Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

31. Kinanthi

1. gantya wau kang winuwus | bilih angabah-abahi | prayogi nèng jro gêdhogan | patrapira kang rumiyin | kinêndhalèn pangêrogan | gya cinancang nganan ngering ||

2. wontên ta utamanipun | badhe dèn abah-abahi | kang krisik angganing kuda | salebrak kapasang mathis | mênggah têpining salebrak | kalajêng tumumpang muging ||

3. ajêjalak yèn wus mungguh | lêrês igah[1] udhunnèki | miwah ngajêng wingkingira | lapak pinasanga aglis | tumumpang nèng têngah srebrak | anulya dipun êmbani ||

4. kang kêncêng pamanthêngipun | pasang apus buntutnèki | nulya pasang apus dhadha | rampunging kasêbut ngarsi | lambe nulya cinarakan | taracak dipun barêsih ||

--- 2 : 128 ---

5. ri wusnya makatên laju | rinucat ponang kêndhali | pangêrokan sinantunan | kêndhali ingkang pinasthi | kaanggèkakên turăngga | yèn apus wangsul rinukti ||

6. mangkana kêndhalinipun | kêndhali ingkang prayogi | tumuntên kaêtrapana | apus kanan miwah kering | mila kantun pamasangnya | timang yya nganti kawalik ||

7. dene inggih udhunipun | kêndhali ingkang prayogi | kaangkah agunggangira | mung sajênthik winitawis | ewasamantên gih datan | kenging tinartamtu awit ||

8. manut cacondhonganipun | cêkak tuwin landhungnèki | kêndhali pamasangira | gumantung nèng patitasing | panitikipun kang numpak | mênggah kacinanirèki ||

9. turăngga kêndhalinipun | ingkang kêdah dèn cêkaki | ingkang măngka linandhungan | saèstu tan condhong wawi | cathuk-cathuk lan tumănja | dene kosokwangsulnèki ||

10. bathothot adrênging kayun | ngungsêt-ungsêt tan saririh | kapal tumpakan punika | pamasanging kang kêndhali | ing sasagêd-sagêd kêdah | kang dados condhongannèki ||

11. ngabah-abahi wus rampung | yèn badhe ngêdalkên saking | ing gêdhogan kêdah ingkang | sarèh rèrèh ngirih-irih | sarta malih kinarunga | gya grusa-grusu giniri ||

12. amargi yèn grusa-grusu | asring nuwuhkên tan yogi | manahe ponang turăngga | mênggahing panimbang mami | mangrèh kuda lan wanita | sabarange sami ugi ||

13. de kandhali jawi wau | kang rangah awarni kalih | wontên ingkang unènira | cacah kalih wêlas tuwin | nêm bêlas ingkang [ing...]

--- 2 : 129 ---

[...kang] sisinya | dene kang nêmbêlas sisih ||

14. winastan buntala iku | mênggah kalinge kêndhali | kang minăngka sêsambêtan | apan pakêm wastanèki | dene kang angsal gêlangan | bungkul wastanipun nênggih ||

15. panjang cêlaking kandhangsul | inggih wontên pedahnèki | amargi kapal punika | condhonging tyas ratan sami | wontên lèrèg condhongira | wontên rujuk dèn slêkêki ||

16. yèn mring lèrèg condhongipun | kang măngka dipun slêkêki | punika dadya jalaran | awrat lambening turanggi | dene gosokwangsulira[2] | nuwuhakên monyar-manyir ||

17. de gêlangan dhapuripun | punika kêkalih warni | ingkang anamung giligan | lus-lusan wastanirèki | dene kang gêlit-gêlitan | kalenthangan dèn wastani ||

18. mênggah êbabe kêndhangsul | kang tumrap kangge ngajari | kapal kang ènthèng lambenya | utawi kapal kang têksih | anèm sawêg bibar rampas | dèrèng rampas langkung malih ||

19. punika kêdah kang kêthul | gih punika unènnèki | kapapakana sadaya | ingkang ngantos mèh waradin | botênipun pinapakan | kablêbêta kang waradin ||

20. kalawan sinjang puniku | unèn namung katon mingis | nging punika tambêl bêtah | wus tamat babing kêndhali | ing mangkya gantya winarna | anênggih êbab camêthi ||

21. utawi winastan têmbung | kang wus mupakat ing nardi | datan liya saking rotan | inggih punika pênjalin | sawlas kêpêl panjangira | dene wujud [wu...]

--- 2 : 130 ---

[...jud] kalih warni ||

22. tamparan sawarninipun | giligan sawarni malih | sanadyan ingkang giligan | pucukipun kêdah mawi | sinambêtan têtamparan | mung sakilan winitawis ||

23. saha têtamparan sinung | bundhêlan gangsal utawi | nênêm prênthil kathahira | mênggah paedahirèki | camêthi mawi bundhêlan | ginêbagkên langkung sakit ||

24. katimbang lan kang tan sinung | bundhêlan sakit kang mawi | anjawi saking punika | wujud tumraping camêthi | mawèh sêmu datan kêmba | pucuking tamparan mawi ||

25. sinungan rênggan jajêmbul | mênggah cacêpêngannèki | sakarsane dènnya ngrêngga | pinaponthang-ponthang saking | mas swasa tuwin salaka | dene panjanging camêthi ||

26. kajawi miturut ukur | inggih kêdah-kêdah mawi | mawang lan kang tinitihan | pinantês agêng lan alit | bab camêthi sampun tamat | prayogi kèndêl rumiyin ||

27. rèh wus dangu anggadêbus | bilih botên dèn sêlani | ngunjuk wedang dhêdhaharan | têmah katulên sayêkti | Mas Cêbolang latah-latah | wus samya ngunjuk nyênyamik ||

28. Mas Cêbolang aris matur | ulun mirêng srêngming-srêngming | bab sranduning pun turăngga | ugi wontên kang pinilih | sami andarbèni watak | pinêndhêt ingkang prayogi ||

29. Madiaswa lingira rum | adhuh mitraku wong sigit | de tan ana kaliwatan | dalah sranduning turanggi | dadak prêlu ditakokna | lêrês inggih pancèn mawi ||

30. kalamun sagêd pikantuk | punika langku[3] utami | mangkya sranduning turăngga | kula pêndhêtakên saking | dêntayyanjana awi [...] | aksara ba kang mungkasi ||

31. ilu ingkang têgêsipun |

--- 2 : 131 ---

watêk ènthèng lambenèki | ilat alit gilig watak | burus lana manahnèki | untu alit rêntêg rantak | pucuk mêdal sawatawis ||

32. utawi kang dêngkèng pucuk | ugi mêdal sawatawis | manjing dhatêng kabagusan | tuwin burus manahnèki | têbih maring nora lana | irung kang anikêl pakis ||

33. manjing kabagusan namung | idêp rêmpêg jajanèki | tuwin ingkang alêlamban | watêk têgêse tyasnèki | uwang kalimis gobogan | tumrap kabagusan naming ||

34. ula-ula ingkang wangun | amapah pisang utawi | saha gilig tosanira | watak sakeca kang nitih | iga ingkang upih mayat | manjing sambadaning warni ||

35. andhêman kang kiyat kêdhut | anjêngkêrut nganan ngering | punika watêke rosa | ugêl-ugêl dhapur kadi | gagang daru watêkira | sakeca tumpakannèki ||

36. tuwin bagus warninipun | unyêng-unyêngan kamuging[4] | ing cithak [...] | watêk burus manahnèki | aka [...] | [...] raca kang winarni ||

32. Pangkur

1. [...] nêr sarta | lênyêt lêkok [...] | dhatêng kabagusanipun | catunya [...] p | kang ran catu lambe nginggil ingkang pucuk | kalêbêt ing kabagusan | myang watêg graita lantip ||

2. cithak lêbêt kang lêkokan | inggih manjing mring kabagusan aming | cêthik kang igil puniku | pan dhukuli [...] apan | manjing dhatêng sambadaning ingkang wujud | ca [...] gèpèng kêncêng pan | watêk rikat plajêngnèki ||

--- 2 : 132 ---

3. kang ran calung wit wadidang | têkèng dhêngkul calung namanirèki | cêlêkuthikan puniku | kalêbêt watêkira | trajang sae miwah ènthèng junjungipun | ingkang aksara ca têlas | aksara ka kang gumanti ||

4. kuping kang muluh katigas | myang kapancas rosa bagus kang warni | kuncung kang ngumbala mawur | bantêr kèh manahira | kintêl ingkang kadidene ulêr jêngdhung | watêke ènthèng lambenya | sarta bagus warnanèki ||

5. kulit kang tipis anglamat | saha ingkang kandêl dagingirèki | watêk bantêr manahipun | kutis mandhukul mayat | murugakên sabdaning wujudipun[5] | konthol pindha manggis lawan | ingkang dhapur ngalak ambing ||

6. lir kalak ambing wohira | rosa kuwat watêking kang turanggi | ngalèn lêbêt lêkokipun | sarta kapara panjang | pan têtiga punika wêwatêkipun | sapisan inggil junjungnya | plajêng rikat wagêt sirig ||

7. kuwur kang anguku bima | muhung dhatêng kabagusaning wajik | kêmpung kang bêdhadhag amung | [...] | kang wus têlas aksara [...] | [...] tlapukan kang kandêl apan | klê [...] aming ||

8. tapikan kang tipis wrata | saha ingkang dhapur macucal aking | watêk kumringsik tyasipun | myang sae warnanira | tapak hyang kang jajar tan balabèr iku | marang gusi watêkira | alana manahirèki ||

9. têtiyang ingkang ajajar | ugi watêk tulus manahirèki | têpak mayat saha agung | watêkira arosa | tur sambada tuwin bagus warninipun | tunggarana agêng sarta | kadi sirah têkèk warni ||

