Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 11-20), 1932, #468

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 01-10), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  2. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 11-20), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  3. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 21-30), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  4. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 31-38), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  5. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 39-46), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  6. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 47-55), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  7. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 56-65), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  8. Cênthini, Sastrakartika (Jilid 2: Pupuh 66-69), 1932, #468. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
Image

11. Pocung

1. Mas Cêbolang alon pangandikanipun | Nurwitri Saloka | Kartipala Palakarti | ulun ayun wêruh kang aran Barawa ||

2. payo mangkat sira lumakua ngayun | kapukur Pikatan | ngalèr ngilèn sampun prapti | ardi Jambu kalakung asri kawuryan ||

3. dadya dangu gènira lêrêp nèng Jambu | kasêngsêm umulat | asri rarêngganing wukir | sukunira angungkang têpining tlaga ||

4. we ngalirap sumilak asêmu biru | jurang Sikakayan | nuju wijiling hyang rawi | anyunari talaga myang arga-arga ||

5. ujwalaning surya ingkang mugèng ranu | mancorong gumêbyar | apindha sasotya manik | ngèrèng-èrèng tinanêman pantun gaga ||

6. kang gumadhung wênês ijo amawèh kung | malêncut mrakatak | ana kang uwus kumêmping | awurahan raryya gusah ing kukila ||

7. sarewehan ranu tibèng jurang trêjung | swara lir gurnita | paksi nèng têpining warih | samya ngadhang timbuling kang ulam toya ||

8. kayon gathuk ayom angubêngi gunung | dhuwêt dhuku jirak | jêruk jambu klampok wangi | kêpêl pakèl langsêp pijêtan kokosan

9. blimbing manggis rambutan pêlêm myang mundhu | nôngka sukun bêndha | kaluwih sarangan tangkil | wanara kèh samya mamôngsa wowohan ||

10. kidang kancil manjangan brubul angrênggut | rumput kang pradapa | sêmu ayêm klimis-klimis | santri catur samya ngundhuhi wowohan ||

11. warna-warna katur ing bêndaranipun | sadaya mirasa | sinambi anêningali | arga-arga têgal sabin dhusun krajan ||

--- 2 : 43 ---

12. gya tumurun saking aldaka ing Jambu | malipir Barawa | gya mancat sukuning wukir | ing Mêrbabu lan arga Marapi jajar ||

13. praptèng arga alit aran Candhi dhukuh | dêdêr têkèng pucak | miyat kuburan sawiji | tanpa cungkup kayoman witing capaka ||

14. jênar pingul sêkar glasah marbuk arum | kubur mawa cahya | kadya kêkuwung ngawêngi | Mas Cêbolang ngandika marang Saloka ||

15. baya iki wong agung ingkang kinubur | wingite kawawang | mawa cahya anêlahi | Ki Saloka matur nun inggih bandara ||

16. kula mirêng cariyose tiyang sêpuh | punika astana- | nipun Natèng Majapait | Sang Aprabu Brawijaya kaping tiga ||

17. e la patut bêcik payo padha ngujung | anyuwun barêkah | slamête laku puniku | Mas Cêbolang lawan santrinya sakawan ||

18. wusing ngujung mangalèr umiyat ranu | wêninge anglela | têngahing tlaga kaèksi | ana pulapulo kumambang anut maruta ||

19. ngetan ngulon manêngah ngalor myang ngidul | tan mawa kêkayyan | kawuryan muka kang wilis | wênês ijo karya sêngsêming wardaya ||

20. têpi ranu ana jêjaka kadulu | manggul jala kêpyak | sruwal cêkak kêndhit kêpis | Ki Nurwitri ngawe kakang marenea ||

21. wusing tundhuk Nurwitri têtanya bagus | marang ngêndi sira | kang tinanya lingira ris | kula badhe jala têng têpining tlaga ||

22. amung turut pinggir sapêkangsalipun | ajrih amanêngah | lêbêtipun anglangkungi | ramak kula nalika mulat kang pêjah ||

23. aritipun tinangsulan agêl bakuh | cinêmplungkên têngah | kinalar ngantos sapriki | dèrèng kandhas tansah dèn ulur kewala ||

24. dika kintên piyambak ta lêbêtipun | mila kula jala | amalipir turut pinggir | lagya eca kang samya imbal wacana ||

25. mirêng swara gumlêdhêg lir gêlap sèwu | pucaking kang arga | Marapi umêdal gêni | kukus [kuku...] ||

--- 2 : 44 ---

[...s] mubal ngêbêki ing dirgantara ||

26. pêtêng dhêdhêt datan uninga lor kidul | Mas Cêbolang lawan | santri catur yitnèng wèsthi | gêgandhengan tambuh paran kang sinêdya ||

27. dènnya anèng papêtêng tri ari dalu | langkung sumpêking tyas | wus tan nyana cipta urip | mung sumendhe ing karsanira Hyang Sukma ||

28. praptèng tlatah Magêlang ing lampahipun | papêtêng wus sirna | miyat soroting hyang rawi | samya dhoko nèng sukune ardi Tidhar ||

29. miyat dhukuh ngasri iing anggraning gunung | Mas Cêblang lingnya | yèn sira isih kuwawi | dhukuh kae payo padha pinurugan ||

30. samya matur sumôngga lajêng tumuntur | sadaya wus minggah | Mas Cêbolang anèng ngarsi | langak-langak baranyak lir Narayana ||

31. santri catur barangkangan lampahipun | gantya kang winarna | kang martapa pucak wukir | lakung sidik anama Sèh Wakidiyad ||

32. endhang catur tumaloncong ayu-ayu | mèh kêmbar ing warna | mêpêk mêmpêng ing birai | samya lagi anggarapsari sapisan ||

33. sinung nama Endhang Kismani linuhung | Brahmani kalihnya | tiga Endhang Adi-adi | sakawane Endhang Jahnawi kyatingrat ||

34. maha wiku ngandika mring endhang catur | gêlar-gêlarana | kalasa batu kang brêsih | sêsajia sunggata ingkang prayoga ||

35. ulun ayun katamuan santri luhung | mêntas kasarakat | anèng ing Ngrêbabu wukir | wusing rampung sêsaji sira mêthuka ||

36. nêmbah mundur rampung sêsaji dyah ayu | mring talaga siram | kosokan lulur myang mangir | wus barêsih kêkanthèn nulya busana ||

12. Kinanthi

1. Endhang Kismani puniku | cêmêng manis amrakati | ngrasuk sinjang tumênggungan | paningsêt satagèn abrit | mingis katon mung sasada | amathinthing matrêm kengis ||

--- 2 : 45 ---

2. kang sêmêkan sêkar bênguk | malipis alus waradin | pungkasan tirah sacêngkang | sinalêmpitakên ngarsi | gathukan wironing sinjang | ukêl sèntêg amantêsi ||

3. Endhang Brahmani winuwus | babang awak mawèh kingkin | ngrasuk sinjang klungsu rêtna | satagèn cêmêng mathinthing | sêmêkan yuyu sakandhang | ijo ukêl gondhèl pèni ||

4. Endhang Aniladi mungguh | jênar lir êmas sinangling | ngrasuk sinjang kêpyur pelag | pinantês satagèn kuning | wungu byur ingkang sumêkan | ukêl canthèl ngrujit ati ||

5. Endhang Jahmawi mawèh kung | jênar suluh blêngle kengis | ngrasuk sinjang wanabadra | paningsêt satagèn putih | kasêmêkan dasa sela | dhasar irêng mawèh branti ||

6. kondhe pinalintir alus | tirah anjênthar sanyari | lugas tan amawi sêkar | sêngkangnya sadaya cêplik | macak patraping busana | endhang catur apan sami ||

7. sawuse busana rampung | tumurun saking ing wukir | sakawan sarêng lumampah | mung wiraga nora nunggil | ana ingkang gigit sadak | asta kiwa anyakithing ||

8. ana ingkang ngêmbêng susur | lathi agung dèn usapi | ana kang lagyawit mucang | gagang sêmprit anèng jawi | ana kang olah panasar | asta têngên agung midih ||

9. wau ta ing lampahipun | Mas Cêbolang catur santri | mahawan langkung sumêngka | kumêpyur kagyating galih | kawuryan endhang sakawan | tumurun saking ing wukir ||

10. ngandika mring santri catur | padha jêngèngèka aglis | lah iki ana rêrupan | ewuh ênggonku ngarani | apa pêri pêrayangan | apa satuhune janmi ||

11. rupa rampak ayu sêmu | barès angrêsêpkên ati | bêsuse manut ing sarak | upama sêkar kang adi | durung padha babar gônda | mêmadune durung kungkih ||

12. andêngèngèk santri [sa...]

