Laksitarja, F. L. Winter, 1894, #1749

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Laksitarja

Bab lêlampahanipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, dumugi sasurudipun.

Pêpêthikan saking Sêrat Lokomotiph, kajarwakakên ing têmbung Jawi dening Tuwan F. L. Wintêr, sinawung sêkar Macapat dening Ngabèi Tirtapraja, tuwin Ngabèi Jayasupana, ingkang samangke kapatêdhan nama Sêcapradata.

Kaêcap dening Tuwan Albrèh tuwin Rusê ing Surakarta 1894.

--- [0] ---

Laksitardjo

Sêrat Laksitarja

Bab lêlampahanipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, dumugi sasurudipun.

Pêpêthikan saking Sêrat Lokomotiph, kajarwakakên ing têmbung Jawi dening Tuwan F.L. Wintêr, sinawung sêkar Macapat dening Ngabèi Tirtapraja, tuwin Ngabèi Jayasupana, ingkang samangke kapatêdhan nama Sêcapradata.

Kaêcap dening Tuwan Albrèh tuwin Rusê ing Surakarta 1894.

--- [0] ---

[Grafik]

Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, pêpatih dalêm ing Surakarta, ridêr saking ordhê Nèdêrlansên Leyo.

--- 1 ---

1. Kinanthi

1. panênggak Sri Salya Prabu | jawata kang salah warni | kanthi êntyarsaning driya | rikalanira miyarsi | wigaring rèh mangun brata | wêdharing pustaka warti ||

2. nuswa gyan băngsa Alpuru | kang winastan Lokomotip | parabnya Sri ing Manggada | sêsara Hyang Wisnu Murti | cinitra ing ari Sukra | wimbaning kang sitarêsmi ||

3. wisayèng matsya malawung | dhukuh Kumbayana Rêsi | Dhesèmbêr tanggal ping lima | salaka pita kang warni | etang warsa sèwu dhomas | astha dasa pat lumaris |[1]|

--- 2 ---

4. apan ta wontên kasêbut | Kangjêng Radèn Adipati | Sasranagara pêpatya | ing Surakarta nagari | winisudha sri bagendha | maraja dadya ridêring ||

5. ordhê Nèdêrlansê Leyo | kamune atmajèng rêsi | pramèswari Sri Bahlika | mênggah kondhanging pawarti | sato titihan Hyang Rodra | awis sagêd maradini ||

6. atma Suwăndagni Wiku | wrêcita markatèng latri | karya suka pirênèng tyas | Êmpu Sang Balya Narpati | kêndhang têtêking ayuda | kadi kang kalakyan mangkin ||

--- 3 ---

7. wau pamisudhanipun | kangjêng radèn adipati | kathah kang mangayubagya | pra tuwan-tuwan Walandi | saraya mangsah ranangga | gita sabyantu ngastuti ||

8. lumayan pamurihipun | pramodanirèng nagari | Jêng Residhèn A. Y. Sêpan | ing nalika sontên wanci | asung urmat pamiwaha | serenadhê dèn wastani ||

9. atma Kurandhagni Prabu | wêwarnan tan gondhang kasih | sampun sayoga samapta | doning wastra pinrih aking | nèng pamedan kapatihan | èsmu wulinga ing galih ||

--- 4 ---

10. keswa amancala pingul | jêng tuwan pramodèng nagri | carma wrêksa kang wus wiwal | nalikanira umanjing | ing sajroning panataran | sumrêg-sumrêg atulya sri ||

11. mukjhijating para jamhur | mawi kinurmatan musik | janma mrih sêming wirama | araras laguning gêndhing | tindakira kangjêng tuwan | kaprênah wontên ing ngarsi ||

12. kentaring tirta mrih dunung | keswa bengkok ngrêspatèni | tuwan militèr komandhan | asêsaman munggèng ngapti | dinulur ing tuwan-tuwan | amtênar mardika opsir ||

