Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

47. Maskumambang

1. dhuh Susunan Kali

--- 2 : 200 ---

gurunadi mami | gambar wêwayangan | tatiga siki puniki | mugi paduka tumrapna ||

2. gigiring kang maesa danu artining | kuliting maesa | palikan dados sirèki | abalunge kang maesa ||

3. kaanggea kuliting gambar puniki | sunguning maesa | kaanggea ototnèki | kulite kanang maesa ||

4. kaanggea inggih bêbalungannèki | sarta ginancarna | ing salampah-lampahaning | supados dados tuladan ||

5. têmbe wingking sagunging kang pra narpati | satriya myang wadya | pra èstri pra maharêsi | sagung isining bawana ||

6. dyan warnanên Sri Yudhisthira Narpati | sawusing pratela | gancaring cariyos nguni | amit wus praptèng antaka ||

7. puput yuswa sampurna ing jaman sukci | layon binarsihan | sung sasmita maring dasih | paripurna wus pinêtak ||

8. wontên tapak tilas palênggahannèki | ngandhaping mandira | rampung pamêtaking jisim | lajêng sinungan têngêran ||

9. kijing sela rineka cirining nami | Kyai Yudhisthira | lastantun têkèng samangkin | nèng lon-ulon masjid Dêmak ||

10. Ki Rasika angling mring rowangirèki | criyos sampun tamat | kijing kang panjang nglangkungi | ciri Kyai Yudhisthira

11. kang sinung ling tanya paran lajêngnèki | dènnya babat wana | tuwin sasampuning tampi | wêwayangan myang pratelan ||

12. e makatên lajênging cariyos inggih | dènnya babat wana | wilujêng sampun barêsih | rata kadi ara-ara ||

13. Sunan Kali wus wangsul dhatêng ing Giri | pinuju pêpakan | sanggyaning

--- 2 : 201 ---

kang para wali | Sunan Kali tur pratela ||

14. lampahipun tinuding babat wanadri | purwa wasananya | miwiti malah mêkasi | pan sampun katur sadaya ||

15. para wali samya karênan ing galih | abipraya rêmbag | amujudakên ing warni | ingkang kasêbut pèngêtan ||

16. kang kinarya guru wêwayangan katri | gêr-ugêr polatan | mêndhêt saking netranèki | bèntêning pasêmonira ||

17. saha papolatan datan liya saking | pêpasanging netra | manawi akarya ringgit | netra wangun gêdhondhongan ||

18. mirit saking gambaring wayangannèki | Prabu Baladewa | narendra Madura nagri | manawi adamêl netra ||

19. wangun liyêp mirit saking wayanganing | Sri Narendra Krêsna | sinuhun ing Dyarawati | utawi bilih iyasa ||

20. netra wangun manthêlêng sêrêng rêspati | mirit wayangannya | satriya ing Jodhipati | Radyan Arya Wrêkodara ||

21. paripurna dènira amirit-mirit | nanging sarêng arsa | damêl wêwayang rasêksi | rasêksa inggih dênawa ||

22. para wali radi kawêkèn ing galih | amargi jêng sunan | kalimput nalika panggih | tan tanya mring Yudhisthira ||

23. wêwah-wêwah danawa cariyosnèki | doyan măngsa kewan | myang măngsa wangkening janmi | nanging sagêt tata janma ||

24. samya migu mêngê mêksa datan mingis | sajroning èmêngan | saking plêgahan tan têbih | wontên sagawon lumajar ||

25. gondhol balung untu siyung amaringis | Sunan Kalijaga | antuk wawênganing wingit | tinarbuka ing Hyang Suksma ||

26. dènnya damêl gambaran wayang rasêksi | sipat myang polatan | amirit sagawon mringis | badan wayangan manungsa ||

27. sinêbadan gêng luhur gêblêg ngajrihi | mèh tanpa bangkekan | ulat sirung [si...]

--- 2 : 202 ---

[...rung] netra andik | mrêngangah dhepah brêgagah ||

28. sampun rampung dènnya angadani ringgit | mirit tri wayangan | wali wolu tanah Jawi | dêdonga dadya widada ||

29. têrangipun ature Yudhisthiraji | kuliting maesa | dados balungipun ringgit | ingkang ginapit punika ||

30. sungunipun dados ototipun ringgit | lah inggih punika | ingkang dipun angge gapit | miwah sampun ringgit wayang ||

31. balungipun maesa kinarya kulit | artose mangkana | kadamêl dhasaring sungging | saking bubukaning tulang ||

32. dyan punika purwanipun wontên ringgit | wacucal maesa | ingkang gumêlar samangkin | mujukkên kangge lampahan ||

33. tan lyan saking kramating Jêng Sunan Kali | wali wolu samya | mangayubagya ngidèni | sampun cuthêl criyos wayang ||

34. lah suwawi babarpisan awêwarti | ingkang pangandika | dene mawi purwakanthi | wali wolu tanah Jawa ||

35. kang winastan wali wolu tanah Jawi | satunggal Jêng Sunan | Ngampèl Gadhing amurwani | nama alit Radèn Ramat ||

36. putranipun Sang Sèh Mulana Ibrahim | ibu saking Cêmpa | Siti Asmara wêwangi | putranipun Prabu Kisan ||

37. kalihipun Susuhunan Gunung Jati | Sayitjèn punika | saking nagari Arabi | mandhirèng Carêbon praja ||

38. tiga Sunan Ngudung alite Sèh Sabil | putranta Ni Iskak | ibu saking Madurèki | kadang mudha Wali Lanang ||

39. sakawane Sunan Giri Gajahpuri | inggih Dyan Satmaka | putra Wali Lanang nguni | kang ibu putra Blambangan ||

40. gangsal Sunan Benang Dyan Madum Ibrahim | putra Ngampèldênta [Ngampèldê...]

--- 2 : 203 ---

[...nta] | ibu Siti Maniladi | putra Arya Teja Tuban ||

41. nênêm Sunan Mukit Majagung mandhiri | Dyan Ngadil Buerah | Sri Cêmpa mudha sêsiwi | nak-sanake Radèn Rahmat ||

42. pitu Sunan Darajat timurnya nami | nama Sèh Mahmut kang | putra Sunan Ngampèlgadhing | mijil saking ing ampeyan ||

43. wolu Sunan Kalijaga Radèn Sait | putra Wilatikta | Bupati Jêpara nagri | sampun jangkêp petang kula ||

44. de sanèse wawolu dipun wastani | wêwali nujêba | têgêse nucêba inggih | punika wali susulan ||

45. amung Kajêng Sultan Agung ing Matawis | kalipahing Allah | kang jumênêng ing samangkin | pamungkas wali nurbuwat ||

46. Sunan Kali kok dados onjo pribadi | niku kang singgihan | wit maguru Nabi Kilir | anêrusi solah tingkah ||

47. Nabi Kilir tan seda awit lampahi | karêm marang ora | cêgah hawa nafsu melik | konang-onang kene kana ||

48. têrus suci ing nala dumilah wêning | mandar tuk nugraha | panjênêngan Nabi Kilir | kinarya hèb nabiyolah ||

49. anartani têkèng mangkya tan ngêmasi | gaib dalêmira | wus kawêngku lair batin | puniku ungêling kitap ||

50. Sunan Kali wartosing makatên ugi | mangkya dèrèng seda | sigêg Rasika kang dêling | kinanthi gantya critanya ||

48. Kinanthi

1. Kyai Arjana winuwus | putihan ing Jatisari | radi ali papetangan | anirahkên tiyang sakit | rencangipun jêjagongan | umatur nuwun kiyai ||

2. mugi dhangankên ing kalbu | mupung ing mangke pinanggih | supadi mêta barana | mring putra wayah kang sami | pinarak ngarsa sampeyan | bab lampah petangannèki ||

3. pênêt miwah awonipun | anirahkên [anirah...]

--- 2 : 204 ---

[...kên] tiyang sakit | Kyai Arjana lingira | ingkang ulun ago kaki | awêwaton saka dina | saking kaole Sèh Adi ||

4. dina Akat kang rumuhun | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba saras | yèn mangidul tiba êsri | yèn mangalèr tiba lara | yèn mangulon tiba pati ||

5. yèn dina Sênèn winuwus | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangidul tiba saras | yèn mangetan tiba êsri | yèn mangulon tiba lara | yèn mangalor tiba pati ||

6. ing dina Salasa iku | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba saras | yèn mangalor tiba êsri | yèn mangulon tiba lara | yèn mangidul tiba pati ||

7. ing dina Rêbo cinatur | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangalèr tiba êsri | yèn mangulon tiba lara | yèn mangidul tiba pati ||

8. ing dina Kêmis winuwus | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangidul tiba êsri | yèn mangalor tiba lara | yèn mangulon tiba pati ||

9. ing dina Jumungah nuju | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangulon tiba waras | yèn mangalor tiba êsri | mangidul tibaning lara | mangetan tibaning pati ||

10. ing dina Sabtu cinatur | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangulon tiba waras | mangalor tibane êsri | yèn mangidul tiba lara | mangetan tibane pati ||

11. riningkês ing bêcikipun | Akat Slasa Rêbo Kêmis | tirah ngetan tiba waras | Sênèn ngidul waras ugi | Jumungah Saptu yèn tirah | kudu ngulon purugnèki ||

12. dene ta sêdhênganipun | Akat Kêmis ngidul [ngidu...]

