Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana, Côndranagara, 1880, #1873

Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana.

Kaewahan, kawêwahan tuwin kalêrêsakên dening Radèn Mas Adipati Ariya Côndranagara bupati ing Kudus.

Sêrat ingkang kaping: 2.

__________

Kaêcap dening Tuwan Ogêlvi èn ko.

Ing nagari Batawi ing taun 1880.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Lampah kang Kaping Tiga.

I. Cariyosipun Nagari Surakarta.

Antawis satêngah taun ênggèn kula lèrèh ing griya, kalêrês ing salêbêting wulan Dulkangidah, kula mangkat malih saking Salatiga, andumugèkakên lampah kula nêningali ing tanah Jawa, sarèhning tanah ing pasisir lèr kaetang kula sampun sumêrêp sadaya sarta sampun kula criyosakên ing ngajêng, mila lampah kula punika lajêng anjujug ing karaton Jawi nagari Surakarta Adiningrat.

Lampah kula saking Salatiga numpak kreta, margènipun taksih minggah kemawon ing sukuning rêdi Mêrbabu kantos dumugi [du...]

--- 4 ---

[...mugi] pos ing Kaligandhu, awit saking pos punika margènipun awit mudhun sawatawis kantos dumugi pos ing Ngampèl bawah ing Surakarta, saking ngriku margènipun lajêng sangêt mêdhunipun kantos dumugi nagari Surakarta pindhah.

Dhêdhusun bawahing nagari katingal saking ing margi, yèn tinimbang kalihan dhêdhusun bawahing gupêrmenan, katingal kirang prayogènipun. Makatên ugi saking paningal kula têtiyang kang sami mlampah damêl ing pos-pos bawahing nagari, dados sadès[1] sangêt yèn tinimbang kalihan ing bawah gupêrmenan, dene bèntênipun mau,[2] awit saking pratikêl ênggèning nandukakên damêl. Kados ta pangrakiting kapal sapanunggilanipun, sadaya wau tumindak kalihan tamban, kasambi kalihan wicantênan, dene pabênaning yèn kapirêngakên dening tiyang pasisir, amasthi sangêt ewanipun [ewanipu...]

--- 5 ---

[...n,] awit sadaya wau tanduking kados dening tiyang gêgujêngan kemawon, dhatêng kula pos ing Bayalali, kula aningali bètèng alit ing pinggiring margi kados bètèng ing Ungaran, samangkenipun dipun ênggèni saradhadhu kang sami wangsul saking ing Acèh, amargi hawanipun ing ngriku kalêbêt asrêp, awit inggiling watawis wontên 1300 kaki.

Ing Bayalali punika wontên bupatènipun bawah kasunanan, sarta wontên asistèn residhènipun pulisi kang dados sêsulihing residhèn ing Surakarta, dene ing kabupatèn punika wontên pradatanipun piyambak. Pagenan[3] punika kalêbêt prayogi, awit sitènipun sae sarta hawanipun asrêp.

Sarêng kula dhatêng watawis botên têbih saking pos ing Kartasura, kula ningali griya agêng payonipun sirap pagêr banon, [ba...]

--- 6 ---

[...non,] wêngkonipun jêmbar sarta sae pangrimatipun. Kula pitakèn dhatêng tiyang kang wontên ing ngriku, punika griya punapa, angsulanipun kang kula pitakèni, punika pasanggrahanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, nama Têgalmuncar, pamêthukaning rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, bilih rawuh saking Salatiga, sadèrèngipun wontên sêpurwèh, botên antawis têbih saking ngriku kula ningali griya alit ing pinggir margi agêng, ing ngriku kathah rêcanipun sami katata bêbanjaran, kula pitakèn malih, ing ngriku punika pagenan punapa, wangsulanipun kang kula pitakèni, punika pasanggrahanipun suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8, nama Kalitan, yasanipun nalika taksih dèrèng jumênêng nata, dhatêng kula ing

--- 7 ---

ngriku, kula lajêng anêningali ing pagenan punika, sawingkingipun griya pagenan rêca wau, wontên pasanggrahan agêng pagêr banon, payonipun sirap, baturipun inggil saking siti, saking inggilipun kantos kados griya lotèng, kaprabotan cara Walandi pêpak sadaya sarta sae-sae, pasanggrahan wau pagenaning wontên ing satêngahipun patamanan, inggih punika pagenanipun cangkrama Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Kula anglajêngakên ing lampah kula, botên antawis têbih kula aningali patilasan kadhaton Kartasura, dene kang taksih kantun samangke namung banon-banon tilas kadhaton kemawon. Sarêng lampah kula watawis kirang tigang pal saking nakari,[4] kula aningali pasanggrahan malih kang kayoman kêkajêngan agêng-agêng, [a...]

--- 8 ---

[...gêng-agêng,] pasanggrahan wau kagunganipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun, namanipun Kleca, pagenan pamêthukan rawuhipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral. Botên antawis têbih saking ngriku, wontên pasanggrahanipun sampeyan dalêm malih anama Purwadadi, wondening wangunipun kados griya Walandi.

Botên antawis sapal têbihipun saking Purwadadi, wontên margi agêng mangalèr sarta kajagenan prajurit, tuwin katingal wontên dalêmipun agêng mawi pagêr banon cêpuri inggih punika Mangkunagaran.

Lampah kula wau lajêng anjujug ing griyaning santana kula, kang lajêng kula pondhoki kantos sawulan lamènipun. Lamining ênggèn kula wontên ing ngriku wau, kapêrlon têtuwi para santana kulawarga kang sami wontên ing ngriku, punapadene [punapa...]

--- 9 ---

[...dene] kumêdah sumêrêp kula ing nagari sarta pratikêl, cara, tataning karaton ing tanah Jawi.

Kula amangsuli criyos. Sadhatêng kula ing Kleca, dumugi ing kitha, kaetang botên mawi kapanasên, awit margènipun kayoman dening kêkajêngan asêm agêng-agêng kang wontên ing kiwa têngênipun margi.

Ing satunggilipun dintên, kula kaajak santana kula nêningali salêbêting nagari, lampah kula anjujug ing alun-alun lèr. Alun-alun wau wiyar, wringinipun ing pinggir mubêng sami agêng-agêng, wondening wringining sêngkêran kêkalih, kang satunggil nama jayandaru satunggilipun dewandaru, alun-alun wau botên wontên rumputipun, awit saking kandêling pasir, mila katingal angilak-ilak. Sangandhaping wringin kang urut pinggir punika, kathah griya-griya

--- 10 ---

sirap, wangun mandhapi, ananging samangke sampun kathah kang sami risak. Griya-griya wau pasowananipun para pangeran tuwin bupati ing kalanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah magêlaran. Ananging sarèhning Kangjêng Susuhunan miyosipun ing sitihinggil namung manawi grêbêg kemawon, mila griya-griya wau kathah ingkang sami risak, botên patosa karimatan. Ingkang sisih wetan wontên griya sirap karuji banon, kanamakakên pangurakan, punika pagenanipun kagungan dalêm sami, kang kasadhiyakakên bilih wontên karsa dalêm angabên utawi ngrampog.

Alun-alun kang sisih kidul, ingkang têngah wontên legokanipun, kawastanan pagêlaran, pagenanipun ngadhêp para abdi dalêm ing nalikanipun sampeyan dalêm lênggah ing sitinggil. Ing antawisipun [antawisipu...]

--- 11 ---

[...n] pagêlaran kalihan alun-alun, wontên mriyêmipun tiga agêng-agêng, nama sapujagad, kumba-kumba utawi kumbarawa tuwin wanikumba utawi kumbarawi, ing antawisipun mriyêm kumbarawa tuwin kumbarawi wau, wontên wranginipun[5] kêkalih, kanamakakên wringin gung sarta wringin binatur, ing pagêlaran wau wontên mandhapènipun alit anama bangsal pangrawit, lênggahanipun sampeyan dalêm bilih amriksani abên-abênan.

Sitihinggil punika wontên ing sakidulipun pagêlaran, mila kawastanan makatên, awit urug-uruganipun sitihinggil, inggahan saking pagêlaran dhatêng ing sanginggilipun sitihinggil punika, kanamakakên wijil pisan, ing ngriku wontên tratagipun gêdhèg dêling cagakipun pilar banon, inggih punika ingkang kawastanan tratag rambat, punika pagenaning

--- 12 ---

ngadhêp para kangjêng pangeran manawi Sampeyan Dalêm Kangjêng Susuhunan lênggah ing bangsal panguntur tangkil ingkang kajobin kalihan sela cêndhani, wondening tritisipun gathuk kalihan tratag rambat. Sawingkingipun bangsal punika wontên griya malih kang kanamakakên bangsal witana, pagenaning mriyêm kang anama nyai sêtomi, mriyêm wau kaulêsan dening cindhe kakrêbongan dening kajang.

Kiwa têngênipun bangsal panguntur tangkil wau, wontên griyanipun malih nama bangsal angun-angun sarta bale bang, pagenaning gôngsa, bilih sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah anangkil.

Udhun-udhunaning sitihinggil kang sisih kidul malêbêt ing kadhaton, sawingkinging bangsal witana, kanamakakên kori rêntêng.

Sampuning kula ningali ing kori rêntêng wau, [wa...]

--- 13 ---

[...u,] kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun malih, sadhatêng kula ing ngriku, lajêng malêbêt ing kori supiturang, punika margi kang angubêngi sitihinggil, sarta lajêng malêbêt ing kadhaton, têpanging margi kori supiturang wau, wontên ing sangandhapipun kori rêntêng anama kori mangu utawi brajanala.

Saking kori brajanala, kula lajêng lumampah dumugi sangajênging regol agêng kang anama mandhungan, ing salêbêting kori wau, kula ningali panggung banon kang inggiling watawis wontên 80 kaki, kanamakakên panggung sônggabuwana, wondening pagenaning panggung wau wontên ing palataran sakiwaning mandhapi karaton, cêlak kalihan kori srimanganti kang sisih êlèr.

Ing salêbêting wêngkon karaton punika kawastanan ing lêbêt bètèng, bètèng [bè...]

--- 14 ---

[...tèng] karaton wau, watawis kula wontên satêngah pal pasagi, wondening salêbêting bètèng wau, kados kitha alit, kathah griya alit-alit, têtiyang sêsadean sinjang-sinjang tuwin têtêdhanan warni-warni, tuwin kathah dalêmipun para kangjêng pangeran, punapa dene para santana tuwin abdi-abdinipun para agêng kang sami adêdalêm ing ngriku, têtiyang lumampah anglangkungi kathahipun, margi ing salêbêting bètèng wau kalêbêt wiyar, mila kenging kalampahan kreta.

Têtiyang kang sampun anate nêningali kitha-kitha ing bawah gupêrmenan, saupami nêningali utawi lumampah ing salêbêting bètèng karaton wau, sayêktos kirang sênêng ing manahipun, awit saking ningali patraping têtiyang kang sami gagriya botên wontên pranatanipun, tuwin anglangkungi rêsahipun, rêrêsahing

--- 15 ---

griya kathah kang sami kabucalan ing margi, mila ambêtipun kirang ecanipun. Dalêmipun para kangjêng pangeran ing ngriku sami alit-alit tuwin botên wontên wêngkonipun, amargi saking kirang papan.

Ing sakidulipun kadhaton punika, patrapipun sami ugi kados ingkang sisih lèr, kados kang kapratelakakên ing ngajêng, margi kang dhatêng sitihinggil kang kidul punika anama kori sarasêja, wondening sitihinggil ka[6] kidul punika alit sarta samangke sampun risak, awit botên karimatan, sanèsipun kalihan kang sisih lèr: namung botên mawi kori supiturang, wondening tiyang tuwin kreta lumampah ing sangandhaping sitinghinggil[7] wau, kenging kemawon.

Alun-alun kidul punika, katingal langkungi[8] jêmbar tinimbang alun-alun ingkang êlèr, ananging sampun risak sadaya, pagêr banon [ba...]

--- 16 ---

[...non] pinggiring alun-alun wau sampun sami rêbah, botên dipun dandosi utawi botên karimatan. Wringin ing têngahipun alun-alun wau kalih, anama wringin sêngkêran. Pojokipun ingkang sisih kidul kilèn, wontên griyaning gajah, sarta wontên gajahipun èstri satunggil.

Kalêrês ing dintên Kêmis, kula andhèrèk kalihan santana kula kang kula pondhoki, sowan malêbêt ing karaton, awit sampeyan dalêm ingkang sinuhun lênggah sinewaka, lêbêt kula wau anyalamur dados punakawanipun santana kula wau, lêbêt kula saking kori mandhungan lajêng malêbêt ing kori srimanganti lèr dumugi ing palataraning mandhapi karaton, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng lênggah ing sangandhaping wit jambu.

Saking ngriku kula ningali ing salêbêting mandhapi, katingal yèn jobinipun sela [se...]

--- 17 ---

[...la] cêndhani pêthak. Wondening dalêm kadhaton punika namanipun: prabayaksa utawi prabayasa, sangajênging kori prabayasa wontên griyanipun alit ingkang kawastanan paringgitan, mandhapi kalihan paringgitaning prabayasa wau bênggang, ananging sarèhning mandhapi wau kaèmpêran kampung mubêng, dados tritisipun gathuk kalihan taritising paringgitan.

