Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

21. Pocung

1. gantya wau ki êmpu ingkang jêjuluk | Ki Anom Mataram | anèng bêsalèn nênggani | para wadu kang samya anambutkarya ||

2. miyat lamun ki modin ambêkta tamu | gupuh ingandikan | wus pinarak nèng pêndhapi | Kyai Anom langkung sukaning wardaya ||

3. wacana rum padha saka ngêndi kulup | ngênthêng-ênthêng prapta | kang liningan matur aris | saking pêkên angêtêrakên pun kakang ||

4. Mas Cêbolang kalawau tumbas dhuwung | lêrês taksih wêtah | tanya dhapur tangguhnèki | kula kirang têrang mila lajêng sowan ||

5. dhuwung sampun katur kyai ngunus gupuh | dangu tiningalan | iki tangguh Majapait | dhapur bêthok êmpune Ki Jaka Supa ||

6. seje catur bangêt gonku ngayun-ayun | modin tamunira | kampire ing wis mami[1] | bêbasane iki ta kapasang yogya ||

7. modin matur sadèrènge tumbas dhuwung | manut manah kula | adrêng badhe sowan kyai | kula wêdharakên pun kakang Cêbolang ||

8. têka dhaup inggih makatên ing kayun | mawi kawêwahan | tumbas curiga puniki | mila tandya angênêr sowan punika ||

9. Kyai Anom aparentah marang wadu | wedang myang nyamikan | pangududan lan tapsirih | ladèkêna kalawan sira tutura ||

10. marang nyai sadhiya amangun tamu | kang sinung ling sigra | mring gandhok [ga...]

--- 2 : 87 ---

[...ndhok] kapanggih nyai | wus samêkta sunggata lumadyèng ngarsa ||

11. kyai wisma nyarakên sunggatanipun | lah anak sumăngga | sawontênipun sinambi | kang sinung ling rahab rêsêping wardaya ||

12. kèndêl bêdhug panataning nadhah sampun | angaturi wikan | Ki Wisma wacana manis | bok andika dadak nyudhiya nênêdha ||

13. rèh wus wanci prayogine sami kêmbul | Ki Modin Cêbolang | tuwin rencang catur santri | sampun kerit maring gandhok ingkang wetan ||

14. wus têturuh dènira nadhah pikantuk | ambêng cinarikan | Cêbolang sajroning bukti | kang ginagas tan liyan mung bab curiga ||

15. anak bagus mangke sontên mawon mantuk | ki modin turira | kula kemawon rumiyin | kalilana mantuk awit wontên karya ||

16. Cêbolang ngling padha dhèrèkna sadarum | pan ingong priyăngga | kang kari ngadhêp kiyai | wus linilan kantun Cêbolang priyăngga ||

17. lon umatur wontêna barkah pukulun | paring sasêrêpan | wijang-wijangipun nami | bab curiga dhapur tuwin sêsikutan ||

18. Kyai Anom mèsêm angandika arum | hèh anak majua | diparêp kalawan mami | wusnya majêng Ki Anom amêdhar sabda ||

19. ngasta dhuwung rinucat saprabotipun | anak piyarsakna | sakawit kang aran pêsi | kang dumunung anèng bongkoting curiga ||

20. kurang luwih gêdhene sajênthik amung | dawane satêbah | utawane patang nyari | iku ingkang kaanjingan ing ukiran ||

21. yèn wus gênti utawa wus banjur putus | măngka sinambungan | apadene disusuli | klêbu cacat iku ingaran srumbungan ||

22. gănja iku uga nèng pungkasan [pungkasa]

--- 2 : 88 ---

[...n] dhuwung | manjing pêsi ika | mathis lan wilahing kêris | ana ingkang iras utawa susulan ||

23. dene wujud ana patang warna kulup | kang aran kinatah | katumrapan intên rukmi | pinêtha lung myang pinêtha gajah singa ||

24. gănja sêkar katon nglela pamoripun | dhuwur kering kanan | gănja maskumambang kaki | ingkang nganggo pamor mung dhuwur kewala ||

25. gănja wulung balêjêt waja sadarum | tan mawi tinatah | miwah pamor nora mawi | de dhapure gănja ana sangang warna ||

26. sêbit lontar sawiji kaolipun[2] | iya sêbit rontal | kadi panjalin sinêbit | kaya roning êtal sinêbitkên uga ||

27. dwi wandaning cêcak wus ngarani iku | tri cêkèk wandanya | kacature ucêng mati | pănca cangkêm kodhok lan dhungkul namanya ||

28. nêm amtêlut sapta kêlap lintah iku | astha dhapur sêpang | tanpa sirah ngarêp buri | dawa padha têrkadhang dawa kang ngarsa ||

29. kang ingaran wilah awit ngisoripun | gănja têkan pucak | iya awaking kang kêris | mung satêbah kang bongkot aran sor-soran ||

30. wilah lamun nganggo mas sasamènipun | arane sarasah | lamun tanpa pamor kaki | iya iku kang aran pangawak waja ||

31. gandhik iku dumunung nèng ngisoripun | sirah ingkang gănja | kaya dêging ponang gandhik | lambe gajah anèng gandhik dunungira ||

32. warninipun lir lambe gajah mêthuthu | jalèn dunungira | anèng pungkasaning gandhik | lir angkuping jagung jali warnanira ||

33. kadhang ana dhuwur kadhang nèng jronipun | kang ran sêkar kacang | de kêmbang kacang puniki | dumunung ing ngandhaping gandhik warnanya ||

34. anyêkunthêng tumêka sangandhapipun | ing lambene gajah | kang ran jenggot dunungnèki | nèng bongkoting kêmbang kacang dhapur lirdha ||

--- 2 : 89 ---

35. kang ingaran pejetan dumunungipun | wuri gandhik ika | de kang aran tikêl alis | dunungipun anèng soring pêpejetan ||

36. kang ingaran sogokan dumunungipun | madyaning sosoran | ngalèn nganan ngering ngarsi | kang ing bongkot aran bungkul wastanira ||

37. lamun bundêr ingaran bawang sabungkul | kang aran sraweyan | nèng ngisoring gănja wuri | dhapur kadi gusèn nèng wuri sogokan ||

22. Pangkur

1. kang ingaran êri pandhan | pêthit gănja nèng ngandhap dunungnèki | lir sirah ima puniku | thingil ngandhap ri pandhan | grènèng uga ana ing ngandhap puniku | dhapur kadi aksara dha | tumurun rupane sami ||

2. kang ingaran ada-ada | kang dumunung nèng têngah bênêr kêris | ing sor-soran têkèng pucuk | dhapure kadi sada | gusèn iku pinggir wilah dunungipun | ing wuri miwah ing ngarsa | saking sor-soran witnèki ||

3. nganti mèh tumêkèng pucak | de kang aran krawingan dunungnèki | nèng ngarsa myang wingkingipun | kang aran ada-ada | jroning gusèn lêkok wrata wujudipun | wit sor-soran têkèng pucak | dene ingkang aran êlis ||

4. dumunung ana ing ngarsa | utawane dumunung anèng wuri | wujud lêkok wiyaripun | kurang luwih sasada | amung iku rêricikane kang dhuwung | Cêbolang ris aturira | pamor punika kang pundi ||

5. iki ingkang anèng gănja | lah nèng wilah wujude gilap putih | lamun kurang putihipun | pamor bugis ranira | pan pinindha-pindha utawa dhinapur | kang aran wêngkon punika | mung salêr urut ing pinggir ||

6. pamor adêg dalah têngah | miwah pinggir wêngkon ing patrapnèki | rambut paradhah puniku | lir adêg nanging inggak | simbar pucang kaya adêg esthanipun | nanging mangering manganan | rawe-rawe amantêsi ||

7. balarag mirit winarna | lir balarak misih bêbongkoknèki [bêbongko...]

--- 2 : 90 ---

[...knèki] | ron dhuru kadi ron dhuru | ran walang sinudukan | kayadene walang rinèntèng puniku | kêmbang lampês kêmbang pala | warnane iku pinirit ||

8. gêndhagan kadi bathikan | kang ingaran gêndhagan iku sami | de pamor tambal puniku | ing pinggir winêkonan | wis sor-soran tumêkanira ing pucuk | sadalêmok mawa sêkar | sadalêmok datan mawi ||

9. bênang sawukêl lir tambal | kacèke mung tan nganggo diwêngkoni | pamor tigang warna iku | adêg bêbakonira | nanging wuwuh pamor rong warna puniku | dadi ana têlung rupa | bêras wutah kang winarni ||

10. pamor tan nganggo diarah | kadi gane bêras kang kocar-kacir | ing sawêtu-wêtunipun | kang èdi winêngkunan | wêtuning kang kabèh pamor kang dumunung | nèng kêris tanapi gănja | puniku kudu tinitik ||

11. ana kang karya cilaka | ana ingkang nyêmbuh dadi mulyani | ana kang jalari luhur | nambahi kawantêran | mlêpêsing tyas ana amburêngkên kalbu | nanging arang uninga trang | pamoring waja lan wêsi ||

12. iku tan sawiyah janma | bisa nitik têngêran awonnèki | dumunung janma linuhung | kang putus waskithèng tyas | maring wêsi pamor lawan waja iku | tangguh toya dhapurira | awis-awis kang patitis ||

13. angarani bêcik ala | tangguh dhapur kang tan mindho gawèni | kulup sêlot-sêlotipun | winantu ing hidayat | Mas Cêbolang matur wontên pamor mrambut | gajih lawan pamor sanak | myang barondhol kadipundi ||

14. karan mrambut kawruhana | patrap miring lêmbut wêtunirèki | gajih jêpblok wujutipun | patrape amalumah | pamor sanak rêmbêt-rêmbêtan mandhukul | de barondhol pamor ingkang |

--- 2 : 91 ---

nyahak pucuk lawan pigir[3] ||

15. ingkang winastan sikutan | tuwin tangguh punika ingkang pundi | kulup sikutan puniku | lêlaguning garapan | lawan wănda ulat-ulataning dhuwung | tangguh iku kira-kira | awit sikutan piningit ||

16. nitik pamor wêsi waja | ingkang pêrlu tabêri nênitèni | èstu yèn widagdèng tangguh | sarèhning kira-kira | kadhang nyamlêng kadhang kirane aluput | iki waton kawujudan | kang wus ulun uningani ||

17. kang tinangguh Pajarjaran[4] | sasikutan kau dhasare garing | pamor ing sawêtunipun | tancêp pandhês alêmbat | tangguh Majapait iku sêmunipun | parigêl lumêr kang dhasar | garing biru sawatawis ||

18. pamor tancêp pandhês ngawat | mangkya tangguh Blambangan kang winarni | dhèmês pasikutanipun | wêsi mlês sawatara | pamor gajih nanging pandhês tancêpipun | tangguh Sidayu gumantya | sikutan dhèmês sakêdhik ||

19. wêsi têlês kurang gwaya | pamor kurang kumambang tancêpnèki | tangguh ing Tuban winuwus | sêdhêng kang pasikutan | wêsi gangsir pamor pandhês mungal patut | tangguh ing Sêndhang sikutan | wagu têlês ponang wêsi ||

20. pamore iku kumambang | tangguh Dêmak sikutanira wingit | wêsine têlês puniku | pamorira kumambang | tangguh Pajang kêmba pasikutanipun | odhol gangsing wêsinira | pamor tan dèn upakardi ||

21. sawêdalira priyăngga | dene tangguh Koripan dèn arani | sikutan kêbat ing sêmu | mung gangsir wêtunira | pamor adêg kang akèh pamor puniku | kalamun tangguh Madura | sikutan dhèmês mantêsi ||

22. wêsi matêng kêngkêng ladak | pamor mungal akèh [a...]

