Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 01-09)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 01-09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  2. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 10-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  3. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 30-31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  4. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 32-35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
Image

TJENTINI

P.B. V.

Sêrat Cênthini

Kaêcap ing gêdhong pangêcapan mawi sêtum N.V. Uitgevers-Mij. H. BUNING ing nagari Ngayugyakarta, taun Walandi 1922.

EERSTE DEEL.

--- [1] ---

P.B. V.

Sêrat Cênthini

Kaêcap ing gêdhong pangêcapan mawi sêtum N.V. Uitgevers-Mij. H. BUNING ing nagari Ngayugyakarta, taun Walandi 1922.

--- [2] ---

P.B. V.

Cênthini

1. Dhandhanggula

1. purwaning rèh manising palupi | rêspatyenjang nujwa gathitastha | Ruwah ping tigalikure | ing Dal môngsa kasèku | sinêngkalan atata rêsi | apan amulang janma (=1775) | nênggih kang dhinapur | amarna ri kang carita | duk prang Giri awusana soring jurit | têmah kithane bêdhah ||

2. sarusake wau kithèng Giri | Jêng Pangeran Pêkik kang ambêdhah | garwa putra sadayane | binoyong mring Matarum | tapis rajabrana ing Giri | tuwin kang rajakaya | binêktèng Matarum | wadya lit rusak jinarah | kunêng wontên putra sing ampeyan katri | apan atunggil rena ||

3. ingkang sêpuh wasta Jayèngrêsmi | wontên malih arinipun priya | Jayèngsari panêngrane | kalih samya abagus | apan sami jatmika kalih | pan samya ahli tekad | ing ngèlmi [ngè...]

--- 3 ---

[...lmi] takabul | warujunipun wanodya | apêparab wau Nikèn Rancangkapti | warna ayu utama ||

4. pan cinatur duk bêdhahing Giri | putra têtiga wau punika | sami nis tilar prajane | wong Mataram datan wruh | mring putra tri dènnya lumaris | sami arêbat gêsang | ing purug tan ngumpul | kalangkung kawêlasarsa | pan mangilèn parane Dyan Jayèngrêsmi | kêkalih rencangira ||

5. de kang rayi Radèn Jayèngsari | apan mangetan ing lampahira | tan pisah lawan arine | Kèn Rancangkapti wau | dahat dening kawêlasasih | panakawane juga | Buras wastanipun | panakawane kang rama | datan pisah sapurug dènnya lumaris | sajuga ingkang milya ||

6. kêkinthil tan kêna sah lan gusti | pan pun Buras kang abdi wastanya | kacatur wau lampahe | langkung kawêlasayun | Rancangkapti anggung anangis | ingkang raka sangsaya | pucat ing tyas putus | tumingal ing arinira | kinèn gendhong mring pun Buras ingkang abdi | yèn sayah ginêntosan ||

7. pan wus ilang wanguning priyayi | ya ta radèn ngangin-angin warta | yèn jêng sultan ing karsane | têntrêm tan karsa anglud | mring santana putra ing Giri | kang sampun tan kacandhak | kang anis rumuhun | radyan eca ing tyasira | ya ta mulat samana ningali wukir | langkung asri kawuryan ||

8. de wit-witan anganggrang nèng nginggil | taru gêng-gêng kang apuyuh dênta | amêpêki sawarnine [sawarni...]

--- 4 ---

[...ne] | ingkang pala gumantung | tuwin sêkar-sêkar mawarni | ran wukir Sokayasa | dene kang palungguh | Sang Pandhita Anggung Brata | ingkang tumut wisma rong desa watawis | sami santananira ||

9. kasub lamun pandhita linuwih | nênggih Kyai Gêdhe Anggung Brata | buntas ngiwa panêngêne | kathah wong agung-agung | ingkang samya angalap ngèlmi | darbe putra satunggal | jalu tur binagus | nanging dèrèng mawi krama | duk timure kang rama sinung kêkasih | Mas Ngali nging tan karan ||

10. sarêng diwasa dipun parabi | mring kang rama kae Mas Cêbolang | katêlah diwasa rane | nanging pugal kalangkung | nora kêna bathuk kalimis | langkung dening balasar | mring panggawe dudu | kathah prawan lan somahan | wong ing ngare tan gothang ing siyang ratri | minggah marang aldaka ||

11. panggih lawan Mas Cêbolang sami | mring pondhoke rinewangan dumban | pan wus sinung wisma dhewe | lèring wisma ramèku | miwah yèn mring ngare marêngi | ana wong angon menda | maesa lan lêmbu | rencange kinèn sung sêga | lan gadublêg winoran kacubung sami | kang sinungan tan nyana ||

12. lamun gadublêge dipun wori | sawusira mangan nulya niba | dene lêmbu sakathahe | lan mendane jinupuk | niji-niji nora katawis | praptèng wisma pinragat | dinum santri agung | winartan gènipun tumbas | apan asring kang rama sinrêg ngilèni | mring kang darbe maesa ||

13. nora môntra putrèng [pu...]

--- 5 ---

[...trèng] pandhita di | pan wus surup ngèlmi kasampurnan | prandene dèn mamah bae | langkung sèwu dalurung | kang rama gung dènnya dukani | tinundhung pinilalah | bêkta santri catur | wus sadasa wulan kentar | anuruti dènnya pralenthe sayakti | ngumbara barang trêbang ||

14. wus anurut tanah ing pasisir | malah wus bêngang ing pirang-pirang | saking kêkathahên ronggèng | nèng Sidayu kinêpung | andhêmêni bojoning santri | kesah marang ing Daha | mondhok wismanipun | Ki Jamal pangulu Daha | dhasar kathah santrinira Ki Jamali | Ki Jamali sru bungah ||

15. mring sang prapta wus sinung wismèki | santrinira Ki Jamali samya | mring kang prapta langkung sihe | arênês cangkêm karut | yèn kalane dipun suruhi | ginawe pakaulan | pangantèn tan atut | kaul nanggap Mas Cêbolang | yèn lumampah ngantos kathah santri ngiring | santrine dhewe papat ||

16. bêbêktane duk kesahe nguni | mung punika kang ginawe tandhak | kapat parigêl bêksane | tur wong wus samya surup | lamun ronggèng lanang sayêkti | prandene kèh kêrêngan | asuduk-sinuduk | nênggih wong lakon sadina | yèn miyarsa Mas Cêbolang dèn suruhi | dhangan prasamya prapta ||

17. nanging wong cilik datan kuwawi | anyuruhi marang Mas Cêbolang | saking tan kêlar opahe | langkung gung sajènipun | yèn bebasan rongpuluh anggris | marma arang kang kêlar | nanggap [nang...]

--- 6 ---

[...gap] sabab agung | lan bêktane santri kathah | yèn wong cilik arang kêlar angingoni | dhangan nonton kewala ||

2. Sinom

1. ya ta anuju samana | bupatine darbe kardi | puput dènnya darbe putra | duk kala garwa nyakiti | dhukun kathah samya ngling | sok lujênga darbe kaul | ngundang Ki Mas Cêbolang | môngka rahayu marmaning | animbali marang panjak Mas Cêbolang ||

2. anuju wulan purnama | lir raina padhangnèki | badhene wetan pandhapa | ênggone ananggap singir | pêpak sajèn mawarni | sêkar konyoh lawan kutug | sêkul tumpêng mêgana | tukon pasar amêpêki | salawate nèng sajèn salawe reyal ||

3. rolas wadhah samya dhulang | liya ancak lawan cêthing | miwah bokor gêlas talam | sadaya dipun sasabi | sinjang sêkaran warni | bathik lurik lawan wulung | myang karukub kurungan | kang sinjang mawarni-warni | padhang bulan binantonan obor sanga ||

4. myang kang saos palataran | patih mantri lan prajurit | pandam ting parik tinata | dènnya lênggah ki dipati | ngêdhangkrang anèng kursi | pinggir pandhapa gènipun | cênela kinêmbang mas | pantês ngagêm nyamping bathik | nagasari jinêmbangan latar pêthak ||

5. paningsêt cindhe jobara | klambi bêlah bantên asri | sêmbagyalus kapurônta | corake kêmbang pinêthik | kotang kancing mirah brit | paniti jôngga intên byur | dhuwung gônja

--- 7 ---

kinatah | ing intên mirah tulya sri | kuluk cêmêng baludru rinenda ing mas ||

6. gêmbalanya kêkêtogan | sumping sêkar hèr rinukmi | abagus pupuk sêmbada | lir Kalana angajari | ingayap para cèthi | abusanendah yu-ayu | kênya rôndha wulanjar | andhèr marêk ki dipati | awibawa tinarap para biyada ||

7. miwah sêsaosanira | ki adipati nèng ngarsi | kênap lan bangku cancingan | sinêrbèd putih tulya sri | ingkang anglêladèni | pawèstri samya yu luhung | wedang tèh mêmanisan | puhan roti wedang kopi | anèng ngêkan samuwa isining meja ||

8. sacaraning lah-olahan | gêgurihan manis-manis | pêpak di-adi ingolah | miwah wowohan mawarni | samya rumat cumawis | latar ginêlaran sampun | lampit agêng apanjang | goning panjak dèn gêlari | kasah alus ya ta ing wau samana ||

9. Mas Cêbolang ingandikan | Ki Jamali kang angirid | busanane Mas Cêbolang | bajo kotang krêstin abrit | pinggir rinenda alit | nyampingira kasa wulung | sabuk putih rong kilan | kuluke bathokan sêtrim | dhêstharipun jêplakan putih rinenda ||

10. adhuwung kamalon abang | gayaman landheyan miling | tulange ulam minatan | mirah agênge saranti | santrine kabèh ngiring | gêdhe cilik luwih satus | wong nonton pan atusan |

--- 8 ---

klêbu abdining dipati | nadyan uwong desa pan kenging kewala ||

11. pan parentah sang dipatya | nyukakna manahing alit | marma wong nonton akapang | ki dipati lênggah kursi | ingayap manggung sêlir | samya binusanan murub | pan wus pêpak sadaya | sinarah panjaluknèki | saprabote ki mas gèn badhe anulap ||

12. pan wus dhawuh kinèn lêkas | sandika kang dèn dhawuhi | anulya nyandhak tarêbang | sasolahira rêspati | dhasar ragi kinardi | apacak trêbang pinangku | ing dhêngkul dhangak ladak | baranyak anggunungsari | adan lêkas sajak Jawa sêkar Lêmpang ||

13. swara muluk gêtas rênyah | angungkung arum tur manis | ngês wilêtnya nganyut manah | panrêbange angapipir | sabat gya naurani | tarêbang tiga gumrumung | barung angklung lan kêndhang | calung calapita gadhing | ramya gobyog gumêr gêtêr magênturan ||

14. wor swara sru lagu Lêmpang | orêg kang samya ningali | jêjêl riyêl yêl-uyêlan | dhêsêkan pipit-pinipit | kèh solah bawanèki | bungah kang para calimut | sêlêr-sinêlêr samya | kathah kang kelangan sami | opyak gègèr sakêdhap nora karuwan ||

15. suwe-suwe tan rinasa | kelangan pêrlu ningali | jalwèstri carub dhêsêkan | wong kang dhugal mangarahi | mring wong wadon anggriming | tangan nguyêl-uyêl susu | nalusur gagap-gagap | gêmbok ginêgêm agêmi | kèh mangkono wênèh têkêm-tinêkêman ||

16. ya ta

--- 9 ---

wau Mas Cêbolang | narêbang bêsus awasis | gêtêr kumitir ngapinjal | kêtungtung pyêg tong ting tong grig | prung prèng grung pang pang pong ping | klong klung crik crik bah bah bah gur | thung klêk thung plêk thung thing brang | pap pêp bah bag thèr nal nil nil | nguk nguk brêng brung pung pak pung pyak dhung dhêng dhung brang ||

17. kang sauran rêbut swara | swarane samya sru angrik | rahab ungkul-ingungkulan | santri barung naurani | yèn nuju sèlèhnèki | sauran dènnya gumrumung | yèn kabèh tibèng gongan | Mas Cêbolang kang nampèni | ngêlik mêlung ngungkung mêmbat angumandhang ||

18. anglangut swara rumêmbat | bêning lir suling wratsari | tan ana swara kang memba | êmpuke gilig amêthit | mangkya kang samya singir | wus dangu dènira talu | suwuk maca salawat | kèndêl aso ngaring-aring | pan anglela Mas Cêbolang anjênthara ||

19. ki dipati ris ngandika | êndi sabatmu kang dadi | tandhak kang jiblès wanodya | Mas Cêbolang matur inggih | punika kang prayogi | pun Nurwitri namanipun | pinundhut binusanan | carèstri ronggèng linuwih | pinaringkên kinèn tumuli lêkasa ||

20. tur sandika Mas Cêbolang | lêkas bawa Gambirsawit | swara rum manis ngêsira | mêmbat wilêt dudut ati | santrine naurani | gumrêmbyêng barêng trêbang brung | rampak ukêle padha | tan ana gangsul mênèhi | Mas Cêbolang akipat panrêbangira ||

21. nulya tandhaknya ambêksa | berag kabèh kang ningali | ki dipati [dipa...]

