Cênthini, Anonim, c. 1915, #121 (Pupuh 01-15)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Cênthini, Anonim, c. 1915, #121 (Pupuh 01-15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  2. Cênthini, Anonim, c. 1915, #121 (Pupuh 16-26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  3. Cênthini, Anonim, c. 1915, #121 (Pupuh 27-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  4. Cênthini, Anonim, c. 1915, #121 (Pupuh 37-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
Image

[Cênthini]Judul tambahan Yayasan Sastra Lestari

--- [0] ---

Sêrat Rama

--- [0] ---

Ing ngandhap punika cariyosipun Sêrat Rama.

1. Lairipun Ramawijaya, dumugi sayabarasayambara angsal Dèwi Sinta putri ing Mantili, ngantos kondur dhatêng Ngayodya.

2. Radèn Ramabadra, 2. Radèn Lêksmana, saha ingkang garwa putri ing Mantili, katundhung ingkang rama, saking pamothahipun Dèwi Kekayi ngantos dumugi Dèwi Sinta kadhustha dèning rêksasa prabu ing Ngalêngka, inggih Prabu Dasamuka.

3. Radèn Ramabadra (Prabu Ramawijaya) gandrung, dumugi ing Maliawan gunung, kapêthuk ing Anoman katuran mêjahi Wanara Bali mungsuhipun Prabu Sugriwa.

4. Rama duta.

5. Rama nglurug dhatêng Ngalêngka dumugi tambak.

6. Pêrang brubuh, dumugi konduripun Prabu Rama ing Ngayodya.

7. Prabu Rama pindhah kadhaton ing Duryapura, dumugi pêputra nama Ramabatlawa.

8. Ramabatlawa kadhaupakên kalihan putri ing Ngalêngka, têtilaranipun Radèn Meganônda.

9. Prabu Rama sèlèh kaprabon dhatêng ingkang putra kajumênêngakên nata wontên ing Duryapura.

10. Prabu Rama lajêng bagawanmagawan wontên gunung Kutharunggu, dumugi muksa kadhèrèkakên para wadyabala wanara, saha para wanara sami mulya ical kawreanipun, namung Radèn Anoman botên sagêd, taksih wujud wanara, mila lajêng dipun bisiki dening Prabu Rama, trus tapa dhatêng ing gunung Kêndhalisada.

__________

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Ngandhap punika Kawruh Waton Panangguh Dhuwung.

Tangguh Pajajaran.

Wanguning gônja ambathok mangkurêp, sirasirah cêcak landhung, andhik miring landhung pawakan berawa, dêdêg sambada, sogokan sêdhêng timbang kalihan pawakanipun, tosan kirang matêng utawi wêlu sawatawis, labêt saking toyanipun asin, ingkang mêdal luk-lukanipun kirang kêkêr, wêdaling sêkar sêmu agajih.

Tangguh Majapait.

Wanguning gônja sêbit luntar, sirah cêcak cêkak, gandhik bikak miring, sogokan cêkak luwês, wêdaling sêkar mubyar angrambut, ingkang mêdal luk-lukanipun kêmba, pawakan titih, wêsi madhêt grayangipun lumêr labêt saking toyanipun bêning.

Tangguh Tuban Nunggil Majapait.

Wanguning gônja singoh abathok mangkurêp, sirah ca-[...]-gêng kapara papak, gandhik cêkak methok, pawakan wiyar tipis wajanipun, sogokanipun ragi landhung, pamor kirang mu-[...]-lukanipun agêng kêmba.

Tangguh Sidayu Nunggil Jaman Majapait.

Wanguning gônja sêrit luntar, kapara landhung gandhik cêkak miring, sogokan cêkak luwês, lukipun kêkêr turut, pamor mubyar pêthak angrambut, pawakan sêdhêng kapara corok, waja sêdhêng grayanging wêsi lumêr.

--- [0] ---

Tangguh Balambangan Nunggil Majapait Jamanipun.

