Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 10–29)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 10–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 30–31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 32–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

10. Mêgatruh

1. ya ta ingkang liningan anulya gupuh | ngabêkti ing Jayèngsari | sawusnya atata lungguh | arêsêp Ki Jayèngsari | lawan ingkang lagya rawoh ||

2. ngalêm ing tyas Jayèngsari mring kang rawuh | iki wong lawak mantêsi | sasolahira apatut | layak wanodya kèh asih | andulu ing wong mêngkono ||

3. tan prabeda Mas Cêbolang mawas dulu | angalêm sajroning ati | angling ing tyas dene bagus | dhayohe rama kiyai | wingit cahyane mancorong ||

4. ajêtmika prasaja bagus alurus | ya ta kang rama ngling aris | Jayèngsari putraningsun | aja taha-taha kaki | mring arinira angrêngkoh ||

5. kang liningan tur sêmbah langkung anuwun | umatur saha wotsari | mugi èstua pukulun | sagung timbalan kang maring | kawula wahyu kang dhawoh ||

6. dene sangêt têmên gèn tuwan angrêngkuh | mring kula wong kawlasasih | marmamba langkung anuhun | mung Allah kang maha luwih | nêksènana raganingong ||

7. anggêp amba mring tuwan trus batin tuhu | atanapi sira yayi | aywa taha mring wak ingsun | ingsun iki ngungsi urip | ngungsèkkên sadulur wadon ||

8. anèng kene têmahan ingambil sunu | marang ing kangjêng kiyai | pan yêkti sun utang umur | nuwun-nuwun [nuwun-nu...]

--- 60 ---

[...wun] kang sinung ling | ya ta sang tapa agupoh ||

9. animbali marang ing Rubiyahipun | kang pinanggil mêdal nuli | lawan wau putranipun | sira Nikèn Rancangkapti | dangune pijêr nèng pawon ||

10. Bok Rubiyah tan ninga yèn putranipun | Mas Cêbolang ingkang prapti | sapraptaning langgar dulu | mring putra pan rada pangling | wus lami dènira lolos ||

11. sang atapa anjarag pan ora tutur | Mas Cêbolang gupuh nuli | ngraup padane kang ibu | kang ibu wus mari pangling | wusana nangis anggêmbor ||

12. lara-lara akathah sêsambatipun | katuwone sira gusti | apa tan wêlas maring sun | lan malih sira wus eling | yèn atmajaning kinaot ||

13. ingkang putra wlas myarsa tangising ibu | sênggruk-sênggruk milu nangis | Rancangkapti lênggah pungkur | dhêkukul barêbês mili | langkung wlas mulat ing êmbok ||

14. dene langkung Bok Rubiyah tangisipun | lir ibu-ibu sayêkti | marma Rancangkapti muwun | tan nangisi ingkang prapti | saking wlas dulu maring bok ||

15. sang pandhita aris pangandikanipun | wis padha aywa anangis | aran praptane rahayu | sutanira sinung eling | maring Hyang Suksma kinaot ||

16. tan winuwus kang onêng marang ing sunu | ya ta ing antara lami | rêmbag kalih-kalihipun | Jayèngsari anglangkungi | wau dènira acondhong ||

17. marang Ki Mas Cêbolang lir kadang tuhu | tan [ta...]

--- 61 ---

[...n] kenging pisah saari | samya angrasèhkên ngilmu | runtut wus nunggil pamanggih | marma ywa tanggung dadya roh ||

18. panyêndhake bae ing wau cinatur | samana sampun apanggih | Mas Cêbolang lan sang ayu | sira Nikèn Rancangkapti | siyang dalu akarongron ||

19. ibu rama langkung sukanirèng kalbu | miyat ing sutanirèki | gènira krama aruntut | ya ta ing antara lami | kang rama grah lajêng layon ||

20. ingkang putra langkung sungkawaning kalbu | antawis ing pitung ratri | kang garwa nusul asurud | lajêng sinare anunggil | lan kang raka kilèn gandhok ||

21. langkung dening sungkawa kang kantun-kantun | saya kagagas ing galih | Jayèngsari ciptanipun | dene ta kurang sathithik | dhawuh kang timbul maringong ||

11. Maskumambang

1. tan antara sawulan surudirèki | sira sang atapa | Santri Saloka tur paksi | mring Jayèngsari wêwarta ||

2. amarêngi lênggah masjid lan kang rayi | sira Mas Cêbolang | lan garwane Rancangkapti | pagunêman ngilmu rasa ||

3. kagyat sarêng myarsa Saloka turnèki | ilang bayunira | sira Radèn Jayèngsari | tumungkul asăngga uwang ||

4. Ki Saloka matur malah wus kaping tri | ing sasurudira | ramanta kangjêng kiyai | wong puniku gènnya prapta ||

5. panggih lawan kula langkung nyalawadi | wong kêkalih apan | amangangge cara santri | ngakên santri Surabaya ||

--- 62 ---

6. tan anyana kula yèn punika têlik | gèn takèn ing radyan | langkung dening niti-niti | kawula inggih balaka ||

7. wingi kula mring ngare sampun apanggih | sanak Surabaya | mring wismanipun Pak Kêmis | lajêng jawil mring kawula ||

8. yèn paduka ginunêm Pangeran Pêkik | sabab wong punika | padagange Pangran Pêkik | marma ing gunêm waspada ||

9. saya anglês rahadèn duk amiyarsi | aturing Saloka | ngandika ris mring kang rayi | lah yayi sira kariya ||

10. ingsun titip marang garwanira yayi | bokmanawa lêpat | poma apuranên yayi | manira arsa lêlana ||

11. ngong oncati marang gunêm kang tan bêcik | nanging iya poma | wartakna gon ingsun yayi | ya ta kang sinung wacana ||

12. Mas Cêbolang lan garwanira nungkêmi | padane kang raka | sarya sru dènira nangis | Rancangkapti mêgap-mêgap ||

13. apan lajêng kantaka Kèn Rancangkapti | pan wus timur mila | yèn muwun pêgêl kang galih | anêmah niba kantaka ||

14. Jayèngsari ya ta angandika aris | adhuh ariningwang | adat têmên sira iki | yèn nangis banjur kantaka ||

15. ngêndi ana ing wong pêpikiran bêcik | têmahane padha | andadak sira tangisi | ya ta sira Mas Cêbolang ||

16. ingkang garwa pinangku sarwi anangis | adhuh mirah ingwang | paran polah ingsun yayi | yèn sira tulus palastra ||

17. baya-baya ingsun edan turut margi | ni mas awungua | ya ta

--- 63 ---

Radèn Jayèngsari | kang rayi wus sinotyanan ||

18. nulya nglilir pungun-pungun nangis ririh | pan kawula kakang | tan purun kantun ing ngriki | sanadyan pêjah gêsanga ||

19. aywa pisah kalawan paduka yêkti | kang raka ris nabda | nora kaya sira iki | munduran pan kaya bocah ||

20. pae nguni sira duk durung akrami | saparan pan măngsa | kêna apisah lan mami | ing mêngko wus duwe krama ||

21. yêkti abot iya wong ngladèni laki | sira Mas Cêbolang | nambung sabda sarwi nangis | punapa inggih kawula ||

22. tuwan kesah kula pan dinalih kari | măngsa ta puruna | saparan amba tut wuri | sanadyan pêjah gêsanga ||

23. nadyan inggih pêjah gêsang ajêng uning | kang raka ngandika | paran solah ingsun yayi | lamun sira tut wuria ||

24. sayêktine ora olèh dene yayi | iya asingidan | Saloka nambung sabda ris | yèn kedah têmên rayinta ||

25. atut wuri marang ing paduka inggih | pan kajawi kănca | sadaya kinèn angari | yèn wontên malih wong prapta ||

26. yèn pitakèn ing paduka inggih gampil | ing saawad-awad | kula warti yèn wus anis | saking ing ngriki kewala ||

27. ing puruge kula botên nyumêrêpi | yèn sampun paduka | andhok tuwan nuntên nuding | angsung wruh dhatêng kawula ||

28. gih pun Buras punika paduka tuding | pasthine kawula | lan sanak anusul nuli | inggih

--- 64 ---

dhêmitan kewala ||

29. pan sadaya măngsa ta dadaka inggih | pisah rayi tuwan | wong kanthèt-kinanthèt sami | tan wontên seje satunggal ||

12. Kinanthi

1. pan kabèh santananipun | wus ingundang sami prapti | andhèr sadaya nèng langgar | ya ta sampun dèn wartani | marang sira Ki Saloka | kabèh panuju ing pikir ||

2. wusnya dadi rêmbagipun | Jayèngsari sukèng galih | tuwin sira Mas Cêbolang | langkung suka Rancangkapti | dene awurung tinilar | nahên ta kasaput ratri ||

3. ing dalu datan winuwus | sarêng byar angkatirèki | sagung kang para santana | ngatêr wangsul ngandhap ardi | prasamya angêmu waspa | kang lunga lawan kang kari ||

4. ya ta kang kesah lastantun | Mas Cêbolang Jayèngsari | Kèn Rancangkapti pun Buras | nèng ngasa[1] atuduh margi | katiwang-tiwang lampahnya | Sokayana wus tan kèksi ||

5. lampahe pan kawlasayun | dulur wong catur lumaris | wus têbih ing lampahira | sampun manjing ing wanadri | mudhun jurang minggah ngarga | Rancangkapti gung anangis ||

6. ngrempong tan bisa lumaku | ginendhong mring raka nuli | Mas Cêbolang lamun sayah | pun Buras ingkang gêntèni | sadangunira mangkana | wau dènira lumaris ||

7. nurut wana Ardi Kidul | mangilèn lampahirèki | tan winarna solahira | ing lampah wus tigang ratri | kèndêl yèn dalu kewala | langkung dènnya kawlasasih ||

8. ya

--- 65 ---

ta aningali gunung | alit kalangkung rêspati | ing pucak ana wong tapa | gènira tapa wus lami | siji nora nganggo rowang | kinasihan ing Hyang Widhi ||

9. aran Ki Sèh Hèrcaranu | tuwa pan wus kaki-kaki | iyèku kaprênah canggah | mring Ki Banyubiru nguni | kang martapa ardi Liman | wus ngraga suksma sayêkti ||

10. arang wong kang wruh ing ngriku | saking angkêre kapati | Sèh Hèrcaranu tan samar | yèn badhe wontên têtami | satriya anandhang papa | cintraka kawêlasasih ||

11. langkung wêlas sang palungguh | dhatêng sira sang kaswasih | ya ta wau kang lumampah | kèndêl anèng soring wuni | suku ardi kang lèr wetan | tumawing jurang atrêbis ||

12. gurda gung langkung asingup | singupe ngungkuli wuni | sami tumiyung ing jurang | jurange langkung ambambing | ngisor panggonaning sima | ting galêro mêmêdèni ||

13. kang rarywan pan ora keguh | ngêningkên ciptaning galih | mung ketang kang karya jagad | marma umaras sira nir | kèh swaraning pêksi munya | măngsa wohing gurda sami ||

14. umyung rêbut woh abarung | mawarna-warna kang pêksi | mrak nyangungong ing paragak | kang sata wana nauri | cêkikèr swara lir ngatag | kinèn panggiha sang rêsi ||

15. lir mangkana pèngêtipun | kang rarywan graitèng galih | ya ta non pucak aldaka | ana wong tuwa alinggih | pitêkur mujwèng Pangeran | sêmune brăngta ing Widhi ||

--- 66 ---

16. ya ta radyan mara gupuh | sumêngka marang ing wukir | sadaya pan sami minggah | sapraptanira ing nginggil | sarêng cêlak lan sang tapa | ki sèh pan angawe nuli ||

17. lah banjura putuningsun | aja sira wêdi-wêdi | gupuh wau kang ingatag | sapraptanira ing ngarsi | ngaras suku dalamakan | sang tapa angrangkus aris ||

18. sarwi ingaras kang êmbun | katiga ginanti-ganti | ri wusnya atata lênggah | langkung samya aminta sih | tumungkul dènira lênggah | sang tapa ngrês ingkang galih ||

19. tan samar sasolahipun | wusana ngandika aris | sang pandhita mring rahadyan | adhuh putuningsun kaki | dene liwat kawlasarsa | ing solahira mas gusti ||

20. dèn narima putuningsun | pan wus karsaning Hyang Widhi | sira dadi lêlampahan | awit wong tuwa kang mawi | ramanta marma dinukan | dene Hyang kang maha luwih ||

21. lali pancèn arsa mêngku | angangkah ing tanah Jawi | kuwalèn arsa binuwang | marma apês tan malati | antuk rusak ngajak-ajak | marang anak putu wuri ||

22. marma putu wêkas ingsun | marang ing sira dèn eling | ywa ngambah pikir balasak | lan dèn awas sira kaki | kang katibanan nuring rat | aja sira wani-wani ||

23. ywa tiru ramanirèku | lali ing basèku yêkti | marma sru dukaning Suksma | kang liningan awotsari | salugut pan botên nêdya | acipta kadya ing wuri ||

13. Pangkur

1. sangêt [sangê...]

