Lêlampahanipun Ki Padmasusastra, Jayanggêni, 1935, #249

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Cariyos Lêlampahanipun Ki Padmasusastra dhatêng Nagari Nèdêrlan, nalika taun Masehi 1891.

--- [0] ---

Babonipun sêrat punika, karangan sarta tapak astanipun Ki Padmasusastra piyambak. Panyêratipun Ki Padmasusastra wontên ing Lamongan, nalika kaping 1 April 1893, taun Jawi 1822.

--- 1 ---

Cariyos Lêlampahanipun Ki Padmasusastra dhatêng nagari: Nèdêrlan.

1891 Sèptèmbêr 14. Tanggal kaping 14 Sèptèmbêr 1891 wanci pukul 5 enjing dhatêng losêmèn Pannekê kêpanggih Tuwan dhê Nowi, lajêng bidhal dhatêng sêpur Balapan, wanci pukul 7 enjing bidhal numpak kareta latu dhatêng Samarang, dumugi ing Samarang kèndêl wontên ing losmèn, kèndêl tigang dalu ngêntosi dhatêngipun kapal api.

Sèptèmbêr 17. Tanggal kaping 17 Sèptèmbêr bidhal saking Samarang numpak kapal nama Prinses Wilhèlmina panjangipun kintên-kintên 400 kaki, wiyaripun 60 kaki, kula tumut manggèn wontên kamar ăngka 1. Tilêm ing jrambah, jrambah punika dipun gêlari babut dhamas, isi kamar 36. Kamar agêng isi pasarean 2, kamar alit 1, kula wiwiti saking pungkasan wingking, punika panggenan pasiramanipun para tuwan saha para nyonyah, miwah para sinyo lan non, sangajênging pasiraman kapasangan undhak-undhakan kajêng katapêl ing kuningan, kalambaran karèt dhapur anaman, kiwa têngênipun rinuji tosan sêsêkaran, punika ingkang anjog ing dhèg badhe kula pratelakakên ing wingking. Sangandhapipun undhak-undhakan wau wontên undhak-undhakanipun malih, rinuji tosan lugas, punika panggenanipun para jongos tiyang 24. Rêrêngganing kamar sami kaukir awig pakirtyanipun ing jawi kaêcèt gadhing lisipun sawo matêng, ing lêbêt biru laut byur, mesi pasuryan sarta kaca, jandhelanipun bundêr ing pinggir kalapis kuningan, mawi krepyak saking nglêbêt, mawi tutup dhamas ijêm, sinungan tèdhèng tadhah angin, dados salêbêting kamar botên anggadhahi raos sumuk pisan-pisan, awit kasilir saking drêsing angin malêbêt, kontênipun ingukir lunglunganing sêkar amulêt wit, talundhagipun kalapis ing kuningan [ku...]

--- 2 ---

[...ningan] rajangan pandhan, tutupipun kontên dhamas ijêm mawi kasongkèt ing sêsêkaran dalah ronipun, gardhènipun[1] ingkang minăngka canthelan pamiyaking gubah tutup kontên wau mawi bungkul anaman dhamas ijêm kasêlanan bênang sutra ijêm nèm kalihan jêne, dados adhapur pareanom, jarambahipun ginêlaran babut ijêm mawi kasongkèt kuning sasêkaranipun dhapur sastra Walandi pêpulêtan, mungêl Maatschappij kalihan sasêkaran adhapur jangkar, layar sasaminipun sami bênang sutra sadaya, panggenan dhahar winastan salon, punika angeram-eramakên sangêt, saubêngipun kaêcèt gadhing, mawi corak pating krêlip kapindha kodrat, gilap sarta alusipun botên bèntên kalihan pênyu, lisipun sawo matêng, kapasangan kaca agêng satunggal, kiwa têngêning kontên kapasangan piano tuwin lêmari adhapur piano dados wujud kêmbaran, punika panggenanipun sêrat waosan, bokonganing sêrat mawi sasêratan parada nêdahakên namaning sêrat satunggal-tunggal, têmbung Walandi, Prasman, Inggris, tuwin sanès-sanèsipun, sintên ingkang rêmên maos mêsthi botên kacuwan, ing têngah kapasangan meja ăngka 1, kiwa têngênipun meja ăngka 2, panggenanipun tuwan-tuwan ingkang taksih yuswa nèm sarta lare-lare, pangagêngipun kapitan kapal sinêbut Komêndhan, Kolonèl, Residhèn, tuwin sanès-sanèsipun para agêng, lênggahipun kasor dening Komêndhan wau, pangagêngipun ingkang ngladosi ruwimèstêr, akalihan jongos tiyang Madura kalih wêlas, ingkang mirantosi têdhaking lare: jipro, kursinipun patèn lajuran mawi pir, manawi kalênggahan mêndat-mêndat, bantalipun isèn, nglêbêt, kulit sawo matêng, lajêng sinjang lorèk, ing jrambah kagêlaran babut ijêm, sasêkaranipun bênang sutra kuning kados [kado...]

--- 3 ---

[...s] ing nginggil wau. Wêdalipun saking bale buja kontênipun kêkalih, ingkang wetan wontên kamaripun sakawan, ăngka 1, 2, kamar ăngka 100 mawi ngalamat W.C. Dames W.C. Heeren. Ăngka 3 panggenan asah-asah piring, ăngka 4 pondhokanipun Masinis, sisihanipun ingkang kilèn ugi wontên kamaripun sakawan, ăngka 1 panggenan wadhah minuman buffèt, ăngka 2 pondhokanipun Atministratur, ăngka 3 dhoktêr, ăngka 4 balemarta, têngahing margi kiwa têngên wau pangrantunan dhahar. Bêkakasipun dhahar patehan, talam, sendhok porok, sami salaka sadaya, mawi ciri sasêratan pulêtan Maatschappij dalah piring gêlas, cangkir sadaya mawi ciri, sanadyan wadhah dhaharan ing blèg, ing tong tuwin caping minuman warni-warni sadaya mawi ciri Maatschappij. Dilahipun sadaya èlêktrèsitèit, kurunganing kawat ingkang minăngka ucêng-ucêng pindha kudhuping sêkar lumbu, dadosipun kapal Prinsès Wilhèlmina kala ing taun 1882 wujuding kapal taksih enggal, sarta taksih santosa, ingkang rumagang ing damêl sadaya băngsa Walandi Nèdêrlan, namung jongosipun sadaya sami tiyang Madura. Ing wanci enjing sontên para tuwan, para nyonyah, para nonah sarta para lare sami lêlênggahan, utawi jagi-kagi wontên ing dhèg, pungkasaning dhèg ingkang ngajêng dipun pasangi salon, panggenan pirantos main kartu tuwin kasukan catur (sêkak), macanan, dham-dhaman sasaminipun, salon wau inggih karêngga adi, sarta kapasangan gambar kapal warni-warni, punapadene gambar panggung ing paris, saubêngipun kapasangan rêsban patèn, buntêling kasuripun kulit mêmês saengga sinjang. Bêkakasing masinê ingkang nglampahakên kapal wontên têngah lêrês, wingkingipun awon, wingkingipun malih pirantos adamêl ès, ing gêdhong ès kangge pasimpênan tatêdhan, kados ta: daging mêntah, sayuran [sayur...]

--- 4 ---

[...an] tuwin wowohan, punika botên sagêd mambêt utawi bosok, tur toyanipun kangge ngunjuk para agêng. Kiwa têngêning panggenan wau, ingkang ngajêng saurutipun kamar ăngka 2 ingkang wingking lolowahan panggenan jagi-jagi para ingkang sami manggèn kamar ăngka 2. Ing ngandhap inggih wontên kamaripun, ăngka 2 têngahipun bale buja, mênggah kamar ăngka 2 wau wontên ingkang dados panggenan apotèkêr tuwin bale mata, punapadene panggenanipun para garap, panggenanipun Kumêndhan wontên têngah sangandhaping panggungan, panggungan punika panggenanipun para ondêr kaptin (juru kêmudhi), ingkang nglampahakên baita, wusana ing ngajêng pisan ngandhap nginggil panggenanipun para matrus, cêkakipun cariyos kula punika botên sagêd salêsih, awit saking guthat-guthitipun kêkathahên.

