NOTOTJANGKROMO
Sêrat Natacangkrama
Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra ing Mataram ingkang Kaping 5 saha Litnan Kolonèl saking Gènêralênsêtaph ing Surakarta.
Kawêdalakên dening Tuwan F.L. Wintêr ing Surakarta
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. t/v d/z Albert Rusche & Co.
Soerakarta 1913.
--- [0] ---
TOKO BOEKOE
Adanja boekoe-boekoe Djawa jang dikaloearkan oleh firma Albert Rusche & Co. SOERAKARTA
... 1 boekoe harga fr. post
BROTOJOEDO djilid 1-2, 1 djilid... f 3.50 | BABAD MATARAM djilid 1-2, 1 djilid... f 2.25 | BABAD DHIPONAGORO djilid 1-2, djilid 1 f 3.25, djil. 2... f 2.75 | BABAD ROEPA-ROEPA... f 0.60 | BELLETRI... f 1.60 | BOERAT WANGI... f 0.60 | BLOEMLEZING = SEKAR-SEKARAN... f 0.60 | BAROEKALINTING... f 1.10 | DARMOWIJOTO... f 0.60 | GRAAF DE MONTE CHRISTO... f 1.60 | HADJIPAMOSO djilid 1-10, 1 djilid f 0.60, 10 sekali... f 5.50 | INLANDSCH REGLEMENT... f 5.50 | ILMOE ALAM... f 1.10 | ILMOE SPIRITISME... f 1.10 | JAVA OORLOG = BABAD DHIPONAGORO djarwo... f 2.20 | KARMOJONO djilid 1-2, 1 djilid... f 2.15 | KALIMATOJO... f 2.75 | KROMOLEJO 1-6, 1 djilid... f 0.85 | KAWI DHOSONOMO DJARWO... f 0.85 | KOEWADJIBAN KEPALA DESA... f 1.10 | KOEMOLOSEKTI... f 1.10 | KITIRAN MONTJOWARNI... f 1.60 | LAKSITARDJO... f 1.10 | LANGENARDJO... f 1.10 | LANGENDRIJO... f 1.10 | MANOEHORO... f 0.30 | MARGOWIRJO... f 0.10 | MOHOWIPORO... f 0.85 | MASNGANTEN... f 1.10 | MASAKAN... f 3.15 | NITIMANI 2 djilid tamat 1 djilid... f 2.15 | OENDANG-OENDANG Soerakarta djilid 1-8, 1 djilid... f 3.10 | OBAT DJAWA... f 2.65 | PERDJANDJIAN P.B. VII.... f 1.10
--- [0] ---
...[1]
--- [0] ---
NOTOTJANGKROMO
Sêrat Natacangkrama
Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra ing Mataram ingkang Kaping 5 saha Litnan Kolonèl saking Gènêralênsêtaph ing Surakarta.
kawêdalakên dening Tuwan F.L. Wintêr ing Surakarta
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. t/v d/z Albert Rusche & Co.
Soerakarta 1913.
--- [0] ---
...[2]
--- 1 ---
Sêrat Natacangkrama
1. Asmaradana
1. ing asmara moring gati | gita winanguning raras | sariris rurusirèng ros | ing sarasa tawi tawar | sumawur wuryaningrat | kapraban prabawèng prabu | amibawa ing bawana ||
2. sami tuntum kataman sih | sihe jêng musthikèng jagad | tan pêgad tumus tumètès | nêtês marang mudrakarja | karajan sri nindita | tata têntrême lumintu | tuhu winongwong ing Suksma ||
3. sarèhne basa basuki | sumêngka măngka minăngka | mêmèngêti nalikane | ing ari Sukra Kasihan | tanggal dyi[3] dasa juga | pranata măngsa kawolu | wulan Jumadiawal Dal ||
4. nahan sangkalaning warsi | tata wadya ngèsthi nata | ing ari punika mangke | sri naranatarsa têdhak | mara ing pasanggrahan | Langênarja ingkang sampun | sampe ing pangupakara ||
5. awit pamèngêting nguni | enjing wanci jam madyastha | pêpak kang badhe andhèrèk | dhêrêg para wrahadbala | munggèng ing kamagangan | myang anèng [a ...]
--- 2 ---
[... nèng] alun-alun wus | sami sudhiya wahana ||
6. dinulu manganti-anti | wiyose jêng narèswara | ya ta ing sawatawise | wusnya muni gathitastha | barêbêt samya gănda | ngambar ambabar rum-arum | warata sapurantara ||
7. yèku prabawa gănda mrik | tăndha têdhak sri narendra | saking sajroning kadhaton | nganthi jêng narpadayita | wuri garwa ampeyan | kêkalih kang atut pungkur | Radèn Ayu Wirasmara ||
8. tuwin Radèn Rarasati | di dalêm lurah wanita | angampil upacarane | gumarêbyêk atut wuntat | wau ta sri narendra | rawuh ing sakilènipun | paningrating andrawina ||
9. ing ngriku sampun cumawis | catur titihan turăngga | tumuntên jêng pamasa lon | nglawani panitihira | kangjêng narpadayita | marang ing sanginggilipun | lênggah gigiring turăngga ||
10. kêkalih garwa paminggir | wus sami nitih turăngga | makatên malih sang katong | uga wus nitih prasita | gya têdhak sadayanya | ing wuri gumrah gumrudug | mijil saking dhatulaya ||
2. Mijil
1. kawuwusa kang ana ing jawi | samya amirantos | nyengklak kuda kang para andhèrèk | kadi sabên sami ngampil-ampil | upacarèng aji | têngêring kaprabun ||
2. munya têngara tambur ngurmati | magangan ngisor lo | kangjêng gusti
--- 3 ---
lan para sadhèrèk | wus samêkta anitih turanggi | wiyose sang aji | gya grubyug ing pungkur ||
3. urmat para prajurit kang jagi | ing kori saleko | kalih wêlas winatawis kèhe | tindhih upsir sawiji miranti | tambure umuni | angumandhang sêru ||
4. praptèng sajawining kori gapit | tindake sang katong | jroning alun-alun katon thèrèk | ngêngrêng gamêng pra prajurit jawi | cacah nêm Kumpêni | galadhi nèng ngriku ||
5. ajar badhe kagêm angurmati | tingalan pawukon | sinêpèksi dening panggêdhene | kalêrêsan sri nata lumaris | aris pra prajurit | dèn abani sagung ||
6. nulya samya aprisêntir guwir | ngurmati sang katong | munya marês tambur salomprète | musik gêndhing Wilhèlmês umuni | ingkang para upsir | myang samayoripun ||
7. sabêt tinungkulakên mring siti | byak parigêl alon | sampun laju sri nata tindake | tiningalan saking doh kaèksi | tataning lumaris | kadya kang winuwus ||
8. kang nèng ngarsa pribadi kêkalih | dragundêr barewok | numpak kapal angliga pêdhange | tinon kadya sumanggêm nangguhi | pakewuhing margi | tan wêgah tumanggul ||
9. ambabada ing asukêt rumpil | ngarêmpêl nyang bondhot | angrantasi ingkang rawe-rawe | malang-malang pêtêng dèn putungi [pu ...]
