sêtalipun kapal prajurit sêtabêl, kathahing kapal kang dipun sêtalakên [sêtalakê...]

--- 177 ---

[...n] ing ngriku 100, sapalihipun, tangsi pagenaning soldhadhu.

Kiwaning griya bolah wau wontên griya gangsal sabanjêng, ajêng-ajêngan kalihan griyaning para kapitèn wau, griya kang têngah agêng piyambak, kamaripun ing èmpèr utawi galdri ngajêng kalih alit-alit, ing lêbêt griya kamaripun sakawan agêng-agêng, ing galdri wingking kamar kêkalih malih kados ing ngajêng, punika griyaning kumêndhan utawi pangagêngipun ing ngriku, dening kiwa têngêning griyanipun pangangêng wau, wontên griyaning kalih sisih, rupi tuwin agêngipun sami sadaya, kamaripun griya ing lêbêt agêng-agêng sakawan, ing galdri wingking kamaripun kêkalih, griya sakawan wau dipun ênggèni sosoranipun pangagêng wau, kados ta lilên[122] kurnèl tuwin para mayor, sawingkinging griya agêng gangsal wau, wontên griya panjang malih puput sapanjanging bètèng,

--- 178 ---

punika pagenaning para litnan. Satunggil-tunggiling litnan pikantuk kamar agêng satunggil tuwin kamar alit satunggil.

Ngajênging griya bolah pungkasing kidul griyaning para kapitèn tuwin griya-griyanipun para upsir agêng-agêng wau, wontên griya panjang majêng mangalèr, panjangipun muput bètèng mujur mangilèn, mawi wontên lotèngipun, punika ugi tangsi pagenaning soldhadhu, wingkingipun griya bolah wontên griya tangsi pagenaning soldhadhu malih sarta wontên lotèngipun sami kados kang wontên ing sangajênging griya bolah wau, kang ngandhap tangsi soldhadhu, ingkang nginggil wadhahing bêkakas dêdamêl pêrang.

Plataran ngajêngipun griya bolah sangêt jêmbaripun, cêkap kadamêl baris, gladi soldhadhu sèwu.

Kreta agêng gampil kemawon malêbêt ing salêbêting bètèng punika.

--- 179 ---

sarêng kula sampun aningali sadaya, kula lajêng minggah ing sanginggiling bètèng, ing ngriku kula ningali griya-griya kang kula tingali wau sadaya sami papak kemawon tutupipun banon sarta dipun plêstèr, botên ngangge payon limrah, mila makatên, bilih wontên pêrang, măngka bètèng punika kakêpang dening mêngsah, ing nginggiling griya-griya wau kasukanan siti tuwin lajêng dipun sukani mriyêm. Dhatêng kula ing nginggilipun bètèng, aningali agênging bètèng wau, andadosakên sangêt gumun kula, awit sadaya katingal saking ngriku, kajawi saking punika, kathah griya-griya malih kang katingal saking ngriku, saking criyosipun upsir kang dêdahakên ing kula manginggil wau, griya-griya punika wontên griya pagenaning obat, griya paukumaning soldhadhu, tuwin sanès-sanèsipun, sadaya wau kalêbêt [kalê...]

--- 180 ---

[...bêt] ing wêngkonipun bètèng siti kang kados tanggul kapratelakakên ing ngajêng.

Griya-griya ing salêbêting bètèng siti wau sadaya, pagêripun banon anglangkungi kandêlipun, DENE kandêlipun pagêr ngangge banon tigang wayut.

Kacriyos wragading pandamêlipun bètèng punika kawitan dumugi sadadosipun 5.000.000 rupiyah, agèning angawiti damêl, nalika taun Walandi 1831, dadosipun nalika taun 1855, sarêng sampun dados, kangjêng gupêrmèn lajêng yasa tangsi ing Banyubiru tuwin tangsi sajawining bètèng Êmbahrawah,[123] kang sampun sami kula pratelakakên ing ngajêng, mila yasa tangsi punika, supados dipun ênggènana soldhadhu ing kalaning jaman têntrêm, awit bilih kêkathahên ingkang manggèn ing salêbêting bètèng, sayêktos tansah badhe kathah sêsakit, amargi [a...]

--- 181 ---

[...margi] saking rupêking pagenan, jalaran saking pagêr-pagêr banon, bètèng siti sarta têtanêman dêling kang angubêngi bètèng wau, mila sadaya punika angampungi lampahing siliran tuwin hawa.

Sasampuning kula anêningali ing bètèng wau sadaya, kula kesah dhatêng Pacinan, kang têbihipun watawis wontên sapal saking bètèng, sadèrèngipun kula dumugi ing Pacinan, kula langkung ing griya asistèn residhenan, kang pagenaning botên antawis têbih saking tangsi kang wontên ing sajawining bètèng wau, ing pinggir margi cêlak ing asistèn residhenan wau, kathah para tuwan-tuwan kang sami gêgriya ing ngriku, para Walandi wau wontên ingkang nyêpêng toko, wontên têtilasaning militèr lajêng gêgriya manggèn ing ngriku anêdha pènsiyunipun.

Griya asistèn residhenan wau, kala [ka...]

--- 182 ---

[...la] rumiyin griya kontraliran, sarèhning samangke sampun kagêntosan asistèn residhen kang nyêpêng pangawasa ing ngriku, dados kontraliripun dipun undur, asistèn residhen wau nyêpêng dhêstrik kêkalih, kang satunggil Dhêstrik Êmbahrawa, satunggiling Dhêstrik Ungaran. Ing mriku botên wontên bupati tuwin patihipun, mila tumindak ing pandamêlan, asistèn residhen lajêng parentah dhatêng wadana kemawon, boten mawi lêlantaran, wondening priyai Jawi kang wontên ing Êmbahrawa namung jaksa kalihan pêngulu landrat. Mila kalêbêt anèh piyambak yèn tinimbang kalihan bageyan cêcêpênganing asistèn residhen sanèsipun ing tanah Jawi, ananging sarèhning sampun dados karsaning parentah kapranata kados makatên, mila tumindak ing padamêlan ing

[...]

--- 183 ---

[...s] dening bageyan cêcêpênganing asistèn residhen kang wontên bupatènipun.

Sampuning têrang sêsêrêpan kula kawontênanipun êng[124] Êmbahrawa sadaya, kula lajêng nyewa kareta dhatêng Walandi kang anyewakakên kreta ing ngriku, kula êngge kesah dhatêng Karesidhenan Kêdhu, mangkat kula saking Êmbahrawa, kretanipun katarik dening kapal, sarêng antawis wontên tigang pal têbihipun, sarèhne margining sangêt inggahipun ing rêdi, mila sangajênging kapal rakitan kawêwahan lêmbu sakawan rakit, panariking lêmbu sarta kapal makatên wau, kantos dumugi cêlakipun ing pos Pingit bawah Kabupatèn Têmanggung Karesidhenan Kêdhu, cêlak ing pos Pingit punika watêsing bawah Êmbahrawa kalihan Karesidhenan Kêdhu.

Awit kreta kula katarik dening lêmbu, [...] mila kula mêdhun saking [sa...]

--- 184 ---

[...king] kreta lumampah kemawon kantos dumugi pos ing Pingit. Mila makatên sagêda cêtha ênggèn kula nêningali ing nginggiling rêdi tuwin mangandhap. Sarèhning têtingalan ing rêdi kang kula lampahi punika sadaya anglangkungi prayogènipun, mila andadosakên kuciwaning rêrênggan yèn ta botêna kasêkarakên, mila sasagêd-sagêd têtingalan ing rêdi wau awit minggah kula ing Rêdi Jambu dumugènipun ing pos Sêcang bawah kabupatèn ing Magêlang, kula rêngga dening kidung kados ing ngandhap punika:

VIII. Cariyosing Rêdi Jambu tuwin Karesidhenan Kêdhu.

1. Mijil

1. kang carita rinantanèng kawi | pinandorèng miyos | amrih samêktaning panggalihe | kang wilapa têlah lupiyaning | [lupiya...]

--- 185 ---

[...ning | ] tulis kang mantyani | lêlangên satuhu ||

2. kasêngsêm mulat rêngganing Wukir | Jambu kang kinaot | ngongkang Talaga Pêning sukune | tirtanya mubyar sumilak wêning | kandhêg kang lumaris | umiyat ing ranu ||

3. têpining lurung jurang jro isi | curi lan kêkayon | dut[125] samana panuju wiyose | sang hyang diwangkara anyoroti | tlaga gung kang asri | lawan gunung-gunung ||

4. ujwalaning surya tibèng warih | mubyar amancorong | gumêbyar-gêbyar lir sêsotyane | lembak-lembak nuswalit kang kentir | lir palwèng jaladri | kadi katut ngalun ||

5. bètèng agung tuwin tangsi-tangwi[126] | Êmbahrawa kaot | katon linoja putih sêkare | kêbon kahwa kang nèng kanan kering | wilis roning kopi | rêsêp yèn kadulu ||

6. tundha-tundha sabin luhur wukir | kasilir kang liron | seta pita kang mrapu sêmune | jêne jênar kadya mas sinangling |

--- 186 ---

kalingling tan pangling | êmping kuning sungsun ||

7. gumuk pating pathuthuk ngubêngi | sujanma lêlakon | lêngkèh anèh marga gung unggahe | kali mili bali nikêl margi | joging warih maring | jurang jro gumrujug ||

8. lir gurnita orêging wanadra|[127] sumêpyur katonton | kumêpyar lir kasawur ingkang we | mancur-mancur tirta saking ardi | dhawah ing botrawi | swaranya kumuncur ||

9. talanira lumutan alimit | lamat-lamat katon | kikis pakis lir ukêl dyah nglèwèr | kèwèr-kèwèr kalèngsèr ing siti | ganggêng rêgêng rêmit | kang mina gumrubul ||

10. ngêlêm nilap pêlung kang kaèksi | barêng lan sribombok | blêkok nambêr kodhok lawan badhèr | pêcuk lan cangak anucuk cacing | mliwis gumariwis | pêruk thêruk-thêruk ||

11. paparan padhas kinarya margi | mangèl yèn linakon | tacing parangnya siningkirake | rata tata sumungguh nèng wukir [wu...]

--- 187 ---

[...kir | ] duk lampah ngong dugi | dhuwur Gunung Jambu ||

12. ingkang luhuring dwi èwu kaki | gumawang anonton | rêrêngganing wukir lan ing ngare | dipwi yakti rêsmining panggalih | kasêngsêm kapati | kacaryan andulu ||

13. duksina pancêre kang lumaris | trusthi ngukurkên lor | prapta ing Kêdhu residhenane | kang ring suku kapit-apit wukir | tarya desa-desi | nagri bawah Kêdhu ||

14. mila mangsuli kang criyos malih | saking dahat gawok | umiyat ing pandhata kirnane | kang umijil saking ing wanadri | tuwin ngrêbis-ngrêbis | tan adangu puput ||

15. kang aldaka lêrêp tan kaèksi | ewuh kang lêlakon | pêpêt dhêdhêt kandhêg ing lakune | kang don lêlana anjajah nagri | gumêtêr sakalir | saking sru srêpipun ||

16. tan dangu kang samirana prapti | sumilir sumêdhot | grot-gumêrot kang bayu lampahe | anirnakkên pandhata lan liris | sumilak [sumila...]

