Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 001–026). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 036–038). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 039–042). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 043–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 3-4: Pupuh 048–053). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 3-4: Pupuh 054–057). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
9. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 3-4: Pupuh 058–063). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
10. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 3-4: Pupuh 064–065). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
11. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 3-4: Pupuh 066–084). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
12. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 5-6: Pupuh 085–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
13. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 5-6: Pupuh 109–123). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
14. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 5-6: Pupuh 124–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
15. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 5-6: Pupuh 138–160). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
16. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 5-6: Pupuh 161–187). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
17. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 7-8: Pupuh 188–207). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
18. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 7-8: Pupuh 208–228). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
19. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 7-8: Pupuh 229–248). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
20. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 7-8: Pupuh 249–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
21. Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 7-8: Pupuh 265–280). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 26-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

27. Asmarandana

1. sang tapa suka kêpati | angling marang putranira | lah rara majua age | matura dhewe kakanta |

--- 1-2 : 55 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 1 dari 54

lah ia ngarah apa | apan wus manjing sêdulur | anggêpku mring kakangira ||

2. aywa donya nadyan ngakir (193) | manjinga dadi atmaja | insa Allah anggêp ingong | ya ta sang rara gya lênggah | ing keringe kang rama | matur minta apura gung | dhatêng Ki Sèh Amongraga ||

3. sampun paduka mêstani | mring kaula wong gumisa | pan têtakèn sayêktine | Amongraga mèsêm lingnya | nadyan awak manira | tan rumasa yèn linuhung | lagi rarasan kewala ||

4. basa kang uwis kawijil | pan inggih tungtun-tungtunan | kiai kêlawan ingong | balik ta payo ucapna | ia pangawruhira | pirabarane wak ingsun | kêlamun bisa ambatang ||

5. kang rama nambungi angling | lah rara payo ucapna | buntêlamu sêlawase | sun duga mangsa susaha | yêktine kakangira | Rara Mêgatsih amuwus | amba miarsa wirayat ||

6. mêkètên mèlipun singgih (194) | pundi kang sung wruh ing tingal | pan salah dalih tingale | anglir muksa jiwaraga | kakung miat wanita | Amongraga mèsêm muwus | yèku manira miarsa ||

7. kang badan roh iku singgih | linairkên rasaneka | amung kang roh ilapine | kang tanpa jisim punika | rohani rabanika | dene anane puniku | marmane ana roh nyawa ||

8. ingaranan roh ilapi | pan kinarya kênyataan | ni rara malih atakèn | budi lan nêpsu punika | amarah mutmainah | budi luamah puniku | inggih pintên warnanira ||

9. kang nêpsu amarah pundi | inggih kalawan supiah | pundi kang ingaran mangke | budi nêpsu maring ala | Amongraga saurnya | nêpsu amarah puniku | ingkang karêm maring ala ||

10. kang tan surud ingkang galih (195) | sadêrah nêpsu punika | puniku amarah rêke | dening nêpsu mutmainah | kang rêmên kabêcikan | tuhu wêca karêpipun | luamah kang maring loba ||

11. supiah karêpirèki | maring ingkang dudu ia | amarah mumulang rêke | mring sagung pênggawe ala | kang luamah sasmita | abangsa setan puniku | bêrkêthuthur lumprah lengkrah ||

12. Rara Mêgatsih ling malih | budi andhap luhur ika | Amongraga lon saure | kang luhur iku tan ana | ingkang luwih utama | dening kang luwih puniku | budi sasmitaning Suksma ||

13. kang satêngah dèn arani (196) | budi tuduh maring ala | ana kang ngucap mêngkene | dene kang mau prayoga | ing mêngko têka ala | kupur kang ngucap puniku | bodhokên marang Hyang Suksma ||

14. tan wruh yèn Hyang Maha Suci | kang aparing bêcik ala | budi iku satêmêne | pratandha karsaning Suksma | èstu tan amêmadha |

--- 1-2 : 56 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 2 dari 54

lan ana malih winuwus | puniku ayun waspadha[1] ||

15. tan kêna asalah dalih | kang ba[2] êroh punika | nênggih sêkawan kathahe | nyawa jasmani punika | ingkang ingakên tunggal | roh rasa jati puniku | yèku roh ilapat ika ||

16. dudu nyatanipun singgih | nanging tunggal ingkang karsa | kang rabani iku rêke | nyataning dat ilapika | sipat lawan apêngal | Mêgatsih malih winuwus | pundi kang jati punika ||

17. Amongraga anauri (197) | kang aran kadas punika | kêlawan sangkanparane | duk laline iku ia | lali rusakan ing dyah | laline rasa akumpul | dening tingal kang murcita ||

18. duk laline rasa iki | kakung sumuking wêdana | kumêsar tan ana rêke | marma yun gambuh ing tingkah | Mêgatsih aturira | pratelakna têgêsipun | kang badan puniku uga ||

28. Gambuh

1. Amongraga amuwus | yêkti tingal kang mandêrik[3] iku | cipta prapta ing manahira sayêkti | limut suh sirna awimbuh | jisim johar ingkang lonyoh ||

2. woh rasa kang kadulu (198) | jasmani ingkang asung puniku | têgêsipun duk acampuh rasa jati | wanodya kêlawan kakung | jasad aranira rêko ||

3. jasmani duk lagyèku | tampi rasa saking angganipun | apan ia dadi sêsamanirèki | dadya têmahe puniku | wanodya kang asung raos ||

4. rahsa manikêm iku | wanita kang rahmani puniku | sayêktine jisim iku kang atampi | Mêgatsih malih umatur | inggih kaula atakon ||

5. kang roh ilapi iku | inggih ta paran ing têgêsipun | Amongraga alon dènira nauri | roh rabani ingkang tuhu | kang lanang manikêm yêktos ||

6. warna lir mutyarèku | roh rahmani nênggih prianipun | roh ilapi yèku uga napi jinis | dudu badan sanyawèku | kang jasmani yèku rêko ||

7. ngakên raga suksmèku (199) | jisim alus arane puniku | kang rohani tanpa rupa warna singgih | lir sêkar pralambinipun | kakung kombang angganing wong ||

8. duk mangrabasèng santun | sari upama wadon puniku | marma ayun awas yèn sira nèng dhiri | duk lagi mêgar kang kudhup | yèku lambange kemawon ||

9. jaba prênahing madu | poma dèn awas[4] prênahipun | yèn wus awas pêsthi wruh asmaragami | yèn kang utama yêkti wruh | nanging arang singa sang wong ||

10. kang wruh basa puniku | yèn kang tan matêng ing ciptanipun | ya ta dhêlêg sira Ni Rara Mêgatsih | angartika jroning kalbu | nyata pinunjul iki wong ||

11. nora larang wong iku (200) | sun roangi[5] adol tapihingsun |

--- 1-2 : 57 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 3 dari 54

sêlawase anaa mangkene[6] uwis | ia palakrama ingsun | mêngkana osiking batos ||

12. Amongraga amuwus | pagene mindêl apa wus surup | yèn wus surup mênèk ana ingkang kari | kang rama nambungi wuwus | sun dugi anggèr wus katog ||

13. rara matura gupuh | marang kakangira apa uwus | mung sêmono kang lawas sira bêthithil | kang putra alon turipun | pan wus têlas atur ingong ||

14. nanging kaula sampun | padhang nêrawang ing nalaningsun | ingkang rama gumuyu abêlik-bêlik | lah nora piraa iku | kêlamun amung sêmono ||

15. rara uwus bêgjamu (201) | lan maninge pan wus kalbèng wuwus | sapa-sapa kang madhangkên tyasirèki | amawongan sira iku | putra lèngsèr wangsul ing gon ||

16. lajêng lênggah tumungkul | Sèh Amongraga mèsêm andulu | ni kèn rara kesah malbèng wisma nuli | sêmana apan sêdalu | gènya ngabên ngèlmu raos ||

17. pukul pat wancinipun | sang tapa aris andikanipun | mring kang putra Sèh Amongraga bibisik | barang rèh ing karsanipun | Amongraga matur alon ||

18. amba langkung anuhun | ing pasihanta ingkang dhumawuh | pan ing mangke amba tan purun nglampahi | kêjawi kalamun sampun | kêpanggih sadulur ingong ||

19. pêsthi amba yèn wangsul (202) | anut ing karsa ingkang puniku | yèn ing mangke têbih botên darbe pikir | sang tapa langkung angungun | pitêkur sarwi andongong ||

20. wusana ris amuwus | marang kang putra sarwi angrangkul | nanging poma anak ingsun wong asigit | yèn ugi sampun kapangguh | kang para upaya karo ||

21. poma-poma nak ingsun | nuli wangsula marang ke gupuh | ing pêsthine lawas enggale ngong anti | Sèh Amongraga umatur | yèn si[7] èstua kêlakon ||

22. panggih kang mara ruruh | pan sayêkti manira awangsul | kados botên kula anyidrani jangji | sang tapa lêga tyasipun | ya ta Amongraga gupoh ||

23. jawat asta angujung (203) | pamit lumèngsèr saking ingayun | lajêng gupuh dhatêng abdi Jamal Jamil | sang tapa lan sabatipun | ngatêr sajawining dhukoh ||

24. wusnya mêngkana wangsul | sang tapa ya ta[8] lumaku | sampun lajêng lan santrinira kêkalih | andarung ing lampahipun | tan miris myat ing margèwoh ||

29. Gurisa

1. sêmana wus byar rahina | kang mega malang sumirat | ganthêng nèng pucaking ardi | akèh warnane kadulu | ana lir wastra manjêthi | ana pindha muteara | wênèh ana wastra wungu | rinenda pinggire murub ||

2. obah buron agung-agung | andaka maesa dhanu | pating galêro mongira | muni nèng panggonanira |

--- 1-2 : 58 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 4 dari 54

mangsane duk mulih lagya | saking dènira mêmangsa | pan wus adate kang sima | yèn dalu kesah mêmangsa ||

3. ulihe yèn mèh rahina (204) | sènès[9] buron akèh padha | yèn dalu lumrahe turu | yèn mèh rahina pan swara | ting galêmbor badhe saba | barung wre kêlawan lutung | wrangutan lan uwa-uwa | gumêr munya ing kêkaywan ||

4. sang hyang pradangga[10] umungup | munggèng pucaking aldaka | gumêdêr swaraning pêksi | rêbut wohing bulu gurda | cukcak[11] jalak menco johan | guthilang[12] kathik gidhawa[13] | dêrkuku putêr sulindhit | prit coang lan baranjangan ||

5. enggar manahe sang brangta | tumon pêksi kwèh swaranya | kadhali munya ing tawang | kaswasih yèn piniarsa | kadya ngandhêga ing laku | pêksi bêluk munya nglamat | kadya ngenggalna ing lampah | sang brangta mèsêm wardaya ||

6. wruh sasmitane kang pêksi (205) | ya ta ris ing lampahira | marga nuting wanapringga | mudhun jurang minggah arga | tan wontên durgama ketung | ing cipta agea wêruh | dhukuhe Bayipanurta | ya kang aran Wanamarta ||

7. rahina wêngi lumaku | kèndêl-kèndêl yèn asalat | nurut Kêndhêng lampahira | datan kawarna ing marga | ya ta sêmana wus prapta | têlatah ing Majalêngka | enggar manahe sang brangta | lajêng wau lampahira ||

8. anujwa pêcat rakitan | Jamal Jamil kinèn tanya | marang wong giring maesa | atakèn ing Wanamarta | kang tinanyan saurira | punika ingkang katingal | dhukuh kang gênggêng punika | gih kang aran Wanamarta ||

9. andika lajêng kewala (206) | ing mangke pêsthi kadulu | masjide agêng aluhur | lan malih kaula tanya | andika santri ing pundi | sumaur ingkang tinanyan | manira santri atêbah | saking ing Bantên yêktinya ||

10. marma drêng mring Wanamarta | manira miarsa warta | yèn Ki Sèh Bayipanurta | sabar tur lila ing donya | anuntun ing wong balilu | marma santrinira agung | punapa inggih yêktia | sumaur kang sinung wuwus ||

11. tan dora ingkang atutur | inggih saèstu mêngkana | ambêke Bayipanurta | marma sagung pra dipatya | guguru ambêk ambapa | tan cua[14] barang karsane | sawabe Bayipanurta | ngiwa panêngêne kêna ||

12. lan malih santrine agung (207) | kaula dèrèng uninga | kang kadya ing Wanamarta | kèhing santri kang ngluwihi | kados kawan èwu ana | kaula duk maksih bocah | sagung pasantrèn uninga | dèrèng wontên kang tumimbang ||

13. lir Wanamarta kèhipun | dhasar papane prayoga |

--- 1-2 : 59 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 5 dari 54

mirah ingkang palakirna | bêras datanpa ajia | marma santri têbih-têbih | kathah kang prapta ingriku | pan uwus adating santri | marani kang mirah têdha ||

14. kaula pan dèrèng lawas | umantuk saking ingriku | salawase pan kaula | dadi santrine Ki Bayi | Amongraga nambung wuwus | kalamun wontên wong prapta | inggih sintên kang jinujug | umatur dalêm jujuga ||

15. inggih putrane pênggulu (208) | puniku kang pinitaya | dhatêng Ki Bayipanurta | wastanipun Jayèngwèsthi | sabên wontên wong kang prapta | inggih anjujug ingriku | pan sampun wisma pribadi | sakiduling masjid Mangu ||

16. dene warujune aran | anênggih Ki Jayèngraga | pan inggih kalih puniku | singa ingkang jinujuga | jêr atmajanipun jalu | pan amung kalih punika | pambajêngipun pawèstri | wastanipun Tambangraras ||

17. kaula dèrèng amangguh | wanodya kadi puniku | putrane Bayipanurta | apike kagila-gila | duk kaula ingkang wau | inggih taksih anèng rika | asring mêningi kaula | kang wong prapta lunga têka ||

18. anake pêtinggi desa | tanapi anak sudagar | tukone pan jor-jinoran | sami kawangsul sêdaya | wit sang rara botên kêna | tinari mopo kewala | mring kang rama aturira | benjang kaularsa krama ||

19. yèn wontên sênênging nala (209) | botên kudu dèn tukoni | lan botên melik kaula | wong kang bagus awibawa | sanadyan cebol bucua | lamun panuju kaula | badan kaula sumangga | yèn wus kalbu pêthèk ulun ||

20. marma Ki Bayi kêlangkung | susah mirsa[15] turing putra | kalamun pinêksa-pêksa | ature pan kudu lunga | marma kang rama amupus | nauri kang namur laku | manira sawêg angrungu | wanodya tan arsa krama ||

21. mênawi inggih puniku | ngupados santri utama | angling malih kang wong ika | pan wus pirang-pirang puluh | santri têbih-têbih prapta | sami santri jadhug-jadhug | prandene tan na kinarsan | kawêlèh pan sami gria[16] ||

22. sami ngupaya paekan (210) | awit karsane Ki Bayi | mring santri sapa kang bêgja | saking susah myat ing putra | kêlakon sami ngupaya | nanging sang rara wêntala | luput ing dhêsti sumbaga | tuas kabèh ngacung samya ||

30. Pocung

1. marmanipun kèh-kèhing wong ana muwus | sun duga ni rara | buntêt tan duwe nyêmimik | milanipun sakèhing wong tinampikan ||

2. yèn lumrahe wong gênge sêmana iku | pêsthine pan ana | ingkang pinilih sawiji | iku nora dadak tinampik sêdaya ||

3. yèn wong buntêt andadak kakehan wuwus | pan inggih akathah |

--- 1-2 : 60 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 6 dari 54

kang muwus kadi puniki | pan gumujêng wau Ki Sèh Amongraga ||

4. angling kadi botên kang kados puniku (211) | sawêg dèrèng arsa | ngupaya jodho prayogi | ingkang kangge awal akir ingupaya ||

5. dadi ingsun ngrungu ing wartinirèku | manah mundur mara | bok manira dèn arani | darbe niat marang ing èstri punika ||

6. tur ta boya pisan-pisan raganingsun | nyiptaa punika | mung sêdya ngupaya ngèlmi | dadak nuju ingriku wontên brusahan ||

7. wong kang angon maesa ris aturipun | kang amba wicara | pan wus sawarsa puniki | yèn ing mangke têntrêm tan wontên pawarta ||

8. winginipun kaula saking ingriku | tinjo sanak lara | ala nganggur awak mami | anakokên puniku kang kula ucap ||

9. pan saèstu sampun tan wontên wong rawuh (212) | mikir bab punika | sang monêng mèsêm jro ati | duk sêmana hyang arka nitih acala[17] ||

10. ya ta angling Amongraga manis arum | ngong langkung narima | pitêdah para mring mami | lah ta sampun manira lajêng kewala ||

11. kang liningan muwus aris aturipun | bok enjing kewala | lamun sutah dalêm kampir | ing pagrian kaula yèn parêng lêga ||

12. yèn lajua sampun kêtanggêlan dalu | apan èwêdaya | yèn praptaa wêngi-wêngi | yèn kêparêng ing benjing-enjing kewala ||

13. marma kula aturi kèndêl sêdalu | ing wisma kaula | yèn tan arsa sare panti | asarea wontên ing masjid paduka ||

14. pintên banggi kewala yèn sagêd tumut (213) | jriah[18] ngatêrêna | kalamun lujêng saratri | sêdayane krandhahe Bayipanurta ||

15. mring kaula apan ta wus padha wanuh | kang dados kêbayan | punika pun santri Luci | lêrêsipun nak-sanak lawan kaula ||

16. suka ring tyas sang brangta sarêng angrungu | aris saurira | kisanak para ngecani | anyukêri sawêngi nèng wismanira ||

17. lah punapi maksih doh wismanirèku | kang tinanyan lingnya | dhukuh mêncil kang kaèksi | lah ta ênggèh andika dhingin mantuka ||

18. ri sang wisma anginthar mantuk rumuhun | sapraptaning wisma | wus mangsit mring rabinèki | lajêng manggil ing baturira sêkawan ||

19. mung wong papat kang tumut wisma ingriku (214) | ya ta sami prapta | wong papat wus dèn poyani | suka lajêng ngrewangi ing rabinira ||

20. olah-olah ing pawon langkung abikut | ri wusnya mêngkana | sang wisma mêthuk wus panggih | lan sang brangta nulya lajêng ingaturan ||

21. sapraptane ing dhukuh sang brangta mangu | myat ing palakirna | mawarna langgare cèkli | hèr tumumpang lan rêsiking pêlataran ||

22. sang wisma ling paran ing kêrsanta nêngguh | punapa pinarak | ing wisma tuwin surambi | anauri pênêd surambi kewala ||

23. nulya lajêng mring surambi tata lungguh | mahrib wayahira | lajêng ngambil arastuti | lan sang wisma salat mahrib praptèng isa ||

--- 1-2 : 61 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 7 dari 54

24. wusnya bakda pan lajêng atata lungguh (215) | sang wisma angundang | mring Rubiah kinèn nuli | amêdalna saanane kang sugata ||

25. kang inguwuh Ni Rubiah langkung gugup | anata sugata | ri sampunira anuli | apan nulya sinaosakên mring langgar ||

26. gya tinata sêkul ulam anèng ngayun | sang wisma wêcana | lah dawêg tuan wêwanting | sugatane inggih bok ayu andika ||

27. kang sinung ling ngecani wêwanting gupuh | dyan lêkas anadhah | sêkantuk dènira bukti | sang kaswasih kêlangkung kapiutangan ||

28. mring sang wisma dening cakute kêlangkung | ya ta sawusira | ambêng ingundurkên maring | Jamal Jamil athêkul dènira mangan ||

29. bêsngèk têlu lan pindhang sacuwo gêmpur (216) | bêkamal sêpanjang | sirna datan wontên kari | tumpêng kalih bebas imbuh sêkul bodhag ||

30. langkung merang sang brangta dènira dulu | angling ri sang wisma | adhi sampun isin-isin | pan ingriki pan wus wismane priangga ||

31. anauri Jamal Jamil gih-gihipun | kadipundi kakang | pêngraosipun pun yayi | yèn mawia ringa-ringa mring pun kakang ||

32. nadyan inggih sanak têmbene kêpangguh | pêngraos kaula | lir tunggil sayayah bibi | Ki Nuripin gumuyu asuka-suka ||

33. tan kawarna ing dalu datan winuwus | ya ta byar rahina | lajêng salat subuh nênggih | sabakdane lênggah ngèmpèr tajug samya ||

34. sang abrangta alon wau wuwusipun (217) | dhatêng ing sang wisma | paran ing karsanirèki | punapèstu miling[19] anut ing kaula ||

31. Sinom

1. Nuripin aris saurnya | lan inggih dawêg suawi[20] | kula pitulung ngatêrna | jujuge mring Jayèngwèsthi | sigra Kyai Nuripin | amanggil ing rabinipun | prapta Nuripin lingnya | karia sun badhe ngiring | marang arinira marang Wanamarta ||

2. mung pak Kêbak lan pak Dama | iku kang sun gawa nanging | sira dèn bêcik nèng wisma | mênawa ingsun alami | rabine matur inggih | ya ta sigra mangkat gupuh | ing marga tan winarna | rawuhira pêcat rakit | Wanamarta sang brangta eram tumingal ||

3. tumon srining padhêkahan (218) | agêng anggênggêng kaèksi | awilis kitri kêtingal | dhadhah kinubêng pring ori | roning kang tiris-tiris | têpung janur papahipun | dhusun gêng sri kawuryan | wisma kèh pipit amarik | bêbanjêngan latare asisipatan ||

4. kathah swabawaning desa | janma samya nambut kardi | saliring pakaryan ana | pandhe kêmasan[21] gêndhing | kundhi kêlawan nyingi | sayang anglêbur anggêbyur | kang milantên amarna | undhagi miwah mêranggi | kang angukir-ukir myang karya landhean ||