Wanguning gônja sêbit luntar sirah cêcak cêkak, gandhik cêkak miring sogokan cêkak luwês mubyar angrambut, ingkang mêdal luk, luk-lukanipun kêmba [...]Naskah tidak terbaca (dan di tempat lain). wêsi madhêt, grayangipun kêras, labêt sa-[...].

Tangguh [...] gil Jaman ing [...].

Prabotipun mirip da-[...], -it kapara corog waja sêdhêng wêdal [...] mubyar, anggajih sap-sapan, grayangipun kêras.

Tangguh Pajang.

Gônja singoh sêbit luntar sirah cêkak agêng abên manis, gandhik agêng miring sogokan agêng luwês, lukipun kêkêr birawa pamor pêthak mubyar waja sêdhêng kirang matêng grayangipun sêdhêng.

Tangguh Mantaram.

Gônja sêbit luntar kapara landhung, gandhik panjang miring sogokan panjang luwês, pamor mubyar balaka, kirang waja, titih sorok, lukipun sêdhêng grayangipun lumêr.

Anamung sajumênêng dalêm Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, punika pakêlun para êmpu, dados dhuwung tangguh Mantaram punika warni e margi kabêkta dêdamêlanipun para êmpu taksih anglabêti kados nalika taksih wontên ing panggenan aslinipun, piyambak-piyambak, sarta kala samantên Kiyai Supa êmpu ing Majapait, taksih gêsang, kaabdèkakên ing kangjêng sultan kadadosakên lurahing para êmpu, kaparingan nama Kyai Nom. Punika kakarsakakên yasa dêdamêl waos dhuwung sabêt, sapanunggilanipun, punapadene anganggit dhuwung kasrasah ing mas, awarni-warni. Sarta adamêl dhuwung Nagasasra, Nagaseluman, Nagakikik, Nagawêlang makatên malih sabibaring prang Pathi, karsa dalêm sadaya para

--- [0] ---

putra santana dalêm, saha abdi dalêm agêng alit, ingkang sami katinggal ing damêlipun, nalika abêdhahing nagari Pathi wau, sami kaparingan [...], -èngêt-èngêt dhuwungipun kasarasah ing mas, [...] abdi dalêm panèwu mantri ganjaning dhuwungipun ka-[...] pêpêthan gajah singa wadana kaliwon, ganjaning dhu-[...] -marogan, putra santana sarta pêpatih dalêm [...] -pun tinatah isthaning sêkar anggrèk, dene paos ka-[...] kalacakra utawi wontên ingkang mêthukipun kaga-[...] dasa lêr limaran.

Sanèsipun ingkang kapratelakakên ing nginggil, wontên malih tangguh dhuwung kados ngandhap punika.

Ôngka 1. Kuwung akalihan tapas, punika sami adêdamêlan karaton Pajajaran cingkok sêsikutanipun ugi angiribi dêdamêlan ing Pajajaran.

Ôngka 2. Sungkuh punika dêdamêlan karaton Majapait, cengkok sêsikutanipun ugi angiribi dêdamêlan ing Majapait.

AgèningAnggèning nêdhak kagunganipun adhi mas Imamlaya.

Ôngka 3. Tuban Taruwôngsa, Kajoran, Samarang, tuwin Bayat, punika sami dêdamêlan jaman karaton Dêmak, cingkok sikutanipun angiribi damêlan Tuban, tuwin Majapait.

Ôngka 4. Tundhung Madiyun, sarta umyang punika damêlan karaton Pajang.

Ôngka 5. Sastratoya, Sastralatu, sarta Supa Koripan, punika sami dêdamêlan karaton Mantaran, cengkok sikutan ugi ngiribi dêdamêlan Mataraman.