--- 2 : 55Seharusnya halaman 46 dan seterusnya. ---

[...ntri] catur | sakala lêsah lupa nir | nayana katon sumringah | umatur babo suwawi | sinêngkakakên ing lampah | daya-daya nuntên panggih ||

13. nahan ing lampah wus tundhuk | Mas Cêbolang catur santri | tan ana kawawa ngucap | kêdhèp têsmak aningali | endhang catur miring nganan | trapsila wacana manis ||

14. dhuh babo kang nêmbe rawuh | sowan kawula tinuding | Sèh Wakidiyat pilênggah | ing asrama Tidhar ardi | jêng paduka tinimbalan | laju maring ing asrami ||

15. kèrita ing lampah ulun | Mas Cêbolang duk miyarsi | manyêbut angudubilah | sarwi dheprok lingira ris | pra arum duta utama | mugi yya dados panggalih ||

16. dêgsuraning badan ulun | nampèni dhawuh sang yogi | kalimput kacaryan mulat | dhumatêng sang pindha Ratih | myang Supraba Wilutama | Rarasati ing swarga di

17. sêndika ingkang dhumawuh | suwawi paduka irit | sêkawan mèsêm sarêngan | winantu dhawahing liring | jumênêng angêlus sinjang | nulya lumaris nèng ngarsi ||

18. lampah tanpantara dangu | prapta ngarsane sang yogi | pinarak ing yasakambang | toya wêning angubêngi | pinalisir sasêkaran | nêdhêng kusuma gônda mrik ||

19. ni endhang duk praptèng ngayun | maro mire nganan ngering | tan têbih lawan sang tapa | Mas Cêbolang catur santri | makidhupuh anèng ngarsa | muka lir konjêm ing siti ||

20. Sèh Wakidiyat lingnya rum | saka dhanganing tyas mami | aku awèh karaharjan | praptamu nèng dhepok mami | basan bêgja kamayangan | wit tan nyana bisa panggih ||

21. lan sira siwayèng ulun | yèn tan kliru sira kaki | atmaja

--- 2 : 56 ---

Sèh Akadiyat | asramèng Sokayasardi | mijil saking siti wuryan | iku mitraku sayêkti ||

22. nalika marsudèng kawruh | tan apisah rina wêngi | lir kadang tunggil sawêlat | palaling Hyang Maha Suci | basa wus rumôngsa tuwa | padha dhêdhepok pribadi ||

23. nèng Sokayasa ramakmu | nanging biyèn isih nami | Êsèh Agung Adirimang | ulun dhadhepok ing ngriki | arane kang ardi Tidhar | pusêring kang tanah Jawi ||

24. gajêg Cêbolang aranmu | mangkana kang sinung angling | kalangkung eraming nala | sidiking sang maha yogi | wasana matur manêmbah | mênggah dhawuh kang kawijil ||

25. satuhu tan wontên gangsul | nyumanggakkên ingkang dasih | pêjah gêsang tan suminggah | kinaryaa pêthak abrit | sumarah datan lênggana | pukulun yya walanggalih ||

26. rèhning mangkya sampun cundhuk | lawan raosing tyas mami | sêdya ulun ngèstupada | ing lampah kandhêk nèng ngriki | mrênggaya yèn anglajêngna | tanapi wangsul mring panti

27. maha wiku lingira rum | kulup iku lwih utami | amung ta ing wêkas ingwang | banjurna lakumu iki | têmbe pantok praptèng praja | Wirasaba gonmu mulih ||

28. kadawan lamun dak catur | bakal lêlakonmu kaki | endhang mara ladèkêna | pasunggata gantèn wangi | kalawan rokok sumpêtan | sokur wedange yèn uwis ||

29. lawan nyênyamikanipun | iku ladèkêna dhingin | kang sinung ngling samya mentar | Kismana abêktapabêkta sirih | Aniladi pangêsêsan | patehan Endhang Brahmani ||

30. Jahnawi dhaharanipun | sadaya lumadyèng ngarsi | tuwin kang mring punakawan | tan ana kuciwèng warni | Sèh Wakidiyat lingira | lah iku sunggata mami ||

31. saanane sining gunung | gaduging bocah pawèstri | siji tanna batih priya | tan lyan papat iku

--- 2 : 57 ---

kaki | kang ngopèni têtanêman | lah-olah brêsihi panti ||

32. ayya nganggo ewuh rikuh | agêpên wisma pribadi | kang liningan matur nêmbah | dhawuhipun jêng kiyai | kalêbêt raosing manah | tan angraos amartami ||

33. sampun kadi wismèng ulun | Mas Cêbolang catur santri | wus samya sês miwah mucang | tuwin minum wedang êtih | tanapi nadhah nyamikan | rêsêp tanna tahèng galih ||

34. tampi wangsit endhang catur | samya lumêbèng ing panti | wêdalira wus ambêkta | sêkul liwêt anèng cêthing | myang ulam anèng ing dhulang | jangan sambêl sarêm pêtis ||

35. lalaban slèndri katimun | cipir buncis kacang kapri | wus tinata anèng ngarsa | Sèh Wakidiyat lingnya ris | kulup lah sira nadhaha | kinarya jampi alêntih ||

36. Mas Cêbolang nêmbah dhêku | mirasa dènira bukti | wus dumugi cinarikan | pinaringkên ing pamburi | santri catur samya nadhah | rampung ingundurkên malih ||

37. wus ingundurakên wangsul | umarêk sang maha yogi | hyang surya tumamèng arga | maha wiku ngandika ris | lah kulup sira karia | ulun gambuh mring panêpin ||

13. Gambuh

1. sira lan santri catur | amanggona nèng kene sadarum | wusing prêlu sayêktine aku bali | kang liningan matur dhêku | maha wiku lampahnya lon ||

2. ingiring endhang catur | Mas Cêbolang wau ingkang kantun | lêng-lêng dêlêng rêngêng-rêngêng ririh-ririh | iya ta sang awikuKurang satu suku kata: iya ta risang awiku | bok iya kadi sir ingong ||

3. têka tinilar mak brung | bocah papat siji tanna kantun | sadhengahe nora niyat nampik milih | kabèh mawèh gandrung-gandrung | tyas ulun êmbahne condhong ||

4. hèh sira bocah catur | mungguh kowe êndi kang pinuju | endhang papat pilihên salah sawiji |

--- 2 : 58 ---

santri sakawan umatur | saèstu lakung pakewoh ||

5. yèn kenginga sadarum | dados botên keran-keron bingung | Mas Cêbolang sangêt kikin nanging ajrih | pêpêg sumpêg ing tyas gadhug | satêmah longang-longongKurang satu suku kata: satêmah alongang-longong ||

6. nahan kang yun manêngkung | angandika Si Kismani iku | ngladènana marang anakku wong sigit | lamun wus kulinèng wuwus | gêlarna cangkriman dhenok ||

7. yèn kabatanga tamtu | dak lilani nyuwuna sirèku | saking rane apa ta sira kadugi | winêngku ing dhayoh mau | kang liningan tan miraos ||

8. manawa nora pêcus | ambatanga marang cangkrimamu | yêkti datan dakparingkên sira nini | kang liningan nêmbah matur | tan lênggana ing sapakon ||

9. Kismani wus winuruk | wusnya apil manêmbah gya mundur | sarwa gagas cangkriman kang yun kawijil | sakirane apa pêcus | ambatang cangkriman elok ||

10. kang lagya mingak-minguk | Mas Cêbolang kagyat duk andulu | Dyah Kismani prapta datan mawi kanthi | dupi parêk ris umatur | dhawuhipun sang kinaot ||

11. kinon ngladosi ulun | anèng ngriki ing sadangunipun | Mas Cêbolang mangsuli langkung utami | dados wontên rencang ulun | jêjagongan omong-omong ||

12. malah bilih panuju | sihing dasih kang pindha jumêrut | kula suwun dhumatêng sang maha yogi | dadosa pêpundhèn ulun | ing dunya praptaning êdon ||

13. Kismani lingira rum | sarwi mèsêm ngujiwat mawèh kung | yèn wus pêsthi boya selak ingkang dasih | mung wontên paminta ulun | badhenên cangkriman ingong ||

14. lamun kabatang ulun | asrah jiwa raga mring sang bagus | dunya ngakir atas kagungan sang pêkik | Mas Cêbolang asru guguk | punika punapi yêktos ||

15. wontên kang sumur watu | timba rukmi atêtali lesus | dawêk dika badhe ingkang aprêmati | Mas Cêbolang mèsêm muwus [mu...]

--- 2 : 59 ---

[...wus] | mênggahing pambatang ingong ||

16. kalih warni puniku | punapi gih kaparênging kayun | gih sumôngga sampun mawi wigah-wigih | anggèr sumur kajêngipun | dhatêng saumur sayêktos ||

17. kajêngipun kang watu | tansah manggèn tan sagêt lumaku | timba apan wadhah ingkang mêdal manjing | kancana ing kajêngipun | dhatêng kamulyan sayêktos ||

18. têtali mring pikukuh | angin dhatêng napas kajêngipun | sayêktose limrah têtiyang puniki | têtangsuling gêsangipun | napas ingkang manjing miyos ||

19. kadiparan jantungku | punapi lêrês myang botênipun | inggih bagus satunggale kadipundi | suwawi winêdhar wuwus | Mas Cêbolang lingira lon ||

20. kajênge ponang sumur | dhatêng sumur gumuling puniku | watu dhatêng sela kumalasa yêkti | tatimba dhumatêng cidhuk | kang minggah tumurun alon ||

21. kancana kajêngipun | dhatêng kancana ora linuhung | inggih dhatêng pawèstri kang ngore romi | tali dhatêng tamparan kus | waraga apan tinantos ||

22. kus manyêkêl puniku | têgêsing kang raga awak tuhu | kajêng ingkang dhumatêng napas sayêkti | sawadose jiwaningsun | tiyang guling sakaloron ||

23. èstri kalawan jalu | sapaturon kuswa-kinuswèngku | rarêgosan kadi kaplayu ing jurit | Rara Kismani malêruk | kalepat kesah wirangrong ||

24. umarêk sang linuhung | angaturkên ing pambatangipun | tètèh gêmêt datan ana kang kalêmpit | maha wiku manthuk-manthuk | wus pinasthi sira dhenok ||

25. winêngku mring têtamu | ayya wangkot ing sapakon ingsun | Dyah Kismani migu nguwik-uwik siti | ginuyu mring dyah tatêlu | Kismani nyiwêli wal-wol ||

26. ing dalu tan kawuwus | enjangira risang maha wiku | rawuh maring pondhokanira [po...]