--- 2 : 133 ---

10. punika watêke rosa | taracak kang nanjung dhapurirèki | sarta alus sêratipun | watak rikat plajêngnya | tuwin bêtah tur asae warninipun | kang aksara ta wus têlas | aksara sa kang gumanti ||

11. suri tipis mawur wrata | watêk bantêr manahira kumrisik | sirah acêlak saha gung | manjing mring kabagusan | siyung ingkang basan dawêg agêngipun | watêk burus manahira | silit kang mapon prayogi ||

12. muhung mring saening warna | supit ingkang rapêt watêkirèki | awèt ingkang rosanipun | kang ran supit punika | lêdhokane tracak sangandhaping kucur | suku ngajêng kang anjala | bagus kawujudannèki ||

13. aksara sa sampun têlas | mangkya gantya aksara wa winarni | wulu ingkang tipis alus | saha kang mandhês gilap | watêk bantêr kumrisik warnanya bagus | wangkong ingkang radi wiyar | manjing kabagusa[6] aming ||

14. wayang tipis kêngkêng aran | watêk rosa myang kabagusan manjing | wiron ganjêl atangipun | watêk burus manahnya | kang ran wiron punika ingkang jêngkêrut | kiwa têngêning andhêman | wadhuk kang bêdhadhag manjing ||

15. dhumatêng ing kasêmbadan | wadidang kang wangun bongkoting arit | manjing kabagusanipun | aksara wa wus têlas | kang aksara ma mangkya ingkang winuwus | prayagi punika ulat | kang anjêgurêng prayogi ||

16. nging kang sarèh sêmunira | watêg lana manahe mitayani | pacêg alit gilig amung | [...][7] | manjing marang kabagusan | pasunira ingkang kadi ||

17. mungkal kêrang [kê...]

--- 2 : 134 ---

[...rang] amung marang | kabagusan pancadan kang mandhikil | manjing sambadaning [...] | tanapi kabagusan | pipi ingkang kaduk kandêl ga [...] | murukkên pantêsing warna | pucak ingkang landhung manjing ||

18. muhung dhatêng kabagusan | pupunira ingkang amukang gangsir | ugi bagus warninipun | purus kang agêng cêlak | watêk rosa myang bantêr palajêngipun | palintangan ingkang wiyar | watêk panjang umurnèki ||

19. pusêr têbih lan purusa | watêkipun bêtah palajêngnèki | aksara pa sampun santun | aksara ja winarna | jêngku ingkang kados capu warninipun | manjing dhatêng kabagusan | jalak ingkang dhapurnèki ||

20. lir gigir kintêl punika | watêk rosa juluk kang igilnèki | anglangkungi jalak wau | manjing sambodèng warna | jilir ingkang mandhikil kalêbêt bagus | jompong ingkang agêng panjang | manjing sambadaning warni ||

21. janggut ingkang dhapur jangkar | manjing dhatêng kabagusaning warni | janggêl ingkang panjang agung | myang gèpèng watêk rosa | aksara ja sampun têlas ga kang anusul[8] | gusi kang wradin watêknya | aburus manahirèki ||

22. gulu ingkang wiyar ngandhap | nginggil gilig bagus sambodèng warni | garis kang malira wujud | watêk cukat trajangnya | tuwin rikat tarampil palajêngipun | gêdhog kang dalêjêr panjang | apan rosa watêknèki ||

23. galêng kang galigir rosa | gandhik ingkang kiyal pan rosa ugi | ingkang aksara ga sampun | aksara ba pungkasan | bangar ingkang wiyar bêtah plajêngipun | myang bagus bangar punika | lèngipun irung kêkalih ||

24. bungur kang ginrayang kadya | cucag garing rosa watêkirèki | bobat kang kêngkêng puniku | manjing

--- 2 : 125[9] ---

dhatêng karosan | bokong ingkang nyangkok imbana kadhapur | utawi lir cangkok maja | muhung mring bagusing warni ||

25. buntut ingkang mapah pucang | watêkipun lana manahirèki | wus tamat sarandonipun | kapal kang pinilala | Mas Cêbolang umatur kalangkung nuwun | mênggah ulêsing turăngga | ingkang kalêbêt utami ||

26. myang manggèning prabotira | Kyai Madiaswa lingira ris[10] | ulêsing turăngga amung | abrit cêmêng utawa | dene prabot pyambak-pyambak manggènipun | inggih praboting turăngga | kang abrit mangkya winarni ||

27. suri ingkang tipis pêra | wulu pandhês tipis kulitirèki | kêkuncung ngumbala mawur | buntut ingkang tan kathah | utawi kang kapara sarang puniku | nracak nanjung lus sêratnya | bêbalungipun kang alit ||

28. prabotipun kapal krêsna | kunjung kêmpêl dalojor surinèki | kandêl dlojor kêmpêl patut | buntut amapah pucang | wulu gropok kacêl kêndho kulitipun | taracak cèpèr sêmbada | agêng bêbalungannèki ||

29. silih asihing dandosan | tuwin ulêsipun kang turanggi[11] | kapal abrit prabotipun | ingkang dados pêthingan | gangsal kuncung suri kulit tracak wulu | mung kêkalih kapal krêsna | buntut lawan balungnèki ||

30. mênggah katêranganira | kapal ingkang pilihan prabotnèki | kuncung kang ngumbala mawur | suri kang tipis atap | wulu kandêl atipis kang kulitipun | buntut dhapur papah pucang | kang agêng bêbalungnèki ||

31. tracak kang alus sêratnya | dhapur nanjung jangkêp [jangkê...]

--- 2 : 126 ---

[...p] kasapta warni | mila kapêndhêtan iku | silih asih jalaran | saupami kapal punika anamung | kadunungan dadosannya | amaligi kapal abrit ||

32. tamtu tan burus manahnya | saha bantêr karosan tan darbèni | bilih kadunungan namung | dadosan kapal krêsna | pasthi kirang saha manah sangêt cubluk | manawi dandosanira | sagêt jangkêp silih asih ||

33. kadi kang kasêbut ngarsa | ingkang tamtu bagus warnanirèki | sarta bagus manahipun | ajêg karosanira | kasêmbadan kabagusan ingkang wujud | ingkang angsal papêthingan | saking ing kawan prakawis ||

34. kang rumiyin saking pada | kalih raga jăngga ingkang kaping tri | wadana jangkêp ping catur | bab raosing tumpakan | kapal ingkang lana myang graita tuhu | utami utawi rosa | punika saèstunèki ||

35. sakeca tumpakanira | dhuh mitrèngsun mung kantun saprakawis | inggih punika bab ngukur | Cêbolang angrêrêpa | ayya tanggung kula nyuwun babaripun | Madiaswa mêdhar sabda | yèn badhe ngukur turanggi ||

36. kêdah mawi srana tampar | ukur sanga patrapira winarni | ingkang dèn ukur rumuhun | gêl-ugêl suku ngarsa | ingkang têngên tatêrusan gathuk têpung | lajêng katêkuk-têkuka | kaping sanga kathahnèki ||

37. wusing katêkuk ping sanga | gya kaukur wit saking tracak ngarsi | manginggil pangukuripun | dumuginipun jalak | lamun langkung pra kalih wêlas linuhung | yèn langkung sapara sanga | punika kirang prayogi ||

38. ukur sambada winarna | wit ujunging catu lajêng manginggil | dumugi jajompongipun [jajompong...]

--- 2 : 127 ---

[...ipun] | tumuntên kalajêngna | turut maring sanginggiling surinipun | sadumuginipun jalak | lajêng katurutkên maring ||

39. ula-ula linajêngna | dumugining ing pucuk janggêlnèki | pangukur bilih wus rampung | gya kasampirkên jalak | bilih sagêt langkung saking suku ngayun | kiwa têngên pan prayoga | sêmbada bilih nêtêpi ||

40. yèn cupêt awon yaktinya | kapal jinggring punika pun wastani | wus tamat sadayanipun | bab ayun jêngandika | tiyang èstri gènnya sêsaji wus rampung | lah sumăngga sami dhahar | ngêlih ulun gêgirisi ||

33. Girisa

1. Cêbolang matur sumăngga | wus tilar saking pandhapa | pinarak têngahing wisma | parigêl Nyi Madiaswa | angladosi tamunira | Ki Wisma nglinggih punika | warnine bok ayu para | sawêg awawêka tiga ||

2. andhêku kang sinung sabda | noraga aris turira | bak ayu wus lami kula | têpang lawan rakandika | sawêg samangke pinanggya | kalawan ijêngandika | sampun kirang pangaksama | mring pun pêkir kawlasarsa ||

3. Nyi Wisma mangsuli sabda | punapi rinasakêna | tyang wus ingakên sudara | lawan raka jêngandika | adhi sampun mawi taha | Cêbolang sru panuwunnya | wus wantingan kalihira | gya nadhah langkung mirasa ||

4. rahap nutuk sawusira | dumugi gya cinarikan | wowohan lumadyèng ngarsa | wawi punika mangsêgan | andhêku kang sinung sabda | gya ngambil [ngambi...]

--- 2 : 128 ---

[...l] sasukanira | Cêbolang ris atêtanya | mênggah ingkang pangandika ||

5. kathah kang dèrèng uninga | basan driji têngah gêsang | angarêm-arêm punika | gănda kasisir myang buntar | kaosikkên winantonan | amêr-amêr kinathahan | imbal sêrêg rêsik dhagnya | kacêngèr myang kinothongan ||

6. sêrêng myang lumampah dhandhang | kasanggi kandhali unclang | nyangkol kandhali anjèngèr | makêm kacawuk sasmita | kacariki monyar-manyir | tuwin kang ran palintangan | kadi paran wrêdinira | utawi katêrangannya ||

7. Mardiaswa sung wangsulan | lêrês punika bêbasan | èstu awis ingkang wikan | manawi botên jinarwan | piniyagah nora komram | bilih tiyang dèrèng atam | mênggah punika bêbasan | makatên ingkang katrangan ||

8. dariji ing têngah gêsang | angolah-alih pan angsal | angarêm-arêm punika | sarana tan katandukan | pangêrèh ingkang turăngga | gănda kasilir punika | camêthi sarananira | pinolahkên yya tumiba ||

9. ngajrih-ajrihi kewala | lênggah buntar patrapira | kapara wingking punika | kaosikakên kajêngnya | tangsulipun ingkang kêdah | kaobahakên kalawan | kêrêp kaoyok kang badan | kadhêdhêk myang kawantonan ||

10. kawantonan swardinira | dipun camêthi punika | amêr-amêr panyêpêngnya | kanang apus kêncêng madya | dipun kathahi têgêsnya | punika kang kinathahan | manahe ponang turăngga | sarananya ingkang numpak ||

11. amrêdêngkên manahira | utawi anggadhahana [anggadhah...]

