Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 2)

Judul
Sambungan
1. Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525 (Jilid 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 25-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Lêlana ing Ngakerat

Nyariyosakên lêlampahanipun Sang Prabu Pakuningrat, Sri Narendra Binathara ing Gilingwêsi, nalika lêlana dhatêng ngakerat, lajêng kondur, ngantos dumugi lêlampahanipun Sang Aprabu Pastapa, ambêdhah kutha ing Karangasêm, sarta ing Bali Bulelang,[1] dumugi dhaup kalayan Sang Kusumaning Ayu Dèwi Sêkar Kadhaton, kalihan Sang Kusuma Dèwi Rasa Adi (garwa kêkalih).

Babon asli saking priyantun sagêd ing jaman kina, lajêng kaimpu[2] sapikangsalipun, sarta kawêdalakên dening administrasi Gêntha Kêkêlèng ing Surakarta.

Kaêcap ingkang sapisan, kala ing taun 1856–1925

Jilid 2.

Tercitak oleh Drukkerij K.T. TAN - Solo. No. 114-7-25.

--- 2 : [0] ---

Sêrat Lêlana ing Ngakerat

Nyariyosakên lêlampahanipun Sang Prabu Pakuningrat, Sri Narendra Binathara ing Gilingwêsi, nalika lêlana dhatêng ngakerat, lajêng kondur, ngantos dumugi lêlampahanipun Sang Aprabu Pastapa, ambêdhah kutha ing Karangasêm, sarta ing Bali Bulelang,"[3] "dumugi dhaup kalayan Sang Kusumaning Ayu Dèwi Sêkar Kadhaton, kalihan Sang Kusuma Dèwi Rasa Adi (garwa kêkalih).

Babon asli saking priyantun sagêd ing jaman kina, lajêng kaimpu[4] sapikangsalipun, sarta kawêdalakên dening administrasi Gêntha Kêkêlèng Ing Surakarta.

Kaêcap ingkang sapisan, kala ing taun 1856–1925.

Jilid 2.

Tercitak oleh Drukkerij K.T. TAN - Solo. No. 114-7-25.

--- 2 : [0] ---

[...]

--- 2 : 46 ---

10. Sinom

1. sigêging galih sang nata | arsa kondur ngênyapuri | panêmbahan atut wuntat | ing marga datan winarni | prapta sadalêm puri | sang nata nulya dhêdhawuh | nimbali abdinira | bupati tukang marasi | tan adangu tukang cukur wus sumewa ||

2. sri narendra mapan lênggah | kinêpêtan kanan kering | sinambi paras mustaka | liyêr-liyêr kraos silir | tuhu pancèn linuwih | sira abdi tukang cukur | wus barêsih sang nata | tukang cukur mundur amit | nuli musna ana kang katon wanodya ||

3. maksih kênya kênyar-kênyar | sang nata awas ningali | ing galih mangunandika | baya ta ana pawèstri | sapa aranirèki | sang aprabu nulya dhawuh | kinèn anututana | kon bali mring ngarsa mami | dutèng nata anututi sigra-sigra ||

4. amung sakêdhap kewala | kêcandhak nuli dèn irit | umarêk mring ngarsa nata | tan nyana yèn Kamaratih | marma ayu linuwih | tanggap sang nata angrangkul | wanodya milar endha | dêdêl mumbul ngawiyati | sri narendra sinambêr sambang asmara ||

5. kang kacipta amung sira | kang wus musna tan kaèksi | babo sapa aranira | durung-durung angoncati | ing ngêndi donirèki | tan wurung ingsun sumusul | tut wuri marang sira | nadyan mumbula mring langit | sun upaya mênawa bisa kapanggya ||

6. samana wus tinimbalan | Ngabdul Mukadas Kya Patih | lawan abdi

--- 2 : 47 ---

kamituwa | panêmbahan kang kêkasih | karone wus sumiwi | ing ngarsa sang maha prabu | sang nata sigra dhawah | wruhanira bapa patih | marma sira sun undang nèng ngarsaningwang ||

7. sun paring wruh marang sira | lagi bae sun nimbali | abdiningsun tukang paras | kang wus pinangkat bupati | sun dhawuh amarasi | wus rampung anuli mundur | praptaning palataran | musna tan ana kaèksi | salin rupa wanodya endah ing warna ||

8. sêdhêng dêdêge pidêksa | kang netya luruh alindri | alise ngêroning imba | bathuk anyela cêndhani | grana bangir angrungih | uwange anyangkal putung | lathi manggis karêngat | pipi andurèn sajuring | waja putih winangun tètèsing tirta ||

9. jăngga manglung ngulan-ulan | pundhake nêraju rukmi | lêngên anggandhewa dênta | jarijyalus mucuking ri | sèdhêt sêdhêng kang wêntis | salira gilig alurus | tangèh yèn cinăndraa | kurang căndra luwih warni | mung kuciwa wêgig wèh lara asmara ||

10. cumanthèl padoning netra | gumantung tuntunging ati | linali-lali ngalela | sasolahe milangoni | sêdhèt netra sumiring | mangrurah tyas gandrung-gandrung | dhuh babo sira paman | sakarone bapa patih | yèn anggunga ingsun nandhang lara brăngta ||

11. gung kasok kusuting praja | kêsabêt sambang pawèstri | kamulane sira [si...]

--- 2 : 48 ---

[...ra] bapa | ing samêngko ingsun piji | dom sumurup ing warih | angulari dhèwèkipun | ing ngêndi dèn lurua | aywa pati-pati mulih | lamun durung katêmua lawan sira ||

12. Kya Patih Ngabdul Mukadas | lan panêmbahan wong kalih | sandika mêdal pasilan | lêpas lampahe ngulari | prabu angênyapuri | maksih jroning gandrung-gandrung | muga bae si bapa | padha mulih antuk kardi | boyong kênya usadaning lara brăngta ||

13. saking gung nandhang asmara | nêdya sinamur ing galih | sang nata arsa pêpara | jajah wana milang wukir | tanpa wadya lumaris | lampahe anusup-nusup | sang nata nitih kuda | jujug doning Swari Brangti | kang sinaba anèng ardi Rêksamuka ||

14. satuhu pan wus kapyarsa | suwaraning Swari Brangti | mêmalat anganyut jiwa | lir rindinging pra apsari | tindake sri bupati | wus ngambah lêngkèhing gunung | gawat kaliwat-liwat | marganya sungil amrêgil | têmah lena kaplèsèt turangganira ||

15. kajumpalik tibèng jurang | titihan lawan sang aji | dadya gêmbêl tan bisobah | sang nata èmêng ing galih | sru kapêtêk kêpati | nulya bêngok minta tulung | ana janma sajuga | kapala begal ing ardi | kang pêparab Kiyai Bindi Prakosa ||

16. duk mirêng swaraning janma | minta tulung jêlah-jêlih | sigra lumayu atandang | kinira rowang tuk kardi | ambegal [a...]

--- 2 : 49 ---

[...mbegal] wong nèng margi | marmanya age lumayu | sarwi anyangking panah | tumuju doning kang jêlih | gya tumingal sang nata anèng jêjurang ||

17. Bindi Prakosa asugal | wuwuse angincim-incim | hla dalah iki si jênat | wus marene anêkani | prabu angasih-asih | dhuh kisanak sira kliru | ingsun dudu si jênat | pramanakna dèn satiti | iya ingsun aran Sang Prabu Pastapa ||

18. lamun lêgawèng tyasira | ingsun minta mring sirèki | tulungana raganingwang | yèn wus mêntas sira nuli | sun ganjar êmas picis | rajabrana sakuwatmu | benggol sumaur sugal | sira ywa jêjuluk aji | bêcik sira jênêng si jênat kewala ||

19. sun untapke marang kerat | lawan pusakaku iki | sarwi angêthungkên panah | sang nata awas ningali | he kisanak sirèki | wong lagi kêbranang nêpsu | arsa amatènana | apa kang sira meliki | angur sira nguripana ingsun ganjar ||

20. sira jaluk dadi apa | sayêkti ingsun turuti | bupati kliwon wadana | apa ta ganjaran dhuwit | begal benggol nauri | gumampang sira amuwus | yèn nyata minta gêsang | ingsun anjaluk prajanji | ginanjara bumi sasigar sêmăngka ||

21. lamun sira nanggupana | kang kaya janjiku iki | anulya ge dèn tulisa | dadi nora anyidrani | awrat amburu urip |

--- 2 : 50 ---

sang nata manthuk wus sanggup | mung ana èmênging tyas | apa kang kinarya nulis | jro bêbaya piranti măngsa anaa ||

22. nulya cinakot kang asta | dariji umili gêtih | sinêrat anèng rasukan | katon tulisane abrit | surasaning kang tulis | pèngêt iki layang ingsun | marang Bindi Prakosa | sun saguh angganjar bumi | tanah Jawa kèhe sasigar sêmăngka ||

23. sinêlan kocaping praja | senapatining prajurit | kang wasta Wisnu Cêpaga | duk lênggah anèng pandhapi | dahat onênging galih | ya marang titihanipun | agêdhog gêdhobragan | gamêle tan antuk guling | gung ginagas titihane bêndaranya ||

24. senapati dhawuhira | kinèn ngumbara ing jawi | gamêl umatur sandika | sigra kinarung tumuli | mêdal ajondhil-jondhil | malumpat nujah anubruk | èmêng sang senapatya | kuda kinèn angambili | karsanira arsa têgar nèng plataran ||

25. sarampungnya kinambilan | titihan maksih abudi | cinengklak-cengklak tan kêna | anyakot miwah nyalênthik | duka sang senapati | sigra malbèng dalêm sampun | busana prajuritan | sarwya angasta camêthi | mêdal jaba gamêl kinèn ngajokêna ||