--- 2 : 60 ---

[...ndhokanira] têtami | endhang catur tansèng pungkur | Sèh Wakidiyat lingnya lon ||

27. babo atmajaningsun | rèh wus dadi patêmbayan ingsun | arinira iki Si Endhang Kasmani | sapa wonge kang wus pêcus | badhe cangkriman sayêktos ||

28. pasrah jiwa ragèku | môngka sira bisa badhe kulup | yèn sêmbada dak nikahkên dina iki | lan saka sukaning kalbu | kang têlu kalamun condhong ||

29. yya katanggungan kulup | dak paringkên mring sira sadarum | supayane yya keran-keroning ati | dadi têntrêm tyas tan giyuh | sêpi panêmu kang awon ||

30. Cêbolang duk angrungu | dhawuhipun risang maha wiku | langkung kagyat êmar manah sênik-sênik | ngunandika jroning kalbu | kadêngangan karsaningong ||

31. iki apa panglulu | apa wantah ewuh tangguh ingsun | ing wasana umatur saha wotsari | kalangkung pamundhi ulun | dhawuh ingkang wus kawiyos ||

32. ulun sumanggèng kayun | tan lênggana satuduh umatur | sampun ingkang dhumatêng raras kamuktin | sanadyan praptaning lampus | tan lênggana raganingong ||

33. bicara sampun putus | wus dèn ningkah wau endhang catur | paragating ningkah panaggihkên aglis | maha wiku lingira rum | hèh Cêbolang atmajèngong ||

34. kang bêcik pangêmongmu | lan kang adil panataning kakung | aja ana nganti kataman sak sêrik | sihira ayya barênjul | dadi tyase padha golong ||

35. sang wiku wising dhawuh | wangsul maring ing panêpènipun | kawarna kang katuju ing pagalihKurang satu suku kata: kawarnaa kang katuju ing panggalih | ing tyas langkung suka sukur | tumimbul karêsmèn andon ||

14. Maskumambang

1. raras ingkang karasikan tan winarni | wusing sapta dina | Mas Cêbolang angalêntrih | larut bayuning kang ôngga ||

2. gya umarêk marang ngarsaning sang yogi | rubiyah sakawan | tan kêna bênggang sanyari | tansah ambondhèt mring priya ||

3. praptèng ngarsa maha wiku ngandika ris | pantèn paran [pa...]

--- 2 : 61 ---

[...ran] karsa | umarêk ing ngarsa mami | apa ta darunanira ||

4. Mas Cêbolang tumungkul konjêm ing siti | hèh ta uculêna | gonmu ambondhèti laki | wus bênggang samya manêmbah ||

5. mring apanti cêcawisa kang prayogi | rujakmu lotisan | prêsan menda duduh pitik | lan wowohan sasêgêran ||

6. endhang catur samya mundur mangênjali | Mas Cêbolang tandya | dêngèngèk umatur ririh | dhuh risang paring nugraha ||

7. ngaturakên pêjah gêsangipun patik | èstu tan kuwawa | lumawaning senapati | sakawan sami prawira ||

8. tanpa kiwul wit lamban wlasa kang dasih | yèn pukulun datan | paring sarana sayêkti | dasihe têmah antaka ||

9. maha wiku sru suka wlas aningali | wasana ngandika | kulup dikaparèng ngarsi | wusing parêk gya winêjang ||

10. bab karêsmèn kang tan ngrusakakên dhiri | wèh nikmat marang ta | siji kang tinujwèng kapti | kang tiga samya karasa ||

11. datan pae kalawan ingkang satunggil | jumbuh ingkang rasa | asmara nala rumiyin | têgêse sêsêming manah ||

12. kalihipun asmara tura winêrdi | sêsêming paningal | trêng asmara turida di | pan sêngsêming pamirêngan ||

13. sakawannya asmaradana sêngsêming | ingkang sapocapan | gangsal asmara tôntra di | sêngsêming kang pangarasan ||

14. nêm pungkasan asmaragama nêngsêming | salulut krasikan | tuwin jaya wijayanti | pangabaran pangasihan ||

15. agal rêmpit miwah ingkang ngèlmi singkir | karya raming kathah | nêlas wisikan sang rêsi | Mas Cêbolang wus widagda ||

16. sinung padhang pasanggraitane lantip | kacukup sadaya | sarta lajêng dèn lampahi | sadhawuhe sang pandhita ||

17. pan pinêlêng dènira amati ragi | cacêgah myang siyam | ngalowong apati gêni [gê...]

--- 2 : 62 ---

[...ni] | wungu lan kungkum ing toya ||

18. lumastari tan ana batal sawiji | sawusing paragat | garwa pinaringkên malih | atut dènnya palakrama ||

19. catur datan ana kang saloyèng kapti | Cêbolang pinarak | kalawan sakawan abdi | Saloka marêk mangarsa ||

20. ulun matur mugi sampun salah tampi | rèhning sampun lama | lèrèh anèng Tidhar wukir | kadi paran ingkang karsa ||

21. punapi wus katrêm marêm anèng ngriki | sokur makatêna | kalilana ingkang abdi | samya mantuk ing asrama ||

22. atur uning ramanta sang maha yogi | myang mring pramèswara | iba sukaning panggalih | Mas Cêbolang duk miyarsa ||

23. tyas kumêpyur wasana ngandika aris | lah tujune kakang | sira caturan lan mami | upama mênêng kewala ||

24. pan kabanjur kalimputing lambangsari | jugaging lêlakyan | katutup polah kamuktin | wus kakang padha karia ||

25. ulun marêk maring risang maha yogi | klilan tan kalilan | pamit mundur dina iki | Nurwitri mèsêm wacana ||

26. hêm apa tan agêndhulak-agêndhulig | tega apa ora | nilar langêning jinêmrik | sajagad tan ana mimba ||

27. ngalanguta midêring rat jajah nagri | nlasak wanawasa | tumurun ing jurang trêbis | sumêngka anggraning arga ||

28. angubêngi têpining kang jalanidhi | tangèh yèn antuka | tanapi mirit kang warni | sanadyan ana mirida ||

29. misih kalah sêdhêp sumèh amrakati | parigêling solah | tikah kèwês manis lungit | santri tri gumuyu latah ||

30. lan maninge kanane apa kadugi | lamun tinilara | dak bêthèk ing mêsthi kinthil | upama padha kinthila ||

31. lah saiba iba ribêting nèng margi | môngka kang pinaran | manut tumindaking sikil | ewasamono sumôngga ||

32. Mas Cêbolang mèsêm wagugên ing galih | wasana lingira | mupung iki nora kinthil | ulun marêk sang minulya ||

33. praptèng ngarsa maha wiku ngandika [nga...]

--- 2 : 63 ---

[...ndika] ris | kulup paran karsa | praptamu tan mawi rabi | sêmune kaya wigatya ||

34. Mas Cêbolang mangênjali matur ririh | mugi linêpatna | sruning bêndu saking galih | miturut niring wardaya ||

35. rayi ulun sadaya sumônggèng kapti | sang wiku lingira | paran karsanira kaki | rabinta apa kok pêgat ||

15. Mêgatruh

1. yèn kok pêgat apa wus mangrêti kulup | laku-lakuning akrami | ningkah myang maskawinipun | ngidah talak sasamining | Mas Cêbolang matur alon ||

2. saèstune dèrèng mangêrtos satuhu | lampahe salaki rabi | mugi pinarêng ing kalbu | paring sumêrêp mring patik | maha wiku mêdhar kawroh ||

3. ningkah iku pan katêmu karêpipun | rasane sira nampani | lampahing kuwasanipun | wadon kang sira rabèni | amiturut lair batos ||

4. sira duwe bojo kawangênan amung | papat nora kêna luwih | miturut sarengat rasul | mungguh kang aran maskawin | panarimane kang wadon ||

5. lamun rupa slaka ingkang bobotipun | kang kalumrah mung satail | kêna uga liyanipun | rupa barang ka medahi | tumrap marang ingkang wadon ||

6. asal uwus dadi ing panrimanipun | de idah têgêse nênggih | nyêrantèkakên puniku | kulup ana patang warni | idah rukuk kang sawiyos ||

7. ngantarakkên tri pacucèn laminipun | tumrape marang pawèstri | kang misih kèl sabên tèngsu | ngidah suhur kaping kalih | ngantarakkên tri mancorong ||

8. tumrap marang wadon durung garapsantun | lan mring wadon luwas gêtih | ngidah kamil têlunipun | ngêtèni lairing bayi | tumrap pêgat urip layon ||

9. kaping pate idah rapak laminipun | pat wulan sapuluh [sa...]

