Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

66. Sinom

1. kalakung amêlasarsa | ngambah jurang iring-iring | parang papèrèng sasêkan | tanpa nadhah minum guling | sarira kuru aking | marlêsu cahya umancur | nèng sela sumayana | satêngahing wana wêrit | akayoman witing karoya ngrêmbaka ||

2. waktu luhur arsa salat | nanging datan ana warih | miwah rukuh botên bêkta | tandya ngêningkên pangèsthi | munajating Hyang Widhi | asta kêkalih jinunjung | matur ing Hyang Wisesa | ilahi ngaliyul ngalim | yaidina Tuwan Ingkang Maha Mulya ||

3. winênang jagad wiryawan | mugi aparinga warih | dongane wus katarima | Allah tangala maringi | anèng ngarsanirèki | we wening myang maligya [ma...]

--- 2 : 284 ---

[...ligya] gung | dyan ngambil toya kadas | osiking Hyang langkung wingit | paran baya sun karya tapih sumêkan ||

4. sakojur wus labêt turas | putrèngong nini Warsiki | kêthêr najis myang tabêt rah | Allah tangala udani | utusan Jabarail | maringkên parabot luhung | mring wadon Murtasiyah | kang satuhu bêkti laki | tuwin kinèn angusap wadananira ||

5. Jabarail wus apanggya | dhawuhên timbalan Widhi | Murtasiyah tampanana | paringe Hyang Maha Suci | anggonên angabêkti | wus tinampan gya rinasuk | anulya wêktu salat | Jabrail misih ngêntèni | bakda salat Jabrail ngusap wadana ||

6. wimbuh endah ingkang warna | sajagad tanna tumandhing | Jabrail aris ngandika | rêngên ta hèh sira nini | timbalane Hyang Widhi | sira mantuka dèn gupuh | bali mring lakinira | atas timbalan Hyang Widhi | Jabarail wangsul mring kalarattolah ||

7. Murtasiyah gya umentar | saking têngahing wanadri | datan kawarna ing marga | jujug wismaning sudarmi | Sèh Akbar lawan rabi | nuju nèng sasambi lungguh | dhatêngan matur nêmbah | nyuwun wikan ingkang abdi | Ki Sèh Ngarip pundi prênah ingkang dhêkah ||

8. Sèh Akbar alon wuwusnya | nini sira wong ing ngêndi | ayu anom warnanira | atêtakon Ki Sèh Ngarip | apa karsanirèki | dara Murtasiyah matur | kula inggih winêkas | marang Murtasiyah nguni | wêlingipun kinèn nyuwunkên ngapura ||

9. ibune sarêng miyarsa | kumêpyur waspane mijil | mêngko nini sun têtanya | Murtasiyah anèng ngêndi | Murtasiyah

--- 2 : 285 ---

nauri | wontên satêngah wana gung | tambuh ingkang sinêdya | amung panêdhaning nguni | ngapuranên dosane mugèng Pangeran ||

10. Sèh Akbar alon ngandika | sira nini sun tuturi | dhukuhe Sèh Ngarip ika | kidul ngetan saka ngriki | Murtasiyah gya pamit | lajêng wau lampahipun | tan kawarna ing marga | prapta dhukuhe Sèh Ngarip | dumarojog anulya tumibèng lawang ||

11. Sèh Ngarip kapanggih lênggah | anèng surambi angaji | Kuran dhasare pasehat | swarane arum amanis | Ni Murtasiyah nênggih | lumampah sarwi tumungkul | kagagas ing wardaya | polahe kala ing nguni | sarwi angling arum wijil ing wacana ||

12. lah tuwan mangke kèndêla | sakêdhap dènira ngaji | amba kalilan atanya | pundi dhukuhe Sèh Ngarip | Sèh Ngarip angling aris | inggih niki dhukuhipun | Ki Sèh Ngarip gih kula | punapa ta wontên kardi | Murtasiyah matur kawula winêkas ||

13. dening dara Murtasiyah | katura dika kiyai | wêlinge nuwun apura | lawan tuwan akên dasih | dunya dèn têkèng akir | panuwune dipun tulus | Sèh Ngarip angandika | inggih-inggih yayi inggih | Murtasiyah mèsêm ing wardayanira ||

14. Sèh Ngarip sêmu ngandika | kacaryan ing dhayohnèki | alon dènira ngandika | swarane arum amanis | karsa amba puniki | kang dadya gagêntènipun | dawêg kula aningkah | Ni Murtasiyah nauri | Ki Sèh Ngarip lah punika karsa dika ||

15. angucap kadya punika | dhumatêng ing awak mami | pan dede răndha walanjar | somah datan darbe laki | lan malih takèn uning | apa ta karsane iku | Ni Murtasiyah

--- 2 : 286 ---

kesah | dhatêng ing wana gung wêrit | dika tundhung anglampahi kawlasarsa ||

16. Sèh Ngarip alon angucap | manira tutur sayêkti | mangke dhatêng pakênira | tatkala amba abukti | laki ulun ing nguni | amangku atmajanipun | Nini Warsiki ika | angadhêp gèn kula bukti | nèng kajogan apan sarwi ngulah pandam ||

17. badhe pêjah ingkang pandam | margi têlas sumbunèki | guguping tyas rabi kula | ngambil remane pribadi | tigang êlêr kinardi | sumbuning pandam puniku | mila ngong nuli duka | dene tan warah ing kami | gih puniku purwane kula kèn kesah ||

18. Murtasiyah wuwusira | yèn makatêna puniki | kang dadi marganing duka | dhatêng rabi ta rumiyin | ika maksih nglabêti | dhatêng paduka satuhu | inggih tuwan kantuna | amba kalilana pamit | kantun arja kawula arsa mantuka ||