--- 67 ---

[...t] panuwun kawula | lamun amba darbe krêkat samênir | mung mrih wilujêng ing purug | sampun binurak-burak | inggih amung têntrêming manah pukulun | lan malih kang dados manah | kadang kawula sayêkti ||

2. sêpuh punapa inggiha | taksih gêsang utawi yèn ngêmasi | sang tapa mèsêm lingnya rum | ywa susah manahira | kadangira sayêkti misih rahayu | nanging adoh panggonannya | mangulon paraning ngungsi ||

3. aja susah mikir kadang | awakira lah rêksanên pribadi | enggal lawase katêmu | sok uga salamêta | Jayèngsari tur sêmbah alon turipun | kadospundi karsa tuwan | mrih amba manggih basuki ||

4. sang tapa gumujêng suka | aja maras tyasira putu mami | yèn ta maksih jênêng ingsun | nanging mung slamêtira | lan sirêpe aja ana kang angruruh | nanging sarate mas nyawa | dèn asru brăngta ing Widhi ||

5. lah sira nuli mangkata | ana alas kapit ing ardi alit | kinêpung jurang atrêjung | arane Wanataka | dhêdhukuha mas putu ana ing ngriku | matèkêna raganira | mung andêlênga sawiji ||

6. marang Hyang Suksma Wisesa | matur nêmbah wau kang sinung angling | sandika sarèh pukulun | amba darmi lumampah | sang pandhita ngandika ingsun tut pungkur | angatêrakên ing sira | mrênahkên ênggonirèki ||

7. lêga tyasira sadaya | ya dene sang pandhitarsa tut wingking | sang tapa ngandika arum | he kabèh [ka...]

--- 68 ---

[...bèh] putuningwang | iya padha gujêngana nyamping ingsun | lan poma padha mêrêma | aywa na kang mêlèk siji ||

8. yèn ingsun durung parentah | pan sandika wau kang dèn dhawuhi | nulya sami nyandhak gupuh | nyampingira sang tapa | sang pandhita dhatêngkên karamatipun | sakêdhap anulya prapta | ing ênggon kang dèn êsiri ||

9. nênggih ardi Wanataka | kang nèng têngah kapit gunung dèn goni | kinêpung jurang atrêjung | masjide pan wus ana | langkung pelag kinubêng balumbang têpung | rêsik palataranira | sêsêkarane mêpêki ||

10. miwah ingkang palakirna | karang kitri mubêng kalangan asri | tiris andadi wohipun | rakit-rakite kadya | padhukuhan wus lawas kanggo nêm taun | sajatine kang karamat | Sèh Hèrcaranu linuwih ||

11. mèh timbang lan waliyullah | karamate sawab pandhita luwih | lan agêng subratanipun | sajêg tan kambon upa | milanipun kinasihan ing Hyang Agung | barang saciptane dadya | ya ta wusira anuli ||

12. kang wayah kinèn mêlèka | kang ingatag mêlèk kagyat umèksi | anon pakarangan agung | sangkêp pan sarwa ana | wus anarka karamate sang awiku | langkung sami ajrihira | sang pandhita angling aris ||

13. wus dèn enak atinira | anèng kene nir ingkang mutawatir | kang sinung sabda anuwun | cinêndhak kandhanira | pan cinatur sang tapa têngga

--- 69 ---

nèng ngriku | mêmulang maring rahadyan | apan ngantos kalih sasi ||

14. wus antuk wêdharing rasa | langkung suka wau rahadyan kalih | sang tapa ngandika arum | lah sira wus kariya | apan sira uwis padha lawan ingsun | luwih ing panganggonira | lan malih ngaliha nami ||

15. putuningsun kang atuwa | Jayèngsari sêsiliha wêwangi | Sèh Mangunarsa apatut | dene Ki Mas Cêbolang | anamaa Sèh Agung Rimang pan patut | angêpèk namaning bapa | putuningsun kang pawèstri ||

16. maksiha arane lama | ya Si Buras sun paringi wêwangi | Ki Santri Monthèl puniku | nuwun kang sinung aran | angling malih sang pandhita manis arum | putuningsun Agung Rimang | bêcik pisaha gyannèki ||

17. anaa sakidul jurang | dadya antuk wong ngêningkên pandêling | lan ora ngregoni iku | ing ciptane kakanta | kang liningan sabda sandika turipun | punapa sarèh paduka | amba pan darmi nglampahi ||

18. ya ta sang tapa anulya | anuduhkên kang wayah kalih ngiring | saonjotan têbihipun | lawan ênggoning raka | pan wus manggih padhukuhan sri dinulu | saking sabdaning pandhita | barang saciptane dadi ||

19. kalapa kadya tinata | pan amarik nèng pinggir dhadhah sami | wowohan pala gumantung | mêpêki sarwa ana | wismanira marik-marik jajar têlu | cèkli masjide araras | balumbange angubêngi ||

20. Sèh Agung Rimang kacaryan [kacarya...]

--- 70 ---

[...n] | aningali rakiting dhukuh asri | wusnya mrênahakên wau | sang tapa amit mentar | wayah kalih ngatêrkên jawining dhukuh | sawusira wangsul sigra | mantuk mring dhukuhe sami ||

21. kacatur Sèh Mangunarsa | anèng langgar apan raina wêngi | mung Ki Monthèl rowangipun | langkung subratanira | tan ana lyan kang kacista[2] mung Hyang Agung | têrkadhang anglugas raga | anurut manah gung brangti ||

14. Asmaradana

1. ngambah tanah ing pasisir | lan rayi Sèh Agung Rimang | angulati mring kadange | miwah maring padhusunan | angangin-angin warta | angruruh mring kadangipun | mêksa datan antuk warta ||

2. lajêng samya wangsul sami | maring dhukuh Wanataka | cinatur cêndhake bae | ya ta wau santananya | kang kantun Sokayana | wus sinung wikan sadarum | Ki Monthèl ingkang dinuta ||

3. wus kêbut sadaya sami | nusul marang Wanataka | nanging ta icir lampahe | samana pan wus raharja | dhukuhe Agung Rimang | kunêng ingkang adhêdhukuh | gantya ingkang kawarnaa ||

4. sira Radèn Jayèngrêsmi | kang lami ana ing Karang | kadi sarêng ing lampahe | lan kang rayi kesahira | nanging gênti kinăndha | kacatur wau sang bagus | kanggêp pangawulanira ||

5. marang Ki Agêng ing Kawis | malah ingambil atmaja | saking rêsêpe ing tyase | kadi putra gènnya yoga | Ki Agêng datan samar | marang sira sang abagus | ing têmbe antuk kamulyan [kamu...]

--- 71 ---

[...lyan] ||

6. pira ta laminirèki | gènira ana ing Karang | kinêmpit rina wêngine | mring Ki Agêng pan winulang | ngilmu lêmbut lan kasab | kang ginêdhong kang kinandhut | pan sampun têlas sadaya ||

7. dhasar manahira lantip | ukur kumlebat kewala | kacandhak têkèng bongkote | pan wus pinasthi dening Hyang | yèn bakal sinerenan | ing ngilmu kang agung-agung | dhasar nguni wus pawitan ||

8. winulang kang rama nênggih | duk maksih nèng Sokaraja | marmanira ta ing mangke | lajêng abuntas kewala | sakèh ngilmu sampurna | malah wus sinung jêjuluk | mring rama Ki Agêng Karang ||

9. sabab ing kawruh wus nunggil | sinung nama Amongraga | pan wus karan nama êsèh | abdi kêmbar Gathuk Gathak | ingêlih aranira | Jamal Jamil dadya patut | wus jênêng santri sadaya ||

10. abdi kala taksih alit | ing mangke tumut saparan | ya ta kawarnaa mangke | ki agêng pan lagya lênggah | nèng ngèmpèr masjid bajang | kang putra tansah ing ngayun | mabukuh ing silanira ||

11. Ki Agêng waspadèng ngaksi | aningali mring kang putra | dadya arum andikane | kadingarèn kulup sira | kadya ngêmu sungkawa | apa ta durung sumurup | babing basa ana ora ||

12. lan dudu iku ya iki | sajatine iku iya | ing yêktine iya dede | apa sira durung têrang | kang putra mutur[3] nêmbah | inggih pangèstu pukulun | sadaya sampun kadhadha ||

--- 72 ---

13. sanès punika marmaning | amba umarêk ing tuwan | arsa pamit sayêktose | kesah angupaya kadang | kang amba turkên tuwan | pan inggih kantênanipun | pêjah atanapi gêsang ||

14. kawula arsa udani | ki agêng mèsêm ngandika | adhuh putraningsun anggèr | babo ywa maras tyasira | prakara kadangira | wus antuk kamulyan agung | mèh timbang kalawan sira ||

15. kawruhe lan sira nunggil | sabab gurune rinira | wus tau wêruh ing kene | nanging sun tan wani babar | prênahe kadangira | dene yèn sira drêng kulup | angupaya arinira ||

16. angetana sira kaki | marang dhukuh Wanamarta | kaprênah kidul wetane | patilasan nagri Maja- | lêngka ana pandhita | pan dadi paguron agung | sagung bupati bang wetan ||

17. sabab sarwa na sayêkti | apa kang tinakokêna | mring Bayi Panurta kuwe | ing kasab lêmbut tan kewran | marma saya kèh prapta | wong pasisir urut gunung | milu wismèng Wanamarta ||

18. dene gurune ngong uning | pangulu Crêbon Dulsalam | iku kang dadi pêpundhèn | amulang Bayi Panurta | dhasar yêkti sarwa na | Ki Dulsalam yèn amungguh | tumiba tanah bang wetan ||

19. ngilmune tan na nimbangi | yèn mungguh nèng kene nyawa | apan lumrahing wong akèh | durung papak lawan sira | kang putra matur nêmbah | saking brêkah sang pukulun | awit pamulang paduka ||

20. ki

--- 73 ---

agêng ngandika malih | kapindhone Ki Panurta | adarbe atmaja wadon | warnane pan ayu pelag | arane Tambangraras | dadya kondhanging kêkidung | asring dadya lêlinduran ||

15. Dhandhanggula

1. akèh para santri anêkani | samya kasmaran miyarsa warta | apan ta nora katampèn | banjur wisma ing ngriku | marma pondhok jêjêl apipit | sudagar jor-jinoran | ing patukonipun | nora nana kang tinampan | wicarane besuk ingsun arsa krami | yèn ana sênênging tyas ||