--- 4 ---
[... tungi] | mrih sukaning aji | doh saking pakewuh ||
10. pan makatên ingkang saupami | wêwangunan ingong | iku ingkang dumadya cucuke | ingkang alampah wurine malih | tan pantara têbih | sakalihanipun ||
11. Jêng Pangeran Prabuningrat nitih | turăngga jêjodhon | jèjèr lawan Jêng Pangran Kolonèl | Arya Purbanagara nisihi | yèku senapati- | ning prajurit sagung ||
12. jawi lêbêt ing Surakartadi | kasrah kang bot repot | winangsulan sang narpaputrane | Jêng Pangeran Prabuningrat kèksi | naleram blêrêngi | nganggar sabêt bagus ||
13. binalongsong ing salaka èdi | tuhu yèn kinaot | wêton saking Eropah mulane | nadyan slaka katon dadi bêcik | tumuntên kaèksi | manise ngênguwung ||
3. Dhandhanggula
1. sri narendra datansah sarimbit | lawan Jêng Ratu Pakubawana | mangkana pangagêmane | sri paduka jêng ulun | sêsawitan dhêsthar lan nyamping | latar cêmêng limaran | rasukan winangun | kabayak sakotangira | sutra wilis mulus gilap kênèng rawi | kadya jumêrut wrêda ||
2. kancing rêtna panunggul sotya brit | sinalaga kancana sanglingan | abyor sumirat sorote | paningsêt gêdhog wungu | èpèk rema kaênam ngrawit | mêlês anglaring kombang | nyampinge cinancut | dadya lancingan [lanci ...]
--- 5 ---
[... ngan] katingal | panji-panji sumaji seta sinêtrik | suku sang kinaosan ||
3. trincing sêpatu baludru duni | dinunungan kotrèt sinasotya | satata pangujwalane | agêm dalêm sang prabu | topi langking angrajapèni | binulu-bulu krêsna | ngathepyah ngrêrayung | winayang saya ngalela | ngagêm bintang rijêmènirèng kumandhir | Nèdhêrlansleyo tumrap ||
4. wijanging jaja kapara ngering | ngurung jăngga sri sangsangan marjan | rumajak ngêjum kaonce | anganggar sabêt suduk | Jêng Kiyai Jabardas mandi | balongsong ngunir lêsah | kancana tinatur | tur cinawi ngarawistha | pan mangkana sira kangjêng pramèswari | sarupaning busana ||
5. nora pae lawan jêng rakaji | rèhne putri yakti iya beda | tatraping pangagêmane | kangjêng dayita prabu | kiswa mêlês alus pinuntir | kaukêl kondhe Cina | kanan keringipun | rinêngga bukèt puspita | pita seta prêta runtut biru wilis | kincip mèdêm myang mêkar ||
6. gêng alite pinantês patitis | sambada lan ukêling kesawa | sêmu kakêndhon kang kondhe | kinăndha kangjêng ratu | sakalihan sri narapati | nalika lumaksana | ing punika wau | lir pangejawantahira | Sang Hyang Wisnu lawan Dèwi Sri salami | tan pisah ing sasana ||
7. saparan tumuntur atut wuri | tansah dera
--- 6 ---
mrih raharjaning rat | yun mêmayu ayuning rèh | sarèh para laku dur | dursila jrih silêp sumingkir | mikir mring kautaman | têmêne mangaup | panjênêngan naranata | iku nitih undhakan nama Kiyai | Marionêng winarna ||
8. ulês dhawuk kasembukan tuwin | wêton Sabu ing gigir kinapa | purkêntin kinomplitake | langking salebrakipun | sinolahkên parigêl nyirig | sirige nyigar ada | dene kangjêng ratu | nitih Kyai Dhenok măngka | ulês bopong kêmbang glagah wêton Jawi | biru parabotira ||
9. muyêg kinon kadya widik-widik | apus sarungan salebrak krakap | dalasan ambên gendhonge | jêng pramèswari prabu | nora kewran ngêrèh turanggi | sawingking dalêm nata | jêng gusti dibya nung | anung rakiting busana | sanalika katon tan pati ngebati | nanging sêmu sumringah ||
10. ngrungih wênês tatane patitis | pantês nyamping sêratan limaran | latar krêsna mlês sogane | sawit sadhêstharipun | ing cêkokan sinthingan kalih | lir roning sêkar mawar | ngarsa madu mancung | anancêp kuncung jênthitan | pan pinati sotya malathi sapêlik | barliyan gêbyar-gêbyar ||
11. paningsêt ijo limar taruni | rinèh nurut wanguning bangkekan | wangkinge nora manthêlèt | mathinthing alus lurus | lumarising paningsêt kèksi | mangisor [ma ...]
--- 7 ---
[... ngisor] saya mêkar | kaot lawan dhuwur | rada gêng ubêding ngandhap | iku aran bêbangkekan matrêm kengis | kongas angima rata ||
12. èpèk numpang baludru sangkari | asri sinulam sêkar rumambat | rêmbêt anggubêt ing wite | rasukanira alus | sutra wungu kêthèl sunar jring | bêdhahan langênarjan | janggan binaludru | langking linongkang ing jaja | isthaning kang tangkêp biniyak ing nginggil | kinancingakên ngandhap ||
13. dadya rangkêpaning jro kaèksi | putih mênthur mangisor lincipnya | kêngkêng tan ngalêngkin manggèn | jăngga mawi krah dhudhuk | ana katon ganthêng nibani | têngah-têngahing seta | sabongkot sada mung | sangsangan pita giligan | songa krêsna sêsêre kapara alit | wangun sêkar tanjungan ||
14. cinarèngkèh lima gya pinatik | ing sêsotya dumadi angrêngga | rêgêng tan sêpi kênyare | nyorot kancing kumancuh | akar bakar gênge sacuki | lêkok ing têngah katrap | rêtnane sumunu | sêlut byar abyor barliyan | wêwangkingan warăngka gayaman pèni | dhasar wrêksa timaha ||
15. madhêt rêntêt sêrate kang putih | ganclêng irêng sêmbure warata | matêng gilap gêbêgane | mila mili lir ranu | kinandêlan suwasa murni | ngagêm topi asthaga | wangune nyakêdhung | sabulu-bulune krêsna | pantês nitih turăngga kinaran [ki ...]