--- 2 : 64 ---

[...puluh] ari | tumrap pêgat mati iku | kalamun wus luwih saking | idah lah iku si wadon ||

10. kêna laki apan têkan aranipun | de talak wêrdine nênggih | pêgat mungguh wênangipun | têlung rambahan tan luwih | beda-bedane kacriyos ||

11. pêgat ngruntuhakên talak siji iku | kang sarta bayar maskawin | jroning idah lamun ayun | binalenan dadya rabi | datanpa ningkah wus munggoh ||

12. lamun ora bayar maskawin puniku | jroning idah lamun abti | winangsulan rabinipun | kudu kaningkaha malih | myang maskawin kudu nganggo ||

13. yèn pamêgat wadon wèh pamiwalipun | têgêse iku nguwèhi | pamancal mring kakungipun | yèn balèn ningkahan malih | balèkkên pamiwal wutoh ||

14. sauwise langkah saka ngidahipun | lamun balèn isih kenging | nanging nganggo ningkah iku | kang sarta nganggo maskawin | iku lamun padha condhong ||

15. saumpama mung caturan ala nganggur | kowe dak pêgat saiki | iku talake wong runtuh | sawiji tan ana luwih | mula yya nganti kabrojol ||

16. lamun uwus pêgatan sapisan iku | ngruntuhkên talak sawiji | binalenan wadonipun | dumadi bojone malih | dadi talak kari loro ||

17. ngruntuhakên talak loro kang winuwus | yèn nganggo bayar maskawin | jroning idah lamun ayun | wangsulan kinarya rabi | kêna tanpa ningkah yêktos ||

18. lamun nora asung ing maskawinipun | jroning idah lamun apti | winangsulan rabinipun | kudu kaningkaha malih | myang maskawin pasthi nganggo ||

19. yèn pamêgat wadon wèh pamiwal iku | yèn balèn ningkahan malih | sarta balèkakên wutuh | pamiwal marang kang èstri | kang dadi trimaning [trima...]

--- 2 : 65 ---

[...ning] wadon ||

20. sauwise langkah saka ngidahipun | mênèk balèn misih kenging | nanging nganggo ningkah iku | kang sarta nganggo maskawin | samonèku mênèk condhong ||

21. saupama muguhMungguh (dan di tempat lain) guyon ala nganggur | kowe dak pêgat saiki | iku talake wus runtuh | talake ingkang kêkalih | sayêkti kari sawiyos ||

22. lamun uwus pêgatan ping pindhonipun | balèn dadi bojo malih | kari siji talakipun | talak têlu dèn arani | poma dèn angatos-atos ||

23. talak siji lan loro ing sajronipun | ngidah wadon garapsari | kalamun ngandhêg puniku | ngidah kuruk salin kamil | dadi sahe yèn wus miyos ||

24. gone ngandhêg jabang bayi kang kinandhut | yèn gone tan garapsari | saka lêlara puniku | kidahidah uruk alastari | môngsa kabanjur iku wong ||

25. luwas gêtih kang angidah gênti suhur | talak sawiji lan kalih | ngain sogra aranipun | têgêse pamêgat alit | nanging wus têtela yêktos ||

26. ngruntuhakên talak têtêlu winuwus | jroning idah wus tan kenging | winangsulana puniku | binalèn kinarya rabi | yèn adrêng gone jêjodhon ||

27. wusing idah kudu linakèkkên iku | olèh janma ingkang kêni | ngrabèni mring wadon mau | sarta tumindak sarêsmi | wusing kalakon karongron ||

28. kapêgatna yèn wus langkah idahipun | lagi kêna dibalèni | samono kalamun purun | pinêgatkên gone rabi | tan wênang jiyat maring wong ||

29. môngka uwus asih mring bojo kang kantun | têtêp nora kêdhah-kêdhih | kang akon nikah kasingkur | talak têlu luwih rungsid | ati-atinên [a...]

--- 2 : 66 ---

[...ti-atinên] sayêktos ||

30. nalikane ngruntuhakên talak têlu | môngka tan bayar maskawin | kawênangkên wadonipun | lamun nagiha maskawin | ingkang lanang kudu asok ||

31. talak têlu pungkasan iku ranipun | talak bain kobra nênggih | têgêse pamêgat kang wus | têtela gêdhe pribadi | sarta umum sakèhe wong ||

32. dene bojo kang têmên dèrèng salulut | kalamun pêgat tan mawi | angêntèni idahipun | rampung pêgat kêna laki | gantya ingkang winiraos ||

33. kang ingaran kinuluk pan têgêsipun | copot gone dadi rabi | sarana nganggo tinuku | kèhe amirit maskawin | akèhe ingkang pitukon ||

34. upamane bojone wus ganêp catur | môngka arêp rabi malih | salah siji bojo catur | sinilih ningkahirèki | bayar maskawin karopyok ||

35. kang sinambut banjur têmên pêgatipun | manawa arêp balèni | marang kang mau kinuluk | ing sawanci-wanci kêni | samonèku kudu condhong ||

36. wusing condhong banjur kaningkah rumuhun | sartane nganggo maskawin | saupamane kalantur | tan binalèn lakinèki | wusing idah iku wadon ||

37. kêna laki ananging dèn eling bagus | pitutur kasêbut ngarsi | lamun ningkah muhung catur | luwih samono tan kenging | juru dêmung matur alon ||

16. Jurudêmung

1. dhuh babo papundhèn kula | nyuwun babarpisanipun | mênggah èstri kang tan antuk | lamun kinarya agarwa | Sèh Wakidiyat lingnya rum | kulup wadon kang tan kêna | dadi jatukramanipun ||

2. akèhe iku wolulas | dhihin êmbok sapandhuwur | pindho anak wadonipun | sapangandhap nora kêna | katrine iku sadulur | kaping pate kaponakan | kang saka sadulur jalu ||

3. ping limane [li...]

--- 2 : 67 ---

[...mane] kaponakan | kang saka wadon sadulur | ping nêm bibi saka biyung | pitu bibi saka bapa | wolu inya sapandhuwur | sanga anak wadon ingkang | nunggil susu sapiturun ||

4. ping sapuluh sadulur kang | iya ingkang nunggal susu | sawêlas ponakanipun | saka sadulure lanang | uga ingkang nunggal susu | ping rolas saka ponakan | saka wadon nunggal susu ||

5. ping têlulas bibi saka | bibi ingkang nunggal susu | ping patbêlas bibi iku | saka biyung nunggal pohan | ping limalas marasêpuh | sapandhuwur nora kêna | nêmblas tilas bojo sunu ||

6. ping pitulas patilasan | bojone sudarmanipun | kaping wolulasing sunu | kuwalon lamun si biyang | uwus kalakon salulut | kajabèku nora kêna | amayuh padha sadulur ||

7. myang kaponakaning garwa | datanapi bibèkipun | saka bapa saka biyung | winayuh padha tan kêna | Mas Cêbolang nêmbah matur | kang kenging amalènana | paran katêranganipun ||

8. kulup sababe dumadya | amalèni pan tatêlu | ka dhingin karabatipun | kaya ta bapa myang êmbah | sadulur sanak sadulur | lan paman saka ing bapa | paman uwa saking babu ||

9. kalawan anake lanang | paman saking bapa babu | kalawan anake jalu | paman uwa saking bapa | ingkang pancêr sèking jalu | kêna kabèh malènana | samonoku kudu urut ||

10. kapindhone janma ingkang | amardikakakên èstu | ingamate kang satuhu | ping têlune sri narendra | sabab ngadame puniku | karabat kabèh tan liya | iki ta upaminipun ||

11. sudarma de wus tan ana |

--- 2 : 68 ---

nanging kaki isih idhup | iku dadi walinipun | bapa kaki wus palastra | sadulure lanang iku | sadulur lanang tan ana | sadulure bapakipun ||

12. nir kang saduluring bapa | kaponakan miwah putu | saka saduluring kakung | atanapi paman uwa | nak-sanaking bapakipun | saturute iku kêna | yèn ana sadayèkuKurang satu suku kata: yèn ta ana sadayèku ||

13. lagi nyandhak janma ingkang | amardikakakên èstu | ing tamate kang satuhu | nire iku sri narendra | Mas Cêbolang matur malih | kang dadya guguring ningkah | ingkang pundi warnanipun ||

14. kulup upama kang lanang | edan miwah lara budhug | utawa bêlang kalangkung | kang nganti gigokkên manah | kang tanna sumênènipun | iku wadone tan kêna | anglêpasna ingkang jalu ||

15. lan maninging lamun priya | tugêl pajalêranipun | atawane lara pêluh | kawit sadurunge krama | winênangkên wadonipun | anglêpasna ingkang lanang | pratela maring ing kukum ||

16. timbangane yèn wanita | môngka ana sêlanipun | edan lawan lara budhug | bêlang karya giguning tyas | katutupan èstrinipun | dene daging lawan tosan | pinêgata uwus kusus ||