2. lan wong gêdhe kèh kang duwe melik | nanging nora nana wani mêksa | sabab wus gêguru kabèh | lawan wong wadon iku | wus winasis ngèlmu maknawi | wirasat pan wus wignya | dadya was pandulu | ngupaya kakung utama | ingkang pantês sinêmbah ing awal akir | iku ingkang sinêdya ||

3. marma tuduh ingsun mring sirèki | sira ingsun kon mring Wanamarta | pasthi sira yèn dhaupe | lan marganira têmu | lawan kadangira ing benjing | buh sêsangkananeya | marga saking ngriku | dadine tyasira padhang | isarate dèn asru amati ragi | supayane Hyang Suksma ||

4. asiha marang ing sira kaki | karêmêne Hyang Suksma Wisesa | wong asring amatèkake | marang ing raganipun | lawan wong kang rêmên ngasêpi | yèku kêkasihing Hyang | seje lan wong kupur | dhasar linulu dening Hyang | ya wong dhasar ginadhang naraka

--- 74 ---

benjing | marma ngugung dening Hyang ||

5. Sèh Mongraga sangsaya awingit | miyarsakkên andikaning rama | padhang narawang driyane | èngêt yèn trah linuhung | ya ta sigra dènnya tur bêkti | angaras dalamakan | cinêcêp kang êmbun | apan sarwi binisikan | ing pangawruh kang ngilangkên ing saksêrik | lan ênggoning Pangeran ||

6. ri wusnya mangkana lèngsèr aglis | datan kantun abdi kalihira | ki agêng sru pandongane | jinurungkên mring sunu | ya ta wau ingkang lumaris | andarung lampahira | tan ana lyanipun | amung sihira Hyang Suksma | datan liyan kang pinusthi ing pandêling | kèndêl-kèndêl yèn salat ||

7. sawusing bakda sigra lumaris | ngetan bênêr gènira lumampah | nurut dhusun pinggir lèpèn | akathah kang kadulu | akèh langên-langêning margi | dhusun kathah kang gêmah | palakirna agung | kapungkure kang padesan | ya ta ngambah tarataban pinggir wukir | têbih kang padhusunan ||

8. tindaknya ris wau apan sarwi | tumingal langên-langêning marga | kadya anggugah driyane | pradawèng wrêksa luhung | apan samya nêdhêng asêmi | taru katiban warsa | amuyêk dinulu | marganing ngare sumêngka | wuryaning kang marga angrêrujit ati | berag kanyaran warsa ||

9. lêlorahing ara-ara kadi | kang udaya kaleban ing ombak | pacing asêgêr sawange | sêgunggu lawan sêmbung | puspa lembong

--- 75 ---

lan sănggalangit | kasêlan măndhalika | rumput mrak ngrêmbuyung | nalasah kang adal-adal | myang walingi anurut têpining margi | marga limit apanas ||

10. tindaknya lon wau sang kaswasih | nujuman têngah hyang diwangkara | mangkana kandhêg lampahe | nèng ngandhap mandira gung | lajêng eca lèrèn nèng bêlik | lan abdi sawusira | ngabêkti Hyang Agung | pan angêningakên cipta | sawusira abdi kalih amangani | orong-orong binakar ||

16. Wirangrong

1. ya ta wau sira nuli | sang brata lampahira lon | ngambah jurang sêngkan siluk-siluk | yèn tinon atrêbis | marga rumpil arampal | pan aran kambah ing janma ||

2. marga kapit ing ri curi | yèn wong kang tan sêdya layon | măngsa wania ngambah ing ngriku | yèn wong misih mikir | enak lawan kapenak | măngsa ta silih ngimpia ||

3. liwat marga siluk sungil | bok ngambah liyane kono | tur măngsa ta kurang liyanipun | margi ingkang radin | ingkang tau dèn ambah | ing manungsa apan kathah ||

4. ing yêkti dhasar ngulati | sang brata marga kang ewoh | ingkang nora kambang ing wong langkung | ya ta wau nuli | manginggil minggah marga | nuju asar wayahira ||

5. ya ta nèng nginggil ningali | kidul wetan lor lan kulon | nglangut pan anglamat dhusun-dhusun | sawusira ngaksi | miwah kang ardi kathah | pan samya

--- 76 ---

êlêt jêjurang ||

6. nanging ardi alit-alit | sang brata kasmaran anon | eca dènnya lênggah sela pingul | kang abdi mêtêki | ya ta wau samana | mèh ngayom sang hyang pratăngga ||

7. abarung swaning pêksi | rêbut gon anèng kêkayon | putêr jalak menco pêksi siyung | prit pêking sulindhit | johan lan atatkêmbang | kadhasih munya ing tawang ||

8. swaranira ngasih-asih | lir nangisi ingkang rawoh | mrak nyangungong kadya nyapèng tamu | kang sata wananjrit | anglir angsung sasmita | sang brata mèsêm ing driya ||

9. akèh sato ing wanadri | samya munya ting galêmbor | lêmbu singandaka ting kalênguk | dinulu awingwrin | myarsa panggroning sima | mlayu ngungsèkkên tênaya ||

10. samana wanci mahêrib | umyang swara cênggèrètnong | barung kup-angkup lan kongkang ngungkung | anèng ngrong lir gêndhing | platuk lir măndaraga | rêsrês pan munya sauran ||

11. tangèh ucapêna sami | isining jurang tuwin rong | sang abrata sukèng kalbu | dènnya kèh kapyarsi | ya ta kang kawuwusa | bakda gènira salat ||

12. lênggah sela winaradin | lajêng amuji Hyang Manon | nora dhompo awas ing pandulu | wus ngumpul ngonggèki | sanyata yèn utama | sira Ki Sèh Amongraga ||

13. pratăndha waspadèng ngaksi | ênggoning Suksma kinaot | pan [pa...]

--- 77 ---

[...n] sayêkti arang ingkang wêruh | marang Hyang kang linuwih | kalamun durung bisa | mati sajroning agêsang ||

14. nadyan mangkonoa ugi | yèn tan sinung sih Hyang Manon | arang kang waspada ing pandulu | ênggoning Hyang Widhi | mendah dene akathah | kalamun sok pandhitaa ||

15. sinung ilham ing Hyang Widhi | mendah walating pragogok | ya ta ing ratrinya tan winuwus | samana wus enjing | hyang arka mèh sumirat | angganthêng kang mega malang ||

16. kèh warnanira kaèksi | mega pindha kang wastra byor | dadu kuning rêkta wilis wungu | amemba manjêthi | umyung kang pêksi măngsa | woh bulu kalawan gurda ||

17. sato gora bigar sami | amuni pating galêmbor | mrak manguwuh kadya angsung pemut | pêksi bêluk kadi | angatag uninira | sampun kadangon gingsira ||

17. Sinom

1. ri wusnya nitih ancala | hyang surya sang brata nuli | tumurun saking aldaka | abdi kêkalih nèng wingking | praptaning ngandhap nuli | ya ta lajêng lampahipun | amargèng jurang sêngkan | parang rong pèrèng kapering | kang kèdêkan curi mis lir sutiksna[4] ||

2. prandene mêksa dèn ambah | tan keguh marga kang sungil | tan wontên baya kaetang | amung andul we sawiji | kang karya bumi langit | kang pinanthêng ing pandulu | andarung lampahira | sadina dènnya lumaris | pan ararywan sabên ing wêktu kewala ||

3. bakdane nuli [nu...]

--- 78 ---

[...li] lumampah | ngetan bênêr gyan lumaris | ya ta aningali arga | agêng dhukuhe kaèksi | gêng-gêng yèn tinon asri | pan anèng sukuning gunung | dhukuh punika aran | pan ing Tatar Maledari | gunungipun ingaranan ardi Gora ||

4. dadya dhukuh milu karan | dene ingkang apalinggih | Ki Buyut Wasi Bagêna | anggêntur tapanirèki | dhasar ngilmune luwih | lan dadya paguron agung | sagung patinggi desa | akathah saratirèki | ingkang tumut wisma patang puluh ana ||

5. masjide katon anganggrang | pagêr tabag dèn ênjêti | lir labur saking kadohan | balumbangira ngubêngi | ngingon ulam mawarni | marik sêsêkaranipun | samya binatur sela | amêpêki sawarnining | nagapuspa kêmuning ngapit ing tawang ||

6. kênanga nèng jawi pisan | palakirna amêpêki | manggis dhuku lan pijêtan | gowok kapundhung kêcapi | pêlêm durèn kuwèni | pakèl rambutan lan jêruk | srikayane ngayangan | mangsane lagya woh sami | angrêmbaka kang têbu wulung arjuna ||

7. dhasar toyane tumumpang | we anjog saking ing ardi | tibane pan tinalangan | kinalèn ngubênging[5] kitri | ingkang wisma amarik | asêgêr-sêgêr dinulu | ki buyut wismanira | anèng têngah dèn ubêngi | ing wismane para santri-santrinira ||

8. pan kêlaih kêtibira | papat marêbotirèki |

--- 79 ---

apan ta ngiras kabayan | wong papat punika nênggih | kêtib aran Nuripin | sawijine kêtib Samut | marêbot Ki Jatruna | kalawan mrêbot Nurjaki | lawan Kêrtisapele Kêrtisapala ||

9. Ki Buyut Wasi Bagêna | adarbe atmaja kalih | sami èstri kalihira | warnane samya yu luwih | yèn ing desa munjuli | wus samya birainipun | sutane kang atuwa | awasta Nikèn Pangliring | ingkang anom wastane Rara Sumêkar ||

10. kalangkung dinama-dama | marang rama sang ayogi | ing sapantêse wong arga | saking dêlape sêsiwi | ya ta sang tapa lagi | pinarak langgar mêmuruk | mring sagung sabatira | gumuruh santrinirèki | nikèn rara lan ibu ngaji nèng wisma ||

11. prasamya amangku Kuran | kang mulang ibunirèki | nahan wau kang lumampah | ya ta samana wus prapti | ing dhukuh Maledari | sang brata rêsêp andulu | uning asrining dhêkah | lan myarsa kèh santri ngaji | pan kumêpyur èngêt duk maksih nèng wisma ||

12. ya ta laju lampahira | kèndêl sajawining kori | katuju ngênu samana | Kêrtisapele nèng jawi | kagyat dènnya umèksi | wong ngadêg ana ing pintu | bagus misih taruna | kang cahya amindha sasi | sigra Kêrtisapele manggihi nulya ||

13. gupuh dènnya uluk salam | Kêrtisapele tanya ris | anak teja sulêksana | têmbe pun bapa umèksi | kang tinanya nauri | kawula

--- 80 ---

wong kawlasayun | santri saking ing Karang | nanging santri tanpa ngilmi | anèng karang kasimpar tan antuk papan ||

14. kalingan kang wus utama | marma kawula puniki | ngumbara yêkti ngupaya | pandhita kang sampun sidik | arsa nrasèhkên ngilmi | warti ing ngriki pinunjul | Buyut Wasi Bagêna | marma manirenggal prapti | manthuk-manthuk Kêrtisapele saurnya ||

15. gih anak lêrês kang warta | sayêkti kangjêng kiyai | anak pangraos kawula | pun bapa dèrèng amanggih | kawruh kadi puniki | kula punika kang wau | santri saking ing Tuban | lir pun anak wus ngêblêgi | kesah amba kasmaran kawruh utama ||

16. lêlana anjajah desa | sabên wontên wong kang luwih | kewala dhatêngi apan | maksih apêtêng kang galih | dèrèng padhang samênir | sarêng pinaring sang wiku | ing tyas padhang narawang | marmamba wisma ing ngriki | saking dene karêm ngilmune sang tapa ||

17. sang brata mèsêm ngandika | lah dika aturna nuli | inggih dhatêng sang pandhita | kula pan arsa kapanggih | Kêrtisapele gipih | praptèng ngayunan umatur | kawula tur uninga | ing tuwan lamun ing jawi | wontên tamu ayun marêk ing paduka ||

18. bagus pan maksih taruna | ngakên santri saking Kawis | rencange kêkalih kêmbar | atêmbung yèn kawlasasih | dene datanpa kanthi | nèng Karang tan antuk ngilmu | sabab dening kalingan | ing santri gung-agung sami | marma [mar...]

