Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

56. Pangkur

1. nahan gantya kang winarna | Mas Cêbolang lawan santri Nurwitri | tumut ngladosi nèng ngayun | tyas sênêng sukarêna | amirêngkên kang samya agêlar kawruh | tan ana kang lalawora | maton tanduke mrakati ||

2. locitanira ing nala | padha luwih abdi dalêm Sang Mulki | tan ana kuciwèng sêmu | sêmu sumèh jatmika | anaracak marêk-ati tandang tanduk | tuhu prajèng Ngèksigănda | têlêng kraton Bawahangin ||

3. Tumêgung Sujanapura | atanya ris marang Kiyai Panti | lah kakang sintên puniku | rare nêmbe kawuryan | angladosi tandange têka tan kidhung | pasêmon sanès tyang praja | kadi têrahing aluwih ||

4. Ki Pujangkara [Pu...]

--- 2 : 241 ---

[...jangkara] turira | nuwun inggih punika ingkang nami | Mas Cêbolang asalipun | santri saking Cilacap | sampun lami mondhok anèng wismanipun | penakan ulun Têngara | ulun têpang dèrèng lami ||

5. kilap punapa ki lurah | sarêng têpang tan mawi walangati | sih trêsna lajêng tumuntur | mèsêm Sujanapura | wawi kakang kula badhe tumut payu | Mas Cêbolang tinimbalan | wus parêk tinanya ririh ||

6. anak mas manira tanya | nama miwah aslimu saka ngêndi | sapa namane ramamu | tanapi ibunira | dèn prasaja wus lawas pangrunguningsun | sira nèng nagri Mataram | wus akèh para priyayi ||

7. kang wanuh kalawan sira | bêbasane mangkya kapasang yogi | gon ulun kapengin têpung | Cêbolang duk miyarsa | ngandikane dyan tumêgung kadi juruh | rinaras-raras rasèng tyas | bêcik mukir lan tan mukir ||

8. wasana nêmbah turira | nama ulun Cêbolang tiyang saking | ing Sokayasa pukulun | dene ingkang ayoga | nama Ki Sèh Akatdiyat biyang ulun | nênggih nami Siti Wuryan | tan darbe kadang sawiji ||

9. jalaran amulang sarak | anuruti angkara mudha pingging | manah muyar mawut-mawut | tangèh wrin kautaman | rèh nalisir kalihan sudarma ulun | merang ing tyas ing sasama | kabarasat ngingkis ratri ||

10. dumadya katula-tula | kapalantrang praptèng nagra[1] Matawis | wontên ingkang sarju ngukup | nama Amad Têngara | sanalika panganggêping pun mring ulun | kadi tunggil darah tulang | tinêpangkên pra priyayi ||

11. Tumênggung Sujanapura | manthuk-manthuk maspadakkên ing warni | bêg mudha wus wiyahipun | nanging kuwasaning Suksma[2] | ing pêpasthèn pasthi tan kêna ginayuh [gi...]

--- 2 : 242 ---

[...nayuh] | ana sakawit utama | wasanane nistha nisthip ||

12. ana kawitan angkara | wasanane dadya janma linuwih | ayya sumêlanging ing kayun[3] | Allah luwih kuwasa | Mas Cêbolang karosèng tyas makidhupuh | dyan tumênggung malih nabda | besuk sakbubaring kardi ||

13. panuju sêlaning karya | kaparênga dolan mring wisma mami | Mas Cêbolang nêmbah matur | nuwun dhatêng sandika | tyas kalangkung bingah amarwata sunu | dene ta wong agung karsa | anyaruwe dama nisthip ||

14. pra tamu kang samya cêlak | kèh miyarsa dènnya lawanan angling | dilalah anut tumuntur | sih wêlas mring Cêbolang | sampun mundur anyakêti dènnya lungguh | kalawan Ki Panjang Êmas | gèr kula mundur rumiyin ||

15. basane madal pasilan | benjing enjing sontên kinèn angringgit | ngiras murwakalanipun | pangantèn èstri apan | duk amipis jampi tugêl gandhikipun | wus mantuk Ki Panjang Êmas | nahên kang winuwus malih ||

16. pangantyan rampunging panggya | kacar-kucur pinangku ing sudarmi | myang ngujung mring kakungipun | tanapi mring pra wrêda | sawatara gya lumêbêt gêdhong santun | panganggenya sakalihan | nulya mêdal jawi malih ||

17. bujana mring gadri wuntat | kêmbul lawan sanggyaning tamu èstri | sêkul lulut kadya gunung | nèng ngarsane pangantyan | rêsêp rahab dènnya ăndrawina nutug | sawuse dènnya bujana | wangsul maring wisma malih ||

18. palênggahan sawatara | pangantyan gya tinilêmakên maring | patanèn samir tinutup | ngajêngan sinung rana | para tamu dèrèng wontên ingkang mantuk | sunggata lumadyèng ngarsa | dhaharan wedang tapsirih ||

19. tamu ngulamèstri nama | Nyi Aminah wicara tutuk manis | tinimbang rencangnya

--- 2 : 243 ---

lungguh | masalahing wanudya | ingkang sampun tinrap ing korasan luhung | kinarya sambèn lênggahan | lawan dumadya palupi ||

20. Nyi Atikah mèsêm linya[4] | luwih patut pamintanira nini | karêbène aja ngantuk | kocapa jroning praja | Bani Srail ana juragan kalangkung | sugih branarta budiman | Ki Suhul aranirèki ||

21. kadange sawiji priya | aran Kasut tunggal sayayah bibi | satuhune Kyai Suhul | kalangkung butarêpan | de bojone wadon Kasanah ranipun | ki juragan arsa kesah | dagang maring liyan nagri ||

22. pakewuh kang pinarcaya | tunggu wisma Ki Kasud dèn pasrahi | rumêksa ing ipenipun | wêlinge wantya-wantya | aja nganti sinung wruh têtamu kakung | wusing mêling nulya budhal | korining wisma kinunci ||

23. sabên ari tinilikan | mring Ki Kasut sung salam saking jawi | sinauran salamipun | sawiji dina lagya | nèng patirtan dhatêngira Jaka Kasut | asung salam kadi saban | nanging tan ana nauri ||

24. kathah pagagasing nala | sigra ngambil ăndha pinasang wuri | pinènèk Ki Kasut mangsuk | Kasanah nèng patirtan | misih wuda myat ipe dhatêng tyas gugup | murat tinutupan rema | kacukup sangkriping èstri ||

25. Ki Kasut dupi uninga | mring ipene warnane yu linuwih | sru kasmaran gandrung-gandrung | kalimput trêsnèng kadang | pangucape mêminta sih mrih salulut | Kasanah tyas tarataban | pituturira drêwili ||

26. mrih èngêt wurunging sêdya | Kasut cuwa wirang umêdal aglis | karungrungan gandrung-gandrung | praptèng wisma ngupaya | èstri ingkang mirit warnane kang bakyu | nanging tan ana tumimbang | dadya kalantur gung branti ||

27. dalu Ki Kasut gya marang | wisma kadang Kasanah lagya guling | ginugah gragapan jêtung | Kasut agung miluta | Ni Kasanah rèrèh ririh nglingira rum | yayi elinga kêkadang | bok dèn wêdi ing Hyang Widhi ||

28. ingkang nora kasamaran | ing sasolah [sa...]

--- 2 : 244 ---

[...solah] tingkah klêthêking dasih | sira pinarcayan èstu | marang ing raka dika | têka badhe rinusak pribadi èstu | kula tan apti ing karya | druhakèng pangran myang laki ||

29. Ki Kasut sugal wuwusnya | bilih èstu kangkang[5] bok tan nuruti | bilai dunya tan wurung | Kasanah saurira | sira ayun gawe kianat wak ingsun | măngsa bodhoa Pangeran | Ki Kasut merang wus mijil ||

30. byar prapta ing wisma nulya | asêsaji nyêpakkên sandhang picis | ngaturi wong priya sêpuh | catur sinuba-suba suba[6] | Kasut angling nyaritakkên wêlingipun | kadang kakang lunga dagang | miwiti malah mêkasi ||

31. mangkya ipe ulun jina | arsa ulun ukumakên ing nagri | ananging kapalang ulun | tan darbe sait mila | sakalangkung susah ribêting kang kalbu | ki tuwa catur wus sagah | samya umanjinga saksi ||

32. tandya maring pangadilan | lan pangulu Ki Kasut wus pinanggih | purwa wasanane katur | pangulu atêtanya | apa sira darbe sait sêksi tuhu | ature darbe sakawan | wong papat wus anèng ngarsi ||

32. pangulu alon têtanya | catur saksi padha sun upatani | aturnya inggih saèstu | uning Kasanah jina | manjingipun maring Kasapah[7] puniku | ki pangulu gya utusan | modin ambêkta piranti ||

33. nimbali wadon Kasanah | wus kapanggya Kasanah dèn dhawuhi | rèh tan ngrasa nandhang luput | kèh-akèh wangsulannya | tan rinungu ki modin anjirêt gulu | wadon Kasanah linarak | ngrês wêlas ingkang udani ||

34. praptèng ngarsa kali damar | asung salam umatur mêlasasih | pratela sukcining kalbu | gantya tanya mring dakwa | lawan saksi ature satuhu wêruh | cidraning wadon Kasanah | anêtêpakên ing adil ||

--- 2 : 245 ---

35. Ni Kasanah ukum rajam | nulya undhang warata wong sanagri | padha têkaa andulu | dadi têpa tuladha | wusing pêpak maca kutubah pangulu | tamating pamacanira | Kasanah pinêndhêm margi ||

36. badan saparo katingal | ki pangulu parentah mring ki saksi | lan ki gugut kinèn gupuh | awit ambênturana | bênêr luput tan lyan mung anèng sirèku | ingsun sayêkti sadrêma | anatrapkên kukum adil ||

37. Kasut lan saksi sakawan | wus tumandang nulya sakèhing janmi | samya balang ukur-ukur | kèh nolih asru wêlas | mung Ki Kasut lan sêksi sakawan bikut | pinrih praptaning antaka | kulit ajur ting saluwir ||

38. warna nir pindha kaluwa | Bok Kasanah nangis sajroning ati | asêsambat kakungipun | kyai karia wirya | anèng paran mugi rinêksèng Hyang Agung | kawula nêdha ngapura | dosa ngong ing awal akir ||

39. tulusna dasihkên mringwang | ing tyas amung mring Pangeran kang kadim | nêngna kang samya angrungu | kojahe Nyi Atikah | gondhang garing ana nganti mrêbêl kang luh | wêlas maring Bok Kasanah | lir mas tumimbul ing warih ||

57. Maskumambang

1. sêrêt matur măngga linajêngna nyai | cariyos Kasanah | damêl ngêrêsing tyas kingkin | Nyi Atikah mêdhar sabda ||

2. Bok Kasanah kinira uwus ngêmasi | nulya kinèn buwang | marang kubur cakêt margi | murate katon sadaya ||

3. gilang-gilang nèng kubur tan angrawati | rinubung srênggala | saka parmane Hyang Widhi | srênggala tan kwasa măngsa ||

4. wayah bangun angin atirah sumilir | ngalisir sêsambat | niaya ipenirèki | ya Allah nêdha apura ||

5. banjur ana Baduwi dagang lumaris | nunggang untanira | ingiring lêskar sawiji | raryyan cêlak pakuburan ||

6. jroning raryyan krungu swara rintih-rintih | tanya maring lêskar | ature inggih miyarsi | kyai manawi tyang pêjah ||

7. lah mèlua payo padha dèn parani | lêskar anèng wuntat | praptaning kubur udani [u...]