--- 10 ---

[...ti] langkung suka | abdi kinèn anglêboni | gêntèn lan dèn dhawuhi | tombokira kabèh nyuku | suka gantya ambêksa | abdinira ki dipati | sasênênge dènira jaluk gêndhingan ||

22. sawênèh ana barêngan | samya gêndhing Gonjang-ganjing | bêksa karone bramantya | sêbrak parêng narik kêris | gègèr ingkang ningali | ki dipati langkung bêndu | sigra anyandhak rotan | kang tukar lumayu ajrih | pan wus pulih tata kang nonton sadaya ||

23. ya ta wau ki dipatya | kapengin tumut angibing | kang abdi kêplok sadaya | manggung sêlir suka sami | montro gêndhingannèki | tan dangu anulya sampun | ya ta Ki Mas Cêbolang | tan kenging ngampah kang galih | tarêbange wus sinungkên rowangira ||

24. buka rasukane jubah | mung kotange ingkang maksih | duk waune sinasaban | jubah kotange tan kèksi | ya ta lêkas angibing | bêksanira bêksa alus | gêndhingane la-êla | orêg kang samya ningali | saabdine ki dipati langkung suka ||

25. miwah sira ki dipatya | langkung sukanirèng galih | ya ta wau kang ambêksa | sawusnya niba kang gêndhing | ki mas bêksane nyirig | nglètèr sarya pacak gulu | ngalahkên tandhakira | bêksane nurut ing pinggir | ring kalangan saya ulate kinarya ||

26. kèh bungah satêngah ana | sawiji kaum ningali | Dul Subur lan Ni Mbojora [Mbojo...]

--- 11 ---

[...ra] | nêdya milu naurani | manêngah ngambyong singir | kang gumawang andêdulu | sêsêg tan antuk marga | migag-migêg sru kapipit | Ni Mbok Subur rada wasis sok gêlêman ||

27. dèn incih kiwa têngênnya | dhinêsêg dipun gagapi | kêna cêg kang payudara | kinêpêl pinidih-pidih | puringisan ngèsêmi | kang nguyêg saya kêsusu | rinangkus sinjangira | Bok Subur pasang anyênthing | tanganira kiwa gendholan kang lanang ||

28. kang têngên bari saduwa | nèng dhêngkul sarwi anjênthir | pinanahakên agampang | tumanduk kang mangarahi | bênêr andêdêl nuli | garêgêl balusuk puput | kasamur iyag-yêgan | lir linampahkên pakolih | enak-ènuk ki punuk nora kêtara ||

29. oyag-oyêg dhêdhêsêkan | Dul Subur pangrasanèki | dhag-dhêge solahing kathah | tan nyana bojone untir | anjongok rada jêngking | kêsêl ngadêg awadipun | Dul Subur wus pitaya | kasamur solahing janmi | malah gênti kiwa têngêne anggarap ||

30. gilir ginarap wong tiga | nuju panggarap kang kari | duwèke gêdhe adawa | satêkêm nêt mangang luwih | Ni Subur ngulèt jondhil | asru banène kumlukuk | Dul Subur kagyat mulat | bojone ginarap wingking | sru ambêngok ngudubilah kêtiwasan ||

31. gumrubyug kang garap uwal | slendhang tapih dèn dhèdhèli | marang bangsat kang anggarap | mung kari kulambinèki | gègèr [gè...]

--- 12 ---

[...gèr] pating jarêlih | Dul Subur sru tulung-tulung | mundhak dadi bayangan | bojone dèn uli-uli | nulya mulih bojone banjur pinala ||

32. wontên wulanjar satunggal | abdinira ki dipati | pan lagya kagêm sapisan | ing mangkya dipun kasihi | nama pun Jaemanis | akuning wadana suluh | netra jait balerah | alandhêp idêp tumêngging | payudara kêngkêng lir mundhu undhuhan ||

33. pangangge kinacèk pelag | ngungkuli kang para sêlir | tikêl rêgi parabotnya | saking sihe ki dipati | nging rada ngadi-adi | pan kêmayu adol ayu | ulate blas-êblasan | aling-aling nglêladèni | mring ki adipati yèn wus nêbih gènnya ||

34. malah cêlak lawan panjak | sadhela bali ngladèni | kacu kumbaya kusta bang | krêp nginang idu ngacuwis | bêlisên susurnèki | sabithi atos lir watu | polahe têranjalan | nar-nèr kèwês galak liring | pan sasore wis pindho kacune ilang ||

35. saking mèndèse aganas | nas-nès mènjèng nunjang kuping | kapengin marang kang nrêbang | sêdhat-sêdhèt ulatnèki | kadulu mring dipati | agya marêk anèng ngayun | yèn wus katungkul lunga | dol ayu dlèrèngan liring | pan kêmaruk kinasihan ing bêndara ||

36. anjêngglèng pinggir kalangan | misah gon lan kancanèki | eram sakèh kang tumingal | kênèse lindhis kêmini | samana amarêngi | sawiji wong andêdulu |

--- 13 ---

sudagar ngangge mumpyar | sakojur dipun dhèdhèli | kêna kabèh gêmbor-gêmbor galimpangan ||

37. gègèr asru lêng-ulêngan | carub-carub ting jarêlih | wor-winor nora karuwan | kabrawuk Bok Jaemanis | têlas dèn balojodi | ambalêjêd bukung widhung | kauyêl ing ngakathah | angadêg ki adipati | langkung duka asru mring kawulanira ||

38. dene kaya wong alasan | kabèh kang nonton Si Jomprit | de iku mas patih ana | nyêngoh kabèh kênèng baring | upayanên dèn aglis | sapa kang agawe rusuh | gupuh kawulanira | anggolèki kang ngrusuhi | tan kapanggya mung wong siji ngathang-athang ||

39. dèn idêk-idêk ing kathah | katur marang ki dipati | lawan pawèstri satunggal | katur yèn pun Jaemanis | gêgêtun ki dipati | kêkasihe ambaluju | duka mring wong lanang kang | kawudan kinèn gêbugi | dosanira dene amêmadha wuda ||

40. gya parentah ki dipatya | kinèn jagani kang bêcik | aja na wong rêrusuhan | jaganana tumbak bêdhil | matur sandika aglis | dhinawuhkên sadaya wus | tan ajrih wus tan rêsah | ki dipati ngandika ris | hèh ya panjak bêksaa lan tandhakira ||

41. Cêbolang ture sandika | nulya bawa Lompongkèli | swara rum gêtas araras | nyênyêd ngêsês mênyêd ati | sauran naurani | gumuntur gêr barung arum | pyung pyang pyêk dhêng thung thung brang | pêp pêp bah bah

--- 14 ---

klong klu thur thir | crak crik nal nil pong ping tung pêk bêng bung brong brang ||

42. sêg sêg gobyog asauran | yèn wus têkèng gongannèki | grêg pêt ririh trêbangira | panabuhe ukur jawil | kang sangêt mung kêkalih | calung calapita barung | nampani Mas Cêbolang | lan tandhake barung ngêlik | mêthit mêrit awilêt ulêt-ulêtan ||

43. akancuh rêncang swaranya | lir rêbab barung lan suling | nyamlêng saplak nora jamak | Mas Cêbolang lan Nurwitri | tog tinon dènnya ngibing | Mas Cêbolang bêksa kakung | Nurwitri kang bêksendyah | akarya wimbaning ati | kaya uga onêngan lan wukir sêkar ||

44. sasolahira kinarya | liringe amaratani | kang kasangkut ing paningal | garapan pan sênig-sênig | tan tuwajuh ing ati | ati lir runtuh talêdhuk | kênèng sumbaga gêndam | Mas Cêbolang ngigêl apik | asta manthêng andhêngklang klêk pacak jôngga ||

45. narècèt rikat kumlepat | miwir sondhère kumitir | aebat naga kapalang | tandhake mungsêr sêsirig | lir parênjak tinaji | larap majêng lajêng nyindur | golang-galing lilingan | kèh kang miyat siptèng kapti | kaya-kaya lan dhèwèke mangkonoa ||

46. wanodya ingkang nêningal | samya kasmaran kapati | kenyut wit kenging sumbaga | gêgês tyasira mawêrdi | miwah manggung lan sêlir- | ira ki dipati wau | tanbuh ing solahira | ana ngulèt kirig-kirig | angacêcêng malah mijil rahsanira ||

--- 15 ---

47. banjur lumayu pan awad | nguyuh mring pakiwan sami | ya ta ing wau samana | Mas Cêbolang kèndêl nuli | wangsul dènira linggih | sang dipati nulya dhawuh | kinèn lêkas anyulap | pan kinèn aso kariyin | asandika ature Ki Mas Cêbolang ||

48. ya ta manggung sêlir samya | iriban samya balangi | ing gêgantèn miwah kêmbang | wênèh bajong-bajong liring | ana ingkang ngawêti | sarwi ngêblongkên gumuyu | nanging langkung iriban | dènira balangan liring | ciptanira êmbèn bae rêruncungan ||

3. Pocung

1. ya ta lêkas nyulap Mas Cêbolang wau | kumutug kang dupa | tumpêng papat dèn kurungi | Mas Cêbolang bêksa ngubêngi kurungan ||

2. lan tandhake mubêng kurungan rêruntung | sawusnya mangkana | kang kurungan dèn ungkabi | tumpêng papat seje-seje thukulira ||

3. siji thukul lombok wohira pan agung | siji wit sêmôngka | uwohe sakêndhil-kêndhil | siji bligo uwohe sadandang-dandang ||

4. siji waluh sagembol-gembol wohipun | suka kang tumingal | ki dipati trusthèng galih | angandika hèh ta panjak kaya ngapa ||

5. kabèh iku apa kênaa dijupuk | matur Mas Cêbolang | botên susah inggih kenging | dhinahara nadyan binêkta mantuka ||

6. botên mawi malih-malih sampun lugu | sanès lan wong kathah | kang limrah warti tan kenging | yèn puniki inggih akenging kewala ||

7. langkung suka ki dipati ngatag gupuh | manggung sêlirira [sê...]