Prabayasa punika majêng mangidul, ananging kori ingkang mêdal dhatêng ing paringgitan salajêngipun dhatêng mandhapi, wontên ing wetan, dados anglambung, mila mandhapènipun dados wontên ing sawetaning prabayasa majêng mangetan. Sakiduling mandhapi wau, wontên griya panjang mujur mangidul mawi dipun pagêri gêlas mubêng kados dening kamar, kawastanan mandhapi ijêm utawi mandhapi gêdhah, inggih punika pagenaning dhahar bilih sampeyan dalêm [da...]

--- 18 ---

[...lêm] ingkang sinuwun pista kalihan para Walandi.

Ing sapinggiripun palataranipun mandhapi karaton wau, kaubêngan gêdhong pisang salirang kados dening kampung pagenan praboting prajurit. Kados ta gêdhong pagenaning prajurit mijipinilih, tamtama tuwin sapiturutipun atdi[9] dalêm prajurit sadaya, salèripun mandhapi, gêdhong kang majêng mangidul, kawastanan gêdhong pacarikan, punika pagenaning abdi dalêm para carik.

Salèring prabayasa wontên gêdhong malih ingkang mujur mangilèn, nama gêdhong panêpèn, inggih punika pagenan panêpèn utawi lênggahan dalêm ingkang sinuhun.

Wondening panggung sônggabuwana kang kapratelakakên ing ngajêng wau, pagenaning wontên ing sawetanipun kori srimanganti [srima...]

--- 19 ---

[...nganti] ing salêbêting capuri utawi ing sisih lêbêt.

Anggèn kula malêbêt ing karaton wau, cinjangan[10] kula cothan, botên ngangge rasukan, sarta ngure rema, mila kawastanan ngure, awit botên mawi ngangge gêlung, rema kula naming katangsulan utawi dipun pocong kemawon.

Pinuju ing dintên Sêtu sontên kula tumut malêbêt ing karaton malih, ing ngriku kula ningali kathah talèdhèk kang sami jogèt ing mandhapi, kathahipun watawis wontên 40, kula pitakèn dhatêng tiyang kang kula dhèrèki wau, punika talèdhèk punapadene kathahipun kantos samantên, angsulaning kang kula pitakèni, punika dede talèdhèk, wondening namanipun bêdhaya, kang sami dados bêdhaya wau, para santana dalêm tuwin para bêndara, para putrinipun kangjêng pangeran, [pange...]

--- 20 ---

[...ran,] mila srimpi utawi bêdhaya wau botên kenging bêksa wontên ing sajawining kadhaton, manawi botên wontên sampeyan dalêm ingkang sinuwun. Wondene kang asring kenging bêksa ing jawining kadhaton, punika para santana kang sampun têbih-têbih utawi para abdi pancèn tiyang alit.

Bêksanipun badhaya wau anglangkungi saking sahanipun, panganggènipun ugi sami anèh-anèh, ing tanah pasisir botên wontên kados makatên. Bab bêksa tuwin panganggèning bêdhaya wau, kula botên sagêd anyriyosakên ing sêrat punika, sanadyan kula criyosakên sayêktos kirang gênahipun, bilih botên aningali piyambak.

Botên antawis lami anggèn kula wontên ing Surakarta, kalêrês lajêng garêbêg Bêsar, sasagêdh-sagêd[11] kula aningali tata

--- 21 ---

patrapipun garêbêg wau sadaya, dene kawontênanipun, kadosdene ing sêrat pawicantênan Jawi damêlanipun swargi Tuwan Wintêr sêpuh, ing ngandhap punika pêpêthikanipun:

Manawi ingkang sinuhun miyos garêbêg: pakurmatanipun makatên. Sarêng ing dintên dhawahipun garêbêg Bêsar: enjing wanci jam sadasa ingkang sinuhun utusan priyayi wadana lêbêt kêkalih, dhatêng loji, animbali kangjêng tuwan residhèn lumêbêt dhatêng kadhaton.

Saunduripun priyayi wadana wau saking loji: antawis botên dangu kangjêng tuwan residhèn nitih kareta dhatêng kadhaton: angirid para tuwan-tuwan mardika tuwin para upsir punapadene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saputra santananipun.

Sarawuhipun ing kadhaton, kangjêng

--- 22 ---

tuwan residhèn sarta para tuwan-tuwan wau tabean akalihan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, lajêng sami tata lênggah wontên ing mandhapi, ingkang sinuhun pinarak ing dhampar majêng ngalèr, kangjêng tuwan residhèn pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm, para pangeran sêpuh pinarak ing kursi wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saha para tuwan-tuwan pinarak ing kursi wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, wondene para pangeran ênèm sami lênggah ing ngandhap wontên ing kiwa dalêm majêng ngetan.

Botên antawis dangu ingkang sinuhun kanthèn kalihan kangjêng tuwan residhèn miyos dhatêng sitihinggil, kangjêng gusti pangeran adipati anom kanthèn kalihan tuwan asistèn residhèn wontên ing ngarsa dalêm, sarawuhipun [sa...]

--- 23 ---

[...rawuhipun] ing sitihinggil ingkang sinuhun pinarak ing bangsal witana, gôngsa monggang mungêl, sarta rêdèn ingkang wontên ing sajawènipun kori kamandhungan ingkang sisih wetan sasêlanipun ing kori gapit akalihan kori kamandhungan wau: kalampahakên ing masjid Agêng mêdal ing sitihinggil ingkang sisih kilèn, satêlasing rêdèn monggang kasuwuk, ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa kyai sêkar dalima.

Anuntên ngunjuk sapisan wilujêngipun garêbêg, kaurmatan drèling prajurit tamtama akalihan mijipinilih sami nigang rambahan: kasauran ing mariyêm. Dene prajurit mijipinilih akalihan tamtama ingkang drèl wau: panggenanipun wontên ing sitihinggil, prajurit tamtama wontên ing têngên dalêm majêng ngilèn, prajurit mijipinilih wontên ing kiwa [ki...]

--- 24 ---

[...wa] dalêm majêng ngetan. Mariyêm ingkang kaungêlakên wau wontên sajawènipun ing pagêlaran ingkang sisih lèr.

Anuntên ingkang sinuhun dhawah dhatêng priyayi wadana lêbêt kêkalih ingkang sami lênggah wontên ing ngarsa dalêm, andikakakên dhawah dhatêng kangjêng radèn adipati angêpang khajad dalêm wontên ing masjid Agêng: sarta ambagi ingkang waradin dhatêng abdi dalêm sadaya, kangjêng radèn adipati sowan wontên ing pagêlaran, priyayi wadana kêkalih wau lajêng mêdal dhatêng pagêlaran andhawahakên pangandika dalêm dhatêng kangjêng radèn adipati, wangsulipun saking pagêlaran dhatêng sitihinggil wontên ing ngarsa dalêm malih: mawi munjuk manawi pangandika dalêm sampun kadhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati, sasampuning ngunjuk rambah kaping wolu: ingkang sinuhun dhawah ngungêlakên gôngsa [gông...]

--- 25 ---

[...sa] ingkang wontên ing alun-alun sadaya.

Botên antawis dangu ingkang sinuhun kondur, wondene tatanipun ing lampah kondur dalêm inggih kados wiyos dalêm wau, sarawuhipun ing kadhaton pinarak ing mandhapi malih, lajêng ngunjuk wedang pêrêsan.

Sarêng sampun: botên dangu kangjêng tuwan residhèn kondur, mawi ngaturi pista ing loji dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati anom akalihan dhatêng pangeran sêpuh anom sadaya, kangjêng radèn adipati sarta para nayaka jawi lêbêt inggih sami kaaturan, nanging ingkang sinuhun botên mawi dipun aturi.

Têdhakipun kangjêng gusti pangeran adipati anom dhatêng loji sarêng kalihan kangjêng tuwan residhèn tunggil sakareta sarêng langkungipun ing loji agêng: kangjêng gusti pangeran adipati anom wau [wa...]

--- 26 ---

[...u] kaurmatan ing mariyêm saking loji agêng kaping tiga wêlas, bibaripun pista wanci jam tiga, konduripun kangjêng gusti pangeran adipati anom kadhèrèkakên tuwan asistèn residhèn, salangkungipun ing loji agêng inggih kaurmatan ing mariyêm: kados ingkang sampun kula pratelakakên ing ngajêng.

Wondene anggènipun ngunjuk nalika sami wontên ing sitihinggil kasêbut ing nginggil wau: 1. Wilujênging garêbêg. 2. Wilujêngipun kangjêng raja ing nagari Wêlandi saputra santananipun. 3. Wilujêngipun kangjêng tuwan gupêrnur jendral. 4. Wilujêng dalêm ingkang sinuhun. 5. Wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn. 6. Wilujêngipun kangjêng gusti pangeran adipati anom. 7. Wilujêngipun putra santana dalêm. 8. Wilujêngipun pulo Jawi.

--- 27 ---

Salèring alun-alun wontên bètèng Kumpêni, kang kawrat soldhadhu: 300, wondening kang jênêngi ing ngriku litnan kurnèl, ing kilèn sarta wetaning bètèng wau loji griyaning para tuwan-tuwan Walandi, kapêrnah ing salèr kilèning bètèng wau, loji karesidhenan, griya karesidhenan punika, anglangkungi wiyaripun, sarta kalêbêt agêng, jobinipun sela cêndhani sadaya, kantor karesidhenan sarta kantor kawat utawi telegrap, wontên ing sisih têngên kalêbêt ing wêngkoning karesidhenan.

Sawingkinging bètèng kaprênah lèr wetan, griya kamar bolah, tuwin griyanipun para tuwan-tuwan sarta toko-toko kados dening salêbêting kitha Sêmarang.

Ing sawingkinging bètèng wau wontên margènipun [mar...]

--- 28 ---

[...gènipun] ingkang mangidul, watawis sapal têbihipun, lajêng menggok mangilèn dhawah dhatêng ing alun-alun kidul kang kula cariyosakên ing ngajêng wau.

Ing ngajênging loji karesidhenan wontên margi kang dhatêng ing pêkên Agêng, sabên dintên ing pêkên wau anglangkungi kathah têtiyang sasadean, mila kawastanan pêkên Agêng, pagenaning pêkên punika wontên ing pacinan kang kalêbêt agêng, sarta kathah griyaning Cina kang agêng-agêng awit kathah Cina kang sami sugih-sugih, ing sakilèning pacinan kapatihan, dalêmipun kangjêng radèn adipati patih dalêm ingkang sinuhun, katingalan saking margi dalêmipun agêng, wondening pranataning sangajêngipun dalêm, kados kabupatèn ing tanah gupêrmenan, dene bèntênipun, naming botên mawi ngangge alun-alun kemawon.

Sampuning kula mubêng-mubêng anêningali

--- 29 ---

ing salêbêting nagari, kula lajêng wangsul dhatêng ing alun-alun lèr malih ningali masjid Agêng, masjid wau yasanipun suwargi sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping 7, wangun tuwin rupining masjid, kang katelad masjid ing Dêmak, naming agêngipun, sawatawis agêng masjid ing Surakarta, ing salêbêting masjid wau sadaya dipun cèt pêthak sarta pêpinggiraning sadayanipun kajêng kang cèt-cètan wau karêngga dening praos. Mastakaning masjid kacriyos kang kadamêl jêne arêgi: 27000 rupiyah, mila bilih kasorotan purya[12] katingal sae amancorong, sayêktos angblêrêngi[13] ing tingal. Saking paningal kula ing tanah Jawi botên wontên masjid kang anyamèni punika saenipun.

Saking masjid kula wangsul dhatêng ing kori mandhungan malih, ningali titihan dalêm kreta pameran kang ana[14] grudha puspa kêncana, pagenaning [pa...]

--- 30 ---

[...genaning] wontên ing satêngênipun kori mandhungan wau, sarêng kula aningali kreta punika, anglangkungi gumun kula saking abyarting[15] kreta, cètipun jêne, pinggiran tuwin sêsêkaraning ngangge pêrgulan jêne, salêbêting kreta ugi sutra jêne karêngga sêsêkaran baludiran jêne, mila kula sangêt anjêngêr ningali rêrupèn kang makatên, kacriyos rêgining 20000 rupiyah, saèstu botên wontên kuciwanipun, ananging saking pamanggih kula, sawatawis kirang sugrêngipun, awit saking kabyorên jêne sadaya, wondening bilih wangun tuwin rêrêngganing sêsêkaran, sayêktos kula botên sagêd anyriyosakên saking saenipun. Bilih tiyang botên aningali piyambak, saèstu botên sagêd amratelakakên endahing warnining kreta wau.

Sampuning kula ningali kreta, kula lajêng [la...]

--- 31 ---

[...jêng] aningali ing masjid alit kang wontên ing sawingkinging panêpèn, masjid wau rupènipun limrah kemawon, ananging sangajêngipun masjid wontên balumbangipun alit, ing ngriku wontên bajulipun, asring-asring bajul wau minggah ing dharat, ing ngriku punika kawastanan bandêngan, awit kala rumiyin nate kaingahan ulam bandêng, sawingkingipun masjid kapêrnah sakilèning prabayasa, wontên patamananipun, ugi kawastanan patamanan bandêngan, patamanan wau saking pamanggih kula inggih limrah kemawon, botên wontên kang anganèh-anèhi, awit kula sampun nate ningali patamananipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral ing Bogor kang anglangkungi saenipun, ananging yèn tiyang Surakarta amastani prayogi sangêt. Dene kang anèh utawi kang sae punika, naming pinggiring patamanan kang sisih kilèn, wontên umbulipun [u...]