--- 2 : 246 ---

[...dani] | wong wadon akuthah êrah ||

8. wuda nglusar gya dèn olak-alik sikil | sarta tinakonan | sirèku uwong punapi | êjim setan bêrkasakan ||

9. Bok Kasanah ririh sêrêt anauri | kyai kula tiyang | umating Widhi kang langip | bok inggih aparing toya ||

10. sacêgukan supados tuwan ing benjing | winalês dening Hyang | ngara-ara mahsar akir | amanggih toya kang mulya ||

11. takon manèh Baduwi apa sirèki | kang dinakwa jina | ukum ranjam nganti mati | anaur Bok Kasanah[8] ||

12. lan pratela ing salêlakone nguni | Baduwi parentah | mring lêskar angambil warih | wus prapta sinungkên sigra ||

13. Bok Kasanah angling tan bisa nampèni | ya tuwan tulusna | krana lah tulung kaswasih | dika junjung sirah kula ||

14. nuli tuwan curi toya sirah mami | tinurut mangkana | sawusira ngêlêt warih | Bok Kasanah rada kuwat ||

15. matur malih sampun tanggêp gawe bêcik | têtulung kasihan | Ki Baduwi lon nauri | kaya ngapa karêpira ||

16. tuwan bêkta awak kula yènna lalis | tuwan angsal rahmat | agêng kawula yèn urip | dadosa lêskar paduka ||

17. Badwi rêmbag lan rencang wus anyondhongi | jinunjung mring unta | sinasamban amrih rêmit | ginawa wus praptèng wisma ||

18. mudhun saking unta binoyong mring panti | pra rabine mapan | sarwi tanya anyalêkit | niku bakal maru kula ||

19. Ki Baduwi supatanira dharindhil | myang ngandhar carita | Bok Baduwi dupi myarsi | runtuh sihe bangêt wêlas ||

20. Badwi wadon angopèni anambani | tan antara lawas | waras kadi nguni-uni | warna wutuh ayu endah ||

21. Ki Baduwi mulat manahe agonjing | warnane Kasanah | tanna winancèn sadêmi | sèdhêt [sèdhê...]

--- 2 : 247 ---

[...t] aluwês pasaja ||

22. antêng ruruh rêspati jatmika manis | alus amrakatya | tur abêkti mring Hyang Widhi | lungit pasanging graita ||

23. pramilane Ki Badwi bangêt kagimir | tansah sabiling tyas | tawêkal pinasang klinih | wasana ngling mring Kasanah ||

24. hèh Kasanah sira ayun ingsun kawin | Kasanah saurnya | kula taksih darbe laki | tan ilok manggih druhaka ||

25. tuwan ngrisak ngamal prayogi ngèngêti | jangjine Hyang Suksma | Baduwi dupi miyarsi | sinung èngêt asru tobat ||

26. Bok Kasanah angling marang Ki Baduwi | kula darbe nadar | yèn kaparêng ing panggalih | nyuwun momong putra tuwan ||

27. wus sinungan momongan anak Baduwi | cumucut wayahnya | momong sinambi ngabêkti | wus kadya wêka priyăngga ||

28. wirang isin duk rinajam sirna gusis | rêna sokur ing Hyang | mangkya ki lêskar ing nguni | sru kedanan mring Kasanah ||

29. kapiadrêng tinantun kinarya rabi | nanging Bok Kasanah | malah bangêt mituturi | amrih elinge ki lêskar ||

30. nora eling malah bêngis apêpeling | ayun amitênah | Kasanah wacana aris | ingsun pasrah ing Hyang Suksma ||

31. lêskar merang karanjingan lanat eblis | wayah sirêp janma | lêskar mara marang goning | Bok Kasanah lagya nendra ||

32. angêloni sutaning Kyai Baduwi | lêskar wusing cêdhak | ladinge banjur tinarik | anak Baduwi pinragat ||

33. gurung pêgat rah sumêmbur agubrasi | jajane Kasanah | kapati dènira guling | alon wêtune ki lêskar ||

34. dupi bangun Ki Badwi mring goning siwi | kagyat mulating rah | balabar pinriksa aglis | gurunge atmaja pêgat ||

35. sru bramantya sarwi angujar-ujari | kagyat kang anendra | jêtung datan bisa

--- 2 : 248 ---

angling | Badwi jalu èstri mojar ||

36. sarwi nangis wêwalêsmu baya iki | agawe kianat | setan nora sêdya eling | kapotangan kabêcikan ||

37. Bok Kasanah karuna kèh sambatnèki | dhuh tuwan punika | dhêndhaning kang duk kiyai | arsa nut ing nêpsu hawa ||

38. ngajak jina ulun datan animbangi | mangkene pinanggya | mendah kalakona nguni | pasthi luwih kasangsara ||

39. dêmi Allah datan damêl awon maring | sutèngsun priawak | tuhu ulun datan uning | Baduwi saya bramantya ||

40. Bok Kasanah tinundhung myang dèn sangoni | limang tus dirham mas | pêgat-pêgat dènnya pamit | luh adrês kadi turasa ||

58. Mêgatruh

1. mêdal saking wisma liwung tanpa dunung | lawan kang sinêdyèng ati | saparan muhung nut pungkur | janma kang padha lumaris | arta myang rukuh ginendhong ||

2. ing lakune têkan sawiji praja gung | Bok Kasanah aningali | uwong sinulah rinubung | kang sinulah maksih urip | marêk takon dosaning wong ||

3. sinauran uwong iki dosanipun | ngêntèkkên artaning gusti | luwar yèn ana kang nêbus | Bok Kasanah tanya malih | pintên tèking arta katong ||

4. saupami arta katong datan wangsul | punapi gih dèn pêjahi | rèh sami băngsa Islamu | kang yun ulah amangsuli | yêktine tan ukum layom ||

5. de wang amung dhirham êmas patang atus | prentah andika uculi | punika arta panêbus | artanya wus dèn tampani | Kasanah lajêng dènnya don ||

6. ki sinulah wusnya luwar tanya gupuh | lah punapa sababnèki | têka linuwaran ulun | kang nulah nyauri aris | ana sawiji wong wadon ||

7. kang nêbusi dirham [dir...]

--- 2 : 249 ---

[...ham] êmas patang atus | kang sinulah gya nututi | cêluk-cêluk ya tuwanku | wanita kang sih kaswasih | kèndêla pêpundhèn ingong ||

8. ingandhêgan kang sinulah wusa pangguh | matur tuwan kang nêbusi | mring ulun saklangkung nuwun | sasat tuwan asung urip | kawula walês sayêktos ||

9. kaabdèkna ing sapurug atut pungkur | Bok Kasanah amangsuli | andika lungaa gupuh | saking sajroning nagari | dene êgon kula asok ||

10. krana Allah têtulung ing kawlasayun | kang sinulah ciptanèki | wong iki anyamut-nyamut | lawan rasaning tyas mami | sun tan mundur praptèng layon ||

11. wus umanjing sêntanane setan gundhul | ngangsêp marêg dènnya linggih | mêminta sihing pangungrum | prasêtya ing dunya ngakir | tulus agolong karongron ||

12. amarêngut mangsuli sru asung pemut | ingsun isih darbe laki | dèn wêdi siksa Hyang Agung | wong dèn êntas saking pati | malês bilai tan ilok ||

13. tan rinungu gya nyandhak sandhangan gupuh | Kasanah nangis ing Widhi | katrima dènnya nyênyuwun | kinipatkên mlêsat têbih | tibane kongsi kajongor ||

14. Bok Kasanah lajêng wau lampahipun | kang kongsêp satêngah mati | rêngkêng-rêngkêng grigah-griguh | sangsayarda nora eling | supata maring Hyang Manon ||

15. nora suda rasaning tyas yèn tan lampus | kadhingklangan anututi | kininthil sapurugipun | praptèng têpining jaladri | sang dyah aso suku rapoh ||

16. kang nututi uga prapta pinggir laut | singidan nora kaèksi | ana baita kadulu | ingawe lawan kulambi | wong ing prau samya anon ||

17. matur maring ing lurah parau gupuh | labuh jangkar angandhêgi | kekenan mantrus tumurun | numpang sampang wus apanggih |

--- 2 : 250 ---

kalawan wong lanang pekoh ||

18. lingnya manis mila ngawe pamitèngsun | ajêng tumut minggah maring | palwa wontên kajat ulun | wus binakta migah prapti | palwa gung nangkoda takon ||

19. iya apa kang dadi gatining kalbu | winangsulan jênêng mami | rumuhun atmajèng ratu | rama ulun wus ngêmasi | nanging tan gumantya katong ||

20. anuruti ardaning kang hawa napsu | mêsakat ingkang pinanggih | amung kari lêskar ulun | sawiji ayu linuwih | rèh mêsakat kula êdol ||

21. tur puniku kêkasih jantunging kalbu | lah nika dika tingali | nèng pasisir lagya lungguh | para nangkoda nanggapi | nanging kahya wêling ingong ||

22. dèn asandi yya nganti uning mring ulun | wit trêsna agung mring mami | mendahane lamun wêruh | kula sade mêsthi nangis | pra juragan gupoh-gupoh ||

23. samya miyat mring Kasanah lagya lungguh | sru kasmaran wangsul aglis | mring palwa gung kumarumpyung | jor-jinoran dènnya ngawis | patang atus dhinar pantog ||

24. wus tinampèn arta patang atus wutuh | si pekoh pamitanèki | kinesahna badan alus | supados ayya udani | jugaran[9] tumurun alon ||

25. numpang sampang ngêdhunakên si kêpaung | juragan nulya murugi | marang risang eca lungguh | pangguh awacana manis | lah payo tak gawa dhenok ||

26. mring palwa gung Kasanah tyas sru kumêpyur | masuli paran kang wadi | sirèku didol tuwanmu | aku kang tuku dhuwiti | patang atus dinar kropyok ||

27. Bok Kasanah mangsuli satuhu ingsun | kawulane Suksma muklis | amardika ing Hyang Agung | dudu umat jariyahi | dudu lêskar dudu tukon ||

28. akèh-akèh sambate datan rinungu [ri...]