--- 81 ---

[...ma] kesah arsa ngupaya tranging tyas ||

18. Kinanthi

1. ki buyut garjitèng kalbu | sarêng miyarsa turnèki | marêbot ya ta sang tapa | pangandikanira aris | payo enggal aturana | aywa kasuwèn nèng jawi ||

2. lan kowe Sapala gupuh | matura nyainirèki | konên asaji pawohan | lan enggal kon ngrêratêngi | sêga tanapi nyamikan | ing saanane dèn aglis ||

3. arsa kadhayohan ingsun | wong aluhung ngaku santri | ya enggal ingkang dinuta | langgare wus dèn gêlari | klasa alus santri samya | kang ngaji wus kinèn mulih ||

4. mung kantun santri gung-agung | taksih sami mangku tapsir | ya ta wus kerid samana | Sèh Amongraga wus prapti | nênggih sangajênging langgar | ki buyut kagyat duk uning ||

5. anon cahyane kang tamu | gupuh dènira nêdhaki | santri tumurun sadaya | ya ta sang brata anuli | gupuh dènnya uluk salam | mèsêm ki wasi nauri ||

6. sarwi nyandhak astanipun | sang brata sigra kinanthi | binêkta minggah mring langgar | ri wusnya tata alinggih | Ki Buyut Wasi Bagêna | nambrama marang têtami ||

7. takèn ing kamulanipun | sang brata wus awêwarti | ki buyut rêsêp tumingal | marang wau ingkang prapti | jêtmika sêmu agawat | anarka yèn wus linuwih ||

8. wus kacihna ing pandulu | ing solah kalawan muni | ngakua santri urakan | măngsa kênaa pi-api [pi-a...]

--- 82 ---

[...pi] | ing pasêmone katara | ngakua bodho utami ||

9. yêkti kacihna kang wuwus | punika kang dadi sêksi | upami wong bodho ika | nanging angaku linuwih | nora susah binarengkal | pacalathone katawis ||

10. mangkono upaminipun | iku manawa sayêkti | wusnya dangu dènnya lênggah | ki buyut sigra nganthuki | mring Katib Samut wus wikan | ing sêmunira sang rêsi ||

11. nulya manjing wisma gupuh | Katib Samut andhawuhi | ing garwane sang pandhita | yèn kang putra kinèn ngirid | nyaosna wohan mring langgar | ing tamu kang lagi prapti ||

12. ya ta ni nyai agupuh | putra kinèn samapta glis | nata pawohan nèng talam | cêpuke salaka putih | wohan wangèn suruh canang | apu campur sadak rawis ||

13. nulya salin sinjangipun | kang sêpuh Rara Pangliring | lurik lasêm sinjangira | kêmbêne ijo palangi | asêngkang urubing damar | sêsupene loro sisih ||

14. tikêl balung sêkar suruh | pupur lamat tan katawis | kêmbang mênur cundhukira | pasêmone yèn ingaksi | layak dimêr pagulingan | sang rara solah katawis ||

15. Rara Sumêkar pan sampun | asinjang lurik patani | kêmbên solok supe mirah | loro sami munggwèng jênthik | sêngkange panata brăngta | pupur rêmu tan katawis ||

16. cundhuk sêkar waja jamus | sang dyah sêmune liniring | layak rongèh pagulingan [pagulinga...]

--- 83 ---

[...n] | solah bawane katawis | ya ta ri wusnya samapta | mêdal ibune angirid ||

17. nênggih ni rara kang sêpuh | kang bêkta pawohannèki | kang nèm ambêkta podudan | têmbako anèng salêpi | rara kalih asmu merang | umiyat marang têtami ||

18. sang brata nglirik andulu | ing solahe sang dyah kalih | kumêpyur karasèng nala | marang kadangira èstri | ya ta ing sapraptanira | ni nyai jajar alinggih ||

19. lan raka kiyai buyut | putra kalih lunggwèng wuri- | ning ibu runcung kalihan | tumungkul nanging anglirik | marang ing têtamunira | monêng turida ing galih ||

19. Pocung

1. kang pawohan nulya sinajèkkên ngayun | mring ni nyai lawan | podudan têmpat nèng slêpi | ki marêbot Sêpele anyulêd damar ||

2. ri wusira ni nyai nambarama arum | anak kaaturan | sadhatêng andika ngriki | matur nuwun wau kang sinung wacana ||

3. kyai buyut nambung aris wuwusipun | anggèr amucanga | udud dêdimène mari | sayahipun wong mêntas lumaku têbah ||

4. kang sinung ling ngecani anggantèn gupuh | nulya sang atapa | ngatag mring garwanirèki | apa uwis nyai gyanira lah-olah ||

5. lamun uwus bok saana-ananipun | iya ngarah apa | gupuh wau kang sinung ling | malbèng wisma malih lawan ingkang putra ||

6. lajêng ngrakit sêkul wangi anèng sumbul | ulame mawarna | tinata munggwèng pêpiring [pê...]

--- 84 ---

[...piring] | sawusira lajêng tinata ing dhulang ||

7. nikèn rara kang bêkta lantinganipun | nèng bokor kuningan | rara kang nèm panjangnèki | kang ngrêrămpa dhulang Sêpele Sêpala ||

8. sapraptane ing langgar tinata gupuh | bok nyai kang nata | kèn rara nyaoskên kêndhi | Ni Sumêkar anyaoskên panjangira ||

9. gya tinumplak sêkul kang ana ing sumbul | ya ta sawusira | ki buyut ngandika aris | mring sang brata dawêg anak wêwantinga ||

10. sugatane ibunta sawontênipun | nuwun kang ingatag | ngecani sigra wêwanting | kyai buyut lan garwane wêwantingan ||

11. nulya lêkas sami adhahar wong têlu | kèn rara kalihnya | lênggah wurining bunèki | tansah nglirik wau marang ingkang prapta ||

12. Amongraga gèn dhahar sadangunipun | puluke sakênthang | cilik anggung dèn galintir | mung kalêbu sathithik atob ping sanga ||

13. kyai buyut anglirik sadangunipun | ngartikèng wardaya | baya wus lawas wong iki | iya gone ora kambon-kambon upa ||

14. gone mangan amung ngênaki tyas ingsun | wong iki sun duga | bangêt gyanira prihatin | pan mangkana ki buyut èmênging driya ||

15. ya ta dangu gènira dhahar anutug | ingundurkên sigra | gantya dhaharan sumaji | warna-warna ana ing tebok pulasan ||

16. sêkul ulam ingundurakên [ingundurakê...]

--- 85 ---

[...n] mring pungkur | wus kinèn angêpang | mring katib marêbot sami | Jamal Jamil pan milu kêmbul anadhah ||

17. tan winuwus ing solahira puniku | ya ta duk samana | hyang arka wus nitih wukir | nulya sami têtoya lajêng asalat ||

18. ri wusira gènnya ngambil toya wulu | ni nyai lan putra | kalih sampun salat sami | Katib Samut apan nulya lêkas adan ||

19. sawusira adan nulya sunat sampun | ki buyut wacana | mring tamu kinèn ngimami | lah ta anak andika dadosa imam ||

20. Amongraga aturipun manis arum | lêrêsipun tuwan | kang darbe wisma pan wajib | anauri ki buyut wajib wong brata ||

20. Asmaradana

1. lêrêsipun anak inggih | pun bapa angambil sawab | wong mêntas lêlana mangke | sang brata mèsêm gya lêkas | jumênêng dadya imam | nulya amaca alkamdu | swara manis anglir kilang ||

2. tanduking sastra pratitis | bênêr panjang cêlakira | ya ta sang rara kalihe | gugur gèning makmum samya | pijêr myarsakkên swara | manahira tansah kuwur | asanès ingkang cinipta ||

3. ingsun têdha dhayoh iki | awèta nèng kene mana | muga raganingsun kiye | pinaringna mring wong ika | iya karsaning rama | nuli ingsun jaluk wuruk | ngong duga wong iki wignya ||

4. mangkana osiking galih | nora pijêr asêmbahyang | ing batin seje [se...]

--- 86 ---

[...je] dèn ame | nanging milu rubuh gêdhang | ya ta wusnya samana | praptèng ngisa bakda sampun | lajêng sami lênggah tata ||

5. nyamikan sumaos ngarsi | ni nyai maksih alênggah | anèng keringe kakunge | putra kalih wurinira | modin lan mrêbotira | maksih angadhêp sang wiku | santri kèh nèng jawi aglar ||

6. nulya ki buyut lingnya ris | marang ingkang wau prapta | anak ala nganggur mangke | dimèn tanak lêlungguhan | dawêg sami rêrasan | anrasèhkên babing ngilmu | pun anak pan wus kacihna ||

7. ingsun duga wus winasis | katara duk dadi imam | ukur tanduke atètèh | ngakua bodho tan kêna | matur Sèh Amongraga | marma mariki wak ingsun | kapanggih lawan paduka ||

8. arsa anrasèhkên ngilmi | mangke paduka ngandika | langkung saking sukur ingong | idhêp-idhêp tuwan wulang | dawêg tuwan ucapna | kang dadya raosing kalbu | ki buyut gumuyu mojar ||

9. elok kang ujar puniki | kang sun takokkên mring sira | ngêndi ênggone Hyang Manon | Sèh Amongraga saurnya | wikana yèn lêrêsa | dene ênggone Hyang Agung | pan wontên ing gêdhong rêtna ||

10. jatine tigang prakawis | puniku amba miyarsa | ki buyut aris wuwuse | anèng ngêndi prênahira | lan paran têgês weka | kang aran gêdhong di luhung | Sèh Amongraga saurnya ||

11. rumiyin kula miyarsi | nèng sajroning [sajro...]

--- 87 ---

[...ning] badan kita | nabi wali mukmin kabèh | puniku jatine uga | ing pamyarsa kawula | tuduhe gêdhong di luhung | ênggone pan sêsimpênan ||

12. karsaning Hyang Maha Suci | marma ingaran rêtneka | pan punika sajatine | mila ingaran sêsotya | adi luwih punika | iku pamiyarsaningsun | wikana lêrês lêpata ||

13. yèku sêsotyaning bumi | ingaran kêmbanging jagad | kêkasihira Hyang Manon | ki buyut kêlangkung suka | mêthuki karsanira | sigra dènnya ngrangkul gupuh | wus babo iku larangan ||

14. pan dêdalan laku iki | pilih-pilih kang uninga | wus mandhêg samono bae | lah anggèr aywa dinawa | ngucap basa punika | măngsa kuranga cinatur | malih manira têtanya ||

15. lair batin sarirèki | apa sayêktine tunggal | nora pisah ing karone | sakuthu roro-roronya | Amongraga turira | rumiyin amba angrungu | inggih kang catur punika ||

16. wikan lêrês lêpatnèki | yèn ing jasat tuwan ika | yèn pinèt nama laire | nadyan ing batin tan beda | tuwan lawan kawula | tunggal jatining Suksmèku | ing lair sêpuh paduka ||

17. ing batin sayêkti sami | tan wontên anèm sêpuhnya | mèsêm ki buyut dêlinge | ana malih ujar ingwang | kaya pa kawruhira | anama salah pangrungu | alim lawan kawruhira ||

18. kaya pa badan puniki | dene ta ingaran tunggal | kaya pa punika [puni...]