--- 5 ---

13. sarawuhira sinambut | ing kangjêng radèn dipati | ingacaran manuhara | tumama madyèng pandhapi | Patih Sri Banjaransêkar | satata alênggah sami ||

14. jêng residhèn ngandika rum | amêdharakên pamuji | upaya urubing brahma | ancur pêthaking wirangi | rênggêp êmpaning surasa | pratitis tatas mantêsi ||

15. pêpatih Sri Sasrabau | pandaya pangrèh turanggi | wau sang mantri anindya | amangsuli têmbung Jawi | toh setanjrah sulaksana | atur panuwun pamundhi ||

--- 6 ---

16. nahan tan antawis dangu | jêng tuwan residhèn amit | bibis langking sabèng tirta | sarangan kang mindha warni | kondur tilar pamudyarja | lawan dhinèrèkkên dening ||

17. pra tuwan sawatawis mung | dene kang kathah ngantuni | anglajêngkên parisuka | kèn atma Danardana Ji | kramaning kang pandhan surat | nihan wursitèng kintaki ||

18. bêbasan kotaman wau | marganing nugraha luwih | nanging ta nadyan mangkana | tan wiyah janma utami | kadi lêlabêtanira | kangjêng radèn adipati ||

--- 7 ---

19. ukêling wastra kaprabun | parabnya Sang Wiratha Ji | nadyan wus sêpuh kang yuswa | maksih tabêri ing kardi | ing pangrèh ayuning praja | ing kasangsayan tan tolih ||

20. dhasar ing salaminipun | tansah tinanggênah dening | sasamining gati karya | santa mardawèng panggalih | têmbung diwasaning surya | datan minge marang wajib ||

21. pasang rakiting apupuh | coba rahsaning nyênyamik | nênggih gumêlaring nalar | ri kanang kacipta saking | palwa majrêm ing udaya | êmpaning sêsara lungit ||

--- 8 ---

22. labuhan kotamanipun | kangjêng radèn adipati | parabe satriya Karna | kêthu ing Janggala nagri | anênggih ingkang winurya | lawan ringkêsan kadyèki ||

23. wus cêkap sambada tuhu | katrahan ing nugraha sih | kangjêng sri bagendha raja | laksitanya sang utami | kalêbêt ing pralampita | lir janma sumêngkèng wukir ||

24. saking ngandhap purwanipun | pawitan daranèng kapti | bakit prapta ing udaya | lire jêng radyan dipati | saking alit winisudha | ngaluhur dadya pêpatih ||

--- 9 ---

25. ujani janma mèt pantun | warna seta èsmu langking | nênggih kawontênanira | lêlabêt sang nindyamantri | duk ing taun sèwu dhomas | dwi dasa catur angabdi ||

26. nata Koh Karip praja gung | pêpatih rajèng Kadhiri | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Purbaya pinilutèng sih | duk ing warsa sèwu dhomas | tigang dasa pănca prapti ||

27. warsa sèwu wolung atus | kawan dasa duk ing nguni | pêrangan Dipanagaran | asêtya-tuhu ing gusti | nglabêti tumutur yuda | ing saparan datan kari ||

--- 10 ---

28. taun sèwu wolung atus | tri dasa nênêm piniji | ing gusti jêng sri narendra | mêngkoni karya jro puri | warna listyaning wanodya | dening yuning punang krêti ||

29. warsa sèwu wolung atus | kwandasa sanga sinung sih | yeka kapatêdhan pangkat | sêsêbutan Radèn Panji | Ondêr Mayor Jayaningrat | laminya tri wêlas warsi ||

30. ing nalika taun sèwu | astha tus sawidak kalih | kèn atma Rêsi Wiksmaka | jawataning sitarêsmi | ing karsa jêng sri narendra | ingkang jumênêng samangkin ||