--- 32 ---

[...mbulipun] kang mêdal saking sumur putêr ingkang dipun gêdhong, toyanipun lajêng malêbêt ing kulah agêng utawi balumbang alit ugi ing salêbêting gêdhong wau, inggih punika kadamêl pasiraman. Praboting gêdhong pasiraman punika sawawratipun prayogi, mawi kapatrapan gambar-gambar, dene pinggiring balumbang pasiraman kasukanan hèk mubêng, margining malêbêt ing salêbêtipun balumbang: kasukanan undhag-undhagan, lêbêting toyanipun, watawis wontên sakawan kaki, sarèhning toya umbul, mila nglangkungi bêningipun sami kalihan toya kang taksih inggal mêdal saking sumbêr.

Ing samôngsa kula kesah dhatêng ing Mangkunagaran, kula pêrlokakên sowan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping 4 punika, mila makatên awit saking kasêngsêm kula amirêng [ami...]

--- 33 ---

[...rêng] ing pawartos, yèn kangjêng gusti punika rêmên kasowanan dening tiyang amônca, sarta pranatan ing Mangkunagaran wau sadaya, anglangkungi saenipun. Dhatêng kula ing Mangkunagaran, kula lajêng katimbalan ing ngarsanipun kangjêng gusti wontên ing pringgitan kang anglangkungi endahipun, sadaya dipun êcèt pêthak mawi pinggiran praos, sanginggiling kori karêngga ukir-ukiran sêsêkaran ugi mawi praosan, jobinipun sela cêndhani, prabotipun kursi sapanunggilanipun sami damêlan nagari Walandi, wondening diyanipun krun pêrgulan jêne sadaya wêlingan piyambak saking Eropah, botên antawis dangu anggèn kula sowan, kula lajêng kadhawahan anêningali ing salêbêting Mangkunagaran ingkang pantês katingalan. Mila kula anuntên ningali mandhapi kang anglangkungi agêng sarta mawi èmpèr kampung

--- 34 ---

mubêng, ingkang sisih êlèr gathuk kalihan ing paringgitan.

Mandhapi wau pyan tuwin sakanipun sadaya sami dipun cèt pêthak pinggiran praos, jobinipun ugi sela cêndhani, diyanipun sadaya krun pêrgulan jêne, ingkang têngah sabanjêng diyaning satunggil-tunggiling krun gangsal lusin, dene kang pinggir nigang lusin. Ingkang wau krun punika kagunganipun kangjêng gupêrmèn kang katrapakên ing dalêmipun kangjêng tuwan bêsar gupêrnur jendral ing Bêtawi, sarèhne ing ngriku krunipun kagêntosan diyan gas sadaya, mila kasuwun dipun tumbas ing kangjêng gusti arêgi 10000 rupiyah, ingkang wau krun punika ngangge diyan lilin bênggala, ananging samangke kagêntosan lisah latung, kawêlingakên diyan latung alit-alit. Wondening prabotipun ing satêngahing mandhapi sadaya damêlan ing Eropah, wondening [wo...]

--- 35 ---

[...ndening] kang pinggir katrapan kursi damêlan Jawi, kathahipun watawis wontên 300, katata kados dening pagêr angubêngi mandhapi, inggih punika sadhiyanipun bilih wontên damêl jagongan utawi pista Walandi, mila bilih tiyang katêmbèn aningali dalêm ing Mangkunagaran, sayêktos amlêngêrên awit saking kagilapên aningali mobyoring sadayanipun kang katingal ing ngriku.

Sangajênging mandhapi ingkang têngah kanthèt kalihan èmpèr kampung kang sisih kidul, kasukanan bangsal tosan palerehaning kreta panggènaning mandhap para tuwan-tuwan Walandi ingkang sowan, bangsal wau damêlan ing tanah Eropah, sarêng bangsal punika sampun rampung anggèning ngadêgakên, kangjêng gusti lajêng utusan angarang rêrênggan mawi kidung, kados ing ngandhap punika:

--- 36 ---

Srêngkara

1. palataran sakidul mandhapi | winêwahan warni bangsal tosan | pirantos pakèndêlane | sagunging para tamu | ingkang nitih rata myang bèndi | ing ngriku mandhapira | kala adêgipun | Sukra tri wêlas candrama | ing lèk Sawal Ehe sêngkalaning warsi | karya tan ngèsthi warna[16] ||

2. cinarita ingkang bangsal wêsi | wêwêlingan saking ing Dhaitslan | ing kitha Barlin pabrike | Wèlêm Kam kang ingutus | Tuwan Borsik ingkang akardi | tinutur panjangira | sawêlas ingukur | panyêlak nênêm saprapat | inggilipun sakawan kawan dasa dim | ukur elo Nèdêrlan ||

3. wawratira kalih atus dhacin | langkungipun kawan dasa tiga | nyatus kati sadacine[17] | ngajêng pangaosipun | kalih lêksa wontên ing pabrik | sanèsing kang prabeya | praptanirèng dunung | punika tan winursita | mung kinôndha wangun rarêngganing panti |

--- 37 ---

tumraping tanah Jawa ||

4. dara gêpak pinapak lir candhi | blandar wiyar tan miyur santosa | tosan balabagan dèn ge | sinambung adu ujung | kêkahira kinêlam kêling | ingompak marmêr seta | pilare piningul | lingire pinara astha | praptèng madya binubut bundêr dinalir | ginêgêl gêlang kana ||

5. têtirahe ginônja pêsagi | amaju pat pinartima muka | kadya nguni caritane | duk para surawadu | arsa godha marang Pamadi | cinoba kinèn taya | mubêng ngarsanipun | Hyang Brama lan Batharendra | kalihira sangêt kacuwan ing galih | puara sami nyipta ||

6. catur muka mrih bawera ngaksi | lawan pandham turunaning wulan | kang anèng pilar isthane | dene ta kang dumunung | sêsambêtan dauping[18] êlis | sami pratima muka | èstri lawan jalu | amubêng kadi rumêksa | lan nambrama dhatêng kang lumêbèng panti | sumèh sêmuning netya ||

7. pinardawa rarêngganing

--- 38 ---

ning nginggil[19] | pucak sinung makuthasma raja | tumumpang tamèng isthane | punika wrêdènipun | Kangjêng Raja Wèlêm pinundhi | tamèng nayakanira | kang nangkis pakewuh | pinarcaya ngrèh jajahan | kang dèn andêl ing wadya kang dèn ratoni | dene aksara asma ||

8. Mangkunagara ingkang umunggwing | tamèng raja iku wrêdènira | tan liya amung sumendhe | mring para andêlipun | Kangjêng Raja Nèdêrlan sami | kang anèng tanah Jawi[20] | dene ron kang mlêngkung | kalih pang tinalèn pita | yeka tôndha kang asma wus pinarcadi | antuk bintang ing jaja ||

9. widadari ingkang ngapit-apit | kang satunggal obor kang ginawa | kalam lar kang satunggile | yeka sasmitanipun | kang tinêdha ing siyang ratri | mugi mitulungana | dhatêng prajanipun | yèn pêtêng dèn padhangêna | lamun supe sumêlang ruwêding kapti | mugi dèn èngêtêna ||

10. ngandhap tamèng mukaning [muka...]

--- 39 ---

[...ning] maharsi | sumping anggur lan mikul puspita | malèngèh katon guyune | sakiwa têngênipun | widadari kêkalih sisih | sami bêk tabuhan[21] | sumangsang nèng êlung | kilayu sarêng si wrêda | ngayubagya manadukara sêsanti | dhatêng sang ambêk darma ||

11. wrêdènira kang winahya lagi | rêsi wrêda tatale ing kuna | kontap ing kasudarmane | marma samangkenipun | pinartima wau kang warni | panrih[22] sami uninga | dene sumping anggur | ing nguni singa cêlaka | sêgêr sumyah mirêng sabdaning sang rêsi | amikul kang puspita ||

12. rinambatan para widadari | ingkang sami gêndhing sasêndhonan | punika ing sasmitane | sintên ta kang andulu | puspa anjrah manuksmèng ing wit | èstu rêna ing driya | rêsêp manahipun | sumawana yèn miyarsa | swara arum sasêndhon anuju kapti | yanti[23] inggaring karsa ||

13. kanan kering jêjamang ing nginggil | pinartima têngah

--- 40 ---

paris waja | dèn apit warangganane | anyêpêng buntal landhung | sawarnining sari sinuji | angawêng cinêpêngan | dening surawadu | sami munggwing lung puspita | ngwingkingira sarpa wilis tang[24] sumingit | nèng patra yun sikara ||

14. kadênangan dening paksi kalih | kang taksaka tanbya[25] pinarwasa | pinatuk lina têmahe | yeka sasmitanipun | sapa arsa sikara budi | sayakti tan widada | ing samarganipun | dèn mrinani ing sasama | beda lawan kang ayu jujur ing kapti | èstu manggih raharja ||

15. wontên malih rarêngganing nginggil | ujung ngajêng kanan kering mawa | gênuk tosan pêpindhane | kumbaya duk ing dangu | kang kinarya ngêdus Pamadi | anèng Ngendrabawana | tinulad ing wangun | kang isi tirta nugraha | wit Sang Parta samana madêg narpati | gumanti Batharendra ||

16. marmanira linuri kang warni | dadya srana sasmita panêdha | miriba ing kabêgjane | mangkana sêdyanipun [sêdyanipu...]

--- 41 ---

[...n] | asma ingkang dumunung paris | Mangkunagara juga | kalih tiganipun | praptane kaping sakawan | pinarsudi widadanirèng pambudi | mangun arjaning pura ||

Sawetaning mandhapi wontên gêdhong panjang mawi lotèng, kanamakakên dirgasana, kang ngandhap sadaya kantor-kantoripun priyayi narapraja tuwin kantor arta, kang nginggil wadhahipun barang-barang kagungan dalêm kang botên kangge sabên dintên. Sakidulipun ing dirgasana wau wontên gêdhong kampung malih mujur mangidul, inggih punika pagenanipun praboting prajurit dalêm infantêri, cêlaking kori ngajêng kang malêbêt ing cêpuri Mangkunagaran, wontên griya satunggal, ngajêngipun mawi mandhapi bale mangu alit, kawastanan kapulisèn. Mila kawastanan makatên, awit pagenanipun amriksa prakawis, dene griyanipun punika [pu...]

--- 42 ---

[...nika] kantor militèr, kilènipun wontên gêdhongipun malih mujur mangilèn, pagenaning kagungan dalêm mariyêm-mariyêm. Kilènipun malih wontên gêdhong mujur mangalèr pagenaning gôngsa warni-warni, lèripun punika pagenan kreta bagus-bagus agêm dalêm piyambak, sarta kreta pameran kang anama côndrakanta, kacriyos ingkang wau rêgènipun: 12000 rupiyah reta wau sadaya kasukanan gambar krun jêne kang wontên cirining asmanipun kangjêng gusti, ing lêbêt ngangge sutra sêkaran jêne, wondening cètipun kang jawi ijêm sêpuh pinggiranipun pêrgul jêne sadaya, salèring pagenan kreta wau wontên gêdhong kampung panjang malih pagenaning bêkakas dhahar sarta bala pêcah tuwin pangrimatipun minuman.

Sajawining cêpuri kang ngajêng kapêrnah wetaning griya kapulisèn wau, wontên sêtalanipun [sêta...]

--- 43 ---

[...lanipun] anglangkungi agêng, pagenaning kapalipun prajurit kaplêri sarta sêtabêl, kapagêran mubêng, regoling sêtal wau anglangkungi agêng sarta wontên lotèngipun, kang ngandhap pagenaning praboting kapal, dene lotèngipun kangge kêmpalan para militèr angrêmbag sarta ajar bab pangabaning lampahipun baris.

Wondening rupènipun sêtal wau saking saenipun, kula botên sagêd anyriyosakên, jobinipun sadaya sela damêlan saking nagari ing Cina, sangandhaping sêtal, wontên toyanipun kang amili sarta ing ngriku wontên kamar-kamaripun pagenaning rumput, dene pambêktaning rumput saking kamar dumugining satunggil-tunggiling kapal, kamot ing grobag alit, kang tumrap ing klacèn tosan utawi ril, kados dening rilipun kreta latu utawi trèm we, sêtal [sêta...]

--- 44 ---

[...l] wau kawrat kapal 100, mila anglangkungi agêngipun, dene wragading pandamêlipun kantos dadosing sêtal wau têlas: 300000 rupiyah.

Sasampuning kula anêningali sadaya, kula lajêng pamit mandhap wangsul dhatêng ing pondhokan. Panuwun kula pamit wau inggih kalilan, sarta kula kadhawahan, kakarsakakên wangsul ing Mangkunagaran malih ing dintên tingalan dalêm taun panjênêngan tanggal kaping 25 wulan Bêsar, awit ing dintên punika bojana agêng prasasat garêbêgipun ing Mangkunagaran.

Sarêng dumugi ing dintên kang kapratelakakên ing nginggil, wanci jam 9 kula sampun dhatêng ing Mangkunagaran malih, sarêng lampah kula dumugi ing margi enggok-enggokan ingkang dhatêng ing Mangkunagaran, kula ningali baris rontèk gêndera Walandi awit saking ngriku dumugi ing kori cêpuri [cê...]