--- 8 ---
[... naran] nami | Kiyai Tambangprana ||
16. prabot lulang lugas wêton Inggris | tali wange ginombyok ngathepyah | songa biru birawane | kadya sêkaring rayung | kamarutan gêtêr kumitir | ulêsirèng turăngga | wulu dhawuk luyung | tuntut buntute uripan | sinasêrit kang suri sêre mangering | nalika tinitihan ||
17. tansah wiraga turăngga nyirig | panyirige ambabar lêpiyan | katon sasolah-solahe | parigêl nora kidhung | pantês lawan ingkang nitihi | baya wus condhong karsa | ing kayun pyuh jumbuh | mangkono kang sami miyat | miyatani pujine bisa basuki | kinanthi salaminya ||
4. Kinanthi
1. tumuntên sawingkingipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Radèn Ayu Wirasmara | jèjèr Radèn Rarasati | pangagêmanira kêmbar | sami sinjang latar putih ||
2. calana sutra cêmêng lus | sarasukan takwa langking | ukêle cara Ngayogya | mungsêr kiswa pinalintir | sumalêmpit kering kanan | bukèting sêkar sapêthil ||
3. myang tumitih lungsenipun | tinutup topi ngêtrêpi | dhasar krêsna nglaring dhandhang | tan têbih lan jêng narpati | iku sakalihanira | amung lêt sri narpasiwi ||
4. ing lampah jajar saruntung | sami wahanèng turanggi | Radèn Ayu Wirasmara | puniku kang dèn titihi | nama Kyai Samirana | pan ulêse bopong
--- 9 ---
kuning ||
5. wêton tanah Bima iku | dene Radèn Rarasati | Kyai Dhunuk tinitihan | iku wêton tanah Jawi | ulês bopong kêmbang glagah | kinêmbar prabotirabrit ||
6. Samirana lawan Dhunuk | tansah dèn amping-ampingi | kinarung angering nganan | dening mantri gamêl kalih | sami mangangge klanthungan | wêdhung tansah lawan samir ||
7. sawusnya punika wau | tumuntên ingkang nambungi | para jêng pangeran putra | nitih turăngga lumirig | sami ngalang anèng marga | tinon samya ngrêsêp ati ||
8. măngka winarna rumuhun | ingkang andhèrèk puniki | Jêng Pangeran Pakuningrat | Jêng Pangran Kusumaadi- | ningrat Jêng Pangeran Arya | Purbadiningrat tumuli ||
9. ingkang rayi jajaripun | cumakêt tan pati têbih | Jêng Pangeran Cakraningrat | ginita mangkatên malih | Jêng Pangran Sumadilaga | mangagêm madya prasami ||
10. mung pinèt sapantêsipun | nyambungi nitih turanggi | Bandara Pangeran Arya | Kusumabrata tan têbih | jèjèr Bandara Pangeran | Adinagara wêwangi ||
11. para putra dalêm timur | myang wayah sami anunggil | ngarompol nitih turăngga | sumambung dragundêr malih | jèjèr neje sacah[4] pănca | uga anunggang kalêngki ||
12. nulyabdi kêparak patut | clana saklambine abrit |
--- 10 ---
ngampil-ampil upacara | kabèh sami kalung samir | mundhi waos myang sanjata | sabêt tamèng jungkas rukmi ||
13. numpak kapale tut pungkur | nulya kingkang anyambêti | upacara kadipatyan | jajar myang panèwu mantri | sami kalung samirana | pareanom ngampil-ampil ||
14. malih ing sawingkingipun | di dalêm para prajurit | ingkang kêlanthung kapalan | samayorira myang upsir | nunggil pra lurah urdênas | turanggane dèn tumpaki ||
15. di dalêm nyai tumênggung | nyai lurah ingkang sami | lumampah dharat kewala | sinomane sami ngiring | iku mungkasi ing lampah | ênggone wuri pribadi ||
5. Pangkur
1. kang kapêthuk samya nyimpang | jalu èstri urmat andhodhok sami | sêmu kacaryan andulu | mring risang lumaksana | narendyarsa macangkrama marang dhukuh | pasanggrahan Langênarja | nitih swaninda sarimbit ||
2. lan jêng duhita iswara | swara ririh sorah sami ngrasani | dene ta jêng sang aprabu | nora nitih kareta | ing samêngko cêtha tamat ing pandulu | parlu wong kudu wruh marang | narendrane dimèn eling ||
3. yèn kapurba kawisesa | dadi ngrasa lamun kawula jati | laire mring kang amêngku | wawêngkoning bawana | batinira suka sungkême sumungku | măngka mring sira Hyang Suksma | sinuksma saari [sa ...]
--- 11 ---
[... ari] ratri ||
4. kontrah nuhoni parentah | karya titah manungswa kang kinasih | yèku panjênêngan ratu | runtuta samudana | pan dayaning manungswa ingkang kawêngku | kudu manut ing sakarsa- | ning sang kalipatulahi ||
5. mangkana wirasèng janma | ingkang samya kapêthuk anèng margi | ya ta enggale cinatur | samana sri narendra | sampun rawuh ing Langênarja gya sagung | sèkêt wira jaga praja | urmat myang tambure muni ||
6. lan găngsa kang wus tinata | munggèng bangsal sakiduling pandhapi | pêpak niyaga kang nabuh | rawuhnya sri narendra | muni gêndhing srikaton rarasira rum | sang rawuh mring jro suyasa | lawan kangjêng pramèswari ||
7. datansah kang atut wuntat | sakalihan ingkang garwa paminggir | ginrubyug nyai tumênggung | para lurah wanita | pra andhèrèk ing jawi wau winuwus | wus sami mandhap sadaya | saking gigiring turanggi ||
8. manggon ing sapangkat-pangkat | wus tan kewran mring gon kang dèn dunungi | nênggih rawuh dalêm wau | jam satêngah sadasa | tan winuwus sakèh sukane sang prabu | myang para mangiring nata | marwata suta prasami ||
9. sajrone nèng Langênarja | winursita wau sri narpasiwi | kangjêng gusti sudibya nung | kondur mring dhatulaya | tinanggênah atêngga kadhaton prabu | parabdi ing kadipatyan | ingkang sami atut wingking ||
--- 12 ---
12. nêngna sang kondur mring pura | kawuwusa ing Langênarja malih | mangke pasanggrahanipun | katon sangsaya saya | bêbaguse egas-egosing wêwangun | isèn-isèn jro suyasa | kaya ta rêsban lan kursi ||
13. mèblês kang meja myang kênap | pandam-pandam pandêlar lan satroli | dhudhuk kalawan gantung krun | sakèhning gambar-gambar | kaca agêng sasêkaran kang kinurung | karodhong bêling karêstal | rêrênggane warni-warni ||
14. pantês patraping panata | sêsipatan tinundha gêdhe cilik | cêlak pamasange patut | runtut tanna kuciwa | lan sakèhning taru-taru tumaruntun | tuntum muyêg angrêmbaka | bakah pang rone naruni ||