--- 2 : 251 ---

[...nungu] | pinarwasa binêkta glis | mring palwa gung wus dinunung | dalu juragan marani | Bok Kasanah dahat lumoh ||

29. lakung dudu dadya rinêksa Hyang Agung | juragan adrênging kapti | ayun angrangkula gapyuk | jola nêbut kênèng sarik | cikêr tanganira karo ||

30. jêlih-jêlih awak baita gumrubyuk | tanya paran darunaning | wus winêdhar sababipun | Bok Kasanah dèn aturi | pinintan apura gupoh ||

31. ingapura gya dadonga ing Hyang Agung | juragan waluya jati | sumungkêm sru ajrihipun | pinardikakkên pinundhi | sinungan branarta kaot ||

32. ing dalune malih wong awak parau | kang samya kandhuhan wingit | sêdyarsa ngrabosèng lulut | Bok Kasanah ngadêg sarwi | junjung astanira karo ||

33. andadonga nyuwun pitulung Hyang Agung | nulya clarat taun prapti | angin topang wus tumêmpuh | niyup wong sapalwa gusis | muhung Kasanah tan kegoh ||

34. gya angrasuk busana awarna kakung | ponang palwa gung wus minggir | praptèng plabuhan pinêthuk | wong nagri lir sabênèki | bagus Kasanah têtakon ||

35. nagri ngriki napa ontên ratunipun | kang tinanya lon nyauri | wontên tur agama rasul | ambêg paramartèng dasih | kisanak mungguh karsèngong ||

36. saèstune barang ulun saparau | ayun sun turkên narpati | bagus Kasanah wus mudhun | saking palwa panggih patih | tandya marêk ing sang katong ||

37. rêsêping tyas miyat ki juragan bagus | prigêl prasaja rêspati | sang prabu andangu gupuh | sangkan paran namanèki | Kasanah nêmbah turnya lon ||

38. pun Kasanah Bani Srail asal ulun [ulu...]

--- 2 : 252 ---

[...n] | dagang dupi nèng jêladri | katêmpuh ing angin agung | tiyang sabaita gusis | kantun ijèn raganingong ||

39. kajat amba prau myang saisinipun | katura paduka aji | amba kaparênga ngaup | ing saandhap dhampar dasih | atur pêjah gêsang ingong ||

40. sang aprabu suka amarwata sunu | sakala luntur ingkang sih | têdhak pribadi mring prau | Kasanah tansah kinanthi | barang wus malbèng kadhaton ||

59. Kinanthi

1. mangkana sira ki bagus | Kasanah sinungan panti | tur pinanci panganira | mring Jêng Sultan Malebari | Kasanah dalêm ing driya | tutug dènnya olah bêkti ||

2. wus tatane nagarèku | padha olah pangabêkti | punapa dene sang nata | ngibadahe angluwihi | saking bala-balanira | tur asih ing pêkir mêskin ||

3. yèn ri Jumungah sang prabu | akutbah kadhang ngimami | sang nata sampun uninga | yèn Kasanah luwih ngabit | tur pintêr budi wicara | barang prakara patitis ||

4. tur ambêg budi rahayu | milane mangke kinardi | carik kapala bicara | lawas-lawas munggah patih | saking salamêting manah | bênêr adile marta sih ||

5. sring dadya wakiling prabu | sawusira munggah patih | amaca kutbah Jumungah | tatkala myarsa sang aji | bêcik mikranji wêwacan | myang kirate gya tinitik ||

6. agêdhe ngibaratipun | takwa ing Hyang Maha Suksci | barang pakewuhing praja | alang ujuring prakawis | tan lyan Apatih Kasanah | kang tinari sri bupati ||

7. sang nata dhasar wus sêpuh | mangkana ing lami-lami | sangêt dènnya nandhang gêrah | para wajiring nagari | sadaya marêk ing nata | ngatas karsaning sang aji ||

8. angandika sang aprabu | tan ana sun pitayani | kabèh para putraningwang | ingsun wêdi ing Hyang Widhi | yèn miliha putraningwang | yèn kira-kira tan adil ||

9. kang dadi

--- 2 : 253 ---

pitayaningsun | angrèh nagri Malebari | besuk ing sapungkur ingwang | amung Si Kasanah Patih | iku ta ingsun pitaya | gumantia jênêng mami ||

10. karana iku wus putus | barang bab ing dalil kadis | ngabid dhasar bèr budiman | wêweka ingêring nagri | cakêp sabarang dèn ucap | tatas ing tata atiti ||

11. iku kang măngka panuntun | marang anak putu mami | ing panggawe kang utama | kang nglêluri ratu ngadil | ingsun pracaya ing Suksma | jumanênging anak mami ||

12. sêdhêng iku sarwa putus | barang rèh wong dadi aji | sawise Raja Kasanah | aran anak ingsun iki | ya ratu ratu kang mulya | nulad Kasanah Narpati ||

13. karane aja na masgul | iya ing sawuri mami | payo sira timbalana | Si Patih Kasanah aglis | sapraptanirèng ngajêngan | sang nata ngandika aris ||

14. hèh Kasanah jênêng ingsun | kaya mèh prapta ing janji | sapa wruha kukumolah | sira sun pasrahi nagri | dadia gagêntiningwang | angrèh para aji-aji ||

15. Patih Kasanah umatur | ya tuwan sri narapati | pundi parentah kang mulya | sukur alkamdulilahi | punika saèstu tuwan | awas kamulyan ing wingking ||

16. anulya bubaran mêtu | para wajir-wajir ngiring | marang Kya Patih Kasanah | prapta wismanira sami | apatih magung munajad | ing Widhi datan alami ||

17. antara sang nata surut | mulih mring rahmatolahi | para wajir sami marak | mring Patih Kasanah aglis | ingiring mangsuk ing pura | wus jumênêng narapati ||

18. ing Malebari jêjuluk | Ngapiyah Sultan Salikin | mustajab padonganira | ing Suksma sabên miyosi | salat Jumungah atarab | pêkir mêskin nèng surambi ||

19. ngadhang wiyose sang prabu | myang kang samya nandhang sakit | angglar anèng palataran | yèn sampun bakda sang aji | nêmoni wadya kang lara | miwah para miskin-miskin ||

20. sadaya sami anuwun [anu...]

--- 2 : 254 ---

[...wun] | sawab barkate sang aji | nuli dêdonga mring Suksma | waluyaning dasih-dasih | mustajad sadaya waras | barang ingkang nandhang sakit ||

21. miwah ingkang sakit kalbu | luwar saking sêngkêl sêdhih | kang malarat kacukupan | saking murahnya sang aji | tan ana wong duka cipta | gêng alit suka ing ati ||

22. sabên Jumungah sang prabu | miyos salat maring masjid | agêganjar wong kasihan | pêkir miskin para langip | mangkana ing lama-lama | mashur ing liyan nagari ||

23. mangkana ingkang winuwus | prapta adiling Hyang Widhi | kang padha gawe kiyanat | maring Bok Kasanah dhingin | sadaya anandhang lara | nora jamak-jamak janmi ||

24. anadene lakinipun | Ki Suhul pan lagi prapti | dènira alunga dagang | wus lawas onêng ing rabi | kusung-kusung jujug wisma | wismane kapanggih sêpi ||

25. mung sadulure alungguh | dhewe tur anandhang sakit | banjur mring paturonira | rabine nora kapanggih | atakon ing arinira | kakangira ana ngêndi ||

26. lan kêna ngapa sirèku | mêrêm netranira kalih | cikir karo tanganira | kêna ngapa iku yayi | saure èsmu karuna | wus takdire awak mami ||

27. dhuh kakang sadulur ingsun | aja atakon ing rabi | si kakang uga wong ala | wus mati kokum ing adil | ajina lawan wong lanang | Ki Suhul jêngêr tanpa ngling ||

28. tan truh tibaning kang êluh | asêrêt dènira angling | ing êndi gone amêtak | jisime kadangirèki | Ki Kasut sumaur sugal | sampun pinangan ing anjing ||

29. kalakung bunêg ing kalbu | Ki Suhul mèh tanpa budi | tinilar ing rabinira | arine anandhang sakit | tan jamak-jamak manungsa | Ki Suhul amuwus aris ||

30. yayi tambakna laramu | ingsun ingkang ambeyani | nadyan tèka ||

--- 2 : 255 ---

pira-pira | artaku yèn sira maring | ana rewange rêmbugan | aja wèt nandhang prihatin ||

31. nulya angundang dhêdhukun | tatămba awarni-warni | tan ana kang marasêna | ya ta ana dhukun siji | mring Ki Suhul awêwarta | sadulur dika puniki ||

32. olèha satus dhêdhukun | nora waras ing jêjampi | luwung dika gawa seba | mring sultan ing Malebari | dongane langkung mustajap | sultan anyar Malebari ||

33. duk arsa kesah Ki Suhul | marêk ing sri narapati | wong papat padha miyarsa | dhingin ingkang dadi sêksi | anandhang lara cintraka | tan waras dènnya jêjampi ||

34. kapat pisan samya tumut | seba maring Malebari | sarêng mangkat anèng marga | mondhok wismane Baduwi | kang mupu wadon Kasanah | duk mêntas karanjan dhingin ||

35. wusira padha sinuguh | Ki Badwi pitakèn aris | kisanak sanak sadaya | sami arsa dhatêng pundi | ambêkta têtiyang lara | Ki Suhul aris mangsuli ||

36. ajêng marêk ing Sang Prabu | Salikin ing Malebari | anuwun sawab pandonga | wontêna apurèng Widhi | mring sanak kula punika | kang sami anandhang sakit ||

37. Badwi mojar kula nunut | bêkta bocah kula sakit | tan waran[10] dening tatămba | nulya sarêng mangkat saking | wismane Badwi nèng marga | arèrèn ana wong prapti ||

38. ginendhong larane lumpuh | wong ingkang sinalah dhingin | tinêbus ing Bok Kasanah | dumadak mangke kapanggih | lan lakine Bok Kasanah | bêbarêngan anèng margi ||

39. wau ta rencangnya lungguh | kang samya mriksa critaning | ngulama Nyai Atikah | langku[11] lêga sukèng ati | ngucap sukur padha tămpa | bêbêndunira Hyang Widhi ||

40. sakirane yèn kapangguh | kalih Jêng Sultan Salikin | tamtu kawêlèh sadaya [sada...]