--- 16 ---

[...lirira] | sami kinon amêndhêti | kumaroyok apan sami rêrêbutan ||

8. angundhuhi sêmôngka kalawan waluh | acêngkah-cinêngkah | samya rewange pribadi | lajêng ulêng adêdrêg têngah kalangan ||

9. ki dipati duka kèn ngundurkên gupuh | wong nonton sadaya | langkung sukane kêpati | ya ta badhe lêkas malih arsa nyulap ||

10. nyandhak janur kuning lan ron bêndha gupuh | lan lar bèbèk ayam | lan lar manuk pêking êmprit | lan bêrkutut dêrkuku putêr lan dara ||

11. linêbokkên kurungan kutug kumêlun | Mas Cêbolang bêksa | lan tandhake angubêngi | tarêbange tinitir kaya bêdhaha ||

12. parikane apan muni Surung Dhayung | sawusnya mangkana | kurungan wus dèn ungkabi | sawarnane êlar wus wujud sadaya ||

13. godhong bêndha apan iya dadi bulus | janur dadi ula | sawarnane kabèh sami | bèbèk ayam manuk bulus lawan ula ||

14. abêburon datan ana ingkang mêtu | saking ing kalangan | suka mulat ki dipati | miwah kabèh ingkang sami atumingal ||

15. ki dipati angling apa kêna iku | bèbèk dèn opora | lawan pitike dèn êtim | matur nêmbah sira wau Mas Cêbolang ||

16. botên susah pan kenging sadayanipun | suka ki dipatya | nulya kinèn anyêkêli | pan kumrubut sagung kang para parêkan ||

17. mung ulane lan bulus sampun rinasuk | marang Mas Cêbolang [Cê...]

--- 17 ---

[...bolang] | mulih dadi janur kuning | bulusipun mulih dadi godhong bêndha ||

18. ki dipati suka malih ngandika rum | ya manèh wêtokna | kabisanmu kang gawoki | Mas Cêbolang nuwun ature sandika ||

19. nyuwun lêsung kêkalih saalunipun | sigra ki dipatya | mundhut lêsung nulya prapti | mujur ngidul mujur ngalor saalunya ||

20. pan agupuh Mas Cêbolang masang kutug | kang lêsung ginunan | dinumuk-dumuk kaping tri | tan antara lêsunge obah amapan ||

21. alu wau samya ambendrong kumruwuk | titir kêkothekan | maju sarêng lêsung kalih | muni dhewe ambendrong alu nêmbêlas ||

22. lêsung tumbuk anjêblès surung-sinurung | alunya tan gigal | saya sru bendrongan titir | thung prong thung prong thuk prêk thuk prêk dhong dhong brak brak ||

23. kang andulu sadaya suka gumuyu | lêsung têtumbakan | alu titir tanpa janmi | alu kalih ting balêbêr liru gyannya ||

24. saya sukup kang nonton uyêl atimbun | kang sawênèh ana | uwong bedhangan wus lami | pan katuju kêpanggih anèng tontonan ||

25. sukèng kalbu kalihe dhêkêt akumpul | pan sami kajêngnya | kasamur pipit-pinipit | tutug ing sakarêpe agêgarapan ||

26. dangu-dangu katara sasolahipun | ing kiwa têngênnya | ginêtak uwal kang untir | pan sinurak ginaguyu

--- 18 ---

ing ngakathah ||

27. èstrinipun lumayu tan bisa mêtu | dèn uyêg ing kathah | susune dèn cêcuwoli | cag cêg mag mêg mal mol susu pipi branang ||

28. wusnya dangu dènira angadu lêsung | anulya rinucat | alu ngalumpuk gonnèki | lêsung kalih wus kinèn anggawa mêdal ||

29. gya binônda tinalikung winayungyung | suku antuk jôngga | kinayut-kayut ginodhi | sawusira linêbokkên ing kurungan ||

30. lawan jôntra sarta kutuge kumêlun | Mas Cêbolang ngatag | mring panjak gêndhing Kinanthi | Wiratruna dyan lêkas gumêr swaranya ||

31. lajêng tandhak lan ki mas bêksa aruntung | ngubêngi kurungan | ping pitu gènnya ngubêngi | sawusipun ki mas ngatag tandhakira ||

32. kinèn salin Kêbogiro gêndhingipun | gumuruh swaranya | sêsêg kang bawa gora tri | pan tinitir gumuntur trêbang barungan ||

33. kang dêdulu tan bosên panontonipun | sangsaya karênan | wontên wong lonthe sawiji | langkung landhêp ampuhe prasaksat sarpa ||

34. lonthe iku warnane kalangkung ayu | singa wong jinawat | tan sarônta nuli ngincih | gya ginarap anèng têngahing tontonan ||

35. dèrèng tutug kang garap krasa anjêpluk | mundur mekah-mekah | dheprok nguyuh ngolang-ngaling | wontên malih ingkang garap dêg-adêgan ||

36. lagya maju anglumba sakala abuh | pan sasore mula | olèh

--- 19 ---

wong salawe luwih | kabèh rêngkêng-rêngkêng gêrêng-gêrêng lara ||

37. ana banjur lonyoh wênèh ting palêpuh | pan padha sadhela | andhrodhog tan bisa mulih | akèh ngincim-incim sanake kang waras ||

38. Mas Cêbolang ngungkabi kurunganipun | panjak kang binônda | wus ucul samya nunggangi | marang sima gêgibrah têngah kalangan ||

39. gêro-gêro sima ngajrihi dinulu | kagum kabèh padha | sagung kang wong nêningali | rêbut dhucung lumayu agêgolongan ||

40. lonthe wau kêtêmu tinêmu kuwuk | pan binalojodan | sandhangane sarwa bêcik | sêngkang sinjang sadaya têmah talanjang ||

41. dèn kuk-êngkuk arêngkuk nulya tibambruk | ingilês wong kathah | lonthe nangis jêrit-jêrit | gêmbuk-gêmbuk gêmboke dèn idak-idak ||

42. lir dèn êpuh ilune pan maksih ampuh | singa kang angidak | kumaranyas pan sumêngkring | kitrang-kitrang kinukur saya warata ||

43. ting barêkuh kèh mrêkotok sikilipun | uyap kêkerogan | sakèhing wong mêmisuhi | pan pinala kapêlak ajrih ing sima ||

44. sagung sêlir gila jrih samya lumayu | malbèng dalêm samya | tinilar sang adipati | wong kang nonton samya sumingkir atêbah ||

45. suka ngakak ki dipati manthuk-manthuk | asru angandika | panjak paran adatnèki | apa nora anêmêni ingkang sima ||

46. Ki Cêbolang [Cê...]

--- 20 ---

[...bolang] matur botên-botênipun | gêgila kewala | ya ta angling sang dipati | yèn mangkono nuli rucatên dèn enggal ||

47. gêgilani mêdèni kang padha dulu | sigra Ki Cêbolang | kurungan winêngkang nuli | sarwi cêthèt sima manjing jro kurungan ||

48. langkung suka ki dipati dènnya dulu | manggung sêlir samya | inguwuh pan samya mijil | ngadhêp malih lêga simane tan ana ||

49. ingkang nonton wus samya wangsul sadarum | ya ta Mas Cêbolang | bukak kurungan tumuli | ingkang sima wus mulih pan dadi jôntra ||

50. santri katon wangsul binônda andhingkul | suka kang tumingal | sigra rinacut tumuli | kang binônda suka anglindur upama ||

4. Dhandhanggula

1. ya ta wau sira sang dipati | karsanira wau dhik-udhikan | nadar duk garwa gêrahe | putrane dèrèng mêtu | saking guwa garbaning bibi | wêruh ing padhang hawa | kang garwa lumayu | marma arsa linampahan | udhik-udhik mapan lima wêlas anggris | nanging warna ardana ||

2. Ki Mas Cêbolang dèn andikani | pan winartan ing nguni kang sabda | pan wus tinuturkên kabèh | kang dhinawuhan matur | inggih ulun darmi naidi | nanging inggih dadosa | ping kalih punikaGuru lagu seharusnya: 7u, ping kalih puniku | abdi paduka sadaya | sawarnine tiyang èstri kang rumiyin | pan sampun kawoworan ||

3. apan ngamungna paduka inggih | ingkang tumut angrêbat pan amba | ingkang anyêbar artane | ananging sarat tumut |

--- 21 ---

amba ngrêbat saking sakêdhik | dipati mèsêm nabda | ya apa karêpmu | arta pan wus tinampanan | mring Cêbolang sang dipati têdhak nuli | lan manggung sêlirira ||

4. gêdhe cilik pawèstri pan mijil | apan lajêng akêpung akapang | wong jaba winarah kabèh | lamun mêngko ing pungkur | iki datan kêna dèn wori | ya ta wusnya mangkana | Mas Cêbolang gupuh | angadêg têngah kalangan | manggul bokor parèstri masang prasami | dènnyarsa ngrêbat arta ||

5. Mas Cêbolang gya anyêbar aglis | para èstri gumêdêr rêbutan | uyêl acablèk-cinablèk | dipati suka dulu | tumut ngrêbat sarat ngecani | ya ta Ki Mas Cêbolang | bokore rinêbut | mring parèstri arta wutah | lajêng uyêl Mas Cêbolang api-api | tiba rèhning rinêbat ||

6. ngathang-athang pan lajêng dèn byuki | mring pawèstri arta kang nèng jaja | rinêbut mring èstri akèh | ki mas anjumbul-jumbul | pan jumbule anyondhol pênthil | kang sinondhol tan etang | maksih eca ngrêbut | Mas Cêbolang kinakahan | mring wong akèh ki mas pan ajongkit-jongkit | anggambul marga suta ||

7. suka miyat wau ki dipati | ragi wêlas marang Mas Cêbolang | dènnya ingêbyuk wong akèh | angling mring ki mas arum | aja dadi atinirèki | dene ta awakira | mring wong wadon dèn byuk | Mas Cêbolang api susah | lêngêr-lêngêr batine ontung kapati | dhapure pindha

--- 22 ---

susah ||

8. wusnya nulya udhik-udhik malih | wong ing jawi kang kinèn majênga | ki dipati nyêbar dhewe | arame swaranipun | kèhing janma jalu lan èstri | wor-winor tan karuwan | udrêg sungsun timbun | ana kang tiba kalumah | wênèh ngagir anggalungsar kajêmpalik | kuwêl cêngkah-cinêngkah ||

9. rêrêjêngan rame ting jarêlih | wêngkang-winêngkang dènnya rêbutan | tan pijêr kêna dhuwite | ana kang wus dèn êmut | pan ingungkih dipun gogohi | miwah kang nèng kandhutan | gêgêman rinêbut | sang dipati sukèng driya | dènnya nyêbar arta pan dèn intir-intir | mrih dangu kang rêbutan ||

10. nulya dhawuh mundhut arta malih | limalas êngkas tan dangu prapta | katur picis bolong kabèh | sinêbarkên sumawur | gya rinêbut abdi jalwèstri | sikêp bangsat angrêbat | dêdrêg ting barêkuh | adhosok jêngkang-jinêngkang | ana sikut-sinikut bithi-binithi | uyêl agêgulungan ||

11. wênèh lumayu sarwi anangis | ana ingkang sinjangira suwak | myang balur nyongor lambene | mimisên irungipun | nora kêna sinjang barindhil | ginujêg kinakathah | mari-mari yèn wus | arta wutah sinjang bêdhah | kèh solahe ana wong lanang sawiji | akathah angsalira ||

12. têpung gêlang lêmpèng kêbak dhuwit | ngandhut ngêmut tangan gêgêm uwang | miwah kang ginembol akèh | gya ingêbyuk rinêbut | picis mawut akocar-kacir [a...]