15. anjrah mradapa sumêkar | sêkar-sêkar enggar mêgar kang sari | sarupaning woh kaundhuh | tan kandhih sabên măngsa | masang kongsi ngêmohi pala gumantung | matêng-matêng matênggèng pang | gampang kalamun pinêthil ||
16. wit ayom ngrêmpoyok andhap | nora nana wit-witan kang nyêngkuris | kabèh ngrompyoh riyu-riyu | sri katon katararja | tuhu karya sênênging driya tumuwuh | mangkono ing Langênarja | samêngko têmbange salin ||
6. Gambuh
1. mangkana wus anggambuh | ing sajroning kangjêng sang aprabu | masanggrahan nèng Langênarja tri ari | datan winarna ing atur | wus sasat anèng kadhaton ||
--- 13 ---
2. ya ta samana sampun | ri Dityènjing sami tampi dhawuh | sri narendra manawi arsa umanjing | kundur mring jroning kadhatun | pra badhe andhèrèk golong ||
3. sami siyaga sagung | têtumpakan cumawis sadarum | myang titihan dalêm kurăngga[5] mangarsi | caos mantri gamêl ngarung | catur Kyai Dhunuk Dhenok ||
4. myang Samirana bagus | Jêng Kiyai Marionêng iku | kanan kering kinarung lan dèn kêbuti | mranti sapacaranipun | carak panoyan tan adoh ||
5. ya ta satêngah wolu | slomprèt apèl sampun kaping têlu | mratandhani yèn badhe têdhak sang aji | nulya tan pantara dangu | sarimbit sri nata miyos ||
6. kêkalih datan kantun | ingkang garwa paminggir tut pungkur | myang sadaya kang sami dhèrèk parèstri | wau ta kangjêng sang prabu | rawuh palataran kono ||
7. gya nitih turăngga wus | lir nalika ing ari Sukresuk | para wadya uga wus sami anitih | turăngga wahananipun | kocapa sri nata bodhol ||
8. urmat tambur tinabuh | myang salomprèt saking doh karungu | kaya-kaya pêpoyan angsung pawarti | marang wong ing dhusun-dhusun | padha nontona sang katong ||
9. samêngko gone kondur | ing alampah rêspati dinulu | lir mangkono tambur salomprèt kang muni | marma ngong age
--- 14 ---
lumayu | jalu èstri padha nonton ||
10. lumaku rêbut dhucung | mamrih ngarsa supaya bisa wruh | tamat cêtha rèntèp sapinggiring margi | nêngêna gantya winuwus | kang anèng jroning kadhaton ||
11. jêng gusti sudibya nung | enjing puniku pan arsa mêthuk | marang Langênarja nusul ing ramaji | samêkta ya ta sawusira rampung |[6] samêkta tataning dandos ||
12. gya têdhak tinut pungkur | dening pra abdi mantri panèwu | ngampil-ampil upacara kalung samir | wus numpak turangganipun | gamêl kaneman sumaos ||
13. sudhiya titihan wus | pra andhèrèk nèng wingking garubyug | pra sadhèrèk narpaputra raka ari | kang sarêng panusulipun | punika wau agolong ||
14. nênêm kang sami mêthuk | sami sarêng ing salampah kumpul | Jêng Pangeran Ariya Mataram tuwin | malih sang narendra sunu | urute kang cinariyos ||
15. lumaksana saruntung | Jêng Pangeran Natakusumèku | Jêng Pangeran Pakuningrat lan kang rayi | Jêng Pangeran Arya Prabu- | ningrat nora pati adoh ||
16. malih sang narpa sunu | Jêng Pangran Purbadiningrat iku | Jêng Pangeran Kusumadilaga nitih | sadaya sanginggilipun | turăngga ingkang marabot ||
17. ing lampah lumastantun | dupi prapta ing sakidulipun | pasanggrahan ing Madegănda tan têbih | jêng gusti wau kapêthuk | ing [in ...]
--- 15 ---
[... g] rama kangjêng sang katong ||
18. mire sadayanipun | ingkang sami kapêthuk sang prabu | kangjêng gusti titihanira pininggir- | akên nèng têpi marga gung | gya mandhap saking kuda lon ||
19. jumênêng ngasta apus | lan pra sadhèrèk kang nunggil wau | miwah para abdi kadipatèn mantri | watawis rada kalangkung | lan tindak dalêm sang katong ||
20. nuli sang mire wau | sami mangsuli panitihipun | kangjêng gusti wus nyêlak lan jêng narpati | noraga sumèh ing sêmu | sumêmi aturira lon ||
21. munjuk kawula nuwun | kauningana mênawi ulun | kala wau kawula dipun wêlingi | ibu dalêm ibu ratu | agêng mangke arsa miyos ||
22. mring srimanganti kidul | mêthuk ing jêng paduka pukulun | sri narendra mangsuli pangandika ris | iya kulup dèn agupuh | mijia sawiji kono ||
23. sadulurira iku | konên munjuk marang ibu ratu | atur priksa yèn ingsun wus anèng margi | nuwun sandika turipun | jêng gusti sang sudibya nom ||
24. paring sasmita sampun | majêng risang katujwèng pandulu | Kangjêng Pangran Pakuningrat anyêlaki | jêng gusti mangandika rum | kangmas dhawuhe sang katong ||
25. samêngko sariramu | cinundaka ngruhunana laku | matura mring ibu ratu agêng yèn wis | ramanta kangjêng sang prabu | lampahe prapta ing Grogol ||
26. ya ta sang antuk dhêdhawuh |[7] Jêng Pangeran Pakuningrat dhêku | matur
--- 16 ---
nuwun sandika kula tinuding | gya ngêtap turăngga mamprung | ngrumiyini mring kadhaton ||
27. wus lêpas lampahipun | narpaputra wau kang kautus | pan mangkana tata-tataning lumaris | kundur dalêm sang aprabu | pinocung ingkang cariyos ||
7. Pocung
1. ingkang anèng ngarsa pribadi puniku | prajurit sajuga | jaga praja amiranti | bêkta slomprèt minăngka cucuking lampah ||
2. kang sumambung sawurine kalih platun | prajurit kapalan | panggêdhe tindhihe upsir | parawira sarigak angliga pêdhang ||
3. nulya mantri kaparak nêmbêlas kumpul | ngampil upacara | sami anumpak turanggi | ambêranang clana kalambine abang ||
4. wurinipun amir jès anunggang nyêngkruk | nèng gêgêr turăngga | nganggar pêdhange mangering | renda sadim sèrèting krêpus kinuwas ||
5. sawingkinge dragundêr ro runtung-runtung | sami ngliga pêdhang | yèku prajurit Walandi | numpak kuda sabên têdhakan tut wuntat ||
6. nulya para putra wayah dalêm timur | anitih titihan | pinantês turăngga alit | angêrompol nuli kang nèng wurinira ||
7. mlampah dharat musikan tansah munya sru | ing samarga-marga | măngka urmating lumaris | kapiyarsa rarase mawèh arsaya ||
8. gya pra nyai lurah myang sinomanipun | tansah samirira | samya bêkta songsong kuning | anongsongi ampilan dalêm sri nata [na ...]