17. sarta tan lawan tinalak | yèn gone mangkono mau | sakwise klakon kanukul | maskawine wajib bayar | yèn ngudur katuring kukum | [...]§ Kirang 2 pada lingsa ||

18. matur nêmbah Mas Cêbolang | rapak paran artosipun | maha wiku lingira rum | kalamun ana wanodya | lami tinilar ing kakung | tan sinungan sandhang pangan | panggonan myang tan salulut ||

19. banjur matur ing parentah | nyaritakkên ananipun | ngêntèni dhawuhing kukum | punika kang linakonan | nuwun mênggah jangkêpipun | patrap uruting paningkah | kang kalimrah ing praja gung ||

20. maha wiku angandika | kulup utamaning kakung | angarêpkên wadon kudu | ingkang kanggonan catur

--- 2 : 69 ---

HA | asta anèm apik ayu | asli karêpe kang gênah | bibite turut rahayu ||

21. cacat kang prêlu tan ana | lawan kang wus rêsik tuhu | pirabara prawan kêncur | watêke lamun pêputra | tan anglingsêmakên kalbu | anom umuring wanita | tan ngungkuli marang kakung ||

22. watêke yèn kalah yuswa | kurang rêsêping kang kalbu | lawan kurang sukanipun | apik marang ing pambêgan | watake numrapi iku | marang kadang prasanakan | datanapi marang batur ||

23. yêkti budine utama | datan nguthuh anyalingkuh | ayu rêsêp kang andulu | adate têrusing manah | wong ayu pambêganipun | salamêt ing jêro jaba | mawèh lamên-laming kalbu ||

24. utawa sarating ningkah | pan lêlima kathahipun | ingkang dhingin ijab kabul | kapindhone wali lanang | katêlu pangantèn kakung | kapat pangantèn wanita | ping lima sait roro wus ||

25. lamun wali nora bisa | ningkahkên pribadi iku | angrêsaya maring kaum | utawa marang ulama | kang wus winênangkên iku | aningkahakên sasama | patrape mangkene kulup ||

26. pangantèn lanang nèng wetan | angarêpakên pangulu | waline kering pangulu | saksi loro anèng kanan | wusing miranti sadarum | kiwa linuli anjawap | marang kiyai pangulu ||

27. mangkene wali lingira | nêdha kiyai pangulu | kula ngrêsaya satuhu | dhumatêng ing jêngandika | ningkahakên anak ulun | wadon aran rara ana | angsal lawan bagus anu ||

28. kalawan maskawin slaka | pêthak satail wratipun | kinêncèng tuwin sinambut | kula èstu sampun suka | [...] pangulu wuwusipun |

--- 2 : 70 ---

nampèni wali turira | wicantên mring mantèn kakung ||

29. bagus anu jêngandika | tampèni paningkahipun | rara anu anakipun | wadon ki anu kalawan | maskawin salaka pingul | bobot satail punika | kinêncèng tuwin sinambut ||

30. ki pangantèn atur kula | maskawin kawula sambut | ki pangulu gya umatur | mring wali kauningana | yèn maskawin dipun sambut | ki pangulu nulya donga | salisir maca tangawut ||

17. Salisir

1. iya angudubilahi | minassaetani rajim | bismillah rahmanirakim | bismillah walkamdulilla ||

2. lahi rabil ngalamina | wasalatu wasalamu | ngala rasullolahi sa- | llalahu ngalai wa- ||

3. slam osikum ngibadallah | wanabsibi takkuwallah | aningkahakên kawula | ing rara anu punika ||

4. anak wadone ki anu | ing jêngandika mas anu | kalawan maskawin slaka | putih satail bobotKurang satu suku kata: putih satail bobotnya ||

5. ingkang jêngandika sambut | jêngandika angucapa | ki pangantèn aturira | nuwun inggih gya angucap ||

6. nuwun narima kawula | paningkahe rara anu | ing kawula kalawan mas- | kawin slaka pêthak nulya ||

7. pan satail botên kira | kawula sambut punika | ki pangulu wusing myarsa | wabarakal awit donga ||

8. tangawut lajêng bismillah | nulya donga allohuma | alapkam alaetaKurang satu suku kata: | bainal maibatina ||

9. Allahuma tawil ngumur- | rahuma hasakihaji | sadahuma wanawira | kulubahuma wasabit ||

10. inamahuma waaksin | akmalahuma wawasih | arjakahuma wailal | kaerika ribahuma ||

11. pindiniwal dunya wal'a | kerahina kangala ku- | llisain kodir tamat | paragating

--- 2 : 71 ---

ingkang donga ||

12. ki saksi nulya wacana | ki pangantèn dhawuh nata | jêngandika angèstokna | manawi ijêngandika ||

13. nambang rabi jêngandika | bok rara anu punika | pitung sasi lakon dharat | rong taun nyabrang sagara ||

14. na liyane nglakonana | ayahan dalêm sri nata | tan trimane bojondika | inggih bok anu punika ||

15. rapak dhumatêng ing kakim | andika lajêng ngrêntahna | ing talak dika satunggal | myang bayar maskawinira ||

16. ki pangantèn aturira | sandika gya sêsalaman | mring pangulu myang saksinya | tuwin ngujung para tuwa ||

17. lawan kulup kawruhana | wali pangulu saksinya | kudu wong kang wus diwasa | kang sartane datan mawa ||

18. cacat atanapi lara | kaya kang kasêbut ngarsa | kalamun nora mangkana | sarake pancèn tan kêna ||

19. Mas Cêbolang duk miyarsa | mangênjali ris aturnya | nuwun bilih makatêna | kajawi karsa paduka ||

20. sakawan pisan punika | kula pêgat sapunika | talak satunggal kewala | punapa sampun sakeca ||

21. mèsêm rila maha tapa | iya wus padha sarasa | konên mrene garwanira | wus mita kang sinung sabda ||

22. sakawan pisan mangarsa | maha wiku ris ngandika | rara kabèh kawruhana | ing samêngko lakinira ||

23. arsa mentar alêlana | tan karuwan kang sinêdya | mula sira ing samangkya | samya pinêgat sadaya ||

24. sarta asung maskawinnya | rêntah talake sajuga | jro pidah samôngsa-môngsa | bali mrene banjur kêna ||

25. balèni sira sadaya | datan ana kara-kara | mula padha dèn narima | sêsuwunên ing Hyang Suksma ||

26. aja nganti lawas-lawas |

--- 2 : 72 ---

gèk balia among raras | tyasmu aja ana uwas | sakawan sarêng mangaras ||

27. kawula namung sudarmi | ngêmban dhawuhe sang yogi | yèn kenging kula gondhèli | têtêpa wontên ing ngriki ||

28. Mas Cêbolang anglingira | yayi tan pantara lama | ulun wangsul ing asrama | tan bêtah anilar sira ||

29. mung kang gêdhe apuranta | pra garwa arawat waspa | Mas Cêbolang gya ngabêktya | ngabêkti mring kakungira ||

30. santri sakawan mangarsa | wus samya pamit sadaya | [...]Kurang dua baris ||

31. rampunging ponang bicara | Mas Cêbolang lèngsèr sigra | tumurun saking ing arga | santri catur nèng wurinya ||

32. pra garwa kantun anggana | kucêm sunaring nayana | kadi tinilar antaka | pinupus karsaning Suksma ||

33. nêngna kang kantu nèng arga | ya ta wau lampahira | Mas Cêbolang kang winarna | datansah sabil ing nala ||

34. datan ana kang kacipta | amung kang kantun ing arga | mawèh gung lara wigêna | dadya rêndhêt lampahira ||

35. ing lampah kalunta-lunta | wus angancik wanawasa | kathah swara kapiyarsa | sang anom lêjar tyasira ||

18. Sinom

1. parmaning Hyang Mahanasa | supe kang kantun nèng wukir | tan na dimpe lampahira | kalamun prapta ing candhi | agêng tinon rêspati | anama ing Barabudhur | inggih candhi pra Buda | kathah rêca agêng alit | sumewa lir anggane kang para buda ||

2. anjêngêr Ki Mas Cêbolang | myang rencang sakawan santri | miyat agênging pelagKurang satu suku kata: miyat agênging pelagnya | kang kinarya sela laking | lir banon ribaganing | wit ngandhap tumêkèng pucuk | ingukir gêgambaran | tundha pitu tuhu adi | ngandhap candhi kinubêngan rêca-rêca ||

3. agêng alit warna-warna | wontên ingkang sirah paksi | sirah macan sirah liman | sirah buron amêpêki | ana kang sirah [...] | ngadêg atanapi lungguh |

--- 2 : 73 ---

jèngkèng myang sila tumpang | ana kang kadi sêmadi | ana ingnaingkang ngêmbat langkap mandhi gada ||

4. salêsih miyat ing rêca | candhi nulya dèn inggahi | wus prapta satataranKurang satu suku kata: wus prapta ing satataran | anon gambar kang ngringgitKurang satu suku kata: anon gambar kang angringgit | têpung gêlang ngubêngi | linajêngkên inggahipun | antuk kalih tataran | ingubêngan têpung tapis | linajêngkên migah ing tataran tiga ||

