Sêrat Cênthini
Jilid II
--- 2 : [0] ---
Sêrat Cênthini
Jilit II (2)
1863
--- 2 : [0] ---
[3 halaman kosong]--- 2 : [0] ---
Sêrat Cênthini, jilid II, gadhahanipun R. Sastra Kartika.
--- 2 : [0] ---
[...]
--- 2 : [0] ---
sasmitaning purwaka têmbang Mêgatruh tratamtu paksa marsudi
--- 2 : [0] ---
Gadhahanipun R. Sastra Kartika.
Slira-sliri panahku si cundhamani, nurut mencok saciptaku dadi, saking barkahe eyang Arjuna.
--- 2 : 1 ---
1. Mêgatruh
1. sasmitaning purwaka têmbang Mêgatruh | tarkadhang dhawahing gêndhing | karsanan manêdhak kidung | tiniti ran Srat Canthini | kabuka Cêbolang criyos ||
2. nuju ari ri Anggara wulan Mulut | kaping wolu tanggal Jawi | warsa Dal sangkalanipun | guna paksa slira wali |[1] winantu runtuting batos ||
3. putranira Sèh Akadiyat kasêbut | Mas Cêbolang akêkasih | satuhu lamun binagus | lir lanyap panji nèng kêlir | amung pasêmoning wadon ||
4. yèn ngandika mêrak ati manis arum | rêsêp kang sami miyarsi | dadya kêkêmbanging kidung | lêlanjarane kaya sadi | putus lantip wirèng kewoh ||
5. lampah nyantri lawan rowangira catur | saking Sokayasa wukir | ngidul ngilèn ngancik sampun | tlatah Purbalingga nagri | kèndêl anèng makam dhukoh ||
6. kang jinujug wismane pangagêngipun | Dêmang Sêrana kêkasih | Mas Cêbolang nulya tundhuk | ingancaran malbèng panti | anèng salu dènnya jagong ||
7. kyai dêmang têtanya mring tamunipun | pantèn kula nilakrami | sintên sinambating arum | myang pinăngka saking pundi | Mas Cêbolang turira lon ||
8. sarwi mèsêm kêdaling sabda lir madu | ingkang sotah amastani | pun Cêbolang nama ulun | saking Sokayasa wukir | ing sêdya dèrèng kinaroh ||
9. bangsanipun anut tindak ingkang suku | rèhning kadalon lumaris | bilih kaparênging kalbu | winantu dhanganing galih | ratri mangke nyuwun mondhok ||
10. angrêgêdi jogan paduka sadalu | sampun susah-susah kyai | benjing enjing wanci bangun | kula lajêngkên lumaris | kyai dêmang wacana lon ||
11. babo pantèn punika langkung panuju |
--- 2 : 2 ---
malah ta paminta mami | wontêna kang tigang dalu | sokur karaos nèng ngriki | arêrencang karyaningong ||
12. Mas Cêbolang matur kula kamipurun | nyuwun sasêrêpan kyai | punapi ta damêlipun | kok mawi kèn rêrencangi | pantèn mênggah karyaningong ||
13. mung rumêksa astananya sang linuhung | Sèh Jambukarang kang ardi | Nglawèt ing nginggil puniku | ing ngriki dhèrèk nata wis | dêmang pradikan wak ingong ||
14. paring dalêm nata dêmang pra ngaulun | sêrat kêkancingan mami | tampi sèrèn laminipun | sabên ing salangkung ari | ing mangkya tampi wak ingong ||
15. kawajiban yèn wontên têtiyang ayun | jiarah mring Nglawèt wukir | yêkti kula kang jinujug | masrahakên juru kunci | dhusun Panusupan manggon ||
16. Mas Cêbolang angangsêg patanyanipun | paran cariyosing nguni | Sèh Jambukarang puniku | kalawan lampah-lampahing | kang yun jiarah mring dhepok ||
17. pantèn iku cariyosira ing dangu | putra Nata Majapait | têtluka[2] nèng Nglawèt gunung | dupi wus antara lami | wontên molana kang rawoh ||
18. Sèh Mahribi mêjang ngèlmine jêng rasul | sawusira asalêsih | sang manêngkung ajêjuluk | Jêng Pangran Sèh Jambukawis | anèng Nglawèt ngantya layon ||
19. kangjêng pangran têtiga sakabatipun | sumare cêlaking margi | igahipun[3] maring pucuk | kathah tiyang mănjanagri[4] | jiarah samya kalakon ||
20. sasêdyanya inggih ing sapangkatipun | kang samya antuk ing kardi | antukipun kêdah laju | botên kenging mompar-mampir | lan botên kenging cariyos ||
21. bilih ngantos kamirêng ing sanèsipun | tuwan purun ngantos kampir |
--- 2 : 3 ---
agêng nêdha sêgahipun | kanugrahanira ênir | kang kampiran ingkang manggoh ||
22. amung minggahipun kalangkung pakewuh | margi babondhotan rumpil | mila kathah ingkang wangsul | Mas Cêbolang duk miyarsi | sru kayungyun ing pawartos ||
23. dhuh kiyai manawi pinujwèng kalbu | ulun kalangkung kapengin | jiarah astanèng luhung | antuk supangat linuwih | wilujênging lair batos ||
24. inggih pantèn kalêrêsan dintênipun | benjing enjing Kêmis kaping | kawan wêlas kang sitangsu | awit amung dintên kalih | kang linilan migah[5] dhepok ||
25. inggih ari Kêmis lawan Sênènipun | kèndêl dènira wêwarti | sunggata lumadyèng ngayun | rahab ingkang samya bukti | ing dalu tan winiraos ||
26. wanci bangun sabakdaning salat subuh | Mas Cêbolang wus kairit | tan pisah santrinya catur | praptèng wisma juru kunci | Panusupan raning dhukoh ||
27. Kyai Dêmang Sêrana masrahkên gupuh | mring Ki Sraya juru kunci | wus katampèn dêmang wangsul | Ki Sêraya lingira ris | kêdah miturut kalakon ||
28. wusnya manjat margi sangêt apakewuh | anguwot witing panjalin | tumumpang ing jurang trêjung | kathah buron wisa mandi | ngakak nyêmbur ting pancorot ||
29. sima anggro warak galak nêbèng luhur | santri sakawan wus uning | ngoplok cahyanira payus | nyuwun wangsul tan kadugi | klilan ngantosi nèng pondhok ||
30. Mas Cêbolang lampahira sampun laju | muhung pasrah ing Hyang Widhi | ngraos sadarma lumaku | mobah-mosik tan lyan saking | kawasanira Hyang Manon ||
31. sabên sapta kuburing sakabat têlu | kèndêl aso sawatawis | sarwi uluk salaminipun | manut turing juru kunci | panti pakêrisan [pakêrisa...]
--- 2 : 4 ---
[...n] rawoh ||
32. wusing aso sarta aring napasipun | ngrucat busananirèki | ngore rema praptèng dhêngkul | mung lancingan bêning nyamping | tatag têtêg ing pasêmon ||
33. Ki Sêraya wus miranti lingira rum | nêdha pantèn bismilahi | sampun saenjotan bagus | bismilah swawi kiyai | sampun minggah lampahnya lon ||
34. saya gampil pakewuhira kalangkung | lamun ora tekad kari | sayêkti wangsul ing ngriku | kajawi pringganing margi | êmbuh-êmbuh kang rinaos ||
2. Gambuh
1. wau isining gunung | rêrês poh satêbah agêngipun | cacing kalung agênging sagaran arit | lintah maratah sajagung | pacêt agênge sajêmpol ||
2. kumrêsêg swaranipun | mambêt gănda janma nêmbe rawuh | pacêt ingkang nèng godhongan samya nyêthing | milar nylorot lir udan wuh | rêsrês poh cacing nalosor ||
3. lintahe ting jêgunuk | ayun ngroyok mring kang nêmbe rawuh | nanging datan ana kang prapta ing dhiri | mung kiwa têngên supênuh | anjêrap pating têlolor ||
4. Mas Cêbolang tan keguh | ngeca-eca dènira lumaku | sampun prapta pucaking wukir waradin | kinubêng ing gurda agung | sawrênining kang nalosor ||
5. wangsuling unggyanipun | nèng godhongan ngalèwèr gumandhul | juru kunci buka lawang cungkup sarwi | maca slawat mawa lagu | padupanira nyrêmomong ||
6. prapta ing daganipun | juru kunci lawan sang abagus | makidhupuh uluk salam nulya tahlil | bakda tahlil ki mas minggu | panyuwunira binatos ||
7. karamating aluhung | mirêng swara jêbèng pamintamu | sun idèni ayya sumêlang ing ati | banjurêna ing sêdyamu | anutukakên [anutuka...]