--- 45 ---

[...puri] ngajêng mandhapi Mangkunagaran, wondening têbihipun: watawis wontên saprapat pal, wondening kang cêlak ing kori, barisipun bêkta umbul-umbul pareanom, agêmipun pangeran adipati, dene kathahipun têtiyang ingkang baris wau, watawis wontên sèwu, panganggènipun têtiyang samantên punika kados soldhadhu sami sadaya, ingkang 900 prajurit saking dhusun, kang satus abdi dalêm prajurit kang anama wirontana tuwin subamanggala sami bêkta umbul-umbul pareanom. Sajawining barisan wau, wontên baris mariyêm sawatawis, tumuntên kula malêbêt ing kori cêpuri, ing salêbêtipun cêpuri, kula ningali baris agêng soldhadhu dharat bêkta sanjata ingkang kawastanan prajurit infantêri, pagenaning wontên ing sakiwa têngênipun mandhapi kapêrnah ngajêng watawis kathahipun [kathahipu...]

--- 46 ---

[...n] wontên 600 prajurit samantên punika sami mangangge pameran dalah para upsiripun sadaya, dene ing èmpèr kampunging mandhapi kiwa têngêning undhag-undhagan kang sisih ngajêng sawingkinging bangsal tosan kasukanan gôngsa.

Botên antawis dangu, gôngsa monggang mungêl anyarêngi ungêlipun musikan, sarêng kula ningali mangalèr, wontên jajaran waos kathah mêdal saking sakilèning dalêm, kang kaapit-apit dening jajaran wau: pangulu saprikancaning mêthakan sadaya, angrêmbat bungkusan sinjang pêthak panjang, rêmbatan punika kairingakên tumpêng sêkul akathah, kula pitakèn dhatêng tiyang ing ngriku, kang dipun kurmati makatên punika punapa, wangsulanipun kang kula pitakèni, punika khajad sidêkah dalêm tingalan panjênêngan, dene kang kabungkus sinjang pêthak, awarni kawat jêne, sêlaka,

--- 47 ---

suwaos, tosan sarta waja, panjangipun sadêdêg dalêm kangjêng gusti, sidhêkah dalêm wau lajêng katata ing èmpèr kampung mandhapi kang sisih kilèn. Wanci jam 10 para kangjêng pangeran ing kasunanan tuwin priyayi sanèsipun sadaya sami anglêmpak ing mandhapi, waktu punika ugi kangjêng gusti anglampahakên kreta kagungan dalêm pameran pun côndrakanta ngangge kapal tèji sakawan tapêthukakên[26] ing kangjêng tuwan residhèn, lampahipun kreta wau kajajaran prajurit kaplêri sakawan likur mawi katindhihan upsir satunggil. Botên antawis dangu kangjêng tuwan residhèn rawuh nitihi kreta wau sarêng kalihan tuwan litnan kolonèl kumêndhaning militèr ing bètèng Surakarta, sawingkinging kreta wau kathah kreta-kreta malih katumpakan dening para tuwan-tuwan kang sami kasuruhan bojana.

--- 48 ---

Rawuhipun kangjêng tuwan residhèn dipun kurmati dening ungêlipun gôngsa monggang anyarêngi ungêling musikan, dene gôngsa kang wontên ing mandhapi kaungêlakên ladrangan. Sarêng kangjêng tuwan residhèn têdhak saking kreta, lajêng malêbêt ing mandhapi lênggah ing têngah majêng mangidul, kangjêng gusti tuwin para kangjêng pangeran sadaya sami lênggah ing têngênipun, litnan kolonèl, para asistèn residhèn tuwin para tuwan-tuwan sanèsipun sadaya sami lênggah ing kiwaning kangjêng tuwan residhèn. Para wadana bupati ing kasunanan, radhèn[27] tumênggung patih ing Mangkunagaran saprikancanipun, sami lênggah ing kursi kang sisih kidul kilèn majêng mangalèr, sarêng sampun sami lênggah sadaya, pakurmatanipun kangjêng tuwan residhèn drèl sanjata kaungêlakên kaping sawêlas mawi kasauran ungêlipun mariyêm, dene kang drèl wau prajurit [praju...]

--- 49 ---

[...rit] kang sami baris wontên ing sakiwa têngêning mandhapi, sadrelan kang mungêl sanjata satus, saking sagêd tuwin lêbdaning prajurit, ungêling sanjata satus wau dados saungêlan, kados mariyêm satunggil, awit saking sarênging ungêlipun.

Sasampuning pakurmataning kangjêng tuwan residhèn lèrèh ênggoning ngungêlakên, pêngulu lajêng andongani kajad dalêm wau, lèrèhing ênggènipun donga pêngulu, tumuntên dipun kurmati drèl sanjata sarta ngungêlakên mriyêm kaping tiga.

Sampuning lèrèh pakurmatan sadaya, para upsir lisiyun sami malêbêt ing mandhapi, litnan kolonèl tumêdhak sarta para mayor lumampah ing ngajêng dados pangajênging para upsir pangandhapanipun watawis wontên 36, dhatêngipun ing mandhapi sami ngaturi tabe dhatêng kangjêng tuwan residhèn sarta tuwan litnan [litna...]

--- 50 ---

[...n] kolonèl, pangajêngipun wau ênggènipun têtabean kalihan nyukani asta, dene sanèsipun namung sami mandhuk[28] kemawon. Sampunipun makatên para upsir tuwin sanèsipun lajêng sami lênggah, tumuntên sunggata kang warni wedang tuwin unjuk-unjukan sami kaladosakên, botên dangu lajêng abdi dalêm wirèng sami bêksa kalih-kalih, kang sami mangangge endah-endah, dene panganggenipun wau gêntos-gêntos, bilih bêksa Karna tandhing ngangge panganggenipun Janaka, bilih bêksa Panji inggih ngangge panganggenipun Panji sapiturutipun, dene panganggenipun sami mobyor, wondènkên[29] warnining bêksa warni-warni, watawis langkung saking sadasa warni, têtiyang kang anêmbe ningali bêksaning wirèng wau, sayêktos anjêngêr anggèning ningali, saking sae tuwin rikatipun bilih kalêrês [kalêrê...]

--- 51 ---

[...s] pêrangan, dene dêdamêlipun kang kaangge pêrangan wau, dhuwung, panah, lawung utawi kênthès.

Watawis jam 1 siyang sami dhaharan wontên ing meja sadaya, bibaring dhahar jam 3 lajêng sami lênggahan mriksani bêksanipun wirèng malih sakêdhap, tumuntên sami bibaran sadaya, kangjêng tuwan residhèn kondur nitih kreta sarta dipun kurmati kados nalika rawuhipun.

Mandhap kula saking ngarsa dalêm, kula kadhawahan wangsul malih ing Mangkunagaran. Mila botên antawis lami kalêrês tingalan dalêm dintên wiyosan Akat Lêgi, kula sowan, ing ngriku sami kêmpalan kados tingalan dalêm taun panjênêngan wau, ananging namung kêmpalan para santana tuwin abdi dalêm sadaya kemawon, botên mawi anyuruhi para tuwan-tuwan Walandi utawi para kangjêng pangeran ing karatonan, [karato...]

--- 52 ---

[...nan,] wondene sanadyan botên kasuruhan, bilih wontên ingkang purun dhatêng inggih katampèn. Ing waktu dintên punika kangjêng gusti amriksani abdi dalêm prajurit sadaya, kapriksa pangangge tuwin dêdamêlipun, sasampuning kapriksanan lajêng sami gladhi baris, kathahipun prajurit lisiyun sadaya: 800, kados ta prajurit ingkang dharat utawi infantêri 600, prajurit kêkapalan utawi kapalêri 70, sêtabêl utawi mriyêm tiyang 80, dalah para upsiripun dados: 800. Anggèning gladhi baris wau anglangkungi saenipun, sami kemawon kalihan soldhadhu gupêrmèn, makatên ugi panganggening rêsikipun botên sanès kalihan soldhadhu Kumpêni, kajawènipun soldhadhu lisiyun, kangjêng gusti kagungan malih ingkang bêkta dêdamêl waos kang mawi katrapan gêndera rontèk sarta

--- 53 ---

naming waos kemawon, kanamakakên prajurit wirontana tuwin subamanggala, kathahipun watawis wontên 300, panganggenipun sami ugi kados soldhadhu lisiyun.

Sanèsing punika wontên malih prajurit rôngga, bêbêktanipun ugi waos, panganggening cara Jawi calana pancèn-pancèn, ngangge kuluk, kathahipun 100.

Sasampuning kamriksani[30] abdi dalêm soldhadhu sadaya, lajêng drèl sanjata sarta angungêlakên mariyêm kados nalika tingalan agêng kang kasêbut ing nginggil. Sampuning drèl lajêng sami lênggahan tuwin bojana, wanci jam 1, sami dhaharan, bibaranipun watawis jam 2 siyang.

Sarêng kula nuwun pamit mandhap, kadhawahan ing sawatawis dintên kula kakarsakakên ningali kagungan dalêm pabrik gêndhis kêkalih, [kêka...]

--- 54 ---

[...lih,] kesah kula wau badhe kaparingan tumpakan kreta, unjuk kula inggih sandika.

Ing satunggiling dintên wanci enjing, wontên kreta dhatêng ing pondhokan kula mawi kadhèrèkakên abdi dalêm kaliwon Mangkunagaran, kang kakarsakakên angirid lampah kula anêningali dhatêng kagungan dalêm pabrik wau, inggal tumuntên kula mangkat kesah dhumatêng Malangjiwan pagenaning pabrik punika, wondening pabrikipun kaparingan nama Calamadu, sadhatêng kula ing ngriku, anglangkungi gumun kula ningali pabrik ingkang makatên margènipun, botên angamingakên sae sarta rêsik kemawon, ananging bêkakasipun sanès kalihan pabrik-pabrik liyanipun punika, awit sadaya lampahing toya utawi duduhipun rosan kantos dadosipun gêndhis, botên mawi

--- 55 ---

kalampahakên dening tiyang, nanging lampahipun sarana bêkakas asêp sadaya, kados ta: samêdaling duduh rosan wau saking pamipitan, lajêng kapumpa kalihan bakakasipun asêp minggah manginggil, kang watawis wontên 20 kaki inggilipun, tumuntên malêbêt ing saringan, kang kadamêl nyaring wau arêng obong-obonganing balung, lampahipun kalihan dipun panasi asêp, sampuning malêbêt ing saringan kaping tiga utawi sakawan, lajêng malêbêt piyambak dhatêng kawah tutupan kaping sakawan lajêng mêdhun nitis dados gêndhis, mila awit toya wau mêdal saking pipitan kantos dadosipun gêndhis, botên katingal, amargi lampahipun saking satunggil dumugi satunggiling kawah, mêdal ing salêbêting bumbungan utawi pipa tosan utawi têmbagi, wondene têtiyang kang anjagi ing salêbêtipun pabrik [pa...]

--- 56 ---

[...brik] namung wontên têtiyang tiga, kang anêningali bilih sampun wancining ngêlih toyanipun rosan wau saking satunggiling kawah tutupan dhumatêng satunggilipun kawah, tiyang wau lajêng ambikak ing tutupipun bolongan pipa utawi kang kawastanan kran, bilih sampun nitis dados gêndhis lajêng kalêbêtakên ing grobagan tosan alit ingkang rodhanipun tumumpang ing klacèn utawi ril, tumuntên kasurung dening tiyang dipun sokakên ing kothak tosan. Manawi gêndhis wau sampun asrêp, lajêng kalêbêtakên ing pêngaron tosan rangkêp, kalêbêt trancangan kados dening kalo pangayakan, kang jawi tosan buntu, nanging ngandhapipun mawi bolongan, pêngaron wau kaubêngakên dening bêkakas asêp anglangkungi sêsêripun, kang ing dalêm samênut, mubêng kaping: 1500, agèning[31] kaubêngakên makatên [ma...]

--- 57 ---

[...katên] punika, amrih mêdaling tètèsipun, wêdaling tètès saking kalo dhawah dhatêng ing pêngaraon tosan lajêng mili mangandhap. Antawis sadasa mênut tètèsipun sampun mêdal sadaya, kantun gêndhising kemawon kang anglangkungi pêthakipun sarta sampun malêm, gêndhis wau tumuntên kawêdalakên kadèkèk ing paleleran tosan kang nglangkungi panasipun, awit sangandhaping tosan punika dipun lêbêti asêp ingkang panas. Antawis saprapat jam, gêndhis wau sampun garing sadaya.

Kang agarap[32] damêl ing pabrik sadintênipun namung têtiyang: 90 têtiyang samantên punika nyambutdamêl ngusung rosan, ngusung sarta mepe ampas, ngêlèr gêndhis sarta nyurung grobag kang kaisènan gêndhis, punapadene ngumbah arênging balung kang mantun kangge nyaring gêndhis, ing salêbêting pabrik [pabri...]

--- 58 ---

[...k] botên wontên tiyang kuli kang nyambutdamêl awit botên wontên sanèsing saking bêkakas asêp sadaya, dene lampahipun bêkakas punika namung kajagenan dening mandhor-mandhor asêp kemawon. Mila ing salêbêting pabrik, rêsik kemawon kados dening salêbêting griya Walandi.