19. Sèh Ngarip alon lingira | sampun age dika mulih | angantosana dhaharan | Sèh Ngarip angambil gêni | tan dangu nuli prapti | dinadèkkên sarta tunggu | andamoni sapisan | Sèh Ngarip ing gêninèki | aningali ing tamunira sapisan ||

20. mangkana pratingkahira | andamoni kaping kalih | mulat marang tamunira | Sèh Ngarip inggih ping kalih | sadangune kadyèki | gênine tan kongsi murup | mèsêm Ni Murtasiyah | ningali solahing laki | Murtasiyah kadaut raosing driya ||

21. sang rêtna kalangkung wêlas | agêntèni dadèk gêni | ya ta Ki Sèh Ngarip sigra | anyigari kayunèki | kaya mangkana malih | dènira anyigar kayu | iya kadya duk bêthak | tan kobêr nyigar wrêksèki | pijêr dongong aningali tamunira ||

22. Sèh Ngarip lir kênèng guna | umiyat mring

--- 2 : 287 ---

tamunèki | tambuh-tambuh solahira | sang rêtna mèsêm ing galih | dènira aningali | polahe lakinirèku | ni dara alon ngucap | yèn kaparêng ing panggalih | amba arsa agêntèni karya tuwan ||

23. kula kyai lilanana | arsa gumanti ngratêngi | Ki Sèh Ngarip saurira | inggih inggih yayi inggih | wus matêng sadayèki | kêndhi dèn isèni sampun | sinajèkkên ing ngarsa | Sèh Ngarip amuwus aris | nêdha yayi dhêdhaharan lawan kula ||

24. Murtasiyah saurira | andika nadhah rumiyin | kawula ngantos lorodan | Sèh Ngarip anulya bukti | angucap jroning ati | rasane sêsaji iku | sêkul kalawan ulam | padha lan rasane dhingin | pêcak tangan kaya dara Murtasiyah ||

25. Sèh Ngarip garjitèng driya | baya iki rabi mami | yèn dulu tênaganira | warnane têka rêspati | ngluwihi duk ing nguni | sarta lan panganggenipun | kaya dudu wong donya | iribe lir rabi mami | baya patut dadia kanthi manira ||

67 Kinanthi

1. datan sakeca tyasipun | Sèh Ngarip têtanya aris | mring têtamune kang prapta | sintên kang sinambat ing sih | sumaur kang tinakonan | Murtasiyah aran mami ||

2. Sèh Ngarip alon amuwus | aran dika niku adhi | sami lan bok ayu dika | rabi kawula rumiyin | sun badhe măngsa sandeya | Sèh Ngarip mrêpêgi aris ||

3. manira takèn satuhu | awêcaa dèn sajati | saparane sutanira | Murtasiyah anauri | kêkasihe suta amba | inggih pun Rara Warsiki ||

4. Sèh Ngarip mèsêm lingnya rum | wastane sutanirèki | sami lan anak kawula | yèn makatên awak mami | yya tanggung sira pupua | kang putra awas ningali ||

5. Ni Rara Warsiki gupuh | marani sarwi anangis | sigra dara Murtasiyah | kang putra sinambut aglis [a...]

--- 2 : 288 ---

[...glis] | dèn êlungi payudara | Sèh Ngarip awas ningali ||

6. nging mêksih mêlang tyasipun | mèsêm angandika aris | sintên wastane ramanta | miwah renanira yayi | Murtasiyah aturira | inggih rama ibu mami ||

7. Sèh Akbar jêjulukipun | de wastane ibu mami | Kusuma Rêtna Supiyah | Sèh Ngaris[1] amuwus aris | iya yèn mangkono nyata | sira iku rabi mami ||

8. Sèh Ngarip malih amuwus | apa ta karane yayi | sira salin warnanira | beda lawan duk rumiyin | mêngko ayu warnanira | lan wong akèh angluwihi ||

9. kaya dudu wong dunyèku | panganggonira maskwari | Murtasiyah aturira | ya pangeran guru mami | ing dunya praptèng dêlahan | tulusa mêngku mring abdi ||

10. rumiyin paduka bêndu | anundhung dhatêng kang abdi | kawula kesah mring wana | nèng wana nêdya ngabêkti | ngupados tirta tan asal | amba nênuwun mring Widhi ||

11. istijap pandonga ulun | tinarima ing Hyang Widhi | ya ta na maligi prapta | cumawis nèng ngarsa mami | satalang toyane pisan | dutaning Hyang Jabarail ||

12. dhawuh salaming Hyang Agung | aparing wastra mring mami | saking swarga adi mulya | sampun ing bakda ngabêkti | Jabrail ngusap wadana | lawan êlare sasisih ||

13. puniku wiwitanipun | ayu warnamba kiyai | Sèh Ngarip alon ngandika | iya kang kaya sirèki | kang sinung rahmating Suksma | pindho rasullolah yayi ||

14. sinung nugraha satuhu | sawabe Patimah yayi | kang ibnu Jêng Nabi duta | sira ingkang sinung yayi | suwarga kang adi mulya | pangaksamaning Hyang Widhi ||

15. sapa

--- 2 : 289 ---

kang bêkti mring kakung | tan beda samining èstri | lan Ni Dara Murtasiyah | antuk rahmataning Widhi | kapindho Patimah johar | lawan malih swarga adi ||

16. Sèh Ngarip utusan gupuh | rama ibu dèn aturi | prapta wus panggya lan putra | suka sokur ing Hyang Widhi | sakalihan andadonga | lumastarining kang siwi ||