5. ingubêngan têpung gêlang | tapis lajêng minggah malih | praptèng tataran sakawan | sawusira angubêngi | aso sadayanèki | Mas Cêbolang lingira rum | rèh wus sêrap hyang surya | prayoga aso kariyin | mêngko bêngi nginêp ing kene kewala ||

6. ing latri datan winarna | sawusnya hyang arka mijil | winangsulan dènnya miyat | saubênging ponang candhi | kathah rêca gêng alit | sadaya sami kinurung | ing sela têrancangan | tapis dènira ningali | minggah malih margi prapat praptèng pucak ||

7. ngancik ing tataran gangsal | isèn-isènira sami | lan tatar undhak sakawan | kaot andhap sawatawis | myang wiyar datan sami | saya minggah mindhak ciyut | wus mubêng têpung gêlang | lajêng minggah malih prapti | tatar nênêm lajêng praptèng tatar sapta ||

8. umiyat kurungan sela | tinarancang alus rêmit | nglêbêting kurungan sela | isi rêca gêng satunggil | nanging pagarapnèkipanggarapnèki (dan di tempat lain) | kintên-kintên dèrèng rampung | saranduning sarira | kathah kang dèrèng cinawi | kang samya myat langkung eram ing wardaya ||

9. Mas Cêbolang angandika | paran darunane iki | rêca agung tur nèng pucak | têka tan tangkêp ing warni | yèn pancèn durung dadi | iku bangêt mokalipun | baya pancèn jinarag | êmbuh karêpe kang kardi | mara padha uda aranên ing driya ||

10. santri catur aturira | kawula sami

--- 2 : 74 ---

tan bangkit | gayuh karsaning kang yasa | Nurwitri lingira aris | kakang tan uwis-uwis | gonku dhêlêg-dhêlêg gumun | miyat kang gambar-gambar | kang anèng sela raringgit | garap rêmit tuhu bangkit kang iyasa ||

11. cikar tinarik ing gajah | anunggangi baya aji | apêse kae kêpala | awit nganggo dipayungi | kalawan ana malih | prau layar konthing jungkung | ana kang nunggang gajah | ana ingkang nunggang wajik | pinayungan ingirit prajurit dharat ||

12. ana janma nganggo êlar | ana wadon dhapur ngêmis | wurine rare kumêrab | ana nunggang tandhu joli | gambar kewan mêpêki | iwèn lawan manuk-manuk | iwak loh warna-warna | kayon kêmbang wisma wukir | dak ucapna sadina masa rampunga ||

13. wangune iku sadaya | pancèn ana critanèki | êmbuh jamane dhèk Buda | kang pirit-pirit warniKurang satu suku kata: kang kapirit-pirit warni | anaa kang ngandhani | iba sukaning tyas ingsun | Mas Cêbolang ngandika | cocog kaya gagas mami | kuciwane tan ana kang tinakonan ||

14. dangu kèndêl anèng pucak | ngalela ing Tidhar wukir | kawuryan sênêng argaKurang satu suku kata: kawuryan sênêng myat arga | kêkuwunge anêlahi | èngêt kusumèng ardi | satêmah agandrung-gandrung | sinamar sabêling tyas | wasana lingira aris | payo padha tumurun yya nunggal marga ||

15. marga kang wetan Saloka | marga kidul Palakarti | marga kulon Kartipala | kang lor aku lan Nurwitri | saenake lumaris | praptane ing tundha catur | ing kono pakumpulan | êndi kang prapta rumiyin | ngêntènana dadi barêng udhunira ||

16. wus linggar saking ing pucak | tan na ngêmpal ingkang margi | sarêng praptèng catur tundha | kumpul aso sawatawis | sawusing napas aring | tumurun sadayanipun | Borobudhur kawuntat | linajêngkên lampahnèki | dupi

--- 2 : 75 ---

antuk rong onjatan samya raryyan ||

17. sarêngan janma sajuga | Saloka têtanya aris | kisanak kang nambèng panggya | jêngandi saking pundiKurang satu suku kata: jêngandika saking pundi | kang tinanya mangsuli | kula saking Candhi Mêndut | kang katingal punika | prêlu amung aningali | lah kantuna kula andugèkkên lampah ||

18. Mas Cêbolang angandika | payo padha aningali | tandya lampahira prapta | anèng sangandhaping candhi | ing nginggil pucak lincip | pasagi kêplêng kawangun | lir masigit sinawang | sela krêsna kang kinardi | pan ing wukir tinatrap gambar sêkaran ||

19. gêgambaran warna-warna | tan pae lawan ing candhi | Barabudhur ka wus kocap | ponang candhi dèn ubêngi | Cêbolang umiyat ing | sajuga wiwara agung | lir wiwaraning guwa | rêsik gasik krisik limit | linêbêtan tan pisah santri sakawan ||

20. prasamya kagyat umiyat | rêca gêng igilinggil nglangkungi | lungguh ngajêngkên wiwara | sela wêtah kang kinardi | ing kanan miwah kering | mèpèt pagêr manggènipun | rêca gêng anyatunggal | Trimurti wastanirèki | wusing miyat linajêngkên lêbêtira ||

21. kadi nèng sajroning wisma | jarambah sela waradin | payon sela tanpa saka | sumêblak sarwa gumringning | maring tyas narambahi | ênêng madhêp ing Hyang Agung | tan ana kang karasa | amung nikmat kang pinanggih | kaya-kaya lumuh lamun amêdala ||

22. sêpi paningal pamyarsa | mung maruta silir-silir | mawèh têntrêming sarira | ratri sipêng nèng jro candhi | mijiling sang hyang rawi | wus mêdal sadayanipun | lajênging lampahira | ing ênu datan winarni | ngancik tlatah têlênging ing tanah Jawa ||

--- 2 : 76 ---

23. nagri agung ing Mataram | gêmah ripah pasir wukir | wingit tur tata raharja | kang jumênêng narapati | waliyolah mumpuni | kyating rat Jêng Sultan Agung | Prabu Nyakrakusuma | kang minôngka patih jawi | mantrimuka Adipati Môndaraka ||

24. pangulu Amad Kategan | jaksa nama Jurukithi | Tumênggung Sujanapura | pujangganira nagari | patih lêbêt bawani | ran Tumênggung Singaranu | wau Ki Mas Cêbolang | kalawan sakawan santri | jujug anèng pakauman kamodinan ||

25. wismane Amad Têngara | yèku abdi dalêm modin | taruna misih jêjaka | ingêmong biyangirèki | samya eca nèng panti | kagyat mirêng kula nuwun | Têngara sigra mêdal | praptèng jawi wus pinanggih | gupuh-gupuh ingancaran manjing wisma ||

26. atata anèng jarambah | biyange milya manggihi | Ki Têngara manêmbrama | kisanak kang nêmbe prapti | ulun atur basuki | myang sintên kêkasihipun | ing pundi kadalêman | miwah kang sinêdyèng kapti | Mas Cêbolang mèsêm manis sung wangsulan ||

27. kalangkung panuwun kula | panêmbramanipun adhi | nama kula Ki Cêbolang | rencang ingkang wontên wingking | Ki Saloka Nurwitri | Palakarti tiganipun | sakawan Kartipala | saking ing Cilacap nagri | sêdya namung badhe sumêrêp Mataram ||

28. dèrèng gadhah tatêpangan | pramila bilih marêngi | kula nyuwun sih andika | amondhok wontên ing ngriki | bilih sampun udani | karaton jêng sang aprabu | miwah ningali liman | tuwin mriyêm nyi sêtomi | kalilana lajêng dumugèkkên lampah ||

29. Ki Têngara latah-latah | adhuh sampun walangati | nadyan langkunga sawulan | ki raka wontên ing ngriki | saèstu ingkang rayi | dahat sukèng anèng kalbu | kula kang anêdahna [anêdah...]

--- 2 : 77 ---

[...na] | dhumatêng ing pundi-pundi | Cêbolang ngling sokur gih yèn makatêna ||

30. punika klêrês punapa | èstri kang tumut manggihi | Ki Wisma ngling biyang kula | êmbok asunga pambagi | sanadyan nêmbe panggih | rasane atiku biyung | tumèmbêl kadi kadang | ora ilok lamun lamis | Bok Têngara aris wijiling wacana ||

31. anak-anak sadayanya | sami katuran basuki | wontên sudhunge pun biyang | kang liningan saur paksi | pangèstunta kapundhi | rahayu sadayanipun | Nyi Têngara gya mentar | mingak-minguk klithah-klithih | yun sasêgah jatine tan paran-paran ||

32. Mas Cêbolang datan samar | kalèjême nyai panti | nulya ngêdalkên mangunah | sêkul lêmêng anèng upih | pes-pesan tômbra abrit | lêmêngan sidhat myang kutuk | dhèndhèng ulam mênjangan | asinan kidang nèng klênthing | grèsèk gramèh sambêl windu uyah lêmbat ||

33. jênang dodol jênang nôngka | jênang durèn jênang jiwit | sambun têpung sabun pisang | jêram kêprok dhuku mangkismanggis | kokosan kêpêl wangi | pêlêm sêngir dadol madu | sayuran brambang bawang | gêndhis arèn bubuk kopi | êtèh Jawa gêndhis klapa arum pêthak ||

34. atigan ayam kinamal | pinindhang myang traos abrit | acar timun lombok bawang | uwos gaga pêthak abrit | kêndhil cèrèt dêmbagi | wajan kwali enthong irus | cêthing tipungan sata | tan sirih pênuh piranti | kêba mindhong isi kalabot bêsutan ||

35. kalasa babut plajêngan | mangkok piring panjang cakircangkir | wusing samêkta sadaya | dhêrêk nèng jawining panti | Mas Cêbolang lingnya ris | paduka tampèni [ta...]