--- 188 ---

[...k] kaèksi | basănta sumunu||

17. kang desa-desa katon sakalir | kêkayon angroyom | eyub ayêm sêmi saoyode | balubêd mulêt mring parang curing | lir sarpa manganta |[128] mêmangsan kang langkung ||

18. kang lêlana laksitanya ririh | mrih hyarsyaning batos | ardhya ascarya dulu rêsmine | giri trêjung witaka kang mijil | saking jroning trêbis | tuwin guwa cêrung ||

19. sasêngkan pèrèng apurung miring | kapering kaporong | kêkarangan rang-arang urunge | srang-sinêrang karangrang pring ori | durèn arèn kwèni | dhêdhukut ngrêmbuyung ||

20. dhuwêt dhuku jêruk jirak jali | karandhang kadhondhong | taru turi rewang rawe-rawe | lêng-ulêngan kang gănda kumuning | dhêndhêng randhu kuning | lir sarah ron suruh ||

21. kang kêkajar kadya anjajari | kumêlar kang kelor | jajar bêbanjaran witing jambe | têtarèh stiris arsa lumaris | balumbang

--- 189 ---

balimbing | balong kang kasètu ||

22. cacab nlacab tirtanya ngêlèbi | pêrwadara tinon | kasorot rawi mubyar dêlinge | sumorot-sorot lir sulaka cri[129] | gumrujug nêlahi | tur akanthi kuwung ||

2. Kinanthi

1. tarate otêr kabêntur | bêntar kentir ngintir-intir | bango bênguk pinggir tirta | nucuk naracak ing bèji | jalarang silu angarang | bajing dhêmping aling-aling ||

2. cèlèng dhêdhusir dharusul | ing têgalan sabin-sabin | kancil kidang lan mênjangan | sami măngsa ing wanadri | dêrak ngarak rak-arakan | sata wana munya anjrit ||

3. kêthèk munyuk tuwin lutung | amêmăngsa wohing wringin | rame swaranya kang măngsa | bêngak-bêngok cêrak-cêrik | kathahing wre ring mandira | pang sêmpal tiba ing siti ||

4. sarpa-sarpa sami nusup | ngulati panggenan sêpi | bèthèt thèthèt apepetan | wulung nguwung ngolang-aling | bidho [bi...]

--- 190 ---

[...dho] bahak lawan sêrak | anglayang nênawang warih ||

5. gêlathik dêruk dêrkuku | kuthilang bondhol lan êmprit | prênjak ladak ngajak-ajak | gogik kolik ngathik-athik | paksi kang nèng pinggir marga | ambêbingah kang lumaris ||

6. kêkayon têpining ênu | mandira gêng angayomi | ngayêm-ayêm sata wana | sasêngkan kapering ngarsi | sangsaya sru pangayuhnya | nglangut ngambat ngarga rêsmi ||

7. parang rong myang watu-watu | pêpanthan nèng punthuk ngardi | gurda gung tanpa etungan | kataman bayu sumilir | sulur manglèwèr kleweran | wrêksa jajar jujur wukir ||

8. ngrêmpayak kaworan sêmu | ayêm sêngsêm kang lumaris | randhu dhadhap tan kliwatan | kamiri anurut margi | soga cêcang[130] abang-abang | klampis pakis awis-awis ||

9. waru garu nora saru | kêsambi kopi tan sêpi | kandhayakan bêbanjêngan | sari sêkar nagasari | maja plasa lawan [lawa...]

--- 191 ---

[...n] sana | marik-marik lir kawisik ||

10. êmung têpung urut lurung | piji pipit ngadhang margi | anyêgah kang don lêlampah | trêngguli twuh pinggir kali | kêndhal sêmpal panging gindhal | panjalin awor walulin ||

11. pucung kakêpung palumpung | jali sumêbyar ing ardi | gêlagah solah tan wantah | wuni woh sumawur siti | pête lir ngawe-awea | pacing jêring kolang-kaling ||

12. klayu wungu katub bayu | iring-iring pèrèng ardi | êmpon-êmpon tuwuh rata | amêpêki kang wanadri | lêmpuyang angayang-ayang | sunthi kunci têmulathi ||

13. kunir kêncur ngawur-awur | têmugiring ngiring-iring | laos lathi têmulawak | bêlasar tan dèn opèni | bêngle sêre lan majakan | jae kèh tanpa upami ||

14. warni-warni tanpa itung | isining aldaka asri | kawuryan kang palakirna | têtanêman kang kaèksi | kang ring têpi padhusunan [padhusuna...]

--- 192 ---

[...n] | pala-pala amêpati ||

15. katela kalawan kimpul | gaga gadhung lan gêmbili | uwi walur talês kênthang | katela pohung lan krai | lompang[131] senthe lan watêsan | jarak jagung tuwin jali ||

16. jagung canthèl lan juwawut | gubug gabag pinggir têgil | parang katumpuk katata | minăngka pagêr ngubêngi | kang têtanêman sahana | mrih tan kambah sato sami ||

17. sakathahing tiyang dhusun | kang wismèng têpi wanadri | tuwin gunung jurang-jurang | hyarsya samya sru makrêti | mrih pangupajiwanira | karsana têntrêm ing batin ||

18. pala-pala kang katandur | kêkayon jroning wanadri | subur-subur tuwuh samya | wit srêping kang ardi-ardi | tan kêndhat ingkang udhaka | lawan dhawahing bun riris ||

19. sato-sato tuwin manuk | kang mêmăngsa wana giri | swara lir pangidunging dyah | kang nèng jro paprêman adi | yaki[132] dipwi mring paningal | asringing lêlangên wukir ||

--- 193 ---

20. sru kacaryan ciptèng ulun | rumandhi ruktining ardi | tuhu tanna kang mêmadha | kèhing wukir nuswa Jawi | yèn ulun tanpa brayaa | yakti yasa tarya wukir ||

21. lampahe ênu tumurun | sadasa pal kang antawis | saking Jambu aldakanya | praptane ingkang lumaris | ing pos Sêcang namanira | simpangan mring Tmanggung nagri ||

22. lêgêg sigêg kang lêlaku | andulu kang prawata di | raosing tyas lir kadhangan | dening wukir-wukir sami | kang kidul kilèn amalang | giri ringgit ngrimba margi ||

23. panjang giwang andêlujur | jujur lajur anjajari | Arga Sumbing lor prênahnya | bêntar atata matyanti | sarapat luhurnya cacad | guwing miring merang kèksi ||

24. lèring malih pan kadulu | Sundara aldaka asri | kang pucak pacak apapak | inggil pantês tur rêspati | karêm rêngrêm marêm ayêm | kang ningali rêmi ardi ||

25. lèr kilèn Sundara agung | Gunung Guntur grêmêng

--- 194 ---

kèksi | panjang malang yèn kasawang | Prau namaning kang wukir | galigir gandari gêra | lir palwa katungkêp yakti ||

26. lèr lêrês katingal têpung | Ungaran prabata rêsmi | gêngnya tan asapiraa | rêgêng rêngrêng tur rêspati | sung bingah mring kang laksita | wit endah kaprah sakalir ||

27. manjung tunjung munjung mundhung | lèr wetan Mêrbabu giri | wêdhar yagraning prawata | pantês lêmês luwês rêsik | kang jurang jarang angarang | asri rêsmi yèn kaèksi ||

28. sukuning Mêrbabu têpung | duksina Ardi Marapi | kang muntab mulat ing Brama | kumêpyur-kêpyur lir riris | dahana ing antaraya | prabaning nêlahi bumi ||

29. sêpyuring latu gumêbyur | gêtêr patêr anyarêngi | gurnita graksa grah sarpa | sato-sato lan paksi jrit | gumêrah angungsi papan | orêg tribawana gonjing ||

30. mangsuli criyosing gunung | Ardi Sumbing dirya luwih | katongton [katongto...]

--- 195 ---

[...n] sangking pos Sêcang | duk samana sang hyang rawi | tumurun kampungan gêra | kang tambis sundhul wiyati ||

31. dumaya seta angêpung | luhur panjung lir nongsongi | kang jalada kakiratan | hyang antakara nêlahi | ing guwa trêjung lan jurang | tuhu byanta paès wukir ||

32. pandhata cahyanya mancur | bêranang asêmu kuning | lindri-lindri lir netrèng dyah | sêmu anandhang bêrangti | kang askara rumancana | mring kakung kang nêningali ||

33. tumpraping kirat nèng gunung | sumilak wiraka asri | pêtêng irêng rênêkira | seta suyasa kang kaksi | mandrawa soring aldaka | kumêthap andudut ati ||

34. dipwi gandarining gunung | yakti niti tyanti rêmi | datan cêkap santrinira | tumrap rumandhining wukir | de karirangga ikana | tan nyarapati kang sidi ||

35. rèhning katêmbèn ing kayun | manganggit kidung amurih | asri rêngganing carita | prabata trêjung lan warih | dumadi darwya [dar...]

--- 196 ---

[...wya] paminta | aywa dèn èsêman sami ||

Saking pos Sêcang lampah kula lajêng menggok mangalèr dhatêng Kabupatèn Têmanggung, sarêng dumugi ing pos Praga, wontên lèpèn agêng, sarèhning lèpèn rêdi, dados anglangkungi julêgipun, ing ngriku kasukanan krêtêg ingkang panjangipun 150 kaki, krêtêg samantên wau ingkang 50 kaki mawi ngangge saka ing ngandhap, dene kang 100 kaki botên mawi kasukanan saka ingkang têngah, sayêktos anglangkungi anèh tuwin saenipun, kadamêl dening tuwan insinyur, dene pandamêlipun kantos samangke sampun langkung salangkung taun, sanadyan botên ngangge saka, krêtêg wau katingal taksih anglangkungi kuwitipun[133].

Sarêng lampah kula dhatêng ing Têmanggung, kula lajêng mondhok ing griyaning mitra kula, [ku...]

--- 197 ---

[...la,] awit dhatêng kula wau sampun dalu, sadalu punika kaetang kula botên sagêd tilêm, awit saking asrêpipun, amargi kitha Têmanggung punika inggilipun saking sagantên 25000 kaki, anggèn kula lèrèh ing ngriku naming kawan dintên, awit botên wontên têtingalanipun ingkang anèh-anèh.

Sarèhning kitha parêdèn, kalêbêt sae utawi risik, alun-alunipun ingkang pinggir kidul lajêng drojog mêdhun kemawon, ngandhapipun punika sabin, mila makatên griya kabupatèn, saha alun-alun wau wontên sanginggiling gumukipun rêdi, Pacinan kang wontên sapinggiring margi ingkang saking pos Sêcang, katingal sae, nanging botên kathah Cinanipun.

Ing samângsa wanci pukul satêngah nêm sontên, kula kaajak dening mitra kula ingkang kula pondhoki, malêbêt ing

--- 198 ---

kabupatèn, dhateng kula ing lêbêt, kula ningali kathah para priyai wadana tuwin sanèsipun ingkang sami sowan dhatêng kangjêng radèn adipati, ananging sadaya sami lênggahan ing kursi, makatên ugi kula tuwin mitra kula wau inggih lajêng kakarsakakên sami lênggah ing nginggil, dene panampènipun anglangkungi saenipun, sayêktos angrêsêpakên ing manah, griya kabupatèn majêng mangidul, ngajêngakên alun-alun, ugi damêlanipun tuwan insinyur, mandhapènipun botên agêng, wangun Jawi, nanging cèkli sarta sae, salèripun mandhapi kanthèt kemawon kalihan griya panjang mujur kiwa têngênipun wontên kamaripun. Salèripun griya punika griya agêng, mala[134] kula wastani griya agêng, awit punika kang kaanggenan bupatènipun. Griya wau botên kalêbêt agêng, ananging inggih [ing...]

