Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 13–26)

Judul
Sambungan
1. Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 13–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 10-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

13. Durma

1. dyan rinilan panêmbahan undurira | mung bêkta rencang kalih | kimpul kinalungan | bêbêruk kang ginawa | cis Sêkarmulih cinangking | pusakanira | ingkang tan kêna kari ||

2. rencang kalih bêkta bêruk bathokira | panêmbahan lumaris | mampir mring Miyana | pamit bok ayunira | Nyai Branjung sampun ngimpi | lamun kapanggya | kalawan ingkang rayi ||

3. datan dangu panêmbahan praptanira | anèng Miyana panggih | Nyi Branjung wus mapag | anèng plataranira | sarwi muwus marang ari | dene ta sira | esuk têmên aprapti ||

4. daradasih kalawan supênaningwang | wus adate yèn ngipi | lamun esuk têka | panêmbahan saurnya | bok ayu marma sun gipih | ing praptaningwang | arsa marang ing Tubin ||

5. pan dinuta Jêng Sultan Agung Mataram | nyirêpa kraman Tubin | iya kangjêng sultan | isih nèng wismaningwang | prajurit tan sikêp sami | iya lebotan |

--- 68 ---

sun kongkon dhongkèl sabin ||

6. pan sadalu panêmbahan nèng Miyana | warnanên dupi enjing | pamit maring raka | arsa laju lampahnya | supados dipun idini | ing lampahira | pan sampun dèn lilani ||

7. kalih dintên lampahira anèng marga | ananging tan winarni | mangsuli carita | wau sapungkurira | jêng sultan nulya dhawuhi | mring wadyanira | kinèn andhongkèl sabin ||

8. sikêpira kathahe satus sawidak | ingkang sami dhongkèli | pra mantri tindhihnya | akarya têtaruban | pan wontên griya satunggil | kinarya lênggah | jêng sultan yèn nênggani ||

9. sabên dina tiyang kang dhongkèl sadaya | têdhanira kinirim | jêng sultan samana | tan arsa akondura | mundhut dhaharan kinirim | nèng tarubira | rintên dalu sang aji ||

10. kapinujon jêng sultan kinirim jangan | asêm katutan isi | kêkalih klungsunya | nulya pinundhut sigra | klungsuh[1] kinèn nanêm siti | ing prênahira | lèr wetan ingkang sabin ||

11. sinung sabda kinarya tandhaning yuda | ingkang nglurug mring Tubin | yèn kalungsu bisa | thukul unggul kang yuda | kaki Jangkung ya basuki | wau enjangnya | klungsu wus thukul nênggih ||

12. kinèn nyrumbung kanan kering rinajêgan | dupi wus tigang ari | asêm tiningalan | sadêdêg inggilira | Sultan Agung dhasar sêkti | sabarang cipta | pasthi iya adadi ||

13. ênêngêna jêng sultan gantya kocapa | panêmbahan winarni | wus [wu...]

--- 69 ---

[...s] prapta ing Tuban | jumujug gyaning kraman | lir sêsumbar apêpeling | he wong ing Tuban | pagene sira sami ||

14. ambalela maring nata sadudibya | Sultan Agung Mantawis | ambêg paramarta | asih mring dasihira | lamun sira darbe kapti | atur prasaja | sang nata minangkani ||

15. yèn mangkana sira murtat ing Pangeran | tan nganggêp nuring Widhi | nurbuwah kukumah | ganjarane sang nata | saking pinarcayèng Widhi | ngadil pramarta | mêmayu ing sabumi ||

16. lah wêcakna paranta ing sêdyanira | sira anggung aruntik | wruhanira ingwang | dutane sri narendra | mring sira kinèn sung peling | aywa andadra | kadya solah rarywalit ||

17. duk rinungu dening sagunging karaman | catur kang senapati | asru dènnya mojar | maring wadya karaman | lah aywa rinungu sami | wuwusing janma | angicuk angapusi ||

18. mung wong siji sapira ing rosanira | bêdhilana tumuli | wadya kraman sigra | gadgada anyanjata | saya adrês ingkang mimis | Sèh Jangkung tansah | amandhi bêruk sarwi ||

19. arum manis wijiling andikanira | dhuh anak-anak mami | pagene daluya | datan mangrêti baya | paksa amrih ing pêpati | tinêmu padha | angganira pribadi ||

20. sasêdyane manungsa panggih priyăngga | maring badan puniki | kang mrih rahayua | pasthi antuk wiyana | sapa ingkang mamrih pati | tibèng pralaya | saking karya pribadi ||

21. duk samana [sa...]

--- 70 ---

[...mana] ramening prang swaranira | lir gêrah ingkang bêdhil | kukus ngampak-ampak | mimisira lir jawah | tumanduk mring wong sawiji | Sèh Jangkung tansah | bêrukira pinandhi ||

22. lir cinelung tibaning mimis sadaya | maring bêruk umanjing | yèn wus kêbak sigra | sumêmbur sumamburat | balining mimis ngênèni | maring kang gadhah | balasah angêmasi ||

23. mung sadina yudanira panêmbahan | wadya kraman wus gusis | kang tatu sadaya | lumayu ngungsi gêsang | kêpalanira kajodhi | amung sakawan | tinigas gya tinanjir ||

24. sisanira wadya kraman nungkul samya | mrêtobat atur bêkti | panêmbahan nulya | manjing puraning kraman | mundhut jêjarahan nênggih | katur sadaya | tan ana ingkang kari ||

25. amung dadya gangsal gotongan kang brana | panêmbahan ningali | malbèng masjidira | ana mimbar prayoga | ingukir-ukir arêmit | kinèn bêktaa | anulya dèn prantèni ||

26. wontên kêtip nênggih nagari ing Tuban | Miguruh ingkang nami | pan darbe atmaja | wanodyayu utama | Pandhanarum ingkang nami | nulya katura | mring kang unggul ing jurit ||

27. măngka liru bêboyonganing ayuda | krana sagung parèstri | anak rabinira | karaman sami musna | angungsi maring wanardi | datan karuwan | ingkang tinujwèng kapti ||

28. panêmbahan nalikanira tumingal | rêsêp ingkang panggalih | pan lajêng binêkta | numpak anèng jêmpana | panêmbahan kondur nuli | tiyang ing

--- 71 ---

Tuban | kawan dasa kang ngiring ||

29. sarêmbatan gêgotongan anèng ngarsa | datan winarnèng margi | wus prapta lampahnya | anèng Landhoh kang desa | jêng sultan dupi ningali | praptaning raka | tumêdhak mapag aglis ||

30. sêsalaman sami sukanirèng driya | nulya tumamèng panti | wus sami pinarak | panêmbahan turira | pukulun sri narapati | ulun tur wikan | anggèn kawula jurit ||

31. sampun unggul saking pangèstu paduka | tumêngggungira nênggih | karaman kanthinya | sakawan cacahira | wus ulun tigasi sami | tinanjir pisan | kang kantun nungkul sami ||

32. gih punika rajabrana saking Tuban | rolas gotongan sami | katura sang nata | kawula amung drêma | anuduh karsa jêng gusti | nyirêpi kraman | amba sumanggèng kapti ||

33. kangjêng sultan alon pangandikanira | ingsun paringkên sami | sakathahing brana | ingkang saking ing Tuban | dadosa ganjaran mami | ing karyanira | bak ayu kang darbèni ||

34. gone dhongkèl sabin iki dèrèng dadya | kang nglurug sampun prapti | angsal bêboyongan | panêmbahan turira | yèn makatên ingkang sabin | gudêr namanya | dene nalika kardi ||

35. sawêg gudêr kawula sadangunira | gumêdêr andon jurit | sabin dèrèng dadya | kawula sampun prapta | jêng sultan suka ngamini | pêpèngêtira | mila karan samangkin ||

36. kangjêng sultan alon wijiling wacana | kakang kula ing wuri | nanêm asêm ika |

--- 72 ---

benjang dipun kandhanga | kangge pêkên Kêmis benjing | karya midhangan | yèn wontên ingkang apti ||

37. Sultan Agung dènnya nèng Landhoh kang desa | samana sampun lami | wus satêngah căndra | siyang ratri binoja | dhatêng kang raka sadasih | ing sabên dina | tan pêgat motong kambing ||

14. Sinom

1. tarunaning kang candrama | jêng sultan nulya apamit | mring raka sakalihira | pangandikanira aris | dhuh kakang ing samangkin | sun pamit arsa akondur | dyan ayu aturira | ingsun jumurung karsaji | rahayua ing marga praptaning pura ||

2. lan salam taklim manira | mring garwanta pramèswari | pandonga pamujiningwang | maring putranta nak mami | rahayua salami | sinambadana sakayun | samana wus salaman | kanthi matrênyuh ing galih | nênggak waspa ketang ing katrêsnanira ||

3. risaksana nulya budhal | nitih kuda jragêm manggis | kambilanira kancana | larabipun bludru abrit | sinulam jêne pinggir | săngga wêdhi jêne sêpuh | èbègira garudhan | rinajut punang turanggi | kuda kêdhu kadya gambar warnanira ||

4. prajurit lumampah ngarsa | ingkang sami nitih wajik | datan kawursitèng marga | tri ari dènnya lumaris | prapta nagri Mantawis | jêng sultan manjing kadhatun | bubar sagunging wadya | mantuk sêsowangan sami | ênêngêna Jêng Sultan Agung Mantaram ||

5. duk kalaning panêmbahan | lumampah kasatan warih | Ki Praya ingkang sung toya | lêgèn kalih

--- 73 ---

bumbung nuli | ing mangke atêtuwi | Ki Prayaguna puniku | ambêkta sutanira | wanudya ayu ing warni | aturira kalangkung dènnya ngrarêpa ||

6. manawi paduka karsa | inggih anak kula èstri | kula aturkên punika | dadosa kang para nyai | inggih kang wontên wingking | punika ing warnanipun | Bakirah namanira | panêmbahan duk mriksani | kaduk endah ing warna rare punika ||

7. karsanira panêmbahan | Bakirah minăngka sêlir | anulya dèn ningkah pisan | lawan garwa saking Tubin | rukun samya ngladèni | pan sami mèsêm gumuyu | saking jrihirèng raka | nêtêpi bêktining èstri | tri tatêlu punika ingkang linakyan ||

8. amantêp dhatêng ing priya | agêmi kayaning laki | satiti barang pratingkah | ngati-ati lamun angling | angon sêmuning laki | mantêp idhêp amituhu | mantêp têmên mring priya | idhêp caosaning laki | guyub anut kalawan prentahing priya ||

9. tuhu asih dhatêng priya | tan amalih tyas pangèksi | ajrih kalamun duraka | yèn wong wadon tingkah juti | melik liyaning laki | siniksa dening Hyang Agung | malêbèng ing naraka | ura klabang kalajêngking | angantupi badane gêbèl sadaya ||

10. jêrit-jêrit sambatira | tan ana ingkang nulungi | nora kêna maidoa | wus kacêtha dalêm dalil | marmane ta pawèstri | dèn abêkti maring kakung | iku pangeranira | ing dunya tumêkèng akir | yèn tumêmên [tumê...]

--- 74 ---

[...mên] amasthi munggah suwarga ||

11. wong wadon jaman ing mangkya | arang kang têmên mring laki | sèwu siji nora nana | kang kadya sinêbut nginggil | yèn nora dèn kayani | bêlasar ing tindakipun | anulya mentar ramban | sok ugi angsala dhuwit | nora èngêt lamun wuri manggih papa ||

12. kèh kewat wadon samangkya | tan sumungkêm maring laki | ngaku pribadi gaota | wasis angupaya picis | sugih kagunan adi | ambêgira amamêngku | arsa mangrèh kang priya | watake ngungkul-ungkuli | kumalancang sêndhu wêngis maring priya ||

13. apan ta sampun akathah | wong wadon ing jaman mangkin | ingkang nindaki mangkana | lali yèn tinitah èstri | datan prayitnèng wuri | lamun kasangsara muput | adoh bêkti mring priya | iku wadon kênèng sarik | gêgadhangan dadya intiping naraka ||

14. saiba yèn darbe putra | nuruni candhala nisthip | datan wurung anggêgawa | luhure ing nguni-uni | buyut canggah myang kaki | ngaku turuning linuhung | balasar tindakira | apa ta titike bêcik | yèn bêcika măngsa lakune mangkana ||

15. sinigêg ingkang carita | wuwusên gantya winarni | panêmbahan sampun lama | gènnya dalêm Landhoh nênggih | ing karya asêsabin | kathahipun mung nêm bau | sabin gudêr kang nama | dadose dhadhongkèl sabin | yèn nanêmi datan puput ing sadina ||

16. ananging kuciwanira | panêmbahan tan darbèni | maesa ingkang kinarya |

--- 75 ---

anggarap wau kang sabin | nuju enjang lumaris | panêmbahan karsanipun | angupaya maesa | anjajah desa akongsi | kapalantrah tan ana darbe maesa ||

17. ingkang kêna tinumbasa | praptèng dhusun Losèk panggih | pêpitu wong mayu wisma | tinanya pamuwus aris | hèh bagus ingkang sami | mayu kula tanya tuhu | baya ngriki wontêna | janma sade mesa ugi | kula arsa numbas kêkalih kewala ||

18. kang mayu wêngis saurnya | tan wontên sade ing ngriki | maesa amung sapala | kinarya bêtah sêsabin | kalamun dika apti | ing ara-ara kang kidul | nika wontên maesa | gêng dhamplak nging sampun mati | lamun arsa alapên tan mawi arta ||

19. panêmbahan nulya mentar | mangidul arsa udani | saèstu wontên maesa | agêng nanging sampun lalis | dèrèng dangu katitik | alangkung jêtunging kalbu | eman mulat gêngira | sungu dhamplak angluwihi | yèn uripa saiba agêng arowa ||

20. dyan pinriksa panêmbahan | anggung ginrayang waradin | kanthi pangunguning driya | eman têmên kêbo iki | dene gêdhe ngluwihi | sarta crapang sungunipun | bok bisa urip mana | eman têmên lamun mati | panêmbahan nênuwun maring Hyang Suksma ||

21. asalat kalih rêkangat | amêpêt dènnya nutupi | sakèh babahan sêsanga | supe wus kadya ngêmasi | ngêningkên tingal batin | maligi ing ciptanipun | datan liya maring Hyang | kang sipat [sipa...]