Sabakdaning kula ningali pabrik wau, kula mampir ing griyaning juragan utawi atministraturipun Walandi, sasampuning kula kasunggata sawatawis, kula lajêng wangsul dhatêng ing Surakarta malih, enjingipun kula kairid malih dening kliwon kang dhèrèkakên ing lampah kula wau, kesah dhatêng ing dhusun Karanganyar ugi aningali pabrikipun kangjêng gusti kang anama Tasikmadu, dhatêng kula ing ngriku, kula lajêng amubêng nêningali kawontênanipun pabrik wau sadaya, saking paningal kula anglangkungi sae sarta langkung agêng tinimbang kalihan [kaliha...]

--- 59 ---

[...n] Calamadu, bêkakasipun sami kalihan ing Calamadu, ananging prênataning sadayanipun sae ing Tasikmadu, mila makatên, awit sarêng kangjêng gusti badhe karsa yasa punika, utusan Walandi ingkang ngrêtos bab pabrik tuwin bêkakas asêp dhatêng tanah Eropah, supados aningalana ing pabrik-pabrik ing Eropah sadaya, pundi bêkakasipun ingkang sae kakarsakakên anelad utusan damêl makatên, mila jangkêp sarta prayogi rupènipun, punapadene sadayaning bêkakas tosan tuwin têmbagi mawi kapatrapan ciri asmanipun kangjêng gusti kang wontên krunipun ing sanginggiling asma wau, wondening wanguning griya pabrik kadamêl anyarupèni prabotipun, mila botên wontên kang kuciwa, milanipun kadamêl agêng awit kangge giling rosan: 500 bau, dene ing Calamadu namung kangge

--- 60 ---

giling: 400 bau, wragating pandamêlipun pabrik Tasikma[33] wau, kacriyos têlas: 800000 rupiyah.

Sanadyan kathah pabrik-pabrik kang sampun kula tingali ing tanah pasisir, nanging botên kula criyosakên sadaya kados punika, mila makatên sanèsing pabrik botên wontên kang anganèh-anèhi, awit prasasad rupi utawi bêkakasipun sami sadaya, wontêna sanèsipun, namung sawatawis kemawon, sarta ing salêbêtipun ing pabrik botên rêsik kados punika, sampuning kula anêningali ing ngriku, kula wangsul mali[34] dhatêng ing Surakarta.

Kitha nagari Surakarta punika, saking pamanggih kula rupènipun kirang nyumêrêpi yèn kitha karaton, awit papan pagriyaning tiyang Jawi kathah ingkang awon-awon, griya-griyanipun sami risak tuwin [tu...]

--- 61 ---

[...win] katawis yèn kirang pranata, dene ingkang sae-sae punika, namung dalêmipun para agêng tuwin priyayi sawatawis, ananging samangke sadangonipun wontên kreta latu punika, kathah majêngipun, kathah para agêng tuwin priyayi kang pranataning dêdalêm cara Walandi, malah trêkadhang wontên satunggil kalih para agêng manawi kalêrês bojana: dhaharanipun cara Walandi, dhaharanipun numbas dhatêng satunggiling koki Walandi, ing kalanipun dhaharan wau mawi kasukanan dalancang karêngga dening praos kasêrat amratelakakên dhêdhaharan kang badhe kaladosakên, Walandi amastani pratelaning dhêdhaharan wau: mênu.

Kantos dumugènipun samangke kathah para agêng kang rêmên ambucal yatra kangge têtumbasan kang kirang pêrlonipun, punapadene kaparing-paringakên dhatêng ing wanodya, botên agalih[35] dhatêng putra ing wingking, [wing...]

--- 62 ---

[...king,] putra wayah wau botên sami kagalih pamardènipun ing kawruh, namung para wayahipun Kangjêng Gusti Mangkunagara punika, kang sami kaprêdi ing kasagêdan sarana sami kawulangakên ing sakolah utawi pamulangan Walandi, malah wontên wayah dalêm satunggil kang kalêbêtakên ing pamulangan agêng ing Bêtawi, dene panganggenipun inggih cara Walandi, remaning kakêthok kados dening Walandi.

Kala rumiyin para agêng kathah kang angagêngakên angunjuk awis, ananging samangke sampun kathah kirangipun para agêng ingkang sami ngunjuk.

Ing salêbêting cêpuri kadhaton, sadaya griya-griya tuwin gêdhong-gêdhong katawis kirang pangrimatipun, mila katingal sami rêsah, kang kula gumunakên punika, saking kathahipun têtiyang èstri ingkang malêbêt mêdal ing kadhaton, anèm sêpuh, [sê...]

--- 63 ---

[...puh,] awon sae kenging kemawon malêbêt ing cêpuri lêbêting kadhaton, sok ugi sumêrêp cara tuwin panganggenipun, lajêng dhèrèk iring-iring dhatêng pra santana èstri ingkang malêbêt, môngka para agêng èstri utawi para putri kang malêbêt wau abdi para nyaènipun kathah kang ngiring, mila gampil sangêt bilih wontên tiyang èstri nyamur dhèrèk ngiring malêbêt.

Wondening kang katingal rêja sae-sae griyanipun punika namung para Walandi tuwin Cina, awit ingkang kathah para tuwan-tuwan Walandi wau, kathah kang sami gadhah bumi anggèning nyewa saking para agêng utawi priyayi Jawi, dene Cina-cina punika pagêsanganipun anglampahakên yatra kang bêbingahipun kantos langkung saking gangsal rupiyah kang satus rupiyah ing dalêm sawulan, makatên punika mawi nyukani cêpêngan barang jêne utawi sela intên sapanunggilanipun. [sapanunggi...]

--- 64 ---

[...lanipun.] Mila dados para tuwan-tuwan Walandi sarta Cina-cina wau pagêsanganing mêndhêt saking kirang sagêdipun tiyang Jawi, dene kang sagêd angrimati sarta amrêdi kawêdalaning bumi punika, amung Kangjêng Gusti Mangkunagara piyambak, kang kagunganing arta kantos dados ayutan. Wondening tiyang alit ing dhusun-dhusun sami kathah kang kêkirangan, griyanipun awon-awon, mila makatên awit yatranipun sami kapêrês dening para agêng, priyayi utawi Walandi kang sami gadhah bumi.

Sarèhning kathah para agêng tuwin priyayi kang sami kagungan abdi èstri, mila sami kathah-kathah putranipun, bilih sampun agêng kaetang botên sagêd angrimati utawi paring wulang ing kawruh dhatêng ing para putranipun, mila kathah putra-putra kang sami anglampahi awon, sarana utusan lampah awon utawi nglampahi [ngla...]

--- 65 ---

[...mpahi] awon piyambak, dene kang kathah sami anglêbêtakên awisaning nagari bab pêtêng.

Wondening salêbêtipun kitha nagari, kathah têtiyang kang sami rêmên ngapus-apusi, para putra kang sami kêkirangan wau wontên ugi kang agadhah lampah makatên, amargi wirang saupami têtanèna utawi bêbêrah angrêmbat, dene pandamêlan sanèsipun botên pikajêng pisan, awit alit mila sadèrènging gadhah pikajêngan piyambak, botên kaprêdi ing damêl, tansah sami dêdolanan sarta ambêbingah ing manah kemawon, mila sarêng sampun agêng: lajêng kulina ajrih ing damêl, môngka yèn botên nyambutdamêl botên sagêd angrimat ing badanipun piyambak, jalaran saking punika, kathahipun para putra kang anglampahi ingkang kirang prayogi wau.

--- 66 ---

Sarèhning para agêng ing Surakarta punika botên kagungan damêl, amargi alit mila sampun kakadhang-kadhang[36] kacawisan dhaharipun, mila kirang pamrasudining kawruh, dados sadintên-dintên naming agung bingah-bingah kemawon sarana kêkêmpalan, utawi andumugèni karsanipun kalangênan wanodya kang andadosakên kathahing putra, ing wingking botên sagêd angrimati sapantêsipun, punika kang dados jalaran pakèwêding parentah ing Surakarta.

Kawujudan kados kang kapratelakakên ing nginggil wau, saking pamanggih kula ing wingking sagêd ical, jalaran kawontênaning kreta latu samangke punika, awit saking kreta latu wau, tiyang Surakarta gampil sagêd kêkesahan anêningali ing tanah pasisir kang pranatanipun sae-sae, punapa malih sapunika para wayah dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun [sa...]

--- 67 ---

[...mpun] kathah kang kapêrdi ing kasagêdan, yêktosipun punika badhe dados têteladan ing kathah, malah samangke wontên putra dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara saking ampeyan kang kadadosakên jaksa ing kabupatèn Kêdhiri, pamrihipun namung kadamêl mêncar jajahan sarta sampun kantos dados awon-awonaning para sadhèrèkipun kang saking ngajêng kang sami jumênêng pangeran wontên ing nagari Surakarta, malah manawi wontên bêjanipun, ing wingking sagêd dados bupati ing tanah Gupêrmenan, kang kuwasa tuwin kamuktènipun langkung saking panjênênganing para pangeran kang kathah-kathah.

Sarèhning sampun cêkap agèn[37] kula ningali sarta anyriyosakên kawontênaning nagari ing Surakarta, mila kula anglajêngakên lampah kula, enjing kula mangkat saking Surakarta numpak kapal dhatêng ing Wanagiri, [Wa...]

--- 68 ---

[...nagiri,] têbihipun saking nagari: 20 pal, dhatêng kula ing sabrangan bênawi ing Bacêm, ing cêlakipun sabrangan wau wontên pasanggrahanipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun, nama Langênharja, pasanggrahan wau damêlan inggal, mila sadaya taksih katingal prayogi, pagenaning wontên ing sapinggiripun bênawi, inggih punika kang samangke asring-asring katêdhakan kadamêl amêng-amêng dening sampeyan dalêm ingkang sinuhun. Sampuning kula ningali ing ngriku sakêdhap kula anglajêngakên lampah kula, dhatêng kula ing Wanagiri kula lèrèh sipêng ing griyaning ngabèi, Wanagiri punika wontên pasanggrahanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara, ananging samangke sampun risak, namung ing sisihing wontên griyanipun gêbyok wangun gêdhong, kapanggenan dening asistèn residhèn kang nyêpêng pulisi ing dhêstrik Wanagiri, Sêmbuyan tuwin Karangpandhan. [Karangpa...]

--- 69 ---

[...ndhan.] Pasanggrahan wau angajêngakên rêdi amêngkêrakên lèpèn kang dhawah dhatêng Surakarta kawastanan bênawi wau, kala rumiyin pagenaning amêng-amêng abêbêdhag utawi nyanjata sangsam. Wondèntên sitining lêmpung sarta kathah selanipun, mila kirang prayogi, kêkayonipun mèh botên wontên, panasipun sangêt sarta bilih siyang siliraning kêncêng.

Enjingipun kula mangkat dhatêng ing dhusun Kakap, têbihipun saking Wanagiri: 16 pal, ing ngriku kula lèrèh malih sipêng sadalu ing griyaning dêmang taksih ugi bawah Mangkunagaran. Enjingipun kula anglajêngakên lampah kula dhatêng ing Pacitan, sarêng dumugi sakiduling dhusun, lajêng minggah ing Rêdi Kidul, antawis sakawan pal têbihipun saking Kakap, dumugi dhusun Galonggong watêsipun siti Surakarta kalihan Pacitan.

--- 70 ---

Sakidulipun kitha nagari Surakarta watawis wontên 8 pal têbihipun, dumugi sagantên kidul sakilèning Pacitan, sadaya dhèrèk bawah siti Mangkunagaran.

Lampah kula wau numpak kapal kemawon, awit margining sangêt pakèwêdipun yèn ta kalampahana dening kreta, kenging ugi nanging kêdah ngangge kreta kang ènthèng sarta alit.

--- 71-221[38] ---

--- 222 ---

IX. Cariyosipun Karaton ing Ngayogyakarta.

Sarêng kula ngambah margi bawah Ngayogya, lajêng anglangkungi susah kula, saking kuwatos [kuwa...]

--- 223 ---

[...tos] bilih bibra[39] kreta kula kang kula tumpaki, dene margining anglangkungi awonipun, ilèn-ilèn toya jawah ing margi punika botên mami[40] kadandosan, mila lampahipun kreta gronjalan, botên ngamingakên makatên kemawon, nanging krêtêg-krêtêgipun sadaya sami risak, kathah ingkang kadamêlakên simpangan krêtêg alit ngangge kajêng daya utawi dêling, mila nglangkungi nguwatosakên dipun lampahi kreta, bilih botên mêdal ing krêtêg, kretanipun inggih lajêng kasabrangakên ing lèpèn kemawon.

Saupami tiyang wuta numpak kreta saking Magêlang dhatêng Ngayogya, bilih lampahipun kreta sampun dumugi bawah Ngayogya, sayêktos lajêng sumêrêp, awit saking awoning margi tuwin krêtêg, dhusun-dhusun ing pinggir margi anglangkungi awon tuwin risak, botên ngamingakên risak kêkayonipun [kêkayo...]

--- 224 ---

[...nipun] kemawon, nanging nyarupèni kalin[41] griya pemahanipun tiyang alit.

Ingkang kula criyosakên ing lampah kang kaping tiga kang kapratelakak[42] ing nginggil, amratelakakên awoning margi tuwin padhusunan bawah ing Surakarta, ananging yèn katimbang awonipun lurung saha dhusun-dhusun ing Ngayoy,[43] sayêktos bawah ing Surakarta taksih kenging kawastanan prayogi, saèstu sanès kaotipun, kajawining saking awoning margi, kawêwahan anguwatosakên dhatêng tiyang lêlampahan ing dalu, awit kathah bêbegalan, yèn tiyang kêkalih lumampah dalu ing ngriku, saèstu botên purun, sanadyan sami bêktaa dêdamêl ugi taksih dèrèng purun, awit asring-asring kemawon tiyang lêlampah ingkang kabegal ing margi punika.