--- 199 ---

[...gih] anyumêrapi kalihan agêngipun mandhapi, mandhapi katingal cêtha saking alun-alun, awit botên mawi pagêr inggil, pagêripun naming kados pagêring griya Wêlandi, andhap kemawon, mila katingal ngêblag saking alun-alun. Kapêrnah ing wetaning alun-alun griya asistèn residhenan, pagenaning ing margi kang saking Magêlang.

Enjingipun malih priyai ingkang kula podhoki punika kadhawahan bupatènipun, kakarsakakên ngajak kula nêdahakên ing pasiramanipun nama Pikatan, têbihipun saking kitha kalih pal, kaprênah kidul kabupatèn. Dhatêng kula ing ngriku andadosakên gumun kula, dene ing pundi-pundi kula sampun ningali padusan, nanging botên wontên ingkang nyamèni punika bêningipun toya, sayêktos kados toya ingkang taksih inggal [ingga...]

--- 200 ---

[...l] mêdal saking saringan sela, pasiraman wau pasagi, wiyaripun kawan dasa kaki, lêbêtipun sakawan kaki, dhasaripun ing ngandhap sela krikil, pinggiranipun mubêng sadaya sela cêmêng kawangun kados banon, bilih kula botên lêpat, sela ingkang kangge ing pinggir wau tilasipun candhi kala kina, sumbêr utawi umbalipun toya wau kathah, nanging alit-alit, sadaya sami wontên ing lêbêtipun pasiraman ngriku, ananging bilih botên kapandêng ingkang lêrês, sayêktos botên katingal, awit saking alit-alitipun. Cêlakipun wontên griya Jawi panggenan dandos tiyang ingkang adus, sampunipun kula piyambak adus, kula lajêng wangsul dhatêng Têmanggung malih.

Enjingipun kula kesah dhatêng Margawati, pagenanipun kapal kang misuwur sae-sae, ing cêlakipun ngriku kathah gumuk-gumukipun, [gumuk-gumu...]

--- 201 ---

[...kipun,] wontên ingkang kados kukusan, wontên kang bundêr-bundêr, nanging sadaya sami botên wontên kêkayonipun, nanging kathukulan rumput kemawon, awit sitènipun padhas saha kathah selanipun, wontên gumuk satunggil kang ing pucaking wontên uwitipun, inggih punika kang nama Margawati, kula minggah ningali ing nginggil, dhatêng kula ing nginggil kula ningali sangandhapipun uwit wau wontên gênthongipun, kang sapalih kapêndhêm namanipun gênthong punika kênthèng, ing salêbêting wontên toyanipun sakêdhik, punika kang dipun umbe kapal, kang andadosakên sae tuwin kuwating kapal kang ngumbe wau, saking pamanggih kula toya wau toya jawah, mila kapal ingkang sami wontên ing ngriku sami rosa-rosa, tuwin tracakipun sae-sae, punika botên awit saking toya wau, nanging saking nate

--- 202 ---

rintên dalu lumampah minggah mêdhun, botên wontên siti ingkang wradin, dene saenipun tracak saking sabên dintên ngambah ing sela, mila tracakipun atos-atos, kalihan malih rumputipun sae, awit rumput rêdi kang thukul ing sêlanipun sela wau, dados andamêl kêncênging badanipun kapal, ananging kapalipun botên sagêd agêng, mila sadaya kapal Margawati punika sami alit-alit, nanging nglangkungi rosanipun.

Wangsul kula saking Margawati, sipêng sadalu ing Têmanggung malih, tumuntên kesah dhatêng Parakan, ing ngriku wontên Pacinanipun, nanging kalêbêt alit, sarèhning Pacinan dhusun inggih punika Kêdhunipun ingkang lêrês, sarta panggenanipun sata ingkang eca, kang kasuwur ing mâncanagari.

Saking ngriku kula lajêng dhatêng pasanggrahan kopi nama Jumprit. inggilipun saking [sa...]

--- 203 ---

[...king] laut watawis 4500 kaki, mila anglangkungi sangêt asrêpipun, anggèn kula tilêm dalu ing ngriku ngangge pêdhiyang, coba botêna makatên sayêktos kula botên sagêd tilêm saking asrêpipun. Enjing kalêrês padhang, botên wontên mega tuwin pêdhutipun, sagantên lèr katingal lamat-lamat, punapadene ningali mangandhap anglangkungi saenipun, anyarupèni kados ingkang kapratelakakên ing kidung kasêbut ing nginggil. Cêlak saking pasanggrahan punika wontên umbulipun agêng nglangkungi, inggih punika sumbêring Lèpèn Praga, kula kantos dangu anggèn kula ningali, malah kula kantos ngumbe toya ingkang taksih inggal mêdal saking sumbêr wau, pasanggrahan punika agêng tuwin sae, pagêr papan, bêkakasipun meja kursi tuwin pasarean sadaya sami sae-sae.

--- 204 ---

Enjingipun kula wangsul dhatêng Têmanggung malih sipêng sadalu, kula lajêng kesah dhatêng Magêlang mêdal pos Sêcang, sadatêng[135] kula ing Magêlang lèrèh sawatawis dintên nêningali ing kabupatèn punika.

Inggilipun Magêlang saking laut 1200 kaki, mila hawanipun sêdhêng kemawon, botên kasrêpên, alun-alunipun kalêbêt alit, ananging uwiting wringin ing pinggir agêng-agêng, mêkatên ugi wringin sêngkêran, inggih botên sanès agêngipun tinimbang kalihan ingkang pinggir wau, griya kabupatèn majêng mangidul angajêngakên alun-alun, sarèhning pagêripun banon ing sangajêngipun kabupatèn andhap sangêt, dados griya kabupatèn katingal ngegla trang saking jawi, kiwa têngênipun katanêman sasêkaran, pojoking patamanan kang kidul wetan wontên griya gêdhong ngongkang ing alun-alun tuwin wontên ing

--- 205 ---

sapinggiring margi, kula pitakèn punika griya punapa, wangsulanipun tiyang ingkang kula pitakèni, punika griya kamar bolah, palêmpakanipun para tuwan-tuwan, sangêt gumun kula dene panggenanipun wontên ing wêngkon kabupatèn, saking pratelanipun tiyang ingkang dhèrèkakên lampah kula, mila griya bolah kadamêl ing ngriku, awit saking karsaning radèn tumênggung sapunika, griya kabupatèn sangêt anèhipun, awit anyulayani ing kathah, amargi naming griya gêdhong agêng panjang kemawon satunggil, ingkang sapalih kawangun kados mandhapi, sapalihipun kasigêg kasukanan kamar-kamar, inggih punika lêbêtipun griya.

Ing samângsa kula kaajak dhatêng priyai têtêpangan kula ingkang kula pondhoki, sowan dhatêng Radèn Tumênggung Bupati Magêlang, sayêktos anyênêngakên ing manah

--- 206 ---

anggèn kula aningali mandhapènipun, dene sadaya katingal rêsik angrêsêpakên kang ningali, padhang angilak-ilak, bêkakasing griya saday[136] anyarupèni saenipun.

Sawetanipun alun-alun wontên griya Wêlandi agêng sarta sae, kula pitakèn punika griya punapa, pratelanipun kang kula pitakèni, punika griya lusmèn. Ing sawingkingipun griya kabupatèn wontên margi mangilèn kayoman dening uwit kênari kang katanêm ing pinggiring margi, lurung wau dumugi ing loji karesidhenan, griya karesidhenan wau majêng mangilèn angajêngakên jurang, kilènipun jurang Ardi Sumbing ingkang katingal cêtha wana tuwin padhusunanipun sarta têtanêman ingkang tundha-tundha pasabinanipun, kang kailèn dening toya kang sawêg mêdal saking sumbêr nginggil ardi, sayêktos kados kalangênanipun [kala...]

--- 207 ---

[...ngênanipun] Prabu Rawana ing Argasoka, griya loji punika agêng pasagi, ing têngah kang lêbêt wontên plataranipun alit, ngajêngipun loji patamanan sari katanêman dening sasêkar ingkang endah-endah warnènipun. Kantor residhenan pagenanipun satêngêning griya, antawisipun botên têbih naming watawis lêt satun[137] kaki, aliya saking punika kathah gêgriyanipun para tuwan-tuwan Wêlandi, Pacinanipun sae, ananging botên kalêbêt agêng.

Nalika taun Walandi 1867 wontên lindhu agêng, tangsi Banyubiru kathah kang risak, mila prajurit sêtabêlan sarta prajurit dharat sawatawis, kala punika kakarsakakên dening parentah ngalèh ing Magêlang, ananging kantos samangke taksih sami manggèn ing Magêlang, dene tangsinipun pagêr gêdhèg payon atêp [a...]

--- 208 ---

[...têp] kemawon, para upsiripun sami nyewa griya Jawi tuwin griya banon, pangagênging upsir litnan kolonèl, mila andadosakên ramening kitha Magêlang, margènipun pêpasiyaran ing kitha wontên ugi, ananging sadaya sami sae-sae, dening têtanêman tuwin patamanan sari kingkang[138] katanêm para tuwan-tuwan, para priyai sarta tiyang alit kang gagriya ing pinggir lurungipun kitha, mila sakitha Magêlang punika kenging kawastanan patamanan sari sadaya, awit saking bagusipun têtanêman tuwin sêsêkaran. Gandanipun sari-sari bilih sontên kalêrêsan mêgar, angêbaki kitha, tiyang amânca ingkang lumampah sontên ing ngriku, sayêktos kasêngsêm arumipun gandaning sêkar-sêkar ing kitha, patamanan ing kiwa têngêning margi saha rarêngganing wukir, têtiyang kang gêgriya ing Magêlang saêstu sampun botên mambêt [mambê...]

--- 209 ---

[...t] arumipun sêkar wau, tuwin botên ningali asrining rêrênggan, punapadene ardi-ardi ingkang kapacak ing kidung kang angêpang ing pos Sêcang tuwin kitha Magêlang kasêbut ing ngajêng, awit sampun nate sabên dintên rintên dalu mambêt gandaning sêkar sarta ningali asrining arga tuwin langên kang umemba patamananing Sri Arjuna Sasraprabu, kang sinambat Sri Wandari.

Ing wanci sontên kula kaajak têgar numpak kapal dhatêng priyai ingkang kula pondhoki langkung ing Pacinan margi agêng ingkang mangidul, sarêng dumugi sajawining kitha, wontên gumuk ardi kadosdene tumpêng, inggilipun 400 kaki, nama Ardi Tidhar, kacriyos ardi punika pêpaku saha pusêripun tanah Jawi, sadhatêng kula ing ngriku lajêng minggah numpak kapal kemawon, dhatêng kula ing nginggil, kitha Magêlang katingal sadaya, punapadene ardi jurang kanan kering, [ke...]

--- 210 ---

[...ring,] agarêmbêl kêtêl kang wanadri, sayêktos sumêdhot raosing manah, kasêngsêm aningali asrining têtingalan kang katingal saking pucaking Tidhar wau.

Saantuk kula saking Tidhar kula sipêng sadalu ing pondhok, enjingipun kula mangkat saking Magêlang dhatêng candhi agêng kang nama Barabudhur utawi Parabuda, kacriyos kang wau namanipun, Candhi Parabuda, awit ing ngriku punika anglangkungi kathahing rêcanipun kang sami sumepa Buda, lami-lami kaewah pawicantênaning dados samangke nama Barabudhur, têbihipun saking kitha 12 pal, lampah kula manut margi agêng kang dhatêng ing Ngayogyakarta, sarêng dumugi sapos têbihipun, lajêng nyimpang mangilèn, dhatêng kula ing candhi wau, kula lajêng anjêngêr saking têlas gumun kula ningali agêngipun candhi, wiyar utawi panjangipun 310 kaki, inggilipun 150 kaki, [ka...]