--- 88 ---

[...ka] rêke | Amongraga saurira | bedane kawruh ika | lan kawruh rêke puniku | dhingin manira miyarsa ||

19. apa ta ingaran alim | kang manjing ing jiwa raga | kang dadi rasa jatine | kanugrahan jatineka | manira amiyarsa | jatining sastra puniku | lir êmas timbul ing toya ||

21. Maskumambang

1. kyai buyut malih wuwusira aris | ingkang kawruh ika | têgêse ta kadipundi | Amongraga saurira ||

2. ingkang kawruh sajatinipun anênggih | tingal kang tan luwar | wiyose Hyang Suksma luwih | ngilmu kawruh jatinira ||

3. tan kêkalih pralambine ingkang ngilmi | lir sêkul upama | ingkang pinangan saari | wontên dene kawruhira ||

4. gih punika kang darbèni pangan singgih | ki buyut karênan | miyarsa panjawabnèki | ya ta angrangkul sang brata ||

5. sarwi angling adhuh anak ingsun gusti | ujare tan bisa | dene iku wus winasis | lah ta nyai ora ilang ||

6. ênggonira angrêngkuh anak sayêkti | nyai têtakona | sampurnaning salat daim | sun duga anakmu wignya ||

7. dêdimène ni rara padha miyarsi | sira sok têtanya | maring sun durung dumêling | ni nyai ngangsêg lungguhnya ||

8. sarwi ngucap dhuh anak ingsun wong sigit | kawula anêdha | supangat andika nênggih | pun biyang andika wulang ||

9. malah mandar samya tinelada sami |

--- 89 ---

mring rayi paduka | pan samya kasêngsêm ngilmi | Sèh Mongraga aris nabda ||

10. inggih karsa andangu punapa mangkin | ni nyai lingira | sunat pêrlu salat jati | artine kadya punapa ||

11. Sèh Mongraga mèsêm anauri aris | manira miyarsa | têgêsing pêrlu puniki | dhingin gumanti ing sunat ||

12. kang liningan nauri lêrês kadyèki | têgêse punapa | kang pêrlu jatinirèki | Amongraga saurira ||

13. têgêsipun kang pêrlu punika singgih | langgêng jatinira | kang langgêng tan kêna gingsir | karane iku sarengat ||

14. pinagêran tan kêna lênggana pasthi | anglakoni samar | agung paidahe nênggih | ingkang têka ing têgêsnya ||

15. yèku bakal atampi ganjaran benjing | sasampune ika | têgêse lampah sajati | apan sayêktine salat ||

16. sadurunge têlas lampahe puniki | tan na ukum baya | ni nyai amuwus aris | kang sunat paran têgêsnya ||

17. Amongraga alon anauri aris | kang sunat têgêsnya | margane langgêng puniki | dene iya ananira ||

18. yèn wus têkèng paran ing laku puniki | tăndha yèn tuk sawab | padhang paningalirèki | pan awas jatining lampah ||

19. ni bok nyai alon wuwusira aris | sunat pêrlu ika | apa kêna yèn tinunggil | ana ing lêmah punika ||

20. Amongraga anauri rum amanis | pasthi lamun kêna | yèn [yè...]

--- 90 ---

[...n] sampun tumêkèng jati | lan yèn têlas lakunira ||

21. wus tan nganggo etung ing nêptu puniki | lampahing utama | sabab tinunggil karyèki | têgêse wus nèng ngayunan ||

22. lan kawruhe tan kandhêg daluwang mangsi | pan wus antuk sawab | marma tan etung ngabêkti | ing wêktu rêke wus nunggal ||

23. ni bok nyai aris atêtanya malih | anak wontên basa | sintên ta namanirèki | puniku roh kang sanyata ||

22. Mêgatruh

1. Amongraga alon wau sauripun | manira miyarsa warti | yèku kanugrahan ingsun | ni nyai amuwus malih | marmane aran mêngkono ||

2. winastanan kanugrahan marmanipun | Amongraga anauri | marma ingaran puniku | yêkti wayanganirèki | wêwayanganing Hyang Manon ||

3. ni bok nyai malih atêtanya arum | ana masalah kadyèki | sajroning kakung puniku | wanita jatinirèki | nênggih sajroning wong wadon ||

4. ana kakung kadya paran têgêsipun | Amongraga anauri | pan nênggih pangrunguningsun | sajatine kakung nênggih | sayêkti ananing êroh ||

5. ingkang murba misesa jisim puniku | nyawa ingaran sih èstri | dene ta kang kapurbèku | ananing roh iku singgih | dudu lanang kang sayêktos ||

6. satuhune lanang ananing Hyang Agung | dene tan ana murbani | ni nyai malih amuwus | kang pawèstri kadipundi | lah jawabên anak ingong [i...]

--- 91 ---

[...ngong] ||

7. Amongraga saurira manis arum | pan datan beda puniki | nênggih wong wadon puniku | kalawan priya pan sami | samya wajib ulah batos ||

8. ni bok nyai malih atêtanya arum | sapa Pangeranirèki | lah payo ucapna gupuh | aywa nganggo akêkêlir | Mongraga nauri alon ||

9. apan ingsun Pangeran sajati iku | datan liya saking kami | andika lan kawulèku | sayêkti tan beda ugi | tan kêkalih atunggil gon ||

10. langkung suka ki buyut dènira ngrungu | ya ta sadalu tan guling | dènira arêbat kawruh | katib marêbot tan guling | pan samya myarsakkên dongong ||

11. rara kalih langkung kasmaran angrungu | angalêm sajroning galih | iki si wong bagus tulus | awidagda ulah ngilmi | sun sêngguh durung kinaot ||

12. nora larang iya wong mangkono iku | dèn rewangi adol tapih | ingsun têtêdha wong bagus | alawasa anèng ngriki | duwea karêp maring ngong ||

13. kunêng ingkang ngunandika jroning kalbu | ki buyut ngandika aris | adhuh anggèr putraningsun | dipun lawas anèng ngriki | arinta wulangên karo ||

14. sun srahakên marang ing sira satuhu | nadyan têmbe ana sudi | kang kawasa anak ingsun | anglakèkkên rinta benjing | suka lila raganingong ||

15. Amongraga aturira manis arum | kalangkung panuwun mami | ing

--- 92 ---

sih paduka kang dhawuh | datan sagêd amangsuli | nanging apuntên kemawon ||

16. sêdya ulun namung asipêng sadalu | sirik yèn wêwaha malih | pintên banggi ta ing pungkur | yèn ugi sami basuki | pasthi wangsul raganingong ||

17. yèn kapanggih putranta kang kula ruruh | èstu amba nuntên bali | sang pandhita aris muwus | mring pundi gèn ta ngulati | kang sinung ngling matur alon ||

18. ngong upaya dhatêng nagari Matarum | pan inggih lamun kapanggih | awit kathah wăngsa ulun | kang sami wontên Matawis | yèn wontên ngrika kapanggoh ||

19. wus tinutur kabèh mulabukanipun | sang tapa sarêng miyarsi | mring ature sang linuhung | karantan waspanya mijil | bok nyai lan putra karo ||

20. sarêng myarsa ing tutur asênggruk-sênggruk | ki buyut ngandika aris | marang garwa miwah sunu | wis padha aywa nênangis | mundhak susah kang badhyandon ||

21. iya namung sira nyai lawan ingsun | padha jurung puji dhikir | salamête nèng marga gung | lan muga enggala panggih | ingkang sami ingupados ||

22. iya dimèn sutanira gêlis wangsul | wus aja kakehan pikir | garwa kèndêl dènnya muwun | wusana mêmêkas maring | Sèh Mongraga wantos-wantos ||

23. Amongraga aturira manis arum | yèn ugi sami basuki | pasthi yèn manira wangsul | bok nyai wacana ris[6] | wêlasa arinta karo ||

24. kunêng datan winuwus [winu

--- 93 ---

[...wus] ing solahipun | Mongraga umangkat aglis | ki buyut sakatibipun | samya angatêr ing jawi | wangsul sawetaning dhukoh ||

25. ya ta Ki Sèh Amongraga lampahipun | padhukuhan wus kawuri | abdi kêkalih tan kantun | lumampah anurut wukir | adulur lampahe kang wong ||

22. Pangkur

1. wus lêpas ing lampahira | Sèh Mongraga jumênêng anèng wukir | manjing ing guwa asamun | kèndêl sajroning guwa | asêmbahyang munggwèng sadalêming ngriku | sabakdaning salat donga | lajêng mawantah amuji ||

2. tan wontên ingkang kacipta | mung sihing Hyang kang pinandêng jro ngati | samana pan sampun dalu | dènira nèng jro guwa | wanci bangun enjing wêdalnya sang bagus | nênggih saking jroning guwa | laju lampahira aris ||

3. anarajang jurang sêngkan | pan tumawing parang curi anggawing | akèh siluk singub-singub | jurang trêbis katingal | panggriting kang ori wor panggriting pêtung | sumyak swaraning cêmara | kumrisik kang wuluh gadhing ||

4. kumrasak swaraning tirta | ron ampura lir surak ambarungi | sata wana munggwèng bulu | pan kadya anambrama | mrak nyangungong myang swaraning paksi umung | kang amăngsa wohing gurda | enggar manahe sang brangti ||

5. Mongraga arsa nupiksa | swaraning kang kinjêng tangis nèng êmring | lir dyah rinabasèng kakung | pangrêngihirèng swara | lir kawratan lulut munggwèng ing jinêmrum | pradapaning jring kumêlap |

--- 94 ---

kadya mangawe kang prapti ||

6. ingkang lagya anggung rimang | Sèh Mongraga mèsêm sajroning galih | sadina dènnya lumaku | kèndêl kalamun salat | duk samana wayah asar andhapipun | lajêng minggah ing aldaka | sayah ararywan alinggih ||

7. anèng sela sumayana | pucak arga nèng ngandhaping kusambi | Jamal Jamil ting kalêthuk | mangan wohing kêmlaka | lawan kêtos kang matêng-matêng kinrêmus | Sèh Mongraga mèsêm miyat | mring abdinira kêkalih ||

8. adangu dènira rarywan | ya ta kagyat anon dhukuh rêspati | sukuning Sundara gunung | anggênggêng katingalan | wastanira ing dhukuh Andongtinunu | dene ta ingkang atapa | aran Ki Sèh Suksmasidik ||

9. amung wolu sabatira | ingkang jaga marang Ki Suksmasidik | pandhita wadat satuhu | darbe putra satunggal | dènnya manggih anèng sapucaking gunung | tan karuwan kang sêsuta | dènnyantuk duk maksih alit ||

10. êmèh kadi rare tiban | saking rare winulang siyang ratri | mring rama sang maha wiku | marma sang dyah tan cipta | palakrama saking kasêngsêm ing ngilmu | pasêmon ladak agawat | ngêgungkên yèn sugih ngilmi ||

11. ing nguni pan wus kalakyan | pan akathah sagung para patinggi | kang sami kasmaran ngrungu | ing wartane sang rara | andhatêngi akathah ingkang kawangsul | saking dene tan kaduga | sang rara panjaluknèki ||

12. tan anjaluk [anjalu...]

