Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 001-077)

1. Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 001-077). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan
2. Kêkesahan Dhatêng Riyo, Sasrasugônda, 1921, #1833 (Hlm. 078-158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan

Serie No. 513 ... Regi f 1.50

Kêkesahan Dhatêng Riyo

Anggitanipun Radèn Sasrasugônda.

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN: BALE-POESTAKA

--- [0] ---

Serie No. 513 ... Regi f 1.50

KEKÉSAHAN DHATENG RIJO.

ANGGITANIPUN R. SASRASOEGANDA.

Rinêngga ing gambar 19 iji.

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1921.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

SERIE No. 513.

Kêkesahan Dhatêng Riyo.

Anggitanipun Radèn Sasrasugônda.

Rinêngga ing gambar 19 iji.

__________

Wêdalan: Bale Pustaka Wèltêvredhên 1921.

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

Bêbuka.

Wiyosipun, pandamêl kula sêrat punika kabêkta saking kapengin kula awêwartos dhatêng para kônca tuwin sadhèrèk, ingkang sami kapengin mirêng lampah-lampah kula, anggèn kula kêkesahan dhatêng ing tanah Riyo. Sarèhne kula botên kadugi ngaturi katrangan ijèn-ijèn, dados punika kula damêlakên sêrat ingkang mratelakakên sadaya lêlampahan kula, wiwit saking wiwit-wiwitan pisan, ngantos dumugi wangsul kula. Ing sasagêd-sagêd kula cariyosakên sadaya, malah wontên ingkang rèmèh-rèmèh, ingkang pancènipun prayogi kabucal, katut kula cariyosakên, pangangkah kula sampun ngantos para têpangan ingkang mitulungi dhatêng kula, botên kocap. Ewasamantên, manawi mêksa wontên ingkang kalangkungan, kula nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang sampun adamêl kasaenan dhatêng kula, sarta kula matur nuwun sangêt. Kula wontên ing tanah Riyo prasasat badan sapata, nampi pitulung saking sadhèrèk pintên-pintên, botên kenging kawical kathahipun, prasasat bayi nalika sawêg lair, yèn botên dipun upakara dhatêng ingkang sampun dhatêng angrumiyini, tamtu kula

--- 2 ---

inggih tanpa daya. Ing ngriku kula sumêrêp manawi tiyang punika sagêdipun tumindak gêsangipun, sarana kapitulungan tiyang pintên-pintên. Kraos sayêktos dhatêng kalangipan kula.

--- [0] ---

[Grafik]

R. Sasrasoeganda sarimbit nalika badhe bidhal.

--- [3] ---

Bab I. Jalaranipun Anggèn Kula Nyuwun Pamit.

Sarêng anggèn kula ngabdi dhatêng kangjêng gupêrmèn, mèh andungkap tigang dasa taun, watawis kirang kalih utawi tigang taun, manah kula sabên-sabên karaos gonjing, botên mathok ingkang kula tuju. Têrkadhang kêpengin badhe lajêng nyuwun pènsiun, têrkadhang kapengin badhe nglajêngakên ngabdi, ngantos sakuwawinipun badan. Satunggil-tunggiling pikajêngan kula ing nginggil wau kula lalar-lalar lajêngipun, makatên: manawi sampun pènsiun, gèk lajêng punapa pandamêlan kula, punapa tani, punapa malêbêt dhatêng pandamêlan partikêlir ing pangêcapan, punapa ing toko-toko, punapa lajêng andhêlik dhatêng parêdèn, nêdha prêpêkaning kajêng aking.

Dene manawi nglajêngakên ngabdi, kadospundi sakecanipun, murih pangabdi kula wau sampun ngantos nyuda bantêripun, awit pirantosing angên-angên sampun kangge samantên laminipun, yèn mênggaha gaman, rak inggih gêrang utawi pêpêr, dene yèn kaupamèkakên bôngsa sêkrup utawi èngsèl, [èng...]

--- 4 ---

[...sèl,] inggih lècèk. Sanajan ing sabên taun kula angsal libur gangsal minggu utawi nêm minggu, ewadene sarêng sampun lami punika raosipun botên anyêkapi kèndêl samantên dangunipun. Manah kula tansah kula ular-ulir, kadospundi joging pamanggih. Kula reka-reka (dwilingga salin swara) murih angên-angên kula sagêda panggah ênèm. Yèn wulan siyam utawi libur saminggu, kula angge kêkesahan dhatêng nagari ingkang rame-rame, kados ta dhatêng Surabaya, Bêtawi, Sêmarang. Namung ing ngriku manah botên sagêd têntrêm, malah gronjalan. Lajêng kula cobi dhatêng parêdèn. Wontên ing ngriku manah sagêd têntrêm, namung wragading lampah sarta wragading pamanggèn, adamêl gronjaling kanthong, tur pangaso kula dèrèng sapintêna dangunipun. Wasana kênthêling pamanggih, sarêng kirang sawulan saking wêwangênan, kula lajêng ngaturakên sêrat nyuwun pamit satêngah taun, ingkang suwau wiwitanipun badhe kula dhawahakên sadèrèngipun siyam, nanging kula manah-manah kok nilar kokoh, lajêng kula ewahi, kula dhawahakên ing salêbêting wulan siyam. Dene ungêling sêrat panuwunan kula wau makatên:

--- [5] ---

BIJLAGEN: TWEE.

Aan

Den Directeur van Onderwijs en Eeredienst

te

BATAVIA.

Geeft met verschuldigden eerbied te kennen, Koewatin alias Raden Sasrasoeganda, Onderwijzer in de Maleische taal aan de Kweekschool voor Inlandsche Onderwijzers te Djokjakarta,

dat hij, blijkens bijgaand afschrift van het Besluit van zijn eerste aanstelling tot Gouvernements ambtenaar en staat van dienst, met 1 Januari 1918 den lande dertig jaar onafgebroken heeft gediend;

dat hij, een goede gezondheid genietende, nog dagelijks zijn arbeid naar behooren kan verrichten;

dat toch de invloed van zoo'n langdurigen, slechts éénmaal wegens ziekte onderbroken dienst zich laat gelden,

dat hij de andere levensomstandigheden erkennende, toch meent er op te mogen wijzen, dat de Europeesche ambtenaren reeds na tien jaar onafgebroken dienst recht hebben op langdurig verlof;

dat een langduriger verlof dan de gewone vacanties bieden, zeer ten goede zou komen aan zijne werkkracht;

dat ook met het oog op het door hem te geven onderwijs in de Maleische taal, een rusttijd door te brengen in streken waar Maleisch gesproken wordt, door hem zeer vruchtbaar wordt geacht.

Redenen waarom requestrant zich tot U Hoog Edelgestrenge wendt met het eerbiedig verzoek het daarheen te willen leiden, dat hem een binnenlandsch verlof van zes maanden worde toegekend in te gaan op 1 Juli 1918 zulks onder genot van vol traktement en de daaraan verbonden wettige voordeelen en met toekenning van vrij vervoer heen en terug voor hem en zijn wettig gezin naar een nader te bepalen plaats en herplaatsing in den tegenwoordigen werkkring na genoten verlof.

Hetwelkdoende enz.

SASRASOEGANDA.

--- 6 ---

Prakawis panyuwun kula pamit wau sarêng sampun kula lampahakên, para kônca tuwin têtêpangan ingkang sami mirêng, kathah ingkang mokalakên, yèn angsala, jalaran langkah saking garis watês. Namung Mas Ngabèi Dwijasewaya, ingkang ngintên bilih wontên uthutipun yèn angsal. Dene manah kula sampun botên kenging kula tari-tari, namung pasrah dhatêng ingkang kuwasa. Manawi kangjêng guprêmèn botên marêngakên, badan kula punapa ing sawontênipun, gêrang-gêrang utawi lècèk-lècèk, inggih kula ladosakên. Nanging yèn pamanah kula, gêrangipun badhe kula pupukakên, lècèkipun badhe kula sêrêtakên malih.

Wasana sarêng sampun antawis kawan wulan, kula dipun dhawuhi lurah kula: paduka tuwan dhirèktur kwiksêkul, paring priksa, yèn wontên sêrat wangsulan saking Batawi, bab panyuwun kula pamit wau, sarta mundhut wangsulan enggal-enggal. Sêrat saking Batawi inggih kaparingakên dhatêng kula. Kula turun kêparêng. Kula lajêng nyuwun sumados sadintên, anamtokakên tanggal wiwiting pamit, inggih kaparêng.

Wontên ing griya: sêrat saking Batawi (turunanipun) kula waos malih, ungêlipun makatên:

--- [7] ---

No. 12649

BATAVIA, den 10den Mei 1918.

Spoed.

Uw schrijven van 3 Januari j.l. No. 2 en bijlagen nopens het verzoek van den onderwijzer in de Maleische taal aan de onder Uw toezicht staande Kweekschool voor Inlandsche onderwijzers Koewatin alias Radèn Sasrasoeganda, strekkende ter erlanging van een binnenlandsch verlof voor den tijd van zes maanden onder genot van volle bezoldiging en de verder aan zijn betrekking verbonden wettige voordeelen met toekenning van vrij vervoer voor hem en zijn wettig gezin naar een nader te bepalen plaats in Nederlandsch Indie en herplaatsing in den tegenwoordigen werkkring na afloop van het genoten verlof, deed ik bij mijn brief van 2 April d.a.v. No. 8749 aan de Regeering toekomen.

Blijkens van den 1en Gouvernements Secretaris ontvangen bericht is de Landvoogd van oordeel, dat waar hier een bijzonder geval en een ambtenaar van buitengewone verdiensten betreft - er alle aanleiding bestaat om het verzoek geheel in te willigen. De inwilliging zou dan echter behooren te geschieden in den vorm, dat aan Koewatin v.d., in het belang van het door hem gegeven onderwijs in de Maleische taal wordt opgedragen, gedurende zes maanden verblijf te houden in een plaats waar die taal inheemsch is, of wel, dat het gevreegde wordt toegestaan "als belooning voor buitengewone verdiensten", in welk geval dit in te nemen beschikking uitdrukkelijk zal zijn te vermelden, ter voorkoming, dat vele anderen daarop een beroep zoeden kunnen doen.

Beleefd verzoek ik Raden Sasrasoeganda met het bovenstaande in kennis te willen stellen en hem af te vragen of hij blijft vasthouden aan den door hem in zijn verzoekschrift genoemden datum van 1 Juli a.s. waarop de te zijnen opzichte te nemen maatregel zal moeten ingaan, en naar welke plaats binnen Nederlandsch-Indie hij zich zou wenschen te begeven.

--- [8] ---

Ten einde tijdig ter zake een voorstel aan de Regeering te kunnen indienen zou ik gaarne spoedig met het antawoord van belanghebbende in kennis te worden gesteld en daarbij Uwe zienswijze te vernemen nopens den aan den te nemen maatregel te geven vorm.

De Directeur van Onderwijs en Eeridienst

De Secretaris

(w.g.) v. d. MEULEN.

Voor eensluidend afschrift

De Secretaris der Europeesche Schoolcommissie

(w. g.) BOUSQUET.

Aan

de Europeesche Schoolcommissie.

te

DJOKJAKARTA.

--- 9 ---

Kula manah-manah, tanggal ingkang kasêbut ing sêrat kula kok ngajêngakên garêbêg. Môngka kula kêpengin garêbêgan wontên ing griya kalihan anak sarta kaponakan-kaponakan ingkang sami wontên ing Ngayoja. Tanggalipun wiwiting pamit lajêng kula suwun ewuhipun, dhawah sabibaring grêbêg. Kirang sawatawis dintên saking papêsthèning panyuwun wau kula tampi buslit kaparêng pamit kula. Kula lajêng sukur ing Gusti Allah, sarta matur nuwun dhatêng kangjêng grupêmèn, rumaos badhe kadumugèn anggèn kula ngaso, tur ngiras sinau basa Mlajêng ingkang têmênanan. Sarèhne pakèwêd anggèn kula nglairakên panuwun kula dhatêng kangjêng guprêmèn, ingkang kula jujug rumiyin inggih lurah kula, paduka tuwan dirèktur kwiksêkul, Tuwan van Bèrgên, sarta paduka tuwan insêpèktur Tuwan van Epên.

Murih kônca-kônca sampun ngantos sêling sêrêp dhatêng karsanipun kangjêng guprêmèn, bêslit ingkang dhumawah ing badan kula, punika kula têdhak, makatên ungêlipun:

--- [10] ---

No. 66

Uittreksel uit het Ragister der Besluiten van den Gouverneur-Generaal van Nederlandsch-Indie.

BATAVIA, den 9den Juli 1918.

Gelezen het verzoekschrift, gedagteekend Djokjakarta 21 December 1917, van Koewatin ook genoemd Radèn Sasrasoeganda, Onderwijzer in de Maleische taal aan de Kweekschool voor Inlandsche onderwijzers aldaar:

IS GOED GEVONDEN EN VERSTAAN:

Met afwijking in zoover van het Reglement omtrent het verleenen van binnenlandsche verloven aan Europeesche en Inlandsche burgerlijke ambtenaren in Nederlandsch-Indie (Staatsblad 1912 No. 198) aan den verzoeker, als belooning voor buitengewone verdiensten met ingang van 25 Juli 1918 te verleenen een binnenlandsch verlof voor den tijd van zes manden, door te brengen op het eiland Riouw:

MET BEPALING:

1e. Dat hij gedurende dit verlof in het genot blijft van de aan zijn tegenwoordige betrekking verbonden bezoldiging en verdere wettige voordeelen;

2e. Dat hij op zijne reizen naar en van Tandjoengpinang zich mag doen vergezellen door zijn wettig gezin en, in afwijking in zoover van de bepalingen in Staatsblad 1875 No. 1, met dat wettig gezin per spoorewg en per stoomschip zal reizen in de 2e klasse.

Uittreksel dezes zal worden verleend aan den verzoeker tot inlichting. Stemt overeen met voors. Register De Gouvernements Secretaris

(w. g.) ...

Aan

KOEWATIN ook genoemd Raden SASRASOEGANDA, Onderwijzer in de Maleische taal voor Inlandsche Onderwijzers

te

DJOKJAKARTA.

--- 11 ---

Bab II. Tata-tata Badhe Mangkat.