Sarêng lampah kula kirang tigang pal saking

--- 225 ---

kitha nagari, kula ningali saking katêbihan, wontên griya banon agêng ing têngah margi, botên dangu lamahipun[44] kreta kula dhatêng sangajêngipun griya agêng wau, kula tingali griya punika sampun risak, payonipun sami rêbah, kacriyos ingkang wau griyanipun Residhèn Inggris, nalika tanah Jawi kacêpêng dening Inggris, ing sangajêngipun griya wau lampahipun margi menggok mangetan, têbihipun enggok-enggokan wau, naming saprapat pal, lajêng menggok mangidul malih, ing enggok-enggokan ingkang mangidul punika, têngahing margi lêrês, tugonipun banon ingkang inggilipun botên kirang saking: 150 kaki, wangunipun lancip, saking ing tugu wau awit kêncêngipun margi, sitihinggil sampun katingal, dene têbihipun kalihipun kalih pal, yèn katingal makatên anglangkungi saenipun, [saenipu...]

--- 226 ---

[...n,] amargi lurung samantên têbihipun punika, anglangkungi wiyar tuwin waradinipun, punapadene ing kiwa têngênipun kathah griya banon, mila sayêktos anglangkungi sae, ananging yèn griya kanan kering lurung wau katingalan satunggil-tunggilipun, dados katingal awon awit botên racak, wontên griya ingkang sae, tumuntên kasêlanan griya risak, pagêr banonipun sami jugrug, griyanipun rêbah sapalih utawi rêbah babarpindhah.

Botên dangu lampah kula dhatêng ing sangajêngipun bètèng Kumpêni ingkang ajêng-ajêngan kalihan loji karesidhenan ing sangajêngipun alun-alun, tumuntên kula lèrèh mondhok ing griyanipun santana kula ingkang gêgriya ing kitha Ngayogyakarta, ing ngriku kula naming sipêng satêngah wulan, nêningali amrih sagêd kula amêwahi cariyos kula punika, saha

--- 227 ---

sowan para agêng tuwin para santana kula ingkang sami wontên ing ngriku sadaya.

Enjing kula kesah nêningali ing kitha loji, griya karesidhenan agêng, nanging agênging botên nyamèni ing Surakarta, ananging griya wau kaetang inggal, awit nalika wontên lindhu taun: 1867, kaetang kathah kang rêbah utawi risak, watawis wontên 6 taun punika lamènipun kadandosan inggal sadaya, tuwin rinêngga dening prabot saking nagari Prasman, kang panumbasipun langkung saking 60.000 rupiyah, mila warnènipun kados suwarga ing donya, korining bètèng Kumpêni kalihan karesidhenan kêncêng ajêng-ajêngan naming kalêtan margi agêng kemawon, wêngkonipun karesidhenan jêmbar sarta sae, kapering ngajêng sisih kiwaning griya, won[45] gêdhongipun pondhokan tamu, ing ngajêngipun [ngajêng...]

--- 228 ---

[...ipun] gêdhong kasukanan balumbang wiyar pasagi kasarisig banon, pojok ingkang kapering têngên sawatawis têbih, wontên griya gêdhong kamar bolah bagus sarta agêng.

Bètèng Kumpêni sawatawis agêng ing Ngayogyakarta tinimbang ing Surakarta, ananging isènipun soldhadhu ing lêbêt bètèng sami ugi ing Surakarta, wingkingipun bètèng, kitha griyanipun para Walandi, sami ugi kalihan ing Surakarta, naming griyanipun para tuwan-tuwan kathah kang sae-sae ing Ngayogyakarta, awit kaetang sadaya sami griya inggal, amargi nalika lindhu agêng ing taun kang kasêbut ing nginggil, griya kang kina-kina sami rêbah sadaya, dados sasampuning lindhu wau sami kaadêgan griya inggal tuwin sae-sae.

Pacinanipun botên ngalêmpak dados satunggil, [sa...]

--- 229 ---

[tunggil,] wontên ingkang dhatêng pinggir margi kang saking Kêdhu, wontên ingkang dhatêng sawingkingipun residhenan, sarta wontên kang ing sakidulipun loji wingking bètèng Kumpêni, dene pêkênipun botên wontên ingkang agêng, kaetang sadaya naming warung-warung kemawon, pagenan ingkang kaetang sawatawis agêng pêkênipun, naming ingkang cêlak kapatihan ing salèripun bètèng Kumpêni, tiyang lumampah ing margi agêng utawi ing sanèsipun lurung, sawawratipun nagari agêng botên kathah, kenging kawastanan sêpên kemawon.

Enjingipun malih kula kaajak santana kula kang kula pondhoki, sowan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Surya Sasraningrat, inggih punika kang anggêntosi ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, sarèhning samangke taksih dhèrèng[46] yoswa:[47] 40 taun [ta...]

--- 230 ---

[...un,] dados ing mangke taksih ngangge asma kados ing nginggil, saha taksih jumênêng litnan kolonèl, benjing bilih sampun jêjuluk Pakualam, lajêng kaparingan lênggah dening kangjêng gupêrmèn, dados kolonèl, kangjêng gusti wau botên kabawah dhatêng kangjêng sultan, nanging kabawah kangjêng gupêrmèn, kagungan barisan piyambak, kadosdene ing Mangkunagaran, Surakarta, nanging barisanipun naming sakêdhik, kados ta saradhadhu dharat ingkang bêkta sanjata naming wontên 300 sêtabêlan, utawi mriyêm botên kagungan, dene prajurit usar kang kêkapalan namung 40.

Dalêm Pakualamana[48] munika[49] panggenanipun ing sawetanipun loji kitha, kalêtan lèpèn, wêngkonipun sadaya kapagêran banon mubêng kawangun kados bètèng kraton, ingkang makatên wau kajawènipun [kaja...]

--- 231 ---

[...wènipun] pagêring cêpuri wêngkon dalêmipun. Sadhatêng kula ing ngriku, kula lajêng dipun panggihi ing èmpèr kampung dalêm, utawi paringgitan, wangunipun paringgitan wau kados èmpèr griya Wêlandi, makatên ugi prabot rêrêngganipun sadaya cara Wêlandi, mandhapènipun bênggang saking paringgitan dalêm, wêngkonipun ing kiwa têngên tuwin ngajêng mandhapi sangêt rupêkipun, sanès sangêt yèn tinimbang kalihan ing Mangkunagaran, Surakarta, mandhapi tuwin dalêmipun ugi kalêbêt sêdhêng kemawon botên agêng, ananging sadaya sami katingal risig rêsik-rêsik, para abdi tuwin tiyang ingkang sami ngadhêp limrah kemawon, botên kaetang kathah, botên dangu kula lajêng nuwun pamit mantuk dhatêng pondhokan, nanging sontên kula kadikakakên wangsul malih ningali bêksan.

--- 232 ---

Sontênipun kula wangsul malih, lajêng kakarsakakên ningali bêksan lare jalêr sakawan-sakawan, jogedanipun warni-warni, kados ta jogèd panji dhadhap saha wirèng, dene wirèng kêthèk punika panganggenipun lare ingkang jogèd ngangge clana iras, jogèdipun inggih mawi mungêl kados kèthèk mawi kaanggenan kroncong, jogèdipun sadaya sami lincak-lincak, tiyang ingkang nêmbe sumêrêp sayêktos gumun awit anganèh-anèhakên amargi saking luconipun, dene bêksan sanèsipun punika, sadaya sami kakên-kakên, langkung malih lare ingkang jogèd wau sabukanipun wontên ing dhadha, mila botên angrêmênakên.

Enjingipun kula kesah angubêngi bètèng kraton, sayêktos anggumunakên saking agêngipun, malah langkung saking

--- 233 ---

sapal pasagi, sajawènipun bètèng wau wontên margènipun mubêng ingkang kenging kalampahan kreta, bètèng punika sami ugi kalihan bètèng Kumpêni, nanging kaot agêng bètèng kraton, ing pojokipun sakawan wontên legokanipun pagenan mriyêm, kajawining pojokan sakawan wau, ing têngah ingkang sisih wetan kalihan kidul ugi wontên legokanipun pagenan mriyêm kados ing pojok sakawan, dene ingkang kidul inggih makatên ugi wontên pagenanipun mriyêm, nanging kaot ingkang têngah mawi kasukanan margi malêbêt, sarta wontên griya mênaranipup[50] sadaya banon, wontên bolonganipun kenging kadamêl ningali mêdal sarta botên kenging katingalan tuwin kasanjata saking jawi, ingkang têmbing lèr, ing sakiwa têngên [tê...]

--- 234 ---

[...ngên] saha wingkingipun sitihinggil, wontên korènipun, dene kori têtiga wau anglangkungi kandêl pagêr banonipun, kori kanan kering sitihinggil tuwin ingkang têngah sisih kidul punika margining kreta ingkang malêbêt ing bètèng, ananging kuciwanipun, pagêr-pagêr banon bètèng wau sadaya, kathah kang risak utawi rêbah lajêng botên kadandosan, mila makatên, awit saking prajangjianipun ing kina kalihan kangjêng gupêrmèn, bilih bètèng banon punika wontên ingkang rêbah, botên kenging kadandosan malih, mala[51] samangke katingal awon, saking kathahing kang rêbah nalika lindhu taun 1867.

Alun-alun ingkang lèr sangajêngipun sitihinggil wiyar, nanging botên nyamèni ing Surakarta, ananging bagus ing Ngayogya, awit katingal rêsik, tuwin têtanêmanipun [têtanêmani...]

--- 235 ---

[...pun] wringin sadaya racak, sami agêngipun sarta sadaya kaparasan bundêr, ingkang nginggil papak, kang makatên wau sadaya sami ugi, wringin sêngkêran utawi ing pinggir alun-alun, sayêktos anglangkungi saking saenipun, pinggir alun-alun ingkang lèr wontên kalènipun, kang rintên dalu toyaning botên pêgat lampahipun, inggiling dhasaripun kalèn wau kaot kalih kaki kalihan alun-alun, inggil dhasaring kalèn, mila bilih badhe grêbêg, amrih ing dintên grêtêg[52] sampun kantos sangêt-sangêt lêbu blêdugipun, toya punika dipun êjogakên kadamêl ngêlêb alun-alun, mila makatên pasiring anglangkungi kandêlipun, kreta ingkang lumampah ing alun-alun anglangkungi kangelanipun, bilih kapalipun botên rosa.

Ing salêbêtipun bètèng kraton,

--- 236 ---

mèh sami ugi kalihan ing Surakarta, kaot kathah tiyangipun ingkang gêgriya ing lêbêt bètèng Surakarta, ananging ing Ngayogya kathah kêkayon agêng-agêng, kados ta urutipun pinggir margi uwitipun asêm angayomi têtiyang ingkang sami lumampah tuwin sêsadean.

Sitihinggil saha tratagipun katingal sae sadaya, sarta katawis sami karimatan, cagakipun kratag[53] sadaya pilar banon, payonipun inggih gêdhèg, nanging sae, awit ing ngriku sabên dintên Saptu tuwan residhèn, lênggah landrat mrêksa sarta ngrampungi prakawis.

Ing samôngsa santana kula wau dumugi lêrêsipun sowan malêbêt ing kraton, kula inggih kaajak, awit saking kori brajanala dumugènipun ing lêbêt sadaya nyarupèni karaton ing

--- 237 ---

Surakarta, makatên ugi ajêngipun prabayasa inggih sami kemawon, naming kaotipun sangajênging prabayasa botên wontên pringgitanipun kados ing Surakarta, gêdhong-gêdhong ing plataran ngajêng mandhapi kraton, punika botên sami sadaya kalihan ing Surakarta, nanging katawis yèn karaton Ngayogya ingkang telad sadayanipun kraton ing Surakarta, nanging kaewahan sakêdhik-sakêdhik kemawon, supados sampun kantos nyamlêng sami sadaya.

Alun-alun tuwin sitihinggil ingkang kidul panggenanipun ing salêbêting bètèng, nanging alun-alun wau alit sangêt, wangunipun wringin-wringin sêngkêran sarta ing pinggir sami ugi kalihan ing alun-alun lèr, sami kaparasan mêmêd bundêr-bundêr sitihinggilipun naming griya satunggil botên mawi tratag.

--- 238 ---

Saking alun-alun kidul kula lajêng ningali ing tamansari utawi kang kawastanan pulo kênonga, dhatêng kula ing ngriku, kula malêbêt ing griya alit, saking ngriku katingal pagêripun banon, botên ngamingakên pagêr kemawon ingkang ngangge banon, nanging dalah payonipun banon sadaya, kula lajêng mlêbêt sawingkinging griya wau, ing ngriku katawis yèn ingkang wau wontên tilasipun patamanan kang samangke sampun risak, sapunika tilasipun taksih wontên, kados ta jêmbangan sela agêng-agêng ingkang katanêman sasêkaran, katata saurutipun margi, tumuntên kula dumugi ing griya malih ingkang anyarupèni kados kang kasêbut ing ngajêng, wingkingipun punika wontên mênara alit, sarêng kula minggah, dhatêng kula ing nginggil lamansari[54] katingalan sadaya, kula mêdhun ningali griya sisihipun mawi kamar-kamar, [kamar...]

