Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111)

Judul
Sambungan
1. Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 001-053). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan
2. Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan
Citra

Ing sêrat: Wicara Kêras, kaca 7-9 wontên andharanipun ingkang anggêpok Wiradigda sakancanipun, ungêlipun makatên:

Sinom

kaya alam Wiradigda | lali kalamun wong cilik | kudu angowahi adat | ambubrah janji wus dadi | amêmpêng [a...]

--- 54 ---

[...mêmpêng] kudu jurit | sêsumbare bisa mabur | saguh lamun malumpat | bêngawane wong Sêmanggi | kabèh obat ing loji pan dadya toya ||

lawan ujare wong kathah | kabèh pra muridirèki | Nur Salèh kalawan Bahman | sayêktine jaman iki | ajana guru mami | nagara iki wus ancur | kalamun dèn anggêpa | kature marang sang aji | mung dinumuk bubrah loji ing Sêmarang ||

Kêndhuruwan Wiradigda | awisma anèng nagari | yèn nora dadi wadana | pasthi dalajating bumi | yèn karsane sang aji | karone dadi tumênggung | ing Bantên Balambangan | ngumpul mring Surakartèki | nadyan Bali Sumbawa Bugis Makasar ||

pasthi tundhuk marang Sala | padha asok bulu bêkti | nora lawan pinukul prang | miwah ing Batawi miris | marang Surakartèki | jendrale gawa pisungsung | lamun padha bănggaa | masa ngobahêna têki | gêntholikêm kang bêdhah loji Sêmarang ||

dene wong kang ahli jăngka | ngarani Radèn Misani | iku Radèn Wiradigda | anggêpe wus nora gimir | mulane dèn pêpêtri | ambalilu wong angantuk | balithuk ing nagara | agawe wutahing gêtih | wêkasane ting calulu nora pakra ||

Dhandhanggula

ilang cinucuki dhandhang putih | sigra ginawa muluk ngambara |

--- 55 ---

wong lima iku rewange | pikire ting salinthut | kudu nyathut Sultan Giyanti | durung kongsi tumêka | sêlak amrakungkung | sinuhun i Kabanaran | wus têtela lamun lêlananging bumi | ing mêngko durung ana ||

mung ing kuna akèh kang ngungkuli | yèn ing mêngko masa ta anaa | prandene kudu mathènthèng | wani tinandhing saguh | mulane ta ana bupati | aran Sujanapura | Tumênggung Ngalindur | karêpe amadhanana | duk timure iya Sultan Mangkubumi | aran Dèn Mas Sujana ||

ting baliyur dhikire wong ngutil | iya têka dèn anggêp nagara | lagya kabul istijrate | ngèlmu karang kinêlun | dudu ngèlmu ingkang sajati | tur ta masa mèmpêra | Ki Agêng rumuhun | Ngandul Mukiyi ing Karang | mung nalare anasak pating bêsasik | rusak angajak-ajak ||

Nalika wulan Sura Jimawal 1717 Idêlèr Jen Gredhe rawuh dhatêng Surakarta sarta Ngayogyakarta, dados utusanipun Kumpêni, wigatos ngrêmbag ruwêt rêntêngipun praja. Sarta nyuwun dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan karsaa masrahakên Bahman, Nur Salèh, Wiradigda, Panêngah sarta Kandhuruwan. Amargi têtiyang punika ingkang

--- 56 ---

mijèni raos pêthalipun kalihan Kumpêni. Manawi ingkang sinuhun puguh angêkahi, praja Surakarta badhe linawan ing pupuh.

Panêdhanipun Tuwan Dêlèr Jen Gredhe ingkang makatên punika ugi sampun dipun sayogyani Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana I. Emanipun dene botên andadosakên kaparêng dalêm kangjêng susuhunan, sabên-sabên dipun sêsêg ing rêmbag, panggalih dalêm owêl maringakên Bahman sakancanipun dhatêng panguwaos Walandi. Ngantos sawangsulipun tuwan dêlèr dhatêng Samarang, ngambali malih ngaturakên sêrat pamungkas, suraosipun kados ingkang sampun-sampun, kanthi pancasan mawanti-wanti, supados têtiyang ingkang damêl lêtuhing[1] praja tuwin dados durnanipun panjênêngan dalêm nata, enggal-enggal kaulungakên dhatêng Kumpêni.

Salêbêtipun Tuwan Jan Gredhe ngêntosi wangsulipun sêrat, sampun siyaga mêpak wadyabala, kangge jagi-jagi ngrampit kitha Surakarta.

Tumênggung Wiradigda kalihan Panêngah ugi sampun damêl ngèngrèng sêrat wangsulan dhatêng Kumpêni. Ngèngrèng punika kapurih macak Radèn Rănggawarsita I. Inggih punika putranipun [putrani...]

--- 57 ---

[...pun] Ngabèi Yasadipura I, ingkang pawingkingipun asma Radèn Tumênggung Sastranagara. Anèhipun dene Radèn Rănggawarsita botên purun macak, sangêt-sangêt pamoponipun, aturipun aluwung pinêjahana tinimbang nglampahi dhawuhipun Tumênggung Wiradigda. Awit saking punika, wêkdalipun ngantos kasèp sangêt, Kumpêni dèrèng nampèni wangsulan, mila kapêksa ngangkatakên wadyabala, dipun kêrigakên dhatêng Surakarta.

Nuju ing wanci dalu, tiyang tiga: Bahman, Nur Salèh, sarta Panêngah badhe ambêsêm loji. Lampahipun saking alun-alun mangetan mêdal Bathangan, sami mirantos gandhewa sapanahipun. Panahipun dipun kanthil-kanthili upêt sêpêt. Tiyang tiga marambah-rambah anggènipun anglêpasakên panah. Panah latu punika wontên ingkang ngengingi payon, nalusup ing sirab, lan ugi kathah ingkang dhawah saênggèn-ênggènipun. Upêt sêpêt punika murub ambêsêm sirab, andadosakên kagegeranipun Kumpêni ingkang jagi. Rahayunipun dene latu enggal sagêd dipun sirêp, Kumpêni siyaga ing pakèwêd, ngrakit mariyêm ing loji dipun pasang majêng mangidul, ngênêr papan pinangkanipun panah latu.

--- 58 ---

Tiyang tiga nuntên lumajêng sipat kuping, napasipun ngangsur-angsur, dumugi ing alun-alun andhêlik dhatêng waringin sêngkêran, malêbêt dhatêng pancak suji. Dèrèng ngantos aring napasipun, katungka wontên tiyang ambêkta êting saking wetan. Tiyang ingkang ambêkta êting punika kengkenanipun tiyang tiga wau, kapurih nêlik dhatêng griyanipun Ngabèi Yasadipura. Sasampunipun dumugi ing waringin sêngkêran dipun êndhêg, êtingipun kapurih mêjahi.

Nalika dipun takèni, wangsulanipun têlik makatên: Kula saèstu sampun dhatêng Yasadipuran, ing ngrika sampun kangah[2] para bupati Ngayoja sami lampah dhêdhêmitan, ingkang barisipun sampun dumugi Dêlanggu.

La, apa sing dirêmbug.

Wangsulanipun têlik: Ki ngabèi wicantên: Besuk yèn Panêngah, Bahman lan Nur Salèh ora bisa gawe pangabaran gêni sagunung, padha rampogên ing ngakèh, kanggo apa wong-wong iku. Si Bandhol angrompol gawe rusak angajak-ajak.

Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111): Citra 1 dari 5
Pangrèh Kumite Darah Yasadipuran I. Ingkang lênggah saking kiwa manêngên: R. Ng. Wignyasukaya, hartaka II, R. Ng. Sumawiraya, hartaka I, R. Ng. Arjadipraja, pangarsa, R. Ng. Yasapuraya, mudha pangarsa, ngrangkêp panitya pustaka warti, R. Ng. Andayadipraja, Panitra I ngrangkêp panitya pustaka warti, R. Ng. Mangun Sugyarta, Panitra II. Ingkang ngadêg saking kiwa manêngên: R. D. Tata Wardaya, panitya, R. Sastrawaluya, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti, R. Ng. Artadarsana, panitya, R. Ng. Wignyawiryana, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti, R. M. Ng. Wirasugita, panitya, R. Wignyasarjana, panitya, R. Jayaniman, panitya, R. Ng. Ănggapradata, panitya, R. Ng. Yasawarsita, panitya, R. Marsapranata, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti, R. Ng. Prajaartana, panitya, R. Ng. Mangundipraja, panitya, R. Ng. Mardyapranata, R. Yasawiyata, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti, R. Sastradarsana, panitya, R. Sastrasumarta, panitya ngrangkêp panitya pustaka warti (ngarang saha andhapuk), R. M. Sudarmadi, panitya, R. Suharta Adiwardaya, panitya, R. L. Atmaudyana, Adpisir, pangarsa paguyuban darah Tus Pajang (Yasadipuran I).

Dene ingkang botên kalêbêt ing gambar namung Radèn Ngabèi Dartawarsita asisten wadana kitha Klathèn.

Ki Nur Salèh wicantên dhatêng kancanipun: Rumiyin mila kula lak sampun suka rêmbag, sadaya abdi dalêm ingkang mêmalangi, supados kasingkirakên saking praja, mindhak [mindha...]

--- 59 ---

[...k] amêmurung lampah.

Panêngah: kula inggih sampun munjuk sang prabu, langkung saking kaping sadasa anggèn kula munjuk. Nanging kadospundi malih, ingkang sinuhun namung nyanggupi kemawon.

Wiradigda sumambêt: Mêsthi bae unjuke kakang Panêngah iku ora kagêm, lha wong didhawuhi anjênêngake mantri Si Dhêlong, nganti pitung dina ora ana kabul kawuse. Nganti jam lima sore uwa Bèi Yasadipura katimbalan ngandikan. Nalika dipundhuti anjênêngake mantri Si Dhêlong, mung saênyèk bae wis bisa, aran: Gorawacana. Nalika anjênêngake abdi dalêm nganti wong patang puluh, mung sak êjam uwa bèi wis rampung. Dadi sing kabangêtên iku rak kakang Panêngah. Anane ora olèh pangandêl iku saka ora kêna diandêl.