Sadangunipun ura-ura, lurah kula katêtêpakên dados ajung insêpèktur ing Ngayoja, dipun gêntosi paduka Tuwan Blèi Dhorêp ajung insêpèktur ing Ngayoja, dados prasasat linton pangkat. Kula lajêng nyuwun pratikêl bab lampah-lampahing andamêl utawi ngisèni sêtat dheklarasi, sarta bab tumpakan baita. Bab dheklarasi kula kaparingan wulang, bab baita kadhawuhan nyuwun pitulung dhatêng kantor karêsidhenan.

Kula lajêng tumbas blangko sêtat dheklarasi dhatêng toko sigris gangsal lêmbar, salêmbaripun rêgi sakêthip. Ingkang satunggal kula ukrag-ukrêg, kula isèni ing sasagêd-sagêd kula, miturut pamaham kula, mirid wulangipun paduka tuwan dhirèktur wau. Lajêng kula bêkta dhatêng kantor, ngiras badhe ngrêmbag bab baita.

Kula sowan dhatêng tuwan sèkrêtaris, sasampunipun ngaturakên prêlu kula, tuwan sèkrêtaris dhawuh kêpanggih kalihan tuwan klèrêk ing komtabilitèt. Kula inggih lajêng kêpanggih, mratelakakên prêlu kula, suraosipun makatên: tuwan, kula punika angsal pamit nêm wulan dhatêng [dha...]

--- 12 ---

[...têng] Riyo, panyuwun kula, mugi kapitulungana bab pangrêmbaging tumpakan baita, kula nyuwun mêdal ing Bêtawi. Tuwan klèrêk inggih dhangan, sarta badhe andamêl kongsèp sêrat dhatêng tuwan residhèn ing Batawi, lajêng ambikak undhang-undhang, ing ngriku saking cariyosipun, kasêbut bilih kula kêdah mêdal Sêmarang, sabab kêdah milih plabuhan ingkang cêlak. Manah kula radi ngêndhêlong. Undhang-undhang katêdahakên dhatêng kula. Sarêng kula waos, inggih nyata makatên, nanging makatên wau manawi mêdal saking tanah Indiya. Môngka purug (badhe kesah) kula punika botên mêdal. Pramila saking pamanggih kula kenging mêdal ing plabuhan ingkang cêlak kalihan nagari ingkang kula purugi. Tuwan klèrêk ngèngêtakên makatên: Inggih lêrês pamaham sampeyan, nanging kula kuwatos, bokmanawi ing têmbe sampeyan kapurih mangsulakên wragad, lho.

Kula: Kintên kula botên, tuwan, sabab atur kula punika, botên anggèsèhi undhang-undhang. Yèn kula badhe dhatêng ing Johor utawi Malakah, lha punika kula kêdah mêdal Sêmarang, sabab sampun mêdal saking tanah Indiya Nèdêrlan. Lha sarêng Riyo rak dèrèng mêdal, ta, tuwan. Ewasamantên, manawi ing têmbe wontên dhawuh kapurih mangsulakên, [mangsula...]

--- 13 ---

[...kên,] ing sasagêd-sagêd inggih badhe ngaturi jawaban, ingkang nurut larikan.

Tuwan: Lah anggèn sampeyan mangkat saking Batawi angkah sampeyan numpak baita ingkang pundi, punapa namanipun.

Kula: Namanipun baita kula botên sumêrêp, namung kula sampun angsal sêrat pranatan saking K.P.M. mratelakakên yèn benjing tanggal 11 Agustus wontên baita ingkang dhatêng Singgapura, mampir ing Riyo. Punika ingkang kula angkah.

Tuwan: Ingkang sampeyan bêkta sintên.

Kula: Namung semah kula kalihan kaponakan kula, lare jalêr. Punika rak kalêbêt wettig gezin ta, tuwan. Tiyang kula dados walinipun.

Tuwan: Manawi semah, inggih. Namung kaponakan punika, kados botên, coba kula tingalanipun ing undhang-undhang. ... Lah, nyata, ing undhang-undhang ingkang kalêbêtakên wettig gezin namung bojo, anak, sarta anak kuwalon.

Kula: O, yèn makatên, kaponakan kula punika inggih namung kula lêbêtakên rencang kemawon, numpak ing dhèk.

--- 14 ---

Tuwan: Manawi makatên, kenging kemawon.

Sêtat dheklarasi dèrèng kula unculakên. Sadangunipun tuwan klèrêk nyêrat kongsèp, tuwan guru H.I.S dhatêng, ambêkta sêtat dheklarasi kothong blong, kasèlèhakên ngajêngipun tuwan klèrêk, kapurih nyêrati, kangge nyuwunakên tèkên dhatêng tuwan residhèn. Sarampunging nyêrat kongsèp, sêtat dheklarasi kasêratan namung kalih larik, ing pinggir têngên, lajêng kengkenan magang nyuwunakên dhatêng tuwan sèkrêtaris, sakêdhap wangsul, sampun dipun tèkên. Tuwan guru lajêng kesah.

Manah kula lajêng cumêmplong, batos kula makatên: Dadi olèhku ukrag-ukrêg mau kae tanpa gawe kabèh, lha iki kok jêbul gampang wae. Sêtat dheklarasi kula ingkang kongsepan botên saèstu kula sukakakên dhatêng tuwan klèrêk, kula pêndhêtakên ingkang kothongan. Kula nêdha pitulung kasêratana kados punika wau, lajêng kasuwuna tapak asta, namung sadèrèngipun kasuwunakên tapak asta, ing jawi kula wêwahi katrangan, bilih kula nyuwun êmpingan. Kengingipun namung 2/3-ning rancangan. Sarêng kaetang-etang, rancanganipun kapanggih f150, kula nyuwun f100. Pangrancangipun punika namung wontên ing kêrtas lêpehan kemawon. Dados ing panggenan pêprincèning [pêpri...]

--- 15 ---

[...ncèning] wragad, taksih kothong kemawon. Sêtat wau lajêng kula tilar kemawon. Êlêt sadintên kula tampi mandhat, sêtat dheklarasi kula wau dipun kanthèkakên, sampun dipun sêrati pratelan maringakên êmpingan.

Bab III. Ngupadosi Panggenan ingkang badhe Kula Jujug.

Wiwit kula nglampahakên sêrat panyuwunan pamit, kula lajêng takèn-takèn dhatêng têtêpangan, punapa wontên ingkang gadhah sanak utawi têtêpangan ing Riyo. Wontên ing Batawi kula kêpanggih priyantun, cariyos bilih sampun têpang kalihan biskal ing Riyo, cariyosipun: sae têpangipun, kintên-kintên kenging kasuwunan pitulung. Kula lajêng kintun sêrat panjang mratelakakên anggèn kula badhe dhatêng ing Riyo sarta nyuwun pitulung ngupadosakên griya sewan ingkang mirah-mirahan. Kula êntosi langkung saking watawis, botên wontên dhatêng wangsulanipun. Kalêrêsan wontên ing Ngayoja mirêng saking radèn bèi guru gambar,

--- 16 ---

bilih kagungan kaponakan wontên ing Riyo, anama Radèn Sudarsa. Punika lajêng kula kintuni sêrat, sarêng-sarêng kalihan sêratipun radèn bèi guru gambar, kula an gê tèkên (sêrat kula ingkang rumiyin inggih an gê tèkên). Sarêng sêrat sampun mlampah, kula angsal katrangan bilih Radèn Sudarsa manggèn ing pulo alit. Kula lajêng kintun sêrat malih dhatêng priyantun mantri pênjual ing Tanjungpinang, pawartosipun priyantun saking Pacitan, putranipun wadana pènsiun ing Pacitan. Malah punika kula sampun têpang.

Sarêng sampun watawis kalih wulan kula dèrèng angsal wangsulan satunggal-tunggala, kula lajêng kintun sêrat malih dhatêng priyantun guru ing Tanjungpinang, nêdha tulung pondhokan. Sarèhne môngsa sampun kantun anggamblik, wangsulanipun kula têdha: telegram.

Kula lajêng tampi wangsulan saking Radèn Sudarsa, manah kula sampun asrêp. Watawis dintên tampi wangsulan telegram saking Riyo cara Inggris, makatên, has place tèkênipun, Jenie. Manah kula sangsaya asrêp, namung bingung anggèn kula manah, Jenie punika bôngsa punapa, punapa bôngsa Malajêng, punapa bôngsa Inggris, tukang hotèl (Telegram anggènipun mlampahakên tanggal 31 Juli dhatêngipun ing griya kula tanggal 3 Agustus. Sabab mawi mampir dhatêng

--- 17 ---

Singgapura. Ing Riyo botên wontên kantor telegram, kula takèk-takèkakên dhatêng para tuwan-tuwan, inggih botên wontên ingkang sagêd mastani têrang, wontên ingkang ngintên manawi punika nama Inggris, dados manah kula judhêg.

Wiwit dintên riyadi kula pamit-pamit ngiras silaturohmi. Anuju satunggaling dintên kula sarimbit, sowan dhatêng darmawinatan. Ingkang manggihi bêndara radèn ayu, kalêrês wontên tamu saking nglêbêt bètèng[1] inggih sarimbit. Kula matur nyuwun pamit badhe tuwi dhatêng sabrang, sabab sampun lami anggèn kula botên dhatêng Riyo.

Bêndara radèn ayu maringi pangèstu wilujêng. Tamu saking nglêbêt bètèng nyambêti: Kadospundi kok dhatêng Riyo makatên, punapa asal sampeyan saking sabrang.

Kula punika guru Mlajêng, sampun mèh sèkêt taun anggèn kula botên tuwi-tuwi dhatêng Riyo. Sapunika sawêg angsal pamit satêngah taun, tuwi sanak sadhèrèk ingkang wontên ing Riyo sarèhne sampun lami makatên, kados inggih kathah ingkang pandung.

Semah kula nyambêti: Inggih mênika bongganipun tiyang sakula, tiyang Jawi laki êncik, sarêng pêrlop, lajêng kabêkta dhatêng sabrang.

--- 18 ---

Kula wicantên malih: Pramila kula mênika manawi wicantên cara Jawi botên sagêd luwês, kirang sumêrêp dhatêng têmbung-têmbung ingkang sae-sae, punapa malih yèn babagan salêbêting kraton, babar pisan botên sumêrêp, yèn wicantên radi kagok, tondak-tanduk sarwa kau. Pancènipun kula punika tani. Namung saking nakalipun para priyantun Jawi-jawi punika, kula dipun warahi pèi mênapa. Ngantos sagêd sakêdhik-sakêdhik, nanging inggih taksih nyak-nyuk.

Priyantun ing nglêbêt bètèng ngandika malih: Pangraos kula cara Jawi sampeyan kok sampun mèh kados tiyang Jawi tulèn. Malah manawi katimbang kalihan priyantun ing pasisiran, kados ta: ing Karanganyar utawi ing Purwakêrta, radi lêmês sampeyan.

Kula: Kados punika bêrkahipun, anggèn kula radi lami wontên ing Ngayoja. Anggèn kula wontên ing Ngayoja sampun wontên kiwa têngênipun kalih wêlas taun.

Priyantun nglêbêt bètèng: Lha ingkang badhe kajujug ing ngrika sintên.

Inggih têpangan enggal-enggal, wontên mantri guru, utawi mantri pênjual. Wontên ing ngrika tamtunipun kasagêdan kula cara Jawi punika inggih sampun kalêbêt botên asor, nanging sayêktosipun, yèn dipun timbang kalihan tiyang

--- 19 ---

Jawi ingkang dêlês, taksih têbih sangêt. Namaning rasukan kemawon, kula punika botên jangkêp sumêrêp kula. Utawi slendhang cindhe ingkang kaangge dhatêng para abdi dalêm manawi andhèrèk ingkang sinuhun punika, kula inggih botên sumêrêp namanipun.

Mênika namanipun samir.

yèn ing kraton Johor utawi Malakah utawi Riyo, para abdi samiripun sutra jêne, kasampirakên ing pundhak têngên, namanipun nênampan.

Hêm ... Ngriki mênika rasukan kathah wêrninipun, wontên ingkang nama: bêlah bantên, wontên pranakan, wontên bêskat, wontên sikêpan (lajêng katêrangakên sadaya).

Ingkang kula gumuni punika, bêndara radèn ayu kok inggih sagêd, botên gumujêng botên punapa, malah angrencangi ginêm kula. Dados ngantos mantuk, kula kêlajêng botên kajodheran. Kilap sapêngkêr kula, bokmanawi bêndara radèn ayu lajêng dhawuh, yèn sajatosipun, kalêbêtan êncik wiron.

Bab IV. Mangkat saking Ngayoja.

Anggèn kula pamit-pamit, ing sacêkaping môngsa, pangraos [pangra…]

--- 20 ---

[...os] kula inggih kula angge sadaya, ananging mêksa kathah ingkang botên kacakan, lajêng kula pacak ing Sri Mataram. Sarêng sampun kirang kalih dintên, ing salêbêting pamit-pamit wau, lajêng adamêl sangu ingkang rupi lêlawuhan, wontên dhèndhèng ragi, sambêl gorèng ayêm, sapanunggilanipun, pancèn badhe katêdha wontên ing margi sarta wontên ing Riyo ing salêbêtipun dèrèng jajah.

Tanggal 7 Agustus, enjing jam pitu kula mangkat dhatêng sêtatsiun. Jêbul kônca-kônca sarta tuwan-tuwan guru sarta tuwan dhirèktur tuwin tuwan dhoktêr Opringgha, punapa malih bêndara Radèn Mas Panji Gônda Atmaja sarimbit, sarta têpangan sanèsipun sawatawis, sami kasdu nguntapakên. Punapa malih murid-murid kwiksêkul, jalêr èstri, botên dangu sami dhatêng ing sêtatsiun inggih sami nguntapakên. Manah kula radi karônta-rônta, karaos-raos. Watawis jam wolu sêpur mangkat. Bakyu kêkalih ingkang sami nguntapakên, priksa kêplasing lampah kula kalihan semah kula, sami muwun, atutup wadana, bokmanawi raosing panggalih kados katilar minggah kaji dhatêng Mêkah.

Lampah kula numpak sêpur botên prêlu kula aturakên, sabab limrah kados numpak sêpur adat sabên kemawon. Jam 6, mandhap ing sêtatsiun Gambir, dipun [di...]