17. wus cuthêl caritanipun | Dara Murtasiyah suksci | sagung ingkang amiyarsa | samya awêwanan angling | ngèn-angène yèn wanodya | yèn winêngku ingkang laki ||

18. nora ngimpi angrêmpêlu | duwe cipta liya janmi | iku antêping wanita | wong lanang satuhunèki | daknang anggêp sumakehan | ciptane tan muhung siji ||

19. wong lagi bae tas adu | basa loro dadi siji | kaya diuntal-untala | basa mêtu saka panti | tanna èngêta samêndhang | kana-kana kang pinikir ||

20. rowange mangsuli wuwus | adhi iya warni-warni | yya kok gêbyah kaya uyah | botên botên bakyu mêsthi | trêsna yèn lagi kêkêpan | irunge tumèmpèl pipi ||

21. măngga karaosna bakyu | criyosipun Kasanah ti | nganti jumênêng narendra | tan lali mantêp mring laki | Ki Suhule lajêng eklas | tanpa priksa tanpa titi ||

22. Sèh Akbar cariyosipun | kang măngka têpa palupi | nyatakkên tyase wanita | duk jaman Soleman Nabi | supe ya namung sapala | pan ana tambah gunging sih ||

23. wadon Aklimah pinunjul | bojone juragan bêngkring | tuwa ala lara mata | kêrênge kapati-pati | pinala tumêkèng pêjah | sarêng wontên ing swarga di ||

24. garwane juragan bêngkrung | pêjah winasesèng Widhi | gring ing nraraka jahanan | ngaruara rina wêngi | dupi Aklimah miyarsa ||

--- 2 : 290 ---

tinarik mring swarga adi ||

25. dara Murtasiyah wau | dosane amung sathêmil | pinala mèh praptèng lena | tinundhung cinêri-cêri | wontên paran datan ginggang | dènnya sumungkêm mring laki ||

26. adhi ya bênêr kandhamu | suka sênêng pramuèstri | jênêng dènnya jêjagongan | lah rak inggih uwa nyai | wong lanang agalak mênang | botên pothok kados èstri ||

27. Nyi Atikah lingira rum | aku tak carita maning | mêngko padha rasakêna | mungguh ananing pawèstri | muhung minăngka timbangan | critaku kang uwis-uwis ||

28. carita kala rumuhun | ana kawulaning Widhi | mardika asugih arta | tur mulya bêkti mring Widhi | jro kitha Mêsir wismanya | aran Ngabdullah Johari ||

29. kautamanira mashur | sajroning nagara Mêsir | mangkana sawiji dina | sira Ngabdullah Johari | alinggih lan rabinira | winawang-wawang ing warni ||

30. amandêng wadana muwus | dhuh Rubiyah ingsun iki | asih têmên marang sira | pangrasane ati mami | sasoring langit salumah | ing bumi tan ana maning ||

31. kang dadi têlênging kalbu | kumpuling paningal mami | wus mondhok anèng ing sira | rabine sumaur aris | kawula botên prabeda | gih kadi makatên ugi ||

32. datan kapengin wong bagus | nora melik ing wong sugih | mung dika dununging manah | ing awal prapta ing akir | tulusa angèstupada | tan adarbe cipta malih ||

33. dèn tumêka ajur luluh | mung dika panutan mami | lah dawêg sami prasêtya | dadosa antêping budi | kalamun kawula pêjah | dika sampun rabi-rabi ||

34. dene yèn andika [andi...]

--- 2 : 291 ---

[...ka] lampus | kula botên laki-laki | sampun ngantos ginarayang | mring wong lanang malih-malih | amunga dika piyambak | kang darbe sarira mami ||

35. ing dunya ngakeratipun | angling Abdullah Johari | yèn kaya mêngkono iya | nuli padha aprajangji | sinêksèn para ngulama | misuwur wong sanagari ||

36. prasêtyanira kalangkung | Ni Mbok Ngabdullah Johari | tur bêkti asih mring priya | ulah bawane lêrêstari[2] | mangkana èstri kang pêjah | kang lanang kaya wong baring ||

37. saking sangêting ing wuyung | dhêstare dipun suwiri | lan kulambi nyampingira | ting sarompèl dèn suwèki | tur sarwi lara karuna | dèn layat wong sanagari ||

38. nulya ginawa mring kubur | wus pinêtak padha mulih | sakèhe kang padha mêtak | nanging Ngabdullah Johari | angèrèni pakuburan | tunggu kubure kang èstri ||

39. sakêdhap Ngabdullah mantuk | mring wismanira ing rabi | ing paturone tan ana | saya susahe tan apti | alungguh ing wismanira | bali pakuburan malih ||

40. sirahe pinopok êndhut | sarwi jêlèh asru nangis | solahe kaya wong edan | lali mangan lan ngabêkti | mung rabine kang dèn ucap | cinêluk dèn ajak mulih ||

41. dadya umum amisuwur | yèn Ki Ngabdullah Johari | kalindhih akale buyan | sapatine ingkang èstri | sanak-sanakira wêlas | padha ngupaya jêjampi ||

42. miwah maring dhukun-dhukun | cinêkêl ginawa mulih | sinilêmakên ing toya | ana kang gitik panjalin | kèh warnane japamăntra | tan ana kang amarasi ||

43. tita akale dhêdhukun | samya sèlèh tan kadugi | Ki Ngabdullah kinunjara | laminira pan nêm sasi | kamiwêlasên kang mulat | Ki Ngabdullah dèn uculi ||

44. saking kunjara amêtu | manjing [ma...]