--- 2 : 78 ---

[...mpèni biyung] | angsal-angsal sapala | nolih maring catur santri | samya mêdal nglêbêtakên angsal-asalangsal-angsal ||

36. kêbak isi jroning wisma | mlongo dhêlêgnya ing panti | Mas Cêbolang gya ambêgan | kêpèk isi sinjang lurik | lawan badhe kulambi | abrit cêmêng miwah wungu | ingaturkên ki wisma | adhi pun kakang nyukani | sinjang lurik gêgandhengan lan pun biyang ||

19. Kinanthi

1. êmbok ing salêbêtipun | kula mondhok wontên ngriki | kalawan rencang sakawan | sasêgah ayya ginalih | ing sawontêne kewala | anggêpên batih pribadi ||

2. yya darbe rikuh pakewuh | ing sakarsanta prayogi | punika kang angsal-angsal | saèstune kula darmi | muhung dadya lêlantaran | paringing Kang Maha Sukci ||

3. brêkarbrêkah dalêm jêng sinuhun | kang liningan lingra risKurang satu suku kata: kang liningan lingira ris | e sokur alkamdulillah | ulun tan sagêt mangsuli | barokoh wus binukakan | ngandhar-andhar angêbêki ||

4. pinunjungkên lurahipun | kyai pangulu myang kêtip | ngulama miwah tatôngga | ngiras angaturi uning | kapondhokan tiyang mônca | saking ing Cilacap nagri ||

5. laminya datan cinatur | dènnya nèng nagri Matawis | sabên Ki Amad Têngara | ingundang mitranirèki | miwah kônca prasanakan | tanapi pra luhur Jawi ||

6. tilawatan amaulut | tuwin amaos prajangji | Ki Cêbolang atut wuntat | kalawan sakawan santri | lamun mawi tarêbangan | Cêbolang lawan Nurwitri ||

7. panarêbangira bêsus | dhasar warnanira sigit | swara landhung arum rênyah | warna angrêsêpkan ati | Mas Cêbolang ing samangkya | wus kathah kwanuhnèkiKurang satu suku kata: wus kathah kwanuhannèki ||

8. Amad Têngara sêmpulur | rêjêkinira lumintir | pamèwèhe para mitra | tuwin kang sami pêparing | dadya nora [no...]

--- 2 : 79 ---

[...ra] kêkurangan | kang binukti sabên ari ||

9. sadhengaha marginipun | kamurahaning Hyang Widhi | wanci ngajêngakên asar | ki modin maring ing masjid | Cêbolang sarencangira | tumuntur maring ing masjid ||

10. sawuse bêdhug tinabuh | têngara samya ngasêri | sabakdaning waktu ngasar | abdi dalêm bêkêl kêtip | ngrasuk samir manggul talam | isi sêkar ratus wangi ||

11. Mas Cêbolang têtanya rum | lah dhi punika punapi | kang binêkta sinongsongan | talam tinutupan putih | ingampil kêtip ngulama | sadaya samya umiring ||

12. kakang sampun adatipun | sabên malêm Jumungah ri | anyêkari kang wus swarga | Panêmbahan Senapati | eyang dalêm kangjêng sultan | sumare sawingking masjid ||

13. adhi punapi panuju | utawi manawi kenging | kula ba dhèrèk sowanKurang satu suku kata: kula badhe dhèrèk sowan | nyuwun barkah supangating | kang amutêr tanah Jawa | kakang kalangkung utami ||

14. sampun prapta ngajêngipun | gapura sakidul masjid | rinarêgarinarêngga asri pelag | wangun mirit Majapait | tandya kuncine binuka | mawi maos salawati ||

15. ririh lêlagoning kidung | arum nyênyêt mêmimbuhi | wingiting kang pasarean | tan ana walang alisik | mung swarane maca slawat | ngalik-alik mawèh tis-tis ||

16. sampun lumêbêt sadarum | praptèng palataran wradin | ayom kayoman kêkayyan | nagasari tharik-tharik | sisih kilèn cakêt lawan | gapura kang kaping kalih ||

17. wontên bangsal alit bagus | payon sirap kajêng bêsi | kêtip ngulama sumewa | nèng bangsal amangênjali | maos salawat tan kêndhat | kumêlun padupan wangi ||

18. gapura binuka sampun | lurah kêtip [kêti...]

--- 2 : 80 ---

[...p] anèng ngarsi | ingkang samya atut wuntat | sarênti lêbêtirèki | praptèng sajrone gapura | lampah dhodhok sadayèki ||

19. kang nèng ngarsa kèndêl sampun | makidhupuh mangênjali | nulya abawa tahlilan | binarung sakèh kang ngiring | gumrênggêng angantak-antak | yayah sundhul ing wiyadi ||

20. tahlilan sawusing rampung | nulya donga wanti-wanti | amin rêmpêk kadi umbak | maroting kang donga puji | cungkup agung payon sirap | tinutup gêbyog ingukir ||

21. binatur ing sela pingul | jarambah sela cêndhani | wiwara sampun binuka | sadaya samya marêki | Mas Cêbolang ririh tanya | sintên kang sumare adhi ||

22. wontên salêbêting cungkup | ajajar tiga puniki | kakang niku kang satunggal | Kangjêng Nyai Agêng Ênis | kang ibu Kyagêng Mataram | kang eyang Jêng Senapati ||

23. dene kang satunggilipun | pasareannya Jêng Gusti | Pangeran Anjayaprana | cariyosipucariyosipun si kaki | Jêng Susunan Kalijaga | de satunggilipun malih ||

24. sinêbut Jêkyain Dhatuk | Palembang ingkang wêwangi | gih punika Sultan Pajang | kacriyos kala ing nguni | wus sumare anèng Bêtah | dipun êlih mring Matawis ||

25. kang wontên ing daganipun | punika Kyagêng Matawis | ngandhaping Kyagêng Mataram | Panêmbahan Senapati | Ngalaga yasèng Mataram | dene ngandhapipun kêdhik ||

26. sisih kilèn Jêng Sinuhun | Sedakrapyak awêwangi | kang sisih wetan punika | Jêng Kyai Juru Martani | dahat wusing sinêkaran | tinutup sadaya mijil ||

27. wangsul marang masjid agung | sabakdane ngisa nênggih | samya mantuk sowang-sowang | Amad Têngara ki modin | mantuk lawan tamunira | dupi nèng marga kapanggih ||

28. Ki Mongtrustha [Mongtru...]

--- 2 : 81 ---

[...stha] lurahipun | talèdhèk sajroning nagri | ki among sru latah-latah | basane kapasang yogi | nak modin lan tamunira | padha tak aturi kampir ||

29. pinarak mring wisma ulun | prêlu amung tak jak mukti | bokmu olah lodhèh ayam | pindhang sungsum lidhah anyir | bubuk dhêle karotogan | krupuk bôngka lawan pêtis ||

30. ki modin manolih pungkur | Mas Cêbolang wus atampi | kula andhèrèk kewala | ki modin angling suwawi | sampun kerit lampahira | praptèng paregolan jawi ||

31. para arum-arum mêthuk | abusana gagônda mrik | ingkang angliga sarira | payudara maya kengis | rarimongan ngore rema | lalewanira kinardi ||

32. mawarna manganggènipun | panjrah lir puspita mungging | patamanan Ngargasoka | Cêbolang têtanya ririh | punika pyantun punapa | ayu-ayu warni-warni ||

33. kakang punikèstri punjul | kêkasih Hyang Odipati | upami jaman kaendran | waranggana swarga adi | sarêng jaman ing Mataram | punika kang nama ringgit ||

34. sadhengaha ingkang ayun | jangji mawi srana picis | kang pundi kinarsakêna | winênangkên nandhing milih | kairas tuwin binêkta | ing sasayahipun kenging ||

35. Mas Cêbolang mèsêm manthuk | pra arum samya nambuhi | solah tanaga suwara | gêrubyag wênèh jajari | praptèng wisma ingancaran | pinarak mugèng pandhapi ||

36. bojakramaning lumintu | datan liyan kang ngladosi | para absari sadaya | dhokoh nora wigah-wigih | para tamu jrih tumingal | tumungkul ambajong liring ||

37. kang kapanduk tyas kumêpyur | ênar-ênar sênik-sênik | riwe gumyus marawayan | Ki Saloka Palakarti | kalawan Ki Kartipala | katrinya tumungkul liring [li...]