--- 21 ---

[...pun] pêthuk dhatêng Arjunatin,[2] lajêng numpak taksi oto dhatêng griya pamondhokanipun ing Kwitang. Ing ngriku panggenanipun para murid dhoktêr (bôngsa Jawi) nêdha. Para siswa sami manggihi, patrapipun angrêsêpakên. Warni-warni ingkang karêmbag, namung ingkang dados punjêring ginêm, dangu-dangu dhawah bab sêkak utawi catur.

Murid ingkang nêdha ing ngriku watawis: 60. Lare satunggal ambayar f20. Rencang èstri (koki tuwin babu) gangsal, jongos kalih. Sewaning griya f85, wragading lampu sabên wulan watawis f15. Ingkang mangagêngi murid klas 5, putranipun Mas Ngabdul Mustam, mantri guru Sêmarang. Gamêlanipun inggih wontên, gadhahanipun pakêmpalaning para murid, anama: Langên Siswa. Sabên malêm Minggu katabuh, ingkang nabuh inggih kônca-kônca murid piyambak, ingkang mulang anjogèd inggih murid ingkang pintêr ambêksa.

Sangêt panuwun kula dhatêng pakêmpalanipun para murid wau dene kula kasukanan pondhokan ing dalu punika. Enjingipun kula mapan wontên ing Sumatra hotèl. Sarampungipun anggèn kula boyongan, watawis jam 9, kula dhatêng kantor K.P.M. pêrlu ngabarakên lampah-lampahing baita. Wontên ing ngriku kula dipun cariyosi, bilih

--- 22 ---

kula sampun dipun kabari sarana telegram, mratelakakên yèn angkatipun baita kaundur saminggu, dhawah tanggal 18, bilyèt sampun kakintunakên dhatêng Ngayoja tanggal 6. Dados dhatênging telegram sarta bilyèt, kapancal sadaya. Kula sampun kalajêng numpak sêpur. Munduring angkatipun baita, kula anggêp botên dados punapa, ingkang kula manah namung indhaking wragad hotèl. Kula tumuntên nglajêngakên lampah kula, sowan dhatêng kantor karêsidhenan ing bênèdhên sêtad, anama sêtad is, pêrlu nèkênakên sêtat dheklarasi. Numpak trèm, gangsal sèn, jlog dumugi ngiringaning kantor lajêng trincig, minggah dhatêng lotenganing kantor, mawi ngliga sêtat dheklarasi. Sawêg badhe kula aturakên, jêgagig, jêbul kêpanggih Suratin.[3] Sêtat dheklarasi lajêng kula wrangkakakên malih dhatêng prêtêpèl, kula lajêng sami linggihan wontên ing dhingklik, apitakèn, kadospundi kok wontên ing ngriku. Wangsulanipun: Pancèn kantoranipun, ing salêbêtipun tigang wulan punika, ngalih ing ngriku, pêrlu ngukuri kantor wau, kalêbêt gêdhong lami. Suratin panyambutdamêlipun wontên ing oudheidkundige dienst. Sarêng sampun radi tuwuk anggèn kula omong-omongan, lajêng nèkênakên [nèkê...]

--- 23 ---

[...nakên] dheklarasi, sarta ngrêmbag muluring dintên wontên ing Batawi. Tuwan komis suka wêwulang, wragading hotèl kalêbêtna sêtat. Kula inggih nurut.

Sawangsul kula saking kantor, mampir dhatêng kantor pos, prêlu nglampahakên sêrat-sêrat dhatêng Ngayoja, sarta telegram dhatêng Riyo, mratelakakên munduring angkatipun kapal. Panyêrat kula makatên:

Jenie Tanjungpinang Singapore vertrek boot achttien dezer

SASRASOEGANDA

Nonah kantor pos anggènipun mrêtal dhatêng cara Inggris radi kwalahan, lajêng takèn dhatêng kula, punapa kula sagêd cara Inggris, kula mangsuli yèn cotho. (Batos kula: yèn gud morning kemawon inggih sagêd). Dangu-dangu dipun uthak-uthêk, sagêd tumindak. Sadaya namung pitung têmbung (dalah adrès sarta tèkên), wragadipun jêbul radi mèmpêr f3,80 langkung sèn-sènan. Môngka anggèn kula anjagèni namung f0,15x7= f 1,05 + wragading sêrat. Dados kula ligakakên rupiyah satunggal, tangsulan satunggal. Sarêng dipun cariyosi yèn wragadipun ± f3,80 radi klicutan. Ambikak dhompèt, isinipun namung benggol kalih, kalihan kêthip satunggal, sèn-sènan sawatawis. Lajêng kapêksa ambikak cupumanik astagina, nanging inggih radi bikut. Isinipun kula wêdalakên sadaya,

--- 24 ---

brol, awujud yatra kartas wiyar rêgi gangsal rupiyah. Susukipun kula èngêt f1,13. Namung kula kêdah mangsulakên satêngah sèn, gampil.

Dumugi ing griya (hotèl Sumatra) sampun jam satêngah satunggal. Bibar nêdha lajêng tilêm. Sontên tangi. Watawis jam 6 sontên, Suratin dhatêng. Bingah-bingah malih. Watawis jam 7 sami mlampah-mlampah dhatêng pacinan. Wangsul jam 9. Jam 10 Suratin pamit wangsul dhatêng pondhokan. Kula mapan tilêm. Ing sawawratipun, jingklong (lêmut) botên makèwêd anggèn kula tilêm. Sabab pun lêmut kula cêkoki obat nyamuk.

Radi wontên ingkang kalangkungan sakêdhik. Anggèn kula dhatêng kantor karesidhenan punika wau kula mangangge cara Jawi dêlês, mawi dhuwungan punapa, sabab badhe lajêng sowan dhatêng kangjêng tuwan dhirèktur ondêrwis. Sarêng dumugi ing kantor palis, sumêrêp pranatan gumantung ing tembok, mratelakakên, bilih kangjêng tuwan dhirèktur, sagêdipun nampèni para sowan, yèn botên prêlu sangêt, namung dintên Sêlasa, sarta dintên Sabtu. Môngka punika dintên Kêmis, dados anggèn kula macak pêng-pêngan wau dhapur tanpa damêl.

Dintên lowongan punika kula angge jiarah dhatêng luwar Batang. Dintên Sabtu kula macak Jawi malih, sowan dhatêng kantor

--- 25 ---

palis, namung kangjêng tuwan dhirèktur nglêrêsi botên wontên ing kantor, dipun tampèni tuwan sèkrêtaris, punapa tuwan rèprêndharis. Ing ngriku kula dipun dhawuhi larah-larahing lampahipun rêkès kula. Manah kula sangsaya padhang.

Kula inggih dhatêng gêdhong musium, kampir dhatêng kantor oudheidkundige dienst kapanggih kalihan Radèn Ngabèi Purbacaraka. Nampèni katrangan bab sêrat Het leemen wagentje ingkang sawêg kula jarwakakên, anama Sêrat Ratapratala. Radèn Ngabèi Purbacaraka inggih paring pitulung milihakên sêrat-sêrat ing Genootschap ingkang sakintên kula rêmêni angsal kalih, yasanipun paduka tuwan Propesor Kèrên. Kula matur nuwun dhatêng Radèn Ngabèi Purbacaraka.

Kula ngeca-eca ngêntosi tanggal 18, wasana lajêng angsal sêrat saking K.P.M. Mratelakakên, yèn bidhaling baita tanggal 16 jam 12 siyang. Namaning baita: Lodhon. Manah kula radi kasêsa. Sarêng tanggal 15 kula tampi sêrat malih: bidhaling baita mundur dados tanggal 17 jam 9 enjing. Sangu-sangu sampun kathah ingkang têngik, ewa samantên mêksa kula bêkta, kula wêwahi sanèsipun sakêdhik.

Kula inggih tuwi dhatêng dalêmipun Radèn Jayasudira, sarta dhatêng sanak-sanak sanèsipun. Nalika kula badhe mangkat, [mangka...]

--- 26 ---

[...t,] kangmas Radèn Jayasudira sakalihan tuwi ing pondhokan kula, ambêktakakên nanas Bogor, kangge sangu ing kapal. Bapak Mêrtaatmaja sakalihan inggih tuwi, maringi manisan pala sabèsèk.

Tanggal 17 jam 5 enjing kula numpak taksi oto dhatêng sêtatsiun Sênèn. Manah kula radi kasêsa, sabab kuwatos manawi kasèp. Sêpur saking sêtatsiun Sênèn dhatêng Tanjungpriuk, asring sangêt. Sabên satêngah êjam wontên ingkang mangkat. Kula milih ingkang mangkat jam 6 dumugi ing Tanjungpriuk watawis satêngah pitu.

Ing ngajêng wontên ingkang klangkungan malih sakêdhik. Awit saking pitulungipun kangjêng tuwan residhèn ing Ngayoja, kula sampun karêmbagakên bab tumpakan baita kalihan K.P.M., sarta K.P.M. inggih sampun ngintuni bilyèt dhatêng Ngayoja, nanging dhatêngipun ing Ngayoja kêpancal. Awit saking sêling sêrêpipun kantor pos ing Ngayoja, sêrat wau kalajêngakên dhatêng Mas Abdulah ing Blitar, wontên ing ngrika dipun êndhêg kemawon, ngantos kula sampun dumugi ing Riyo dèrèng kakintunakên dhatêng kula, jalaran Mas Abdulah botên sumêrêp adrès kula. Dene kula sagêd kula mangkat, awit kasukanan bilyèt dhuplikat dhatêng K.P.M.

Nglajêngakên cariyos ing nginggil, sadumuginipun ing sêtatsiun [sêtatsi...]

--- 27 ---

[...un] Tanjungpriuk, barang-barang: kula bêkta dhatêng kantor pabeyan, pêrlu kapriksa. Kula sarta semah kula tuwin kaponakan kula anama Gunawan, lajêng sami dhatêng ing dhoktêran, pêrlu kapriksa badanipun, bokmanawi ngandhut sêsakit ingkang mutawatosi. Kula sarta semah kula sasampunipun kapriksa, lajêng kasukanan sèrtipikat, namung kaponakan kula mawi kasuntik kolerah. Môngka kula tiyang tiga, nalika badhe mangkat, sampun sami kasuntik dhatêng Tuwan Dhoktêr Opringgha, namung kemawon botên dipun sukani sèrtipikat. Kula radi gêtun sawatawis, dene botên nyuwun sèrtipikat, anua pun Gunawan rak botên pêrlu kasuntik malih.

Baita Lodhon ingkang badhe kula tumpaki sampun sumadhiya, nanging andhanipun pirantos minggah, jam wolu sawêg kapasang, dados anggèn kula sagêd minggah inggih jam wolu punika. Sarèhne kamar klas kalih sampun kêbak sadaya, kula dipun panggènakên ing klas satunggal, sasênthong wontên patilêmanipun kalih, kasuripun êmpuk mawi êpir. Sasampunipun nata barang-barang, kula lajêng ngongak ing jawi, bokmanawi wontên têpangan ingkang kasdu nguntapakên, sêpên kemawon. Sarêng nolèh ing wingking: Suratin jêbul sampun wontên ing wingking kula, kula botên sumêrêp anggènipun minggah.

--- 28 ---

Kowe iki mau mêtu ngêndi, tak golèki lingak-linguk ora ana, jêbul wis ana kene.

Mêdal ing ôndha wingking mênika.

Ki mau kowe apa pamit.

Inggih.

Kasi jam pira.

Inggih samangkatipun baita.

Mangkate prau jare jam sanga, nanging momotane kok isih rong prau sing durung diunggahake, tak kira: ya luwih jam sanga budhale, apês-apêse ya jam sêtêngah sapuluh.

Botên dangu garwanipun bapak Mêrtaatmaja kalihan ibu mantri, katingal, lajêng kula ajak minggah dhatêng baita, kula aturi mriksani sênthong kula, ing ngriku sami mêmêling makatên: Iki kowe lêlungan adoh, pamujiku, olèhmu ngêmong bojomu sing sabar. Kula lajêng kèngêtan wêlingipun Tuwan Dhoktêr Opringghu, makatên: Sumitra, nalika kula badhe mangkat dhatêng tanah Indhi, biyung kula nyangoni pitutur makatên: Nabi Dawud iku bisane kuwat, marga ngaub lan sumendhe marang Pangeran. Wêling makatên punika kula èngêt-èngêt salami kula gêsang. Makatên ngandikanipun tuwan dhoktêr wau.

--- 29 ---

Sarêng jam sanga ibu kêkalih sami mandhap, sabab kuwatos manawi katut lampahing baita, namung Suratin ingkang taksih wontên ing nginggil, sabab lare jalêr, sagêd trangginas. Lajêng kula wêling makatên: Le, kowe nyambutgawe elinga sarta nêtêpana marang wajib, sabisa-bisa udinên aja nganti gethot. Yèn ing jaman biyèn, wajibing satriya anjaga nagara, ora wêdi pêrang, malah pêrang sing winênang iku sing diajab-ajab, ênggone nglakoni pêrang, marga nglakoni wajib, mungguh kalah mênange iku ora dipikir, pancèn iku dudu duwèking manungsa. Manungsa duwèke mung: nglakoni wajib. Dene jaman saiki, kaya aku kowe iki, duwèke iya mung nglakoni wajib. Êmbuh ênggone nglakoni wajib mau dianggêp utawa ora marang dhêdhuwuran, ora praduli. Samono mau iya isih kudu nênuwun marang Pangeran, muga-muga dituntuna lan diaubana, sarta pinaringana kuwat anglakoni panuntun mau. Karo manèh mungguh lungaku iki ora aran adoh, wong mung layaran rong dina. Kowe dhèk isih cilik, tak êculake ijèn bae mênyang Batawi. Aku mung nênuwun marang Pangeran, muga-muga karsa ngaubi marang kowe. Saiki kowe wis mundhak gêdhe, mundhak kawruhmu. Pantêse iya mundhak piandêlmu marang Pangeran. Olèhku lunga wong mung satêngah [satê...]

--- 30 ---

[...ngah] taun, pangarêp-arêpku, Gusti Allah marêngna baliku kalawan salamêt. Kowe tansah andêdongaa marang Pangeran. Yèn wong cêdhak marang Pangeran, iku cêdhak marang samubarang kang bêcik-bêcik. Yèn kowe gondhelan marang Pangeran, ora kuwatir kalêbu ing godha, mulane aja cilik atimu.