--- 1 ---

1. Mêgatruh

1. lon umatur dede pabênan puniku | aso-asoa pan posit | mang-[...] bêdhug | ngling jabakna positnèki | nanging pasthi [...] ||

2. ginaguyu maring putra kalihipun | [...] | [...] ngrêrapuh | kèndêling [...] | [...] kewala tan ngaso ||

3. ngantak-antak dènira samya lêlaku | panasing surya nêlahi | maksih anêngga mindhuwur | sinampyêng pamanjatnèki | santri Nuripin angrempong ||

4. lingsir kulon campêting inggahanipun | praptèng têtunggangannèki | mêngkêr ragi ring lêlungur | wontên wrêksa gêng sawiji | kusambi ngêrongkop ayom ||

5. samya raryan kang katoranan nèng ngriku | munggul kaiditan angin | kang rèrèh rasa pikantuk | sêgêr kamarutan isis | lêlêson sasèndhèn kayon ||

6. Ki Nuripin agloso sarwi amuwus | elah-èlèh gawe iki | kanginan anèng sêsedhum | dudu rasane kang margi | esuk kongsi lingsir kulon ||

7. nora wêruh rasane kayun kang eyup | lagyèki anêmu aring | aras-arasên lumaku | kongsi yasa pasar bêcik | nèng kene pakenak aso ||

8. kae Kulawirya gumuyu amuwus | iya kariya pribadi | mêngko kariya sirèku | ing kono wite kusambi | dimène pinangan potho ||

--- 2 ---

9. Ki Nuripin sarwi turon mungkur matur | kados tiyang dosa pati | dene mawi dipun êrut | puniku kabotên jangji | tiyang ngraosakên aso ||

10. pan sanès prakawis dede sambungipun | sawêg sakeca aisis | garundêlan ririh muwus | ingong bae dèn wanèni | bok karo putrane keyok ||

11. Kulawirya gumujêng asru amuwus | lo dene edan Nuripin | cêlathu sêmbari mungkur | nora ngromèsi wong angling | jawane madhakkên bakong ||

12. samôngsa dèn bandhêma cêngêle ngrajug | Nuripin nolèh atangi | gumuyu sila umatur | bangêt têmên dara kyai | wong kêsêl-kêsêl binêndon ||

13. anèng wana bok inggiha ingkang maklum | Ki Wirya gumuyu angling | lah ya wis turona bagus | ah botên ajrih thimKurang dua suku kata: | yèn dosa malih awêdos ||

14. lah bandhole Nuripin abot ambêrung | lèhmu ngewuhake ati | mêngko tak lempar lambemu | yèn dèn kon kaya dèn pênging | yèn pinênging kaya dèn kon ||

15. glela-glele Nuripin tyase pakewuh | jêg nora jêg dèn lakoni | Ki Wirya kèngêtan lamun | gêgêlanane Nuripin | tumingal ana tambêlong ||

16. dèn uncalkên ing wêtêngira kumapluk | kandhêg nèng kandhutannèki | Nuripin bêngok anjêpluk | biyung bilah setan nrajim | aniba blêg sru mêmisoh ||

17. kêna sibat têmên wong siji ku dudu [du...]

--- 3 ---

[...du] | sarwi mundêlik tan eling | kêjèt gumêtêr sakojur | mripat dhipêt brêbês mili | ngawirya ro kagyat gupoh ||

18. anulungi mring Nuripin kang tan emut | tan bêlong binuwang aglis | Jèngrêsmi têlas andulu | ngusapi luhe Nuripin | Jèngraga anguwoh-uwoh ||

19. jroning driya Jèngraga angampêt guyu | dènnya jangkar mring Ki Ragil | Ki Kulawirya gagêtun | dinalih tan nglêkêr yêgti | jro tyas gumuyu wlas anon ||

20. pan ginugah-gugah mring Jèngraga dangu | dènnya kalêngêr Nuripin | nulya ling gragapan gupuh | lir wong tindhihên dènnya ngling | êh êh êh êh angrêruntoh ||

21. Jayèngrêsmi ngling pa wis waras sirèku | sarwi tinangèkkên aglis | matur inggih sampun emut | maksih mèwèk brêbês mili | lir pinucung dhêlog-dhêlog ||

2. Pocung

1. ginaguyu Nuripin alêngur-lêngur | Jèngraga ngling latah | mêtu pamère Nuripin | anggêgancar sajarah duk jan muni jan ||