--- 2 : 205 ---

[...l] êsri | Sênèn ngetan sri tibanya | ari Slasa Rêbo tuwin | Jumungah kalawan Tumpak | padha ngalor tiba êsri ||

13. mung puniku petangipun | sawuse pinetang bêcik | sumendhe karsaning Suksma | ala ayu mung nglakoni | sakèhing kang amiyarsa | samya nuwun aturnèki ||

14. puniku saèstunipun | pinaibên malarati | sangsaya daliling Kuran | pangandikaning Hyang Widhi | sigêg cinandhak kang cêlak | abdi dalêm ngulama di ||

15. apil Kuran sampun putus | ing makna lan muratnèki | anama Amat Sotama | ririh gonira nyambungi | mangke kula acarita | yakine kang kasbut dalil ||

16. wontên narendra pinunjul | binathara nyakrawati | ambêg wicaksanèng budya | jêjulukipun narpati | Sri Maha Amat Salekan | ngadhaton Sêtambul nagri ||

17. kongas kasudibyanipun | jêmbar jajahaning nagri | angrèh samaning pra raja | têtêp kêncêng kang agami | bakda salat darus Kuran | sabên dumugi ing dalil ||

18. wa tungiju mantarsau | wa tudilu mantar saking | punika ing maknanira | mungguh Hyang kang murbèng pasthi | sayêkti bisa akarya | bilai padha samangkin ||

19. tuwin bisa karya èstu | kamulyan padha saiki | pêndhak pêndhapan darusnya | dumugi kêkalih dalil | kèndêl ing pamaosira | ginagas rinosèng ati ||

20. e tuwan kang sipat agung | saupami kita iki | kraton tapis kabasmara | gusis tan kari samênir |

--- 2 : 206 ---

kirane durung saêkal | dadi kamlaratan mami ||

21. awit kasugihan ingsun | kalawan karaton mami | nora ing kene kewala | ingsun darbe liyan nagri | kangjêng sultan kabatinan | maibên ungêling dalil ||

22. darus sabakdaning subuh | sanalika sri bupati | munggèng satêngahing wana | bawahing Ngêsam nagari | lêlampahan kalih wulan | saking ing Sêtambul nagri ||

23. kawêlas arsa sru ngungun | kang măngka sri narapati | mung ngagêm jubah kuthungan | ragi masa udan ngriwis | anyamping sarung gêmbaya | ngagêm kêthu lugas abrit ||

24. angasta tasbèh umancur | barleyan ginosok adi | gêng nracak sak isi lêrak | andungkap sawêlas ari | tan nendra minum myang nadhah | miwah tan pinanggih janmi ||

25. lêsah ngalêntrih ngalêntuk | angga gêgês gagang aking | sumendhe witing mandira | sawang kunarpa narpati | anuju sawiji dina | ana nangkoda lumaris ||

26. mring Ngêsam unta tinuntun | nèng kono miyat ing janmi | sumendhe witing mandera | sinawang wus kadya mayit | pinurugan dupi cêlak | ki juragan têtanya ris ||

27. kisanak kang kawlasayun | dene nèng alas pribadi | pasêmone lir wong wirya | lah punapa sababnèki | sang nata dupi miyarsa | pakèwêt dènnya mangsuli ||

28. sêrêt kêdaling sabda rum | pêgat-pêgat amlasasih | ki dagang tuhu manira | ing Sêtambul asal mami | kesah ngaji mrih

--- 2 : 207 ---

lyan praja | yun mantuk datan yun margi ||

29. ki dagang wêlas kalangkung | nulya dèn ulungi roti | lawan malih ing lantingan | lah niki jampi kalêntih | sawusira tinampenan | roti dhinahar sacuwil ||

30. toya ing kêndhi dèn inum | tri cêgukan datan luwih | kraos nikmat ing sarira | sumringah nayane wêning | Sri Nata Sêtambul sigra | ngulungkên tasbèhirèki ||

31. maring sudagar kang asung | roti lawan toya kêndhi | winantu sabda mrak atya | dhuh kisanak kang tuhu sih | rèhning andika wus nambak | dhumatêng ing jiwa mami ||

32. sasat anambungi umur | wèwèh janma tanpa pamrih | èstu bilih karyotama | nandhakkên eklasing budi | liya anrusing wardaya | sangêt ing panuwun mami ||

33. saking kumêdahing kalbu | minăngka timbanganing sih | kang mugi tinampènana | winantu sukaning ati | cinandhak mring ki sudagar | gringgang-gringging garègèli ||

34. awit salaminya idhup | lagya anêmbe udani | barleyan agêng naracak | rinujit kinarya tasbih | sapandurat tan wacana | gumêtêr kêdaling lathi ||

35. paran ing karsanirèku | de asung ingkang kadyèki | sri narendra angandika | ulun rila lair batin | amung ta paminta amba | parênga nunut lumaris ||

36. rèhning kita ayun mantuk | marang ing Sêtambul nagri | yya nganti sangsayèng lampah | ki sudagar lingira ris | inggih ki bagus sumăngga | gampil yèn wus praptèng nagri ||

37. kantun lampahan dwi tèngsu | têmbe anumpala kèli | sri narendra wus binêta | ing ênu datan winarni | sapraptanira ing Ngêsam | sudagar dagang mawarni [mawar...]

--- 2 : 208 ---

[...ni] ||

38. laris dagangane gêrus | mênthêk kathah antuk bathi | tata-tata sêdya mentar | têtanya mring sri bupati | bagus paran karsanira | dènirarsa mangkat mulih ||

39. inggih kyai kajêng ulun | sarênga paduka malih | sêsimpangan wontên marga | ki sudagar wus nyondhongi | kaliling wagêling nala | tasbèhe barleyan adi ||

40. mangudasmaraning kalbu | ewuh têmên tasbèh iki | lamun awèt tak anggoa | mêsthi tan kobêr ngabêkti | katungkul pijêr umiyat | lawan tan pêgat kuwatir ||

49. Mêgatruh

1. lah bêcike dak dole pisan yèn payu | prayoga nyimpêni dhuwit | thithik mutawatiripun | tumrap sakwong kaya mami | darbe barang langkung elok ||

2. bubrahake ati ngêgungkên têkabur | sisip sêmbire apasthi | rêgadag anarik kupur | ki sudagar minta aglis | tasbèh tinawèkkên gupoh ||

3. maring para sugih jroning praja kêmput | kita tan ana kang awis | tan kuwawi artanipun | saking akèhing pangaji | anulya konjuk sang katong ||

4. Natèng Ngêsam kalangkung eram ing kalbu | wasana ngandika aris | saka ngêndi asalipun | tasbèhmu barleyan iki | ki sudagar awotsinom ||

5. asal saking tiyang nyukani pukulun | janma papa nèng wanadri | sang nata kagyat lingnya rum | sudagar aturmu iki | iku mokal sèwu elok ||

6. kawruhamu tasbèh iki ingkang patut | kang darbe nata linuwih | pinunjul samaning ratu | aturmu [atur...]

--- 2 : 209 ---

[...mu] iki mustail | pangirèngsun wus amêlok ||

7. pasthi iki olèhmu gone mêmandu[1] | hèh sudagar yèn sirèki | tan bisa ngaturkên mringsun | janma ingkang wèwèh têsbih | sira minăngka gêgêntos ||

8. ingsun ukum apa ing sapantêsipun | ki nangkoda duk miyarsi | pangandikane sang prabu | ulat biyas payus tistis | konjêm siti arawat loh ||

9. ki nangkoda manêmbah sarwi umatur | dhuh gusti sri narapati | kawula anuwun mundur | nimbali kang darbe tasbih | wus linilan mêdal gupoh ||

10. sampun panggih ki dagang lan Sri Sêtambul | kang sawêk nandhang kaswasih | rinucat dhirining prabu | bagus dika ditimbali | mring ngarsane sang akatong ||

11. sigra sowan ki dagang lan Sri Sêtambul | prapta ngabyantarèng aji | ki dagang saksana matur | punika ingkang nyukani | têsbèh kang konjuk sang katong ||

12. apan iya tasbèh iki gonmu asung | kang dinangu matur inggih | tan patitis priksan prabu | tandya animbali patih | wus sowan manêmbah alon ||

13. hèh ta patih wong iki têmên yèn pandung | banjur ukumên tumuli | junjangên nèng alun-alun | sandika rêkyana patih | gya binêkta mundur alon ||

14. saundure ki patih kalangkung ngungun | nyurasa karsaning aji | sakit tan dungkap ing kalbu | kang dadi parênging aji | tampa priksan ngukum uwong ||

15. yèn badala ajrih karsaning sang ulun | nulya pinidana aglis | pan jinonjang astanipun | kang kanan suku kang kering | sawuse konjuk sang katong ||

16. nata agnya ngunjara parêk kadhatun | prathistha mèpèt capuri | siji tanna rowangipun | nèng ngriku sri narapati | siyang dalu agung lamong ||

17. mung ngraoskên [ngra...]