--- 95 ---

[...k] rajabrana | mung anjaluk ngilmu ingkang ginaib | nadyan para santri agung | kang prapta tan kawawa | angasorna ing ngilmunira sang ayu | undure amèt upaya | dhuyung sumbaga lan dhêsthi ||

13. akathah ingkang misaya | ing paekan nanging tan anêdhasi | saking wêntala sang ayu | nahan kang anèng marga | Amongraga tumurun saking ing gunung | osik badhe umampira | marang dhukuh kang kaèksi ||

14. dadya laju lampahira | pan sinêru lampahira sang brangti | nurut èrèng-èrèng gunung | samana pan wus cêlak | lan dhukuhe nênggih ing Andongtinunu | sukunira kang lèr wetan | lawan ing Sundara wukir ||

15. masjide katon anganggrang | pan acèkli kèdêran dening warih | balumbang gung keringipun | tinanêman tunjung bang | tunjung putih irim-irim tunjung biru | tarate mangsanya sêkar | ganggêng lawan ganggong wilis ||

16. masjide binatur sela | umpakipun apan sela ingukir | pagêre tabag ingapu | korine kir-ukiran | mastakane rineka-reka apatut | tilase pinayu anyar | ijo lir dhinandhanggêndhis ||

23. Dhandhanggula

1. jajar kalih wisma cèkli-cèkli | pandhapane dhinêkêt kewala | lan wisma tinalang bae | latar rêsik dinulu | tiris wulan lan tiris gadhing | têpung mubêng pomahan | wohan wangèn agung | sasêlaning tiris gènnya | palataran pêthetane sawo

--- 96 ---

manggis | dhuku lawan pijêtan ||

2. pêlêm pakèl jambu lan kuwèni | lagya mangsanira awoh samya | kilèn pandhapa masjide | sêsêkarane agung | tan ana lyan tanêmannèki | pan namung kêmbang-kêmbang | prasamya binatur | ing sela pingul sadaya | amêpêki sadaya warnaning sari | mangsane lagya sêkar ||

3. campur gandaning pudhak kasilir | rum ulêkan gandanya angambar | pandhansari pêpinggire | ingkang balumbang agung | sobrahning kang pandhan kinardi | pasênêtaning ulam | tămbra lukas mangut | ulame mawarna-warna | yèn mangsane asar samya dèn pakani | kathah munggut sadaya ||

4. toya muncar dumilah awêning | we tumurun kang saking aldaka | apan tinalang anjoge | iline marang dhusun | tan wus ucapêna asrining | rakit-rakiting dhêkah | pan singêr apatut | cacade cilik kewala | ya ta ingkang lumampah pan sampun prapti | jawining pakarangan ||

5. nahan hyang arka wus nitih wukir | sang abrata kèndêl ngandhap gayam | jabaning lawang korine | pan ana sêndhangipun | witing gayam apan ngubêngi | ing sêndhang pangangsonan | wong èstri ing ngriku | rabinira para sabat | lan malihe yèn ki sèh mêntas ningali | kêkaring mirsa têgal ||

6. sakondure ngriku gèn sêsuci | lajêng dènnya ngambil toya kadas | wontên ing ngriku jujuge | ya ta samana nuju | Ki Sèh Sidik saking

--- 97 ---

ing têgil | mantuk ingiring sabat | sang rara atumut | umiring marang kang rama | ya ta kagyat Ki Sèh Sidik aningali | kang lênggah pinggir sêndhang ||

7. santri anom warnanya apêkik | ya ta lajêng dènnya uluk salam | Ki Sèh Mongraga nulya ge | ngadêg aris sumaur | ya ngalekum salam nauri | jawab tangan sawusnya | Sèh Sidik amuwus | anak teja sulêksana | têmbe mirsa pun bapa kalawan malih | ngajêng paran sinêdya ||

8. Amongraga pan wus awêwarti | wismanira tuwin kang sinêdya | marmamba kampir yêktine | kadalon lamun angsung | ing sawêngi amba nyukêri | nênggih masjid paduka | ki sèh sarêng ngrungu | kalangkung awlas ing driya | osiking tyas narka kalamun wong luwih | sasolahe katara ||

9. lan cahyane pan dadya pandêling | nyana yèn dudu santri la-ala | wau sang dyah sadangune | mandêng marang kang rawuh | asmu kenyut gènnya ningali | salamine sang rara | pan dèrèng kagumyur | tumingal marang ing priya | pan lagyèki sang dyah osik jroning galih | wong iki sun watara ||

10. ing praptane baya gawa dhêsthi | pinasangkên ana ing dêdalan | katara ragèngsun kiye | gorèh mulat wong iku | sun watara asugih ngilmi | pawartane ing Karang | gone wong linuhung | sukur ki dalêm bisaa | anglêgakkên marang manah ingsun singgih | dhedhekan pangawulan ||

11. Ki Sèh Suksmasidik ngandika ris | sukur pun anak [ana...]

--- 98 ---

[...k] sudi kampira | mring dhepok kawula mangke | nulya ingajak laju | jujug masjid lênggah surambi | sang brata eram mulat | anon rêsikipun | pasang-pasanging sêkaran | lan rêsike palataran karang asri | nêdhêng măngsa wohira ||

12. dènnya lênggah nèng walulang sapi | nanging rinangkêpan kasah anyar | sang tapa nganthuki age | marang ing sabatipun | Santri Juris uningèng wangsit | kalawan Ki Nursurat | mring têgal angundhuh | timun karai sêmăngka | kimpul kênthang talês lawan wi gêmbili | santrine kang sêkawan ||

13. Amadiman lawan Amadasim | Ki Nuripin lawan Amadbadar | kinèn misaya ulame | Mandrasa lan Nursamut | lan rabine kinèn ngrewangi | nèng pawon mring ni rara | kang mring têgal rawuh | tuwin kang misaya ulam | lajêng sami ulamira dèn ratêngi | pan ingolah mawarna ||

14. wusnya matêng nulya dèn wadhahi | anèng piring rinampad ing dhulang | sêmăngka timun kraine | ana ing panjang watu | kimpul kênthang uwi gêmbili | tinata panjangilang | pêlêm pakèl jambu | kuwèni lawan srikaya | winadhahan nèng bokor kuningan nuli | sêkul wus winadhahan ||

15. anèng sumbul ya ta sang dyah nuli | pan inguwuh marang ingkang rama | kinèn nyaosakên jambe | ya ta sang rara gupuh | malbèng wisma anulya salin | asinjang mori pêthak | kêmbên daramuluk | asêngkang urubing damar | pupuripun anglamat nora katawis | dhasar kuning ni rara ||

16. sêsupene

--- 99 ---

pan akalih sisih | sêkar sêdhah lan sasra ludira | munggèng ênthik-ênthikane | wusnya dandan sang ayu | lajêng nata pawohannèki | anèng talam kuningan | cêpukipun pênyu | lajêng malih tinimbalan | mring kang rama nulya sang rara agipih | mêdal năngga pawohan ||

17. langkung merang mulat ing têtami | sarimpungan dènira lumampah | lir wong amêndêm pucunge | ya ta Mongraga dulu | têka mèsêm sajroning galih | nênggih sang rara nulya | lênggah wurinipun | ing rama sang tapa nyandhak | kang pawohan sinaosakên mangari[7] | sarya ngling mring kang prapta ||

24. Pocung

1. lah ta dawêg amucanga putraningsun | nuwun kang ingatag | sang tapa angling mring siwi | rara apa uwus gonmu olah-olah ||

2. ingkang putra matur bêbisik yèn sampun | kang rama ngandika | marang Sèh Amongraga ris | lah punika anak rayi jêngandika ||

3. mung sêpele anak paringe Hyang Agung | matur kang liningan | pun êmbok wontên ing pundi | sang pandhita gumuyu ing saurira ||

4. wus tinutur wau ing sadayanipun | mèsêm Amongraga | nahan ta sang rara nuli | wusnya ngrakit dhahar gya binêkta mêdal ||

5. santri kalih kang ngrămpa dhêdhulangipun | kang aisi ulam | sumbul binêkta wong siji | kang nyamikan apan ta dadi sadhulang ||

6. nikèn rara kang bêkta lantinganipun | ing sapraptanira | ing langgar lajêng sinaji | sêkul sumbul apan wus tinumplak panjang ||

7. ulamipun [u...]

--- 100 ---

[...lamipun] tinata tharik nèng ngayun | pan awarna-warna | ya ta sawusira nuli | sang pandhita ngacarakkên dawêg anak ||

8. wêwantinga sugatane rinirèku | sawontêne uga | sugatane tiyang ardi | kang liningan nuwun anyandhak lantingan ||

9. atêturuh sang pandhita gya têturuh | dyan lêkas adhahar | adangu dènira bukti | sawusira lajêng linorodkên nulya ||

10. lawan sabat sarencange tumut kêmbul | gantya kang dhaharan | sinaosakên ing ngarsi | sang pandhita lan tamu dhahar nyamikan ||

11. duk samana nuju mahrib wancinipun | dyan sami têtoya | angambil toya kadasi | sabat wolu ngambil toya wulu samya ||

12. Jamal Jamil wusnya ngambil toya wulu | sira lajêng adan | sajak Carêbon agalik | sami eram sagung ingkang amiyarsa ||

13. dhasar bêsus Ki Jamal akarya têmbung | wusnya sami sunat | Jamil ingkang angamadi | Amongraga pinêksa pan dadi imam ||

14. anuruti dadya imam sawusipun | bakda gya pujiyan | ri wusnya anulya dhikir | wusnya dhikir lajêng dènnya maos donga ||

15. wusnya donga lajêng sêsalaman sampun | nulya tata lênggah | sigra panganan sumaji | ya ta kalihira adhahar nyênyamikan[8] ||

16. sang pandhita aris pangandikanipun | dhatêng Amongraga | anak ala nganggur sami | inggih saking dèrèng sumurup kawula ||

17. nêdha brêkah pun bapa sayêktinipun |

--- 101 ---

dhumatêng pun anak | punapa samia ugi | rahsanipun ngilmu ing ngriki lan Karang ||

18. Amongraga mèsêm aris sauripun | punapa sanèsa | pan inggih namaning ngilmi | yêkti sami ing ngriki lawan ing ngrika ||

19. sanèsipun ing ngriki lêbêt kalangkung | kathahên wangsalan | sanès kalawan ing Kawis | gathak-gathuk botên kathahên karenah ||

20. sang pandhita aris wau wuwusipun | anak yèn pun bapa | ing nguni manira manggih | kang wirayat saking têtiyang mulana ||

21. nanging botên binabarkên yêktinipun | pan sawêg micara | ingumpêtan dèn jarwani | marma taksih ribêd manahe pun bapa ||

22. Amongraga aris wau aturipun | lah tuwan jarwakna | kawula badhe miyarsi | sang pandhita aris dènira ngandika ||

23. inggih wiwitane kang jagad puniku | mring Hyang Maha Mulya | pundi kang kinarya dhingin | Amongraga sumaur apan datullah ||

24. tinibakkên Puat Babu Kawa nêngguh | duk lagine ana | ing sirahe Adam singgih | aranipun pan inggih Betalmukadas ||

25. ingkang Betal Muhkamad ing têgêsipun | kang dadi pangarsa | têgêsing kadas pangèksi | duk nèng kuping kanan wau kayat rannya ||

26. duk nèng kuping kiwa wilayat ranipun | yèku nur sanyata | duk nèng mata têngên singgih | pan ingaran nênggih rahsa jati ika ||

27. soca kiwa sari rahsa wastanipun | dene gulu kiwa | wau wahit wastanèki | duk [du...]