--- 2 : 92 ---

[...kèh] ingkang agajih | kêras landhêp grayangipun | tan matak kurang sêpah | para tugêl lamun tinêmpuh pakewuh | yèn tangguhe Ngèksigănda | iya ing samangke iki ||

23. iku ana loro rupa | ing Mataram senapatèn winarni | sikutan prigêl abagus | wêsi biru sêmunya | garing alus pamor mandhês tancêpipun | angawat kêncêng tur kêras | tan ana kang nguciwani ||

24. krêsa dalêm sri narendra | yèn iyasa wangkingan kaya iki | dhuwung wus tinampèn gupuh | kalawan Mas Cêbolang | tiningalan sêsikutan dhèmês bagus | amung wêsi rada mêntah | pamor kathah mubyar putih ||

25. tamat dènira pariksa | katur wangsul Cêbolang matur aris | mênggah kang winastan dhapur | sintên ingkang iyasa | punapi gih kala kawit-kawitipun | ingkang iyasa curiga | dhapurnya wus dèn pêpaki ||

26. tuwin sintên ingkang garap | Kyai Anom mèsêm wacana angling | anak patakonmu iku | tak jujuk nalikanya | jumênênge Risang Dhastharata Prabu | binathara ing Ngastina | wus ana dhapuring kêris ||

27. nanging mung sangalas warna | iya iku ran dhapur pasopati | sêmpana krajan carubuk | lar ngatap cundrik sêpang | jalak dinding bango dholok yuyurumpung | tilam upih bakung santan | balo bang kalamisani ||

28. patrêm kêbo lajêr singa | sangalase simpêning kang mungkasi | Sang Adhêstharata Prabu | kang ayasa curiga | amêwahi dhapur bêthok aranipun | kang anggarap Êmpu Mayang | nalikane ăngka warsi ||

29. pitung atus slawe ika | barêng têkan ing taun ăngkanèki | pitung atus sangang puluh | wêwolu sirahira | tanah Jawa kacrita ana prang agung | ingaran prang

--- 2 : 93 ---

Bratayuda | jalaran rêbutan nagri ||

30. Kurawa lawan Pandhawa | cêkakane Kurawa akatitih | Pandhawa pêrange unggul | iku sakèh gêgaman | kathah sirna wuse lêt satus rong taun | saka aprang Bratayuda | sagung ingkang para aji ||

31. padha wit yasa gêgaman | warna nurut gaga mas kang wus ênir | namung dhapuring kang dhuwung | kang tansah wêwah-wêwah | sabên ratu têrtamtu iyasa dhuwung | aniru dhapur kang lawas | atanapi amuwuhi ||

32. wuwuhing dhapur winarna | awit kala panjênênganira aji[5] | Risang Gêndrayana Prabu | ngadhaton ing Pamênang | amuwuhi iyasa dhapuring dhuwung | sawiji dhapur Pandhawa | lorone Karna tinandhing ||

33. têlu dhapur Bimakurdha | kang anggarap Êmpu Purayamadi | ăngka taun wolung atus | pitu likur luwihnya | Sang Aprabu Citrasoma kang ngadhatun | ing Pêngging uga iyasa | dhapur amung kalih warni ||

34. siji ran rarasik duwa | kalih dhapur megatara kinardi | Êmpu Gadawisesèku | marêngi taun ăngka | sangang atus patang puluh siji iku | kala panjênêngan nata | Mahapunggung Sri Bupati ||

35. ngadhaton Purwacarita | yasa dhapur carita cengkrong tuwin | uruping damar kang dhapur | lawan paniwèn [...] | garap Êmpu Sarpadewa aranipun | marêngi angkaning warsa | sèwu sawidak kêkalih ||

36. kala panjênêngan nata | Prabu Lêmbu Miluhur kang mandhiri | ing Jênggala praja agung | yasa dhapur curiga | panji sêkar carang soka sinom amung | kang anggarap Êmpu Jangga | kalawan Êmpu Sapardi ||

37. marêngi angkaning warsa | sèwu satus sawêlas langkungnèki [langkungnè...]

--- 2 : 94 ---

[...ki] | Sang Prabu Surya Miluhur | iku Radèn Laleyan | pindhah nagri Pajajaran yasa dhuwung | dhapur barojol kang garap | Êmpu Windusarpa nênggih ||

38. nalika angkaning warsa | sèwu satus pitung puluh tan luwih | kala panjênênganipun | Prabu Banjaransêkar | angadhaton Pajajaran yasa dhuwung | parung sari tilam sêkar | tiga dhapur tilam upih ||

39. Êmpu Andaya Sêngkala | panggarape kala angkaning warsi | sèwu satus astha puluh | nênêm sêsirahira | panjênêngan naranata Sang Aprabu | Mundhingsari Pajajaran | yasa dhapur wora-wari ||

40. lan dhapur sinom kang garap | Êmpu Kajatsari duk ăngka warsi | nênggih sèwu kalih atus | wolulikur langkungnya | panjênêngan Sri Pamêkas Sang Aprabu | ing nagara Pajajaran | muwuhi dhapuring kêris ||

41. jalak ngore crita klenthang | kang anggarap aran Êmpu Anjani | pinuju angkaning taun | sèwu dwi tus sawidak | panjênêngan Siyungwanara Sang Aprabu | uga nagri Pajajaran | mêmanis iyasa kêris ||

23. Dhandhanggula

1. amuwuhi dhapuring kang kêris | jangkung myang Pandhawa cinarita | Ki Marcukundha Êmpune | lan Ki Macan Ki Nadhung | panggarape duk ăngka warsi | sèwu dwi tus kalawan | wolung dasa catur | kala panjênêngan Nata | Brawijaya kapisan ing Majapait | muwuhi dhapur kadga ||

2. Amangkurat Mangkunagarèki | jalak sangu tumpêng lawan jalak | sumêlang gandring êmpune | Ăngga ing tapan iku | panggawene duk ăngka warsi | sèwu tri atus tiga | panjênênganipun | Nata Prabu Brawijaya | kang mêkasi ing karaton Majapait | yasa dhapur ran kadga ||

3. naga sasra buta ijo tuwin | sabuk intên mêndarang jaruman |

--- 2 : 95 ---

sêpokal myang anomane | Panimbal êmpunipun | êmpu dhomas duk ăngka warsi | sèwu tri atus lawan | wolung puluh iku | kala panjênêngan nata | Sah Ngalam Akbar ing Dêmak amiwiti | jamaning kawalian ||

4. guruning kang Walisanga nami | Sunan Benang iyasa curiga | dhapur sangkêlat arane | Êmpu Sura kang gêbug | panggarape duk ăngka warsi | sèwu catur tus lawan | nênggih sanga likur | panutup wali Jêng Sunan | Kalijaga iyasa dhapuring kêris | kidang soka bale bang ||

5. Êmpu Jaka Sura kang akardi | panggarape kala ăngka warsa | sèwu tri atus punjule | pan astha dasa catur | tamat ingkang samya mêwahi | dhapuring kang curiga | têkèng mangke ulun | iyasa amung nênulat | kang wis-uwis tan iyasa dhapur malih | iku caritanira ||

6. Ki Cêbolang matur aminta sih | mênggah ingkang dados panêngêran | dhapur criga sadayane | lêrês utawi êluk | miwah ta waos ta kadipundi[6] | Ki Anom angandika | panêngêranipun | sarta prabot kang wus kocap | tak wiwiti saka kêris bênêr kaki | lah iki piyarsakna ||

7. dhapur panji anom kang winarni | nganggo sogokan lawan sraweyan | grènèng myang tikêl alise | jaka tuwa kang dhapur | tikêl alis sogokan mawi | tilam upih kang lawan | bêthok kanang dhapur | awake cêndhak tur ămba | gandhik dawa warna na angrêspatèni | tikêl alise cêkak ||

8. dhapur karna tinandhing dwi gandhik | tikêl alis anganggo sogokan | pejetan kêmbang kacange | ing ngarsa miwah pungkur | grènèng êri pandhan mêpêki | dhapur sêmar bêbêthak | gandhik tinatah lung | soring gandhik binolongan [bino...]