--- 76 ---

[...t] Rahman myang Rakim | kang ngratoni kauripan ngalam donya ||

22. tan liyan Allah Tangala | kang karya bumi lan langit | ingkang nora jaman makam | kang sipat langgêng tan gingsir | saking panuwun mami | muga tinurutan ingsun | inggih panuwun amba | kalisa kang sampun lalis | kang supados sagêda gêsang awèta ||

23. samana wontên antara | katrima dènnya mêmuji | risaksana panêmbahan | maesa dipun cêpêngi | singate kanan kering | cinablèk ambal ping têlu | lah mara atangia | lembon têmên gonmu guling | nulya kagèt maesa nglabèt buntutnya ||

24. kèplèk-kèplèk kupingira | buntutipun jênthat-jênthit | mripatipun byar-êbyaran | andhangak sarwi anglirik | panêmbahan nulya ngling | lah mara ngadêga gupuh | jênggèlèk kang maesa | jênggèrèng sarwi atangi | nulya ngadêg sampun gêsang kadya lama ||

25. kawuwusa kang umulat | tiyang mayu pitu iji | muwus marang kancanira | wong ika kawasa yêkti | kêbo mati wus urip | payo padha nuwun maklum | mau ngong sêntak-sêntak | gya muwus wong pitu iji | amurugi dhatêng ngarsa panêmbahan ||

26. tiyang pitu aturira | galap gangsul gih kiyai | kawula nuwun apura | anêmbah lan ngasih-asih | kawula datan uning | dhatêng ing sampeyan wau | panêmbahan ngandika | nora dadi ngapa yêkti | wus jamake wong padon mêgat wikalpa ||

15. Mêgatruh

1. ya ta wau panêmbahan nulya

--- 77 ---

kondur | maesanira ingiring | tiyang pitu atut pungkur | nyêgati ing kanan kering | lampahira alon-alon ||

2. tan winarna praptèng dhusun Sari wau | amarêngi nabrang kali | panêmbahan nulya dhawuh | maesa kinèn ngêdusi | tiyang pitu guyang ngosok ||

3. sampun rêsik wau ing pangguyangipun | panêmbahan mariksani | ing singat panyrapangipun | anjêbabah nglêluwihi | baya amêdèni uwong ||

4. anêsaki yèn malbèng lawang kang ciyut | sadhêpa sisih tur lincip | yèn dèn êngon lare iku | bokmanawa sami ajrih | yèn isih sungu mangkono ||

5. risaksana cinandhak ing singatipun | binêkuk ing kanan kering | sinabdan sarwi thinuthuk | ingêcis Ki Sêkarmulih | kang singat nunjêm mangisor ||

6. kalihipun kang singat wus dadya dhungkul | anuju marang ing siti | malah yèn anêdha rumput | lamun datan anèng rawi | tan sagêt nyênggut kapanggol ||

7. singat duwa èwêt dènnya nyênggut rumput | margi singat nujah bumi | maesa wus karan dhungkul | lamun cêmêng ingkang warni | putihing wulu tan katon ||

8. panêmbahan sigra angandika arum | dhatêng tiyang pitu nênggih | wus padha muliha tutug | ing kene panrima mami | gonmu padha ngatêr mring ngong ||

9. pan wus tutug kali têngah iya ingsun | bacutna amayu panti | wus padha balia gupuh | besuk bae tilik mami | iya marang desa Landhoh ||

--- 78 ---

10. tiyang pitu nêmbah sarêng pamitipun | wus mungkur sadaya mulih | panbêmbahan[2] lajêng kondur | maesa dhungkul nèng wingking | sampun rawuh wismèng Landhoh ||

11. garwanira kapang-kapang samya mêthuk | kalangkung sukaning kapti | dene angsal mesa dhungkul | agêngnya pan anglangkungi | anuli sinungan ênggon ||

12. enjangipun wau ta pun mesa dhungkul | arsa binêkta mring sabin | badhe kinarya maluku | maesa dhungkul tan apti | gobag-gabig irung ngêmpros ||

13. klirak-klirik macicil maripatipun | pan arsa wau nundhangi | sabat Praya abdi wau | asangêt gènira ajrih | manawi sinundhang yêktos ||

14. salamine maesa dhungkul puniku | botên purun karya sabin | yèn enjang kesah anglangut | dhatêng pasabannya rawi | yèn mantuk wayahnya surop ||

15. tarkadhangan dugi rawi Sêdho wau | ngantos praptèng Sokawati | tigang wulan datan mantuk | ing sapurug lamun ratri | sapurune dènnya manggon ||

16. wau dhungkul yèn wontên tandur sinênggut | sabine mêdal nglangkungi | yèn siyang gupakanipun | sawetaning Landhoh dèsi | labêtipun kongsi balong ||

17. marginipun maesa dhungkul winuwus | yèn saba dhatêng ing rawi | dados kali nami Bandhung | yèn mantuk saking ing rawi | singate katutan kangkong ||

18. yèn angayom dhatêng ngandhap asêmipun | ingkang nama asêm dhampit | punika plegunganipun | yèn kesah nglămpra pribadi | nora nganggo [ngang...]

--- 79 ---

[...go] dipun êngon ||

19. ênêngêna gantya wau kang winuwus | Sultan Agung ing Mantawis | adhawuh mring gandhèkipun | lah gandhèk sira sun tuding | lumakua maring Landhoh ||

20. paringêna kêbo lanang karo iku | maring si kakang kinarni | anggarapa sabinipun | kang aran si gudêr nguni | sira matura mangkono ||

21. gandhèk nêmbah sandika ing aturipun | gya lèngsèr saking ngarsaji | gya budhal angirid laju | tan kocap ana ing margi | sampun prapta dhusun Landhoh ||

22. gandhèk matur dhatêng panêmbahanipun | kawula ingutus gusti | dhatêng Kangjêng Sultan Agung | maringkên maesa kalih | kang satunggal nami totor ||

23. kang satunggal pun botor ing naminipun | katur ing sampeyan sami | panêmbahan wuwusipun | inggih gandhèk sampun tampi | abangêt panuwun ingong ||

16. Asmaradana

1. kadya kasmaraning galih | kang duta wus sinunggata | warata ing sakanthine | wusing rêrêm ing antara | pamit linilan budhal | tan kawarna anèng ênu | prapta ing Mantaram sigra ||

2. umatur sri narapati | sasolahira dinuta | maesa kalih tinampèn | dhatêng ing raka sampeyan | dahat panuwunira | linilan gandhèk wus mundur | praptèng wisma sowang-sowang ||

3. kawuwusa Landhoh dèsi | panêmbahan langkung suka | dene antuk paringane | maesa saking Mantaram | sapasang sami rosa | ingkang kinarya maluku | pun gudêr sabin sadaya ||

4. pun dhungkul ing sabên ari | anggung ngalămpra [ngală...]

--- 80 ---

[...mpra] priyăngga | tarkadhang yèn mantuk sore | enjangira malih kesah | tan kêna rinèh karya | dadya salami ngalawung | amung barkahe kewala ||

5. kalangkung wêdaling sabin | galêng dèn tanêmi kacang | yèn angundhuhi kacange | katurakên ing Mantaram | miwah kintun kang putra | dhatêng Crêbon putranipun | Kêtip Trangkil kang dinuta ||

6. sakêdhap sampun aprapti | Kêtip Trangkil ing lampahnya | dumugi dhatêng Crêbone | kacang sampun tinampanan | Rahadèn Mukmin suka | Kêtip Trangkil pamit mantuk | sampun prapta Landhoh desa ||

7. wau Dyah Rêtna Jinoli | garwanira panêmbahan | umatur dhatêng rakane | kawula matur sampeyan | amung putra andika | Dyan Mukmin prayoginipun | bok inggih tinimbalana ||

8. kula êmonge wong kalih | wontên ing ngriki kewala | sampun anèng ing Crêbone | kawula tan darbe putra | kenging katingalana | sintên kang darbèni wau | barang sadaya punika ||

9. panêmbahan anuruti | enjange nulya utusan | abdi Praya Tip Trangkile | wus prapta anèng ing ngarsa | panêmbahan ngandika | sira ro samya sun utus | Tip Trangkil lan Prayaguna ||

10. maranga Crêbon nagari | amboyongi putraningwang | si kulup gawanên mrene | Tip Trangkil matur manêmbah | lan sabat abdi Priya[3] | sampun lèngsèr saking ngayun | umentar lajêng lampahnya ||

11. Praya lawan Katip Trangkil | lampahira gêgancangan |

--- 81 ---

tan kocap anèng margane | samana lampahnya prapta | anèng Crêbon nagara | anulya wau umatur | ing ngarsanira jêng sultan ||

12. manêmbah nèng ngarsa kalih | Tip Trangkil alon aturnya | dhuh gusti amba ing mangke | dinutèng putra paduka | ing Landhoh panêmbahan | inggih kinèn anênuwun | wayah paduka rahadyan ||

13. Dyan Ayu Rêtna Jinoli | garwa kang saking Mataram | asangêt ing panuwune | ping kalih badhe wuninga | dhèrèk ngêmong kewala | pan datan adarbe sunu | arsa angakêna putra ||

14. dipun êmong garwa kalih | Mataram kalayan Tuban | wira-wiri ing akire | lamun kangêna paduka | kawula kang ngatêrna | kalih pun Praya satuhu | makatên atur putranta ||

15. jêng sultan ngandika aris | Tip Trangkil sakarêpira | ingsun amung dongakake | kang wayah gya tinimbalan | wus prapta anèng ngarsa | kulup milua sirèku | Tip Trangkil lan Prayaguna ||

16. sira kulup dèn timbali | sudarmamu panêmbahan | budhala ing dina kiye | sawab bêcik dinanira | dina têmu nêmbêlas | santosa watêke kulup | rahayu ana ing marga ||

17. kang wayah anulya pamit | sinêbul bunbunanira | tinimbul dening eyange | inggih sampun kongsi pasah | tapak tilas gurenda | Tip Trangkil anêmbah matur | lèngsèr saking ngarsa sultan ||

18. Radèn Mukmin lan Tip Trangkil | abidhal lajêng lumampah | êmbanira dhèrèkake |

--- 82 ---

sakawan ing kathahira | pan datan kenging pisah | duk alit sangêt mongipun | ingga yuswa wolung warsa ||

19. êmban sakawan pawèstri | sarupane pan binêkta | Radèn Mukmin titihane | kuda jragêm wulunira | larapipun sangkêlat | têlisire sutra biru | rêspati lampahnya kuda ||

20. kangjêng sultan ambêktani | mantri sakawan ngiringna | ing wayah wau lampahe | tiyang kupu[4] kalih dasa | wontên kang bêkta tumbak | lamêng lawan pêdhang suduk | gumrudug ing lampahira ||

21. kang dèn iring taksih alit | nêmbe yuswa wolung warsa | katingal amung cahyane | sumunu kadi sasăngka | bagus lurus utama | kathah samarga andulu | kacaryan mulat ing warna ||

22. datan kawursitèng margi | Radèn Mukmin sampun prapta | ing Landhoh padalêmane | kang rama sampun miyarsa | praptane ingkang putra | sawêg dumugi lèr dhusun | gya mêthuk kanthi pra garwa ||

17. Kinanthi

1. Radèn Mukmin sampun mêdhun | pinondhong ing Kêtip Trangkil | saking nginggiling turăngga | dupi prapta ngajêng kori | wiwaraning paregolan | lumampah laju umanjing ||

2. rama ibu duk andulu | tan taha nulya mlajêngi | cinandhak ing astanira | kinanthi ing kanan kering | Dyan Mukmin anguswa pada | ing rama myang ibu kalih ||