--- 102 ---

[...k] nèng dhadha wakit wau wastanira ||

28. duk nèng ati sirullah pan namanipun | sang tapa angucap | duk lagi nèng pusêr iki | gih punapa anak wastane punika ||

29. Amongraga aris wau sauripun | duk nèng pusêr ika | jamilah wastane nênggih | duk lungane mring sagara rante ika ||

30. duk tumurun nutpah arane puniku | duk nèng kêmpung rannya | ambah wastanipun singgih | anèng têngah kalam awan ingaranan ||

31. nukat duk nèng pucuking kalam puniku | nêptu gaib apan | duk tiba wêwadhah singgih | lir mas timbun duk tumibèng Babu Kawa ||

25. Maskumambang

1. ingaranan nênggih madi lawan mani | manikêm wêwadhah | wadi ênggone rahsèki | madi sajatining rahsa ||

2. mani satuhune arane puniki | kang manikêm ika | duk kêmpêl rahsa sajati | kakung kalawan wanodya ||

3. manthuk-manthuk sang pandhita takèn malih | dadine punapa | wadi madi lawan mani | lah pun bapa jarwanana ||

4. Amongraga mèsêm aturira aris | wadi dadinira | duk kêmpêl tibane kalih | anèng wêwadhah punika ||

5. sayêktine datullah jatining urip | sang tapa ngandika | paran rupane rahsèki | Amongraga aturira ||

6. rahsa iku rupane pan anglir gêtih | nging dudu ludira | ingkang puniku anênggih | lawan kaya daging ika ||

7. nanging sajatine apan dudu daging | apan johar awal | têgêse johar sayêkti | punika apan sêsotya [sê...]

--- 103 ---

[...sotya] ||

8. apan iku ingkang dinadèkkên dhingin | roh ilapi ika | sang pandhita takèn malih | puniku paran têgêsnya ||

9. roh ilapi sayêktine ingkang pundi | pun bapa padhangna | Amongraga anauri | têgêse roh uripira ||

10. kang ilapi apan ta pratandhaning sih | ing sayêktinira | lan malih ingkang ilapi | sajroning urip pan ana ||

11. wus kalingling dening Suksma kang linuwih | nanging ora kêna | yèn ngugêmana puniki | nênggih kang sami ingucap ||

12. ora kêna katungkul wong ulah ngilmi | yèn anggung jubriya | lir angambil minèng kali | iwak sakêdhung wus sirna ||

13. paksa adrêng pangamèke tan amikir | pijêr suka-suka | pakewuh tan dèn kawruhi | tan wruh yèn sinisil baya ||

14. pan mangkono lambange wong ulah ngilmi | kudu aprayitna | lan malih nêbihkên kibir | sang pandhita ngrangkul sigra ||

15. sarwi angling dhuh putraningsun wong sigit | sun sêngguh tan limpad | ing kawruh ingkang sajati | Amongraga aris nabda ||

16. inggih namung darmi kewala ngong yêkti | sagêd amicara | nging dèrèng sagêd nglampahi | ya ta wau nikèn rara ||

17. sadangune miyarsa kang samya angling | nèng wurining rama | langkung kasmaran ing galih | mring kang gunêm ngilmu rasa ||

18. osiking tyas nyata winasis wong iki | baya iku ingkang | pantês manira ngèngèri | yèn ambadhe sual ingwang ||

19. pan [pa...]

--- 104 ---

[...n] mangkana sang rara osiking galih | ya ta sang pandhita | maliha wacana aris | marang Ki Sèh Amongraga ||

20. lah ta anak puniku arinta nênggih | pan andika wulang | lan darbe kawruh ing nguni | pan kawula tari krama ||

21. datan ayun yèn tan wontên tiyang bangkit | anjawab kawruhnya | Amongraga mèsêm angling | manira ayun miyarsa ||

22. ing kawruhe inggih manira manawi | sagêd amadhangna | mring ni rara tyasirèki | de wus lami kasmarannya ||

26. Asmaradana

1. sang pandhita sukèng galih | angling marang putranira | lah rara majua age | matura mring kakangira | pan iya ngarah apa | aran wus manjing sadulur | ciptaningsun mring rakanta ||

2. ing dunya praptaning akir | manjinga dadi atmaja | insa Allah anggêp ingong | ya ta sang rara alênggah | ing keringirèng rama | matur nuwun apura gung | marang Ki Sèh Amongraga ||

3. sampun paduka wastani | kawula tiyang gumisa | nênuwun brêkah yêktine | Mongraga mèsêm ngandika | iya nadyan manira | tan rumasa yèn linuhung | lagya rêrasan kewala ||

4. kaya sira lawan mami | pan iya tuntun-tuntunan | lah mara ucapna age | ingkang dadya kawruhira | manirarsa miyarsa | pirabara awak ingsun | yèn bisa amadhangêna ||

5. sang tapa nambungi angling | rara age ucapêna | buntêlamu salawase | sun duga măngsa susaha | pan iku kakangira | rara mêgat sih

--- 105 ---

amuwus | amba miyarsa wirayat ||

6. makatên ucapirèki | ingkang angsung wruh ing tingal | pan salah dalih kawruhe | anglir muksa jiwa raga | kakung miyat wanita | Sèh Mongraga mèsêm muwus | iku manira miyarsa ||

7. kang badan roh iku yêkti | linairkên rahsanira | pan amung roh ilapine | tanpa jisim yêktinira | rohkhani roh banika | dene anane puniku | marmane ana roh nyawa ||

8. ingaranan roh ilapi | pan kinarya kanyataan | ni rara malih atakon | dununge nêpsu punika | amarah mutmainah | luamah supiyah iku | inggih pintên warnanira ||

9. kang nêpsu amarah pundi | inggih kalawan supiyah | kadospundi ing dununge | atur kawula punika | Amongraga saurnya | nêpsu amarah puniku | ingkang karêm marang ala ||

10. ingkang tan surud ing ati | sadêrah nêpsu punika | yaiku amarah rêke | dene nêpsu mutmainah | kang rêmên kabêcikan | tuhu suci karsanipun | luamah kang marang loba ||

11. supiyah karêpirèki | kang karêm panggawe salah | amarah iku karêpe | mêmulang panggawe ala | iku sasmitanira | wus pangawak setan tuhu | blêkêthuthur bangkrah lungkrah ||

12. sang rara umatur malih | pundi andhap luhurira | Mongraga aris saure | kang luhur iku tan ana | ingkang luwih utama | dene kang luwih puniku | budi sasmitaning Suksma [Su...]

--- 106 ---

[...ksma] ||

13. kang satêngah dèn arani | budi tuduh maring ala | ana kang ngucap mangkene | dene kang mau prayoga | samêngko têka ala | kupur kang ngucap puniku | ambodhokakên Hyang Suksma ||

14. tan wruh yèn Hyang Maha Suci | ingkang paring bêcik ala | budi iku sayêktine | pratăndha karsaning Suksma | èstu tan ana madha | kalawan malih winuwus | puniku ayun waspada ||

15. tan kêna asalah dalih | ingkang badan roh punika | apan sakawan cacahe | nyawa jasmani punika | ingkang ingakên tunggal | roh rahsa jati puniku | yèku roh ilapat ika ||

16. dudu nyatanira yêkti | ananging tunggal ing karsa | kang rabani iku rêke | nyatane dat ilahpika | sipat lawan apêngal | sang rara malih umatur | pundi kang jati punika ||

17. Amongraga anauri | kang aran kadas punika | kalawan sangkanparane | duk lagine iku iya | lali rusakaning dyah | laline rahsa akumpul | dene tingal kang murcita ||

18. duk laline rahsa nênggih | kakung sumuking wadana | kumêsar tan ngrasa rêke | marma yun gambuhing tingkah | ni rara anoraga | pratelakna têgêsipun | gambuhing badan punika ||

27. Gambuh

1. Amongraga amuwus | yêkti tingal kang mandêrik iku | cipta praptèng manahira kang sayêkti | limut pyuh sirna kawimbuh | jisim johar ingkang lonyoh ||

2. wèh rasa kang kadulu | jasmani ingkang

--- 107 ---

angsung puniku | ing têgêse duk acampuh rahsa jati | wanodya kalawan kakung | jasat aranira rêko ||

3. jasmani duk lagyèku | tampi rahsa saking angganipun | apan iya dadi sêsakanirèki | ing satêmahe puniku | wanodya kang angsung raos ||

4. rahsa manikêm iku | wanita kang rahmani puniku | sayêktine jisim iku kang atampi | nikèn rara malih matur | kawula nuwun jinatos ||

5. roh ilapi puniku | kadya paran nênggih artinipun | Amongraga aris dènira nauri | roh rabani kang satuhu | kang aran manikêm yêktos ||

6. warna lir mutyarèku | roh rahmani nênggih priyanipun | roh ilapi yèku uga napi jinis | dudu badan sanyatèku | kang jasmani iku rêko ||

7. ngakên raga suksmèku | jisim alus arane puniku | kang rohkani tanpa rupa warna nênggih | lir sêkar pralambinipun | kakung kombangira mêngko ||

8. duk mangrabasèng santun | sari upama wadon puniku | marma ayun awas sariranirèki | duk lagine sêkar kudhup | yèlu lambange kemawon ||

9. jaba prênahing madu | poma dèn awas ing prênahipun | yèn wus wikan pasthi wruh asmaragami | yèn kang waskitha yêkti wruh | nanging ora sadhengah wong ||

10. kang wruh basa puniku | lamun ora manthêng ciptanipun | dhêlêg-dhêlêg sira ni rara mêgat sih | angartika jroning kalbu |

--- 108 ---

nyata pinunjul iki wong ||

11. ora larang puniku | sun rewangi adol tapih ingsun | nguni-uni antuka mangkene uwis | kalakon laki wak ingsun | mangkana osiking batos ||

12. Mongraga ngandika rum | têka mênêng apa wus sumurup | lah ta payo manawa ana kang kari | sang tapa nambungi wuwus | ngong duga kadya wus katog ||

13. rara matura gupuh | marang kakangira apa uwus | amung iku iya buntêlanirèki | kang putra lon aturipun | inggih wus têlas tur ingong ||

14. sarta kawula sampun | padhang narawang ing manah ulun | sang pandhita gumujêng abêlik-bêlik | lah ora piraa iku | dene ta amung sêmono ||

15. apan ta wus bêgjamu | lan maninge wus kalêbèng wuwus | sapa ingkang amadhangkên tyasirèki | amawongan sira iku | ni rara lèngsèr saking gon ||

16. mingsêr lênggah tumungkul | Sèh Amongraga mèsêm andulu | nikèn rara mundur malbèng wisma nuli | sêmana kongsi sadalu | dènnya bantah ngilmu raos ||

17. ing wanci gagat bangun | sang pandhita angandika arum | abêbisik mring kang putra Sèh Mongragi | barang rèh ing karsanipun | Amongraga turira lon ||

18. amba langkung anuhun | ing pasihan ta ingkang dhumawuh | amba mangke dèrèng sagêd anglampahi | kajawi kalamun sampun | kapanggih sadhèrèk ingong ||

19. pasthi kawula wangsul |

--- 109 ---

anut ing karsa ingkang puniku | ing samangkya dèrèng sagêd amangsuli | sang tapa kalangkung ngungun | myarsa aturnya sang anom ||

20. wusana aris muwus | mring Mongraga pan sarwi angrangkul | nanging poma sutaningsun wong asigit | ing benjing yèn wus kapangguh | kang sira upaya karo ||

21. poma-poma nak ingsun | nuli wangsula marene gupuh | sayêktine lawas enggala sun anti | Sèh Mongraga aris matur | inggih sampun welangatos[9] ||

22. yèn saèstu kapangguh | sadhèrèk kula kang kesah nglangut | ulun sèstu botên anyidrani janji | sang tapa lêga tyasipun | ya ta Sèh Mongraga gupoh ||

23. anjawab astanipun | wusnya salaman umangkat gupuh | Jamal Jamil umiring lampahirèki | sang tapa lan sabatipun | angatêr jawining dhukoh ||

24. ing solah tan winuwus | Sèh Mongraga lêpas lampahipun | santri kalih tan pisah ana ing wuri | murang marga pan andarung | tan giris myat ing margewoh ||

28. Girisa

1. sêmana wus byar raina | kang mega malang sumirat | angganthêng pucaking ardi | akèh warnane kadulu | ana lir wastra manjêthi | wênèh pindha muteara | ana kadya wastra wungu | rinenda têpinya murub ||

2. kèh swaraning buron wana | andaka maesa danu | pating galêrêng mongira | munya nèng garumbul samya | mangsane duk malih lagya | saking dènira mêmăngsa | pan wus adate [a...]