--- 2 : 129 ---

[...ana] | raos sêdya murih praya | plajêngipun kang turăngga | imbal lampah gagro jarwa | sêrêg punika bocongnya | kang numpaki amingsêta | mangajêng têrus ing nala ||

12. rêsik andhêgnya punika | andhêg ingkang grêg kewala | kacêngèrakên punika | dipun sêngkakkên têgêsnya | dipun kothongi kajêngnya | punika manahe kuda | binudi kakothongana | kinêmbanan sarananya ||

13. sêrêng punika sirignya | kapal tingalipun rikat | nanging rindhik sayêktosnya | lumampah dhandhang punika | ingkang surinipun kapal | ngajêng wingking cuthat-cuthat | pramilane winastanan | lumampah dhandhang maksutnya ||

14. andhandhang angarsa-arsa | pikajêngan kang anumpak | yèn sinêdya kasirigna | inggih lajêng nyirig dhawak | yèn sêdya kasandêrêna | gih lajêng nyandêr kewala | makatên sasaminira | basane wus nunggal karsa ||

15. ngajêng kasanggi punika | nyêpêng apus kainggilna | angêncolang kang kandhal yya | kêdah kalêpèh sarana | mundhuk manthuk kang turăngga | nyangkol kandhali punika | kacangkolkên ing ngêbamnya | dhèngèr adhangak jawanya ||

16. makêm punika turăngga | angingkêmi kandhalinya | kacawuk yèku kasêndhal | manginggil panyêndhalira | suka sasmita turăngga | titikên sasampunira | karangkèt mêdal kajêngnya | gya pandhapan sasaminya ||

17. anyaraki patrapira | kinocoran lambenira | klayan toya kang warata | gya ingusapakên karna | monyar-manyir lambenira | inggih tan ajêg punika | kang winastan palintangan | punika unyêng-unyêngan ||

18. kang nèng ngajênging

--- 2 : 130 ---

purusa | wus tamat sadayanira | Mas Cêbolang langkung suka | saha nuwun aturira | sarèhning sampun dumugya | kula nyuwun pêpaliman | wangsul maring pamondhokan | sami kantuna raharja ||

19. Nyai Wisma nulya mêdal | umatur ing tamunira | pun adhi bilih sêmbada | ngantosana sawatara | ulun damêl wedang kahwa | linalapan gêndhis klapa | punika sampun samêkta | Cêbolang mèsêm lingira ||

20. bakyu iki dhasar bisa | anuju maring driyamba | saèstu atur kawula | sabên-sabên mêntas nêdha | kêdah ngombe wedang kahwa | bilih tan makatên kêmba | wedang wus lumadèng ngarsa | kumêmbul gambuh gandanya ||

34. Gambuh

1. sawusira anginum | wedang kahwa Cêbolang umatur | sarêng sampun kasiraman wedang kopi | kang kalimput nulya thukul | nênggih kang dèrèng kacriyos ||

2. wontên tiyang amuwus | lambe kuda wolu warninipun | gandhul abot antêp gamoh ètêl gêmi | ènthèng mrayang jangkêpipun | kathah kang sami padudon ||

3. paran ta wijangipun | Madiaswa gèdhèg lingira rum | bêbasane si adhi anguras kwali | dalah kumlate tan kantun | punika pamanggih ingong ||

4. kang winastan puniku | lambe gandhul inggih patrapipun | lambe ngungsêp mangandhap datanpa kering | de lambe abot winuwus | kang badal kêndhali noncong ||

5. sirahnya datan dhingkluk | nanging gêsang inggih basanipun | lambe antêp ugi ambadal kêndhali | sirah botên purun dhingkluk | nanging cangkêm pungguh yêktos ||

6. lambe gamoh puniku | langkung sae pilihan saèstu | ingkang ènthèng purun ngêculkên kêndhali [kêndha...]

--- 2 : 131 ---

[...li] | de lambe ètêl kang kêdhut | ananging ènthèng kemawon ||

7. tur tinantonan purun | lambe gêmi punika winuwus | ingkang tipis gamoh tinantonan kenging | de lambe ènthèng puniku | nama myang raos wus jumboh ||

8. mrayang pungkasanipun | lambe ènthèng tadhah datan purun | de kêndhali ugi kêdah angucali | kang rujuk lan lambenipun | botên kenging carup awor ||

9. kapal kang lambe gandhul | manahira landhêp graitèku | kêdah mawi kêndhali kang lênggang tuwin | ingkang awrat bobotipun | wunèn kang mulu sayêktos ||

10. sêsêr cêkapan namung | sarungannya botên mawi brangus | pangangkahe ing têngah dipun kêmbani | dèn rêrisi lambenipun | panyêpênge apus pêngkoh ||

11. kasanggiha puniku | saking sakêdhik supadosipun | badhe sagêd lêga lambening turanggi | narik lêganing tyas tuhu | kapal anurut sapakon ||

12. kapal drat lambenipun | manah kathah graitane iku | lambe awrat punika tigang prakawis | sapisan dhasaring tutuk | kêndhali kang ènthèng condhong ||

13. samadya landhêpipun | sêsêrira ingkang radi landhung | bilih awratipun wau saking gusi | kêndhali kang awrat kêthul | sêsêr kapara ngalokro ||

14. manawi awratipun | saking ilat kêndhali kang kêthul | ingkang awrat sêsêr cêkak tumèmpèl ing | lambe de pangangkahipun | têngah tambuh ngajêng tamboh ||

15. pinèt salintiripun | tyasing kapal yya dèn grusa-grusu | wit lambening kapal lamun pinarduli | kantun budi manahipun | lêga amanut sapakon ||

16. yèn antêp lambenipun | kêdah ngangge

--- 2 : 132 ---

kandhali puniku | ingkang awrat lênggang landhêp wunènèki | raos antêp sababipun | kirang rosa suku nyleyor ||

17. taracak ugi miyur | saha lambe kirang gamohipun | pangangkahnya ing ngajêng kêdah sinanggi | dèn rêrisi lambenipun | têngah winantonan gupoh ||

18. wingking winantu-wantu | tinempelan ing camêthinipun | ngirih-irih dènnya miluta mrih kenging | tyasing kuda lêngganipun | dadya miturut sapakon ||

19. kang ènthèng lambenipun | manahira basane sumuruh | graitane winastanan pan sayêkti | lambe manahipun gamuh | kêndhalinira kang condhong ||

20. nèm ènthèng wunèn kêthul | ing pangangkah kêdah langkung alus | ngarah-arah arèrèh angirih-irih | sampun kuciwa ing sêmu | tyas sumèlèh ngatos-atos ||

21. awit kapal puniku | wus kalêbêt sae manahipun | bilih lêpat ing pangangkah anjalari | badhe muyap manahipun | wurung dandosan sayêktos ||

22. kang kirang manahipun | nanging landhêp graitanya mulus | lambe kandêl kêndhalinya kêdah milih | ingkang ènthèng wunènipun | ing pangangkah ngatos-atos ||

23. dèn rêrisi ing ngayun | de ing têngah sinêrêga muhung | wingking dipun kempoli kanang camêthi | nyarêngi lêganing kayun | narik mring lambe gumolong ||

24. srat katuranggan sampun | nyêbutakên patrap kang kadyèku | basanipun katula tinali-tali | saèstu angèl kalangkung | ing pamrih sagêde golong ||

25. kapal kang kirang kalbu | sumpêg sêbêl panggraitanipun | nanging lambe bêbasanipun agêmi | kêndhali kêdah kang kêthul | saha ingkang tanpa bobot ||

26. mêgah[12] pangangkahipun [pa...]

--- 2 : 133 ---

[...ngangkahipun] | ing panumpak ngajêng dèn atambuh | de ing têngah tan kêndhat dipun wantoni | iki pinêthil ing têmbung | tinaliti ingkang prabot ||

27. dhêsir yya cêkak landhung | sarungannya ingkang mawi brangus | adad sagêd lêga manahe turanggi | narik dhatêng lambenipun | punika kang wus kalakon ||

28. kapal kèh manahipun | panggraita kirang dhasar cubluk | lambe mrayang punika kêndhalinèki | ingkang awrat saha kêthul | binalêbêt sinjang amoh ||

29. sêsêr tumèmpèl gathuk | marang lambe de pangangkahipun | ingkang numpak panyêpênging apusnèki | tumrape ing lambe amung | amêr-amêr sarta kukoh ||

30. lênggahing badan anrus | kang sêmèlèh myang sarèh tyasipun | pangangkahing lampah mung salah satugil[13] | botên kenging santun-santun | yèn dèrèng sae sayêktos ||

31. kapal kèh manahipun | graita kèh lawan manah tumbuk | nanging kirang landhêp ènthèng lambenèki | manahipun kirang gambuh | mênggah kêndhali kang condhong ||

32. kang antêp saha kêthul | pangangkahing panumpak puniku | botên kenging kawasa-wasa mrih gêlis | saking sakêdhik mèt kayun | sêrênging sumèh trus batos ||

33. bab lambe mung puniku | inggih adhi sasêrêpan ulun | Mas Cêbolang dhêku aris aturnèki | kakang ing pangintên ulun | bokmanawi wus tan mrojol ||

34. saking wawolu wau | kalilana ulun lajêng mundur | maring pondhok Ki Wisma miwah kang èstri | wawi wangsul jawi pintu | asung pudya karahayon ||

35. cinarita apan wus | lami dènnya amarsudèng kawruh | ing pangrèhing turăngga marang Ki Madi | kacathêt sajroning kalbu | sadaya sampun [sa...]