--- 17 ---
[... ta] ||
9. kang sumambung bau pambêlah rongpuluh | thinèrèk nyakawan | clana klambine dril lurik | kang nindhihi Ngabèi Ranupranata ||
10. wingkingipun prajurit kèhe mung catur | nênggih sami dharat | bêkta tambur ingkang kalih | kang sarakit miranti salomprètira ||
11. gya karêmun ingkang rinêngga winangun | ngênguwung sarwendah | pangupakara sarwa sri | têpi têpung ginardhe buntal puspita ||
12. nginggil sinung pêksi kalih bagus-bagus | esthane mencok pang | iku kukila mênori | anylêkunthêng cucuke bêngkuk nyairman ||
13. krêmun iku bau galadhag kang mikul | parabote padha | saruwal kulambi abrit | kopyah kêngkêng dèn cèt ijo lawan jênar ||
14. sajronipun ingkang nitihi karêmun | puniku Bandara | Radèn Ajêng Ăntawati | maksih nêsêp marma kapangku ing inya ||
15. kanan kering krêmune kaurung-urung | pra mantri kaparak | dharat mantri gandhèk tunggil | angampingi ing laku tanpa tinêbah ||
16. sanjawine wau kang sampun winuwus | gya êncik-êncikan | pinaro angênêm sisih | malih ingkang ngurung-urung kering kanan ||
17. pra prajurit jaga praja mlaku urut | lumajur ring marga | iku kèhe sèkêt sisih | dadya satus yèn pinetang kering kanan ||
18. wira sami sikêp waose pinanggul |
--- 18 ---
sinêling lan pêdhang | têgêse sinêlang-sêling | ngarêp pêdhang nuli wuri mandhi tumbak ||
19. gya anggawa pêdhang manèh nuli lawung | mangkono lirira | sapiturute lumaris | lon-alonan tinon lir pangantèn ngarak ||
20. munggèng jawi pisan kang angurung-urung | para narpadmaja | wau kang nitih turanggi | Jêng Pangeran Arya Kusuma Diningrat ||
21. Jêng Pangeran Cakraningrat sisihipun | nuli sawingkingnya | munggèng ing kuda rêspati | iya Kangjêng Pangeran Arya Mataram ||
22. Jêng Pangeran Purbadiningrat saruntung | minăngka sisihan | nuli sawingkinge malih | Jêng Pangeran Arya Kusumadilaga ||
23. pancèn iku ingkang nisihi saruntung | Jêng Pangeran Arya | Pakuningrat ananging wis | ngrumiyini dadya dutaning narendra ||
24. kang sumambung ing wuri malih winuwus | nênggih Jêng Pangeran | Arya Prabuningrat tuwin | Jêng Pangeran Ariya Natakusuma ||
25. dadya rangkêp sap-sapan kang urung-urung | ya ta wurinira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara Sudibyaputra ||
8. Sinom
1. nênggih nalika punika | kados busananira di | nyamping sawitan lan dhêsthar | ayam pugêr latar putih | marong sogasmu kuning | kanang tembokan tan tumbuk | lêr-lêre katingalan | riyêp-riyêp ngombak warih | sarèh rinèh ing dhêstharan pinandara ||
--- 19 ---
2. sèbêt kapara barêgas | pacak tatrape rêspati | wiron tibèng palarapan | mapan tap-tapan tapsirih | ingarah rolas sisih | angaluwêng adu mancung | nancuk kuncung sêdhêngan | watês waton dhamis sadim | ngadu manro cewekan sangisor karna ||
3. wingking angêbyak jebehan | pinangkat rakitan dhelik | sêdhêng kumudhung ing prastha | dhêstharan tatrape rêsik | rasukan mohèr langking | longkanging jaja kadulu | rangkêpanira seta | satêngahe pinaloi | kinancingan sotya panunggul satunggal ||
4. ya bêdhahan langênarjan | marêjan mas sangsangan kris | krah kêngkêng kang munggèng jăngga | rêntêb rumintip sinêntik | ngalêngkèh lambung kèksi | paningsête limar biru | barêgas katumpangan | ing èpèk wungu kêmrunggi | nguwêng awêng kawangwang karsèt manganan ||
5. wangkingan warăngka ladrang | wrêksani candhana sari | soring jêjêran sinarja | sêlut dinalit sotya di | sinêling mirah murih | marahi sangsaya sêmu | sumringah kandêlan mas | mastara sinawi ngrawit | kang kaagêm Kiyai Naga pusaka ||
6. gilap kapraban surya bra | barêbêt nyamping gănda mrik | cancut lancingan katingal | kinaspêran panji-panji | krakêt singsêtan kêsit | kasatmata pan kinancuh | kalawan kang rasukan | angagêm tudhung jêng gusti | pacul gowang kastur bulu-bulu [bulu- ...]
--- 20 ---
[... bulu] krêsna ||
7. ngarompyoh mangkorog ngirap | rêmbêt lir rambut barintik | rumèntèk malêngkung ngiwa | ngawêng anguwung tumêmbing | tibèng karna kang kering | kumurung jamanging tudhung | ing kanan tinatrapan | ngêtrêpi pèni paniti | byur barleyan salaga salaka renda ||
8. dhapur argulon gumilar | sumilir mêlar kang sari | sarèh jêng sudibya prabu | patrape nitih turanggi | tuhu tahan undhagi | undhakanira manurut | sumuluh sinasolah | silih silahe sumilih | malah-malah turăngga kadya ambêksa ||
9. rinêtêp nulya kinirap | sinêrêg têngahing wuri | ragi pinêthil watara | tinambuhan tangsulnèki | uga ngêntrag anirig | ngulat-ngulèt lampahipun | dhinêdhêt ingkang kiwa | bokong malang dèn sarêngi | tinangsulan tangsulan ponjèn kewala ||
10. wus ngêntrag Ki Tambangprana | binuntar lênggah angwuri | ginantung tangsulanira | ambintulu tangkêp ririh | tinolèh bokong wuri | binarêng êntul tinêmbung | kuda jondhil sêdyanya | sinarêng obahing jênthik | wurung jondhil gêdêdêr pan unjal napas ||
11. anggabêr wêkasanira | ngalêpèh nglêpèh kêndhali | buntut nurut ing wadidang | amaro bobatirèki | êndhaking suku wuri | kang ragi kagêpok buntut | anglir pendah wanodya | ingkang taksih prawan sunthi [su ...]
--- 21 ---
[... nthi] | ngangge pinjung kadung-kadung lampahira ||
12. asta kang kering kinarya | ngêlus-lus suri turanggi | juluk kuping dèn sap-usap | pêngoyoge nganan ngering | apus cinandhak ngering | asta kanan nyagak bungkul | pinidihkên lambenya | apus linêgakkên aglis | kumalowong jêng gusti mèsêm mangiwa ||
13. sambada lan turangganya | kuda ulês dhawuk langking | Tambangprana aranira | pawakan singa atangkil | gulu dawa amêrit | amanyura wangunipun | sirah methok katingal | mripat agupila adi | bungu bangar ngulêr jêdhung lambenira ||
14. andhêman wiyar akiyal | pupu gèpèng pukang gangsir | dhêngkule nyupu amalang | wirone cindhe winilis | sawêlas nora luwih | dhasare rada cêcalung | tracak kuwung apanjang | katèl jêrone saêdim | gêgêr dêngkèng pan kadya papahing gêdhang ||
15. cêthike munggul amalang | bokonge anyangkok bahning | pupune kiyal aekar | wadidang saengga arit | janggêlira agilig | bobat kèh nêbu sauyun | sambada lan nyantriknya | nyantrik ulês nyantrik ciri | sarandune ing turăngga nora kurang ||
16. mangkana sang rajaputra | karsa ngêntrakkên turanggi | tinangsul kalih karsanya | astanira ingkang kering | tumumpang kêpuh kering | astanya bênggang lir siku | astanira kang kanan | ngarsaning kêpuh kapering [kape ...]