Dumugi samantên anggènipun rêrêmbagan sigêg, Tumênggung Wiradigda mantuk mangilèn dhatêng Panumping, dipun êtutakên kancanipun. Sadumuginipun ing griya, ngundang muridipun ingkang sampun dados abdi dalêm, inggih punika: Kandhuruwan sarta Rănggasupatra, sami dipun jak sarasehan rêmbag, anggènipun badhe nandukakên karti sampeka.

Kacariyos, wadyabala Kumpêni pintên-pintên èwu [è...]

--- 60 ---

[...wu] sampun dumugi ing Surakarta. Prajurit Makasar, Bugis, Kêling, ingkang nindhihi Dêlèrlatut Arêtman. Baris Madura sarta Sumênêp ingkang mangagêngi Mayor: Rèk, anjujug ing Mangkunagaran.

Dintên Kêmis tanggal kaping 10, Mulud, Jimawal 1717, baris Ngayogyakarta saking Gondhang Tangkisan sampun dumugi ing Dêlanggu, ingkang nindhihi Adipati Sindurêja, sadintên-dintên sêlur dhatêngipun wadyabala malêbêt kitha, mirantos dêdamêling jurit.

Kangjêng Pangeran Purubaya nimbali Ngabèi Yasadipura, dhatêngipun dipun panggihi wontên ing gêdhong kilèn.

: Yasadipura, kapriye dene katêmahan mangkene iki, apa kowe ora munjuk kaya wêlingku, ta.

: O, Gusti, botên kados anggèn kawula munjuk. Panjênêngan dalêm piyambak lêt kalih dintên inggih sowan malêbêt, punapa inggih botên matur.

: Aku iya matur dhewe. Nanging ... O ya talah, genea mangkene wusanane. Kapriye ta, pambobotmu.

: O, Gusti, sampun botên parlu dipun bobot malih,

--- 61 ---

bêbasanipun asor timbang. Praja mêsthi nêmahi karisakan.

Apa aku parlu matur manèh.

Sampun kasèp gusti. sampun botên parlu munjuk malih.

Lah, kapenake kapriye.

Prayogi damêl rekadaya sanès, murih manggih rahayu.

Kangjêng Pangeran Purubaya mèndêl angungun, katawis ing sêmu yèn nawung rudatosing galih.

9. Salêbêtipun Jaman Pakêpung II.

Bidhalipun barisan Ngayoja sampun malêbêt kitha. Lampahipun dumugi Nglawiyan, têrus mangetan dumugi ing Mangkuyudan, anjogipun ing Kadhawung. Wontên ing ngriku damêl pakuwon kangge lêrêm. Baris pasisir mêpak wadyabala ing Jurug sarta ing Sêmanggi. Dados kitha sampun têmu gêlang dipun rampit ing wadyabala.

Radèn Adipati Jayaningrat ngêmpalakên para bupati wontên ing pagêlaran, rêmbagipun eyung botên sagêd gumolong, malah têtah-tinêtah. Salêtêtipun [Salêtêti...]

--- 62 ---

[...pun] praja pating bilulung punika sang prabu punika miyos saking kadhaton kanthi namurkula, parlu badhe mriksa sarta matitisakên kabar ingkang damêl gêtêripun tiyang kathah. Jêngkaripun ingkang sinuhun punika saya damêl kuwuripun abdi sadaya. Polahipun tiyang kados gabah dipun intêri, ngalèr ngidul pating bilulung, tambuh paraning sêdya.

Wontên para nyai mlojang-mlajêng tawan-tawan tangis, kalihan andharindhil sosotipun: Dikêkêpruk Si Bahman. Dirampog sing gawe onar. Guru gêmbêlung, sugih umbag ngumbar sanggup. Didhêdhêplok ajur kumur-kumur.

Ing dhatulaya udan tangis, têtiyang sami uyang-uyung. Mêndhanipun sarêng katungka rawuh dalêm. Adipati Jayaningrat dalah para bupati ingandikan, sowanipun anjujug ing panêpèn.

Pangandika dalêm: Jayaningrat, kapriye dene kabrojolan, baris Kumpêni lan Ngayoja kok nganti bisa mlêbu kutha. Apa bocah bupati ora sira dhawuhi.

Kawula nuwun gusti, badhe ngundurakên kapaksa botên sagêd, saking tampining dhawuh sarana wêwangsitan satunggal-tunggal, dados tumindaking damêl sami kadho.

Pangandika dalêm kanggêg, dening katungka marakipun Nyai

--- 63 ---

Lurah Sêcanama, ingkang kautus nuwèni sowanipun abdi dalêm Kadipatèn.

Unjukipun Nyai Sêcanama: kawula nuwun gusti, ingkang kêmit namung pun bapa Yasadipura kalihan kancanipun mantri satunggal. Pun bapa sawêg ngeca-eca tilêm.

: Apa ora sira gugah.

: Kawula nuwun sampun. Nalika kawula gigah yèn wontên mêngsah dhatêng, tanginipun sajak sasêkecanipun, malah lajêng pitakèn makatên: Wiradigda lan Panêngah punapa taksih gêsang. Yèn taksih bonggan gawe timên. Kajêngipun mêngsah-mêngsah punika dipun damoni Bahman sakancanipun. Makatên gusti wangsulanipun. Pun bapa lajêng tilêm malih.

Dhawuh timbalan dalêm: Jayaningrat, saiki pasowanan bubarna. Sesuk esuk bae dikapara esuk padha rêmbugên manèh. Bapa Yasadipura karo têtuwa kumpulna kabèh.

Dintên Kêmis enjing, tanggal kaping 10 Mulud, Adipati Jayaningrat katimbalan malêbêt, ingandikan: sasampunipun sowan, sang prabu ngandika: Jayaningrat, apa karanane, dene Si Rănggawarsita mopo dikon [diko...]

--- 64 ---

[...n] nulis wangsulan marang Kumpêni.

: Kawula nuwun gusti, wontênipun abdi dalêm Rănggawarsita ambadal parentah, saking sêrat ngèngrèng punika damêlanipun Wiradigda piyambak. Măngka suraosipun botên badhe nyirêp prakawis, suwangsulipun malah badhe damêl muntabipun Walandi. Makatên gusti, sababipun mopo. Sangêt-sangêt panguman-umanipun dhatêng Wiradigda, kawastanan tiyang ambalenjani ing ubaya, kapêntoging păncabaya, tibakipun sami botên sagêd punapa-punapa. Awit saking punika gusti, miturut pamanggihipun Rănggawarsita, Wiradigda sakancanipun punika tiyang ingkang agêng sangêt dosanipun dhatêng nagari.

Ingkang sinuhun midhangêt unjukipun Adipati Jayaningrat, namung gèdhèg-gèdhèg, ngastos[3] dangu anjêngêr botên ngandika.

: Adipati, saiki Rănggawarsita turutên bae. Sira gawea layang wangsulan marang Kumpêni, kang surasane ingsun bangêt anggêtuni marang lêlakon iki. Wis adipati, Si Rănggawarsita konên nulis.

Adipati Jayaningrat kalilan mundur, lajêng dhawuh dhatêng Radèn Rănggawarsita, kaajak dhatêng panggung damêl ngèngrèng. Sasampunipun [Sa...]

--- 65 ---

[...sampunipun] dados, kawaos sampun sakeca têtêmbunganipun, nuntên kadhawuhan macak pisan, ngantos jam kalih dalu sawêg rampung. Sêrat punika salajêngipun kabêkta Adipati Jayaningrat dhatêng loji, kasukakakên dhatêng Tuwan Arêtman, supados tumuntên dipun kintunakên dhatêng Samarang. Dene Tuwan Arêtman piyambak dipun sukani ngengrenganipun.

Panêmbahan Cakraningrat ingkang manggalani wadyabala Madura, sampun dumugi ing Samarang, pêpanggihan kalihan Dêlèr Jan Grepe. Tuwan dêlèr angginêm ruwêt rêntênging Surakarta, bilih ing wêkdal punika sawêg buthêk sangêt.

Panêmbahan Cakraningrat sangêt-sangêt anggènipun maripih tuwan dêlèr, sarta anggênahakên dununging kalêpatan punika wontên têtiyang ingkang ambêk paripaksa, ingkang rêraton nêdya mirong kampuh jingga. Tumrap sarira dalêm, sang panêmbahan wani namtokakên masthi botên kagungan karsa ingkang kados makatên, amargi panggalih dalêm punika luhur kados rêdi Mahamèru. Jêmbaripun kados samodra ingkang tanpa têpi, kuncaranipun kados sêsotya ingkang ngumala ngambar. Namung kabêkta saking nata mudha, gampil kenging pangaribawa sarta bêbolèhipun tiyang

--- 66 ---

lamis, ingkang namung mamrihakên badanipun piyambak, awit saking rêmbag punika, tuwan dêlèr suda dêrêngipun.

Adipati Jayaningrat katimbalan sowan malêbêt, kadhèrèkakên Tumênggung Kartanagara, Ngabèi Yasadipura, Ngabèi Têpasănta, sarta Dêmang Urawan, parlu ingandikan. Awit saking unjukipun Marakusuma, lêpatipun têtiyang punika supados dipun têbas kemawon kalihan paosipun bumi pasisir. Yèn punika dèrèng andadosakên panujunipun Kumpêni, kawêwahan malih bumi Wirasaba, mawi kawangênan wancinipun. Sadaya abdi dalêm ingkang ingandikan sami nyarujuki, kajawi Ngabèi Yasadipura piyambak ingkang kêkah botên mupakat.

Unjukipun Ngabèi Yasadipura: Kajawi kaparêng dalêm gusti, pamanggih punika kawula botên mupakat thok. Punapa: Bahman sakancanipun punika sampun wontên labêtipun dhatêng praja, dene kalêpatanipun kok badhe katêbas bumi. Têtiyang punika dosa agêng, botên pantês angsal pangapuntên, kajawi namung dipun bêsêm.

Sayêktosipun, pamanggihipun Ngabèi Yasadipura punika kathah ingkang nocogi, nanging kabêkta ajrih,

--- 67 ---

dados botên wontên ingkang wani mudhoni rêmbag.