3. anulya tata alungguh | sadaya kang ngiring sami | kuda sampun inguculan |

--- 83 ---

pinarnah unggyannya tartip | panêmbahan nênggak waspa | mring putra ngandika aris ||

4. apa sira krasan kulup | anèng kene ya lêstari | karsane iki ibunta | arsa ingêmong pribadi | ywa wangsul mring eyangira | marang Cirêbon nagari ||

5. kang putra alon umatur | amung sumăngga wak mami | lamun eyang akangêna | kawula kang anuwèni | tan dangu mijil dhaharan | sugatanira mênuhi ||

6. wus wrata sadayanipun | mantri miwah kang umiring | sarta ing sakancanira | sampun pinaringan bukti | bakdanira sami nadhah | linorod ing rencang sami ||

7. warnanên kalamun dalu | Radèn Mukmin lamun guling | kinêlonan ibunira | kêkalih samya tan têbih | ibu kalih langkung sihnya | kadya putranya pribadi ||

8. mangkana datan winuwus | Dyan Mukmin nèng Landhoh dèsi | ibu kalih langkung trêsna | ing putra kang mêrak ati | măngka panutan manawa | arsa darbea kang siwi ||

9. mantri Cirêbon winuwus | ingkang umiring Dyan Mukmin | sakawan ing kathahira | sampun ing watara ari | gènnya anèng Landhoh desa | pamit mantuk dèn lilani ||

10. warnanên duk enjangipun | wus siyaga nulya pamit | dhumatêng ing panêmbahan | gya lèngsèr saking ing ngarsi | panêmbahan kintun kacang | katur jêng sultan anênggih ||

11. gangsal rêmbat kathahipun | wus binêkta sikêp sami | anulya sami budhalan | tan kocap ana ing margi | wus prapta Crêbon nagara |

--- 84 ---

mantri matur ing ngarsaji ||

12. tata titi aturipun | miwiti kongsi mêkasi | sasolahira nèng marga | kongsi praptanirèng dèsi | jêng sultan dupi miyarsa | kalangkung sukaning galih ||

13. mangkana ingkang pakintun | tinampan dening sang aji | nulya sultan angandika | sun tarima sira mantri | ing salaku ngatêrêna | lakune si kulup Mukmin ||

14. sun lilani samya mantuk | wus lèngsèr kang para mantri | wus praptèng wisma sowangan | nêngna ing Crêbon nagari | panêmbahan kang winarna | samana karsa ngyasani ||

15. akarya kang masjid agung | pan amung kajêng satunggil | kinarya masjid punika | sarta lumbung kang satunggil | pucuknya kajêng kalihnya | kinarya lêsung wus dadi ||

16. lumbung wau namanipun | lêngkara sinèrèn idi | lêsungipun nami banyak | warnanên wayahnya enjing | garwanira panêmbahan | saking Gêbanganom nguni ||

17. ambabar wawratanipun | miyos jalu langkung pêkik | panêmbahan angandika | padha si kulup kang warni | dadya kulup namanira | panêmbahan kang dhawuhi ||

18. dadya ganti kang winuwus | anênggih Rahadèn Mukmin | putranipun ingkang tuwa | duk yuswa limalas warsi | karsanira panêmbahan | pan arsa dipun supiti ||

18. Dhandhanggula

1. lir sarkara panêmbahan nênggih | tan winarna dènira miwaha | Dyan Mukmin sinupitake | dhikir nabi sadalu | raringgitan ingkang saari | bakdanya sinupitan | antara nêm taun | Rahadèn Mukmin [Mukmi...]

--- 85 ---

[...n] samana | dhinaupkên lan kadang Crêbon nagari | antuk kadang nak sanak ||

2. datan kocap rêrêngganing panggih | nèng nagara Cirêbon samana | saking kang eyang karsane | antara arinipun | gya binoyong garwa sang pêkik | praptaning Landhoh desa | wus sinungan dunung | wisma priyăngga apelag | pinaringan pêparabira sang pêkik | Pangran Tirtakusuma ||

3. sampun atut dènnya palakrami | datan wontên salayaning driya | arukun wau kalihe | kawarna duk ing dangu | panêmbahan dènira tani | amungkul sabên dina | yèn rêndhêng amacul | sabin pun gudêr namanya | kang minăngka pikuwatira sabatih | kalawan warganira ||

4. mesa kalih kang saking Matawis | pan kinarya anggarap sabinnya | kongsi sadaya rampunge | yèn tanêm adatipun | mragat mesa kangge ngingoni | tiyang kang samya tănja | kalawan andhaut | ambanjari anèng sawah | wus lastari pun gudêr akêmplang lagi | panèn suda long-longan ||

5. wus adate wong tandur tan mawi | pituwase amung ingingonan | yèn mêthik mèlu dêrêpe | lagya antuk baburuh | kang bawonan pituwas pari | mara nêm umbalannya | pari ingkang sinung | narima caraning desa | yèn anggêntang antuk katul miwah mênir | mangkana lumrahira ||

6. galêngane samya dèn tanêmi | kacang rambat mawi lêlanjaran | rangkêp tiga pananême | nênggih lanjaranipun | kajêng talok miwah kang kêling |

--- 86 ---

anggênggêng yèn sinawang | saking liyan dhusun | kadya ngadêgakên tumbak | mèmpêr baris ajajar rumangsang ardi | mangkana katingalan ||

7. Jêng Pangeran Pasiraman nagri | duk tumingal saking katêbihan | kanyana pacak barise | ing Landhoh Ki Sèh Jangkung | lan miyarsa ngadêgkên masjid | datan minta palilah | mring Pangeran Kudus | anulya matah utusan | animbali dhatêng panêmbahan aglis | tan kocap anèng marga ||

8. gandhèk kalih prapta matur aris | inggih dhatêng ngarsa panêmbahan | kula ingutus wiyose | Kangjêng Pangeran Kudus | yèn sampeyan dipun timbali | sarêng salampah kula | panêmbahan muwus | gih gandhèk kula atanya | wontên paran kula ngangge dèn timbali | Pangeran Pasiraman ||

9. gandhèk matur kula mirêng warti | yèn sampeyan apacak barisan | katingal saking Kuduse | waos ngadêg supênuh | dhawuhipun jêng pangran nênggih | sarêng kula tumingal | tan wontên puniku | punika kang katingalan | saking Kudus kados tiyang pacak baris | panêmbahan ngandika ||

10. kănca gandhèk inggih bokmanawi | kula nandur ing kacang punika | anggênggêng pan lanjarane | katingal saking Kudus | kados tiyang apacak baris | suwawi dèn priksaa | nèng sabin puniku | sarta ngundhuh kacangira | gandhèk kalih anulya lumampah gipih | prapta sabin kacangan ||

11. gandhèk kalih eram duk ningali | badhe ngundhuh wohing

--- 87 ---

kacang ika | satunggil wit pamêndhête | satunggil kacangipun | kêmpalira dipun prantèni | pikantuk kalih kêndhang | gandhèk nulya wangsul | ngarsanira panêmbahan | sami matur kasinggihan gih puniki | yêktos lanjaran kacang ||

12. panêmbahan têdhaknya kairing | maring Kudus ambêkta sakabat | Kêtip Trangkil ing namane | anênggih kalihipun | Sokarana namaning abdi | tan kocap anèng marga | sampun praptèng Kudus | pangeran nuju pinarak | panêmbahan ingacaran sampun linggih | saha atur prênata ||

13. dipun adhêp pra santanèng ngarsi | saha mantri sapunggawanira | supênuh jêjêl ngarsane | pangeran ngandika rum | jêbèng Landhoh kula timbali | kula sampun wuninga | kala wingènipun | pacak baris kêtingalan | saking ngriki waos gênggêng anglangkungi | napa nêdya angraman ||

14. panêmbahan nulya matur aris | inggih kula tan nêdya punapa | eca-eca atêtanèn | yèn măngsa rêndhêng macul | wêdalipun kang kula bukti | amung lanjaran kacang | manawi pupiku[5] | kados waos katingalan | saking ngriki pangeran amriksa têbih | kula datan rumăngsa ||

15. jêng pangeran wuwusnya amanis | jêbèng Landhoh inggih jêngandika | punapa inggih sababe | ayasa masjid agung | jêngandika tan minta idi | punapi tan miyarsa | pasisir sadarum | kang nyêpêng adil kukumnya | inggih kula jêngandika anggêgampil | datan lapur manira ||

--- 88 ---

16. jêngandika kula ukum pati | sabab nêrak adiling pranata | tinggal udanagarane | panêmbahan umatur | pan sumăngga lamun kinapti | sisipe jasat kula | sumarah ingukum | panêmbahan sinuguhan | jênang blowok sak pêngaron angêbêki | kinèn nêdha têlasna ||

17. sanès jênang sajatine gamping | panêmbahan lajêng aparentah | Tip Trangkil kinèn nêlaske | kang liningan agupuh | jênang blowok sigra binukti | pangaron dinilatan | saking gurihipun | jênang têlas sêmu kirang | kang tumingal samya ngungune tan sipi | Katip Trangkil tandangnya ||

18. datan dangu nulya ana prapti | Panêmbahan Kadilangu ika | putra Jêng Sultan Kaline | rawuhnya anèng Kudus | Jêng Pangeran Kudus tumuli | anêmbah ngaras pada | karawuhan guru | anulya sami pinarak | Panêmbahan Kadilangu ngandika ris | jêbèng Kudus ta sira ||

19. ana paran karsanira iki | Pangran Kudus alon aturira | jêbèng Landhoh ing wiyose | badhe kawula ukum | ukum pati sabab asisip | sampun gêdhawa lêpat | tan suminggah kayun | lêpate sampun kadhadha | damêl masjid tan mawi aminta idi | punika darunanya ||

20. Panêmbahan Kadilangu aris | ja mangkono karya pakênira | anggung angugung ardane | iku ta hawa napsu | kang gumunggung dupèh darbèni | anggadhuh pangawasa | palilahing ratu | ratu wêwakiling Allah | mung kinarya sarana amêngku adil |

--- 89 ---

iya adiling Suksma ||

21. tan widada sira yèn darbèni | ati murka tanduk siya-siya | ora sapira salahe | wruhanira wong iku | lamun gadhuh kawasa adil | aywa karêm masesa | sasamèng tumuwuh | dèn adil têrusing driya | ati suci tan krana melik tan mèri | gagêthing sucènana ||

22. apa sira kalimput ing kapti | mung kadêrêng merang liring manah | ginagampil pangwasane | lan manèh sira wêruh | jêbèng Landhoh iku sayêkti | ipe Sultan Mataram | Landhoh prênah sêpuh | yèn ing wuri kapiyarsa | mring jêng sultan tan wurung kang amrinani | dadi apa ta sira ||

23. ing bêcike uga olèh wakil | baturira jêbèng Landhoh ika | iya salah sawijine | nulya Pangeran Kudus | dhawuh dhatêng Ki Landhoh nuli | inggih kenging wakila | Ki Landhoh nabda rum | pan wakilipun punika | Katip Trangkil kinêjepan sampun uning | nulya marêk mangarsa ||

24. wus samapta anambêli pati | tyas lêgawa sumèh ingkang netya | apasrah pati uripe | gya linêkasan sampun | tukang tuwêk sampun ngawiti | anyublês pulung manah | kang êrah sumêmbur | arum gandanira ngambar | maksih abang ludira ingkang umijil | panêmbahan ngandika ||

25. yèn jamake kang lêgawèng pati | êrah seta sucining wardaya | tan dangu wutah gêtihe | kang gănda marbuk arum | samya eram ingkang umèksi | sawênèh na rêrasan | Kêtip Trangkil tuhu | wikan doning kasampurnan |

--- 90 ---

wus waspada marang panggonaning pati | patitis ulihira ||

26. sampun pêjah Kêtip Trangkil mangkin | layonira nênggih gilang-gilang | panêmbahan lon wuwuse | Kêtip Trangkil sirèku | kêbat sira muliha dhingin | dèn uthik ing cisira | kang layon sumêbut | wus musna saka ing ngarsa | langkung gawok sadaya ingkang ningali | kawarti tibanira ||

27. Pasuruhan lèr kilèning dèsi | saking Landhoh karan Makamdawa | kinubur sakèh warise | mangkana gancaripun | sami eram dhatêng Tip Trangkil | inggih dados penginan | musna layonipun | êrahipun sagêd pêthak | sarta ngambar gandanira arum wangi | tăndha minggah suwarga ||

28. wus linilan Sèh Jangkung umulih | Pangran Kudus wus malbèng dalêmnya | panêmbahan andikane | kondur mring Kadilangu | Panêmbahan Landhoh winarni | kondur mring dalêmira | samana wus rawuh | panêmbahan aprêsapa | besuk buri iya anak putu mami | aja ana besanan ||

29. karo turun Pangran Kudus iki | luhung ngalap ja kongsi dialap | punika wau purwane | kongsi prapta saturun | lamun nrajang pasthi bilai | tan wontên kuwarasan | kang nrajang satuhu | nêmahi salah satunggal | yèn trêkadhang kalih pisan angêmasi | iku duk purwanira ||

30. milanipun kang sami miyarsi | sanak-sanak ingkang amirênga | punika ing sadayane | dipun sami mituhu |

--- 91 ---

mituhoni wêwalêr dhingin | aja ana sêmbrana | tan wande tinêmu | aluhung dèn singkirana | ing wêwalêr amasthi manggih basuki | gambuh salaminira ||

19. Gambuh

1. nêngêna kang winuwus | amangsuli carita rumuhun | Ki Sèh Jangkung sadurunge lunga anis | andon lêlana anglangut | taksih nèng Miyana manggon ||

2. wus darbe garwanipun | èstri saking pakeringan dhusun | inggih sampun gadhahi putra satunggal |[6] jalu warnanira bagus | ingkang wasta Radèn Momok ||

3. supitira sang bagus | ingkang uwa kang nyupitna dangu | Nyai Branjung wit sudarmanira anis | kongsi imah-imah wau | kang uwa ingkang katêmpoh ||

4. antuk nak-sanakipun | saking pakeringaning kang dhusun | nèng Miyana lènira sasana nunggil | lawan kang uwa Nyi Branjung | salami dènira manggon ||

5. Radèn Momok winuwus | tinimbalan dhatêng ramanipun | Panêmbahan utusan nimbali siwi | Radèn Momok sampun tumut | garwanya dhèrèk binoyong ||

6. Radèn Momok prapta wus | nênggih dhatêng dhusun Landhoh kidul | ingkang rama inggih sampun amaringi | griya kalih sami bagus | Radèn Momok sampun manggon ||

7. Radèn Momok puniku | saking garwa pakeringan dhusun | garwa ingkang panênggak Palembang putri | pêputra wanudya ayu | Dyah Sunthi warna kinaot ||

8. wus krama sang rêtnayu | nèng Palembang kang eyang kang mangku | antuk [a...]