--- 2 : 5 ---
[...kên] lêlakon ||
8. ki juru kunci ngungun | ngandikèng tyas sanyata linuhung | sajêg ingsun ngadharakên lagi iki | ana swara kang karungu | cêtha tètèh kang wiraos ||
9. kaliyèng mêdal sampun | kori cungkup [...] | Mas Cêbolang angubêngi gêbyog sarwi | [...] ra na rambut | kêpung gêlang wangsul panggoh ||
10. lawan ki kunci juru | wangsul maring pakêrisan sampun | wusing ngrasuk busana tumurun aglis | sakeca ing lampahipun | tan ana winalang batos ||
11. praptèng Susupan dhusun | wus pinanggih lan santrinya catur | datan pamit lajêng dènira lumaris | saking Purbalingga laju | tanpa kampir ngidul ngulon ||
12. kèndêling lampahipun | aningal ing kanang toya mancur | udakara wêdaling saking pring ori | anjog maring lèpèn agung | toya lakung[6] wêning nyarong ||
13. kathah dyah ayu-ayu | samya ngangsu kandhêg andêdulu | marang ingkang raryan satêpining warih | wong lima kang sami ngangsu | sèlèh klênthing mlongo dongong ||
14. Mas Cêbolang duk dulu | kathah kênya anom ayu-ayu | pasang ulat sadaya pinanduk liring | kang kataman riwe kumyus | slira nyabe samya dheprok ||
15. anuding santrinipun | kinèn tanya araning kang dhusun | wus umintar kapanggih têtanya aris | dhuh bakyu apuntênipun | kula kinèn atêtakon ||
16. ing ngriki raning dhusun | kang tinanya kagyat samya jumbul | garagapan sarêng dènira nauri | dhusun Manut wastanipun | ing tuk toya ingkang katon ||
17. Surawana puniku | wusing tanya ki santri gya wangsul | Mas Cêbolang linggar anilari liring
--- 2 : 6 ---
mèsêm-mèsêm nulya laju | dyah wangsul sami wirangrong ||
18. wau ta lampahipun | Mas Cêbolang lan santrinya catur | wanci sang hyang arka mèh tumamèng wukir | ing ngarsa ana kadulu | kadi kaluwung kang anjog ||
19. mring siti ngokop ranu | pinarêkan sru eram ing kalbu | dene umbul igilira[7] anglangkungi | watara nêm dhêpa langkung | tibaning we kadi jawoh ||
20. kang santri gèdhèg muwus | bilah biyang dakkira kaluwung | jêbul banyu umbul angayuh wiyadi | alah yèn karsa piduwung | tan măntra kêna ginayoh ||
21. Mas Cêbolang wus ngutus | santri kinèn lumêbêt mring dhusun | angupaya sipêngan kalane ratri | santri kalih mlêbu dhusun | lawan kapala wus panggoh ||
22. hyang surya wus sumurup | Mas Cêbolang tumamèng ing dhusun | kapanggih lan kapala aran Ki Dati | gupuh mapag jawi pintu | sêsalaman gantos-gantos ||
23. wusing salaman laju | malbèng wisma pinêrnah nèng salu | Dati tanya anak kang asarju kampir | sintên sinambating arum | myang pinăngka de lungandon ||
24. Mas Cêbolang lon muwus | amahyakkên nami sakanipun | miwah minta pasipêngan mangke ratri | Ki Dati suka turipun | anak bagus yya pakewoh ||
25. sampun kang mung sadalu | nadyan pêndhak kula suka sokur | Mas Cêbolang mèsêm awacana manis | kalangkung panuwun ulun | ngriki pundi raning dhukoh ||
26. ki wisma lon sumaur | dhusun Têmon Ki Dati ran ulun | kêpalane padhusunan Têmon ngriki | kang martamu samya dhêku | ki wisma parentah gupoh ||
27. asêsaji sêsuguh | wedang êsês gantyan lawan [lawa...]
--- 2 : 7 ---
[...n] sêkul ||
wus lumadyèng ngarsa ki wisma turnya ris | babo anak santri bagus | pun bapa atur sêsugoh ||
28. sawontêne ing dhusun | mung lumayan jêjampining lêsu | tamu miwah ki wisma sami wêwanti | rahap anadhah pikantuk | bakda nêdha alêlêson ||
29. ing wanci waktu subuh | Mas Cêbolang myang santrinya catur | minta pamit jawab tangan gya lumaris | tan kantênan kang jinujug | yèn dalu lêrêp ing dhukoh ||
30. praptèng Pancasan dhusun | myat balumbang tinêpi binatur | wiyaripun tri dasa tindak pasagi | sadhadha lêbêting ranu | wêning nglirap kinclong-kinclong ||
31. sawusnya sami adus | linajêngkên wau lampahipun | praptèng tlatah Banyumas dhusun Kêmangi | anèng sukuning kang gunung | Mas Cêbolang manjat gupoh ||
32. santrinya atut pungkur | kathah sima samya tutup-tutup | kênthus kidang manjangan tanapi kancil | dêdêr praptèng pucakipun | santri catur ting karênggos ||
33. ing ngriku wontên watu | kadi lumpang saprangkul gêngipun | aran sela jangji sintên kang kuwawi | anjunjung yêkti pikantuk | kanugrahaning Hyang Manon ||
34. kadugèn kajatipun | santri papat gantya sami jujung[8] | mung Nurwitri kang kuwawi sawatawis | Mas Cêbolang nulya junjung | wus kaangkat tan rêkaos ||
35. catur santri sru ngungun | tanna dangu anulya tumurun | mring Cilacap ingkang sinêdya ing galih | praptane lèpèn Sarayu | damêl gèthèk amirantos ||
36. pitaya pêngkuh bakuh | wus pitados tinumpakan gupuh | tan cinatur laminya ngambang nèng warih | prapta Tilacap[9] tumurun | saking gèthèk alon-alon ||
37. ngalangut lampahipun |
--- 2 : 8 ---
Mas Cêbolang lan santrinya catur | langkung lêsah kèndêl dènira lumaris | nèng ngandhaping mandera gung | salisiring kanang dhukoh ||
3. Salisir
1. mangkana ingkang winarni | kang adhepok nèng asrami | Arjabinangun wêwangi | nênggih Jêjagan Naradi ||
2. tumurun saking maladi | alêledhang nyaking[10] kudhi | kagyat dènira ningali | sor mandira ana janmi ||
3. gupuh dènnya marêpêki | tundhuk gya asung pambagi | babo age sadayèki | pun bapa anilakrami ||
4. sintên sinambat kang wangi | myang pundi pinăngkanèki[11] | ngajêng kang sinêdyèng kapti | kadi lêlampah wus lami ||
5. diprasaja ayya kumbi | tinêbihna sănggarunggi | awit karasa tyas mami | Mas Cêbolang ris turnèki ||
6. ingkang sotah amastani | pun Cêbolang nama mami | saking Sokayasa wukir | atmaja sang mahayogi ||
7. Sèh Akadiyat wêwangi | mangkana Janggan Naradi | èngêt kalanira nguni | duk maksih dumadi santri ||
8. wasana aris lingira | bagus nguni ulun darbya | warga uwus satya budya | dumunung nèng Sokayasa ||
9. anama Sèh Agung Rimang | wus amangun palakrama | Siti Wuryan èstri sira | kabar wus wawêka priya ||
10. Mas Cêbolang duk miyarsa | pangandikane sang tapa | gapyuk angrungkêbi pada | saha matur wor karuna ||
11. dhuh pukulun gih punika | ingkang ayoga kawula | Janggan Naradi mangkana | suka amarwata suta ||
12. Mas Cêbolang gya rinangkul | babo sutaningsun nyawa | bangêt gonku nora nyana | yèn katêmu lawan sira ||
13. prasasat panggya pribadya | lawan ramanira kakang | miwah kangbok ibunira | apa ta padha raharja ||
14. saking pandonga [pa...]
--- 2 : 9 ---
[...ndonga] paduka | ibu miwah kangjêng rama | sami ginanjar raharja | lastantun nèng Sokayasa ||
15. sang wiku malih ngandika | ramakmu bingèn adarbya | punakawan kuncung papat | arampak gêdhene padha ||
16. umatur Ki Mas Cêbolang | sarwi nolih wurinira | lah punika kula bêkta | Saloka sêpuh priyoga ||
17. Palakarta Kartipala | Nurwitri sakawanira | kabèh padha marenea | ngabêktia sang minulya ||
18. wus ngabêkti gantya-gantya | Janggan Naradi ngandika | kulup payo maring wisma | kasuwèn nèng sor mandera ||
19. dupi wus tumamèng wisma | sunggata sampun samêkta | mangunahe sang minulya | sabarang wus samya ana ||
20. hèh kulup sira mangana | sunggata saananira | langit tan darbe wanita | yêktine iya kuciwa ||
21. pasunggata tan mirasa | kang sinung ling ngaras pada | nutug ngrahapi sunggata | linorotkên santrinira ||
22. adhêdhahar nyênyamikan | sinambi anginum wedang | Janggan Naradi ngandika | kulup ingsun atêtanya ||
23. ênggonmu marene nyawa | apa dinuta ramanta | apa karêpmu priyoga | Mas Cêbolang tan ngandika ||
24. tumungkul konjêm pratala | mangkana sang mahatapa | alon pangandikanira | ayya tuwas ing tyasira ||
25. banjurêna karêpira | nuruti rudahing karsa | amung ta sira èngêta | kalamun trahing utama ||
26. upama pawaka ingkang | lagi andadi urubnya | pinapas yêkti rêkasa | aluhung ta kinèndêlna ||
27. têmbe lêmpêring pawaka | manawa nyarêngi masa | sirna rêrêgêt sadaya | katon èdine kancana ||
28. Mas Cêbolang duk miyarsa | dêngèngèk inggar tyasira |
--- 2 : 10 ---
sang wiku malih ngandika | apa condhong lan karsanta ||
29. gon ingsun asung saloka | kang sinung ling tan wacana | mung mèsêm sêmu kaduga | lah kulup padha asoa ||
30. wus aso eca anendra | ing wanci êbyar raina | kang nendra tangi sadaya | mahawiku wus siyaga ||
31. lah kulup ta payo mara | kêkaring supaya dadya | undhaking kawruh utama | marang têpining samodra ||
32. sadaya datan lênggana | ki janggan lumakyèng ngarsa | praptèng Tanjung Congot nama | tuwin marang Pandhangnarang ||
33. saking Pandhangnarang sigra | maring têpining samodra | baita golèn wus ngrantya | kang nglampahkên kalih janma ||
34. janggan myang têtamunira | wus tumamèng ing baita | tan pantara dangu prapta | limut bunturaning guwa ||
35. ing lêbêt inggil tur wiyar | anon padhas dhuwur wisma | pringgitan miwah pandhapa | kadya ingukir kanaka ||
4. Pangkur
1. sela pêthak mubyar pêthak | pan ingukir pindha wêwiron adi | pinatra kinêmbang mungguh | rêmit aparipurna | Mas Cêbolang matur têtanya sang wiku | nama myang kang darbe tilas | sang wiku ngandika aris ||
2. limut bunturaning guwa | caritane duk jaman Buda nguni | kene kadhatoning diyu | wus tamat dènnya miyat | mijil saking guwa mring têpining laut | aran sagara anakan | samya numpak gèthèk malih ||
3. kèndêl Pongol toya gapak | datan dangu ngidul baita malih | Karangbolong kang jinujug | prawata sela pêthak | ngongkang gung kang anglojok ing laut kidul | dènnya kèndêl mung sakêdhap | wangsul mring baita malih ||
4. mancal marang masjid sela | duk dumugi ing Ngujungalang nami |
--- 2 : 11 ---
cinancang baitanipun | minggah maring pajagan | griya ingkang dumunung sanginggil laut | bêbanjêngan ingkang wisma | sinasak nam-naman dêling ||
5. kang dadya pangupajiwa | amisaya ulam myang damêl trasi | deranon wus kêmput gathuk | anulya wangsul sigra | numpak prau lajêng maring masjid watu | praptanira masjid sela | baita cinancang aglis ||
6. sadaya wus samya minggah | masjid sela mangetan ajêngnèki | pêthaknya lir limut buntu | kaot korinya wiyar | pêthaning kang pangêmanan moncol bagus | pawèstrèn myang padaringan | bothekan linêkok rêmpit ||
7. wontên kadi kênong găngsa | lakung[12] kathah warni kadi dêmbagi | atanapi mawi sumur | gambar sirah waraha | pan ing ngriku wontên pakuburanipun | Mas Cêbolang ris turira | sintên kang sumare ngriki ||