--- 22 ---
[... ring] | pan rinangkêp sêmbari musthi têmbangnya ||
17. Tambangprana wus angêntrag | pakolih tinangsul kalih | bukul kêndhali kang kiwa | tumèmpèl lambe kang nginggil | kang têngên bungkulnèki | sawatara tèmpèlipun | antuke lambe ngandhap | yèn sinarêng panggêpyoking | gulu nênggêl saya mungal jilingira ||
18. angêtonggèng buntutira | angon tibaning kang sikil | yèn wus antuk têlung tindak | buntute ngadêg anuli | junjunge suku wajik | ragi ukêl dhêngkulipun | lêmês ugêl-ugêlnya | junjunge suku pan kongsi | yèn lêlirik sing luhur nganti katingal ||
19. jêng gusti pangran dipatya | nèng kanan jêng pramèswari | kapara moncol ing ngarsa | yèn ngêntragakên turanggi | sinambi angalirik | iriban panglirikipun | mring kênya kang yu endah | sinamur andangu abdi | gamêlira kêkalih kang atut wuntat ||
20. mangkana pangucapira | pawèstri kang ngêmban siwi | thole kae ramanira | iya kang nitih turanggi | pilihên ta sing êndi | apa ta sing jaran dhawuk | mênèk sing jaran abang | kabèh ku putraning aji | yèn kang dhawuk luyung iku ora kêna ||
21. satêngah wong kang tumingal | malongo tan bisa angling | saking katêmbèn umiyat | mring sang arsa ngênyawuri |[8]
pranataning lumaris | aris tan ana kasusu | mangsuli kang turăngga | titihan [titi ...]
--- 23 ---
[... han] dalêm jêng gusti | binusanan pan kinomplit wungu noja ||
22. mangkono pakeyanira | myang slebrak bludru katangi | sèrète renda satêbah | wuri kang mancut tinitih | cêplok pari sawuli | lan kapas nginggil estha krun | binlodir ing gim gilap | barintik kêlêm barêji | satêngahe mawi aksara P.H.H. ||
23. sabên katrontonging surya | analeram balêrêngi | kumilat gilap gumêbyar | ambyar lir kartika ngalih | marma sagung umèksi | mèh-mèh tan kawawa kantun | ing driya kaya-kaya | kilayu risang lumaris | sambat ngadhuh lam-lamên gonku umiyat ||
24. samarga-marga mangkana | ucape kang para èstri | ya ta wus lajêng lampahnya | ênêngna jêng pramèswari | gone nitih turanggi | tan pae kalawan kakung | dènira angrèh kuda | angêprabon pacak asri | rèrèh ririh ngarah-arah lênggahira ||
25. Jêng Ratu Pakubuwana | ing pada sêpatu langking | tarincing kinaos seta | lancingan kengis sakêdhik | kêspêran kinancing tri | panji-panji sutra wungu | sawit lawan rasukan | mêngês lir siwalane wit | kinancingan rêtna panunggul sajuga ||
26. anggitan sotya tinata | wau sangsanganira sri | sinjange parangkusuma | soga sumaringah rêsik | têrusan anibani | tan mringis tembokanipun | kiswa lus kinajuman [kina ...]
--- 24 ---
[... juman] | ukêl kondhe ngrêspatèni | ngagêm topi krêsna bulu-bulu seta ||
27. ing udaya sumamburat | jênar sunare kumunir | lir lancur pêksi dewata | angaluwêng marang wuri | patut nitih turanggi | kyai dhenok dhasar bagus | pan maksih binusanan | parabot biru kinomplit | santun sêkar sarkara uruting lampah ||
9. Dhandhanggula
1. sawingking dalêm jêng pramèswari | panèwu gamêl kalih lumampah | malih kang anèng wurine | nitih kuda saruntung | Radèn Rarasati tan têbih | Dyan Ayu Wirasmara | pangagêmanipun | sakalihan kinakêmbar | sami sinjang latar cêmêng sratan ngrawit | rasukanira takwa ||
2. sutra biru barêgas sinawit | lan calana malih winursita | cara Ngayogya ukêle | myang topi bulu-bulu | titihannya parabot abrit | Kiyai Samirana | lan Kiyai Dhunuk | kinarung angering nganan | dening mantri gamêl nora pati têbih | nuli kangjêng sri nata ||
3. nitih Kyai Marionêng maksih | lir têdhaknya paraboting kuda | pangagêman dalêm mangke | kêmbar lan kangjêng ratu | amung kaot nganggar mangering | sabêt Kyai Jabardam | wau sang aprabu | sangsangan rante mas cêkak | karênthile lir paksi sirap suwiwi | nucuk sotya barliyan ||
4. nama Kyai Manikarja wêning | lawan ngagêm têngêr [tê ...]
--- 25 ---
[... ngêr] | rijêmèn bintang pran yosèp | paningsêd dringin biru | èpèk sulam baludru langking | cakêt nèng wuri nata | kang songsong gilap byur | ing têpi sinêkar sêdhah | ronge-ronge ngrompyoh puniku kang ngampil | panèwuning urdênas ||
5. Radèn Atmawitana wêwangi | lan pra gamêl garubyug ing wuntat | sami dharat sadayane | nuli malih sumambung | ing alampah nitih turanggi | pra pangeran santana | kathahe mung catur | Jêng Pangran Purbanagara | Bandara Pangeran Sumabrata tuwin | Bandara Pangran Arya ||
6. Săntakusuma ingkang jèjèri | Bandara Pangran Adinagara | tumuli kang nèng wurine | gangsal dragundêripun | numpak kapal gya anyambungi | miji pinilih wira | kathahe nêm platun | upsir lan mayor tindhihnya | sakèh sami ngliga sabêt rêsik-rêsik | putih kadya salaka ||
7. anyambungi pra panèwu mantri | kadipatèn ngampil upacara | urdênas lurah sambunge | iku mungkasi laku | dèn tingali saka ing ngarsi | praptèng wuri priyangga | tindake sang prabu | miwah para wrahadbala | kang andhèrèk puniku kalangkung asri | pranataning lumampah ||
8. tata urut ing samargi-margi | tansah dadya tontonaning janma | lir milu suka sakèhe | dene katêmbèn dulu | para janma jalu lan èstri | ingkang sampun [sa ...]