5. bêlandhong lan karya wisma | karya jungkat suri sêrit |

--- 1-2 : 62 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 8 dari 54

miwah tukang cêkathakan | tuwin tukang sela kêrti | jaid kêlawan gêrji | myang ngêmalo karya payung | miwah karya orean | sèsèr sundhit jala jaring | karya sumbul tambir lampit myang kêlasa ||

6. karya topèng natah wayang (219) | karya golèk lan cêmpurit | miwah sarungan sênjata | karya kêbut lawan kathil | kang lêlês karya godhi | kang gawe epok myang tandhu | angêthèl karya kopyah | panêgar dhalang mêpêki | wong kang sugih lumrah aduwe gamêlan ||

7. miwah ingkang karya larab | tuwin pakaryaning èstri | jor-jinoran nambut karya | pangobèng nênun lan bathik | myang tandho barang pokil | pan limrah tiang sêdhusun | Wanamarta sêdaya | akathah kang sugih-sugih | saking bêrkah Jêng Kyai Bayipanurta ||

8. tan ana budi maksiat | sakèhe wong jalu èstri | têtêp prasamya ngibadah | agami sambi agrami | kèh pinangkaning jalmi | kang têbih-têbih mariku | ngaji lajêng awisma | jênak tan anêdya mulih | sabab dening gampil ngupaya pajiwa ||

9. tan ana ingkang kewuhan (220) | êndi kang dèn karêmêni | ngajia anggaotaa | sarwa akèh sarta gampil | murah sandhang lan bukti | singa kang dèn êdol payu | wawrate ing adesa | gêmahe kadi nêgari | nora nana kêstori kang doracara ||

10. milane samya kêrasan | traping wong wisma miranti | kumpulan akarandhahan | sagotra-gotranirèki | wus kasub ing atêbih | dadya pangungsèning dhusun | miwah tangkar-tumangkar | kang gêgria winatawis | cacah wisma sèwu rêbat langkungira ||

11. sang mong kingkin duk tumama | manjing ing dhusun tulya sri | mulat rakiting awisma | tata narutus taritis | pasitèn gêsik pasir | pagêr jaro nurut lurung | kêncêng sinipat rampak | gapit jêjêt ginêlamit | gumarining sang monêng mulat karênan ||

12. tan mantra-mantra ngadesa (221) | solahing wong pan wus kadi | nêgari rênggêping karya | sabên wisma turut margi | sami andhêdhasari | warung panggêng turut lurung | bango samya tangkêban | ngiras èmpèring wismèki | siang dalu tan ana kukuding dhasar ||

13. dadya pêpaèsing marga | kang dinol[22] mawarni warni | kalithik wêsi kuningan | tuwin sêlaka lan rukmi | miwah sotya myang kêling | pêpak pêpanthan anglajur | grabad samya garabad | kêlithik samya kêlithik | ingkang adi samya kêling-kêkêlingan ||

14. sêlajur samya nyamikan (222) | sêkul ulam amêpêki | myang panganan lah-olahan | wowohan awarni-warni | tuwin yèn nuju Paing | kidul ngarsa pagêr dhusun | bangone bêbanjêngan | kajêng agêng angaubi | kajêng kêpuh bibis boga lan karoya ||

15. saengga lun-alunira | yèn nuju pasaranèki |

--- 1-2 : 63 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 9 dari 54

pan kongsi sêdina pisan | asar andhap bubarnèki | dhasar nèng pinggir kali | kaline kêbak pêrau | gèthèk pring tumpang sanga | gèthèk balok badhe milir | tuwin kathah bakul pipikul dharatan ||

16. miwah momot kêkapalan | sapi-sapèn amêdhati | kalang èdhèg ngiras wisma | sêpalih kang dèn momoti | sasisih dadya panti | gumrit swarane asêlur | cikar kèsèr èluran | momotan awarni-warni | bêlantikan wade kapal myang maesa ||

17. kang tumamèng padedesan (223) | Sang Monêng lawan Nuripin | lon-lonan sarya ngandika | abênêr tuturirèki | dene sangêt munjuli | sêsamaning dhusun-dhusun | tan wontên mêkètêna | gêmahe kadi nêgari | Ki Nuripin umatur inggih punika ||

18. kaharjaning Wanamarta | bêrkahipun Jêng Kiai | Bayipanurta utama | muktine kadi bupati | sang mong kung naur inggih | kyai gêng mangunahipun | mêngkana urut marga | kathah ingkang kapiarsi | kang gamêlan ngrêrangin wênèh têrbangan ||

19. pasang rekaning pagrian | anggênggêng marik apipit | gêng-agêng kampung limasan | joglo singub tawon boni | rumat kadya priayi | pêndhapa gandhok lan lumbung | pawon kandhang gêdhogan | tajuk sarta lawang kori | myang pakiwan bakupon lan pambathikan ||

20. kang para sugih mêngkana (224) | rakiting wisma miranti | kang duwe awirya-wirya | angkuhe wus kaya mantri | samya ulah kamuktin | lan têtêp ibadahipun | latar rêsik sinaba | ing ayam putih kêbiri | miwah dara Prèsi myang banyak kambangan ||

21. sadhewe-dhewe rekanya | ungkul-ingungkulan sami | lawang kori ingapikan | samya pinipil arêmit | myang pinulas mawarni | supaya amrih kadulu | kang liwat pêpasaran | solahe samya birai | pinarantèn lawang dadya pêngampiran ||

22. sang mong wingit kawilêtan (225) | laju malih aningali | masjide agêng nèng têngah | gumuruh santri angaji | dhasar amangku kali | kaline agêng binêndung | ingêjogên balumbang | balumbang agêng ing masjid | toyanira awêning pan kadya kaca ||

23. ingingonan ulam kathah | sagung kang ulam bênawi | pan kinarya kêlangênan | ulam pinatut ing gêndhing | ulam panyuwuk adil | lawan ulam jalma kampuh | ulam sêmune duka | ulam rare anggêlidhig | lawan ulam kang marga karya simpangan ||

24. kang ulam balung kêlapa | ulam ginunggunging laki | lan ulam pada kacarma | ulam tambanging undhagi | ulam tansah angradin | myang ulam manggung tan emut | ulam janma mêlarat | ulam pamiwaling laki | lawan ulam janma bêsus bebedhangan ||

25. lan ulam jayèng kalpika (226) | ulam panggugahing jalmi | ulam panjaluking potang | myang ulam saptaning kaki |

--- 1-2 : 64 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 10 dari 54

ulam groboh ing kardi | ulam pamêkasing laku | ulam nêmu kelangan | ulam pandaming wong kêmit | lawan ulam jalma wirè abusana ||

26. kang ulam guthul gambira | lawan ulam wohing dami | kang ulam luar binanda | tuwin ulam tansah asih | lan ulam bênang rukmi | miwah kang ulam prang musuh | ulam kayu pinasah | ulam pangêsuking jurit | lawan ulam sêmune jati angarang ||

27. tuwin ulam netra jingga | lan ulam rangkêp kulambi | ulam timbrah ing wêdêlan | lan ulam rusaking baris | myang ulam wiji sami | lan ulam pangulu-ulu | ulam jalma carita | ulam cirining atitik | tuwin ulam kasusu ngombe kasatan ||

28. lawan ulam manggung suta (227) | myang ulam wêtêng malênthi | kang ulam pamêthès warah | ulam pawèh kèn nanggapi | ulam ambobolèhi | lan ulam jêjêring wuwus | kang ulam jamang jaja | ulam pêraboting mantri | lawan ulam tumbak pangêndhak dipangga ||

29. myang ulam agung kêtingal | tuwin ulam rêmbug dadi | lan ulam bêsus ingundha | myang ulam sêsawat kancil | lan ulam dangdang cêmpli | lawan ulam thèrèk badhut | ulam sasawi dhadhah | lawan ulam sudhung pêksi | tuwin ulam kang wus padhang-pinadhangan ||

30. lawan ulam mathis ganja (228) | lan ulam sêngkrok kalêntik | lawan ulam anggung ganda | myang ulam tansah ajurit | miwah ulam tumbak pring | lawan ulam jalma busuk | myang ulam kêpanasan | lawan ulam piring siti | tuwin ulam bêdhandho manah kewuhan ||

31. lawan ulam wêdhus jamprah | ulam patut anggêntèni | lan ulam pacul katuan | tuwin ulam dhangdhang langking | kang ulam jatmikani | lawan ulam ngabên dhuwung | myang ulam janma wayang | lan ulam rada abaring | miwah ulam rare kudu milu lunga ||

32. kang ulam kayu ginangsa | ulam panggrêsahing santri | lan ulam ngêpuh parudan | myang ulam pangêgol siti | tuwin ulam ngêmpoki | lawan ulam matêng sêpuh | ulam èstri katawan | lan ulam tan kêna lali | lawan ulam jalma godhèg brêngos capang ||

33. ingkang ulam anggung sirna (229) | lan ulam kincanging alis | lan ulam sêlamêt sawah | ulam palanging wong bathik | ulam kêlalar mênir | ulam pangundanging kuthuk | ulam judhêg ing lampah | ulam kêtanggungan linggih | lawan ulam ngintir-intir naur utang ||

34. tuwin ulam kadang tua | lan ulam tarêbang muni | lan ulam kênya busana | ulam nitya pucat isin | ulam sapuluh dhuwit | ulam pamiwiring kapuk | ulam tansah mimilang | ulam rimbaganing picis | lawan ulam jalma kèh tansah arungan ||

35. jawabe ingkang wangsalan | ulam kang tumrap ing gêndhing | kang kinarya kêlangênan | badhene sawiji-wiji | tambra panyuwuk adil | badhèr ingkang jalma kampuh |

--- 1-2 : 65 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 11 dari 54

mangut sêmune duka | gramèh rare anggalidhig | ulam sidhat marga kinarya simpangan ||

36. bêthok kang balung kêlapa (230) | mèlêm ginunggung ing laki | tarumpah pada kacarma | sêpat tambanging undhagi | papar tansah angradin | kêlalèn manggung tan emut | jambal jalma mêlarat | pacal pamiwaling laki | ulam lele jalma bêsus bebedhangan ||

37. jayèng cincin wirasoca | têngiri pênggugah jalmi | tagèh panjaluking potang | lêmpuk kang saptaning kaki | wagal groboh ing kardi | bêrod pamêksaning laku | sili nêmu kelangan | kêting pandaming wong kêmit | ulam badhèr jalma wire abusana ||

38. ucêng kang guthul gambira (231) | wadêr pari wohing dami | kocolan luar binanda | wêlut ingkang tansah asih | marêmas bênang rukmi | jagaripu pêrang mungsuh | pêlus kayu pinasah | surung pangêsuking jurit | sênggaringan sêmune jati angarang ||

39. ulam bèlès netra jingga | lopis rangkêping kulambi | balutak timbrah wêdêlan | kadhalan rusaking baris | cakul kang wiji sêmi | dêlêg kang pangulu-ulu | kotès jalma carita | tawès cirining atitik | ulam kakap kêsusu ngombe kasatan ||

40. bêlanak anggung susuta | bèkèl kang wêtêng malênthi | rêngarêng pamêthès warah | palung pawèh kèn naggapi | urang ambobolèhi | kada jêjêring pamuwus | kêlalung jamang jaja | rêbon pêraboting mantri | titikusan tumbak pangêndhak dipangga ||

41. totog kang manggung katingal (232) | giligan kang rêmbug dadi | gambrêt kang bêsus ingundha | bêncolèng sêsawat kancil | jijindhil dangdang cêmpli | larong ingkang thèrèk badhud | jaligêr sawi dhadhah | susuh ingkang sudhung pêksi | damarwulan kang wus padhang-pinadhangan ||

42. sêbit lentar mathis ganja | sogokprana sêngkrok klêntit | lumbêt ingkang anggung ganda | pamprang kang tansah ajurit | garanggang tumbak êpring | ulam lundhu jalma busuk | êpe kang kapanasan | lopèr ingkang piring siti | ulam grago bêdhandho manah kewuhan ||

43. barok ingkang wêdhus jamprah | sanggrêng pantês anggêntèni | bogêrang pacul katuan | gagakan kang dhangdhang langking | gatêng kang jatmikani | kacangan angabên dhuwung | dhalang janma amayang | galêndhêng rada abaring | pan kaluyu rare kudu milu lunga ||

44. arêng kang kayu ginangsa (233) | sêbut panggrêsahing santri | mêrêsi ngêpuh parudan | ungkil pangêgoling siti | bêkêm ingkang ngêmpoki | jêmblung kang amêtêng sêpuh | boyongan èstri tawan | uling kang tan kêna lali | pan jabrisan jalma godhèg brêngos capang ||

45. sumbilang kang anggur sirna | udhèt kang kincang ing alis | bulus sêlamêting sawah | dhawangan palang wong bathik | kêtul kêlalar mênir | kura pangundanging kuthuk | kodhok judhêging lampah | bangkong kêtanggungan linggih | pan parêcil ngintir-intir naur utang ||

--- 1-2 : 66 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 12 dari 54

46. kongkang ingkang kadang tua (234) | cebong kang tarêbang muni | yuyu kênya abusana | bayas nitya pucat isin | koangan[23] dasa dhuwit | bibis pamiwiring kapuk | kijing batur maejan | wadêr pethak rimbag picis | ulam sriwêt jalma kèh tansah arungan ||

47. tumon srining sasêkaran | samya pinatut ing gêndhing | kang sêkar jabung payudan | lan sêkar mandhêg anolih | sêkar panggugah mantri | miwah sêkar jayèng mungsuh | lan sêkar kabêndana | lan sêkar panida radin | miwah malih nênggih kang sêkar wiraga ||

48. lawan sêkar anggung liwat | miwah sêkar soring alis | kêlawan sêkar kapita | tuwin sêkar pondhoh cêngkir | sêkar panambang pêksi | lawan sêkar waja jamus | miwah sêkar angkatan | lawan sêkar jalma mantri | anêlasar pêrawan mati sêpata ||

49. lawan sêkar kasêntana (235) | myang sêkar bonang kapêncil | lawan sêkar palinyokan | miwah sêkar netra arip | sêkar panambang janmi | lawan sêkar janma susun[24] | lan sêkar cacad awak | tuwin sêkar ganda wilis | lawan sêkar ing prênah kêdah kapisah ||

50. miwah sêkar mangan ujar | lawan sêkar soring wêntis | tuwin kang sêkar kasumpah | kêlawan sêkar sridênti | sêkar boboting kawi | lawan sêkar jalma sêpuh | sêkar kang tanpa ngucap | sêkar tan patut ing gêndhing | lawan sêkar ingkang kapisah ing toya ||

51. miwah sêkar jêjamahan (236) | lawan sêkar aprang tandhing | miwah sêkar mangku praja | sêkar kêncana rinujit | sêkar kang asung warti | sarpa sênên anggung mungsuh | nututi mandhi angkah | lan sêkar bapakne kaki | sungsung guyu sah pria anitih swara ||

52. dene jawabe kang sêkar | sêkar kang munggèng ing krami | jêlamprang jabung payudan | gianti[25] mandhêg anolih | wungu panggugah mantri | sêkar bopong kang pinanggul | kêlak[26] kang kabêndana | kapuranta nida radin | sêkar pudhak nênggih kang sêkar wiraga ||

53. wora-wari anggung liwat | prabusèt mata sor ngalis | kêmuning sêkar kapita | sêkar sempol pondhoh cêngkir | mênur panambang pêksi | mêlathi kang waja jamus | tanjung sêkar angkatan | wong araga jalma mantri | rara kêndhat pêrawan mati abela ||

54. sêkar dhangan kasêntana (237) | lênga têlêng aningali | gambir ingkang ati bêgar | kênanga bonang kêpêncil | katambang wong anali | wong arumpuk jalma susun[27] | pacar wong pipisahan | widasari ganda wangi | raga ina kang sêkar cacading awak ||

55. orok-orok mangan ujar | sêkar sempol soring wêntis | kang kasumpah sêkar sungsang | sridênti sêkar srigadhing | bobot sêkar wratsiki | mandhakaki jalma sêpuh | mangunêng tanpa ngucap | saruni tan patut gêndhing | pacar banyu sêkar kapisah ing toya ||

--- 1-2 : 67 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 13 dari 54

56. purba nagri mangku praja | turi ingkang netra arip | sundêlmalêm jêjamahan | dalingsêm susung guywèki | kêlayu anututi | sêkar soka anggung wuyung | linyok kang puspa nyidra | dalima wantah prang tandhing | kang adhakan nênggih kang sêkar cêpaka ||

57. rêmbuyut kakining bapa (238) | talutur kang angsung wêrti | argulo kang mandhi angkah | sarpa sênên nagasari | karandhang sah ing laki | jagasatru anggung mungsuh | kêncana rinumpaka | sêkar mas ingkang kinikir | nitih swara nênggih kang sêkar balurak ||

58. miwah kang kitri mawarna | samya pinatut ing gêndhing | uwoh pangêbanging basa | lawan woh aso ing margi | woh madu[28] ambêkicik | lan woh kang tinantang purun | uwoh sobrahing sirah | lawan uwoh tumpang titih | tuwin wohing jalma cidra ing sêmaya ||

59. miwah uwoh kaca netra (239) | lawan woh luntur ing siti | tuwin woh turangga buntal | lawan woh wangsul ing margi | lan woh saranging mangsi | woh kêna tansah kêbrawuk | miwah woh tanpa basa | lawan woh trapsila ajrih | lawan uwoh ciri pratandha nawala ||

60. miwah uwoh asung pêkah | miwah woh dadalan bayi | tuwin woh nora atata | lan woh pamuluking bukti | myang woh rasaning gêni | lan woh pêparoning puluk | miwah woh têgal bangka | kang uwoh munggèng raragi | lawan uwoh jalma busana rikatan ||

61. miwah uwoh ngancam-ancam | lawan woh rare nututi | tuwin woh pada gininda | lan woh wismaning priayi | miwah woh anggung tilik | lan woh pêngantèn wus atut | [...] |[29] lawan woh kêsusu aglis | lawan kang woh tomboking jalma totohan ||

62. jawabe ingkang wangsalan (240) | uwoh ginurit ing gêndhing | gêdhang pangêbanging basa | durèn kang aso ing margi | pakèl kang ambakicik | kuwèni tinantang purun | rambutan sobrah sirah | kêpundhung kang tumpang titih | pan kêleca jalma cidra ingubaya ||

63. sêmak ingkang kaca netra | manggis kang luntur ing siti | nangka kang turangga buntal | balimbing wangsul ing margi | jirak saranging mangsi | sawo kang tansah kabrawuk | kokosan tanpa basa | dhuku kang trapsila ajrih | pan kêcapi ciri pratandha nawala ||

64. srikaya kang asung pêkah (241) | jêruk dadalaning bayi | warêsah kang nora tata | kêpêl pamuluking bukti | nanas rasaning gêni | dalima paroning puluh | maloa[30] têgal bangka | jambu kang munggèng rêragi | dhuwêt ingkang jalma busana rikatan ||

65. gayam kang ingancam-ancam | kilayu rare nututi | pijêtan pada gininda | pêlêm wismaning priayi | malinjo anggung tilik | carême pêngantèn atut | galêmbak siti andhap | salak kang kêsusu aglis | mundhu ingkang tomboking jalma totohan ||

--- 1-2 : 68 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 14 dari 54

66. kêluwih punjul wilangan | sukun kang wus kaki-kaki | sêntul kang walêsan pikat | êlo ingkang pêndhok warni | maja jalma pêpênging | bulu ingkang sandhang manuk | kawista akèn luar | gowok êrong munggèng kitri | apan wuni panatabe ing gamêlan ||

67. pala kapêndhêm kasimpar (242) | samya pinatut ing gêndhing | pala kang rare ugungan | lawan tandha warêg bukti | pala minggah ing ardi | pala mênawa andulu | myang kang kêpala ngarsa | kang pala toyaning tangis | lawan pala agung dadya mungmusuhan[31] ||

68. pala têlasing pêmangan | lawan pamudharing wèni | kêpala bojoning bapa | tuwin pala talang kêndhi | kanimpang aningali | miwah kang wiwinih padu | lawan pangêpe raga | kang pala kumudu amrik | miwah wohing pala nora bêbarêngan ||

69. lawan pala kêlumpukan | pala kang cêtha ing uni | kang kasuwèn ing memean | pala basa krama adi | myang kêsêmêkan wilis | pala gêring pipi lêmu | miwah pangudhal bênang | pala basa lagi-lagi | lawan pala parang jaja ing wanodya ||

70. jawabing pala kasimpar (243) | myang kapêndhêm kang ginêndhing | jagung kang rare ugungan | têbu tandha warêg bukti | sêmangka minggah ngardi | timun mênawa andulu | krai kêpala ngarsa | waluh kang toyaning tangis | wohing bêstru anggung dadya mumungsuhan ||

71. otèk têlasing pêmangan | pare pamudharing wèni | lombok kang bojoning bapa | terong ingkang talang kêndhi | cipir nimpang ningali | kara kang wiwinih padu | gudhe pangêpe raga | kumangi kumudu amrik | ranti ingkang praptane nora barêngan ||

72. kimpul ingkang kêlumpukan | kêtela cêtha ing uni | kênthang kêsuwèn memean | uwi basa krama adi | gadhung kêkêmbên wilis | gêmbili gring pipi lêmu | walur pangudhal bênang | suwêg basa lagi-lagi | pan bêsusu parang jaja ing wanodya ||