8. Janggan Naradi turira | kang carita ing nguni ana santri | tirakat aran Si Ayup | nèng masjid nulya pêjah | kang adarbe rarêksan dupi andulu | lamun Si Ayup palastra | wusing binêrsihan nuli ||
9. pinêtak kene kewala | êmbuh ingkang adarbe ali waris | payo kulup padha mêtu | sadaya sampun mêdal | mring baita tambang ingudharan sampun | lêpas lampahing baita | sampun prapta ing gêgisik ||
10. kèndêl baita cinancang | manjat maring ardi nama Cipiring | sapraptanira ing pucuk | samya majêng mangetan | kawistara pêthaning kang pulo Bandhung | Mas Cêbolang lon turira | pulo kang katingal ngarsi ||
11. angêngrêng wingit kawuryan | lir kinurung wangkawa ngrêspatèni | iku kulup kawruhamu | ing pulo Bandhung tiga | panggonane sêkar Jayakusumèku | kang rumêksa paksi bayan | sajodho datan na
--- 2 : 12 ---
luwih ||
12. sajêge tan lunga-lunga | caritane duk jaman purwa nguni | nalika Pandhawa ayun | manjing mring kasampurnan | midêring rat Bathara Krêsna tan kantun | samarga-marga rêrasan | ajar patititising[13] pati ||
13. dupi prapta têpining kang | laut kidul Sri Krêsna matur maring | ari Yudhisthira Prabu | dhuh mugi mangèstua | sêdya ulun sêkar Jayakusumèku | arsa sun labuh samangkya | ing tasik inggih manawi ||
14. dadya tăndha pawiwitan | nêmbe nadyan wus anèng ing jaladri | kenging pinintanan èstu | usadèng duhkitèng tyas | yayi benjing taksih sagêt atêtulung | Sang Aprabu Pandhuputra | umatur langkung jurungi ||
15. nulya sagung para nata | miwah ari tumindak marêpêki | anèng satêpining laut | atap kacaryan miyat | rêsmining kang ranu nuju gênging alun | sarah-sarah tiningalan | panthan lir tinata asri ||
16. Sang Aprabu Krêsna sigra | ngamil sêkar Wijayakusuma di | sawadhahira tan kantun | linabuh ing samodra | sarwi sinangenan pangandika arum | hèh hèh Wijayakusuma | muga tuwuha sirèki ||
17. nèng samodra dumadia | pawitaning wuri kang madêg aji | mêngku rat Jawa sawêgung | riwusnya winojaran | karsèng dewa abanjur tuwuh tatêlu | saka wadhah tutup kêmbang | lah iku purwane nguni ||
18. katêlah têkèng samangkya | lamun ana narpati kang mandhiri | amêngku rat Jawa banjur | utusan pra ngulama | amunajat nèng sajroning pulo Bandhung | kundure lamun wus angsal | konjuk sri nata pribadi ||
19. matur malih Mas Cêbolang | anjawi kang Wijayakusuma di | punapa malih
--- 2 : 13 ---
linabuh | sang janggan angandika | ana maning ananging ora linabuh | padha pinundhut jawata | Naradha ingkang tinuding ||
20. Krêsna sakadang Pandhawa | duk ngalêmpak anèng Ngastina nagri | pirêmbagan tamtunipun | tumamèng ing pancaka | Hyang Naradha cumlorot saking aluhur | niyup praptèng panangkilan | sagunging para narpati ||
21. gupuh tumurun manêmbah | Hyang Naradha pangandikanira aris[14] | dhuh sri nata yoganingsun | kabèh kawruhanira | ingsun iki tinuding suksma linuhung | kinèn amundhut Cakranta | lawan panah Cundhamani ||
22. karone iku wus măngsa | padha mulih maring ing swarga adi | marga sira samya ayun | ngancas sampurnèng pêjah | wruhanira babo karo yoganingsun | kang măngka bancanèng pêjah | yèn maksih anon kêkalih ||
23. kasuran miwah katrêsnan | ingkang sisip sisip ciptanta kaki | yèku dirgamaning lampus | puwara aruara | kuwur bawur rêribêd ngribêdi kalbu | nêmahi amaro tingal | tan tumanêm ing tyas êning ||
24. ngalih-alih ngalam-alam | keran-keron ing cipta minta kardi | wêkasan kawiryan kulup | labêt kewran ing manah | dipatitis titikên aja kaliru | kalawan dèn kawruhana | santosane jaman pati ||
25. datan liya muhung ana | pangandêling ciptanira pribadi | wisaning cipta puniku | tan liya uwas-uwas | dadya sêmang-sêmang pangandêlirèku | lamun kongsia mangkana | ing wardaya têmah gingsir ||
26. dipun ngati-ati poma | wruhanira yoganingsun prasami | rèhing kasampurnan iku | tan ngaping kalih karya | luput pisan kêna pisan dipun emut [e...]
--- 2 : 14 ---
[...mut] | yèn wus sirna saking donya | tan bali bêbakal malih ||
27. jêr wus tinutup dening hyang | iya iku sampurna mring ginaip | sadaya kang samya ngrungu | lingnya Rêsi Naradha | dahat ajrih samya dhêku aturipun | Sri Krêsna ngaturkên sigra | Cakra lawan Cundhamani ||
28. wis cuthêl caritaningwang | payo kulup prayoga padha mulih | marang ing Arjabinangun | kang sinung ling manêmbah | santri papat tansah umiring tut pungkur | sapraptaning padhepokan | wus gumlar sunggatanèki ||
29. kulup iki kabênêran | paringing Hyang satuhu murah asih | maring ing kawulanipun | mara ta adhahara | Mas Cêbolang gya bukti langkung pikantuk | wus dumugi cinarikan | santri papat sarêng bukti ||
30. cèplês tan mawi lorodan | sarwa nikmat sadaya kang binukti | hèh ta kulup kawruhanmu | ing Congot Toyapapak | Karangbolong arga Ciwiring ing besuk | kadunungan wong ngamănca | saka nagri Ngatasangin ||
31. iku ujaring kang jăngka | buh nyatane luwih karsaning Widhi | Mas Cêbolang langkung nuwun | manêmbah ris turira | paran marga griya-griya samya suwung | rajakaya ting salêbar | datan wontên kang ngopèni ||
32. jêjanggan aris ngandika | wus adate kalamun amarêngi | angin saka kulon kidul | wong sanagri Cilacap | padha ngili tilar bale wismanipun | wit akèh ingkang lêlara | brêkasakan andhatêngi ||
33. gêgodha bedhung rêncana | tanna tahan dumadi padha ngili | mulane siwayèng ulun | mêngko sira mangkata | nora pisan si bapa bêbasan nundhung | têmbunge nora kainan | sumingkir saka [sa...]
--- 2 : 15 ---
[...ka] bilai ||
34. Cêbolang matur sandika | santri papat miris duk amiyarsi | marinding gêgithok mungkruk | tyas agung tarataban | sang jêjanggan mèsêm angandika arum | kabèh aja ana maras | kang têtêk pitoyèng Widhi ||
35. wis kulup sira mangkata | wêkas ingsun mêtumu saka panti | lawan rencangira catur | dhingina sikil kiwa | pitung tindak ayya nolih maring pungkur | manêmbah matur sandika | angabêkti ganti-ganti ||
5. Maskumambang
1. sampun mijil kadi mas timbul ing warih | alon lampahira | mituhu wêling sang rêsi | wusing antuk pitung tindak ||
2. Mas Cêbolang tumênga miyat wiyadi | wanci sampun pajar | datan kacaryan ing galih | ngandika mring santrinira ||
3. hèh Saloka iki ana tanah ngêndi | adhême kalintang | rasane kaya wong ngimpi | apa isih nèng Cilacap ||
4. Ki Saloka lingak-linguk tan bisa ngling | tuwin Kartipala | Palakarti myang Nurwitri | sadaya tan ana ngucap ||
5. byar raina sang hyang bagaspati mijil | tambuh eraming tyas | têka nèng anggraning wukir | mangalèr anon samodra ||
6. lamat-lamat dening kang jaladri jati | miyat ngering nganan | wimbuh sêngsêming panggalih | nèng têpi umbul Wemaya ||
7. mêdaling we umbule agêng nglangkungi | datan pati têbah | ana kuburan sawiji | kayoman witing mandera ||
8. tan petungan wanara agêng myang alit | nèng panging mandera | Nurwitri umatur aris | pun bapa asring carita ||
9. tanah Kêdhu Sirahpraga nama Jumprit | êtuking kang toya | kajawi umbul kaèksi | wêdaling we saking guwa ||
10. samya miyat tatela tuk kang ngagêngi | saking jroning guwa | nulyana janma lumaris | murugi kang ribênging tyas ||
11. anyêlaki saha
--- 2 : 16 ---
ngaturi pambagi | gèr sintên sinambat | myang pinăngka saking pundi | kang têmbe ulun sinanggya ||
12. kang tinanyan amangsuli kula saking | ing tanah Tilacap | tiyang sakawan puniki | gih rencang kula sadaya ||
13. kula nyuwun sasêrêpan mring kiyai | ing ngriki punika | winastanan tanah pundi | lan sintên kêkasih para ||
14. anggèr tanya punika ing tanah Jumprit | sukuning Sundara | tanah Kêdhu nama mami | Kenthol Gupita kang dadya ||
15. palawangan bilih wontên kang nanêpi | saèstu atêbah | Cilacap praptaning ngriki | datan dumugi sapasar ||
16. Mas Cêbolang anggarjita jroning galih | Naradi sanyata | linuwih samining janmi | nêm ari sadalu prapta ||
17. wasana ngling kula anyuwun pawarti | paran mulanira | de dados panêpèn ngriki | Ki Gupita gya carita ||
18. jaman kina wontên satunggaling janmi | nama Jumprit gadhah | mala tan limrah ing janmi | manggèn pigir lèpèn praga ||
19. wus ambadal sakèh usada tan mari | rumaos nir daya | satêmah mupus ing ati | narimah takdiring badan ||
20. puwara mung nalăngsa maring Hyang Widhi | supe nadhah nendra | anuju lingsiring ratri | sidhakêp sinuku tunggal ||
21. amêjahi babahan hawa sangèki | ngêmpalkên kaanan | pamoring kawula gusti | mirêng swara lamat-lamat ||
22. ingkang datan kapirêng saking ing kuping | nanging asarana | cipta sasmita linuwih | ujaring swara mangkana ||
23. hèh ta Jumprit manawa sira kapengin | waluyane raga | anusunga kali iki | yèn katêmu sirahira ||
24. banjur sira adusa ingkang barêsih | dhêdhukuha pisan | nèng kono salaminèki | amasthi laramu sirna ||
--- 2 : 17 ---
25. ran jênêngmu masthi kocap sajêknèki | dupi gagat enjang | tan darana Kyai Jumprit | lajêng wisata sumêdya ||
26. anglampahi wangsiting jawata luwih | datan lami prapta | ing tuking lèpèn paragi | dumunung guwa punika ||
27. tan sarănta lajêng gêbyur Kyai Jumprit | dahat asrêpira | bêbalung lir dèn lolosi | rèh adrêng ayun waluya ||
28. srêping toya pindha kamandhanu warih | ing tanah lulimat | dangu dènnya anèng warih | Kyai Jumprit nulya mêntas ||
29. ngunguning tyas lupa lêsu lungkrahnya nir | pêra raganira | datan ana antawising | yèn mêntas anandhang raga[15] ||
30. pan katêlah dados nama praga kali | dumugi samangkya | toya tuking lèpèn pragi | taksih darbèni kasiyat ||
31. yèn dèn inum raosipun tuntung lêgi | tuwuk tanpa nadhah | damêl kiyat saranduning | kêmah angêjur tatêdhan ||
32. kinarya dus pêra raganipun yêkti | tuntum balung rênggang | kêngkênging otot nambahi | anyêgêrakên sarira ||
33. nglumêrakên kulit kang sampun ngalinthing | pami wontên tiyang | sakit sampun madal jampi | kukum mawi anginuma ||
34. manawi mukaranah kalawan takdir | èstu inggal saras | kaoling cariyos nênggih | awèt ênèm umur panjang ||
35. sami ugi siram kamandhanu warih | dlomoking wirayat | sumanggèng karsa kang myarsi | mung nglêluri criyos kina ||
36. amangsuli cariyosnya Kyai Jumprit | sarêng wus waluya | lajêng adhêdhêkah ngriki | nèng wetan tuking paraga ||
37. ulah tani sinambi amangun tèki | yèn dalu mêmuja | bêg darma sih mring sasami | utama sabda sarkara ||
6. Dhandhanggula
1. lami-lami kawêntar Ki Jumprit | ing mănca pat myang liyaning praja | bilih [bi...]