Ing sontên punika wanci jam 8 dalu, Adipati Jayaningrat dhatêng loji, kadhèrèkakên Radèn Dulkamit. Mênggah wigatosipun badhe pêpanggihan kalihan tuwan oprup. Sasampunipun tinampèn, lajêng satata linggih. Adipati Jayaningrat ngangsahakên rêmbag, badhe nêbas kalêpatanipun têtiyang ingkang dosa dhatêng Kumpêni, ngalih èwu rupiyah tiyang satunggal.

Tuwan oprup mirêng rêmbag makatên punika kêcêmut gumujêng, wicantênipun: O, radèn adipati pundi wontên tiyang dosa ing nagari kenging tinêbas. Têtiyang punika lêpatipun agêng, nêdya damêl rêngkaning praja, mila pêpanggilipun Kumpêni, murih praja Surakarta manggih karahayon, kaparênga kangjêng sinuhun maringakên têtiyang punika. Manawi bêbana punika botên dipun pituruti, masthi badhe nêmahi botên sae.

Saunduripun saking loji, Radèn Adipati Jayaningrat têrus sowan ing sang prabu, kaparêngakên ingandikan. Sadaya rêmbagipun Kumpêni sampun konjuk sadaya, andadosakên sêkêling panggalih dalêm. Wasana Adipati Jayaningrat kalilan mundur.

--- 68 ---

Kangjêng Pangeran Arya Purubaya ugi sampun tindak dhatêng loji, wigatosipun ngrapih sêdyanipun Kumpêni, supados sampun kasêsa rumiyin, kasrantosna ing sawatawis, kangjêng pangeran badhe ambudidaya, supados ingkang sinuhun karsa mituruti panêdhanipun Kumpêni.

Wadyabala pasisir andalêdêg sabên dintên lumêbêt ing kitha. Prajurit Surabaya ingkang nindhihi Tumênggung Jayadirana, dene Prajurit Madura ingkang nindhihi Panêmbahan Cakraningrat. Makatên ugi prajurit Japara sarta Têgal, ugi sampun dumugi ing Surakarta. Karaton Surakarta kinêpung wakul binaya mangap, kitha sampun têpung gêlang dipun rampit wadyabala ambathithit. Têtiyang Surakarta wayang-wuyungan, manahipun sami kêkês, langkung malih para pawèstri namung adus êluh, tambuh-tambuh paraning sêdya.

Dintênipun malêm Kêmis wanci bakda ngisa, ingkang sinuhun utusan abdi dalêm anggandhèk nimbali kyai ngabèi. Sowanipun anjujug ing panêpèn, ingkang tut wingking Radèn Rănggawarsita. Sasampunipun lumêbêt, panêpèn dipun kunci saking nglêbêt, amargi kangjêng sinuhun karsa ngandika wigatos.

Pangandika dalêm: Bapa Yasadipura, ingsun ora ngira [ngi...]

--- 69 ---

[...ra] marang wusanane lêlakon iki, dene mangkene dadine. Marmane ing mêngko ingsun mundhut rêmbugira, kapriye mungguh prayogane.

Kyai ngabèi mabukuh marikêlu, mawanti-wanti sêmbahipun: Kawula nuwun Gusti, mênggah unjuk kawula botên wontên malih-malih, kajawi namung mituruti panêdhanipun Kumpêni, amargi manawi dipun kêkahi, agêngipun mawi linawan ing jurit, badhe nêrak kalêpatan kawan prakawis, gusti.

: Kapriye bapa, têrange.

: Makatên gusti. Sapisan lêpat kalihan eyang dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, dene melikakên nagari Ngayogyakarta, ingkang lêrêsipun sanès mêsthinipun. Kaping kalih: nama pêrang siya-siya, amargi wadyabala sarta panèwu mantri taksih ura pamanggihipun, dèrèng sawiji. Kaping tiga: pêrang nistha, sabab kasompok ing wêkdal, karupêkên ing gêlar. Kaping sakawan, pêrang kuciwa, awit panjênêngan dalêm dèrèng kagungan: sabêt ingkang sèwu satunggal landhêpipun, tuwin kuda gung aluhur ingkang rikating plajêngipun kados thathit.

Kyai ngabèi nyêmbah mawantu-wantu, wasana unjukipun [unjukipu...]

--- 70 ---

[...n] malih: Sumăngga gusti, sadaya punika kaparênga anggalih kalihan yêktinipun. Sadaya unjukipun guru dalêm punika amung amrih risak, nêdya mêmurung lampah. Baya dosa punapa ingkang tinêmah, gusti, manawi panjênêngan dalêm kalimput ing panggalih, awit saking gênging katrêsnan dalêm dhumatêng têtiyang candhala ing budi punika.

Kyai ngabèi nungkêmi pada dalêm, unjukipun ngrêrêpa anggarit panggalih. Ingkang sinuhun kumêmbêng kapiluh midhangêtakên unjukipun kyai ngabèi, dangu anjêngêr botên angandika. Sangêt karănta sarta karaos-raos panggalih dalêm, wasana angandika: I, i, bapa, bênêr unjukira, pancèn mangkono yêktine. Ingsun rumăngsa kalorob ing rêmbug, kapanduk ing sandipaya, kapriye pidanane wong mangkono iku, bapa.

: Kawula nuwun gusti. Têtiyang punika pantêsipun namung dipun bêsêm, dening maha nêdya damêl rêngkaning praja.

Sang prabu rumaos lêjar ing panggalih, wasana nimbali rayi dalêm Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi. Gêdhong panêpèn sampun binuka kontênipun. Kangjêng pangeran sowan wontên ing ngarsa dalêm.

Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111): Citra 2 dari 5
Panitya ingkang ngarang buku. Ingkang ngadêg saking kiwa manêngên: R. Ng. Arjadipraja (pangarsa komite), R. Ng. Wignyawiryana, R. Yasawiyata, Ingkang linggih: R. Sastrawaluya, R. Marsapranata, R. Ng. Yasapuraya, R. Sasrasumarta, sarta Ng. Andayadipraja.

: Hèh, Mangkubumi, sira enggala mênyang Purbayan, matura

--- 71 ---

paman, manawa wong-wong kang dijaluk Kumpêni iki, ingkang sun lilakake lima, yaiku: Bahman, Nur Salèh, Wiradigda, Panêngah sarta Kandhuruwan. Dene sing ora loro, yaiku: Wirarêja lan Sujanapura. Paman Purubaya warahên supaya sarêmbug karo Tuwan Arêtman tuwin Tuwan Panredhe. Saka kaparêng ingsun, mungguh panyêkêle wong-wong iku besuk Jumuwah bae wayah esuk. Marmane Walănda supaya sumadhiya. Aja nganti kalayatan.

Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi mundur saking ngarsa dalêm, lajêng têrus tindak dhatêng Purbayan, andhawuhakên kaparêng dalêm. Ing dalu punika ugi nuntên tata-tata rancangan badhe panyêpêngipun, sadaya sampun sami winangsit badhe tumindaking damêl.

Dintên Jumuwah tanggal kaping 11 Mulud Jimawal 1717, kalampahan anggènipun nyêpêngi tiyang gangsal, salajêngipun dipun cêngkal kapasrahakên dhatêng Kumpêni, kabêkta dhatêng Samarang. Tiyang gangsal ingkang dados pasakitan punika dados têtingalanipun tiyang kathah, adamêl lêganipun tiyang sapraja, rumaos luwar saking bêbaya. Praja Surakarta manggih tata raharja.

--- 72 ---

Sadumuginipun ing Samarang nuntên kakintunakên dhatêng Batawi, bêbandan gangsal punika kabucal dhatêng pulo Odrus.

Tuwan Dêlèr Jan Grepe ngaturi sêrat dhatêng sang prabu, suraosipun ngaturakên suka gênging manah sarta ngintunakên angsul-angsul awujud badhe baludru dhatêng radèn adipati, Kangjêng Pangeran Arya Purubaya sarta Ki Ngabèi Yasadipura, minăngka tandhaning tarima kasih.

10. Krama Dalêm Ingkang Sinuhun IV

Nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV taksih jumênêng Pangeran Adipati Anom, garwa dalêm Radèn Ajêng Handaya, putranipun putri Radèn Tumênggung Cakradiningrat, bupati ing Pamêkasan, Madura. Krama dalêm kalihan putri Madura punika sampun kagungan putra kakung satunggal, asma Radèn Mas Gusti Sugandi. Dèrèng ngantos jumênêng nata, garwa dalêm Radèn Ayu Handaya seda.

Sabibaripun Pakêpung, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV karsa krama malih. Nalika punika wontên sêrat saking Ngayogyakarta lumantar Mangundipura dhatêng Jayadipura. Mênggah suraosipun sêrat, wontêna kaparêng dalêm krama angsal Bandara Radèn Ajêng

--- 73 ---

Saelah, putri dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Anom ing Ngayogyakarta.

Sêrat punika sasampunipun konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, lajêng arêmbag kalihan Kangjêng Pangeran Arya Purubaya sarta Ngabèi Yasadipura. Tumrap kangjêng pangeran piyambak, ing panggalih rujuk sangêt manawi ingkang sinuhun krama angsal putri Ngayogya. Kajawi Bandara Radèn Ajêng Saelah punika sulistya ing warni, ugi kangge nungtumakên balung apisah, amrih supêkêtipun praja Surakarta kalihan Ngayogya. Amung emanipun dene wontên manèkipun sakêdhik, ingkang sagêd damêl sandening rêmbag. Inggih awit sandening rêmbag punika ingkang anjalari Kangjêng Pangeran Arya Purubaya ragi kacuwan.

Mênggah ingkang dados wagêling panggalih dalêm, saking ngèngêti dhawuh dalêm ingkang rama suwargi, paring pitungkas: botên anglilani krama angsal putri Ngayogya. Dene nalikanipun mitungkas rumiyin, Ngabèi Yasadipura ugi wontên.

Wasana Kangjêng Pangeran Arya Purubaya nyuwun lumèngsèr saking ngarsa dalêm, kalihan Ngabèi Yasadipura kasuwun mundur. Tindakipun dipun dhèrèkakên Ngabèi Yasadipura,

--- 74 ---

anjujug dhatêng Purubayan. Dèrèng ngantos lukar kampuh, kangjêng pangeran têrus dhatêng gêdhong, kadhèrèkakên kanthinipun.

Kangjêng pangeran ngandika: Bapa Yasadipura, kapriye mungguh pamitungkase rama dalêm ingkang suwargi.