2. sru gumuyu Ki Kulawirya amuwus | ambakna wong gila | têmbêlong kang dèn wêdèni | tan matèni nglaranana bae ora ||

3. kajabèku jrih mring ula macan patut | yèn dèn gilanana | sababe ambilaèni | nora patut wruh têmbêlong bae gila ||

4. sêtun-sêtun mring ulêr nglarani bidhur | patut winêdenan | luwing gêdhe bae wêdi | Ki Nuripin maksih ngoso aturira ||

5. dika niku mring cindhil kewala kagum | dospundi wawi ta | cindhil nglarani punapi | Jayèngrêsmi Jayèngraga gumuyu sukaLebih satu suku kata: Jayèngrêsmi Jèngraga gumuyu suka ||

6. mèsêm [mè...]

--- 4 ---

[...sêm] muwus Ki Wirya sami gumuyu | jêr ngong wruh rupanya | kinyir-kinyir gêgilani | Ki Nuripin ngacêmut sarwi plerokan ||

7. prandènipun tan têpa-têpa puniku | êh e bok panduka | dèn uncalana lir mami | Ki Wirya ngling bok coba anguncalana ||

8. pêsthi nêmu bilai sira sun pênthung | cêngêlmu pèn mojar | Nuripin grundêlan angling | andêlêna mring wong bae waninira ||

9. dèn wus-uwus ngawirya ro sru gumuyu | myat mring kang paguyyan | wus tata alênggah sami | Kulawirya angling maring putranira ||

10. lah ya iku wong gila-gila andulu | paran kang amawa | dene sabên wong tan sami | lah apagihapanggih kang amawa mangkonoa ||

11. mèsêm muwus Jèngrêsmi inggih puniku | pangraos kawula | pan ing agêsang puniki | wus pininta linging Kadis Rasulullah ||

12. wong puniku pinanjingan wus têrtamtu | apan pinanjingan | ing wolung prakawis pêsthi | kêndêl jêrih asih lan sêngit punika ||

13. pintêr blilu tan kenging botên puniku | sipat janma gêsang | tamtu ing kalih prakawis | kang dèn karêmêni lawan kasêngitan ||

14. apan uwus ing dalêm titah puniku | pan tan kengangkenging pêcat | kang tinampik kang pinilih | kang mawiku punika panjinging titah ||

15. kang puniku kenging tinarikan wuruk | saking linêguta | yèn pinrih saking sakêdhik | dimèn têkèng saban-soban tahan tuman ||

16. nambung wuwus [wuwu...]

--- 5 ---

[...s] Jèngraga mring pamanipun | yèn kadyèka paman | panduka gila mring cindhil | ginulanga lami-lami mantuk gila ||

17. mèsêm muwus lah iya iku ta êmbuh | pangrasa manira | kaya nora bisa mari | matur inggih sajêg pangraos panduka ||

18. sru gumuyu priye ing kono sirèku | Nuripin ya padha | duwe gêgilan lir mami | paran bisa ginulang mrih mari gila ||

19. aturipun ah kula pilalah lampus | pinurih puruna | mring têmbêlong langkung ajrih | gih sadasa sadasa ti kêdah gila ||

20. lingira rum Jayèngrêsmi iya iku | saking atinira | tan kudu gêgulang wani | panggulangmu namung marang dhandhanggula ||

3. Dhandhanggula

1. ya ta wau ingkang iring-iring | nèng nginggiling lêlungur tunggangan | ing bubuk langkung sêngkane | Jèngrêsmi lon amuwus | wawi paman umangkat aglis | mutawatiring wayah | pot ing wêktu luhur | yèn kalularating toya | Ki Wirya ngling ya babêjan bae mangkin | yèn pod bae ajamak ||