Sèptèmbêr 18. Tanggal kaping 18 kèndêl wontên ing Losari (Pamanukan), prêlu momot uwos.

Sèptèmbêr 19. Tanggal kaping 19 dumugi ing Bêtawi labuh jangkar, kèndêl ngantos 3 dintên, tumbas têtêdhan sacêkapipun badhe lêlampah têbih.

Sèptèmbêr 20, 21, 22. Tanggal kaping 20, 21, 22 } wontên ing Batawi, kula kèndêl ing pondhokanipun Radèn Mas Sudirja ing kampung Prapatan, sarta ing griyanipun mitra kula Mas Anggawinangun, Mantri Guru ing Mèstêr Kornèlis.

Sèptèmbêr 23. Tanggal kaping 23 bidhal saking Batawi ngambah lautan agêng, manah kula kados dipun iris-iris, rumaos kula kados tiyang kalap, tansah kaca-kaca sarta tansah kèngêtan anak bojo sarta putu-putu kula.

Sèptèmbêr 24. Tanggal kaping 24 nglangkungi rêdi Krakatau, wontên têngêning lampahipun kapal, kula bingung prênahipun, warnaning rêdi Krakatau lincip, kadosdene tumpêng, sarta botên patos agêng, botên ngiribi kalihan [ka...]

--- 5 ---

[...lihan] agêngipun rêdi Marapi, suprandosipun kala ambalêdhos ngeram-eramakên santêripun, ngantos adamêl karisakan agêng, sapunika botên katingal kumukus, bok manawi taksih mutawatosi.

Sèptèmbêr 25. Tanggal kaping 25 dumugi ing pulo Padhang kèndêl kalih jam, kathah baita agêng-agêng sami ngêmot barang, lajêng kasudhah dhatêng kapal, warni kulit maesa lêmbu tuwin sanès-sanèsipun, makatên malih kathah para tuwan sagarwa putranipun ingkang badhe kondur dhatêng nagari Walandi, wontên Kolonèl ing Padhang ingkang badhe kondur ing nagari Walandi awit sampun yuswa angsal dhahar pancèn (pènsiyun). Rawuhipun ing kapal mawi pakurmatan agêng, kadhèrèkakên para militèr agêng alit, sarta mawi musik, wangsulipun ingkang sami ngaturakên ngubêngi kapal rumiyin ngantos kaping tiga, mawi sêndhon laguning gêndhing musik, sarta mawi sasmita angawe-awe kalihan kalèbèting usap asta pêthak, minăngka pratăndha angsung wilujênging lampah, saèstu adamêl ngênêsing manah.

Sèptèmbêr 26. Tanggal kaping 26 bidhal saking Padhang ngambah lautan agêng, sampun botên mêthuki pulo malih-malih, ombakipun botên patos agêng nanging para tuwan sarta para nyonyah kathah ingkang sami luntak-luntak wuru laut, langkung malih lare-lare kathah ingkang lajêng sakit, nanging botên ngantos dangu lajêng sami bagas botên wontên labêtipun yèn mêntas sakit, mênggahing kula têka botên karaos punapa-punapa, malah eca anggèn kula nêdha.

Wanci sontên srêngenge badhe angslup ing toya, wontên katingal lawa pêthak mêdal saking toya, pados mêmangsan nyambêr unthuking toya ingkang kaworan rêrêgêd, lajêng angslup ing toya malih, pintên-pintên kathahipun sarta apanthan kula pitakèn punapa punika lawa [la...]

--- 6 ---

[...wa] laut, wangsulanipun dede lawa, nanging ulam laut ingkang sagêd mabur. Wontên malih ingkang anggumunakên manah kula, sabên-sabên wontên paksi toya pados mêmangsan ulam alit-alit ingkang sami kumambang, gumun kula wau dene lautan sampun lampahan pintên-pintên têka taksih wontên paksi saba kèndêling encokanipun dhatêng pundi, ingkang kathah pundi ingkang cêlak pulo, punika wontên saha kathah paksinipun saba. Wusana paksi-paksi wau sabên sayah aburipun lajêng ngambang wontên sanginggiling toya, kombak kombul botên sagêd kalêlêp, malah pangintên kula sanadyan panigan sarta pangangrêmipun dumunung wontên sanginggiling toya, kalayan nusuh kadosdene barang warnining paksi kados trinil. Wontên malih ingkang anggumunakên manah kula, salêbêting kapal punika wontên paksinipun ingkang tut wingking, winastan thilang laut, warninipun kados galathik wingka, saba salêbêting kapal, gêsangipun saking samukawis kêkeceran têtêdhan.

Sèptèmbêr 27, 28, 29, 30. Tanggal kaping 27, 28, 29 30 } ngambah lautan agêng.

Oktobêr 1. Tanggal kaping 1 } Nglangkungi Selon.

Oktobêr 2, 3, 4, 5 6, 7, 8,9. Tanggal kaping 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8, 9. } Ngambah lautan agêng.

Oktobêr 10. Tanggal kaping 10 dumugi ing muwara Adan, panggenanipun tiyang Arab, sampun kabawah Kangjêng Guprêmèn Ènggris,[2] [Ènggri...]

--- 7 ---

[...s,] prêlu tumbas arêng sela, ing ngriku nuju wontên kapal gangsal ingkang sami kèndêl, inggih prêlu tumbas arêng sela. Sarèhning kula nêmbe sumêrêp dhatêng tiyang Adan, sangêt ing pangungun kula ningali dhapur pangangge sarta adatipun, wicantênipun kados swaraning paksi, lare pintên-pintên ingkang sami numpak baita tembo nyêlaki kapal, panganggenipun sami bêntingan kacawêtakên, prêlunipun sami ngêmis, têmbungipun pating cruwèt, sarta suka pratăndha kalayan tanganipun, sintên ingkang karsa pêparing yatra kadhawahna wontên ing laut, para tuwan para nyonyah kathah ingkang sami pêparing, dipun sêbarakên wontên ing laut, tumuntên lare-lare wau sami nylulupi, sapintên kathahing yatra ingkang kasêbarakên botên wontên ingkang botên kacakup, tandhanipun katadhahan wontên ing gêgêmanipun, sarta dipun cakot. Panglanginipun tiyang Adan, botên kados limrahipun tiyang nglangi, nanging sampun prasasat kados ulam toya kemawon, kumampul alembak-lembak kalihan wicantên pating cruwèt, tanganipun suraweyan, awakipun kumambang kados tanpa bobot, ebahing tangan sarta sukunipun sampun prasasat wêlah, sarèhning tiyang Adan sampun karèh dhatêng Guprêmèn Enggris, sami pinardi mêndhêt arêng sela. Dene ing gisikipun muwara Adan, mêntok rêdi, sukuning rêdi utawi gisiking muwara jêjêl atap griya alit-alit, măngka rêdi-rêdi ing Adan tanpa cêcukulan, dados sakalangkung panas, mila têtiyang Adan kados minangsi.

Oktobêr 11, 12, 13. Tanggal kaping 11, 12, 13 } ngambah laut Merah punika panasipun anggêgirisi, pangangge kula ngantos kalêpèh, saupami nglugas raga tanpa rasukan botên kenging, awit kalêbêt digsura mênggah tatakramanipun [tatakra...]

--- 8 ---

[...manipun] băngsa Eropah.

Oktobêr 14. Tanggal kaping 14 langkah saking laut Merah, mantun panas.