--- 2 : 256 ---

[...ya] | bok aja krêsa jampèni | dimèn padha modar pisan | Nyi Atikah crita malih ||

41. tunggal karêpe kadyèku | marêk ing Sultan Salikin | sapraptanira ing praja | samya tutuk ing surambi | anuju dina Jumungah | nut tataning kang wus uning ||

42. bakda Jumungah sang prabu | miyos pinarêk surambi | nêmoni umating Suksma | kang padha anandhang sakit | pan sabên-sabên mangkana | agêganjar wadya langip ||

43. sang nata awas andulu | mring lakine nora pangling | lan wong kang gawe kiyanat | kabèh prapta nandhang sakit | matur juragan Kasanah | ya tuwanku sri bupati ||

44. kang asih wêlas ing wadu | amba nênuwun ing Gusti | tuwan têdhakna apura | ing Suksma kang maha sukci | inggih sadulur kawula | punika ka nandhang sakit ||

45. angsala apuranipun | sirnaa ingkang sêsakit | ngandika Sultan Ngapiyah | insaallah yèn marêngi | iya karsaning Hyang Suksma | besuk ing Jumungah maning ||

46. ki raka andika wangsul | pêpaka anèng ing ngriki | ingsun dongakakên ing Hyang | lah nêdha bubaran dhingin | pêndhak Jumungah wus prapta | samya saos nèng surambi ||

47. ngadhang wiyose sang prabu | Sultan Ngapiyah wus mijil | miyos ing salat Jumungah | wus bakda lugyèng surambi | sakèhe kang duwe kajat | samya majêng awotsari ||

48. miwah ingkang nuwun tulung | sudagar Kasanah aglis | matur tuan syuhing alam | mugi nuwuna tumuli | mulyane sadulur kula | antuka apurèng Widhi ||

49. aris ngandika sang prabu | hèh punapa dika asih | ki raka mring kadang dika | ki juragan matur aris | kalangkung asih kawula | mila marêk paduka ji ||

50. saking wêlasing sadulur | sang nata ngandika wadi | gih dika asih kêkadang [kêka...]

--- 2 : 257 ---

[...dang] | nging kadang dika tan asih | ki raka maring andika | agawe srêngkarèng ati ||

60. Dhandhanggula

1. angandika malih mring kang sakit | sadulure juragan Kasanah | wruhanira satuhune | Hyang Suksma ingkang agung | iya nora anêmbadani | marang pandonganingwang | yèn sira tan tutur | purwanira kêna lara | yèn sira wus tutur kang bênêr mring mami | ingsun matur mring Suksma ||

2. ingsun suwun apuraning Widhi | maring sira supaya olèha | aja pijêr mênêng bae | ki sudagar amuwus | lah matura ing sri bupati | adhi ingkang balaka | ki lara umatur | kula tan sagêt matura | ing sang nata sangêt gumêtêr ing ati | maring dika kewala ||

3. ngandika sang nata iya bêcik | sira tutur maring kakangira | iya norana bedane | ki lara nuli tutur | satuhune Suksma aparing | musibat ing kawula | punika witipun | gih saking rayi andika | Bok Kasanah kala dika tilar lami | kula angrêsèng wuntat ||

4. inggih kula rêksa saking jawi | nuju kula cêluk saking lawang | dangu tan ana saure | marase manah ingsun | bok ginawa uwong anilip | ingsun anjog buritan | si kakang katêmu | adus pan sarwi wêwuda | wus dilalah manah kagiwang nyang eblis | sangêt kula kasmaran ||

5. nora kêna kula mujadahi | manah kula nanging Bok Kasanah | kaliwat-liwat lumuhe | sun wiyata tan keguh | sangêt sakit rasaning ati | saking ala kawula | sun prih pêjahipun | mila tumêka ing ranjam | saking kula matur kukum tuku saksi | jangkêp sakawan pisan ||

6. punika kakang purwane dhingin | agung dosa kawula ing Suksma |

--- 2 : 258 ---

sinung cilaka mangkene | duk amirsa sang prabu | saujare krêntêking galih | sukur alkamdulilah | ki sudagar matur | lah punika sri narendra | dosanipun sadulur kula ing Widhi | wus kauningan tuwan ||

7. nuntên suwuna apurèng Widhi | supaya waras pandonga tuwan | angsala sawab barkate | nulya ngadêg sang prabu | andêdonga ing Maha Sukci | kaya sabêne adat | dongane jinurung | dening Hyang ingkang alara | pan waluya sakala sudagar uning | yèn arine waluya ||

8. saking pandongane sri bupati | ki sudagar ngaturakên arta | ing sang nata kèh bêktine | angandika sang prabu | ingsun ora krana artèki | amung karana Allah | sadaya pan wangsul | artanira ki sudagar | lan dèn jaluk apuraning maring ari | sawusira mangkana ||

9. nulya wong papat matur ngabêkti | ya tuwanku mugi ta wontêna | pitulung anêdhakake | apuraning Hyang Agung | mring kawula maria sakit | saking pandonga tuwan | ngandika sang prabu | kaya pa pratingkahira | nulya matur wong papat saha wotsari | ya tuwan sihing alam ||

10. pratingkah ingkang kula lampahi | inggih awon-awoning pratingkah | sang nata pangandikane | lah ya ucapna gupuh | sakèh alatira ing Widhi | supaya sun bisaa | matur ing Hyang Agung | anuwunakên apura | maring sira olèha apurèng Widhi | wong papat sarêng ngucap ||

11. dhingin kawula kerut ing eblis | inggih melik dening opah-opah | ginawe [gi...]

--- 2 : 259 ---

[...nawe] saksi pêjahe | Bok Kasanah rumuhun | kang rinanjam sayêktos sami | ujar dora sadaya | malah kula dipun | kèn ambalang dhinginana | mring ki kalih lawan ingkang buwang maring | pakuburan kawula ||

12. jisimipun Bok Kasanah dhingin | sadhatêng kula saking kuburan | lajêng karaos sakite | tuhu sakit babêndu | saking Widhi tan jamak janmi | ya tuwan swuhing alam | kang kawula suwun | pandonga tuwan ing Suksma | kang supaya wontêna apurèng Widhi | dhatêng badan kawula ||

13. nulya ngadêg Sultan Ngapiyati | luhuring mimbar madhêp ing kiblat | sarta anjunjung astane | pandongane jinurung | wong sakawan wus padha mari | waluya lir ing kuna | Kyai Badwi matur | ya tuwanku syuh ing alam | amba nuwun pandonga kang ambarkati | mring wadya nandhang papa ||

14. nuwun lêskar kawula puniki | darbe lara tan jamak manungsa | angsala pangapurane | ing Yyang Kang Maha Luhur | angandika Sultan Salikin | hèh lêskar atutura | satikah[12] polahmu | ingkang dursila ing sarak | dèn balaka ala bêcik aja kumbi | Ki Lêskar atur sêmbah ||

15. inggih kawula kala rumiyin | marunggul èstri ingkang awasta | Bok Kasanah sru lumuhe | kula mrih pêjahipun | momongane kula patèni | anake tuwan kula | punika kang lampus | kula sambêlèh ing gobang | nèng paturon pamrih kula ing pêpati | Kasanah dèn ukuma ||

16. dhatêng adil lawan ukum pati | maring tuwan kawula wêkasan | têka dipun tundhung bae | nuntên sakesahipun | Bok Kasanah kawula sakit | kenging ing murka Allah | ngandika sang prabu | hèh Ki Badwi lêskar sira | apuranên dosane

--- 2 : 260 ---

aja kok pikir | nêmbêlèh anakira ||

17. matur nêmbah sigra Ki Baduwi | inggih gusti kawula apura | pun lêskar ingkang dosane | tan antara sang prabu | ngadêg donga klaratullahi | ki lêskar wus waluya | gya Badwi tur-atur | arta mring sang maharaja | tan tinampan nulya wong sinulah dhingin | kang adol Bok Kasanah ||

18. majêng atur sêmbah ing sang aji | kawula nuwun pandonga tuwan | kang mustajap pitulunge | angandika sang prabu | apa salahira kang dadi | witira kêna nglara | wong puniku matur | ya tuwanku sihing alam | dhingin amba sinulah mèh praptèng pati | dosa kula kanggenan ||

19. kagunganipun kang darbe nagri | arta kawan atus dinar têlas | kula têdha salamine | anurut ngugung nêpsu | duk katulah kawula gusti | wontên kang wlas anama | Bok Kasanah nêbus | inggih kawan atus dinar | nuntên luwar kawula arsa malês sih | nututi Bok Kasanah ||

20. nêdya malês kapênêdan saking | gawok mulat ayune kang warna | pan lajêng kasmaran bae | manah wuyung kalulun | Bok Kasanah dahat tan apti | dhatêng awak kawula | praptèng pinggir laut | kawula damêl karenah | kawula dol ing juragan dipun bêli | gih kawan atus dinar ||

21. punika dosa kula ing Widhi | angandika Jêng Sultan Ngapiyah | mring ki juragan lakine | ya Bok Kasanah iku | kang dèn êdol marang wong iki | jawane rabinira | ki juragan matur | ya tuwanku syuhing alam | inggih rabi kawula tur ingkang dadi | dhêdhangkèling wardaya ||

22. Sultan Ngapiyah mèsêm ing ati | angandika lah dika atura | wong puniki kang asade [a...]

--- 2 : 261 ---

[...sade] | rabi dika kang lampus | atur sêmbah inggih sang aji | kabula kang pangandika[13] | ing sadosanipun | gih kawula angapura | tuwan mungakakên ing kalarat inggih | angsala barkah tuwan ||

23. pintên-pintên ngamal paduka ji | sampun tanggêl tulung tyas kianat | măngka tuwan inggahake | ing manah kang rahayu | nulya donga Sultan Salikin | kaya kang wus kalakyan | waluya kang lumpuh | sawusira padha mulya | ki juragan Kasanah matur ngabêkti | ya Gusti syuhing alam ||

24. sampun tanggêl têtulung kaswasih | tuwan têdhakakên dening Suksma | rabi kula kapanggihe | lawan rêrayinipun | rabi kula Bok Kasanati | saking suhuling manah | mèsêm sang aprabu | aris dènira ngandika | hèh ki raka apa pakênira asih | mring rabinta Kasanah ||

25. têka tumungkul atutup rai | ki juragan Kasanah sru merang | katon katibane luhe | nèng ngarsa sang aprabu | pangrasane dipun èsêmi | nulya sami pamitan | sawusira sujud | ing ngarsa nata ngandika | ya bismillah ki raka karia dhingin | ontên kajat manira ||

26. manawa ingsun bisa muwuhi | awèh lêga manah pakênira | dèn age muliha kabèh | mung ki juragan kantun | nganti karsanira sang aji | sawusira gêganjar | ing pêkir gya kondur | mring pura lan ki juragan | Bok Kasanah binêkta manjing jro puri | pinaripurnèng wastra ||

27. ingupa suba kang angladèni | para èstri yu-ayu sadaya | wusing ngajak jajar linggèh | juragan lan sang prabu | ki juragan tansah amikir | kaya pa karsa nata | tan kaduganingsun | ingajak mring prabayasa | ki juragan saya jrih pinêksa maring | sang nata angandika ||

28. hèh ki raka apa sira uning | maring rabi dika Bok Kasanah | ki juragan lon ature [a...]