: Makatên gusti, ing sarèhning garwa dalêm ingkang saking Madura punika sedanipun tilar putra satunggal, Bandara Radèn Mas Gusti Sugandi, manawi lajêng krama angsal putri Ngayogya, sandeyaning panggalih dalêm ingkang suwarga, bokbilih sagêd nuwuhakên sabab. Punika gusti, mênggah ingkang dados mawanipun.

: Yèn mangkono bae, tak anggêp prakara gampang.

: Kadospundi, gusti.

: E ngene. Aku gêlêm anjanjèni marang adhi mas, adipati, murih aja nganti ana nalar. Aku saguh mênyang Ngayogyakarta dhewe, nganti sarampunge rêmbug iku pisan.

: Nanging kawuningana gusti, kados sampun botên parlu.

Kangjêng pangeran anjêngèk, ora parlu priye.

: Makatên gusti, sajatosipun putra dalêm ingkang sinuhun sampun badhe krama angsal putri Madura.

--- 75 ---

Kados punapa kagètipun kangjêng pangeran nalika mirêng atur ingkang kados makatên punika. Saking gitaning panggalih, pasuryan ambrabak abrit, pangandikanipun: Geneya kok aku ora wêruh kênthang kimpule.

: Saèstunipun makatên gusti, krama dalêm ingkang sinuhun punika sêsarêngan kalihan putra dalêm Kangjêng Pangeran Mangkubumi sarta Kangjêng Pangeran Buminata. Sang prabu karsa dhaup kalihan putri Pamêkasan, putranipun Radèn Tumênggung Cakraningrat, asma Radèn Ajêng Sakaptinah, dados kapetang ngarang ulu. Kangjêng Pangeran Mangkubumi ugi angsal putri Pamêkasan ingkang ênèm, dene Kangjêng Pangeran Buminata angsal putranipun putri Adipati Pathi.

Kangjêng Pangeran Arya Purubaya saya namung[4] dhêlêg-dhêlêg, dene wontên prakawis kados makatên, babar pisan dèrèng mangêrtos. Mila dukanipun saya sangêt, pangandikanipun: Ngrêtimu saka sapa.

: Nuninggih gusti, badhe karsa dalêm krama punika, ingkang sinuhun sampun ngaturi sêrat dhatêng bapa dalêm tuwan dêlèr ing Samarang, amargi rêmbag punika mêdal Kumpêni. Wontênipun makatên, kabêkta panggalih dalêm amirakêt dhatêng

--- 76 ---

Kumpêni, ingkang tansah binapa-bapa.

: Sapa sing andhèrèk ingandikan.

: Dalêm botên sumêrêp.

: Sapa sing nulis layange iku.

: Bokmanawi carik dalêm pun Waladana mangrêtos.

Saking kadêrênging panggalih, Carik Waladana kadhawuhan nimbali, lan sagêda kèrid sanalika punika ugi. Botên dangu ingkang tinimbalan sampun sowan.

Nalika dipun dangu ing bab punika, aturipun makatên: Dalêm botên mangrêtos pinangkanipun dhawuh punika gusti. Dalêm namung kawawuhan[5] nyêrat, mênggah panyêrat dalêm, wontên ing griyanipun Ki Wirarêja.

Kangjêng pangeran saya muntap dukanipun, puruging bêndu dhatêng Wirarêja, pangandikanipun: Wong musibat Wirarêja iku. Patrape ora arus, anjêjêmbêri bumi.

Ngabèi Yasadipura ngrapu: Gusti, punapa pikantukipun duka dhatêng tiyang alit. Barang sampun kalajêng, kadospundi malih.

: Orak. Sing tak ngunguni kuwi, apa aku pancèn ditilapake.

: Kados botên, gusti. Namung saking dèrèng dipun paringi [pa...]

--- 77 ---

[...ringi] sumêrêp.

: Eh, mongsok.

: Anu gusti, panjênêngan dalêm kemawon dalêm aturi yasa dalêm ingkang pantês, kagêm benjing krama dalêm. Amargi ingkang badhe mêngkoni pangantèn putri punika panjênêngan dalêm.

: Hêh, iku rak mung saka gagasanmu. Apa kowe wani munjuk.

: Dalêm sampun ingandikan gusti. Badhe rawuhipun pangantèn putri punika dalêm sampun ngunjuk, prayogi wontên ing ngriki. Sinuhun sampun karênan ing galih, salajêngipun radèn adipati sampun kautus dhatêng loji, sarêmbag kalihan tuwan oprup. Cobi, mangke rak wontên rêmbag saking loji.

Kangjêng pangeran sampun lilih dukanipun: Apa têmên mangkono. Kowe iku rak mung saka pintêrmu olah sêsanggitan bae.

: O, botên manawi dalêm lêlamisan gusti. Dalêm sampun tiyang sêpuh.

Kangjêng pangeran kêcêmut gumujêng, pangandikanipun: Iya bapa, maklummu bae. Sadurunge bangêt panarimaku.

--- 78 ---

Dumugi samantên rêmbagipun kanggêg, katungka wontên upas Walandi dhatêng, parlu suka sumêrêp, bilih mangke jam nêm sontên tuwan oprup badhe martamu. Kangjêng pangeran saya suka ing galih, dene aturipun Ngabèi Yasadipura nètèsi sadaya.

: Bapa, kowe aja mulih dhisik, ngêntènana ana ing gêdhong kulon kono, supaya ora kawruhan karo oprup. Kabênêran bapa, aku mêntas oleh êtèh anyar saka Tuwan Kapitan Sok. Coba mêngko icipana, jarene: enak.

Ngabèi Yasadipura mèsêm, ing batos ngunandika: Wong agung iki panggalihe: putungan buru alêman. Angèl sratènane.

Dumugi wanci katêmtuwanipun, saèstu tuwan oprup rawuh ing Kapurubayan, dene wigatosipun kangjêng pangeran ingkang badhe mêngkoni pangantèn putri. Kajawi punika ugi lajêng ngrêmbag badhe lampah-lampahing pamiwahan lan sanès-sanèsipun. Botên dangu, tuwan oprup pamitan wangsul.

Kangjêng pangeran lajêng utusan mundhut dalêm, kalêrêsan sagêd enggal angsal, griyanipun Ănggawadana.

--- 79 ---

Griya punika sanalika kausung, kaêdêgakên wontên ing sawetan dalêm têngah, kawêwahan uparêngganipun. Radèn adipati kadhawuhan ing sang prabu, nganthi abdi dalêm kalang ingkang anggarap dalêm Kapurubayan dumugi tarub pisan. Minăngka wragadipun amêngkoni, kangjêng pangeran angsal patêdhan dalêm arta kalih èwu reyal.

Botên kacariyosakên rêroncènipun pamiwahan, krama dalêm sampun kalampahan angsal putri Pamêkasan. Ijabipun wontên ing dintên Rêbo Wage 16 Bêsar Jimawal 1717, kacirenan ing căndra sangkala: sapta raja goraning rat.[6] Garwa dalêm punika pawingkingipun asma Kangjêng Ratu Kancana.

Sarêng dintênipun Saptu, dhaupipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi, angsal putri Pamêkasan ingkang timur. Dene dintênipun Sênèn, dhaupipun Kangjêng Pangeran Buminata angsal putranipun putri Adipati Pathi.

Krama dalêm punika andadosakên tata raharjanipun praja, sarta Kangjêng Pangeran Purubaya sirna tabêting panggalih, kados sumilaking dirgantara ingkang kèsisan ing samirana.

--- 80 ---

10. Mirah Sinalin Kalungsu

Anuju ing wanci dalu kintên-kintên jam 7, langitipun rêsik, lintang-lintang abyor minăngka rêrêngganing dalu. Ngabèi Yasadipura mêdal saking griya, lumampah kêthêklik-kêthêklik lon-lonan dhatêng loji. Tuwan oprup sampun dangu anggènipun ngantu-antu angêntosi. Sarêng sampun dhatêng, tuwan oprup gupuh ngacarani.

: Bapak, sampun dangu anggèn kula ngêntosi.

: Inggih tuwan, sampun dados panggalih, ragi kasèp sowan kula.

: Anu Bapak, mila kula kèngkèni mriki, wontên parlu sakêdhik. Kala Tuwan Dêlèr Jan Gredhe ngaturi sêrat sang prabu, mawi nyêbutakên ing bab pocotipun Tumênggung Pringgalaya sarta Tumênggung Mangkuyuda. Tuwan dêlèr ngungun sangêt, dene priyantun sae-sae, têka kaundur kalênggahanipun, kagantos tiyang sanès, darah alit tur dèrèng wontên lêlabêtanipun. Gèk lêpatipun punapa. Ing măngka anggènipun sami dados bupati punika anggêntosi warisaning tiyang sêpuhipun. Sumăngga ta kamanaha, priyantun punika sami turunipun ngaluhur,

--- 81 ---

wujudipun tanpa kuciwa, kalakuanipun sae-sae.

: Inggih tuwan, kula ugi tumut maos sêratipun tuwan dêlèr punika. Wontênipun kados makatên, kabêkta saking pandamêlipun Bahman sarta Nur Salèh, anggènipun tansah mikangsalakên murid-muridipun. Kula piyambak sampun gadhah sêdya badhe munjuk sang prabu. Mila manawi tuwan kagungan karsa makatên, nama kalêrêsan, kula aturi matur sang prabu. Kajawi saking punika, tuwan sampun alit ing pangglih, bab punika, kados-kados taksih sagêd dipun manah murih saenipun.

Ngabèi Yasadipura sampun wangsul saking loji, tuwan oprup sangêt kalêgan ing manah. Dumuginipun pêndhak dintên, Ngabèi Yasadipura katimbalan malêbêt dhatêng karaton, amargi wontên karsa dalêm ingandikan.

Unjukipun: Kawula nuwun gusti, kajawi kaparêng dalêm, unduran abdi dalêm kêkalih punika, yèn ngantosa kadangon, sayêktosipun owêl sangêt. Sarèhning kaunduripun tanpa sabab, yèn botên tumuntên katêtêpakên malih, mindhak anglèpèti awon. Ing măngka sêratipun tuwan dêlèr Samarang punika ugi katur dhatêng eyang dalêm kangjêng tuwan bêsar, dados manawi botên tumuntên [tumu...]