--- 23 ---

[...kocar-kacir] | rinêncak ing wong kathah | bêbêd ajur mumur | ana pawèstri angrêbat | pan kasusu kalèru konthol sinêbit | kewal agobrah-gobrah ||

13. jêlih-jêlih nora dèn pêrduli | mêksa rinujak ingidak-idak | pacèthèt paringsilane | uyêl kuwur katawur | tan cinatur solahirèki | lingsir dalu dènira | kasukan anutug | ya ta samana bubaran | ki dipati paring tigang dasa anggris | marang Ki Mas Cêbolang ||

14. ki dipati angandika aris | èsmu guyu marang Mas Cêbolang | panjakmu Nurwitri kuwe | ya tinggalên karuhun | dimèn kari nèng jêro bêcik | ngong suka myat warnanya | lir wong wadon lugu | nora môntra-môntra lanang | lan maninge manira akarya ringgit | Nurwitri kang muruka ||

15. lawan sira yèn ingsun timbali | aja lunga-lunga nèng kauman | ngomahe Jamali bae | yèn ana kurangamu | lumêbua ingsun paringi | yèn ora kongkonana | bae matur mring sun | iya bojone Si Jamal | ngong paringi pangan sasantrinirèki | kabèhe cacahêna ||

16. matur nêmbah sumôngga nulya mit | Mas Cêbolang anampani arta | tigang dasa reyal kèhe | seje busananipun | tuwin paring sinjang mring santri | aniji wus warata | myang sêsajènipun | dèn usungi santri kathah | langkung bungah para santri ting cukikik | ontung Ki Mas Cêbolang ||

--- 24 ---

17. mundur saking ngarsaning dipati | lawan para santrine sadaya | myang pangulu Jamaline | santri satus gumrudug | urut marga Jamali angling | dhuh anak Mas Cêbolang | punika yèn mungguh | kula amujur salawat | sinjang tuwin sajènipun kula inggih | lêrêse tumut angsal ||

18. sabab margine antuk rijêki | kapracaya pinaring sih kathah | saking kula wêwinihe | Mas Cêbolang lon muwus | yèn wus praptèng wisma agampil | kula môngsa ngicalna | ing tata lan patut | botên susah winicara | Ki Jamali ambêsono ngêndhih-êndhih | gumrêmêng turut marga ||

19. tan adangu prapta ing wismèki | kae Jamali ing pakauman | rame gumêdêr santrine | wusnya tata alungguh | sajènira nulya binagi | tinadhah ting kêcapah | nutug samya tuwuk | dalah kêtib modinira | ambalèbèr marang tôngga maksih luwih | sêkul ulam panganan ||

20. arta tinitèn sadaya sami | sajèn salawe lan tigang dasa | ki dipati pêparinge | arta tombok ingetung | apan antuk kawan dasanggris | gunggunge kawan dasa | gangsal langkungipun | kang marang pangulu Jamal | pan sadasa reyal kang marang ing santri | arta tri dasa reyal ||

21. dinum kaduman anyuku sami | kang sèkêt reyal mring Mas Cêbolang | kalêbu lan Nurwitrine | wus rampung pandumipun | abubaran sadaya [sada...]

--- 25 ---

[...ya] arip | wau ta ki dipatya | tyasnya asmu kenyut | mring Nurwitri ronggèng lanang | ki dipati rada kawuron sakêdhik | ing brêm tape waragang ||

22. wuru kaworan kêkêmbang brangti | mring Nurwitri kang binrangti anyar | katêmbèn blero karsane | nulya binêkta kondur | marang dalêm gêdhong kang wingking | ki dipati ngandika | Nurwitri dimaju | sun sare kêkêpên ingwang | sêmbaria rêngêng-rêngêng Lompongkèli | Montro Pêtungwulungan ||

23. Gambirsawit lawan Gandrungmanis | matur inggih Nurwitri ngujiwat | sarwi pinathêt lathine | ki dipati agupuh | ngrangkul gulunira Nurwitri | grêgêtên cinuwolan | lathi pipinipun | dèn ingsêp ingaras-aras | matur mangke dhuh mangke kangjêng kiyai | turene kinèn nêmbang ||

24. angandika lah iya dèn bêcik | nulya rêngêng-rêngêng swara raras | Lompongkèli kalulute | jalirit mêrit arum | kalêlêran ambêlèr ati | pan lagya rong êgongan | ki dipati muwus | wus mênênga sun tarima | dèn marene aja sira wêdi-wêdi | Nurwitri ngarah apa ||

25. gya ginayut angganya Nurwitri | akêkêp-kinêkêp rêp-arêpan | kadya maring dyah tan pae | sasolah bawanipun | priyêmbada anêmbadani | angrêngih kang rinêpa | ingungkih kinukuh | katêmah tomah tan polah | ginulingkên golag-galig anglêgani | pinungkurkên karênan ||

26. angathêpêl pupul anèng wuri | waringutên [wa...]

--- 26 ---

[...ringutên] tan sawalèng karsa | wastra silak warastrane | pangangkahira rikuh | lir kekehan akongkah-kangkih | nêmpuh kang kenging ngampah | Nurwitri anjumbul | andêkèng tyasnya kumêsar | pulintiran angêsah turira aris | ingkang antèr kewala ||

27. ki dipati langkung sukèng galih | sangsaya nglud lungiding wardaya | rada katêmbèn karsane | sanepaning dyah ayu | apa ngrasa malah ngungkuli | kulinane kalangyan | dede amputipun | pan ora untap-untapan | surasane karasikan pun Nurwitri | ngalêmpak tumpak lawak ||

28. tan awêwal pakiwuling gati | dhêkêt kêkêt lir banon lan rimbag | nora rênggang don-adone | ki dipati kalimput | kalulute wilêt laganing | kathah solahing karsa | riwenira kumyus | kang kinarsan tan gulawat | wus antara pantog drêng gatining rêsmi | kongsi byar aluwaran ||

29. Nurwitri pan lir sawung kapilis | katêrêsan ing gati marlupa | tan kêna têbih ênggène | sarwi dèn êlus-êlus | ki dipati wêlas ningali | apan kathah sihira | mring Nurwitri lulut | supe langêning wanita | nunggil ronggèng lanang ngantos kalih ratri | tan kenging mêdal-mêdal ||

30. kathah pêparinge ki dipati | nahên sêmana Ki Mas Cêbolang | anèng kauman pondhoke | mompyor busananipun | amalèrèt salin-sumalin | bêsuse angayangan | kathah prawan kenyut | kêkinthil [kêki...]

--- 27 ---

[...nthil] tumut pondhoknya | sapraptaning pondhok rinewang sarêsmi | enjing mulih sinungan ||

31. ardana sawang sawungirèki | ana nêlung reyal angrong reyal | sareyal andulu wonge | yèn sêlamun panuju | ingkang ayu akinyih-kinyih | ngantos sapuluh reyal | ki mas dènirangsung | marma wadon lunga têka | ing ciptane olèh odhil olèh misil | yèn ta lamun gêmia ||

32. Mas Cêbolang pasthi lamun sugih | ya ta ing wanci suruping arka | duta saking jro praptane | kinèn nimbali gupuh | Mas Cêbolang anyandikani | nulya dandan busana | alise cinukur | pinatut tajêming tanggal | adu mancung sumping sêkar nagasari | sarira wida jênar ||

33. atêtasik sumilak arêsik | nyamping sarung bugis gêgêrusan | sabuk gêdhog paringane | kulambi galar konus | bêsus wasis dhasare sigit | abagus tur sangsangan | bara dèn go patut | nulya kerid lampahira | tan adangu wus katur ing sang dipati | kang prapta ingandikan ||

34. kinèn lajêng marang dalêm wingking | sapraptanira anèng ngajêngan | ki dipati lon dêlinge | dèn kapara ing ngayun | alungguh kalawan Nurwitri | tur sêmbah Mas Cêbolang | wus nunggil alungguh | samya sasmitang èsêman | ting barisik athothokan dhêngkul ririh | ing sêmu wus anduga ||

35. ki dipati angandika aris | besuk ing pêndhak wulan purnama | sira sun timbali manèh | ngluwihi lan kang uwus | sira dadya ringgit [ring...]

--- 28 ---

[...git] sarakit | lan Nurwitri prayoga | abagus yu-ayu | êntingna pagunanira | sira besuk sun ganjar kang luwih bêcik | anglêgakna tyas ingwang ||

36. Mas Cêbolang nêmbah matur aris | inggih pintên banggi kalêrêsan | sandika sakarsa angrèh | ya ta wusnya adangu | mundhut dhahar ki adipati | nutug dènira dhahar | gya linorod sampun | pinaringkên Mas Cêbolang | sadaya wus nadhah kalawan Nurwitri | wus turuh cinarikan ||

37. wusnya bubar ingkang nglêladèni | parèstri sami mundur sadaya | tan linilan pangayape | pan namung ingkang kantun | Mas Cêbolang lawan Nurwitri | sarwi apêprênesan | wênês ing pamuwus | cara carêm carêmêdan | pan kakênan ing liring ki adipati | kagebang ronggèng lanang ||

38. pan anyêlak lênggah ki dipati | sarwi manis arum angandika | abêcik cêdhakan bae | tan ewuh kang cinatur | ing pasêmon sêmone malih | lan sira Mas Cêbolang | aja adu mancung | nganggoa cara wanodya | pan turutên kewala sakarsa mami | kaya pa warnanira ||

39. Mas Cêbolang nêmbah matur inggih | èsmu guyu sarwi ngungkrêt jôngga | ngênêt ilat lêlewane | mingsêr lèngsèr sing ngayun | pinaringan busana adi | angiwa ping-ampingan | cucul adu mancung | busana cara wanodya | gêlung sèntêg linungsèn sêkar kinancing | cêpaka lan ronira ||

40. apan asinjang garingsing ringgit | kêmbên gadhung malathi rinenda | pinayudara isthane [i...]

--- 29 ---

[...sthane] | awida jênar arum | pupur sawêtara nêlahi | kacu kumbaya kusta | abrit dhasar alus | rinimong ing pamidhangan | sawusira busanarsa marêk ngarsi | sasolahe kinarya ||

41. ulat rikat lir kilat ngawêngi | ima raras kumênyut tyasira | ki dipati pandulune | sangsaya wuwuh wuyung | praptèng ngarsa nunggil alinggih | Nurwitri pan kasoran | ing mêmanisipun | kaot trah guru lan sabat | yêkti kaot laraping liring nêlahi | akarya lara brôngta ||

42. langkung sukanira ki dipati | gujêngira winor pangandika | dubilah dudu rasane | baguse dene ayu | nulya tanganira tinarik | payo adhêdhêsêkan | bae padha lungguh | kang ingikal ngayut tingal | wus anglela lêlèjême jaman wêngi | andhêdhêt-dhêdhêt asta ||

43. rinêjêng wus kêndho nulya linggih | adu dhêngkul dhêkêt lungguhira | ki dipati lon dêlinge | payo padha anginum | brêm tape grit waragang manis | sinambi dhêdhaharan | sêsaosan ingsun | anutug sakarsanira | gêgujêngan prênesan amanas ati | sêsiwon sarwi lênggah ||

44. ki dipati angandika aris | pan wus dalu payo aluwaran | manira rip arsa sare | sêsindhèna sirèku | swara wadon ingkang abêcik | gêndhing pathêt manyura | iya Pêtungwulung | Kaboyong lan Kêmbanggayam | Kuwung Montro lanbangsariLambangsari Gandrungmanis | anuli pathêt sanga ||

45. Onang-onang

--- 30 ---

lawan Lompongkèli | Gambirsawit Lêmpang êla-êla | Lara-lara lirih bae | kang liningan sung guyu | sarwi mathêt lathi amanis | wus tata sêsareyan | ronggèng ro nèng ngayun | kinon sindhèn gêgêntenan | ki dipati sêsareyan dèn pêtêki | lan sindhèn Êla-êla ||