--- 211 ---

[...ki,] candhi samantên wau kang kadamêl sela cêmêng, wangunipun kados rimbagan banon, nanging kaot agêngipun kemawon, sarimbagipun sela wau satunggil kalih têngah kaki pasagi, candhi samantên punika, awit ngandhap dumugi ing nginggil, kaetang botên wontên sela satunggil ingkang botên kaukir, candhi wau saking ngandhap dumugi pucakipun tundha pitu, ing satundha-tundhanipun tataraning wiyar sarta kenging kalampahan mubêng, sarêng sampun dumugi sakawan tundha, tataraning andhap-andhap, wontên kurunganing sela kapranata trancangan, ing lêbêting satunggiling kurungan wau, wontên rêcaning Buda sadaya, kalih tundha kang wontên kurunganing makatên, dene pucakipun, utawi tundhanipun kang kaping pitu, wontên kurunganipun agêng kang ing lêbêtipun wontên rêcaning agêng nanging dèrèng rampung pandamêlipun, ukir-ukiran [ukir-ukira...]

--- 212 ---

[...n] wau awit saking ngandhap dumugi ing sangandhaping kurungan wau, gambaripun warni-warni, wontên gambaripun kreta katarik gajah sarakit, katumpakan dening tiyang agêng utawi pangagêngipun, mawi kasongsongan, ananging wangunipun kreta wau sami ugi kadosdene cikar, tuwin wontên malih gambaripun baita layaran, tumuntên wontên malih gambaripun tiyang numpak kangpal[139] numpak gajah, sami kasongsongan, aliya saking gambar ingkang kula pratelakakên ing ngajêng wau, sarupènipun sato khewan ing dharatan tuwin ing toya sarta kêkayon sami wontên kagambar ing ngriku sadaya, margènipun minggah dhatêng pucak candhi wau sakawan, ing lèr kidul kilèn tuwin wetan, kula kalêrêsan bêkta pandoman, sarêng kula dhatêng pucak, kula ningali pandom, margi sakawan wau pancêripun botên gèsèh sarambut kalihan [kaliha...]

--- 213 ---

[...n] pandom, mila sayêktos kala samantên sampun wontên pandoman. Ing ngandhapipun candhi wau mubêng kasukanan rêca-rêca warni-warni kang katata bêbanjaran, wontên ingkang agêng, wontên ingkang alit, wontên ingkang sirah sima gajah tuwin buron wana sanèsipun ingkang agêng-agêng, ananging yèn kula ningali rêca agêng wau, sangêt cuwaning manah kula, dene sadaya sirahipun sami tugêl, saking kintênipun tiyang ngriku, tugêlipun punika awit kala ing tanah Jawi tiyangipun malêbêt utawi gantos agami Islam, lajêng karisak sadaya, amrih sampun kantos wontên têtiyang ingkang anêmbah rêca-rêca wau, saking agêngipun candhi tuwin bagus sarta kathahipun gambar ukir-ukiran, mila anggèn kula ningali awit enjing jam 9 kantos jam 1 siyang, taksih inggal dumugi, makatên punika anggèn [ang...]

--- 214 ---

[...gèn] kula ningali wau kaetang kasêsa kemawon, coba kula cêthakakên sadaya, kados kalih dintên taksih dèrèng dumugi sadaya.

Saking ngriku kula kesah dhatêng Candhi Mêndut, têbihipun saking Barabudhur kalih pal, ing ngriku kula ningali candhi inggil tuwin lincip, ananging kados griya utawi masjid, kenging kalêbêtan tiyang ing salêbêtipun candhi punika, wangunipun pasagi lêrês, wiyar utawi panjangipun 83 kaki, korènipun agêng satunggil, sarêng kula malêbêt ing candhi wau, kagèt kula ningali wontên rêca anglangkungi agêngipun, lênggah ngajêngakên kori, inggilipun awit suku dumugi sirah watawis wontên 20 kaki, rêca agêngipun samantên wau sela wêtah satunggil, botên wontên sambêtanipun, dene kiwa têngênipun amèpèt pagêr, wontên [wo...]

--- 215 ---

[...ntên] rêcanipun alit-alit satunggil sisih, panggenanipun kados panggenan Tapikkong Cina, mila saking kintên kula punika panggenan pamujan, candhi punika ingkang kadamêl ugi sela cêmêng sadaya kadosdene ing Barabudhur, rêca tiga wau kawastanan trimurti, ingkang anggêgumunakên punika dene payonipun ugi sela kemawon, nanging pamasangipun katumpang, botên mawi wontên cagakipun, inggilipun payon ingkang makatên wau, kintên kula wontên 80 kaki, pagêripun ingkang jawi sadaya inggih kaukir gambar-gambar kados ing barabudhur.

Candhi kêkali[140] wau, Barabudhur sarta Mêndut, kala kina sami kaurugan siti, rupènipun kados dening gumuk, candhi ingkang kasêbut ing ngajêng, sumêrêpipun kala Inggris bêdhah nagari Ngayogyakarta, wuninganipun bilih wontên candhi agêng, awit [awi...]

--- 216 ---

[...t] katingal pucakipun, awit saking luntur kêjawahan, sarêng makatên lajêng kadhudhuk dipun bucali sitènipun, inggih punika pinanggih barabudhur wau, lajêng kantos sapriki dipun rimati, nanging ugi kathah ingkang risak, awit kalamèn anggènipun kapêndhêm, sarta kala pandhudhukipun kirang angatos-atos, dene candhi ingkang kapratelakakên kantun, sasampunipun pêrang Dipanagaran, gumuk wau badhe katanêman kopi, sarêng kadhudhuk katingal selanipun candhi, lajêng sitènipun sami kabucalan dipun rêsiki, sampunipun tumuntên karimatan kantos sapriki.

Saking kintên kula, mila candhi kêkalih wau sami kaurugan siti, awit dèrèng kantos kangge, tumuntên tanah Jawi gêntos agami, mila sitènipun dèrèng kantos dipun bucal, amargi pandamêling candhi wau sampun têmtu kemawon anggèning ngawiti [ngawi...]

--- 217 ---

[...ti] saking ngandhap, bilih sampun dados sawatawis, lajêng kaurugan siti, amrih gampilipun pambêktaning sela minggah manginggil sampun kantos agêpok utawi angrisakakên ingkang sampun dados wau.

Ananging kuciwaning candhi kêkalih kang nglangkungi agênging wau, dene botên wontên pèngêtaning namanipun tiyang kang damêl, utawi ciri taun punapa awitaning damêl tuwin taun punapa dadosipun, utawi pandamêlipun, panjênênganing prabu sintên, mila samangke botên wontên tiyang ingkang sumêrêp cariyosipun candhi kêkalih wau, coba wontêna tiyang kang sumêrêp cariyosipun, sayêktos badhe mêwahi têrang sarta rêmênipun têtiyang kang ningali ing ngriku.

Sasampuning kula ningali dêdamêlanipun tiyang kina kalih wau, kula pitados [pitado...]

--- 218 ---

[...s] yèn tiyang Jawi samangke sangêt munduripun ing kasagêdaning, awita[141] samangke botên wontên tiyang ingkang sagêd andamêl kados makatên, utawi gadhah pangêrtos kantos samantên têbihipun, inggih lêrês dêdamêlan makatên wau kaetang tanpa damêl, awit botên amikantuki ing kathah, nanging ingkang kula criyosakên punika saking kiranging pangêrtos tuwin kasagêdanipun tiyang Jawi ing jaman punika, kaetang tiyang alit ingkang kathah samangke sami katanggêlan sadaya sami têtak, kacriyos manut agami Islam, nanging botên sumêrêp agamènipun, naming kalampahan ing sadintên-dintênipun taksih sami manut adatipun agami kadewan, mila kula wastani makatên, awit kantos samangke taksih sami amêmule kajêng tuwin sela agêng, kadosta nyukani sêkar borèh sarta sajèn jajan pêkên [pêkê...]

--- 219 ---

[...n] sapiturutipun, ingkang makatên wau botên ngamingakên tiyang ingkang botên sumêrêp agami Islam kemawon, nanging tiyang ingkang sampun wuninga inggih taksih pitados makatên, dene yèn mêndhêt saking agami Islam, pandamêl kang makatên wau kaawisan sangêt, awit kasamèkakên kalihan tiyang nêmbah brahala.

Sadaya ingkang kasêbut ing ngajêng rarêngganipun Karesidhenan Kêdhu, sayêktos kula botên sagêd angrêngga ingkang langkung sae malih, ewasamantên taksih dèrèng sagêd anyamèni saking kawujudanipun.

Margi agêng alit sami bagus alus-alus sadaya, sitènipun sami loh, toya botên kêkirangan, sadaya ingkang katanêm jukul[142] subur sarta atuwuh, dhusun-dhusun ingkang katingal saking margi sami kêtêl rapêt sae-sae, ananging yèn [yè...]

--- 220 ---

[...n] katimbang kalihan tiyang alit tuwin griya-griya ing padhusunan, sayêktos botên anyarupèni, sadangunipun kula lêlampahan ing salêbêtipun Karesidhenan Kêdhu, awis kula amrangguli tiyang alit jalêr utawi èstri ingkang lumampah mangangge dandosan wêtah, punapadene botên wontên tiyang èstri ingkang ngangge sêngkang jêne utawi slaka, sadaya sêngkangipun sami singat kemawon, dene tiyang lumampah ingkang mangangge sae tuwin tiyang èstri kang mami[143] ngangge sêngkang, namung tiyang ingkang mlampah damêl saha rayatipun tiyang banggi pandamêlan nagara, kados ta rayatipun lurah tuwin prentah dhusun, botên ngamingakên sae panganggenipun kemawon, nanging griyaning sae-sae sarta kalêbêt sugih, wondèntên griyanipun tiyang alit ing salêbêting dhusun ugi alit-alit sarta awis kang wêtah, mila kaetang [ka...]

--- 221 ---

[...etang] tiyang alit katingal kirang raharjanipun, malah-malah sawatawis kirang cêkapipun.

Kula anglajêngakên lampah kula, saking Mêndut kula wangsul dhatêng radinan agêng malih ing cêlakipun pos Munthilan, dhatêng kula ing pos ngriku sampun sêrap, dados kula sipêng ing Kadhêstrikan Purbalingga cêlak saking pos punika, kajawining punika ing sawetaning pos wontên griya kontrêliran, nama apdhèling Purbalingga, sarta malih wontên Pacinanipun alit urut pinggir margi agêng, sarèhning kala kina patilasan kabupatèn, sampunipun lajêng kapanggenan graya[144] kadhêstrikan, mila kantos samangke taksih katingal sae.

Enjingipun kula mangkat saking ngriku dhatêng Ngayogyakarta, lampah kula sarêng dhatêng pos Salam bawah Magêlang, kula lèrèh [lè...]

--- 222 ---

[...rèh] sakêdhap, ing sakidulipun pos wau wontên krêtêg agêng mawi kapayonan sirap, panjangipun 150 kaki, inggih punika watêsipun bumi Kêdhu kalihan Ngayogyakarta, ing sakidulipun krêtêg ugi wontên posipun malih bawah Ngayogyakarta, nama Tèmpèl, bilih wontên lampahipun kreta saking lèr mangidul, gêntos kapal ing Tèmpèl, yèn wontên lampahipun kreta saking Ngayogyakarta dhatêng Magêlang, gêntos kapal ing pos Salam, sampuning kreta kula kagêntosan kapal, kula anglajêngakên lampah kula dhatêng Ngayogya, têbihipun 12 pal.