--- 92 ---

[...ntuk] kadang priyăngga wau lêstari | dalêm nèng Palembang mêngku | sapalih praja winêngkon ||

9. nguni tilaranipun | gêganjaran pratignya ing dangu | ingkang rama panêmbahan duk numbali | Palembang anèng pagêblug | ginanjar bumi saparon ||

10. garwa ingkang katêlu | putri Crêbon mangkya tilar sunu | nama Pangran Tirtakusuma ing mangkin | putri Mataram kacatur | Rêtna Jinoli sang sinom ||

11. datan pêputra wau | garwa ingkang kalima sang ayu | saking Tuban ugi datan asêsiwi | wus pinasthi ing Hyang Agung | pandumanirèng dumados ||

12. pamêkas sêliripun | saking Gêbanganom darbe sunu | jalu sampun diwasa supit kawingking | samana sampun adhaup | garwanira ayu anom ||

13. saking Sêmawis iku | sutanira nangkoda pinunjul | langkung sugih akathah bêktaning èstri | maring Landhoh binoyong wus | cinêndhak ingkang cariyos ||

14. samana sampun sêpuh | panêmbahan ing Landhoh puniku | sampun kraos dungkap wêkasaning urip | antuk sasmita pituduh | ngalamat karasèng batos ||

15. panêmbahan panuju | pinarakan para putranipun | miwah garwa têtiga munggèng ing ngarsi | tiga putra myang pra mantu | samya marêk datan adoh ||

16. para sabat ing ngayun | myang sêntana pêpakan sadarum | duk samana panêmbahan ngandika ris | lah padha rungokna ingsun | arsa tutur kang sayêktos ||

17. garwa lan putraningsun | têmbe wuri ing sapungkur [sa...]

--- 93 ---

[...pungkur] ingsun | yèn sun uwis murud marang ing kajatin | dèn sami sabar arukun | prayoga êmong-ingêmong ||

18. poma ywa tukar padu | lawan cidra lêlamis ing wuwus | karsaningsun ing desa Landhoh puniki | bakal ingsun dum pra têlu | saduman iya Si Momok ||

19. iya sadumanipun | Tirtakusuma kang darbe baku | kang saduman si kulup ingkang darbèni | Dyan Momok alon umatur | asangêt panuwun ingong ||

20. rama amba tan ayun | botên rêmên amba prentah dhusun | tampèkêna inggih pun adhi kêkalih | Dyan Tirtakusumanipun | lan pun kulup ariningong ||

21. rama kula mung nuwun | paring idi inggih anèng ngayun | kang supados kaliyah donya ing ngriki | ngungkuli sasami ulun | kang rama ngandika alon ||

22. sun idini sirèku | iya Momok sugiha pinunjul | angungkuli marang sasamining jalmi | katêkan sapamuwusmu | langkung bingah Radèn Momok ||

23. panêmbahan lingnya rum | mring kang putra Tirtakusumèku | yèn mangkono desa Landhoh ingsun palih | sira ingkang wetan iku | adhimu si kulup kulon ||

24. desa kang slawe iku | kang têlulas sira kang anggadhuh | ingkang rolas adhimu kulup darbèni | amung kacèk siji dhusun | sabab kulup ingkang anom ||

25. lan malih wêkas ingsun | kalangênan ingsun kêbo dhungkul | gonmu ngrumat iya iku kang abêcik | yèn ingsun [ing...]

--- 94 ---

[...sun] apan wis murud | gawenên sidhêkah ingong ||

26. yèn têmbe ajal ingsun | kuburên nèng kidul masjid iku | singgêt gêdhong gawenên ingkang prayogi | kabèh ing wasiyat ingsun | kumpulna sajroning gêdhong ||

27. Kyai Pênamarwêdhung | Kyai Panji iya Kudhisangut | Sêkarmulih êcis bathok kuraisin | dhêsthar wulung payung agung | simpênên sajroning gêdhong ||

28. aja wani sirèku | anyimpêni utawa anggadhuh | nora nana ingkang manira idini | yèn ana gawe kang parlu | kêna kasilih dianggo ||

29. poma ing wêkas ingsun | aja na kang wani nrajang mau | lamun wani apês ing dina kang wuri | abot sanggane tinêmu | mung iku pitutur ingong ||

30. katri putra umatur | gih sandika rama dhawuhipun | sakathahing jêng rama ingkang wawêling | kawula inggih mituhu | èngêt-èngêt jroning batos ||

31. nulya bibaran sampun | panêmbahan malbèng dalêmipun | para putra bibaran wus sami mulih | wus prapta ing dalêmipun | sagarwanira yu anom ||

20. Sinom

1. panembahan enjangira | pamit dhatêng garwa katri | arsa marêk mring Mataram | sabat kalih kang tut wingking | tan kocap anèng margi | sakêdhap Mataram rawuh | Sultan Agung pinarak | panêmbahan marêk ngarsi | nulya lênggah ajajar lawan jêng sultan ||

2. Sultan Agung angandika | ki raka wontên punapi | dene têka siyang-siyang | punapa wontên wigati | inggih anyalawadi | panêmbahan [pa...]

--- 95 ---

[...nêmbahan] alon matur | marmanya amba sowan | umarêk paduka gusti | caos atur kawula nêdya pamitan ||

3. ing têmbe măngsa panggiha | kantun sapisan puniki | amba nuwun idi sultan | mantuk ing rahmatullahi | jêng sultan gih basuki | amba manggiha rahayu | ing alam kalanggêngan | ingkang datan ewah gingsir | mung punika jêng sultan atur kawula ||

4. miwah kaping kalihira | kawula anuwun titip | nênggih raka jêng paduka | Dèn Ayu Rêtna Jinoli | yèn kirang kang binukti | paduka paring kêkintun | tarlèn anak kawula | Tirtakusuma kang nami | măngsa borong jêng sultan sakarsanira ||

5. Sultan Agung angandika | insya Allah bil ngalamin | samana gya sinunggata | dhahar rampadan mawarni | kalih kêmbulan sami | jêng sultan mring rakanipun | bakdanipun dhaharan | kang raka nulya kinanthi | dipun ajak malêbèng ing dalêm pura ||

6. saratri sami raosan | gunêm raos ngèlmi gaib | datan winarnèng carita | enjang panêmbahan pamit | jêng sultan angamini | panêmbahan bidhal sampun | laju maring Palembang | panggih putranipun èstri | tan antara sakêdhap wus prapta Plembang ||

7. panggih lan Jêng Sultan Plembang | samana nuju siniwi | ingacaran sampun lênggah | jêng sultan ngandika aris | wontên paran pun adhi | kadi wontên karyanipun | panêmbahan turira | marmamba marêk mariki | badhe pamit mantuk dhatêng rahmatullah ||

8. jêng sultan [su...]

--- 96 ---

[...ltan] lon wuwusira | kula inggih angamini | panêmbahan aturira | kawula amung atitip | putra sampeyan èstri | wayah sampeyan puniku | yèn kirang têdhanira | măngsa boronga sang aji | mung punika prêlunya gèn kula sowan ||

9. Sultan Palembang ngandika | adhi sampun walanggalih | putrane èstri punika | wus nambut silaning krami | dhaup kadang pribadi | apanggih anak sadulur | putra ing kapatihan | panêmbahan matur aris | sakalangkung pamundhi panuwun amba ||

10. panêmbahan gya pamitan | arsa panggih garwa siwi | rinilan sampun apanggya | pan sampun pinarak kalih | kang putra angujungi | kang rama nyêbul kang êmbun | pan sarwi angandika | lah nini sapungkur mami | ingkang atut dènira apalakrama ||

11. pawitane wong akrama | amung eling iku nini | idhêp mantêp marang priya | bêkti satiti ing laki | gêmi angati-ati | iku nini wêkas ingsun | têgêse eling ika | ja bêlasar tingkah juti | ingkang eling yèn sira winêngku priya ||

12. têgêse idhêp ta nyawa | idhêp yèn adarbe laki | nyaosi sakarsanira | nadyan kakung rêmên sêlir | sira caosi nini | ngupaya wanudya ayu | caosna lakinira | darapon bingah kang ati | iya iku gonira ruba mring priya ||

13. yèn akèh rêrubanira | sira pasthi dèn asihi | sira kang kinarya garwa | tinuwa wawrating galih | galih trisnaning

--- 97 ---

laki | kadya sinunggi ingêmbun | sih wêlas marang sira | sabab sira anglêgani | sakabèhe wong wadon kang watak nistha ||

14. batine mring lakinira | tan rila lunga atêbih | mung dhèwèke kang darbea | sinunga sandhang myang bukti | asmara dèn tuwuki | linêgan sakayun-kayun | iku wadon kêparat | arda murka maring laki | sabên dina lakine tan kenging lunga ||

15. iku sira aywa nelat | wong wadon nguthuh anisthip | nora wurung tibèng sasar | yèn besuk sira ngêmasi | nora dèn aku yêkti | marang umate jêng rasul | myang umate Prêtimah | dinokok naraka benjing | kalajêngking kalabang ngantup sadaya ||

16. yèn wadon madhêp mring priya | ngidhêp tumêmên abêkti | tan mèngèng karsaning priya | sarèh parentahing laki | siyang dalu tan gingsir | mituhu mring priyanipun | datan sawalèng karsa | bingah têrus lair batin | yèn lakine dèn anggêp pangeranira ||

17. bêkti iku têgêsira | awêdi marang ing laki | yèn kinèngkèn lakinira | ingkang bingar ulat manis | kang kêbat sêmu ririh | aja tumindak su-grusu | ana gawe sapira | yèn ingundang maring laki | dipun enggal anilar marêk ing priya ||

18. sêtiti ing têgêsira | sabarang darbèking laki | ingon-ingon myang bêkakas | sabên dina dèn kawruhi | pitik iwèn lan pêksi | kêbo jaran bèbèk wêdhus | sapi utawa banyak | aja kurang gone bukti |

--- 98 ---

sabên dina gonira atiti priksa ||

19. têgêse gêmi punika | gêmèni kayaning laki | têgêse nastiti ika | nitèni dhaharing laki | apa ingkang kinapti | sakèh kalangênanipun | miwah ta pakarêman | dhêdhaharan adi-adi | aywa towong mangkono ing sabên dina ||

20. lan maninge wêkas ingwang | aja clula-clulu nini | cêlathu mring lakinira | aja grundêl jroning ati | aja ngaban-abani | ing sandhuwur tênggak iku | gêdhe durakanira | sasat mungsuh mring Hyang Widhi | lamun mati besuk nora nêmu iman ||

21. yèn nini angèstokêna | sakèhing wulang puniki | salamêt donganya kerat | sinăngga benjing ngêmasi | ngungkuli widadari | pun bapa wani ananggung | pasthi cinadhang-cadhang | marang Hyang Kang Maha Suci | sinung cahya ngungkuli pra widadarya ||

22. agêdhe ganjaranira | ana maning iku nini | wadon winayuh ing priya | nora êsak nora sêrik | arukun trusing ati | sabên dina runtung-runtung | kang tuwa wruh tuwanya | kang kari ngrasa taruni | wus pinasthi cinadhang munggah suwarga ||