--- 2 : 96 ---

[...longan] | dhapur regol dwi gandhik ing gigir thingil | sarta nganggo pejetan ||

9. gantya ingkang dhapur kêbo têki | wilah cêndhak ămba kêmbang kacang | tatêlu lambe gajahe | mawa grènèng ing pungkur | dhapur jalak nguwuh winarni | gêgusèn ada-ada | pejetan myang pungkur | mawa thingil mangkya gantya | ponang dhapur sêpang nir ingkang winarni | amawa kêmbang kacang ||

10. tikêl alis êri pandhan mawi | dhapur jamang murup kang gumantya | sogokan pinêkak rêke | lan nganggo êlis iku | mungguh dhapur tumênggung aming | lambe gajah sajuga | kêmbang kacang sinung | myang mawa grènèng sraweyan | dhapur tilam upih parabote nênggih | tikêl alis kewala ||

11. nahan ingkang dhapur pasopati | lambe gajah sajuga sogokan | apogok kêmbang kacange | gêgusèn ganêpipun | nanging ana gusèn tan mawi | ri pandhan nora tilar | dhapur condhong campur | lambe gajah kêmbang kacang | grènèng gusèn sogokaning ngarsa wuri | tumêkèng pucuk pisan ||

12. dhapur jalak dinding kang awarni | gusèn pejetan thêngil ing wuntat | gantya dhapur jalak ngore | sraweyan grènèng amung | jalak sangu tumpêng pan mawi | sogokan myang sraweyan | thêngile tan kantun | gantya kang dhapur mêndarang | kêmbang kacang lambe gajahe sawiji | sogokan saraweyan ||

13. lawan nganggo garènèng ing wuri | dhapur mèsêm mawa kêmbang kacang | sajuga lambe gajahe | dhapur sêmar tinandhu | kêmbang kacang sungsun kêkalih | lawan nganggo sogokan | ron têki kang dhapur | gandhik dawa kêmbang kacang | lambe gajah ngarêp sogokan sawiji | muhung ngarêp kewala ||

14. sujèn nampèl wulu wiyahnèki | rada kandêl mawa kêmbang kacang | sawiji lambe gajahe | rangkêp jêjenggotipun | êri pandhan arangkêp [a...]

--- 2 : 97 ---

[...rangkêp] ugi | de dhapur kêlap lintah | gănja datan sinung | dhungkul gănja kêlap lintah | gandhik panjang awak pindha tilam upih | sarta nganggo sogokan ||

15. yuyurumpung têngah angèmpêri | pêdhang suduk gănja kêlap lintah | brojol tan ana prabote | maligi ambaluju | lalêr mêngêng dawa kang gandhik | binolong tatêrusan | kêmbang kacang amung | pindha gêgatra kewala | dhapur puthut gandhik dawa têngah mawi | pinindha dwija wara ||

16. dhapur jalak sêmêlang agandring | sogokan sawiji anèng ngarsa | sraweyan thingil wurine | ingkang mangkurat dhapur | gusèn ramping sogokan mawi | ri pandhan wingking ngarsa | ing sor-soran cawuh | dhapur mayat miring awak | bêngkuk gusèn sogokan amung sawiji | ing wingking gigir kaga ||

17. kala munyêng sogokan sawiji | saraweyan ri pandhan ing wuntat | dhapur pinarak awake | pindha kang pêdhang suduk | gandhik panjang sogokan kalih | dhapur mêrak sogokan | sajuga ing ngayun | mawi garènèng ing wuntat | dhapur jalak tilamsari gusèn krawing | nganggo thingil ing wuntat ||

18. dhapur sari gêgusèn kinrawing | dhapur jaka lola ujung arga | dhapur wora-wari kuwe | mung grêban kabèh dhuwung | nora êluk gêgusèn mawi | wora-wari arannya | kêris mawa dhapur | langkêp abagus kang warna | kang sawiji dhapur asinom namèki | kalamisani dwinya ||

19. dhapur sinom lambe gajah siji | kêmbang kacang jenggot tikêl imba | sogokan saraweyane | êri pandhan ing pungkur | ingkang dhapur kalamisani | kêkalih lambe gajah | kêmbang kacang mungguh | tikêl alis myang sogokan | grènèng gusèn kinasruwing ngrêspatèni | dhuwung [dhu...]

--- 2 : 98 ---

[...wung] lêrês wus tamat ||

20. gantya dhapuring dhuwung luk katri | dhapur jangkung pacar kang winarna | kêkalih lambe gajahe | kêmbang kacang bris sinung | sogokannya dumugi pêthit | dhapur maesa soka | lambe gajah natu | kêmbang kacang jajenggotan | sasogokan uga tumêka ing pêthit | padha lan jangkung pacar ||

21. dhapur mesa nêmpuh amung mawi | grènèng wingking dhapur dhuwung wuntat | nglimpa tumêkèng pucuke | dhapur mayat puniku | kêmbang kacang sogokan wingking | sraweyan êri pandhan | garènèng ing pungkur | dhapur jangkung kêmbang kacang | gula milir sogokan tumêkèng pêthit | êri pandhan ing wuntat ||

22. dhapur têbu sauyun ginupit | saraweyan garènèng ing wuntat | ingkang dhapur bango colok | lambe gajah dwi iku | kêmbang kacang gigir kêkalih | apan papak kewala | gantya ingkang dhapur | manglar munga gandhik naga | tuwin gajah pêthit sawêr êlar pêksi | sungsun ingkang ri pandhan ||

23. dhapur campur bawur anganggo gris | bongkot pucuk abênêr kewala | amung nèng têngah êluke | sogokanira bagus | dhapur jladri winotan nênggih | kêmbang kacang jenggotan | sasogokanipun | kang dhapur êlêr sajuga | têkèng pucuk dhapur jangkung cinitrèngki | rangkêp lambene gajah ||

24. kêmbang kêcang[7] nganggo tikêl alis | sasogokan pejetan sraweyan | ri pandhan thingil grènènge | tamat dhapur tri êluk | mangkya gantya dhapuring kêris | luk lima kang kinăndha | sinarasah dhapur | têngah nganggo ada-ada | pinggir gusèn sarasah tumêkèng pêthit | kêmbang kacang ri pandhan ||

25. dhapur pudhak satêgal winarni | kêmbang kacang

--- 2 : 99 ---

sogokan sraweyan | pinêkak sor-êsorane | dhapur pulanggêniku | saraweyan grènèng ing wuri | gantya dhapur pandhawa | sêkar kacang sinung | sasogokan myang sraweyan | êri pandhan dhapur anoman winarni | lambe gajah sajuga ||

26. kêmbang kacang sogokan dumugi | maring pucuk jalirit rêspatya | dhapur kêbo dhêngên rêke | gănja klap lintah iku | lambe gajah amung sawiji | gandhike rada dawa | kêmbang kacang sinung | gantya dhapur kalanadhah | sasogokan ananging amung sasisih | saraweyan ri pandhan ||

27. dhapur pandhawa rare puniki | lambe gajah lămba kêmbang kacang | ri pandhan kêmba êluke | urap-urap kang dhapur | kêmbang kacang supêt mantêsi | rangkêp kang sasogokan | gusèn êluk sinung | dhapur anaga sarira | gandhik pindha asu ajag lidhah mijil | mangap lir asu măngsa ||

28. dhapur kêbo dhèndhèng dèn wastani | sogokan kabolong sadasa[8] | Pandhawa cinaritane | dwi lambe gajahipun | kêmbang kacang atikêl alis | sogokan pêpejetan | saraweyan sinung | grènèng gusèn myang kruwingan | kêris êluk lima dhapure wus titi | gantya kang winursita ||

29. dhapur kêris luk pitu ginupit | ingkang dhingin dhapur abale bang | sawiji lambe gajahe | kêmbang kacang myang sinung | sasogokan sraweyan wingking | dhapur murma malela | lambe gajah satu | miwah sinung kêmbang kacang | dhapur cubruk lambe gajahe sawiji | kêmbang kacang sraweyan ||

30. lawan sinung garènèng ing wuri | dhapur jaran goyang mung pejetan | banjur nganggo thathêngile | dhapur nagasasrèku | kêmbang kacang garènèng mawi | sinungsun [sinungsu...]

--- 2 : 100 ---

[...n] myang sor-soran | pinindha ron êlung | ana kang tinrapan êmas | gantya dhapur sêmpana panjul kang gandhik | manganggo srasraweyan ||

31. myang sraweyan ri pandhan ananging | tikêl alis apan tan sinungan | dhapur sêmpana rungkême | kêmbang kacang tan têrus | uga tanpa kang tikêl alis | dhapur crita kasapta | lambe gajah dwiku | kêmbang kacang myang sogokan | tikêl alis grènèng saraweyan tuwin | gusèn nganggo kruwingan ||

32. êluk pitu wus tamat gumanti | dhapur ingkang kêris êluk sanga | dhapur kidang mas prabote | garènèng wuri amung | dhapur panjang [...] winarni | pugut kang kêmbang kacang | sasogokan sinung | saraweyan myang ri pandhan | kang kadhapur sêmpana lambe gajah ji | bang kacang grènèng wuntat ||

33. dhapur jaruman sogokan mawi | saraweyan dhapur jrudèh apan | sawiji lambe gajahe | kêmbang kacang myang sinung | sasogokan gantya winarni | dhapur panipèn apan | kêmbang kacangipun | jugag sogokan sraweyan | gantya dhapur panimbal lambe gajah dwi | kêmbang kacang sogokan ||

34. myang sraweyan garènèng ing wuri | gantya dhapur ingkang kidang soka | lambe gajah kêkalihe | kêmbang kacang pan sinung | saraweyan ri pandhan wuri | kang dhapur carang soka | lambe gajahipun | siji nganggo kêmbang kacang | saraweyan mawa êri pandhan wuri | de dhapur sabuk tampar ||

35. ingkang lambe gajah mung sawiji | kêmbang kacang sogokan sraweyan | nganggo ri pandhan yêktine | buta ijo kang dhapur | kêmbang kacang sogokan mawi | ri pandhan saraweyan | gantya ingkang dhapur | sêmpati kalenthang ika | nganggo kêmbang kacang tikêl alis mawi | tanapi êri pandhan ||

36. dhapur crita kanawa winarni | kêkalih kang lambene dipăngga | bang kacang tikêl alise [a...]