--- 2 : 292 ---

[...njing] wismanira ngambil | klasa satunggal binêdhah | ing têngah dipun lêboni | slira kadya nganggo kayat | maring pakuburan malih ||

45. praptane abanjur lungguh | anèng kubure kang èstri | manggrog nora lunga-lunga | yèn dalu ajêrit-jêrit | pira lawase amoyang | sira Ngabdullah Johari ||

46. kongsi dungkap tigang taun | sawiji dina nujoni | sirah pinopok ing lêmah | banjur têturon ing siti | malumah angathang-athang | matur ing Hyang Maha Suksci ||

47. he Pangeran ingkang agung | kang mulyakakên ing Nabi | Mukamad ingkang mustapa | tuwin icalna tumuli | ing susahe manah amba | ya Pangeran ingkang gaip ||

48. nulya na swara karungu | mring Ki Ngabdullah Johari | aglis junjung sirahira | ningali wong tuwa siji | angangge kang sarwa pêthak | Ki Ngabdullah atutwuri ||

49. sidapa ing wong puniku | Ki Ngabdullah matur aris | dêmi Allah kang asuka | nugrahaning martabati | lah sintên ta nama tuwan | kang tinakon ngandika ris ||

50. Nabi Ngingsa jênêng ingsun | kumêpyur ing tyas Johari | rumangsal pitulunging Dat | kang mulya umatur malih | ya nabiyolah pratela | Pangeran Kang Maha Suksci ||

51. kang ngakon mrin tuwan têmu | lan kawula anuruti | ing sakajating kawula | Nabiyullah Ngisa angling | lah ta apa kajatira | matur Ngabdullah Johari ||

52. punika ingkang kinubur | rabi kawula ngêmasi | kawula tan bisa pisah | tuwan têdhakna ing Widhi | mugi ta rabi kawula | dipun gêsangêna malih ||

53. lan taksih warnaa ayu | Nabiyullah ngandika ris | hèh Ngabdullah wus muliha | mangan angombea sarwi | sidhêkaha mêmulia [mêmuli...]

--- 2 : 293 ---

[...a] | ngurmatana pêkir miskin ||

54. krana sira iku luput | tingkah mring rabimu ugi | sukêr ati palacidra | lalèn tur amaro kapti | samăngsa iku uripa | kiyanat gawe bilai ||

55. mulane ingsun tan ayun | dongakna jaluk ing Widhi | mêndhêg matur Ki Ngabdullah | amba anênuwun ugi | inggih masa makatêna | rabi kawula wus jaji ||

56. donya praptèng akiripun | tan kumêcap darbe laki | dhumatêng badan kawula | măngsa sagêda ngoncati | prasêtyanipun akathah | tuwan têdhakêna urip ||

57. tanpa damêl tuwan rawuh | botên anglêgakna ati | asangêt atur kawula | tuwan têdhakna tumuli | mring Pangeran ingkang mulya | kang sipat rahman jurungi ||

58. Nabiyollah Ngingsa manggut | adêdonga ing Hyang Widhi | sakala Jabrail prapta | gawa timbalaning Widhi | hèh nabiyollah têdhakna | Ngabdullah dhatêng Hyang Widhi ||

59. sasampuna tuwan purun | ngandhêg kajate wong pêkir | nabiyolah adêdonga | takdirolah amarêngi | pan malêkah kuburira | Ni Bok Ngabdullah Johari ||

60. mêtu saking jroning kubur | dupi Ki Ngabdullah uning | kalamun rabine gêsang | mêtu saka kubur linggih | nanging warna malih ala | Ngabdullah matur ing nabi ||

61. ya nabiyolah puniku | dene rabi kula dhingin | warnane kalangkung endah | ayu manis mêrakati | puniku rupane ala | nyêrungus rambut barindhil ||

62. Nabi Ngingsa ngandika rum | iya rabinira iki | mulane rupane ala | bangêt prihatine ngati | ngrasakakên păncabaya | ing kubur awarni-warni ||

63. Ngabdullah Johari matur | tuwan suwuna ing Widhi | mantuka warnine kina | Nabi Ngingsa anuruti | tumênga [tu...]

--- 2 : 294 ---

[...mênga] donga ing Suksma | mulya warna ayu malih ||

64. sawuse pulih warna yu | wadon Ngabdullah Johari | sampun musna Nabi Ngingsa | mangkana Ngabdullah laki | bojakrama rabinira | kinudang sarwi dèn lingling ||

65. dhuh bêndaraku wong ayu | kang ngilangkên ing prihatin | lawase sira nèng kerat | kaya dinus guna dhêsthi | dene kang para malekat | mundhak antêng jêtmikani ||

66. kathah wêtuning pangrungrum | rabine tanpa nauri | kaku atine Ngabdullah | dêdonga katur ing Widhi | tumênga ing awang-awang | jlêg rawuh Nabi Ngisa ris ||

67. Ngabdullah Johari matur | dhuh kadipundi Jêng Nabi | rabi kula tan kumêcap | tuwan dongakna ing Widhi | inggih sagêda micara | kadi uripe rumiyin ||

68. Jêng Nabi ngandikanipun | rabimu uga wus mati | sira kalilan pêpanggya | iya angganing wong ngimpi | têka sira paripaksa | kaya uripe kang dhingin ||

69. Ngabdullah tumêngèng luhur | anjêlèh matur ing Widhi | Hyang Suksma kang sipat rahman | jlêg tumurun Jabarail | matur maring Nabi Ngisa | ya nabine Hyang sayêkti ||

70. inggih dhatêng rabinipun | supados gêsang bisa ngling | angandika Nabi Ngisa | hèh ya tuwan Jabarail | umure Ngabdullah lanang | kantun sapintên puniki ||

71. măngka Jabarail matur | kawula botên udani | malih nabi angandika | yèn makatên dika bali | matura ing Maha Mulya | gya mintar Jabrail maring ||

72. kalarattulah wus sinung | pangandikaning Hyang Widhi | gya bali mring Nabi Ngisa | aturira Jabarail | sampun ambiyolah amba | matur kalarattullahi ||

73. amung kantun [kantu...]