23. panêmbahan gone mulang | dhatêng putranipun èstri | wus tumplak piwulangira | kang putra matur ngabêkti | jêng rama kula pundhi | dhawuh sampeyan ingêmbun | inggih rama idinya | muga bangkita nglampahi | sagêd èngêt salami praptèng antaka ||

24. saking pangèstu paduka | kados dhawuh wau nênggih | kang rama alon ngandika | iya nini sun idèni |

--- 99 ---

muga pinaring eling | jinurunga pangèsthimu | kang putra matur nêmbah | asangêt pamundhi mami | panêmbahan gêntosan marêki garwa ||

25. mung dènnya angarah-arah | lamun arsa dèn pamiti | tinilar wêkasanira | rinapu ingarih-arih | winulang winawêling | kongsi wêkasaning ngèlmu | gaib sangkan lan paran | kang garwa widagdèng wangsit | wus tan samar dununging gêsang wêkasan ||

26. enjangira panêmbahan | pamit mring garwa myang siwi | kondur jinurung gya bidhal | sakêdhap[7] netra wus prapti | dhatêng Crêbon nagari | umarêk ing marasêpuh | Sultan Crêbon pinarak | panêmbahan praptèng ngarsi | kangjêng sultan sigra ngacarani putra ||

27. punapa sami raharja | anak lami tan têtuwi | Si Kulup Tirtakusuma | punapa sami basuki | botên kinèn tut wuri | panêmbahan alon matur | inggih pangèstu tuwan | sadaya sami basuki | marmanira kawula sowan agita ||

28. kawula badhe pamitan | măngka wêkasaning panggih | kula nuwun arsa waphat | mantuk ing rohmatulahi | sultan alon nauri | inggih sakêthi jumurung | angamini manira | salamêta ngalam gaib | sampun samar kang pinusthi jroning cipta ||

29. panêmbahan gya pamitan | linilan bidhal tumuli | laju têrus maring Mêkah | pinanggih Imam Sapingi | Kanapi lan Kambali | Maliki sakawanipun | nulya sami salaman | panêmbahan matur aris | mila kula sowan ing ngarsa sampeyan ||

30. măngka [măng...]

--- 100 ---

[...ka] wêkasaning panggya | lawan sampeyan ing wuri | kantun sapisan punika | kula badhe nuwun pamit | mantuk ajal ngêbadi | Imam Sapingi amuwus | insya Allah Tangala | manira inggih ngamini | langkung sukur maring robil ngalamina ||

31. anênggih nulya salaman | panêmbahan sampun pamit | budhal lampahe wus prapta | Miyana dhukuhe lami | Nyai Branjung winarni | kang rayi sigra rinangkul | sarwi alon atanya | dêngarèn ariku iki | siyang-siyang baya ana karyanira ||

32. panêmbahan wuwusira | bok ayu kula apamit | mantuk dhatêng kalanggêngan | Nyi Branjung alon nauri | ya alkhamdulilahi | ya diapura dosamu | pinaringana iman | iya dening Maha Sukci | gonmu mulih marang alam kalanggêngan ||

33. anulya sami dhaharan | bakda dhahar gone pamit | sakêdhèp netra wus prapta | dhatêng Landhoh kidul nênggih | sabat kalih tan kari | ing lampah sapurug-purug | samana pan wus panggya | garwa katri mêthuk sami | gya pinarak lan garwa myang para putra ||

34. sêkabat papat nèng ngarsa | Krêtasana kang satunggil | Prayaguna kalihira | Wanarinda ingkang katri | sakawan Praya abdi | santana aglar supênuh | panêmbahan ngandika | priyayi prentah sujanmi | dadi dhuwur ngungkuli sapadha-padha ||

35. loro maknane punika | kang siji makna nagari | lorone ing têgêsira | sabara alaku tani | macul sira têmêni |

--- 101 ---

aja maro tingalipun | parêk sandhang lan pangan | wong tani iku brêkati | amartani iya marang ing sasama ||

36. nanging lamun tani sira | aja cukêng lawan bêngis | jakat pitrah aja lirwa | yèn sira arsa abêcik | kisase[8] jakat iki | samêt sadêrêpan iku | aja anganggo eman | kalonge mau kang kari | ing têgêse wong eman nora kaduman ||

37. ginarap apan tan bêrkat | pari bêras nuli ênting | marga nora gêlêm jakat | isih rêgêd durung brêsih | dadi akèh kang wani | seluman padha angrêbut | tikuse mèlu măngsa | bubuk bang mèlu ngrusuhi | andrêmunuh mèlu ngrusak sarinira ||

38. yèn sira anyambut karya | pan amung tigang prakawis | iku sira adhêpêna | maca macul lawan ngaji | nêtêpi salah siji | nora kurang panganipun | têgêse wong amaca | suwita sira têmêni | bokmanawa dadi priyayi ta sira ||

39. sanadyan nora dadia | ugêre uwus nglakoni | mung dadia carik desa | bisa alus pundhak radin | macul sira têmêni | sawaha kang ămba iku | tani ratuning donya | yèn akèh olèhe pari | amalira sabên dina aja pêgat ||

40. ngaji sira têmênana | supaya dadia santri | manawa ginanjar bêgja | yèn mangrêti dadi naib | sokur bisaa dadi | guru santri wismèng dhusun | yèn wisma anèng desa | bisa donga dadi modin | pundhak alus anampani [ana...]

--- 102 ---

[...mpani] jakat pitrah ||

41. dadi olèh pangasilan | kinarya nipkahing rabi | esuk-esuk sinarêngan | kaundang tăngga kêndhuri | ana kang bacut tahlil | olèh barkat slawatipun | wong siji patang uwang | tan susah sira ngingoni | marang batih miwah anak rabinira ||

42. lan malih wêkas manira | padha gêgulanga benjing | pratingkahe wong agêsang | padha alurua ngèlmi | ngèlmi rasa sajati | wêkasaning pati iku | parlune wong agêsang | wêruha ênggone pati | basa pati patitis ing prênahira ||

43. yèn nora wêruha sira | têmah samar gonmu mati | mulih nora wêruh wisma | dadi sêmut wêrjit cacing | sira kang ngati-ati | wong urip iku apêrlu | aja angeman donya | donya ora kanggo mati | amung ngèlmu rasa kang kêna ginawa ||

44. olèha donya sapira | yèn nora wêruh ing ngèlmi | sarta nora gawe amal | iku mandar angrubêti | tan wurung bilaèni | amurungakên ing laku | donya ginawe ngamal | dadi sarate wong urip | uripira murakabi sama-sama ||

45. lanang wadon iya padha | sira ya lurua ngèlmi | salat sira lakonana | sêmbahyang wêdi Hyang Widhi | iku lakuning ngèlmi | aja tinggal salat iku | salat jakating badan | lamun nora dèn jakati | isih rêgêd durung suci yèn palastra ||

46. upamane yèn wus tuwa | medanipun warna kalih | nganggoa ambêg utama | barang solah [so...]

--- 103 ---

[...lah] kudu bêcik | bêciki ing sasami | narima ing batinipun | sabar tawêkal sira | aja êsak aja sêrik | ya bisaa salamêt donya ngakerat ||

47. angaku turun manira | panêmbahan sira iki | nora mangrêti ing sastra | Jawa Arab nora bangkit | nora gaguru ngèlmi | tăndha dudu turun ingsun | yèn ngaku turun ingwang | masthi anggêgulang ngèlmi | nora arsa gêgulang laku maksiyat ||

48. kang putra katri turira | sangêt panuwun kapundhi | dhawuhipun kangjêng rama | muga antuka kang idi | tumanêm jroning kapti | kangjêng rama dhawuhipun | antuka ingkang barkah | supados sagêd nglampahi | ingkang dados dhawuh jêng rama sadaya ||

49. kang rama alon ngandika | iya manira idèni | panêmbahan datan lama | anulya gêrah ngranuhi | antara gangsal ari | têlas ing pamulangipun | marang garwa lan putra | siyang dalu datan têbih | anjagèni kang rama gènira gêrah ||

50. tanapi para santana | pêpakan sami ngadhêpi | tan ana ingkang mantuka | tuguran jalu lan èstri | sadaya angladèni | panêmbahan gêrahipun | sampun praptèng takdirnya | dintên Ngahat Wage ugi | sasi Rajab tanggalipun gangsal wêlas ||

51. taune Alip punika | sangkalane ingkang warsi | tri rasa angin narendra |[9][10] panêmbahan seda mangkin | kang garwa sami nangis | putra tiga ting salênggruk | layon sampun ingangkat | siniraman sampun suci |

--- 104 ---

sinalatan binakta marang kuburan ||

52. sakidul masjid prênahnya |[11] panêmbahan sampun mêling | dhatêng ingkang putra tiga | gêdhonge sampun adadi | ngajêng pinasang nuli | wasiyatnya sampun kumpul | kasimpên gêdhong samya | bakdanya bibaran mulih | dalunipun angaji sami tahlilan ||

53. dugi kawan dasa dina | sabên dalu sami tahlil | têlas maesa sadasa | maesa dhungkul ngesahi | sêntana amadosi | ting salêbar tan pinangguh | lami-lami samana | sèwu dina dhungkul prapti | nêdha ruwat wus kumambang gènnya mragat ||

21. Maskumambang

1. sèwu dina Dyan Ayu Rêtna Jinoli | gêrah nulya seda | pamêtak ana ing jawi | datan nunggil lan kang raka ||

2. kapitunan dènnya datan darbe siwi | garwa saking Tuban | gêrah lajêng angêmasi | anênggih lajêng pinêtak ||

3. garwa saking Gêbanganom anututi | gêrah lajêng seda | garwa tiga angêmasi | pinêtak jawi sadaya ||

4. putranipun panêmbahan ingkang kalih | wus nama Pangeran | Dyan Tirtakusuma nami | kasêbut Pangeran Têngah ||

5. Radèn Kulup Pangeran Dagan kang nami | Radèn Momok ika | ingkang sêpuh datan apti | jumênêng nama pangeran ||

6. Radèn Momok amung donya dèn sênêngi | kalangkung sugihnya | ing nguni wus nuwun idi | ing rama sang panêmbahan ||

7. duk samana Pangeran Têngah tur uning | mring

--- 105 ---

nagri Mataram | sedane rama lan wibi | tumruntun sami palastra ||

8. karya ngungun galihira sri bupati | ketang trêsnanira | marang kadang wrêda èstri | lan ipe sang panêmbahan ||

9. Radèn Momok samana tan darbe siwi | pan wus karsaning Hyang | pêpancinira pribadi | saking jinurunging donya ||

10. Sang Pangeran Têngah wau wus sêsiwi | jalu mung sajuga | apêkik ingkang suwarni | Dyan Amir ing namanira ||

11. wusnya supit anulya kinèn akrami | pikantuk Madura | buyut sultan sang suputri | Dèn Ajêng Hayat kang nama ||

12. Radèn Amir sampun pinaringan nami | dening ingkang rama | Tirtamênggala sang pêkik | atut rukun lawan garwa ||

13. wus binoyong maring Landhoh apêpanti | wau Pangran Dagan | jalu putrane sawiji | warnane bagus sêmbada ||

14. ingkang rama nênggih sampun paring nami | Dyan Iskak kang nama | wus supit nulya akrami | pikantuk garwa Samarang ||

15. naking sanak pulunan saking ing wibi | sutaning nangkoda | sugihira anglangkungi | kasusra nagri Samarang ||

16. garwanira Dyan Iskak wau kang nami | ran Rara Sulbiyah | nalikanya dèn boyongi | akathah bêbêktanira ||

17. sinjang kêling arta perak miwah rukmi | sadasa gotongan | sakala lajêng asugih | nênggih wau Radèn Iskak ||

18. putra jalu tinumbas dhatêng pawèstri | lajêng damêl băndha | Radèn Iskak ngalih nami | Pangeran Natakusuma ||

19. ênêngêna nênggih wau kang winarni | agênti kocapa |

--- 106 ---

wontên tiyang dagang grami | kang wisma nagari Wăngga ||

20. lèrèh mondhok lèring dhusun Landhoh nênggih | anèng ngara-ara | tiyang Wăngga Sokawati | ing ngriku lerehanira ||

21. saking kidul bêkta bawang nilawrêdi | winade Juwana | mantukipun bêkta trasi | winade dhatêng Mataram ||

22. tiyang Wăngga sampun mantuk sing Juwani | lêmbu tigang dasa | lèrèh ngara-ara nguni | sarêng dalu tan wuninga ||

23. ambên cucal cinolong ginigit anjing | enjang arsa bidhal | ambêne ical satunggil | dadya kandhêg lampahira ||

24. kêpalanya ingkang minăngka nglurahi | nami Săntawignya | malêbêt ing Landhoh nênggih | marêk Jêng Pangeran Têngah ||

25. sampun prapta anèng ngarsa atur bêkti | matur mêlasarsa | manawi inggih marêngi | pan saking karsa paduka ||

26. amba nuwun wacucal mesa sakêdhik | satêbah kewala | panjangipun kawan kaki | kinarya ambên momotan ||

27. wau dalu ambên binakta ing anjing | mung ical satunggal | karya cothoning agrami | asangêt panuwun amba ||

28. Pangran Têngah pangandikanira aris | pundi wismandika | ing dhusun napa nagari | Săntawignya aprênata ||

29. dhuh pangeran wisma amba ing nagari | ing Wăngga pradikan | amba dagang brambang gusti | amba sade mring Juwana ||

30. wangsul amba akilak gêrèh myang trasi | yèn nyipêng kawula | salèring dhusun puniki | ara-arane kang wiyar ||

31. cakêt balong [ba...]