--- 11 ---

31. pradêksaning lata lumung | ginanjar dadya bupati | krama pangêsah mring Suksma | sêsêbutaning wêwangi | Rahadèn Tumênggung Wirya- | diningrat katrimah dening ||

32. satya ing panindakipun | barang karya jroning puri | kang wus dadya kawajiban | kalawan pranata titi | rumêksanya mring kagungan | akadya darbe pribadi ||

33. taun sèwu wolung atus | sawidak sad wit karsaning | kangjêng guprêmèn ingangkat | wakil pêpatih nagari | Kangjêng Radèn Adipatya | Sasranagara wêwangi ||

--- 12 ---

34. wadêring samodranipun | panti gung aswa nèng aji | rèhning jêng radyan dipatya | katon nyêkapi ing wajib | warswèwu dhomas sad dasa | sapta tinêtêpkên patih ||

35. ing Surakarta praja gung | wiru kang tan mawa isi | tawon gêng tala kêkaywan | karsanya kangjêng guprêmin | sêpat panjang ing banawa | Nèdrêlan langkung patitis ||

36. wanara gêng mimba diyu | nata wrêdha ing Pirkari | anindakkên kawajiban | ing dalêm wolulas warsi | kawuryan arjaning praja | gêmah ripah loh jinawi ||

--- 13 ---

37. sujanma kaniran kewuh | kupu lit malayèng latri | miwah ngatasing kagunan | kang tumrap kangjêng guprêmin | sanityasa winigata | dening nunging pamarsudi ||

38. pradăngga kang tanggap suluk | wiji èsèl mêntês isi | sarta bab maosi tanah | tuwin amaoskên siti | kadang Panji Kasatriyan | ing Surakarta nagari ||

39. kang kaprah nis karanipun | laksitanirèng dumadi | ing jagad pramuditaya | ing sayakti datan bangkit | sampurna sadayanira | yeka kang dadya prihatin ||

--- 14 ---

40. wastaning kang pandhe kayu | jêng tuwan residhèn swargi | Mistêr Matês kamulannya | kang srêda darbe pangudi | pusara pangikêt găngsa | amrih lumunturirèng sih ||

41. wrêksa buntal basa luhung | jêng maharajèng Walandi | amaringana nugraha | ing kangjêng radèn dipati | wasana têkèng ubaya | kondur mring ramatolahi ||

42. dadya tan widadèng kayun | amaringakên pribadi | têtêngêr wau punika | mring Kangjêng Radyan Dipati | Sasranagara kang kontab | mumpuni pranata titi ||

--- 15 ---

43. parab Sang Biyasa Wiku | puwara atur pamuji | juluk arya ing Mamênang | mugi jêng radèn dipati | ginanjara yoswa panjang | sarta winantua dening ||

44. bêbasaning krama luhung | patih Basukiyana Ji | kawibawan kang sumrambah | sawawêngkoning praja di | lan têntrêm sênêng prasida | dinohna ing tulah sarik ||

--- 16 ---

2. Sinom

1. sambawaning tyas taruna | nêmpuh byat pêksa manganggit | gitaya labêting patya | karaton Surakarta di | ya Jêng Radyan Dipati | Sasranagara pènsiun | bintang Leyo Nèdêrlan | tăndha sih nugrahèng aji | ingkang agung sri bagendha maharaja ||

2. sruning ngèsthi prawatyarja | myang kacèlu nayogyani | ingagnya sumitra darma | F. L. Wintêr sinambat sih | tuwan juru ngaranging | Jawi Kandha dera sampun | saeka lan kang darwa | yèku Tuwan Albrèh Rusi | gatining rèh măngka kinarya darsana ||

--- 17 ---

3. anyambêti Laksitarja | pinarsukèng potographi | gambarnya sang mantrimuka | nadyan dènira manganggit | riningkês sawatawis | mung mrih kacakuping parlu | yèn wontên tidhanira | kidhung tanduking palupi | kang parambêk sambegana ngaksamaa ||