Oktobêr 15. Tanggal kaping 15 dumugi Suwès labuh jangkar. Ing ngriku kula eram ningali kathahipun griya sae-sae, wontên têpining banawi atharik-tharik, sami wontên lotèng sungsun tiga utawi sakawan, botên wontên ingkang cara mawi èmpèr, sarta wontên sêpuripun dumugi Porsaet, lampahing kapal saking Suwès dumugi Porsaet wau sadintên sadalu lumampah rindhik, wusana lajêng laut agêng malih. Pasitèn ing Suwès punika ingkang kasudhèt dados banawi agêng dumugi ing Porsaet wau, sadaya wêdhi utawi padhas curi sanadyan pêpunthuk, utawi rêdi-rêdi sadaya sami wêdhi krikil tuwin sela agêng-agêng, mila botên wontên cêcukulan punapa-punapa, sanadyan rumput botên wontên, mênggah banawi wau ing sabên saonjotan wontên haltênipun, lajêng sêtatsiyun, ing ngriku mawi lengkongan pêthukan kapal, pundi ingkang dhatêng rumiyin ngêntosi kapal ingkang badhe dhatêng kantun, sumêrêpipun saking tèlêgraph, awit kapal ingkang langkung botên wontên kèndêlipun, langkung malih baita layar tuwin sêkoci punapadene klinyèt (kapal api alit) punika anggili kemawon, botên wontên pêdhotipun, lampahipun sumisih wontên kiwa, sawarnining haltêh tuwin sêtatsiyun wau kiwa têngên sarta wingkingipun griya-griya sampun kathah saha bagus-bagus, nanging botên sungsun, punapadene sampun kenging dipun tanêmi wit-witan agêng ingkang sagêd gêsang wontên ing ngriku, kados ta: cêmara, siwalan, tuwin sanès-sanèsipun, katingal asri polatanipun, sarta wontên panjêranipun bandera, tăndha manawi wontên kapal langkung, kapal kêruk sabên saonjotan satunggal, mila dipun kathahi amargi siti wêdhi tansah longsor bilih

--- 9 ---

nuju jawah, tur têpining banawi saurutipun sampun dipun batur sela mayat, awig pakirtyanipun, botên angêbosi[3] tiningalan, awit êtraping sela tuwin padhas pêthak pinindha kahananing kodrat. Têbaning banawi pakèndêlan kapal, punika mawi kapasangan ting mubêng wontên satêngahing toya mawi pal, ramipun ijêm, kuning tuwin sanès-sanèsipun, inggilipun ting saking toya antawis gangsal utawi ênêm kaki, warnining dilah manut warnining ting, mila abyoring dilah tiningalan kados sêkar sataman, adamêl lamlamipun ingkang nêmbe sumêrêp, dene sauruting banawi inggih kapasangan ting pal, cêlak kalihan tosan cagak tèlêgraph, sanadyan kathahing dilah tanpa wicalan, panyumêtipun botên rêkaos, amargi dilah-dilah wau elêktrèsitèit sadaya. Kapal ingkang kula tumpaki: ing ngajêng mawi dipun pasangi ting elêktrèsitèit, agêngipun satenong padhangipun angêcaki sawiyaring banawi, têbihing sorotipun antawis sapambêdhil, mila mubyaripun saengga raina.

Oktobêr 16. Tanggal kaping 16 wanci jam 5 enjing dumugi sêtatsiyun Alèksandêr, ing ngriku kathah griya bagus-bagus.

Mangkat saking Alèksandêr antawis saonjotan dumugi haltêh Nablê, inggih kathah griya bagus-bagus, sarta wontên pêkênipun prênah wetan banawi, pintên-pintên unta tuwin kemar ingkang sami momot barang dagangan tuwin têtêdhan, ingkang kula ngunguni punika dene tanpa aub-aub, sitinipun wêdhi panasipun angudubilahi, tiyang sêsadeyan têka tanpa wicalan kathahipun, dhusun-dhusun botên wontên katingal satunggil-tunggila, jêbul riyêl kemawon sami gêgriya wontên têngahing ara-ara tuwin ing pêpèrèng, pating grombol griya alit-alit kados sudhung cèlèng, pangintên kula saupami wontên tiyang ngadêgakên griya inggil, amêsthi risak kabuncang ing lesus, awit ing ngriku anginipun sakalangkung agêng. Têtiyang wau punika tasih kagolong tiyang

--- 10 ---

Arab, kulitipun cêmêng-cêmêng, kados tiyang Adan, sami karèh dhatêng Kangjêng Sultan ing Turki. Wanci jam 5 sontên dumugi ing Porsaet, lajêng labuh jangkar tumbas arêng sela, sangêt eram kula ningali kathahing kapal ingkang sami labuh jangkar kèndêl tumbas arêng sela, kula wical wontên nêmlikur kapal, dados pintên èwu tiyang ingkang sami kêkesahan tuwin among dagang, dene baita layar, sêkoci tuwin kêlinyèt pintên-pintên kathahipun, kula botên sagêd mical, para tuwan para nyonyah ingkang wontên ing kapal sami mudhun dhatêng dharat, mipik agêm-agêman suwèk ingkang adi-adi, awit ing ngriku kondhang saening daganganipun, sadaya sami dêdamêlan ing Turki, kathah ingkang sami sinongkèt ing bênang mas. Rampung pangêmoting arêng sela wanci jam 7 sontên bidhal saking Porsaet.

Oktobêr 17, 18, 19. Tanggal kaping 17, 18, 19 ngambah lautan agêng.

Oktobêr 20. Tanggal kaping 20 lampahing kapal wontên antawising pulo agêng ing Karsinah, sukuning rêdi-rêdi saurutipun ingkang ngongkang laut pintên-pintên griya sungsun bagus-bagus, sarta pabrik-pabrik katingal kukusipun kumêlun, lan lambunging rêdi katingal wontên sêpuripun lumampah rikatipun kados angin. Ing parêdèn punika botên wontên wit-witanipun agêng, namung katingal anggamêng cêmêng, jêbul punika tanêman anggur pintên-pintên èwu bau. Lajêng ngambah lautan agêng.

Oktobêr 21. Tanggal kaping 21 dumugi ing Genowah, inggih punika simpangan lampahan dharat dumugi ing Nèdêrlan, kalayan sêpur blêdhèg sagêd dumugi kalih gêthèk, para tuwan agêng-agêng sagarwa putranipun mandhap wontên ing ngriku lajêng badhe nitih sêpur. Nanging kula botên sagêd dhèrèk mudhun tumut tindakipun Tuwan dhê Nowi, awit kula ginanjar sakit panas, dados kapêksa kèndêl wontên ing kapal, [ka...]