--- 2 : 134 ---

[...mpun] kagayoh ||

36. sawiji dina nuju | nèng pondhokan Mad Têngara gupuh | aprasabên kakang kantuna ing panti | mupung botên wontên tamu | ulun sakêdhap yun mlancong ||

37. sowan nyi uwa juru | pujangkara prêlu nyuwun tuduh | badhe dêging rancangan griya puniki | ingkang sae dintênipun | Mas Cêbolang lingira lon ||

38. yayi bilih panuju | myang tan wontên ing pakèwêdipun | kula tumut sowan supadi mêwahi | antuka wanuhan luhung | pyagung sêpuh ali raos ||

39. Ki Amat sukèng kalbu | kakang lakung prayogi saèstu | uwa juru saking pangraos tyas mami | bab etang-etang wus lakung | mila kinathik sang katong ||

40. sanggyaning pra priyantun | bilih badhe akagungan prêlu | tamtu nyuwun papetangan kang prayogi | dhumatêng pun uwa juru | mrih lastantun karahayon ||

41. Cêbolang malih muwus | wawi adhi kula èstu tumut | wus umangkat santri papat kang umiring | nèng ênu datan winuwus | kèndêl ing pintu sang anom ||

35. Sinom

1. kyai juru pujangkara | bakdaning waktu ngasari | angidêri têtanêman | sasêkaran warni-warni | nèng kiwa têngên panti | ginula-gula binatur | sêlaning bêbaturan | ingurug karikil langking | pagêr luntas pinapak-papak naracak ||

2. wadene lumadyèng wuntat | sira Nikèn Pujastuti | nglugas tan mawi rasukan | arimong kurasi kuning | lading alit cinangking | parêkan kalih nèng pungkur | ambêkta panadhahan | siji bêkta talam alit | isi gantèn tumumpang anèng sap asta ||

3. ki juru angalap sêkar | sinungkên marang kang rayi | tinata nèng panadhahan | nulya mring kêbonan wingking | ngundhuhi kacang cipir | boncis kapri myang katimun | tanapi gagudhangan | wangsul mring plataran malih | angundhuhi wowohan mawarna-warna ||

4. antuk kalih panadhahan | ki juru ngandika aris [ari...]

--- 2 : 135 ---

[...s] | nikèn sira sadhiyaa | saanane kang pra [...] | aja [...] ciwani | kang patut kanggo sasuguh | kèndêl dènnya [...] | Ki Mad Têngara mangarsi | wusing cêlak kyai juru angandika ||

5. jêbèng saka ngêndi sira | wangune kaya wigati | umatur Kyai Têngara | ulun muhung saking panti | prêlu sowan mariki | akalihan bêkta tamu | pun kakang Mas Cêbolang | kula tilar wontên jawi | kyai juru ngandika mring èstrinira ||

6. Nikèn wus sira muliha | banjurêna prentah mami | mêngko sabakdaning ngisa | ki tamu ajakkên bukti | lèngsèr Nyi Pujastuti | Têngara turana gupuh | putraku Mas Cêbolang | yya kadangon anèng jawi | Mad Têngara mundur praptèng paregolan ||

7. nulya ingirit mangarsa | santri catur tansèng wingking | praptèng plataran pinapag | mring ki juru gya kinanthi | sarwi nêmbrama manis | padha bêcik sira bagus | lami sun ngarsa-arsa | kowe mau saka ngêndi | kang liningan umatur pangèstu tuwan ||

8. muhung saking pamondhokan | bêbasan kapasang yogi | wus lami ulun yun sowan | pun adhi wau sung uning | badhe sowan mariki | mila ulun lajêng klayu | nêngêna pinanggihan | nèng panti kilèn pandhapi | dhapur kampung wetan ngilèn ing emperan ||

9. kori têngah trus pêngkêran | patamanan kilèn panti | têngah sinungan balumbang | ingingonan wadêr abrit | lêlarèn angubêngi | sinung sidhatan mangidul | mring balumbanging langgar ||

--- 2 : 136 ---

binatura sela putih | toya wêning gagêng mirut ngering nganan ||

10. sri kawuryan piniyarsa | sauran [...] ling pêksi | kang samya anèng sêngkêran | kadi su [...] ge maring | ingkang anêmbe prapti | brêkutut aduduk layu | dêrkuku putêr pêthak | blastêr dara gondhok pèrsi | nori atat miwah pêksi cèh-ocehan ||

11. lir mamèrkên swaranira | sru sakeca piniyarsi | wus tata dènira lênggah | sunggata lumajwèng ngarsi | pasêsan gantèn wangi | patehan pangiringipun | dhaharan rarêmikan | ki juru angancarani | jêbèng kono saanane rinahaban ||

12. andhêku kang sinung sabda | pasunggatan dèn tanggapi | minum wedang myang dhaharan | sinêlanan gantèn wangi | Ki Amat matur aris | gatosipun sowan ulun | badhe ngadêgkên griya | nyuwun tanggal wulan ari | nuwun benjing punapa prayoganira ||

13. ki juru mèsêm ngandika | upama aja barêngi | lan gawene bakyunira | sasi Bêsar kang prayogi | ta besuk bae kaki | Rabingulakir sitangsu | yèn wis cêdhak kewala | sira ngelingêna mami | Ki Têngara andhêku matur sandika ||

14. ngandika malih Ki Wisma | marang ing tamunirèki | ing karane kabênêran | sisan ulun asung uning | Bêsar ing ngarêp iki | manira yun amêmantu | ngomah-omahke anak | wadon ran Rara Mustari | dhaup lawan Gus Samsu atmajanira ||

15. Ki Ngabèi Mangunarja | kadêmangan ing Pangasih | lamun sira durung linggar | êndak purih angawruhi | Cêbolang matur aris | sêndika langkung [lang...]

--- 2 : 137 ---

[...kung] panuju | mênggah têmpuking karya | wontên ing dintên punapi | ki juru [...] sauwise bêdhol tumbak ||

16. ing tanggal kaping patbêlas | Jumungah Pon amarêngi | pêcak sawêlas ningkahnya | sorene bakda maribi | pangantèn banjur panggih | mung calimèn basanipun | marma rinira Amad | gone rêp ngadêgkên panti | dak kon mundur dadi tan bêbèncèng karya ||

17. hèh Ragaduta dandana | unjukna lapuran iki | jujugna regol kewala | katur Nyi Gung ingkang tampi | sêrat wus dèn tampani | Ragaduta nulya mundur | Cêbolang bêbêg ing tyas | nanging ayun matur ajrih | jroning migu gagas badhe aturira ||

18. rêraosan lan Ki Amat | ngadêgipun wisma adhi | punapi mawi pilihan | tan prayogi jangji sasi | Ki Amat amangsuli | makatên saèstunipun | nanging kula tan wikan | kajawi matur kiyai | uwa juru supados têranging nala ||

19. uwa punika pun kakang | atêtanya dhatêng mami | masalah ngadêgkên griya | paran katêrangannèki | ki juru ngandika ris | adêging omah puniku | lawan tibaning pangkat | pan padha etanganèki | mula lamun jêng sultan ayun misudha ||

20. sadurunge kalaksanan | dhawuh maring mami dhingin | mundhut palapuran ingwang | dina sasi kang prayogi | lan lamun amarêngi | kagungan putra sang mulku | miyose atmajendra | uga ulun angaturi | papetangan atanapi papèngêtan ||

21. kalamun ana grahana | kalawan teja kaèksi | lintang kumukus brah ing rat | tibane laetulkadri | ulun banjur ngaturi | katrangan sarat tinutup | akanthi palapuran | karsa amisudhèng wrêsni |

--- 2 : 138 ---

piyarsakna kang bêcik lawan kang ala ||

22. iki lah mapan pratingkah | ngadêg-adêgakên nênggih | sabarang kang dèn adêgna | bupati utawa mantri | miwah ta saliyaning | kaya ngadêgakên iku | ing wisma sapadhanya | miliha sasi kang bêcik | ingkang ala wajib sira singgahana ||

23. kalamun sasi Mukaram | ala watêke tan bêcik | mapan manggung kasusahan | gêringan payah tanpolih | ing têtămba tumuli | yèn ana durbaya tulus | yèn na pêpadon kalah | amung ngadêgkên narpati | ingkang bêcik liyane iku pan ala ||

24. yèn ing sasi Sapar ala | singgahana ora bêcik | tan wurung lara kasandhang | nanging tan tumêkèng pati | yèn nênandura bêcik | iya ing wiwitanipun | têngahan lan wêkasan | wurung lire nora dadi | tombok donya sirna ora abarêkat ||

25. ing Rabingulawal ala | agêringan watêknèki | miwah ta kapatèn garwa | yèn nênandur nora dadi | lan alanipun malih | kêrêp kadhêndhèng Hyang Agung | Rabingulakir wulan | pilihên iku kang bêcik | ing sabarang iku kang ingadêgêna ||

26. mapan wahyuning kapenak | sabarang prentahe dadi | barang karêpe katêkan | yèn pêpadon mênang ugi | ing sakarsanirèki | yèn nênandur yêkti tulus | lan nora na kandhêgnya | têkan êmas lawan picis | kang supangat jêng nabi nayakaning rat ||

27. lan sapolahe rinêksa | dening Hyang Kang Maha Suksci | de sasi Jumadiawal | ala pan agung prihatin | pêtêngan atèn nênggih | punika wêwatêkipun | yèn apêpadon kalah | anênandur nonora [no...]