--- 2 : 295 ---

[...n] sèkêt taun | umure Ngabdullah inggih | tuwan tari lamun suka | asung umure sapalih | dèn nganti Ngabdullah rila | awèh umure sapalih ||

74. malih Jabarail matur | ya nabiyullah puniki | isimmulah tuwan wasa | kalimah pêpitu amrih | tuwan kawasa amulat | ing kodrattolah kang gaip ||

75. măngka Nabi ngisa gupuh | adongaa maca isim- | mulah kapitu kalimah | saking mujijating nabi | ngirohkullah akalawan | barkating ngisimmulahi ||

76. nulya Bok Ngabdullah muwus | atur salam ing Jêng Nabi | sawusira sinauran | nabi lajêng mituturi | eling-eling Bok Ngabdullah | aja kiyanat ing laki ||

77. lan aja cidra ing kakung | dèn sêtya tuhu ing laki | dèn gêdhe tarimanira | mring lakinira dèn wêdi | wong palacidra ing priya | papa naraka pinanggih ||

78. Bok Ngabdullah aturipun | ya nabiyullah kang mugi | asala sapangat tuwan | botên pisan-pisan kami | nêdya acidra ing priya | punapa wawêlas mami ||

79. sinungan sapalih umur | tur agêng sihe kang rabi | dhumatêng awak kawula | laki kawula nuhoni | jangjine sabaya pêjah | paran sagêda gumingsir ||

80. nabiyullah ngandika rum | hèh Ki Ngabdullah Johari | wis ajakkên rabinira | mulih ngomahira nguni | lawan ingsun amamêkas | mring sira poma dèn eling ||

81. bilainira ing pungkur | dêdalan rabimu iki | yèn sira aduwe kajat | arêp katêmu lan mami | aja tinggal marganira | kang uwis lêlakon dhingin ||

82. aib nabi musna sampun | Ngabdullah kari jalwèstri | nulya mangkat maring wisma | sajroning nagara Mêsir | lumaku alon nèng marga | bungah manahe tan sipi

83. dupi lakune

--- 2 : 296 ---

mèh tutug | lawang watêse nagari | angucap Ngabdullah lanang | Rubiyah rèrèna dhingin | ingsun anjupuk makêna | lawan kêkudhung wastra di ||

84. karana iki malêbu | ing praja kèh wong udani | ing sira nora makêna | pasthi akèh kang ngèsêmi | ingsun ingkang kaparingan | pae dhingin ingsun yayi ||

85. kala pisah lan sirèku | polahku kaya wong baring | mêngko mulih kajatmikan | rèrèna ing kene dhingin | ingsun anjupuk makêna | Ki Ngabdullah nulya mulih ||

86. maratuwane katêmu | anulya dipun tuturi | hèh rama putra andika | ing mangke pan sampun urip | maratuwane angucap | sira iki andalêming ||

87. ngêndi ana wong wus lampus | têlung taun bisa urip | Ki Ngabdullah asru ngucap | ing mangke dika tingali | kawula nêdha makêna | lawan kêkudhung dèn aglis ||

88. kawula ajake mantuk | anulya dipun ulungi | Ki Ngabdullah nulya kesah | age-age banjur mampir | atêtuku pêpanganan | kang doyanane kang èstri ||

89. sawusira atêtuku | mangrang[3] gonira kang èstri | kapanggih Ngabdullah ngucap | yayi wus sun tigang warsi | tan wruh rasane panganan | lah payo barêng abukti ||

90. dèn atak nganggo kêkudhung | lan makênanira nuli | lumaku alon-alonan | kawêngèn anèng ing margi | tambuh sukaning wardaya | sapraptanira ing kori ||

91. katêmu minêp kang pintu | alèrèn ing pinggir margi | angucap Ngabdullah lanang | sun iki kaliwat arip | lawase pisah lan sira | durung wruh rasaning guling ||

92. lah pangkunên sirah ingsun | sadhela ingsun aguling | gya pinangku sirahira [si...]

--- 2 : 297 ---

[...rahira] | Ngabdullah maring kang èstri | lajêng kapati anendra | kadya mas kalêbon warih ||

68. Maskumambang

1. malah kongsi karainan maksih guling | kasorotan surya | cahyanira anêlahi | sênêning ăngga mamulya ||

2. kawarnaa sri narapati ing Mêsir | miyos acangkrama | praptèng lawang aningali | marang joharing Ngabdullah ||

3. angandika aris sang raja ing Mêsir | hèh sira wong apa | anèng kene dene sarwi | mangku sirahe wong edan ||

4. dene eman warnanira ayu luwih | lulut ing wong edan | pantês dadi garwa mami | tur sira mukti wibawa ||

5. Bok Ngabdullah kumênyut mulat sang aji | dening bagusira | sarta angandika manis | umatur wadon Ngabdullah ||

6. tuwan sintên angandika Raja Mêsir | iya ingsun raja | ing Mêsir ingkang ngratoni | matur malih Bok Ngabdullah ||

7. yèn makatên tuwan ingkang angratoni | mring awak kawula | lah kawula nuwun adil | botên suka botên lila ||

8. gih kawula kinaniaya wong baring | puniki kang nendra | mêksa puruna ing mami | yèn botên tuwan ukuma ||