73. kacang pangugêr turangga (244) | kadhêle sindhêting tali | wijèn maju prang priangga | kangkung kang prêkutut muni | bayêm wus mari brangti | pête kang marga binuntu | jengkol sinjang kapêlag | kêmlandhingan kêmbar jurit | kang kaluak[32] trênggalung kang tanpa baga ||

74. kêmiri pêngèmbèt karya | sumanggi sumêlang ati | pucung sêlaganing manggar | pace poyok ngisin-isin | pakis nora ngrêmbugi | gundha patrapaning luput | lumbu sutra rang-rangan | sambèng pangundang putrèstri | apan laos wiji èsèl wuwutuhan ||

75. sang mong kung praptèng Kauman (245) | saya kèh rerekan apik | kèndêl sakêdhap nèng lawang | korine Ki Basarodin | ingukir pinulas sri | sinungan bale ingayun | padasan keri kanan | jrambah pinalêstèr rêsik | pinarantèn parèrènan gon asalat ||

76. bakupon inggil atawang | darane sêdaya putih | anjêprah lagya pinakan |

--- 1-2 : 69 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 15 dari 54

sang sèh tanya mring Nuripin | lah ta apa puniki | Ki Panurta dalêmipun | Nuripin aturira | dede punika kang kori | Basarodin pan pêngulu wismanira ||

77. mangke pan wetan punika | sampun cêlak saking riki | nulya laju lampahira | arêrasan turut margi | Nuripin mratelani | sêdaya patakènipun | wismane pra sêntana | kadang kulawangsa sami | myang sudagar kang sugih-sugih sêdaya ||

78. dene wismane pra kadang (246) | samya madu rêsa pinggir | kinarya pêngawat-awat | wêwaton prakosèng tamping | Suarja wismanèki | padon lèr kilèn jro dhusun | Wiradhustha lèr wetan | Ki Panukma pan wismèki | kidul kilèn Ki Panamar kidul wetan ||

79. wuragil Ki Kulawirya | wismane cêlak ing kori | korine jêng kyai ngarsa | nuntên salêbêting kori | wismane putra kêkalih[33] | Jayèngwèsthi kilènipun | kang wetan Jayèngraga | dadya jêng-ajêngan kori | kilèn wetan lawang korine kinêmbar ||

80. nulya laju lampahira (247) | tumingal langêning margi | sajake padesan arja | kang warnane kang[34] mêthuki | momotan jaran sapi | kang gegendhong amimikul | ayom margi tan panas | dening kitri pinggir margi | sêntul jêring pring wulung êso lan salam ||

81. kadhang kapapag jodhangan | sinamiran sêrbèt putih | asêlur rakit sasrahan | gumarudug jalu èstri | anandhang sarwa adi | kang anèm birai bêsus | lakune kêlècèran[35] | ungkure kapêthuk malih | ing pêngantèn wus wayu wayah sêpasar ||

82. Nuripin akutawèlan | andêrmimil turut margi | jodhangan ingkang kêpapag | sasrahane Ki Mukidin | besane lan Nurngali | inggih sami sugihipun | dene pêngantèn luas[36] | wetanipun Ki Mukidin | wisma ingkang kaliwat wau punika ||

83. wontên wong ngriki sêtunggal (248) | sugihipun anglangkungi | namanipun pak Rajiah | yèn jakat êmas sêkati | prandene lir wong miskin | panganggene kluwuk-kluwuk | sabuk walulang mêntah | udhêng luas ting saluwir | padinane pamère inggih mêngkana ||

84. ya ta mulat rare dolan | bengkat bikir cirak umbris | kang bênthik samya gendhongan | gumêdêr wênèh anangis | myat tanggapan salirning | ambêbarang gambang calung | topèng lènggèr barongan | wayang bèbèr myang karucil | trêbang mena miwah barang ura-ura ||

85. Nuripin lawan sang brangta | prapta nataring masigit | arêsik rata ajêmbar | kitri wuni lan waringin | pakèl kawak kawan wit | asêm tanjung langkung seub | joge margi prapatan | sayah kèh wong myang rarwelit[37] | gêdrah ramya wênèh janma pêpanahan ||

--- 1-2 : 70 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 16 dari 54

86. ingkang têgar kikitêran (249) | nglarug bêlo ambakali | tinêgar ngiras dagangan | kang wus mèdêm ngangkat nyirig | myang kang lagya angradin | jojog congklange linajur | amrih rikat adhean[38] | akèh warnaning turanggi | ingkang kore thokol Kêdhu lan Kaduang[39] ||

87. Ki Wuragil Kulawirya | angêthingkrang anèng kursi | sarwi pinikul wong papat | ingiri[40] santri rarywalit | panakawane ngampil | rokok lopak-lopakipun | panah endhong gandhewa | talêmpak lan payung alit | nèng luhuring kursi sarwi ngundha-undha ||

88. êmprit muluk akalangan (250) | ambêblês katon sabibis | pêngundhan pinonthang ing mas | sêlaka sinilih asih | anulya dèn ulungi | pangundhan êmprite mudhun | gambrêt mencok pêngundhan | kang têgar mudhun samya jrih | Kulawirya angling têtêgar tutugna ||

89. nulya êmprite ginusah | muluk nuntung ing waringin | binarungan rare kathah | kang ngundhamprit samya êmprit | glathik sami gulathik | pan sinambi andudulu | janma kang jêmparingan | Kulawirya langkung mukti | sasolahe kadya putra ing nêgara ||

90. nyampinge sarung pêlungan | sabuke pêlangi abrit | rasukan kuthungan pêthak | dhêsthar kumbaya kustabrit | cathokan amêlipit | pèncèngan sêmada gêndhung | gêndhung labêt ugungan | ingugung mring jêng kiai | sasolahe karsane nora kêpalang ||

91. sang monêng aris ngandika (251) | sintên puniku Nuripin | nunggang kursi ngundha-undha | êmprit kadya rare alit | Nuripin matur bisik | puniku wuragilipun | jêng kyai pan punika | ladak tan wontên dèn jrihi | yèn uninga mring kula lajêng sêmbranan ||

92. jenggot kula gung sinêbrak | gur-anggure jèwèr kuping | pan anyakitakên awak | mawi[41] enggal nimpang riki | korine Ki Sêbagi | jumênêng lajêng nêrutus | lawang kori piambak[42] | piambak awarni-warni | kir-ukiran pulasan areka-reka ||

93. mung undha-usuk kewala (252) | sajake kori pan sami | mawi bale parèrènan | sabên-sabên lawang kori | padasan nganan ngeri | bakupon inggil lir panggung | pêksine rupa-rupa | wontên rêmên dara gambir | wênèh topong têlampik cêlêp lan megan ||

94. swarane pêksi ingonan | dêrkuku putêr ngalap sih | bèthèt nori jaka tua | gêmak jago lan gulathik | jalak menco sulindhit | prêkutut manggung munya kung | cumêngklung nèng gantangan | sêmuning desa saya ari |[43] sang mong wuyung sumêdhot kadaut ing tyas ||

95. karasèng sêsananira | duk mêksih muktyanèng nagri | tumingal arjaning desa | tan pae lawan nêgari | randhat lampahe sarwi | awaspa sinamur-samur | myarsa gamêlan raras | salendro myang Carabali | ingkang pelog panabuhe lilirihan ||

96. kang mungêl amung titiga (253) | gambang rêbab lawan suling |

--- 1-2 : 71 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 17 dari 54

nora dhompo wilêtira | sarancak tangkêpe sami | unine gong ngagêngi | andule Bima gumuyu | ngalêp-alêp ngumandhang | saron imbal ukur jawil | bêming kêndhang sumèntêg irama lamba ||

97. sang monêng alon ngandika | marang sira Ki Nuripin | dene puniki kang desa | pamutihan gama suci | kêni gamêlan muni | lah punapa sababipun | Nuripin aturira | wontên dene ingkang mawi | inggih saking Jêng Kyai Bayipanurta ||

98. saking agêng maklumira (254) | kamuktèn tan dèn larangi | tuwin kasabing pajiwa | sakedahipun dumugi | ing sêdhusun puniki | sangkêp pênggaotanipun | mapan wontên sêdaya | dalah dhalang topèng ringgit | tlèdhèk badhut niaga[44] sami gêgria ||

99. mila sangsaya agêmah | wus kacêluk ing atêbih | têbih kathah sami prapta | dhumpil mupangat Jêng Kyai | Bayipanurta nênggih | sabar mot among amêngku | mitulung ingapapa | pêparing mring pêkir miskin | sêdesa pan sami kinulawisudha ||

100. tan ana sinungan rêngat | pêradhah ing bojakrami | rahab abêtah mumulang | mring awon pênêd gêng alit | kang ngalap wulang sami | sinami talatènipun | tan ana kang bineda | mila wong sêdesa sami | ajrih asih anggêpe ambapa biang ||

101. marma wong wisma sangsaya (255) | kathah wit dhangan mèt melik | apan sarwa sarwi ana | lan malih cêlak pasisir | gampang pambuangnèki[45] | lamun wong adol tinuku | mila tiang sêdesa | tan ana kang kirang bukti | sawawrate pan sami cêkap sêdaya ||

102. dene Ki Bayipanurta | pan wus saengga bupati | kêlangkung mukti wibawa | keringan ing kanan keri | tuwin sagung bupati | anggêpe ambapa tuhu | dhasar wus masuk sama | angalap ing lair batin | ing kawruhe Jêng Kyai Bayipanurta ||

103. botên songar samudana | watêke Jêng Kyai Bayi | sabên myat tiang mêlarat | kêcupêtan ing rijêki | jêng kyai mêrbês mili | awêlas nulya tinulung | paring sandhang bêlanja | anggêr tumingal wong miskin | majadipun punika kyai anggombal ||

104. prandene wêwah-mawêwah (256) | kirang pirsa ingkang mawi | sang among kung lon lingira | layak puniku kang mawi | wêlasan ingkang sami | mring wong nistha kinarya yu | Jamal Jamil anjawab | mring Nuripin anakèni | gih punapa botên wontên wong durjana ||

105. dene ronggèng anjêlanah | wong adol tike wêradin | pêkumpulaning wong ala | Nuripin nauri aris | wikana kang amawi | tan wontên jalma lampah dur | kathah tiang dursila | yèn sampun wisma ingriki | pan rahayu ilang dursilaning dria ||

106. pan mêkètên kang timbalan (257) | nênggih Jêng Kiai Bayi | sun dongakên maring Allah | sakèhe nak putu mami |

--- 1-2 : 72 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 18 dari 54

muga sinunga eling | cukuling budi rahayu | aywa na doracara | dursila kang laku juti | malah mandar padha rahaba sêmbahyang ||

107. limang wêktu kang kêwasa | pirabara yèn nêtêpi | mung sêlamête kewala | atine kang maring bêcik | sêgawe-gawenèki | anggêre budi rahayu | iku jênêng ibadah | ia pênggawe kang bêcik | nanging kabèh karêpe kudu sêmbahyang ||

108. sabotênane sêmbahyang | jumuah[46] salat ing masjid | mêkotên tiang sêdesa | nadyan têlèdhèk gih sami | datan maksiat[47] budi | Jamal Jamil manthuk-manthuk | yèn mêkotên utama | mangunahe jêng kiai | Ki Nuripin ngling gih-inggihane uga ||

109. gih malih kula akandha (258) | randha Wanamarta ngriki | nuju sami apêpasar | mring Sobrah pasare Lêgi | wong Sobrah angrêmêni | sangêt kedanan anglamung | marang randha punika | ngantos ngêtutkên mariki | praptèng ngriki tyasipun mantun kedanan ||

110. nadyan wong durjana niat[48] | mêmandung-mandung ingriki | yèn wus malêbêt ing dhadhah | manahe tan ika-iki | dumadakan tan apti | ilang niate mêmandung | banjur sanja kewala | mring wong sanakipun ngriki | wus mêngkana mawane ing Wanamarta ||

111. Jamal muwus inggih talah | golonganing desa wingit | tan kêna kambah ing corah | Jamal Jamil angling malih | dika kantun nèng riki | sakêdhap kularsa tuku | kêpengin sêga pindhang | nulya jajan wong kêkalih | srabi puthu jênang sêga ramês pindhang ||

112. athêkul patukon mirah (259) | wong roro wolulas dhuwit | mêngkana Sèh Amongraga | laju manêngah samargi | margi anggung ningali | kathah warnaning pandulu | wong lumampah sêluran | mandah[49] yèn nujua Paing | saprandene[50] asring nimpang ing pêgagan ||

113. Nuripin matur atêdah | punika lawange kori | Jêng Kyai Bayipanurta | korine pan tundha katri | tan wontên kang nyamèni | inggih pasang rakitipun | Amongraga tumingal | nulya laju manjing kori | kèndêl anèng wisma kampung pananggêlan ||

114. kampung dara gêpak pelag (260) | pinipil patra angrêmit | tumpangsari pamidhangan | dhadha pêksi sunduk kili | singub ingukir apik | pêngapit lis-lisan alus | sirap gêndhèng bêranang | wuwung cênthing ukêl pakis | èmpèr cangcut cukitan dhanyang rurupan ||

115. umpak cêcandhèn simbaran | bêbatur dèn palêstèri | arêsik kang pêlataran | kanan keri dèn tanêmi | tanjung kawan wit sisih | dèn pluk gêbyog kêliripun | gapit bulêd lis-lisan | kiwa têngên pantog kori- | nira wetan kilèn samya jêng-ajêngan ||

116. kori palêngkung rineka | kaluwung angêbêb warih | labur ingukir lunglungan |

--- 1-2 : 73 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 19 dari 54

undhak-undhakan arisig | kinêmbar-kêmbar rakit | kêlir têpung kori ngayun | pisan kampung bêlaka | lis-lisan pinulas asri | sawêtara ingukir cêplok kêmbangan ||

117. samya sirap gêgêndhèngan (261) | anggêr sabên lawang kori | kiwa têngêne padasan | lawang paregolanèki | samya pinipil-pipil | pilar myang sêsakanipun | pipi kupu tarungan | talundhag tambêm[51] ingukir | myang bêlandar pêngêrêt ukir-ukiran ||

118. kiwa têngên tinanêman | sawo jajar kawan sisih | gêbyog kêlir pantog lawang | kori têngah tan paèki | kêlir kang kilèn kori | sawiji lawang palêngkung | kêmbang labur pulasan | ginapura lit kang kori | masjid dhara gèn têrawèh pra sêntana ||

119. mung kadang warga kang ngambah (262) | sêmbahyang siang myang ratri | rêsik kinubêng balumbang | balumbang mili awêning | anjog angapit kori | turut pinggir gêbyog lajur | toya asêrewehan | tumumpang pasitèn gasik | para desa gêng-agêng tan mêngkanaa ||

120. dalême Bayipanurta | kang wau kang angyasani | kathah bupati utusan | paring wragad myang undhagi | kadhang mriksa pribadi | kang wus samya bapa tuhu | miwah para nakoda[52] | ing pasisir samya prapti | myang priayi ngabèi lan putra-putra ||

121. dalêm pêndhapa pêcak |[53] wolung dasa lambangsari | kang kinarya kayu sana | bêlandar takir ingukir | singub myang dhadha pêksi | sêsaka ingêlis alus | bêbatur palêstèran | ompak sela pik ingukir | jagasatru kampung panjang tinalangan ||

122. kinêkêt lawang panirat (263) | ing dalêm gêng tawon boni | ginandhok-gandhok limasan | ingarsa kori gêng lêmpit | janela[54] krepyak ngapit | linis panil tangkêbipun | tritis talang srumbungan | wuwung labur lis ingukir | tirahira jêmbangan tutup kinêmbang ||

123. buntaring wuwung pinatra | trap anjênthir ngukêl pakis | pinulas atuturutan | pêpayon sinirap sami | gêndhèng sumringah abrit | sêdaya pagrianipun | gêng alit ginêndhèngan | latar tinanêman kitri | kang saparik pêlêm gandhik dodok[55] krasak ||

124. sêngir santog madu bala | saparik jambu bang putih | kalapok[56] arum drêsana | tumruna sawo saparik | soring janela[57] kitri | pacar Cina sêkar marum | jêmbangan gêng ngingonan | wadêr kok jêlebrah abrit | sajêmbangan bêranang ngapit panirat ||

125. ya ta wau sang abrangta (264) | nèng pananggungan alinggih | Nuripin aris turira | dalêm kèndêl kula manjing | ngupaya santri Luci | badhe kula kèn sung wêruh | dhatêng Ki Jayèngraga | yèn botên mring Jayèngwèsthi | salah siji singa ingkang kêpanggiha ||

--- 1-2 : 74 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 20 dari 54

126. sang mong wingit angandika | sakêrsanta ngong umiring | Ki Nuripin sigra mentar | prapta ing jro angulati | dangu datan pinanggih | ya ta wau kang winuwus | Jayèngraga nèng wisma | wismane apik gumrining | nora gêdhe tan cilik apan sèbêtan ||

127. lumajang gandhok kampungan (265) | pêndhapa sami lan wingking | pêcak sèkêt sasur magak | singub pinatra arêmit | blandar serong ingukir | sunduk kili linis alus | saka patra patrapan | umpak candhèn sela langking | jrambah batur pinalêstèr jojobinan ||

128. èmpèr longkang tinêratag | ingarsa kewala asri | rinambat anggur ngrêmbaka | pinarate[58] ginaribig | alus pinulas apik | pinêrada lung winêngku | kêtêb gêndhèng tinalang | cagaking talang ingukir | kori lêmpit têbêng patra papêradan ||

129. ing panirat bale pelag | bênèt papradan sêrakit | ingriku[59] panêratan | kilènipun masjid alit | gumarining rekaning | rakitnya lir masjid agung | sakaguru giligan | dhinanyang kang sunduk kili | linis bulêt pangimanan mimbar endah ||

130. kiwa têngêning panirat (266) | kulah gêng kinêmbang adi | pinulas-pulas rineka | ingingonan wadêr abrit | jlebrah bêranang asri | gêbyog pagêr kêliripun | tinurut sêsêkaran | samya jinêmbangan bêling | latar kitri sawo lan jambu drêsana ||

131. wetan mêndhapa[60] gêdhogan | pêngantèn kudanya kalih | sawiji kore dhawuk bang | lan daragêm Margawati | mêngkana Jayèngragi | kang raka rawuh mrêtamu | lênggah anèng pêndhapa | Jayèngraga ragi pinggir | ingkang êlèr lan kang garwa wurinira ||

132. sêlir titiga sor ngayap (267) | kabèh yu kuning gumrining | Jayèngraga ngure rema | rema têlês mêntas gunting | kalung pasatan putih | sarwi gêbêg tekonipun | mêncèrèt kilah-kilah | ginêbêg ing sêrbèt putih | apan sarwi udud kalukuk Bênggala ||

133. nyamping kawung latar pêthak | pêningsêt wungu walulin | dhuwung ingampil sêlirnya | dhêsthar prangrusak kêlithik | ebro[61] mupuk inginggil | jrih ing raka kurmatipun | Jayèngwèsthi alênggah | kêlasa batu pribadi | nyamping sarung kêmbang Cina kakêlêngan ||

134. apêningsêt gêdhog jênar | rasukan jubah sêmbagi | biru corak kêmbang tiba | arangkêpan takwa putih | dhêsthar modang aputih | sêmada masêm asêmu | sarwi ngasta ukiran | dèrèng pinacak ing kêris | sarwa sêdhêng wangune ginêbêg gilap ||

135. saosan patean[62] ngarsa (268) | myang tenongan isi manis | lan dhadharan jing-enjingan | juadah ledre surabi | gêmblong lèmpèng lan wajik | jênang carabikang puthu | wedang kopi lan puhan |

--- 1-2 : 75 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 21 dari 54

nèng êkan rêjasa putih | ulam dhèndhèng bakaran kandêl gêpukan ||

136. ngayun kantor panuratan | myang rekal kitab tan têbih | têpsir jalalon[63] kitab[64] | sitin asmrakandhi pêkih | myang suluk bayanmani | suluk kadim kang tinurun | kang ngadhêp ngarsanira | santri wasta Jalalodin | sing Kalangbrèt warti pênêd swaranira ||

137. lawan wong masah gêndhewa | nyugu dêdêr nglar-êlari | jêmparing kinarya lesan | myang mranggi lagya nyawangi | kajêng timaha kêndhit | miwah wong akarya tulup | lawan kang masah gambang | dhalang niaga pênyuling | dèn encokên nêming gêndèr rarasira ||

138. kang raka aris ngandika (269) | mring kang rayi Jayèngragi | para iki nora jamak | akèh kang sira dhêmêni | tan mambu trah ngulami | lir wong nêgara angkuhmu | sabarang rinêmênan | gêgaman gamêlan muni | iku rada sêthithik cêgahing sarak ||

139. Jayèngraga aturira | inggih sawêg parêng ugi | sunat paèsing maksiat | kang raka mèsêm nauri | sun badhene sirèki | mau kaya nora subuh | pratandha rambutira | têlês tilase kêtawis | Jayèngraga sarwi gumujêng turira ||

140. nuwun ajrih ing duraka (270) | botên nêdya angêpoti | owêl pot wêktu palilah | kaula tos-atos yêkti | têlês kula puniki | inggih bakdanipun subuh | Jayèngwèsthi ngandika | marang Ni Kèn Rarasati | apa nyata bok ipe mêngkono uga ||

141. Rarasati aturira | sêmune wêdi awadi | duka sampean[65] punika | datan sumêrêp ing latri | naming gajêg mêningi | dènya siram lingsir dalu | inggih subuh sakêdhap | byar enjing asiram malih | dugi kula angrapèhkên bêlo anyar ||

142. kang raka gumujêng sarya | ningali mring Jayèngragi | kang rayi gumujêng latah | Jayèngwèsthi angling malih | pintêr ipeku iki | micarèng pasêmon mungguh | sira sawêngi pisan | nora turu pijêr nitik | Rarasati èsmu ngoso pagujêngan ||