--- 2 : 210 ---

[...oskên] kuwasanira Hyang Agung | kodrat takdiring Hyang Widhi | kang tumamèng sang aprabu | kalangkung elok mustail | mila tansah ngruji batos ||

18. dhasar têmên luwih kuwasa Hyang Agung | pratandhane kita iki | dene tan ngrasa salugut | yèn nêmu kadi puniki | saking gung dosamba mawon ||

19. dene kita tan pracaya wa tungiju | mantasau sabdèng Widhi | priyoga sing luput ingsun | nanging ta gondhelan mami | tambuh ngong tobat mring Manon ||

20. dalil inalaha gapururrakimmu | yèn wong tobat dèn aksami | mangkono pamanggih prabu | dahat pantangsaning galih | siyang dalu gung prihatos ||

21. amung arsa ngarsa dalil wa tudilku | mantangsau kang pinuji | mugi Tuwan Kang Maha Gung | paringa uning tumuli | saking kawasèng Hyang Manon ||

22. sampun lami gyanya nèng kunjara prabu | ya ta ing Ngêsam Narpati | darbe putra wanodya yu | pambayun wus măngsa brai | cahyane langkung mancorong ||

23. tur ingugung sang rêtnayu mring ramèbu | tinurut barang sakapti | sagung pakarti rahayu | samana socaning puri | pan sawêk kasêngsêm ngaos ||

24. siyang dalu enjing sontên sami darus | swara mirêng saking jawi | yèn lêpat aksaranipun | asru tinêgor tumuli | lan kang nèng kunjara kono ||

25. yèn tinêgor kèndêl ing pamaosipun | gusti lêrêse kadyèki | panjang tuwin cêlakipun | sang nata wiwit angaji | trêtil pasekate kaot ||

26. pangajine datan ririh nora sêru | swara ulêm lakung pasih | piniyarsa nganyut-anyut | bisa karya nyês ing ati | pranyata alim kinaot ||

27. datan wiyah janma widagdèng kadyèku | nadyan gurune sang putri | tan mirit pangajinipun [pangaji...]

--- 2 : 211 ---

[...nipun] | lan sagêt ingkang kinunci | sang rêtna garjitèng batos ||

28. mokal têmên wong iki kalamun pandung | pasêmone ingkang warni | utawa rupane bagus | tuwin pangajine luwih | dudu sêbarangan uwong ||

29. kiraningsun pasthi iki trahing ratu | guwaya katorèng warni | manawa kêna babêndu | antuk sêsikuning Widhi | mokal lamun tindak awon ||

30. saya paham dènnya mirêngkên sang ayu | sangsaya wêwah ingkang sih | mring janma ingkang tinutup | sabakdane dènnya ngaji | sigra kondur mring kadhaton ||

31. prapta ngarsaning rama nulya umatur | rama amba sabên ari | bilih amba nuju darus | sring tinêgor saking jawi | lan janma ukuman kêthok ||

32. tiyang wau langkung sae wacanipun | amba inggih dèrèng uning | sagung didalêm sadarum | sanadyan kang pra ngulami | ingkang mèmpêr ing pangaos ||

33. yèn tinimbang lan janma kang tuwan ukum | rama ing panuwun mami | parêng tan parênging kalbu | amba inggih nyuwun laki | dene ta pamilih ingong ||

34. nyuwun antuk kang tuwan kunjara iku | sang nata èmêng ing galih | ginubêl ing putranipun | dènnya mothah nyuwun krami | kang pinilih luwih elok ||

35. sri narendra alon pangandikanipun | adhuh babo putra mami | paran kang dadi kajatmu | dene sira jatukrami | pamilihmu luwih asor ||

36. suwurira gawe surêm mring prajamu | dene atmaja narpati | pasakitan garwanipun | kaya ta kurang sujanmi | ajêmbar jajahan ingong ||

37. ingsun ngêrèh iya sagung para ratu | lan akèh punggawa mami | utawa santananingsun | kang anom bagus ing warni | lah padha pilihên kono ||

50. Sinom

1. tan kurang punggawaningwang | kang brêgas sarwa lim-alim | aja

--- 2 : 212 ---

milih wong kunjaran | rinungu liyan nagari | pasthi akarya nisthip | nyudakkên drajating ratu | sang rêtna aturira | rama amba datan laki | bilih botên antuk pamilihan amba ||

2. kawula mung nêdya ngêndhat | yèn rama datan dugèni | yèn dadya paminta amba | sang nata ngungun ing galih | samana langkung kingkin | ngraosakên putranipun | gantya aminta krama | pagubêle sabên ari | dangu-dangu rinasa-rasèng wardaya ||

3. prakarane jatukrama | têmên tan kêna binudi | têtêp kodrating Pangeran | jodho tan kêna kinardi | lêjar panggalih aji | luwar ing sungkawanipun | pinupus têkdirrolah | sang nata ngandika aris | mring ki patih kinèn ngêdalkên sakitan ||

4. prapta ngabyantarèng nata | pangulu nulya mangarsi | wus pragat paningkahira | sigra pinanggihkên aglis | sakitan lan sang putri | sasananira wus sinung | sang dyah matur mring garwa | dhuh kakang kadi ta pundi | punapanta kang dadya darunanira ||

5. dene nganti kinunjara | punapa nyata yèn maling | langkung ngungun manah kula | dene warna dika pêkik | kang sarta sampun alim | têka nganti tindak dudu | mugi paringa pajar | sampuna kawula uning | sri narendra aris wijil ing wacana ||

6. mangke kula turi wikan | bilih gusti wus sung uning | gih punapa ingka[2] sabab | paduka rêmên mring mami | kawula tiyang alit | sarta sawêg manggih ukum | paduka sutèng nata | pagene garwèng wong nisthip | sang kusuma alon [a...]

--- 2 : 213 ---

[...lon] wijil ing wacana ||

7. lah inggih mênggah punika | kawula pajar tan bangkit | awit tuduhing Hyang Suksma | dumunung wontên ing budi | irsating Hyang lir ngimpi | sasmita kang tumrap ulun | kinèn antuk paduka | mila sèstu sun lampahi | wasanane sumăngga kita tan wikan ||

8. tumuntur agnyaning swara | nanging nalaring pakolih | mokal yèn paduka ala | purun anindakkên sisip | kang garwa matur aris | awas têmên putri ayu | yêktine amba raja | gusti sampun bribin-bribin | nging kadukan sabab rangu dalil Kuran ||

9. sang kusuma dupi myarsa | garwanta dera sung uning | kèngêtan yèn ingkang rama | kagungan lisah pêrmati | pranti kinarya jampi | sagung wong kang nandhang bêndu | sampun binêkta mêdal | saksana tinrapkên aglis | mring têtatu tan tabêt pulih sakala ||

10. suku tuwin astanira | pulih kadya duk ing nguni | sanalika sri narendra | tuwuh guwayaning aji | sang nata ngandika ris | dhuh dhuh mirah ariningsun | mirêngna atur ingwang | sayêktine kita iki | kang ngrênggani Sêtambul karaton ingwang ||

11. lah matura sudarmanta | kabèh kandhaningsun iki | sang dyah sandika gya mentar | wus praptèng ngarsa rama ji | munjuk mulabukèng wit | madya lan wasananipun | dhêlêg ngungu Sri Ngêsam | sowanira langkung ajrih | mêlanging tyas gyanta tan titi pariksa ||

12. dugi ngarsèng sri narendra | Prabu Ngêsam sarêng uning | kalangkung eraming nala | tan mèmpêr warnaning nguni | manthêr jwala mrabani | nyata yèn Ratu

--- 2 : 214 ---

Sêtambul | bumi nata ing Ngêsam | saksana umatur aris | kadipundi gusti paduka purwanya ||

13. Sang Prabu Amat Salekan | ngandharkên lampahanèki | purwa madya wasananya | Sri Ngêsam sokur ing Widhi | dene ta putranèki | têtêp dados garwanipun | tasbèh wangsul sri nata | kundur mring Sêtambul nagri | ing juragan tan kokum malah ginanjar ||

14. kèndêl samantên kewala | gèn kula gêlar critaning | kang maibên dalil Kuran | sadaya ingkang miyarsi | langkung sukaning ati | sigêg sota malingipun | nahan kang cêcak lênggah | lan abdi dalêm Samuli | lurah jogèt anama Wirèng Suwignya ||

15. kakang nyuwun sasêrêpan | nguni sintên kang murwani | bêksa wirèng kêkancuhan | tuwin datan mawi kanthi | ngantos kagêm samangkin | lêlangên jroning kêdhatun | paran ta wijangira | tuwin sanès ingkang gêndhing | Lurah Wirèng Suwignya amêdhar sabda ||

16. nalika kraton Jênggala | ingkang jumênêng narpati | Sang Prabu Surya Wisesa | iku ingkang angadani | iya sabên sarangin | aran Wirèng Panji Sêpuh | ijèn tanpa gêgaman | muhung sampur kang winiwir | gêndhingira aran Boyong Badranaya ||

17. lawan Wirèng Panji Mudha | sarakit gaman tan mawi | mung sondhèr lir Panji Wrêda | gêndhing Sobrang barang ngrangin | nulya iyasa malih | Dhadhap Kanoman ranipun | rong pasang kang ambêgsa | dhadhap lan dhuwung cinangking | gêndhingira ingaranan Rangsang Tuban ||

18. jinangkêpan [jinangkê...]