--- 2 : 101 ---

[...lise] | mawa sogokan iku | saraweyan grènèng mantêsi | gusèn miwah kruwingan | tamat dhuwung êluk | sasanga ri dhapurira | mangkya gantya luk sawêlas dhapuring kris | gambuh ingkang curiga ||

24. Gambuh

1. carita bungkêm dhapur | kêmbang kacang bungkêm datan têrus | dhapur crita pasaja lambene èsthi | kêkalih puniku amung | datan nganggo liyan prabot ||

2. sabuk intên kang dhapur | lambe gajah pan sajuga namung | kêmbang kacang sraweyan sogokan mawi | êri pandhan gantya dhapur | cluring regol kawin rêko ||

3. kêrêp gilig ing pucuk | kêmbang kacang sasogokan sinung | dhapur crita gênêngan luk bongkot awis | ing pucuk kêkêr kang êluk | kêmbang kacang ajajenggot ||

4. sogokan ri pandhan wus | dhapur crita gandhu kang winuwus | êluk kêmba kêmbang kacang anganggo bris | sraweyan ri pandhan amung | dhapur sabuk kali rêko ||

5. lir regol ponang êluk | sogokan sawiji anèng ngayun | saraweyan dhapur jaka wuru nênggih | pejetan ri pandhan namung | luk tri wlas magke kacriyos ||

6. awit duluring dhapur | saraweyan myang ri pandhan amung | dhapur sangklat lambe gajah mung sawiji | kêmbang kacang jenggot mungguh | thikil alis myang sasogok ||

7. pejetan sraweyan nung | grènèng miwah êri pandhanipun | dhapur johan mapan kala gula milir | sogokan garènèng uwus | naga sasra winiraos ||

8. pêthite têkèng pucuk | grènèng sungsun gantya ingkang dhapur | parungsari lambene gajah satunggil | kêmbang kacang jenggot sinung | tikêl alis myang sinogok ||

9. pejetan sraweyanipun[9] | grènèng êri pandhan gusèn sinung | karuwingan satuhu [satu...]

--- 2 : 102 ---

[...hu] lamun rêspati | tri wêlas êluke bêsus | kabagusan sêrêng mantok ||

10. dhapur kantar puniku | mung sawiji lambe gajahipun | kêmbang kacang sajuga kang anèng ngarsi | lawan sraweyaning pungkur | dhapur lung gadhung kacriyos ||

11. siji lambene blêdug | kêmbang kacang jenggote pinatut | saraweyan banjur ri pandhan lêsning[10] | dhapur sêpokal puniku | muhung saraweyan êthok ||

12. karawêlang kang dhapur | kêmbang kacangira apan punggut | lambene gajah apan namung sawiji | êri pandhan apan sinung | tarancangan kang kinaot ||

13. naga seluman dhapur | gănja kêlap lintah gandhikipun | dhapur naga nanging tanpa mawi pêthit | dhapur bima kurda iku | sogokan sungsun kang jenggot ||

14. ri pandhan uga sungsun | saraweyan dhuwur ingkang êluk | tiga wêlas titi mangkya kang winarni | dhapuring kang dhuwung êluk | gangsal wêlas kacariyos ||

15. carang buntala dhapur | lambe gajah sawiji puniku | kêmbang kacang sraweyan ri pandhan aming | dhapur sèdhêt lambenipun | dipăngga dhapur sawiyos ||

16. kêmbang kacang pan sinung | sasogokan êri pandhanipun | dhapur raga wilah lambe gajah siji | kêmbang kacang grènèng sampun | dhapur raga pasung gantos ||

17. tikêl alis grènèng mung | dhapur mesa nabrang ilisipun | têkèng pucuk dhapur crita buntalèki | kêmbang kacang jenggot sinung | sraweyan ri pandhan pantok ||

18. dhapuring kang kêris luk | sapta wêlas mangkya kang winuwus | kang rumuhun dhapur ngampêr buta nami | mawa kêmbang kacang iku | lambene gajah sawiyos ||

19. dhapur lancingan amung | kêmbang kacang de sor-soranipun | pan pinikat luk sangalas kang gumanti | dhapur tri murda puniku | namung tikêl alis thothok ||

--- 2 : 103 ---

20. dhuwung êluk salikur | dhapur kala tinantang puniku | nganggo kêmbang kacang lambe gajah siji | sasogokan grènèng sinung | dhapur drajid winiraos ||

21. dwi lambe gajahipun | kêmbang kacang saraweyan amung | mangkya dhapur sirah lambening kang èsthi | lămba tikêl alis sinung | sogokan luk slikur pantok ||

22. luk salawe winuwus | dhapur bima kurdha lambenipun | gajah kalih kêmbang kacang sarta mawi | sogokan ri pandhan amung | luk salawe mung sawiyos ||

23. kêris luk pitu likur | dhapur taga wirun aranipun | lambenira dipangga apan kêkalih | bang kacang sogokan sinung | êri pandhan uwus notok ||

24. gantya dhapuring dhuwung | êluk sanga likur kang winuwus | dhapur kala bêndu lambe gajah kalih | bang kacang sogokan sinung | êri pandhan kulup pantok ||

25. mungguh dhapuring dhuwung | Mas Cêbolang alon aturipun | sakalangkung nuwun saha ulun pundhi | yya tanggêl paring pituduh | mênggah dhapuring kang waos ||

26. kang lêrês tuwin êluk | Kyai Anom mèsêm ngandi rum[11] | kanang tumbak dhapure ya warni-warni | tumbak bênêr kang rumuhun | dhapure mangkya kacriyos ||

27. dhapur baru puniku | ămba bongkot gêthêk tanpa sinung | dhapur baru tropong bêmbêng para gilig | dhapur baru kuping pucuk | kêthêtan ajêbèr bongkot ||

28. baru pan atas dhapur | bongkot ada-ada gèpèng pucuk | dhapur baru tang tala gêthêkan kalih | awak gilik têkèng pucuk | dhapur cèkèl winiraos ||

29. awak bangkèk lungsèn wus | dhapur cèkèl ambaluluk iku | wak-awakan sawatara rada gilig | dene dhapur sigar jantung | kruwingan gèthèk tan manggon ||

--- 2 : 104 ---

30. biring wadon kang dhapur | bêmbêng gusèn ada-ada bagus | myang gêthêtan tan biring lanang winarni | bongkot pejetan gusèn wus | biring drajit winiraos ||

31. ri pandhanira sungsun | myang kruwingan saput tabon dhapur | agêthêtan sungsun gêgapitirèki | dhapur sapit tabon iku | gapit nusul bêmbêng bodhog ||

32. dhapur totog puniku | bêmbêng gilig de kang sadak dhapur | pêkakan tri ingkang dhapur kudhup mlathi | gilig tumêka ing pucuk | ananging lênggang kang bongkot ||

33. kuthut capaka dhapur | têngah gilig mirid badanipun | lênggang bongkot mangkya dhapur kudhup gambir | ada-ada ngadhal busung | têngah gilig lênggang bongkot ||

34. godhong andong kang dhapur | apan urip ada-adanipun | ngadhal mêtêng ngêbung ampèl kang winarni | gilig ri pandhane sungsun | karuwingan asring tinon ||

35. dhapur godhong pring iku | karuwingan bêmbêng awakipun | sujèn nampèl ri pandhan asungsun gilig | gantya tumpêr ingas dhapur | gusèn pinêkak pitados ||

36. ada-ada pinatut | pucuk gilig tamat ingkang dhapur | tumbak bênêr Mas Cêbolang matur malih | mênggah waos ingkang êluk | dhapurnya mugi kawiyos ||

25. Mijil

1. tumbak êluk têlu kang winarni | dhapur sapit abon | pan gêthêtan anusul gapite | dhapur pandhu ngisor naga kalih | awake mangigil | amêngkoni êluk ||

2. dhapur banyak angrêm kang gumanti | anjêbèr ing bongkot | dhapur sipat kelor pêkakane | dene bongkot papak ngrêspatèni | apan datan lincip | gantya ingkang dhapur ||

3. dhapur cacing kanil luknya awis | gilig jêbèr ngisor | dhapur nora manggala prabote | têngah ada-ada awak gilik [gili...]

--- 2 : 105 ---

[...k] | nging sor jêbèr nanging | papakan puniku ||

4. dene ingkang dhapur doradasih | gilik jêbèr ngisor | pan pinikak sarta nganggo grènèng | ada-ada ing têngah mantêsi | mangkya kang winarni | dhapur pagang wêlut ||

5. rèngkèl-rèngkèl gèpèng awaknèki | pagang lele rengkol | awak gèpèng nanging nganggo grènèng | sladha asta rengkol pucuknèki | têngah bênêr gilik | lungsèn grènèng satu ||

6. êluk pitu mangkya kang gumanti | dhapure kacriyos | megantara pan ada-adane | amung têngah satunggil watawis | grènènge sawiji | mangkya ponang dhapur ||

7. kracan iku cilik miwah mêrit | gantya winiraos | dhapuring kang luk sanga waose | nênggih dhapur bandhotan winarni | mawa naga kalih | lis ri pandhanipun ||

8. dhapur trisula mawa pang kalih | dadya katri waos | dhapur crita anom parabote | nganggo giri pandhan gusèn uwis | ing mangkya gumanti | sawêlas kang êluk ||

9. dhapur crita anoman tan mawi | dwi sogokan kaot | sarta nganggo êri pandhan gusèn | dhapur crita blandhongan puniki | parabotan mawi | mung wos jaba luju ||

10. dhapur crita êri pandhan gusi | tamat dhapur waos | liya iku nora nana manèh | mungguh dhapur lan tangguh kang uwis | dak gêlarkên iki | poma wêkas ulun ||

11. lamun ana ingkang nyulayani | êtutên kemawon | garêjêgan tan ana prêlune | bêcik ngalah ing basa sathithik | malah olèh bathi | tur ora kumruwuk ||

12. Mas Cêbolang matur mangênjali | dhuh Kiyai Anom | lumunture [lumu...]

--- 2 : 106 ---

[...nture] ing sabda dasihe | sakalangkung ulun pundhi-pundhi | bingahing tyas mami | botên sagêt matur ||

13. kacarita wus antara lami | dènira kakepon | nèng ngarsane Risang Kyai Anèm | sabên enjang mantuk sabên bukti | bakda ngisa bali | kadhang nganti muput ||

14. duk samana nèng pondhokan lagi | Ki Amat lingnya lon | mangke ratri kakang dipun sarèh | pinarak mring wismaning Kiyai | Bawaraga siji | pangrêbab puniku ||

15. nyatauni putunya pawèstri | sru winantos-wantos | lalênggahan ing sakaparênge | mirêngakên kalênengan tuwin | panglingking kang ringgit | binarung swara rum ||

16. inggih adhi saklangkung prayogi | bakda ngisa bodhol | Ki Têngara kalawan tamune | praptèng Bawaragan kyai panti | gupuh ngancarani | pinêrnah gènipun ||

17. sinambrama ing wicara manis | lumuntur kang sugoh | samya rahab sakèh têtamune | miyarsakkên gêndhing gambir sawit | jêng ngidung nyindhèni | wilêt swara arum ||