--- 11 ---

[...pal,] manah kula kados dipun jahit, dene sande botên sagêd ningali nagari pintên-pintên ingkang badhe kalangkungan dening sêpur, măngka namung kirang kalih gêthèk dumugi, badhe kalih wêlas dintên dumugi. Tambanganipun sêpur ing Genowah wau dumugi ing Nèdêrlan 75 rupiyah. Dados kula namung nyariyosakên ing Genowah kemawon tur saking katêbihan. Ing ngriku pakèndêlaning kapal, nalika samantên wontên kapal 18 baita layar, sêkoci tuwin kêlinyèt kula botên sagêd mical, jêjêl apipit wontên têpining muara, dene kapal agêng-agêng sagêd minggir dhatêng dharat, inggih punika pêthukan sêtatsiyun agêng, têpining muwara kaparigi ing sela rêdi grajèn antawis sajobin kubuk, ing nginggil katutup ing sela grajèn wêtah mawi sêsêkaran agêgêrêtan, cancangan kapal sela pinindha tugu kapêndhêm atharik-tharik, inggah udhuning barang gêgramèn botên kantênan kathahipun, kula ngantos sumlêngêrên, griya têpi-têpi sarta èrèng-èrèng tuwin pucaking rêdi tanpa wicalan, tur bagus-bagus susun 3-4, candhelanipun sungsun 5 pabrik pintên-pintên katingal kukusipun kumêlun mêdal saking pipa inggil-inggil, tugu panjêran ting agêng tăndha ênggen palabuhan kapal wontên têngahing muwara, marginipun kaurug sarta lajêng kaparigi, ing nginggil kasrasah ing sela grajèn, panggung sarta panjêran bandera katingal munggul, ing ngriku wontên candhi sela ingkang kamulyakakên, cariyosipun candhinipun sang prabu ing Genowah, bètèngipun ngongkang laut, katingal santosa, musikipun kêmirêng saking kapal adamêl gambiranipun para matrus Walandi ingkang sami nyambut damêl, namung kula piyambak ingkang tansah prihatos, badhe ngambah lautan agêng ing Sapanyol ingkang kawartos anggêgirisi agênging ombakipun, parêdèn saurutipun pasisir botên wontên wit-witanipun, inggih namung katanêman anggur, [ang...]

--- 12 ---

[...gur,] ing lêlêbak katanêman kênthang tuwin sayuran. Wanci jam 10 sontên[4] mangkat saking Genowah.

Oktobêr 23, 24. Tanggal kaping 23, 24 } ngambah lautan agêng.

Oktobêr 25, 26, 27, 28. Tanggal kaping 25, 26, 27, 28 } ngambah lautan agêng ing Sapanyol, agênging ombakipun anggêgirisi, lampahing kapal ngantos miring agonjang-ganjing, motha tèdhènging dhèg katutup, nanging sumêmpyoking alun toyanipun taksih sagêd lumêbêt sumawur kados jawah, langkung malih sumribiting angin ambêkta hawa asrêp, punika ingkang nobilakên, panataning dhahar piringanipun dipun gapit, gêlasipun dipun lêbêtakên ing bolongan kajêng gèpèng panjang narithik, suprandosipun dhêdhaharan taksih kathah ingkang mowat-mawut, kawan dintên kawan dalu, têtiyang ingkang dèrèng nate sami botên sagêd tilêm sakeca, amargi tansah kêglundhung saking gonjing kapal, lah punika tibaning antaka kula, mêndêm sarta mutah-mutah ngantos satêngah pêjah, enjingipun sampun anglangkungi lautan Sêpanyol, ombakipun sampun suda.

Oktobêr 29. Tanggal kaping 29 ombakipun kèndêl.

Oktobêr 30, 31, Nopèmbêr 1. Tanggal kaping 30, 31, 1 } katêmpuh ing ombak malih, nanging botên sangêt kados lautan Sêpanyol.

Nopèmbêr 2. Tanggal kaping 2 ombakipun kèndêl.

Nopèmbêr 3. Tanggal kaping 3 dumugi Amodhê, inggih punika muara Nèdêrlan, ingkang kasudhèt dados banawi agêng dumugi ing kitha Amstêrdham, ing ngriku pintên-pintên griya jêjêl apipit sungsun timbun, sarta wontên sêtatsiyunipun, tuwin gudhang-gudhang panyimpêning barang dagangan tandhon, [ta...]

--- 13 ---

[...ndhon,] kapal sagêd labuh wontên ing babagan, gampil panyudhahing barang. Sungapaning sagantên katambah lajêng kaparigi ing sela rêdi grajèn, ing nginggil katutup ing sela wêtah grajèn mawi sêsêkaran agêgêrêtan, sarta mawi kolongan tosan ingkang jinêpit ing sela pirantos cancangan baita, saurutipun banawi inggih mawi haltê tuwin sêtatsiyun, kados denè ing Suwès, sarta inggih mawi kabatur ing sela tuwin padhas katata rampakipun. Lampahing kapal botên sagêd lajêng ing wanci dalu, amargi ing wêkdal punika amanggih pêdhut alimêngan, dados kapêksa kèndêl wontên ing Amodhê sadalu, enjing lajêng bidhal.

Nopèmbêr 4. Tanggal kaping 4 samargi-margi kula tansah lamlamên ningali pasitèn sarta padhusunan, punapadene griya-griya ingkang kamargèn. Pasitèn ing wêkdal punika sawêk kapulasara sarta manawi sampun rampung lajêng kakèndêlakên ngantos dumugi ing măngsa bêntèr sawêk katanêman, ingkang sampun rampung panggarapipun katingal ngilak-ilak, pasitèn ing ngriku wradin sangêt, amargi saking rineka pêpunthuk sami kagêmpuran kaurugakên dhatêng ingkang lêdhok, panjang wiyaring kêdhukanipun kasami, galênganipun lêncêng, ingkang kadamêl maluku kapal, dede maesa lêmbu, kapal ing ngriku agêng sarta kuwat, marginipun tiyang, galêngan ragi agêng kadamêl munggul, cêlak kalèn ilining toya ingkang angoncori sabin, padhusunanipun anggrêmbêl, ing pinggir katanêman turus kajêng, sami warninipun, sarta sami longkangipun, griyanipun atharik-tharik sami tembok sarta sami payon gêndhèng, lumbung sarta wadhah rumput garing ingon raja kaya kadamêl kados gudhang, candhelanipun katingal mawi klambu, tur punika griyanipun tiyang alit. Sarèhning sampun wiwit măngsa asrêp, gêgodhongan sami anggègrègi, gagangipun pating crongat katingal mêmêlas, kados upaminipun [upami...]

--- 14 ---

[...nipun] priya tinilar ing kalulutipun, angarang tanpa bayu. Wanci jam 10 enjing dumugi ing Amstêrdham, inggih punika kitha agêng (ibukota), utawi karaton ing Nèdêrlan. Sakalangkung eram kula ningali griya-griya, gudhang-gudhang, pabrik-pabrik tuwin agêng adining sêtatsiyun, prasasat kula supêna. Banawi agêng wau kapêcah dados kalih, kangge pakèndêlanipun kapal tuwin baita agêng-agêng maripit ing pinggir sagêd nyudhah barang dhatêng dharat lajêng kalêbêtakên ing gudhang agêng ingkang wontên antawising banawi cawang kêkalih wau, utawi lajêng kenging kamot ing sêpur ingkang pancèn lajêng kabêkta malêbêt dhatêng nagari. Têpining banawi saurutipun sami kaparigi ing sela grajèn, sarta katutup ing sela grajèn wêtah mawi sêsêkaran sarta gêgêrêtan sakalangkung alus pandamêlipun, marginipun kasrasah ing sela tugêlan ingkang agêngipun satêngah kaki kubuk, èmpèring margi kasrasah ing banon miring rajangan pandhan pancèn margining tiyang. Rilipun ingkang anjog ing sêtatsiyun agêng kapapak kalihan inggiling sela, dados katingal waradin sarta kenging kaambah ing kareta. Gudhangipun panjang sangêt, antawis wontên 300 kaki, bêkakasipun tosan sadaya, antawising sungsunanipun katutup ing ram, ram wau katutup ing kawat tosan anaman jala, jandhelanipun katutup ing ram wêtahan mawi rangkêpan krepyak, kontênipun rangkêp ing jawi kajêng rajangan pandhan, ing lêbêt kaca wêtah, tembokipun banon, banonipun dipun katingalakên, dados botên kalepa, pamasangipun banon kasêling mujur sadaya akalihan malang sadaya, dados suluhanipun katingal botên wontên ingkang dhompo. Kantor Matsêkapei, panggung griya kojor, sêtatsiyun agêng sarta los-losipun tuwin gudhang-gudhangipun, [gu...]