26. apuse sampun dèn asta | ginêblog cinengklak kêni | kuda mamprung sasat barat |

--- 2 : 51 ---

makêm anyakot kêndhali | pinêkak datan kêni | dadya dèn uja sapurug | tambuh ingkang pinaran | wus ngancik sukuning ardi | kuda giwar kang tinuju mring jêjurang ||

27. biyas risang senapatya | anyipta lamun ngêmasi | nging nora lawan pinêkak | kuda wus mandhêg pribadi | kagyat sang senapati | duk uningèng sang aprabu | kêmbêl anèng jêjurang | migag-migêg tan bisosik | senapati sigra mudhun sing titihan ||

28. anyandhak marang sang nata | dèn angkat minggah manginggil | kocap Ki Bindi Prakosa | nalika wruh senapati | mire-mire sêmu jrih | kalimpe sampun lumayu | cinêndhak kang carita | sang nata kondur tumuli | senapatya datan têbih atut wuntat ||

11. Pangkur

1. ing marga datan winarna | sri narendra sampun angênyapuri | anulya enjang dhêdhawuh | marang ki senapatya | kinèn gêcak si kiyanat benggol kècu | kang wasta Bindi Prakosa | bangêt amêmanas ati ||

2. sandika ki senapatya | nêmbah amit siyaga ing ajurit | pêpak kang wadya supênuh | wus miranti gêgaman | sigra budhal swaraning baris gumuruh | kadyombak manêmpuh parang | cinêndhak lampah ing margi ||

3. praptèng ardi Rêksamuka | kathah wadya prajurit senapati | nasak alang-alang rungkut | anjog jroning jêjurang | êri bondhot ambundhêt lan sulur-sulur |

--- 2 : 52 ---

kewan-kewan ting salêbar | ana mangu angungaki ||

4. raja begal wus graita | gya têngara brandhal-brandhal prajurit | sakêdhap pan wus ngalumpuk | sigra tapuking yuda | caruk rukêt rikat rame aprang pupuh | swara anjrit mawor surak | kadya bêlah ing pratiwi ||

5. dangu dènnya long-linongan | senapati kuwalahên ing jurit | kathah wadya kabarubuh | kasêsêr ing palagan | labêt saking kalah kulina ing laku | munggah gunung mudhun jurang | anjog parang lêmah miring ||

6. dadya mundur palarasan | senapati saprajurite sami | caos unjuk mring sang prabu | lamun aprang kasoran | kathah samya babak-bundhas tatu buncur | dhawah galundhung ing jurang | tumibèng ing padhas curi ||

7. datan wurung linajua | wadya tuwan têlas tan ana kari | sang nata kèndêl anjêtung | minggu tan bisa ngucap | senapati maksih lajêng aturipun | dhuh gusti sampun sungkawa | kawula wangsul pribadi ||

8. ambêkta rencang kawula | mung kêkalih pun Cêthak lawan Cêthik | wit punika wulucumbu | gung lêlabêtanira | tate aprang ambêdhah kutha Matarum | mêngsaha tiyang sayuta | ing ngarsa sakêthi wuri ||

9. yêkti ulun datan wangwang | ugêr kanthi rencang pun Cêthak Cêthik | dupi mirêng aturipun | senapati adhadhag | sri narendra alon pangandikanipun | mara [ma...]

--- 2 : 53 ---

[...ra] age dang balia | aja kasuwèn nèng margi ||

10. sandika ki senapatya | amit mêdal panggih Cêthak lan Cêthik | payo sira wulucumbu | sakarone milua | sun kautus mring sang nata arsa nglurug | marang ardi Rêksamuka | goncènga nèng sănggawêdhi ||

11. sandika abdi kalihnya | sigra goncèng anèng kanan lan kering | kuda sinêngkrak umamprung | senapati wus mangkat | tanpa wadya katêlu lan wulucumbu | ing marga datan winarna | Ngrêksamuka sampun prapti ||

12. kêkês tyase wadya brandhal | mulat marang senapatyèng narpati | sêmune tatag atangguh | wasis gêlaring aprang | kathah brandhal umpêtan ngungsi mring gunung | amung Ki Bindi Prakosa | kang maksih băndakalani ||

13. ngancap amusthi sanjata | tinadhahan campuh lan senapati | kuwêl apêluk-pinêluk | rame akantar pundhak | senapati dinuwa jajane bêkuh | grêgêtên agigit waja | winalês mungsuh galinting ||

14. pining kalih jangganira | Kyai Bindi Prakosa angêmasi | kinêthok jangganya putus | kari gêmbung kewala | gumaluntung mili rah anêmbur-nêmbur | sirahe Bindi Prakosa | lan senapati cinangking ||

15. sigêgên wau sang nata | anujwari Soma lênggah tinangkil | andhèr kang wadya supênuh | sumiwèng ngarsa nata | lagya eca imbal wacana sang prabu | kasaru ing

--- 2 : 54 ---

praptanira | senapati saking jurit ||

16. ingiring kalih rowangnya | wulucumbu Cêthak kalawan Cêthik | kang mikul murdanirèku | brandhal Bindi Prakosa | nèng ngarsendra senapati nêmbah matur | pukulun amba dinuta | lumurug umangsah jurit ||

17. numpês brandhal Ngrêksamuka | ing samangke sampun sami agusis | sakêdhap kewala rampung | ulun tigani bebas | senapati gupyuk umatur sang prabu | abdi kalih garunêngan | pancèn lucu senapati ||

18. andangu sri naranata | ngrêmbug apa Cêthak kalawan Cêthik | ature sarwi gumuyu | lucu sang senapatya | pundi wontên brandhal tiniganan rampung | sapintên bangganing tigan | bok tangkur langkung prayogi ||

19. sang nata gumujêng latah | senapati tumungkul ananggapi | sri narendra nulya dhawuh | maringakên ganjaran | mring pun Cêthak Cêthik ing sakalihipun | dahat ing panuwunira | rajabrana wus tinampi ||

20. sang nata eca ngandikan | lawan senapati maksih nèng ngarsi | kasaru pisowanipun | Patih Ngabdul Mukadas | kang dèn utus angupaya tukang cukur | kang malih warna wanodya | kênya yu endah ing warni ||

21. bagea satêkanira | bapa patih apa ta antuk kardi | kya patih alon turipun | dhuh pangèstu paduka | inggih sampun kawula kautus ngluru | wanodya endah [e...]

--- 2 : 55 ---

[...ndah] ing warna | kapanggih wontên ing Bali ||

22. pambayun putra narendra | apêparab sira Kèn Rasa Adi | satuhu ayu pinunjul | sêdhêng dêdêg pidêksa | grana rungih netra kocak èsmu balut | wênês kang netya alanyap | mradapa sarira kuning ||

23. kaot botên sapintêna | mênang kêdhik lan Dèwi Kamaratih | maksih sumèh sang rêtnayu | tangèh lamun cinăndra | baya kurang căndra luwih warnanipun | sang nata ngangsêg ing sabda | andhêdhês rada dharidhis ||

24. paran margane ta sira | dene bisa tamat anyumurupi | kya patih nêmbah umatur | anênggih kalêrêsan | nagri Bali nuju wontên pêkên dalu | ngalun-alun prênahira | rajèng Bali amirsani ||

25. ginarêbêg garwa putra | manggung-manggung kêtanggung miwah sêlir | tindak dharat gumarubyug | ulun kèndêl tumingal | sarwi tanya prajurit panjagi pintu | kang jagi wontên ing gladhag | wangsulanipun atitis ||

26. suka ing tyas sri narendra | hèh ta bapa lan sira senapati | padha sun lilani mundur | kabèh padha ngasoa | sri narendra sigra jêngkar angadhatun | sadaya wus nêmbah mentar | mundur sing ngarsèng narpati ||

12. Durma

1. ing wancenjang sang nata lênggah sinewa | andhèr samya tinangkil | sigra dhawuh marang | Patih Ngabdul Mukadas | bapa sun paring udani | yèn karsaningwang | arsa

--- 2 : 56 ---

têdhak pribadi ||

2. angulari wanodya endah ing warna | marang praja ing Bali | nulya dhawuhêna | marang karerehannya | bocah ingsun senapati | sawadyanira | konên padha miranti ||

3. ing gêgaman aywana ingkang kuciwa | karya kusuting jurit | mung sira karia | rumêksa prajanira | kang dadi cucuking jurit | sira pijia | bocah ingsun bupati ||

4. ăngka siji kalang Si Marga Baskara | Margadigda misihi | nuli dhawuhêna | supaya mirantia | gêgaman kang mitayani | têlas dhawuhnya | sang prabu ngênyapuri ||

5. kyana patih sampun mundur sowang-sowang | sigra dhawuh waradin | kinèn siyagaa | ywa ana kang kuciwa | sagung pra wadya prajurit | pitung brêgada | têtindhih senapati ||

6. mapan sampun dhingini pacak barisnya | nèng pinggiring pasisir | anggabag katingal | wus sadhiya baita | nèng palabuhan maripit | mariyêmira | saprangkul wus sumaji ||

7. enjing budhal saking kadhaton narendra | gumuruh swarèng janmi | marga kinurmatan | bul-umbul lan daludag | Kodhokngorèk turut margi | tambur brang-brangan | slomprèt munya dumêling ||

8. sri narendra wus ngancik jawining kitha | karya cingaking janmi | umiyat sang nata | ginarbêg wadyabala | ujung saluwêng wus ngancik | gya masanggrahan | sawadyanira sami ||

9. mung sadalu rêrêp [rêrê...]