18. Mas Cêbolang matur mring Ki Panti | botên-botên ilok | lah punapi punapa gêndhinge | têka nyênyês praptèng sanubari | wèh trênyuh kang myarsi | mrinding wulu puhun ||

19. Bawaraga latah amangsuli | babo mitraningong | gambir sawit punika gêndhinge | Mas Cêbolang matur mring Ki Panti | paringa udani | gêndhing manggènipun ||

20. cagak lênggah tinimbang ngraosi | ingawon ing uwong | Bawaraga mèsêm lon dêlinge | èngêt kula margèning kang gêndhing | sêndhon pathêtnèki | samya ngênêm likur ||

21. sasêndhon nêm ambondhan kinanthi | budhêng-budhêng minggon | layu-layu sêbawa pangawe | sêmang rêmbêng londhang sambul gêndhing | rangu kadukmanis | mundhuk megamêndhung ||

22. kapang-kapang

--- 2 : 107 ---

ki tamènggitèki | nèng paseban kabor | sarayuda sambul talèdhèke | gonjanganom ladrang mangu tuwin | gandrung mangungkung gring | myang gong gobêt rambu ||

23. pathêt sanga lonthang kasmaraning | wăngsaguna rondhon | danaraja buntit gègèrsore | galagothang ganggong bawaragi | mandul amalarsih | bondhèt surung dhayung ||

24. onang-onang mawur gambir sawit | căndra gênjèng barong | garompol myang gêndre kêmasane | êla-êla găndakusuma di | gêndhulung kèh tuwin | sumêdhang sêmèru ||

25. sêndhon gangsal mutap căndrasari | larajala gondrong | taliwăngsa jalaga rêbape | sêmanggita gêndrèh larasati | plajêngan pangrawit | babar layar tlutur

26. singa-singa goyanging panggalih | jalaga bonang don | kombangmara slebrak doradasih | kêmbangmara gul-agul rêbape | gindhêng kêndhung plêsih | brêmara majêmuk ||

27. pathêt nênêm lara nangis gêndhing | bêntar ring kadhaton | arawitan babat prihatine | marasănja kocak kaduk manis | ramyang galondhong pring | tunjung kroban guntur ||

28. Maskumambang godhêng titipati | glêndhèh lêlana jog | sêmukirang lonthang udan sore | pêksi bayan talwêdhar pujanggi | mênyang seta tuwin | jămba sêmar mantu ||

29. sêndhon barang wêdhikèngsêr siring | ludira dhol-endhol | cacating rat maraseba bondhèt | sêmbur adas cakêt pramugari | jênthar ladrang manis | bèlèk kuwung-kuwung ||

30. sangupati rimong gandrung manis | bêdhaya agondro | pan ludira madura gêndrèhe | êjong mèru babar layarnèki | pari gêntang tuwin | tukung lêmpung gunung ||

31. nahên pathêt manyura amilir | sèdhêt pujangga nom | talimurda ramyang kasmarane | mèncêp gonjang galewang sêmiring | randhat dadar [da...]

--- 2 : 108 ---

[...dar] kèli | lagu cucur bawuk ||

32. dhalang karahinan lambangsari | gandrung mangu boyong | pujangganom madura rênyêpe | jangga tawang capang mrak kasimpir | prenom gliyong rindhik | lobong pacar banyu ||

33. èngèt kula punika wus titi | Cêbolang lingnya lon | satus sèkêt papitu petange | awit pathêt manyura myambaki | alangkung satunggil | dados pitu likur ||

34. lingsir ratri para tamu pamit | wus linilan bodhol | Mat Têngara kalawan tamune | sampun mundur praptanirèng panti | lajêng samya guling | Ki Amat ngaruntuh ||

35. enjingira satangine guling | gagusinya aboh | Cêbolang ling paran darunane | wau dalu ngaruntuh pun adhi | kakang sakit gigi | gusi ulun abuh ||

36. kêmêng nguntar-untar langkung sakit | Mas Cêbolang gupoh | mung usada sêkar kanangane | lawan sarêm dawêg niki adhi | dika mamah aglis | bokmanawi tulung ||

37. wus dèn mamah ing sakala ênir | sakit kang karaos | gusi abuh cinoblos ri gêrèh | rah dalêdêg sanalika mari | abuh miwah sakit | lunthang-lunthang kantun ||

26. Lonthang

1. kakang sampun datan wontên raosira | lah sanyata usada prêmati tama | Mas Cêbolang alon wijiling wacana ||

2. inggih dawêg anyarêngi lawan măngsa | mêgah[12] jampi wau jodhon saèstunya | datan kenging tinantokkên wèh waluya ||

3. adhi ulun nyuwun sasêrêpan para | mitraningwang kang anami Madiaswa | inggih pundi anggènipun agêgriya ||

4. Ki Amat ling Suratêgaran griyanya | kidul masjid nanging yèn siyang punika | tamtu wontên pêkên nêgari turăngga ||

5. bilih nuju Rêbo wêkasaning căndra | lawan taliwangke myang sêwala tanya | lah punika

--- 2 : 109 ---

taksih nêgari turăngga ||

6. yèn samangke suwawi nuntên kapanggya | cinêgata prapatan Gladhag kewala | Mas Cêbolang panujwèng tyas gya lumampah ||

7. tanpa rencang lampahipun sampun prapta | ing prapatan marêngi Ki Madiaswa | ngitêr kuda tupi[13] myat mring putranira ||

8. gurawalan tumurun saking turăngga | wusnya tundhuk Madiaswa atêtanya | wau sami saking pundi kalihira ||

9. kang sinung ling amangsuli saking wisma | kakang tamu punika kang yun pêpanggya | lan andika têkaa kapasang yogya ||

10. Madiaswa sukèng tyas manis lingira | èstu sampun lami ulun ngarsa-arsa | kaparênga lajêng pinarak mring wisma ||

11. lumaksana Madiaswa nuntun kuda | Cêbolang ngling prayogi nitih kewala | ulun antuk bathi uning patrapira ||

12. angrèh kuda Madiaswa nitih sigra | tan winarna ing ênu wus praptèng wisma | gya tumurun kuda tinampèn rencangnya ||

13. kinosoran amrih ayêming turăngga | gya tinuntun linampah-lampahkên sigra | Madiaswa ngancarani tamunira ||

14. wus pinarak anèng madyaning pandhapa | Mat Têngara paliman maring ing wisma | awit nuju kalêrês anyanggi karya ||

15. Madiaswa nyandhêt mangke ta mangke ta | ngantosana sakêdhap sunggata kula | lah ta bocah wedangmu nuli ladèkna ||

16. sawusira angrahapi kang sunggata | Mat Têngara mantuk kantun tamunira | Ki Cêbolang pinarak lawan Ki Wisma ||

17. jênêk dènnya mêrtamu sadangunira | kang ginunêm tan lyan pangrèhing turăngga | Mas [Ma...]

--- 2 : 110 ---

[...s] Cêbolang umatur mring Madiaswa ||

18. bab pangrèhing kuda mugi kababarna | namaning kang tangsul miwah patrapira | kang liningan tan wangwang mêdharkên sigra ||

19. tangsul kalih mangkya ingkang winursita | asta kiwa nyêpêng apus asta kiwa | apus têngên asta têngên kang angasta ||

20. tangsul sanga apus kêkalih sinama | gya cinêpêng ing asta têngên sadaya | asta kiwa nyêpêng apus nèng ngajêngnya ||

21. asta têngên patrap driji manis saha | jêjênthiknya nyangkêrêm apus kêkiwa | de panuduh sarta dariji têngahnya ||

22. nyêpêng apus kang sisih têngên sarana | kang pidihi jêjêmpol ingkang warata | èstu angèl kalamun dèrèng widagda ||

23. mangkya gantya winastan tangsul manyura | asta kiwa nyêpêng apus patrapira | kadosdene tangsul sanga kasbut ngarsa ||

24. kagokipun kalihan tangsul sêsanga | dariji kang têngah gêsang têgêsira | kenging ngolah-ngalih asta de têngênnya ||

25. nyêpêng apus sawingkinging asta kiwa | patrapipun ngingsat-ingsêt utawinya | angolahkên kêndho kêncênging pusara ||

26. gih puniku apus kang têngên sisihnya | langkung angèl tinimbang lan tangsul sanga | yèn wus prigêl èstune gampil kewala ||

27. nanging tangsul satunggal mangkya winarna | ingkang nyêpêng apus amung asta kiwa | tumrap kapal ingkang wus gambuh lampahnya ||

28. tangsul pada panyêpênging kang pusara | mung kapidih dariji panuduh kiwa | lan darijwa jêjêmpol ugi kang kiwa ||

29. tangsul poncèn gampil tan kakehan reka | apus kalih sinami kêndho kêncêngnya | wusing sami kabundhêlakên kewala ||

30. tangsul pada apus kang têngên punika | kajêpit ing jêjêmpol su[...] [su...]

--- 2 : 111 ---

[...[...]] | [...] kang kiwa ugi mangkana ||

31. [...] jêmpol suku ingkang kiwa | tangsul [...] punika tumrap manawa | wontên kuda kang tansah [...] kewala ||

32. tangsul madu sadasa kang ginupita | gih punika tanduk ingkang tumrap marang | mantukira kapal mêntas tinêgaran ||

33. bilih sampun cêlak kalawan pidunung | kêdah karêm marêm datan katandukan | ing pangêrèh supadi sarèh ing driya ||

34. mênggah tangsul camêthi kang ginupita | pananduking galibage ngijangira | gih punika sadasa warni kathahnya ||

35. ingkang iring bokong têngên tun topèngnya | pupu wingking pajêng pundhak pupu ngarsa | ingkang iring kiwa uga pan mangkana ||

36. kajawine punika kasadanira | ngajêng buntut myang maripat têngên kiwa | utawine gănda kasilir namanya ||

37. gih punika patrapana ing pratingkah | angajrih-ajrih ing kapal kang sarana | lan camêthi anging yya nganti tumiba ||

38. tangsul raga punika osiking driya | kang kawêdal saking solahing badannya | ingkang numpak kados ta andhêdhêk kiwa ||

39. dhêdhêg têngên gêbrag utawi sukunya | kalih pisan sarang dhêdhêg ayya kêmba | ingsêt obah ngiwa nêngên kang sarira ||

40. oyog miwah cêpag obah majêng sigra | miwah ngunjalakên punika kalayan | sangêt-sangêt pangungsêt panudukira ||

27. Mêgatruh

1. mangkya gantya katrangan bab lênggahipun | anumpaki ingkang wajik | winastan kaprabon luhung | apan jêjêk lênggahnèki | ulur-ulur madya tinon ||

2. jêngku mipit talapakan jijit bêsus | pasêmon anjatmikani | dene [de...]