--- 2 : 18 ---
[...lih] katrimah dongane | kathah janma kang luru | anyanyuwun mawarni-warni | tulak tumbal sarana | ing sarat sampulur | pagêsangan kasugihan | kadrajadan kamulyaning donya ngakir | datan ana kang tulak ||
2. kathah ingkang kalajêng tan mulih | tumut dhadhêkah nèng Sirahpraga | lajêng dados dhusun gêdhe | Ki Jumprit duk rumuhun | ngingah kêthèk satunggal nami | pun dipa gêng sajanma | anjilma satuhu | angrêtos mring samubarang | kaot botên sagêt cantên tata janmi | Ki Jumprit lakung trêsna ||
3. kalampahan tinimbul winisik | ngèlmi wikan padha panitisan | dilalah pun dipa kêthèk | sadaya wulangipun | Kyai Jumprit sagêt nampèni | kenging binasakêna | tunggil kalihipun | manawi wontên dhatêngan | minta sarat Ki Jumprit tan ana panti | tinampèn kêthèk dipa ||
4. datan pae lan paringe kyai | lami-lami pun dipa wanara | Kyai Dipa sêbutane | dupi Ki Jumprit lampus | gya kinubur sacêlaknèki | êtuk praga punika | nèng sor mandira gung | Ki Dipa tan kesah-kesah | saking ngriku muhung nênggani kuburing | bêndara kang wus lina ||
5. apitêkur nèng panging waringin | kêthèk wanan kathah ingkang prapta | suyut angratu karêpe | samya anyuwun nyuhun | saking adil paramarta sih | bêg darma wicaksana | lir critaning dangu | sang narpati wre Sugriwa | lulus ngantos sapriki kang madêg aji | turunipun Ki Dipa ||
6. Mas Cêbolang miwah catur santri | langkung suka miyarsa carita | paman dika lajêngake | criyose Dipa Prabu | kadi paran têkan sakniki | Ki Gupita lingira | nênggih [nêng...]
--- 2 : 19 ---
[...gih] kang kasêbut | ing criyos kang madêg raja | sapunika Kangjêng Kyai Dipa lagi | tumêdhak kaping tiga ||
7. nadyan sampun turun kaping katri | saking Jêng Kyai Dipa sapisan | datan ewah mangunahe | mênggah jalaranipun | sabên ingkang jumênêng aji | wus kadhatêngan bangas | tăndha ayun surut | lajêng animbali putra | kang ginadhang jumênêng gêntosi aji | dipun ajak umigah[16] ||
8. dhatêng pucaking Sundara wukir | wontên pucak kang putra winêjang | ing ngèlmi umadêg rajèng | myang saniskaranipun | pangawikan sampating wangsit | lajêng mancolot marang | ing kawah malêbu | tumangan yitmaning nata | kacariyos dados dewa kêmpal malih | lan Ki Jumprit minulya ||
9. putra kang wus anampèni wangsit | gya tumurun marang ing mandera | wanara kèh panganggêpe | tan pae lan kang surut | wus tinakdir jaman samangkin | têtiyang sampun suda | ing pangandêlipun | mring kaelokaning dewa | satêmahe tan ngrêtos dhatêng basaning | sato lir jaman kina ||
10. botên sagêd sami anampèni | cipta sasmitaning Kyai Dipa | mung kajawi kula êgèr | pramila kang samya yun | amêminta barkah jêng kyai | anyuwun panglarisan | rêjêki sêmpulur | pangasihan panglulutan | kasugihan kadlajadan myang indhaking | ing pangkat kaluhuran ||
11. jujugipun dhumatêng ing mami | sarananya mawi sajèn pisang | raja talun kang ajêngne | sêdhah wohan rumayu | mênyan madu wawrat sêtail | artanipun saprapat | miwah têmbenipun | kalamun wus kalêksanan | angaturi dhahar tumpêng panggang pitik | woh-wohan warna-warna ||
12. lah punika caritaning nguni |
--- 2 : 20 ---
mung sadrêmi kawula sumăngga | Mas Cêbolang lon dêlinge | langkung panuwun ulun | paman asung carita yakin | rèh dumugèkkên lampah | lilanana ulun | Ki Gupita mêndhak-mêndhak | kaparênga anggèr kampir wisma mami | kang bibi wus sêdhiya ||
13. sampun tanggêl sae benjing-enjing | karsa panduka dugèkkên lampah | Cêbolang alon wuwuse | langkung panuwun ulun | pasihanta mring kawlasasih | andhêku Ki Gupita | sumăngga nak bagus | ulun jumurung raharja | sasampuning sêsalaman ganti-ganti | linggar saking paraga ||
14. sampun lêpas lampahira prapti | rêdi alit gumukira kathah | kadi kukusan dhapure | wontên kang bundêr buluk | ngilak-ilak mung katon wilis | ngrêmbaka lêma-lêma | nèng têpining ranu | miyat kuda lakung kathah | anjrah anèng gumuk ngrênggut kang tanpa wilis[17] | mawèh sêngsêming driya ||
15. wusing wanci agiring turanggi | ponang kuda minggah mring aldaka | kayun ngombe lir adate | wasana samya wangsul | raryya pangon samya murugi | apa kang dadi sabab | kudanira wangsul | dupi wus prapta ing pucak | miyat janma gangsal kang satunggal pêkik | ana pangon sajuga ||
16. mantuk maring dhusun sun upêksi | ing ki lurah Ki Lêbda Swaninda | sawusing tampi ature | adan umangkat gupuh | sampun prapta ngandhap waringin | Swaninda tur pambagya | dhuh risang binagus | teja-teja sulaksana | tejane wong asigit nêmbe kaèksi | wingking pundi pinăngka ||
17. lawan sintên sinambat ingkang sih | Mas Cêbolang dhêku lon ngandika | babo rama pambagene |
--- 2 : 21 ---
kalangkung-langkung nuwun | ulun saking Cilacap nagri | anama Si Cêbolang | èstu santri kluthuk | galuyur nuruti karsa | tanpa sêdya nuting tyas kang tinut wuri | mèsêm Lêbda Swaninda ||
18. wacana ris agèr[18] saupami | kuda turunan pancèn tumpakan | lan momotan yêkti sanès | gambar polatanipun | anêrusi ciri prayogi | pamintane pun bapa | pinarêngna kalbu | karsa kampir wismaningwang | muhung lothungakên tiyang sêpuh buki | Cêbolang duk miyarsa ||
19. garjitèng tyas baya iki luwih | ing kawruhe mring sranduning kuda | kawistara wacanane | wasana ris umatur | ing sakarsa ulun umiring | lêga tyasnya Ki Lêbda | linggar sadaya wus | saking ngandhaping mandira | turut marga tan pêgat pitakènnèki | Swaninda acarita ||
20. karsa dalêm Jêng Sultan Matawis | ulun tinanêm dumados lurah | wontên Margasari rêke | gunggung siti wolung jung | paosira kula tan kenging | nama Lêbda Swaninda | de pakaryan muhung | manawi wontên pundhutan | kapal agêm titihanira sang aji | miwah panarik rata ||
21. tan lyan wêdalan ing Margawati | Mas Cêbolang alon atêtanya | kadi paran darunane | de pinilalèng ratu | wujudipun kathah kang alit | e makatên anak mas | mênggah sababipun | warni pantês burusing tyas | tur yuwana kuwat tahan ing sêsakit | apanjang umurira ||
22. awit saking karamatirèki | kênthèng kang nèng ngandhaping mandera | punika kang pangombene | sabên ari dèn inum | sakèh kapal toyanya maksih | pan botên êsat-êsat | punika nak bagus |
--- 2 : 22 ---
ingkang dumados jalaran | warni pantês kuwat tahana sêsakit | tyas burus tur yuwana ||
23. sêrat surya praptanira panti | kyai wisma ngancarani lênggah | anèng ambèn sadayane | sunggatanya lumintu | Mas Cêbolang rahap ing galih | myang santrinira papat | tan na sigan-sigun | Ki Swaninda bujakrama | amanggihi Mas Cêbolang tanya malih | nglajêngakên bab kapal ||
24. sabên kapal mijil Margawati | punapa gih kenging tinamtokna | kalamun masthi pênêde | Lêbda Swaninda guguk | botên bèntên kalawan janmi | mawi ngèlmi wirasat | ciri wastanipun | ciri gih unyêng-unyêngan | miwah ulês ing ngriku panitiknèki | awon saening kuda ||
25. Mas Cêbolang ngangsêg turira ris | dhuh kiyai sajêg ulyan gêsang | dèrèng uninga yêktose | bilih kapal puniku | awon sae wontên ing ciri | mugi amarêngêna | anggêlarkên tutur | awon saening turăngga | saha malih paduka sampun akrami | dhumatêng ing kawula ||
26. pintên banggi nganggêping panggalih | kadia mring atmaja priyoga | dhasar sêpuh kèh kawruhe | ulun tuhu nèm punggung | botên lamis tur kula kyai | Ki Lêbda duk miyarsa | liringing kang sêmu | ujar wantah tan lamisan | hèh ta kulup aja kurang pangaksami | wong tuwa nungkak krama ||
27. ingkang masthi nyêng-unyêng turanggi | cacah sanga iji aran cithak | prênah ana ing prênahe | mata loro puniku | cacah loro nèng buri kuping | mathi iku ranira | baurêksa iku | uga loro nèng andhêman | kiwa têngên palintangan uga kalih | angapit wudêl kuda ||
--- 2 : 23 ---