--- 2 : 57 ---

[...p] nèng saluwêng nulya | enjing bodhol lumaris | panganjuring lampah | juru anginum arak | tansah wuron ing samargi | mlampah blusukan | swarane gêgirisi ||

10. wus kasasar pêpêt kacupêtan dalan | ting bilulung abali | nèng janma sajuga | sêmu ajrih kalintang | tinakonan briga-brigi | he he wong desa | dalane mêtu ngêndi ||

11. janma desa gugup mangsuli tan cêtha | lah niku-niku margi | dika têrus ngetan | wadya cucuking lampah | bingung tan sumurup margi | ngulon lampahnya | dudu dalan dèntoni ||

12. sri narendra mung anut grubyug kewala | datan uningèng margi | dadya tan tumêka | ing Bali kang sinêdya | anjog Karangasêm nagri | kawruhan janma | panjagi têpis wiring ||

13. atanapi para bupati tampingan | gugup antuk pawarti | katêkan ing mêngsah | Sang Aprabu Pastapa | balane datanpa wilis | sigra umapag | campuh samya prajurit ||

14. rame aprang Karangasêm wadyanira | kèngsêr datan ngundhili | ratune karêngyan | lamun sinrang ing mêngsah | tinulak bupati tamping | sawadyanira | sirna tan măngga pulih ||

15. Sri Narendra Karangasêm mapag yuda | angawaki pribadi | campuh mêngsah lawan | Sang Aprabu Pastapa | rame dènnya silih ungkih | têmah kasoran | Sri Karangasêm ngisis ||

16. wus cinêndhak wau

--- 2 : 58 ---

ingkang cinarita | putraning narapati | pambajêng wanudya | rêtna sêkar kadhatyan | musna ing dalu sang putri | pinulung marang | dewa ingkang linuwih ||

17. siningidkên umanjing jroning kaendran | tan ana kang udani | winulang ing dewa | kèh aji kaprawiran | jaya kawijayan ngênting | kridhaning aprang | datan anguciwani ||

18. myang ginanjar Tambangrum wasiyatira | senapati prajurit | wus antuk pawarta | kang rama linurugan | saking ing măncanagari | Prabu Pastapa | bêkta bala prajurit ||

19. marma kasor kang rama karoban bala | ing Karangasêm gusis | sigra tumuruna | Tambangrum sang kusuma | jog mudhun saking ngawyati | mangraup pada | ing rama ibu sori ||

20. parêng muhun uninga dhatênging putra | mara-mara ngabêkti | sang prabu lan garwa | rêbat ngrangkul kang putra | êmban inya ambelani | samya ngrêrămpa | gumêr swaraning tangis ||

21. labêt saking dangu sang rêtna wus musna | ical datanpa lari | samêngko katingal | wus angancik diwasa | dadya suwaraning tangis | kaworan suka | ing rama wus kinanthi ||

13. Kinanthi

1. sang rêtna winartan sampun | lamun pukulun rama ji | lagya sajroning sungkawa | rusaking wadya wit saking | katêkaning parangmuka | sang prabu kasor ing jurit ||

2. paran wêkase ing pungkur | lamun praja dèn anciki | ratu saking

--- 2 : 59 ---

ing ngamănca | balane datanpa wilis | pêparab Prabu Pastapa | sudirèng prang pilih tandhing ||

3. umatur Rêtna Tambangrum | pukulun jêng rama aji | aywa anggung duka cipta | mindhak andêdawa wingit | prakawis kang parangmuka | mung cêkap sinanggi miring ||

4. benjang-enjang kula mêthuk | tan susah kanthi prajurit | kawula ijèn kewala | yêkti kadugi ngrampungi | pintên bobote Pastapa | sumêdya ulun kêmbari ||

5. pinênggak ing rama ibu | sang rêtna adrêng ing galih | pukulun dipun tegakna | kewala kawula wani | lêhêng pêjaha jêng rama | yèn kawon kawula jurit ||

6. kocap sang rêtnaning ayu | wanci enjang gya miranti | mangrasuk kaprajuritan | alancingan panji-panji | kotang baludru rinêngga | acêplok mas silih-asih ||

7. nyamping cincingan cumancut | kinancing lawan paniti | sarwi anyangking gêndhewa | pantês putri senapati | kasêmbuh slira sêmbada | wandane kasor Srikandhi ||

8. kunêng sang rêtnaning ayu | sigra mangsah ing ajurit | dinuduk tanpa cêcala | prajuriting tanah Jawi | gugup samya kagegeran | nulya campuh ing ajurit ||

9. kathah wadyabala rubuh | dening putri senapati | tuhu prawirèng ayuda | ing jawi pan sampun gusis | balane Prabu Pastapa | ting salêbar ngungsi urip ||

10. ing prang kasaput ing dalu | sang rêtna lêrêm [lêrê...]

--- 2 : 60 ---

[...m] ing puri | kang rama aris ngandika | paran wartanira nini | gonira magut ing rana | sang rêtnayu matur aris ||

11. dhuh jêng rama ji pukulun | sakêdhap mapan wus gusis | balane Prabu Pastapa | têlas kula osak-asik | prasamya mlajêng sar-saran | satunggal botên ngundhili ||

12. namung kantun ratunipun | anuntên kasaput wêngi | marmane lêrêm punika | benjang-enjang tapuk malih | nêdya ulun sirnakêna | saking Karangasêm ngriki ||

13. sang nata suka ing kalbu | mirêng aturnya sang putri | tuhu prajurit utama | nora dumèh-dumèh putri | ing aprang pilih bobota | tandhing lawan senapati ||

14. duk enjinge sang rêtnayu | mring rama ji nyuwun pamit | ambalèni parangmuka | sang nata amangèstoni | sigra budhal gêgancangan | sang putri nitih turanggi ||

15. apan sarwi ngêmbat lawung | mungsuh dèn sisakkên gusis | lumayu asalang-tunjang | koningan dening sang aji | Sri Maha Prabu Pastapa | rusak kang wadya prajurit ||

16. tandya tata-tata ngrasuk | kaprabonirèng ajurit | arsa ngawaki ngayuda | mêngsah putri senapati | nitih kuda bèk-èbèkan | talêmpak sampun cinangking ||

17. wus parêk kalawan mungsuh | samya nèng luhur turanggi | majêng gapyuk rêp-arêpan | upama tinumbak kêni | êdohe mung salandheyan | parêng mandhêg angulati ||

18. pandêng-pinandêng [pandêng-pina...]

--- 2 : 61 ---

[...ndêng] anjantrung | kamitênggêngên sang kalih | samya minggu tan angucap | sasat loroblonyo nitis | katungkul anggêntha dara | sêsawangan lali jurit ||

19. kêdadak dadining gandrung | sakarone têmah kingkin | anggung abadra irawan | sang prabu lawan sang putri | salêksa kaping sadasa | sakêthi tan ngrumangsani ||

20. pagut tingal sarêng mundur | dening kasaput ing ratri | nulya panggih lan kang rama | sang rêtnayu matur aris | kawula kêsênal ing prang | mêngsah sang nata pribadi ||

21. bok tinumbak kaping sèwu | botên ulun amalêsi | eman yèn tumêkèng tiwas | baguse kêpati-pati | bok kenging cinêpêng gêsang | kewala kinarya abdi ||

22. ing galih ramanta prabu | mapan sampun nguningani | mring karsaning putri nata | dadya kang putra sinêmbir | wong pêrang nganggo kêsênal | padu-padune ambêri ||

23. Sang Putri Rêtna Tambangrum | sinêmbir dèrèng nampèni | maksih laju aturira | dhuh pukulun jêng rama ji | punapa karsa ngabdèkna | ing mêngsah cinêkêl urip ||

24. sang nata nambungi wuwus | babo putraningsun nini | aywa ta sira gumampang | mring mungsuh anyêkêl urip | Prabu Pastapa kasusra | ratu prawirèng ajurit ||

25. sigêg gantya kang winuwus | Prabu Pastapa ing nguni | lagya lênggah pamondhokan | siniwèng pra senapati | nulya lon andikanira | marang sagung senapati ||

--- 2 : 62 ---

26. hèh ta kabèh abdiningsun | sira padha sun tuturi | nalikane sun maju prang | katêmu lan senapati | putri adi maksih kênya | branyak kadya Larasati ||

27. sairib lawan rumuhun | anjambe sinigar kalih | kaci luruh lan bêranyak | singa bae kang pinilih | upama sun tan ngemana | baya sun tumbak ngêmasi ||

28. balik dhèwèke anjantrung | ingsun timbangi anjantring | padha nèng luhur turăngga | tur ta padha amiranti | angliga tumbak pusaka | prandene kadung ing pikir ||

29. lagi ana caranipun | ngeman mungsuh angêmasi | paran marganirèng gampang | dhèwèke kacêkêl urip | sun kaduga amondhonga | anèng luhuring turanggi ||

30. wurung bae dadi mungsuh | angurbaya dadi kanthi | mukti anèng prajaningwang | angratoni para cèthi | babo eman têmên sira | wong ayu tumêkèng lalis ||

31. tanggap senapati prabu | sadaya sampun udani | kang dadya karsaning nata | mring mêngsah anyêkêl urip | labêt kapanduk asmara | kadya wuwus kang kawijil ||

14. Mijil

1. sigêg gantya putri senapati | amit rama katong | nêdya wangsul dugèkkên pêrange | mêngsah lawan Pastapa Narpati | cinêndhak sang putri | nèng jroning prang pupuh ||

2. panggya lawan mêngsah narapati | gapyuk mandhêg mayong | sang lir rêtna sêrêt wicarane | hèh satriya sun [su...]