--- 2 : 262 ---

[...ture] | ya tuwanku sang prabu | rabi kula pan sampun mati | karajam sampun lama | inggih pêjahipun | ature banjur karuna | ki juragan saya kagagas ing galih | sang nata angandika ||

29. iya sakathah-kathahing puji | kagunganira Kang Maha Mulya | kaparing laki dasihe | măngka pinisah ingsun | lawan laki satuhunèki | ingsun kagunganing Hyang | abali wak ingun | ya maring Pangeran ingwang | tan antara Sultan Ngapiyah buwangi | busanane karajan ||

30. nulya ngangge busananing putri | katon mancur ngênguwung cahyanya | kalangku[14] ayu warnane | ki juragan andulu | ing warnane sri narapati | myang kaelokanira | lan kadadènipun | ki juragan datan samar | lamun iya sang nata rabine nguni | kang aran Bok Kasanah ||

31. nulya sujud ing Hyang Maha Suci | satangine sujud nulya ngucap | hèh sang nata satuhune | paduka rabiningsun | măngka saurira kang rayi | inggih yakin Hyang Suksma | nêmbadani kayun | andika lanang sumarah | manggihakên andika kalawan mami | dèn agung apuranta ||

32. ki juragan age arsa nyandhing | maring rabi aris aturira | dhuh kiyai mangke mangke | dèn asabar ing kayun | kawularsa salat rumiyin | inggih kalih rêkangat | nulya toya wulu | ya salat kalih rêkangat | sarta tulus eklasa ing dalêm ngati | sawusira asalat ||

33. nuli sujut matur ing Hyang Widhi | inggih Pangran agea mundhuta | nyawa kawula samangke | adhinginana mantuk | ing karamattolahing laki | mangkana sinêmbadan | pêjahe sang prabu | ing sajroning sujutira | ki juragan tan wruh yèn rabine mati | dupi praptèng antara ||

34. ki juragan [ju...]

--- 2 : 263 ---

[...ragan] têka amarani | ing prênahe rabine asalat | dupi kawaspadakake | yèn palastra sang prabu | mulih marang rahmattulahi | eram ing kodrattolah | ki juragan ngungun | banjur anjêlèh karuna | pan gumuruh wong jro pura samya nangis | kapyarsa saka jaba ||

35. para wajir manjing jroning puri | myang punggawa gagêtun sadaya | dene tan mirsa gêrahe | myang para wadya kaum | samya manjing pura nyirami | layone ratunira | kinapan wastra lus | jinêbat kasturi ngambar | wusing sinalatakên dèn akat maring | kubur rinaja-raja ||

36. gumêr para kaum maca takbir | tahngalillahmat sarta sidêkah | arta pira-pira kèhe | sawusira kinubur | nulya para wajiring nagri | pakumpulan angangkat | rajaputranipun | ratu kang seda ginantyan | dening Sultan Ngapiyah mangke dadya ji | ingangkat wong sapraja ||

37. ki juragan Kasanah tan mulih | pan atunggu anèng pakuburan | winanci sandhang pangane | marang kang madêg ratu | datan ginggang saega mati | ki juragan Kasanah | gènnya tunggu kubur | kongsi kantun têgêsira | lah ta iki pitutur yogya pra èstri | padha ngalapa ansap ||

38. lawan padha mirsanana ugi | ing pitutur kêkayat punika | krana iku nêguhake | anggêp mring lakinipun | eling-eling wong alaki-rabi[15] | kang têtêp adilira | yèn mungguh wong kakung | dene yèn mungguh wanodya | arêp têtêp bêktine marang ing laki | aja na sumambrana ||

61. Pocung

1. Nyi Atikah kèndêl dènira amocung | sajroning carita |

--- 2 : 264 ---

pra tamu èstri miyarsi | kathah domblong myang pangantèn arsa nendra ||

2. nyai among tamu ngancarani gupuh | sumăngga punika | wedang dhaharan sinambi | Nyi Atikah lawan pra tamu atanggap ||

3. minum wedang dhaharan saparêngipun | kang samya karênan | matur rèhning dèrèng lingsir | taksih sontên mugi ta pinapangêna ||

4. amêdharkên cariyos sawontênipun | cagak gèking lênggah | tunggil kinarya palupi | kang utami pawèstri winêngku priya ||

5. Nyi Atikah panujwèng tyas lingira rum | lah ana pandhita | dhepok wukir Wanasari | saka Ngatasangin kêkasih Sèh Akbar ||

6. garwa endah Siti Supiyah jêjuluk | samya mangun tapa | têtêp suhulirèng Widhi | Wanasêkar dumadya kêrta raharja ||

7. sang awiku darbe putra èstri ayu | cahya nukmèng wulan | ramèbu kalakung asih | sinung aran Siti Dara Murtasiyah ||

8. diwasane asru brangti mring Hyang Agung | kêncêng kang ngibadah | darus Kuran siyang ratri | adi pèni datan ana kang winada ||

9. kasub ing rat kèh kang ngêbun-êbun esuk | tan ana tinampan | kasêngsêm bêkti mring Widhi | lawas-lawas ana sayid trah minulya ||

10. mêndhêm kula kasrakat lir pêkir èstu | Sèh Ngarip panêngran | lêlana sakaning alit | myarsa warta lamun dhusun Wanasêkar ||

11. Kartaharja kanggonan janma linuhung | myang darbe atmaja | wanudya ayu linuwih | srênging karsa tandya maring Wanasêkar ||

--- 2 : 265 ---

12. nuju ari Jumungah jujug ing tajug | jêjêl kang asalat | ngantya balèbèr mring srambi | garwanira Sèh Akbar lan putranira ||

13. samya makmum nèng pawèstrèn sak lèripun | panti pangimbaran | wusnya sunat Jumngah nuli | Ki Sèh Ngarip minggah ngimbar maca kutbah ||

14. swara arum gêtas rênyah ngayut-ayut | kudbah walisana | wignya angkir apatitis | lah kocapa sira Dara Murtasiyah ||

15. myarsa kudbah kawangwang wingiting kalbu | rongèh dènnya lênggah | baya wus takdiring Widhi | Ki Sèh Ngarip jodho lawan Murtasiyah ||

16. sang dyah ayu kataman sang lara gandrung | sru sabiling nala | panuwunira mring Widhi | yya kapiyak dènnya kandhuhan duhgita[16] ||

17. sabakdaning Jumungah pra èstri mantuk | Dara Murtasiyah | sêmpoyangan lampahnèki | ciptaning tyas ayya nganti uningaa ||

18. mring kang kudbah dilalah Sèh Ngarip uwus | nèng srambi umiyat | marang kang lagya lumaris | ciptèng nala baya kae atmajanya ||

19. kyai wisma satuhu lamun linakung | iba sun wêruha | saka ngarêp baya gonjing | Ki Sèh Ngarip uga sru nandhang asmara ||

20. sawusipun bakda salat sapalungguh | nulya sêsalaman | lawan sakèhe pra santri | Ki Sèh Ngarip tur salam kèri priyawak ||

21. kalihipun samya kacaryan ing kalbu | sawusing salaman | Sèh Akbar têtanya aris | kalingane kang kudbah wau kisanak ||

22. rèh anêmbe kawuryane dunung ulun | kula nilakrama | ki bagus ingkang wêwangi | lan pinăngka tuwin kang sinêdyèng karsa ||

23. nêmbah matur saking tangkil asal ulun | Sèh Ngarip wastamba | lêlana sangkaning alit [a...]

--- 2 : 266 ---

[...lit] | kawlasasih tinilar ing yayah rena ||

24. krêdyating tyas mung arsa talabul ngèlmu | kalunta kasrakat | thêring tyas mring Wanasari | botên langkung sêdyèng ulun ngèstupada ||

25. Ki Sèh Akbar kalangkung rêsêping kalbu | binakta mring wisma | nèng lagar dènnya manggihi | animbali garwa wus prapta ing langgar ||

26. sinungan wruh kalihe wus tangkêp sunu | Sèh Akbar kalawan | Rubiyahira trêsna sih | tan cinatur lamine wus manjing wisma ||

27. sakèh kawruh agal alus wus kacakup | myang sinungan wikan | adarbe putra pawèstri | yèn sêmbada Sèh Ngarip kinèn agarwa ||

28. tan lêgana gya Rubingah sinungan wruh | dadak tata-tata | bakal dhaup ingkang siwi | ingkang ibu amanggihi Murtasiyah ||

29. amêdharkên ing karsane namanipun | mopo aturira | durung niyat loka-laki | rinarapih ing ibu mrih dhanganira ||

30. wus miturut winantu sakèh pitutur | utamaning krama | Sèh Akbar nut mituturi | lan carita dadia têpa tuladha ||

31. duk Jêng Nabi Suleman mêngku kaprabun | nyatakake watak | wong lanang lawan pawèstri | gya utusan nimbali wong ingkang lagya ||

32. sih-sinihan kalawan ing rabinipun | kang lanang jênthara | kang wadon ala tur bêngis | lêngus lanas wus kêkalih awawêka ||

33. praptèng ngayun jêng nabi ngandika arum | pantèn milanira | pakênira sun timbali | awit ingsun liwat sih trêsna ing sira ||

34. mung kapalang liwat sih sira satuhu | marang rabinira | kalamun kolu matèni | sun paringi ijol putri ayu endah ||

35. lan sun jujung dadya pangran dipati nung | wong lanang turira | saguh lan sukaning ||

--- 2 : 267 ---

ati | pinaringan pêdhang landhêpe kalintang ||

36. sigra mundur lawan nyangking pêdhangipun | sapraptaning wisma | rabi katêmu aguling | ana ngambèn anak loro kinêlonan ||

37. kang pasuson nèng dhadha sapihanipun | kaprênah nèng kanan | wong lanang dupi udani | tyase kêju jêtung kaduwung ngrês mulat ||

38. dene saguh matèni ing rabinipun | anak kang sapihan | rinangkul lan dèn tangisi | bojo anak kabèh kapati anendra ||

39. nulya wangsul pêdhang cinaking rawat luh | praptèng byantarendra | ngaturakên pati urip | datan têgêl solahe katur sadaya ||

40. Kangjêng Nabi Suleman suka kalangkung | sarwi angandika | tutukna gonira asih | ingsun ganjar barana busana arta ||

62. Mijil

1. mijil paring ganjaran narpati | sokur ing Hyang Manon | antara tri ari sri pamase | gantya ingkang wadon dèn timbali | praptèng byantara ji | sang nata lingnya rum ||

2. dhuh bok ngantèn jantunging tyas mami | woding driyaningong | ingsun liwat kasmaran yêktine | marang sira wong manis mrak ati | kaciwane isih | winêku ing kakung ||

3. lamun sira kaduka[17] matèni | mring lakimu dhenok | pasthi ingsun pundhut garwa anggèr | amêngkoni kênya jro pura di | sun pasrah sirèki | nyèthia mas ingsun ||

4. Bok Rubiyah dupi amiyarsi | pangandika katong | anyalêthêk trênyuh ing driyane | nyipta sèwu gung nugrahèng Widhi | bakal dadi padmi | tunggaling para rum ||

5. sanalika sèdhèng ciptèng laki | nêmbah matur sagoh | amêjahi maring ing lakine | lamun samar yya kawuryan janmi | malah aprayogi | kalih wêkanipun ||

6. pinêjahan yya tanggung ing kardi | suka sang akatong | dangu paran tingkahira kikèn[18] | amatèni [ama...]