--- 82 ---

[...ntên] kagalih, mindhak andadosakên kalêpatan.

: Bapa, ingsun iya nayogyani marang unjukira. Tumrap Si Mangkuyuda, baya wus pantês yèn ana ing Panumping, ngênggoni ampasing kaki, kang maune diênggoni Si Wiradigda.

Têrang dhawuh timbalan dalêm, Ngabèi Yasadipura kalilan mundur. Sarêng enjingipun, tuwan oprup malêbêt dhatêng kadhaton sowan sang prabu. Sowanipun punika ugi ngrêmbag manjingipun Mangkuyuda sarta Pringgalaya dhatêng pangkatipun lami, pangandika dalêm, paring katrangan bilih bab punika sawêg kagalih kalihan Ngabèi Yasadipura. Namung tumrap Pringgalaya, ing sarèhning dèrèng wontên papanipun, dèrèng sagêd anggalih tumuntên.

Tuwan oprup sampun mundur saking kadhaton, dumuginipun ing loji nuntên damêl sêrat katur dhatêng tuwan bêsar ing Batawi. Mênggah suraosipun damêl palapuran anggènipun mêntas sowan sang prabu.

Sapêngkêripun tuwan oprup, ingkang sinuhun ngandika dhumatêng Ngabèi Yasadipura: Bapa, yèn Si Mangkuyuda sida ingsun karsakake ana ing Panumping pantêse jênêng sapa.

--- 83 ---

: Kawula nuwun gusti, kajawi kaparêng dalêm, prayogi kapangingang[7] nama: Radyan Arya Cakrawinata.

: Iya bapa, ingsun nayogyani.

Bêbasan rêmbag dhadhak anglayoni, awit saking pandamêlipun Tumênggung Wirarêja, sadèrèngipun têtêpan bupati punika kalampahan, wontên nalar ingkang pating pênthalit. Mênggah bibit sakawitipun, Tumênggung Wirarêja matur dhatêng Pangeran Arya Pamot, manawi sampun sataun anggènipun Cakrawinata dados bupati, badhe kagêntosakên dados pêpatih dalêm.

Kangjêng Pangeran Arya Pamot ingkang mirêng rêmbag punika, nuju ing wanci dalu tindak dhatêng kapatihan. Sampun tamtu kemawon Adipati Jayaningrat kagèt sangêt. Malah lacuting pawarti, rancangan punika sampun karêmbag matêng kalihan tuwan oprup, salajêngipun ingkang badhe gumantos dados Bupati Panumping: Radèn Rănggawarsita.

Undhaking pawarta sudaning kiriman, rêmbag punika sumiyaripun kapanjang-panjang ngantos ingkang sinuhun badhe ngunus têtêpipun Mangkuyuda wontên ing Panumping.

Anuju ing dintên Sênèn, sang nata miyos ing pandhapi,

--- 84 ---

lajêng nimbali Ngabèi Yasadipura. Sarêng sampun sowan, ingkang sinuhun ngandika: Kapriye bapa, dene têtêpe Mangkuyuda iki akèh têmên sing anggondhèli, kang iku, apa sira kaduga matur marang oprup.

: Kawula nuwun gusti, kawula sangêt lingsêm manawi matur dhatêng tuwan. Amargi panjênêngan dalêm sampun kawiyos paring kasagahan.

: Pancèn mangkono bapa, apa Si Jayaningrat bae ... mara timbalana.

Botên antawis dangu, radèn adipati sampun kerid sowan. Nalika badhe kautus sarta ngunus kasagahan dalêm dhatêng loji, munjuk pakèwêd. Wusana pangandika dalêm: Wis mangkene bae, isun kang bakal andhadhani prakara iki. Mara tuwan oprup timbalana.

Botên dangu tuwan oprup sampun sowan dhatêng karaton, sang prabu tumuntên ngandikakakên badhe sandenipun têtêpan. Tuwan oprup ngantos dangu namung mèndêl kemawon, kabêkta saking èwêd ing manah, dene wontên rêmbag dhadhak anglayoni ingkang kados makatên. Saking anggènipun kajudhêgan, sêrat aturipun, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun dhawuh kaping kalih, sapisan [sa...]

--- 85 ---

[...pisan] dhatêng bapak Yasadipura, kaping kalihipun dhumatêng kawula, bilih têtêpan punika badhe kalampahan benjing Kêmis ngajêng punika. Wusananipun samangke wontên kaparêng dalêm kados makatên. Yèn makatên, prayogi kula aturi kintun sêrat dhatêng tuwan dêlèr ing Samarang, kanthi pratelan namaning têtiyang ingkang sami anduwa têtêpan punika. Wêwatoning Kumpêni, namung ngèngêti, bilih Mangkuyuda sarta Pringgalaya punika tiyang sae, darah ing Kartiyasa. Watêkipun mulus, wujudipun sêmbada, tanggap ing sasmita, cakêp dhatêng wajibipun. Măngka saking pamirêngipun Kumpêni, ingkang anggêntosi punika sami turun alit, botên guna botên pakra, tur botên prawirèng jurit. Dados kados sanepanipun mirah sinalin kalungsu. Makatên sinuhun, mênggah ingkang dados pamanahanipun Kumpêni, mugi panjênêngan dalêm kaparêng anggalih.

Satêlasing aturipun, tuwan oprup lajêng nyuwun pamit mêdal. Sadumuginipun ing loji, enggal-enggal dhatêng Yasadipuran. Sarêng sampun têtêp lênggah, tuwan oprup ngandika: Bapak, kadospundi rêmbag punika, kok pating balandhit makatên.

--- 86 ---

: Tuwan panjênêngan kula aturi sabar ing sawatawis. Kantênanipun benjing-enjing punika, manawi têtêpan punika saèstu sande, kula langkung bingah botên wontên ing Surakarta kemawon. Eman sangêt dene ing ngriki kathah tiyang ingkang namung lampah doracara. Têbih dhatêng kautamèn.

: Inggih bapak, yèn benjing Kêmis punika saèstu sande, kula ugi badhe tumut ngili dhatêng nagari sanès ingkang rahayu. Yèn bapak badhe nilar nagari Surakarta, badhe kula bêkta dhatêng Samarang, mêsthi sagêd angsal balănja wulanam[8] sawidak, sarta taunan pitung atus rupiyah.

: Klèntu, tuwan. Kesah kula badhe dhatêng Mêkah, botên badhe ngawula ing sanès.

Kados padatan, priyantun kêkalih punika sasampunipun ngrêmbag parluning praja, lajêng sami gêgujêngan. Tuwan oprup rawuhipun ambêkta sangu arak jingga kalih plès pêthak, kagêm pangunjukan. Sarampunging parlu, tuwan lajêng pamitan kondur.

Sapêngkêripun tamu, ing Yasadipuran kadhatêngan utusan saking kapatihan, nimbali Ngabèi Yasadipura. Ingkang tinimbalan kèrid wangsulipun utusan, dumuginipun [dumuginipu...]

--- 87 ---

[...n] pinanggihan wontên ing pandhapi.

Radèn adipati ngandika: Paman, kula punika wau mêntas saking loji, pinanggih suwung, kawartos tuwan rawuh ing griya sampeyan. Kula ngêmping wartos, saunduripun saking loji, punapa tuwan kacuwan ing manah.

: Manawi kacuwanipun botên, inggih namung mutung agêng-agêngan, nêdya botên purun jagi wontên ing ngriki.

: Sababipun punapa.

: Saking bingungipun, dene ing ngriki kathah setan apawakan manungsa.

: Anu paman, tumrap kula rêsak-rêsik bokmanawi. Pangeran Pamot ingkang ngadoni rêmbag punika. Mila panêdhak kula paman, mugi-mugi tuwan oprup sampun ngantos sêling sêrap.

Sarêng rêmbag sampun cêkap, Ngabèi Yasadipura kaparêng pamit, sawêg dhog dumugi ing griya, sampun wontên utusan dalêm nimbali. Ngabèi Yasadipura ngandikan.

: Bapa, ingsun midhangêt warta, manawa bapa oprup mêntas mênyang omahmu, paran kang dadi wigatine.

: Kawula nuwun gusti, rawuhipun tuwan ing griyanipun, dalêm, [da...]

--- 88 ---

[...lêm,] parlu nglairakên gêgêtuning manah, dene nalar punika bundhêt ruwêt makatên, gusti. Kalihan anglairakên panggunggungipun dhatêng eyang dalêm kangjêng sultan, panggalihipun têtêp santosa kados bêbiting tosan purasani.

Sang prabu gumujêng, pangandikanipun: E, dadi ati ta. Iya bapa, aku sing rumăngsa kalimput, dene amung tansah anggugu bêbayi. Wis bapa, aja susah atinira, besuk Kêmis iki ingsun sida têtêpan.

Ngabèi Yasadipura kalilan mundur saking ngarsa dalêm. Mantukipun têrus dhatêng loji kapanggih tuwan oprup. Wontên ing ngriku ngandharakên kaparêng dalêm, rêmbag têtêpan punika saèstu benjing Kêmis.

Tuwan oprup ngandika kalihan mèsêm: Basakna bapak iki, wong têtulung mèh kalepetan piala.

Dumuginipun dintên Kêmis, Radèn Mangkuyuda saèstu têtêp dados Bupati Panumping, kaparingan nama: Radyan Arya Cakrawinata. Sarênganing dhawuh dalêm punika, Tumênggung Wirarêja kapundhut malêbêt, dene Arya Mandurarêja, wangsul dados pardikan malih dhatêng Wăngga, asma Pangeran Jungut.

11. Jumênêngan Pangeran Pati

--- 89 ---

Nalika wulan Dulkangidah Je 1718, Tuwan Dêlèr: Hirardrus Sêtrantên tindak dhatêng Surakarta. Rawuhipun wontên ing Loji Kêbon, kanthi dipun pahargya kados padatanipun. Mênggah ingkang dados wigatosipun tuwan dêlèr:

Ha: Badhe nêtêpakên sintên ingkang badhe sumilih jumênêng wontên ing Mangkunagaran, amargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I sampun yuswa.

Na: Badhe nêtêpakên Radèn Mas Gusti Sugandi jumênêng Pangeran Adipati Anom.