46. Onang-onang lawan Gambirsawit | Pêtungwulung Lêmpang Kêmbanggayam | Montro lan Gandrungmanise | ki dipati lon muwus | asindhèna ya Lompongkèli | wong roro abarunga | kang liningan matur | sandika anuli lêkas | abarungan sindhèn ngêlik Lompongkèli | ulone lon-alonan ||

47. angrêringik rênyuh ngraras ati | runtut nyamlêng kêplêng anglir pendah | rêbab kalusên kawate | mêrit amanis arum | mêthit kadya mêmêthêt ati | têtela kang parikan | ki dipati wungu | pan ambêksa bari lênggah | Mas Cêbolang lan Nurwitri ananduki | anjogèd lêlungguhan ||

48. pating karinggêg dènira ngibing | dangu saya sru dènnya anêmbang | dadya ngadêg pangibinge | anggulêt kinarubut | ronggèng kalih anyindur liring | lèngèk-lèngèk lêlingan | nyangkluk pacak gulu | sêblak kumlebat angaras | asarisig sêsirig mungsêr nèng ngarsi | berag ki adipatya ||

49. nutug dènira sami angibing | nulya tanganira Mas Cêbolang | tinarik lan Nurwitrine | agapyuk barêng lungguh | pan kinayut jangganya sami | pipi

--- 31 ---

lathi ingaras- | aras kalihipun | nulya malih sêsareyan | ronggèng roro nèng dagan tan kêna têbih | pan sarwi pêprênesan ||

50. lawan kinèn sindhèn ganti-ganti | sagêndhingan endhang panggêndhèngnya | Nurwitri lompong kèline | Cêbolang pêtung wulung | gya angêlik mêrit jalirit | gêtêr amuluh rêmak | bêning manis arum | dipati wungu gya lênggah | kinêndhangan cangkêm gong kênongirèki | sami cangkêm kewala ||

51. asta kalih angêbuk gêguling | pindha kêndhang nèng cangkêm ungêlnya | pong pêg am êh dhuh kêthuthe | êng êng thuk nang nang nong gung | pan ginuyu mring ronggèng kalih | dipati gya sareyan | sarwi lon amuwus | Cêbolang angrêrêpia | ura-ura têmbange sinom pangrawit | tibakna Soyung ika ||

52. lan tibakna dhenok silir-silir | lan tibakna Genjong lon-alonan | nuli Lompongkèli manèh | yèn wus iku nuli wus | Mas Cêbolang anyandikani | anulya ura-ura | tigang pada sampun | swara rum gêtas arênyah | sawusira nulya sindhèn Lompongkèli | swara rum wilêt raras ||

53. sang dipati langkung sukèng galih | Mas Cêbolang binalang saptangan | pan lajêng pinaringake | Cêbolang matur nuwun | nulya tanganira tinarik | sarwi mèsêm ngandika | dèn marene lungguh | Nurwitri uningèng cipta | nulya mundur saking ngarsaning dipati | sêsamur nèng jarambah ||

54. ya

--- 32 ---

ta ingkang nèng jro gêdhong sami | ki dipati lawan Mas Cêbolang | balèging lèjêm sêmune | Mas Cêbolang kinayuh | kinapithing liniling-liling | rinungrum sinambrama | lir bramara ngruruh | angrêngih maduning sêkar | ki dipati kapadhan lungiding galih | katujon lêgawèng tyas ||

55. pandam lilin pêt mati ginunting | nulya ginulingkên Mas Cêbolang | sumèlèh miring rakite | ki dipati kapungkur | pan karakêt kêkêt nèng wuri | dangu arêrêjêngan | sinjang wus karakut | angikal warastra mapan | santosa mring adon-adon adu manis | tumanduk pan dinadak ||

56. kinukuhan mêksa angêngkêngi | diya-diniya dinaya-daya | adrêng dinuwa tanpolèh | sinêrot sru nulya nglud | amrakênêng kêna ginati | Cêbolang anggaronjal | tyasira kumêpyur | pinarwasa winisesa | sasolahe kapidih umatur ririh | dhuh kang sarèh kewala ||

57. saya gambira sang adipati | amranani ing sakarsanira | ing rèh rêkasa polahe | tan wiwal dènnya kiwul | pulintiran anguntir-untir | antèr antaranira | ngasorkên dyah ayu | tapis rarasing wanita | winatara Nurwitri kasorirèki | pan kirang baudira ||

58. Mas Cêbolang aluwês pan wasis | ing satata tataning pratingkah | ki dipati suka tyase | kapadhan ing sakayun | tan ginopan panuwunnèki | rêrekaning kalangyan | tinêlaskên nutug | têlas [têla...]

--- 33 ---

[...s] surasaning solah | kasrêg sinrêg binotan riwuting gati | gita lunturing prana ||

59. byar raina luwaring pulang sih | ki dipati sarira marlupa | Mas Cêbolang lêmpe-lêmpe | sawusira têturuh | ki dipati angarih-arih | pangrèhe angrêrêpa | sarwi ngêlus-êlus | Nurwitri marêk ing ngarsa | èsmu guyu kawula puniki tilik | kang mêntas kajantaka ||

60. Mas Cêbolang ngêblongkên Nurwitri | sarwi mèsêm muwus angujiwat | aran wong wus padha dene | ki dipati gumuyu | nyiwêl lathi pipi sarya ngling | karone aracuta | bêbêda kang bagus | nulya pinaring busana | bêbêd ikêt sabuk kalawan kulambi | kêris pêndhok suwasa ||

61. gya busana kalihira sami | pan kinêmbar-kêmbar prabotira | sarigak padha baguse | ki dipati andulu | mring ronggèng ro sangsaya asih | siyang dalu karênan | jêjambon anutug | ginilirakên trakadhang | kinarsakkên ronggèng ro sarêng saratri | supe mring para garwa ||

62. manggung sêlir nora dèn praduli | mung Nurwitri lawan Mas Cêbolang | alèngkèt lir gulalèdèng | siyang dalu kadyèku | Mas Cêbolang iriban liring | mring pra sêlir biyadan | sêsinglon pulang yun | lamun Nurwitri kinarsan | Mas Cêbolang nilib marang para èstri | gerang-gèrêng kewala ||

63. pan sadaya pawongan myang sêlir | sami kedanan mring Mas Cêbolang | abagus gampang uwange | marmanya sami tutut | Cêbolang yèn [yè...]

--- 34 ---

[...n] adus mring jawi | èstri gêbèl ambegal | mamrih pinulang yun | linadèn anèng padusan | yèn wus tutug lumêbu angampir-ampir | rikatan bari liwat ||

64. dadya panjang kidunging pawèstri | sandhung jêkluk angop kulakêpan | Mas Cêbolang kang dèn ame | samya yon brôngta wuyung | beda lawan Nurwitri tani | gêlême yèn jiniyad | sêtun loro têlu | tan ngêprah lir Mas Cêbolang | sabab Ki Mas Cêbolang pan duwe aji | ya pangontong-ontongan ||

65. bisa duga sakarêping èstri | angkangingkang cicik lawan ingkang drêmba | miwah landhung lan cêkake | cinilikan kang ciyut | ingkang ômba dipun agêngi | kang anggayêr doyanan | tri dalu tinutug | lan wêruh ênggoning rasa | wus jinajah raja narining pawèstri | traping asmaragama ||

66. milanipun pawèstri agampil | kang durung kêna kedanan rupa | ingkang wus kêna angatèl | tan na dharatan ketung | katon bae raina wêngi | kadya wong kêsurupan | joto lênguk-lênguk | lêkas obah anjêranthal | minthal-minthul akêkinthil kang kaèsthi | kenthole Mas Cêbolang ||

67. abdinira èstri ki dipati | kathah ingkang wus dinalajahan | kari kang wus kêmpong bae | sêtun loro têtêlu | ingkang nora dipun grèwèli | tuwin jawi anjêprah | kaprah rêbut payu | angupaya pinilala | Mas Cêbolang abalaba amragadi | êbèr wani

--- 35 ---

kelangan ||

68. arta busana myang ali-ali | paringanira ki adipatya | pinaring sapanuwune | liyan ganjaranipun | Mas Cêbolang tan nêdya sugih | mung ambandhani bedhang | dadya ngundhung-undhung | pan aubut sêsinglonan | kadi toya talang têlas tanpa kari | amung têlês kewala ||

69. Mas Cêbolang kalawan Nurwitri | ingkang lagya kanggêp kinasihan | kinungkung nèng jêro bae | bisa mundur yèn adus | pan sinambi bedhangan nilib | nanging datan koningan | tingkahing angsinglu | mung kang lumrah saliringan | tan ngapaa Mas Cêbolang jatinèki | ngayuti angayangan ||

70. salaminira ronggèng kêkalih | winotan sih pan wus pêndhak dina | ki adipati linglunge | kawuron ronggèng kakung | kang kawêngku ing siyang ratri | wus supe langêning dyah | para garwanipun | tuwin pra prameyanira | pratelane dasih tan karsa nampèni | pilaur ronggèng lanang ||

71. pan kalendhon kodhêng nandhang brangti | tita antara katarèng tingkah | kaana kaucap ngakèh | ronggèng ro kang jinambu | bêbukane ananggap singir | susah pra sêlirira | datan pinilaur | mung ronggèng lanang kinarsan | sakathahe para langip ebat sami | ambelani bêndara ||

72. miwah Mas Cêbolang dènnya nilib | wus kawêntar pambalunthahira | somahan rôndha sêdene | lanjar prawan kinrêmus | satingkahe anglêlanangi | sakèh kang duwe sanak | bojo myang

--- 36 ---

sadulur | samya panas atinira | maksih ajrih nanging tansah ngincim-incim | dadya ngênêp kewala ||

73. wus mangkana nahan ki dipati | kang lagya nèng gêdhong têtêlonan | tan kêna bênggang kalihe | sêsiwo siyang dalu | datan suda sangsaya asih | athêmèl kadya gula | karakêt lir ancur | kanthil-kanthil kêkintêlan | Mas Cêbolang Nurwitri ki adipati | nèng gêdhong gêgendhongan ||

74. nuju samana kalaning ratri | ki dipati lawan Mas Cêbolang | tan taha-tinaha dene | saking sih wus kacampur | woring karsa karasikaning | kulina kinalilan | tanpa krama matur | koko-kinoko kewala | ki dipati mèsêm angling bisik-bisik | marang Ki Mas Cêbolang ||

75. sun têtanya marang ing sirèki | sayêktine êndi kang mirasa | mungguh wong jêjambon kuwe | apa ta ingkang jambu | kang kapenak bungahing ati | nikmate kang mirasa | apa kang jinambu | kang êndi bedaning rasa | Mas Cêbolang gumuyu nauri ngikik | pan sarwi acêcêpan ||

76. sayêktosipun inggih kiyai | mênggah punika bedaning rasa | akathah sangêt kaote | mirasa kang jinambu | kumêsare amaratani | tan ana pindhanira | raosing tyas nganyut | amlêng cumlêng kalênyêran | ngunyêr-unyêr mrêkinting pating garingging | anggong dèn anggang-anggang ||

77. ki dipati kapengin miyarsi | gya ngandika marang Mas Cêbolang | sarwi galigik guyune | apa iya kadyèku [kadyè...]