4. kang măngka witing lukita | nalika sang nindyamantri | pinasthi prapta ing masa | puput wêkasing dumadi | tilar nungswapadèki | dening gêrah sampun sêpuh | dadya kocaping jana | gêrah lan surudnya yêkti | kabyaktèng rat prabawaning janmotama ||

--- 18 ---

5. nahên ta duk surudira | wau sang anindyamantri | ngrintênkên ari Jumungah | nêmbêlas wimbaning sasi | Siyam Dal dèn têngêri | sangkalaning ăngka taun | atrine sinatmata | samadyanira pandhapi |[2] yuswanira ingetang astha dasa sad ||

6. gumrah swaraning udrasa | solah-bawaning prihatin | karoncèn yèn winarnaa | wusnya layon dèn bêrsihi | sampat kanang pakarti | saksana nganjingkên gupuh | ing krêndha pantisawa | kang sampun purna cumawis | gya pinarnah nèng jro dalêm tinuguran ||

--- 18 ---

7. kunêng ri Sukra wancenjang | samadyaning kang pandhapi | supênuh kang samya nglayat | jêng tuwan wakil residhin | militèr komandhaning | wadyabala sarèhipun | mayor upsir kapitan | amtênar mardika lanhir | sumawana pangagênging băngsa sabrang ||

8. miwah pra kangjêng pangeran | putra lan santana tuwin | pangeran Mangkunagaran | santana arya myang panji | litênan kolonèling | prajurit saêrèhipun | mayor upsir kapitan | bupati kaliwon mantri | apan kathah ingkang sami prapta nglayat ||

--- 20 ---

9. wanci kèndêl jam sawêlas | wus sampat salir pangrakit | uparêngga tata lampah | krêndha pinratisthèng kathil | linangse myang linungsir | cinacêplok kayuapu | sadaya satin seta | têpining langse lan plisir | sinukarta bara pêthak amurwendah ||

10. sanggyaning kang uparêngga | wasis pasanging pangrukti | pasaja pantês sambada | bintang tinratap sênên sri | kumênyar mracihnani | luhuring darajadipun | miwah utamanira | wong agung kang sampun lalis | bidhalira kunarpa kinarirêngga ||

--- 21 ---

11. ingkang mugarèni lampah | prayagung nayaka kalih | sami sakaliwonira | golongan jêro myang jawi | kliwon non-anon kalih | ugi jawi lêbêtipun | akanthi karerehan | angalih golongan sami | prajuritan ngathepyah wahana kuda ||

12. prajurit kang darbe lampah | jawi kawan dasa kalih | sikêp waos tinindhihan | dening upisir satunggil | malih prajurit mawi | sikêp bêdhil kathahipun | satus têtindhihira | sakawan kaptin upisir | ing satambur kalawan salomprètira ||

--- 22 ---

13. prajurit jro sikêp pêdhang | wahana turăngga sami | kathahnya tri dasa sanga | têtindhih upsir satunggil | dene panèwu mantri | kapatihan sarèhipun | lurah bêkêl myang jajar | winijang-wijang ing wajib | kalorèhên yèn ta ginancar sadaya ||

14. gumulung para bupatya | kang angrêmbat layon sami | winatês dumuginira | ganti-ganti anyambêti | kliwon panèwu mantri | lurah bêkêl jajaripun | nganti praptaning magang | tataning lampah prayogi | ajêg turut anêtêpi saparentah ||

--- 23 ---

15. swaraning kanang pahargyan | untabing kang senapati | sapanêkar myang prawira | ingkang sami nyanggi kardi | orêging wong sanagri | kumlabing uparêngga gung | nênangi tyas karantan | kapiluh sajroning batin | angungun mring wijanatama kang seda ||