Tumrap rêmbag ing Mangkunagaran tuwan dêlèr nyêmantakakên dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV sintên ingkang dipun pilih minăngka gêgêntosipun. Manawi pamanggihipun tuwan dêlèr, ingkang pantês dados calon anggêntosi punika putra kakung ingkang sêpuh, inggih punika Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya. Ing sarèhning kangjêng pangeran punika sampun seda, mila lumunta dhatêng putranipun kakung, inggih punika Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana, miyos saking Gusti Kangjêng Ratu Alit, putra dalêm Ingkang Sinuhun [Sinu...]

--- 90 ---

[...hun] Pakubuwana III. Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana punika wayah dalêm Kangjêng Gusti I, utawi putra dalêm kapenakan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV. Kajawi punika tumrap lênggahipun Pangeran Adipati Anom, manawi Kumpêni: ngênèmi kangjêng gusti.

Manawi kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, usulipun Kumpêni punika ragi wontên pakèwêdipun, prayoginipun: kêdah putra dalêm kangjêng gusti kakung sanèsipun ingkang taksih sugêng. Wontênipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun kagungan panggalihan makatên, sandeyaning panggalih dalêm, mindhak nuwuhakên panyakrabawa namung mikangsalakên putra dalêm kapenakan piyambak. Dene lênggahipun pangeran adipati anom, supados nyêpuhi kangjêng gusti.

Awit saking sulayani pamilih punika, tuwan dêlèr kaduk ing panampi, dinalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan botên karsa nyuwawèni pamanggihipun tuwan dêlèr. Tuwan dêlèr sarta tuwan oprup kajawi malêbêt dhatêng kadhaton, marambah-rambah anggènipun ngaturakên sêrat, ngantos tigang dintên dèrèng sagêd angsal putusan, andadosakên judhêgipun Tuwan Dêlèr Hirardrus Sêtrantên.

--- 91 ---

Nalika punika dintên Rêbo, benjing-enjing dintên Kêmis, ing karaton sampun samêkta anggènipun badhe wontên jumênêngan Pangeran Adipati Anom. Abdi dalêm prajurit carangan, saragêni, tamtama sarta sanès-sanèsipun sampun sami kadhawuhan mirantos. Dumugi ing dintênipun Kêmis enjing abdi dalêm sarta putra santana dalêm sampun pasowanan pêpak. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ugi sampun lênggah ing pagêlaran. Sadaya sampun mirantos ing parlu, kantun ngêntosi malêbêtipun tuwan dêlèr sarta oprup.

Ananging anèh, sampun dumugi wancinipun, tuwan dêlèr sarta oprup dèrèng sowan malêbêt. Dipun titakakên mêksa dèrèng sowan, andadosakên pangantu-antu dalêm ingkang sinuhun sarta abdi dalêm ingkang sami sowan sadaya. Sarêng sampun lungse wancinipun, têtela manawi tuwan dêlèr sarta oprup botên purun ngèstrèni jumênêngan Pangeran Adipati Anom. Pasowanan lajêng bibaran, andadosakên rudatosing panggalih dalêm, makatên ugi putra santana sarta abdi dalêm ingkang sowan, unduripun kanthi ngandhut kacuwaning manah.

Pawartos sandening jumênêngan punika lajêng sumêbar tiyang [ti...]

--- 92 ---

[...yang] sapraja, warni-warni pangudaraosipun, warni-warni wiraosanipun kawula, ngintên manawi tuwan dêlèr sarta oprup sami mogok, botên purun sowan dhatêng karaton.

Têrang kaparêng dalêm, malêmipun Jumuwah Ngabèi Yasadipura kadhawuhan nayuh Radèn Mas Gusti Sugandi. Sarêng wanci sirêp janma, Radèn Mas Gusti Sugandi kadhèrèkakên Ngabèi Yasadipura dhatêng Padhas Malang sacêlaking griyanipun Ngabèi Yasadipura. Padhas Malang punika sawênèhing pasitèn ingkang wontên satêngahing banawi. Inggih ing papan ngriku punika panggenanipun Ngabèi Yasadipura manawi samadi. Sadumuginipun, radèn mas gusti minggah ing gèthèk ingkang sampun sumadhia, dene Ngabèi Yasadipura inggih wontên ing pêngkêran. Wontên ing ngriku radèn mas gusti kalihan kanthinipun ngêningakên păncadriya mêsu puja brata. Ingkang dipun suwun ing Pangeran murih kasambadan ing karsa, kalis ing sambekala, watawis jam tiga dalu sampun mudhar saking samadi, amargi sampun wontên wêca wêwentehan, bilih Radèn Mas Gusti Sugandi badhe sagêd jumênêng nata, wilujêng tanpa kara-kara.

Têrang wasitaning wangsit, Radèn Mas Gusti Sugandi mudhar samadi, [sama...]

--- 93 ---

[...di,] makatên ugi Ngabèi Yasadipura, salajêngipun kondur malêbêt ing kadhaton. Sadaya lêlampahan punika konjuk ing saandhap sampeyan dalêm, andadosakên sukarênaning panggalih dalêm.

Dintênipun Sêtu ingkang sinuhun nimbali sowanipun pêpatih dalêm Pangeran Angabèi, Tumênggung Cakrawinata, Tumênggung Sasrawijaya sarta Ngabèi Yasadipura, kadhawuhan pêpanggihan kalihan tuwan oprup, wigatosipun kadhawuhan ngrampungi kaparêng dalêm bab jumênêngan pangeran pati. Unduripun prayagung sakawan, gangsal Ngabèi Yasadipura têrus dhatêng kapatihan, sami apirêmbagan sakecaning lampah. Putusaning rêmbag, Ngabèi Yasadipura ingkang kapurih kapanggih oprup rumiyin, sanèsipun ngêntosi wontên ing kapatihan.

Nalika Ngabèi Yasadipura dumugi ngajêng loji, tuwan oprup sawêg mêdal. Sarêng sumêrêp katebangipun Ngabèi Yasadipura, tuwan anjêlih: ê lho, bapak saking pundi, kula punika badhe mrika.

: Nuwun tuwan, kula saking griya kemawon.

: Măngga mlêbêt bapak ... Anu bapak, kula punika wau badhe dhatêng griya sampeyan, parlunipun dipun [di...]

--- 94 ---

[...pun] utus ing tuwan dêlèr, kadhawuhan ngrêmbag jumênêngan punika. Kadospundi bapak, sababipun punapa dene ingkang sinuhun botên nyuwawèni pamanggihipun Kumpêni ing bab ingkang badhe sumilih wontên ing Mangkunagaran.

: Nuwun tuwan, wontênipun kangjêng sinuhun botên mituruti calonipun Kumpêni, namung saking èwêd aya ing panggalih, ing sarèhning Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana punika taksih kalêrês penakan dalêm. Panggalih dalêm punapa botên prayogi putra kakung sanèsipun ingkang taksih sugêng.

: Bapak, punapa panggalih dalêm ingkang makatên punika kêkah saèstu.

: Nuwun tuwan, yêktosipun kula ragi kuwatos badhe balaka ing panjênêngan.

: Lo kuwatos kadospundi.

: Makatên tuwan, sowan kula mriki punika saking kajêng kula piyambak, botên atas dhawuh dalêm, dados sadaya atur kula punika inggih rêmbag kula piyambak. Panyuwun kula, tuwan sagêda nyimpên tarêtip.

: O inggih inggih. Kadospundi.

--- 95 ---

: Manawi panggalih dalêm makatên suci lair batos, wontênipun Kumpêni ngantos sêling sêrap, namung saking kaduking panampi. Anggèn kula matur makatên, suwau Kumpêni naringakên rêmbag dhatêng ingkang sinuhun, wajibipun dipun taringi rêmbag punika utaminipun rak inggih mahyakakên saraosing panggalih. Wusana kalèntu ing panampi, Kumpêni sêling sêrêp, agalih[9] manawi ingkang sinuhun nyulayani. Sumăngga kagaliha tuwan, punika lêpatipun sintên. Ning punika atur kula piyambak, tuwan.

Tuwan: lah lênggahipun pangeran adipati kadospundi.

: Inggih kados kaparêng dalêm, nyêpuhi kangjêng gusti. Wontênipun ingkang sinuhun kagungan panêdha kados makatên dhatêng Kumpêni, katampia kados panêdhanipun anak dhatêng bapa. Punapa botên wajib anak nêdha dhatêng bapa. Emanipun dene Kumpêni sêling sêrêp.

Tuwan oprup namung mèndêl kemawon, ing sêmu katingal anggènipun migatosakên aturipun Ngabèi Yasadipura.

Kyai Ngabèi: Yèn dhatêng panggalihan dalêm punika Kumpêni botên mupakati, Kumpêni rak inggih botên [botê...]

--- 96 ---

[...n] wontên pakèwêdipun nêtêpakên calonanipun.

: Mangke ingkang sinuhun gèk anduwa pilihanipun Kumpêni, bapak.

: O botên tuwan.

Tuwan oprup manthuk-manthuk, dening rumaos kalêgan ing manah: E, dados makatên ta, kaparêng dalêm punika. Anu bapak, măngga sampeyan kula aturakên tuwan dêlèr, supados andadosakên bingahipun.

: O, nuwun nuwun tuwan, kados botên parlu. Kula punika tiyang alit, malah panyuwun kula ing tuwan, atur kula punika ngêmungna dados kandhutan kemawon.

Tuwan oprup gumujêng: Ajêgan bapak iki, ora gêlêm dikatokake kabêcikane. Panêdha kula bapak, sampeyan wontêna ing ngriki rumiyin sakêdhap, kula badhe pêpanggihan kalihan tuwan dêlèr.

Pasareanipun Ngabèi Yasadipura I ing Pêngging.

Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111): Citra 3 dari 5
Katingalan saking jawi
Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111): Citra 4 dari 5
Katingalan saking nglêbêt

Tuwan oprup enggal mêdal saking loji agêng gêgancangan dhatêng Loji Kêbon, parlu pêpanggihan kalihan tuwan dêlèr. Ngantos sawatawis rêmbag punika sawêg putus, andadosakên têranging panampinipun Kumpêni. Tuwan oprup enggal-enggal wangsul dhatêng lojinipun. Sadhatêngipun, wicantên dhatêng Ngabèi Yasadipura

--- 97 ---

makatên: bapak, bab punika sampun putus. Mila kula kantun ngabarakên bab punika dhatêng pêpatih dalêm.