--- 2 : 215 ---

[...pan] kawan warna | Wirèng Jêmparing Gêng nami | ingkang ambêgsa sapasang | nyangking gêndhewa jêmparing | gêndhing Lèngkèr mantêsi | nahan kadeyan sang prabu | kêkasih Radèn Kalang | byantoni karsa narpati | yasa Wirèng Lawung Agêng tinêngêran ||

19. kêkalih ingkang ambêgsa | mandhi waos ngrêspatèni | pinatut Rêmêng gêndhingnya | ing mangke dipun wastani | babêksan ing Matawis | wau ta Rahadèn Wirun | biyantu gya iyasa | Wirèng Dhadhap Kreta nami | kang ambêksa sakawan kinêmbar warna ||

20. ngasta dhadhap lan curiga | Sêgaran Polok kang gêndhing | jangkêp amung nênêm warna | linaluri ayya nganti | ilang talêring nguni | lêlangên dalêm sang prabu | iku pamyarsaningwang | buh têmên lan doranèki | mung nyatane de kagêm têkèng samangkya ||

21. kang tanya dhêku turira | saking ing pamanah mami | kados kathah lêrêsira | mênggah Bêdhaya lan Srimpi | punapa inggih mirit | bêksa wirèng nênêm wau | Wirèng Wignya lingira | dhingin Bêdhaya lan Srimpi | pêpiridan kala jaman kadewatan ||

22. kasêbut layang wiwaha | nalika Hyang Endrapati | arsa utusan ngrêncana | tapane Sang Padhusiwi | ingkang kinèn lumaris | pitu wranggana gêgêdhug | dene ingkang kinarya | wranggana pêpitu siki | sêsotyadi iku tinêmbungkên mulat ||

23. sinidikara dumadya | kêkasih kang ayu luwih | Sang Supraba musthikèngrat | lawan Wilotama Dèwi | mèh kêmbar ingkang warni | kaot baranyakan lurus | kêkalih wus tan beda | kalawan Sang Dèwi Ratih | garwa Sang Hyang Kamajaya Cakrakêmbang [Cakra...]

--- 2 : 216 ---

[...kêmbang] ||

24. wising dadya kinèn taya | têgêse ataya nênggih | pangigêling widadaryya | jawata kabèh yun uning | ya ta sami ningali | absari pangigêlipun | angidêri sagara | amung kaping tiga uwis | pra jawata kang tumingal kawismaya ||

25. têgêse sami wismaya | padha kasmaran ing galih | dewata dènnya tumingal | pangigêle widadari | Hyang Brama dadak nênggih | catur muka papat wau | Sang Hyang Endra andadak | tingal papat dènnya ngaksi | sakwèh dewa tingale ngayun têtiga ||

26. ana ta locananira | ing kering kanannya tunggil | mugi juluk kang satunggal | karanane mangkenèki | wiyare aningali | sarta ing kacaryanipun | sagung para dewata | wau ingkang aningali | iya maring pangigêling widadaryya ||

27. sabanjure Sang Hyang Endra | iyasa bangsal panangkil | sisihan lan made taya | kiwa têngên srimanganti | Hyang Endra yèn tinangkil | ngarsakkên lêlangênipun | tayaning waranggana | pinaès binusana di | manthuk-manthuk suka kang sami miyarsa ||

28. sinigêg Wirèng Suwignya | Kyai Dêmang Basman makin | abdi dalêm pamaosan | rolas jung ing Turisari | tinimbang rowangnèki | masalahing adêgipun | griya miwah alihan | cara-caraning wong tani | punapi gih mêndhêt wulan kang prayoga ||

29. Dêmang Basman ris lingira | manawi caraning tani | bilih angadêgkên griya | tuwin angalih ing panti | rèh etang kurang uning | mung măngsa ugêranipun | ananging kintên kula | puniku langkung utami | winêwahkên lan etang kagêm ing praja [pra...]

--- 2 : 217 ---

[...ja] ||

30. ing masa kasa raharja | măngsa kalih tan prayogi | kasêbut kalêbêt griya | botên wontên pênêtnèki | masa katiga ugi | apan kathah awonipun | kabêsmèn kapandungan | ing masa kapat prayogi | pan rahayu tumêrah mring putra wayah ||

31. dene ing masa kalima | apan awon kang pinanggih | masa kanêm tan prayoga | sinambêr gêlap sring-asring | masa kapitu yogi | linulutan ing dunya gung | rahayu salaminya | masa kawolu prêmati | suka singgih nanging sring awon pinanggya ||

32. kasanga datan prayoga | prihatinan watêknèki | mangkya masa kasadasa | kalangkung saking prayogi | masa dhastha anênggih | awon cêlak umuripun | salah satunggalira | masa kasadha mungkasi | apan sênêng awon saene piyambak ||

33. namung punika ugêrnya | petanganing tiyang tani | kang sinung sabda lingira | èstu kalangkung utami | winor lan petang nagri | sangsaya tambah pikantuk | Ki Basman ling sumăngga | wêwaton budining tani | muhung têmên lawan wêkêl giris dora ||

51. Girisa

1. gantya wau kang winarna | ingkang cakêt lênggahira | lawan Kiyai Sumbaga | lurah panyungging lungguhnya | alon dènira têtanya | adhi kalamun sêmbada | rakanta minta uninga | witing wontên wayang purwa ||

2. niku sintên kang iyasa | mugi adhi gancarêna | kang kanggo babo punapa | têka wau wayang purwa | jalu èstri tindhik samya | saha ing pamêndhêtira | gambaring kang wayang purwa | kadi pundi cariyosnya ||

3. kadamêl cagaking lênggah | supadi yya kraos sayah | dèn mirêngkên putra wayah | èstu badhe damêl bingah | miwah ras-arasên kesah | timbang nyantên para ah ah | tiwas tan angsal paedah | Ki Sumbaga latah-latah ||

4. kang mangkono dhasar nyata | mêngko

--- 2 : 218 ---

aku tak carita | saka kandhane wong tuwa | nalika jumênêngira | kyating rat Sri Jayabaya | ing Mamênang prajanira | anyorèk gambar warnanya | lêluhurira sri nata ||

5. roning êtal papanira | ingkang rumuhun priyoga | panyorèke sri narendra | gambaring Hyang Jagad Nata | sapiturute tumêka | Bambang Parikênan nama | ing sawuse paripurna | diarani wayang purwa ||

6. panjupuke aran wayang | de gambar wujud wus ilang | ginagas ing tyas trus têrang | mulane wau kang wayang | lanang wadon tinindhikan | kagawa saka babone | corèkannya sri pamase | Prabu Jayabaya kuwe ||

7. dadi mung mirit patrapnya | panganggone janma băngsa | Indhu kêling kang nagara | rampunging pagambarira | amarêngi taun ăngka | wolung atus widak juga | sangkalanirèng kang warsa | gambaring winayang astha ||

8. kala êmpun Ajisaka | jumênêng sri narapati | nèng nagri Purwacarita | jêjuluk Sri Widayaka | nganggit pakêm lêlakonnya | para dewa saturutnya | marêngi angkaning warsa | sèwu tigang dasa juga ||

9. taun iku sinangkalan | ratu guna mlêtik tunggal | antarane nganti lawas | basa karaton Jênggala | marêngi angkaning warsa | sèwu satus kalih dasa | ingkang jumênêng pamasa | Lêmbu Amiluhur nama ||

10. olèh kawan likur warsa | muksa ginêntenan putra | Radèn Panji Rawisrêngga | nama Sri Suryamisesa | arsa nganggit wêwangunan | ri gambaring wayang purwa | ron tal uga papanira | winujud gêng lan dêdêgnya ||

--- 2 : 219 ---

11. pra kadang kadean samya | tumuntur garap mangrêngga | sabên sri nata sumewa | corekan katur sang nata | winadhahan ing kandhaga | sarta nganggit pakêmira | lêlakone wayang purwa | tinurutakên tinata ||

12. lah iku awite wayang | nganggo tinabuhan găngsa | slendro nganggo sinulukan | têmbung kawi warna-warna | manut pathêtaning găngsa | kagêm sabên pasamuwan | Sang Prabu Suryamisesa | karsa andhalang priyăngga ||

13. para kadang kadeannya | kang garap anabuh găngsa | kasêsêm ingkang uninga | manganti bubare samya | anuju angkaning warsa | sèwu satus kawan dasa | sirah gangsal sinangkalan | tata karya titis dewa ||

14. muksane Suryawisesa | gya ginantyan ingkang putra | Rahadèn Kudalaleyan | jêjuluke mangkya gantya | Surya Amiluhur nama | lagya olèh tigang warsa | nulya ngalih nagrinira | Pajajaran Kartaharja ||

15. mangun gambar wayang purwa | babon corekan Jênggala | jinujut gêng luhurira | papane daluwang jawa | anuju angkaning warsa | sèwu satus suwidak rasa[3] | wayang gana rupa janma | [...][4] ||

16. nalika Rahadyan Jaka | Sêsuruh jumênêng nata | jêjuluk Prabu Bratana | angadhaton Majalêngka | karsa mangun wayang purwa | papane daluwang jawa | ginulung dadya sajuga | winuwuhan rêricikan ||

17. wayang bèbèr ingaranan | yèn kagêm anèng kadhatyan | lastari slendro gamêlan | liyane anèng kadhatyan | kang nglakokke dhêdhalangan | amung rêbab kang gamêlan | prêlu kangge purwakala | yèn wong kêna ngila-ila ||

18. pangupa drawa anandhang | mala cintraka mèk ilang | kaya ta cah wadon lanang | ontang-anting tanpa kadang | sapêpadhane iku kang | rinuwat kasêbut layang | Rêsi Kala gawang-gawang | ngruwat nganggo bèbèr wayang ||

19. murih ruwêt ingkang kala | nganggo sajèn warna-warna | sarta dupa gănda wida | katêlah

--- 2 : 220 ---

têkan samangkya | wong kang nanggap wayang purwa | kudu nganggo sajèn dupa | duk rampunging panganggitnya | Sri Maha Prabu Bratana ||

20. angkaning kang ponang warsa | sèwu rong atus punjulnya | wolu puluh lan tatiga | sangkalanira winarna | nênggih gunaning pujăngga | nêmbah ing Bathara Endra | bana ing jumênêngira | Sang Aprabu Brawijaya ||

21. pungkasan ing Majalêngka | kacarita darbe putra | wasis gambar namanira | Radèn Sungging Prabangkara | dhinawuhan rama nata | mangun busananing wayang | bèbèr kang tumrap daluwang | rinêngga pulas mawarna ||

22. pinantês lan wujutira | raja satriya punggawa | busana kinarya beda | anuju angkaning warsa | sèwu tri atus langkungnya | taun iku sinangkalan | anênggih datanpa sirna | pigunaning kang atmaja ||

23. sabêdhahing Majalêngka | anuju angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | tigang dasa langkung tiga | sangkalanira rinipta | gêni murup sinram janma | ing nalika iku wayang | bèbèr sagamêlanira ||

24. marang ing Dêmak nagara | kacarita Kangjêng Sultan | Sèh Ngalam Akbar sapisan | sêngsêm marang karawitan | myang rêtna langên wayangan | sring-asring kaparêng dhalang | iya iku bèbèr wayang | măngka gamêlan lan wayang ||

25. kasêbut ing pêkih kitap | karone iku pan karam | dadi pra wali sadaya | biyantu karsaning nata | anganggit wayang supaya | ilang wujut gambar janma | kang kinarya lulang mesa | tinipiske sawatara ||

26. dhinasaran warna pêthak | ancur lan gêrêsan lulang | prabote pinêtha maswa | kinarya miring rainya | tangane kinarya dawa | ngirisan tulang maesa | ginapit sajuga-juga [saju...]