2. ngalap wênang jamak anèng margi | nulya umangkat sangking ingagêranLebih satu suku kata: nulya mangkat sangking ingagêran | ngetan tumurun lungure | andarojok angluntur | angarakal marginya rumpil | karikil awiwalan | kasandhung ing suku | Ki Nuripin gariguhan | garundêlan dalanggung êmbuh pinilih | kang mudhun lan kang manjat ||

3. sami nora kuwagah nglampahi | dene rasane nglarani awak | dalanggung

--- 6 ---

padha kasupèn | anglulu wong lumaku | bayok cingklok falok lir pêthil | tungkak kadya cêpola | kapacal ing watu | Ki Nuripin sangêt dènnya | angrêrempon kantun nèng wuri atêbih | ngot thukul bubulira ||

4. bubul munjul grigah-griguh wigih | kagriyul ing krikil pan anjêngat | andheprok asru larane | gadhiglagan lumaku | parêmbeyan ambrêbês mili | datan nututi lampah | inganti sang bagus | rêrendhonan lampahira | praptèng jurang Sêmpu wontên lèpèn alit | kali Sêmpu wastanya ||

5. dangu nganti anganti Nuripin | nulya prapta linggih sila tumpang | anguwik-uwik bubule | sarwi dinamu-damu | pan kinukur-kukur ing pinggir | ngêdên ngrasakkên lara | pêdhak dènnya lungguh | lan Ki Ragil Kulawirya | lagya turon rêm-rêm ayam ngaring-aring | Ki Wirya kagyat mulat ||

6. mojar e e bandholên Nuripin | apa dhasare sira kojarag | dene abênêr prênahe | irungku lan tungkakmu | cêdhak têmên lèhira linggih | nèng ulon-ulon ingwang | bangêt diksuramu | Nuripin mèsêm ngrarêpa | ênggih nuhun apuntên dika kiyai | rèhning sakit kasêsa ||

7. angot bubulên duk wingi ratri | sarêng tumurun duk wau punikaLebih satu suku kata: sarêng tumrun duk wau punika | kang bubul mundhak malênte | asring kagriyul-griyul | ingkang ripil dheprok ing margi | mila kantun atêbah | repot dening bubul | Ki Wirya mèsêm lingira | yèn mangkono têgêse ||

--- 7 ---

manira iki | kon ngambung bubulira

8. Ki Nuripin mangkrêt gulunèki | umatur nuwun lah inggih mokal | lamun makatên artine | ngêlak botên kadyèku | kang kapanggih pintên prakawis | Ki Kulawirya latah | êmbuh jarmu iku | dhasar wong wus sira jarag | cacokormu koukur lan rai mami | nora idhêp ing tata ||

9. sarwi binalang bubulirèki | Ki Nuripun anjêlèh kumrengkang | bilah bangêtên kethole | ngalih gon dènnya lungguh | gêrêng ngêsês barêbês mili | Ki Wirya latah-latah | yo modar karêpmu | tambane wong calangkrakan | jêr bêbadhog durèn ora nganggo eling | kan punggene dèn untal ||

10. Jayèngrêsmi mèsêm ngandika ris | iya talah Nuripin ta sira | nèng paran repot sikile | mêsakakên sirèku | apa ingkang kinarya jampi | Jayèngraga lingira | bok Kirman pangulu | kinojahan Jamil Jamal | biyèn kae apa nora wus mangrêti | tambaning bubul bêlak ||

11. matur inggih kèngêtan kang jampi | Ki Kulawirya gumuyu mojar | tômba bubul mono kae | nora kaya baluluk | dèn bênêma kang panas nuli | pinidak nèng bubulnya | dèn kongsi asêru | yèn tan kadyeka wêsi bang | linodokkên Ki Nuripin kirik-kirik | malêrug garundêlan ||

12. kang sarwa anglarani dènnya ngling | sok nora têpa-têpèng sarira | dumèh yèn dudu dhèwèke | Jayèngrêsmi lon [lo...]