Kyai Ngabèi sampun mundur saking loji, utusan dalêm ingkang ngêntosi wontên kapatihan lajêng pêpanggihan kalihan tuwan oprup.

Ing wusananipun, ingkang dados calon badhe gumantos wontên ing Mangkunagaran Kangjêng Pangeran Surya Prangwadana, wayah dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I. Ing dintên Sênèn, 24 Bêsar Je 1718, Radèn Mas Gusti Sugandi kalampahan têtêp jumênêng pangeran adipati anom, kanthi dipun èstrèni Kumpêni, lênggahipun nyêpuhi kangjêng gusti. Ing pawingkingipun jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan V.

12. Kramatipun

Pasareanipun suwargi Kyai Ngabèi Yasadipura punika sampun dipun cungkup, wujud griya tembok prasaja, kontênipun kuncèn. Dados manawi badhe malêbêt kêdah pinanggih kalihan juru kuncinipun. Ingkang dados juru kunci punika turun-tumurun dumugi sapriki taksih sami warisipun.

--- 98 ---

Manawi sampun lumêbêt ing cungkup, lajêng katingal pasareanipun. Bêbaturipun munggul, sêkara (kijing) nipun sela itêm, mawi kinubêng ing langse. Ing salêbêtipun cungkup punika ingkang sumare kathah tunggilipun, kalêbêt garwa putra, lan sanès-sanèsipun. Ing pojok lèr kilèn patilasan pamêjangan, nalika Sèh Siti Jênar pêpanggihan kalihan Ki Agêng Kêbo Kênanga. Pasareanipun taksih dados panêpèn, sabên ing dintên Jumuwah kathah ingkang sujarah. Mênggah ingkang kalêbêt kaelokanipun, sintên ingkang nyanggarakên janur kuning, manawi katrimah sagêd angsal sasmita wantah, wujud aksara Arab utawi Jawi, tarkadhang ukara jangkêp.

Wondene patrapipun nyanggarakên punika makatên: sintên ingkang gadhah sêdya, sasampunipun dêdupa ing pasareanipun Ngabèi Yasadipura, lajêng prasabên dhatêng juru kunci, manawi badhe nyanggarakên. Sanalika juru kunci lajêng pados janur kuning ingkang taksih enggal, samantên punika bilih ingkang gadhah sêdya dèrèng ambêkta piyambak. Janur punika kêdah ingkang taksih sae, sampun ngantos ingkang sampun bêsêm utawi pating glarit, lajêng

--- 99 ---

kapasang juru kunci wontên ing sandhinging sêkaranipun ingkang sumare. Pamasangipun sadèrènging jam 12 dalu, dene pamêndhêtipun watawis jam 4-5 enjing. Salêbêtipun nêngga punika, cungkup dipun kunci saking jawi.

Nyanggarakên makatên punika manawi katrimah panuwunipun sadalu ngriku ugi sampun angsal sasmita. Yèn dèrèng kaparêng panuwunipun inggih ngantos marambah-rambah. Mênggah ingkang dados titikanipun katarimah, ing janur ingkang kasanggarakên punika wontên sêratanipun Arab utawi Jawi, tarkadhang inggih têtêmbungan. Katingalipun sêratan ingkang wontên ing janur punika manawi dipun tawangakên ing surya utawi lampu. Corèking aksara punika wontên ing nglêbêt botên nabêt dhatêng janur, dados januripun wutuh ayam, botên katingal kados yèn dipun corèk, mila cêthanipun yèn dipun tawangakên. Satunggal-tunggaling aksara sampun wontên suraosipun. Dene ingkang sagêd mangrêtos muradipun aksara punika juru kunci, amargi piyambakipun gadhah kêpèk tilaran. Kadospundi mênggah têgêsing satunggal-tunggaling aksara, katêdhak sungging kados ing ngandhap punika, manawi karampingakên ukaranipun:

--- 100 ---

Alif[10] = ngalamat bêcik, ambêrkati kajad.

Bak = Gusti Allah paring kabêcikan.

Tak = martobata marang Allah lan tabêria ing gawe.

Tsak = luhur jênêngmu ing dalêm agama, tinêkan sêdyane sarta tinulungan dening satrune.

Jim = nêmu kapenak lan kabêgjan.

Hak = Gusti Allah paring gampang ing sêdyane.

Khok = aja lêlungan, ana wadine gêdhe.

Dal = lamun lêlungan ora adoh, lan kajate gêlis katêkan.

Dzal = parapadu mênang, lan sêdyane gêlis katêkan.

Rok = luhur kuwasane tinêkan kajate, mrihatinake donya lan akerate.

Zain = sakajate tinêkan.

Sin = nêmu kabêcikan, lan kabêgjane saka dêdagangan.

Syin = wêdi ing satrune.

--- 101 ---

Shot = ora tinêkan kajate.

Dhot = antinên sawatara măngsa.

Tok = lamun nyambut gawe ora pakolehan. Bêcik ngadoha.

Dzok = kang dèn sêdya ambêrkati.

Ain = ora tinêkan kajate.

Ghoin = sidêkaha: tulak bilai.

Fak = pisah-pisah panggawene, sawise banjur kumpul.

Kaf = luhur lan tinêkan kajate.

Qof = tumiba sajroning pakewuh.

Lam = kabêgjane saka wong ngumbara.

Mim = olèh cacad saka wong kang ora patut.

Nun = olèh supangat ing dalêm kabêcikan, lan bisa ngalahake satrune.

Wawu = nêmu bêgja saka panggawe bêcik.

Hak = tinulungan, bisa slamêt saka păncabaya.

--- 102 ---

Lam alif = kang dèn karêpake ora katêkan, bêcik lèrèna.

Yak = olèh kabêcikan lan kuwarasan.

13. Kalangkunganipun Kapujanggan

Andharan ing ngandhap punika ringkêsaning pamanggihipun: Bale Pustaka ing Batawi, ingkang sampun nate kasiarakên wontên ing radhio.

: Sabibaripun pagiyanti taun Walandi 1755, praja Surakarta katingal kados lair malih, ngancik jaman enggal. Nalika punika ingkang jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III, praja wiwit dipun bangun malih, dandos-dandos karisakan ing salêbêtipun pêpêrangan pintên-pinên taun ingkang sampun kapêngkêr. Rèhning sampun wangsul têntrêm malih, mila anggènipun dandos-dandos wau inggih nuntên katingal wohipun.

: Nanging botên namung tatananing praja kemawon ingkang dipun bangun enggal, sanajan kawontênanipun kasusastran Jawi kala samantên ugi katut dipun dandosi.

: Nalika kraton dipun pindhah saking Kartasura dhatêng Surakarta, punapadene jaman pêrang Pacina tuwin Mangkubumèn [Mangkubumè...]

--- 103 ---

[...n] mèh sadaya sêrat-sêrat waosan ing salêbêtipun karaton sirna utawi kathah ingkang ical. Sarêng nagari sampun tata malih, lajêng karaos kabêtahanipun dhatêng sêrat-sêrat waosan.

: Miturut gotèkipun tiyang ingkang sami paham dhatêng kasusastran Jawi, ing nalika punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III nuntên andhawuhi abdi dalêm carik, supados iyasa sêrat-sêrat waosan enggal. Abdi dalêm carik wau namanipun Radèn Ngabèi Yasadipura.

: Jaman Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan III, Radèn Ngabèi Yasadipura pasuwitanipun kagêm sangêt. Dipun pasrahi sadaya sêrat-sêratan kraton, tur pinitados ing bab gêgayutanipun kraton kalihan Kumpêni Walandi. Saya agêng malih panguwaosipun Radèn Ngabèi Yasadipura ing bab uthêk kaliwêring praja sarta gêgayutanipun kalihan Walandi, sarêng sampun ngancik jaman Ingkang Sinuhun IV.

: Mênggah damêlanipun Radèn Ngabèi Yasadipura punika ingkang kawitan anjawakakên sêrat-sêrat Jawi Kina, ingkang ing jaman samantên taksih wontên satunggal kalih, inggih punika: Bratayuda, Arjunawiwaha, Arjuna Sasrabahu, [Sa...]

--- 104 ---

[...srabahu,] Rama kalihan Dewa Ruci. Kajawi punika inggih anjarwakakên sêrat-sêrat basa Arab, kados ta: sêrat Menak sarta Ambiya.

: Manawi dipun èmuti, bilih ing jaman samantên punika tiyang Jawi radin-radin sampun botên wontên ingkang mangêrtos dhatêng basa Jawi Kina, măngka bausastra kados ing jaman samangke punika kala rumiyin dèrèng wontên, padamêlanipun Radèn Ngabèi Yasadipura wau sampun nama satunggiling kalangkungan.

: Bangunan sêrat-sêrat Baratayuda tuwin sanès-sanèsipun wau kenging kawastanan misah kalihan babonipun, bawa piyambak. Inggih awit sêrat-sêrat wau tiyang Jawi ing jaman samantên sumêrêp dhatêng cariyos-cariyos kina ingkang sampun kasilêp. Sêrat-sêrat Yasadipuran wau, isinipun dados dhasaripun cariyos padhalangan, basanipun dados dhasaripun basa Surakarta enggal dumugi sapriki.

: Kajawi ambangun sêrat-sêrat kina, Radèn Ngabèi Yasadipura ugi ngarang piyambak, inggih punika:

: Babad Giyanti, Dhabad[11] Prayut, Sêrat Cêbolèk, Sêrat Pasindhèn Babaya.[12] Bokmanawi taksih kathah malih [ma...]

--- 105 ---

[...lih] panunggilanipun sêrat-sêrat damêlan Yasadipuran I, namung dumugi sapriki taksih kasilêp, dèrèng konangan ing akathah.

: Sintên ingkang sampun nate maos sêrat-sêrat Yasadipuran wau, mêsthi ngalêmbana, mêsthi tuman, dèrèng sampun-sampun maosipun, yèn dèrèng ngantos tamat saèstu, punapa sababipun.

: Sababipun, sêrat-sêrat karangan Yasadipuran punika isinipun mêntês, nêngsêmakên, liripun sagêd rumasuk dhatêng raosipun ingkang maos, manahipun rumaos kêpranan.