Suratin inggih katingal lêjar, sarta sagah badhe ngèngêt-èngêt pitutur kula wau.

Jam satêngah sadasa, jam sadasa, baita dèrèng ebah, momotan taksih kathah sangêt ingkang dèrèng minggah. Jam sawêlas, jam kalih wêlas, mêksa taksih ayêm kemawon, namung somprètanipun, ingkang mungêl, brung, sampun wiwit anjêrit, semah kula kèngêtan, songsongipun kantun wontên ing hotèl. Wicantênipun: O, lah, payungku kèri. Le, paranana, ya, besuk nèk aku bali wae wènèhna. Suratin mèsêm, sarta nginggihi. Kula lajêng kèngêtan, nalika Parsopartut tumut Piliyaspoh ngidêri jagat, lampunipun dèrèng dipun pêjahi. Suratin lajêng mandhap saking baita, ngadêg nganyêr ngêntosi mangkating baita ngantos satêngah satunggal botên mangkat-mangkat, lajêng pamit mantuk. Mlampah dhatêng sêtatsiun, tansah kula awasakên tiyang kêkalih. Ngantos [Nga...]

--- 31 ---

[...ntos] menggok, botên katingal. Namung warninipun tansah agawang-gawang wontên ing angên-angên.

Watawis jam satunggal, baita wiwit ebah, jangkar sampun kainggahakên, baita sangsaya manêngah.

__________

Bab V. Wontên Ing Salêbêting Baita.

Baita lampahipun taksih alon-alon, kula kalihan semah kula sami mlampah-mlampah sapurug-purug, ing ngandhap ing nginggil sami kula dlajahi. Ing ngriku manggih têpangan, dhoktêr Jawi kalihan semahipun, kapindhah saking ing Batawi dhatêng Riyo anama Mas Diran. Dados radi wontên ingkang kula ajak wicantênan. Walandi sarta nyonyah ingkang tumut numpang namung nênêm, ingkang kula têpangi namung nonah satunggal, nonah guru, kapindhah saking Malang dhatêng Riyo.

Wêtêng kula sampun karaos nglikik, enjing botên sarapan. Kluyar-kluyur pados têtêdhan botên wontên. Kula nêdha tumut klas kalih, ngêntosi rampungipun sarambahan. Wongsal-wangsul kula tuwèni mêksa dèrèng rampung. Lajêng tilêman kemawon: blêg.

--- 32 ---

Sarêng ngintir-intiripun sampun sangêt, sawêg dipun undang nêdha. Gregah lajêng dandos, lampah kula brêgas kemawon, botên mabuk botên punapa. Lajêng mapan nêdha. Satêngahing nêdha kraos gliyêr-gliyêr. Anggèn kula nêdha kathah sangêt, dhasar luwe, botên mawi rikah-rikuh. Sarêngan kula Cina sadaya, sami nêdha kênthang, kula nêdha sêkul, pancèn milih sêkulipun. Bibar nêdha lajêng wangsul dhatêng sênthong, nanging lampah kula nujah-nujah sêmpoyongan. Semah kula inggih. Dumugi ing sênthong rucat pangangge, lajêng bruk tilêman. Kula lajêng wicantên dhatêng semah kula: Aku kok rada mumêt.

Kula inggih.

Wah, rasane kok ora pati kêpenak ngene. Wis, aku tak turon wae.

Sabên-sabên kula angge anjènggèl, kraos munêg-munêg, lajêng tilêman malih, semah kula inggih makatên. Kalêrêsan kula dipun sangoni nanas dhatêng kangmas Radèn Jayasudira, sampun kula oncèki nalika taksih wontên ing dharat. Tangi sakêdhap, mêndhêt rantang wadhah nanas, raosipun mumêt iyêr-iyêran, lajêng anggêblag malih kalihan angêkêp wadhah nanas, kula gayêmi tiyang kalih ngantos têlas. Yèn sumuk, kitiran ing salêbêting sênthong kagêsangakên, [kagêsangakê...]

--- 33 ---

[...n,] lajêng karaos isis sangêt. Bab sambèn waosan, kula dipun sangoni koran kathah dhatêng kangmas Radèn Jayasudira, sarta buku saking gênutsêkap.

Sontên mangsanipun nêdha, jongos dhatêng, wicantên makatên: Nêdha, mas.

Kula mangsuli: Kula botên nêdha.

Raosing badan kula lêsah, munêg-munêg, mumêt. Sanajan botên sangêt, nanging botên kadugi, yèn linggih ngantos gangsal mênut, punapa malih mlampah, sangsaya tangèh. Kula botên gadhah pangajêng-ajêng sagêd mantun wontên satêngahing lêlampah. Batos kula makatên: lha iki nèk banjur bae mangkene kasi têkan ing Blitong, rakya kalirên, aku.

Ngantos sadalu muput kula tansah tilêman kemawon. Enjing mangsaning sarapan, kapurih sarapan, kula dèrèng purun, sabab taksih karaos mumêt. Kula mangsuli makatên: Kula têsih mumêt. Jongos wicantên malih: Wong botên ontên ombak ngètên kok mabuk, ta.

Kula lajêng ngongak ing jawi, saèstu botên wontên ombak. Batos kula makatên: satêmêne aku iki apa mabuk têmênan, apa mung saka wêdiku bae. Coba tak tekadane, tak adus.

--- 34 ---

Kula lajêng dhatêng jamban, adus, lampah kula botên sêmpoyongan, jambanipun kaprênah ing têngah-têngahing kapal. Wontên ngriku kula ngadêg ngantos dangu, ngantos sarampunging adus, botên gliyar-gliyur. Wangsul dhatêng sênthong lajêng dandos, kok inggih botên mabuk botên punapa. Makatên ugi semah kula inggih mantun anggènipun kraos munêg-munêg, lajêng sami mlampah-mlampah, brêgas kemawon, inggih lajêng tumut sarapan. Salajêngipun botên kraos mumêt. Dados anggèn kula dangu kraos mumêt utawi gliyar-gliyur wau, kathah ingkang namung kabêkta saking angên-angên kula piyambak kemawon. Mantunipun margi dipun jampèni dhatêng jongos kapal punika wau. Dintên punika watawis jam sawêlas siyang, èngêt kula baita kèndêl wontên ing Tanjungpandhan, ngandhapakên tuwan sarta nyonyah satunggal, sarta tiyang-tiyang kontrak sawatawis, punapa malih momotan candu saking Batawi. Sadangunipun kèndêl, wontên pulisi sarta dhoktêr Jawi dhatêng mriksa kapal wau, jêbul Radèn Mas Natasurasma. Sasampunipun kabar-kinabaran sakêdhap, radèn mas dhoktêr mandhap malih kalihan pulisi. Anggènipun kèndêl watawis namung saêjam, lajêng layar malih. Kula sarta semah kula lastantun botên mabuk-mabuk malih. Layar sadalu sarta sadintên malih, dumugi ing plabuhan Tanjungpinang, watawis jam 4 sontên. [sontê...]

--- [0] ---

[Grafik]

Ingkang alit: Angku Jenie.

--- 35 ---

[...n.] Kula etang-etang, saking Batawi dados lêlayaran watawis 52 jam. Môngka miturut tarip, dumuginipun ing Singgapura namung 40 jam, dados punika mlèsèd saking kintên-kintên kula. Saking Tanjungpinang dhatêng Singgapura taksih layaran watawis 4 jam. Yèn baita alit-alit, layaran 6 jam.

__________

Bab VI. Mandhap saking Baita.

Botên dangu wontên sampan motor dhatêng, katumpakan dhoktêr Walandi sarta pulisi. Mas Diran, dhoktêr Jawi, sarêng sampun rêmbagan sawatawis kalihan tuwan dhoktêr, lajêng kaajak mandhap dhatêng dharat pisan dalah semahipun sarta bêbêktanipun sadaya kaêmot ing sampan wau. Kula kantun wontên ing baita. Watawis jam nêm sawêg sagêd mandhap, numpak baita motor radi agêng. Dumuginipun ngêbum watawis layaran satêngah êjam, sampun rêpêt-rêpêt. Wontên ing ngêbum kapêthuk dhatêng tiyang Mlajêng satunggal, tiyang Jawi satunggal. Tiyang Mlajêng wau lajêng wicantên makatên: Saya Yèni, guru sêkolah dhi sini. Ini bapak mantri pênjual Tanjungpinang. Radhèn yang bêrnama Radhèn Sasrasuganda. Kula mangsuli: Iya.

Mari radhèn, naik becah saja dhêngan radhèn ayu.

--- 36 ---

Bolih dhinaiki dhua orang.

Bolih.

Kula tiyang kalih lajêng numpak kreta ingkang kagèrèd dhatêng Cina satunggal. Punika ingkang kawastanan, becah utawi becak. Inggih radi mèngkèk-mèngkèk. Kajujugakên dhatêng pênjualan Tanjungpinang, ing dalêmipun Mas Wôngsadirja. Ing ngriku sampun wontên sadhèrèk Jawi malih sakalihan, mantri pênjual ing Sênggarang, anama: Mas Harjasuma, asli saking Surakarta. Wondene Mas Wôngsadirja, sarta Angku Yèni, inggih numpak becah. Gunawan mlampah ngêtutakên barang ingkang kaêmot ing becah. Lajêng omong-omongan.

Angku Yèni: Tuwan punya telegram, yang mêmbêritahu mundhurnya kapal, saya trima hari 16, jadhi saya dhêngan bapak mêntri ini kêtika 13 hari mênyongsong juga kê pêrahu bêsar, sêbab padha kêtika itu adha kapal dhatang, saya bêrdua bapak mêntri naik kê kapal, saya cari tuwan, tak adha.

Ah têrlalu itu. Telegram saya jalankan padha 8 hari bulan, maksud saya jangan sampe mêmbuat susah bêgitu. Dhan lagi kêtika saya bêrangkat, ini, kêtok kawat juga. Sudhah kah angku trima.

Bêlum.

--- [0] ---

[Grafik]

M. Wangsadirdja saanak-bojonipun. Mantri panjuwal Tanjungpinang.

--- 37 ---

Mas Bèi Wôngsadirja nyambêti: Anggèn kula sumêrêp manawi panjênêngan badhe rawuh ngriki, kajawi saking nandha Yèni punika, saking Radèn Sudarsa, sarta saking ingkang putra mantri pênjual Dhurian Malao, punika sêratipun.

Punapa panjênêngan dèrèng tampi sêrat kula. Kula lampahakên mèh sarêng-sarêng kalihan ingkang dhatêng Angku Yèni punika.

Dèrèng.

Inggih nuwun sangêt, dene panjênêngan karsa ngukub badan kula. Lha anua kadospundi, arak klemprakan wontên ngandhap bango.

Angku Yèni: Ah, tidhak bolih jadhi, kalo bapak tidhak bisa trima, têntu saya yang trima, tak bolih tidhak.

Kula cêkak samantên kemawon anggèn kula nirokakên anggènipun sami omong-omongan. Sarèhne kula, sarêng tandhingan umur sêpuh piyambak, mas bèi mantri pênjual Tanjungpinang sarta ing Sênggarang kula kramèni adhi. Angku Yèni kula kramèni anandha. Panampinipun sangêt angrêsêpakên, punapa malih bojonipun mantri pênjual ing Sênggarang, saklangkung micara, asli saking Surakarta, sarta asring dhatêng Ngayoja, dados, yèn cara Yojanipun lajêng sagêd trup. Ingkang jalêr kalêrês pamanipun Mas Lurah Jayèngaksara [Jayènga...]

--- 38 ---

[...ksara] ing Adiwinatan ing Ngayoja. Nanging umur-umuranipun taksih ênèm. Dene bojonipun mantri pênjual ing Tanjungpinang asli saking Kêndhal, lêluhuripun: Sunan ing Giri.

Watawis saêjam, adhi mantri pênjual ing Sênggarang pamit wangsul. Ing mangsanipun nêdha, kula tiyang tigang rimbit, sami mapan nêdha. Anggèn kula nêdha botên taha-taha, kula cara wontên ing griya kula piyambak, kados inggih sami gumun. Sarêng sampun dalu Angku Yèni sarimbit pamit mantuk. Kula kraos sumuk sangêt, badhe adus, katêdahakên dhatêng ing sumur. Ing ngriku sumuripun saklangkung cêthèk, watawis namung kalih dhêpa, nanging botên wontên kulahipun, dados, nimba lajêng kagêbyurakên dhatêng badan. Rèhne botên patos kulina makatên, kula adus namung kalih timba kula uwèt-uwèt, kula cêkap-cêkapakên.

Patilêman kula kapilihakên papan ingkang sakeca piyambak, wontên ing lotèng. Nanging kula sarta semah kula inggih kraos sumuk. Jingklong inggih kathah. Sanajan patilêman samêkta mawi klambu enggal, ewa samantên pun jingklong botên wêgah ngungsir. Saking sumukipun sarta saking kathahing jingklong, kula lajêng mêdal dhatêng bêrandhah, punika palataranipun sênthong wau, tanpa payon, radi kraos [kra...]

--- 39 ---

[...os] esis. Sagantên katingal awela-wela, baita inggih katingal, dilahipun pating karêlip. Lintang-lintang abyor ing tawang, sakalangkung adamêl lam-laming paningal. Dangu-dangu sagêd karaos ngantuk, lajêng malêbêt ing sênthong tilêm.

__________

Bab VII. Pindhah dhatêng Griya Sewan.

Miturut pranatan, tiyang ingkang sawêg mandhap saking kapal, kêdah kapriksa dhoktêr sabên enjing, laminipun tigang dintên. Sabab ing Batawi katrajang ing kolerah. Enjing tangi tilêm, sasampunipun adus sarta sarapan, kula tiyang tiga badhe dhatêng griya sakit militèr, prêlu kapriksa. Sarèhne kula dèrèng sumêrêp papan prênahipun, dados kula tiyang kalih lajêng numpak becah, Gunawan mlampah. Lampahipun becah sok lênthuk-lênthuk, sok anjèjèg. Sarêng dumugi ing inggah-inggahan, katawis radi rêkaos, kula lajêng mandhap, tumut nyurung. Sarêng sampun kapanggih dhoktêr, lajêng dhatêng kantor, nèkênakên sêtat dheklarasi, sarta nyuwun êmpingan malih jangkêpipun 80%. Sarèhne kula mawi kèndêl dangu wontên ing Batawi, rancangan inggih mindhak, nanging sêtat taksih kothongan kemawon. [kema...]