--- 37 ---

[...ku] | yèn mangkono tuturirèki | lah payo coba-coba | ki mas gya angayuh | ing jôngga sang adipatya | ginulingkên Mas Cêbolang pan angungkih | padoning wastranira ||

78. sinambrama ing srênggara manis | ki dipati winarga wiluta | sakala supe driyane | lir dyah raosing kalbu | duk rinungrum ingarih-arih | wastra kirih wus singsal | warastra tumanduk | sêmèntêg sêntuging wuntat | Mas Cêbolang tan sarônta matêk aji | pangontong-ontong mangkas ||

79. lugu agêng akêngkêng tur titih | wus anjathok ing cithak dinadak | andêdêl sru pamadale | ki dipati anjêpluk | pat-pêt panonira alangking | tyasira tarataban | konangira mawut | tanpolèh panyêngkahira | pan sinêrot pantog ki dipati jêlih | lah uwis aja-aja ||

80. wurungêna bae adhuh uwis | ki dipati barêbês waspanya | andêrwili sêsambate | kabotan ing panyatu | sanyatane dèrèng nglampahi | lagyèki kadrawasan | winasesa sêngkut | apan sarwi rinarêpa | ginunturan srênggara pangarih-arih | rada rapih tyasira ||

81. ana dhangane tyasira kêdhik | tan bêtah rêkasaning sarira | tansah ngêsah pamuwuse | sudanên pangêludmu | lêlêgête anyênyamari | dhuh wêlas samar ingwang | tan kawawa ingsun | Cêbolang angrês tyasira | pan ginêlak pangulahira ing rêsmi [rê...]

--- 38 ---

[...smi] | supaya ge luwara ||

82. rongèh panrêgira byat ningali | ki dipati ngadhuh ngêsah-êsah | sambat dudu sabaene | sang dipati kapoyuh | anyêngkêrung sangsaya sakit | anggadêdêr kêjotan | gatining prana wus | warastra lon linuwaran | pan jumêbrol anjumbul jêjambu mijil | kêbês rêmbês ludira ||

83. anêlêsi ingkang kasur sari | sariranira ki adipatya | ngalumpruk marlupa cape | riwenira akumyus | tulang kêju tan bisa osik | Mas Cêbolang sungkawa | myat bêndaranipun | gya tinuruh sinotyanan | ngêmu waspa dènira luwaran enjing | gêgêtun Mas Cêbolang ||

84. nulya Nurwitri marêk mangarsi | dahat wêlas mring sang adipatya | nudingi ciptèng kemase | Cêbolang ngawe wuk-wuk | netya pucêt angungun sami | apan sadina pisan | tan bisa alungguh | ki dipati dènnya gêrah | Mas Cêbolang anuduh marang Nurwitri | ngambil ron apa-apa ||

85. ingkang kinèn tan adangu prapti | ron pa-apa pupuse minantran | pan lajêng winênyêd bae | nulya jêjambunipun | pan pinêtêlakên aririh | pulih wêwironira | gyaning gôndamaru | wus adhangan kêrahiragêrahira | nanging taksih wontên lècèke sakêdhik | myang rapuhing sarira ||

86. pan wus sagêd lênggah sang dipati | gya nimbali garwa sêlirira | praptèng ngarsa sadayane | samya busana luhung | wus dinuga gêrahirèki | lamun gêrah garowah |

--- 39 ---

tan lidok ujarku | sang dipati ris ngandika | marang para sêlir mundhut dhahar aglis | anulya cinaosan ||

87. wusnya dhahar linorodkên sami | ronggèng ro wus pinaring lorodan | anutug nadhah kalihe | gya cinarikan sampun | ki dipati ngandika aris | mring garwa sêlirira | manirarsa kondur | tatanên panggonan ingwang | gêdhong kulon rêsikana kang barêsih | sakèhe garwaningwang ||

88. aywa na kang lunga-lunga sami | padha ngadhêpa bae lan ingwang | aja irèn sakabèhe | kang liningan umatur | para garwa sandika sami | ya ta malih ngandika | mring ronggèng ro wau | hèh Nurwitri myang Cêbolang | ing samêngko muliha mêtu kariyin | iya mring pakauman ||

89. ywa lunga nèng wismane Jamali | lamun ana iya karsaningwang | sira aja suwe-suwe | dene paringanamu | kabèh padha gawanên mulih | tur sêmbah kang liningan | kalihnya tur nuwun | sang dipati wusnya nabda | nulya kondur ginarêbêg para sêlir | mring dalêm agêng ngarsa ||

90. Mas Cêbolang kalawan Nurwitri | sarêng mêdal marang pakauman | kang ambêkta dandanane | para pawonganipun | ki dipati anggawa sami | tan dangu praptanira | wismaning pangulu | Ki Jamali uluk salam | wusnya sêsalaman nulya ngacarani | marang Ki Mas Cêbolang ||

91. sami kalujêngan dene lami | inggih wilujêng ing saurira | Ki Jamali pandongane | ki pangulu amuwus [amu...]

--- 40 ---

[...wus] | anak êmas lamun marêngi | mungguh rijêki Allah | karanallahipun | kula amujur sidêkah | sakadare pun anak ingkang maringi | arta kalawan sinjang ||

92. saparinge pan kula angêmis | saking sakêdhik windra tan ana | sabab kula dongakake | Mas Cêbolang lon muwus | inggih mangke kula ngaturi | apan lajêng sinungan | sinjang artanipun | wiyar ciyut lawan dhêsthar | arta gangsal reyal Jamali nampèni | maca alkamdulillah ||

93. nulya kang èstri Nyai Jamali | ingkang anèm mèsêm-mèsêm mara | kula pundi ujurane | arta lan sinjangipun | gya sinungan arta tri ringgit | lan sinjang nulya ki mas | pamit mundur mantuk | wus jênak nèng pondhokira | Mas Cêbolang tan suda brancahirèki | sayombèr angêlantrah ||

94. anèng jawi wus sadasa ari | Mas Cêbolang pan ora kêpalang | pulangyun lan bedhangane | ana pawèstri manggung | nama Jaemanis mantêsi | pêthêl mring pondhokira | èjlèg siyang dalu | sabên-sabên tinimbalan | pan kêpanggih anèng pondhokanirèki | Cêbolang pakauman ||

95. pan dinukan kongsi dèn gêbugi | suprandene tan kapok amêksa | maksih ambalêbêd bae | iriban siyang dalu | Jaemanis mêmanas ati | malah kagunganira | kathah icalipun | arta busana jro samya | Jaemanis punika kang anyolongi | sinungkên Mas Cêbolang ||

96. yèn majate Mas [Ma...]

--- 41 ---

[...s] Cêbolang sugih | arta busana mintir praptanya | sing pawèstri bedhangane | akèh pawèwèhipun | warna-warna myang burat wangi | ingkang dadya jaruman | Jamal rabinipun | awit kang wau tariman | Nyai Jamal kang anèm waune ringgit | sinêlir ki dipatya ||

97. linorodkên lawan Ki Jamali | anèng ngriku apan wus patutan | kêkalih nging mati kabèh | marma lir prawan kêncur | arang kang wruh yèn wus sêsiwi | dhasar wus wanuh lawas | lan ki mas puniku | nanging kang lanang tan wikan | mung rabine kang tuwa Nyai Jamali | wêwadul mring kang lanang ||

98. Ki Jamali maksih nêngah minggir | winadulan bojone kang tuwa | anggung tinampèn wadule | sabab yèn giliripun | mring kang anèm rênês kapati | rinampad sabên dina | olèh kang jinaluk | sakarêpe linadenan | liwêt pitik lombok kêncêng lawan pêtis | dhèndhèng gorèng gêpukan ||

99. yèn panganan srabi wangi lêgi | tan ginopan saliyane ana | kang nèm langkung gumatine | yèn gilir mring kang sêpuh | krêp kapiran asring kalingsir | saanane pinangan | mung warêg wêwadul | tan ginugu wadulira | ing batine Ki Jamali pan wus uning | nging senggolan kewala ||

100. nanging tan dadi runtiking ati | tan ngapaa jamak parimana | mung buru rênêse bae | nadyan wêruha tuhu | bisa ngapêt nêpsu ngalingi | ya ta ngalama-lama | Mas Cêbolang wau | datan kêna sinayutan | ganti-ganti [ganti...]

--- 42 ---

[...ganti] sêlire ki adipati | kang prapta mring pondhokan ||

101. jarumane pan Nyai Jamali | ngiras jaruman talang turonan | langkung rêmit suprandene | kêburan akèh wêruh | katur marang ki adipati | akèh ngabêni basa | dhasar abdinipun | dipati gêthing sadaya | sang dipati miyarsa kalangkung runtik | pan wus gêmpal sihira ||

102. arsa tinukup cinara maling | nulya nimbali pêpatihira | tan dangu prapta ngarsane | lan saprameyanipun | ki dipati ngandika wêngis | mas patih sun miyarsa | pawarta kang saru | yèn Si Cêbolang nyalunthang | angalunyat apa nyata wani-wani | mring para sêlir ingwang ||

103. kang katitik mung Si Jaemanis | sabên sun timbali datan ana | kêtêmu anèng pondhoke | pisan pindho ping têlu | yèn mangkono jêmbêr si santri | ngilangkên kabêcikan | kaya asu buntung | bêcik ki dhalang badhutan | nora wurung mêtu edane si baring | tan kêna binêcikan ||

104. ki mas patih matur biyantoni | inggih lêrês dêduka paduka | ing jawi gumrah wartane | èstri kathah cininthung | centhang-cènthêng amangarahi | kang dèn iwat ambêkta | sagadhahanipun | busanarta nyênyamikan | milanipun abdi kathah ngincim-incim | samya jrih ing paduka ||

105. yèn angsala pangojok kang abdi | angêjura dhatêng pun Cêbolang | abdi dalêm sadayane | samya gêthing andulu | datan wontên rêmên satunggil | mas patih musawarat |

--- 43 ---

ing prameyanipun | sadaya saur kukila | inggih lêrês ki lurah aturirèki | tan wontên ingkang lêpat ||

106. myang kônca kula prameya mantri | wontên bojone ingkang kêkênan | tuwin anak sadulure | ing mangke wêruh purun | angrêsahi langên prayayi | prayogi dipun purak | dimèn ajur mumur | tan pantês dèn ingu gêsang | pra prameya samya sagah ting barêkik | nèng ngarsane dipatya ||

107. ki dipati ningali pra mantri | samya grêgut solahe gambira | wontên sudane dukane | awêlas jroning kalbu | angandika marang mas patih | kapriye akalira | aja kongsi luput | ing patine Si Cêbolang | aywa kongsi kawruhan wong sanagari | mas patih atur sêmbah ||

108. lamun parêng ing karsa dipati | riningkês cara pandung kewala | kinawalan panyidrane | daraponipun samun | ki dipati pan wus marêngi | ya ta malih ngandika | mring mas patih gupuh | lah ta aywa kalayadan | mêngko bêngi tukupên caranên maling | mas patih tur sandika ||

109. nulya pinilih kang para mantri | kang digdaya angentasi karya | rolas kang wani ing gêtèh | dhinawuhan pan sampun | ing pratingkah ngangkah wêwadi | dèn kêna aywa sora | caraning asamun | prameya matur sandika | nulya kinèn sadaya luwaran mijil | wus samya asudhiya ||

110. lingsir kilèn asar wayahnèki |

--- 44 ---

ya ta ingkang wontên pamondhokan | pasantrèn pakaumane | Mas Cêbolang duk lungguh | lan santrine papat bêbisik | matur yèn angsal warta | nanging warta tuhu | apan wus katur sadaya | sarêng myarsa ki mas angrês ing panggalih | nutuh sariranira ||

111. ya ta pikir badhe angoncati | ing rêmbuge santrine sakawan | nênggih wus surup wayahe | ki mas gumingsir gupuh | santri gendhong sangu tan kari | lumêbèng wanawasa | bokbilih binujung | marma lumêbu ing wana | langkung brôngta ing cipta pan badhe mulih | ing rama atur tobat ||

5. Asmaradana

1. lan malih matur wus mari | nglakoni tindak balasak | ya ta samana osike | santri matur paran karsa | ing lampah sampun tita | anggung kabegalan bathuk | wus sêdhêng amarènana ||

2. punika minôngka peling | andika putrèng oliya | lan malih wus wruh surupe | namane ing batal karam | prandene dèn tarajang | Mas Cêbolang sauripun | lah iya wus bênêr sira ||

3. sapisan iki wus mari | yèn malih anglakonana | tobat nasloka yêktine | rumasa yèn antuk dosa | nunjang walêring bapa | kapindho dosèng Hyang Agung | dene sun angrusak sarak ||

4. katut panggawening iblis | katuju maksih rinêksa | pan ora sida macèthèt | santri Saloka turira | nadyan dika mantuka | wontên antuk-antukipun | yèn dinangu rama tuwan ||

5. bab musawarating ngèlmi | rèhning kesah sampun [sa...]