IX. Cariyosipun Karaton ing Ngayogyakarta.

Sarêng kula ngambah margi bawah Ngayogya, lajêng anglangkungi susah kula, saking kuwatos [kuwa...]

--- 223 ---

[...tos] bilih bibra[145] kreta kula kang kula tumpaki, dene margining anglangkungi awonipun, ilèn-ilèn toya jawah ing margi punika botên mami[146] kadandosan, mila lampahipun kreta gronjalan, botên ngamingakên makatên kemawon, nanging krêtêg-krêtêgipun sadaya sami risak, kathah ingkang kadamêlakên simpangan krêtêg alit ngangge kajêng daya utawi dêling, mila nglangkungi nguwatosakên dipun lampahi kreta, bilih botên mêdal ing krêtêg, kretanipun inggih lajêng kasabrangakên ing lèpèn kemawon.

Saupami tiyang wuta numpak kreta saking Magêlang dhatêng Ngayogya, bilih lampahipun kreta sampun dumugi bawah Ngayogya, sayêktos lajêng sumêrêp, awit saking awoning margi tuwin krêtêg, dhusun-dhusun ing pinggir margi anglangkungi awon tuwin risak, botên ngamingakên risak kêkayonipun [kêkayo...]

--- 224 ---

[...nipun] kemawon, nanging nyarupèni kalin[147] griya pemahanipun tiyang alit.

Ingkang kula criyosakên ing lampah kang kaping tiga kang kapratelakak[148] ing nginggil, amratelakakên awoning margi tuwin padhusunan bawah ing Surakarta, ananging yèn katimbang awonipun lurung saha dhusun-dhusun ing Ngayoy.[149] sayêktos bawah ing Surakarta taksih kenging kawastanan prayogi, saèstu sanès kaotipun, kajawining saking awoning margi, kawêwahan anguwatosakên dhatêng tiyang lêlampahan ing dalu, awit kathah bêbegalan, yèn tiyang kêkalih lumampah dalu ing ngriku, saèstu botên purun, sanadyan sami bêktaa dêdamêl ugi taksih dèrèng purun, awit asring-asring kemawon tiyang lêlampah ingkang kabegal ing margi punika.

Sarêng lampah kula kirang tigang pal saking

--- 225 ---

kitha nagari, kula ningali saking katêbihan, wontên griya banon agêng ing têngah margi, botên dangu lamahipun[150] kreta kula dhatêng sangajêngipun griya agêng wau, kula tingali griya punika sampun risak, payonipun sami rêbah, kacriyos ingkang wau griyanipun Residhèn Inggris, nalika tanah Jawi kacêpêng dening Inggris, ing sangajêngipun griya wau lampahipun margi menggok mangetan, têbihipun enggok-enggokan wau, naming saprapat pal, lajêng menggok mangidul malih, ing enggok-enggokan ingkang mangidul punika, têngahing margi lêrês, tugonipun banon ingkang inggilipun botên kirang saking: 150 kaki, wangunipun lancip, saking ing tugu wau awit kêncêngipun margi, sitihinggil sampun katingal, dene têbihipun kalihipun kalih pal, yèn katingal makatên anglangkungi saenipun, [saenipu...]

--- 226 ---

[...n] amargi lurung samantên têbihipun punika, anglangkungi wiyar tuwin waradinipun, punapadene ing kiwa têngênipun kathah griya banon, mila sayêktos anglangkungi sae, ananging yèn griya kanan kering lurung wau katingalan satunggil-tunggilipun, dados katingal awon awit botên racak, wontên griya ingkang sae, tumuntên kasêlanan griya risak, pagêr banonipun sami jugrug, griyanipun rêbah sapalih utawi rêbah babarpindhah.

Botên dangu lampah kula dhatêng ing sangajêngipun bètèng Kumpêni ingkang ajêng-ajêngan kalihan loji karesidhenan ing sangajêngipun alun-alun, tumuntên kula lèrèh mondhok ing griyanipun santana kula ingkang gêgriya ing kitha Ngayogyakarta, ing ngriku kula naming sipêng satêngah wulan, nêningali amrih sagêd kula amêwahi cariyos kula punika, saha

--- 227 ---

sowan para agêng tuwin para santana kula ingkang sami wontên ing ngriku sadaya.

Enjing kula kesah nêningali ing kitha loji, griya karesidhenan agêng, nanging agênging botên nyamèni ing Surakarta, ananging griya wau kaetang inggal, awit nalika wontên lindhu taun: 1867, kaetang kathah kang rêbah utawi risak, watawis wontên 6 taun punika lamènipun kadandosan inggal sadaya, tuwin rinêngga dening prabot saking nagari Prasman, kang panumbasipun langkung saking 60.000 rupiyah, mila warnènipun kados suwarga ing donya, korining bètèng Kumpêni kalihan karesidhenan kêncêng ajêng-ajêngan naming kalêtan margi agêng kemawon, wêngkonipun karesidhenan jêmbar sarta sae, kapering ngajêng sisih kiwaning griya, won[151] gêdhongipun pondhokan tamu, ing ngajêngipun [ngajêng...]

--- 228 ---

[...ipun] gêdhong kasukanan balumbang wiyar pasagi kasarisig banon, pojok ingkang kapering têngên sawatawis têbih, wontên griya gêdhong kamar bolah bagus sarta agêng.

Bètèng Kumpêni sawatawis agêng ing Ngayogyakarta tinimbang ing Surakarta, ananging isènipun soldhadhu ing lêbêt bètèng sami ugi ing Surakarta, wingkingipun bètèng, kitha griyanipun para Walandi, sami ugi kalihan ing Surakarta, naming griyanipun para tuwan-tuwan kathah kang sae-sae ing Ngayogyakarta, awit kaetang sadaya sami griya inggal, amargi nalika lindhu agêng ing taun kang kasêbut ing nginggil, griya kang kina-kina sami rêbah sadaya, dados sasampuning lindhu wau sami kaadêgan griya inggal tuwin sae-sae.

Pacinanipun botên ngalêmpak dados satunggil, [sa...]

--- 229 ---

[...tunggil] wontên ingkang dhatêng pinggir margi kang saking Kêdhu, wontên ingkang dhatêng sawingkingipun residhenan, sarta wontên kang ing sakidulipun loji wingking bètèng Kumpêni, dene pêkênipun botên wontên ingkang agêng, kaetang sadaya naming warung-warung kemawon, pagenan ingkang kaetang sawatawis agêng pêkênipun, naming ingkang cêlak kapatihan ing salèripun bètèng Kumpêni, tiyang lumampah ing margi agêng utawi ing sanèsipun lurung, sawawratipun nagari agêng botên kathah, kenging kawastanan sêpên kemawon.

Enjingipun malih kula kaajak santana kula kang kula pondhoki, sowan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Surya Sasraningrat, inggih punika kang anggêntosi ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, sarèhning samangke taksih dhèrèng[152] yoswa: 40 taun [ta...]

--- 230 ---

[...un] dados ing mangke taksih ngangge asma kados ing nginggil, saha taksih jumênêng litnan kolonèl, benjing bilih sampun jêjuluk Pakualam, lajêng kaparingan lênggah dening kangjêng gupêrmèn, dados kolonèl, kangjêng gusti wau botên kabawah dhatêng kangjêng sultan, nanging kabawah kangjêng gupêrmèn, kagungan barisan piyambak, kadosdene ing Mangkunagaran, Surakarta, nanging barisanipun naming sakêdhik, kados ta saradhadhu dharat ingkang bêkta sanjata naming wontên 300 sêtabêlan, utawi mriyêm botên kagungan, dene prajurit usar kang kêkapalan namung 40.

Dalêm Pakualamana[153] munika[154] panggenanipun ing sawetanipun loji kitha, kalêtan lèpèn, wêngkonipun sadaya kapagêran banon mubêng kawangun kados bètèng kraton, ingkang makatên wau kajawènipun [kaja...]

--- 231 ---

[...wènipun] pagêring cêpuri wêngkon dalêmipun. Sadhatêng kula ing ngriku, kula lajêng dipun panggihi ing èmpèr kampung dalêm, utawi paringgitan, wangunipun paringgitan wau kados èmpèr griya Wêlandi, makatên ugi prabot rêrêngganipun sadaya cara Wêlandi, mandhapènipun bênggang saking paringgitan dalêm, wêngkonipun ing kiwa têngên tuwin ngajêng mandhapi sangêt rupêkipun, sanès sangêt yèn tinimbang kalihan ing Mangkunagaran, Surakarta, mandhapi tuwin dalêmipun ugi kalêbêt sêdhêng kemawon botên agêng, ananging sadaya sami katingal risig rêsik-rêsik, para abdi tuwin tiyang ingkang sami ngadhêp limrah kemawon, botên kaetang kathah, botên dangu kula lajêng nuwun pamit mantuk dhatêng pondhokan, nanging sontên kula kadikakakên wangsul malih ningali bêksan.

--- 232 ---

Sontênipun kula wangsul malih, lajêng kakarsakakên ningali bêksan lare jalêr sakawan-sakawan, jogedanipun warni-warni, kados ta jogèd panji dhadhap saha wirèng, dene wirèng kêthèk punika panganggenipun lare ingkang jogèd ngangge clana iras, jogèdipun inggih mawi mungêl kados kêthèk mawi kaanggenan kroncong, jogèdipun sadaya sami lincak-lincak, tiyang ingkang nêmbe sumêrêp sayêktos gumun awit anganèh-anèhakên amargi saking luconipun, dene bêksan sanèsipun punika, sadaya sami kakên-kakên, langkung malih lare ingkang jogèd wau sabukanipun wontên ing dhadha, mila botên angrêmênakên.

Enjingipun kula kesah angubêngi bètèng kraton, sayêktos anggumunakên saking agêngipun, malah langkung saking

--- 233 ---

sapal pasagi, sajawènipun bètèng wau wontên margènipun mubêng ingkang kenging kalampahan kreta, bètèng punika sami ugi kalihan bètèng Kumpêni, nanging kaot agêng bètèng kraton, ing pojokipun sakawan wontên legokanipun pagenan mriyêm, kajawining pojokan sakawan wau, ing têngah ingkang sisih wetan kalihan kidul ugi wontên legokanipun pagenan mriyêm kados ing pojok sakawan, dene ingkang kidul inggih makatên ugi wontên pagenanipun mriyêm, nanging kaot ingkang têngah mawi kasukanan margi malêbêt, sarta wontên griya mênaranipup[155] sadaya banon, wontên bolonganipun kenging kadamêl ningali mêdal sarta botên kenging katingalan tuwin kasanjata saking jawi, ingkang têmbing lèr, ing sakiwa têngên [tê...]

--- 234 ---

[...ngên] saha wingkingipun sitihinggil, wontên korènipun, dene kori têtiga wau anglangkungi kandêl pagêr banonipun, kori kanan kering sitihinggil tuwin ingkang têngah sisih kidul punika margining kreta ingkang malêbêt ing bètèng, ananging kuciwanipun, pagêr-pagêr banon bètèng wau sadaya, kathah kang risak utawi rêbah lajêng botên kadandosan, mila makatên, awit saking prajangjianipun ing kina kalihan kangjêng gupêrmèn, bilih bètèng banon punika wontên ingkang rêbah, botên kenging kadandosan malih, mala[156] samangke katingal awon, saking kathahing kang rêbah nalika lindhu taun 1867.