--- 239 ---

[...kamar,] sawingkinging punika wontên umbulipun, inggih punika sêndhang pasiraman, lêbêting sêndhang wau sakawan kaki, dados sêdhêngan kaangge siram.

Kula anglajêngakên lampah kula nêningali pranatanipun patamanan wau, sadaya kapagêran tuwin kasrisig banon, tumuntên kula dhatêng ing griya malih kang anyamèni kados ingkang kasêbut ing ngajêng, griya wau panggenanipun wontên ing pinggiring sagantênan ingkang kabatur tuwin kapagêran banon, agêngipun kirang langkung tigang atus kaki pasagi ing têngah kasukanan griya agêng mawi lotèng, dene margènipun kang dhatêng griya têngah wau, mêdal sangandhaping toya sagantênan, margi punika wangunipun kados dening lèng, ananging ngandhap nginggil kabanon toya botên sagêd malêbêt, amrih margi wau sampun kantos pêtêng, kasukanan bolongan kêkalih kadosdene

--- 240 ---

bolongan utawi kêmposan pêga ing pabrik gêndhis, naming kêmposan punika kang katingal macongol ing sanginggiling toya, lèng margi punika wiyaripun watawis wolung kaka,[55] inggilipun sami ugi kalihan wiyaripun wau, griya kang panggenanipun wontên ing pinggir sagantênan ingkang kula criyosakên ing ngajêng, punika margènipun malêbêt ing êlèng wau, kula lajêng malêbêt lumampah ing salêbêting êlèng, sarêng lampah kula sampun cêlag[56] griya agêng têngah balumbang, ing ngriku wontên kadosa sumur agêng bundêr, kanaman sumur gumuling, mila kawastanan makatên, awit wangunipun sawatawis miri,[57] ing lêbêtipun sumur botên isi toya, nanging kathah êlèng-êlèng margi panggenan singidan, saupami wontên tiyang ingkang singidan malêbêt ing ngriku, yèn kaupadosan sayêktos botên sagêd pinanggih utawi [u...]

--- 241 ---

[...tawi] nglangkungi angèlipun anggèning amanggihakên, sampunipun kula lajêng minggah utawi malêbêt ing griya kang umemba pulo utawi kang wontên ing têngahing toya, griya wau panjangipun wontên sangang dasa kaki, ing pungkasaning griya wau kalih pisan wontên kamaripun kalih sisih, dene ingkang têngah botên mawi kamar, wondene pranatanipun ing lotèngipun, sami ugi kados griya kang ngandhap, kamar lotèng ingkang satunggil, wontên pasareanipun kajêng mawi dipun êcèk[58] wungu sêkaranipun kapraos, griya agêng wau wontên plataranipun sawatawis ugi kasrisig banon, pinggiripun kasukanan jêmbangan tilas tanêman sêsêkaran, sarta katanêman woh-wohan ingkang kantos samangke taksih wontên wujudipun, kados ta: manggis kêpêl tuwin dhuku.

--- 242 ---

Sayêktos anggêgumunakên kalangênan ingkang makatên wau, ananging kuciwanipun samangke sampun risak sadaya, awit sampun botên kagêm dening kangjêng sultan, tuwin botên dipun rimati pindhah-pindhah, langkung malih nalika wontên lindhu agêng punika, wêwah risakipun, banoning wêwah kang rêbah.

Kacriyos nalika panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hangkubuwana[59] kaping kalih, ing pasisir kidul utawi cêlakipun Mancingan wontên tiyang ngriku ingkang manggih tiyang, ananging botên wontên tiyang ingkang sumêrêp utawi mangêrtos wicantênanipun, sawênèh wontên ingkang mastani jim, wontên ingkang amastani tiyang alalasan,[60] sarèhning sangêt anèhipun, dados dangu-dangu konjuk dhatêng ing sampeyan dalêm kangjêng sultan, tiyang wau lajêng kapundhut kapriksanan, sayêktos [sayêkto...]

--- 243 ---

[...s] prasasat angebahakên têtiyang sanagari, awit saking kathahipun têtiyang ingkang ningali, sampunipun konjuk ing sampeyan dalêm kangjêng sultan, lajêng kadhawahan ngrimati, lami-lami sagêd wicantênan wawi,[61] saha munjuk yèn piyambakipun punika tiyang saking nagari Portêgis, nalika wontên ing nagarènipun nyêpêng pandamêlan dados upsir ingkang dêdamêlan griya tuwin bètèng-bètèng (insinyur), botên antawis lami lajêng kakarsakakên aningalakên kasagêdanipun, andamêl bètèng kraton Ngayogya ingkang sampun kula pratelakakên kasêbut ing nginggil, sarêng pandamêlanipun sampun kadadosan sae saha andadosakên dhanganing panggalihipun ingkang sinuhun kangjêng sultan, tumuntên kaparingan lênggah nama Dêmang Portêgis, utawi wancahanipun kaundang Dêmang Têgis, tumuntên [tumuntê...]

--- 244 ---

[...n] kadikakakên damêl tamansari ingkang kula criyosakên ing nginggil wau.

Ing samôngsa enjing kula numpak kreta dhatêng Pêkên Agêng, têbihipun tigang pal saking kitha, kaprênah kidul wetan, antawis sapal têbihipun saking bètèng kraton, ing têngahipun margi wontên tugu banon malih kados tugu kang wontên ing margi kang dhatêng Kêdhu, ananging inggilipun watawis naming wontên: 70 kaki, sarêng lampah kula sampun cêlak kalihan Pêkên Agêng, wontên lèpènipun, sarèhning môngsa katiga dhatêng kula ing ngriku, dados toyanipun naming sakêdhik, lêbêtipun namung tigang kaki, lèpèn wau botên wontên krêtêgipun, dados lampahipun kreta kasabrangakên kemawon, sarêng sampun nyatri: botên antawis têbih lajêng dumugi ing Pêkên Agêng, mila kawastanan makatên, awit sa-Ngayogya

--- 245 ---

botên wontên pêkên ingkang agêngipun samantên, panggenan pêkên wau kadosdene alun-alun, ananging botên patos wiyar, pinggiripun margi ingkang dhatêng pêkên sarta pinggir pêkên sadaya griya banon, payon kênthèng, ingkang sami gadhah griya wau sadaya tiyang alit kemawon, utawi khaji tuwin santri-santri, têtiyang ingkang sami gadhah griya makatên, sadaya sami sugih-sugih, artanipun kantos kêthèn, anaming kasugihan arta samantên wau ingkang kathah sami kapêndhêm, dene ingkang kalampahakên sakêdhik-sakêdhik kasambutakên dhatêng sami tiyang Jawi Cina tuwin tuwan-tuwan Wêlandi, sarêmanipun kawan dasa rupiyah ingkang satus ing dalêm sataun, malah-malah saking têbihipun kantos wontên ingkang tikêl, kados ta nyambut satus rupiyah, ing dalêm sataun mantuk kalih atus.

--- 246 ---

Pêkên punika yèn pinuju pêkênan sayêktos agêng, ananging botên anggumunakên, awit ing sanèsing nagari taksih kathah pêkên ingkang nglangkungi punika agêngipun.

Ing sawetanipun pêkên punika wontên masjidipun kina sawatawis agêng, kori gapuranipun wangun Majapait, utawi ing pasarean Kudus, kasêbut ing lampah kaping kalih ing nginggil, masjid wau yasanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, ing sisih kidulipun masjid wontên kori gapura malih ingkang dhatêng pasareanipun Kangjêng Panêmbahan, sarèhning ratu tanah Jawi, dados kula amrêlokakên atur bêkti saha badhe sumêrêp, dados kula lajêng pinanggih dhatêng ingkang jagi pasarean utawi juru kuncènipun ingkang kalêrêw[62] wontên ing masjid, sintên-sintên ingkang dados juru kunci ing ngriku, kanamakakên [kanamaka...]

--- 247 ---

[...kên] Amad Dalêm Sapingi, dene panganggenipun cara khaji: sanadyan dèrènga minggah khaji, ugi mangangge makatên, sarêng kula pinanggih, kula lajêng pratela yèn sêdya kula badhe atur bêkti dhatêng ingkang sumare ing ngriku, sarèhne kula tiyang amônca, dados kêdah amrêlokakên sangêt jiyarah ing ngriku, wangsulaning piyambakipun botên purun bêkta dhatêng kula malêbêt ing pasarean yèn dèrèng wontên dhawahipun kangjêng radèn adipati pêpatih dalêm, sangêt-sangêt panêdha kula, nanging mêksa botên suka, lajêng santana kula angèngêtakên dhatêng kula, supados kula nyobaa anyukani arta, purun punapa botên anampèni sarta bêkta malêbêt dhatêng kula ing pasarean, kula lajêng andhèrèk rêmbagipun santana kula wau, sarêng kula sukani arta, inggih lajêng suka kula malêbêt ningali [ni...]

--- 248 ---

[...ngali] ing pasarean, tumuntên kula kaajak malêbêt gapura ing sakidulipun masjid, ing ngriku wontên plataranipun sarta anglangkungi sangêt ayomipun, awit kayoman dening kêkayon nagasari kathah ingkang sampun agêng-agêng, sisih kilèn wontên bangsalipun alit, panggenan lênggahaning têtiyang kang badhe sowan malêbêt, wingkingipun bangsal wontên gapuranipun malih, inggih punika ingkang malêbêt dhatêng pasarean, sarêng kula malêbêt, kula ningali ing plataran kêbak kuburipun para santana dalêm kangjêng sultan, dene kaprênah pojok lèr kilèn wontên griya sawatawis agêng, payon sirap pagêr papan, ingkang ngajêng têngah naming pagêr ruji kemawon, lèripun malih kanthèt kemawon kalihan griya agêng wau, wontên griya alit, inggih punika pasareanipun para agêng-agêng ing Matawis, kula [ku...]

--- 249 ---

[...la] lajêng kaajak dhatêng Amad Dalêm Sapingi malêbêt ing griya pasarean, dhatêng kula ing lêbêt ningali pasarean kathah, kula kaajak mangalèr, ingkang sisih lèr griya alit kang kapratelakakên ing nginggil wau dados satunggil kemawon kalihan griya agêng punika, srisigipun griya alit wau kalih kaki langkung inggil kalihan griya agêng, ing ngriku wontên pasarean têtiga, ingkang satunggil pasareanipun Kangjêng Nyai Agêng Nis, ibonipun Kangjêng Kyai Agêng Matawis, dados eyangipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, ingkang satunggil pasareanipun Kangjêng Pangeran Jayaprana, ananging criyosipun juru kunci ingkang lêrês pasareanipun Kêngjêng[63] Susuhunan Lèpèn, satunggilipun malah[64] pasareanipun Kangjêng Sultan Pajang, ing ngajêng kasarèkakên ing Pajang, wasana kaêlih dhatêng ngriku, kang wontên [wontê...]

--- 250 ---

[...n] ing salêbêtipun griya agêng, ing daganipun pasarean têtiga wau, Kangjêng Kyai Agêng Matawis, ngandhapipun malih Kangjêng Panêmbahan Senapati, ingkang sisih kilèn Kangjêng Susuhunan Seda Krapyak, sisih wetan Kangjêng Kyai Juru Amartini,[65] ngandhapipun punika, kapering wetan Kangjêng Sultan Banguntapa Selong, aliya saking punika kathah pasareanipun para kangjêng pangeran, mila botên kula pratelakakên sadaya, awit kirang prêlonipun, amargi naming para pangeran putra santana ingkang sinare kasêbut ing nginggil wau kemawon.

Sampunipun kula atur bêkti ing pasarean, kula lajêng mêdal malih, ing sakilènipun bangsal ngajêngipun gapura astana wau, wontên kori ingkang mangidul, ing ngriku wontên sêndhang alit, pasiramanipun para putri nalika panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan, [Panê...]

--- 251 ---

[...mbahan,] sakidulipun punika wontên sêndhang malih, nama Sêndhang Sarira, pasiramanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati piyambak, ing ngriku wontên bulusipun pêthak, nalika kula ningali ingkang ngatingal bulus wau, kang katingal naming kalih sarta agêng-agêng, sami katêdhanan sêkul dening têtiyang ingkang sami kaul, utawi nyadran agadhahi[66] punagi ing ngriku.

Saking ngriku kula kesah ningali patilasanipun kraton Matawis, kaprênah kidulipun masjid cêlak kemawon, pagêripun banon sadaya taksih wontên, nanging kathah ingkang risak utawi rêbah sarta kathukulan kêkajêngan agêng-agêng, sarêng kula dhatêng ing patilasanipun kaputrèn, kula ningali sela gilang mawi kapayonan sirap alit, saèmpêr kadosdene cungkub, wiyaripun sakawan kaki, panjangipun gangsal kaki, mawi wontên [wontê...]

--- 252 ---

[...n] sêratan aksara Walandi nanging têmbung Portêgis, panyêratipun sêratan wau kapacak bundêr, ing cêlakipun sela gilang punika wontên sela malih gangsal kathahipun sadaya sami bundêr-bundêr kados dening mimis mriyêm, agêngipun ingkang alit piyambak sami kalihan maja, ingkang agêng tikêl tiga agêngipun kalihan ingkang alit wau, sela punika sami congplong-congplong, saking criyosipun tiyang ingkang jagi, sela gilang punika lênggahanipun Kangjêng Panêmbahan, dene sela bundêr-bundêr wau, dolananipun Radèn Rôngga putranipun Kangjêng Panêmbahan Senapati, mila sami congplong-congplong, awit kacoblosan kalihan darijènipun Radèn Rôngga, inggih saking sakti sarta kuwatipun.