--- 2 : 139 ---

[...nora] dadi[14] | kinirangan rijêki dening Pangeran ||

28. Jumadilakir kang wulan | singgahana nora bêcik | akèh rijêki kang prapta | nora nganti dipun bukti | pan agung dèn malingi | kasayaban angguripun | lawan kêrêp kadhêndha | sathithik sukaning ati | apan kêrêp kasusahaning kang manah ||

29. ing sasi Rêjêp pan ala | arang sukaning kang ati | mapan akèh susahira | tininggal maring ing siwi | nênandur nora dadi | bawur angên-angênipun | tan antuk kang sapangat | jêng nabi duta sinêlir | yèn ing sasi Saban puniku utama ||

30. sabarang kang dèn adêgna | punika pan luwih bêcik | akèh rijêki kang prapta | tur sami kalal binukti | kèdhêp parentahnèki | akèh wong kang apitutur | tur padha wèh mapangat | sabarang karêpe dadi | apan antuk kang sapangat Rasullolah ||

31. salalahu huwasalam | wulan Ramêlan tan bêcik | tansah kangelan kang manah | ing lair tumêkèng batin | manggung kinirangan ugi[15] | marang wong kang gêthing iku | akèh wong ingkang ewa | anênandur nora dadi | prayogane padha sira sigahana ||

32. yèn ana ing sasi Sawal | tur bangêt gone tan bêcik | ambarêngi prihatinan | akèh kang wong angewani | wong angalani malih | akêrêp kêtaton iku | tan kèdhêp parentahnya | anênandur nora dadi | pan ing wulan Dulkangidah watêkira ||

33. sabarang kang dèn adêgna | pan asae watêknèki | apan magung kinasihan | mring sadulur sanak rabi | myang sapêpadhanèki |

--- 2 : 140 ---

atanapi mring wong sêpuh | anênandur tan prayoga[16] | mung sêdhêng petangannèki | pan ing wulan Dulkijah wêwatêkira ||

34. akèh rijêkine prapta | êmas atanapi picis | saisining wismanira | tumêkèng laladannèki | tuwin printahan sami | sadaya yêm manahipun | angsal ingkang supangat | Jêng Nabi Rasullolahi | salalahu wangalaihi wasalam ||

35. tamat gantya palairan | ngetung sing nêptuning ari | winor nêptuning pasaran | duk rikalanira lair | kayêktènira ugi | mapan akèh cocogipun | nadyan ta sulayaa | mung sathithik kèh nocogi | pinurwasing nêptuning dina pasaran ||

36. kalamun kapanggih astha | lairira jabang bayi | bambang pring panas baranan | watake pan rada drêngki | kurang marma kang ati | akèh wong kang dèn barangus | rêmên padu wong ika | yèn nêpsu sok bilaèni | wus kayaktèn samangkono watêkira ||

37. kalamun kapanggih sanga | lairira jabang bayi | watakira baranjalan | omah-omah asring ngalih | sabanira atêbih | namung ngungsèkakên gunung | kalamun duwe japa | watakira nora mandi | nora wangwang wong agawe karusakan ||

38. lamun kapanggih sadasa | lairira jabang bayi | anêdha watêk sêmbada | yèn winuruk anitèni | jêro nêpsune yêkti | abaut bisa mardhukun | tan rêmên tinakonan | juwèh-juwèh wong puniki | sumèh ulat trêsna maring kadangira ||

39. lamun kapanggih sawêlas | lairira jabang bayi | lamun barès tur prasaja | wani ngambah ing wêwangi | kêndêl wani ngêmasi | rêmên wèwèh wong puniku | loma maring sasama | alane yèn nandhang miskin | sok calimut jupuk duwèke

--- 2 : 141 ---

tatăngga ||

40. kalamun kapanggih rolas | lairira jabang bayi | kurang narima ing titah | akèh pêparahirèki | kasmaran mring pangasih | èstri atanapi jalu | gampang ngupaya pangan | watakira kurang manis | omah-omah wong ika asring kelangan ||

41. lamun kapanggih têlulas | lairira jaba[17] bayi | rênyah pamicaranira | gungane kapati-pati | nanging atine bêcik | rukun runtut mring sadulur | tan darbèni suwala | bêtah mêlèk tinggal bukti | yèn nyudagar watêke tabêri dagang ||

42. lamun kapanggih patbêlas | lairira jabang bayi | ing têmbe rare punika | sabarang karya pan bangkit | sakêdhap yèn tanduk bukti[18] | agangsar lamun winuruk | tuhu sinungsung janma | cacatira nora sugih | lêmbah manah wong ika rada sungkanan ||

43. lamun kapanggih limalas | lairira jabang bayi | karahjan rare punika | bisa mrentah mring sujanmi | kêras ladak ing ati | cukup mring pabuktinipun | nora kurang pamboga | kathah mitranira asih | mung cacade asring padu maring krama ||

44. lamun kapanggih nêm bêlas | lairira jabang bayi | sèdhêp maring silakrama | angrêsêpkên lamun angling | sugih asura sêkti | juwèh padone wong iku | sabarang kang cinipta | nora luput pasthi dadi | lamun bukti nora kêna pinalangan ||

45. lamun kapanggih pitulas | lairira jabang bayi | mênêng cêguk watêkira | yèn mêrgawe sok niwasi | glêgas-glêgês yèn angling | yèn duwe karêp sok wurung | asring sinungsung janma | kêrêp dèn paeka janmi | yèn kapadhan cipta lakung sukanira ||

46. lamun kapanggih wolulas | lairira jabang bayi | kaduk wani kurang duga |

--- 2 : 142 ---

kumalungkung sok panastin | biyas ulatirèki | yèn dinulu wong puniku | padonira sêmbranan | sumakehan lamun sugih | yèn tukaran dèn antêp tumuli ngalah ||

47. titi petunge plairan | mungguh sasi ingkang bêcik | kaanggo adêg-adêgan | wusing pakantuk kang sasi | kudu angetung maning | kang prayoga dinanipun | utawi nyingkirana | taliwangke sampar mayit | bangas sangar kalane wuku kang ngandhap ||

48. dhêndha kukudan dhungkulan | uga kudu disingkiri | Cêbolang aris turira | langkung lêganing tyas mami | nahên ta wanci mahrib | bêdhug ing lagar[19] tinabuh | santri lit kathah prapta | samya ngaji salawati | alêlagon tunggul miwah pacul gowa[20] ||

49. Ki Wisma aris ngandika | prayoga wêtu kariyin | tanggap ingkang sinung sabda | samya ngambil toyastuti | sawuse praptèng masjid | kang maca salawat suwuk | Nurwitri nulya adan | swara bantas alit mêthit | amung kurang sakêdhik wilêtanira ||

50. suwuking adan gya sunat | sawuse sunat mahribi | Ki Nurwitri nulya kamat | kèndêl kamat prêlu mahrib | ki juru angimami | têkèng bakda ngingsanipun | sampat kang pêpujian | sunatira amêpêki | bakda sunat kyai juru angandika ||

51. jêbèng ayo maring wisma | ibunta sadhiya bukti | tumurun saking ing lagar | Cêbolang Amad nèng wingking | sapraptanirèng panti | Pujastuti lon umatur | dhahar sampun samêkta | ki juru angancarani | payo jêbèng padha mangan saananya ||

52. ibune sira milua | mangan dimèn aja ganjil | kang sinung ling wus mangarsa | saha matur mangênjali | dasihe nyuwun uning | lah sintên tamu puniku | iku ran Mas Cêbolang |

--- 2 : 142[21] ---

asli ing Cilacap nagri | atmajane Janggan Naradi kang wusman ||

53. wis lawas nèng Ngèksigănda | mondhok ing wismanirèki | pulunan Tamat[22] Têngara | ingaku sudara wèdi | papat bature santri | pinarêng ing wêtunipun | slawase kapondhokan | rêjêkine têka mintir | wus dilalah malah yun ngadêgkên griya ||

54. Pujastuti angandika | sokur sokur sira kaki | muga-muga lêstarèkna | andhêku kang sinung angling | kulup kang anyar kèksi | sanadyan nêmbe katêmu | rasaning atiningwang | tan beda lan rinirèki | kaya uwus kulina luwih sawarsa ||

55. Mas Cêbolang aturira | kalangkung nuwun kapundhi | sapintên-pintên nugraha | kang dhumawuh jasat mami | karêngkuh kadi siwi | mênggah sotyaning tyas ulun | kadya rêna priyawak | sampun kirang pangaksami | rèh tyas mănca èstu kirang silakrama ||

56. anutuk dènira nadhah | sadaya wus samya wanting | ambêng nulya cinarikan | linorokkên maring jawi | ki juru ngandika mring | garwa hèh ibune si ndhuk | sesuk Nyi Padmasastra | lawan Nyai Sundhamundhing | aturana mrene jakên parêmbugan ||

57. Pujastuti tur sandika | bibar wangsul maring jawi | santri papat lagya nadhah | Ki Wisma ngling ayya isin | banjurna gonmu bukti | kang liningan matur nuwun | mangsuli pinarakan | wusing dhahar buwang amis | nulya sami êsês atanapi mucang ||

58. alon matur Mas Cêbolang | paran katêrangannèki | takbirane kang grahana | surya atanapi sasi | mênggah ngalamatnèki | sanès atanapi jumbuh | myang ngalamate teja | lintang kumurut utawi | punang lindhu ulun suwun sasêrêpan ||

59. kyai ju [...] saba | grahana

--- 2 : 143 ---

surya myang sasi | iku ngalamate padha | mangkana urutirèki | yèn grahana marêngi | Mukaram ing wulanipun | ngalamate akathah | ing pitênah lan bilai | wong kang sugih-sugih samya karusakan ||