Alun-alun ingkang lèr sangajêngipun sitihinggil wiyar, nanging botên nyamèni ing Surakarta, ananging bagus ing Ngayogya, awit katingal rêsik, tuwin têtanêmanipun [têtanêmani...]

--- 235 ---

[...pun] wringin sadaya racak, sami agêngipun sarta sadaya kaparasan bundêr, ingkang nginggil papak, kang makatên wau sadaya sami ugi, wringin sêngkêran utawi ing pinggir alun-alun, sayêktos anglangkungi saking saenipun, pinggir alun-alun ingkang lèr wontên kalènipun, kang rintên dalu toyaning botên pêgat lampahipun, inggiling dhasaripun kalèn wau kaot kalih kaki kalihan alun-alun, inggil dhasaring kalèn, mila bilih badhe grêbêg, amrih ing dintên grêtêg[157] sampun kantos sangêt-sangêt lêbu blêdugipun, toya punika dipun êjogakên kadamêl ngêlêb alun-alun, mila makatên pasiring anglangkungi kandêlipun, kreta ingkang lumampah ing alun-alun anglangkungi kangelanipun, bilih kapalipun botên rosa.

Ing salêbêtipun bètèng kraton,

--- 236 ---

mèh sami ugi kalihan ing Surakarta, kaot kathah tiyangipun ingkang gêgriya ing lêbêt bètèng Surakarta, ananging ing Ngayogya kathah kêkayon agêng-agêng, kados ta urutipun pinggir margi uwitipun asêm angayomi têtiyang ingkang sami lumampah tuwin sêsadean.

Sitihinggil saha tratagipun katingal sae sadaya, sarta katawis sami karimatan, cagakipun kratag[158] sadaya pilar banon, payonipun inggih gêdhèg, nanging sae, awit ing ngriku sabên dintên Saptu tuwan residhèn, lênggah landrat mrêksa sarta ngrampungi prakawis.

Ing samăngsa santana kula wau dumugi lêrêsipun sowan malêbêt ing kraton, kula inggih kaajak, awit saking kori brajanala dumugènipun ing lêbêt sadaya nyarupèni karaton ing

--- 237 ---

Surakarta, makatên ugi ajêngipun prabayasa inggih sami kemawon, naming kaotipun sangajênging prabayasa botên wontên pringgitanipun kados ing Surakarta, gêdhong-gêdhong ing plataran ngajêng mandhapi kraton, punika botên sami sadaya kalihan ing Surakarta, nanging katawis yèn karaton Ngayogya ingkang telad sadayanipun kraton ing Surakarta, nanging kaewahan sakêdhik-sakêdhik kemawon, supados sampun kantos nyamlêng sami sadaya.

Alun-alun tuwin sitihinggil ingkang kidul panggenanipun ing salêbêting bètèng, nanging alun-alun wau alit sangêt, wangunipun wringin-wringin sêngkêran sarta ing pinggir sami ugi kalihan ing alun-alun lèr, sami kaparasan mêmêd bundêr-bundêr sitihinggilipun naming griya satunggil botên mawi tratag.

--- 238 ---

Saking alun-alun kidul kula lajêng ningali ing tamansari utawi kang kawastanan pulo kênonga, dhatêng kula ing ngriku, kula malêbêt ing griya alit, saking ngriku katingal pagêripun banon, botên ngamingakên pagêr kemawon ingkang ngangge banon, nanging dalah payonipun banon sadaya, kula lajêng mlêbêt sawingkinging griya wau, ing ngriku katawis yèn ingkang wau wontên tilasipun patamanan kang samangke sampun risak, sapunika tilasipun taksih wontên, kados ta jêmbangan sela agêng-agêng ingkang katanêman sasêkaran, katata saurutipun margi, tumuntên kula dumugi ing griya malih ingkang anyarupèni kados kang kasêbut ing ngajêng, wingkingipun punika wontên mênara alit, sarêng kula minggah, dhatêng kula ing nginggil lamansari[159] katingalan sadaya, kula mêdhun ningali griya sisihipun mawi kamar-kamar, [kamar-...]

--- 239 ---

[...kamar] sawingkinging punika wontên umbulipun, inggih punika sêndhang pasiraman, lêbêting sêndhang wau sakawan kaki, dados sêdhêngan kaangge siram.

Kula anglajêngakên lampah kula nêningali pranatanipun patamanan wau, sadaya kapagêran tuwin kasrisig banon, tumuntên kula dhatêng ing griya malih kang anyamèni kados ingkang kasêbut ing ngajêng, griya wau panggenanipun wontên ing pinggiring sagantênan ingkang kabatur tuwin kapagêran banon, agêngipun kirang langkung tigang atus kaki pasagi ing têngah kasukanan griya agêng mawi lotèng, dene margènipun kang dhatêng griya têngah wau, mêdal sangandhaping toya sagantênan, margi punika wangunipun kados dening lèng, ananging ngandhap nginggil kabanon toya botên sagêd malêbêt, amrih margi wau sampun kantos pêtêng, kasukanan bolongan kêkalih kadosdene

--- 240 ---

bolongan utawi kêmposan pêga ing pabrik gêndhis, naming kêmposan punika kang katingal macongol[160] ing sanginggiling toya, lèng margi punika wiyaripun watawis wolung kaka,[161] inggilipun sami ugi kalihan wiyaripun wau, griya kang panggenanipun wontên ing pinggir sagantênan ingkang kula criyosakên ing ngajêng, punika margènipun malêbêt ing êlèng wau, kula lajêng malêbêt lumampah ing salêbêting êlèng, sarêng lampah kula sampun cêlag[162] griya agêng têngah balumbang, ing ngriku wontên kadosa sumur agêng bundêr, kanaman sumur gumuling, mila kawastanan makatên, awit wangunipun sawatawis miri,[163] ing lêbêtipun sumur botên isi toya, nanging kathah êlèng-êlèng margi panggenan singidan, saupami wontên tiyang ingkang singidan malêbêt ing ngriku, yèn kaupadosan sayêktos botên sagêd pinanggih utawi [u...]

--- 241 ---

[...tawi] nglangkungi angèlipun anggèning amanggihakên, sampunipun kula lajêng minggah utawi malêbêt ing griya kang umemba pulo utawi kang wontên ing têngahing toya, griya wau panjangipun wontên sangang dasa kaki, ing pungkasaning griya wau kalih pisan wontên kamaripun kalih sisih, dene ingkang têngah botên mawi kamar, wondene pranatanipun ing lotèngipun, sami ugi kados griya kang ngandhap, kamar lotèng ingkang satunggil, wontên pasareanipun kajêng mawi dipun êcèk[164] wungu sêkaranipun kapraos, griya agêng wau wontên plataranipun sawatawis ugi kasrisig banon, pinggiripun kasukanan jêmbangan tilas tanêman sêsêkaran, sarta katanêman woh-wohan ingkang kantos samangke taksih wontên wujudipun, kados ta: manggis kêpêl tuwin dhuku.

--- 242 ---

Sayêktos anggêgumunakên kalangênan ingkang makatên wau, ananging kuciwanipun samangke sampun risak sadaya, awit sampun botên kagêm dening kangjêng sultan, tuwin botên dipun rimati pindhah-pindhah, langkung malih nalika wontên lindhu agêng punika, wêwah risakipun, banoning wêwah kang rêbah.

Kacriyos nalika panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hangkubuwana[165] kaping kalih, ing pasisir kidul utawi cêlakipun Mancingan wontên tiyang ngriku ingkang manggih tiyang, ananging botên wontên tiyang ingkang sumêrêp utawi mangêrtos wicantênanipun, sawênèh wontên ingkang mastani jim, wontên ingkang amastani tiyang alalasan,[166] sarèhning sangêt anèhipun, dados dangu-dangu konjuk dhatêng ing sampeyan dalêm kangjêng sultan, tiyang wau lajêng kapundhut kapriksanan, sayêktos [sayêkto...]

--- 243 ---

[...s] prasasat angebahakên têtiyang sanagari, awit saking kathahipun têtiyang ingkang ningali, sampunipun konjuk ing sampeyan dalêm kangjêng sultan, lajêng kadhawahan ngrimati, lami-lami sagêd wicantênan wawi,[167] saha munjuk yèn piyambakipun punika tiyang saking nagari Portêgis, nalika wontên ing nagarènipun nyêpêng pandamêlan dados upsir ingkang dêdamêlan griya tuwin bètèng-bètèng (insinyur), botên antawis lami lajêng kakarsakakên aningalakên kasagêdanipun, andamêl bètèng kraton Ngayogya ingkang sampun kula pratelakakên kasêbut ing nginggil, sarêng pandamêlanipun sampun kadadosan sae saha andadosakên dhanganing panggalihipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, tumuntên kaparingan lênggah nama Dêmang Portêgis, utawi wancahanipun kaundang Dêmang Têgis, tumuntên [tumuntê...]

--- 244 ---

[...n] kadikakakên damêl tamansari ingkang kula criyosakên ing nginggil wau.

Ing samăngsa enjing kula numpak kreta dhatêng Pêkên Agêng, têbihipun tigang pal saking kitha, kaprênah kidul wetan, antawis sapal têbihipun saking bètèng kraton, ing têngahipun margi wontên tugu banon malih kados tugu kang wontên ing margi kang dhatêng Kêdhu, ananging inggilipun watawis naming wontên: 70 kaki, sarêng lampah kula sampun cêlak kalihan Pêkên Agêng, wontên lèpènipun, sarèhning măngsa katiga dhatêng kula ing ngriku, dados toyanipun naming sakêdhik, lêbêtipun namung tigang kaki, lèpèn wau botên wontên krêtêgipun, dados lampahipun kreta kasabrangakên kemawon, sarêng sampun nyatri: botên antawis têbih lajêng dumugi ing Pêkên Agêng, mila kawastanan makatên, awit sa-Ngayogya

--- 245 ---

botên wontên pêkên ingkang agêngipun samantên, panggenan pêkên wau kadosdene alun-alun, ananging botên patos wiyar, pinggiripun margi ingkang dhatêng pêkên sarta pinggir pêkên sadaya griya banon, payon kênthèng, ingkang sami gadhah griya wau sadaya tiyang alit kemawon, utawi khaji tuwin santri-santri, têtiyang ingkang sami gadhah griya makatên, sadaya sami sugih-sugih, artanipun kantos kêthèn, anaming kasugihan arta samantên wau ingkang kathah sami kapêndhêm, dene ingkang kalampahakên sakêdhik-sakêdhik kasambutakên dhatêng sami tiyang Jawi Cina tuwin tuwan-tuwan Wêlandi, sarêmanipun kawan dasa rupiyah ingkang satus ing dalêm sataun, malah-malah saking têbihipun kantos wontên ingkang tikêl, kados ta nyambut satus rupiyah, ing dalêm sataun mantuk kalih atus.

--- 246 ---

Pêkên punika yèn pinuju pêkênan sayêktos agêng, ananging botên anggumunakên, awit ing sanèsing nagari taksih kathah pêkên ingkang nglangkungi punika agêngipun.