28. ganêpe sanga pudhak kêkalih | ngarêp pêpunggung ing kering kanan | lamun kurang siji kuwe | sonya ta karanipun | yakti ala yèn luwih saking | sêsanga ana ala | ana bêcikipun | tur ciri iku akathah | barang ingkang sumêlap yaiku ciri | irêng abang putihnya ||
29. upamaning awaking turanggi | kabèh wulu yèn ana unyêngan | iya sakênggon-ênggone | sumêlap pusêripun | yêkti kêna ingaran ciri | sami lan gèthèk bêlang | lêkok saminipun | ciri lan unyêng-unyêngan | pinèt sami basane silih-sinilih | amrih dhanganing krama ||
30. lamun ana mathining turanggi | katutupan wêwarung gènira | iku mathi satuhune | yèn ana mathènipun | kuda ingkang kapering wuri | rubuh karna namanya | awon watêkipun | yèn aprang kêna ing cidra | kang anitih kapocok ing mungsuh kêni | sayêkti singgahana ||
31. lamun unyêng-unyêngan kudèki | mungging gulu norok apan ala | lamun unyêng-unyêngane | ing têpak sujèn têrus | kang sayêkti ala pinanggih | lamun unyêng-unyêngan | pipi ênggènipun | nênggih ala kapipitan | apan awon yèn ana ing sănggawêdhi | dhèndhèng wong yêkti ala ||
32. lamun ana ing lambung namèki | pan barancuh sayêktine ala | yèn ing lajur panggonane | anurudan tutipun | lintang sarat ala pinanggih | lamun unyêng-unyêngan | ênggone ing bathuk | anaraju tur têtiga | nênggih jagamuksa punika pan bêcik | yèn ana ciri gonnya ||
33. pêpasung pan tadhah luh sayêkti | yèku ala ngajêngkên karuna | yèn ciri
--- 2 : 24 ---
munggèng buwange | kêmil ala tinêmu | lamun tênggok ênggone ciri | apênêd tur sugihan | nênggih kang angingu | yèn ciri anèng gantangan | tuhu ala tur angêdohakên ati | tan pantês ingingua ||
34. lamun ciri sukune kang wuri | pan bêndana katututan ala | yèn ta bêlang pêpuruse | tan ana têrusipun | bêlang wake nora nimbangi | dhudha karêm namanya | awon watêkipun | yèn ciri sukune ngarsa | arja dumuk pakolih ginawe jurit | ngênakkên nora kêna ||
35. yèn abujung bisa anututi | yèn binujung nora katututan | senapati gon-anggone | miwah mantri panganjur | yèn jêjêngku gone ing ciri | yèku tinimbang ngarsa | ala watêkipun | kang ngingu wadon tyasira | lawan agung kang sangsaya bilaèni | angilangakên arta ||
36. yèn jajêngku ênggone kang ciri | baya ngangsar punika kang ala | tan pantês kanggo ing gawe | yèn ciri lambenipun | kang ing ngandhap punika bêcik | karya ayuning kathah | lamun buntêl siyung | kalamun thukul arannya | kang angingu tawêkal dadi wong lanji | naratap maring rayat ||
37. lamun ciri lambene kang nginggil | sampar macan pan puniku ala | yèn ciri anèng gigire | soring kakapanipun | kaligihan yèn dèn titihi | kalajongok pan ala | panas watêkipun | yèn ciri anèng bokongnya | anrus dubur kalabang anglèng tan bêcik | panas maring sarayat ||
38. yèn jaja lak ênggone kang ciri | babênêman upas pasthi ala | miwah yèn ciri sukune | kang kiwa kang ing ngayun | yèn ing têngên [têngê...]
--- 2 : 25 ---
[...n] sukuning wuri | lamun inganggo karya | bongkok watêkipun | yèn ciri lambunge kiwa | trus mênêngên mung kang kapêtêngan ati | kang pantês anganggea ||
39. yèn inganggo liyaning wong maling | yêkti ala kang masthi gêringan | yèn luhur jêngku cirine | ăndha mustakanipun | yèn inganggo amangun jurit | watêke kang anunggang | kèdêg sirahipun | marang kudane priyăngga | yèn aciri kasamban ngambên tan bêcik | lêksanane panasan ||
40. yèku namane kala kapipit | lamun ciri sangisor talingan | dhandhang sêsuwêng namane | panas pakolihipun | yèn pok kuping dhandhang sêsumping | lamun êlêt upama | sanyari gènipun | dhandhang ring-aringan ala | ing watêke yèn andhêman wutah ati | angkêr watêking kuda ||
41. lamun ana mathine sasisih | sonyantaka lamun inganggo prang | tan wande anjungkêlake | yèn ciri pipènipun | ingkang kiwa araning kêmil | ala ngurudi arta | marang kang angingu | yèn ing lambe gènira[19] | yèku kuris ala asring angêlongi | kang ngingu artanira ||
42. lamun ciri kang kasamban kuping | sangkala langkung sayêkti ala | yèn ciri mugèng[20] uwange | iya bisu tinukup | lamun uwang ingkang sawiji | tan kèdhêp maring rowang | nênggih watêkipun | pan ciri anyilih basa | basanipun unyêng-unyêngan sinilih | mrih dhanganing sri nata ||
7. Sinom
1. yèn ana unyêng-unyêngan | mugèng cêcangklakannèki | sawit ala ingkang nunggang | tan wun katiban têtali | yèn ana suku wingking | sasisih lan grananipun | pinetang dohing baya | kang ngingu ayu basuki | lamun ana sukune kalih ing ngarsa ||
2. ala watêking turăngga | yèn suku ngarsa satunggil | puniku kanggo ing karya | rahayu kanggo ing jurit | yèn kasaban ing
--- 2 : 26 ---
kusi | andalèrèh pasangipun | awon lamun dèn ucap | kang ngingu kang anitihi | lamun unyêng-unyêngan gulune kiwa ||
3. pan nênggih watêke panas | yèn gulu têngên gonnèki | lêksanane gawe wirang | yèn kasaban rambutnèki | awon watêke asring | têtukaran nuli atut | lamun kalih bathuknya | baya kapranggulan bêcik | kang angingu asring anêmoni baya ||
4. yèn ana unyêng-unyêngan | gumantung mugèng ing kuping | puniku dhandhang sasêngkang | awone angrungu warti | warta sikara budi | lamun ana ing jêjanggut | sêrtimang namanira | rahayu marah ing bêcik | kang angingu santosa manggih wibawa ||
5. lamun kapipit ing pukang | kêndhitkawêt namanèki | awon lêksananing kuda | kang ngingu anggung prihatin | yèn suku kalih wuri | ginawa prang kênèng mungsuh | yèn suku siji ngarsa | nèng têngên panggonannèki | dara makap yèn ginawa prang kacandhak ||
6. yèn sukune kiwa ngarsa | pênêt ginawa ngajurit | binujung datan kacandhak | yèn ambuju[21] nênututi | lamun cangklakannèki | cawêt awon watêkipun | yèn anèng gêgorokan | kêkalih namanirèki | gondhang mala nora bêcik nora ala ||
7. yèn ing gulu maring jaja | raja wahana pan bêcik | têtunggangane narendra | yèn ing wêtêng prênahnèki | tuwak aranirèki | tan bêcik tan ala iku | yèn kapêpêk gènira | sangkala têtêp tan bêcik | lamun ana clakuthikan ênggènira ||
8. ing wuri kalih ênggènnya | tăndha saya nora bêcik | yèn suku ngarêp gyanira | tăndha maslaka tan bêcik | lamun punang kapipit | galigana astranipun | kawon lêksananira
--- 2 : 27 ---
[…] nèki | yèku sujèn lacap rahayu ing karya ||
9. […] mbenan gènira | kala kapipit tan bêcik | tiwas inganggoa aprang | lamun sukuning kang wuri | cakêt wadidangnèki | luhuring jaja gènipun | kang angingu kacurnan | lamun ana ing sasuri | watêk panas kang ngingu agung kalaran ||
10. yèn têtiga suku gènnya | awon watêke kang nitih | tiba satêngahing karya | yèn jaja lakan gonèki | tunggèng toya tan bêcik | gêringên ingkang angingu | tumular sabarayat | têkan ingon-ingonnèki | têtanggane kabèh padha katularan ||
11. gantya ingkang winursita | sarupane para ciri | kabèh awaking turăngga | ingkang katingalan sami | kabèh amartandhani | liya nyêng-unyênganipun | saranduning turăngga | gèthèk bêlang lêkok kêdhik | yêkti mawa wêwatêkaning turăngga ||
12. yèn bêlang ilate ala | bokong pesok datan bêcik | angurut-uruti arta | yèn palawanganing suri | tupang pan ora bêcik | yèn dhupêk sêsurinipun | adoh nora kasaban | kalamun dèn kêkapani | awonipun kang angingu tan poratan ||
13. yèn mandhukul gigir gènnya | satèmpèl pan ora bêcik | iku mêngakakên bala | misihi mungsuh agampil | pancal gêlitannèki | lawan katunon tan patut | kang ngingu kasarakat | yèn brêmara lêbu gêni | pêputihe netra ap malêtuk abang ||
14. pan awon lamun mong wajar | apanas barang pakarti | amung wong pandhe ngingua | kêmasan wong sayang sami | kalawan wong akundhi | liyane tan pantês ngingu | yèn nguyuh gêrêng ala | durga ngantu milalati | anrus panas sapa nguwuh katularan ||
15. agêringan kang têtăngga | wèh malarat [ma...]