--- 40 ---

[...won.] Sarêng sêtat sampun katampèn, kula tiyang tiga lajêng ngupados griya sewan. Takèn-takèn kaping tiga, angsal ing kampung Bintan. Saking kantor watawis lampahan gangsal mênit, saking pênjualan watawis 7 mênit, saking kantor pos, sarta saking kantor K.P.M. sangsaya cêlak. Ingkang kula gumuni punika, punapa-punapa kok sarwa cêlak, botên kados ing Batawi utawi ing Surabaya, utawi ing nagari tanah Jawi sanèsipun, sadaya-sadaya sarwa têbih. Griya sewan punika bêbanjêngan, ingkang jèjèr griya kula punika wontên pitu. Ingkang wontên ngajêngipun, jèjèr wontên wolulas, sadaya mawi lotèng, ing ngandhap kalih kamar, ing nginggil kalih kamar. Pawonipun: èmpèr wingking. Jambanipun latar wingking, têrangipun tanpa jamban, irasan kemawon, apa bolih buat. Kakusipun inggih wontên, primpên, tadhahipun êncèh agêng. Sawulan karêsikan kaping tiga, utawi kaping sakawan, ingkang ngrêsiki Cina bêrah, pancèn tukang.

Watawis jam sadasa kula wangsul dhatêng pênjualan, pamit boyongan, inggih dipun andhêg, nanging sangêt-sangêt panyuwun kula, wêkasan dipun lilani, nanging jam satunggal kaajêng-ajêng nêdha ing pênjualan, kula inggih sagah. Barang-barang kaêmot ing becah, kabêkta dhatêng griya enggal. Dene [De...]

--- 41 ---

[...ne] kula tiyang kalih mlampah kemawon, sabab botên têbih, isin yèn numpaka becah, becahipun dhasar awon-awon, sampun bobrok sangêt. Jam satunggal lajêng wangsul dhatêng panjuwalan. Botên dangu mandhat saking kantor dhatêng, klêrêsan, sabab sangu sampun nipis. Sarêng bibar nêdha, lajêng nêmbung nyuwun ngampil bantal, kalihan meja sarta kursi, inggih dipun paringi. Sarêng kula mantuk, kasusulakên kaêmot ing becah. Sontên watawis jam sakawan kula dhatêng kantor K.P.M. ngrêmbag barang ingkang kula bagasèkakên, kula têdha sontên punika, sabab pêrlu tumuntên kangge. Lajêng dipun purugi Cina, dhatêng ing ngêbum. Jam satêngah nêm dumugi ing griya kula, enggal-enggal dipun bikak. Wontên gêlaran, klambu, wajan, cangkir, sapanunggilanipun. Namung klambu botên sagêd masang, jalaran dèrèng wontên patilêmanipun. Ewadene sampun ayêm, sabab sampun wontên gêlaranipun. Lajêng andadak nêmpur, brêg, kalih katos. Kalêbêt botên awis, namung rêgi 20 sèn Inggris, dados sakatos rêgi 10 sèn. Lawuh-lawuh saking tanah Jawi sampun têngik sadaya, têngikipun sangêt, tur mawi jamurên angapluk, dados namung dhèndhèng ingkang taksih kenging katêdha. Sanèsipun ambucal sadaya.

--- 42 ---

Bibar nêdha lajêng tilêm, wontên ing lotèng. Botên karaos sumuk sangêt-sangêt, namung kados ing Ngayoja kemawon, jingklong inggih namung satunggal kalih. Enjingipun adus cara Riyo. Bibar adus dhatêng griya sakit, botên prêlu numpak becah, sabab sampun sumêrêp marginipun, tur botên têbih. Lajêng dhatêng kantor onpangêran, nglintokakên mandhat. Kula lajêng kepengin dhatêng pêkên, badhe mirêngakên wicantênipun tiyang-tiyang sêsadean. Lampah kula nglangkungi pênjualan, anjog dhatêng pêkên. Lingak-linguk ngupadosi bango botên wontên, ingkang sêsadean sami wontên ing èmpèr, jêbul sadaya Cina. Ing wande agêng alit, ingkang sêsadean Cina sadaya. Batos kula: We, lha, jêbul mêngkene, kêpriye olèhku arêp sinau cara Mlayu iki. Kula lajêng mêksa ngawis sayuran. Cina mangsuli cara Mlajêng, têmbungipun inggih mèmpêr, nanging pelo. Kula pitakèn makatên: Adha kunci. Cina mangsuli: Tak adhê. Batos kula: We, lha, mêksa mèmpêr cara Mlayune. Kunci punika badhe kaangge kêlan mênir angkah kula.

Ing pêkên ngriku ingkang kasade awarni sayuran tuwin lalaban kathah sangêt, ulam loh ingkang enggal utawi garing prasasat banjir, wowohan warni-warni. Manggis inggih botên [botê...]

--- [0] ---

[Grafik]

Pacinan ing Tanjungpinang.

--- 43 ---

[...n] kirang, nanging alit-alit. Kula nyobi tumbas 5 sèn angsal tigang dasa. Wowohan ingkang ing Ngayoja botên wontên, kados ta: cêmpêdhak, kathahipun botên kintên-kintên, ambêtipun ngantos amblêngêr. Wontên malih: buah tandhuk, warninipun cêmêng kados sirah maesa: sasingatipun blêkunthêng, nanging alit, namung sajênthik, kulitipun radi atos, ing nglêbêt isinipun mêmpur kados kacang Cina. Durèn, sêmôngka, inggih kathah. Durènipun alit-alit, sêmangkanipun agêng-agêng, raosipun eca. Sarêng sampun rampung anggèn kula blônja. Lajêng mantuk, ngliwêt. Kula dados jongos, semah kula dados koki, jam satunggal nêdha. Sanajan namung kalihan jangan kangkung sarta sambêl kemawon, raosipun nikmat sangêt.

Bab VIII. Bab Kawontênanipun Tiyang sarta Basanipun ing Nagari Riyo.

Ing kampung Tanjungpinang sarta ing Bintan, tiyangipun ingkang kathah namung Cina, tiyangipun asli, sasumêrêp kula botên wontên. Ingkang katingal kados tiyang Mlajêng punika, ingkang kathah

--- 44 ---

tiyang Jawi, yèn wicantên kalihan kula utawi semah kula inggih lajêng cara Jawi. Wontên tiyang Batawi, wontên tiyang Padhang utawi tiyang Sumatra sanèsipun, wontên tiyang Bênggala utawi tiyang Hindhu. Ing tanah Jawi, tiyang Eropah sami gumun, dene tiyang jalêr sarta tiyang èstri sami ngangge sinjang utawi sarung, mèh botên sagêd ambedak-bedakakên, pundi ingkang jalêr, pundi ingkang èstri. Ing Tanjungpinang, Cina sadaya jalêr èstri sami ngangge kathok panjang, botên wontên ingkang sarungan. Sadaya ingkang nyambutdamêl kasar alus, Cina. Ingkang sêsadean, ingkang ngrêsiki wradinan, ingkang nyumêdi lampu urut margi, ingkang sade toya ngombe, ingkang anggèrèd grobag utawi becah, ingkang dados pênatu utawi kêmasan, sadaya Cina, punapa malih ingkang dados tukang kajêng. Namung ing kantor-kantor ingkang nyambutdamêl, Walandi kalihan tiyang Mlajêng, upas-upas inggih tiyang Mlajêng, utawi tiyang Jawi. Cinanipun namung satunggal kalih. Lèpèn botên wontên, namung wontên ilèn-ilèn saklangkung alit, punika ingkang kangge umbah-umbah dhatêng nyonyah Cina. Yèn enjing sami pating pakungkung ngumbahi sandhangan wontên ing ilèn-ilèn wau, milih ing panggenan ingkang kêdhung, lêbêtipun watawis sapolok. Nyonyah Cina ingkang

--- 45 ---

sami ngrêmbat toya inggih botên kirang. Priyantunipun ingkang kula têpangi:

1. Mantri pênjual dalah hèlpêripun.

2. Mantri ngêbum, anama Radèn Ahmad. Bapakipun priyantun Jawi, sampun seda, ibunipun darah Sultan Johor.

3. Up jaksa, anama: Angku Jainodin. Asli saking Padhang dalah garwanipun.

4. Juru sêrat kantor anama: Husèn, bôngsa Malajêng.

Kajawi punika priyantun ing pulo-pulo alit, kados ta: mantri pênjual ing Sênggarang, kasêbut ing nginggil, Amir (wadana) ing Pênyêngat, asli saking Palembang. Amir ing Sêdhano, asli saking Padhang.

Tôngga kula ingkang cakêt, tunggil tembok, jongosipun kangjêng tuwan residhèn, anama Ali, asli saking Batawi. Punika ingkang kula sambuti samukawis, sarta kula têdhani pitulung warni-warni.

Anuju satunggaling dintên, kula sônja dhatêng dalêmipun Radèn Ahmad, mantri bum, taksih neneman, kasêgah wedang kopi. Lare ingkang ngladosakên wedang sawêg mundur, lajêng dipun undang makatên: Kah minta macis. Kula botên mangêrtos, kula kintên nêdha kobokan utawi

--- 46 ---

manci. Kula lajêng pitakèn: Bagimana itu tadhi.

Bêgini, anak, itu tadhi namanya Abu Bakar. Dhi sini hurup r yang dhi blakang sêkali tidhak dhituturkan. Jadhi kêdhêngaran kah saja. Tadhi itu saya minta lusiver, dhi sini dhisêbut macis atao: mancis mênurut bahasa Inggris.

Radèn Ahmad inggih cariyos, yèn rumiyin sampun nate sêkolah dhoktêr ing Batawi, nanging botên dumugi, namung kalih taun. Sarta malih cariyos, yèn kangmasipun ipe, Amir ing Pênyêngat, kêpengin têpang kalihan kula. Manawi kula badhe dhatêng Pênyêngat, kapurih nunut sampan motor ingkang sabên enjing mapag kangmasipun wau, botên susah ambayar. Kula inggih sagah.

Botên dangu kangmasipun Radèn Ahmad, anama Radèn Ino dhatêng, punika dados opnèmêr: B.O.W. inggih taksih neneman, brêgas, wicantênipun cara Mlajêng, pangraos kula: Riyo tulèn, botên sagêd ngungêlakên r. Cariyos, yèn sampun anjajah nagari kathah: dhatêng nagari-nagari bawah Inggris, ing Hindhu, Siyam, Johor sapiturutipun, sampun dhatêng nagari Cina, Jêpang. Namung dhatêng tanah Jawi dèrèng. Kula kêpencut mirêngakên wicantênipun, lajêng kula ajak dhatêng ing griya kula.

--- [0] ---

[Grafik]

R. Ino Abdoellah sarimbit.

--- 47 ---

Kula pitakèni cara Mlajêng warni-warni, wangsulanipun maton sadaya. Lajêng kula purih muruki maos cara Riyo, kula bikakakên sêrat pêlayaran Abdullah kê Kêlantan. Sarêng sampun dipun contoni, lajêng gêntos kula ingkang maos, makatên:

Sahdhan adhalah ...

Radèn Ino nglêrêsakên: adhêlah.

Sahdhan adhêlah sêbab sêgalê pêrkarê ini jadhi, sêbab aniayê rajanyê, dhan tiyadhê bêtul pêrentahnyê, makê pêcahlah hati sêgalê rakyat. Makê adhêlah padhê pikir mêrekê itu, baiklah aku miskin dhêmikian, tidhak susah: dhapat pagi makan pagi, dhapat pêtang makan pêtang. Dhan kalao adhê bêrhartê atao bêrumah baik, atao bêrladhang dhan bêrkêbun bêsar, niscayê dhicarikan rajê sêsuwatu jalan, dhan dhipinjamnyê, dhan dhipintanyê. (salajêngipun, sadaya r utawi layar, anggènipun ngungêlakên botên cêtha. Malah ingkang wontên ing pungkasan, botên kapirêng babar pisan).

Cêkakipun, aksara r ingkang wontên ing atêr-atêr: bêr, utawi: têr, utawi: pêr, utawi ing wingking piyambak, botên nate kêpirêng. Dene ing sanès-sanèsipun, [sanès-sanèsi...]

--- 48 ---

[...pun,] inggih kêpirêng sawatawis, nanging botên patos cêtha. Anggèn kula mastani: pelo Riyo, radi mèmpêr Walandi totok, nanging inggih botên plêk. Pelo ingkang makatên wau, yèn ing têmbung Walandi kawastanan brouwen. Yèn ing têmbung Jawi, saking cariyosipun Mas Abdullah, kawastanan nglêkêr. Kula botên sumêrêp, saking pundi pamêndhêtipun têmbung punika wau. Bokmanawi saking Bausastra Rurdhah.

Mangsuli prakawis Radèn Ino. Radèn Ino amrayogèkakên kula anjajah nagari Johor sapiturutipun, supados sagêd pêpak ing sumêrêp kula bab têmbung Mlajêng. Prakawis pondhokan, badhe dipun ihtiyarakên. Kula mangsuli: Badhe kula (...) manah-manah.

Bab IX. Dhatêng ing Sênggarang sarta dhatêng Pênyêngat.

Sadèrèngipun kula kesah-kesah, kula anggarap sêtat dheklarasi rumiyin, kula isèni pratelan sadaya wragad-wragad ingkang kawênangakên dhatêng pranatan. Namung prakawis, dhahgèl, kula radi judhêg, pramila inggih kula isèni sapantêsipun kemawon, miturut tuladha saking anggèn [anggè...]

--- 49 ---

[...n] kula nyuwun ngampil dhatêng paduka Tuwan Blèi Dhorêp. Sarêng sampun rampung, kula bêkta dhatêng kantor kula pasrahakên dhatêng klèrêk, kula purih nglampahakên miturut pranatan.