143. lah inggih botên kadosa (271) | paduka andangu yêkti | kaula matur pêsaja | wêkasan wong dèn poyoki | kang raka mèsêm angling | nora mêngkono sun ngungun | lèjêmira anyata | bêlone iku kang êndi | Rarasati matur ingkang jangjan jênar ||

144. cêcalung calon watangan | pada wêdana rêspati | kuciwa idêp ngusumba | pandugi kula tan kenging | kacênthok ing kêndhali | tan wande ngalênggak ambyuk | Jayèngwèsthi dènira | gumujêng sarwi nudingi | mring kang rayi Jayèngraga saya latah ||

145. sarwi matur mring kang raka (272) | paduka punika inggih | dhatêng bok cilik duk anyar | tinumpu ing siang ratri | yèn sira gutuk iji |

--- 1-2 : 76 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 22 dari 54

sing[66] kalingsir wêktunipun | kula ngantos awêlas | mring bok ayu agring kingkin | tan milalu maring bok cilik kewala ||

146. baya-baya ngur kaula | kang raka ngandika aris | lawan sira angur ingwang | gêr gumuyu sêdayèki | kang ngadhêp anèng ngarsi | ingampêt jrih guyunipun | Jayèngwèsthi ngandika | sarwi angunjuk wedang tih | saking êndi tekomu dene prayoga ||

147. kang rayi matur punika | saking sêdhèrèk pasisir | ki juragan pak Jumilah | ing Tandhês kang komuk sugih | gènipun mêlarangi | Cina prasanakanipun | Tik Yan Koan wastanya | kengingipun dèn lambangi | kapal kore lan lapak prabot sêlaka ||

148. dene wontêne ing kula (273) | saking pak Rajiah nguni | nuju mring Tandhês rêrasan | pak Jumilah arsa panggih | dhumatêng jêng kiai | agêmêt pitakènipun | milawang mring kaula | sumêrêp yèn kula asring | rêmên teko mila tekone punika ||

149. kinintunkên pak Rajiah | supados katur ing mami | sarêng kaula uninga | ing teko bungah tan sipi | kula dèrèng udani | kang darbe kadi puniku | teko kaliwat langka | lêkane kêbak anyuri | kalih dening raosing tèh mindhak eca ||

150. kang raka mèsêm ngandika | layak bênêr turmu yayi | mara cobanên sêdhela | gupuh kang rayi ngladosi | wedang panas miranti | tèh coan amung sêsuru | Rarasati anyandhak | cèrèt cinurkên aririh | apan munthuk mêthuthuk kukus angambar ||

151. wus sinuci cangkirira (274) | pêthak tutupan sêrakit | kang teko nulya ingasta | namung amot rong cangkir thil | gumujêng Jayèngwèsthi | dene sathithik motipun | majad pat cankir[67] ana | teko dèn iling-ilingi | lêka nyandhi akêbak nyuri narancang ||

152. ingunjuk wedang tèh coan | sêtêngah cangkir ngling aris | ia bênêr tuturira | ngong durung pati paham tih | beda lawan sirèki | rasaning tèh tan kêliru | Jayèngraga turira | inggih kasinggihan ugi | lamun ical myang pêcah teko kaula ||

153. têmtu mêdhot tan wedangan (275) | kang raka gumujêng angling | iku thithik rada cêgah | ujaring wong ahli wirid | gêgêdhening rasèku |[68] tan kaya rasaning ngèlmu | tokide mangkonoa | mutung matung marang ngèlmi | amal tama mrih mêtu mangunahira ||

154. ia wong iku yèn kaya | pama pêlêm dodol wangi | duk lagi kumaropokan | kêcute anyêmpaluki | mangsane wus matêng wit | nèng barongsongan adalu | rasane asor kilang | ia yèn mêngkono yayi | yèn lir pêlêm kêpodhang kêcut kewala ||

155. mêntahe matênge padha | tan pêcat kêcute mêksih | mêngkono upamaneka |

--- 1-2 : 77 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 23 dari 54

ing wong aurip puniki | kudu angeling-eling | Jayèngraga matur nuwun | inggih mugi sagêda | wulang paduka ing ngèlmi | Jayèngwèsthi aris malih angandika ||

156. êndi santrimu kang anyar (276) | jare bêcik swaranèki | têrampil amaca kitab | kang rayi umatur inggih | pun Jalalodin saking | Kalangbrèt pinangkanipun | sawêg wau kewala | enjing gèn kula nimbali | lah ya mara coba konên maca kitab ||

157. nulya pinaringan kitab | kang sitin asmarakandhi | Jalalodin aturira | nuwun-nuwun nuhun ajrih | aywa sira jrih-ajrih | apan wong talabul ngèlmu | kudu kêrana Allah | pinêksa Ki Jalalodin | dangu-dangu Jalal ature sêndika ||

158. lêkas taawud pasekat (277) | kirate rada pêtitis | ulone sêmada sêrak | dharêdhêg mêrkutuk sêdhil | anggagro sêmu ajrih | nulya kinèn swara sêru | sinangêtkên swaranya | lêkas maca bismillahi | arahmannir rakimi alkamdu lillah ||

159. sun amiwiti amuja | muji anêbut namaning | ing Allahu ingkang murah | ing donya asih ingakir | sakèhing puji-puji | kaduwe Allah Kang Agung | rabialngalamina | Pangeran ingalam kabih | nulya walngakir batu lilmutakina ||

160. utawi mulyèng akerat | mulyaning amal kang salih | paedahe dalêm dunya | têrtamtu mring jêng pra nabi | lan aulia mukmin | wasalatu wasalamu | utawi rahmat Allah | ing tyas mukaranah ajrih | maring Allah kang cêngêng sumungkêmira ||

161. ngala sayidin Muhammad (278) | waalihi waskabihi | ingatase nabi kita | lan sakulawarganèki | mring sakabatirèki | kala saekul imamu | al ajalu jahada | ibênu Abinasari | ibênu Ibrahim asmarakandian ||

162. rahmat ullah ngaleisam | têgêse pangandikaning | wong tua kang dadi iman | kang aran Abulaèsi | kang anak Binasari | Ibrahim mas mrakandiu | pan ing sipat Muhammad | ingkang sinung rahmat dening | ing Allahu atasing Nabi Muhammad ||

163. masalatun ida kila | laka ing têgêse iki | lah tatkala tinakonan | ing sira maal imani | lan kaya pa sirèki | makul bihi paljawabu | mangka ing jawabira | lapal amantu bilahi | tangala ing têgêse ngandêl ing Allah ||

164. lire pêngandêl punika (279) | ing wamalaikatihi | wakulu bihi punika | kêlawan wa Rasulihi | wal yaomil akiri | wal kadri kèri wasaru | minallahi tangala | swarane Ki Jalalodin | ambêrabah erak-erak rada kial ||

165. yèn masalatun amapan | sabuke dipun kêndhoni | ambalêdhèh wêtêngira | ngangkat masalatun malih | swarane dèn kêncêngi | kêcilikên nora cukup |

--- 1-2 : 78 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 24 dari 54

mati pangêlikira | lèrèn swara dèn gêdhèni | masalatun wus pakolih ing likira ||

166. yèn mudhun gêdhe tan nyandhak | anggalêrêk ngêlokori | ambèthêr gulu gondhokan | bêkuh ah êh golèk uni | kang sêdhêng gêdhe cilik | srua judhêl swaranipun | rengkodan sangga uang | ngiwa nêngên ngolah-ngalih | kèh solahe atimpah-timpuh sidua ||

167. angulèt sêmune wêgah (280) | kaprie mêngkene ugi | sêrête nora kêjamak | Jayèngraga ngandika ris | mara lêkasa ngêlik | lan antêpên suaramu[69] | Jalalodhin[70] anulya | pinêksa sangêt angêlik | masalatun sru anggêmbor wêdhus domba ||

168. otote aprêkênêngan | gulu mêdhok amucicil | bathuk irunge bêranang | kringêt kumyus mrêbês mili | angêdên wangsul wiwit | manthuk prèt kapêntut-pêntut | gêr ginuyu ing kathah | gumyuk gumyak hih hih hih hih | hah hah hah hah kêpingkêl-pingkêl barêngan ||

169. niaga guyu lèh babah (281) | nudingi pating têruding | Jayèngraga latah-latah | nora koyoa sirèki | kanti kaya wong jurit | jarene bêcik swaramu | dene aparongkolan | ting gêluthuk tan pakolih | saya sumyak kang gumuyu cukakakan ||

170. Ki Jalalodin abias[71] | kêlangkung dènira isin | sarwi matur inggih talah | sabênipun tan kadyèki | dugi kula kang mawi | wontên ngarsanta tan mêtu | saya dadya paguywan | sêdaya kang nambut kardi | bok wus mupus ki santri dhasarmu ala ||

171. Ni Kèn Rarasati dènya (282) | gumujêng tan pati muni | ragi ewa kêsukêran | swarane ambalêdhêgi[72] | sêlir tri ting cukikik | cat-catan samya jrih sêru | Jayèngwèsthi dènira | gumujêng ukur gêligik | sarwi alon angandika mring niaga ||

172. lah mara Widi lêkasana[73] | encokna nême kang êndi | lèhira anglaras gambang | gêndèrmu grimingên thithik | ia jinêman jêngking | Si Cêrmasana kang suluk | sulinge Tunjangkara | matur sêndika anuli | lêkas ngêlik jinêman jêngking tunjung bang ||

173. swaraning dhalang alêbda | ngêntul-êntul wilêtnèki | gêndèr nyamlêng anyalupak | suling wratsari abêning | ginariming gumrining | Jayèngraga mèlu suluk | aruntut swara saplak | amêmbat wilête sami | kadya êmprit ingundha rêbut tungtungan ||

174. wus dumugi elayana (283) | mung sairama nuli wis | iramaning sarayuda | Jayèngwèsthi ngandika ris | seje rasaning ati | ngrungu singir lawan suluk | pan adoh sêbatira | sun datan pati nyurupi | marang gêndhing namung sêsêndhon kewala ||

175. nora pati kaya sira | dhasar karêp maring gêndhing | yèn aja wêdièng rama | dalah jogèd sira wasis | anopèng bêksa rangin |

--- 1-2 : 79 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 25 dari 54

ia kêtara solahmu | Jayèngraga turira | inggih punika sayêkti | yèn sampuna jrih rama lawan paduka ||

176. kêlampahan dados dhalang | lurah cêngkung tukang ringgit | kang raka mèsêm ngandika | nulya Ni Kèn Rarasati | mring raka matur aris | sampun siang wancinipun | kularsa saos dhahar | Jayèngwèsthi ngandika ris | mêngko bae bok ipe sêdhela êngkas ||

177. Jayèngraga ngling mring garwa (284) | lorodên dhadharan sami | paringna kang nambut karya | dèn wêrata sêdayèki | nulya dipun cariki | pinaringkên sêdaya wus | kang samya anèng ngarsa | Jayèngwèsthi aningali | marang kang ginarap mring tukang sêdaya ||

178. nulya aningali kitab | Ibnu Kajar dèn têmbungi | pêpêthikan saking kitab | tutulisane kang rayi | tinumrap dhandhanggêndhis | lagya angsal tigang pupuh | linimbang rujukira | lan babon kitab Ibêni | Kajar datan nalimpang mungguh ing murad ||

179. mindhak dhangan raosing bab (285) | pan winastan suluk kadim | Jayèngwèsthi lon lingira | ya wus bênêr iki yayi | tan ana kang ngoncati | rasaning murad wus têpung | nukil ing kitab baka | koarani suluk kadim | tutugêna lan bayanmaote pisan ||

180. kang rayi nuwun turira | inggih paduka idini | kang mugi angsala sabda | paduka kaula pundhi | kang raka anganthuki | lorogan kantor dinudut | kathah ingkang jilidan | korasan kêrtas akodhi | wontên kanthong sawiji biludru abang ||

181. sinuntak isi dhèrèkan | ting galundhung tigang rakit | kêmiri pidak abênan | lêmpèd conthang lawan gambir | ambête dèn ukupi | kutug sêkar campur bawur | kang raka èsêmira | arêndhêt nora kêdugi | Jayèngraga tumungkul nyana kêdukan ||

182. kang raka alon ngandika (286) | gèsèh têmên sira iki | dudu tabiat sunatan | mêngangguran kang tanpa sil | mung siji iki yayi | karêpmu ngong nora rêmbug | lapal jale napsaka | jaenabil maksiati | dudu paès-paèsing kêrana Allah ||

183. lah iku paedah apa | kêmiri pinêtri kadi | jimat makutha Suleman | gawe kaslioning[74] budi | tabiat maksiati | tanpa mupangat ingilmu | kang rayi anor raga | kêlangkung dènira ajrih | arsa matur tan wun dinukan ing raka ||

184. kang rayi ngaturkên kitab (287) | ing[75] raka anuwun sih |[76] supaya ingapuraa | kitab markum jilid alit | bayanmani maoti | baka tunggil jilidipun | kang raka rum lingira | iki prayoga binudi | sampurnane ing tekad maring kasidan ||

185. kaya ta sawiji ayat | iki al insanu siri | wa ana siruhu lirnya | walkayatu bila rokin | insaniun birakin |

--- 1-2 : 80 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 26 dari 54

kulu saiin wadhahu | iku ingakên tunggal | nanging nora tunggal yayi | sabab dening akadim kêlawan anyar ||

186. kadim urip tanpa nyawa | anyar urip lan nyawèki | mungguh pangandikaning Hyang | sinêbut sawiji-wiji | wadhahu iku yayi | ia sênêt ing alêmbut | lêmbut-lêmbuting agal | agal-agaling arêmit | pahua ila hua heruhu lirnya ||

187. ia iku iki ika (288) | dudu iku ika iki | nanging ia nora lia | saking iku ia pêsthi | mêngkono iku yayi | manira durung guguru | duga-duga kewala | durung winulang Jêng Kyai | Jayèngraga lêga myat kang raka lêjar ||

188. ya ta wau sang abrangta | adangu dènira nganti | Ki Nuripin manjing mêdal | ngupaya mring santri Luci | masjid gêng tan pinanggih | kêpanggih nèng masjid mangu | anulya winartanan | lingira ki santri Luci | ing bêcike sira dhewe pêpanggiha ||

189. kêlawan Ki Jayèngraga | ia tut wurièng kami | Ki Nuripin saurira | sakêrsanta ngong umiring | lumampah wong kêkalih | Jayèngraga wismanipun | panuju akalihan | Jayèngwèsthi aningali | suluk kadim kagyat kalaning tumingal ||

190. santri Luci kalanira (289) | kêlawan santri Nuripin | sigra dènira anyapa | paran karya dene gati | apa ngutus sirèki | mring jêng kyai dene gupuh | santri Luci turira | wiosipun tur udani | pan ing jawi wontên wong arsa panggiha ||

191. inggih dhumatêng paduka | puniki adhi Nuripin | yêktosipun kang ambêkta | Jayèngraga muwus aris | marang santri Nuripin | santri têka ngêndi iku | dene wanuh lan sira | Nuripin umatur aris | inggih santri punika saking ing Karang ||

192. kados dede santri para | tingalipun santri murni | awasta Sèh Amongraga | duk wingi nèng wisma mami | kaula têtakèni | akumbi tan pati kudu | kêkalih rencangira | punika kula tan nyani[77] | têksih ngêmu wêwadi botên pêsaja ||

193. Jayèngraga angandika (290) | mring kang garwa Rarasati | wong kabèh kang nambut karya | konên sumingkir kariyin | sadangdanane sami | aywana ingkang kêdulu | iku durung amangan | padha ingonana sami | anèng kampung wingking dèn rumat sêdaya ||

194. kang garwa matur sêndika | liningan kang nambut kardi | sigra bubar sami ngiwa | galêthêkan dèn usungi | jumênêng Jayèngwèsthi | kinèn nata lampitipun | Jayèngraga parentah | mring wong rencangira sami | angrêsiki kang pêndhapa sinaponan ||

195. Luci lan Nuripin gêpah (290a) | tata palênggahan lampit | kasah alus ginêlaran | klasa batu wiar putih | Jayèngwèsthi ngling aris |

--- 1-2 : 81 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 27 dari 54

lah bok ipe sira iku | mundura marang wisma | angêrtènana cêcawis | saanane sadhidhik[78] ingkang prayoga ||

196. abênêr gonku sêmaya | kaya ana kang inganti | kang rayi matur sêndika | lumêbèng wisma sêsaji | raka ngling payo yayi | konên angundang dhayohmu | kowe kene linggiha | matur sêndika kang rayi | nulya nuduh mring Luci Nuripin agya ||

197. lah dèn aglis aturana | aywa kêsuwèn nèng jawi | kang liningan sigra mentar | Nuripin lan santri Luci | praptèng jawi wus panggih | santri Luci kagyat dulu | maring kang wau prapta | jatmika sêmune wingit | wus anêrka yèn dudu wong ala-ala ||

198. Luci matur dawêg enggal (290b) | paduka dipun aturi | inggih dhatêng Jayèngraga | lan kang raka Jayèngwèsthi | gupuh kang sinungan ling | ya ta Jayèngwèsthi wau | Luci saungkurira | angandika mring kang rayi | kaya-kaya yayi dhayohmu prayoga ||

199. dene sadurunge prapta | tyas ingsun wus angrujuki | ki dhayoh santri ing Karang | badhe amagut[79] ngèlmi | para dèn ngati-ati | dhayoh kang sêdya papangguh | mring jêng kiai bapa | kang rayi umatur inggih | lagya eca rêrasan Ki Luci prapta ||

200. matur mangke kêdhatêngan (291) | kerid kèndêl anèng jawi | lêrês Nuripin turira | awingit kang badhe prapti | cahya apindha sasi | jatmika antêng aruruh | kados anamur kula | solahbawane kêtawis | Jayèngraga Jayèngwèsthi sigra mapag ||

201. Jayèngwèsthi lon lingira | mring kang rayi Rarasati | ni ipe bok ayunira | Turida konên mariki | kêkuranganirèki | mundhuta mring bok ayumu | karo angladènana | sêndika Ni Rarasati | santri Luci mit mentar marang ngajêngan ||

202. Jayèngwèsthi Jayèngraga | dènya amêthuk wus panggih | Sang Monêng auluk salam | agupuh samya nauri | aris angacarani | ingaturan gupuh laju | nèng pêndhapa alênggah | wusnya jawat tangan sami | lênggah tata Jayèngwèsthi anêmbrama ||

203. kakang paduka katuran (292) | sarawuh tuan nèng riki | sintên kang sinudyèng basa | lawan pundi kang kawingking | nauri kang sinung ling | têmbungira manis arum | kaula saking Karang | dene kang sudi mêstani | duk nèng Karang wasta Ki Sèh Amongraga ||

204. nênggih ki agêng ing Karang | ingkang aparing kêkasih | Jayèngwèsthi aturira | paran karsanta mariki | Amongraga nauri | marma prapta yêktinipun | kaularsa panggiha | dhumatêng kangjêng kiai | lamun parêng yêkti arsa puruhita ||

205. ngrasèhkên kawruh kang nyata | kêpèncut kita miarsi | wartine saking ing Karang | ramanta sarwa winasis |

--- 1-2 : 82 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 28 dari 54

marma tan etang mami | têbih-têbih kita ruruh | saking kasmaran mirsa | gumujêng Ki Jayèngwèsthi | sarya matur mangsa borong kang wêwarta ||

206. sayêkti pan botên dora (293) | anênggih rama kiai | apan sarwa sarwi ana | marma sagung pra dipati | bang wetan ngalap sami | mring jêng rama kawruhipun | tanapi santri têbah | kathah ingkang sami prapti | lajêng wisma awis kang purun mantuka ||

207. kaula sring darbe sabat | sutaning para dipati | sawêg samya mantuk enggal | tan susah dhatêng kiai | pan kaula pribadi | sayêkti ingkang mumuruk | wit pakèning jêng rama | gumujêng Sèh Amongragi | witning sukur yèn yayi sampun sampurna ||

208. inggih botên susah-susah | panggih lan ramanta nênggih | ya ta dangu arêrasan | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring garwa lan kang rayi | bok ipe apa sira wus | yèn duwe sêsaosan | bubucu têka sabithi | ladèkêna sira mau jangan apa ||

209. Turida lon aturira (294) | mring raka awidhik-widhik | inggih kêlan sumapala | jangan dhusun tan prayogi | rayinta Rarasati | kang sêsaji dangunipun | kêlan jangan nêgara | Jayèngwèsthi mèsêm angling | ingkang êndi bedane desa nêgara ||

210. matur jangan padhamara | jangan dhusun inggih mênir | lah wis sira ladèkêna | agupuh kang rayi kalih | rampadan wus miranti | sinaosakên ingayun | sêdaya sêlirira | ingkang samya nglêladèni | sêkul bucu lan pulên pêthak las-lasan ||

211. nèng panjang giri myang ulam (295) | pêcêl pitik jangan mênir | jangan padhamara dhara | madhêp kang lagya mèmèti | kilêng-kilêng akinyih | opor bèbèk lan bêtutu | dhèngdhèng[80] gorèng gêpukan | gorèngan kathik gulathik | êmpal abon dhèngdhèng panjèn lan sujènan ||

212. age rêmpah myang tum-tuman | kêrupuk basêngèk pitik | sambêl gorèng sambêl kacang | lombok kêncêng lawan pêtis | lalaban kacang cipir | kêcèmèh terong myang timun | bêrambang tempe mêntah | kêcambah gudhe kêmangi | kang rampadan sêdaya piring lancaran ||