60. wong kang miskin samya saras | yèn Sapar ika marêngi | [...][23] | yèn grahana ing sasi | [...][24] | Rabingulawal kang nuju | ngalamate pailan | lan akathah kang ngêmasi | miwah kathah udan angin masanira ||

61. lamun anuju grahana | ing wulan Rabingulakir | ngalamat wong sugih samya | akathah kang ngalih-alih | ingkang miskin-miskin[25] | akathah kalalènipun | lamun ana grahana | Jumadiawal kang sasi | lamat kathah kilat udan lawan gêlap ||

62. lamun anuju grahana | ing wulan Jumadiakir | lamun tulus wong sêsawah | tanduran padha andadi | woh-wohan murah sami | kalamun grahana nuju | nênggih ing wulan Rajab | akèh wong luwe bilai | akèh udan angin akèh wong palastra ||

63. yèn grahana wulan Saban | ngalamat manungsa sami | akèh karya kabêcikan | lan brêkat mupangat sami | sokur akèh kang muji | ing Hyang kang amaha luhur | lamun ana grahana | wulan Ramêlan marêngi | ngalamate pailan akèh wong rusak ||

64. lamun ing malêm Jumungah | ngalamat akèh bilai | asangêt gêgêmpuran[26] | akathah wong sami lalis | yèn grahana ing sasi | Sawal pan ngalamatipun | akathah wong kang lara | lawan akathah prihatin | yèn grahana nuju wulan Dulkangidah ||

65. lamat sangêt kang maruta | bayu

--- 2 : 144 ---

badra angin-angin | angrêbahakên kêkayyan | yèn grahana amarêngi | Dulkidah wulannèki | ngalamat akèh wong iku | sami asuka-suka | lan wong pêpakeyan sami | lan wong [...][27] ji samya ing dêdalan ||

66. lamun anuju grahana | ing wulan Dulkijah nênggih | lajêng ing wulan Mukaram | ing sajroning kalih sasi | ngalamat badhe ari | kiyamat ing mangsanipun | karsanira Hyang Suksma | akarya ilapat jawi | dèn waspada tibaning dudu lan iya ||

67. gantya ngalamate teja | lamun ana teja kèksi | ing wetan bênêr pratăndha | tulus panjênêngan aji | suka sakèhing janmi | tulus kang sarwa tinandur | pan murah sandhang pangan | dene yèn teja kaèksi | ngidul wetan pratăndha pêrang gêmpuran ||

68. lan wontên pakaryan awrat | malih yèn teja kaèksi | ing kidul bênêr pratăndha | larang bêras lawan pari | lawan akèh wong drêngki | kathah wong kang sami lampus | yèn teja katingalan | kidul kulon mratandhani | para mantri prasamya akèh sungkawa ||

69. lan wong cilik padha rusak | kêbo sapi padha mati | lan rêgane mundhak larang | lamun ana teja kèksi | kulon bênêr tan bêcik | pra pandhita para ratu | lamun wong ahlul lampah | myang wong ingkang tèki-tèki | sadayèki samya katêkèng sungkawa ||

70. teja lor kulon ngalamat | kèh wong mati saka gêring | wong gêdhe tataning rusak | teja lor bênêr winarni | wong cilik padha sêdhih | wong agung tan ana atut | nanging bras pari murah | murah kêbo murah sapi | wêkasane larang sandhang lawan pangan ||

71. teja lor wetan ngalamat | ratu katêkan prihatin | para mantri akèh rusak | wong cilik ngingu [ngi...]

--- 2 : 145 ---

[...ngu] kèh ngalih | saking wismanya sêdhih | dening [...] ura-uru | kêbo sapi kèh pêjah | larang udan mung dèn eling | kautaman kumambang bêkti mring Allah ||

36. Maskumambang

1. iki jêbèng sasmitanira Hyang Widhi | sakèhe kang umat | para ratu lan bupati | kang miyarsa ngestokêna ||

2. apan lintang kumukus panêngrannèki | lamun ana lintang | kumukus lor wetan nênggih | iku ngalamate ala ||

3. ana ratu aninggal para bupati | lawan ana karya | aramèn tan bêbayani | ning kèh desa padha rusak ||

4. lamun lintang kumukus lor kulon nênggih | ngalamate ala | ana ratu rêbut singgih | lan malih yèn ana lintang ||

5. kulon bênêr lintang kumukus mèngêti | ana madêg raja | bupati agung ngurmati | lan wong cilik akèh suka ||

6. kidul kulon kawuryan ngalamatnèki | ana ratu seda | para bupati prihatin | samya karya kabêcikan ||

7. akèh udan nanging murah bêras pari | wowohan dadya[28] | amung kêbo lawan sapi | kèh pêjah walahu aklam ||

8. lamun mijil kidul wetan martandhani | ana ratu padha | panjênêngan têkèng jangji | lan malih yèn ana litang ||

9. kumukus yèn mijil wetan bênêr nênggih | ngalamate ala | sang ratu sungkawèng galih | lan para bupati padha ||

10. kaewuhan desa risak kèh pagêring | lawan akèh udan | nanging murah bêras pari | wus titi walahu akam[29] ||

11. amarna rèh dalajading ingkang bumi | karsaning Hyng Suksma | gonjingira [go...]

--- 2 : 146 ---

[...njingira] ingkang siti | tan lyan saking kodrattolah ||

12. sagung ingkang manusa satanah Jawi | ebahing bantala | ingaran lindhu puniki | măngka dumadya pratăndha ||

13. lamun lindhu wulan Mukaram marêngi | wêtu subuh nglamat | arsa prang ing tanah Jawi | yèn lindhu ing wêktu luka ||

14. jroning Sura murah sandhang lan rijêki | yèn têngange nglamat | barkatan rahmat dhatêngi | yèn wêktu luhur ngalamat ||

15. yêkti arsa angalih ênggon sawiji | yèn ing wêktu ngasar | ana prang ngalamatnèki | yèn wêktu marib ngalamat ||

16. kathah janma ingkang anêmahi lalis | lamun wêktu ngisa | saisining bumi sami | olèh rahmating Pangeran ||

17. gantya lindhu ing wulan Sapar marêngi | wêktu subuh nglamat | ana pakaryan puniki | goning ratu niti desa ||

18. iya iku olèh bumi kang sawiji | yèn ing wêktu luka | ana pêrang nglamatnèki | yèn têngange ana pitnah ||

19. lamun wêktu luhur ngalamatirèki | sri nata sawadya | katêkanan nora bêcik | yèn wêktu ngasar ngalamat ||

20. samya asih sinisihan sakèh janmi | wêktu marib nglamat | akèh alih-alihan panti[30] | kalamun ing wêktu ngisa ||

21. ngalamate bilai agêng dhatêngi | dèn padha prayitna | anadene sarapnèki | anganggoa sinjang pêthak ||

22. kang amulus kalawan ingkang asuksci | myang kita ngucapa | kang bênêr santosèng ati | yya ngucap kang tanpa karya ||

23. yèn maujut ing Hyang kang maha luwih[31] | ayya sok ngucapa | mangan nginum ngati-ati | sabarang kang sarwa kalal ||

24. apadene padha sidêkaha sami | sakuwasanira |

--- 2 : 147 ---

sêga wuduk iwak pitik | nanging ingkang wulu tulak ||

25. ujubira anulak sakèh bilai | myang sakèh bêbaya | apan kunut donganèki | poma sami ngestokêna ||

26. gantya wulan Rabingulawal marêngi | waktu subuh nglamat | apailan ponang nagri | kalamun ing waktu luka ||

27. ngalamate ana nugrahaning Widhi | yè waktu luhur pan | nglamat ayun ana rêsi | prapta padesan myang praja ||

28. waktu ngasar nglamate bocah kang lalis | waktu mahrib lawan | waktu ngisa nglamatnèki | nora nana kara-kara ||

29. gantya wulan Rabinguakir marêngi | waktu subuh nglamat | pailan alarang bukti | lamun nuju wêktu luka ||

30. ngalamate murah bêras lawan pari | waktu luhur nglamat | datan ana kawis-kawis | waktu ngasar ana pêrang ||

31. lamun waktu marib ngalamatirèki | sakèh bumi desa | antuk rahmate Hyang Widhi | yèn waktu ngisa raharja ||

32. gantya wulan Jumadiawal marêngi | waktu subuh nglamat | akèh prang de yèn marêngi | waktu ngluka nglamatira ||

33. sarta tulus kang tinandur bumi-bumi | waktu luhur nglamat | olèh ramating Hyang Widhi | lamun wêktu ngasar ala ||

34. ngalamate bilai gêng adhatêngi | kèh patyan-pinatyan | kalamun ing waktu mahrip | ngalamat sangêt sangsaya ||

35. yèn ing wêktu ngisa ngalamatirèki | dahat tan prayoga | dèn sami prayitnèng wèsthi | yoga padha sidhêkaha ||

36. bubur warna iya ing sakadarnèki | dene donganira | pinăngka lawan basuki | prayoga kaèstokêna ||

37. gantya wulan [wula...]