Sarêng pandamêlan ingkang prêlu-prêlu sampun mêngkêr sadaya, anuju satunggaling dintên, kalêrês dintên Minggu, kula sakalihan semah kula numpak sampan, tuwi mantri pênjual ing Sênggarang. Umbalanipun kangge tiyang kalih sadasa sèn dholar, ingkang nglampahakên Cina satunggal. Dumugi ing Sênggarang griya panjuwalan korinipun minêb, tur kasindik saking ing Jawi, kula thothok-thothok botên wontên mangsuli. Batos kula: lha, beka ane, gèk tindak mênyang ngêndi iki. Kula kraos ngêlak, lajêng dhatêng pêkên. Ing griku griya-griya sadaya wontên nginggil toya, marginipun agêng alit kajêng gambangan, pêkênipun inggih kados wande kemawon, inggih wontên sanginggiling toya. Kula lajêng tumbas manggis 10 rêgi tigang sèn, kula têdha sakêdhap kemawon têlas. Ngêlakipun sampun radi suda. Kula lajêng wangsul dhatêng pênjualan malih, kori kula dhodhogi mawi cripu sora sangêt, sawêg angsal wangsulan saking lotèng kaprênah wingking. Ingkang mêdal radèn ngantèn, bojonipun mantri pênjual. Bingah sangêt katingalipun, sabab dhatêng kula wau pancèn dhapur dipun undang. Ingkang raka sawêg dhatêng kêbon wowohan. [wo...]

--- 50 ---

[...wohan.] Kula sakalihan dipun panggihi wontên ing lotèng, isis sangêt, sagantên katingal awela-wela. Sasampunipun kasêgah wedang, ingkang raka dhatêng, ambêkta manggis sakrênêng agêng kêbak, watawis wontên kalih tigang atus, sarta rambutan. Pangundhuhipun wau pancèn badhe kasêgahakên dhatêng kula. Botên sarônta lajêng kula icipi, sakêdhap kemawon têlas watawis 25, kulitipun ngumbruk. (Kula matur makatên punika mangke gèk kagalih umuk, kula matur salêrêsipun, botên umuk. Sampuna kula candhêt-candhêt, taksih kêdah lajêng kemawon panêdha kula). Manggis ing ngriku racak-racakipun ing nglêbêt agêngipun namung sadhuku-dhuku, dados anggèn kula têlas 10 lan 25 wau botên nama drêmba sangêt-sangêt, ing mangsanipun nêdha inggih lajêng sami nêdha, olah-olahan cara Jawi, anggèn kula nêdha sura tan taha. Bibar nêdha mangsuli manggis malih, taksih kwawi sadasa êngkas, mawi wêwah rambutan. Kula aturi ngetang piyambak, pintên kathahing wowohan ingkang klêbêt ing wêtêng kula. Wêtêng kula kok inggih botên kraos punapa-punapa, namung kraos tuwuk kemawon. Kula sakalihan lajêng tilêman, ngêntosi iyubipun. Jam gangsal kula wangsul numpak sampan kalihan tiyang sêpuh, kasêbut anama: Mak Bêtawi. (Punika

--- 51 ---

ingkang kasambat-sambat, manawi tiyang gadhah damêl. Kula inggih sampun kapitulungan, kasambutan gênthong kalih dhatêng Mak Bêtawi punika). Langkunganipun manggis kabêktakakên, kabêkta dhatêng putranipun mantri pênjual Tanjungpinang. Wragading sampan namung 15 sèn, sigêg.

Enjingipun jam pitu kula sakalihan dhatêng ngêbum, badhe nunut sampan motor dhatêng Pênyêngat. Botên dangu sampan sumadhiya, lajêng sami tumurun, lampahing motor ajêg, namung watawis sadasa mênit dumugi ing ngêbum Pênyêngat, wontên ing ngriku kêpanggih kalihan Amir Pênyêngat, badhe malêbêt dhatêng kantor ing Tanjungpinang, numpak sampan motor pêthukan wau. (Sayêktosipun: Amir ing Bintan, nanging dalêmipun wontên ing Pênyêngat. Sabên dintên, kajawi dintên Minggu kapêthuk dhatêng Bintan), kula lajêng ngaturakên nama sarta niyat kula, sarta nyuwun pitulunganipun. Amir lajêng nimbali kapala kampung anama Sayid Umar, kapurih ngatêrakên lampah kula, sarta nêdah-nêdahakên panggenan ingkang prêlu-prêlu. Ing ngriku kula sawêg sumêrêp dhatêng tiyang Riyo dêlês, kathah ingkang panuju nyambutdamêl ngadêgakên griya, sadaya wicantênipun pelo Riyo, botên wontên ingkang sagêd ngungêlakên r. Apa, dados apê, sêdhikit dados sikit, sapanunggilanipun, sampun [sa...]

--- 52 ---

[...mpun] kula lêbêtakên ing cathêtan sadaya ing sapamirêng kula. Namaning pêksi sarta namaning têtuwuhan, ingkang katingal, kula takèkakên, kula cathêti.

Kula kaajak dhatêng tilas kadhaton, wanguning griya kados griya Walandi, mawi bangsal ing ngajêng minôngka pêndhapi, anama: mêjêlis. Dene ngèmpèr ngajêng, ingkang minôngka pringgitan, anama sêrambi, utawi sêlasê. Jrambahipun sampun dipun coploki, jobinipun ingkang wau marmêr sadaya, nanging sapunika sampun têlas babarpisan. Ing ngajênging kadhaton wontên palataranipun kaplêstèr minôngka alun-alun, anama: halaman, utawi pêlataran. Sênthongipun anama: bilik, joganipun anama: luwar bilik. Wujuding dalêm inggih sae, nanging yèn katimbang kalihan kêdhaton ing tanah Jawi taksih têbih sungsatipun, kawon singêr, kawon mrabu.

Saking ngriku lajêng dhatêng dalêmipun Raja Ali, rayinipun kangjêng sultan, sanès ibu, minôngka dados jêjêt wêngkuning kraton, pangkatipun anama: kêlanê. Dalêmipun inggih agêng mawi lotèng. Jobinipun inggih sampun têlas. Dalêm-dalêm wau sadaya sami sêpên, botên wontên ingkang ngênggèni, botên wontên ingkang nêngga, kori kakancing sadaya. Ing têmbenipun tamtu badhe kados taman sari ing Ngayoja. [Nga...]

--- [0] ---

[Grafik]

Dalem karesidenan ing Riyo.

--- 53 ---

[...yoja.] Sapunika kemawon sampun katingal rungkud. Upami wontên sawêripun sapupu-pupu pantês kemawon, sarta botên sagêd katingal.

Mênggah jalaranipun kangjêng sultan kalungsur, saking cariyosipun kapala kampung wau, jalaran botên karsa napak astani kontrak enggal. Cocok kalihan pamirêng kula ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar nalika samantên.

Kula inggih ningali mêsjid, limrah kados mêsjid ing nagari agêng, namung wontên tilas dalêmipun ingkang rama kangjêng sultan, ingkang mungkul ngibadahipun, kaprênah ing iringaning mêsjid, inggih kaentra kêdhaton Malajêng, nanging alit kemawon.

Ing Pênyêngat wontên bôngsa darah, kasêbut asmanipun, Raja Haji[4] Abdullah, misuwur ahli sastra, pinunjul ing kawruhipun ing bab têmbung Arab sarta têmbung Malajêng, kulina nganggit-anggit sêrat, nalika samantên badhe kula sowani, nanging pinuju botên wontên ing dalêm, kula namung sagêd kêpanggih rayinipun, priyantun pènsiunan, anama: Raja Aji Ahmad, inggih kalêbêt pintêr, malah sagêd cara Jawi punapa, kula dipun bagèkakên cara Jawi: Sugêng rawuhipun. Kula mlêngok, kula kintên tiyang saking Kudus, jêbul tiyang Riyo dêlês, bôngsa darah. Sapunika sambènipun, sade

--- 54 ---

jampi warni-warni. Sagêdipun cara Jawi punika margi lami wontên ing Singgapura, sêsrawungan kalihan tiyang Jawi kathah. Pancèn lantip dhatêng sastra. Pintêr adamêl sair-sair. Etikètipun jampi ingkang kasade mawi sair dipun êcap mawi agêr-agêr. Warni-warni ungêling sair.

Sarêng sampun kêmput anggèn kula nêningali, kula lajêng mampir ing dalêmipun Amir. Semah kula malêbêt ing dalêm wingking dipun panggihi garwanipun Amir, kula wontên ing ngajêngan, dipun panggihi kapala kampung sarta imam, tuwin lêbe, sami linggih kursi ing têngah. Wontên ing ngriku kula cariyos, yèn kêpengin mirêng tiyang maos sair, sabab kula dèrèng nate mirêng tiyang Mlajêng maos sair. Imam lajêng maos, ingkang kawaos inggih etikèt punika wau. Lagunipun kados tiyang pujeyan wontên ing pondhok. Kula takèn cara Mlajêng warni-warni. Wangsulanipun kula lêbêtakên ing cathêtan.

Sarêng jam sawêlas, kula pamitan mantuk, lajêng kapurih numpak sampan, kagunganipun Amir. Ingkang nglampahakên tiyang kêkalih. Mawi layar punapa. Lampahing sampan sumrapat saklangkung bantêr, nanging radi miring-miring. Tiyang ingkang satunggal nyêpêngi kêmudhi, satunggalipun ngênêt pinggiring sampan ingkang katingal mumbul. Manawi tiyang alitan manah, numpak sampan ingkang makatên, [maka...]

--- 55 ---

[...tên,] inggih kêtir-kêtir sangêt, sabab tingalipun gampil sangêt panggolingipun. Sakêdhap lampahing sampan dumugi ing ngêbum Tanjungpinang. Sasampunipun tiyang ingkang nglampahakên sampan kula prêsèni, sarta kula sampun anglairakên panrimah kula, sarta panuwun kula dhatêng Amir, kula lajêng minggah dhatêng dharatan, dumugi ing griya watawis jam 12 siyang.

__________

Bab X. Sônja sarta Kaundang Nêdha.

Anuju ing satunggaling dintên, kula sakalihan sowan dhatêng dalêmipun upjaksa. Wontên ing ngriku kula dipun cariyosi, bilih angku upjaksa inggih sampun tampi sêrat kula, bab anggèn kula nyuwun tulung ngihtiyarakên griya pondhokan. Angku upjaksa inggih sampun kintun wangsulan, mratelakakên, manawi ing Riyo angèl sangêt ngupados griya sewan ingkang pantês, punapa malih sewan pirantosing griya, babarpisan botên wontên, griya pamondhokan ingkang anama hotèl utawi lusmèn, inggih botên wontên. Kula matur yèn kula botên tampi wangsulan wau, bokmanawi ical wontên ing Singgapura utawi ing ngrika-ngrika. Kula inggih matur, yèn sêrat kula ingkang dhatêng

--- 56 ---

dhi bèi mantri pênjual ing Tanjungpinang, ngantos sapriki dèrèng dhatêng. Têtela manawi sêrat-sêrat radi gampil icalipun wontên ing margi. Telegram ingkang kula kintunakên nalika bidhal saking Tanjungpriyuk, dhatêngipun ing Tanjungpinang rumiyin kula, lêt tigang dintên.

Priyantun èstri anggènipun manggihi semah kula, inggih rêsêp, gêgujêngan rame kados ing tanah Jawi, manawi kônca-kônca sami pêpanggihan. Kaotipun namung ing Riyo, ginêm cara Mlajêng sadaya. Punapa malih nalika samantên radèn ngantèn mantri pênjual ing Sênggarang sarta radèn ayu mantri pênjual ing Tanjungpinang sami ngêtêrakên, sarta ngramèni ginêm, botên môntra-môntra yèn sawêg têpang. Ingkang kagungan dalêm sêbutanipun nyonyah, sakalangkung angrêsêpakên, sarta micara sangêt, putranipun èstri satunggal, sêbutanipun nonah. Botên kèndêl-kèndêl swaraning gujêng, gar, gêr, ingkang kagungan dalêm grapyak sangêt.

Wondene kula dipun panggihi wontên ing satêngahing griya têngah, bladhahan kemawon kalihan panggenan priyantun putri. angku bêskal inggih micara, nyariyosakên lêlampahanipun nalika taksih alit, nyariyosakên pamursalipun, ngantos sagêd cêpêng damêl, minggah-minggah dados bêskal.

--- 57 ---

Watawis kalih têngah jam dangunipun kula sawêg sagêd pamitan mantuk.

Kula sampun kaundang nêdha dhatêng Angku Yèni sarta dhatêng adhi mantri pênjual, manah kula radi kêraos-raos, kula tiyang mônca, kadospundi anggèn kula badhe malês, sarwa comprèng, sarwa botên sêmbada. Meja kursi botên gadhah, pirantos nêdha botên gablêg. Yèn rencang, sadaya priyantun alit-alit ing Riyo botên wontên ingkang gadhah, dados inggih pèpèh kemawon. Manah kula kadung-kadung. Judhêging pamanggih, sami kula ajêng-ajêng sagêdipun dhatêng ing tanah Jawi, kampir ing griya kula, lah ing ngriku insa Allah badhe kula angsul-angsuli ing sasagêd-sagêd kula. Adhi bèi mantri pênjual ing Tanjungpinang panggalihipun lêgawa, dados pondhokanipun lare-lare ing pulo-pulo alit, ingkang sami sêkolah wontên ing Tanjungpinang. Sarta dados jujuganipun para kônca mantri pênjual utawi hèlpêr utawi asistèn kolèktur ingkang sami asok yatra pêpajênganing candu. Dados jujuganipun sêrat-sêrat saking êpos, ingkang dhatêng kônca-kônca. Sanjan kula ingkang asring inggih dhatêng pênjualan punika.

Wondene Angku Yèni punika namanipun ingkang jangkêp Muhammad Yèni. Watawis umur 35 taun, wêdalan saking [sa...]

--- 58 ---

[...king] sakolahan alit, nanging saking saening pandamêlan, sarta saking saening kalakuanipun, kapêthil dados guru ing kitha Tanjungpinang, anggêntosi guru rumiyin, ingkang wêdalan saking kwiksêkul. Dados kadamêl linton panggenan. Pawakanipun kalêbêt alit, ambranyak. Yèn wicantên kumrampyang, nurut larikan, maton. Yèn ta angsala wulangan inggil, sarta panggah anggènipun sagêd micara, saèstu dados têtunggul. Nalika taksih alit, sakolahipun kêmpal kalihan Mohammad Jèn, pintêripun inggih untap-untapan.