--- 15 ---

[...dhang-gudhangipun,] punapadene griya-griya ingkang kadalêman para tuwan tuwin toko-toko, sadaya bagus-bagus, botên wontên ingkang ngupamèni ing atasipun griya-griya ing pulo Jawi, awit sanès lagu sarta sanès wangunipun, lan botên wontên griya ingkang botên sungsun, nanging botên wontên griya ingkang mawi èmpèr, jamban, kakus, pawon, wontên salêbêting griya, sumur botên wontên, nanging sabên griya wontên pancuranipun mêndhêt saking urung-urunging sumur bur, dumunung ing pawon tuwin ing jamban, punapadene ing jawi kangge ngumbah griya sarta wradinan, adi sarta rêsiking wradinan badhe kacariyos malih wontên ing Dhen Hah utawi Sêgrapênhagê. Pawon wontên salêbêting griya sampun kagalih rêgêd, pawonipun nama kagêl, kadamêl saking tosan usungan, katrancang sarta mawi lung-lungan tuwin sêsêkaran, mawi pipa kadunungakên ing longkangan manggèn, sarta mawi aling-aling wiron sinjang pêthak sêtrikan, kajêngipun arêng sela, kokinipun ayu-ayu sarta limrah taksih lamban, panganggenipun gumrining. Karêtêgipun mèh sadaya karêtêg tosan, adi sarta anèh-anèh modhèlipun, banawi wau têmpuk lèpèn agêng saking Dhèn Hah, kenging kalampahan baita amot barang.

Ing wanci dalu kula dolan dhatêng kitha badhe tumbas kêrtas patikêlir, ing ngriku kula sumêrêp griya-griya ingkang kadalêman para tuwan tuwin toko-toko punapadene untabipun tiyang ewon ingkang sami midêr-midêr tuwin têtumbas barang ingkang gumêlar salêbêting griya katingal saking jawi, amargi saking ram kaca salawang-lawang, kula ngantos sumlêngêrên, abyoring dilah gas ing Amstêrdham, [Amstêr...]

--- 16 ---

[...dham,] kados upaminipun lintang sumêbar ing siti, sintên ingkang sagêd mical lintang ing langit, inggih sagêd mical dilah ing Amstêrdham, kula malêbêt ing toko-toko barang-barang ingkang gumêlar sampun mawi tăndha sasêratan arginipun, kêrtas patikêlir saomplopipun kawadhahan dhus adi namung rêgi 30 sèn, sarèhning botên cara awis-awisan, inggih lajêng kula bayar kemawon, punika kula mawi dipun sukani sêrat pêthuk sacuwil sampun drig-drigan, punika kula têdhak kados ing ngandhap punika:

Earste Amsterd. Dertig cents. Bazar I.I Dekker Nieuwendijk nas Hotel Oldewelt 96 voldaan 30 cents.

Sarèhning kula botên sugih yatra dados namung marêm ningali kemawon, naging botên patos dangu, kados namung saêjam, amargi botên kuwawi atisipun, kula lajêng wangsul dhatêng pondhok.

Nopèmbêr 5. Tanggal kaping 5 kula nampèni sêrat tèlègram saking Tuwan dhê Nowi, ing dintên wau dipun dhawahi nusul dhatêng Dhèn Hah, numpak kereta latu wanci jam 4 sontên, Tuwan dhê Nowi badhe nyêgat wontên sêtatsiyun, kula botên talompe inggih ngèstokakên dhawahipun Tuwan dhê Nowi wau, numpak sêpur saking Amstêrdham dhatêng Dhèn Hah wanci pukul 4 sontên, samargi-margi kula tansah kayungyun ningali pasang rakitipun haltê-haltê sadaya sami adi-adi sarta santosa-santosa, awig pandamêlipun, bêkakasipun mèh sadaya tosan, banonipun katingal botên dhompo suluhanipun, kontên sarta jandhelanipun sami

--- 17 ---

ram wêtahan, nanging kula kirang waspaos rêrêngganipun, amargi lampahing kareta latu botên mawi kèndêl sneltrein, makatên malih kula tansah lam-lamên ningali pasabinan ingkang sampun rampung panggarapipun, katingal angilak-ilak, galênganipun lêmpêng katuwuhan rumput ijêm-ujêm sênên tiningalan, kêkêdhokanipun kasami panjang wiyaripun, ilining toya kumriwik turut margi agêng, lêmbu agêng-agêng sami wontên pangenan tanpa katêngga, ing pangenan ngriku wontên kandhangipun acèkli payon gêndhèng, pirantos pangauban bilih wontên jawah, lêmbu-lêmbu wau botên wontên ingkang dipun madamêlakên, namung kadamêl lêmbu pêrêsan kemawon, ingkang kangge maluku kapal agêng-agêng kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, pakêbonan ingkang katanêman wowohan taun pintên-pintên kathahipun katingal anggarêmbêl, sarêng kula sawang witipun atharik-tharik, dados pancèn sinipat kala pananêmipun, dene griya-griya ingkang kalangkungan sarta pabrik-pabrik, kula botên sagêd nyariyosakên, amargi saking kathahipun, nanging kenging kula gêrba sadaya bagus-bagus, saking kula botên nate mrangguli griya-griya awon, sanadyan griyanipun tiyang alit acèkli pagêr tembok, nanging botên kasungsun, payon gêndhèng, kontên jandhelanipun sami mawi ram alit sarta krepyak, ing lêbêt limrah mawi tutup kêlambu.

Dumugi kula ing Dhèn Hah wanci pukul 6 sontên, dados namung lampahan 2 jam, ing wêkdal punika mangsanipun sampun pêtêng kados wanci têngah dalu, sampuna kasongan dening abyoring padhangipun dilah gas ting pal ingkang kapasang turut margi, [mar...]

--- 18 ---

[...gi,] saèstu kula botên sumêrêp margi. Udhun kula saking kareta latu ing sêtatsiyun tiyang atusan, nanging kula botên gadhah sumêlang bilih botêna kapanggih Tuwan dhê Nowi, anggêripun kula botên kesah-kesah, bibaring tiyang amêsthi Tuwan dhê Nowi badhe katingal angantuni, sarêng tiyang-tiyang wau sampun gusis, Tuwan dhê Nowi mêksa botên katingal, manah kula têlas sarta kêtir-kêtir manawi saestu kêtlisiban, wusana lajêng kula padosi saubênging sêtatsiyun, nanging mêksa botên kapanggih, kula lajêng nangis sumêlang manawi dipun cêpêng ing pulisi, utawi pêjah katisên saking botên kauban wangon, pitakèn botên sagêd, amargi botên wontên tiyang ingkang sagêd cara Mlajêng. Nyêlani cariyos, punapa sababipun dene ngantos kêtlisiban, punika saking kalintunipun ing lampah kula, ingkang kula tumpaki sêpur Guprêmèn, lêrêsipun sêpur Matsêkapèi, Tuwan dhê Nowi nyêgat wontên ngriku, mila botên kapanggih kalihan kula, saking sumêlangipun Tuwan dhê Nowi manawi kula manggih sangsara, lajêng kithok kawat dhatêng Amstêrdham, pitakèn kawontênan kula sarta dhatêng dhèlêp tuwin Leidhên dhatêng pangagênging sêpur, manawi wontên tiyang Jawi numpak sêpur kèndêl wontên ing ngriku dipun andhêga sarta dipun saènana, kinintên bilih panumpak kula kalajêng, nanging sadaya wau botên sagêd angsal katrangan, wusana lajêng lapor dhatêng kantor pulisi bilih kecalan tiyang, pulisi lajêng utusan madosi kula, nanging inggih botên sagêd pinanggih, amargi kula sampun kesah saking sêtatsiyun.

Mangsuli lampah kula, sarêng ing sêtatsiyun sampun gusis botên wontên tiyang, namung para garap kemawon, kula lajêng kesah saking ngriku, botên [bo...]