213. wus tinata anèng ngarsa | Jayèngwèsthi ngandika ris | inggih suawi ki raka | paduka lêkas wêwanting | payo wisuha yayi | nulya samya atuturuh | Jayèngwèsthi lingira | mring garwa miwah kang rayi | lah Turida lan Rarasati majua ||

214. akêmbul buktia sisan (296) | ngalap barkahing sang tami | kêrana Allah kewala | ngarah apa wus tan sigi | ajang tuwungmu êndi | wisuha karo di maju | kang garwa jrih pinêksa | nulya samya majêng sami | pan punika rayinta kalihe pisan ||

215. mugi sampun taha-taha | ngakên rayintèstri kalih | Sang Monêng luntur tyasira | rinahab datan sinigi |

--- 1-2 : 83 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 29 dari 54

kumênyut tyasira sih | mring Jayèngwèsthi suh rêmpu | osiking tyas kang muga | dadia jalaran ing sih | nastijaba sawabe ki agêng Karang ||

216. sakêdhik ragi cawêngah | akêmbulan dede mukrim | tinahan ngecani sarak | nulya lêkas kêmbul bukti | samya pikantuk bukti | sang tamu tan pati antuk | wêtara mung sêsalak | kalonge sêkul binukti | kêtuwukên dènya lênggah tan bisobah ||

217. dènya nadhah akêmbulan (297) | Jayèngwèsthi gung anglirik | mring tamu osiking nala | sun duga lawas wong iki | tan kambon ing rijêki | saking brangtining ing ngèlmu | Jayèngwèsthi lingira | kakang dèn nêmên abukti | sampun kathah-kathah ingkang pinikira ||

218. kaula kang madhangêna | ribêde pun kakang yêkti | ing mangke dalu kewala | kula ambabar sêjati | sasurasaning ngèlmi | kang tan tèdhèng gathak-gathuk | mèsêm Sèh Amongraga | angalêm sajroning ati | marang Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga ||

219. wong iki ladak pêsaja (298) | sapolahe amantêsi | sathithik kakehan umbak | ngêgungkên yèn sugih ngèlmi | mêngkana ris nauri | inggih sampun sangêt tuwuk | lami kula tan kadya | punika gèn kula bukti | sakêlangkung pikantuk gèn kula nadhah ||

220. katêmbèn kula rahaban | sami akêmbul kêndhuri | langkung lan takêre saban | Jèngwèsthi nauri inggih | micarèng jroning ati | iku apa wus togipun | sêmono tadhahneka | apa samudana lamis | yèn katoga acicik lir kucing lara ||

221. lan aja kêmbul lan ingwang | tan sêmono kroaknèki | kalong mung sapongge bajang | prandene warêg kêpati | kumlêkarên abukti | batine tan pati kudu | saking brangtèng Pangeran | cahyane sumilak wêning | matur malih dhuh suawi kang pakangsal ||

222. tansah nyarakên sumangga (299) | Amongraga naur inggih | sampun dumugi katêdha | kurmatipun yayi kalih | tan sagêd amangsuli | ingkang sih prananing kalbu | Jayèngwèsthi norraga | alon muwus mring kang rayi | lah Turida Rarasati angloroda ||

223. ia banjurna kewala | carikên marang pawingking | mring sabate kakangira | wasisan lawan Nuripin | nulya sami wêwanting | linorod kang dhahar sampun | binagi wus wêrata | Turida lan Rarasati | wusnya têbah barêsih mundur mring wisma ||

224. arakit saji dhêdharan (300) | sinaosakên ingarsi | sêkul susu kêtan kolak | rujak kopyor pisang kuning | duryan kêlawan manggis | pêlêm lan dhuku kêpundhung | jambu sawo rambutan | salak sêmangka kuwèni | wus atata dhadharan andhèr nèng ngarsa ||

225. Jayèngwèsthi ngling sumangga | punika pangusap amis | Amongraga rum lingira | inggih kêlangkung ingkang sih | sangêt panrimèng mami | nulya mèt sawiji dhuku |

--- 1-2 : 84 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 30 dari 54

Jèngwèsthi mundhut salak | sêtunggil dhinahar manis | Jayèngraga cekoh kokoh kêtan kolak ||

226. Jayèngwèsthi ris ngandika | sirèku rada mangani | mau bok warêgi pisan | dadi tan mindho gawèni | langkung tawêkalnèki | Jèngraga matur gumuyu | inggih kêlangkung kêmba | yèn mêntas kaula bukti | kêdah nêdha lêlêgi mung kêtan kolak ||

227. wusnya nutug adhêdharan (301) | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring kang rayi Jayèngraga | masjid tatanên kang bêcik | sira adana dhingin | iki sêdhêng wêktu luhur | Jayèngraga turira | inggih sampun dèn rimati | ingaturan Sèh Amongraga asalat ||

228. wus kering mring masjid salat | myang Turida Rarasati | makmum lawan sêlirira | lan Jamal Jamil Nuripin | wulu wus dèn adani | asunat sêdayanipun | Jayèngwèsthi turira | paduka kakang ngimani[81] | Mongraga ngling prayogi yayi kewala ||

229. botên prayogi pun kakang | kang sêpuh ingkang ngimani | nulya Ki Sèh Amongraga | kalihira anglêgani | sigra majêng ngimani | mêngkana usali pêrlu | lumawan tumaninah | nenelakakên kang têrtib | tutug dènya salat luhur bakda salam ||

230. pêragat puji-pujian (302) | wusnya dikir dunga luhri | nulya sêlawat salaman | lajêng kewala nèng masjid | Turida Rarasati | dêdharan kinèn sumusul | mring masjid sêdayanya | agêpah kang para sêlir | samya angusungi dhêdharan sêdaya ||

231. miwah mawantu nyamikan | lah-olahan ingkang adi | Rarasati lan Turida | tansah ngladèni nèng ngarsi | kantos wêktu ngasêri | mêngkana sabakdanipun | Jayèngwèsthi turira | mring Amongraga aririh | prayogine kakang lajêng mangilèna ||

232. inggih dhatêng wisma kula (303) | sakêdhap sewang miranti | yèn sampun kawêradinan | tamian paduka inggih | lajêng sami umanjing | saos mring rama wong têlu | Amongraga anabda | punapa sakêrsa yayi | kula dhèrèk kêrsane yayi kalihan ||

233. Jayèngwèsthi lon ngandika | mring garwa muliha dhingin | tatanên anèng panirat | lan adhimu Rarasati | dhêdharanane[82] iki | gawanên ngulon sêdarum | kang kalong sulamana | lan apa ingkang prayogi | ia mangsa bodhoa sira kang rumat ||

234. kang garwa matur sêndika | nulya mantuk lan kang rayi | ingiring pra sêlirira | mangulon sigra arakit | papan dènira linggih | wus miranti sêdaya wus | ya ta tiga sang wirya | lumampah mêngilèn sami | nèng panirat tan pae paèsing wisma ||

235. reka-rekaning arêngga (304) | arakit tan nguciwani | mêngkana Sèh Amongraga | ngaturan lajêng ing panti | panirat dènya linggih | Mongraga raosing kalbu |

--- 1-2 : 85 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 31 dari 54

kadi tan ngalih gyanya | èsmu gumun jroning galih | dene nora nana siwahe salingsa ||

236. wus tata dènira lênggah | sinambi dhêdharan adi | Ki Nuripin aturira | kaula anuwun pamit | mantuk mring wisma mami | mapan ing lampah wus katur | Jayèngwèsthi ngandika | sira ywa mulih kariyin | sèsuk yèn wus lumêbu sira muliha ||

237. kêrana iku mênawa | dinangu mring jêng kiai | anaa kang matur cêtha | kakang waune dun[83] prapti | anèng wismanirèki | dadya titi paturamu | pan ora kêtanggungan | ngiras ladènana mami | Ki Nuripin sêndika ing aturira ||

238. tan winarna solahira (305) | sêmana pan sampun mahrib | ya ta nulya minggah salat | nèng masjide Jayèngwèsthi | kang adan Ki Nuripin | sêdaya ngambil hèr wulu | Rarasati Turida | miwah parèstri makmumi | Jamal Jamil Jalalodin samya sunat ||

239. wusnya sunat pupujian | astagpirulah halalim | min kuli danbin alima | walayag piru dunubi | ila rabil alamin | sang wirya tri sunat sampun | Amongraga pinêksa | wau kinèn angimami | santri Karang mokal lamun tan gambuha ||

32. Gambuh

1. Amongraga amuwus (306) | wajib kang darbe wisma puniku | angimami ngêmum kewala ngong yayi | Jayèngwèsthi turira rum | botên pun kakang kemawon ||

2. bênêr tan bênêr iku | wajib pun kakang titiang sêpuh | Amongraga mèsêm nauri aririh | mênawi kathah kang luput | galat têmah ginaguyon ||

3. Jayèngwèsthi umatur | inggih kang botên-botên winuwus | mangke dalu kaula ambabar ngèlmi | Ki Amongraga gumayu[84] | sarwi majêng ngadêg alon ||

4. lajêng usali pêrlu | langkung pasekat ing têmbungipun | Jayèngwèsthi Jayèngraga wus usali | miwah kabèh ingkang makmum | nulya Amongraga gupoh ||

5. wus amaca alkamdu | awalira surat kulya ayu | nulya surat ida ja-a akirnèki | ulêming swara amêntul | kang makmum kabèh andongong ||

6. Jayèngwèsthi lan wau (307) | Ki Jayèngraga duk myarsa gêtun | osiking tyas wong iki baya pi-api | awade bae balilu | ngong duga wus putus kawroh ||

7. kacihna wacanipun | tumèmbêl bênêr ukaranipun | Amongraga tumaninahe atêrtib | tahyat akir iptitatun | nulya salam nêngên alon ||

8. asalamu ngalekum | warahmatulah wabarakatuh | as-aluka alpaoja biljanati | pataku nasrul islamu | nulya salam ngiwa alon ||

9. asalamu ngalekum | warahmatulah wabarakatuh | asaluka najata waminanari | wal apwa ngidal kisabu | bakda salat lênggah timpoh ||

10. gya pupujianipun (308) | langkung rahab sêdaya kang makmum |

--- 1-2 : 86 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 32 dari 54

wusnya nutug pupujian lajêng dikir | wus dikir andonga rajuk | Jayèngraga nasib alon ||

11. ngêlik sêdhêng swara rum | bêning gumrining alêmpêng êmpuk | Allah huma sali wasalim ngalèhi | pagpir lana warkamnahu | waliman ya kulu rêko ||

12. tamat pêndonganipun | nulya salawat salaman wau | lajêng sunat bakda ngangkat sunat wabin | tigang salam atêpakur | pamawas ingkang waspaos ||

13. sampuning dikir suhul | amung Pangeran ingkang wus jumbuh | jumbuh ing dat sipat asma apngalnèki | pagut napi isbatipun | ing dalêm kak tan kêledhon ||

14. wusnya mêngkana wau (309) | wanci manjing wêktu ngisanipun | nulya Jamal Jamil kinèn angadani | wus adan sunat sêdarum | Amongraga mêksih kinon ||

15. angimami puniku | Amongraga mopo pinêksa wus | laju kewala ngimam nulya usali | agya patekah alkamdu | awal surat kang winaos ||

16. surat jumuah nêngguh | nulya surat munapèk akiru | tumaninah têrtibe sarwa utami | dumugi ing salamipun | bakda pupujian royom ||

17. dikirira asêngkud | wusnya donga ing aplalu[85] |[86] Jayèngraga tansah berag dènya nasib | kang amin rahab kêlangkung | sampuning salat kang[87] wong ||

18. sarta sêsalaman wus (310) | dènira sunat bakda kang makmum | nulya mundur mudhun pra santri lit-alit | kantun sang wirya katêlu | sunat witir tasbèh ênggon ||

19. sampurna tangatipun | lajêng manggèn kewala nèng tajug | tata katri dènya lêlênggahan sami | para garwa anèng pungkur | acadhang yèn ana pakon ||

20. Jamal Jamil akumpul | lan Nuripin Jalalodin tan wun | lawan santri-santrine piambak sami | Jayèngwèsthi ngandika rum | marang ing garwanira lon ||

21. èh Turida sirèku | apa wis gawe sêkul sênanjung | matur dèrèng sawêg dipun rêratêngi | sakêdhap êngkas mèh sampun | dhêdharan kang wus mirantos ||

22. ia saosanamu (311) | saanane ladèkna kang mungguh | lan tekone rinta gawanên mariki | satenongane dèn gupuh | kang rayi matur wus saos ||

23. garwèng rayi agupuh | angladèkên patean nèng ngayun | sêlir kang samya nampa dhulang tup saji | kakarangan praptèng ngayun | Turida lan rayi gupoh ||

24. ingkang nata ingayun | pisang mas jambu kêlampok arum | salak pakèl kuwèni duryan lan manggis | pijêtan dhuku kêpundhung | srikaya lan pêlêm dodol ||

25. nanas kêrêtan têbu | sêmangka jingga kêtela gantung | miwah olah-olahan kang adi-adi | randhakèli raramêndud | pipis Tuban pipis kopyor ||

26. sêmpora lêmèt pasung (312) |[88] gantal lêmpêr lan sêmar-tinandhu | plèrèd gêmpol apan kopyor rujak kawis | clorot jênang pathi sagu | juadah lan jênang dodol ||

27. wus sumaji sêdarum | munggwing piring lancaran kang Jêpun |

--- 1-2 : 87 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 33 dari 54

Jayèngwèsthi alon dènya ngacarani | suawi kakang sang bagus | kêrana Allah kemawon ||

28. sang tamu lingnya arum | sangêt yayi ing panrimaningsun | botên sagêd amangsuli gênging kang sih | kang rayi kalih turipun | kang botên-botên rinaos ||

29. kaula pan wus saguh | amadhangkên kakang ribêtipun | sêlot-sêlotipun mangke sêdhêng wêngi | mugi sêsambèn karuhun | rayinta gyanipun sugoh ||

30. nulya samya amundhut (313) | dhahar dhêdharan sakêrsanipun | Amongraga mung pisang mas saulêr thil | dhinahar nugêl ping pitu | gutuk tugêl dènya atob ||

31. Jayèngwèsthi ngling kalbu | nora jamak cicike wong iku | layak mingkup ususe amung sêdami | mung gêdhang saulêr tuwuk | dèn onjot-onjot ingatob ||

32. Jayèngwèsthi tan antuk | dènya sêsambèn nyamikanipun | Jayèngraga dhahar bikut mêratani | tan winuwus dangunipun | Jayèngwèsthi lingira lon ||

33. marang ing garwanipun | èh yayi gonmu angliwêt mau | liwêt tambra gajihe ayam kêbiri | pariksanên lamun uwus | nuli ladèkêna kono ||

34. gya pinariksa sampun (314) | rimat sêdaya saosanipun | Ni Turida rêrasan lan Rarasati | anèng wisma ting kacêmut | samya ngungunira karo ||

35. Turida ris amuwus | ya talah dhayoh kae kêlangkung | jatmikane aruruh apik acicik | wong mêngkana kae patut | dadia pripean munggoh ||

36. lawan sêlaminipun | Ki Jayèngwèsthi tuwin bojomu | dhêdhayohan nora kaya dhayoh iki | rahabe rakêt sêdulur | nora mambu têmbe tumon ||

37. tana sisigènipun | kaya ana kalêthêking kalbu | bêbatangan bae besuk badhe dadi | ia paripeanamu | Rarasati matur alon ||

38. inggih kados puniku | lêrês pêmbatang paduka tuhu | dugi kula tiang punika angilmi | yèn mangke rêrasan ngèlmu | kula pêthèk sami kawon ||

39. pun tamu ingkang unggul (315) | kêtawis tajêm polatanipun | sinaguhan sêmunipun wus ngandhangi | Turida nauri wuwus | ayake ia mêngkono ||

40. lah payo wis mring ngayun | kasuwèn yèn kasêlak pinundhut | para sêlir ingirid majêng mring ngarsi | anampa rampadanipun | dhêdharan pinire maro ||

41. bubucu dinok ngayun | liwêt tambra angalênga kumyus | jangan pindhang sungsum kare cara kaji | brongkos sambêl gorèng mangut | basêngèk pitik lan opor ||

42. pès-pèsan tambra palung | bêsngèk angsaran kalalèn klalung | gogorèngan bontot burcèt kathik glathik | johan dêrkuku cuwiun | gangsir êmprit pêking bondhol ||

43. dhèngdhèng age bêtutu (316) | êndhog bêkamal pindhang cêrubuk | babad galêng sêrêgan lan kalak ati | sujènan kêrupuk têrung | srundèng êmpal ragi abon ||

44. sate pal êmpuk duduh | lalaban terong kêrai timun | sambêl lethok lombok kêncêng lawan pêtis |

--- 1-2 : 88 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 34 dari 54

kêcèmèh lan pare wêlut | têmu poh kacang galeor[89] ||

45. wus sumaos ingayun | kèndêl kang garwa sarwi akêbut | Jayèngwèsthi alon dènya ngacarani | sumangga kakang tuturuh | nulya wijik toyèng bokor ||

46. wusnya wêwanting wau (317) | kang garwa rayi tan kêna kantun | samya kêmbul kalima dènira bukti | Amongraga pulukipun | sawohing tanjung kang ijo ||

47. kinêpêl-kêpêl dangu | nganti atos bundêr lir binubut | tinakêra gutuk puluh lan kang rayi | ulam mung karupuk têrung | kang dhinahar lan têmu poh ||

48. dènira dhahar sêkul | liwêt tambra namung patang jumput | langkung tamban pamamahe nganti-anti[90] | anganti salêmbutipun | tan akêcap ngêlêd alon ||

49. Jayèngwèsthi andulu | sasmitanira sinamun-samun | osiking tyas wong iki dhasare apik | cicike saking kêpatuh | maune kêrêp ngêlowong ||

50. nadhah saking kêbutuh | sunat bae datan pati kudu | ngur dhèk awan rada kèh kalonge kêdhik | kalonging sêga kur-ukur | mung saêndhog ayam cebol ||

51. Jayèngwèsthi arangu (318) | rangu dènya nadhah mung andulu | lamun kêraos eca dènira bukti | sêdhêng bumbune asêngkud | myat ing tamu milu kêndho ||

52. Jayèngraga asêngkud | dènya nadhah kokoh cekoh bikud | rab-uraban myang jangan salin-sumalin | winratan ulam sêdarum | kanti kêsundhulan atob ||

53. pan têksih kokohipun | pêtis rinêmêkan abon rêmus | Jayèngwèsthi alon muwus mring kang rayi | êntèkna aja kêsusu | mati pitikmu bêrondhol ||

54. Jayèngraga gumuyu (319) | ginuyu mring garwa kang bok ayu | pan sêdaya dènya nadhah angêntèni | sêmana wus samya nutug | Mongraga kinèn tuturoh ||

55. sarêng dènira wisuh | nulya linorod ambêng nèng ngayun | wus tinampan para sêlir anyariki | mring pamburi sêdaya wus | Jamal Jamil samya golong ||

56. dènya nadhah mathêkul[91] | Jalalodin Nuripin athêkul | nora tau amangan lawuh kadyèki | samya angêndhoni sabuk | mènthèg-mènthèg lambung mêdhok ||

57. sampun pênglorodipun | dhêdharan malih tinata ngayun | Jèngwèsthi ngling sumangga panulak amis | Mongraga muwus kêlangkung | narimèng sih têkèng batos ||

58. Jayèngwèsthi amundhut | jêram kêprok binêlah kaujur | Amongraga mundhut rambutan satunggil | Jayèngraga sêga susu | kêtan kolak nora êpot ||

59. Jayèngwèsthi gumuyu (320) | dene jojodhangan sira iku | bisa mrênahakên ênggoning lêlêgi | kukuh ganjane kêrismu | kêncêng tan kêna binêthot ||

60. kang rayi sru gumuyu | sarwi matur langkung kêmbanipun | botên mangsêg yèn botên nêdha lêlêgi | lamun kang olah bok ayu | sadhengahipun kemawon ||

61. sagêd dudugi bumbu | kalêrêsan tan wontên kang kadung | dados kathah eca raosing abukti | Ki Jayèngwèsthi gumuyu | pintêr anggênah sirèko ||

--- 1-2 : 89 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 35 dari 54

62. Amongraga amuwus | inggih lêrês rayinta puniku | lamun sarwa sêdhêng bumbunipun ugi | raose sangêt anuntung | kaot piambak saajon ||

63. Jayèngraga gumuyu (320a) | ambodhokên paduka puniku | dene lêrês ta ênggèn kula mêstani | raka ngling andêlna iku | olèh babah gêgêm gacon ||

64. Jayèngwèsthi amuwus | mring Amongraga wêcana arum | inggih talah tan nyana kakang winasis | tan kêna ngakên balilu | kacihna gène mêmaos ||

65. patitis kir'atipun | alêrês panjang lan cêndhakipun | Amongraga nauri arum amanis | tetelad kang wus linuhung | sayêktine botên enjoh ||

66. batining mung puniku | kewala tungkul pan ulah têmbung | Jèngwèsthi anauri dene akunci | angalingi kawruhipun | tan kenging angakên bodho ||

67. eca rêrasan dangu (320b) | sinambi dhahar nyamikanipun | sapikantuk dènira angimbir-imbir | ngrasèhkên raosing ngèlmu | Mongraga kinarubut ro ||

68. Jayèngwèsthi lon muwus | Turida sira karo adhimu | wis tilarên nènga ing wismanirèki | nanging ywa sira aturu | manira lagya têtêlon ||

69. Nuripin bae tunggu | cèrèting anglo dimèn kinêbut | Kèn Turida mundur lan Kèn Rarasati | Mongraga lêga tyasipun | tyas lêjar mari arikoh ||