--- 2 : 63 ---

[...n] tambuh sirèki | sapa ranirèki | mupung durung lampus ||

3. sri narendra anauri aris | yèn sira atakon | marang ingsun-ingsun binatharèng | nata baudhêndha nyakrawati | prajèng tanah Jawi | Pastapa jêjuluk ||

4. balik sira sang kusuma dèwi | ingsun gênti takon | sapa aranira sajatine | têka wani mapag ing ajurit | eman lamun kongsi | tumêka ing lampus ||

5. sang rêtnayu tandya malik krami | paduka sang katong | lamun tanya ulun sajatine | putri natèng Karangasêm nagri | ingkang asêsilih | Sang Rêtna Tambangrum ||

6. sri narendra sampun angrêsahi | prajèng rama katong | angrêrisak kutha jajahane | luwung paduka nungkul ing jurit | suwitèng rama ji | dados satriya gung ||

7. lamun benjang têmbe jêng rama ji | dumugining layon | jêngandika gumantosa rajèng | wit ing Nglasêm sêpên pangran pati | sang nata nabda ris | babo sang rêtnayu ||

8. bisa têmên angenaki pikir | akarya tyas mongkog | angur sira nututa dèn age | payo yayi ywa lumawan jurit | payo sun pondhongi | payo sun ban sabuk ||

9. tuhu ratu ratuning sabumi | musthikaning wadon | sapa duwe intên gonas-ganès | nènès wênês imbuh pêrak ati | kuciwane kêsit | bok ambangun turut ||

10. gya tinubruk sang

--- 2 : 64 ---

dyah angendhani | sang nata kêjongor | mring sang putri linêpasan age | pusakaning dewa kang pêparing | Tambangrum kang nami | awarni têtangsul ||

11. wus tumanduk mring sang nata kêni | têmahan dharodhog | tan bisobah sawadya balane | sang rêtnayu mudhun sing turanggi | sang nata tinari | paran karsanipun ||

12. nêdya gêsang atanapi lalis | sang nata lingnya lon | sang rêtnayu sun sumarah bae | ingsun datan nêdya nyuwalani | karsaning sang putri | barang rèh miturut ||

13. ewuh-aya ing galih sang putri | gya sumiwèng katong | atur uning ing bab kapikute | Sri Pastapa maksih dèn uripi | dhawuhing rama ji | sun pasrah sirèku ||

14. Sri Pastapa anulya tinari | dening sang lir sinom | kadiparan jandika karsane | punapa ta karsa dadya patih | suwita rama ji | sang nata lingya rum ||

15. aywa tanggung gonira nguripi | marang raganingong | yèn parênga sun milih pangkate | wit tan bisa dadi warăngka ji | sun narima dadi | tukangira kêbut ||

16. angêbuti sang putri yèn guling | myang têbah paturon | sang rêtnayu sumêdhot galihe | wus angrasa kapanduk ing brangti | ngunandikèng galih | tumbu olèh tutup ||

17. sang rêtnayu anauri aris | sarwi amalengos | wong wis têluk dadak nora barès | ngêndi ana aprang wus kajodhi | nganggo [ngang...]

--- 2 : 65 ---

[...go] nganyih-anyih | panggil marang mungsuh ||

18. nampik patih nrima angêbuti | myang têbah paturon | kawuk nora nolèh salirane | nyata luwih bok wis kono budi | sang nata nulyangling | bok gih nyuwun maklum ||

19. dhuh rasane sêlak ting calêkit | kinroyok ing jingklong | sun tan bisa kukur-kukur dhewe | astaningsun nora bisa budi | labêt dèn singsêti | pusaka Tambangrum ||

20. sapa ingkang manira sambati | kajaba sang sinom | lah kukurên gêgêr ingsun kiye | bonggan sira awak dèn talèni | marmanya sang putri | kêtêmpuh angukur ||

21. dhuh wong iki wasise kêpati | pintêr ngatag uwong | nganggo api gatêlên angorèg | bok wis barès jaluk dèn uculi | măngsa sun asuthik | nyat ngadêg sang ayu ||

22. wus cinandhak kinukur sang aji | gêgêre cinêthot | nulyanjingkat anyikut jajane | sang rêtnayu payudara kengis | sang nata tumolih | gumujêng sang ayu ||

23. luwar saking bêbaya sang aji | ngiwa mring pangason | sang rêtnayu tansah wiragane | payudara kinukur pinidih | ing asta pribadi | narendra andulu ||

24. sarwi tanya yayi apa sakit | kêna sikut ingong | botên sakit mung gatêl raose | baya paduka kang anggatêli | anggung cumalêkit | kalih pisan bintul ||

25. sri narendra [na...]

--- 2 : 66 ---

[...rendra] kaduk nyêmbranani | tumêlung anggêpok | mring sang rêtna tinamplèk astane | grêmat-grêmêt kaya ulêr sêrit | sang nata nauri | malah ulêr jêdhung ||

26. cêngkah-cinêngkah kakung lan putri | gya pinondhong nyemot | sang rêtnayu anduwa astane | sinantosan umanjing jinêm mrik | jro matangkêp samir | kapyarsa angadhuh ||

27. sri narendra mapan wus kajodhi | marang sang lir sinom | nulya kerid sawadyabalane | mring sang putri prasamya tut wuri | binêkta sumiwi | ing rama sang prabu ||

28. natèng Karangasêm duk ing nguni | sajroning prihatos | nèng panêpèn sang prabu lênggahe | datan pisah lawan pramèswari | kasaru ing jawi | putri nata kondur ||

29. sarwi bêkta boyongan sang putri | ratu bagus anom | lan sawadyabala prajurite | kang wus nungkul pinukul ing jurit | sigêgên sang aji | kasmaran tyasipun ||

15. Asmaradana

1. ing marga datan winarni | wus praptèng ngarsa narendra | putri dalêm sang akatong | alon andikaning rama | bagea satêkanya | apa wartanirèng pupuh | kang putra aris turira ||

2. dhuh pukulun jêng rama ji | ing lampah inggih raharja | pangèstu dalêm sang katong | mêngsahe sampun katawan | kêrig sawadyanira | lan prabune sampun nungkul | wasta Sang Prabu Pastapa ||

3. suka ing galih sang aji | kang putra gya

--- 2 : 67 ---

ingarasan | adhuh-adhuh putraningong | nora dupèh kênya-kênya | bisa ambengkas karya | anawan ratu pinunjul | sawadyane binoyongan ||

4. kang putra umatur malih | adul-adul mring kang rama | dhuh jêng rama sang akatong | nalika kawula aprang | lan Sang Prabu Pastapa | sawusnya kawula pikut | kawula tantun suwita ||

5. dhumatêng rama sang aji | dadosa warăngka nata | benjang lamun sasurute | anggêntosana narendra | nging Sang Prabu Pastapa | yèn dadya patih tan sanggup | trimah dados juru têbah ||

6. tuwin juru angêbuti | mênawi kawula nendra | wontên ing dagan paturon | sigêg wau sri narendra | ing galih wus graita | yèn dede suwadinipun | hèh ta anggèr putraningwang ||

7. kang mangkono iku yêkti | melik dadi garwanira | mungguh sira kaya priye | ingsun sadarma kewala | yèn sira marêngêna | nora liwat ingsun manut | ingkang dadi karêpira ||

8. puluh sun tan angrujuki | yèn wis dadi karêpira | măngsa wurunga kalakon | iya nadyan sun prentaha | lamun lumuh tyasira | sayêkti tan bisa dhaup | marma paran karêpira ||

9. apa bêcik dèn lunasi | utang pati nyaur nyawa | sang putri sêrêt ature | dhuh eman têmên jêng rama | nadyan ratu tawanan | nanging dulu warninipun | maksih tinunggu [ti...]

--- 2 : 68 ---

[...nunggu] kabêgyan ||

10. ujwalanipun nêlahi | lamun trahing witaradya | watêk luhur darajade | kêni ingayoman wadya | dene mangkya kêtawan | wit kawon sêpuh ing wahyu | lan rama aji kasoran ||

11. têlas ature sang putri | mèsêm ing galih sang nata | uningèng putra sêmune | marang Sang Prabu Pastapa | ragi kaduk asmara | marma tinuju ing ênu | babo nini putraningwang ||

12. bênêr sira tan asisip | mêngko sun arsa uninga | marang ratu tawanane | purihên umanjing pura | Sri Narendra Pastapa | dadi nora walangkayun | gone suwita mring sira ||

13. lêga ing galih sang putri | ngrasa kêtuju ing prana | sigra tinimbalan age | kerid Sang Prabu Pastapa | sumiwèng ngarsa nata | prabu ingacaran gupuh | suwawi anggèr lajua ||

14. nêmbah Sang Pastapa aji | lênggah keringing sang nata | ragi kapering wurine | pramèswari munggèng kanan | jèjèr lan ingkang putra | Dyah Ayu Rêtna Tambangrum | tansah anggung angujiwat ||

15. cingak kang samya sumiwi | mulat Sang Prabu Pastapa | ratu bagus maksih anom | bobote dadya tawanan | sêmu netya tan was-was | malah sangkin cahyanipun | pindha gêbyaring sasăngka ||

16. kathah pra parêkan cèthi | ting kalêsik arêrasan | baya anjarag têluke | padune le arêp cêdhak | marang gusti sang rêtna |

--- 2 : 69 ---

sigêg wau sang aprabu | sawusira bêbagean ||

17. natèng Karangasêm angling | anak prabu kula tanya | ing nguni paran purwane | dadosipun lumurug prang | mring Karangasêm praja | punapa saking pambujuk | lan anak prabu supêna ||

18. awit kathah-kathah janmi | ambêbujuk marang liyan | kinarya sampar pakolèh | gêlare ngungkuli Sămba | duk lakon Partakrama | sajatine adu-adu | yèku rusak ngajak-ajak ||

19. Sang Pastapa ngandika ris | rama prabu koningana | dadosing lêlampahane | kawula lumurug ing prang | mring Karangasêm praja | botên saking angsal bujuk | tuwin botên anyupêna ||

20. purwanipun nguni-uni | kula yun nglamar putrinya | Sang Prabu Bali Bulèlèng | wit darbe putra wanodya | pambajêng suwarnanya | ayu jatmika aluruh | kasor Dèwi Bratajaya ||

21. wasta Nikèn Rasa Adi | kathah para raja-raja | ingkang samya ngarêpake | sang putri maksih lênggana | marmanipun kawula | kalayu akusung-kusung | nêdya nglamar sang lir rêtna ||

22. kuciwanipun sakêdhik | margine dèrèng uninga | kang anjog Bali Bulèlèng | nalika kula têtanya | janma ajrih kalintang | wangsulane ngalèr ngidul | ngantos kêsasar punika ||

23. Rêtna Tambangrum nambungi | jêng rama sampun anggêga | ature sang prabu anèm | jêr tiyang anjarag nasar | yèn [yè...]