Kula inggih sok dhatêng griyanipun Angku Yèni wau, sok dipun cariyosi lêlampahanipun nalika taksih neneman. Sarèhne radi mèmpêr, lajêng kula purih ngarang, kangge pasinaon ngarang, yèn kalêrêsan, bokmanawi sagêd dados yatra. Angku Yèni inggih sagah.

Bab XI. Dhapat Pêngajaran.

Anuju satunggaling dintên kula dhatêng Sênggarang malih, margi dipun suruhi, badhe kaajak ambêdhag kancil dhatêng wana, anggènipun mastani tiyang ing ngrika: mênêpuk pêlandhuk. Punapa [Puna...]

--- 59 ---

[...pa] mênêpuk punika têgêsipun ambêdhag. Botên. Jawinipun: ngêploki. Mila katêmbungakên makatên, jalaran, tiyang ingkang ambêdhag dhatêng wana punika adatipun ambêkta tiyang ingkang ahli ngundang kancil, pangundangipun, pawartosipun, sarana dipun kêploki mawi lagu, ananging anggènipun ngêploki wau botên mawi tangan kados adatipun tiyang kêplok punika. Godhong karangkêp kalih utawi tiga, katumpangakên ing siti, lajêng dipun tabuh mawi kajêng. Yèn dipun ungêlakên, môngka wontên kancil ingkang mirêng, tamtu lajêng nyêlak kalihan alincak-lincak, gampil kasanjata. Punika wau sadaya kula botên sumêrêp, namung saking cariyosipun adhi bèi mantri pênjual ing Sênggarang, pramila kula kêpengin badhe sumêrêp patrap-patrapipun ingkang sayêktos.

Dumugi ing Sênggarang jam 9 enjing. Kalêrês dintên liburan. Adhi bèi sampun sadhiya ngagêm-agêm pambêdhagan. Namung ngandika, bilih radi kacuwan, sabab tukangipun mênêpuk, botên dhatêng. Kalihan malih, manawi mênêpuk punika kêdah enjing sangêt. Kula inggih tumut radi gêla. Sarêng jam sadasa, pênjualan katutup, margi libur. Kula lajêng kaajak dhatêng wana, dipun santuni pangangge clana kaki (bêbêd kula: kula tilar wontên ing pênjualan), nanging sarèhne [sa...]

--- 60 ---

[...rèhne] botên wontên sêpatu ingkang cocog, kula namung ngangge sandhal kemawon, lampahipun nusup-nusup ing wana, minggah mêdhun sawatawis. Pun sandhal kêdah copot kemawon, dangu-dangu suku mlècèt, lampah kula sampun radi pincang. Lajêng ngambah patêgilan karèt angênthak-ênthak, bêntèripun ngudubilah, ngêlakipun sangêt, dèrèng wontên dhusun utawi kêbon wowohan ingkang katingal. (Wontên lare sakawan ingkang tumut, satunggal ambêkta sanjata, satunggal asabuk patrum. Jagi-jagi manawi wontên bêbujêngan ingkang nêdha ruwat), raosing manah kula nalôngsa sangêt, batos kula makatên: aku iki ana ing Ngayoja, yèn diajak tuwan, ngatêrake murid-murid mlaku-mlaku kae, nyuwun mopo, jalaran ora bêtah mlaku. Saiki jêbul kêtanggor mlaku panase mêngkene, tur sikil kathik nganggo mlicèt. Yèn radèn bèi guru gambar priksa kaananku kaya mêngkene iki, mendah olèhe anggêguyu, mêsthi dibêngoki: Lha, dhapat pêngajaran, sêkarang. Yèn katêmbungakên cara Jawi, kados suraosipun makatên: Ta, rasakna saiki, kêtanggor apa ora, kowe. Gawene kok sok nganyih-anyih. Mlaku sak nyekan [nyeka...]

--- 61 ---

[...n] bae ngandhong, sak nyekan ngandhong. Kadospundi, nun, raosipun.

Tamtunipun kula inggih rikuh sangêt, botên sagêd mangsuli.

Wontên ing margi lampah kula kêsusul dhatêng tiyang ngrêmbat kranjang, kula ajak omong-omongan, wicantênipun cara Mlajêng saklangkung sae, kadosdene tiyang Mlajêng totok, namung bênikipun kula tingali jêbul bênik bundhêlan, pantêsipun, Cina. Sarêng kula takèni nama sarta asal-usulipun, lajêng cariyos makatên:

Namê sayê: Ahing, sudhah lima turunan sayê tinggal dhi sini, kirê-kirê sudhah têngah dua ratus taun. Êncik dhatang dhari manê.

Kula mangsuli, inggih cara Riyo: Sayê dhatang dhari tanah Jawê, dhatang kêmari cuma makan angin sajê. Dhi sanê sayê jadhi guru, hêndhak mêliat-liat nêgêri dhi sini.

Jika êncik hêndhak tengok yang pêlik-pêlik, dhi sêbêlah sanê adhê bêkas kotê bêsar orang sêbut kotê piring. Temboknyê bêsar dhibuat dhari piring. Jika dhitengok bêgitu, piring masih baik, tapi kalo dhiangkat, pêcah. Kalo kucing bêrjalan dhi atas tembok, itu bêrkêliling, tiga bulan tak sampe.

Bêrapê banyaknyê piring.

Tak bolih dhibilang. Tigê puluh laksaa lêbih.

--- 62 ---

Kula lajêng dipun ajak mampir dhatêng griyanipun. Kula inggih purun. Namung taksih têbih sangêt, kula êtutakên, botên jêdhug-jêdhug, marginipun mêdal ing saantawisipun grumbul sarta alang-alangan, lajêng ... kemawon. Anggèn kula kraos ngêlak sangsaya ngranuhi, suku mlicètipun sangsaya wiyar, raosipun sangsaya pêrih, nanging mêksa kula brêgas-brêgasakên. Lajêng dumugi ing kêbon sayuran sarta kêbon sêdhah. Sêdhah ing ngriku pananêmipun kados kacang kemawon, kêrêp. Lanjaranipun kajêng garing alit-alit, watawis namung sajêmpolan suku. Saking cariyosipun Cina wau, nama kajêng: cingam, sanajan alit, botên gapuk margi toya jawah utawi bêntèring surya, kwawi kangge ngantos pitu wolung taun. Sadaya wau ingkang nanêm, Cina, mawi karabuk. Ingkang kadamêl rabuk, bosokanipun ulam alit-alit, karimat wontên ing gênthong kandêl-kandêl, mawi kasukanan toya nyêmêk-nyêmêk. Rabuk wau kawastanan, bajê (cara Riyo), ambêtipun nyumanggakakên, malah yèn ing Tanjungpinang, Cina-Cina inggih sami ngangge rabuk, sêsukêring manungsa, kangge nyirami sayuran, pramila sayuran sarta kangkungipun ing tanah Mlajêng lêma-lêma. Ingkang sampun kula raosakên kangkungipun, eca sangêt, yèn katimbang kalihan kangkung ing tanah

--- 63 ---

Jawi, têbih sungsatipun, mêmês, rênyah, sêmu anggajih. Makatên ugi kêdhêle inggih agêng-agêng.

Mangsuli cariyos kula ing ngajêng. Dangu-dangu kula dumugi ing griyanipun Ahing, adhapur langgar. Kula kasêgah wedang tèh, nanging kula nêmbung nêdha dêgan, inggih kapuring mêndhêt. Lare satunggal lajêng nrancag, ngandhapakên dêgan gangsal, ingkang satunggal kula ombe ijèn, mèh bablas, saking ngêlak kula. Raosipun saklangkung nikmat. Kula ningali êjam, sawêg jam 12, dados anggèn kula mlampah sawêg kalih êjam, raosipun kados sampun mêlampah satêngah dintên. Sarêng sampun ngaso, kula kaajak wangsul: awang-awangên, bêntèripun sangêt, kuwatos bokmanawi kalajêng kaparag ing sêsakit. Kula lajêng takèn, punapa botên sagêd wangsul sarana sampan. Dene ingkang kula angge sayadan makatên: sayêktosipun, manawi parêdèn, utawi wana, ing panggenan kula, ing Ngayoja, botên kirang dados botên patos pèni tumrap ing lêlampahan kula. Namung lêlampah mêdal ing toya, yèn ing Ngayoja botên wontên. Pramila wangsulipun, kula nyuwun mêdal ing toya kemawon. Adhi mantri pênjual cariyos, wontên papanipun kangge numpak sampan, sampun cêlak saking ngriku.

--- 64 ---

Lajêng sami mangkat, murugi griyanipun tiyang ingkang gadhah sampan. Dados anggèn kula: dhapat pêngajaran, botên sangêt sangat.

Bab XII. Rumaos Mèh Dados Tai Urang.

Kula lajêng sami kèndêl ing griyanipun tiyang ingkang gadhah sampan. Sadangunipun kengkenan ngrakit sarta murugi sampan dhatêng papan panancanganipun (radi têbih) kula dipun sêgah wedang tèh, sarta wowohan warni-warni, undhuh-undhuhanipun piyambak, wontên manggis, durèn, buwah rambai (mèmpêr cirak), dhuku, rukam, cêmpêdhak. Manggis anggèni[5] nyadhiyani sarêmbat, manggisipun alit-alit, kulitipun tipis, ing nglêbêt agêngipun namung sadhuku-dhuku ing tanah Jawi. Dene dhukunipun ingkang agêng-agêng samundhu-mundhu ing tanah Jawi, kulitipun kandêl-kandêl, ing nglêbêt namung sakêpundhung. Rumiyin, nalika kula dèrèng sumêrêp, yèn punika dhuku, sasampunipun kula oncèki lajêng kula krêmus kados nêdha manggis utawi kêpundhung punika. Kula ngantos blokekan, agabêr-gabêr, margi saking kêpaitan. Dene sarêng dipun sêgah punika, kula sampun ngatos-atos. [nga...]

--- 65 ---

[...tos-atos.] Rukam, agêngipun sawidara, raosipun lêgi, kêcutipun namung mônda-mônda, inggih kados rukêm Jawi, namung kaot ing ngrika agêng.

Kula pitakèn dhatêng tiyang ingkang gadhah griya makatên: Dhi sini, orang bisa habis bêrapa makan manggis.

Sêratus, itu biasê, têtapi adhê jugê yang kuwat makan dhuê tigê ratus. Makan dhurian sayê tengok sêndhiri, dhibuat bêtaruh. Dhiê orang habis limê puluh buwah.

Mênggah wicantênipun tiyang wau kintên kula botên umuk, sabab manggis ing Riyo alit-alit, yèn ing tanah Jawi, tiyang têlas manggis kalih bêlah punika nama nglêngkara, kwawinipun namung gangsal, nênêm, yèn ing tanah Riyo: botên. Kula kemawon, yèn nglêrêsi ngêlak, kêdugi nêlasakên 50, 60, botên ngrêkaos. Saèstu: punika, botên umuk. Dene durèn ing Riyo inggih kalêbêt alit-alit, punapa malih ingkang nama dhurian hutan, namung sakêpêl-kêpêl, klamudanipun tipis-tipis, nanging lêgi. Yèn sadasa kemawon taksih dèrèng tuwuk, cêkapanipun inggih gangsal wêlas, dhukunipun botên lêgi, yèn katimbang kalihan dhuku Karangkajèn ing Ngayoja, utawi dhuku Mèntèng ing Batawi, prasasat bumi langit.

--- 66 ---

Anggèn kula ngêntosi sampun ngantos dangu sangêt, sagêd kula tumurun dhatêng sampan watawis jam satêngah tiga, dipun bêktani wowohan dhatêng ingkang gadhah sampan, lajêng mancal. Ingkang nglampahakên tiyang kalih. Kula tingali, lunasing baita têlas, botên kados sampan ingkang sok kula angge nyabrang saking Tanjungpinang dhatêng Sênggarang punika. Manah kula radi ngêdhap. Sarêng anggènipun malampah sampun radi dangu, toya katawis ngêcêmbong. Lap, manah kula ical. Batos kula makatên: Saiki tibane tiwasku. Sida dadi tai urang, aku. Môngka ombakipun inggih radi wontên, lampahing sampan anungsung angin, katingalipun radi ngrêkaos, sakêdhap-sakêdhap anglumba, margi nênggêl alun ingkang gêgulungan saking ngajêng. Wah, manah kula botên kantên-kantênan. Makatên krunêgipun: Iki mêngko gèk kêpriye dadine, môngka isih adoh têmên, ora ana sampan liyane sing katon, tôndha yèn padha wêdi. Kapal-kapal iya ora ana katon. Yèn sida kêtiwasan, gèk sapa sing nulungi, harak dadi tai urang awakku. Yèn sing uwis-uwis, ngambah sagara, kok ya ora tau mati, saiki jêbul nêmoni mêngkono. Dhi bèi mantri pênjual sêmunipun kok ayêm kemawon, wicantên makatên: Ah, sampan malajêng mênika kok sampun [sampu...]

--- 67 ---

[...n] mêsthi borot mêkatên, botên kados sampan Cina, sabab sampan Mêlajêng, pangruktinipun botên sae, tur kêkum kemawon. Yèn sampan Cina sae pangruktinipun, manawi botên kangge, dipun gantung, dados awèt, tur ènthèng. ... E, bang, tak adhê têmpurung.

Adhê, dhi bawah-bawah itu, carilah.

Lajêng dipun upadosi kêpanggih, kadamêl nawu toya ingkang wontên sangandhaping suku, blêbêg, sok, blêbêg, sok. Dangu-dangu radi asat, kèndêl panawunipun. Nanging êlêt satêngah êjam malih sampun ngêcêmbong kados ingkang wau, katawu malih. Sarêng wontên reka nawu makatên, manah kula radi ayêm. Saupami nalika samantên semah kula tumut, saiba ajrihipun. Tujunipun, ingkang numpak namung tiyang jalêr-jalêr kemawon, dados ajriha punika inggih dipun samun.