--- 26 ---
[... mpun] kaliwat | pan padha lumayu | nututi sang lumaksana | mêmpis-mêmpis mêksa tan bisa umèksi | gya mandhêg gêtun ing tyas ||
9. mung mandêng mring panêring lumaris | lamat-lamat saking katêbihan | gênggêng lumajur jèjère | sapăntha-păntha urut | pêpiritan woring gêng alit | kadya sêkar sataman | panjrahing rum-arum | rumurah muranging marga | marganane sumêrit mara mangiring | mêncar gănda angambar ||
10. ambèr marang saambaning margi | rêsêping tyas pra dhasar sor wrêksa | malongo modot gulune | ingkang sami kapêthuk | nyimpang rikat dènira mijil | mring sajawining rolak | mlêg pandhodokipun | pra kuli nyangkul pikulan | bèkèl-bèkèl bakule ingkang angirid | sêdya dhasar mring pasar ||
11. para tani kang mangulah sabin | loring pasanggrahan Madegănda | sami ngêculkên pacule | kang garu myang waluku | nyêbar wiji andhaut ngurit | anglèr ngêlar leleran | parèstri kang tandur | kèndêl panambuting karya | samya miyat marang kangjêng sang lumaris | tan mêgat rohing driya ||
10. Mêgatruh
1. ingkang cêlak wradinan sami lumayu | sêdya namatkên pangèksi | pandhodhoke kidhung-kidhung | parikudu angurmati | nyêmbah darijine gronggong ||
2. sajak cupêt tangane ingkang diambung | dadi sirahe nututi | mandhêkul gulune [gu ...]
--- 27 ---
[... lune] manglung | prandene nora dumugi | ing irung arsa sinengog ||
3. amung tibèng dhadha sêmbahe puniku | mangkono kabèh jalwèstri | wong desa ingkang andulu | andhêku nèng pinggir margi | wus laju lampah mangalor ||
4. ingkang dadya cucuke angambah sampun | krêtêg kali Jênês prapti | tan owah tataning laku | nora sah samargi-margi | unining slomprèt tot tit tot ||
5. lan sinêlan tambur gumarambyang nrawung | musikanira nyêlani | munya tèt tèt dhung tèt tèt dhung | wong ing pakampungan sami | lanang wadon ting sarêtot ||
6. pan amêtu saking wismane lumayu | amiyat risang lumaris | rèntèp sapinggir marga gung | uga ana kang andhêlik | singlon badane tan katon ||
7. ling-alingan pagêre gêdhèg pring apus | wilahe longkang sawiji | kinarya pangintipipun | pandulune sumalêmpit | nèng kono akêthop-kêthop ||
8. myang trakadhang sami ngrasani calathu | marang rowange ningali | lo bakyu sintên ta niku | sing nyêngkrus milu jajari | gajêg kaya Cina klonthong ||
9. amung kacèk barêgas pênganggonipun | sumaur kang dèn takoni | hèh ta gêndhuk wruhanamu | bênêr gonira ngarani | dhasar ya Cina sayêktos ||
10. mung sejene tanpa kucir anging gundhul | sêsêbutane kang nami | sing sèh amir [a ...]
--- 28 ---
[... mir] jès puniku | katrima kajate dadi | samêngko ngabdi sang katong ||
11. sinung karya sabên dinane biyantu | punakawan kankang[9] kardi | wedang kang lumadyèng ngayun | amir jès ingkang mêruhi | bêcik alane tèh sucong ||
12. kang kinandhan manthuk pan sarwi gumuyu | calathu pitakon malih | sing èntên jroning karêmun | niku sintên dene mawi | rinêngga sarwa kinaot ||
13. iku putra dalêm jêng gusti dibya nung | putri ingkang nomêr kalih | ananging iku dipundhut | putra kangjêng pramèswari | lan raka kangjêng sang katong ||
14. marma sasat sabên têdhakan sang prabu | nora sah pasthi tut wuri | mangsuli kang sinung wuwus | dene nalika Sukrènjing | têdhak dalêm jêng sang katong ||
15. botên èntên Gusti Ăntawati niku | basa kundure sang aji | êmpun dhèrèk nitih krêmun | apa wus nèng kana dhisik | rowange mangsuli alon ||
16. panusule ya uga anitih krêmun | kanan kering dèn jagani | prajurit kang urung-urung | nanging tan sarêng sang mulki | angkate saking kadhaton ||
17. marma nusul awit dèn timbali iku | dening kang rama sang aji | jêng gusti kang tampi dhawuh | kinèn matah marentahi | mulane klakon mangkono ||
18. pan sumaur e la layak ngong tan wêruh | dadi nora anyarêngi | ing têdhak dalêm sang prabu | măngka ta sing tak wêruhi |
--- 29 ---
amung têdhake sang katong ||
19. ya ta laju tindake kangjêng sang prabu | sawêg dumugi ing Gadhing | sangsaya kèh wong kang dulu | jalu èstri angêndhêgi | andhodhok miyat malongo ||
20. yèn wus kliwat sami ngrasani calathu | kawêtu rasaning ati | pangungune sêmu gumun | dene kangjêng pramèswari | lan garwa paminggir loro ||
21. panitihe ing kuda sami tan kidhung | nora măntra-măntra putri | patrape wus kaya kakung | pacak-pacake mantêsi | wangune têtêg ing batos ||
22. iku tansah dadi ing pangungunipun | sagunging kang aningali | balero tyase martêlu | parèstri tan bisa milih | êmbuh sing êndi tinonton ||
23. dhat trakadhang ingkang katujwèng pandulu | marang kangjêng narapati | gya mring para narpasunu | iku ingkang sigit-sigit | siji-siji winaspaos ||
24. ingkang dulu mangkono paningalipun | trakadhang marang kang nitih | ing turăngga dhawuk luyung | tansah tinujwèng pangèksi | ing kono baya wus mandhok ||
25. ngincêng mandêng ngadhang-adhang bok kasandhung | sadalerengan ing liring | lurah nèng turăngga bagus | ginagas kudane kadi | sarimpi ambêksa alon ||
26. lêlah mucang kanginan amêntul-mêntul | nêtêl arsayaning kapti | kapita kapatuh sagung | kang miyat tyase lir kinthil [kinthi ...]
--- 30 ---
[... l] | kanthi kanthaning cariyos ||
11. Kinanthi
1. ya ta wau sampun rawuh | ing alun-alun sang aji | titihan dalêm angêntrag | angrumiyini lumaris | kuda nyirig nyigar ada | sampun kalancangan sami ||
2. sri paduka sang aprabu | nulya minggah mring sitinggil | mirsani tataning lampah | tuhu lamun ngrêspatèni | ingkang maksih kawistara | titihan dalêm jêng gusti ||
3. maksih nyirig ambintulu | tan kêmba samargi-margi | ya ta kangjêng sri narendra | wus mandhap saking sitinggil | anunggil waluyèng lampah | praptèng jroning kori gapit ||
4. urmat lir nalikanipun | têdhak kangjêng sri bupati | tambur prisêntir sanjata | wau kang para prajurit | uyêg wong warung gunungan | padha sumingkir mring pinggir ||
5. kang sami sadean niku | baya tyase ting saluwir | katongton salining solah | tangane gugup gagapi | nyingkirakên sêsadean | nanging mripate ningali ||
6. marang risang arsa kondur | rasane kameron dadi | êmbuh kene êmbuh kana | nanging winaspadèng ngèksi | nora mikir sêsingkiran | mung milalu aningali ||
7. mengo sinêlan calathu | ni galo nika bok adhi | putri katri nitih kuda | dene botên sajak ajrih | wangune êmpun kulina | mangsuli kang sinung angling ||
8. yèn para [pa ...]