--- 45 ---

[...mpun] lama | sampun katon têmên mangke | lunga nut pikir balasak | yêkti wuwuh dinukan | mring ramanta sang awiku | ki mas ari saurira ||

6. abênêr turira ugi | lah ta paran karsanira | ingsun darma nurut bae | Ki Saloka aturira | lamun parêng ing karsa | apan ing gunung Sêmèru | kawarti wontên wong tapa ||

7. langkung dènnya mati ragi | kinasihan ing Hyang Suksma | bantas ngiwa panêngêne | aran Buyut Danadarma | nanging wus ngraga suksma | yèn kang sinung rahmat tuhu | sang pandhita yêkti ana ||

8. yèn kang tan sinung rahmati | anênggih suwung kewala | puniku ing pawartine | Katipala nambung sabda | lêrês ingkang pawarta | duk ing nguni kula tumut | marang swargine pun bapa ||

9. wong nênêm ingkang lumaris | apati gêni sadaya | pitung dina ing lamine | prandene suwung kewala | ulihe palarasan | malah wontên kang atutur | ngalih mring guwa Sigala ||

10. Ki Cêbolang mèsêm angling | jajal payo pinaranan | sun tandhane awak ingong | yèn ingapura dening Hyang | sayêkti lamun ana | yèn tan ingapura ingsun | pêsthine iku tan ana ||

11. kalamun mangkono mami | sayêkti angur matia | lêbura nèng rêdi kono | lah kowe bae muliha | matura kangjêng rama | mung suwuna apurèku | ya sakèhe dosaningwang ||

12. mring Hyang Suksma lawan malih | iya Jêng Nabi Mustapa | ya ta wus lajêng

--- 46 ---

lampahe | marang gunung Mèrudipa | samana byar raina | samya mêdal ing wana gung | nurut wana tarataban ||

13. ngambah jurang iring-iring | pêpèrèng parung aparang | tumurun ing jurang sigrong | tan ana durgama ketang | langkung tobat ing Suksma | anangis ing dalêm kalbu | dèn pêpati raganira ||

14. ing marga datan winarni | samana pan sampun prapta | ing Mèrudipa sukune | anênggih ingkang lèr wetan | pan wontên guwanira | yèn kang tan antuk pitulung | guwa punika tan ana ||

15. ya ta nèng ngandhap kêsambi | samana Ki Mas Cêbolang | kalawan papat rowange | tumingal guwa tan ana | langkung susahing driya | Cêbolang maras ing kalbu | rumasa yèn tan katrima ||

16. angling mring santrinirèki | wis kabèh padha muliha | matura ing rama mangko | pan wus dadya ujar ingwang | yèn ingsun tan panggiha | kalawan ingkang pilungguh | wak ingsun angur matia ||

17. anèng madyaning wanadri | santri papat aturira | lêbura ulun andhèrèk | praptaa ing pêjah gêsang | ywa pisah lan paduka | mêndah silih dukanipun | ramanta dhatêng kawula ||

18. Mas Cêbolang angling malih | yèn mêngkono karêpira | sun tarima sira kabèh | payo padha rewangana | nênêdha mring Hyang Suksma | supaya têmua ingsun | iya lawan sang atapa ||

19. samana kasaput ratri | lajêng sami salat kajat | anèng ngisoring pêpèrèng | kèh swara tan piniyarsa |

--- 47 ---

mung andulu satunggal | kang karya sagara gunung | kang tan samar mring kawula ||

20. samana pan pitung bêngi | gènira apêjah brama | nèng ngisoring guwa kono | gènira mrih kinanthia | dhumatêng sang pandhita | ya ta duk samana wau | Mas Cêbolang sinung rahmat ||

6. Kinanthi

1. mung badane bae sinung | uninga mring sang palinggih | santri papat tan uninga | ya ta sang tapa duk linggih | pitêkur jawining guwa | tan samar marang kang prapti ||

2. yèn sutaning mitranipun | sigra ingawe mring ngarsi | Mas Cêbolang gupuh mara | praptane sigra nungkêmi | ing padane sang pandhita | sang tapa angrangkul aris ||

3. sarwi angandika arum | owêl têmên sira iki | dhasar anaking pandhita | kapindho warnamu sigit | têka polahmu balasak | apa wus tobat sirèki ||

4. dene katêmu lan ingsun | tur sêmbah kang sinung angling | matur inggih sèwu tobat | yèn anglampahana malih | nênggih panggawe kang salah | ngamungna kang wus kawuri ||

5. gumujêng sang tapa wau | sarwi angandika malih | owêl têmên ngèlmunira | wulange ramanirèki | dadak siranggo slewengan | mêngko ingsun awêwarti ||

6. yèn sira durung sumurup | ramanira lawan mami | aprasasat tunggal wêlat | duk anom lan ingsun iki | guru Sèh Kadir Jalena | Ki Agêng kang dhingin-dhingin ||

7. anèng Karang têlung taun | pondhoke [po...]

--- 48 ---

[...ndhoke] tunggal lan mami | pisah-pisah barêng tuwa | wus tega pracaya sami | gon tinitah anèng dunya | nadyan ta kapanggih lami ||

8. ramanira lawan ingsun | sasat tan pisah saari | saking wus tunggil ing rasa | nanging manira wus dugi | kang pinaringakên ing siraLebih satu suku kata: kang pinaringkên ing sira | paraboting salat dakim ||

9. arsa ginayuhkên dhuwur | sun duga ramanirèki | durung pracaya ing sira | kang sinung ujar wotsari | matur môngsa borong tuwan | kados sampun ngudanèni ||

10. ya ta papat santrinipun | samya gêgêtun tan sipi | myarsa lurahe katrima | sinung uninga sang rêsi | katara bikut sêmbahnya | mokal yèn nêmbah ing sêpi ||

11. ya ta sang pandhita sampun | nyipta dhaharan mawarni | sinuguhakên kang prapta | aglar nèng ngarsanirèki | sêkul ulam dhêdhaharan | Mas Cêbolang jêngêr uning ||

12. tumon sêktine sang wiku | kalangkung dènira ajrih | sang tapa alon lingira | payo mas dhahara nuli | iyèku riayanira | wong mêntas apatigêni ||

13. kang sinung ling matur nuwun | ya ta wus anadhah nuli | langkung saking kanikmatan | sang tapa pan angecani | tumut adhahar wowohan | dangu dènira abukti ||

14. sawusira dhahar matur | Mas Cêbolang mring sang yogi | punika rencang kawula | paran karsa tuwan inggih | punapa inggih kenginga | lawan paduka pêpanggih ||

15. sang tapa aris sumaur | kulup iku nora kêni | lah iya

--- 49 ---

sanadyan sira | mung sun wangêni sawêngi | byar esuk nuli muliha | marang Sokayana ardi ||

16. ramanira sakalangkung | onêng marang sira kaki | lan manèh yèn ramanira | dhayohan putra wus lami | roro kang siji wanodya | iyèku putra ing Giri ||

17. sarusake Giri iku | binêdhah mring Pangran Pêkik | garwa putranya sadaya | binoyong marang Matawis | ana putra sing ampeyan | têtêlu tunggal sabibi ||

18. Jayèngrêsmi ingkang sêpuh | mangulon parane ngungsi | Jayèngsari arinira | arine manèh pawèstri | yaiku kang sami prapta | wismaning ramanirèki ||

19. wus lawas dènnya nèng ngriku | iya sapungkurirèki | Mas Cêbolang duk miyarsa | pangandikane sang yogi | kumêpyur ana karasa | ing tyas kang tamu pawèstri ||

20. anêmbah alon turipun | yèn parêng karsa sang yogi | rencang kawula punika | pan badhe kula wartèni | amba pan ing benjang enjang | anggèn paduka nglilani ||

21. sang tapa ngandika arum | iya tuturana sami | lan maninge paringana | sêga lorodanirèki | kang liningan sigra mentar | bêkta lorodan mawarni ||

22. pinaringkên rencangipun | sêkul ulam amêpêki | sukèng driya kang sinungan | santri papat sarêng bukti | wusnya nadhah winartanan | sadaya suka tan sipi ||

23. Mas Cêbolang sigra wangsul | prapta ngarsane sang yogi | tan winarna solahira | samana kasaput [ka...]

--- 50 ---

[...saput] ratri | sang tapa wus manjing guwa | Mas Cêbolang pan ingirid ||

7. Gambuh

1. praptèng jro guwa sampun | sang tapa lênggah ing sela pingul | sang minta sih umarêk ngarsanirèki | sang tapa mêdharkên kawruh | mring putra sang prawira nom ||

2. dene wong urip iku | ingkang sayêkti pasthi yèn sinung | kanugrahan dening Sang Hyang Maha Singgih | ingaran badan cahya nur | wiwitan wêkasan kono ||

3. pasthi langgêng puniku | ananing Hyang dene ta sirèku | wahya mulya kang kajisim ananèki | puniku pan arsa wêruh | kang sinung ling matur alon ||

4. rumiyin amba ngrungu | nênggih ingkang wirayat puniku | pan paesan wahya jati kang sayêkti | jatmika kadulu rêmbug | punapa inggih sayêktos ||

5. sang tapa ris sumaur | dene kang aran paesan iku | sayêktine iya jasat roh ilapi | paesan jatmika iku | lêmbut tan bisa maring gon ||

6. dene ta wijilipun | wahya jatmika jasat puniku | ing têgêse kabèh iku roh ilapi | tan paesan têgêsipun | ywa salang-surup ing kawroh ||

7. ana malih winuwus | apaesan tantuk ing dhiriku | lawan jasat iya tan mantuk ing dhiri | iya êndi rupanipun | paesan kang ngilo jatos ||

8. lawan wayangan iku | êndi silih iya purbanipun | Mas Cêbolang umatur saha wotsari | kasinggihan [kasinggiha...]

--- 51 ---

[...n] sang pukulun | kawula nuwun jinatos ||

9. sang tapa mèsêm muwus | Allah iya ing sasmitanipun | apan kadi wulan ingaranirèki | paesan ingkang cahyèku | jatmika lêmbut tan awor ||

10. êndi ta rupanipun | cahya jatmika ananing wujud | lunga ingkang paesan paran puniki | kundhak-kundhak sasmitèku | ana kang ngilo ing kono ||

11. kadi paesan sèwu | wêwadhahe paesan di luhung | datan ana rupanta anane nênggih | gêdhah isi hèrnawèku | yèku prênahe Hyang Manon ||

12. pae si wulan iku | sami rupa sasi gêdhah sèwu | kasênênan dènira gêbyaring sasi | sasi tunggil warnanipun | êndi sasine kang yêktos ||

13. kang sinung ujar matur | inggih tuwan jarwakna pukulun | sang tapa ngling dene sasmitaning sasi | kang nèng jro paesan iku | aisi madu kinaot ||

14. dene kang wahya iku | apan wêwayangan yêktinipun | apan dudu kaananira Hyang Widhi | lamun sira arsa wêruh | angiloa damar kono ||

15. lir jasat sumbunipun | iya iku môngka jisimipun | iya êndi rupane jasat puniki | kawruhana urubipun | lan surupe arsa wêroh ||

16. ing uripe puniku | duk durung prapta di uripipun | lawan êndi rupane damar puniki | yèn mati ênggon sumurup | labêting gêni kang rawoh ||

17. sasmitane [sasmita...]