--- 2 : 148 ---

[...n] Jumadiakir marêngi | wêktu subuh nglamat | kèh wong suka sukèng ati | kalamun ing wêktu luka ||

38. nglamat kèh wong karya pakaryan basuki | wêktu luhur nglamat | akèh nugraha kang prapti | kalamun ing wêktu ngasar ||

39. ngalamate akèh wowohan kang dadi | waktu marib nglamat | kèh punapèk lan sayukti | kalamun ing waktu ngisa ||

40. ngalamate kèh pêrang sidikaha nuli[32] | sêga bêras abang | iwak pitik wulu kuning | donga slamêt wirangrongan ||

37. Wirangrong

1. wulan Rêjêb kang gumanti | kalamun ing waktu suboh | nglamat tan prayoga awonipun | winêdhar tan kenging | mung kandhêg nglamat ala | kalamun ing waktu luka ||

2. ngalamat asat kang tasik | wêktu luhur nglamat awon | satrunira arsa akarya dur | ngira-ira ati | kalamun waktu ngasar | ngalamate sarwa murah ||

3. kalamun ing waktu marib | nglamat kèh wong angalih gon | yèn ing waktu ngisa nglamatipun[33] | kèh wong sukèng galih | tan ana sinangsaya | ngena-ngene suka rêna ||

4. gantya wulan Ruwah wanci | wêktu subuh nglamat awon | akèh huhu nèng Paing karyèku | pangira tan bêcik | kalamun waktu luka | ngalamate luwih ala ||

5. ana bêbênduning Widhi | wêktu luhur uga awon | akèh bumi rusak sidkahipun | sêga bras ayam brit | dene dongane barak | iku padha kaêsokna ||

6. gantya wulan Siyam wanci | waktu subuh nglamat awon | akèh bumi rusak yèn ing wêktu | luka nglamatnèki | pan ana papêrangan | yèn waktu luhur myang ngasar ||

7. ngalamate awon sami | wêktu marib uga awon |

--- 2 : 149 ---

lawan wêktu ngisa nglamatipun | pan patin-pinatin | mung wong agung kewala | wong cilik akatut uga ||

8. padha sidhêkaha nuli | mung bubur dhawêt kemawon | dene donganira donga rasuk[34] | tan pêgat mamuji | ayya na kara-kara | wong agung lulus têntrêma ||

9. gantya wulan Sawal wanci | wêktu subuh winiraos | nglamat ana satru yèn ing waktu | luka nglamatnèki | ana lara mawarna | myang akèh janma palastra ||

10. yèn wêktu luhur marêngi | ngalamate ana katong | ingkang puput yuswa ngasar waktu | ngalamatirèki | akèh bumi kang rusak | yèn wêktu mahrib ngalamat ||

11. kèh wong suka sukèng galih | waktu ngisa nglamat awon | parêg ana aprang ingkang agung | sidêkaha sami | bubur kang warna-warna | dongane êmas kumambang ||

12. gantya Dulkangidah sasi | lamun nuju waktu suboh | nglamat kèh wowohan padha nuju | uwohe andadi | kalamun wêktu luka | nglamat ana blai prapta ||

13. yèn wêktu luhur marêngi | nglamat udan kêras rawoh | lamun waktu ngasar nglamatipun | ingkang bêcik-bêcik | tan ana paran-paran | yèn wêktu mahrib ngalamat ||

14. kèh wong suka-suka nganti | wêktu ngisa nglamat awon | akèh wong kang rusuh sitkahipun | sêga liwêt nênggih | sabarang iwak kêna | donga salawat kewala ||

15. wulan Bêsar amukasi[35] | ngalamate pan palindhon | lamun wêktu subuh nglamatipun | akèh sato sami | ingkang agalak-galak | kalamun ing wêktu luka ||

16. ana pêrang nglamatnèki | kalamun ing wêktu luhor | nglamat kèh lêlara ngasli wêktu | pan ngalamatnèki | kèh sato

--- 2 : 150 ---

ingkang pêjah | wêktu mahrib kang ngalamat ||

17. akèh janma ingkang prapti | padha kaluwèn kalêson | lamun waktu ngisa nglamatipun | larang pangan yêkti | sêdhêkah sêkul abang | kalawan sêkul kang pêthak ||

18. warna papat iwak pitik | dèn olaha kang miraos | irêng abang tulak lawan pingul | kubur donganèki | bab palindhon wus tamat | jêbèng kabèh kang kawêdhar ||

19. iku ujaring kang tulis | piridan kang wus kalakon | iki uwis wayah lingsir dalu | prayogane sami | angaso benjing enjang | karone padha paliha[36] ||

20. kang liningan mundur sami | ing dalu tan winiraos | nahan enjangira sami wangsul | ki juru myang rabi | lagya manggihi jagal | Nyi Cundhamundhing juragan ||

21. Mas Cêbolang wus ngarsi | Ki Amat jèjèrnya lunggoh | Pujastuti lingnya mila bakyu | dika kula turi | pinarak mring wismèngwang | yèn pinarêng dening Allah ||

22. benjing wulan ngajêng niki | kula badhe ewoh-ewoh | nglakèkakên anak nanging amung | climèn datan mawi | sêgah undang-undang | tamune mung para kadang ||

23. bakyu dhanganing panggalih | dados pangagênging pawon | mênggah babing ulam ecanipun | amidhe utawi | amêragat piyambak | kula amanut kewala ||

24. Nyi Cundhamudhing[37] turnya ris | prayoga mragat kemawon | babaring ulam bilih ulun[38] | ingkang anênggani | saèstu sagêt wijang | sanès-sanèsing kang ulam ||

25. Nyi Pujas ling kadipundi | kula èstu dèrèng wêroh | naming ingkang ulam manggènipun | bakyu yèn marêngi | mugi kapratelakna | dhandhang sranduning maesa ||

38. Dhandhanggula

1. Nyai Mundhing aturira aris

--- 2 : 151 ---

wijangipun sranduning maesa | gangsal perangan cacahe | sirah sasampunipun | pisah lawan jangganirèki | punika sagolongan | krongkongan dwinipun | jêroan katiganira | suku kalih ing ngajêng sakawannèki | suku wingking gangsalnya ||

2. mapan sirah sasampunirèki | pisah lawan jangganing maesa | nami tuwin panggonane | cucal sirah puniku | kang ngêmuli sirahirèki | kuping sangandhap singat | klambêt sirah muhung | kang ngêmuli pipinira | bongos lambe ingkang nginggil manggèn jawi | gobok poking talingan ||

3. kang katingal ing kanan myang kering | cupêr poking kuping nglêbêt gènnya | sluhan bêdhahan mripate | koncèr gobog puniku | wontên cêngêl ing kanan kering | kalambêt gulu apan | kêmul daging gulu | lambe găngsa lambe apan | lambe iring-iringan cêlak bam mringis | kasangan manggènira ||

4. ingkang nglêbêt ingkang poking kuping | kadhalan jamang lawan sabrangan | samya nèng cêngêl êgone | wayang ototing gulu | ingkang nginggil jamang manggèning | cêngêl wingkinging singat | pipi kalihipun | mripat kalih ngandhap singat | gajih mripat buntêling cêbing kang manik | kadhalan manggènira ||

5. sangandhaping pipi nganan kering | tangkêp pinggir pipi nglêbêt gènnya | asinan ngandhap pipine | tigasan pan ing gulu | lambe găngsa nglêbêt utawi | cêthak agêng punika | tumèmplèk ing balung | otot adaini gènnya | sirah gulu dumugi adanirèki | dene kang balung mripat ||

6. ingkang tinancêpan mripat kalih | balung uwang-uwang ingkang ngandhap | dumugi janggut watêse | untu

--- 2 : 152 ---

pan kathahipun | tamtu tigang dasa nêm iji | lidhah cangkêm gènira | pok lidhah puniku | anèng ing têlak manggènnya | sanggar apan sambunganing lidhahnèki | kalihan gunungira ||

7. sêntil balung têlak ingkang nginggil | asinan kang cakêt sêntil gènnya | gunung anèng ing têlake | utak salêbêtipun | balung pathak warninya putih | sorogan pan ing jăngga | janur otot irung | balung janur balung grana | balung pasung ing irung manggènirèki | cêthak alit punika ||

8. pan ing gusi nglêbêt êgènnèki[39] | congor lambe nginggil lêbêt gènnya | bungur tumèmplèk bungure | pathak sanginggil bathuk | curi balung kang dèn tancêpi | sungu kalih punika | klampit curi muhung | kang ngêmuli curinira | sungu ingkang nèng sirah kanan myang kering | tamat pêcahing sirah ||

9. pêperangan kalih kang winarni | garonggongan wusing kinêletan | sarta kasampiran rêke | cucal ingkang rumuhun | angêmuli jamaning Mundhing | wulu tumancêp cucal | thethelan puniku | kang tumèmplèk wontên cucal | balung topèng pisahe sirah lan janggi | êlêt-êlêt punika ||

10. ingkang jajar lan gêgunungnèki | daging êlêt cêlak gunung gènnya | punuk pok gulu ngajênge | jêjalak êgènipun | cènggèr ngandhap punuk gènnèki | loloh kiwa têngênnya | punuk êgènipun | gigir loloh kering kanan | ingkang punuk balung kolèk saking wingking | ing punuk myang jalakan ||

11. kamit dhadha ingkang angêmuli | daging dhadha koncèr êgènira | kiwa têngên ing dhadhane | balung palang gyanipun | satêngahing [satêngah...]

--- 2 : 153 ---

[...ing] balung dhadhèki | sandhung lamur gyanira | pucuking bêbalung | wêkasan iga ing cêkak | balung tutup dhadha pok balung dhadhèki | klambi ngêmuli dhadha ||

12. de sayadan tangkar kang ngêmuli | lêmpèng kanan kering gènira[40] | balung tangkar ing pucuke | iga lêmpèng gènipun | tangkar ingkang tumèmplèk maring | balung tangkar gènira | lêmusir puniku | gigir têngah ula-ula | têkèng cêthik yam-ayam ngandhap lêmusir | kêlèt balung ula-ula[41] ||

13. dhali mapan sirahe lêmusir | ingkang cêlak bêbuntuk[42] gyanira | tlêcêr nèmplèk lêmungsire | nèng kiwa têngênipun | dene kèpèt ingkang lêmungsir | pan sesetaning iga | kèpèt iku mau | tumèmplèk wontên ing iga | de igok-igokaning gagènirèki | wontên pucuking iga ||

14. pan sayadan ingkang angêmuli | iganira ing kering myang kanan | balung kropyak taulane | de olor isinipun | balung kropyak kasêbut ngarsi | balung iga gih iga | sayadan kropyak mung | lêbêt sambungan la-ula | de pal wayang yeka ta manggènirèki | ing sawingkinging têpak ||

15. ingkang ngarsa dumugi ing gigir | ulur lêbêt anèng ula-ula | kang nglêbêt neplok balunge | gèmbèl daging binungkus | ing sayadan lêmpèngirèki | ginjêl ing garonggongan | nging palwa lan katut | jambal ing lêmpèng gènira | plang godhong ing lêmpèng radi ngandhap kêdhik | de balung plang godhongan ||

16. katutaning iga wujutnèki | balung dhêngkul ula-ula ingkang | gigir têkèng jalakane | olor isining dhêngkul | de sayadan dhêngkul puniki | sambungan tulang jalak | têkèng gigir wau | cêthik bundêr cêthik nyata | dene cêthik panjang cêthik blèntrèn yêkti | tutup cêthik punika ||

17. papungkas ingkang cêthik [cê...]