--- 2 : 268 ---

[...tèni] laki lawan siwi | nuwun inggih gusti | linêbêtan racun ||

7. Jêng Suleman malbèng jroning puri | mundhut pêdhang kaot | dhasar timah sinangling mancèrèt | ulês bludru wus miyos cinangking | ngandika mring èstri | kasuwèn rinacun ||

8. biyang iki tamakna tumuli | mring lakimu dhenok | masthi nora mindhoni gawene | anèng marga poma yya katarik | Rubiyah nampèni | pêdhang nêmbah mundur ||

9. gêgancangan dènnya alumaris | sang aprabu ngodhol | pra pandhita sapuluh andhèrèk | Bok Rubiyah sapraptaning panti | lakine aguling | ngêloni dwi sunu ||

10. ngadêg anèng keringe kang laki | narik pêdhang gupoh | balêrêngi gêbyar ujwalane | ciptaning tyas nora mindho kardi | katiga babarji | tinamakkên gupuh ||

11. wus tumiba bojo jola tangi | pêdhang timah mlendo | Bok Rupiyah asru gagêtune | sinung eling ngrukêpi ing laki | sêsambat mlasasih | srah tobat dharudhut ||

12. kangjêng nabi sru gujêngirèki | angandika alon | mring pra rêsi lah iku rupane | tyase wadon rupêg rupak budi | dadia palupi | ing tyas yya kalimput ||

13. Sang Dyah Murtasiyah duk miyarsi | luhira drês miyos | tyas mangikis nêdha pangerane | ayya nganti kataman kadyèki | tumungkul mraati | angusapi êluh ||

14. Ki Sèh Akbar angandika malih | babo putraningong | wusmu tamat marang pandhita kèh | anêtêpkên kaya kajêng nabi | yèn wong wadon nini | tyase nora jujur ||

15. ewa mangkono rêkè kèh eling | titahing Hyang Manon | pasthi ana kang bêcik atine | pawitane tan lyan bêkti

--- 2 : 269 ---

nglaki | kaya ta kang uwis | wulange ibumu ||

16. lamun têmên-têmên dèn têtêpi | manthêng nora bengkong | iya iku kanugrahan gêdhe | yèn nêtêpi bêkti marang laki | ing dêlahan manggih | kamulyan kang agung ||

17. lah ta babo rêke ana maning | sayogya linakon | lamun sira samohaning akèh | lungguhira yya rongèh dèn wingit | yèn gumuyu nini | yya katon gusimu ||

18. yèn lumaku rêkè ayya cincing | tumindak dèn alon | lan maninging ayya nolèh-nolèh | ayya rêrasan turut ing margi | lan yya ngatarani | gènta olah laku ||

19. duk ngalame jêng nayakèng bumi | nitahkên Hyang Manon | mring wong wadon sawiji arane | Bok Alimah kang kinarya suci | mring kang murbèng bumi | pan sinami wau ||

20. iya lawan para nabi-nabi | Hyang Suksma dènnya mong | salunturing para wali gone | pangêla-êlanira Hyang Widhi | malah mèh sinami | lan putra jêng rasul ||

21. ginanjar ing warna yu arungih | cahyane mancorong | lir basănta purnama kênyare | jinodhokkên lan wong kaki-kaki | wungkuk kuru nanging | sugihe kalangkung ||

22. mata bèlès gudhigên tur mêngi | untune mèh gogrog | rêngkik-rêngkik basisik awake | kêrêp mara tangan lêngus bêngis | mring kang wadon luwih | butarêpanipun ||

23. yèn kang wadon gumuyu tan ririh | untu nganti katon | miwah têlak pasthi lamun gêdhe | ukumira tan lyan saking rai | kang dèn salênthiki | kaping têlu puluh ||

24. yèn lumaku nèng latar kasiring | kempol kongsi katon | kang dèn ukum ya karo sikile | pan jinanting kuping [ku...]

--- 2 : 270 ---

[...ping] dèn slênthiki | yèn kang lanang lagi | dhayoh tan kongsi wruh ||

25. marang uwong lanang lyan sayêkti | rinauban lombok | yèn turu kinèn tugu dagane | amêtêki sarwi angêbuti | lamun durung nglilir | nora kêna mêtu ||

26. măngka mangsanira lagi nglilir | kang wadon tan katon | nadyan lagi sêsuci myang sêne | pasthi kêna ukum gêng pinanggih | ginèrèt binithi | tinapuk jinagur ||

27. awak tatu rêncêm boncah-bancih | anuli pinopok | uyah asêm lan jêruk wrak arèn | suprandene mantêp dèn têtêpi | dènnya bêktyèng laki | tuwa kêmpong pikun ||

28. rêngkik-rêngkik wungkuk kuru mêngi | cinipta jaka nom | lêngus kêrêng lan mara tangane | nyipta baut anèng tilamsari | malah kangjêng nabi | rasul putranipun ||

29. Siti Patimah arsa manggihi | miyarsa pawartos | saking ingkang rama ngandikane | kinèn ngalap sapangat minta sih | mring Alimah dening | sru bêti ing kakung ||

30. Dèwi Patimah gupuh lumaris | siji tan bêkta wong | mung kang paman Ngali ngêtêrake | mêmanuki saking wuri têbih | sapraptanira ing | konon nuju suwung ||

31. lunga dagang kaki tuwa nanging | ingkang wadon kinon | tugu wisma anèng gêdhong bae | lawang-lawang kabèh dèn kuncèni | latarira sarwi | dèn wuwuri awu ||

32. pamrihira yèn ana wong prapti | kongsia manjing jro | pasthi lamun katara tapake | sêmana Siti Pratimah[19] prapti | nguwuh minta kori | Bok Alimah krungu ||

33. sapa wonge kang aminta kori | nora wlas maringong | ki omah sêpi balia age | Dèwi Patimah alon nauri | sun kang minta kori | kabibbolah sunu ||

34. ya kang cèthi Sayidina Ngali |

--- 2 : 271 ---

Patimah pan ingong | sadhelarsa panggih lan dhèwèke | wadon Aklimah têtela myarsi | yèn kang minta kori | atmajèng jêng rasul ||

35. èstri gurune wadon sabumi | Patimah sayêktos | minulyakkên dening Hyang èstrine | Bok Aklimah keron tyasirèki | arsa amanggihi | jrih dukaning kakung ||

36. pasthi kênèng ukum gêng nêmahi | ing satêmah layon | lamun ora manggih ana rêke | mring têtamu ajrih anglangkungi | dene putra nabi | wêkasan anglalu ||

37. nêmah kênèng ing kukuming laki | kunci wus sinorok | kori mênga sang rêtna nulya ge | manjing jroning kagyat aningali | mring kang duwe panti | cahyane sumunu ||

38. lan banguning kartika myang maksih | sêdhêng ayu anom | pantês lamun kawêngku natèng ngrèh | praja siniwi ya jroning puri | dadia rabining | punggawa tan patut ||

39. nadyan garwaning para narpati | nora na mêkono | nèng sawarga iku pantês gone | Ni Aklimah ya eram ningali | cahyaning kang prapti | lir wulan mabangun ||

40. sunaring wadana agêlapi | prabane mancorong | tuhu ratuning èstri ngrat kabèh | ratu-ratuning ayu sabumi | Aklimah nulya glis | nêmbah ngaras suku ||

41. nanging ingkang sinêmbah tan abti | sang rêtna lingnya lon | apan sarwi anganthi astane | babo aja anêmbah ring mami | pan sirèku uwis | pinadha lan ingsun ||

42. sinucèkkên jênêngira èstri | mijil ing Hyang Manon | jêng rama wus amuji yaktine | marang sira minulya nèng bumi | malah aningali | bawanta lan ingsun ||

43. wadon Aklimah umatur aris | adhuh gustiningong | punapa kang kinarsakna anggèr | anêdhaki ing dasih kaswasih | sasat ingkang [ing...]