--- 2 : 221 ---

[...ga-juga] | tinancêpakên ing wrêksa ||

27. binoyong jejeran wayang | sabên kanjêng sultan lênggah | wayang kajèjèr panggungan | kacaoske kangjêng sultan | banjur bali ingaranan | wayang purwa kaya lama | dene babon bèbèr wayang | dadi anggone pra dhalang ||

28. lêstari kang anggo dhalang | barang sajroning nagara | tanapi mring desa-desa | samana angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | kawan dasa punjulira | nênggih sinangkalan mangkya | nir gusti caturing dewa ||

29. antaranya kangjêng sultan | jumênêng tuk tigang warsa | kangjêng sinuhun ing Arga | nganggit wuwuh ingkang wayang | nganggo danawa wanara | sarta gancaring lêlakyan | sinuhun ing Benang sigra | nganggit panyumpinging wayang ||

30. de panggungan kering nganan | Jêng Sultan Sah Ngalam Akbar | muwuhi ricikan wayang | rupa gajah lan prampogan | Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit kêlir kadêbognya | balencong kalawa[5] kothak | sarta muwuhi kêkayyan ||

31. iku minăngka sangkala | mêmêt aku kurang têrang | dene ta kang asring dhalang | Sunan Kudus tinabuhan | salendro ingkang gamêlan | iku wiwiting kang wayang | apan nganggo sinulukan | grêgêt saut ada-ada ||

32. nuju angkaning kang warsa | sèwu kawan atus ika | langkung kawan dasa tiga | dene ta sangkalanira | gêni dadi guci ningrat | antarane tan winarna | nalika jumênêngira | nênggih Rahadèn Trênggana ||

33. jêjulukira Jêng Sultan | Sah Ngalam Akbar ping tiga | arane Sultan Bintara | kang mungkasi Dêmak praja | wasis waskitha ing nala | anggalih kang wayang purwa | mindhake bagus sêmbada | karsa dalêm sri narendra ||

34. mangun wanguning ka wayang |

--- 2 : 222 ---

jinujut ing dêdêgira | sarta mripat cakêm karna | sarta binêdhah sadaya | samana angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | pitung puluh punjul sapta | rêsi pitu karya tunggal ||

35. susunan ratu kang tunggal | ing giri nalikanira | makili karaton Dêmak | anganggit wanguning wayang | gêdhe dhuwure si duwa | ugêre mata liyêpan | karo mata panthêlêngan | wedokane nganggo rema ||

36. wayang wanara lan buta | dinokokak[6] roro mata | dewa sakêt kaya arca | sarta nganggit lakon wayang | wiwite wayang tinrapan | kakonang ingkang parada | sawuse dadi sakothak | ingaran kidang kêncanan ||

37. nalika iku sinungan | sangkala mêmêt ingaran | rupa Sang Hyang Girinata | nitih andini andaka | anuju angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | pitung puluh wolu sirah | slira dwija dadi raja |[7]|

52. Salisir

1. datan na lingsiring karsa | saking lêpasing pambudya | Sunan Ratu Tunggal Arga | anulya karsa iyasa ||

2. wayang gêdhog aranira | cakokaning praupannya | babon saking wayang purwa | tanpa kêthèk lawan buta ||

3. anganggo têkês kang priya | wayang wadon ngore rema | prabot rapèt kalung jamang | gêlang anting kilap buja ||

4. jêjêring lêlakon praja | sakawan padha sudara | ing Jênggala ing Pamênang | ing Ngurawan Singasêkar ||

5. sabrangane Prabu Klana | Pulo Bali kang nagara | balane buris sadaya | sarta nganggit pakêmira ||

--- 2 : 223 ---

6. gancaring kang lêlampahan | sarta garêgêt saupnya[8] | tanapi suluk bineda | lagune lan wayang purwa ||

7. pan pelog gamêlanira | kang dhalang ran Widayaka | Suhunan Kudus êmbannya | lastari langêning praja ||

8. sinungan mêmêt sangkala | rupa Sang Hyang Nilakăntha | ngasta cis ginubêl naga | anuju angkaning warsa ||

9. sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung gangsal | sinangkalan gaman naga | kinarya ing Udipatya ||

10. nahan ta Susunan Benang | yasa wayang Damarwulan | ingkang jinêjêr lêlakyan | ing Majapait têngahan ||

11. ratu ayu jumênêngnya | nuju taun angkanira | sèwu tri atus limalas | nunggal lan bèbèr wêktunya ||

12. ingkang linakonkên dhalang | dadi tanggapaning wadya | winuwuhan têtabuhan | kêprak angklung kêndhang trêbang ||

13. kalanturing pakêcapan | wayang bèbèr tabuhannya | lumrah ngarani kêthiprak | anuju angkaning warsa ||

14. sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung astha | sinangkalan duk iyasa | astha wali karya tunggal ||

15. Jêng Sultan Adiwijaya | jumênêng ing Pajang praja | anuju ing taun ăngka | sèwu limang atus tiga ||

16. karsa mangun wêwangunan | wayang purwa babonira | iyasan ing Dêmak praja | prabot pinastês[9] lan wănda ||

17. para ratu prabotira | ana kang nganggo makutha | ana tropongan kewala | ana kang kêling gêlungnya ||

18. satriya bêsus ing rema | ana kang nganggo paraba | sarta rineka dodotan | ana ingkang nganggo clana ||

19. pinapantês dhewe-dhewe | nganggo samparan wadone | karo bêsusing rambute | dodotan buta kêthèke ||

20. tan owah ngloro matane | dewa rêca parabote [pa...]

--- 2 : 224 ---

[...rabote] | padha irasan tangane | winuwuhan gêgamane ||

21. goda bindi alugora | iku wiwit wayang purwa | tuwin wayang gêdhog ika | padha tinatah gayaman ||

22. sarta nganggit wuwuh ingkang | pakêm purwa gêdhog wayang | anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lima ||

23. Jêng Sunan Kudus iyasa | wayang golèk saka wrêksa | mirid lakon wayang purwa | salendro gamêlanira ||

24. amung kênong êgong kêndhang | kêthuk kêcèr lawan rêbab | nuju sangkalaning warsa | wayang nir gumuling kisma ||

25. Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit topèng kang kinarya | saka wrêksa mung sak suryan | sarta methok wêwangunan ||

26. kaya raining manungsa | jêjêring lêlakon padha | karo wayang gêdhog iya | nganggo buta warna-warna ||

27. wănda mripat mayang purwa | prabot têkês rampèk clana | sumping sondhèr uncal wastra | kang mêtu jinêjêr samya ||

28. lanang wadon nganggo bêksa | dhewe-dhewe pacakira | kaya putra lan cindhaga | panji tuwa panji mudha ||

29. Gunungsari Prabu Klana | daga blancèr pênthul buta | kudu beda bêksanira | ukêl lan têtambangannya ||

30. salendro gamêlanira | topèng sawiji-wijinya | nganggo dipatut gêndhingnya | dhewe-dhewe nora padha ||

31. angkaning warsa samana | sèwu limang atus astha | măngka ta sangkolèng warsa | kaèsthi nir yêksaning rat ||

32. basa ing kraton Mataram | jumênêngnya Panêmbahan | Senapati ing Alaga | karsa mangun wayang purwa ||

33. rambut tinatah gêmpuran | wayang gêdhog kinêrisan | muwuhi wayang ricikan | manuk lawan buron wana ||

--- 2 : 225 ---

34. anuju angkaning warsa | sèwu lima atus lawan | patpuluh siji sangkala | rupa pat gatining janma ||

35. ing sajumênêngnya nata | Sri Surya Anyakrawatya | rama dalêm sri narendra | ingkang jumênêng samangkya ||

36. amêmangun wayang purwa | babone kidang kêncana | jinujud mung sawatara | sasigaring palêmahan ||

37. Arjunane pinaringan | panêngran Kiyai Jimat | iku awite kang wayang | purwa lan gêdhog sinungan ||

38. bau lan tangan pinisah | tangane cinampuritan | lan winuwuhan dhagêlan | myang winuwuhan gêgaman ||

39. panah kêris sapadhanya | bisane landhêp sadaya | paripurna karsa nata | banjur ana uwong mănca ||

40. saka Kêdhu asalira | bisa dhalang gêdhog purwa | banjur kaabdèkke dadya | dhalang sajroning nagara ||

41. kaparênging sri narendra | wayang bèbèr pangruwatan | sinalinan wayang purwa | katêlah têkèng samangkya ||

42. rampunge dènnya iyasa | maringi mêmêt sangkala | iku rupa buta guban | padhalangan ingaranan ||

43. panyèrèng araning buta | banjur karan ing akathah | buta cakil wus kalumrah | mathênthêng solahe kathah ||

44. wujud buta mata siji | tangan loro dikêrisi | siyung mêtu saka lathi | amandhuwur mung sawiji ||

45. anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lawan | sèkêt loro sinangkalan | nêmbah lawan buta tunggal ||

46. ing samêngko karsa nata | kang Sinuhun Kangjêng Sultan | Agung Kratingrat parapnya | Prabu Anyakrakusuma ||

47. karsa mangun wayang purwa | prabote jalu lan priya | samya tinatah sadaya | jinait lanyapanira ||

48. sarta sangkut dêdêgira | kang pancèn mêlèk matanya | kajait sinungan tăndha | gêndhongndhongan matanira ||

49. rangkêp-rangkêp ingkang wănda | ing sawusing paripurna [pa...]