--- 2 : 70 ---

[...n] botên makatêna | măngsa dadak tiyang wuru | pinrih anucuki lampah ||

24. tumungkul Pastapa Aji | andugèkkên aturira | pukulun jêng rama katong | wêkdal kawula kêsasar | dhatêng praja paduka | anêrak barisanipun | pra abdi dalêm tampingan ||

25. ngantos campuh ing ajurit | wadya paduka kasoran | dèrèng sapintên risake | katungka senapati prang | pukulun putra tuwan | nênggih Sang Rêtna Tambangrum | parêng ngadoni ngayuda ||

26. ing ngriku kawula kêni | Tambangrum kêmayanira | kawula kajodhi gêntos | dumugi kula kêtawan | wontên ing ngarsa tuwan | mugi sampun tanggung-tanggung | kawula sêdya suwita ||

27. parênga momong sang putri | dadosa timbangan kula | sang putri sêkar kadhaton | duk umyat Prabu Pastapa | angêbun-êbun enjang | mèncêp sarwi kêcoh-kêcuh | èngêt duk pêrang asmara ||

28. rama prabu ngandika ris | dhuh anak Prabu Pastapa | punapa gurnan nak anggèr | kênya bodhone kalintang | dèrèng wruh tatakrama | ujêr rare kogung tanggung | ewadene lamun karsa ||

29. kula botên maekani | nak prabu măngsa boronga | ênggèn andika amêthès | kula pasrah jêngandika | dèn jura dèn luluha | limrah priya mulang muruk | mrih prayoga linakonan ||

30. wus [wu...]

--- 2 : 71 ---

[...s] dadya wajibing èstri | kalamun wus jatukrama | mapan purba wasesane | gumantung ana ing priya | ramèbu tan kuwasa | tarlèn kalamangsanipun | ngabêkti marang wong tuwa ||

31. Rêtna Tambangrum tinari | mring rama datan suwala | anulya dèn pasrahake | marang Sang Prabu Pastapa | suwawi gèr sang nata | gya ngabêkti sang rêtnayu | mring rama ibu kalihnya ||

32. kang ibu amituturi | babo nini putraningwang | wêlingku mring sira anggèr | samêngko sira wus krama | pinundhut mring sang nata | dèn bêkti suwitèng kakung | aja dakdir lan dêksura ||

33. dumèh putraning narpati | wajib mituhu ing priya | sabarang rèh pituduhe | priya anggêpên sudarma | sulihing yayah rena | aywa nglanggar mring pêpacuh | pêpacak kang marang sira ||

34. apa kang dipun asihi | ing priya aywa sulaya | yèku panuju arane | aja brèh wèh mring kaskaya | aja parawadulan | aja karêm anyênyatur | iku marganing rubeda ||

35. kathah-kathah kang piwêling | jêr wus dadya lumrahira | pitutur adating wadon | sang putri matur sandika | sigêg gantya winarna | sang prabu bujana kêmbul | lan pramèswari myang putra ||

36. nulya bibar ngênyapuri | Sri Pastapa amondhokan | sang putri sêkar kadhaton | pan wus manjing sêsêngkêran | enjang prabu sinewa | pêpak kang wadya supênuh | kocap dhawuhe sang nata ||

--- 2 : 72 ---

37. marang sang anindyamantri | bupati sapanêkarnya | nayaka jaba jêrone | kinèn samya tata-tata | siyaga makajangan | bakal dhauping rêtnayu | Tambangrum lan Sri Pastapa ||

38. otêr usrêk jroning puri | kathah yêyasan narendra | busana gêming pangantèn | myang busana pêparingan | mring putra santanendra | truntum cakar lawan sindur | atanapi mayang mêkar ||

39. tarube pan wus rumanti | urut têpining paningrat | anggênggêng prasamya êsèng | linungsir sutra bêbuntal | bang putih ting karêlap | pinalisir kêsting biru | sasat kadhaton wangunan ||

40. sabên saka siji-siji | têtuwuhan pisang êmas | myang têbu-têbu nyalonjor | cêngkir gadhing sakêmbaran | sinuratan kênaka | gambar Dèwi Ratih dhaup | lawan Bambang Kamajaya ||

41. ngalun-alun ngarsa wuri | ing sabên-sabên paseban | tinaruban dhewe-dhewe | banderane warna-warna | pagêr rontèk arantap | daludag lan umbul-umbul | darêjêg sabên pojokan ||

42. tangèh winuwus ing tulis | cinêndhak ingkang carita | makajangan wus mirantos | ing ari malêm Anggara | panggih sang pinangantyan | barung Kodhokngorèk umyung | mariyêm asêsauran ||

43. abyor sajêroning puri | padhange kadya raina | ngalun-alun apadene | tinumplak blak têtingalan | myang samya jêjogedan |

--- 2 : 73 ---

ramening wong andêdulu | barêng suraking nayuban ||

44. lubèring jawining panti | saênggon-ênggon janggrungan | wênèh ana ijo-ijo | sadalu pating galidrah | kathah kang wuru arak | swara sora surak sêru | munya huse bal-ambalan ||

45. pitung dina pitung bêngi | makajangan lagya bubar | kocap risang pinangantèn | anggung dènnya pêpasihan | lir mimi lan mintuna | saparan aruntung-runtung | saênggone ingarasan ||

46. lir Kamajaya lan Ratih | sang putri lawan kang garwa | pantês dadya sèn-isène | Karangasêm prajanira | ratu gung binathara | dalah darbe putra mantu | ya narendra binathara ||

47. lamine kawan dasa ri | nèng Karangasêm nagara | Sang Pastapa lan garwane | arsa kondur binoyongan | mring prajane priyăngga | enjang sang nata adhawuh | dhumatêng ing kapatihan ||

48. miwah sagunging bupati | kang samya anggantung lampah | nyenapatèni pangantèn | wus dhinawuhkên warata | tan ana kaliwatan | jêmpana joli myang krêmun | sadaya sampun sudhiya ||

49. apan ta sampun cumawis | turăngga èbèk-èbègan[5] | titihane sang pangantèn | wus prapta ing wanci enjang | budhal sang pinangantyan | samarga-marga supênuh | datan pêgat kinurmatan ||

16. Mêgatruh

1. Sang Rêtnayu Tambangrum anitih krêmun | Sri Pastapa munggèng wuri | nitih kuda dhawuk tutul |

--- 2 : 74 ---

lapake baludru wilis | mandhi lawung sang akatong ||

2. lampahira ing marga datan winuwus | ing saluwêng sampun prapti | mandhap sing titihanipun | pangantèn sigra kinanthi | nitih baita sakloron ||

3. sapandhèrèk lanang wadon rêbut dhucung | tanapi para prajurit | miwah sagêgamanipun | wus munggah baita sami | mancal layar surya ngayom ||

4. kinurmatan ping tri mariyêm jumêgur | para abdi ngrumiyini | têkèng palabuhan mudhun | bêbêktan tinata sami | kongsi pirang-pirang grêbong ||

5. sang pangantèn sakalihan sampun mudhun | saking baita kinanthi | kya patih sampun umêthuk | anèng palabuhan jawi | samya ngapurancang dhodhok ||

6. tan kawarnèng marga tindaking sang prabu | praptaning praja pribadi | ingayap inguyun-uyun | kathah pra parêkan cèthi | samya mêdal saking tunggon ||

7. êmban inya dhêrak mêthuk sang aprabu | ngampil tadhahan pisalin | pra manggung-manggung kêtanggung | ting cangungak anginguki | ana kêplok amalengos ||

8. pramèswari kinanthi dening sang prabu | lampahe ngalêntrèh ririh | labêt sayahe kalangkung | kocap sampun ngênyapuri | sang nata santun kaprabon ||

9. tata-tata lênggah bojana sang prabu | lan putra sêntana sami | caos kasugêngan prabu | dènnya kondur saking jurit |

--- 2 : 75 ---

enjing praptèng surup gobyog ||

10. kunêng gantya winursita enjingipun | sang nata miyos tinangkil | andhèr pra wadya supênuh | sri narendra ngandika ris | patih undangên dèn gupoh ||

11. nyi tumênggung ngêmban timbalan sang prabu | animbali kyana patih | nulya mêdal adhêdhawuh | kyana patih dèn timbali | angandikan lan sang katong ||