--- 2 : 272 ---

[...kang] abdi | kabanjiran madu ||

44. kagunturan sèwu wukir sari | kilang hèr nawa rob | Dèwi Patimah alon sabdane | nora nana sêdyaningsun naming | arsa amanggihi | lan sira satuhu ||

45. payo mulih mring wismanirèki | sun arsa wruh ing jro | nulya kinanthi sarêng lampahe | lênggah panti Aklimah yun muging | sor nanging tan kêni | pinêksa nèng luhur ||

46. Bok Aklimah kagyat miyarsa ngling | marêbêl mêtu loh | dhuh gustiku kang mangkara anggèr | manamparing ing dasih kaswasih | tan sagêd mangsuli | sibariking gambuh ||

63. Gambuh

1. dangu dènira lungguh | sang dyah ibnu mustapa andulu | ting caranthèl nèng gêbyog luhurirèki | lir camêthi dhapuripun | samya wêsi kang dèn ago ||

2. gêdhe cilik pêpitu | sajêmpol sajênthik lan panuduh | ingkang agêng salêngên amung sawiji | sang dyah garjita ing kalbu | aris dènira têtakon ||

3. apa pandhe bojomu | duwe dandanan mangkono iku | ting carènthèl rupane kaya camêthi | piranti apa ta iku | Aklimah umatur alon ||

4. botên pandhe puniku | dhuh pukulun piranti yèn ngukum | mring kawula bilih sisip dèn gêbagi | sang rêtna ngandika arum | iku apa wus kalakon ||

5. sira kêna ing kukum | pitu pisan pan sampun tan manduk | tinamakkên mring kawula kang camêthi | inggih saking bodhonipun | kang abdi tan wrin pakewoh ||

6. akathah lêpatipun | maring laki pramila sri kukum | amung ingkang salêngên gêngipun gusti | sêpisan dèrèng pukulun | tumiba ing angganingong ||

7. kados gadhangan lamun | ingkang abdi

--- 2 : 273 ---

dosa gêng puniku | kang kinarya Dèwi Patimah duk myarsi | mangkirig tyase kumênyut | sru tobatira Hyang Manon ||

8. rumaos lamun durung | mangkono dènnya bêktirèng kakung | malah sagêt tobat sadalêming galih | Aklimah sigra rinangkul | Siti Patimah wêtu loh ||

9. dhuh lae kadang ingsun | Aklimah dènnya ngakeratipun | amung sira bênêr kang padha mêmuji | mangkono sing pratingkahmu | tuhu musthikaning wadon ||

10. dongakna raganingsun | besuk bae manira gya wangsul | lawan paman Ngali sun ajake mriki | lamun wus prapta bojomu | ya pan ingsun arsa wêroh ||

11. sang rêtna sigra kundur | Aklimah ngatêr jawining pintu | yayah kadya nutakên waspanirèki | sru onênging tamunipun | sasolahe misih katon ||

12. wau ta ingkang mantuk | lêstari nèng ing marga kapêthuk | lan kang paman nungkêmi ing pada kalih | sru minta aksamanipun | matur nutur dènnya panggoh ||

13. sang rêtna sigra kundur | lan ngandika Aklimah satuhu | ingkang paman mèsêm nahan ta winarni | Aklimah saungkuripun | amung tansah gung wirangrong ||

14. lawang kinunci sampun | wangsul ing gêdhong malih gyanipun | ya ta wau ki juragan sigra prapti | sarowangira gumuruh | kèndêl sajawining banon ||

15. ki juragan anguwuh | dhodhok kori kagyat duk angrungu | Bok Aklimah tan samar swaranirèki | wus anarka lakinipun | gupuh mijil saking gêdhong ||

16. anyangking toyèng suku | inggal anyorog kori pan sampun | laki manjing Aklimah nyandhak padèki | winisuhan [wini...]

--- 2 : 274 ---

[...suhan] toya sangku | wusnya mudhar ukêlnya lon ||

17. kinèsètakên suku | duk lumampah ki juragan dulu | tapak lèjèg nèng latar tilas wong kalih | basêngut sru krodhanipun | wus pasthi ciptaning batos ||

18. kalamun rabinipun | tinarka ngiwa ing tindakipun | datan kongsi têtanya kasusu runtik | busana tan kongsi cucul | laju angutu mring kêbon ||

19. camêthinira sampun | kabèh ginawa Aklimah wêruh | wus anyipta yèn antuk dukaning laki | ki juragan asru muwus | Aklimah sapungkur ingong ||

20. sapa ta dhêdhêyohmu | baya wong lanang kang luwih bagus | nêmbah matur dhuh gustiku guru mami | Dèwi Patimah kang rawuh | dede wong lanang sayêktos ||

21. milamba kamipurun | amanggihi mring atmajèng rasul | inggih amung nyuwun pangaksama gusti | ki juragan asru bêndu | têka bisa têmên goroh ||

22. tan wurung sira kokum | ingsun ajrih yèn ngapura iku | dukaning Hyang ki juragan wusira ngling | rabine sigra sinapu | camêthi pitu dèn ago ||

23. sidane ping sapuluh | dadya pinukul ping pitung puluh | apan trênyuh sarirane lir rinujit | sêsambate tan lyan amung | nêdha ngapura kemawon ||

24. ki juragan wus liwung | pêringutên ilang trêsnanipun | marang rabi wus tutug dènira gitik | nyandhak pukul gêdhe gupuh | mukane sêdya pinupoh

25. muncrat ludiranipun | dadya niba ing siti tan emut | kinèndêlan wau ta dènira gitik | kinira rabine lampus | sigra mulih saking kêbon ||

26. prapta ing wisma sampun |

--- 2 : 275 ---

ki juragan munggah kobong turu | ya ta wau ingkang kantaka wus eling | wungunira pungun-pungun | antuk pamarning[20] Hyang Manon ||

27. sadaya tatunipun | ing sarira myang mustakanipun | samya pulih tan ana labêting busik | malah sangsayambuh ayu | cahyane wêwah mancorong ||

28. ya ta Aklimah emut | yèn lakine lagi prapta durung | kongsi bukti sigra dènnya malbèng panti | tiningalan maksih mujung | Aklimah banjur mring pawon ||

29. lajêng ngratêngi sampun | sêkul ulam lan panganipun[21] | sinajèkkên ing jêrambah dèn sasabi | Aklimah gya nyandhak kêbut | nusul minggah anèng kobong ||

30. alênggah daganipun | amêtêki pan sarya akêbut | ki juragan samana kagyat anglilir | awas dènira andulu | pêpungun dènira anon ||

31. tan nyana rabinipun | dene cahyanira luwih mancur | aris tanya sapa wonge kang alinggih | ing dagan mêtêki mring sun | Aklimah matur wotsinom ||

64. Sinom

1. kawula cèthi paduka | pun Aklimah dhuh kiyai | yèn sampun tuwan ngapura | mring amba kula aturi | wungua dhahar nangsi | sêsaosane pan sampun | ngungun kyai juragan | duk myarsa dukane lilih | mring rabine lan tatune gal waluya ||

2. malah wuwuh cahyanira | sumunar tejaning kadi | basănta sêdhêng purnama | dènnya ngling wajanya kengis | gêmêbyar anglir thathit | ki juragan tyase rêmpu | tangi asru lingira | ya sun apura sirèki | anging ayya amindho laku dursila ||

3. ature inggih manawa | culika tobat sayêkti | sigra mudhun ki juragan [jura...]

--- 2 : 276 ---

[...gan] | saosanira binukti | nanging tyasira maksih | ki juragan mangu-mangu | ciptèng tyas dhuh wong ika | adarbe silip ing laki | eman têmên têka duwe ati ala ||

4. yèn ta aja mangkonoa | ngupaya pasthi tan olih | luwih bêkti rabiningwang | tuhu yèn ayu linuwih | tinimbang para putri | misih ayu rabiningsun | sapa wonge kang bedhang | yèn ora sun paekani | pasthi dadra yèn lunga ginawèng janma ||

5. dadya ki juragan arsa | lunga dagang api-api | pamit marang rabinira | Aklimah dèn bêcik kèri | sun arsa dagang malih | pasthi lawas nora mantuk | sira ja lunga-lunga | poma ing sapungkur mami | aturira Aklimah inggih sandika ||

6. sigra ki juragan mangkat | lawang-lawange kinunci | ngalintêr jawining bata | siyang dalu ngintip-intip | nulya na ingkang prapti | Jabarail pan ingutus | amundhut Nyi Aklimah | dening Hyang Kang Maha Suksci | sanyawane kinèn gawa maring swarga ||

7. Aklimah asru tangisnya | dene ta lakine maksih | lunga dagang dèrèng prapta | pinêksa dening Ngijrail | binêkta mring wiyati | katur pinarnahkên sampun | ing swarga luwih mulya | sinami lan para nabi | nanging wadon Aklimah tansah karuna ||

8. pan anêdha lakinira | tinunggilna mring swarga di | Hyang Suksma anuduh sigra | maring malekat Ngijrail | kinèn mundhuta maring | ki juragan nyawanipun | Ngijrail lumaksana | ki juragan kang winarni | pan sadalu jagi anèng jawi bata ||

9. enjing arsa ngampil ăndha | tan arsa mêdal ing kori | kasusu onênging garwa | mènèk ki juragan manjing |

--- 2 : 277 ---

laju lumêbèng panti | jujug gyaning garwanipun | tiningalan datan ana[22] | marang gêdhong kulon sêpi | saya muring-muring tyasira mor maras ||

10. nêmên dènira ngupaya | jroning wisma ting balingkrih | gêdhonge kabèh binuka | pawon pakiwane sêpi | kabèh dèn osak-asik | sajroning nyata pan suwung | ki juragan karuna | sarwi gulung anèng siti | sêsambate Aklimah nèng êndi sira ||

11. baya ta lungane ngiwa | marang kang bedhangmu katri | labête mêntas sun pala | dene nguni wus prajanji | panjaluke pribadi | yèn luput sun kinèn ngukum | iya wus kalampahan | ping pira-pira sun gitik | nora dadya tyase mêngko têka cidra ||

12. lunga nora awêwarta | dhuh Aklimah kapok mami | ambedhanga wong sadasa | sawêngi ingsun lilani | nora kudu ngong gitik | mung awèta ingsun dulu | marang ing warnanira | yèn sirèwuh maring kami | lah akunên lêskarira sun narima ||

13. ya ta wau kang winarna | malaekat ingkang prapti | ki juragan wus cinandhak | githoke tan bisa osik | mênêng tan bisa nangis | sru tanya sapa wong iku | anyêkêl githok ingwang | saure ingsun Ngijrail | dinutèng Hyang amundhut ing nyawanira ||

14. ki juragan duk miyarsa | gumêtêr langkung dènnya jrih | pan asru dènnya karuna | pan kawula nyuwun alim | inggih gusti yèn kenging | ing benjing yèn wus kapangguh | kalawan rayat kula | kang kesah ing wau ratri | dèrèng kongsi panggih arsa pinundhuta ||

15. manawi takèn ing wuntat | Ijrail asru anarik | apa gawemu sêsambat | katêmu rabinirèki | dene iya duk maksih | siyasatira kalangkung | tanpa

--- 2 : 278 ---

dosa siniksa | lah iya sandhangên mangkin | Sang Hyang Suksma kang amalês marang sira ||

16. pan ing mêngko rabinira | wus pinundhut nèng swarga di | luwih saking sèwu mulya | pinadha lan para nabi | dene sirèku benjing | kinarya sèn-isènipun | jroning nraka jahanan | ki juragan duk miyarsi | sru kaduwung dènnya milara kang garwa ||

17. akèh-akèh sambatira | nanging Ngijrail tan kêni | nyawane tinarik sigra | tinarik saking ing sikil | ki juragan wus mati | luwih sangêt sakitipun | ingkang anèng sawarga | Aklimah wus amiyarsi | yèn lakine siniksa anèng naraka ||