Ing sawetanipun pêkên punika wontên masjidipun kina sawatawis agêng, kori gapuranipun wangun Majapait, utawi ing pasarean Kudus, kasêbut ing lampah kaping kalih ing nginggil, masjid wau yasanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, ing sisih kidulipun masjid wontên kori gapura malih ingkang dhatêng pasareanipun Kangjêng Panêmbahan, sarèhning ratu tanah Jawi, dados kula amrêlokakên atur bêkti saha badhe sumêrêp, dados kula lajêng pinanggih dhatêng ingkang jagi pasarean utawi juru kuncènipun ingkang kalêrêw[168] wontên ing masjid, sintên-sintên ingkang dados juru kunci ing ngriku, kanamakakên [kanamaka...]

--- 247 ---

[...kên] Amad Dalêm Sapingi, dene panganggenipun cara khaji: sanadyan dèrènga minggah khaji, ugi mangangge makatên, sarêng kula pinanggih, kula lajêng pratela yèn sêdya kula badhe atur bêkti dhatêng ingkang sumare ing ngriku, sarèhne kula tiyang amănca, dados kêdah amrêlokakên sangêt jiyarah ing ngriku, wangsulaning piyambakipun botên purun bêkta dhatêng kula malêbêt ing pasarean yèn dèrèng wontên dhawahipun kangjêng radèn adipati pêpatih dalêm, sangêt-sangêt panêdha kula, nanging mêksa botên suka, lajêng santana kula angèngêtakên dhatêng kula, supados kula nyobaa anyukani arta, purun punapa botên anampèni sarta bêkta malêbêt dhatêng kula ing pasarean, kula lajêng andhèrèk rêmbagipun santana kula wau, sarêng kula sukani arta, inggih lajêng suka kula malêbêt ningali [ni...]

--- 248 ---

[...ngali] ing pasarean, tumuntên kula kaajak malêbêt gapura ing sakidulipun masjid, ing ngriku wontên plataranipun sarta anglangkungi sangêt ayomipun, awit kayoman dening kêkayon nagasari kathah ingkang sampun agêng-agêng, sisih kilèn wontên bangsalipun alit, panggenan lênggahaning têtiyang kang badhe sowan malêbêt, wingkingipun bangsal wontên gapuranipun malih, inggih punika ingkang malêbêt dhatêng pasarean, sarêng kula malêbêt, kula ningali ing plataran kêbak kuburipun para santana dalêm kangjêng sultan, dene kaprênah pojok lèr kilèn wontên griya sawatawis agêng, payon sirap pagêr papan, ingkang ngajêng têngah naming pagêr ruji kemawon, lèripun malih kanthèt kemawon kalihan griya agêng wau, wontên griya alit, inggih punika pasareanipun para agêng-agêng ing Matawis, kula [ku...]

--- 249 ---

[...la] lajêng kaajak dhatêng Amad Dalêm Sapingi malêbêt ing griya pasarean, dhatêng kula ing lêbêt ningali pasarean kathah, kula kaajak mangalèr, ingkang sisih lèr griya alit kang kapratelakakên ing nginggil wau dados satunggil kemawon kalihan griya agêng punika, srisigipun griya alit wau kalih kaki langkung inggil kalihan griya agêng, ing ngriku wontên pasarean têtiga, ingkang satunggil pasareanipun Kangjêng Nyai Agêng Nis, ibonipun Kangjêng Kyai Agêng Matawis, dados eyangipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, ingkang satunggil pasareanipun Kangjêng Pangeran Jayaprana, ananging criyosipun juru kunci ingkang lêrês pasareanipun Kêngjêng[169] Susuhunan Lèpèn, satunggilipun malah[170] pasareanipun Kangjêng Sultan Pajang, ing ngajêng kasarèkakên ing Pajang, wasana kaêlih dhatêng ngriku, kang wontên [wontê...]

--- 250 ---

[...n] ing salêbêtipun griya agêng, ing daganipun pasarean têtiga wau, Kangjêng Kyai Agêng Matawis, ngandhapipun malih Kangjêng Panêmbahan Senapati, ingkang sisih kilèn Kangjêng Susuhunan Seda Krapyak, sisih wetan Kangjêng Kyai Juru Amartini,[171] ngandhapipun punika, kapering wetan Kangjêng Sultan Banguntapa Selong, aliya saking punika kathah pasareanipun para kangjêng pangeran, mila botên kula pratelakakên sadaya, awit kirang prêlonipun, amargi naming para pangeran putra santana ingkang sinare kasêbut ing nginggil wau kemawon.

Sampunipun kula atur bêkti ing pasarean, kula lajêng mêdal malih, ing sakilènipun bangsal ngajêngipun gapura astana wau, wontên kori ingkang mangidul, ing ngriku wontên sêndhang alit, pasiramanipun para putri nalika panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan, [Panê...]

--- 251 ---

[...mbahan] sakidulipun punika wontên sêndhang malih, nama Sêndhang Sarira, pasiramanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati piyambak, ing ngriku wontên bulusipun pêthak, nalika kula ningali ingkang ngatingal bulus wau, kang katingal naming kalih sarta agêng-agêng, sami katêdhanan sêkul dening têtiyang ingkang sami kaul, utawi nyadran agadhahi[172] punagi ing ngriku.

Saking ngriku kula kesah ningali patilasanipun kraton Matawis, kaprênah kidulipun masjid cêlak kemawon, pagêripun banon sadaya taksih wontên, nanging kathah ingkang risak utawi rêbah sarta kathukulan kêkajêngan agêng-agêng, sarêng kula dhatêng ing patilasanipun kaputrèn, kula ningali sela gilang mawi kapayonan sirap alit, saèmpêr kadosdene cungkub, wiyaripun sakawan kaki, panjangipun gangsal kaki, mawi wontên [wontê...]

--- 252 ---

[...n] sêratan aksara Walandi nanging têmbung Portêgis, panyêratipun sêratan wau kapacak bundêr, ing cêlakipun sela gilang punika wontên sela malih gangsal kathahipun sadaya sami bundêr-bundêr kados dening mimis mriyêm, agêngipun ingkang alit piyambak sami kalihan maja, ingkang agêng tikêl tiga agêngipun kalihan ingkang alit wau, sela punika sami congplong-congplong, saking criyosipun tiyang ingkang jagi, sela gilang punika lênggahanipun Kangjêng Panêmbahan, dene sela bundêr-bundêr wau, dolananipun Radèn Răngga putranipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, mila sami congplong-congplong, awit kacoblosan kalihan darijènipun Radèn Răngga, inggih saking sakti sarta kuwatipun.

Alun-alun ingkang kaanggenan pêkên sarta masjid wau, inggih punika alun-alun [alun-a...]

--- 253 ---

[...lun] saha masjidipun karaton Matawis, botên dangu kula lajêng wangsul dhatêng Ngayogya malih.

Antuk kula wau mêdal ing margi pinggir bètèng Pakualaman, ingkang sisih wetan kêncêngipun mandhapi wontên korènipun ingkang mêdal dhatêng margi agêng, ing sangajêngipun kori wau, wontên palataranipun alit dipun srisig banon sarta sawatawis inggil, panggenanipun lênggahan kangjêng gusti pangeran adipati bilih sontên, sangandhapipun jogan plataran wontên sêratanipun aksara Walandi têmbung Mlajêng, kados ingkang kapratelakakên punika: Slamet jalan pada yang atie sucie.

Ing samăngsa enjing kula kalêrêsan dhatêng kantor residhenan, ing ngriku kula mirêng yèn pos ingkang saking Surakarta bêkta sêratipun Kangjêng Tuwan Residhèn Surakarta dhatêng Kangjêng Tuwan Residhèn Ngayogya, mawi

--- 254 ---

ngintunakên têdhakan sêratipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, dhumatêng ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, saha suka wuninga yèn sêrat wau kirang kalih dintên, badhe kalampahakên kabêkta utusan saking Surakarta numpak kreta latu, tuwin bêkta rencang tiyang gangsal wêlas, antawis kalih dintên lamènipun utusan ingkang bêkta sêrat sampun dhatêng ing Ngayogya, lajêng jujug dhatêng kantor karesidhenan, kangjêng tuwan residhèn lajêng amasrahakên utusan wau dhatêng kangjêng radèn adipati, sarta kadhawahan konjukipun malêbêt ing kraton ngantos dhawah malih, enjingipun kangjêng tuwan residhèn, utusan dhatêng tuwan asistèn residhèn, ngunjuki wuninga ing Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, prakawis dhatêngipun sêrat saha utusan ingkang saking Surakarta wau, kalayan [kala...]

--- 255 ---

[...yan] nuwun katrangan benjing punapa ingkang sinuhun karsa nampèni sêrat punika, ingkang sinuhun nuntên anamtokakên ing dintên satunggil anggènipun badhe karsa nampèni sêrat wau, lêbêtipun tuwan asistèn residhèn, dhatêng kraton mangangge pangangge agêng, sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, tuwan asistèn residhèn, sowan dhatêng kraton malih saha mangangge pangangge agêng, sarêng kalihan tuwan juru basa, dene utusan saking Surakarta ingkang bêkta sêrat sakancanipun sadaya kairid dening kangjêng radèn adipati, sêratipun kaulêsan sutra jêne kadèkèk wontên ing tadhahan sêlaka kasasaban sutra jêne bludiran, tadhahan kabêkta dening pangajêngipun utusan, kasongsongan, songsong jêne, sarêng pambêktanipun sêrat dumugi sangajênging bètèng Kumpêni, [Ku...]

--- 256 ---

[...mpêni,] lajêng kaurmatan saking bètèng sarana ngungêlakên mriyêm kaping sawêlas, dhatêngipun sêrat ing bangsal srimanganti, kalèrèhakên ngantosi timbalan dalêm, botên antawis dangu, sampeyan dalêm ingkang sinuhun utusan gandhèk nimbali kangjêng radèn adipati saha dikakakên ngirid utusan saking Surakarta ingkang bêkta sêrat, sadhatêngipun ing lêbêt kangjêng sultan lênggah ing mandhapi ngagêm kulul, jajar kalihan tuwan asistèn residhèn, dene tuwan juru basa lênggah ing ngiringan, tumuntên utusan majêng, lajêng utusan wau nyaosakên salamipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sapiturutipun akathah-kathah kantos saprapat jam dangonipun, sarêng sampun têlas unjukipun utusan kakarsakakên majêng, sêratipun lajêng kapundhut, katampèn dening kangjêng radèn adipati, tumuntên [tumuntê...]

--- 257 ---

[...n] kasaosakên ingkang sinuhun, sasampuning sêrat kaasta, lajêng kaparingakên radèn adipati malih, saha dhawah dikakakên bikak ungusipun[173] jêne, lajêng kabikak kalihan wêdhung alit, tumuntên kasaosakên malih, sêrat kabikak dening ingkang sinuhun piyambak, sampuning kabikak, kaparingakên kangjêng radèn adipati malih saha dhawah dikakakên ngungêlakên carik ingkang lênggah cêlak kangjêng radèn adipati, sarêng sampun kaungêlakên, botên antawis dangu utusan Surakarta wau kakarsakakên lèrèh ing pondhok, sarêng kangjêng radèn adipati, mandhapipun utusan tuwan asistèn residhèn, ugi lajêng wangsul ing karesidhenan, lapur ing kangjêng tuwan residhèn, kawontênanipun sadaya.

Antawis sadasa dintên kangjêng sultan paring wuninga dhatêng kangjêng tuwan residhèn, yèn [yè...]