--- 107 ---

[...long] ngombèkakên lêmbu gampil | miwah yèn angguyang | mila sabên anèng ngriki | pangeran nulya ngandika ||

32. dhatêng sabat Praya abdi kang nèng ngarsi | lah sira jukukna | Praya walulang sathithik | anaa têka satêbah ||

33. abdi Praya umentar nulya angiris | panuju cucalnya | maesa dhungkul dèn iris | pan lajêng dèn paringêna ||

34. dhatêng tiyang Wăngga sampun dèn tampani | anulya pamitan | pangeran sampun nglilani | wusnya mundur saking ngarsa ||

35. Săntawignya wus panggih kănca kang grami | anèng ara-ara | lêmbu lajêng dèn momoti | cucal dhungkul ambênira ||

36. nulya bidhal sadaya lêmbu nèng ngarsi | lêmbu tigang dasa | sadaya dipun gênthani | arame suwaranira ||

37. ting kalênèng gêntha wontên agêng alit | sêlur lampahira | lare angèn kèh ningali | arantap samarga-marga ||

38. datan kocap lampahira anèng margi | sampun praptèng wisma | ing Wăngga sadaya sami | kocapa lêmbu satunggal ||

39. nulya ngamuk momotane kocar-kacir | kantun cêkathakan | taksih kanthil anèng gigir | lêmbu kadya katempelan ||

40. mlajêng ngalèr ngilèn ngidul ngetan nênggih | binendrong ing kathah | wontên ingkang nyanjatani | datan busik wulunira ||

41. pangamuke lêmbu saya anêmêni | nunjang miwah nyundhang | akathah tiyang kang kanin | lêmbu lumajêng mring wana ||

42. tinututan sadaya datan nguntapi | sêrap wayahira | tiyang sami wangsul mulih |

--- 108 ---

tan kawarna dalunira ||

43. sarêng enjang Săntawignya matur maring | ing bêndaranira | Pangeran Wăngga winarni | duk prapta anèng ing ngarsa ||

44. gya umatur purwa madya wanasaning[12] | duk nuwun wacucal | anèng Landhoh kongsi prapti | jêng pangran ngungun gya dhawah ||

45. dhatêng dêmang răngga bêkêl lan ngabèi | kinèn ngupayaa | kang lêmbu malbèng wanadri | samana sigra budhalan ||

46. samya bêkta sanjata tumbak lan kêris | kadya nglurug pêrang | wana dipun kêpung nuli | tiyang kathah samya surak ||

47. lêmbu kagyat janggirat akirig-kirig | macicil netranya | lajêng nêmpuh amburoni | binendrong waos sanjata ||

48. pangamuke kang lêmbu saya mawrêdi | sarosa agalak | kathah ingkang nandhang kanin | dadya mundur barisira ||

22. Durma

1. kèhing janma giris ajrih dipun sundhang | kang samya nandhang kanin | sami ginotongan | karinira tan arsa | mapagna têmpuh ing sapi | barisanira | samya prayitnèng wèsthi ||

2. wayah asar kang lêmbu sampun asayah | kengingnya dipun jaring | kabêkta mring wisma | katur dhatêng jêng pangran | cêkathakan taksih kanthil | pangran dhawuhnya | pan kinèn bukak aglis ||

3. gya binukak cêkathakanira nulya | pangeran dhawuh nuli | dhatêng Săntawignya | hèh mara sanjataa | Săntawignya nyandhak aglis | sênjatanira | lêmbu kenging ngêmasi ||

4. Jêng Pangeran Wăngga alon andikanya | Săntawignya puniki | apa krananira | pasah sira sanjata | mau

--- 109 ---

binendrong ing bêdhil | nora tumama | kongsi nêlasna mimis ||

5. Săntawignya wau alon aturira | kawula kintên gusti | cucal ambênira | kados sagêd digdaya | gèn kula nuwun rumiyin | dhatêng Jêng Pangran | Têngah ing Landhoh nguni ||

6. jêng pangeran nulya dhawuh mêndhêt kuda | nulya dipun kalungi | cucal ambên ika | nulya dipun sanjata | kaping gangsal datan bucik | kinèn anumbak | tinitir tan nêdhasi ||

7. dipun pindhah kinalungakên maesa | binendrong dèn bêdhili | pan inggih tan pasah | pangeran dhawuh sigra | cucal lajêng dipun bagi | samêrang-mêrang | nênggih agêngnya sami ||

8. sampun radin dinum dhatêng tiyang Wăngga | kinarya jimat sami | kabuntêl ing sinjang | kangge supe sadaya | wontên kang kinarya angkin | ulêsnya pêthak | samya pinundhi-pundhi ||

9. antarane wontên ing satêngah wulan | katur Sultan Mantawis | parêngnya jêng sultan | saking aturing wadya | Pangeran Wăngga tur uning | mring Kangjêng Sultan | Agung nagri Mantawis ||

10. aturira wiwitan têkèng wêkasan | Sultan Agung gya nuding | gandhèk pamajêgan | sakawan kathahira | ingutus mring Landhoh mundhi | nawalanira | sang nata ing Mantawis ||

11. Sultan Agung alon ing andikanira | mantri sira sun tuding | marang Landhoh desa | paringna kang nawala | Tirtakusuma puniki | jabaning layang | tuturna anak mami ||

12. lulangira kêbo dhungkul lan sungunya | sun pundhut mring Mantawis | sira gawa pisan | sarta

--- 110 ---

kiriman ingwang | ganjaran rong adêg iki | pangagêm ingwang | paringna putra mami ||

13. wis budhala saiki bêcik kinarya | lumakua nèng margi | wus mundur saksana | gandhèk mundhi nuwala | miwah babêktan nulya glis | mantri sakawan | prasamya nitih wajik ||

14. kalih dasa rencangira ingkang dharat | gêgancangan lumaris | kawan dintên prapta | inggih Landhoh kang desa | jêng pangran kagyat ing galih | wontên caraka | saking Mantaram nagri ||

15. wus ngacaran caraka lênggah satata | Pangeran Têngah aglis | marêki kang lênggah | cakêt gandhèk kang duta | ngapurancang anampèni | ingkang nawala | sri nata ing Mantawis ||

23. Sinom

1. pinijêt nulya binuka | sinukmara jroning galih | mangkana wêdharing kata | iki ta nawala mami | sing ramanta sang aji | ing Mantaram Sultan Agung | kawasa ngabdurahman | panata gama sayidin | kalokèng rat mêngkoni talatah Jawa ||

2. lyan puji pandonganingwang | wêruha ing putra mami | Rahadèn Tirtakusuma | satriya anom apêkik | ingkang sênêng amungkim | ing desa Landhoh pinunjul | têtelambêg sudibya | titi ing panggawe sukci | narambahi sakadang kawulawarga ||

3. sawuse pandonganingwang | wêruha ing putra mami | nalika tanggal limalas | sajroning pasa kang sasi | sira katêkan yêkti | wong ing Wăngga dagang lêmbu | kang aran Săntawignya | minta walulang sadêmi | mung satêbah kawan kaki panjangira ||

4. manawa lêga tyasira | lulang turahane [turaha...]

--- 111 ---

[...ne] nguni | ingsun pundhut mring Mantaram | dalah sungune kêkalih | aja kaliru kaki | kang sun pundhut lulang dhungkul | sarta sungune pisan | gawakna utusan mami | saisihe lulang dhungkul gawakêna ||

5. kajabane karsaningwang | iki ingsun akêkirim | sapangadêge busana | kêris sapêndhoke mantri | dhêsthar lawan kulambi | sabuk gêdhog sutra alus | kampuh lan jarik ămba | èpèk renda lawan brêci | iya iku lorodan agêmanira ||

6. wus titi punang nawala | tinulis ing Rêbo Lêgi | wolu likur tanggalira | anênggih Sawal kang sasi | pinuju ingkang warsi | Êdal taune lumaku | sêngkalanirèng warsa | kirim blănja ingkang rayi | limang atus pitung dasa pitu ika ||[13]

7. Pangeran Tirtakusuma | sarêng maca ingkang tulis | sinukmèng jroning wardaya | kadhadha sarasa sami | marwata sukèng galih | mring kang rama Sultan Agung | dene paring busana | rong pangadêg agêm aji | mila gandhèk kang duta sinuba-suba ||

8. sigra dhawuh jêng pangeran | pra santana dèn timbali | tuwin wau ingkang raka | Radèn Momok dèn aturi | miwah pangran kang rayi | sadaya wus praptèng ngayun | manggihi mantri duta | ingkang saking ing Mantawis | sabên dalu gènira sami jagongan ||

9. sêrat saking ing Mantaram | inggih sampun dèn wangsuli | ingkang nyêrat putranira | Radèn Amir sampun wasis | kang rama paring wisik |

--- 112 ---

kabèh purwakaning têmbung | mêmanising bêbasan | ngasorkên jiwa myang dhiri | aywa kongsi kaduk ngêgungkên sarira ||

10. Sultan Agung ratu kwasa | prênah sêpuh dhasar sakti | dadi ratu tanah Jawa | sinêmbah para dipati | pira-pira wak mami | sinaruwe mring sang prabu | mulane putraningwang | gonmu nulis ingkang bêcik | aywa kongsi aksara mêgat kalimah ||

11. dêstun têmên yèn wong desa | kurang tata miwah titi | nora mangrêti sujana | ja kongsi ngisab-isabi | yèn ginuyu wong nagri | tăndha têdhak saking dhusun | kang putra aturira | kados botên nguciwani | botên bèntên ing ngriki miwah Mataram ||

12. tamtu wontên kaotira | ing dhusun lawan nagari | dipun ulig sabên dina | alanyah basa kang manis | bok inggih tiyang nagri | kinèn gandhèng amêluku | măngsa pilih nyandhaka | kalayan tiyang ing dèsi | nadyan dhusun datan sawiyah dhusunnya ||

13. kang rama alon ngandika | iya bênêr sira kaki | sêrat dadya tinupiksa | ing rama sampun ngrujuki | anulya dèn ulêsi | kang rama suka ing kalbu | mèngêt wasising putra | tan ana dèn wêwaoni | tan winarna ing dalu dènnya manurat ||

14. dupi enjang kang pustaka | tinampèkakên tumuli | dhatêng gandhèk ing Mantaram | gandhèk sampun anampèni | nulya umatur aris | pangeran kawula nuwun | mumpung enjang abidhal | tigang ari anèng ngriki | bok satêmah dadia [da...]