--- 110 ---

[...date] kang sima | yèn dalu kesah mèt mangsan ||

3. ulihira byar raina | pae lan buron kèh ika | yèn dalu pan samya nendra | bangun enjang samya munya | arame banjur sêsaba | wre lutung munya aramya | lan rangutan uwa-uwa | rame gumuruh swaranya ||

4. hyang pratăngga mungup-mungup | munggwèng pucaking aldaka | gumêrah swaraning kaga | rêbut wohing bulu gurda | cocak jalak menco johan | kuthilang glathik gudhawa | bèthèt sulindhit branjangan | nori burcèt lan parênjak ||

5. enggar manahe sang brata | myarsa swaraning kukila | kadhasih munya ing tawang | amlasasih kapiyarsa | kadya angandhêg ing lampah | pêksi bêluk munya nglamat | kadya ngenggalakên lampah | sang brata mèsêm ing driya ||

6. wruh sasmitaning kukila | ya ta aris lampahira | anurut ing wanapringga | mudhun jurang munggah arga | tan ana durgama ketang | ing cipta age wêruha | dhukuhe Bayi Panurta | kang aran ing Wanamarta ||

7. ing siyang ratri lumampah | kèndêlira lamun salat | nurut Kêndhêng lampahira | datan winarna ing marga | duk samana sampun prapta | talatahing Majalêngka | enggar manahe sang brata | nulya lajêng lampahira ||

8. anuju pêcat rakitan | Jamal Jamil kinèn tanya | mring wong kang giring maesa | prênahe ing Wanamarta | wus têtanya sinauran | puniku ingkang katingal | dhukuh agêng

--- 111 ---

kawistara | tan wontên kang nimbangana ||

9. andika lajêng kewala | ing mangke pasthi katingal | masjide agêng anganggrang | lan malih kawula tanya | andika santri ing pundi | sumaur ingkang tinanya | kawula santri atêbah | saking ing Bantên yêktinya ||

10. marma drêng mring Wanamarta | kawula miyarsa warta | lamun Ki Bayi Panurta | sabar tur lila ing dunya | anuntun ing wong balilu | asih maring kawlasarsa | punapa inggih yêktia | nauri kang tinakenan ||

11. inggih tan dora kang warta | saèstu lamun mangkana | ambêke Bayi Panurta | marma sagung pra bupatya | kathah kang sampun ambapa | awit tan cuwa ing karsa | Ki Bayi pan sarwa bisa | ngilmu agal alus wignya ||

12. langkung kathah santrinira | kawula dèrèng uninga | kang kadya ing Wanamarta | kèhing santri tuwin sabat | kados kawan èwu langkung | wiwit kula taksih bocah | wruh pasantrèn ngrika-ngrika | dèrèng wontên kang tumimbang ||

13. inggih lan ing Wanamarta | dhasar papane prayoga | mirah sandhang tuwin têdha | bêras pari lir sêsarah | mila santri têbah-têbah | kathah kang prapta mariku | apan wus adating santri | marani kang mirah têdha ||

14. kawula pan dèrèng lama | gèn kula mantuk sing ngrika | salamine pan kawula | dado[10] santrine Ki Bayi | Amongraga nambung wuwus | kalamun wontên wong prapta | inggih sintên kang jinujug | [11] ||

15. nênggih putrane panggulu | punika kang pinitayan [pini...]

--- 112 ---

[...tayan] | dhatêng Ki Bayi Panurta | Jayèngwèsthi wastanira | sabên wontên wong kang prapta | apan inggih wismanira | Jayèngwèsthi botên têbah | sakiduling masjid mangu ||

16. dene arinya awasta | Ki Mas Bagus Jayèngraga | pan inggih kalih punika | singa ingkang jinujuga | apan ta sutane priya | pan amung kalih punika | pawèstri pambajêngira | anama Kèn Tambangraras ||

17. kawula dèrèng uninga | wanodya kadi punika | putrane Bayi Panurta | apike kagila-gila | apan ta nguni kawula | nalika maksih nèng ngrika | apan akêrêp uninga | ingkang prapta lunga têka ||

18. sutaning patinggi desa | tanapi anak sudagar | tukone jor-ingêjoran | sami kawangsul sadaya | wit sang rara datan arsa | tinari mopo kewala | aturira mring kang rama | benjang kawularsa krama ||

19. yèn wontên sênênging nala | botên kudu dèn tukoni | lan botên melik kawula | wong kang bagus awibawa | sanadyan cebol bucua | lamun panuju ing driya | badan kawula sumăngga | yèn wus kalbu pêthèk amba ||

20. marma Ki Bayi kalangkung | susah myarsa turing putra | kalamun pinêksa-pêksa | ature pan kudu lunga | marma kang rama amupus | nauri kang namur lampah | kawula sawêg angrungu | wanodya tan arsa krama ||

21. manawi inggih punika | ngupados santri utama | angling malih kang tinanya | pan wus pirang-pirang dasa | santri têbih-têbih [tê...]

--- 113 ---

[...bih-têbih] prapti | sami santri jadhug-jadhug | prandene datan kinarsan | kawêlèh pan sami griya ||

22. sarta ngupaya paekan | awit karsane Ki Bayi | mring santri sapa kang bêgja | saking susah myat ing putra | kalakon sami ngupaya | nanging sang rara wêntala | luput ing dhêsthi sumbaga | tiwas kabèh ngacung samya ||

29. Pocung

1. marmanipun sakèhing uwong amuwus | sun duga ni rara | buntêt tan duwe camimik | milanipun sakèhing wong tinampikan ||

2. yèn lumrahe wong gêdhe samana iku | pasthine yèn ana | ingkang pinilih sawiji | iku ora dadak tinampik sadaya ||

3. yèn wong buntêt andadak kakehan wuwus | pan inggih kathah[12] | kang muwus kadi puniki | pan gumujêng wau Ki Sèh Amongraga ||

4. angling kadi botên kados kang puniku | sawêg dèrèng karsa | ngupaya bojo prayogi | ingkang kangge awal akir yêktinira ||

5. dadi ingsun ngrungu ing wartanirèku | manah mundur mara | bok manira dèn arani | darbe niyat marang ing èstri punika ||

6. tur ta boya pisan-pisan raganingsun | nyiptaa punika | sumêdya ngupaya ngilmi | dadak nuju ing ngrika wontên brusahan ||

7. ingkang angèn maesa ris sauripun | kang amba wicara | pan wus sawarsa puniki | yèn ing mangke têntrêm tan ana pawarta ||

8. winginipun kawula saking ing ngriku | tinjo sanak lara | ala nganggur awak mami | anakèkkên [anakèkkê...]

--- 114 ---

[...n] puniku kang kula ucap ||

9. pan saèstu sampun tan wontên wong rawuh | mikir bab punika | sang monêng mèsêm ing galih | duk samana hyang arka nitih ancala ||

10. ya ta muwus Amongraga manis arum | ngong langkung tarima | pitêdah para mring mami | lah ta sampun manira lajêng kewala ||

11. kang liningan noraga ing sauripun | bok enjing kewala | lamun sotah dalêm kampir | ing pagriyan kawula yèn parêng lêga ||

12. yèn lajua sampun katanggêlan laku | apan èwêd aya | yèn praptaa wêngi-wêngi | yèn kaparêng prayogi enjang kewala ||

13. pintên banggi yèn kawula sagêd tumut | mrih angatêrêna | kalamun lujêng sawêngi | sadayane krandhah ing Bayi Panurtan ||

14. mring kawula sadaya wus sami wanuh | kang dados kabayan | puniku pun Santri Lusi[13] | lêrêsipun nak-sanak lawan kawula ||

15. suka ing tyas sang brata sarêng angrungu | aris saurira | kisanak para ngecani | anyukêri sawêngi nèng wismanira ||

16. lah punapi maksih doh wismanirèku | kang tinênya turnya | dhukuh mêncil kang kaèksi | lah ta age andika mantuk dhingina ||

17. kyai wisma anginthar mantuk rumuhun | sapraptaning wisma | wus mangsit mring rabinèki | lajêng nguwuh ing baturira sakawan ||

18. mung wong papat kang tumut wisma ing ngriku | ya ta sami prapta | wong papat wus dèn poyani | suka lajêng ngrewangi ing rabinira ||

19. olah-olah ing pawon [pawo...]

--- 115 ---

[...n] langkung abikut | ri wusnya mangkana | ki wisma mêthuk wus panggih | lan sang brata lajêng ingaturan lênggah ||

20. sapraptane ing dhukuh sang brata mangu | myat ing palakirna | mawarna langgare cèkli | we tumumpang arêsik kang palataran ||

21. ki wisma ngling paran ing karsanta nêngguh | punapa pinarak | ing wisma tuwin surambi | anauri pênêd surambi kewala ||

22. nulya lajêng mring surambi tata lungguh | mahrib wayahira | lajêng ngambil hèr astuti | lan kang wisma salat mahrib praptèng ngisa ||

23. wusnya bakda lajêng wangsul tata lungguh | Ki Wisma angundang | mring Rubiyah kinèn nuli | angêdalna saanane kang sugata ||

24. kang inguwuh Ni Rubiyah langkung gugup | anata sugata | ri sampunira tumuli | apan nulya sinaosakên mring langgar ||

25. gya tinata sêkul ulam anèng ngayun | ki wisma wacana | lah dawêg tuwan wêwanting | sugatane inggih bok ayu andika ||

26. kang sinung ngling ngecani wêwanting gupuh | dyan lêkas anadhah | pakantuk dènira bukti | sang kaswasih kalangkung kapiutangan ||

27. mring ki wisma dene cakute kalangkung | ya ta sawusira | ambêng ingundurkên nuli | Jamal Jamil ngathêkul dènira mangan ||

28. basngèk tempe lan pindhang sacuwo gêmpur | êndhoge sapanjang | gêmêt ora ana kari | tumpêng loro wah imbuh sêga ing bodhag ||

29. Sèh Mongraga myat ing abdi langkung ngungun | Nuripin pangucap |

--- 116 ---

adhi sampun isin-isin | pan ing ngriki saksat wismanta pribadya ||

30. Jamal Jamil nauri inggih-gihipun | kadospundi kakang | upami kawula mawi | ringa-ringa wontên ing wisma andika ||

31. nadyan inggih sanak anêmbe kapangguh | pangraos kawula | lir tunggil sayayah bibi | Ki Nuripin mèsêm ngong inggih mangkana ||

32. kunêng datan winarna ing ratrinipun | wanci bangun enjang | lêkas salat subuh sami | sabakdane salat samya lêlênggahan ||

33. Sèh Mongraga aris pangandikanipun | marang kaki wisma | yèn sarju karsanirèki | ngong tuduhna ing marga angroning kamal ||

 


ngarsa. (kembali)
kacipta. (kembali)
matur. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang kèdêkan curi mimis lir sutiksna. (kembali)
ngubêngi. (kembali)
Kurang satu suku kata: bok nyai wacana aris. (kembali)
mangarsi. (kembali)
Lebih satu suku kata: ya ta kalihira adhahar nyamikan. (kembali)
walangatos. (kembali)
10 dados. (kembali)
11 Kurang satu baris: 8a. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: pan inggih akathah. (kembali)
13 Luci. (kembali)