--- 19 ---

[...tên] kantênan sêdya kula sarta tansah prihatos, angèngêt-èngêt kèndêl kula badhe wontên pundi, awit botên sagêd kèndêl saênggèn-ênggèn saking atisipun, saupami tiyang kèndêl wontên sajawining griya amêsthi badhe pêjah kakên saking katisên, awak kula sampun dados gêdêbok, suku kula tansah wel-welan, sumăngga kula aturi anggalih sêdhihipun manah kula, sarta awak kula botên rampung kula tangisi. Dangu-dangu salêbêtipun kula lumampah tanpa sêdya anglangkungi lêsmèn[5] agêng, sawêg punika tuwuh manah kula badhe sagêd angsal pitulungan, amargi sangu kula taksih f 10 (sadasa rupiyah) cêkap kadamêl ambayar pasewan sadalu sarta nêdha sapisan, kula lajêng malêbêt ing losmèn, jras, jras, jras cara tiyang sugih yatra badhe nêdha kèndêl wontên lusmèn, lêbêt kula dipun tingali tiyang kathah sarta lajêng dipun papagakên dhatêng Walandi ingkang nyêpêng lusmèn, kula wicantên cara Mlajêng botên mangrêtos, nanging para tuwan ingkang sami lêlênggahan wontên ngriku kathah ingkang tuwan-tuwan saking pulo Jawi, dados sami sagêd anjuru basani dhatêng tuwan ingkang nyêpêng lusmèn, bilih kula nêdha kèndêl, kula lajêng dipun tampèni sae kados tiyang agêng, lêlênggahan kalihan para tuwan ingkang sami among suka sarta ngunjuk minuman, wanci dhahar kula inggih lajêng tumut nêdha. Adhuh sawêk punika kula nglampahi mukti wibawa, dhaharan sarta minuman adi-adi, barangipun alus sarwa salaka, ingkang ngladosi Walandi, bibar dhahar lêlênggahan sawêtawis, tumuntên kula dipun papanakên ing kamar, rêrêngganipun angeram-eramakên sarta komplit, klambunipun [klambuni...]

--- 20 ---

[...pun] rangkêp kalih pêthak akalihan ijêm, kasuripun cukèn sakaki kandêlipun, kêmulipun wol rangkêp sakawan, ing lêbêt mawi kain panas, lajêng dipun gubêdakên ing kasur, dados manawi tilêm malêbêt sêlanipun, supados botên kenging asrêp, salêbêtipun kula mapan tilêm tansah kalisikan, ngakênakên badhe lêkasipun manah kula, awit saupami kula madosi pondhokanipun Tuwan dhê Nowi ngantosa sawulan măngsa sagêda kapanggih, awit saking kathahing griya ewon abêbanjêngan, sarta pintên-pintên atus sêtrat, sanadyan kula sagêda pitakèn cara Wlandi inggih măngsa sagêda angsal katrangan, awit Tuwan dhê Nowi sawêk nêmbe dhatêng awis ingkang sumêrêp, pinanggihing manah kula badhe nyuwun pitulung ing parentah.

Wanci enjing sasampunipun kula sêsuci lajêng ambayar pasewan sarta nêdha gunggung f. 7.50 (pitung rupiyah sèkêt sèn), kula lajêng pamit goede morgen sarta pitakèn dhatêng tuwan-tuwan ingkang sagêd têmbung Mlajêng, pitêpangan kula kala ing wanci dalu, prênahipun kantor pulisi, inggih lajêng dipun têdahakên, kula lajêng lumampah, sadumugi kula ing kantor pulisi lajêng nothok kontên, priyantun ingkang wontên ngriku lajêng micantêni dhatêng kula têmbung Wlandi mawi Padma manah kula asrêp, dene sampun priksa nama kula, kula botên sagêd mangsuli sakêcap, jêbul tuwan pulisi punika sampun nampèni lapuranipun Tuwan dhê Nowi, kula lajêng dipun irid dhatêng agèn, kula inggih nurut kemawon, tumut salampahipun, nanging dhatêng pundi purugipun sarta kados pundi kajêngipun, kula botên sumêrêp, dangu-dangu dumugi zoutmunstraat 91 utawi griya ăngka 91 wau,

--- 21 ---

Tuwan dhê Nowi pinuju ngêngakakên kontên, sarêng kula sumêrêp manah kula cumêplong kados kêpanggih bedhang anyar. Kula kadangu nalar-nalaripun, kula inggih lajêng matur kados ing nginggil wau, Tuwan dhê Nowi sangêt anggènipun gumujêng akanthi pangungun, sarta ngandika bab rumêksanipun dhatêng kula kados ingkang sampun kula cariyosakên ing nginggil wau. Sarèhning griya ingkang kasewa Tuwan dhê Nowi namung isi kamar 8 kangge sariranipun sagarwa putra 6, kangge kêponakanipun 1, koki 1, dados kula kadhawahan manggèn wontên ing losmèn alit nama Volk Kost Huis ngantos dumugi sapunika, sabên enjing kula sowan nyambut damêl, anggarap bau sastra têmbung Jawi têngahan ingkang sulaya kalihan têmbung Surakarta, wanci pukul 6 sontên wangsul dhatêng lusmèn malih, makatên ing sabên dintênipun, têdha kula kopèn sangêt, punapa ingkang dipun dhahar Tuwan dhê Nowi kula tumut nêdha, dalasan srutu tuwin minuman alus inggih kaparingan, panêdha kula wontên ing meja alit mawi taplak sêtrikan sarta sendhok porok lading, ombèn-ombèn kula bir.

Sadhatêng kula wontên ing Dhèn Hah ing wulan Nopèmbêr 1891 sampun wiwit măngsa bêdhidhing, kêkajêngan sami kasangsara kapanduking atis, godhongipun sami gègrèk, gagangipun pating crongat sami ngacung saengga kajêng sampun pêjah, salju sumawur mradini kados intên dhawah saking langit, lajêng ajèr dados toya, prasasat badhe ngêlêm jagad, ebahing wit-witan katrajang ing samirana ngidid ingkang mawa wisa asrêp, lenggêg-lenggêg kados upaminipun wanudya kalêlêp ing kêdhung, ebahing êpang ingkang minăngka tangan ngawe-awe nêdha tulung, srêngenge tansah nêbih, [nê...]

--- 22 ---

[...bih,] sorotipun botên purun manasi, sêmunipun ewa, parêntuling êbun ingkang wontên pucuking gagang sarta ingkang sampun dhumawah ing siti, kados luh amarawayan, kudhupipun pênduling mripat saking sangêting tangisipun. Kapal pangiriding kareta tuwin bèndhi punapadene cikar sami dipun kêmuli ing wol kandêl, kêmput awakipun sakojur, dalah gulunipun inggih dipun kêmuli, namung suku ingkang botên, kapal ing nagari Walandi agêng inggilipun sami kalihan kapal tèji, nanging mênang lêma, saking lêmanipun apus buntutipun ngantos kacêp, saha kapal-kapal wau kathah ingkang jilma, mlampah mandhêgipun namung sarana dipun abani kemawon, têtiyang sade sayuran tuwin wowohan sami kaidêrakên kaêmot ing cikar, katarik ing kapal. Limrahipun, bilih botên katarik ing kapal inggih katarik ing lêmbu, punika botên, sêgawon agêng-agêng ingkang dados pangirid, punika sami dipun rakiti kadosdene kapal, cangkêmipun kabrongsong ing kawat tosan, rikating lampahipun botên sanès kalihan kapal, manawi kula ningali sok angguyu piyambak, têka wontên sêgawon dipun pêndhêt damêlipun, ing nagari Walandi botên wontên barang ingkang tanpa paedah, sinjang momohan, pêcahan bala pêcah, têgêsan srutu tuwin kulit kacang lan sapanunggilanipun sami pajêng kasade.