--- 113 ---

[...dia] pangarsa-arsa ||

15. Pangeran Tirtakusuma | pangandikanira aris | inggih sumăngga kewala | gandhèk lèngsèr saking ngarsi | wus bidhal nitih wajik | tan kocap anèng marga gung | wus prapta ing Mantaram | jêng sultan nuju siniwi | gandhèk laju tumamèng ngarsa narendra ||

16. sarta wau mundhi sêrat | wangsulan katur sang aji | tinampan nulya binuka | sinuksma raosing tulis | tata titi patitis | patraping ukara mungguh | jêng sultan jroning driya | karênan mèsêm ing galih | dene bisa udanagara utama ||

17. punika sêrat kawula | Tirtakusuma pun dasih | ing Landhoh dhêdhukuh amba | saking sihira sang aji | konjuk paduka aji | ing pada sumungkêm ulun | jêng sultan kang kawasa | ngabdurahman ya sayidin | kang bawani talatah ing tanah Jawa ||

18. panêtêp panatagama | kang sudibya martèng dasih | maharjèng nagri Mantaram | pundhèning para dipati | măncapraja pasisir | samya sih suka sumungku | kalok kajana priya | kasusra ing liyan nagri | bèr budiman danane pindha narmada ||

19. tarlèn ing atur kawula | kawula sampun nampèni | sadaya paring paduka | kalangkung amba pêpundhi | busana sarwa adi | dadosa jimat satuhu | salami trah-tumêrah | saking barkah paduka ji | dene wau pamundhut paduka nata ||

20. wacucal singating mesa | pun dhungkul ingkang wus lalis | kalangênan raka tuwan | cumadhong amba ing runtik |

--- 114 ---

wus kathah ingkang cicir | tan kantênan purugipun | amung kantun watara | wacucal kasarêng mangkin | singatira wus dadya bakalan samya ||

21. jungkat lèpèn myang balabah | sami katur sarêng mangkin | mugi konjuka paduka | cucal kantun kalih kaki | panjang sakawan kaki | sumăngga karsa pukulun | patikbra tadhah duka | saking lirwane pun abdi | kang nèng Landhoh mêmundhi sabdaning nata ||

22. narimah titahing Suksma | mugi antuk sihing Widhi | angêmbun-êmbun suksmana | sampating kintaka titi | ing ari Soma Manis | marêngi tanggal ping catur | Dulkangidah wulannya | taun Dal sangkalèng warsi | kali sabrang maruta miwah bantala |[14][15]|

23. kalangkung sukaning driya | sang nata dupi nupèksi | patrap têmbunging ukara | tan mambua wêton dèsi | basa mêmês amanis | mendaha anèng praja gung | ngungkuli wong Mataram | nora uman ing pangrêti | nadyan desa taliti wong bêk sujana ||

24. jêng sultan nulya ngandika | maring gandhèk catur mantri | hèh mantri sira muliha | gya lèngsèr sarwi wotsari | undurira sing ngarsi | wus sami sowangan mantuk | jêng sultan gya ngadhatyan | ginarêbêg para putri | pramèswara tumapak gya kanthèn asta ||

24. Kinanthi

1. nêngêna Jêng Sultan Agung | nulya ganti kang winarni | Săntawignya tiyang Wăngga | awangsul mring Landhoh nênggih | anuwun cucal maesa | panunggilira ing nguni ||

2. umatur sayêktosipun |

--- 115 ---

cucal karya ambên sapi | praptèng Wăngga nulya mêta | binendrong tumbak lan bêdhil | lêmbunipun datan pasah | sawabing cucal sing ngriki ||

3. Săntawignya matur galur | miwiti kongsi mêkasi | cucal sampun dadya jimat | tiyang sa-Wăngga waradin | amung kaduman samêrang | kadamêl jimat pribadi ||

4. mênggah wau kikmahipun | kawula sampun ngayoni | dèn waos tiyang sadasa | botên busik awak mami | aming supe panganggenya | sampun kangge kibir yêkti ||

5. kang dulu eram sadarum | Săntawignya matur titi | Pangeran Tirtakusuma | pangandikanira aris | inggih paman Săntawignya | cucal dhungkul sampun gusis ||

6. kapundhut jêng sang aprabu | sapungkure paman nguni | Săntawignya aturira | bokmanawi taksih kêdhik | bêbalung miwah taracak | untunya manawi taksih ||

7. yèn taksih cucale dhungkul | wontêna sailir alit | kawula ngaturi arta | gangsal atus warni ringgit | punika Pangeran Wăngga | bêktani arta mring mami ||

8. Pangeran Têngah gumuyu | ati daya lamun taksih | kula niki basakêna | kados lênga kari busik | botên wuninga ing warta | sampuna dika mariki ||

9. lah inggih dika umatur | mring Suryakusuma adhi | pangeran ingkang mardika | adalêm Wăngga nagari | yèn cucal dhungkul wus têlas | kapundhut marang Mantawis ||

10. Săntawignya nêmbah ngungun |

--- 116 ---

kalangkung jêtung ing kapti | gya pamit sampun linilan | mantuk maring Wăngga nagri | mangkana sapungkurira | Săntawignya saking ngarsi ||

11. pangeran sakadangipun | kang raka miwah kang rayi | Radèn Momok angandika | Pangeran Dagan tanapi | sagung kang para santana | pangulu kêtip myang modin ||

12. sami pêpakan sadarum | cucal dhungkul sakantuning | binagi para santana | balungnya kang dèn pêndhêmi | kinèn sami dhudhukana | sadaya wêtah pinanggih ||

13. binage sakadangipun | kinarya jimatan sami | aniru tiyang ing Wăngga | ingkang akathah pribadi | Pangeran Tirtakusuma | singate datan binagi ||

14. singat cucal balung untu | kinarya jimat barkahi | datan beda digdayanya | botên pasah tumbak kêris | sarta nêbihakên godha | gêndruwo kêbo kêmali ||

15. milanya maesa dhungkul | singat cucal balung sami | kenging kinarya jimatan | sabab maesa wus mati | ginugah ing panêmbahan | sagêd gêsang kadi nguni ||

16. pan dadi klangênanipun | datan pinardi ing kardi | sadaya sasolahira | graita wus kadya janmi | kacèk datan bisa ngucap | pinasthi karsa Hyang Widhi ||

17. akathah lamun cinatur | gancanging cariyos nuli | Radèn Momok sampun seda | pinêtak sakilèn masjid | botên tunggil lan kang rama | sampun karsaning pribadi ||

18. warnanên ingkang winuwus | Radèn Tirtamênggalèki | putra kalih sami priya | ing suwarna sami pêkik |

--- 117 ---

pangarsa ran Radèn Rahmat | tarunane Radèn Sahit ||

19. kinasihan kalihipun | mring eyang pangran sang kalih | siyang ratri datan pêgat | sapurugnya tinut wuri | kalangkung dinama-dama | yuswane wus wolung warsi ||

20. pangeran datan winuwus | putranya ingkang winarni | Rahadèn Natakusuma | Ki Agêng Banyol winilis | ingkang sampun darbe putra | pêpitu kathahing siwi ||

21. ingkang pambajêngnya jalu | Radèn Sadat kang wêwangi | kang nênêm sami wanodya | datan kocap ingkang sami | wus pêthêl baboning sêrat | marma tan winarnèng tulis ||

22. Pangeran Têngah cinatur | gêrahira sampun lami | sangêt kalih dintên nulya | jêng pangran mêkasi jangji | pangeran datan winarna | prapta arsa atêtuwi ||

23. sedaning raka wus dalu | Kêmis Paing wanci lingsir | nuju tanggal gangsal wêlas | wulane Jumadilakir | Jimakir sangkalèng warsa | watu endra bale bumi |[16][17]|

24. garwa putra nangis umyung | tuwin wayahira kalih | miwah sagung pra santana | sabab ingkang sami asih | wus jamake wong palastra | kurmate dipun tangisi ||

25. têka kurang sêdhêpipun | yèn garwa putra ngêmasi | lamun nora tinangisan | rinasan liyaning janmi | wong tuwa kadang palastra | sami bingah têmên iki ||

26. tur mundhak mêtêngi kubur | yèn wong mati dèn tangisi | malah padha sukèng tyasnya | duk kalane bayi lair | wong tuwa sadulur bungah | kaurmatanira

--- 118 ---

ngênting ||

27. ya iku upaminipun | wong mati iku amulih | marang alam kang tan owah | sabab apa dèn tangisi | maring wismanya priyăngga | ya bakal mulya sayêkti ||

28. mulane wajib maguru | wêruh sangkan paran pati | kang patitis ulihira | aywa kasasar ing margi | ja kêna godha rêncana | iku bakal bilaèni ||

29. pira lawase wong dunung | nèng donya tan wurung mulih | jalu èstri padha-padha | Jawa Cina Lănda Bugis | ora wurung yèn palastra | wajib padha ngihtiyari ||

30. wêruha panggonanipun | kang bakal sira parani | apa baya warnanira | apa irêng ijo putih | apa wungu kuning abang | apa rungkut padhang brêsih ||

31. iku uga luwih prêlu | aja tungkul donya iki | aja kongsi mati sasar | mulih ora wêruh margi | dadi kênjêng[18] tanpa soca | mungguh dadi wrêjit cacing ||

32. yèn dadi cacing gêng kalung | dimăngsa iwèn lan pitik | mulane wong urip padha | elinga pênggawe bêcik | wêruha ingkang sinêdya | sêdya wêruh gone pati ||

33. akathah lamun winuwus | sarêng waktu wayah enjing | Pangeran Tirtakusuma | layone dipun sirami | sampun wau sinalatan | nulya modin kêtip santri ||

34. amragat maesanipun | kalih pun Botor sarakit | nalika taksih agêsang | sampun dhawuh marang siwi | mila Botor lawan Kalang | sampun pasrah ngèsthi pati ||

35. layone [layo...]

--- 119 ---

[...ne] binakta sampun | anèng pasarean nuli | sumare wetaning rama | angangge gêdhong pribadi | ingapit ibu kalihnya | ingkang putra anêngahi ||

36. adulya[19] bibaran sampun | kaji santri ingkang ngiring | sami dèn adhêp sadaya | botên parêng sami mulih | pitung dintên kajatira | tahlil kawan dasa ari ||

37. kang putra pangeran wau | Radèn Tirtamênggalèki | kang gumantos ingkang rama | Pangeran Wetan kang nami | asuyut para santana | paprentahan kados lami ||

38. wus têlas ing ajatipun | Pangeran Dagan kang rayi | agêrah pan lajêng seda | sami ugi kurmat tangis | kathah putra wayahira | Ki Agêng Banyol asugih ||

39. sinarèkkên kidulipun | anèng pagêr kikis jawi | margi dhawuhe kang rama | nalika taksih suwargi | gèning ngubur jawi dhadhah | cinakêtakên sudarmi ||

40. tan kocap ing kajatipun | aganti ingkang winarni | Pangeran Wetan winarna | kang putra jalu kêkalih | Radèn Rahmat ingkang tuwa | Radèn Sahit kang taruni ||

41. Radèn Rahmat pamit wau | dhatêng ingkang rama nênggih | kesah ngaji dhatêng Dêmak | kang rama wus anglilani | enjingipun nulya bidhal | bêkta punakawan kalih ||

42. anjujug griya pangulu | imame Dêmak nagari | Radèn Rahmat sampun lama | gène ngaji sampun bangkit | winulang pangulu Dêmak | yèn măngsa pasa winarni ||

43. dipun karsakakên darus | anèng dalêming bupati | santri tan parêng [pa...]

--- 120 ---

[...rêng] mantuka | sami pinaringan bukti | buka kalawan saurnya | datan pêgat sabên ratri ||

44. samana panuju dalu | rahadèn ayu bupati | marêngi malêming Sukra | maos kitab anèng jawi | bibarira mring pandhapa | ing wanci wus lingsir ratri ||

45. kagyat mulat katon murub | winawas sarwi marpêki | santri tilêm ting galasah | kang katon murub sawiji | anulya ge cinakêtan | sinuwèk bêbêtnya mijil ||

25. Mijil

1. radèn ayu nulya malbèng puri | umatur raka lon | ingkang raka winungu sarene | sang dipati kagyat wungu aglis | kang garwa pinanggih | amêtêk kang suku ||

2. sang dipati angandika aris | ana pa riningong | ingkang garwa alon ing ature | inggih kula umatur sayêkti | kula saking jawi | kraos langkung sumuk ||

3. wontên murub mancorong kaèksi | urub sêmu ijo | kula intip pan dugi cakête | santri kathah kang samya aguling | inggih mung satunggil | kang kadulu murub ||

4. kula sêbit sinjangnya sakêdhik | kalih kilan kados | ingkang raka alon andikane | mêngko esuk sun priksane yayi | êndi ingkang ciri | suwèk bêbêtipun ||

5. ki dipati gya miyos ing jawi | angandika alon | marang kêtip tindhih andikane | sira kêtip modin miwah santri | kabèh aja mulih | nganti mêngko esuk ||

6. lurah kêtip umatur wotsari | sandika turnya lon | ki dipati gya malbèng [ma...]

--- 121 ---

[...lbèng] dalême | nulya dhawuh ngêdalna tumuli | sauraning santri | saksana wus mêtu ||

7. kathahipun kalih wêlas santri | modin pitu kang wong | kêtip kalih satunggal lurahe | bakda saur kêtip marentahi | sakabèhe santri | ywa mulih sadarum ||

8. padha barêng mulih lawan mami | anganti kang dhawoh | sang dipati iya timbalane | modin santri samya nyandikani | tan kawarnèng ratri | sarêng enjangipun ||

9. sang dipati gya miyos mring jawi | lan garwa sang sinom | apan sarwi kêkanthèn astane | kêtip modin samya ngadhêp ngarsi | nèng têngah pandhapi | angantosi dhawuh ||

10. sang dipati angandika aris | dhatêng kêtib anom | hèh ta kêtip santri pira kèhe | ingkang nginêp ana ing pandhapi | iya mau ratri | kêtip anom matur ||

11. santri amung kalih wêlas gusti | agêng alit anom | modin pitu kêkalih kêtibe | kapêtêngan miwah magêrsari | amba datan uning | pintên cacahipun ||

12. radèn ayu gya ngandika aris | iya kêtib anom | santri rolas ya kiraba kabèh | sarta modin padha kirab sami | krana mau bêngi | kailangan ingsun ||

13. supeningsun ya tibèng pandhapi | bokmanawa manggoh | ana ingkang jupuk ngumpêtake | kêtib anom sigra ngadêg aglis | modin lawan santri | akirab sadarum ||

14. kinèn ucul sabukira sami | kantun bêbêt mawon | Radèn Rahmat pan ucul sabuke |

--- 122 ---

mingkas-mingkus gènira nguculi | batos sêmu isin | suwèk bêbêdipun ||

15. tan wuninga suwèke ing wêngi | osikirèng batos | mung kinintên sinuwèk kancane | santri kathah yèn ana kang jail | apanas kang ati | wit kang sih pangulu ||

16. radèn ayu anulya anjawil | bêbisik raka lon | gih punika kang suwèk sinjange | datan samar pasikoning santri | pan kula suluhi | mawi damaripun ||

17. dyan dipati angandika aris | iya kêtib anom | santri siji iku gawa mrene | kêtib anom sigra nyandhak aglis | Dyan Rahmat kinanthi | umarêk ing ngayun ||

18. angandika dèn ayu dipati | hèh santri sun takon | iya sira ing ngêndi wismane | lawan sapa jênêngira yêkti | sapa darbe siwi | ngêndi asalipun ||

19. Radèn Rahmat umatur ngabêkti | kula matur yêktos | nami kula pun Rahmat wiyose | dhusun Landhoh wisma kula gusti | ingkang asêsiwi | mring amba satuhu ||

20. inggih Tirtamanggala kang nami | pradikan ing Landhoh | tanya malih dipati dêlinge | ramanira apa prentah janmi | apa darbe kardi | myang amêngku dhusun ||

21. Radèn Rahmat aturnya wotsari | pun rama sayêktos | angrèh dhusun Landhoh saurute | dadya dêmang pangeran wêwangi | naluri sing kaki | panêmbahan dangu ||

22. dyan dipati angandika malih | sira aywa adoh | sira ingsun andhêg anèng kene | ingsun pundhut anak ta sirèki | yèn esuk [esu...]