18. saya sru panangisira | sru lumuh anèng swarga di | yèn lakine tan tinunggal | kêdah milya anglabuhi | marang ing nraka gêni | ing Hyang Suksma sigra ngutus | Jabarail ngatêrna | marang gone lakinèki | dimèn wêdi miyat urubing dahana ||

19. wusing ngatêrakên marang | satêpining narakagni | Aklimah mulat ing priya | lakung saking kawlasasih | pan kinêpung ing agni | tan wawang Aklimah wau | miyat api naraka | lumayu dahat tan ajrih | mring Aklimah dening wus kinarya mulya ||

20. ki juragan nyawanira | wus sayah lêsah nglangkungi | nanging sêsambate rosa | Aklimah sigra nungkêmi | sarwi lara anangis | ki juragan sakal emut | kagêpok dening garwa | tatune sadaya pulih | dahana gêng ngalat-alat sami sirna ||

21. anjrit dènira karuna | sru tobatira mring rabi | katur ing Hyang Maha Mulya | wus kinèn angêntas kalih |

--- 2 : 279 ---

pinanjingkên swarga di | Aklimah lan lakinipun | Hyang Suksma wus ngapura | marang ki juragan pan wis | kocap lamun èstri mantêp marang priya ||

22. bisa nyangking mring sawarga | yèn wong lanang nora bangkit | kunêng kojahe Sèh Akbar | dènnya pitutur ing siwi | Murtasiyah miyarsi | karasèng tyase kapencut | tingkahira Aklimah | amantêk bêktinirèki | satêmahe bisa nyangking mring sawarga ||

23. Murtasiyah wus nugraha | graitaning tyas nglêbêti | kalamun wadya utama | Sèh Akbar ngandika malih | poma nini dèn eling | pirabara bisa tiru | kaya wadon Aklimah | mung pintêra ngirib-irip | dhasar bakal lakimu iku ngulama ||

24. akunên guru sayogya | rara madhêpa sawiji | buwangên trêsnamu marang | ingsun lan ibunirèki | mung gonira ngladèni | ati-atinên dèn emut | aja sira rumăngsa | duwèni karkat pribadi | pan sakèhe danakna ingkang sakira ||

65. Asmaradana

1. tutug dènira amardi | mring putra tamaning krama | dalu bubaran kalihe | têkan wêwangkiting dina | paningkahing pangantyan | bawahan kalangkung agung | guyup kang anambutkarya ||

2. tan ana kang nguciwani | lêstari amangun suka | dupi paragating gawe | Sèh Ngarip sinungan pirnah | ing kidul Wanasêkar | dhêdhukuh arja kalangkung | tulus gone palakrama ||

3. minta uning maring laki | wit ningkahan têkèng babar | wus winisik saderahe | Sèh Ngarip dhasar waskitha | alim sakèhing kitap | tinutur sadayanipun | sang dyah saya sungkêmira ||

4. cipta laki [la...]

--- 2 : 280 ---

[...ki] donya ngakir | Murtasiyah wus awawrat | têkèng masa mêtu wadon | kalangkung endah ing warna | cahya nuksmèng sasăngka | ramèbu suka kalangkung | dahat sokur ing Pangeran ||

5. sinung ran Siti Warsiki | lagya ngumur sangang wulan | sinapih ing panêsêpe | kacrita sawiji dina | Sèh Ngarip lagya nadhah | Murtasiyah sandhing lungguh | lawan amangku kang putra ||

6. amulat pandame mati | gragap dara Murtasiyah | pinriksa sumbune êntèk | kalangkung kewraning manah | tambuh ing solahira | sangêt gumêtêring kalbu | guguping tyas ngambil rema ||

7. mung sakêlêr gya kinardi | sumbuning pandam gumêbyar | Sang Sèh Ngarip dupi anon | kagyating tyas sêmu duka | apa ta mulanira | uruping pandam sumunu | suwene surêm mèh pêjah ||

8. Murtasiyah turira ris | sangêt gugup ingkang manah | de damar têlas sumbune | upama kawula tilar | ngambil sumbu gèk pêjah | dadya ngambil rambut ulun | kinarya sumbuning pandam ||

9. bramantya sêrêng Sèh Ngarip | kèndêl dènira anadhah | sugal asru ing wuwuse | bêcik têmên solahira | basamu aprasêtya | bojo ngawal akiripun | Murtasiyah durung pira ||

10. wanita mikan mring laki | sira kêna ukum lara | tanpa parah sira kênès | wani-wani ngambil rema | sarandune wakira | sirèku sadrêma gadhuh | kabèh kagunganing pringya[23] ||

11. sira lungaa saiki | tan sotah sun sêsandhingan | lan wong duraka ing kowe | matur dara Murtasiyah | mlasasih rawat waspa | tan rinungu saya

--- 2 : 281 ---

bêndu | druhaka yya katon mata ||

12. kakehan cariwis crêmis | tigalên atmajanira | Darsiki[24] cinandhak age | uwal saking pangkon rena | Murtasiyah pinala | linarak binêkta mêtu | tan kêndhat dènnya milara ||

13. sambat-sambat amit lalis | saya sru dènnya milara | jinunjung binanting age | sang ayu banjur kantaka | Sèh Ngarip malbèng wisma | lawange nulya tinutup | nahan wau kang kantaka ||

14. gilang-gilang ane[25] siti | kasiliran samirana | wus lingsir wêngi wayahe | tibaning bun tirtamarta | tungtum bayuning angga | èngêting tyas dahat sokur | têkdiring sariranira ||

15. wus wungu sang dyah ngalilir | pangetangira ing nala | yèn ingsun lungaa bolos | paran wêkasing wak ingwang | dadya pawèstri pajal | tangèh manggiha rahayu | tan wurung kasurang-surang ||

16. sinêbut pawèstri lanji | upama ingsun mopoa | nora kêlar siyasate | sang dyah kewuhan ing driya | ing wayah bêdhug tiga | dadya tyasira anglalu | kesah sarêng wayah pajar ||

17. wayahe mandhêg tumulih | kemutan atmajanira | tansah kumêmbêng waspane | kaya balia sakala | anangis ing wardaya | adhuh nini putraningsun | sira tan aduwe biyang ||

18. aja sira sok anangis | sapa kang amomong sira | awirandhungan lampahe | samarga ara waspa[26] | ing wayah lingsir wetan | lampahira dèrèng rawuh | ing dhukuhe ingkang rama ||

19. Sèh Akbar sampun udani | ilham saking kalbunira | yèn badhe prapta putrane | margi dinukan ing priya | apurik tilar wisma | gya prentah mring garwanipun | Rubiyah sira dèn inggal ||

--- 2 : 282 ---

20. inêbên lawang kang jawi | sira kancingêna pisan | yèn anakira mangkene[27] | aja sira wèhi lawang | iku durakèng priya | yèn sira mèlu têtulung | olèh durakèng Pangeran ||

21. yèn sira dèn jêjaluki | sabarang ingkang tinêdha | poma sira aja awèh | pacuwan sira gawea | rabine agarjita | mituhu wêlinging kakung | kori sampun tinêtêgan ||

22. Murtasiyah nulya prapti | kandhêg sajawining lawang | anguwuh marang ibune | kawula anêdha lawang | sumaur ibunira | saking sajroning kang pintu | hèh rara age balia ||

23. aja sira jaluk kori | dinukan mring ramanira | ingsun ajrih pêpacuhe | sira winastan duraka | marang ing ramanira | duraka marang lakimu | ramanta tan arsa mulat ||

24. dara Murtasiyah nangis | amlasasih anèng lawang | ibune nangis nèng ajro | dhuh nini aja karuna | ingsun tan bisa mirsa | dhuh ibu anyuwun banyu | sun gawene sangu kesah ||

25. ibune adhuh nauri | wuwuse awor karuna | adhuh nini putraningong | ingsun ajrih ramanira | Murtasiyah turira | ibu kawula mit lampus | dèn agung apurandika ||

26. lawan sêmbah bêkti mami | aturêna mring jêng rama | gih pangapurane bae | mugi kawula angsala | apurane Pangeran | ibune tan bisa muwus | Ni Murtasiyah wus kesah ||

27. manjing ing wana gung wêrit | datan ajrih ing durgama | sang dyah angèsthi patine | dene angsal dukaning Hyang | lawan dukaning priya | marma ragane winasuh | angsala apuraning Hyang ||

28. lawan apuraning laki | kang pinuji maring Allah | anèng têngah wana gêdhe | buron galak kabêrasat | samya ajrih tumingal |

--- 2 : 283 ---

gègèr sumingkir kaplayu | angusi ing parang jurang ||

29. sakathahing buron alit | tumingal samya kacaryyan | gumrudug angiringake | banthèng maesa nèng ngarsa | kadya ambabat marga | wara amara baludhus | kapungkur tinubruk macan ||

30. kawingking ing wana giri | anjog wana tarataban | apêtêng akèh babondhot | ri marung lawan ri wana | ri bandhil anèng marga | agubêt ingkang lumaku | sinjang ajur lir ginubah ||

31. kang sumêkan ting saluwir | watara ingkang sarira | balur-balur ting balêsèr | kacanthèl ing carang dênta | pring jawa anêlasar | pring ori pêtung sumambung | wulung ampèl anjêlanah ||

32. kumricik kang wuluh gadhing | kasilire samirana | cêmara umyang swarane | sangsaya kalunta-lunta | sira Ni Murtisiyah | ciptaning manah anglampus | tan ana ingkang sinêdya ||

33. liyêp lênglênguk jro ngati | jisimira tan ginita | mung amindêng Pangerane | mugi angsala ngapura | mring priya myang kang rama | wus lawas nèng wana agung | sêsinome wanasêkar ||

 


nagri. (kembali)
Lebih satu suku kata: nging kuwasaning Suksma. (kembali)
Lebih satu suku kata: ayya sumêlang ing kayun. (kembali)
lingnya. (kembali)
kakang. (kembali)
Lebih dua suku kata: catur sinuba-suba. (kembali)
Kasanah. (kembali)
Kurang satu suku kata: anauri Bok Kasanah. (kembali)
juragan. (kembali)
10 waras. (kembali)
11 langkung. (kembali)
12 satingkah. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: kabul kang pangandika. (kembali)
14 kalangkung. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: eling-eling wong laki-rabi. (kembali)
16 duhkita. (kembali)
17 kaduga. (kembali)
18 kinèn. (kembali)
19 Patimah. (kembali)
20 parmaning. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: sêkul ulam lan pangananipun. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: tiningalan tan ana. (kembali)
23 priya. (kembali)
24 Warsiki. (kembali)
25 anèng. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: samarga arawat waspa. (kembali)
27 marene. (kembali)