Sanadyan ing măngsa bêdhidhing sarta rintên dalu tansah jawah, nyêlani cariyos, jawah ing nagari Walandi punika beda kalihan jawah ing pulo Jawi, botên wontên jawah dêrês, utawi pating tlêthok katingal wijang, jawahipun namung kados bun, utawi [u...]

--- 23 ---

[...tawi] lamuk kadosdene pêdhut, nanging nglandêng tanpa kèndêl, ngantos sapêkên utawi wolung dintên, tarkadhang ngantos satêngah wulan, namung têrang sakêdhap-sakêdhap, dalah galudhug tuwin balêdhèg botên wontên, wontênipun mawi măngsa kala, cariyosipun benjing wulan Juli utawi Agustus punika wontên, manawi nuju wontên galudhug tuwin balêdhèg, têtiyang ing nagari Walandi sami ajrih kathah ingkang tutup kontên, tur botên patos galak kados balêdhèg ing tanah jawi, punapa amargi botên wontên rêdi, dalasan mega utawi mêndhung inggih beda ugi, botên wontên mega utawi mêndhung kèndêl, kados ing pulo Jawi, nanging tansah lumampah sarêng kalihan dhawahing jawah. Ing sasêlaning padamêlan, kula tansah mubêng-mubêng salêbêt sarta sajawining kitha, pintên èwu griya ingkang sampun kula sumêrêpi, sayêktos botên wontên ingkang awon, sadaya bagus-bagus sarta gumrining, saha tiningalan botên angêbosêni, modhèlipun sanès-sanès abêbanjêngan, dene griya-griya ingkang ragi têbih saking kitha sami miyambak, botên bêbanjêngan kados griya salêbêting kitha, sarta mawi gadhah wawêngkon satamanan, [Footnoot: patamanan] punika ingkang sangêt nyênêngakên, kuciwanipun sawêg măngsa bêdhidhing, witing sêsêkaran sami dipun kêmuli ing uwuh garing, dados kirang nyênêngakên, pagêripun limrah sadaya tosan rujèn, mawi cêplok sarta bungkul sasêkaran.

Ubênging kitha Dhèn Hah lampahan 3 jam, utawi 9 pal, punika kêbak griya sae-sae. Palis utawi kadhaton ing Sêgrapênhagê,

--- 24 ---

inggih punika ingkang kadalêman Sri Bagendha Maharaja Putri saha ingkang Ibu Kangjêng Ratu Pramèswari, punika sakalangkung adi, cêkakipun kula dèrèng sumêrêp rêrekan sarta awiging pandamêl tuwin santosanipun kados kadhaton ing Sêgrapênhagê, sanginggiling talês sela tablêgan grajèn ukir-ukiran ingkang inggilipun kalih dêdêg, panjangipun naracak ngalih dhêpa, kêmput saubênging kadhaton, lajêng kasambêtan banon sapanginggil, pasanging banon angeram-eramakên dhamis sarta alusipun, suluhanipun katingal galêripun pêthak apindha sêsêkaran, kontên jandhela sami ukir-ukiran adi, tutupipun ram wêtahan mawi tulis sêsêkaran sarta lunglungan, iba kula sumêrêpa lêbêtipun, mila kula botên sagêd nyariyosakên rêrêngganipun, dados namung cêkak samantên kemawon. Makatên malih bètèng utawi tangsi-tangsi, punapadene kantor agêng irstê kamêr twidhê kamêr tuwin musiyum, punapa malih griya pamulangan, akalihan griya sakit lan kêbon binatang, sadaya ngidab-idabakên, greja Rum tuwin greja Mêsehi sakalangkung agêng tuwin adi sangêt, mawi wontên mênaranipun panggenan jam sarta wontên worgêlipun ingkang swaranipun mrêdhu arum sarta warni-warni gêndhingipun, sabên mungêl kamirêng tiyang sakitha sacêlaking kadhaton, sakèndêling worgêl jam lajêng mungêl, bilih ungêling worgêl dangu punika tăndha jam ingkang badhe mungêl, swaranipun agêng sarta sora, bilih ungêling worgêl sakêdhap, punika tăndha jam têngahan ingkang badhe mungêl, swaranipun alit cumêngkling nanging

--- 25 ---

ungêlipun botên namung sapisan, manut wancining jam, mungêl 12 tăndha satêngah[6] kalih wêlas, mungêl sapisan, tăndha satêngah satunggal, makatên salajêngipun, lan wontên gênthanipun kêkêleng agêng katabuh sabên dintên Ngahad, wiwit pukul 6 enjing sampun kagoyang, ngalêmpakakên para tiyang ingkang sami badhe sêmbayang dhatêng greja, pintên-pintên ewu tiyang jalêr èstri tuwin lare-lare ingkang sami nêtêpi agami malêbêt dhatêng greja, panganggènipun sami pameran, pangulunipun mawi singir binarung dening para sakabatipun, swaranipun layung-layung angêrês-êrêsi manah, gambaripun Kangjêng Nabi Ngisa kala mapatipun badhe seda katingal nandhang brana awit saking pandamêlipun tiyang Yahudi kapasang wontên sacêlaking misbyah.

Sacêlaking kadhaton wontên sagaranipun sinarisig ing sela grajèn, ing têngah mawi pulon, kathah paksinipun toya ingahan, sami wontên pulon mêlangkring ing wit-witan, maliwisipun sami ngambang wontên ing toya, adamêl jênakipun tiyang ningali. Botên patos têbih saking ngriku tumuntên grogolan kandhang mênjangan, kapagêran ing kajêng grajèn lancip mawi kakêlêm tosan, pasangipun karêbahakên malêbêt, sacêlaking pagêr wau lèpèn mubêng, ing têngah siti mênggir, utawi rêdèn, kathah wit-witanipun agêng-agêng apindha wana, nanging tuwuhing wit-witan katata atharik-tharik, margining tiyang gasik katingal anglangut, kula ngantos lam-lamên kados ningali wontên salêbêting supênan.

Wontên malih panggenan sawatawis têbih saking kitha, tiningalan kados wana grêng, nanging wontên [wo...]

--- 26 ---

[...ntên] marginipun bagus amrapat, saking lèr kidul, wetan kilèn, têmpuk ing têngah, sarèhning kêkajêngan agêng-agêng tanpa katata tuwuhipun, dados sampun jiblês wana, saking katêbihan kula botên sumêrêp bilih ing ngriku wontên marginipun bagus, awit kayoman dening kêkajêngan agêng-agêng wau, jêbul ing ngandhapipun katingal gasik, amargi dipun saponi sabên enjing dening tiyang ingkang kapatah rumêksa ing ngriku. Sacêlaking margi prapatan, utawi têngahing wanan, wontên griyanipun agêng adhapur bundêr botên kasungsun, tinutup ing gêdhah têpung gêlang, ngajêngipun antawis kalih pambalang wontên têlaganipun kêkalih akimplah-kimplah, kathah ulamipun, nanging kaawisan botên kenging dipun pêndhêti, minăngka kalangênan dalêm Kangjêng Sri Maharaja manawi karsa têdhak nuba. Mênggah griya wau isi rêsban kintên-kintên wontên satus, sarta kursi kintên-kintên botên kirang sèwu, kênap alit inggih kathah, sangandhaping wit-witan dipun pasangi dhingklik panjang cagak tosan patèn pintên-pintên dasa, malah saking pangintên kula langkung satus, kula pitakèn dhatêng mitra kula ingkang ngêtêrakên kula sarta sagêd têmbung Mlajêng, jêbul punika panggenan kalangênan musik agêng, nanging wontênipun namung bilih ing măngsa bêntèr ing wanci dalu nuju padhang bulan, têtiyang salêbêting kitha sami among suka wontên ngriku ngantos pintên-pintên èwu jajan dhaharan sarta ngunjuk minuman,

--- 27 ---

kasambi mirêngakên musik kalihan kanthèn asta ngimbir-imbir wontên canthiking rêsban, adêg-adêgan sarwi liniling, ingkang kathah jaka akalihan prawan, walanjar inggih mrêlokakên, sasat pirantos jelungan badhe ngumpulakên balung apisah. Pungkasing margi ingkang wetan kaadêgan pasanggrahan dalêm Sang Prabu Agêng saha pêlag pakirtyanipun.