16. dening gung gumulung blabar | lir wadyabala lumaris | sikêp sakapraboning prang | anglurugi ripu sêkti | sing mandrawa kaèksi | lir wutah ing samodra gung | kêlabing satin seta | srempange sawiji-wiji | kawistara kadi kang lumenggang kentar ||

--- 24 ---

17. jroning kang layon matawan | lir surêm baskara kingkin | kadya ngungun mangunêngan | suruding patih linuwih | rarab sumyuring riris | yayah parmaning dewa gung | ngudanakên sugănda | tumrêcêp ngasrêpi dhiri | tumuruhnya karya enggar lan pirêna ||

18. mring kang tumutur sadaya | sumêngka atur sêsanti | mring wau kang sampun seda | mijil saking manah suci | awit dènnya ngèngêti | kalaban labêt sang anung | dadya jroning lumampah | tan ana pringganing ati | ananira mung lêga mangayubagya ||

--- 25 ---

19. marma wontên kang pêpoyan | lan rowang pating kalêsik | ora ana wong kabêgyan | kaya kangjêng sêpuh iki | nutug dènnya wiryadi | among putra wayah luhur | nganti praptaning seda | kayêktèn drajate luwih | baya iku prabawa labêting tapa ||

20. ing samarga titip atap | jêjêl uyêl wong ningali | jalwèstri anom lan tuwa | lir kêbut isining nagri | dhêsêk-dhinêsêk sami | rêbut papan pamrihipun | nulyenggal uningaa | layoning patih linuwih | wênèh wontên kang ngèsthi kataman barkah ||

--- 26 ---

21. nênggih lampahing kunarpa | cinêndhak pan sampun prapti | ing astana aran Manang | pinarnah pratisthèng panti | wusnya kang mangagêngi | lampah saklerehanipun | myang kang dhèrèk sadaya | samya aso sawatawis | lan purnane saparlunirèng kunarpa ||

22. tan dangu sigra winawa | jro cungkup kang sampun dadi | yasannya kang sampun seda | pantês awig ing pakarti | samana anarêngi | ing tibra layu kalalun | ri sampuning palêstha | panampurna myang miranti | sidhêm-sidhêm layon sinarèkkên sigra ||

--- 27 ---

23. kraos dwijawara ing tyas | matistis angêmbêng kingkin | yitna wajibing dumadya | anane tan kêkêl kongkih | awit dènira urip | puwara satêmah lampus | gêng alit tan prabeda | nahên ta kang dhèrèk sami | adan budhal maluya nawung asmara ||

3. Asmaradana

1. gantya ing mangke winarni | aloking janma sapraja | ingkang mangrêti budine | nitèni mring wong utama | nênggih sasurudira | wau risang mantri anung | lajêr ban-êbaning praja ||

2. ing cipta rasaning ati | dhuh babo datan prabeda | lir tininggal wong tuwane | kang ngrêksa jiwangganira | lan pangrèh kang minulya | panduking jêmala nawung | wasita mèsi martaya ||

--- 28 ---

3. lire dènnya ngrumangsani | rinêksa raharjanira | dening wasistha ngadile | têtali tyas danamarta | têntrêm sapraja suka | kakênan asih sumungku | susêtya têrus ing driya ||

4. căndrakantane sayêkti | tumrape jaman ing mangkya | lir Sêmantri pêpatihe | Sang Prabu Arjunasasra | kang wus kaswarèng jagad | unusan patih dibya nung | ngun-anguning Maospatya ||

5. kuncara ing rajaniti | sêtyambêk rumêksèng nata | tan keguh marang kasidèn | putus rèh pangulah praja | widakda among bala | during rat kabrasat mirut | dening upaya myang brata ||

--- 29 ---

6. marma kocaping palupi | wong sapraja Maèspatya | agung alit sadayane | anggêpe sami ambapa | mring wau sang apatya | sih trêsna ngênjali suyud | labête sinudarsana ||