: Isi wau wontênipun sagêd tumanduk dhumatêng raosipun ingkang maos, jalaran wontên lantaranipun, inggih punika basanipun ingkang sae. Botên beda kalihan têtêdhan, basa punika minăngka wadhahipun isi wau.

: Pujăngga utawi tiyang ingkang pangawak kagunan, punika beda kalihan tiyang limrah. Tiyang limrah punika inggih sumêrêp kawontênan ing sakiwatêngênipun, ananging anggènipun nyumêrêpi wau namung grabyasanipun kemawon, botên tumuntên dhatêng lêbêtipun.

: Beda kalihan tiyang ingkang pangawak kagunan utawi pujăngga, [pu...]

--- 106 ---

[...jăngga,] manawi nyumêrêpi punapa-punapa utawi nyipati lêlampahan, ingkang dipun sumêrêpi wau andamêl gêtêring raosipun. Gêtêr wau dipun wêdalakên malih: yèn juru gambar wujud gambaran, yèn pujăngga wujud sêratan. Sarèhning anggènipun nyipati wau mawi tumanduking raosipun, mila panggambaripun utawi panyandranipun wau inggih cèplês, wontên artosipun. Katingal cêtha, èdi, katingal sêsambêtanipun kalihan kawontênan utawi lêlampahan sanèsipun.

: Ing ngajêng sampun katêrangakên bilih tumrapipun pujăngga, gêgambaranipun wau dipun cithak wontên ing basa ingkang sae. Kadospundi basa ingkang dipun wastani sae punika.

: Basa ingkang sae punika sanès ingkang kathah têmbungipun Kawi, ingkang lungit ngantos botên mangrêtosakên. Basa ingkang sae punika ingkang dipun waos sakeca, ukaranipun mapan, cêtha, panganggènipun têmbung botên miyur botên malèsèd. Kadhangkala pujăngga ingkang sampun kados Yasadipuran punika yèn badhe anggambarakên kawontênan, cêkap namung mawi têmbung satunggal kalih kemawon, ingkang maos sampun nyandhak, sampun sumêrêp [sumê...]

--- 107 ---

[...rêp] gambêlang, punapa ingkang dipun kajêngakên. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani basa gêsang.

: Manawi dipun petani têtêmbunganipun utawi ukaranipun baka satunggal, mêsthi mrangguli lêpat, utawi mêthuki têmbung prusan. Nanging ingkang makatên wau kados dene dipun jarag, dipun sampar dipun sandhung. Ewadene botên anggrêgêl, ingkang maos botên kraos, sabab ukara damêlan Yasadipuran punika kados dene sampun sanès têmbungipun malih, nanging kantun raosipun ingkang lumèngkèt wontên ing salêbêting ukara utawi têtêmbunganipun wau. Saking sagêdipun anggèning anggambar mawi ukara. Ngantos ingkang maos botên sagêd sanjang punapa-punapa malih, kajawi namung mungêl: O, iya ... bênêr. Lah, ya mangkono kuwi.

: Bedanipun Radèn Ngabèi Yasadipura kalihan pujăngga sanès-sanèsipun, sanès wontên ing ukara utawi têtêmbunganipun, nanging wontên ing wêwatêkanipun pujăngga ingkang karaos wontên salêbêting dêdamêlanipun. Radèn Ngabèi Yasadipura thoklèh, rêmên dhatêng lampah lêrês, sêngit dhatêng lampah sèdhèng. Manawi sampun purun sêngit dhatêng salah satunggaling

--- 108 ---

tiyang ingkang dipun gambar wontên ing karanganipun, kenging kawastanan ngedab-edabi sangêt. Namung kosokwangsulipun, raosipun dhatêng tatakrami lêbêt sangêt. Manawi ngungêl-ungêlakên tiyang utawi ngolok-olok kawontênan, katingalipun wontên ing karangan ngriku, sanès pun pujăngga ingkang mungêl, nanging tiyang ingkang sami dipun wayangakên wontên ing cariyosipun ngriku.

: Ing nginggil punika ringkêsaning kalangkunganipun Radèn Ngabèi Yasadipura I tumrap kapujangganipun.

Katrangan: buku-buku karanganipun Radèn Ngabèi Yasadipura punika taksih sawatawis ingkang dèrèng kawêdalakên. Murih kawuningan ing umum, warisipun badhe manah ing saprayoginipun, supados sêrat têtilaranipun sagêd dados waosanipun băngsa Jawi.

14. Pêparabipun

Ngabèi Yasadipura punika kajawi asma timur sarta asma sêpuh sadaya, kagungan pêparab pintên-pintên, kados ing ngandhap punika:

1: Pêparab Tus Pajang. Wontênipun pêparab makatên [ma...]

--- 109 ---

[...katên] asli saking pangandika dalêm Sampeyan Dalêm P.B. III, nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Amargi miturut salasilah, ingkang suwargi punika turun sinuhun ing Pajang pancêr kakung. Dados saking panggalih dalêm taksih kandêl kapajanganipun,[13] lan mèmpêr yèn taksiha kaserenan kasêktèn sarta kalangkungan kados ingkang nurasakên.

2: Pêparab Tu(tu)s Kajang. Asli paraban saking Kangjêng Ratu Kancana Wungu, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun P.B. III, jaman Kangjêng Ratu Bêruk. Awit ing sadangunipun Ingkang Sinuhun P.B. III. kasmaran dhatêng Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang suwargi punika ingkang dados utas-utusan sinandi sêsambêtan dalêm kalihan kêkasih dalêm. Awit saking mungêd-mungêdipun, botên karsa ngandika Tus Pajang nanging Tutus Kajang. Anggènipun Kangjêng Ratu Kancana Wungu marabi makatên punika, nalika mêntan[14] mirsani watangan, nuju ing dintên Saptu. Kawrat wontên ing sêrat Babad Bandaran, ungêlipun makatên:

... yèn ajana Si Jangkung pan nora dawa, tingkahe kangmas iki, lan Si Tutus Kajang, kang sok anthuk-anthukan, mangkene dadine iki, Si Jangkung Padhar

--- 110 ---

iku setan bêgêjil.

Katrangan, Jangkung lan Padhar punika abdi dalêm kalawija, dene ingkang dipun sêbut kangmas punika Kangjêng Susuhunan III.

4:Pêparab Kiyai Ngabèi Pasliyun. Yèn wontên parlu dalêm dhatêng tuwan oprup (Opperhoofd) ingkang kautus Radèn Ngabèi Yasadipura I, makatên ugi kosokwangsulipun yèn tuwan oprup, gadhah prêlu dhatêng kraton, ingkang minăngka lantaran inggih ingkang suwargi punika.

Dening tuwan oprup, jaman Ingkang Sinuhun P.B. IV dipun parabi Kyai Ngabèi Pasliyun. Têrangipun makatên:

I. Ing dalêm jaman Pakêpung ingkang suwargi katitik ing sêpuhipun. Sêpuhing yuswa lan sêpuhing panggalihipun, sagêd marangkani bêtahipun Walandi lan prêluning kraton, ngantos manggih karahayon. Punika dipun parabi Kyai Ngabèi.

Tus Pajang, Sasrasumarta et. al., 1939, #271 (Hlm. 053-111): Citra 5 dari 5
Pangarang: R. Ng. Yasapuraya, R. Sasrasumarta, R. Sastrawaluya

II. Awit saking tansah dados utusan dalêm sarta tuwan oprup, ingkang suwargi kaparaban Pasliyun, ingkang têgêsipun tukang kengkenan utawi palayangan. [palayanga...]

--- 111 ---

[...n.] Mila ugi dipun parabi Ngabèi Caraka.

Pasliyun wau aslinipun saking têmbung Walandi Postiljon saking têmbung Fransch: Postillon têgêsipun: Postvoerman, postbode utawi Postrijder, ingkang cara Jawinipun juru kengkenan utawi playangan (caraka).

Têmbung Pajang punika mèh dados pêparab turunipun ingkang suwargi.

1: Putra: Radèn Tumênggung Sastranagara (Yasadipuran II) nalika taksih pangkat carik kadipatèn anom asma: Pajang Wasistha.

2: Wayah: Radèn Ngabèi Rănggawarsita II, ingkang sumare ing luwar batang Batawi, nalika dados carik kadipatèn, asma: Pajangswara, katêlah: Panjangswara, saking saening swara lan landhung napasipun.

3: Buyut: Radèn Rănggawarsita III, pujăngga ingkang sumare ing Palar, nalika dados carik kadipatèn anom, asma: Pajanganom.

Pratelan isinipun buku punika

Purwaka ... kaca 1

Bagus Banjar ... kaca 5

Nitik Karaton ... kaca 18

Boyongan Karaton ... kaca 29

Sinuhun Kombul ... kaca 34

Pandung Sêkti ... kaca 37

Labuh ing Ratu Gusti ... kaca 44

Salêbêtipun Jaman Pakêpung I ... kaca 50

Salêbêtipun Jaman Pakêpung II ... kaca 61

Krama Dalêm Ingkang Sinuhun IV ... kaca 72

Mirah Sinalin Kalungsu ... kaca 80

Jumênêngan Pangeran Pati ... kaca 89

Kramatipun ... kaca 97

Kalangkunganipun Kapujanggan ... kaca 102

Pêparabipun ... kaca 108


rêtuning. (kembali)
rêtuning.
kathah. (kembali)
kathah.
ngantos. (kembali)
ngantos.
nawung. (kembali)
nawung.
kadhawuhan. (kembali)
kadhawuhan.
Tanggal Jawa: Rêbo Wage 16 Bêsar Jimawal: sapta raja goraning rat (AJ 1717). Tanggal Masehi: Rabu 17 Agustus 1791. (kembali)
Tanggal Jawa: Rêbo Wage 16 Bêsar Jimawal: sapta raja goraning rat (AJ 1717). Tanggal Masehi: Rabu 17 Agustus 1791.
kaparingan. (kembali)
kaparingan.
wulanan. (kembali)
wulanan.
anggalih. (kembali)
anggalih.
10 Ditulis dengan huruf Arab (dan selanjutnya). (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab (dan selanjutnya).
11 Babad. (kembali)
Babad.
12 Bêdhaya. (kembali)
Bêdhaya.
13 ka-Pajang-anipun. (kembali)
ka-Pajang-anipun.
14 mêntas. (kembali)
mêntas.