--- 2 : 28 ---
[larat...] [...] sandhing | pantês kuda dèn pêpurak | [...][22] dèn ingoni | yèn kuda dèn parani | [...][23] kadya anguyuh | punika durga dhangkak | panasan pan ora bêcik | durga ngawe yèn nguyuh sikile mêngkap ||
16. panas tan pantês ngingua | yèn nguyuh uyuhe malih | yèku durga pamanggahan | nora patut dèn ingoni | mung sinêmbêlèh bêcik | asile mung dagingipun | lamu[24] netraning kuda | wêwayangane ambalik | căndra ngilo iku kuda sêmbêlehan ||
17. yèn pugak jajompongira | panas watêke turanggi | ingaranan watang pugak | yèn bêlang puruse nênggih | tumpêr ingas tan bêcik | agêringan kang angingu | yèn dhêkok bokongira | kala luwang nora bêcik | yèku panas ingkang ngingu agêringan ||
18. yèn ajaran sing kosodan | tansah agung ngêngosodi | ing pêpalang iku panas | yèn pancal padha kang warni | suku ngarêp lan wuri | ala ing lêksananipun | yèn nuju jêng-ajêngan | dumadak tiba kuwalik | lamun ana kuda mulir tinitihan ||
19. buntute angulêr kilan | pancal anjot sêmanggêrit | ala marahi gêringan | kang ngingu myang anak rabi | prayoga disingkiri | yèn perot wadananipun | biyunge iku ala | yèn ana dosane cilik | dumadakan saya wuwuh luputira ||
20. yèn pancal gêl-ugêlira | mugèng sukune kang wuri | pancal katunu pan ala | kacurnan ingkang anitih | yèn papak sukunèki | yèku pancal suku panggung | bêcike pan akêkah | sabarang pakaryannèki | lamun ana putih sukune têtiga ||
21. walang kêjèt apan ala |
--- 2 : 29 ---
[...][25] angarani | malah dêdalan [...][26] | [...][27] | suku kanan lan kering | sri katimpal namanipun | ala anungkak bêkja | yèn mèh katêkan rêjêki | dumadakan adoh malah wurung tămpa ||
22. lamun kuda tinitihan | mingkar buntute anincing | durga nincing iku panas | yèn ana turăngga putih | abang netrane kalih | anrus marang duburipun | puniku apan ala | kang angingu nandhang kanin | lamun ana sukune pancal sasigar ||
23. ing wuri miwah ing ngarsa | sandhung watang nora bêcik | yèn inganggo yun-ayunan | ing karya ora lumaris | bêlang sukune wuri | kang kiwa awon puniku | sampar wangke namanya | sungkawa pêtêngan nênggih | sampar wake[28] ingkang pantês angingua ||
24. gorok jarane wong jagal | dhandhangaring kang turanggi | iya jêjarane jaksa | yèn ana ingkang turanggi | angrikêl dènnya guling | sandhing pamakananipun | wadhudhak angrêm panas | yèn clakuthik anèng wuri | kang ing ngarsa manginggil puniku panas ||
25. angêcrahkên pawong sanak | barang pakaryan nyanyêngit | angêdohakên mêmitran | yèn mata kitiran nênggih | mathi pucuking kuping | kang kiwa pan watêkipun | lamun amanggih karya | luputa ingkang nitihi | turanggane nora wurung kawanguran ||
26. yèn baya kapranggul mapan | yèku kudaning prajurit | nanging kang juru pacalang | yèn ciri bathuke katri | papak jaran pramati | satriya mong bala iku | kudane senapatya | prajurit amêngku baris | sêsolahe karya unggul ing paprangan ||
27. yèn ciri sêsunggung kiwa | pandhawa akutha wêsi | tunggal gudane satriya | kang sami pakaryan jurit |
--- 2 : 30 ---
kinarya tani bêcik | bagya tumbal nagarèku | [...] nguwang | anêrus purusan bêcik | pan utama yèku nama anukurat ||
28. kudane wong among bala | yèn iku tlegone ciri | pan iku jayapurusa | pantês kudane narpati | ugêl sadumuk putih | suku kang têngên gonipun | pan iku darpa nguntap | tunggal kudaning narpati | sasolahe kang ngingu tiba utama ||
29. yèn mungsêr bokongan kiwa | surung namane abêcik | kèdhêp parentahing wadya | kang angingu anitihi | yèn ana mungsêr singgih | pucuking kuping gonipun | pan iku jayèngrana | wèh kukuh barang pakarti | gulu iring mas kusuma binasika ||
30. kupinge abalung tigas | netrane anincinggoling | mukane anyakathakan | parahipun aniruti | ilat alit agilig | untu kawêtu ing pucuk | ulês mêlês anglamat | gulu dawa ngugêl pakis | ngarêp mêgar anênggih kang clakuthikan ||
31. anguku landhêp katingal | tur kumurêp aprayogi | nêbuning jagung wêntisnya | alurus lêrês tur alit | pupu amokang gangsir | pan aos babokongipun | pupu kiyal sêmbada | babokong nyakok imbaning | adêgipun atangkil-tangkil asinga ||
32. abundêr gantanganira | apindha uwohing manggis | lambene alambe kidang | atipis-tipis aluncing | cêndhak puruse alit | karakêt ing wêtêngipun | yèku kuda utama | kang patut angrêspatèni | amalipir pantês kudaning narendra ||
33. yèn bathuk uyêngan papat | jagasatru iku bêcik | lamun naraju bêlabar | bênêr trusing jajanèki | praptèng ing wêtêng maksih | mung kandhêg pêpurusipun | kaonang anukurat | pênêde [pênê...]
--- 2 : 31 ---
[...de] angrêjêkèni | yèn ing bathuk têtiga raja kawuntat ||
8. Pangkur
1. trajumas iku asrêpan | tuhu agung mintir ingkang rêjêki | yèn bêlah kadhaton untu | salewah iku panas | lamun papak kajantaka nora patut | kusuma tan binasikan | bêlah kadhaton anunggil ||
2. abang mulus ulêsira | abang têkèng ing netranipun kalih | têkan clakuthikanipun | pênêt watêking kuda | playunya glis ingkang sinêdya kapangguh | yèn kuda mulus cêmêngnya | yèn netra kang kalih putih ||
3. yèn clakuthikane abang | kadi pancal iku kuda rêspati | kalangkung utamanipun | yèku rêtna kumala | kang angingu suka sugih tur rahayu | tan ana sangsayanira | satingkahe basukèni ||
4. yèn ulês purnamasadha | kuda putih têkèng netrane kalih | kapat clakuthikanipun | mulus putih sadaya | liwat saking utama kudaning ratu | minăngka tumbaling pura | miwah parangmuka ajrih ||
5. datan kêna winisaya | kang angingu yèn ulês wisnumurti | irênge pan irêng mulus | utamaning turăngga | palanya doh kinasihan dening mungsuh | dadya tumbaling kadhatyan | ulês purnama dhadhari ||
6. abang mulus netra pêthak | bêlalake wêdhar kapat ing sikil | utama kudaning ratu | kèdhêpe wadyabala | lamun siwêr netra pêthak kiwanipun | ala yèn siwêr ing kanan | puniku luwih utami ||
7. yèn siwêr netra kalihnya | yèku pênêt asrêpan kang nitihi | yèn pancal sukune têlu | pănca kalih utama | kang nitihi miwah ta ingkang angingu | palanya klèdhêp ing wadya | kudane ratu prajurit ||
8. yèn irêng mulus ulêsnya | miwah netra lambene irêng sami |
--- 2 : 32 ---
utama kudaning ratu | pan Krêsna Malangdewa | sri mangêpêl putih clakuthikanipun | kang têngên miwah ing ngarsa | suka sugih kang nitihi ||
9. sri mangêpêl suku ngarsa | pancal têngên pan kudane wong tani | bramana ngokop puniku | turangganing prawira | sri malăngka pêthak sukune katêlu | yèn nibakkên nora lara | prawira ingkang nitihi ||
10. tamat ciri kuda lanang | Mas Cêbolang matur bilih kudèstri | punapi gih kadi jalu | pamilih panampiknya | lah punapi tan wontên sangsayanipun | Lêbda Swininda lingira | lanang wadon kudu milih ||
11. kang cirine kaya lanang | ingkang wajip pinilih lan tinampik | mung ana wuwuhanipun | uga sêlang-sinêlang | rupa siji kang maring èstri jalu[29] | ana ingkang amung tumrap | mring wadon pyarsakna kaki ||
12. turanggèstri winursita | lamun ciri lènging talingannèki | yèn ing têngên anggènipun | lawan ulêse abang | panasipun antuk pitung puluh surup | turanggane katularan | yèn irêng turangga èstri ||
13. kang ciri sukune kiwa | iku dhandhang mangah pan nora bêcik | yèn aputih ulêsipun | mung sing sandhang wadonan | iku cèrêt kuda turanggane kaum | yèn abang buntute dawa | mungsêr sukune ing ngarsi ||
14. kang suku kiwa namanya | pagung rencoh ala watêke mati | ing paprangan kang angingu | yèn putih suku papat | astha manik watêke sangisor dhêngkul | iku lêksanane ala | kalingsêman kang anitih ||
15. yèn kuning ulêsing kuda | mungsêr munggèng ing talingane kalih | dewa nglayang namanipun | pênêt watêking kuda | abang putih arêrakap dulunipun | nora bêcik [bêci...]