7. jumbuh lan kaloking warti | pratisthèng koran Walănda | nênggih wau lêlabête | jêng ridêr Leyo Nèdêrlan | dènnya nglênggahi pangkat | pêpatih dalêm sang prabu | sampêt marang wajibira ||

8. dene sangêt angaosi | ing kawiryan pangkatira | tur bangkit amatrapake | saulah kridhaning patya | mungguh ing pralampita | bismarêk Surakarta gung | manggala gul-agul Dhitslan ||

--- 30 ---

9. ananing kraton sang aji | têtêp lastari tan ewah | kadya ing wau-waune | tarlèn sing kabudyanira | wau jêng mantrimuka | satuhu pratamèng panduk | barang rèh rumêksèng praja ||

10. asih mêmayu ngayomi | wong cilik isining praja | nganti duk ayun surude | èngêt kawêdhar ing sabda | mring putra kang gumantya | dhuh kulup pitutur ingsun | rêksanên kawulèng praja ||

11. dening dènira ngrungkêbi | bêbaku wajibing patya | tan kurang paliwarane | marang ratu gustinira | dadya gung pinracaya | dwi murti sanepanipun | saulah kridhaning praja ||

--- 31 ---

12. tansah binobot ing budi | santosambêk prataksita | tumanêm ing rèh kasidèn | nganti barang karsanira | jêng guprêmèn Nèdêrlan | sabar dening pandukipun | ing rèh kang katur sang nata ||

13. marma wakiling guprêmin | Jêng Tuwan Guprênur Jendral | Oto Pan Ris têmahane | tan pisan tahan umiyat | mring sang mantri wasesa | sanajan sariranipun | maksih bagas myang santosa ||

14. ginalih wus nguciwani | jumênêng mantri wasesa | dening wus wrêda yuswane | dadya rinèrèhkên sigra | saking pangkat pêpatya | mangkana ingkang kasêbut | sajroning koran Walănda ||

--- 32 ---

15. ing sawantahe manawi | tinumrap gita pralambang | anênggih wau anane | sang nayaka waktrotama | amung băngsa pujăngga | sayêkti kang wignya gêlung | lan sampurna paripurna ||

16. wasanamba kang bawani | kabukaning kang gitaya | redhaktur Jawi Kandhane | saeka lawan kang darwa | miwah kang kinèn ngripta | rasane kang wus ginêlung | dadyaa darsanotama ||

17. titi sampating pangirti | nèng sana măngka asrama | pancara sidi wancine | wimbaning lèk ping dwi dasa | wulan Sawal warsa Dal | sangkalèng warsa ginêlung | tri miyat sarira tama |[3]|

Tamat

--- [0] ---

Bab Têgêsipun Wangsalan

Bab Têgêsipun Wangsalan

Pada 1

panênggak Sri Salya Prabu ... Dèwi Surtikanthi,
jawata kang salah warni ... Bathara Kala,
wigaring rèh mangun brata ... badhar

Pada 2

nuswa gyan băngsa Alpuru ... Moloko,
parapnya Sri ing Manggada ... Prabu Citragada,
sêsara Hyang Wisnu Murti ... cakra

Pada 3

wisayèng Matsya malawung ... sambêr,
dhukuh Kumbayana Rêsi ... Sokalima,
salaka pita kang warni ... êmas

Pada 5

kamune atmajèng rêsi ... endhang,
pramèswari Sri Bahlika ... Dèwi Parwati,
sato titihan Hyang Rodra ... Lêmbu Andini

Pada 6

atma Suwăndagni Wiku ... Sukasrana,
wrêcita markatèng latri ... rêna,
Êmpu Sang Balya Narpati ... Êmpu Kadi,
kêndhang têtêking ayuda ... kala

Pada 7

saraya mangsah ranangga ... biyantu

Pada 9

atma Kurandhagni Prabu ... Radèn Kartawiyoga

--- [0] ---

wêwarnan tan gondhang kasih ... sama, utawi sami,
doning wastra pinrih aking ... pamemean