70. Jayèngraga umatur | mring Amongraga têmbungira rum | ngong nunuwun apitakèn kang sayêkti | kang pundi wujuding ngèlmu | tan papan tan tulis rêko ||

71. kula sêlaminipun (321) | dèrèng manggih mirad[92] kang ginathuk | ngèlmu kothong tanpa papan tanpa tulis | mugi paduka sung tuduh | wujudipun kang samêngko ||

72. Mongraga mèsêm muwus | yayi de anèh têmên puniku | kang tinakokakên sawujuding ngèlmi | tanpa papan tulis iku | kang kothong ingkang tinakon ||

73. èwêd ngèlmu puniku | pan sumangga yayi ingkang sêpuh | Jayèngwèsthi nauri sumangga mugi | wontêna pituduhipun | pangudinipun patakon ||

74. inggih supayanipun | padhang nêrawang ing manahipun | pan puniku gêgambènipun kang ngèlmi | kula inggih dèrèng mangguh | wujuding ngèlmu kang kothong ||

75. Mongraga lingira rum | langkung utamaning ngèlmu wau | yèn tan gèsèh[93] tanggaping kalbi | yèn kapêlantrang kapaung | lir kinjêng tanpa sotya non ||

76. dene sêjatinipun (322) | ngèlmu tanpa papan tulis wau | nênggih kur'an lan kitab-kitab sayêkti | sêmune tanpa sêdarum | puniku pinurih coplok ||

77. saking jilidanipun | yèn bisa coplok ngalih ing kalbu | saunining kur'an wus apil ing galih | myang kitab apil kacakup | caplêng coplok wus ngalih gon ||

78. kewala anèng kalbu | kalbu wus wujud ngèlmu kang agung | tan kêna sat tyas wus pangawak jêladri | mring papan tulis tan ngingus | tanpa gawe wus tan kanggo ||

79. yayi inggih puniku | ngèlmu tan papan tan tulisipun |

--- 1-2 : 90 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 36 dari 54

dene ingkang wong salang-surup ing tampi | amangeran dhèwèkipun | dhèwèke awake bobrok ||

80. mung ngêngèl-êngèl wuwus (323) | wuwuse ngaku-aku amêngku | kang punika kapêlantrang kawruhnèki | mila kêdah mrih sumurup | yèn kêsosol dados gecol ||

81. Jayèngraga tumungkul | tyasira kêkandhangan ing kawruh | graitane punthês tan thukul sadêmi | yèn nêdya mawali kawruh | malah tyas mindhak cumêplong ||

82. panarimanya antuk | wêwatêsan ing kawruh kang luhung | Jayèngraga ngrêgèpèh[94] umatur aris | datan anyana salugut | coploking ngèlmu ngalih gon ||

83. manggon anèng ing kalbu | inggih sangêt kasinggihanipun | dèrèng wontên para pandhita kang alim | ingkang nampurnakên kawruh | kang anjarwani mêngkono ||

84. ingkang sami têrtamtu (324) | tan kenging nalimpang saking riku | nênggih wontên tiang ahli raos angling | tunggil kang paduka wuwus | mêngku angaku Hyang Manon ||

85. sangêt kalêsikipun | sumangga kakang kala rumuhun | duk paduka tamian Ki Tatasjati | ing pêngraos kula sampun | ing mangke têmahan cebol ||

86. Jayèngwèsthi amuwus | mring kang rayi wus manira milu | ing kawruhe kakangira Amongragi | wus sira ywa ro ing kawruh | ciptanên nugraha rawoh ||

87. Jayèngwèsthi ausul | maring Amongraga sualipun | duk wang uwung durung ana bumi langit | Allah nèng êndi gènipun | myang duk karya jagad kono ||

88. langit lan malihipun | kang thukulan lan gumrêmêt iku | miwah gunung sêgara lan kali-kali | kang pundi sayêktosipun | waune lawan samêngko ||

89. Jayèngwèsthi asêngkud (325) | manthênthêng[95] wadi pitakonipun | yèn wong tèmbèr-tèmbèr arang kang ngawruhi | nadyan para kaum-kaum | kêjaba olia yêktos ||

90. Amongraga duk ngrungu | têka gumuyu wardayanipun | patakone apa baya amung iki | kang binuntêl kang kinandhut | Mongraga nauri alon ||

91. mênggah basa puniku | duk wang uwang[96] kabèh durung mujud | bumi langit saisine durung dadi | punika apan la takyun | kun ingkang ana ing kono ||

92. lagi ora puniku | lan lagi-lagi nanging-nanging kun | durung-durung nging nokat wilayat gaib | tri gaib gaibul guyub | gaib uluwiah rêko ||

93. gaib uwiahipun (326) | gaib tigang prêkawis puniku | pan kêlangkung ngèlmu punika arêmit | kang la takyun miradipun[97] | kang pêsthi anane linyok ||

94. kunhi pan miradipun[98] | lagi bae tan kêna binêstu | nokat wilayat gaib puniku wingit | wit tanpa kêrana iku | tan ajali abadi pon ||

95. gaibul guyub iku | pêsthi amor tan katon dinulu | gaib uluwiah puniku wus pêsthi | têtêp nèng sajroning limut | pêtênging pêtêng tan katon ||

96. gaib uwiah iku | pêsthi têtêp nèng pêpadhangipun |

--- 1-2 : 91 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 37 dari 54

padhanging apadhang tanpa aling-aling | nêranthang tan lamuk-lamuk | sêmonoa pon tan katon ||

97. punika miradipun[99] (327) | dene ingkang kak hakekatipun | sênyatane pun bumi kêlawan langit | langit budi jatinipun | bumi ngakal kang sêjatos ||

98. Mongraga duk[100] wang-wungipun | sêdurunge bumi langitipun | inggih sadèrènge wontên akal budi | budi kita kang satuhu | tuhu ananing Hyang Manon ||

99. anane tan kadulu | tan kêna yèn dinalih dinulu | yèn ta dèrèng maujud akal lan budi | mênêng mung mênêng puniku | ênêng êning wus pana pon ||

100. punika jatinipun | nyataning nyata kawruh wus pupus | Jayèngwèsthi tustha manahe kajatin | kêlangkung dènira ngungun | sapandurat tan miraos ||

101. yêktine mung puniku (328) | kang kinarya gêm sêlaminipun | ing têngahe mangke wontên kang jawabi | kalihe osiking kalbu | wong iki tuhu kinaot ||

102. lawas gon ingsun ngandhut | durung ana kang bênêr salugut | panjawabe mung wong iki kang patitis | dêlênge kadya balilu | tan nyana yèn wus sumrowong ||

103. têka mêngkana wau | kalih osike jro nalanipun | Amongraga angling malih rum amanis | dalêm wêdalna sêdarum | kabèh ngèlmu kang kinaot ||

104. pintên banggi wak ingsun | mênawi sagêd ambatang ulun | Jayèngwèsthi Jayèngraga saurnya ris | êntèk wus tan wontên kantun | kang anèng gêgêdhoh[101] ingong ||

105. sun dugi dèrèng putus | pun kakang dening pindha balilu | tan andipe kêlamun sampun linuwih | Ki Amongraga sumaur | langkung saking sukur ingong ||

106. yayi gonira gunggung (329) | narima saking sihing Hyang Agung | kang liningan kalihe suka sêmu jrih | angling kakang pan satuhu | botên anggunggung ragèngong ||

107. apan sayêktinipun | tan wontên lir pun kakang satuhu | pan wus datan karuhan kang praptèng riki | sawiji tan wontên wêruh | nênggih poncote kemawon ||

108. têbih lan kang puniku | saprandene[102] sêdaya tan wêruh | Amongraga gumuyu nganthètkên malih | anglambangi ing pangawruh | puniku pan mêksih ngadoh ||

33. Kinanthi

1. nênggih basa kang puniku (330) | sarak sarengating nabi | Muhammaddinilmustapa | wasalalahu ngalèhi | muktamad daliling kur'an | ing kadis lawan kudêsi[103] ||

2. ijêmak kias[104] lan kusus | paedah kurmat ing Widi | punika kêdah santosa | ling-aling gendholan dalil | kang mukarab ngèlmu sarak | aplalu ingkang utami ||

3. sarengat tarekatipun | hakekat makripat nênggih | amot ing dalêm sarengat | sarengat goning kêdadin |

--- 1-2 : 92 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 38 dari 54

wong kang aral bangsa riah | mupangat sinung rijêki ||

4. ngèlmu kakekat puniku | yèn tilara[105] sarak kasarik | karisik kasurang-surang | kasingkang-singkang kasicing | ewa punika jamanan | ing jaman kalih prêkawis ||

5. kang dhingin jaman ngam iku | lan jaman êkas puniki | lamun jaman mukmin êngam | kêdah ngapilakên dalil | sawirasane ing kitab | kêdah paham anglampahi ||

6. mangunah jalaranipun (331) | saking apil dalil kadis | ingkang sarta linampahan | satus pêrlune tan gingsir | asih ing wêktu palilah | rosa sêmbahyang angaji ||

7. puniku wahyuning jamhur | sarapdin ulama mupid | jaman ngam êngam utama | tumama ing wahyu suci | socane manusa êngam | tinage nugraha ngadil ||

8. dene dalil lan madêlul | mrih kandêlnya ing ling-aling | têpakurirèng Hyang Suksma | dadya tangating abêkti | wajibing rasul pan tiga | kang sidik amanat tablik ||

9. sidik bênêr têgêsipun | amanat kapracayèki | tablik ingandêl têgêsnya | mokaling rasul pan katri | kang gidib[106] kianat kitman | gidib goroh têgêsnèki ||

10. kianat pala cidra dur (332) | kitman ngumpêt têgêsnèki | punika ingkang supaya | kawangwang ing siang ratri | kabiru mulki gaiban | agung kêratoning gaib ||

11. nênggih basa kang puniku | pan mêksih cêlak puniki | tan ngangge tèbèng sêtuma | galèthèke kang sayêkti | nyata-nyataning anyata | rayi kalih dèn bisiki ||

12. athuk gathuk adu bathuk | tumungkul kang rayi kalih | tyas samya cadhang andhangdhang | lir cintaka minta riris | ris rêrasan ngèlmu rasa | wus tan na rasaning ngèlmi ||

13. lire bibisik puniku | pamêdharing ngèlmu gaib | kang linarangan ing sarak | tan kêna kêwijil ing ling | kang wus pupus ngalih titah | lah puniki yayi kalih ||

14. yayi mung ênêng manêkung (333) | antara mung pitung sasi | mênêng budi mênêng solah | mênêng nendra mênêng bukti | mênêng ngucap mênêng ganda | mênêng myarsa mênêng mèksi ||

15. datan ika iki iku | blêg plêng gêmplung blêng uwus nir | lowung[107] buntu tan pinangka | sajroning blêng amung siji | wiji wijiling kasidan | sida aku ia urip ||

16. wijining wiji puniku | tumanêm ing pitung sasi | wijining nukat wilayat | duryat mêrtabat san kamil | wijining ing kêdadean | asênêt nèng pitung sasi ||

17. sajroning pitung sasi wuk | kêmurahaning Hyang Widhi | pan ing dalêm satus dina | palaling Hyang mrêtandhani |

--- 1-2 : 93 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 39 dari 54

thikil wijining olia | nubuah[108] waliulahi ||

18. ywa kandhêg pratandhèng riku (334) | lajuning dadi ngadadi | ing dalêm wus pitung wulan | utami kang sangang sasi | jatining wisik tri kêcap | namung aku ia urip ||

19. aku tan loro têtêlu | ia prasèjèn dumadi | urip tan kêna ing pêjah | puniku yayi kang pêsthi | wêkas-wêkasan kasidan | sida-sidaning kêdadin ||

20. awang-uwung lan kang ngèlmu | tanpa papan tanpa tulis | wus pupus rampung sampurna | kang buntu ing pitung sasi | punika mulyaning tekad | tuwin kamulyaning Widi ||

21. pupus palêsthaning kawruh | wus sampurna thêl kinunci | tutup wus datan kabuka | kang mantêp dènya akunci | Jayèngwèsthi Jayèngraga | sarêng myarsa brêbês mili ||

22. ngraos tanpa bukti tuwuk | sêgêr tan anginum warih | rasa nikmat kanikmatan | wus padhang dulwèng sawiji | kalih sarêng ngrangkul pada | mring Mongraga awotsari ||

23. sarya ris ing aturipun (335) | dhuh kakang sêdulur mami | ing donya praptèng akerat | manjinga sêkabat mami | ing paduka dening tuan | asung padhang ing tyas mami ||

24. jêng rama kang ngukir mring sun | tan asung ngèlmu ginaib | tuan kang têmbene prapta | mring kaula anètèsi | ngèlmu kangge akir awal | marmamba guguru yêkti ||

25. tan kumêdhap ing pandulu | mung tuan guru ngong yêkti | gumujêng Sèh Amongraga | sarwi awêcana aris | muga Hyang anêksènana | saking kêrsanira kalih ||

26. darmi-darmi raganingsun | nuduhkên ngèlmu wit saking | bêgjaning yayi kalihnya | saking sih nugrahèng Widi | aparing ngèlmu sampurna | kewala kang dadi mêrgi ||

27. ya ta kalih matur nuwun (336) | tumungkul osiking galih | sun têtêdha ing Pangeran | aywa tanggung awak mami | gon ingsun angèstu pada | mugi pinarêngna benjing ||

28. panggiha lawan bok ayu | mugi Hyang gampangna benjing | wangkale bok ayuningwang | arsaa mring wong puniki | paran malih ingupaya | pungkasan mung kari iki ||

29. têka mêngkana jro kalbu | kacatur pan mèh sawêngi | gèn anggunêm ngèlmu rasa | ya ta sêdhênge samya rip | Jayèngwèsthi lon ngandika | marang ki santri Nuripin ||

30. sira timbalana gupuh | Ni Kèn Turida kèn mijil | kang liningan sigra mentar | tan dangu kang garwa prapti | sira mundhuta gêlaran | kajang sirah ingkang suci ||

31. kang garwa liningan mundur (337) | mundhut pasarean aglis | tan dangu prapta anampa | lajêng tinata miranti | lère cakêt pangimamam[109] | klasa batu dèn gêmbèsi ||

--- 1-2 : 94 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 40 dari 54

32. ingukup pan marbuk arum | kajang sirah têlu alit | guguling roro kunthingan | singêb kampuh sêmèn putih | wus tata matur ing raka | Jayèngwèsthi turira ris ||

33. sumangga wus wanci bangun | paduka lêlêson arip | Amongraga rum lingira | inggih sakêlangkung yayi | ing mangke mênawi kêrsa | kaula tilêm yèn arip ||

34. yayi prayogi umangsuk | ing dalêm asare arip | Jayèngwèsthi aturira | kaula kêlilan gingsir | maklum paduka kewala | kaula mundur mring panti ||

35. nulya lèngsèr kalihipun (338) | mring wisma lan Jayèngragi | praptaning dalêm alênggah | ngandika marang kang rayi | yayi rasane tyas ingwang | sèjèn wingi lawan iki ||

36. kawruh ingkang rungkud-rungkud | lan kang bundhêt-bundhêt kêlit | marganing gèsèh rêrasan | simpangan ing dugi-dugi | ing saiki wus sinungan | dêling tan samar ing kapti ||

37. nora anyana sêrambut | palaling Hyang ingkang prapti | ginanjar ing kêmurahan | mring sira kêlawan mami | Jayèngraga aturira | inggih kasinggihan ugi ||

38. kaula sêmantênipun | sangêt prabedane yêkti | wau lawan sabên ika | wontên kaotipun ugi | kaula lawan paduka | kaot paduka wus sidik ||

39. kang raka alon amuwus (339) | ya wus padha uga yayi | mung kaot bangêt kewala | ing dalêm jati wus sami | payo seje winicara | mungguh Ki Sèh Amongragi ||

40. yèn wus jênêk ing tyasipun | nèng kene katur kiai | sukur yèn ana kêrsanya | jêng kyai mring Amongragi | yèn tan ana prayoganya | umatur dadia krami ||

41. ing jodhone lan bok ayu | sira dongakêna mugi | ilanga budine wangkal | sukur thukula pribadi | kang rayi matur norraga | inggih kadospundi malih ||

42. nulya ngling mring garwanipun | myang kang rayi Rarasati | karone padha sun wêkas | yèn sira sabên kêpanggih | lan bok ayumu dèn bisa | supaya lêjar ing kapti ||

43. kang garwa raywa wotsantun (340) | wus mêngkana Jayèngragi | pamit mundur kondur ngetan | kêlilan wus lèngsèr mijil | lan garwa myang sêlirira | Jayèngwèsthi munggah guling ||

44. Ki Jayèngraga kang kondur | rêrêp nèng panirat jawi | lindhuk kang rayi cinandhak | lungayanya kinapithing | pinidih ingaras-aras | adhuh bêgja têmên mami ||

45. anêmu kumalaningrum | campêd sadina sawêngi | kadya tan panggih sêpasar | dhuk mring sira masku ari | kang rayi ngêsah amiwal | mangke ta sampun pinidih ||

46. kêrsane lir wong dèrèng wruh | dene anyar têmên iki | puniku wontên pun Giah | Si Sikêm lawan Si Sati | dumèh-dumèh yèn pêtêngan | niku nyêngoh aningali ||

--- 1-2 : 95 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 41 dari 54

47. kang raka gumujêng nambut (341) | kang rayi pinondhong aglis | kang rayi nut karsèng raka | kondur mêngetan dèn iring | ing sêlirira titiga | Wagiah Saikêm Sati ||

48. kang rayi tansah rinungrum | kinuswa-kuswa samargi | wus prapta ing dalêmira | lajêng tumamèng jinêmrik | ing dalu tan winursita | mêngkana wus gagat enjing ||

49. tinabuh bêdhug dhêng subuh | Jamal Jamil Jalalodin | Nuripin atoya kadas | nulya adan ngalik-alik | sêdaya sami sunatan | myang santri lit maring masjid ||

50. araras pujianipun | Amongraga asusuci | sawusnya siram akadas | nêlaskên sunat têrêtib | Jayèngwèsthi prapta kadas | wusnya ngambil toyastuti ||

51. sunat kalih rêkangat wus (342) | anêthêk kinèn ngamati | Nuripin sigra akamat | Amongraga angimami | nulya ngangkat pêrlunira | takbirira amatitis ||

52. pasekat patekahipun | êmat kasar tan kalêmpit | myang sêkathahing patekah | pipitu dèn kinawruhi | sawuse maca patekah | surat sujada walnèki ||

53. surat kasar akiripun | bêrukut kêlawan têrtib | tumanêm kang tumaninah | suci ing tigang prêkawis | suci badan suci lesan | kaping tiga suci ati ||

54. kang suci badan liripun | salate Sèh Amongragi | lamun ngadêg sukunira | bênggange kang sêdhêng kucing | adêge kêncêng tan obah | kang kadya adêge alip ||

55. ana rungon tan rinungu (343) | ana tingal tan ningali | ana swara tan dèn ucap | anèng ganda tan ngambêti | ana rasa tan rinasa | kang tumèmpèl angganèki ||

56. kang gumrêmêt kumalulur | kang agatêl cumalêkit | kabèh tan ana rinasa | ekraming badan tan osik | nuju ing lapal sujadah | sunating imam nujudi ||

57. wusing ngadêg nuli rukuk | tungkuling kang bathuk sami | sipat dhêngkul lêrêsira | palêngkuking rukuk nênggih | kadya êlam ingkang awal | iktidal adêgirèki ||

58. abênêr la-ulanipun | lan adêge lêngên kalih | tangan mêgar marêp keblat | nulya sujud sèlèh rai | tangan papak lawan sirah | kadi êlam ingkang akir ||

59. alungguh suku tumimpuh (344) | tangan tumumpang ing wêntis | kadya eke lungguhira | antaraning sujud kalih | adêging kunut abêngal[110] | sucining lesan matitis ||

60. cêtha ing wêwacanipun | utama swarane bêcik | sucining ati kêlawan | mukaranahira êning | mêngkono salat nugraha | kawase Sèh Amongragi ||

61. dènira asalat subuh | andungkap tahyat kang akir | têrtib samya tumaninah | tan kasêlan-sêlan dening |

--- 1-2 : 96 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 42 dari 54

tingkah sêjabaning salat | nulya salam nganan ngeri ||

62. bakda salat lajêngipun | pupujian langkung asri | adikir rêmpêg arahab | wus dikir andonga sukril | tinumpa-tumpa utama | mrih manpangat ingkang muslim ||

63. sawusnya pandonganipun (345) | sêlawat salaman sami | uyêl samya ngalap bêrkah | marang Ki Sèh Amongragi | santri sêdaya wus bubar | samya mudhun saking masjid ||

64. sang wirya kalih kang kantun | têpakur suhuling dikir | tanjèh ing panaulpana | tan kalingan wus kalingling | linglung pagut kêjumbuhan | loro-loroning atunggil ||

65. tan pae paèsanipun | kaula kêlawan Gusti | nèng sajroning kaênêngan | ênênge onêng kang êning | pawore tunggal kaanan | anèng anane pribadi ||

66. dènira suhul bakda wus (346) | pajar byar hyang arka mijil | lajêng wêktu tangat loka | akasud ing pangabêkti | loka ing rolas rêkangat | nêm salam sampun barêsih ||

67. mêngkana sabakdanipun | sêsalaman lan kang rayi | Jayèngwèsthi aturira | kados sêdalu tan guling | Amongraga lon lingira | inggih pikantuk sakêdhik ||

68. pan alayap ing alungguh | gumujêng Ki Jayèngwèsthi | sarya ngling Nuripin sira | timbalana Jayèngragi | kang liningan sigra mentar | nulya Ni Turida prapti ||