12. kyana patih sandika ing aturipun | sigra umarêk sang aji | pangadhêpe makedhupuh[6] | sumungkêm kănca mring siti | sri narendra ngandika lon ||

13. bapa patih apa wartane ing pungkur | kya patih umatur aris | pangèstunira sang prabu | ing praja sami basuki | myang para abdi sang katong ||

14. datan gothang aprasamya sowan tugur | ing jawi myang jroning puri | siyang dalu pêpak kumpul | mêmuji sugêng ing gusti | ngantos konduring sang katong ||

15. sri narendra suka amarwata sunu | hèh bapa ingsun wartani | gon ingsun têdhak anglurug | dhapur ngêbun-êbun enjing | nglamar putri putrèng katong ||

16. putranira Sri Karangasêm pambayun | sêkar kadhaton kinasih | parabe Rêtna Tambangrum | samêngko wus sun boyongi | kadya iku garwaningong ||

17. sumurupa yayi ki pêpatih ingsun | tur sêmbah sang pramèswari | sang nata nulya andangu | kaya priye bapa patih | apa pantês garwaningong ||

18. kyana patih umatur sarwi tumungkul |

--- 2 : 76 ---

langkung pantêse sang aji | dhasar narendra pinunjul | akrama putri linuwih | pambayun putrèng sang katong ||

19. dèrèng tutug embal[7] wacana sang prabu | pramèswari ngrumiyini | jêngkar umanjing kadhatun | sri narendra ngandika ris | bapa patih karsaningong ||

20. ing samêngko sanadyan wus krama ingsun | antuk putraning narpati | warnane ayu pinunjul | ing netya luruh alindri | anging nêdya ingsun karo ||

21. marma sira bapa patih ingsun utus | ngaturke kintaka iki | iya marang rama prabu | kang mandhirèng praja Bali | surasèng srat kang wigatos ||

22. lamun dadya parênging galih sang prabu | ingsun êbun-êbun enjing | marang putrane pambayun | ingkang aran Rasa Adi | iku dadia garwèngong ||

23. dene lamun tan kaparêng rama prabu | ing Bali bakal sun gitik | marma sira kang sun utus | aywa nganti nguciwani | yèn ana malanging kewoh ||

24. kyana patih sandika wus nêmbah mundur | sigêgên sang pramèswari | mirêng yèn raka sang prabu | nonjok nawala mring Bali | nglamar putrane sang katong ||

25. enggal-enggal umarêk raka sang prabu | pramèswari matur aris | pukulun jêng sang sinuwun | marmanta ulun sumiwi | ing ngarsa paduka katong ||

26. ulun mirêng dhawuh paduka pukulun | dhumatêng pun bapa patih | ing mêngko arsa dèn utus | lampah duta marang Bali |

--- 2 : 77 ---

nonjok nawala sang katong ||

27. kadiparan wigatosing karsa prabu | kawula ayun udani | sigêg ing galih sang mulku | dènirarsa amangsuli | dadya sinamun ing gatos ||

28. yayi ingsun angrêmbug prakara prêlu | lan sri narendra ing Bali | mula patih kang sun utus | aja nganti angowani | ing rêmbug lamun kapêntog ||

29. pramèswari mèsêm malih aturipun | kawula botên andugi | bok mênèk rêmbug sadumuk | ingkang sagêd bêbayani | mèsêm prabu ngandika lon ||

30. dana ingsun angrêmbug pêrlu sadumuk | dêstun prakara kang wêrit | pramèswari maksih buru | lah punapa rêmbug jurit | aprang kêmbang lan sang katong ||

31. nora aprang kêmbang yayi karsaningsun | ngêlar jajahan nagari | jamaking kang para ratu | mèt praja rinêbut jurit | pramèswari amalengos ||

32. nglar jajahan ambêdhah Kuthawinangun | Kuwadungan tumpês tapis | ewa têmên sang aprabu | pedah punapa asilip | bok angur barès kemawon ||

33. yèn prakawis sapele jêng sang sinuhun | têka dadak bapa patih | kang dinuta jêng pukulun | dhumatêng praja ing Bali | bok sampun akarya wados ||

34. sri narendra maksih ngikibi ing wuwus | dhumatêng sang pramèswari | yayi ywa sandeyèng kalbu | sira nora sun tuturi | jêr dudu babagan [ba...]

--- 2 : 78 ---

[...bagan] wadon ||

35. pramèswari maksih andêdêr turipun | sanèse babagan èstri | baya prakawis prang pupuh | inggih makatêna ugi | bok sampun anggung winados ||

36. wit rama ji Karangasêm duk rumuhun | saobah osiking nagri | kawula rencange ngrêmbug | ngantos dumugi ing jurit | ulun senapati wadon ||

37. kongsi aprang tandhing kalawan pukulun | ngantos dumugi kajodhi | kolua kawula lêbur | măngsa ta praptèng samangkin | paduka sayêkti layon ||

38. sri narendra dahat ribêng ing tyasipun | tinêtêr ing pramèswari | dangu kèndêl tan amuwus | kasaru rêkyana patih | kang dinuta wus sumaos ||

39. pramèswari nata lon pandangunipun | hèh bapa padha basuki | dènnya kautus sang prabu | marang ing nagara Bali | apa wartaning sang katong ||

40. kang dinangu umatur sarwi andhêku | dhuh gusti jêng pramèswari | angsal pangèstu pukulun | lampah kawula basuki | dene wontênipun wartos ||

41. sampun kawrat ing nawala angsul-angsul | kawula ayun sumiwi | raka paduka sang prabu | iya bapa sira nuli | matura mring raka katong ||

42. kyana patih wus majêng ing ngarsa prabu | apan sarwi mundhi tulis | saksana nêmbah umatur | pukulun amba tinuding | ngaturkên nawala katong ||

43. marang Bali katur mring rama sang

--- 2 : 79 ---

prabu | nawala sampun tinampi | binuka sinuksmèng kalbu | wangsulan kawrat ing tulis | sumăngga ing sang akatong ||

44. gya tinampèn nawala dening sang prabu | binuka sinuksmèng galih | sarwya mênggah napasipun | ing netya ngêmu prihatin | tandya pramèswari katong ||

45. aminta wruh dhumatêng raka sang prabu | pukulun kula yun uning | suraosing srat sul-angsul | saking sang prabu ing Bali | pinaringkên gya winaos ||

46. mring sang rêtna wus tiniling wongsal-wangsul | mirsa suraosing tulis | purun ginarwèng sang prabu | sang kusuma Rasa Adi | dadak ambêbana abot ||

47. minta pêthuk lamaran sirahing ratu | sajodho kakung lan putri | yèn tan mangkonoa lumuh | ginarwa marang sang aji | angur yuda arêrêmpon ||

17. Pangkur

1. kagyat pramèswari nata | sarwi banting nawala saking Bali | sumakeyan anak ratu | linuwih ing sasama | pinèt garwa ing nata jaluk dèn pêthuk | lamaran mustakanira | sang nata lan pramèswari ||

2. ala dulune nampika | mokal-mokal nganggo mêmanas ati | baya tan ana wong ayu | liyane dhèwèkira | nora nana pra putri putraning ratu | liyane si wong kumewat | iyèku Si Rasa Adi ||

3. kaya apa warnanira | sun arsa wruh anèng madyaning jurit | pramèswari sigra matur | dhuh pukulun sang nata |

--- 2 : 80 ---

kadiparan ingkang dados karsa prabu | lamun wurung anglamara | sayêkti anglêlingsêmi ||

4. èmêng ing galih sang nata | kayaparan yayi lêlakon iki | prayoga sun karya wurung | tan nêdya ingsun krama | puluh krama yèn dadak kêthokan gulu | ingsun dhewe kang kelangan | sigêg turing pramèswari ||

5. pukulun jêng sri narendra | yèn katimbang dados cuwaning galih | arsa krama putri ayu | wurung dening bêbana | ulun sagah dadosa wadal pukulun | kêthokên jăngga kawula | dadya tan ngewuh-ewuhi ||

6. paduka tulus akrama | akaronsih lawan Sang Rasa Adi | wit saking sang rêtnaningrum | lumuh kinêmarua | lan kawula marma kawula pukulun | ingkang wajib ngawonana | têlungane kang wus lami ||

7. singkêl ing galih sang nata | nênggak waspa prabu ngandika aris | babo nimas garwaningsun | bangêt tarimaningwang | dènirarsa labuh pati tugêl gulu | ênggon ingsun arsa krama | nging paribasane yayi ||

8. burucêng kelangan wagal | olèh liya kelangan pramèswari | sang rêtna adrêng umatur | parêng botên parênga | mung pribadi kawula kang arsa mêthuk | dumugining campuhing prang | kula ingkang angawaki ||

9. dangu adiya-diniya | pramèswari tansah adrêng kêpati | sêtun têmên raganingsun | tan bisa angramakna | marang garwa yun krama putrining [putri...]