9. pasthi kula nagih ing akerat benjing | nèng ngayunaning Hyang | paduka kang kula tagih | yèn tan ngukum wong niaya ||

10. ratu ingkang kawajiban angadili | mring wong nganiaya | dene kawula puniki | tênayanipun Ki Suptan ||

11. sampun mashur sajroning nagari Mêsir | Ki Suptan santosa | duk wingi kawula lagi | arsa ngujung mring wong tuwa ||

12. anèng marga cinêkêl saking ing wingking | mring têtiyang edan | puniki kang lagi guling | dipun egal adilana ||

13. wus tumêdhak raja Mêsir ngandika ris | apa karêpira | umatur Ngabdullah èstri | tuwan tugêla kang murda ||

14. nuntên amba tuwan bêkta dhatêng puri | gya anarik pêdhang | arsa amêdhang kang guling | mèh lali ing kukummolah ||

15. marmaning Hyang kanggêg manahe sang aji | ngunandikèng driya | eman jênêng ingsun aji | dadya

--- 2 : 298 ---

aris angandika ||

16. hèh wong ayu sira manjinga jro puri | anungganga jaran | mêngko sapungkurmu yayi | sun patènane si edan ||

17. eman sira aja kacipratan gêtih | mêngko yèn wus pêjah | ingsun mulih maring puri | lah mara sira dèn inggal ||

18. sirahira kang lanang sinèlèh siti | wus anitih kuda | banjur malêbèng jro puri | anadene Ki Ngabdullah ||

19. gumalundhung nèng siti maksih aguling | Raja Mêsir agya | pêdhange cinêlup gêtih | ing menda binêktèng pura ||

20. sarawuhe ing pura sri narapati | animbali marang | Ni Bok Ngadulah Johari | andikanira sang nata ||

21. yayi uwis sun pêdhang wong edan mati | anulya cinandhak | pêdhang ana tilas gêtih | dinilat mring Bok Ngabdullah ||

22. têka eram Raja Mêsir aningali | mring pratingkahira | wadon Ngabdullah Johari | ngandika sajroning nala ||

23. iya apa sababe wong edan asih | mring wong iki iya | pratingkahe sun yaktèni | atine kalintang ala ||

24. kawarnaa Ki Ngabdullah kang aguling | kasorotan surya | ngalilir banjur alinggih | mulat rabine tan ana ||

25. dipun nyana mulih maring kubur malih | sinusul tan ana | mring wismane tan kapanggih | martuwane tinakonan ||

26. martuwane anêbut sarwi nauri | adhuh anak ingwang | rabimu uga wus mati | lawase wus têlung warsa ||

27. sira tunggu kubure raina wêngi | mêngko takon mring wang | sira iku maksih baring | saunimu saleweran ||

28. pan ajêlèh sirahe Ngabdullah sarwi | pinopok ing lêmah | têtagane padha angling | Ki Ngabdullah nyata edan ||

29. ngêndi ana wong wis mati bisa urip | sira tutur gêsang | padha dèn gêguyu maring | wong kathah sasolahira ||

30. pan awuwuh Ngabdullah sataun malih | prihatinirèng tyas | lali mangan lawan guling [gu...]

--- 2 : 299 ---

[...ling] | saya sru ngasmarèng driya ||

69. Asmaradana

1. kang duwe hikayat angling | sawiji dina Ngabdullah | Johari lungguh ing bango | pêrnah pinggiring ratan[4] | anuju kajinêman | nyingkirakên wong lumaku | kabèh kang rupa wong lanang ||

2. milane mêngkono dening | para garwane sang nata | sadaya pan arsa miyos | pêpara siram ing sêndhang | mila sakèh wong lanang | kang samya anèng lêlurung | miwah kang ana ing pasar ||

3. sadaya padha sumingkir | amung kari Ki Ngabdullah | alinggih ngisoring bango | anèng sapinggiring marga | mangkana ciptanira | babo sun ing mêngko wêruh | para garwane sang nata ||

4. ayu êndi warnanèki | lawan rabiku bok jênat | sun linggih ing kene bae | prandene sun wis ingaran | wong edan mring wong kathah | măngsa kênaa sasiku | kajinêman nulya prapta ||

5. angucap akon sumingkir | hèh wong edan alungaa | aja alinggih ing kene | Ki Ngabdullah tan alunga | banjur wong kajinêman | kasusu ing praptanipun | ingkang para dhayang-dhayang ||

6. samya anitih turanggi | têgêse pra dhayang-dhayang | para lara-lara wadon | dhayang sawiji angucap | lah wong edan lungaa | padha rewange sumaur | karêbèn iku wong edan ||

7. margane kapatèn rabi | aja sira urah-urah | apan iku lungguh bae | ajêjêl ingkang lumampah | pra rabine satriya | nulya rawuh para arum | para rabine sang nata ||

8. saking kathahe pawèstri | ana kang arsa sikara | mring Ki Ngabdullah nyawowo | Ki Ngabdullah lincat-lincat | polahe alêlewa | dadya samya agêguyu | Ngabdullah awas tumingal ||

9. marang para putri-putri | kang sami anèng wahana | mangkana Ngabdullah kagèt | jêngêr mulat rabinira | awor lan para garwa | anitih kuda binuru [bi...]