--- 31 ---
[... ra] putri puniku | botên parlu dèn tingali | suwe-suwe dimèn apa | mring kula tan maedahi | mangsuli rowangnya ngucap | lah ênggih ta pun bok adhi ||
9. dika amancêr pandulu | ampun nganti ngalih-ngalih | marang amir jès kewala | rowangnya sêngak mangsuli | lo kok banjur siya-siya | paningalku kon ngêncêngi ||
10. mring amir jès bae iku | wangsulan kula gih suthik | sijine malih wacana | lah napa nika sing nyamping | ayam pugêr sumaringah | aradhe batin ngênggihi ||
11. nora mangsuli calathu | namung mlerok marênguti | mlengos sajak tan kaduga | mring iku rowange angling | sabab kêpêthèk tyasira | sinamur ngiling-ilingi ||
12. marang dêdaganganipun | rowange wacana malih | têgêse calathu kula | rak patut yèn ta bok adhi | maksih nom rada karêngga | ing busana turnèh kuning ||
13. rada prigêl tandang tanduk | tan sarwi miyat dera ngling | lah bakyu pangucap dika | niku rak nganèh-anèhi | kula-kula sumêntana | cocak nguntal lo sabithi ||
14. kate pan angrangsang gunung | rowangnya mangsuli malih | êngga ta coba totohan | kula mêthèk botên bali | bok adhi kalamun dika | cès ngilêr bangêt kapengin ||
15. gampang kewala ing rêmbug | mangsuli sarwi ngèsêmi | ah êmbuh ora caturan [catura ...]
--- 32 ---
[... n] | ampun dibanjurke angling | sampeyan tingali nika | prajurit kang angurmati ||
16. iku kang sami karungu | kanan keringe wong èstri | samyangguyu kacêmutan | nêngna kang padha ngrasani | wau risang lumaksana | ing magangan sampun prapti ||
16. wirajayèng astra sagung | urmat sabête tinarik | nèng ngisor lo kang pracima | wuwusên ing srimanganti | kathah pra putri tut wuntat | jêng ratu agêng mirsani ||
17. tata pranataning laku | dahat arsayaning galih | sru suka sukur ring Suksma | murah lan asihe yêkti | marang manungswa utama | barang pandongane dadi ||
18. iku ta kêkasih tuhu | ya ta pra andhèrèk sami | wus mandhap saking wahana | amung kangjêng narapati | lawan sang pramèswarendra | tuwin kang garwa paminggir ||
19. myang iku kang nitih krêmun | mandhap nèng nataring puri | sadaya wus tundhuk lawan | jêng ratu agêng nyêlaki | ing putra sri naranata | wusning pambagya basuki ||
20. wau para narpasunu | sadaya sami tut wuri | jêng gusti sudibya putra | ingawe sang umi mulki | rinangkul lungayanira | ngrêpèpèh risang sinung sih ||
21. sarwi kinuswa kang êmbun | ya ta kangjêng narapati | laju malbèng dhatulaya | tinut wuri para putri | dene sagung narpatmaja | sowang-sowangan lumaris ||
22. pan laju kewala kondur | sumawana para [pa ...]
--- 33 ---
[... ra] abdi | ingkang ngampil upacara | wus sami dipun tampèni | dening para kawajiban | tiniti dera mèngêti ||
23. palêsthanirèng pangapus | pustakate[10] kang winuni | winong winanguning basa | sabisana sang alêwih | lêluwang mardi mardawa | ing karsa sang linastari ||
24. sri paduka narpasunu | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | Sang Sudibya Rajasiwi | Narendradi ing Mataram | kang kaping gangsal mandhiri ||
25. raharja ing karaton gung | sawawêngkoning nagari | Surakarta Adiningrat | saha litnan kolnèl saking | general sêtap minăngka | mêmuri pra luhur Jawi ||
--- [0] ---
...[11]
--- [0] ---
... 1 boekoe harga fr. post | POERWO TJARITO INDOE... f 2.15 | PANDJI... f 2.15 | PANEMBROMO... f 0.30 | POESPITO MONTJOWARNO djilid 1-3, 1 djilid... f 1.35 | PAROMOBOSO djilid 1-3, 1 djilid... f 3.15 | INHOUD PAROMOBOSO... f 0.60 | PRANATAN PATJAHOSAN... f 0.30 | PRANATAN ROOIMEESTER Res. Soerakarta... f 1.10 | PIWOELANG... f 0.60 | POESTOKORODJO djilid 1-8, 1 djilid... f 1.60 | PAROMOSASTRO... f 1.65 | PENGADJARAN DOEKOEN ORANG BERANAK... f 2.10 | PAWOEKON... f 1.10 | REGLEMENT POLITIE... f 1.10 | REREPEN... f 0.30 | RAAD AGAMA... f 2.10 | SARIDIN... f 3.75 | SOEPITAN... f 2.15 | SALOKANTORO... f 0.80 | STAATSBLAD taoen 1903 No. 3... f 0.80 | STAATSBLAD taoen 1911 No. 569... f 0.80 | SANGRETNO SOEJATI djilid 1-2, 1 djilid... f 1.15 | SERIBOE SATOE MALAM djilid 1-2, 1 djilid... f 1.15 | SRIMATOJO... f 0.60 | TAPEL ADAM djilid 1-2, 1 djilid... f 2.15 | TAMBANGPRONO... f 0.40 | TJARAKAN DJAWA... f 0.60 | TADJOESALATIN... f 5.25 | TJEMPORET... f 1.65 | TJOKROWARTI 1 boekoe kertas tipis harga f 2.10 tebel... f 1.60 | TOPENGMAS djilid 1-2-3-4-5-6, 1 djilid... f 1.60 | WARNOBOSO... f 2.15 | WARNOSARI djilid 1-2-4 sampe 9, 1 djil f 1.10 8 djil... f 8.50 | WEDOMADIO... f 1.10 | WIRO ISWORO... f 2.75 | WANGSALAN... f 1.65 | WEDOTJOERIGO... f 1.60 | WIRIT... f 1.60 | WITORADIJO djilid 1-2, 1 djilid... f 1.60
1 | Tiga halaman kosong. (kembali) Tiga halaman kosong. |
2 | Tiga halaman kosong. (kembali) Tiga halaman kosong. |
3 | dwi. (kembali) dwi. |
4 | cacah. (kembali) cacah. |
5 | turăngga. (kembali) turăngga. |
6 | Lebih tiga suku kata: ya ta sawusira rampung. (kembali) Lebih tiga suku kata: ya ta sawusira rampung. |
7 | Lebih satu suku kata: ya ta sang antuk dhawuh. (kembali) Lebih satu suku kata: ya ta sang antuk dhawuh. |
8 | ngênyapuri. (kembali) ngênyapuri. |
9 | ingkang. (kembali) ingkang. |
10 | pustakane. (kembali) pustakane. |
11 | Tiga halaman kosong. (kembali) Tiga halaman kosong. |