--- 2 : 33 ---
[...k] nora ala | yèn mungsêr lambene nginggil ||
16. puniku kuda utama | nênggih sabda kang ngingu sarwa sugih | kèdhêpa parentah batur | miwah anak lan garwa | kuda abang mungsrê kiwa netranipun | kalamun buntute sarang | iya gondrèk ngilo nênggih ||
17. kudane Bathara Kala | yèn ing pasamuan tiba kuwalik | yèn kuning ubênganipun | mung siji kuping kiwa | nadyan sami dewa nglayang iku punjul | yèn aprang sor tan kacandhak | yèn ambujung anututi ||
18. tur cat ora cat katingal | lamun mungsrê ana sangisoring kuping[30] | ingkang têngên êgènipun[31] | kasaban ing jajembrak | pan asrêpan sandi tawang namanipun | kang ngingu adoh ing susah | mung suka anênitihi ||
19. lamun kuda wadon abang | ana mungsêr ing lambe ingkang nginggil | pralambangnya kali kaum | arane iku galak | panas bangêt gêringan ingkang angingu | sapa nguwuh patularan | têtanggane kêna gêring ||
20. kudane Bathari Durga | lamun kuda irêng lambe kang nginggil | ana mungsêr cirinipun | pujăngga nêm namanya | sêsiwining jayèngrana watêkipun | digdaya ingangge aprang | unggul atêmah basuki ||
21. kudane Sang Danardana | lamun kuda putih unyêngannèki | ing kuping têngên gonipun | lamun buntute abang | iya sami dewa nglayang namanipun | kudane Sang Girinata | wèh prawira rèh kawijil ||
9. Mijil
1. yèn ginawa ing ayuda bêcik | tan kêna pinêkok | yèn ambujung kèh kêna mungsuhe | lamun kuda lanang ulês kuning | panjang musêrnèki | lambe kiwanipun ||
2. ringkut pêpêt pusdaladarèki | namane kinaot | tunggil siwi anjayèng ranane | kuda abang sawur wulu putih | munsêr lambe nginggil | nilakăntha iku ||
3. kuda utama pan senapati | pantês kang
--- 2 : 34 ---
anganggo | irêng mulus yèn mungsêr lambene | anèng luhur iku nora bêcik | dhandhang nunggang jisim | nênggih namanipun ||
4. pan gêringan kang ngingu kang nitih | ngajarakên awon | turanggèstri yèn mungsêr wêtênge | mega ngêmu wulan iku bêcik | srêpan kang anitih | sarèhe rahayu ||
5. turanggèstri abang ana putih | ing sawuri amor | dhukun masinggun iku namane | srêpan lamun ginawa ngajurit | apan nora kêni | sagunging pakewuh ||
6. pinèt puniku anake bêcik | lamun jaran wadon | ulês kuning mungsêr clakuthike | anèng wuri puniku tan bêcik | kang ngingu kang nitih | patine dèn amuk ||
7. kuda putih mungsêr duburnèki | ing lambe tumemplok | ana ingkang kêdhik tumemploke | gadêgan irus iku abêcik | kuda wulu manggis | mungsêr netranipun ||
8. ingkang têngên sukara anênggih | turăngga kinaot | sugih rêtna sêsotya kang darbe | kang bêbalak mungsêr kuping kalih | yèn ulêse kuning | namane puniku ||
9. jênu udaka punika bêcik | mawèh waskithèng don | wadananya mungsêr pêpukange | ingkang wuri durga racun nênggih | gêringan kang nitih | kuwur agung wuyung ||
10. kuda putih lanang musêr kuping | lêlongope karo | mandhalasa lêlawang namane | srêpan kang ngingu miwah kang nitih | akèh kang rêjêki | bêjane lumintu ||
11. wêlăngka mungsêr sukune ngarsi | kang kiwa kinaot | mung rahayu prasaja kang darbe | sandhung bathang lamun kuda abrit | mungsêr poking kuping | awon watêkipun ||
12. sapa nguwuh midêr anulari | tatăngga kasêmpyok | iga[...] [iga...]
--- 2 : 35 ---
[...[...]] miwah malarate | kalamăngga namaning sayêkti | lamun kuda abrit | pambênan gènipun ||
13. nyêng-unyêngan iku datan bêcik | wèh kuwur kawaon | kalamumbul punika arane | sok angamuk kang ngingu kang nitih | lamun turăngga brit | ciri jogèng luhur ||
14. arja parilaya iku bêcik | turăngga mangkono | kuda kuning kang dawa buntute | nadyan sami dewa nglayang luwih | pakantuk yèn jurit | rahayu kang ngingu ||
15. kuda abang balalak kang ciri | gulune tan awon | bawakara punika namane | kang angingu rahayu basuki | mungsêr netranèki | lamun kuda dhawuk ||
16. arcuturo iku kang anitih | tawun tibèng asor | yèn palăngka aciri kang lambe | rustrakara arane pan bêcik | kang ngingu kang nitih | intar budinipun ||
17. Mas Cêbolang umatur wotsari | yèn turăngga awon | nora pênêt nênggih cêcirine | yèn dèn ingah adamêl bilai | Swaninda lingnya ris | ana sêtyaripun ||
18. pangruwate ciri kang tan yogi | ingkang wus kalakon | kuda putih sinulêt sarate | ing salaka mêntas saking agni | kuda irêng wêsi | sêsulêdanipun ||
19. sinulêding êmas kuda kuning | dêmbaga ingobong | lamun kuda abang sêsulêde | turăngga dhawuk mas kang kinardi | kang suwasa yêkti | kang tan mambêt sêpuh ||
20. puniku sirna alaning ciri | luwaring pakewoh | sonyantaka angèl têtambane | ingkang ngingu simpên ali-ali | intên kang arêgi | salêmbaran sèwu ||
21. panulaking sonyantaka kêni | yèn nora mangkono | sonyantaka angèl têtulake | turăngga bramara lêbu gêni | pan walirang abrit |
--- 2 : 36 ---
winor lawan jêruk ||
22. binênêm lawan kulite nuli | pan ginawe pupoh | ing wayahe wancine têngange | lamun nora nuju têngah wêngi | puniku pan uwis | mari panasipun ||
23. kang ngingu mupangat dèn luluti | maring para wadon | lawan kinajrihan ing mungsuhe | pedahing brêmara lêbu gêni | lampahing turanggi | yèn mêntas jinungku ||
24. miwah yèn angalih gènirèki | dina kang winaon | lan pasaran amrih basukine | kuda putih yèn tinuku manis | ing sasi kasèki | petro aranipun ||
25. yèn marêngi ingkang turăngga brit | tinuku Kaliwon | sasi karo suwela arane | kuda irêng Wage dèn picisi | nuju wulan katri | prawada ranipun ||
26. lamun ana iku jaran kuning | tinumbas ing Êpon | sasi kapat wiyoga namane | apan ana kang winuwus malih | wêtoning turanggi | awon pênêtipun ||
27. jaran putih lamun mêtu manis | prayoga inganggo | yèn liyane tan pantês ingangge | turăngga bang lamun mêtu Paing | dèn ingu prayogi | liyane tan patut ||
28. kuda irêng yèn Wage umijil | sayêkti kinaot | senapti prayoga kang ngangge | yèn liyane irêng datan bêcik | Kaliwon umijil | kang prayoga dhawuk ||
29. yèku utamaning kang turanggi | yèn mêtu Kaliwon | abang irêng kuning nistha bae | ora bêcik ora bilaèni | mung dhawuk utami | turangganing ratu ||
30. wontên liya kang cinatur malih | pênêt lawan awon | ing tulise kang ana ngilate | talaga kumêmbêng srêpan èstri | dumadakan gampil | ngupaya dyah ayu ||
31. nora angèl amrih èstri
--- 2 : 37 ---
luwih | dumadakan moprok | lire padha amasang ciptane | malah pating tarèmpèk kang prapti | samăngsa darbe sir | kang prapta kumrutuk ||
32. yèn dhandhang nucuk tulisirèki | ingilapan awon | kang angingu gêringan tur bèsèr | lamun kadi kalabang katulis | kang angingu asring | tan wun nandhang tatu ||
33. tulis têlêng ing ilat tan bêcik | mawèh tukar awon | lamun kadi angkus ing rajahe | kang angingu kèdhêp ing sasami | yèn rajahe kadi | pêpuganing randhu ||
34. kala kang ngingu miwah kang nitih | aganas tan alon | gora-godha sabarang tingkahe | yèn rajahe ngilat nyakra bumi | lire kadi-kadi | gagah èmpêripun ||
35. yèku pênêt ing pakardi bêcik | kêkês mungsuh adoh | lamun kadi arga ing lungguhe | ngêdohakên rêjêki kang prapti | mung kari sathithik | dumadakan wurung ||
36. lamun kadi gada ingkang tulis | ngêdohakên mungsoh | pan keringan kang ngingu watêke | yèn wong agung kèdhêp ing wadyèki | kalamun wong cilik | kèdhèp rayatipun ||
37. lamun adoh ing păncabaya gring | pitênah tan gêpok | lara roga suminggah sakèhe | pinarêk ing maring ing rijêki | myang gustine asih | kang ngingu kudèku ||
38. lawan waris kang ngingu kang nitih | kèdhêp lamun wayoh | saking dènnya mupangat kudane | ulatana ilating kudèki | rajah lir gadèki | wèh asmarèng kalbu ||
10. Asmaradana
1. datan katingalan kaki | gon ulun asung pitêdah | ing turăngga pangalihe | angunggahkên mring gêdhogan | miliha ri pasaran | naptune loro kinumpul | gya ingicir kang prayoga ||
2. sakawan etangannèki | awit sukuraning etang | kapindho buta etunge |
--- 2 : 38 ---
kaping têlu etung gajah | kaping pat tiba selang | ganêp papat etangipun | kang tan yogi singgahana ||
3. yèn tiba suku marêngi | pincangan watêking kuda | tiba buta lara rêke | yèn etunge tiba gajah | tan têmon adatira | tiba watu kang sarêju | kukuh awèt kasarasan ||
4. ri Akat Lêgi winilis | kaetung tumiba buta | Akat Paing buta manèh | Akat Pone tiba sela | ing Akat Wage tiba | suku Akat Kliwonipun | uga suku tibanira ||
5. gumantya ri Sênèn Lêgi | tiba suku etangira | Isnèn Paing suku manèh | Isnèn Pon tiba gajah[32] | Isnèn Wagene sela | Isnèn Kaliwon puniku | amarêngi tiba sela ||
6. ing ari Sala[33] Lêgi | tiba watu etangira | Salasa Paing butane | Salasa Pon tiba sela | Salasa Wage gajah | ing Salasa Kliwonipun | uga tumiba dipăngga ||
7. nahan ari Rêbo Lêgi | etunge tiba dirada | Rêbo Paing watu rêke | Rêbo Pon suku etungnya | Rêbo Wage dipăngga | Rêbo Kaliwon panuju | uga tumiba dirada ||
8. gantya ari Kêmis Lêgi | tiba suku etangira | Kêmis Paing suku manèh | Kêmis Pon tumiba liman | Kêmise Wage sela | Kêmis Kaliwon ingetung | iku uga tiba sela ||
9. Jumungah Lêgi marêngi | etange tumiba gajah | Jumngah Paing gajah manèh | Jumngah Pon suku tumiba | Jumuwah Wage buta | Jumungah Kaliwonipun | iku uga tiba buta ||
10. ing arine Saptu Manis | etung isih tiba buta | Saptu Paing buta
--- 2 : 39 ---
manèh | Saptu Pon watu prayoga | Saptu Wage sukunya | Saptu Kliwon tiba watu | lungguhe ngunggahkên kuda ||
11. yèn putih pasaran Lêgi | dhawuk Kaliwon prayoga | abang Paing utamane | irêng Wage dèn unggahna | kalamun kuda jênar | pasaran Pon pikantuk[34] | wus titi babing turăngga ||
12. kacarita sabên ari | Kiyai Lêbda Swaninda | tan yyan kang winêdharake | marang Ki Mase Cêbolang | namung bab katuranggan | sadayanya wus kacakup | manêmbah aris turira ||
13. kalangkung panuwun mami | paduka asung pitêdah | katuranggan sak tamate | ulun tanèm ing wardaya | dumadya pêpaitan | kalawan indhaking kawruh | dhuh babo panuwun ingwang ||
14. kalilana ingkang dasih | ayun dumugèkkên lampah | anut ing suku tindake | ayya kirang pangaksama | kantuna suka wirya | kinuwatna ing Hyang Agung | raharja salampah kula ||
15. Ki Swaninda lingira ris | tan luwih pangèstuning Hyang | marang [...] sakabèhe | katêkana kang sinêdya | ayyana kara-kara | Mas Cêbolang ngraup suku | santri catur gantya-gantya ||
16. mangkat saking margasari | lajêng lampaha sumêka | prapta ing Sumbing sukune | kèndêl ing têpine sêndhang | asrêpira kalintang | narêthêk sadayanipun | nuju purnamaning wulan ||
17. ari malêm Gara Kasih | Mas Cêbolang sru karênan | umiyating we wêninge | tandya angrucat busana | agêbyur alêlumban | Ki Nurwitri amung raup | santri katri kacipratan ||
18. jola lir dèn nyonyok gêni | dumadya sumikir têbah | wus tuwuk dènnya lêlangèn | mêntas angrasuk busana | tan ana sangsayanya | santri katri samya ngumpul | sadalu nèng pinggir sêndhang ||
19. santri papat e[...] [e...]