Alun-alun ingkang kaanggenan pêkên sarta masjid wau, inggih punika alun-alun [alun-a...]

--- 253 ---

[...lun] saha masjidipun karaton Matawis, botên dangu kula lajêng wangsul dhatêng Ngayogya malih.

Antuk kula wau mêdal ing margi pinggir bètèng Pakualaman, ingkang sisih wetan kêncêngipun mandhapi wontên korènipun ingkang mêdal dhatêng margi agêng, ing sangajêngipun kori wau, wontên palataranipun alit dipun srisig banon sarta sawatawis inggil, panggenanipun lênggahan kangjêng gusti pangeran adipati bilih sontên, sangandhapipun jogan plataran wontên sêratanipun aksara Walandi têmbung Mlajêng, kados ingkang kapratelakakên punika: Slamet jalan pada yang atie sucie.

Ing samôngsa enjing kula kalêrêsan dhatêng kantor residhenan, ing ngriku kula mirêng yèn pos ingkang saking Surakarta bêkta sêratipun Kangjêng Tuwan Residhèn Surakarta dhatêng Kangjêng Tuwan Residhèn Ngayogya, mawi

--- 254 ---

ngintunakên têdhakan sêratipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, dhumatêng ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, saha suka wuninga yèn sêrat wau kirang kalih dintên, badhe kalampahakên kabêkta utusan saking Surakarta numpak kreta latu, tuwin bêkta rencang tiyang gangsal wêlas, antawis kalih dintên lamènipun utusan ingkang bêkta sêrat sampun dhatêng ing Ngayogya, lajêng jujug dhatêng kantor karesidhenan, kangjêng tuwan residhèn lajêng amasrahakên utusan wau dhatêng kangjêng radèn adipati, sarta kadhawahan konjukipun malêbêt ing kraton ngantos dhawah malih, enjingipun kangjêng tuwan residhèn, utusan dhatêng tuwan asistèn residhèn, ngunjuki wuninga ing Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, prakawis dhatêngipun sêrat saha utusan ingkang saking Surakarta wau, kalayan [kala...]

--- 255 ---

[...yan] nuwun katrangan benjing punapa ingkang sinuhun karsa nampèni sêrat punika, ingkang sinuhun nuntên anamtokakên ing dintên satunggil anggènipun badhe karsa nampèni sêrat wau, lêbêtipun tuwan asistèn residhèn, dhatêng kraton mangangge pangangge agêng, sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, tuwan asistèn residhèn, sowan dhatêng kraton malih saha mangangge pangangge agêng, sarêng kalihan tuwan juru basa, dene utusan saking Surakarta ingkang bêkta sêrat sakancanipun sadaya kairid dening kangjêng radèn adipati, sêratipun kaulêsan sutra jêne kadèkèk wontên ing tadhahan sêlaka kasasaban sutra jêne bludiran, tadhahan kabêkta dening pangajêngipun utusan, kasongsongan, songsong jêne, sarêng pambêktanipun sêrat dumugi sangajênging bètèng Kumpêni, [Ku...]

--- 256 ---

[...mpêni,] lajêng kaurmatan saking bètèng sarana ngungêlakên mriyêm kaping sawêlas, dhatêngipun sêrat ing bangsal srimanganti, kalèrèhakên ngantosi timbalan dalêm, botên antawis dangu, sampeyan dalêm ingkang sinuhun utusan gandhèk nimbali kangjêng radèn adipati saha dikakakên ngirid utusan saking Surakarta ingkang bêkta sêrat, sadhatêngipun ing lêbêt kangjêng sultan lênggah ing mandhapi ngagêm kulul, jajar kalihan tuwan asistèn residhèn, dene tuwan juru basa lênggah ing ngiringan, tumuntên utusan majêng, lajêng utusan wau nyaosakên salamipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sapiturutipun akathah-kathah kantos saprapat jam dangonipun, sarêng sampun têlas unjukipun utusan kakarsakakên majêng, sêratipun lajêng kapundhut, katampèn dening kangjêng radèn adipati, tumuntên [tumuntê...]

--- 257 ---

[...n] kasaosakên ingkang sinuhun, sasampuning sêrat kaasta, lajêng kaparingakên radèn adipati malih, saha dhawah dikakakên bikak ungusipun[67] jêne, lajêng kabikak kalihan wêdhung alit, tumuntên kasaosakên malih, sêrat kabikak dening ingkang sinuhun piyambak, sampuning kabikak, kaparingakên kangjêng radèn adipati malih saha dhawah dikakakên ngungêlakên carik ingkang lênggah cêlak kangjêng radèn adipati, sarêng sampun kaungêlakên, botên antawis dangu utusan Surakarta wau kakarsakakên lèrèh ing pondhok, sarêng kangjêng radèn adipati, mandhapipun utusan tuwan asistèn residhèn, ugi lajêng wangsul ing karesidhenan, lapur ing kangjêng tuwan residhèn, kawontênanipun sadaya.

Antawis sadasa dintên kangjêng sultan paring wuninga dhatêng kangjêng tuwan residhèn, yèn [yè...]

--- 258 ---

[...n] badhe ngaturi wangsulan sêrat ingkang saking Surakarta, saha sadhèrèngipun sêrat wangsulan katampèkakên dhatêng utusan wau, kaparingakên kangjêng tuwan residhèn, ing ngriku lajêng katêdhak kadamêl cara Walandi, tumuntên têdhakanipun kalampahakên kalayan pos dhatêng Surakarta, sasampuning wangsulan katêdhak ing kantor, lajêng kaparingakên dhatêng kangjêng radèn adipati, kautus nampèkakên dhatêng utusan saking Surakarta, sarêng wangsulan sampun katampèn, lajêng utusan wau mantuk wangsul ing Surakarta malih.

Nagari Ngayogyakarta punika sayêktos nagari bagus. Awit siti pasir sadaya, tuwin toya botên kêkirangan, ananging samangke dêdalêmanipun para agêng Jawi katingal sampun risak, awit ing samargi-margi wontên patilasaning dalêmipun pangeran ingkang pagêripun banon [ba...]

--- 259 ---

[...non] sampun rêbah sapalih, dalêmipun sampun sami bibrah, mila sangêt ngênêsipun manah kula ningali makatên wau, dalêmipun para kangjêng pangeran samangke kathah ingkang sami awon-awon utawi risak, katawis yèn para agêng sawatawis kathah kêkiranganipun, naming ing Pakualaman ingkang katingal sae sarta rêsik.

Têtanêman ing sabin sadaya sami kêra-kêra, tanêman pantun makatên ugi, mila rêgènipun uwos kala kula wontên ing ngriku kantos 13 rupiyah ingkang sarêmbat, mila makatên awit bumènipun botên nate lèrèh katanêman tom, amargi kaetang sadaya sami kasewakakên dhatêng para tuwan-tuwan Walandi, padhusunan ugi sami risak, tiyang alit katingal sangêt kêkiranganipun, margi agêng alit sami risak, saèstu angrisakakên kreta ingkang sami lumampah.

--- 260 ---

Risakipun kitha Ngayogyakarta punika awit kala pêrang Dipanagaran, kantos samangke dèrèng dipun dandosi, kathah para kangjêng pangeran ingkang kala samantên sami nilar dalêmipun, lajêng sami dados risakipun kantos sapriki, sanadyan nagari Surakarta sitènipun kirang sae yèn katimbang kalihan ing Ngayogya, wondening raharjanipun kasoran kalihan bumi pasisir gupêrmenan, nanging yèn tinimbang kalihan Ngayogya, sayêktos arja nagari Surakarta, margi agêng sanès kaotipun, saèstu bagus ing Surakarta, dene yèn tinimbang kalihan siti gupêrmèn, sayêktos sanès têtimbanganipun, upamènipun aningali rintên kalihan dalu.

Saking awising têdha: dados kathah tiyang lampah awon, ing margi agêng botên wontên tiyang purun lumampah ing wêktu dalu [da...]

--- 261 ---

[...lu] yèn botên bêkta rencang tiga utawi sakawan, makatên punika sadaya kêdah bêkta dêdamêl, awit saking kathahipun begalan ing margi, kacu[68] utawi kampak punika mèh sabên satêngah wulan mirêng wontên tiyang ingkang griyanipun kakècu, klêmpakanipun kècu wau kantos wontên tiyang kawan dasa, ing salêbêtipun bètèng kraton, ing panggenan ingkang sawatawis pêtêng, ugi wontên begal, tiyang ngriku mastani culêngan, dene margi ingkang angubêngi bètèng kraton, bilih sampun jam nêm sontên, sanadyan tiyang numpak bèndhi botên purun lumampah ing ngriku, awit sampun nate kalampahan wontên tiyang numpak bèndhi jam 8 sontên kabegal ing margi punika, dene pandung sabên dintên kemawon wontên, botên ngamingakên mandungi griyanipun tiyang Jawi utawi Cina, nanging kantos purun mandung ing kitha

--- 262 ---

griyanipun para tuwan-tuwan, kacrilos[69] dèrèng lami ing pacinan kang cêlak ing loji, saprapat pal têbihipun saking griyaning tuwan asistèn residhèn ugi pun kècu, ewasamantên polisi kadintos lami botên sagêd nyêpêng têtiyang ingkang ngècu wau, sarêng sampun kalamèn dèrèng wontên katranganipun, kangjêng tuwan residhèn, lajêng atur pirêmbag kalihan Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, bilih andadosakên saking dhanganing panggalihipun supados kalilana kangjêng tuwan residhèn, dhawahi dhatêng kangjêng radèn adipati, yèn ing salêbêtipun sawulan kangjêng radèn adipati dèrèng manggihakên katrangan tiyang ingkang sampun ngècu, badhe kalerehan dening Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, saking pandamêlanipun dados pêpatih dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, inggih andhahar pirêmbag ingkang makatên wau,

--- 263 ---

saha nglilani dhawahakên makatên dhatêng kangjêng radèn adipati, kangjêng tuwan residhèn, lajêng dhawahakên dhatêng kangjêng radèn adipati kados ingkang kasêbut ing ringgil,[70] sarêng sampun kadhawahan aturipun kangjêng radèn adipati yèn karsa dalèm kangjêng sultan makatên, sayêktos badhe inggal amanggih katrangan, wasana botên kantos antawis sadasa dintên sadaya tiyang ingkang sami ngècu sabarang butamalipun sampun sami kacêpêng sadaya.

Sampuning kula nêningali ingkang kasêbut ing nginggil, kula lajêng mantuk malih numpak kreta latu saking ngriku mêdal ing Surakarta dumugi ing Kêdhungjati lajêng dhatêng ing sêtatsiun Tuntang, dhatêng kula ing Tuntang kula lajêng numpak kreta sewan, mantuk dhatêng Salatiga malih.

Catatan kaki:

1. sanès (kembali)
2. wau (kembali)
3. panggenan (dan di têmpat lain) (kembali)
4. nagari (kembali)
5. wringinipun (kembali)
6. kang (kembali)
7. sitihinggil (kembali)
8. langkung (kembali)
9. abdi (kembali)
10. sinjangan (kembali)
11. sasagêd-sagêd (kembali)
12. surya (kembali)
13. amblêrêngi (kembali)
14. anama (kembali)
15. abyoring (kembali)
16. Sengkalan: karya tan ngèsthi warna ( 13 Sawal 1804 A.J.). (kembali)
17. sadhacine (kembali)
18. dhauping (kembali)
19. Lebih satu suku kata: pinardawa rarêngganing nginggil (kembali)
20. Guru lagu seharusnya: 7a, kang anèng tanah Jawa (kembali)
21. Kurang satu suku kata: sami bêkta tabuhan (kembali)
22. pinrih (kembali)
23. yakti (kembali)
24. kang (kembali)
25. tandya (kembali)
26. kapêthukakên (kembali)
27. radèn (kembali)
28. manthuk (kembali)
29. wondèntên (kembali)
30. amriksani (kembali)
31. anggèning (kembali)
32. anggarap (kembali)
33. Tasikmadu (kembali)
34. malih (kembali)
35. anggalih (kembali)
36. kagadhang-gadhang (kembali)
37. anggèn (kembali)
38. Halaman 71-221 tidak ada. (kembali)
39. bibrah (kembali)
40. mawi (kembali)
41. kalihan (kembali)
42. kapratelakakên (kembali)
43. Ngayogya (kembali)
44. lampahipun (kembali)
45. wontên (kembali)
46. dèrèng (dan di tempat lain) (kembali)
47. yuswa (kembali)
48. Pakualaman (kembali)
49. punika (kembali)
50. mênaranipun (kembali)
51. mila (kembali)
52. grêbêg (kembali)
53. tratag (kembali)
54. tamansari (kembali)
55. kaki (kembali)
56. cêlak (kembali)
57. miring (kembali)
58. êcèt (kembali)
59. Hamêngkubuwana (kembali)
60. alasan (kembali)
61. Jawi (kembali)
62. kalêrês (kembali)
63. Kangjêng (kembali)
64. malih (kembali)
65. Amartani (kembali)
66. anggadhahi (kembali)
67. ulêsipun (kembali)
68. kècu (kembali)
69. kacriyos (kembali)
70. nginggil (kembali)