Jam sakawan sawêg dumugi ing pênjualan Sênggarang. Sarêng sampun minggah ing ôndha êbum, manah kula lêga, rumaos luwar saking ing bêbaya. Nanging inggih kraos kanji, botên badhe ngaping kalih ambêdhak kancil ingkang makatên. Kancil utawi pêksi botên wontên ingkang kumliwêr, rêkaosipun dede-dede.

Sasampunipun cucul, lajêng sami nêdha. Bibar nêdha lajêng lèyèh-lèyèh [lè...]

--- 68 ---

[...yèh-lèyèh] sakêdhap. Jam gangsal kula wangsul dhatêng Tanjungpinang, numpak sampan Cina, lampahipun sakeca, botên mutawatosi.

Dumugi ing griya, lêlampahan kula kula cariyosakên dhatêng semah kula. Radi gêtun-gêtun, sarta sukur ing Pangeran.

Bab XIII. Ngangên-angên Bab Pandamêlan.

Rumiyin, sarêng kula dèrèng mangkat, pangraos kula Riyo punika kok têbih sangêt, kados awang-awangên têbihipun, namung sarêng sampun dumugi ing Riyo, pangraos kula kok cêlak kemawon, namung lampahan kalih dintên kalih dalu, tur kasambi tilêman kemawon, dangu-dangu dumugi piyambak. Wontên ing Riyo sumêrêp têtingalan, ingkang ing tanah Jawi botên wontên, mirêngakên tiyang wicantên cara Mlajêng ingkang têmênanan. Pangraos kula, tumrapipun dhatêng guru Mlajêng ingkang dede tiyang Mlajêng, sakalangkung kathah sarta agêng-agêng paedahipun dhatêng pandamêlanipun. Anggèn kula dhatêng ing Riyo punika kula anggêp kalêrêsan, sabab kula sampun sadhiya pitakèn warni-warni. Pakèwêd ingkang mancungulipun nalika kula nglampahakên [ngla...]

--- 69 ---

[...mpahakên] pandamêlan, kula klêmpakakên angsal sadhabrêg. Sadaya têmbung utawi paribasan, utawi prakawis sanèsipun, ingkang botên sagêd angsal katrangan saking sêrat bausastra, utawi saking kônca-kônca, kula sagêd nakèkakên dhatêng tiyang Mlajêng ingkang dêlês. Têrkadhang angsal katrangan ingkang marêmakên, têrkadhang tiyang Mlajêng inggih kwalahan. Ananging manah kula mêksa kraos lêga. Manawi kula nglêrêsi mulang, wontên pangagêng utawi kônca-kônca Mlajêng, ingkang ngandika, yèn têmbung anu punika, ing tanah Riyo botên kangge, botên wontên, kula lajêng botên sagêd kumêcap, gondhelan kula mung sêrat waosan utawi bausastra, punika dipun paibên, sabab kaanggêp basaning sêrat, manah kula lajêng ngônja-ônja. Dhasar kula cupêt ing kawruh, dados wontênipun namung ngajêng-ajêng, benjing punapa kula sagêd mirêngakên tiyang Mlajêng wicantênan ingkang sasêkecanipun. Kula inggih asring mirêng tiyang utawi kônca-kônca ingkang saking Padhang wicantênan cara Mlajêng, nanging saking pangraos kula kok gèsèh sawatawis, kalihan cara Mlajêng ingkang kula sinau. Môngka ingkang kasêbut ing undhang-undhanging pamulangan, cara Mlajêng ingkang kêdah kawulangakên ing pamulanganipun kangjêng guprêmèn, kêdah cara Mlajêng Riyo utawi Johor. Dados manah kula botên patos ajêng dhatêng cara Mlajêng Padhang. Pêpuntoning manah kula

--- 70 ---

makatên: sadaya ingkang dados guru basa Jawi, pantêsipun kêdah sampun manggèn wontên ing Surakarta utawi ing Ngayogyakarta. Sukur angsal tiyang ingkang asli ing ngriku. Wondene ingkang dados guru basa Malajêng, saenipun, sakêdhap-sakêdhap sagêda ngambah ing tanah Malajêng, sukur sagêd lami. Rumiyin kangjêng guprêmèn kagungan karsa, sasagêd-sagêd guru Mlajêng ing tanah Jawi kapêndhêtakên tiyang Mlajêng dêlês, bokmanawi inggih sae, nanging ingkang sampun wontên, kok dipun undur: Angku Muhammad Jèn, waunipun dados guru Mlajêng ing Bandhung, sapunika kok kapindhah dhatêng ing komisi polêkslèktur ing Batawi. Kula botên mangêrtos kadospundi karsanipun kangjêng guprêmèn. Nanging sayêktosipun tiyang Padhang, tumrapipun ing Riyo inggih kalêbêt tiyang mônca. Mancanipun undha-undhi kemawon kalihan tiyang Jawi, cara Mlajêngipun inggih gèsèh. Kalihan malih tiyang Padhang kadadosakên priyantun wontên ing tanah Jawi, bokmanawi inggih kirang rêmên, bingah yèn kadadosakên priyantun wontên ing nagarinipun. Makatên wau saking kintên-kintên kula piyambak. Ewasamantên kok inggih botên kirang tiyang Padhang utawi tiyang Sumatra ingkang dados priyantun wontên ing Batawi, wontên ingkang dados dêmang, wontên ingkang dados asistèn wadana. Bokmanawi kabêkta saking nagari Batawi tiyangipun prasasat [pra...]

--- 71 ---

[...sasat] tiyang Mlajêng, botên patos têbih kaotipun kalihan tiyang Malajêng ingkang lugu. Wondene tiyang Jawi ingkang dados priyantun wontên ing tanah sabrang, tingalipun kok inggih ayêm-ayêm, sanajan sami botên gadhah rencang, kok botên ngrêsula, sadaya pandamêlan dipun ayahi piyambak. Jalêr èstri tulung-tinulung ing bab blônja dhatêng ing pêkên, olah-olah, umbah-umbah, sadaya tulung-tinulung jalêr èstri. Makatên ugi kula kalihan semah kula inggih tulung-tinulung.

Mangsuli bab anggèn kula ngangên-angên pandamêlan. Kula namung kesah samantên têbihipun kemawon, pangraos kula kok kados sampun lumêbêt ing jagat sanès, saiba kangmas guru Jawi, Mas Ngabèi Dwijasewaya, kadospundi byaring paningalipun, sampun anjajah ngidêri jagat kêmput, tamtunipun inggih wêgah sangêt, yèn ta badhe nyêrati sadaya ingkang dipun priksani. Kawêwahan sapunika pandamêlanipun brêg-brêgan. Kajawi pandamêlanipun ing pamulangan, mawi anggalih pakêmpalan warni-warni, tur kawêwahan pandamêlan dados lid polêksrad, punika ingkang mêgah-mêgahakên. Tamtunipun rintên dalu anggalih bab tumindakipun anggènipun dados lid wau, sampun ngantos katingal asor, sarta sampun ngantos tampi panguring-uringipun tiyang sangêt-sangêt.

--- 72 ---

Panyêrat kula ing tanggal 1 Sèptèmbêr, sarta ingkang kula cariyosakên inggih dumugi ing titi môngsa punika. Ing sakobêr kula badhe kula lajêngakên, benjing enjing badhe wiwit anglajêngakên panggarap kula bausastra. Namung sayêktosipun radi wêgah, saking angèlipun. Anggarap sadintên, botên sagêd angsal sakaca, margi tansah ambiyaki sêrat bausastra kemawon, dene ingkang kula biyaki:

1. Bausastra Jawi Walandi, karanganipun Paduka Tuwan Yanês.

2. Bausastra Jawi Walandi, karanganipun Paduka Tuwan Rurdhah.

3. Bausastra Malajêng Walandi sarta Walandi Malajêng karanganipun Tuwan Klingkrêt.

4. Bausastra Minangkabo Walandi karanganipun Paduka Tuwan Pandêr Torên.

Bausastra karanganipun Paduka Tuwan Pondhêwal botên kula bêkta sabab sakalangkung awrat. Nalika kula taksih wontên ing Ngayoja inggih sok kula angge.

Bab XIV. Sêrat Kintunan tuwin Sêrat Kabar sarta Sêrat Waosan.

Nalika kula ngajêngakên mangkat saking Ngayoja sampun angraos, [angra...]

--- [0] ---

[Grafik]

Kantorpos ing Tanjungpinang.

--- 73 ---

[...os,] yèn badhe kakirangan sêrat waosan, sabab sêrat-sêrat kula waosan botên wontên ingkang kula bêkta, kuwatos ngawrat-awrati. Môngka wontênipun ing Riyo kula tiyang enggal, badhe nyambut-nyambut, tamtunipun inggih pakèwêd, botên kados wontên ing Ngayoja, kathah ingkang kenging kula sambuti. Nyambut dhatêng pamulangan kemawon, kula waos sawindu môngsa têlasa. Kajawi punika ing Ngayoja kathah pakêmpalan ingkang pancèn nyewakakên sêrat waosan. Dados botên badhe kakirangan. Pramila sadaya lêngganan kula sêrat kabar kula criyosi, koran kula kula purih andhawahakên ing Tanjungpinang. Sarêng kula dumugi ing Tanjungpinang, sarèhne mangkat kula saking Batawi mundur, sêrat-sêrat kabar kula ingkang dhumawah dhatêng panjuwalan sampun ngumbruk, kenging kula angge ngarêm-arêm manah. Wontên ing Batawi kajawi saking kangmas Radèn Jayasudira, inggih angsal sêrat saking Sutan Tumênggung, isinipun sae (pêdhoman priyayi taun II) sampun jilidan.

Dhatêngipun sêrat kabar, sanajan botên sabên dintên, inggih nama lumintu. Têrkadhang dipun kintuni sêrat kabar dhatêng kangmas Radèn Jayasudira ngantos satumpuk kalih tumpuk, kenging kula waos ngantos tiga sakawan dintên, manah kula radi têntrêm. [tê...]

--- 74 ---

[...ntrêm.] Kajawi punika kula ngupados sêrat-sêrat Malajêng, damêlanipun tiyang Malajêng. Angsal saking Radèn Ino, sêrat-sêrat saking Johor.

Nyêlani cariyos. Salêbêtipun kula nyêrat punika wontên jawah saklangkung dêrês, kados kaêsokakên saking langit, blêdhèg angampar-ampar kados mriyêm tinundha. Kilat thathit sêsambêran adamêl girising manah. Kula lajêng minggah ing lotèng, nuwèni bokmanawi wontên ingkang trocoh, dadosipun[6] botên wontên, kêpyur kemawon botên, môngka tanpa êpyan. Nanging ing pawon trocoh sadaya. Gêndhèng ing Riyo punika, pangêtrapipun tanpa êrèng, namung kaslagrangakên ing usuk kemawon, nanging mawi kalepa utawi kadalit. Usukipun kasanggi ing balok bundêr-bundêr malang, kadosdene iga-iga utawi antol. Dene runyikaning pangrêtrap, kula botên sagêd ngaturakên, namung tansah gumun, dene atrap gêndhèng kok tanpa êrèng.

Nglajêngakên cariyos ing nginggil: anggèn kula ngupados sêrat-sêrat Malajêng inggih botên kèndêl-kèndêl, nanging mêksa botên sagêd angsal-angsal malih. Saking cariyosipun tiyang-tiyang ing Pênyêngat wontên sêrat satunggal kalih, bokmanawi Raja Haji Abdullah kagungan. Nalika kula mrika rumiyin, [ru...]

--- 75 ---

[...miyin,] inggih botên angsal sêrat satunggal-tunggala, nanging badhe kula ayoni malih.

Sadangunipun kula wontên ing Riyo satêngah wulan, sawêg sapisan nampèni sêrat kintunan ingkang plêng, kakintunakên dhatêng ing Riyo, saking adhi kula èstri ing Malang, cariyos, yèn anakipun bayi tilar donya. Sêrat kintunan sanèsipun inggih wontên, nanging pancèn kasusulakên, waunipun kadhawahakên ing Batawi. Radi sangêt pangajêng-ajêng kula sêrat ingkang saking Ngayoja. Môngka anggèn kula kintun sêrat dhatêng Ngayoja prasasat botên kèndêl-kèndêl.

Wondene sêratipun adhi kula ingkang kasêbut ing nginggil, kula wangsuli makatên:

Pamuji salamêt.

Layangmu kang awèh wêruh tinggale anakmu wis tak tampani. Aku karo bakyumu iya milu susah, nanging iya dipupus. Wong-wong sing umur-umurane sakowe, mèh kabèh wis ngrasakake susah sing kaya kang kosôngga saiki iki. Samubarang kang wis kalakon, iku wis [wi...]

--- 76 ---

[...s] miturut karsane Gusti Allah, ora kêna kapurih wurunge. Yèn ambênêri nêmu sangsara, manungsa mung kudu sabar, sarta diundhaki pangabêktine marang Gusti Allah. Malah ana ucap-ucapan mangkene: wong kang nêmu sangsara iku cêdhak karo Pangerane. Môngka wong yèn cêdhak karo Pangerane, ora bisa aran cilaka. Dene yèn wong nêmu kabêgjan, kudu sokur, iya kudu diundhaki pangabêktine marang Pangeran. Anakmu saiki wis kapundhut ing Pangeran, andhisiki kowe, tumrape marang nyawane kêna kaaranan bêgja, dene durung nglakoni dosa kang kaya kowe lan aku. Mungguh susahmu lan susahe bojomu, iku wis ora kêna dipaido, nanging iya kudu disabili, gêntèn nglipur, aja tutuh-tinutuh. Yèn ana lirune salah siji, wong wis kêbanjur, iya ing besuk manèh wae diati-ati. Saiki sabisa-bisa kasusahan kudu dibirat. Sarèhne kowe isih padha tinitah urip, [uri...]

--- 77 ---

[...p,] iya kudu nganggo caraning wong urip.

Pangarêp-arêpku muga-muga Gusti Allah enggal paring panglipur marang kowe sakloron.

Kangmasmu

Sasrasugônda.

Tanjungpinang 25 Agustus 1918.

--- 78 ---

Catatan kaki:

1. § Nglêbêt bètèng = nglêbêt baluwarti kraton. (kembali)
2. § Adhi kula. (kembali)
3. § Anak kula (kembali)
4. § Yèn ing tanah Jawi: kaji. (kembali)
5. anggèning (kembali)
6. kadosipun (kembali)