--- 2 : 81 ---

[...ning] ratu | sigêg wau sang kusuma | sigra dhawuh mring kya patih ||

10. hèh bapa nuli mundura | pêpakêna wadyabala prajurit | sagêgamaning prang pupuh | aywa kongsi kuciwa | karsaningsun arsa ngluruk besuk-esuk | marang ing Bali nagara | amboyong Si Rasa Adi ||

11. sukur yèn condhong sang nata | putrinira kêna sun têmbung aris | nanging ta kalamun puguh | tan kêna dèn êlusa | bakal ingsun rêbut krananing prang pupuh | kyana patih tur sandika | sigra nêmbah mundur aris ||

12. kantun pramèswari nata | lan kang raka nutug dènnya karonsih | derarsa tinilar nglurug | anggung posa-pasihan[8] | ngêsorakên pangantèn kang nêmbe dhaup | sadalu praptane enjang | tansah nèng jroning jinêm mrik ||

13. cinêndhak caritanira | kyana patih sawadyaning ajurit | ing paglaran wus ngalumpuk | pêpak gêgamanira | pramèswari ngrasuk busana prang pupuh | gya budhal sawadyanira | kadya jawah ing pajatin ||

14. ing marga datan winarna | sampun anjog ing palabuhan Bali | kathah baita gung-agung | prasami labuh jangkar | pramèswari lan sawadyabalanipun | pan wus ngancik ing baita | lumembak kombak ing tasik ||

15. tan antara sampun prapta | nagri Bali Bulèlèng dèn anciki | kumêrap wadya lir sêmut | munggah marang dharatan | pacak baris kuthane kinêpung wakul | kinalang atêmu [a...]

--- 2 : 82 ---

[...têmu] gêlang | pramèswari anindhihi ||

16. gantya ingkang cinarita | natèng Bali nuju miyos tinangkil | siniwèng wadya supênuh | aglar bala balabar | kasaru ing abdi pacalang umatur | tur uninga kyana patya | wontên mêngsah andhatêngi ||

17. kathah wadyabalanira | têtindhihing senapati prajurit | wanodya ayu pinunjul | sampun angêpang kitha | têmu gêlang ing Bali kinêpung wakul | kya patih anulya enggal | sumiwèng ngarsa narpati ||

18. ngaturi uningèng nata | dhuh pukulun kawula anampèni | pacalang lapuranipun | wontên mêngsah kang prapta | sugih bala prajanta kinêpung wakul | kinalang atêmu gêlang | pasang gêlar karya giris ||

19. kagyat ing galih sang nata | hèh ta patih padha samêngko iki | kêrigên sawadyaningsun | lan sikêpa gêgaman | amêthukna mungsuh kang têka angêpung | mangkata saka paseban | aja kongsi mampir mulih ||

20. kya patih matur sandika | sigra mêdal sang nata ngênyapuri | praptèng paglaran gya dhawuh | mêpak kang wadyabala | myang prajurit dèn samêkta aprang pupuh | saprotêlon jaga praja | rong protêlon nut kya patih ||

21. binêkta mêthukkên mêngsah | budhalira kadi sela blêkithi | ing marga datan winuwus | praptèng watêsing kutha | rêp-arêpan lawan prajuriting mungsuh | adrêng tan arsa mundura | dadya campuh ing

--- 2 : 83 ---

ajurit ||

22. caruk rukêt prang gêgaman | wadya Bali kathah samya ngêmasi | sinêsêg mungsuh angêsuk | nir baya nir wikara | karepotan kya patih sawadyanipun | sigra mundur palarasan | wadyèng Bali wus kalindhih ||

23. tur uninga mring sang nata | lamun patih kasor madyaning jurit | sigêg sang nata anjêtung | badhe bêdhah ing kutha | datan wurung ing Bali Bulèlèng gêmpur | jroning prihatin sang nata | kasaru putra sang putri ||

24. sumiwèng rama narendra | sarwya matur pukulun jêng rama ji | sampun kapati anjêtung | parêng botên parênga | ulun arsa mêdali mapagkên mungsuh | dhasar prawirèng ayuda | sang kusuma Rasa Adi ||

25. sri narendra angandika | iya nini sun nora mêmalangi | malah sun paring pangèstu | Allah ngijabahana | marang karêpira mêtu ing prang pupuh | aywana sakara-kara | nuli pradandana aglis ||

26. sigra angrasuk busana | ngagêm-agêm kaprajuritan putri | gumêbyar sarwa mas murub | cancut atali wanda | sarwi nyangking warastra pusakanipun | sasat putri ing Cêmpala | duk arsa tandhing jêmparing ||

27. manêmbah amit kang rama | sigra budhal ing marga tan winarni | kathah prajuriting mungsuh | prasamya ambêbahak | pinarpêkan sang rêtna sawadyanipun | tandya campuh ing ayuda | arame gênti kalindhih ||

--- 2 : 84 ---

28. tinêtêr warastra kentas | para wadya lurugan samya ngisis | kèngsêr kasor ing prang pupuh | ngungsi asalang-tunjang | kyana patih gugup anulya umatur | mring gustine masanggrahan | Tambangrum jêng pramèswari ||

29. gusti ngaturakên tiwas | para wadya lurugan wus katitih | kathah prasamya kêplayu | tanbuh angungsi gêsang | wadya Bali taksih ngangsêg prang angêsuk | tangèh linawan ing yuda | sêlak kasaput ing ratri ||

30. mirêng aturing kya patya | rêtna sêkar kadhaton dahat runtik | bapa patih dika kantun | benjang-enjang kewala | kula arsa amêdali aprang pupuh | menaka têngga sanggrahan | kula dhewe kang ngawaki ||

31. cinêndhak praptane enjang | pramèswari ngrasuk kaprabon jurit | ramping tarincing acancut | sarwi nitih turăngga | janjam biru turangganira jêng ratu | cinengklak asêsirigan | samarga-marga kumricik ||

32. wus ngancik papan paprangan | sigra mangsah wadyabala ing Bali | ngadu bala rame campuh | tiba gumuling kisma | kampuh-kampuh sumingêp ing aprang pupuh | ting balêsar kapêlajar | umpêtan angungsi urip ||

33. pramèswari sigra mangsah | nèng luhuring kuda amobat-mabit | titihan nujah anubruk | wadya Bali sar-saran | pinalêcit ing kuda tinumbuk lampus | prajurit Bali kasoran | wêwadul mring senapati ||

34. mangkrak sang putri [pu...]

--- 2 : 85 ---

[...tri] umangsah | sarwi nitih turăngga janjam kuning | duk adu arêp lan mungsuh | maksih asêsirigan | pramèswari cêrik-cêrik wuwusipun | hèh hèh prajurit wanodya | sapa baya ranirèki ||

35. sun putra putri narendra | iya ingsun kang aran Rasa Adi | balik sapa ta aranmu | wanodya wani aprang | lamun sira gênti tambuh marang ingsun | sun dèwi sêkar kêdhatyan | bocah saka Gilingwêsi ||

36. praptèng sun iki dinuta | marang gusti nalendra Gilingwêsi | kinèn gêcak nagaramu | yèn kuthane wus bêdhah | nulya kinon amboyong marang sirèku | marma sira ywa lênggana | nututa bae sang putri ||

37. wus lama dèn arsa-arsa | iya marang gustiku sri bupati | muktia sira wong ayu | nèng Gilingwêsi praja | angrênggani kadhatone sang aprabu | payo yayi barêng ingwang | mulih marang Gilingwêsi ||

38. rinapu saya tan rêna | pamuwuse sêngak Kèn Rasa Adi | lancang têmên wicaramu | sêkar kadhaton sira | nora watak ngunggah-unggahi ratumu | sumakeyan binathara | jaluk dèn unggah-unggahi ||

39. malah sira anungkula | jêng rama ji kang butuh para nyai | marma bêcik sira nutut | yèn ingsun nora sotah | sêtun timên nubruk-nubruk raganingsun | durung kongsi kalah aprang | têka nutut nyundêl anjing ||

40. apa kang katon ing sira | tadhahana nyata [nya...]

--- 2 : 86 ---

[...ta] putri prajurit | ya iki pusakaningsun | ran warastra sumbaga | dahat ampuh kang sanjata luput têguh | sang rêtna sêkar kadhatyan | têbah jaja sarwi angling ||

41. payo mara tibakêna | lamun nora kêna ginawe bêcik | ingsun gêblag jajaningsun | pilihên ingkang sêla | sang rêtnayu sigra mênthang langkapipun | wus lumêpas kadya kilat | prandene datan ngundhili ||

42. sinaut ponang sanjata | dening mêngsah sêkar kadhaton kêni | gya rinêmêt rêmak-rêmpu | sinawurkên lir gabah | lah dulunên Rasadi iki panahmu | gênti sira tadhahana | Tambangrum pusaka mami ||

43. sinawang kadya sangkêlat | manang-manang yèki Sang Rasa Adi | iya malêsa wong ayu | katogna budinira | sang dyah sêkar kadhaton sigra angunus | Tambangrum sanjata kunta | wus lumêpas kadya thathit ||

44. tumanduk marang sang rêtna | kapisanan ambruk Kèn Rasa Adi | pinulêt-ulêt lir pulut | palikêt tan bisobah | mingsat-mingsêt kêsingsêt dening Tambangrum | payo yèn nyata prawira | hèh mènthèl Si Rasa Adi ||

45. katogna sabudinira | iya iki putri ing Gilingwêsi | kinasih ratu pinunjul | Maha Prabu Pastapa | kang satuhu pilih tandhing ing prang pupuh | kêkês kasor ing ayuda | ing driya kadi mas kentir ||

18. Maskumambang

1. ngasih-asih sêsambat Kèn Rasa Adi | lah age sisakna | sêkar kadhaton [kadha...]