--- 258 ---

[...n] badhe ngaturi wangsulan sêrat ingkang saking Surakarta, saha sadhèrèngipun[174] sêrat wangsulan katampèkakên dhatêng utusan wau, kaparingakên kangjêng tuwan residhèn, ing ngriku lajêng katêdhak kadamêl cara Walandi, tumuntên têdhakanipun kalampahakên kalayan pos dhatêng Surakarta, sasampuning wangsulan katêdhak ing kantor, lajêng kaparingakên dhatêng kangjêng radèn adipati, kautus nampèkakên dhatêng utusan saking Surakarta, sarêng wangsulan sampun katampèn, lajêng utusan wau mantuk wangsul ing Surakarta malih.

Nagari Ngayogyakarta punika sayêktos nagari bagus. Awit siti pasir sadaya, tuwin toya botên kêkirangan, ananging samangke dêdalêmanipun para agêng Jawi katingal sampun risak, awit ing samargi-margi wontên patilasaning dalêmipun pangeran ingkang pagêripun banon [ba...]

--- 259 ---

[...non] sampun rêbah sapalih, dalêmipun sampun sami bibrah, mila sangêt ngênêsipun manah kula ningali makatên wau, dalêmipun para kangjêng pangeran samangke kathah ingkang sami awon-awon utawi risak, katawis yèn para agêng sawatawis kathah kêkiranganipun, naming ing Pakualaman ingkang katingal sae sarta rêsik.

Têtanêman ing sabin sadaya sami kêra-kêra, tanêman pantun makatên ugi, mila rêgènipun uwos kala kula wontên ing ngriku kantos 13 rupiyah ingkang sarêmbat, mila makatên awit bumènipun botên nate lèrèh katanêman tom, amargi kaetang sadaya sami kasewakakên dhatêng para tuwan-tuwan Walandi, padhusunan ugi sami risak, tiyang alit katingal sangêt kêkiranganipun, margi agêng alit sami risak, saèstu angrisakakên kreta ingkang sami lumampah.

--- 260 ---

Risakipun kitha Ngayogyakarta punika awit kala pêrang Dipanagaran, kantos samangke dèrèng dipun dandosi, kathah para kangjêng pangeran ingkang kala samantên sami nilar dalêmipun, lajêng sami dados risakipun kantos sapriki, sanadyan nagari Surakarta sitènipun kirang sae yèn katimbang kalihan ing Ngayogya, wondening raharjanipun kasoran kalihan bumi pasisir gupêrmenan, nanging yèn tinimbang kalihan Ngayogya, sayêktos arja nagari Surakarta, margi agêng sanès kaotipun, saèstu bagus ing Surakarta, dene yèn tinimbang kalihan siti gupêrmèn, sayêktos sanès têtimbanganipun, upamènipun aningali rintên kalihan dalu.

Saking awising têdha: dados kathah tiyang lampah awon, ing margi agêng botên wontên tiyang purun lumampah ing wêktu dalu [da...]

--- 261 ---

[...lu] yèn botên bêkta rencang tiga utawi sakawan, makatên punika sadaya kêdah bêkta dêdamêl, awit saking kathahipun begalan ing margi, kacu[175] utawi kampak punika mèh sabên satêngah wulan mirêng wontên tiyang ingkang griyanipun kakècu, klêmpakanipun kècu wau kantos wontên tiyang kawan dasa, ing salêbêtipun bètèng kraton, ing panggenan ingkang sawatawis pêtêng, ugi wontên begal, tiyang ngriku mastani culêngan, dene margi ingkang angubêngi bètèng kraton, bilih sampun jam nêm sontên, sanadyan tiyang numpak bèndhi botên purun lumampah ing ngriku, awit sampun nate kalampahan wontên tiyang numpak bèndhi jam 8 sontên kabegal ing margi punika, dene pandung sabên dintên kemawon wontên, botên ngamingakên mandungi griyanipun tiyang Jawi utawi Cina, nanging kantos purun mandung ing kitha

--- 262 ---

griyanipun para tuwan-tuwan, kacrilos[176] dèrèng lami ing pacinan kang cêlak ing loji, saprapat pal têbihipun saking griyaning tuwan asistèn residhèn ugi pun kècu, ewasamantên polisi kadintos lami botên sagêd nyêpêng têtiyang ingkang ngècu wau, sarêng sampun kalamèn dèrèng wontên katranganipun, kangjêng tuwan residhèn, lajêng atur pirêmbag kalihan Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, bilih andadosakên saking dhanganing panggalihipun supados kalilana kangjêng tuwan residhèn, dhawahi dhatêng kangjêng radèn adipati, yèn ing salêbêtipun sawulan kangjêng radèn adipati dèrèng manggihakên katrangan tiyang ingkang sampun ngècu, badhe kalerehan dening Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, saking pandamêlanipun dados pêpatih dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, inggih andhahar pirêmbag ingkang makatên wau,

--- 263 ---

saha nglilani dhawahakên makatên dhatêng kangjêng radèn adipati, kangjêng tuwan residhèn, lajêng dhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati kados ingkang kasêbut ing ringgil,[177] sarêng sampun kadhawahan aturipun kangjêng radèn adipati yèn karsa dalèm kangjêng sultan makatên, sayêktos badhe inggal amanggih katrangan, wasana botên kantos antawis sadasa dintên sadaya tiyang ingkang sami ngècu sabarang butamalipun sampun sami kacêpêng sadaya.

Sampuning kula nêningali ingkang kasêbut ing nginggil, kula lajêng mantuk malih numpak kreta latu saking ngriku mêdal ing Surakarta dumugi ing Kêdhungjati lajêng dhatêng ing sêtatsiun Tuntang, dhatêng kula ing Tuntang kula lajêng numpak kreta sewan, mantuk dhatêng Salatiga malih.

 


sanès. (kembali)
wau. (kembali)
panggenan (dan di têmpat lain). (kembali)
nagari. (kembali)
wringinipun. (kembali)
kang. (kembali)
sitihinggil. (kembali)
langkung. (kembali)
abdi. (kembali)
10 sinjangan. (kembali)
11 sasagêd-sagêd. (kembali)
12 surya. (kembali)
13 amblêrêngi. (kembali)
14 anama. (kembali)
15 abyoring. (kembali)
16 undhak-undhakan (dan di tempat lain). (kembali)
17 Tanggal: Sukra (Jumungah) tri wêlas (13) Sawal Ehe: karya tan ngèsthi warna (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 12 November 1875. (kembali)
18 sadhacine. (kembali)
19 pandam. (kembali)
20 dhauping. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: pinardawa rarênggan ing nginggil. (kembali)
22 Biasanya guru lagu a: Jawa. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: sami bêkta tabuhan. (kembali)
24 pinrih. (kembali)
25 yakti. (kembali)
26 kang. (kembali)
27 tandya. (kembali)
28 kapêthukakên. (kembali)
29 radèn. (kembali)
30 manthuk. (kembali)
31 wondèntên. (kembali)
32 amriksani. (kembali)
33 anggèning (dan di tempat lain). (kembali)
34 anggarap. (kembali)
35 Tasikmadu. (kembali)
36 malih. (kembali)
37 anggalih. (kembali)
38 kagadhang-gadhang. (kembali)
39 ambêbêdhag. (kembali)
40 sunglon. (kembali)
41 pranata. (kembali)
42 pagenaning. (kembali)
43 măngsa. (kembali)
44 asistèn (dan di tempat lain). (kembali)
45 priyayi. (kembali)
46 gênthong. (kembali)
47 kula. (kembali)
48 watês. (kembali)
49 nagari. (kembali)
50 kalêpatan. (kembali)
51 Pos. (kembali)
52 malih. (kembali)
53 watawis. (kembali)
54 sisih. (kembali)
55 kalihan. (kembali)
56 lèpèn. (kembali)
57 saking. (kembali)
58 lumampah. (kembali)
59 sukunipun. (kembali)
60 anggèn (dan di tempat lain). (kembali)
61 pungkasan. (kembali)
62 layoning. (kembali)
63 tiyang. (kembali)
64 katingal. (kembali)
65 kathah. (kembali)
66 kontrolir (dan di tempat lain). (kembali)
67 kemawon. (kembali)
68 anggèrèd. (kembali)
69 ingkang. (kembali)
70 ngantos. (kembali)
71 karosanipun. (kembali)
72 kala. (kembali)
73 mêdal. (kembali)
74 wringining. (kembali)
75 sagêd. (kembali)
76 anêdahakên. (kembali)
77 katingalan. (kembali)
78 dene. (kembali)
79 têlêngipun. (kembali)
80 pakèwèding. (kembali)
81 kula. (kembali)
82 atus. (kembali)
83 cêmêng. (kembali)
84 ing. (kembali)
85 wiyaring. (kembali)
86 kadèkèk. (kembali)
87 dhatêng. (kembali)
88 dening. (kembali)
89 teladan. (kembali)
90 lajêng. (kembali)
91 kabèh. (kembali)
92 panggalih. (kembali)
93 anyalamur. (kembali)
94 dangu. (kembali)
95 pungkasan. (kembali)
96 agêbyur. (kembali)
97 cêkakipun. (kembali)
98 langkung. (kembali)
99 sarèhning. (kembali)
100 dhatèng. (kembali)
101 residhenan. (kembali)
102 gupêrmèn. (kembali)
103 desa. (kembali)
104 jêmbaripun. (kembali)
105 agêng-agêng. (kembali)
106 krêtêg. (kembali)
107 lèrèh. (kembali)
108 aningali. (kembali)
109 agêng-agêng. (kembali)
110 tulisan Jawa kurang tepat. (kembali)
111 Lèpèn. (kembali)
112 cêlak. (kembali)
113 kula. (kembali)
114 èrèng-èrèng. (kembali)
115 sela. (kembali)
116 cêthanipun. (kembali)
117 lêbêtipun. (kembali)
118 kacriyos. (kembali)
119 kang. (kembali)
120 kapitakenan. (kembali)
121 uruting. (kembali)
122 litnan. (kembali)
123 Êmbahrawa. (kembali)
124 ing. (kembali)
125 duk. (kembali)
126 tangsi-tangsi. (kembali)
127 Biasanya guru lagu i: wanadri. (kembali)
128 Biasanya guru lagu i: manganti. (kembali)
129 salaka sri. (kembali)
130 sêcang. (kembali)
131 lompong. (kembali)
132 yakti. (kembali)
133 uwitipun. (kembali)
134 mila. (kembali)
135 sadhatêng. (kembali)
136 sadaya. (kembali)
137 satus. (kembali)
138 ingkang. (kembali)
139 kapal. (kembali)
140 kêkalih. (kembali)
141 awit. (kembali)
142 thukul. (kembali)
143 sami. (kembali)
144 griya. (kembali)
145 bibrah. (kembali)
146 mawi. (kembali)
147 kalihan. (kembali)
148 kapratelakakên. (kembali)
149 Ngayogya. (kembali)
150 lampahipun. (kembali)
151 wontên. (kembali)
152 dèrèng (dan di tempat lain). (kembali)
153 Pakualaman. (kembali)
154 punika. (kembali)
155 mênaranipun. (kembali)
156 mila. (kembali)
157 grêbêg. (kembali)
158 tratag. (kembali)
159 tamansari. (kembali)
160 mancongol. (kembali)
161 kaki. (kembali)
162 cêlak. (kembali)
163 miring. (kembali)
164 êcèt. (kembali)
165 Hamêngkubuwana. (kembali)
166 alasan. (kembali)
167 Jawi. (kembali)
168 kalêrês. (kembali)
169 Kangjêng. (kembali)
170 malih. (kembali)
171 Amartani. (kembali)
172 anggadhahi. (kembali)
173 ulêsipun. (kembali)
174 sadèrèngipun. (kembali)
175 kècu. (kembali)
176 kacriyos. (kembali)
177 nginggil. (kembali)