--- 2 : 112 ---

[...ne] kaping kalihipun | ka [...] | [...] ntar kinaot ||

3. pan kapara [...] | [...] pagêl ngrêspatèni | panjang ingkang ulur-ulur | pu [...] ku jinjit | mathènthèng ladak pasêmon ||

4. kang [...] kamantrèn lênggahnya ngungkruk | cêkak ulur-ulurnèki | suku ngonggrong asta mringkus | apasêmonipu [...] | tamat patrape alunggoh ||

5. bab namaning pêkakan mangkyang winuwus | ugi wontên tigang warni | kang rumuhun ganggêng kabut | punika pêkakan wajik | kaandhêgnya nging karaos ||

6. lir kajlungup dados pêkakan puniku | anandhakkên kang turanggi | mèdêm kasagêdanipun | sawêg anyak sagêt nyirig | kalihipun kang kawiyos ||

7. ginggong singa darpa pan anamanipun | ingkang andhêgipun wajik | jêgèg mangiwa puniku | sukunipun ingkang wingking | mêndhak arêspati tinon ||

8. gih punika kapal kang sampun satuhu | andados sêsiriknèki | katrinya ingkang winuwus | ginggong samaguna nami | punikang[14] ingkang wus golong ||

9. andhêgipun suku wingking kalih wau | nyarêngi pyoking kêndhali | kapal makatên dhêgipun | punika apan sayêkti | sasiriknya sampun gamboh ||

10. bab pangangkah tuwin nêgari winuwus | badhe ngangkah lampahnèki | kêdah juwèh kang têtangsul | kaosikkên wali-wali | punika ingkang supados ||

11. sagêt tampi punang kuda manahipun | saha badaning turanggi | kêrêp kaoyog ing pungkur | kawantonan sawatawis | wingking kawantonan alon ||

12. bilih badhe amangangkah jojogipun | kêdah srana dèn têgari | ing ngajênge têngahipun | kaêncota [kaê...]

--- 2 : 113 ---

[...ncota] sawatawis | wingking kawantonan alon ||

13. lamun badhe mangangkah congklangipun[15] | kajojogakên miyin | sadangunya jojog gupuh | kasêrêga saking wingking | saèstu kêdah winantos ||

14. tangsulipun kaamêr-amêra amung | myang ing ngajêng dèn lênggani | yèn puniku wus tumanduk | măngka dèrèng pasang kati | kêdah kadhêdhêga gupoh ||

15. myang ginêbrag utawi ginêbak asru | bilih wus nyoklang kang wajik | waspadakna sukunipun | lamun kang kiwa rumiyin | apus kang kiwa sinorong ||

16. lawan dipun kêncêng ayya sampun-sampun | yèn wus manêngên tindaking | suku têngên kang rumuhun | apus cinêpêng kang sami | kang amêr-amêr kemawon

17. supayane sagêt sarèh coklangipun | yèn kalantur tan prayogi | pinriha ing bantêripun | ngajêng kalêganan nênggih | têngah kinathahan gupoh ||

18. saha kêdah dipun mantoni ing pungkur | bilih botên mituruti | nyandêr margi manahipun | ponang kuda baya tampi | măngka pangrèh mrih kalakon ||

19. kêdah srana kagêbrag ginêbrag asru | yèn wus nyandêr saantawis | satus tindak têbihipun | lajêng cinandhêta aglis | muntaping tyas sampun ngantos ||

20. bilih badhe amangangkah sirigipun | kapatuhna lampahnèki | malang mênêngên rumuhun | ing pangangkah kang supadi | lampah marang winiraos ||

21. panyêpênging apus manêngên kaimpu | saha tungkak ingkang kering | pandhêdhêgira yya kantu | ngantos sagêdnya lumaris | amalang manêngên matoh ||

22. bilih angèl katindakkên lampahipun | sarana trekah puniki | apus sisih kiwa [ki...]

--- 2 : 114 ---

[...wa] gupuh | kaseronga myang ing wingking | winanton ingkang babokong ||

23. ingkang têngên măngka kirang tampinipun | kagêbaga ingkang kering | ananging pagêbagipun | kêdah saking têngên ugi | yèku kang winantan segog ||

24. yèn wus purun lumampah nêngên puniku | suku kêdah dèn priksani | yèn wus ajêg tan tumpang suh | myang tan imbal lampahnèki | lajêng katindakna jojog ||

25. ugi malang manêngên sarananipun | ing ngajêng dipun lêgani | wingking kawantonan namung | ngantos-ngantos ngirih-irih | tyase kuda dimèn bombong ||

26. sadangune ingangkah lampahnya megung | tuwin jojog malangnèki | lambe iring têngênipun | kaangkaha sagêtnèki | nyerong nêngên kang wigatos ||

27. pangangkahe nyerong lambe sagêtipun | nolih nêngên pus kang sisih | têngên kakêncêngan namung | yya kagèt saking sakêdhik | yèn tan tampi ing pangradon ||

28. kêdah dipun kêrêpi pangècrèkipun | dene kecrekan puniki | gadhah daya kalih luhung | sapisan nglêrêmkên ati | ping kalihe winiraos ||

29. yèn wus purun mangap ènthèng lambenipun | yèn katandukan kang pamrih | ingkang amakatên wau | lajêng nètèr nganan ngering | apus sisih kiwa gupoh ||

30. katarika supados sagêde wangsul | malang nêngên lampahnèki | saha kêdah kaisêt mung | manêngên mangingsêpnèki | tikah[16] makatên supados ||

31. atampia manahe kuda puniku | yèn pangre kang wus kawijil | puniku supados amung | nyerong lambe têngên sisih | dados botên ngangkah seos ||

32. nètèripun mangiwa datan kinayun | măngka mêksa botên tampi |

--- 2 : 115 ---

kagêbaga ingkang sêru | ing panggêbag dèn sarêngi | lawan pangingsêting bokong ||

33. pan makatên punika salajêngipun | ngantos sagêdnya lumaris | jojog malang nêngên matuh | Mas Cêbolang duk miyarsi | gêdhe gèdhèg amalongong ||

34. lon umatur saèstu angèl kalangkung | măngka dèrèng amrih nyirig | sawêg ngangkah malangipun | tingkahing sakranjang gambir | paran lajênging pitudoh ||

35. Mardiaswa anglajêngakên pitutur | jojog malang wus lastari | ajêg boya atumpang suh | tuwin grijak lampahnèki | sadangunipun anjojog ||

36. tumuntêna lajêng kasêrêga gupuh | supados tumindak nyirig | wus tumindak sirigipun | watawis gangsal utawi | sadasa colotan gupoh ||

37. kaêndhêga pamêkakira kang tangsul | kinagètna dimèn rêsik | andhêg kang rêsik puniku | mandhêg ingkang grêg tan rêsik | gya lumampah alon-alon ||

38. yèn wus antuk sawatara lampahipun | katindakna nyirig malih | cacongahên prayanipun | saking sakêdhik-sakêdhik | sirig yya kêmba supados ||

39. saha malih kang makatên lajêngipun | kalaju saking sakêdhik | bilih sirigipun wau | tan jujur angancas margi | tangsul dèn impua gupoh ||

40. amanêngên manawi ngungkrêt kang ngayun | kalêganana lan malih | tangsul mangiwa kaimpu | bilih kêmba sirignèki | tuwin rindhik kang wigatos ||

41. kacêngèrna dimèn rikat sirigipun | srana

--- 2 : 116 ---

wingking dèn watoni | saha kasêrêga amung | sawatawis tangsul padi | sagêt sêrêng sirig alon ||

42. kang manawi karikatên sirigipun | utawi mrêdêng nglangkungi | kaêndhaka amrihipun | supados sagêde rindhik | ngangkah rindhik asmarandon ||

28. Asmaradana

1. ngajêng kêdah dèn kêmbani | saha kêdah kinêrêpan | kecrekanipun dialon | têngah dipun kothongana | wingking kang katempelan | ing cêmithi[17] yya ginêbug | yèn misih mandêng kewala ||

2. lakung kinêmbanan malih | wuri ayya tinempelan | măngka mêksa pamandênge | malah ginêbaga ingkang | asru karosèng nala | nanging puniki ing ngayun | mung têngah kakêmbanana ||

3. supados sagêd dèn tampi | pangrèh makatên punika | mung murih sarèha tyase | yèn wus ajêg sirigira | myang bagus pinariksan | lajêng karêntêk puniku | utawi karindhikêna ||

4. kalawan makatên malih | kaangkaha sagêtira | supaya yya kêmba tinon | yèn wus ajêg rêntêtannya | pan lajêng kaangkaha | sagêt nênun sirigipun | yèn wus ajêg kajujuda ||

5. supados mêdharirèki | tuwin alusing kang cungklang | yèn wus ajêg pamêdhare | lajêng katênuna kadya | panêdhan sasirigan | Mas Cêbolang têtanya rum | punapi sampun palastha ||

6. Madiaswa mèsêm angling | punika sawêg satêngah | taksih panjang pratingkahe | wawi sinambi nyamikan | angoyag-oyag uwang | wus nyambi sawontênipun | Ki Wisma lajêngkên sabda ||

7. yèn tênunanipun sirig | myang mêdhar ajêg tan kêmba | lajêng kalajo kemawon | nèng margi kêncêng watara | kang têbih

--- 2 : 117 ---

saantara | sadangunipun kalaju | mung kaangkaha sirignya ||

8. saha wêdharnya utami | sandêring kanang turăngga | makatên katêrangane | sadangunya sasirigan | wus têbih sawêtara | lajêng kasandêrna gupuh | yya langkah dwi dasa tindak ||

9. saandhêge nyandêr nênggih | lajêng kalampah-lampahna | kaarêm-arêm supados | sarèh têntrêm ingkang praya | wus têbih sawatara | lajêng kawêdhara gupuh | sadangunipun kawêdhar ||