--- 2 : 226 ---

[...ripurna] | Arjuna [...] kaparingan | aran Kyai Mangu ika ||

50. sinungan mêmêt sangkala | rupa buta rambut rêta | ingore sumugèng ngarsa | nganggo jalu suku dyinya ||

51. padha lawan ingaranan | iku buta parapatan | wong akèh ngarani ika | buta rambut gêni samya ||

52. rampung nuju ăngka warsa | sèwu limang atus lawan | sèkêt têlu sinangkalan | jalu buta tinata sang ||

53. lah mung iku kawruh ingwang | crita witing ana wayang | kang miyarsa samya girang | matur pundi turun dhalang ||

54. Ki Sumbaga astanira | anudingi lah kae ta | kang sèndhèn ing saka rawa | Ki Panjangna wastanira ||

53. Mijil

1. pan sinigêg Sumbaga dènnya ngling | gantya kacariyos | ingkang cakêt kalawan linggihe | lan Ki Marboti taha wêwangi | Ki Marbot jinawil | sarwi têtanya rum ||

2. yayi para èstu dèrèng uning | lu-èlu kemawon | awit alit tumêkèng samangke | dèrèng wontên ingkang nyariyosi | cariyos ing nguni | waton kitapipun ||

3. sabên wulan Sapar amarêngi | ri Rêbo dhumawoh | kapungkasan sapraja arame | jalu èstri miwah rare alit | samya siram mawi | jajimat dèn êkum ||

4. wontên malih jimat dèn kum warih | wusing siram gupoh | gya inginum myang pinupukake | bun-êbunan miwah slawat katri | sartane manèki | pinapal ing pucuk ||

5. Ki Titahar aris amangsuli | ing pamyarsaningong | kasbut Kitab Mujarabah rane | caritane Aliaya Adi | kang wus sinung uning | gaibing Maha Gung ||

6. tinartamtu [tinarta...]

--- 2 : 227 ---

[...mtu] sabên-sabên warsi | karsaning Hyang Manon | anurunkên sakèh kabilaèn | awit Rêbo pungkasaning sasi | Sapar kèhing blai | tri atus nêm puluh ||

7. sabanjure nèng tanggal myang ari | nahas kang wus maton | tumrap Jawa abanjur nganake | sangar nahas jatingarang tuwin | patine kang ari | naga dina tèngsu ||

8. tali wangke miwah sampar mayit | sasamine rêngko | pramila yèn para ngulamane | wusing adus barêsih ing dhiri | myang nginum we mawi | jêjimating êkum ||

9. gya sêmbahyang panulak bilai | iku kawruh ingong | inggih kakang wus dhamang rayine | kala adus punapi gih mawi | rapal niyatnèki | anggènipun adus ||

10. bilih mawi rapal kadipundi | manawi tan wados | rak prayogi winêdhar samangke | Ki Titahar gumuyu mangsuli | ora woda-wadi | uruting kang adus ||

11. ingkang dhingin asêsuci wajib | mênèk agantung gong | de rapale elingku mêkene | bismillahir rahêmanirrakim | nawetu huslali | dapingil balau ||

12. sunatan lilahitangalèi | niyat adus ingong | ari Rêbo wêkasan sasine | pananulak sakèhing bilai | wêkasan basuki | Allahu akbar wus ||

13. sabanjure maca ur ulbirid | dalika arda mor | tasalun baridun wa sarabe | titi tamat rapale sasuci | sunat Rêbo sasi | Sapar pungkasipun ||

14. tanya malih rencangira linggih | babo kakang Marbot | siyam sunat bok winêdharake [wi...]

--- 2 : 228 ---

[...nêdharake] | bilih sagêt ulun yun nglampahi | sok sampuna uning | dadya tyas tuwajuh ||

15. iya adhi kang wis tak lakoni | pasa sunat manggon | ana dina Sênèn lan Kêmise | lawan pasa sud myang siwat nami | siwat têgêsnèki | tanggal pêtêng nuju ||

16. etung têlung dina boya luwih | ing wite linakon | kaping wolu likur utamane | sanga likur tri dasa yèn bèji | pungkasan marêngi | tanggal pisan iku ||

17. suda iyaiku nalikaning | rêmbulan mancorong | iya amung tri ari pasane | ping têlulas ping patbêlas kaping | limalas mungkasi | kabèh mau manut ||

18. iya lampahe jêngandika Nabi[10] | Muhkhamad kinaot | de yèn dintên Kêmis ing tanggale | sasamine kang makono yayi | ing niyatirèki | sinarêngna iku ||

19. lawan sabên Sura amarêngi | ping sanga mancorong | angasura punika arane | ping sapuluh ngasura namèki | yèn tanggal pisan wit | utama satuhu ||

20. wulan Rêjêp ing sakuwasanèki[11] | watone linakon | lamun kawit tanggal sapisane | têkan kaping têlung puluh yayi | kalangkung utami | gêng gancaranipun ||

21. wulan Ruwah awit tanggal kaping | sapisan linakon | têkan kaping limalas tanggale | nismu saban iku dèn arani | patpuluh lima ri | gunggunging rong tèngsu ||

22. sasi sawal puwasa sunating | awit tanggal pindho | têka kaping pitu ing tanggale | bakda sawal ping wolu marêngi | riyaya kupat twin | sangkêp ulamipun ||

--- 2 : 229 ---

23. Bêsar kaping wolu tarwiyahi | ping sanga ngarsa Pon | ping sapuluh nahar ing bakdane | dadi amung pasa kalih ari | utamanirèki | sapisan witipun ||

24. amung iku pasa sunat yayi | kang uwus kalakon | nora susah nganggo rapal-rèpèl | mung niyatna ing sajroning ati | tan susah kawijil | dene awitipun ||

25. pasa niyat nalika malêming | pasa yun linakon | nganggo saur pan winênangake | supayane kuwat ingkang dhiri | badan kudu suci | kaya pasa agung ||

26. lamun sira yayi anglakoni | nêmbahyang binatos | pinarêngna têbir lan ekrame | utawane sarêng nalikaning | wuluki mahribi | masuh rainipun ||

27. pama ayun pasa ari Kêmis | ing sajroning batos | niyat ingsun pasa ri Kêmise | sunat anut lampahi jêng nabi | karana Allahi | dene lamun tumbuk ||

28. Rêjêp kaping sapisan ri Kêmis | niyat pasa ingong | ari Kêmis sing wat lan Rêjêbe | sunat anut lampahe jêng nabi | karana Allahi | sapiturutipun ||

29. lamun sira sami anglampahi | gêganjaran Manon | sinung èngêt slamêt salawase | kang miyarsa sêdya yun nglampahi | agambuh tyasnèki | sigêg kang winuwus ||

54. Gambuh

1. Ki Supana winuwus | abdi dalêm jajar carik macung | rencangira jêjagongan têtanya ris | uwa manawi panuju | kaparênga paring tudoh ||

2. têmbung myang sastranipun | kang rumiyin pribadi puniku | atumitah wontên ing madyapadèki | kang tinanya kagyat muwus | gonmu takon [tako...]