--- 8 ---

[...n] muwus | wawi paman lahor wus akir | anulya samya salat | antara bakda wus | umangkad dènnya lêlampah | ngidul ngetan lon tumuruna deningKurang satu suku kata: ngidul ngetan alon tumuruna dening | nganti Nuripin randhat ||

13. dadya nanggung kongsi asar akir | arendhonan praptèng Selalawang | kampir ing dhusun Têgarèn | anon sêndhang ing ngriku | samya siram mèt toyastuti | asalat wêtu ngasar | jênak dènnya kasut | sawusira bakda salat | Jayèngrêsmi ngling lah Nuripin sirèki | nêmbunga panginêpan ||

14. marang ing desa kono dèn aglis | jêg rada desa agêdhe mana | kang liningan mentar age | kadhingklangan lumaku | praptèng desa panggih patinggi | anutur mulabuka | naradana nglangut | sarwi nêmbung pasipêngan | anauri ki patinggi lah ya bêcik | Ki Nuripin wangsul agyaLebih satu suku kata: Nuripin wangsul agya ||

15. kêcincagan tan rikat lumaris | praptèng ngarsa anèng Selalawang | umatur ring bandarane | katur ing sadayanipunLebih satu suku kata: katur sadayanipun | Kulawirya ngling hèh Nuripin | sun dulu lakunira | krêp mandhêg tumukul | lir têmu lawan bandara | sapa nakoni sira anèng margiKurang satu suku kata: sapa anakoni sira anèng margi | lèhmu andhadhog gêpah ||

16. acedhokan sêmbahmu Nuripin | satêmêne bae balokoa | atiku bangêt kagète | sing kosêmbah dhèk mau | kae sapa mau Nuripin | umatur gurawelan | gèn kula lumaku | tan wontêna punapa-punapaLebih dua suku kata: tan wontêna punapaa | saking sakit botên dhodhak-dhadhok mami | winastan nêbah-nêmbahnêmbah-nêmbah ||

17. botên nyêbah kêlah-kêlih [kê...]

--- 9 ---

[...lah-kêlih]Kurang dua suku kata: botên anyêbah akêlah-kêlih | tiyang dheprok sring kagriyul krakal | myang kacêngklok ing drêjêge | lir gograg raosipun | dêlah mangke raosipun taksih asakitLebih empat suku kata: dêlah mangke taksih asakit | Ki Wirya wuwusira | dhasar tukang umuk | kapan lèhmu tau gograg | ting palêsat balung kajaba wong mati | lawas gugrag balungnya ||

18. bijih waras-wiris amaringis | ngemba gugrag durung tau gugrag | Nuripin mlerok lirike | êh e sampeyan niku | tiyang matur dipun miciki | punapa botên giha | limrah wong amuwus | Ki Wirya hus mênêngaKurang satu suku kata: Ki Wirya ngling hus mênênga | dadak crèwèt lir mrakara kêbo sapi | mau priye dinuta ||

19. matur ya talah ngewuhkên ati | ngêsas-ngêsês ngrasakkên laraKurang satu suku kata: ngêsas-ngêsês ngrasakakên lara | Ki Wirya ngling lo edane | êndang dèn plaur bubul | matur mring wang asêlang-sêling | uga bubul rinêpa | gya calathu mring sun | matur hêm inggih sumôngga | Jayèngrêsmi ngandika priye Nuripin | apa lèh panginêpan ||

20. matur angsal wismaning patinggi | nêmbung nukêri ing pasipêngan | patinggi sumôngga ture | ingaturan umangsuk | maring dhusun paduka aglis | Jèngrêsmi aris nabda | paran tan mring kaum | kang prayoga langgarira | Ki Nuripin umatur amba tan mèksi | duka dalêm ing têngah ||

21. ya wus payo yèn kasusu mahrip | gya lumampah marang padhusunan | tan dangu praptèng Têgarèn | pangguh lan kang tinêmbung | sira budhêl binggol wawêri | brêngos capang rinênggah | nyakunthêng lir sungu | ngancarani ingkang prapta | Jayèngrêsmi samya atumama maring | tan [ta...] ||