10. yèn wus sawatawis têbih | kaêndhakna wêdharira | supados nyiriga manèh | sadangunira sirigan | antawis wus atêbah | lajêng kasandêrna gupuh | kang kadi kasêbut ngarsa ||

11. makatên salajêngnèki | ngantos samantuknya pisan | mênggah panggrèhing kang dados | kasêbut ngajêng sadaya | dene paedahira | amurih sagêde gambuh | pamêdhar saha sirignya ||

12. nandukkên pangrèh turanggi | ingkang makatên punika | katindakna ping katrine | tuwin ping catur rambahan | titi pangrèhing kuda | mêdhar sirig gambuhipun | tangkêping sirig têtiga ||

13. babar lêpiyan sawarni | gih punika kapal ingkang | sukunya ngajêng wingkinge | sami saene kang trajang | suku ngajêng sumêblak | suku ing wingking anyaruk | utawi akicat-kicat ||

14. bintulu kang kaping kalih | punika ingkang trajangnya | mung suku wingking kemawon | ing ngajêng lampahnya dhandhang | kaprabon kaping tiga | suku ngajêng trajangipun | ugêl parigêl rêspatya ||

15. dene suku ingkang wingking | lampahnya punika dhandhang | wus jangkêp katri warnane | Mas Cêbolang lon lingira | bilih ngamungkên kêdah | tan kacakêp èstunipun | kêdah kanthi linampahan ||

--- 2 : 118 ---

16. tuwin dipun kulinani | nênggih watêkane kuda | punapa sami kumawon[18] | Madiaswa mèsêm lingnya | punika kasinggihan | kêdah mangrêtos rumuhun | sarta lajêng linampahan ||

17. kapal punika pinasthi | gadhah watêk pyambak-pyambak | wontên ingkang pangangkahe | kêdah wiwit saking lampah | jojog nyongkla[19] adhehan | salah satunggal puniku | kêdah tinurut sakêdhap ||

18. nanging yèn wis mituruti | pikajênganipun kapal | mung sawatawis dangune | inggih lajêng katandukna | pangrèh kang wus kawêdhar | amung mênggah tumrapipun | mangangkah manah kang kathah ||

19. tuwin wantêr kang turanggi | punika kêdah kaangkah | saking pangarêm-arême | margi yèn tan katandukan | pangrèh ingkang mangkana | manawi ngantos kalantur | muyap manahe turăngga ||

20. saèstu angèl nglangkungi | ngrêkaoskên ingkang numpak | bilih bantêr myang muntabe | saking kèhe pagraita[20] | punapa dene ingkang | kapal kirang manahipun | èstu kenging katindakna ||

21. pangrèh pamêngkuning dhiri | utawi ing pamisesa | pramila kêdah waspaos | satiti panitikira | dhatêng watêking kapal | ing satunggal-tunggalipun | ayya ginêbyuh kewala ||

22. manawi badhe mangukih | ngangkah sagêde adhehan | kêdah gêsang têtangsule | kanênêtakên kalawan | kapêpêk ayya kêmba | tansah winanton ing pungkur | ing têngah kêdah lumampah ||

23. kaisat-isêt yya srênti | makatên salajêngira | ngantos sagêd adhehane | dene lampah kang winastan | pandhapan gih punika | rêntêt ing adhehanipun | mênggah pangrèh saha ngangkah ||

24. sagêde pandhapan sami | kados angangkah adhehan | ananging wontên kaote | yèn adhehan kinathahan | pandhapan kinirangan | kathah kirang pêrdinipun | nênggih manahing turăngga ||

25. manawi manah sagêding | lumampah winastan dhandhang | kêdah srana linampah

--- 2 : 119 ---

ge | malang ing ngajêng kasăngga | ing têngah kinêrêpan | kaisat-isêt lumintu | dene wingking kawantonan ||

26. makatên salajêngnèki | ngantos sagêt mlampah dhandhang | nanging punika kapale | kapinrih lumampah dhandhang | kêdah ingkang wus limpat | jangkêp kasagêdanipun | myang wus kagambuh ing tingkah ||

27. wontên malih kang ngèmpêri | kadi lumampah andhandhang | ran lampah angun-angune | manawi badhe angangkah | sagêdipun lumampah | kang winastan angun-angun | punika ing ngajêng kêdah ||

28. kêrêp karaoskên tuwin | kaisat-isêt ing têngah | wingking tinèmpèl têmbunge | tarajanging katurăngga | inggih sairip kadya | lumampah dhandhang puniku | sanèsipun ingkang lampah ||

29. angun-angun tamban ririh | lampah dhandhang wau cukat | kalihe pinêrlokake | apan anunggil sarasa | alus kalawan wadhag | mênggah ta ing watêkipun | lampah ngun-angun punika ||

30. minăngka sarananèki | amintirkên kaèngêtan | ning kapal kasagêdane | pramilane kapal ingkang | sampun gambuh ing lampah | kêkalih kasêbut wau | nadyan mlampaha kewala ||

31. manawi ingkang numpaki | sumêdya anyirigêna | tan susah kaosikake | tamtu gya nyirig piyambak | mung kenging binasakna | sagêd nampèni puniku | sakarsane ingkang numpak ||

29. Durma

1. sêkar durma bab pangangkahing turăngga | kalangkung angèlnèki | wit saking bandholnya | myang wangkoting kang praya | kalawan anjondhil-jondhil | dipun prayitna [pra...]

--- 2 : 120 ---

[...yitna] | makatên pangrèhnèki ||

2. ngangkah kapal kang kadi kasêbut ngarsa | punika ingkang pasthi | kêdah kawêngkua | utawi kawisesa | ing tyas yya kataman ajrih | angrodapaksa | myang gêbag kang sru titis ||

3. kuda ingkang anggawa meda mangkana | punika pangrèhnèki | pan kêdah sarana | arêbahakên kuda | makatên patrapirèki | sadangunira | tindak duk pangrèhnèki ||

4. kapal lajêng asangêt panjondhilira | gya katêtaha aglis | pagêbag sarosa | tyasira ayya wawang | supados anjondhil malih | salêbêtira | anjundhil ingkang nitih ||

5. nyarêngana malumpat kalayan nyêndhal | apus ingkang turanggi | yèn nganan lupatnya[21] | apus kiwa sinêndhal | manawi malumpat ngering | apus kang kanan | apan sinêndhal aglis ||

6. de patrape malumpat saking ing kapal | yèn nganan lumpatnèki | asta ingkang kanan | nyêpêng tlongoping lapak | kapadala kang prêmati | kangge lantaran | malumpatipun nênggih ||

7. tangan kering nyêpêng apusira ingkang | sisih kiwa tumuli | apus cinenengan | utawi sinêndhala | mênêngên panyêndhalnèki | bilih malumpat | mangiwa patrapnèki ||

8. asta kiwa kang nyêpêng tlongoping lapak | asta têngên nyêpêngi | apus sisih kanan | sinêndhala mangiwa | pangrèh kang makatên pasthi | antuk kapal kang | sangêt jundhilirèki ||

9. utawi kang tansah kathah medanira | sukur ingkang numpaki | kadugi ngrêbahna | salêbêtipun bandhang | yèn pangangkah kang kadyèki | kapal ginêbag | kang măngka purun jundhil ||

10. gya kasarêngana malumpat kalawan |

--- 2 : 121 ---

anyêndhal tangsulnèki | patraping ngrêbahna | kadi kasêbut ngarsa | mila rêbahing turanggi | srana kaangkah | ing panjundhilirèki ||

11. gih punika agampil kalampahannya | Cêbolang turira ris | sawêg cariyosan | tyas ulun nar-ênaran | was-uwas sangêt kuwatir | wawi lajêngna | bab pangrèhing turanggi ||

12. Mardiaswa anglajêngakên carita | bilih wontên turanggi | kaêrèh mung nêdya | muhung mundur kewala | lajêng kaundurna aglis | kang ngantos sayah | sabên badhe nêgari ||

13. katindakna rumuhun mundur kewala | sak sayahe turagi[22] | yèn wus kaêtrapan | tarekah kang kadyèngka | kenging tinantokkên pasthi | dènnya agadhah | laleda amantuni ||

14. lamun wontên kapal sabên tinêgaran | ngonclangkên kang kêndhali | ing panyêpêngira | apus pan kasanggia | kang ngigilnya lakung saking | sakilan lawan | jêjalaking turanggi ||

15. saha kêdah kucrêkipun kinêrêpan | patrap kucrêk kêndhali | kaucrêkkên lawan | lambening kang turăngga | isarat ingkang kadyèki | paedahira | ngiraskên lageyaning ||

16. angunclangkên kêndhali lawan paedah | ngènthèngkên lambenèki | bab kapal ajrihan | manawi wontên kapal | ajrih dhatêng awêwarnin | tuwin suwara | isaratipun murih ||

17. sagêt mantun yèn ajrih kalawan grobag | myang sasaminirèki | sabên tinêgaran | bilih kapapag grobag | lajêng kasêkakna aglis | ayya kapêksa | saking sakêdhik-kêdhik ||

18. bilih ajrih dhatêng swara pamirêngan |

--- 2 : 122 ---

inggih dipun kêrêpi | kapyarsakkên swara | pundi kang kinajrihan | yèn wus kêrêp sarta lantih | ingkang kadyèka | pasthi gya mantun ajrih ||

19. kapal ingkang gadhah kandhuta tan yogya | nyangkolakên kêndhali | makêm tuwin dhangar | panyêpênging pusara | kang prayitna ngati-ati | sarta dèn kêdah | katangsulan kêkalih ||

20. paedahnya bilih kapal ingkang gadhah | kandhutan tan prayogi | utawi amada | sagêt nandukkên srana | pami abangkol kêndhali | kang sisih kiwa | apus kang sisih kering ||

21. kaêculna apus kang têngên sinăngga | yèn nyangkol kang kêndhali | ingkang sisih kanan | apus kang sisih kanan | inggih kaêculna ugi | apus kang kiwa | kasanggia lir ngarsi ||

22. lamun dhangar kanang tangsul kagêpyokna | manawi datan apti | nglêpèh tumungkula | kêndhali kacêpênga | katarik mangandhap sarwi | ucêk-ucêkna | lambening kang turanggi ||