69. anampa dhêdharan ngayun | patean lan wedang kopi | lèmpèng bang juadah jênang | puthu mayang lan surabi | ledre isèn palèrèd sat | carabikang abang putih ||

70. lêmpêr lan sêmar-tinandhu (347) | bakaran pisang matêng wit | gêmblong ulam bêbakaran | dhèngdhèng gêpukan sinapit | ya ta Jayèngraga prapta | atur salam angabêkti ||

71. nulya kang rayi tumutur | angirid rampadan asri | kang raka ngling iku apa | bok ipe kang sira irid | Ni Kèn Rarasati turnya | saos dhahar mupung enjing ||

72. kang raka gumujêng muwus | lah mara ladèkna ngarsi | Ni Kèn Turida agêpah | sêkul ulame rinakit | sinarêng lêladènira | sêkul jajanan mawarni ||

73. sinaosakên ingayun | dhêdharan pinire marik | tinata kang sêkul ulam | liwêt angêt sêkul gurih | lêmbaran lan pindhang tambra | opor bèbèk bêsngèk pitik ||

74. myang pèspèsan tambra palung (348) | bothok jambal lawan masin | pal puk abon susujenan | dhèngdhèng age srundèng ragi | sambêl lethok lan lalaban | lombok kêncêng lawan pêtis ||

75. cêrubuk kêrupuk têrung | wus tata dènya sêsaji | matur sampun mring kang raka | Jèngwèsthi ngaturi wijik | timbul ngawirya titiga | wusira tuturuh wijik ||

76. wus lêkas nadhah katêlu | sami pakantuk ngabukti | Jayèngraga dhokoh nadhah |

--- 1-2 : 97 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 43 dari 54

kang raka anggung anglirik | sinamun adhahar ulam | panadhahe Amongragi ||

77. asêngkud ragi pikantuk | lawan sabêne kèh iki | kêpêlipun sawidara | pinidih kangsi[111] angintip | sarwi tamban dènya nadhah | pêmamahira aririh ||

78. kêrsa mêratani lawuh | nyapisan ukur sasuwir | yèn ulam tan mawi sêga | yèn sêkul tan mawi daging | sabên dhahar sêpulukan | gutuk pit atop kikinthil ||

79. kantun sakêpêl adangu (349) | kinêpêl kewala nganti | nganti mring rayi kalihnya | pakantuk dènira bukti | dhasar sêdaya tan nendra | Jèngwèsthi micarèng ati ||

80. iku drêmba-drêmbanipun | dene gêlêm mêratani | angambil kang ulam-ulam | nyajimpit lir wong cip-icip | krowaking sêkul sêmana | sabithining bocah bayi ||

81. atobe bae dhêrudhut | wit muluk atob ping kalih | tyasira kêraos lêpat | duk kêmbul kalih kang èstri | Ki Amongraga tan rêna | mêngkana osiking galih ||

82. wusana alon umatur (350) | sumangga ingkang dudugi | Mongraga nauri sabda | inggih yayi wus dumugi | anulya samya wijikan | ambêng linorod cinarik ||

83. sêkul lorodan wus dinum | wêrata jalu lan èstri | Jamal Jamil tinuwukan | pat Nuripin Jalalodin | dhêdharan tinata ngarsa | wêtah pan dèrèng dinimik ||

84. Jayèngwèsthi lon umatur | sumangga punika manis | Amongraga lon lingira | atobe dadya pangarsi | inggih sangêt ing panrima | mung wedang satêngah cangkir ||

85. Jayèngwèsthi mundhut timun | watang mung sairis tipis | lah ta payo Jayèngraga | mara sun badhe sirèki | badhe kang abot kewala | juadah jênang surabi ||

86. kang rayi suka gumuyu (351) | inggih pan amung surabi | kang raka ngling jarku apa | kêna têmên dèn arani | anutug dhahar nyamikan | ya ta ingkang rayi kalih ||

87. Jayèngwèsthi lon umatur | mring raka Sèh Amongragi | paran ing kêrsa paduka | punapa nuntên apanggih | inggih kêlawan jêng rama | Amongraga sojar aris ||

88. kewala dhatêng anurut | punapa kang kêrsa inggih | yèn èstu pinanggihêna | lan ramanta sun umiring | yèn kinèn kèndêl sumangga | ing rèhira sun turuti ||

89. Jayèngwèsthi lon umatur | inggih prayogi pinanggih | dhumatêng kiai bapa | mila kang wau tur mami | yèn tuan kasora mring wang | pêsthi pun andhêg nèng riki ||

90. lan jêng rama yêktinipun (352) | mangke têmah awak mami | kasor lan tuan satêmah | lajêng ganjar ngèlmu gaib | dadya mangke raganingwang | mring paduka wus ambalik ||

91. pan badhe kulangge sawung | mêngsah mring rama jêng kyai | gumuyu Sèh Amongraga |

--- 1-2 : 98 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 44 dari 54

tan anêdya awak mami | mring jêng kyai amungsuha | nêdya guru yèn marêngi ||

92. kadarmanira kang wau | marma nis prapta ingriki | wus kasêdyèng puruhita | dhumatêng ramanta nênggih | ngrasèhkên ngèlmu kang nyata | gumujêng Ki Jayèngwèsthi ||

93. sarya ris dènira matur | kantuna ngong atur uning | inggih dhatêng kangjêng rama | yatènggal dènya lumaris | Jayèngwèsthi Jayèngraga | katiga santri Nuripin ||

94. Sèh Amongraga kang kantun (353) | nahên ta ingkang lumaris | kocapa kang anèng langgar | kang lagya mumulang santri | sira Ki Bayipanurta | duk lênggah nèng masjid alit ||

95. mumulang ing para putu | miwah kêponakan sami | tan wontên santri kang lian | dene santri agung sami | ngaji anèng masjid bêsar | ingkang mulang para kêtib ||

96. tuwin santri agung-agung | prasamya ngrasèhkên ngèlmi | nênggih lawan kancanira | nahên ta Kiai Bayi | lan kang garwa sami mulang | kur'an atanapi têpsir ||

97. marang para anak putu | tan wontên ingkang lyan santri | Tambangraras tumut mulang | sinjange cawêni putih | kêmbêne gadhung wêlaka | rasukan sêmbagi kuning ||

98. kalpikèng kalih umurub (354) | samya barlian[112] nèng jênthik | asêngkang cêmêng kewala | barlian pênunggul sami | gumêbyar anèng wêdana | kadya mêthotêna galih ||

34. Mêgatruh

1. sêrawungan lan Kèn Raras cahyanipun | nèng wêdana lingsir siring | lan sorote netra barung | kuwung rêbut paran sami | buburon aliru ênggon ||

2. tangèh lamun rinêngga kusuma ayu | tuhu musthikaning bumi | jatmika antêng aruruh | grahitèng sêmu awingit | dhasar wus limpad ing kawroh ||

3. nanging têbih sang rêtna ningali kakung | nênggih wit dènira saking | subrangta karêm ing ngèlmu | ngupaya kakung prayogi | ingkang wus putus ing kawroh ||

4. lan nêngênkên sang dyah pirasating[113] kakung (355) | ing rapli lawan maknawi | marma nguni akèh rawuh | satria para ngulami | sang dyah myat tan wontên condhong ||

5. saking dening tan kalbèng pirasatipun | kang kenging dipun gendholi | ing awal lan akiripun | sang dyah langkung apiknèki | nging gawat tan ana wêroh ||

6. gawatira sajroning tyas kêrsanipun | besuk ingsun arsa laki | mênawa wontên wong kakung | gung kang ngèlmu sih ing èstri | kang tan karêm mring wong wadon ||

7. ni kèn rara yèn ningali mring wong kakung | kadya ningali wong baring | wa-ewa sukêr andulu | pêngraose kadya najis | sêngit mring wong lanang dhayoh ||

8. lamun maring sêntana myang kang wus wawuh (356) | lir ningali rare bênthik | tan mantra-mantra salêmut | jroning sare nora ngipi | sajêge duk mêksih beong[114] ||

--- 1-2 : 99 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 45 dari 54

9. kangsi mendro-mendro malah lungse sêpuh | tan ana birainèki | mung birai maring ngèlmu | bantase mring dalil kadis | paham ing kur'an kinaot ||

10. pan wus inggil sang rara pêngaosipun | ngungkuli kang rayi kalih | ngaji têpsir agung-agung | têpsir bahwi baelawi | jalalèn ing murad wus wroh ||

11. lawan kitab gêng-agêng sampun kêcakup | tan ana bab kang kalêmpit | ngungkuli kaum pêngulu | pêmbudining dalil kadis | lapal makna murad raos ||

12. sabobote èstri pan sampun linuhung | nanging tan kawêntar ahli | sabab tan watak dêdarus | mring kaum myang santri-santri | ukur mring kang rayi karo ||

13. asring kandhih kang rayi ing kawruhipun (357) | jomblahe madlud[115] lan dalil | ijêmak kias wus putus | nanging raose kang galih | tyasnya kadho dèrèng manggon ||

14. mung cêcadhang mênawa na sih Hyang Agung | pinaring guru kang yêkti | ingumpêt datan kawuwus | sangêt dènira akunci | mung pasrah marang Hyang Manon ||

15. nadyan ibu[116] rama datan wêruh | nênggih kang basa puniki | ing kêrsane sang dyah ayu | kêlangkung dènira wingit | gyan nutupi tan mêrojol ||

16. marma ingkang rama kêlangkung angugung | dhasar putrèstri sawiji | wasis sabarang ing kawruh | ya ta sêmana Ki Bayi | kagyat wau dèniranon ||

17. duk praptane kang putra kalih nèng ngayun (358) | Jayèngraga Jayèngwèsthi | anulya sinapa gupuh | ana karyanira kalih | gati praptèng ngêrsaningong ||

18. ingkang putra tur sêmbah alon umatur | kaula atur udani | ing jawi wontên têtamu | arsa marak tuan inggih | dalu sipêng wismaningong ||

19. santri têbih saking Karang wismanipun | taruna langkung apêkik | jatmika wingit asêmu | cahyanya amindha sasi | ing pandugi ulun kados ||

20. dede wijil ing alit kêtarèng sêmu | manis têmbunge matitis | kawistarèng tindak-tanduk | mèsêm sira Kyai Bayi | myarsa ture putra karo ||

21. yèn mêngkono timbalana ngarsaningsun | pan ingsun arsa udani | warnane kang sira gunggung | lan apa ing mau ratri | wus kabrengkal ingkang kawroh ||

22. kothonge lan anane ing isènipun (359) | kang putra matur wotsari | sampun kaculik ing dalu | lan amba têksih pradongdi | dèrèng wontên ingkang kawon ||

23. ulun lan ingrika têksih salang surup | Ki Bayi gumuyu bêlik | apa tan koculik iku | ia basa ingkang iki | pupungkasan kang saking ngong ||

24. ingkang putra nêmbah aris aturipun | pan kaula bèbèr nanging | ing rika pan botên ayun | ingaranan têksih têbih | winastan lambang kemawon ||

25. kang akarya puniku pundi gènipun | lan malekat kang nèng langit | inggih pintên cacahipun | amba pan dèrèng udani | tuan dèrèng mulang ringong ||

--- 1-2 : 100 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 46 dari 54

26. mila amba tinakenan minguk-minguk (360) | kang rama gumujêng malih | sarêng miarsa turipun | wusana ngandika aris | basakêna sira karo ||

27. têka kêgawokan basa kang puniku | sun duga dhayohirèki | gêgamane ia namung | kang binuntêl saking Kawis | kinarya mêdèni cebong ||

28. ingkang putra kalih aris aturipun | paduka dèn ngati-ati | mêmêdosi ingkang tamu | yèn kasor ngisin-isini | paduka pan sampun kalok ||

29. satêmahe kasor mring santri angunthul | mindhak nawarkên kang wingking | kang rama angling gumuyu | tuturmu dhayohirèki | sadurunge ingsun wêroh ||

30. êmbuh kasor ingong lawan unggulipun (361) | nanging[117] tyas ingsun lêgawa sih | yèn unggul sun lila muruk | lamun kasor ngong minta sih | raosing tyas anêronthong ||

31. akèh tamu kang brêngga roa[118] ing kawruh | tan nêdya ingsun praduli | sêmuning dhayoh rumujuk | payo timbalana aglis | manira pan arsa wêroh ||

32. Ni Kèn Rara Tambangraras nambung wuwus | ngandika marang kang rayi | thole dhayohira iku | têkane marene yayi | apa dhasar barang obrol ||

33. langar arsa ngayoni jêng rama iku | dumèh-dumèh santri Kawis | paran tan adol pêngrungu | yèn jêng rama kalok saking | ing tanah kang adoh-adoh ||

34. liwat saking kumaki kang prapta iku | kang rayi umatur aris | kakang bok sayêktosipun | botên anggunggung wak mami | sayêktènipun kakang bok ||

35. kula kang bok mring têtamu sampun kêthur (362) | tan kenging dipun êtohi | punika upaminipun | pun adhi kêlawan mami | sami ambênce kemawon ||

36. sayêktose iba ta ing kathahipun | ngulama kang praptèng riki | pungkas dening kula sampun | tan susah konjuk kiai | mung puniki raganingong ||

37. ngraos kasor marmenggal ngaturi wêruh | dhatêng ing rama jêng kyai | mèsêm kang raka sang ayu | ana kêrasa ing ati | myarsa ture yayi karo ||

38. sajroning tyas kaya ta agea wêruh | paran ta warnanirèki | ingkang ambêbarang ngèlmu | kang rama angatag malih | marang ingkang putra karo ||

39. payo enggal timbalana ngarsaningsun (363) | têngginas kang putra kalih | tan adangu nulya pangguh | Amongraga dèn dhawuhi | ingandikan rama gupoh ||

40. ya ta enggal Sèh Amongraga tut pungkur | wau ta Kiai Bayi | mêksih lênggah ngèmpèr tajug | anak putu ingkang ngaji | wus kinèn bubar gumuroh ||

41. ni kèn rara malbèng wisma lan kang ibu | ngrakit sêdhah woh lan malih | sêdhia[119] sugatanipun | ya ta Amongraga prapti | ingirid kang putra karo ||

42. sarêng prapta Ki Bayi kurmat tumurun | ngurmati kang wau prapti | kasmaran mulat ing tamu | ing solah jatmika wingit | lan cahyanipun mancorong ||

--- 1-2 : 101 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 47 dari 54

35. Asmarandana

1. Sèh Amongraga nulya glis | tur sêmbah angaras pada | Bayipanurta ge-age | dènira anyandhak asta | sigra binêkta lênggah | wus tata dènira lungguh | putra kalih jajarira ||

2. Ki Bayi rêsêp ing galih (364) | ningali têtamunira | jatmika wingit sêmune | pan ora angumbar tingal | tumungkul dènya lênggah | Ki Bayi awlas[120] andulu | angartika jroning nala ||

3. wong iku sêmune lantip | nanging tan kêtarèng nitya | awadi ing pasêmone | sun wêtara ing duduga | dudu wong bandarakan[121] | pantês wijiling amêngku | solahbawane kêtara ||

4. têka mêngkana ing galih | dangune dènya amawas | wusana ngandika alon | anak teja sulêksana | ujare santri Karang | apa ta Karang ing dhusun | apa Karang kaagêngan ||

5. tur sêmbah kang sinung angling (365) | yêktos Karang kaagêngan | nanging santri lit kemawon | marmamba marêk ing tuan | sumêdya puruhita | arsa angrasèhkên ngèlmu | saking ing ribêd kaula ||

6. tiang sêpuh anilari | ing ngèlmu kasêlak pêjah | dèrèng uninga surupe | duk nèng Karang pan kaula | takèn kang wus utama | tuwin dhatêng kyai guru | manah amba dèrèng padhang ||

7. marmamba anumpal kèli | soan[122] dhatêng ing paduka | Ki Bayi guguk gujênge | sarêng miarsa turira | aris wijiling sabda | dene ing Karang ta kulup | ênggone wong kang utama ||

8. kewala malih wak mami | ia lamun kêdugia | kêjaba tungtunan bae | pirabara yèn pun bapa | bisa amadhangêna | ing ruwêde tyasirèku | langkung saking bêgjanira ||

9. nuwun ingkang sinungan ling (366) | Ki Bayi sigra angatag | mring santri Luci pan kinèn | amanggil ing rabinira | lan samêktaning gantyan | têngginas ingkang ingutus | malbèng wisma wus apanggya ||

10. lan garwa wus dèn dhawuhi | mring santri Luci têngginas | Luci ambêkta gantène | sapraptaning masjid lênggah | anèng kerining raka | gantyanira apan sampun | sinaosakên ingarsa ||

11. Ki Bayi wacanèng rabi | nyai sira bagèkêna | mring anakira ngong kie | sangêt arêsêp tumingal | marang atmajanira | mèh uga ingsun andulu | lawan karo anakira ||

12. kang garwa angacarani | anak andika katuran | pan inggih ing sarawuhe | Mongraga nuwun turira | langkung kalingga murda | saking sihing kang dhumawuh | anampar ing kawlas-arsa ||

13. lir pinêthot ingkang galih (367) | sira bok Bayipanurta | sarêng miarsa ature |

--- 1-2 : 102 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 48 dari 54

manahira gogolongan | kêdadak trêsnanira | ya ta gèn rêrasan dangu | kocapa Kèn Tambangraras ||

14. adangu dènira ngintip | anèng gribig ing mandhapa | kang nèng langgar nglela bae | katon salir solahira | ya ta kusuma rara | ana kêrasa ing kalbu | baya wus kêrsaning Suksma ||

15. yèn badhe kang jatu krami | ya ta dyah osiking nala | dene amêncês wong kae | pasang sêmune pêsaja | bênêr riningsun samya | pêngalême mring wong iku | ki[123] dalêm kang lagi prapta ||

16. angêntèk têmên wong iki (370) | pirasate tan agethang | ingong têtêdha ki dhayoh | nglêgakna galihe rama | mugi rama tulusa | asiha mring dalêm iku | ingkang sêmune jatmika ||

17. pirabarane ta ugi | ana sih ganjaraning Hyang | raganingong sêlawase | sakèhe kang sami prapta | angguguyu maringwang | tyas ingsun nora salugut | tan pisan niata krama ||

18. mung dulu ki dalêm iki | gêmpal raosing wêrdaya | upamane raganingong | tinari pinaringêna | marang ki dalêm ika | pirabarane katèngsun | yèn purun anglakonana ||

19. têka mêngkana jro ati | sang rara angêmu waspa | dadya rongèh sasolahe | sasmitane palaling Hyang | marang Kèn Tambangraras | jodho ngawal akiripun | ya ta kang eca pinarak ||

20. nèng langgar ya ta Ki Bayi (371) | angatag ing rabinira | nyai dene kangsi kasèp | apa nora kasugata | kang garwa aturira | inggih sêdangune sampun | ngantosi kang pangandika ||

21. Bayipanurta nganthuki | Ni Rubiah sigra mentar | maring wisma ngrakit age | sawêrnine kang sugata | sêkul ulam nyamikan | mawarna ulamanipun | tumrap nèng piring rampadan ||

22. dharanan[124] awarni-warni | nèng piring Jêpun lancaran | samêkta nèng jodhang warèng | kang putra Kèn Tambangraras | wau tumut anata | wusnya winêdalkên gupuh | santri Luci kang ngrarampa ||

23. kêlawan santri Nuripin | sapraptane anèng langgar | pan lajêng sinaosake | sêkul pêthak las wêtahan | nèng panjang giri pradan | jangan kluwih sêptanipun | kinêla asêm pêdhêsan ||

24. bêtutu bêsêngèk pitik (372) | dhèngdhèng gêpukan gorengan | êmpal ragi dhèngdhèng age | dhèngdhèng panjèn lan sujenan | babad galêng sêrêgan | por bèbèk pès-pèsan palung | rêmpah sidhat bothok jambal ||

25. gorengan kathik gulathik | lidhah ati lawan limpa | barongkos lan sambêl gorèng | sambêl kêmiri lan kacang | tum gadhon cêplok dadar | abon lan kêrupuk têrung | lombok kêncêng pêtis banyar ||

--- 1-2 : 103 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 49 dari 54

26. lalaban kacang kêrai | terong kêcipir lan kara | kunci lêmpuyang têmu poh | wus samêkta anèng ngarsa | sira Bayipanurta | nulya nyarakên[125] mring tamu | anuwun kang sinung ujar ||

27. nulya lêkas awêwanting (373) | dhahar akêmbul wong tiga | Ki Bayi saambêng dhewe | nadhah lawan ingkang garwa | nutug dènira dhahar | Mongraga kapêksa tuwuk | ngecani sarak mamèt tyas ||

28. akokoh jangan sakêdhik | imbuh sêkul sakaluak | adangu dèn onjot-onjot | tan dhahar ulam mung jangan | kewala lan lalaban | têmu poh sêdangunipun | angantu dènya luaran ||

29. angampêt atobe ririh | Ki Bayi micarèng nala | wong iki apa dhasare | apa gawe samudana | pasang sêmuning wanda | tan duwe watak kumlungkung | gajêg watake pêsaja ||

30. nora mangan kêlah-kêlih (374) | mung jangan kang kinokohan | kalonging sêga sapongge | kaya wus lantèh nastapa | ya ta dènira dhahar | wus nutug linorod guguh[126] | pinaringkên panakawan ||

31. nulya dhêdharan mangarsi | pisang mas sêmangka jingga | jambu bang putih jruk kêprok | pêlêm salak lan rambutan | manggis kêlawan duryan | kang nangka kêpundhung dhuku | srikaya juadah jênang ||