--- 2 : 87 ---

[...ton] sirèki | aywa andêdawa wirang ||

2. ingsun lumuh yèn kongsia nungkul urip | age patènana | aywa anggung ngèsi-èsi | merang amêmirang jagad ||

3. dhuh jêng rama baya tan kulak pawarti | ulun têmah siksa | siniksa madyaning jurit | kawula amit palastra ||

4. sang rêtnayu sêkar kadhaton marêki | mudhun sing turăngga | wêlas myat Kèn Rasa Adi | dènnya anggung gêlasaran ||

5. adhiku dhi Sang Kusuma Rasa Adi | abot sun akarya | pêpati marang sirèki | angur sira anututa ||

6. sun boyongi iya marang Gilingwêsi | suwitèng sang nata | iba sukaning narpati | angabdèkke marang sira ||

7. pirangbara sira dadya pramèswari | ngrênggani jro pura | jêr suwe dèn anti-anti | dening Sang Prabu Pastapa ||

8. marma kongsi sun labuhi takêr pati | murwèng adilaga | manrang baya nir ing wèsthi | anggêcak Bali prajanta ||

9. akarana dinutèng sri narapati | mundhut jênêng sira | samêngko rèh wus kajodhi | marma yayi ywa lênggana ||

10. Sang Dyah Ayu Kusuma Retna Raswadi | duk maksih bêbandan | tumungkul angasih-asih | kakang bok yèn makatêna ||

11. tur kawula nênggih sandika nglampahi | sapituduh tuwan | binêkta mring Gilingwêsi | nging nyuwun dèn luwarana ||

12. sampun anggung kabănda ginodhi-godhi | sakite kalintang | Tambangrum saya ningsêti |

--- 2 : 88 ---

kakang bok kawula tobat ||

13. sang dyah sêkar kadhaton nauri aris | yayi sun tan bisa | nguculi bêbandan iki | kajaba jêng sri narendra ||

14. mêngko sira yèn wus sumiwèng ngarsa ji | Sang Prabu Pastapa | kang winênang anguculi | Tambangrum tali pusaka ||

15. wus kadhadha Sang Dyah Ayu Rasa Adi | dadining lêlakyan | kadi wus takdiring Widhi | cintraka marganing mulya ||

16. wus binoyong sang rêtna anitih joli | tan kawarnèng marga | Gilingwêsi sampun prapti | jumujug ing ngarsa nata ||

17. Sang Aprabu Pastapa lênggah siniwi | kagyat praptanira | pramèswari kondur saking | ing Bali lumampah duta ||

18. amboyongi mring Sang Rêtna Rasa Adi | mangkya wus kabêsta | maksih binănda sang putri | kawistara kawlasarsa ||

19. gung kacaryan Sri Narendra Gilingwêsi | wusnya bêbagean | nata angandika aris | paran yayi wartanira ||

20. dene prapta amboyong sawiji putri | maksih abêbandan | apa karanane yayi | age ingsun wartanana ||

21. pramèswari nata umatur raka ji | pukulun sang nata | ulun dinuta mring Bali | nglamar putrane sang nata ||

22. kang pêparab nênggih Nikèn Rasa Adi | nguni datan arsa | satêmah dadya ajurit | mêngsah kalawan kawula ||

23. sêdya kula cêpênga kalawan aris | yayi datan arsa | dadya kawula dhawahi | Tambangrum têmah kabănda ||

--- 2 : 89 ---

24. ing samangke sumanggèng karsa raka ji | sri nata ngandika | mara uculana yayi | ingsun wêlas warnanira ||

25. nging jêng ratu datan arsa anguculi | pukulun sang nata | ulun tan sagêd nguculi | Tambangrum pusakèng dewa ||

26. yèn dedea sri narendra nuswa Jawi | tangèh lamun wignya | saking bêbaya ngluwari | tanpa karya siya-siya ||

27. nadyan silih pukulun kangjêng raka ji | ingkang ngluwarana | kêdah mawi măngsa kalih | wontên sajroning pasuptan ||

28. Sri Pastapa mèsêm sarwya ngandika ris | têka anglêngkara | yayi pusakanta iki | nganggo duwèni saradan ||

29. kang bêbandan sampun binêkta umanjing | sadalêm pasuptan | sigra dènnya tangkêp samir | pramèswari ngênyapura ||

30. kawuwusa enjang miyos sri bupati | lawan sang kusuma | Rêtna Dèwi Rasa Adi | anggung akêkanthèn asta ||

19. Kinanthi

1. kocap pramèswari prabu | suka dènira ningali | mring kang raka sri narendra | lawan Sang Dyah Rasa Adi | katiga samya lênggahan | pramèswari ngandika ris ||

2. yayi dèn parêk maring sun | dikapenak sira linggih | samêngko wus dadya kadang | sêdulur sinarawèdi | aywa nganggo wancakdriya | padha suwitèng raka ji ||

3. pukulun jêng sang sinuwun | arinta Dyah Rasa Adi | kaparênga winisudha | ginarwèng raka sang aji | wontêna timbangan kula | angrênggani jroning [jro...]

--- 2 : 90 ---

[...ning] puri ||

4. dahat kacaryaning kalbu | Sri Pastapa ngandika ris | yayi sun manut kewala | ujêr sira wus nglilani | nadyan priya mung sadarma | ingsun nora ngrumangsani ||

5. ngudan sore bun-bun esuk | sira ingkang murwèng jurit | angrêbut putri narendra | Sang Kusuma Rasa Adi | kinèn anggarwa maringwang | apa ta kirane sudi ||

6. Kèn Rasa Adi tumungkul | pramèswari ngandika ris | yayi sira pa sandika | ginarwa marang sang aji | aywa tanggung-tanggung sira | labuh marang ingsun yayi ||

7. Kèn Rasa Adi umatur | kakang bok kawula singgih | ajrih dhumatêng paduka | suwitèng sri narapati | wit kathah kidhung kawula | dèrèng nate anglampahi ||

8. lami kula kogung tanggung | wontên ing nagari Bali | suwita marang jêng rama | botên nate angladosi | ewadene yèn paduka | kakang bok kasdu ing galih ||

9. dhumatêng kula nênuntun | ing karya suwitèng aji | măngsaborong ing paduka | kula botên ngrumangsani | ginarwa dhatêng sang nata | kakang bok kula ngèngèri ||

10. trênyuhing galih jêng ratu | rumăngsa sinanggèng krami | dahat susila noraga | dayitèng Dyah Rasa Adi | wignya mèt sihing sasama | kaduk awicara manis ||

11. pramèswari sigra dhawuh | mring kya patih angundhangi | warata sapanêkarnya | lamun karsaning sang aji |

--- 2 : 91 ---

benjang-enjang ari Soma | sang suputri Rasa Adi ||

12. ginarwa dening sang prabu | jinênêngkên pramèswari | sêkar kadhaton kang wrêdha | kang anèm Dyah Rasa Adi | pahargyane tan kacrita | cinêndhak sri narapati ||

13. wus nonjok nawala katur | marasêpuh natèng Bali | lamun pambayun putrendra | Kusuma Dyah Rasa Adi | ginarwa Sang Sri Pastapa | narendra ing Gilingwêsi ||

14. mukti anèng prajanipun | angrênggani jroning puri | surat tinampèkkên sigra | mring kya patih Gilingwêsi | mantri kang piniji duta | ngampil nawalaning aji ||

15. ing marga datan winuwus | praptèng nagara ing Bali | anjujug ing pagêlaran | wus tinampèn ing kya patih | nawala katur sang nata | binuka sinuksmèng galih ||

16. wus kadhadha ing sang mulku | nênggih surasaning tulis | dahat kacaryan ing driya | sul-angsuling natèng Bali | gya tinampèkkên mring duta | kang duta umêsat aglis ||

17. datan kawarna ing ênu | Gilingwêsi sampun prapti | wus konjuk marang sang nata | binuka sarasèng tulis | mahyakkên sukèng wardaya | sri narendra prajèng Bali ||

18. sèwu sakêthi jumurung | marang Sri Pastapa Aji | dera parêng parikrama | lan putra Dyah Rasa Adi | măngsaborong mring sang nata | dènira mêngku sang putri ||

19. kocap Sri Pastapa nutug | lan pramèswari kêkalih | anggung dènnya parisuka |

--- 2 : 92 ---

saênggone dèn arasi | garwa sêpuh lan taruna | tan ana tabêting runtik ||

20. wus andungkap pitung tèngsu | Sri Narendra Gilingwêsi | dera gung posa-pasihan | lan garwanira kêkalih | Rêtna Tambangrum kang wrêdha | samana sampun garbini ||

21. babar putra miyos jalu | warnane anom apêkik | dadya kêmbang sapocapan | wong sapraja Gilingwêsi | yèn mangkya jêng sri narendra | wus darbe pangran dipati ||

22. patutan sing garwa sêpuh | kang putra dipun parabi | nênggih Radèn Talirasa | nadyan rare maksih alit | katon kêkuwunging netya | lan ramanta anyèplêsi ||

23. kasok sihe sang aprabu | lan kang putra pangran pati | sira Radèn Talirasa | samana pan wus winanci | andungkap diwasanira | lolos saking ing nagari ||

24. tanpa pamit ing ramèbu | murcane angikis ratri | mring wana Suryapralaya | lampahe pangran dipati | karsane anamur kula | marmane datanpa kanthi ||

25. ngambah laladan wanagung | mudhun jurang ngiring-iring | sumusup mangayam-ayam | tan ketang pringganing margi | ngupa kitab Kadal[9] Makna | kang tanpa papan tinulis ||

26. ing nguni kasiyatipun | kalamun winaos benjing | nirnakkên sagung bêbaya | kang samar-samar pinanggih | pindha wong posa-pasihan | dèniranggung adu manis ||

Sambêtipun sêrat punika lajêng winastan Sêrat Surya Pralaya.

 


Bulèlèng. (kembali)
kaimpun. (kembali)
Bulèlèng. (kembali)
kaimpun. (kembali)
èbèg-èbègan. (kembali)
makidhupuh. (kembali)
imbal. (kembali)
posah-pasihan (dan di tempat lain). (kembali)
Kadam. (kembali)