--- 52 ---

[...ne] nyawèku | nênggih lawan jisimira iku | iya êndi rupane nyawa lan jisim | api êndi labêtipun | kang sinung ling matur alon ||

18. têgêse Islamipun | sampurnane pundi ingkang tinut | sang pandhita aris dènira nauri | rupane rêke puniku | kalbuning mukmin kinaot ||

19. mukmin ingkang linuhung | ingkang tan pêgat nêmbah Hyang Agung | dene padhanging tyas kang arsa patitis | kang bisa matèkkên iku | ing badan anggung winasoh ||

20. pasthi kalamun sinung | padhanging tyas ya marang Hyang Agung | kang liningan umatur saha ngabêkti | kawula malih umatur | têgêse salat kinaot ||

21. mênggahing tartipipun | adêge utawi yèn alungguh | sang tapa ngling kang rukuk pan asal angin | dene iya uripipun | asal bumi kang alunggoh ||

22. dene takbir puniku | makripate kang sampurna iku | olèh banyu dene kang sarengat singgih | kasuciane puniku | tan owah gingsir ing ênggon ||

23. lan tan woworan iku | dènira non marang ing Hyang Agung | ing lungguhe kakekat têgêse nênggih | yun angrawit ing pandulu | lan tan owahing wiraos ||

8. Sinom

1. kang sinung ling matur nêmbah | paran ingkang asal angin | lawan kang asal pratala | sang pandhita anauri | adêg uripirèki | sabda Allah tahyadipun | pan iya iku Allah | sabdèku [sa...]

--- 53 ---

[...bdèku] rukuke nênggih | sujud Allah urip nêlahi buwana ||

2. pan lungguhe ingkang sabda | sêmbahyange iku singgih | tan pêgat ing takbirira | rukuk sadat sarengati | kang tarekat puniki | sêmbahyang rêke pamuwus | asal angin punika | kalawan toya sajati | ayun awas babo ing paningalira ||

3. dene sipat têgêsira | arêp karêp kang puniki | marang panggawe utama | karêp maring rasa jati | rasa kang ngidhêp maring | Mukhamad tuwin Hyang Agung | asale bumi ika | lungguhe kakekat singgih | asal angin pan ora kêna ingisab ||

4. asal bumi saking hawa | banyu saking aksarèki | alip kang môngka wêkasan | kang liningan matur aris | tuwan lajêngna malih | pan mèh padhang manah ulun | gumujêng sang pandhita | sarwi awacana aris | karêp lawan cahya pan ing têgêsira ||

5. madi têgêse Mukhamad | kahnaning napsu puniki | kang asal angin punika | dadi badan iku yêkti | dhadha dadining warih | êdad saking bumi iku | ampêru saking brama | banyu apan dadi ati | banyu luhung seje ingkang dadi dhadha ||

6. angin apan dadi swara | bumi luhung dadi budi | êndi kang katur Pangeran | iya ingkang anèng ngarsi | dèn waspada sirèki | bumi kang katur rumuhun | paran ing aturira | nur cahya ingkang sayêkti | asal banyu nênggih sujude punika ||

7. nora katur ing Pangeran | nur

--- 54 ---

mani yun kang nampani | asal bumi saking rasa | ya rahman iku sayêkti | dene kang ngrungu nênggih | de pangucap jroning kalbu | iyèku kabulullah | lir cahya warnanirèki | jro sagara uripe pan kadi rêtna ||

8. lungguh pucuking kang grana | kang rukuk pan asal warih | dèn adhêpkên mring sirullah | cahyane lir lintang ngalih | wêruh jasat pribadi | parêke maring Hyang Agung | nora sakuthu iya | lan Pangeran rasa tunggil | ing artine wus nora ana Pangeran ||

9. apuji-pinuji dhawak | angèl kang ujar puniki | yèn kang tan sinung nugraha | saratana mati ragi | karêmêning Hyang luwih | manungsa kang tabri namun | kang anggung mati raga | kang rumasa gènnya urip | ora pisan ngaku uripe priyôngga ||

10. ngrasaa yèn badhe pêjah | anèng dunya iki kapir | sumungkêm Ki Mas Cêbolang | ing padanira sang tapi | matur kang mugi-mugi | angsala barkah pukulun | sagêda nglampahana | ing wêwulang sang ayogi | pan sinigêg samana wus byar raina ||

11. sadalu dènnya mêmulang | ing ngilmu ingkang ginaib | kang winulang tyasnya padhang | samana tinundhung mulih | sarta winêling-wêling | tur sêmbah ki mas dyan mundur | mêdal saking jro guwa | wus panggih lan rencang sami | pan winartan sarèh kala nèng jro guwa ||

12. rencang papat samya bingah | narka yèn ki mas ing mangkin | karêm marang kautaman | ya ta lajêng

--- 55 ---

mangkat sami | darung lampahirèki | gènira badhe tumanduk | daya-daya wikana | nênggih dhatêng ing têtami | kunêng ingkang nèng marga gantya winarna ||

13. kang nèng gunung Sokayana | Jayèngsari pan wus lami | anèng ardi Sokayana | lan ari Kèn Rancangkapti | angiranglir putri gèn yogi | sang tapa pangrêngkuhipun | pan wus têlas sadaya | ngilmu ingkang gaib-gaib | kang ginêdhong kinandhut wutah sadaya ||

14. dhasar manahe rahadyan | pasang graitane lantip | marma sang tapa sangsaya | trêsna trusing lair batin | dene ngasmarèng ngilmi | mèh supe puta kang nglangut | nanging sang apandhita | tan samar putra mèh prapti | lawan sarta antuk nugrahaning Suksma ||

9. Asmaradana

1. samana sang tapa lagi | pinarak ana ing langgar | bakda ngasar ing wayahe | pan amulang ngilmu rasa | marang wau kang prapta | lan mulang rakiting laku | kang bisa mati jro gêsang ||

2. gêsang sajroning kapatin | salamine mung punika | kang dèrèng winulangake | santrine ngadhêp nèng ngandhap | nênêm ingkang sadasa | nèng têgal adhangir kimpul | otèk jagung lan katela ||

3. timun kênthang lan karai | nahan wau kang lumampah | kadi dulur lan santrine | datan kawarna ing marga | samana sampun prapta | ngandhap Sokayana gunung | ya ta langkung patêgalan ||

4. kagyat kabèh wong kang dhangir | tumingal mring Mas Cêbolang | sigra sami mara [ma...]

--- 56 ---

[...ra] age | praptane sami karuna | angling kula tan nyana | yèn andika ingkang rawuh | dene lami têmên nyawa ||

5. kesah andika mring pundi | kônca-kônca pan anêdya | ngupaya ing sarirane | rama andika tan suka | makatên kang timbalan | wus aja kudu koruruh | besuk pan eling priyôngga ||

6. balèni panggawe bêcik | buwang panggawe kang ala | yèn sanyata anak ingong | aywa susah koupaya | besuk mulih priyôngga | tur anggawa ngèlmu luhur | punika kang pangandika ||

7. rama andika ing nguni | marmane kônca manira | sami akèndêl kemawon | gumujêng Ki Mas Cêbolang | sarwi aris wacana | dene daya-dèyènipun | olèha ngèlmu sampurna ||

8. lawan sun atakon warti | kangjêng rama kadhatêngan | roro sawiji bature | ing pawarti wus alawas | ing kene kadhatêngan | ingkang tinanyan umatur | saèstu wontên wong prapta ||

9. saungkur andika nênggih | mung kaot sapuluh dina | tamu punika wartine | bêkta sadhèrèk wanodya | warninipun yu endah | rama paduka sang wiku | kalangkung dènira trêsna ||

10. dhatêng wau ingkang prapti | kinêmpit dalu raina | lir putra gèn yoga dhewe | miwah ta ibu paduka | sami makatên uga | tan môntra-môntra puniku | lamun putra pêpanggihan ||

11. nanging ta wartine inggih | punika pan palajêngan [palajêng...]

--- 57 ---

[...an] | putra ing Giri kadhaton | duk bêdhahe Sokaraja | garwa putra parêkan | binoyong maring Matarum | puniku gènipun kesah ||

12. têgêse puniku ngungsi | anamur amêndhêm kula | marma ramanta yêktine | kalangkung dènira wêlas | dhatêng kang wau prapta | kados tan samar puniku | ramanta sang apandhita ||

13. maring puniku kang prapti | Mas Cêbolang aris mojar | wis ayo matura age | iya marang kangjêng rama | kalamun ingsun prapta | pan wus tobat kapok ingsun | narajang walêring bapa ||

14. aturêna kabèh sami | sagunging supataningwang | agupuh ingkang kinèngkèn | minggah marang ing aldaka | ya ta sapraptanira | ing ngarsanira sang wiku | sang pandhita wus uninga ||

15. sinamur atakon aris | dene gati lakunira | lah baya ana gawene | Ragatruna atur sêmbah | amba atur uninga | yèn putra paduka rawuh | kèndêl anèng patêgalan ||

16. amba kinèn tur upaksi | inggih dhumatêng paduka | pan akathah prasêtyane | katura dhatêng paduka | ya ta katur sadaya | saliring pitungkasipun | sang tapa gumujêng suka ||

17. ngandika sukur yèn mari | panggaweyane kang salah | eling lamun putraningong | Jayèngsari matur nêmbah | punapa ta punika | kang tuwan raosi dalu | putra paduka kang kesah ||

18. sang pandhita anauri | iya kulup arinira | kang sun catur salawase |

--- 58 ---

nanging sun duga ing mangkya | wus eling têtêmênan | kadangira watarèngsun | èngêt tobat ing Pangeran ||

19. Jayèngsari matur aris | kados lêrês sabda tuwan | inggih kadospundi malèh | kalamun botên mantuna | punapa tan rumasa | lamun putranta pukulun | gumujêng sang apandhita ||

20. ngandikèng Ragatruna ris | enggal nuli timbalana | Ragatruna wangsul age | praptaning ngandhap wus panggya | lawan Ki Mas Cêbolang | Ragatruna alon matur | paduka anggèr ngandikan ||

21. ing rama tuwan dèn gipih | pan sampun katur sadaya | sawêling andika rêke | prasêtya katur sadaya | dhatêng rama paduka | sarêng myarsa atur ulun | ramanta kalangkung suka ||

22. kula kinènèn wangsul gipihLebih satu suku kata: kula kinèn wangsul gipih | animbali jêngandika | ya ta Mas Cêbolang age | minggah umarêk ing rama | sarêng wau katingal | kang rama angawe gupuh | kang putra lumampah enggal ||

23. sapraptaning ngarsa nuli | anungkêmi padèng rama | kang rama nêcêp êmbune | pan sarwi anênggak waspa | Mas Cêbolang karuna | akathah prasêtyanipun | katur dhatêng ingkang rama ||

24. ya ta Radèn Jayèngsari | tumungkul anênggak waspa | pan karaos sarirane | akathah ingkang karasa | kèngêtan kadangira | tan karuwan paranipun | nêbut sadalêming driya ||

25. sang pandhita ngandika ris | mring putra Ki Mas Cêbolang | lah kulup payo

--- 59 ---

dèn age | ngabêktia kakangira | lah babo iku nyawa | pan ya sadulurmu sêpuh | sun tunggilkên roh lan sira ||