--- 123 ---

[...k] angaji | wismane pangulu ||

23. Radèn Rahmat matur awotsari | sumăngga kemawon | mung paduka wontêna karsane | utusana maring Landhoh gusti | aparing udani | mring sudarma ulun ||

24. angandika rahadèn dipati | liya dina ingong | ya utusan mring Landhoh bakale | tan antara jêngkar sang dipati | lan garwa kinanthi | manjing dalêmipun ||

25. Radèn Rahmat samana wus tunggil | lan pra putra anom | sabên enjing sami pangajine | mring pangulon sabakdane nuli | lan pra putra sami | sêsarêngan kondur ||

26. rintên dalu Dyan Rahmat anunggil | kadipatèn manggon | pan sinau lir carik karyane | anênurat basa Jawi nunggil | lawan para carik | tan dangu wus putus ||

27. tan winarna antarane nuli | ingkang kacariyos | dyan dipati utusan mantrine | dhatêng Landhoh sarwi bêkta tulis | tan kawarnèng margi | prapta Landhoh sampun ||

28. Pangran Wetan Tirtamanggalèki | dyan kagèt duk anon | aningali kuda ing kathahe | dipun kintên utusan Matawis | nulya dèn panggihi | mantri dêmang cundhuk ||

29. kang nawala sampun dèn tampèni | sigra binuka lon | gya pinijêt winaca rasane | têmbungira sêrat arum manis | kintaka mrak ati | gambuhing kêkidung ||

26. Gambuh

1. asalamungalekum | warahmatul wabarakatuhu | salam kula katura dhatêng pun adhi | Radèn Tirtamênggala nung | Pangeran Wetan ing

--- 124 ---

Landhoh ||

2. sêrat sing rakanipun | Adipati Dêmak prajanipun | ajêjuluk Padmanagara Dipati | anênggih ing wiyosipun | yèn parêng eklasing batos ||

3. lamun lêgawèng kayun | putranira kang mangke dumunung | Radèn Rahmat marêngi maguru ngaji | wontên wismaning pangulu | ing Dêmak Kauman manggon ||

4. badhe kula mèt mantu | apikantuk putra kula wadu | kang pambajêng nama Radèn Rara Kuning | yèn tinakdir ing Hyang Agung | dinadosakên ing jodho ||

5. Radèn Rahmat puniku | nênggih sampun wontên tigang taun | kula ajar wontên kadipatèn nulis | Jawi Arab sampun putus | tan wontên ingkang winaon ||

6. têlas titining têmbung | sêrat ingkang kasêbat ing ngayun | mugi adhi sarimbit sami anggalih | kula nuwun angsul-angsul | sarat ecanirèng batos ||

7. Dyan Tirtamanggalèku | sampun tamat ing pamaosipun | malbèng dalêm sarwi sêrate cinangking | panggih lawan garwanipun | bêbukane winiraos ||

8. kang garwa duk rumungu | langkung suka putra pinèt mantu | dyan dipati kang madêg Dêmak nagari | pikantuk pambayunipun | èstri warnanira tanggon ||

9. karya sêrat sul-angsul | sampun dadya pinaringkên wau | dhatêng mantri ing Dêmak sampun tinampi | sunggatanira supênuh | gya pamit budhalnya alon ||

10. tan kocap nèng marga gung | sampun prapta ing Dêmak praja gung | dyan dipati

--- 125 ---

panuju sawêg siniwi | mantri duta sampun cundhuk | mundhi sêrat wus cumaos ||

11. sêrat gya katur sampun | wus pinijêt binuka sadarum | sêrat angsul-angsul kang saking ing rayi | Radèn Tirtamanggalèku | Pangeran Wetan ing Landhoh ||

12. wasalam alaekum | warahmatulah wabarakatuh | atur salam kawula nênggih kang rayi | kang mungkim nèng Landhoh dhusun | katur kakang mas kinaot ||

13. jêng adipati dunung | nagri Dêmak Padmanagara nung | kang kawiyos pustaka sampun katampi | sarananira sadarum | kacakêp tumanêm batos ||

14. karsa paduka wau | kasdu mupu dhatêng lare dhusun | atur kula sarimbit sampun nanggêni | mung sumăngga karsanipun | kula sadarmi kemawon ||

15. amung angakên sunu | gih dadosa nênggih jodhonipun | putra tuwan kang pêparab Rara Kuning | sagêd lulut alêstantun | tan ana sawalèng batos ||

16. mung punika tur ulun | titi ingkang kintaka wêwangsul | amarêngi ing tanggal ping kalih dèsi | pinarêng ing sasi Mulud | taun Je ingkang gumantos ||

17. dyan dipati gya kondur | wus bibaran punggawa sadarum | sampun panggih kalawan garwa nèng puri | wêwarah ing purwanipun | kongsi wêkasaning pandon ||

18. binabar sêratipun | wêwangsulan saking Landhoh dhusun | langkung suka sang dyah dupi amiyarsi | ing karsa sakalihipun | arsa niti kang sayêktos ||

19. dènira katon murub | paran [pa...]

--- 126 ---

[...ran] dadya wêkasan ing pungkur | kang kadulu dening dyan ayu dipati | nèng pandhapa nêdhêng turu | cahya ijo amancorong ||

20. nêngêna kang winuwus | nênggih Pangran Tirtamanggalèku | gya amatah utusan mring Dêmak nagri | ngaturi mesa salangkung | panyumbang ulam ing pawon ||

21. măngka sunggatanipun | miwah dadya ulame patayub | kangjêng Dêmak gya dhawuh kinèn nampèni | maesa inggih salangkung | ingkang saking besan Landhoh ||

22. dyan dipati adhawuh | animbali dhatêng ki pangulu | datan dangu pangulu anulya prapti | wus marêk ana ing ngayun | dyan dipati ngandika lon ||

23. hèh Nursalim pangulu | ningkahêna iya putraningsun | Radèn Rahmat dhaup lawan Rara Kuning | mas kawinnya kuran iku | rolas tail êmas kêtos ||

24. pangulu alon matur | gih sandika punapa kang dhawuh | Radèn Rahmat anulya dipun janjèni | cinêpêng ing astanipun | sinaksenan kêtib anom ||

25. bakdaning kajatipun | ambêngane walimatol ngurus | dyan kinêpang kêtip modin lawan santri | kaji mantri punggawa gung | pra santana sami caos ||

26. gumêrah swaranipun | ambêngane sami dipun kêpung | tyang satunggal bandhulnya nênggih saringgit | lan saptangan sutra alus | sadaya bingah ing batos ||

27. anulya bibar sampun | Radèn Rahmat dhèrèk ki pangulu | dhawuhira anênggih radèn dipati | wayah asar paèsipun | ngangge cara kaji mawon ||

--- 127 ---

28. adat Dêmak puniku | nênggih mawi cara kaji wau | cara Arab ingkang dipun irib-irib | amrih nyawabana iku | murih sagêda têtiron ||

29. sampun asar kang waktu | Radèn Rahmat binusanan sampun | dhasar santri binusanan cara kaji | kathah samar samya dulu | ing warna bagus sih anom ||

30. yèn ta sampun abagus | măngsa pinèt lare Landhoh dhusun | dadya mantu pambayunira dipati | ing Dêmak ingkang amêngku | nagari pasisir kaot ||

31. pangantèn sampun dhaup | tarêbangan para santri sayuk | langkung rame dènira singir adhikir | pitung dalu laminipun | pasamuwane kinêtog ||

32. dene sabibaripun | pra priyayi ya kinèn atayub | pitung dalu sami kasukan angibing | ronggèngipun ayu-ayu | tan ana ingkang winaon ||

33. agung sunggatanipun | pasamuwan ing wiwahanipun | mung pangantèn datan tumut-tumut ngibing | margi ngulama jêjêndhul | sucinira lair batos ||

34. sabibarirèng tayub | pamiwahan pakurmatanipun | dhaupipun Dyan Rahmat lan Lara Kuning | wus bubar wiwahanipun | pangantèn tuwi mring Landhoh ||

35. datan winarnèng ênu | praptèng Landhoh panggih rama ibu | langkung suka kinurmatan para santri | sadalu sami akêntrung | luyêng rahap tan ananggop ||

36. kongsi sapasar muput | pinangantèn anèng Landhoh dhusun | nulya wangsul maring ing Dêmak nagari | rama ibu sru jumurung | gya budhal pangantèn [panga...]

--- 128 ---

[...ntèn] karo ||

37. prapta ing Dêmak wangsul | atut rukun sakalihanipun | mong-ingêmong karya suka kang ningali | jêng dipati sru sihipun | dhatêng kang mantu kinaot ||

38. sigêg caritanipun | pan wus tamat têtêdhakanipun | nora bisa anambung karya panganggit | manawa crita angawur | têmah dosa anyalêmong ||

39. puwara anênuwun | kang mangikêt kakawin mring sagung | anupiksa sarasanirèng kintèki | manawa na galap gangsul | kuciwaning kang cariyos ||

40. nuwun aksamanipun | kang manurat tan widagdèng têmbung | basa sastra tanapi kang mawa kawi | pasaja angakên cubluk | saking kumêdah cariyos ||

41. mung măngka pèngêt lowung | marang sagung kang marsudi kawruh | têmbe wuri manawa ana kang sudi | wasis akarya panambung | nênggih wau kang cariyos ||

42. titi tataning têmbung | tamat tumon tumanêm ing jantung | tita tatas têmên amung amèngêti | mung borong marang kang kasdu | tumonton tuladan kaot ||

 


klungsu. (kembali)
panêmbahan. (kembali)
Praya. (kembali)
§ Tiyang kupu = prajurit sêliran, santana. (kembali)
puniku. (kembali)
Biasanya guru lagu i: satunggil. (kembali)
sakêdhèp. (kembali)
nisabe. (kembali)
§ (1563). (kembali)
10 Tanggal: Ngahat (Ngahad) Wage gangsal wêlas (5) Rajab (Rêjêb) Alip: tri rasa angin narendra (AJ 1563). Tanggal Masehi: Minggu 20 Oktober 1641. Pada bulan Rêjêb tahun AJ 1563, hari Ngahad Wage jatuh pada tanggal 22, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Ngahad Wage 22 Rêjêb 1563 (Minggu 27 Oktober 1641). (kembali)
11 § Samangkenipun kasêbut kubur Bukung (kubur Panêmbahan Jangkung). (kembali)
12 wasananing. (kembali)
13 § Ing Sêrat Cakrawati ingkang Sinuhun Sultan Agung panjênênganipun dumugi 1568. (kembali)
14 § (1577). (kembali)
15 Tanggal: Soma Manis (Sênin Lêgi) catur (4) Dulkangidah Dal: kali sabrang maruta miwah bantala (AJ 1577). Tanggal Masehi: Minggu 5 September 1655. Tahun AJ 1577 adalah tahun Wawu dan bukan Dal. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
16 § (1605). (kembali)
17 Tanggal: Kêmis Paing gangsal wêlas (15) Jumadilakir Jimakir: watu endra bale bumi (AJ 1605). Tanggal Masehi: Senin 22 Juni 1682. Tahun AJ 1605 adalah tahun Jimawal dan bukan Jimakir, dan pada bulan Jumadilakir tahun AJ 1605, hari Kêmis Paing jatuh pada tanggal 25, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis Paing 25 Jumadilakir Jimawal AJ 1605 (Kamis 2 Juli 1682). (kembali)
18 kinjêng. (kembali)
19 anulya. (kembali)