--- 2 : 230 ---

[...n] karya gawok ||

3. lagi iki sajêgku | ana bocah takon kang kadyèku | grathul-grathul iya aku asung uning | bênêr lan lupute êmbuh | kakèkmu suwargi omong ||

4. ana pandhita putus | saka Ngatasangin asalipun | acarita mungguh têmbung lan sastrèki | kang tuwa dhewe ranipun | têmbung Ibrani sayêktos ||

5. yèku bêbasanipun | băngsa Israil nagara agung | pamacane sastra mau saka kèri | manêngên sabanjuripun | dhapur sastra winiraos ||

6. sairib sastra Indhu | lan sairip lan sastra Arabu | kaanggone duk jamane Kangjêng Nabi | Ibrahim kalillohu[12] | mupakat sakèhe nguwong ||

7. banjur kinarya iku | anulisi kitap-kitapipun | para nabi kalipahira Hyang Widhi | jaman ing sadurungipun | Jêng Nabi Muhkamad miyos ||

8. ananging samonèku | kacarita kala jamanipun | Kangjêng Nabi Ibrahim kalillolahi | ana ratu gêng pinunjul | binathara para katong ||

9. kyat ing rat Raja Namrut | iya Prabu Jabar ajêjuluk | ajumênêng ana nagara ing Babil | isine jagad kacakup | dumadya ngaku Hyang Manon ||

10. Ki Ajar patih Namrut | ingkang rama Kalillurahmanu | kyana patih datan maèlu mring siwi | angugêmi ratunipun | kèlu kumprung pêngung bakoh ||

11. inggale caritèku | timbalane Allah Kang Maha Gung | maring kangjêng nabi pinaringan kanthi | putra kapenakanipun | ran Nabi Lut samya tinon ||

--- 2 : 231 ---

12. ngislamakên Sang Namrut | yya kabanjur-banjur dènnya lacut | ngaku Allah nanging datan pinarduli | saya dadra andêlarung | dilalah èngête adoh ||

13. Jêng Nabi sakalangkung | dènnya matur maring ramanipun | kinèn Islam manut ing agama suci | Jêng Nabi malah tinundhung | saka ing Kaoniya bodhol[13] ||

14. Nabi Lut datan kantun | lawan wadya pra mukmin sadarum | ibu Nabi Siti Naonan duk myarsi | gya nusul lampahing sunu | nèng wana basangi andhok ||

15. jajahan Ngêsam iku | bakda salat dutaning Hyang Agung | Jabarail ngêmban dhawuhe Hyang Widhi | Jêng Nabi kinèn dhêdhukuh | ing têmbe kalamun dados ||

16. kaaranana iku | dhukuh Betal Mukadas satuhu | bumi ingkang sinucèkakên Hyang Widhi | sawuse atampi dhawuh | linampahan nulya dados ||

17. dhukuh arja kalangkung | wadya Eslam sabên ari wuwuh | rawuh malih dutaning Hyang Maha Suci | kinèn maringakên iku | musakap kèhe kang pulo ||

18. kalawan kinèn gupuh | nutugakên nyilamakên Sri Babul[14] | saukure dutaning Hyang kang paring sih | pinratakên pra wargèku | sukèng tyas sokur ing Manon ||

19. musakap sapuluh wus | winulangkên mring umat sadarum | myang sahadat pungkasannya nêbut Nabi | Ibrahim kalilolahu | sadaya mituhèng dhawoh ||

20. tan lami budhal sampun | maring Babil akanthi Nabi Lut | bêkta wadya mukmin namung sawatawis | wus prapta têpi praja gung |

--- 2 : 232 ---

nulya akarya pakuwon ||

21. Jêng Nabi tandya laju | maring praja kapanggih Sri Namrut | winartanan sadhawuhing Maha Suksci | Namrut kinèn amiturut | nanging mêksa pungguh wangkot ||

22. malah Sang Raja Namrut | yun ngayoni maring ing Hyang Agung | Kangjêng Nabi asangêt dènnya maripih | Namrut mampang mêksa mungsuh | Nabi kinèn amakuwon ||

23. Jêng Nabi wusnya mundur | sri narendra andhawuhi gupuh | mring Kya Patih Arja kinèn ngupaya glis | catur pêksi garudha gung | wusnyantuk katur sang katong ||

24. piniara mrih tutut | gya akardi bale gêdhong agung | rakitira kadya pêthi wus adadi | kanan kering amung sinung | candhela rinuji bakoh ||

25. pintunya ngandhap luhur | myang sinungan bêsat inggilipun | wêwalêsan ngungkuli sirahe pêksi | yèn winalik nèng sor suku | paripurna kang pirantos ||

26. kinèn abêkta gupuh | mring maligi anyar kang dumunung | jaban praja agêng luhure nglangkungi | winatara pitung gunung | myang catur narendra katong ||

27. sapraptanirèng pucuk | pêksi catur suku samya sinung | kolong wêsi bakal êgonira tali | bale rinut suku wolu | kadi tandhu geyang-geyong ||

28. Sri Jabar sukèng kalbu | nguwuh-uwuh sêsumbar kumruwuk | lah ing ngêndi pangerane Si Ibrahim | têka nora nana munggut | lah ngatona payo pupoh ||

29. lan êndi wadyanipun | ingkang aran malekat-malekut | têka nora katingal sawiji-wiji | baya padha wêdi mring

--- 2 : 233 ---

sun | Namrut tan kêndhat ngacêmong ||

30. sarwi bojana nginum | Kangjêng Nabi kalilurahmanu | lan Nabi Lut tanapi wadya pra mukmin | minggah mring malige luhur | wus panggih lawan sang katong ||

31. latah-latah ngling Namrut | sida bebas kratone gustimu | nora wurung ingsun langgar sun lurugi | dimèn mijil banjur campuh | aprang tandhing lawan ingong ||

32. Jêng Nabi sakalangkung | dènnya asung pemut maring Namrut | malah bêndu gya prentah mring wadyanèki | kinèn samêkta apupuh | sangu myang gêgaman pupoh ||

33. walêsan catur uwus | pucuk sinung daging unta ngunbruk | Namrut angling hèh êntènana Ibrahim | gonku nglunas pangeranmu | Sri Namrut lan para katong ||

34. pêpilihan kang uwus | mambêg wantêr kasudiranipun | lawan rêsi sewa sogata pinilih | kang wus limpat agal alus | kya patih manggolèng pupoh ||

35. sadaya wus umangsuk | pangruktinya sadaya wus rampung | gya ginêtak kagyat mamprung catur paksi | myang daging nèng luhuripun | nanging datan bangkit nothol ||

36. kagendra drêng yun nucuk | saya dêdêl lan akêmbanipun | duk lampahan sasiyang lawan saratri | parentah mring juru pintu | kinèn mêngakakên gupoh ||

37. lawang bale kang luhur | wusing mênga jru pandomanipun | dhinawuhan aningalana kang langit | matur taksih nyamut-nyamut | tan ewah duk anèng ngisor ||

38. lawang bale ngandhap wus | binuka myat bantala katlisut | prentah malih surak nabuh gubar bèri | kagyat kang kagendra catur | sumêka dêdêl tan kegoh ||

39. parentah malih Namrut | anon langit tanna owahipun | anon bumi

--- 2 : 234 ---

wus tan ana antarèki | sinêngkakkên malih mamprung | ponang langit maksih katon ||

40. kadi nèng ngandhap wau | bumi katon pêtêng kadi dalu | ana swara wau ingkang kapiyarsi | saking wiyat juru dêmung | kang darbe swara tan katon ||

55. Jurudêmung

1. hèh ratuning racut sira | marang ing ngêndi karêpmu | dupara kalangkung-langkung | sira arsa mring ngakasa | kaliwat lacutirèku | ya ta Sri Namrut miyarsa | miwah para wadyanipun ||

2. samya gugup agaligap | anyandhak gêgamanipun | dèn ngati-ati sadarum | baya iki ingkang prapta | ripu dibyaning aluhur | ya ta ana malih swara | hèh hèh Namrut kapir lacut ||

3. Namrut ngatak prawiranya | ngêplaskên panah mandhuwur | angawut pamanahipun | ana ngêmpakkên istijrat | wêktuning jêmparing brubul | wangsuling saking gêgana | lir girimis tibanipun ||

4. Sri Jabar pribadi sigra | nglêpaskên jêmparingipun | sarwi sêsumbar têkabur | hèh êndi pangeranira | lah ngatona payo gupuh | lan êndi rupane uga | prajurit wêtokna gupuh ||

5. Jabrail tampi parentah | angambil mina ing laut | ingunjalakên mandhuwur | luhuring panah Sri Jabar | wangsuling mina mring laut | cumalorot kawistara | jêmparing nata cumundhuk ||

6. têrus badaning kang mina | ludiranira sumêmbur | jêmparing gagubras marus | Jabrail anyandhak mina | winangsulakên mring laut | panah dhinawahkên marang | ngarsane Sang Raja Namrut ||

7. jêmparing tiba cinandhak [cina...]

--- 2 : 235 ---

[...ndhak] | ngêtrok wêntis suka guguk | latah-latah asru muwus | pangerane Si Ibrahim | kacundhuk jêmparing ingsun | hèh ta bocah aja kêndhat | gonmu jêmparing mandhuwur ||

8. mangkya karsèngsun kalakyan | angobrak-abrik agêmpur | prajèng karaton ngaluhur | sira Jabarail sigra | ngambil pêksi sobèng luhur | kinênakakên ing panah | wangsule katutan marus ||

9. kalawan daginging kaga | lir grimis tibaning marus | dhawah palataranipun | bale gandhaga marayan | Namrut cikrak-cikrak muwus | lah bocah padha wisana | gonmu nglêpaskên mring luhur ||

10. iki wus têtêp patinya | Ibrahim pangeranipun | kataman ing panah ingsun | iki ta dêlêngên padha | olèh daging panah ingsun | sarta gêgubras ludira | lir garimis rah sumêmbur ||

11. pasthi karatone rusak | wadyane wus lêbur luluh | Namrut lan sawadyanipun | sukèng tyas marwata suta | angalêmbana macucu | tan wruh mangkene gumêlar | budi kalap pêngung bingung ||

12. Sri Jabar parentah sigra | wêwalêsan dhuwur manuk | winalik babêsatipun | anèng ngandhaping kang kaga | kagendra sakawan wulu | daging mangsan anèng ngandhap | măngka sru kaluwèn catur ||

13. tumungkul myating mêmasan | sinarêngan surak umyung | gong bèri kêndhang tinabuh | kagyat kagendra lumarat | kadya bêbandhêm tumurun | saking kagyat yun mamăngsa | katarik luwe kalangkung

14. mèh praptèng ngandhap gya prentah | bêsat isi daging mau | kinèn jêngakkên mandhuwur | kang papak kang sirah kaga |