--- 2 : 154 ---

[...thik] wiking[43] | kawêt ing sangandhap silit gènnya | kêcèr pêdhotan sampile | pakêm buthung gènipun | balung pakêm bêbalungnèki | buthung kasêbut ngarsa | olor isinipun | ing balung pakêm punika | dene cupu bên-abêne balung sampil | kang wingking kalih pisan ||

18. cucal buntut pok dumugi pêthit | daging buntut ing buntut gènira | cicir balung ing buntute | isi olor jronipun | dene ulur gantung gènnèki | tumèmplèk rongkong apan | wujud daging alus | kulung tumèmplèk ing tulang | ula-ula ing nglêbêt ênggènirèki | de balung kulung apan ||

19. ula-ula ing nglêbêt lêrês ing | jêjalakan olor isinira | inggih balung kêkulunge | dene ulure rambut | tumèmplèk ing cêthik gènnèki | sayadan kêmulira | ula-ulanipun | ing nglêbêt awit jêjalak | têkèng silit têlas pangundhuhirèki | saranduning gonggrongan ||

20. perangan tri ing mangkya winarni | pangundhuhe ingkang jajêrohan | wusing gonggrongan binêdhèl | tuntut ingkang rumuhun | pungkas saking[44] | ing lidhahing maesa | de ala puniku | angêmuli tutuk cêthak | lawan gunung de gunung pok ilat ugi | tuntut kasêbut ngarsa ||

21. kêbuk limpa jajar tuntut sami | ati agêng sawingkinging klamar | dene ati pangasihe | wijiling manah wau | ati tanggal sami pangasih | lamak ati gantilan | ning manah puniku | rêmpêlu tumèmplèk manah | sumbang ingkang kadi kalong ingkang warnèki[45] | wontên gantilan manah ||

22. gajih sumbang wontên gantilaning | ingkang sumbang kalawan ing manah | klamar ngêlêti isone | kalayan babat nurut | pungkasaning iganirèki | iso [i...]

--- 2 : 155 ---

[...so] warni sêsanga | srêgan thithèt buntu | bêngkoyok lamak êpang[46] | tangsi bobol manggèn ngrompol sawingkinging | kalamar ngajêng babat ||

23. dene babat wêwolu kang warni | galêng pudhak gunting lêngkong gawan | tawon lunyu myang sumpinge | badhudhug ngandhapipun | iso ingkang kasêbut ngarsi | tlethong ing nglêbêt badan | sayadan puniku | ingkang angêmuli babat | de thethelan kang tumèmplèk gantilaning | babat kasêbut ngarsa ||

24. impês ing puyuhan ênggènnèki | pajalêran kawadonan gènnya | sami nèng ngajêng wiwite | konthol ingkang gumandhul | wontên kawêde isinèki | winastan paringsilan | klêpon ngajêngipun | impês yèku wadhah anak | kapur susu cucukipun mawi pênthil | tamat amung punika ||

25. paperangan sakawan winarni | pangundhuhe sampil ingkang ngarsa | kalih pisan datan pae | babon ngajêng rumuhun | panggenannya wontên pucuking | têpak ingkang jalakan | sangandhaping punuk | bêdhudhug lan babon jajar | sor jalakan tlucuk satêngahirèki | bêdhudhug babon ngarsa ||

26. êpang sirah ngandhap babon gèning | pênthul sangandhaping êpang sirah | kados gêgandhik warnine | gèthèng tlusuk puniku | pinggir babon ênggènirèki | kêriso babon gènnya | tunjung ngandhap dhuwung | kisi jangan ngandhapira | ingkang tunjang kisi tunjung jajarnèki | kalawan kisi jangan ||

27. dene dêlêg ing pundhak gènnèki | de lawan andêlêg gènnira[47] | pundhak dumugi dhadhane | koncèr dêlêg puniku | ugi pundhak dhadha dumugi | buncit pigir sampil pan | dumugi ing kulung | agandhèng kalawan dhadha | dene ingkang winastan asinan buncit | ing gulu ngajêng pundhak ||

28. bang sêngkèlèking

--- 2 : 156 ---

dhadha kang ngarsi | ampih-ampih pundhak clak jalakan | dene sogok panggonane | krakêt tatêpak balung | pêlog soring sogog gènnèki | de punuk ngapit jalak | mangkya gandhèng punuk | pinggir punuk ngandhap[48] | janggu ampih-ampih nèng ngandhapirèki | papunuk krakêt kula ||

29. kèpèt pêlok ing dhadha gènnèki | bencok saênggèning dhêngkul gènira[49] | de balung suri pinggire | balung têpak puniku | balung pênthong têpakirèki | balung sikut punika | balung sampil ngayun | sanginggil dhêngkul prênahnya | sungsum apan sining balung sikut yêkti | otot campur punika ||

30. otot tracak têkèng dhêngkulnèki | otot gêgêr buntut têkèng jalak | otot gung kêncèt prênahe | otot gunting puniku | salêbêting campur gènnèki | sayadan lêrês ingkang | nlakêp garês balung | sayadan curi jro tracak | pan sayadan sapitan ingkang ngêmuli | calukuthikanira ||

31. de sapitan sangandhaping thingil | sirah cêcak ing cingklok pêrnahnya | ketelan manglèn têpine | tracak ngandhap puniku | cucal kikil ambuntêl kikil | balung garês punika | tracak têkèng dhêngkul | kisi sungsum lêbêtira | tracak apan ingkang angêmuli curi | de balung dalamakan ||

32. tinutupan ing taracaknèki | balung gathong ing tracak ngalela | de balung clakuthikane | têngah tracak gyanipun | isi sungsum de balung wajik | thingil tracak ing wuntat | sungu wajik dunung | pucuking wajik punika | balung thêngklik rorosan dhêngkul wus titi | sranduning suku ngarsa ||

33. pêperangan gangsal amungkasi | pangundhuhe sampil kalih wuntat | wus sah klayan grogongane[50] | silap ingkang rumuhun | cêlak kawêt [kawê...]

--- 2 : 157 ---

[...t] panggenannèki | pêndhul salêbêping silap[51] | [...][52] | de asinan cêlak ing kawêt gènnèki | gitik sor babon gènnya ||

34. dene gèthèng sangandhap sagitik | gandhik sanginggiling kêncèt gènnya | kêpuh ngandhap gandhik gène | kisi daging puniku | sanginggiling kêncèt gènnèki | limas cêlak kalawan | buntut prênahipun | abêtan sangandhap limas | kumol ugi ngandhap limas ênggènnèki | pinggire kijing rannya ||

35. dene pudhak manggènipun nênggih | ne[53] lêbêting lêmpèng kering kanan | klambit pudhak kêkêmule | sampil nglêbêt puniku | balung ulir balunge sampil | isi sungsum punika | daging kwalon muhung | daginge kikil ing wuntat | kikil wingking pêcahe sami ing ngarsi | tamat blabag maesa ||

 


Inggah (dan di tempat lain). (kembali)
kosokwangsulira. (kembali)
langkung. (kembali)
kang mungging. (kembali)
Kurang satu suku kata: murugakên sabdaning kang wujudipun. (kembali)
kabagusan. (kembali)
§ Kirang 2 pada. (kembali)
Lebih satu suku kata: aksara ja sampun têlas ga kang nusul. (kembali)
Seharusnya hal. 135 dan seterusnya. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: Kyai Madiaswa lingira aris. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: tuwin ulêsipun ingkang turanggi. (kembali)
12 mênggah. (kembali)
13 satunggil. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: anênandur nora dadi. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: manggung kinirang ugi. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: nênandur tan prayoga. (kembali)
17 jabang. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: sakêdhap tanduk bukti. (kembali)
19 langgar (dan di tempat lain). (kembali)
20 gowang. (kembali)
21 Seharusnya halaman 143 dan seterusnya. (kembali)
22 Amat. (kembali)
23 § kurang. (kembali)
24 § kirang. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: lan ingkang miskin-miskin. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: asangêt gêgêmpurannya. (kembali)
27 § kirang. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: wowohane dadya. (kembali)
29 aklam. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: akèh lih-alihan panti. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: yèn maujut ing Hyang kang amaha luwih. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: ngalamat kèh pêrang sidikaha nuli. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: yèn waktu ngisa nglamatipun. (kembali)
34 rasul. (kembali)
35 amungkasi. (kembali)
36 balia. (kembali)
37 Cundhamundhing. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: babaring kang ulam bilih ulun. (kembali)
39 ênggènnèki. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: lêmpèng kanan lan kering gènira. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: kêlèt balung la-ula. (kembali)
42 bêbuntut. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: papungkas ingkang cêhik ing wiking. (kembali)
44 § kirang. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: sumbang ingkang kadi kalong kang warnèki. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: bêngkoyok lamak êpangnya. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: de lawan andêlêg gènira. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: dene pinggir punuk ngandhap. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: bencok saênggèning dhêngkul gènnya. (kembali)
50 gronggongan. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: pêndhul slêbêting silap. (kembali)
52 § kirang. (kembali)
53 nèng. (kembali)