23. bilih makêm kêndhali kalèrèkêna | manganan tuwin ngering | yèn mêksa tan arsa | nglêpèh myang uculêna | yèn ngiwa pambandhangnèki | têgêse bandhang | mangiwa sukunèki ||

24. kiwa ingkang rumuhun tumindakira | apusira kang sisih | kiwa kaseronga | sarta kakêncêngana | yèn nêngên pambandhangnèki | apus kang kanan | kakêncêngana ugi ||

25. bilih kapal katandukan kang tarekah | kadi kasêbut ngarsi | măngka nglantur bandhang | pambandhanging tan mêndha | karungkêp ingkang turanggi | nging saèstunya | pilaur mandhêg aglis ||

26. yèn wus kèndêl lajêng malih kabandhangna | saking karsèng kang nitih | sadangunya bandhang | mawi dipun rangkèta | supados manahe tampi | yya nganti darbya | meda

--- 2 : 123 ---

ingkang tan yogi ||

27. myang kandhutan damêl watiring kang numpak | mênggah pambandhangnèki | yya nganti kapêkak | kang măngka kèndêl dhawak | lajêng karangkèta malih | ingkang mirasa | sêmu pamuring-muring ||

28. nanging ngajêng punika kakêmbanana | wardine dèn kêmbani | kalowong apusnya | utawi kinêndhonan | ing têngah dipun kothongi | yèku kang numpak | tyas kêdah dèn kêmbani ||

29. nadyan wau sru sangêt pangrakètira | sayêkti datan apti | nêmpuh malih bandhang | ambêgogok kewala | sarta gêrêng-gêrêng muni | lamun turăngga | wus dharêdhêg tan osik ||

30. pangrangkète punika kakèndêlana | ing nalikanirèki | yya kawaspadakna | kang sampun kalampahan | sung sasmita kang turanggi | maring kang numpak | yèn ta sagêda angling ||

31. pamintamba dhuh mugi katurutana | nyukani pangrèhnèki | ri wusnya mangmangkana[23] | wau ingkang turăngga | nulya tumindak pribadi | mawarna-warna | ana ingkang lumaris ||

32. ingkang jojog [...] wan pandhapan | wêdharing sasmita di | mênggah tumanduknya | ing pangêrèh sadaya | punika cihnanirèki | èstu tan ana | kapal kang botên kenging ||

33. pinardi rèh kaajar dening manungsa | wontên panêgar angling | nyariyoskên kapal | datan dados dandanan | margi karèh botên kenging | punika tăndha | panêgar dèrèng wasis ||

34. saha dèrèng paham kawruh pangrèh kapal | ingkang salugunèki | mênggah raringkêsan | minăngka pêpathokan | badhe sagêd anêgari | kêdah pawitan | ingkang kawan prakawis ||

35. kang rumiyin kêdaha mawi pawitan | sura aguna nênggih [nêng...]

--- 2 : 124 ---

[...gih] | rêkasa ping tiga | lara kaping sakawan | manawi kawan prakawis | anggalih wêgah | mucung kewala uwis ||

30. Pocung

1. Mas Cêbolang kalangkung sukaning kalbu | gumujêng alatah | wasana umatur aris | dhuh mitrèng sun mugi kaparêng nglajêngna ||

2. ayya tanggung paran babaring pangrawuh | bab pangrèhing kuda | Madiaswa lingira ris | gih prayogi ah sampun kèndêl kewala ||

3. wedangipun kadangon akêmplung-kêmplung | dhêdharan ngalêndhar | punika têmbung mubadir | mêsakakên wawi sami rinakêtan ||

4. dimèn enggar tyase ayya magung suntrut | kang sinungan sabda | galêgês angasta cakir | minum wedang myang dhaharan sasukanya ||

5. Madiaswa anglajêngakên ing tutur | bilih wontên kapal | sasampune dèn tumpaki | măngka lajêng linampahkên datan arsa ||

6. ambagêgêg ingkang makatên puniku | ing pangangkahira | wusing nèng gêgêr turanggi | yya ge-age linampahkên kang turăngga

7. nanging kêdah kaubêngêna rumuhun | nêngên tuwin ngiwa | yèn wus kalakyan kadyèki | apan lajêng kalampahakên kewala ||

8. bilih [...] ambagêgêg tan lumaku | lajêng kaundurna | saranane kang kêndhali | katarika gêntos manêngên mangiwa ||

9. wusing mundur nuntên kaubêngna gupuh | kang sangêt kalayan | kang gêbag asru patitis | sasampuning sawatawis ubêngira ||

10. gya pinupuh myang ginêbag ingkang asru | lajêng linampahna | tamtu datan nyuwalani | amiturut sakarsanipun kang numpak ||

11. wus tartamtu bêncananing mogok mantun | ing sanèse wêdal | manawi dipun tumpaki | anggadhahi laleda ingkang mangkana ||

--- 2 : 125 ---

12. gya tindaking pangrèh kadya ingkang uwus | ing tyas ayya wêgah | dènira mangungkih pamrih | gantya kapal imah-imahên winarna ||

13. saupami tinêgaran kapal wau | angambah ing ratan | kang wus nate dèn purugi | gak inggokan tuwin wis nate ingambah ||

14. lajêng kêdah menggak-menggok tan lumaku | kangpal[24] kang mangkana | amurih mantunirèki | sabên numpak măngka ngajêngkên dumugya ||

15. ing panggenan kang kêdah mandhêg kudèku | gya katandukana | ing pangrèh sasênêngnèki | lawan kapal uli-ulihên kados ta ||

16. tinumpakan mantuke notol kalakung | gya tinandukana | patrap kang dika rumiyin | pramilanya kaangkah ingkang mangkana ||

17. awit kapal kang sampun klampahan èstu | sring kaslamur dera | nanggapi pangêrèhnèki | ing sadèrèngipun medanira kapal ||

18. sabên dipun têgari bilih wus ayun | cêlak ing panggenan | kang dadoskên sababnèki | utawine tinumpakan mantukira ||

19. gih katandukana pangangkah lir kang wus | kacriyos ing ngarsa | makatên salajêngnèki | sampun kêmba ngantos mantun babarpisan ||

20. dene kapal kang dèrèng rampas saèstu | ayya tinandukan | pangrèh ingkang ngrêkaosi | margi ing sadèrènge rampas punika ||

21. yèn kaangkah pancèn dede dhasaripun | sadêgda[25] piyambak | dumugining mêmpêng pasthi | lajêng bobrok utawi botên kaalap ||

22. gantya wau bab nagarancak winuwus | bilih wontên kapal | ingkang mêntas dèn têgari | myang kinêtêr yogi

--- 2 : 126 ---

lajêng cinarakan ||

23. ingkang rêsik mênggah patrap kang kadyèku | ing sadangunira | tinitir myang dèn têgari | kacarakan kang ngantya ambal-ambalan ||

24. awit kapal kang dèn rèh sasirikipun | tuwin sasaminya | kang pancèn sanès aslining | lampahipun piyambak yèn tan klêrêsan ||

25. têmahipun asring-asring damêl korut | myang kukusing badan | ingkang makatên puniki | korut konus punika warni sakawan ||

26. kang rumuhun korut badan wastanipun | lah igih[26] punika | kêra nglangkèt kang turanggi | wus dilalah botên sagêd lêma-lêma ||

27. kaping kalih akorut karosanipun | nuwunakên beda | asring ambandhang pribadi | sabab sampun sayah taksih sinêngkakna ||

28. ing wasana umijil ing dhosonipun | meda warna-warna | nyulayani lan kang nitih | tan darana satêmah lajêng ambandhang ||

29. ingkang kaping tiga korut manahipun | punika turăngga | tansah muyap prayanèki | jalarannya ngajêng sabên tinumpakan ||

30. tansah dipun ugar-ugar manahipun | ing wasananira | dados muntap manahnèki | mila kêdah waskitha anuju karsa ||

31. ping sakawan korut panggraitanipun | têmahan dumadah | bibrahing lampahirèki | myang bibrahing sakèh kasagêdanira ||

32. milanipun nêgari kapal puniku | adhuh sapintêna | gènnya nyêkakkên wêdaling | panggraita supados tumuntên gadhah ||

33. kasagêdan ingkang sarana tinanduk | pangrèh kawaskithan | ewadene prêlu ugi | tansah mawi karêm-karêm manahira ||

--- 2 : 127 ---

34. supadose graitanya ayya korut | carakan punika | dumadi sarananèki | èstu sagêd mantunakên kapal ingkang ||

35. anêmahi kados ingkang wus kasêbut | ing ngarsa sadaya | pramila ingkang wigati | amêrlokkên cinarakan kang turăngga ||

36. mangkya gantya bab rajanari winuwus | punika titihan | wêdaling manahirèki | saha malih wêdaling kang panggraita ||

37. yèn wêdaling manah myang graitanipun | saking pangosiknya | inggih punika pinasthi | rajanarinira wontên ing ngajêngan ||

38. lamun saking panyêrêg pandhêdhêg suku | punika pinanggya | nèng têngah kang rajanapi[27] | bilih wêdalipun saking winantonan ||

39. gih punika mênggah rajanarinipun | wontên ing pungkuran | wus tamat kang rajanari | kanthi êbab ngabah-abah ing turăngga ||

 


Kurang satu suku kata: kampire ing wisma mami. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêbit lontar sawiji kang kaolipun. (kembali)
pinggir. (kembali)
Pajajaran. (kembali)
Lebih satu suku kata: awit kala panjênênganiraji. (kembali)
Lebih satu suku kata: miwah waos ta kadipundi. (kembali)
kacang. (kembali)
Kurang satu suku kata: sogokannya kabolong sadasa. (kembali)
Lebih satu suku kata: pejetan srawyanipun. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: saraweyan banjur êri pandhan lêsning. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: Kyai Anom mèsêm ngandika rum. (kembali)
12 Mênggah (dan di tempat lain). (kembali)
13 dupi. (kembali)
14 punika. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: lamun badhe amangangkah congklangipun. (kembali)
16 tingkah. (kembali)
17 cêmêthi. (kembali)
18 kemawon. (kembali)
19 nyongklang. (kembali)
20 panggraita. (kembali)
21 lumpatnya. (kembali)
22 turanggi. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: ri wusnya mangkana. (kembali)
24 kapal. (kembali)
25 sagêda. (kembali)
26 inggih. (kembali)
27 rajanari. (kembali)