32. kêtan kolak lawan pipis | Tuban bantalan sêmpora | randhakèli kèci lêmèt | lêmpêr pasung tape mayang | êbrêm cucur rêngginang | mêndut lan sêmar-tinandhu | cariping tumpêng walangan ||

33. wus tata kêbêk nèng ngarsi | Ki Bayi alon lingira | payo anggèr saanane | supaya dadya pangusap | aywa ataha-taha | kang liningan matur nuwun | kapundhi ingkang pasihan ||

34. Ki Bayi ngandika malih (375) | marang putra kalihira | sirèku dadak lir dhayoh | amiwitana daranan[127] | têpa-têpa anèng wang | yèn lagya têmbene mêtu | mêksih wigih duga-duga ||

35. kang putra gupuh nyarani | sumangga punika kakang | sihipun ramanta mangke | sêdyaningsun kapasuka | lênggawèng[128] tyas sih marma | Mongraga norragèng wuwus | pan inggih yayi sumangga ||

36. Ki Bayi gumujêng sarwi | amundhut sêtunggil jêram | pinêlkah dhinahar age | nulya sami sarêng ngalap | nyamikan sasênêngnya | Amongraga mundhut dhuku | sêtunggil thil pinalêkah ||

37. dhinahar kêlangkung ririh | anulya Ki Jayèngraga | mundhut kêtan kolak kokoh | Jayèngwèsthi mèsêm mulat | ingkang rayi alatah | kang rama gumujêng muwus | punapi kang sira sabda ||

38. umatur Ki Jayèngwèsthi (376) | putra padhuka[129] Jèngraga | pan kenging kaula pêthèk |

--- 1-2 : 104 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 50 dari 54

dènya nadhah kêtan kolak | kang rama angandika | pan cilik mula adhimu | doyanane kêtan kolak ||

39. tan wun dènya mêmanuhi | nutug sêsambèn nyamikan | ya ta wus manjing wêktune | lohor pan samya asalat | Ki Bayi dadya iman[130] | sêdayanya samya makmum | Malarsih lan putranira ||

40. Tambangraras lawan cèthi | Cênthini Sumbaling miwah | ingkang makmum sêdayane | wus antara dènya salat | paragat bakdanira | sêsalaman sêdaya wus | kang makmum mudhun mêngandhap ||

41. sang wirya wangsul gyan malih (377) | anèng surambining langgar | dharan mêksih pêpak andhèr | kang kalong wus sinulaman | anyatur batal karam | myang riba sunat lan pêrlu | cêgah pakon kang rinasan ||

42. mêngkana sêdangunèki | sinambi dhahar nyamikan | andungkap wêktu ngasare | nulya samya asêmbahyang | tan owah makmumira | ing wêktu ngasar bakda wus | sira Ki Bayipanurta ||

43. mudhun saking langgar aris | sarwi alon angandika | dèn padha tanak lungguhe | sun arsa siram sadhela | putra matur norraga | nulya kondur mring wisma gung | Ki Bayi sawusnya siram ||

44. nimbali garwanirèki | pinarak anèng jêrambah | sarta putranira Ni Kèn | Tambangraras anèng ngarsa | Ki Bayi lon lingira | kae santri kang mêrtamu | dhayohmu Ki Amongraga ||

45. sêdangune sun timbali (378) | pasang sêmune jatmika | awênês wêning sênêne | sêlaminingong tamian | santri kang wus utama | tan kadyèki lêgawèng sun | cipta lir gyan ngong ayoga ||

46. sukur yèn sayêkti inggil | ngèlmune wus surup ing kak | lir tuture nakmu karo | nadyan ora mêngkonoa | sun caloni ngulama | Ni Malarsih lon umatur | inggih dhatêng kêsinggihan ||

47. ing sêmu samya maguti | kang putra ibu lan rama | mapan tunggil kalêthêke | kewala tyas tan kawêdhar | andhêdhêr pan anêdha | dhaupe dhêdhayohipun | sadhidhik[131] dadya dhadhakan ||

48. têka mêngkana ciptèki (380) | Ki Bayi malih ngandika | mêngko olaha kang adèn | ulam lawan pêpanganan | nora dumèh yèn kathah | sêthithik yèn sarwa luhung | dhayohmu iki utama ||

49. kaya wijining amukti | ati-atinên kang sarwa | prayoga pasugatane | Malarsih matur sêndika | mêngkana wayahira | kang surya wus tunggang gunung | Ki Bayi wangsul mring langgar ||

50. wanci manjing wêktu magrib | lajêng sami minggah salat | Nuripin Jamal Jamile | Jalalodin Luci samya | amêndhêt toya kadas | santri Luci kang adan wus | sêdaya samya asunat ||

51. Ni Rubiah makmum sami | lan kang putra Tambangraras | ana ing gandhok masjide |

--- 1-2 : 105 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 51 dari 54

lêt wrana kajang jêjêtan | kang lèr pawèstrènira | cèthi Cênthini tan kantun | Sumbaling myang pra wadonan ||

52. Cênthini tan kêna têbih (380) |[132] langkung karêm ing agama | marma dyah langkung gêng sihe | mring bok Cênthini wit nunggal | ing budi pêkarêman | tan kêna sah siang dalu | wusnya kang sami asunat ||

53. manjing kinèn angamati | Ki Bayi kang dadya iman | ngangkat pêrlu usaline | tibaning takbir asantak | wus usali sêdaya | pan ilhar pêmaosipun | patekah sajak Bintara ||

54. groal-graul angunani | sawuse patekah maca | pan surat kulya ayune | kang akir wusing patekah | pan surat ida ja-a[133] | dumugi ing bakdanipun | iptitah lajêng pujian ||

55. wus pupuji lajêng dikir | wus dikir donga rajukna | anumpa donga sukure | anasib Ki Jayèngraga | swara landhung angêmbat | buntas lêga pan anglangut | kang amin-amin ya Allah ||

56. wus bakda pêrluning mahrib (381) | samya sunat bakdiatan | Ki Bayi Amongragane | Jayèngwèsthi Jayèngraga | nanjèhkên sunatira | wabin nêm rêkangatipun | tri salam tapakur ing Hyang ||

57. asujud takrub ing Widi | poting mahrib manjing isa | kinèn angadani mangke | nulya adan yat-ayatan | Nuripin Jamil Jamal | Jalalodin Luci pan wus | wong lilima sarêng adan ||

58. wusnya sunat sêdayèki | Ki Bayi alon lingira | marang Amongraga kinèn | angimani pêrlu ngisa | èh anak Amongraga | majua ngimami pêrlu | gênti sun makmum kewala ||

59. Amongraga nuwun ajrih (382) | ngling aris aywa sumêlang | sun kalilani dhèwèke | wusana matur sêndika | lajèng Sèh Amongraga | ngimani angangkat pêrlu | usalinira pasekat ||

60. usali parlan ngisai | arbanga rakangatina | adaän imaman kable | yatan lilahi tangala | Allahu akbar nulya | tasbih sarta wajahipun | patitis maca patekah ||

61. êmad kasare têrampil | sêkathahe kinawruhan | myang sastra kandêl tipise | tetela tan musabiat | jais wajib lajimnya | swaranira amlas-ayun | ngalêp-alêp angêmandhang ||

62. nuju kalimah walalin | tumèmbêl kandêl êladnya | ngandhêlong landhung ulone | sêdhêng traping mukaranah | prênah gênah ing talak | sajak yaman nganyut-anyut | ayat sawuse patekah ||

63. surat jumngah awalnèki (383) | akire wusing patekah | surat munapèk ayate | têrtib sarta tumaninah | karênan kang makmuman | sêdaya tyase tawajuh | sukur nikmat dènya salat ||

64. wus antara tahyat akir | asalami bakdanira | asarèh pupujiane |

--- 1-2 : 106 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 52 dari 54

nulya dikir napi isbat | arahab mrih sapangat | ing dikirira wus suhul | bakda dikir maca donga ||

65. Jayèngraga kang nasibi | dhasar bêsus ahli swara | angêntut-êntut sajake | sawusnya donga sêlawat | samya asêsalaman | kumarubut sêdaya wus | samya sunat bakda ngisa ||

66. nulya bubar kang makmumi | kantun sang para ngawirya | ngasudkên sunat witire | bakda sunat trap wiridnya | isbandi satariah | tanjèh ing suhul wus junun | sira Ki Sèh Amongraga ||

67. dènira kasud ngantuni (384) | dhèrèng pot têpakurira | pana ing dalêm layape | liyêp marang kanyênyêtan | tanpa dharat wus komplang | pagut ing tingal panaul | pantoging tyat[134] kêjumbuhan ||

68. tan pinangka minangkani | ing napi kêlawan isbat | cêngêng linuar ikrame | rasa-rasa yèn luara | saking sru kawimbuhan | ing rahmat nikmating kalbu | sabakdaning wiridira ||

69. nulya sujud tanasari | sujud takrub anêlangsa | minta apura dosane | angirigakên bidêngah | giwar saking maksiat | nimpang ing tyas kang têkabur | kibir angas mring Pangeran ||

70. tobat nasoka sru tokid (385) | waspanya drês marawayan | kalingling kaluputane | mêngkana ikraling nala | mupit maring Pangeran | linairkên jroning takrub | kang muga Gusti Pangeran ||

71. kang kêwasa anjumbuhi | kang latip ing kaelokan | dinohêna amba mangke | ing cipta ria sumêngah | kiparat ing sêsama | ywa kasêlan ing pêndulu | pêmandêng amba ing tuan ||

72. mêngkana Sèh Amongragi | wus purna dènira kawas | lon anjunjung wêdanane | wus mulyèng jaman mungayan | ya jaman kalumrahan | lumrah sêjabaning wêktu | ia jaman saban-saban ||

73. wus bakda Sèh Amongragi | nulya marêk anèng ngarsa | mingsêr kang rayi kalihe | wus tata dènira lênggah | Ki Bayi angandika | mring Luci sira dèn gupuh | manira pundhutna sêga ||

74. mring nyaimu Ni Malarsih (386) | kang liningan sigra mentar | pan sampun dhinawuhake | Ni Kèn Malarsih agêpah | anudhing[135] cèthinira | Sumbaling Cênthini gupuh | samya anampa rampadan ||

75. Ni Malarsih anèng ngarsi | sapraptanira ing langgar | kang bucu sinaosake | nèng panjang giri pêradan | rampadan piring lancaran |[136] langking samya pradan luhung | ulamnya tan pati kathah ||

76. pès-pèsan tambra têngiri | bothok jambal mangut utak | bakaran angsalan klalèn | basêngèk opor kambangan | masin ayêm mênjangan | ragi ponjèn êmpal duduh | dhèngdhèng gêpukan gorengan ||

77. prit gangsir kathik gulathik (387) | dhèngdhèng age ati lidhah |

--- 1-2 : 107 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 53 dari 54

srêgan limpa rêmpah gadhon | lombok kêncêng pêtis banyar | cokak kêlawan kecap | lalaban sêmangka timun | têmu poh terong lan kacang ||

78. sêsambêlan amêpêki | Ki Bayi alon ngandika | lah payo wêwanting anggèr | nulya samya wiwijikan | Jèngwèsthi Jayèngraga | katri Sèh Amongragèku | Ki Bayi ambêng piambak ||

79. dyan lêkas samya abukti | pikantuk dènira nadhah | Jèngraga dhokoh akokoh | barongkos[137] anglênga | nêmên lir buka siam[138] | winaratan ulamipun | Sèh Mongraga dènya nadhah ||

80. kêpêl sawidara bungkik | mung pikantuk nêm pulukan | pan gutuk kêpêl atobe | kantun sakêpêl angantak- | antak nganti luarnya | Ki Bayi wruh ciptèng kalbu | gya awijik aluaran ||

81. Jayèngraga mêksih bukti (388) | dènya kokoh katanggungan | kasêsa luaran mangke | Jèngwèsthi mèsêm lingira | bok kang alon kewala | ngêngantèni ywa kêsusu | kang rayi gumujêng nabda ||

82. paduka ngling angêntosi | ngêntosi kèndêl kewala | namung botên wijik bae | kang raka ngling jêr karosan | madhani têlung buka | Ki Bayi gumujêng muwus | dhimu iku cilik mula ||

83. brongkos duduh dèn doyani | dhèk cilik bêbêde ilang | dèn urupkên ramês brongkos | pan sarêng gumujêngira | mèsêm Ki Amongraga | nulya sami atuturuh | ambêngira cinarikan ||

84. pinaringakên pawingking (389) | Jamal Jamil tinuwukan | Nuripin Jalalodine | Sumbaling Cênthini sigra | anglorodakên dhahar | wong kêkalih sarêng mundur | wangsul anampa dhêdharan ||

85. tinata Ni Kèn Malarsih | ingkang kalong wus sinulam | pêpak sarwa adèn-adèn | wusnya anata dhêdharan | Ni Malarsih liningan | kinèn mundur ing wisma gung | nulya kondur maring wisma ||

86. wusana wangsul aningid[139] | lan kang putra Tambangraras | ya ta kang samya alunggoh | sira Ki Bayipanurta | lon wijiling wêcana | murwani patakènipun | marang Ki Sèh Amongraga ||

87. sêdhênge rêrasan ngèlmi | ing wanci mèh sirêp jalma | anak Mongraga yêktine | ingkang dadi prêlunira | pêpanggih lan pun bapa | lah mara wêdalna gupuh | kang dadi sumêlangira ||

88. babing basa kang piningid (390) | dununge ana lan ora | apan sayêkti anane | curiga manjing wêrangka | wêrangka manjing marang | ing curiga balikipun | suksma manjing maring badan ||

89. badan manjing ing suksmèki | lan cahya ing malaikat | nabi wali ing cacahe | apa iku anak ingwang | kang dadi rubêdira | pirabarane nak ingsun | yèn bisa amadhangêna ||

90. yèngsun marang ing sirèki | Amongraga aturira |

--- 1-2 : 108 ---

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998 (Jilid 1-2: Pupuh 027–035): Citra 54 dari 54

kaula nuwun pan dede | paduka wuwus punika | pan têksih basa swara | kewala pan dèrèng jumbuh | mêksih kabar yakin sarak ||

91. sarengat kabiru yakin | nganasir mungguh ing Allah | mêksih rambatan dalile | madêlul ijêmak kias | kathah jujulukira | masuci mulya Hyang Agung | Hyang Aluhur Hyang Wisesa ||

92. punika pan mêksih ngèlmi (391) | dèrèng abadan sajuga | kajêng kaula yêktine | icala nama kaula | wus roron-roron tunggal | kewala lawan Hyang Agung | punika ulun upaya ||

93. kêlamun ngêmungna singgih | puniku kang tuan ucap | têksih kathah ling-alinge | dèrèng kumpul lan Pangeran | dadya manah maksih was | ing Kawis sampun angumbuk | sabên wong anom mêngkana ||

 


waspada. (kembali)
§ kirang sawanda, katambahan: dan [badan]. (kembali)
§ prayoginipun: mêndêlik. (kembali)
§ kirang sawanda, katambahan: ing. (kembali)
rowangi. (kembali)
§ prayoginipun: ing kene. (kembali)
§ prayoginipun: sa. (kembali)
§ kirang 2 wanda, katambahan: samya. (kembali)
§ prayoginipun: sanès. (kembali)
10 § prayoginipun: pratangga. (kembali)
11 cocak. (kembali)
12 § prayoginipun: kuthilang [(dan di tempat lain)]. (kembali)
13 § prayoginipun: kêdawa. (kembali)
14 cuwa. (kembali)
15 myarsa. (kembali)
16 griya (dan di tempat lain). (kembali)
17 § prayoginipun: ancala. (kembali)
18 jriyah. (kembali)
19 § prayoginipun: milwèng. (kembali)
20 suwawi (dan di tempat lain). (kembali)
21 § kirang sawanda: lan [kêmasan lan]. (kembali)
22 § prayoginipun: dèn dol. (kembali)
23 kowangan. (kembali)
24 § prayoginipun: sungsun. (kembali)
25 giyanti. (kembali)
26 kalak. (kembali)
27 § prayoginipun: sungsun. (kembali)
28 § prayoginipun: padu. (kembali)
29 § kirang sêlarik, kasambêtan: kêlawan siti andhap. (kembali)
30 maluwa. (kembali)
31 mumungsuhan. (kembali)
32 kaluwak (dan di tempat lain). (kembali)
33 § langkung sawanda, kabucal: kê. (kembali)
34 § prayoginipun: kang, dipun gêntosi dening a. (kembali)
35 § prayoginipun: kalèncèran. (kembali)
36 luwas (dan di tempat lain). (kembali)
37 § prayoginipun: raryalit. (kembali)
38 adheyan. (kembali)
39 Kaduwang. (kembali)
40 § prayoginipun: ingiring. (kembali)
41 mami. (kembali)
42 piyambak (dan di tempat lain). (kembali)
43 Lebih satu suku kata: sêmuning desa saya sri. (kembali)
44 niyaga (dan di tempat lain). (kembali)
45 pambuwangnèki. (kembali)
46 Jumuwah (dan di tempat lain). (kembali)
47 maksiyat (dan di tempat lain). (kembali)
48 niyat (dan di tempat lain). (kembali)
49 § prayoginipun: mendah. (kembali)
50 § prayoginipun: suprandene. (kembali)
51 Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
52 § prayoginipun: nangkoda. (kembali)
53 § kirang sawanda, katambahan: kang [kang dalêm pêndhapa pêcak]. (kembali)
54 § prayoginipun: jandhela. (kembali)
55 § prayoginipun: dodol. (kembali)
56 § prayoginipun: kêlampok. (kembali)
57 jandhela. (kembali)
58 panirate. (kembali)
59 § kirang sawanda, katambahan: kang. (kembali)
60 § prayoginipun: pêndhapa. (kembali)
61 § prayoginipun: abra. (kembali)
62 patehan (dan di tempat lain). (kembali)
63 § prayoginipun: jalalèn. (kembali)
64 § kirang sawanda, katambahan: lan. (kembali)
65 sampeyan (dan di tempat lain). (kembali)
66 § prayoginipun: sring. (kembali)
67 cangkir. (kembali)
68 § prayoginipun: rasèki. (kembali)
69 suwaramu (dan di tempat lain). (kembali)
70 Jalalodin. (kembali)
71 abiyas. (kembali)
72 § prayoginipun: ambalêbêgi. (kembali)
73 § langkung sawanda, kabucal: na. (kembali)
74 kêsliyoning. (kembali)
75 § prayoginipun: maring. (kembali)
76 Kurang satu suku kata: maring raka anuwun sih. (kembali)
77 tanyani. (kembali)
78 § prayoginipun: sêthithik. (kembali)
79 § kirang sawanda, kasambêtan: kên [amagutkên]. (kembali)
80 dhèndhèng (dan di tempat lain). (kembali)
81 ngimami (dan di tempat lain). (kembali)
82 § prayoginipun: dhêdhaharane. (kembali)
83 § prayoginipun: duk. (kembali)
84 gumuyu. (kembali)
85 § prayoginipun: apêngal lalu. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: wusnya donga ing apêngal lalu. (kembali)
87 § kirang sawanda, kasambêtan: ing [ingkang]. (kembali)
88 Nomor naskah asli: 212, diganti menjadi 312 sesuai dengan urutannya. (kembali)
89 galeyor. (kembali)
90 ngati-ati. (kembali)
91 § prayoginipun: ngathêkul. (kembali)
92 § prayoginipun: murad. (kembali)
93 § kirang 3 wanda, katambahan: kêlawan. (kembali)
94 ngrêpèpèh. (kembali)
95 § prayoginipun: mathênthêng. (kembali)
96 wang-uwung. (kembali)
97 § prayoginipun: muradipun. (kembali)
98 § prayoginipun: muradipun. (kembali)
99 § prayoginipun: muradipun. (kembali)
100 § langkung sawanda, kabucal: duk. (kembali)
101 § prayoginipun: gêgêdhong. (kembali)
102 § prayoginipun: suprandene. (kembali)
103 § prayoginipun: kudusi. (kembali)
104 kiyas (dan di tempat lain). (kembali)
105 § langkung sawanda, kabucal: a [tilar]. (kembali)
106 kidib. (kembali)
107 § prayoginipun: lowong. (kembali)
108 § limrahipun: nurbuah. (kembali)
109 pangimaman. (kembali)
110 § prayoginipun: apêngal. (kembali)
111 kongsi (dan di tempat lain). (kembali)
112 barliyan (dan di tempat lain). (kembali)
113 § limrahipun: wirasad. (kembali)
114 beyong. (kembali)
115 § bokmênawi: madlul. (kembali)
116 § kirang 2 wanda, katambahan: tuwin. (kembali)
117 § langkung sawanda, kabucal: na. (kembali)
118 rowa (dan di tempat lain). (kembali)
119 sêdhiya. (kembali)
120 awas. (kembali)
121 § prayoginipun: padarakan. (kembali)
122 sowan (dan di tempat lain). (kembali)
123 § kaca 368 kalian 369 ing babonipun kalangkungan. (kembali)
124 § prayoginipun: dhaharan. (kembali)
125 nyarahkên. (kembali)
126 gupuh. (kembali)
127 § prayoginipun: dhaharan. (kembali)
128 § prayoginipun: lêgawèng. (kembali)
129 paduka. (kembali)
130 imam. (kembali)
131 § prayoginipun: sêthithik. (kembali)
132 Nomor naskah asli: 380 sama dengan nomor sebelumnya. (kembali)
133 § Inggih punika: surat alnasr. (kembali)
134 § prayoginipun: tyas. (kembali)
135 anuding. (kembali)
136 Lebih satu suku kata: rampad piring lancaran. (kembali)
137 § kirang 2 wanda, katambahan: ira [barongkosira]. (kembali)
138 siyam (dan di tempat lain). (kembali)
139 angirid. (kembali)