--- 2 : 300 ---

[...nuru] | cinandhak kêndhalinira ||

10. sarwi […] pênêr dhingin | ngandikane Nabi Ngisa | tan arsa anguripake | maring sira pira-pira | atur ingkang kapêksa | anjaluk maring uripmu | lan sira dhewe winêkas ||

11. wêwarah dèn wasiyati | aja sira palacitra[5] | maring sun aja agawe | susah maring atiningwang | karana uripira | iku pinaringan umur | saparone umur ingwang ||

12. têlung taun sun prihatin | apisah kalawan sira | tan wuwuh sataun manèh | ingsun edan saking sira | apalacidranira | Bok Ngabdullah dahat rêngu | kasêrêngan ujarira ||

13. ya pagene maksih urip | sira nora pinatenan | mêngko gulumu pêdhote | gya cinandhak tanganira | mudhun saking têtiyang | Ngabdullah acêluk-cêluk | kabèh kawulane Suksma ||

14. padha tingalana ugi | yèn wong iki rabiningwang | uwis sataun lawase | minggat saka tangan ingwang | kaliwat palacidra | Ngabdullah nulya kinêpung | dening wong dalêm sadaya ||

15. samya rêbut anulungi | mring rabine Ki Ngabdullah | ana amêngkang tangane | ana anapuk adugang | ana ingkang amala | nanging ta nora karêbut | akancing panyêkêlira ||

16. dèn palaur jêlah-jêlih | saking laraning Ngabdullah | pinala wong wadon akèh | panyêkêle ora uwal | dadya samya tinilar | kasusu rawuh sang prabu | kagyat Ngabdullah tumingal ||

17. Johari bêkêl kang èstri | rinubung dening wong kathah | kandhêg sang nata lampahe | kang magêrsari akapang | nyêdhak maring Ngabdullah | nulya ki pangulu rawuh | munggèng wurine sang nata ||

18. Ngabdullah awas ningali | mring pangulu anèng wuntat | anulya dèn arêpake | sarya sru matur mangkana |

--- 2 : 301 ---

hèh damaring nagara | kawula anêdha kukum | ing tuwan witing mangkana ||

19. rabine minggat mring puri | dèn umpêtakên sang nata | inggih sataun lamine | ki pangulu atur sêmbah | dhuh gusti sahing alam | puniki têtiyang majun | andakwa dhatêng paduka ||

20. gih sêlir dalêm kêkasih | ingkang cinêpêng punika | inggih dèn akên rabine | kadya punapa parentah | tuwan dhatêng kawula | sang nata sangêt kumêpyur | murinding mulat Ngabdullah ||

21. kêkês sariranirèki | rumăngsa olèh dêduka | mangkana lon andikane | lah takonana ta apa | duwe saksi baenat | sigra kiyai pangulu | atanya maring Ngabdullah ||

22. apa sira duwe saksi | hèh majnun ngaku rabinta | Ngabdullah aris ature | tuwan mundhut saksi pira | ki pangulu aturnya | saksi loro bae cukup | Ngabdullah Johari mojar ||

23. saksi kawula Hyang Widhi | kapindho Jêng Nabi Ngisa | kang minăngka saksiningong | ki pangulu angandika | lah mara têkakêna | Nabiyolah Ngisa iku | yèn gêlêm munggah bainat ||

24. iya sun wèhakên nuli | wong wadon iku mring sira | Ngabdullah lunga ênggone | kalanira prajangjian | kalawan Nabi Ngisa | sapraptanira agupuh | tumênga maring ngawiyat ||

25. matur ing Hyang Maha Suksci | mugi amba panggihêna | lan Nabi Ngisa samangke | mustajap pandunganira | saking eklasing manah | jlêg Nabi Ngisa tumurun | anèng ngarsane Ngabdullah ||

26. sumungkêm ing suku aglis | Ngabdullah saaturira | ya nabine Hyang kang awèh | sapangat ingong kasihan | amba dipun niaya | inggih dhumatêng sang ratu | ing Mêsir rabi kawula ||

27. dèn umpêtakên wus lami | mangke kapanggih kawula | kula têdha botên awèh | anêdha sêksi bainat | nyata ni rabi amba [a...]

--- 2 : 302 ---

[...mba] | yèn praptaa saksinipun | sinungkên èstri kawula ||

28. andikanira jêng nabi | yèn mangkono payo inggal | sun têmonane sang katong | gya mangkat sira Ngabdullah | dhingini lampahira | sarwi lumayu-lumayu | wus prapta dènnya angucap ||

29. hèh elinga maring nagri | iki Nabi Ngisa prapta | ya ta kagyat sang akatong | myarsa Nabi Ngisa prapta | miwah pangulu samya | agupuh dènira mêthuk | sang nata sawadyanira ||

30. mangkana cundhuk sang aji | mangrêpa mring Nabi Ngisa | alkamdulilah ature | tuwan anêdhakkên amba | pan pira-pira nikmat | tuwan kang sampun dhumawuh | ing kula margi Ngabdullah ||

31. mugi winênang kang dasih | ngujung dalamakan tuwan | Ki Ngabdullah sru wuwuse | lah pundi rabi kawula | nuntên tuwan têdhakna | samangke măngka sang prabu | kèndêl tan bisa ngandika ||

32. gumêtêr sariranèki | karingête arewehan | saking jrih tumêkèng batos | nyana katêkan dêduka- | ning Hyang wus ngrasa sayah | pangulu tarampil matur | ya tuwan kula bibtolah ||

33. rabine Ngabdullah yakin | sampun pêjah tigang warsa | kadya punapa kukume | kawula anuwun wulang | ngandika Nabi Ngisa | mêngkene purwane iku | rabine Ngabdullah pêjah ||

34. wus têlung taun têtapi | Ngabdullah bangêt dêdonga | jaluk uripe rabine | măngka ngandikaning Suksma | mring sun kinèn dadia | iya lantaraning atur | anêmoni Ki Ngabdullah ||

35. jaluk uripe kang èstri | pun suwun kalarattolah | kalihan dening Hyang Manon | nuli ingsun andêdonga | urip wadon Ngabdullah | têtapi umure puput | nora bisa barang-barang ||

36. măngka nuli dèn wènèhi | ngumur [ngu...]