--- 2 : 236 ---

dadya ngampar ibêripun | supadi yèn prapta ngandhap | ayya kantêp tibanipun ||

15. winantu ing gara-gara | arga-arga manggut-manggut | kalamun bisa amuwus | bayèku yun gêmpur ingwang | malekat catur tumurun | karsa ngawut-awut arga | pinupus-pupus lir napuk ||

16. kaga wus anjog pratala | gumêbrug giyar ajugrug | têbih saking maligya gung | bêsat walêsan saksana | pinarêkakên kang cucuk | daging wus samya dèn măngsa | winuwuhan ngantya tuwuk ||

17. pemute kang alul kojah | pitung dina pitung dalu | Namrut dènnya anèng luhur | kaga wus rinante samya | pra wadya sanagri mêthuk | sri naranata tumêdhak | saking bale pêthi agung ||

18. jujug malige ing pucak | Jêng Nabi Brahim Nabi Lut | misih ngantya sampun tundhuk | Namrut suka angandika | ing samêngko pangeranmu | wus jindêng dening hruningwang | jaja butul rah sumêmbur ||

19. tandhane baline panah | kuthah rah daginge katut | lah ta iki warnanipun | cihnaning daging lawan rah | apadene kalanipun | prawira nglêpasi panah | garimis rah drês kalangkung ||

20. pangeranmu apês nistha | dalah malaekatipun | Kangjêng Nabi lingira rum | hèh Namrut ngajap naraka | têka mangkono anggêpmu | lumuh marang rèh raharja | ngorakkên dhawuh Maha Gung ||

21. nasak kudu nasar blasar | mor gandarwo ilu-ilu | lumuh têmên kinarya yu | ingka[15] jamak nuli tobat | darbe pangrasa sihing hu | Jêng Nabi akathah-kathah | dènnya sung pemut mring Namrut ||

22. tinandhang dadining aprang | Jabar nglênggêr tan amuwus | èsmu ajrih jroning [jro...]

--- 2 : 237 ---

[...ning] kalbu | èngêt ing kasêtènira | Kangjêng Nabi duk ing dangu | angas laire kewala | sinasap sinamun samu ||

23. mengo ngiwa tan kaduga | baya ta wus têkdiripun | ya ta Jêng Nabi gya kundur | ingiring sawadyanira | kang kantun agunêm rêmbug | sirnane Kalillurahman | ana pandhita kang matur ||

24. rèhning nguni wus kawuryan | Jêng Nabi kadibyanipun | luhung sampun pinaèlu | ujêr wus ambawa rasa | sarkara lan manisipun | tan kenging kinaya ngapa | tuhu dening kanang punjul ||

25. atur titi tètès tatas | sang nata kalangkung bêndu | mijilkên istijrat luhung | tutug lawan kalih asta | mêdal dahana awangsul | kantar-kantar mring awiyat | tan dangu dahana wangsul ||

26. kang miyat kalangkung ebat | tobat sujud nata kêbut | saking malige ngadhatun | mêsu kalangkung pêpudya | antuk sasmitaning kalbu | enjing miyos siniwaka | Patih Ajar myang wadya gung ||

27. pêpak andhèr ngarsèng nata | mring Patih Ajar gya dhawuh | dènnya yun numpês kang sunu | myang wayah sawadyanira | sinaranan têmbung alus | kinarsakkên abujana | nèng pucaking maligya gung ||

28. pra wadya mangayubagya | yun linakyan sesuk esuk | samêkta prayitnèng kewuh | nahan Jêng Nabi praptanya | ing pawon parentah gupuh | ngalih anyakêti praja | cakêt dalêmnya rumuhun ||

29. ngara-ara Kaosiya | wus tata pakuwonipun | utusanira Hyang Agung | Jabarail asung salam | mring Nabi Brahim Nabi Lut | kang sarta aparing wikan | gunême Sri Namrut kapur ||

30. wus tinutur sadayanya | lan malih karsèng Hyang Agung | malige karsa ginêmpur | Jabarail sampun musna | Jêng Nabi sawadyanipun | dêdonga ing karaharjan [karah...]

--- 2 : 238 ---

[...arjan] | tur iku wus sinung wêruh ||

31. malêming têmpuking karya | karsaning Hyang dènnyarsa sung | bilai mring kapir kupur | sanggyaning kang pra malekat | ingkang wus angêmban dhawuh | kinèn awit nglêkasana | makana saksana rawuh ||

32. lindhu prakêmpa goraya | mung dumunung maligya gung | sangêt gonjing mayug-mayug | rênggat adon-adonira | lir kiyamat isthanipun | bayu mulêg mawalikan | sinarêngan angin lesus ||

33. ponang angin saking ngandhap | tan antara jêbolipun | malige pêplês mandhuwur | tan ana kari samêndhang | swara gora tri jumêgur | lir giri sasra nèng wiyat | sirahe malige gupuh ||

34. pinunggul angin prakêmpa | saking nguntara mangidul | sirah gêmpal tibèng laut | jumêgur wening samodra | mina sing ning laut kidul | akèh pêjah kabarasat | katiban murdaning panggung ||

35. pungkuring Namrut kacrita | sirahe malige mau | mêmulo ombak kadulu | dene awake maligya | andêdêl binêkta lesus | nulya sigar amarapat | ngetan ngulon ngalor ngidul ||

36. katulak wangsul sadaya | têmpuk wor nèng têngah rêmuk | lir binêbêg mabur sumyur | agênge ponang rêmukan | saêndhog ayam tan langkung | anèng saluhuring praja | brêbêl kawratan sadarum ||

37. mêksa dêdêl mring ngakasa | marmanya tan bisa runtuh | awit sinăngga ing bayu | lir pêtêng dhêdhêt limêngan | karsaning Hyang dènira sung | bilai mring lacut kopar | punika kinarya pemut ||

38. supaya padha elinga | wruha kodrating Hyang Agung |

--- 2 : 239 ---

tan antara sirêpipun | bayubajra saking ngandhap | dyan gantya kang bayu lesus | saking luhuring ngakasa | kadi jêmparing tumurun ||

39. tumêmpuhirèng mangandhap | gumurubug sru sumiyut | rêmukan malige wangsul | lir sanjata narawantah | sut kadi mimis sumawur | lingsir dalu wayahira | wong kapir prasamya turu ||

40. dhêdhêt kadi sinirêpan | tibane rêmukan iku | tan srênti sarêng tumanduk | nibani wismane kopar | kêpyak swaranya gumuntur | wismane kapir kawratan | myang jro pura kinarutuk ||

41. pan namung pakuwonira | Jêng Nabi saumatipun | rinêksa dera Hyang Agung | siji tan ana katiban | samya eca-eca turu | wau wismane si kopar | payon rêmak rêmpu rêmuk ||

42. kang anèng sajroning wisma | asru kagyat jumbul kagum | tan ana kuwasa muwus | kapilêngên ing suwara | wong kupur klêngêr sadarum | datan ana kaliwatan | agêng alit èstri jalu ||

43. miwah Sri Bathara Jabar | tan pae lan wadyanipun | kagyat kantunya kalakung | tan wruh sangkaning bêbaya | samya galigap agugup | galuyuran niba-niba | lir wong wungu dènnya kantu ||

44. wênèh ingkang kapalêsat | saking gonira aturu | miwah rêsi juru tênung | ing nagri myang măncapraja | prasamya kapilêng kantu | dangu-dangu duk samana | wong kapir sinungan emut ||

45. kajêngkang karangkang-rangkang | gêrêng-gêrêng ngrintih ngruntuh | tan ana cêtha calathu | pinêksa-pêksa tan bisa | mung bêkuh-bêkuh ting brêkuh | pinêksa apadidêngan | sêrêt galêrêg ngêduwul ||

46. tambuh-tambuh solahira | ing praptaning siyangipun | mulat wisma payon [payo...]

--- 2 : 240 ---

[...n] gêmpur | lêngêr-lêngêr ngungun mlêngak | takon-tinakon tan pêcus | ting palinguk paringisan | amacucu muncu-muncu ||

47. kadya mina kênèng saya | tan dinawa solahipun | danguning susah Sang Namrut | sawawêngkonnya sadaya | tigang siyang tigang dalu | dènnya tan kuwawa ngucap | sadaya kadi wong bisu ||

48. wusing tri latri tri siyang | sadaya bisa calathu | nanging karsaning Hyang Agung | nyalini lagu bêbasan | Sri Namrut sawadyanipun | pangucape panthan-panthan | dhewe-dhewe basanipun ||

49. ing sagolong-golongannya | ratu pitung puluh têlu | sowang-sowang tanahipun | sabên narendra sajuga | sapraja wawêngkonipun | sinungan basa piyambak | atanapi sastranipun ||

50. dadya basa miwah sastra | warna pitung puluh têlu | amung ingkang tan winêngku | iya ing Babil nagara | lastantun kadi rumuhun | lah ta iku caritanya | walahuakam[16] ing pungkur ||

 


mêmandung. (kembali)
ingkang. (kembali)
Lebih satu suku kata: sèwu satus swidak rasa. (kembali)
Kurang satu baris. (kembali)
kalawan. (kembali)
dinokokan. (kembali)
Tanggal: slira dwija dadi raja (S 1478). Tahun Masehi: 1556–7. (kembali)
sautnya. (kembali)
pinantês. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: ya lampahe jêngandika Nabi. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: wulan Rêjêp sakuwasanèki. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: Ibrahim kalillolahu. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: saka kaoniya bodhol. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: nutugakên nyilamkên Sri Babul. (kembali)
15 ingkang. (kembali)
16 walahualam. (kembali)