Margi-margi salêbêt sarta sajawining kitha sadaya sami kasrasah ing sela tugêlan ingkang agêng sarta kandêlipun nracak satêngah kaki kubuk, margi sacêlaking kadhaton dipun mêstèr, têpining margi sela grajèn, panjangipun kalih elo, agêngipun sakaki, sambêtanipun mawi antup-antupan, punika ingkang minăngka rolak, lajêng banon miring rajangan pandhan, punika marginipun tiyang cakêt kalihan griya abêbanjêngan, kontên tuwin jandhelanipun ram, ing lêbêt katingal barangipun toko ingkang dipun dhasarakên, dilahipun gas sarta èlêktrèsitèit. Wontên malih ingkang ngeram-eramakên, cuwilan marmêr warni-warni, wontên pêthak, cêmêng, jêne, abrit tuwin sulak sanès-sanèsipun, agêngipun sak dim, punika dipun pasang ing radinan, nama pasasi, panatanipun dhapur lunglungan sarta sêsêkaran, ing ngriku botên kenging kaambah ing kareta bèndi tuwin kapal, kula gumun ingkang gadhah anggit, dene têka tabêri nglêmpakakên cuwilan marmêr samantên kathahipun, sarta dipun sami agêngipun, saèstunipun inggih saking pirantos pabrik, [pa...]

--- 28 ---

[...brik,] nanging kok kêprêlon têmên, ing pasasi punika paklêmpakaning para sudagar agêng ingkang sami bikak toko wontên ngriku, saening griya botên susah kula pratelakakên, mindhak ngêbosêni, namung sanginggiling margi têpangipun griya sungsun tiga wau punika kiwa têngên, punika dipun tutup ing gêdhah, wêngkunipun kajêng amalêngkung, dados tiyang lumampah ing ngriku bilih wontên jawah: botên kajawahan, tur padhang, panjanging griya pasasi ingkang marginipun kasrasah ing marmêr cuwilan, sarta nginggil katutup ing gêdhah, supados têrangipun cariyos kula upami wringin sêngkêran lèr, punika prapatanipun, ngalèr ngidulipun tuwin ngetan ngilènipun, punika marginipun lajêng têpang kalihan margi sanès, sumangga ta kagaliha, rak kathah cuwilan marmêr samantên kathahipun. Margi-margi wau sabên enjing dipun kumbah, pamêndhêting toya gampil sangêt, awit sawarnining griya baturipun wontên pancuripun saking sumur bor, pambucaling tiyang dhatêng urung-urung têpining margi ingkang tinutup ing balebekan tosan trancangan, manawi wontên rêgêdipun katingal, gampil anggènipun ngrêsiki.

Salêbêting kitha wontên lèpènipun agêng kenging kaambah ing baita dumugi ing Amstêrdham, pintên-pintên baita ingkang amot barang sarta têtêdhan, mudhik milir botên wontên kèndêlipun, têpining lèpèn kaparigi ing sela grajèn sarta katutup ing sela tablêgan, ngantos dumugi sajawining kitha, krêtêg-krêtêg sami putêran [putêra...]

--- 29 ---

[...n] sadaya, sabên wontên baita langkung, krêtêg kaubêngakên dados mujur, kiwa têngênipun kenging kalampahan baita, sanadyan karêtêgipun agêng sarta bêkakasipun sarwa tosan, ewadene ingkang ngubêngakên namung tiyang satunggal wontên têngah ambikak tutup tosan panggenan obelan, namung mak kruwik griyèt lumampah, inggih saking saening bêsatinipun. Ramening tiyang among dagang angeram-eramakên, kula ningali kemawon bingung, saking kathahing barang ingkang kasudhah sarta kainggahakên saking baita.

Salêbêting kitha kareta bendi tuwin cikar botên kantênan kathahipun, kareta sewan inggih kathah, nanging botên kenging katitik punapa kareta sewan punapa preman, inggih saking saening kapal, pakeyan tuwin karetanipun, tiyang radinanipun dipun kumbah, sampun malih ingkang nama kareta. Glindhinganing kareta preman kathah ingkang dipun rangkêpi karèt, inggih amung punika panitikipun, dados lampahipun ngambah sela botên mungêl

Ing salêbêting kitha wau botên namung rame dening swaraning kareta bèndi kemawon, trèm wèi ingkang pangirid kapal botên wontên kèndêlipun, wiwit pukul 6 enjing dumugi bêdhug dalu sawêg kèndêl, sawarnining margi mèh tambah dening trèm wèi sadaya. Ingkang ambawani trèm wèi wau punika matsêkapei agêng, kathahing kapal panarik trèm 600 iji, punika kacakan kangge sadaya.

Griya-griya ingkang sampun kocap ing nginggil [nginggi...]

--- 30 ---

[...l] wau sadaya, sanadyan sampun sungsun-sungsun, ewadene ing ngandhap pisan mawi guwan pirantos wadhah barang tandhon, kajawi makatên jarambahipun kenging dipun dèkèki balabag, dados saengga lotèng malih, amurih botên kenging asrêp saking hawaning siti.

Dhesèmbêr. Ing wulan Dhesèmbêr punika măngsa rêndhêng jawahipun angrêcèh mênggaha ing pulo Jawi, wangsul ing Nèdêrlan, botên nama ngrêcèh, nanging nglandêng, awit botên wontên katingale tètèsipun saking langit, namung kados pêdhut kemawon, agêng-agêngipun namung kumêpyur kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, suprandosipun ngantos ilèn-ilèn, lèpèn dados agêng, nanging wontên gongipun, inggih punika dhawahing salju toya anjêndhêl kados kapuk, agêngipun saklungsu-klungsu, manawi ngengingi rai ngantos sakit, nanging wontên kala mangsanipun, botên sabên dintên wontên, dhawahing salju adat sêsarêngan kalihan angin agêng, manawi nuju wontên angin agêng, kula ngantos ajrih lumampah ing radinan, kajawi saking atis sangêt, sagêd angrungkêbakên tiyang lumampah, sarta kathah ram kaca sumyur, wit-witan sampuna barindhil godhongipun, amêsthi rêbah kados dipun saponi, punika kemawon pintên-pintên wit-witan ingkang sami sol, nanging wit-witanipun gampil gêsangipun, sanadyan sampun rungkat, oyotipun dipun pêndhêm malih inggih sagêd gêsang, sarta botên namung wit-witan alit, sanadyan agêngipun saprangkul botên wontên sanèsipun.

--- 31 ---

Sapunika dèrèng wontên ès, sawêk bribrik-bribrik, măngka sapunika kemawon kula sampun satêngah pêjah, tansah api-api wontên sangajênging kagêl (padhiyan), sampuna makatên sampun pêjah kakên, ewadene tiyang ing Nèdêrlan prasasat botên dipun damêl raos, lare-lare sami pêplajêngan, saking ringkih kula saupami kula dipun ladaki ing lare dipun jak gêlut, kula rumaos ajrih, awit saking basanipun anjunjung kuping kula kemawon botên sagêd.

Tamat

Rampunging panêdhak kaping 19-5-'35

[Tanda tangan: Jayanggêni]

 


gordhènipun. (kembali)
Inggris. (kembali)
angêbosêni. (kembali)
enjing. (kembali)
losmèn. (kembali)
jam. (kembali)