--- 2 : 303 ---

[...mur] marang ingkang lanang | iya saparo umure | mulane bisa lumampah | mulih barêng kang lanang | wadon Ngabdullah sumaur | […]caranira ||

37. iku Nabi Ngisa […] | […] Ngabdullah | Nabi Ngisa ngandikane | apa sira nora arsa | duwe laki Ngabdullah | wadon Ngabdullah umatur | akiyas sarta supata ||

38. dêmi Allah awak mami | dede bojone Ngabdullah | măngka nabi ngandikane | yèn mêngkono ulihêna | umure Ki Ngabdullah | ingkang sira silih iku | saure inggih sumăngga ||

39. nulya angandika nabi | ah wus mati bok Ngabdullah | gumlèthèk tiba patine | tinutup ing lawang tobat | ingkang tigang prakara | dhingin cilakane iku | gorohakên nabiyulah ||

40. kapindho tinutup dening | cilaka dènnya supata | wus tita dêmi Allahe | ping tri tinutup cilaka | iku pan ora kêna | sinalatkên patinipun | mangkana Ngabdullah mulat ||

41. yèn rabine angêmasi | Ngabdullah sigra anyandhak | rasukanira sang katong | asru mojar hèh sang nata | kang ngumpêtakên marang | rabi kawula sataun | gya Nabi Ngisa ngandika ||

42. hèh raja apa sayêkti | iku ujare Ngabdullah | Raja Mêsir tur sêmbahe | inggih sayêktos kawula | saking botên uninga | yèn tiyang èstri puniku | rabinipun Ki Ngabdullah ||

43. kawula dipun dongani | kêni rêncanane setan | sakêdhap kawula supe | ing mangke sumanggèng karya | apan anak kawula | pawèstri parawan ayu | kaparingêna Ngabdullah ||

44. inggih dadosa walêsing | dosamba dhatêng Ngabdullah | kula nêdha apurane | Ngabdullah Johari trima | lajêng minggah aningkah | Nabi Ngisa [Ngi...]

--- 2 : 304 ---

[...sa] ngandika rum | hèh raja wus bêjanira ||

45. yèn ajaa trima ugi | kaya sirna kratonira | […] manèh | wèh susah atine ala | krama wong dadi raja | witing kabêcikan tuhu | sigahna manah kêthaha ||

46. yèn ratu kêthaha budi | tan anglampah adil murah | ngalamat purêt têdhake | nora kongsi turun tiga | kinirat wahyuning Hyang | nora kêna dadi ratu | turune kasurang-surang ||

47. anane pitutur iki | kabèh kawulane Suksma | kang wus padha akil balèg | padha ngalapa ngibarat | padha angrungokêna | critane kikayat iku | lan aja ana pracaya ||

48. iya marang wong pawèstri | lan sira aja ambuka | apa wadine wong wadon | lan aja nurut ujarnya | wong wadon iku i[…] | bolong atine mring nêpsu | sêsanga sakèh wanodya ||

49. wus kocap pangandikaning | Suksma kang muni ing Kuran | nyaritakakên kandhane | Nabi Yusup lan kang garwa | iya Siti Jaleka | ngandikanira sang prabu | Mêsir mring Siti Jaleka ||

50. utawi pangrêncananing | setan iku amung iya | Hyang Suksma sinêbut ènthèng | dening pangrêncananing tyas | iku kang luwih awrat | saking setan godhanipun | wus kanas ing dalêm Kuran ||

51. saunining rêncananing | setan iku langip dadya | eling-elingên sakèhe | wong kang padha wus budiman | padha amicaraa | mungguh ayat loro iku | pangubayaning wanodya ||

52. iku kang luwih pribadi | angluwihi saking iya | ing setan pangrêncanane | kaya ta kang pangandika | jêng nabi nayakèngrat | mungguh caritaku mau | supaya padha elinga ||

53. yya pêgat pamintèng Widhi |

--- 2 : 305 ---

dèn dohna saking druhaka | aja êsak myang sêrike | sanadyan […] | […] pasthi isih kêna | sinuhun dene | mirit crita dyah utama ||

54. sagunge ingkang […] | […] aturira | mugi angsala barkahe | carita dyah kang utama | yya pisan-pisan kadya | Nyi Ngabdullah wong dikêpruk | dadi kêmbanging naraka ||

55. nahan ta wus slisir ratri | pra tamu samya popohan | pamit nyai wisma Nikèn | Pujastuti lon lingira | bilih pinujwèng karsa | inggih benjing enjing dalu | sarwi ngiras miyat wayang ||

56. Ki Panjangmas ingkang ngringgit | enjing lajar murwakala | pun ngantèn èstri kawite | nugêl lan gandhit kawitan | mangsuli samya sagah | tan pae pra tamu kakung | samya binejan sadaya ||

57. para tamu jalu èstri | wus umantuk sowang-sowang | saribitan miwah ijèn | nèng marga ajak-ajakan | yèn wangsul sêsarêngan | dalune datan winuwus | enjing amangun sarkara ||

Candhakipun jilid: III

1863 Sastra Kartika

 


Ngarip. (kembali)
Lebih satu suku kata: ulah bawane lêstari. (kembali)
marang. (kembali)
Kurang satu suku kata: pêrnah sapinggiring ratan. (kembali)
palacidra. (kembali)