Pada 10

keswa amancala pingul ... uwan,
carma wrêksa kang wus wiwal ... kalika

Pada 11

mukjhijating para jamhur ... kramat,
janma mrih sêming wirama ... nglaras

Pada 12

kentaring tirta mrih dunung ... mili,
keswa bekok ngrêspatèni ... ngandhan-andhan

Pada 13

patih Sri Banjaransêkar ... Patih Satama

Pada 14

upaya urubing brahma ... êmpan-êmpan,
ancur pêthak ing wirangi ... rasa

Pada 15

pêpatih Sri Sasrabau ... Radèn Sêmantri,
pandaya pangrèh turanggi ... têmbung,
toh setanjrah sulaksana ... panu

Pada 16

bibis langking sabèng tirta ... undur-undur,
sarangan kang pindha warni ... dherekan

Pada 17

kèn atma Danardana Ji ... Dèwi Siti Sundari,
kramane kang pandhan surat ... kintaki

Pada 19

ukêling wastra kaprabun ... kampuh,
parabnya Sang Wiratha Ji ... Prabu Basukiswara

Pada 20

têmbung diwasaning surya ... têngange

Pada 21

pasang rakiting apupuh ... gêlar,
coba rasaning nyênyamik ... ngicipi

--- [0] ---

palwa majrêm ing udaya ... labuh,
êmpaning sêsara lungit ... tumama

Pada 22

parabe satriya Karna ... Radèn Suryaputra,
kêthu ing Janggala nagri ... têkês

Pada 25

ujani janma mèt pantun ... bawon,
warna seta èsmu langking ... klabêt

Pada 26

Nata Kohkarip praja gung ... Prabu Umarmadi,
pêpatih rajèng Kadhiri ... Patih Tambakbaya

Pada 28

warna listyaning wanodya ... ayu

Pada 30

kèn atma Rêsi Wiksmaka ... Dèwi Sri Laksmi,
jawataning sitarêsmi ... Sang Hyang Căndra

Pada 31

pradêksaning lata lumung ... lanjaran,
krama pangêsah mring Sukma ... sêbut

Pada 34

wadêring samodranipun ... gêrèh,
panti gung aswanèng aji ... kraton

Pada 35

wiru kang tan mawa isi ... lakaran,
tawon gêng tala kêkaywan ... kinjêng,
sêpat panjang ing bawana ... wadêr

Pada 36

warana ... wanara,
gêng mimba diyu ... wawa,
nata wrêdha ing Pirkari ... Prabu Sarsaban

Pada 37

sujanma kaniran kewuh ... kagunan,
kupu lit malayèng latri ... kapêr

Pada 38

pradăngga kang tanggap suluk ... rêbab,

--- [0] ---

wiji èsèl mêntês isi ... aos,
kadang Panji Kasatriyan ... Radèn Kartala

Pada 40

wastane kang pandhe kaku,[4] ... undhagi,
pusara pangikêt găngsa ... paluntur

Pada 41

wrêksa buntal ... kajêng timaha,
basa luhung ... sandi

Pada 43

parab Sang Biyasa Wiku ... Rêsi Krêsnadipayana
juluk Arya ing Mamênang ... Judhipati

Pada 44

bêbasaning krama luhung ... kawi,
patih Basukiyana Ji ... Patih Prabawa

 


Tanggal: lima (5) Dhesèmbêr: sèwu dhomas astha dasa pat (1884 M). (kembali)
Tanggal: Jumungah nêmbêlas (16) Siyam (Pasa): atrine sinatmata samadyanira pandhapi (AJ 1823). Tahun Masehi: Jumat 23 Maret 1894. (kembali)
Tanggal: dwi dasa (20) Sawal Dal: tri miyat sarira tama (AJ 1833). Tahun Masehi: 9 Januari 1904. (kembali)
kayu. (kembali)