--- 2 : 82 ---

[...ring] ||

38. Ki Amongtrustha lingnya rum | anggèr sampun mawi ajrih | punika anak-anakan | sanès yoga ngong pribadi | tumênga Ki Mas Cêbolang | tanya pintên kang pangarsi ||

39. ênggèr kang sadasa amung | kang tate mungkasi kardi | bêdhah praja tuk boyongan | pun anggrèk pun nagasari | pun cêpaka rukêm kalak | pun dilêm taluki sruni ||

40. wungu landêp pudhakguru | pun jalamprang manis nyikir | mèlêm gandês mlathi thilang | pun kidung ingkang mungkasi | ragi kuciwa ing wônda | mung swaranya mawèh branti ||

20. Asmaradana

1. wusnya wanci lingsir ratri | Ki Saloka Kartipala | Palakarti katigane | samya aso ing modinan | de para waranggana | mantuk maring têngganipun | sadhiya lamun kampiran ||

2. kang kantun anèng pandhapi | gunême tan ana kêmba | gupruk gar gir sru gujênge | Mas Cêbolang lon lingira | Kiyai Amongtrustha | paran ta darunanipun | pra apsari asih trêsna ||

3. niku anak wontên kalih | saking isarat myang tingkah | kang kalêbêt tyase wadon | kasiyat saking Pandhita | Lukman Nulyakin nama | bab nikmating apulanghyan | dununging rasa wanita ||

4. dununge saari ratri | awit surupe hyang arka | tumêkèng pêndhap surupe | rahsa angalih panggonan | anut lampahing tanggal | sapisan nêmbêlas gathuk | têkèng tanggal tigang dasa ||

5. lamun ayun pulangrêsmi | anuju tanggal sapisan | awit arasên bathuke | tanggal pidhopindho awit ngaras | pêpusêr tanggal tiga | wiwit mijêt wêntisipun | kanan kering kalih pisan ||

6. ping pat mijêt lêngên kalih | kaping lima awit ngaras | ing prêmbayun kalih cècèg | Ki Têngara Mas Cêbolang | Nurwitri sami latah | de tanggal kaping nêmipun | awit ngaras slaning imba ||

7. tanggal kaping pitu awit | ngaras slaning payudara | ping wolu ngaras lathine | ing nginggil lawan ing ngandhap | tanggale kaping sanga | mijêt pupu kalihipun | sarta anguswa walikat ||

8. tanggal ping sadasa

--- 2 : 83 ---

awit | garapên wêtênge ika | ping sawlas ngaras granane | ping rolas ngusap walikat | tanggal ing tiga wêlas | wiwit angaras prêmbayun | jumbuh lan tanggal ping lima ||

9. kaping kawan wêlas wiwit | ngaras lathi ngusap suryan | ping gangsal wêlas wus pantok | wiwit ngaras kalih imba | punika yèn linakyan | kalangkung utaminipun | awit punika wanita ||

10. pakolih rasa kang luwih | nikmat kalawan mupangat | dika pêndêng panggonane | dèn usir têmah glis mêdal | katarik gunging trêsna | pun wadon mring kakungipun | datan darbe cipta liyan ||

11. trênyuh tyas mung nyipta laki | tamat kang saking pratingkah | wontên malih saking êmèl | bilih nuju among raras | punika kang winaca | Allahhuma jannibinus- | saetan mara japana ||

12. yèn badhe bêtah kapati | ron têgundhi ron widulya | myang babakan trênggulune | pinipisa ingkang lêmbat | ginalintir inguntal | lah ta niki èlmunipun | winaca ping kalih wêlas ||

13. kumala saha ekadi | kun payakun ilaika | datuka mukanatane- | ka alahuma yamuka | nuju jranum ya ala | uyamukadad biramu | tika akamarikiman ||

14. yakti kuwat dakarnèki | sartane tan nuntên mêdal | wontên mèl pangampêt manèh | kaol saking tiyang sabrang | bilih ayun sahuwat | winacaa kaping têlu | yêkti dangu wêdalira ||

15. ari panas rênggang bumi | ari ujan rapêt kisma | utawi dèn usapake | maring darbèking wanita | rapêt kadi parawan | yèn arsa miyoskên gupuh | mung winalik êmèlira ||

16. pami botên akaron sih | nanging sagêd trus ing rahsa | amung ginriming mundrine | pinidih ing kempolira | kunta ngalihimukadamLebih satu suku kata: | brai mung punika sampun | yêkti kumyus marawayan ||

17. upamane sahuwati | lawan wadone priya wak | ayya raosan [rao...]

--- 2 : 84 ---

[...san] salare | tuwin yya angalêmbana | sakawit umaosa | tangawut sawise putus | lajêng maos bissêmillah ||

18. hirahman nirakiminKurang satu suku kata: hirahman nirakimini | nuntên amaos rabana | rabini rabi isine | wêdaling kang punang rasa | bun-bunan tiniyupa | hya ambêgan kaping têlu | ing batin maos punika ||

19. bismillah rahmanirakim | macan putih ana dhadha | kumêtu banyu uripe | ê urip sajroning toya | la illaha illolah | Mokamad rasullohuKurang satu suku kata: Mokamad rasullolahu | wontên malih sarat-sarat ||

20. mawi wapak sinêrati | ing dhaharan ron dalancang | puniki ana wêrdine | parimbonira binuka | sadaya samya miyat | katri ya manurun guyup | winantu sukaning driya ||

21. Mas Cêbolang tanya malih | èstri mrih saeka praya | kadi paran isarate | Amongtrustha mèsêm lingnya | anak pratingkah kasar | sawusira apulanghyun | têka kèndêlnya kewala ||

22. ayya nganggo dèn bêrsihi | nulya ngagêm rambah-rambah | maring wong wadon sanèse | sadaya ingkang kaambah | adat kang wus kalakyan | nadyan nganti èstri wolu | sadaya nunggala karsa ||

23. wontên langkung alus malih | pangèdhêpan pangasihan | miwah saeka kaptine | ananging punika sarat | kêdah mangsuk ing angga | sadengaha tikahipuntingkahipun | watone klêbêt padharan ||

24. kumpuling kêrukan dhiri | wontên kalih wlas panggenan | pasung myang kalamênjinge | kulung ati kalawanKurang satu suku kata: kêkulung ati kalawan | kêkèlèk kalihira | tuwin têkukane sikut | ingkang têngên lawan kiwa ||

25. têkukan gêl-ugêl kalih | èpèk-èpèk kalih pisan | slane jêmpol asta karo | lawan kêkalih walakang | têkukan dhêkuldhêngkul samya | tungkak kalih myang slanipun | jêmpol lan suku kalihnya ||

--- 2 : 85 ---

26. jangkêp kalih wêlas warni | nulya winoran kalawan | ing rahsane pribadine | wus kumpul dados satunggal | tinrap pèk-èpèk kiwa | asta kanan ngugêl gupuh | maos ya Allah Mohkamad ||

27. lamak buda illolahi | lamujuda illulaha | ping tiga nulya winorke | dhaharan twin juk-unjukan | ingasungakên marang | pundi kang dadya ing kalbu | ingsak-Allah asih trêsna ||

28. taksih kathah ingkang warni | nanging punika wus cêkap | winantu lawan bêgjane | sadaya nuwun aturnya | wus wanci gagat enjang | Amongtrustha lingira rum | prayogi sami bibaran ||

29. tamu katri minta pamit | wus linilan lèngsèr sigra | sapraptanira ing pondhok | aliyêp amung sakêdhap | satanginira nendra | Ki Mas Cêbolang lingira rumLebih satu suku kata: Ki Mas Cêbolang lingnya rum | adhi wawi miyat liman ||

30. ki modin angling prayogi | sawusnya nadhah sarapan | sigra mintar lan tamune | prapta lun-alun pêngkêran | jujug ing wêwantilan | umiyat dipôngga jalu | gadhing pêthak sêmu jênar ||

31. agêng inggil lêmak lêmis | Cêbolang tanya kisanak | dipôngga sintên namane | srati gajah suralinyasuratinya | kagungan dalêm liman | paring dalêm jêng sinuhun | nama Kyai Brajamuka ||

32. sadangunira ningali | anyukani kang tatêdhan | kalapa têbu pisange | satêlase kang têtêdhan | kang samya anon liman | linajêngkên lampahipun | arsa aningali sima ||

33. mêdal jroning baluwarti | anjog wetan sitibêntar | prapta alun-alun êlèr | pojok ingkang kidul wetan | prênahe kandhang sima | kinarangkèng glugu bakuh | datan dangu miyat sima ||

34. wêdalira amiyarsi | swara gumrênggêng tan kêndhat | Mas Cêbolang têtanya lon | adhi swaraning punapa | kang gumrênggêng punika | lah kakang kumandhangipun [ku...]

--- 2 : 86 ---

[...mandhangipun] | pêkên agung abrêmara ||

35. wawi adhi aningali | dupi wus prapta ing pasar | kalangkung eram driyane | kathah tiyang wêwadean | miwah ingkang têtumbas | jêjêl uyêl suk-ingêsuk | nanging tan na sangsayanya ||

36. Mas Cêbolang tumbas kêris | lêrês pamor bêras wutah | rêgi gangsal reyal kropyok | tanya adhi dhapur nama | ki modin tan uninga | wawi kakang sami mocung | mampir dhumatêng pandhean ||