--- 2 : 40 ---
[...[...]] | [...] kantun Ki Mas Cêbolang | jêgrêg datan a[..] | lingsir dalu wayahira | janma ro kawistara | pa[...] èstri ayu | mijil saking jroning sêndhang ||
20. mrêpêki kang eca linggih | kadya tugu sinukarta | tajêm tan garagap tyase | ka[35] priya alon lingira | mas putu kawruhanta | Canthikyuda aran ingsun | wadon iki garwaningwang ||
21. kêkasih Dyah Rantansari | padha abdi sri pamasa | Brawijaya kang mandhirèng | ing Majapait nagara | duk jaman kadewatan | kadawan yèn ulun catur | anisku saka ing praja ||
22. praptaning kang ardi Sumbing | minta aksamaning dewa | sinambi karo têtanèn | kathah janma ingkang prapta | samya mèlu dhadhêkah | sawusing arja kang dhusun | ingsun sarimbit gya muksa ||
23. awèh tilas sêndhang iki | sun sêsuwun mring jawata | barkahana salawase | sing sapa wonge kuwawa | adus wus surup surya | malêm Gara Kasih èstu | sinung manising wicara ||
24. gandês luwês mêrakati | solah parigêl wiraga | sadhengah wonge kang anon | wlas-asih trêsna trusing tyas | katrima pamintèngwang | ana cumlorot lir wahyu | jumêgur tiba ing sêndhang ||
25. kagawa garwaku iki | nguni asline badhaya | katêlah têkèng saprene | ingaran sêndhang Badhaya | wis kulup tutugêna | kang dadya sêdyanirèku | ulun manjurung raharja ||
26. kalihe wus tan kaèksi | Mas Cêbolang lir supêna | pajar sidik kèh swarane | nyakikèring satawana | myang pêksi cocakrawa | kacêr pênthèt thilang cohung | srigunting prênjak sikatan ||
27. sumirat soroting rawi | kagyat kang samya anendra |
--- 2 : 41 ---
jênggèlèk tambah asrêpe | narêthêk angga [...] | Mas Cêbolang lingira | padha nginuma sadarum | [...] sêndhang Badhaya ||
28. iku têtulaking atis | wus nginum [...][36] sakawan | kumêpyur pêra ragane | nir rupa lêsahing angga | asru eraming driya | kawasanira Hyang Agung | tuhune nora na madha ||
29. tumurun saking ing wukir | santri catur tansèng wuntat | Ki Saloka micara lon | hèh Palakarti Kartipala[37] | sawangên iku dara | saka ing pangrasaningsun | mundhak sigit mêrak-atya ||
30. jatmika sêmune wijil | Palakarti Kartipala | kakang iya sêbênêre | dalah Nurwitri ya mundhak | wênêse kang wadana | apa saka sababipun | toyaning sêndhang Badhaya ||
31. lampahira anglangkungi | Ngadirêja Kaparakan | Têmanggung tlatah Kêdhune | kèh para dyah kang kasmaran | andulu Mas Cêbolang | wênèh ana kang tut pungkur | tansah dadya rarubungan ||
32. prawan răndha nglanjar tuwin | somahan tan tolih lanang | kang lumaris ribit tyase | ing lampah dumadya nyimpang | nilapkên kang tut wuntat | prapta ing Pikatan umbul | toya wêning lirap-lirap ||
33. binatur ing sela langking | wêwangunan banon wiyar | karikil alit dhasare | toya tan lukak tan mundhak | umbul tan kawistara | sak êdom wêdaling ranu | kathah tan kenging winilang ||
34. liwêran ulam tămbra brit | baya kadi anêmbrama | marang sêrang nêmbe rawoh | kalamun bisa angucap | dhuh risang ambêg santa | kawula sadaya atur | wilujêng rawuh paduka ||
35. wontên ing Pikatan ngriki | punapi kinarsakêna | kula sadaya cumaos | ing sakaparênging karsa | mangkana Mas Cêbolang | ginraita ingkang sêmu | ulam tămbra anêmbrama ||
--- 2 : 42 ---
36. [...] Mas Cêbolang tuwin | rencangnya santri sakawan | [...]ka panganggone | lêlumban ciblon gêndhingan | kalangkung rênaning tyas | sawusira samya adus | manêmbang pucung busana ||
1 | Tanggal: Anggara (Slasa) wolu (8) Mulut (Mulud) Dal: guna paksa slira wali (AJ 1823). Tanggal Masehi: Kamis 21 September 1893. Pada bulan Mulud tahun AJ 1823, hari Slasa jatuh pada tanggal 6 (Slasa Paing), 13 (Slasa Wage), 20 (Slasa Lêgi), dan 27 (Slasa Pon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Slasa 6, 13, 20, atau 27 Mulud AJ 1823 (19, 26 September, 3, atau 10 Oktober 1893). (kembali) Tanggal: Anggara (Slasa) wolu (8) Mulut (Mulud) Dal: guna paksa slira wali (AJ 1823). Tanggal Masehi: Kamis 21 September 1893. Pada bulan Mulud tahun AJ 1823, hari Slasa jatuh pada tanggal 6 (Slasa Paing), 13 (Slasa Wage), 20 (Slasa Lêgi), dan 27 (Slasa Pon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Slasa 6, 13, 20, atau 27 Mulud AJ 1823 (19, 26 September, 3, atau 10 Oktober 1893). |
2 | têtruka (kembali) têtruka |
3 | inggahipun (kembali) inggahipun |
4 | măncanagri (kembali) măncanagri |
5 | minggah (kembali) minggah |
6 | langkung (kembali) langkung |
7 | inggilira (kembali) inggilira |
8 | junjung (kembali) junjung |
9 | Cilacap (dan di tempat lain) (kembali) Cilacap (dan di tempat lain) |
10 | nyangking (kembali) nyangking |
11 | pinangkanèki (kembali) pinangkanèki |
12 | langkung (dan di tempat lain) (kembali) langkung (dan di tempat lain) |
13 | patitising (kembali) patitising |
14 | Lebih satu suku kata: Hyang Naradha pangandikanira ris (kembali) Lebih satu suku kata: Hyang Naradha pangandikanira ris |
15 | roga (kembali) roga |
16 | uminggah (kembali) uminggah |
17 | Lebih satu suku kata: anjrah anèng gumuk ngrênggut tanpa wilis (kembali) Lebih satu suku kata: anjrah anèng gumuk ngrênggut tanpa wilis |
18 | anggèr (dan di tempat lain) (kembali) anggèr (dan di tempat lain) |
19 | Kurang satu suku kata: yèn ing lambe ênggènira (kembali) Kurang satu suku kata: yèn ing lambe ênggènira |
20 | munggèng (dan di tempat lain) (kembali) munggèng (dan di tempat lain) |
21 | ambujung (kembali) ambujung |
22 | Kurang empat suku kata: (kembali) Kurang empat suku kata: |
23 | Kurang dua suku kata: (kembali) Kurang dua suku kata: |
24 | lamun (kembali) lamun |
25 | Kurang tiga suku kata: (kembali) Kurang tiga suku kata: |
26 | Kurang tiga suku kata: (kembali) Kurang tiga suku kata: |
27 | Kurang satu baris: 8i. (kembali) Kurang satu baris: 8i. |
28 | wangke (kembali) wangke |
29 | Kurang satu suku kata: rupa siji kang maring èstri lan jalu (kembali) Kurang satu suku kata: rupa siji kang maring èstri lan jalu |
30 | Lebih satu suku kata: lamun mungsrê ana ngisoring kuping (kembali) Lebih satu suku kata: lamun mungsrê ana ngisoring kuping |
31 | ênggènipun (kembali) ênggènipun |
32 | Kurang satu suku kata: Isnèn Êpon tiba gajah (kembali) Kurang satu suku kata: Isnèn Êpon tiba gajah |
33 | Salasa (kembali) Salasa |
34 | Kurang satu suku kata: pasaran Pon kang pikantuk (kembali) Kurang satu suku kata: pasaran Pon kang pikantuk |
35 | kang (dan di tempat yang lain) (kembali) kang (dan di tempat yang lain) |
36 | santri (kembali) santri |
37 | Lebih satu suku kata: Palakarti Kartipala (kembali) Lebih satu suku kata: Palakarti Kartipala |