--- 10 ---

[...n] pati ginêpahan

22. maksih sabêne gêlarannèki | ki patinggi nambramèng pambagya | sami wilujêng baguse | ing pundi wismèng pungkur | sapa sintên sinambat wangi | Jèngrêsmi ris anapda | inggih paman tèngsun | santri tirakat balaka | ran manira karanane bagus santri | asli ing Witên sowan ||

23. kang puniki ri kula Jèngragi | kang satunggil paman Kulawirya | katri kawlas hyun marangke | wangsul paman kang mungguh | sapa sintên pêparab nami | nauri kang liningan | inggih manira gus | tanya ing pêparap ingwang | Côndragêni kados tan wontên kêkalih | saluwaking bang wetan ||

24. kang misesèng marga wana wukir | myang sajroning wêngi kaèdêgan | ing Côndragêni Têgarèn | margèng hyurbuk puniku | gawatipun ngong ingkang kardi | inggih dhugdhèng manira | sablakaning wuwus | tan wontên purun lumampah | kathah kêdhik ngong gêpuk sun palècèti | mawur giris sar-saran ||

4. Girisa

1. Jayèngrêsmi linging driya | ya talah cobaning Suksma | ingkang nêkani maring wang | muga kinuwatna coba | sarta rahayu nèng marga | luputa ing pôncaboya | jawane kalaloh lampah | têmah nalasah ing manah ||

2. wasana aris ngandika | jaman punapa wontêna | langgar tuwin pakauman | Côndragêni wuwusira | ing ngriki pan botên tahan | amawi kahan kauman | wong sumuci-suci dhawak | wong kabèh klêbu naraka ||

3. aku

--- 11 ---

dhewe munggah syarga | klakuane nglêbur sêga | mring bras pari kadi ama | sor glathik pêking nèng sawah | jalukan nora wewehan | sukan doyan adêlapan | tan nyudèkkên tekadira | santri sintru kênèng lara ||

4. lir kuwuk nglêburi ayam | mèsêm kang para ngawirya | samya sumêlanging driya | tan prayogèng pasipêngan | mangkana kèmênganing tyas | dènnyarsa wêktu salatKurang satu suku kata: dènnyarsa wêktu asalat | sung wuwus mêdal ing jaba | ingigihan sigra mêdal ||

5. Nuripin nambut lantingan | têtiga kang kêbak-kêbak | cinangking binêkta mêdal | marang ing kêbon kasimpar | alêlèmèk roning pisang | pra ngawirya samya kadas | anuruh anèng wantingan | wusing kadas lajêng kamat ||

6. rêbat prêlu wêktunira | aririh dènira salat | bakda mahribira pragat | wusing sunat wabin bengat | akasut padonganira | wus purna angakat isa | antara patang rêkangat | bakda salat myang witirnya ||

7. sawusnya salire purna | Jayèngrêsmi lon ngandika | bêbisik marang kang paman | puniki paman kalampah | sakêdhik ragi kaplanggrang | anèng wismaning durjana | pandugi kula sadaya | sadhusun sami dur-duran ||

8. kang paman nauri sabda | ora taha sathithika | dhasar kalarob balaka | kapriye kono anak mas | Jayèngraga karêpira | matur sumôngga kewala | Nuripin matur rênggosan [rênggo...]

--- 12 ---

[...san] | lamun pinarêng ing karsa ||

9. suwawi wangsul kewala | tirakat nèng Selalawang | nèng ngriki tyas tan sakeca | kawula botên anyana | Ki Wirya ngling hus mênênga | sira nglêbokkên loropan | lamun wismaning durjana | marma nèng kene kasasar ||

10. margane têka ing sira | manira ngalih inêpan | sira kariya priyôngga | nèng kene dimène sira | dèn pênthungi wong sadesa | Nuripin maras tyasira | Jayèngrêsmi ris ngandika | punika man Kulawirya ||

11. ing lampah lamun wangsula | sangsaya botên prayoga | dadya gagaping durjana | samya pinupus kewala | tinekatakên ing driya | ganjaraning Hyang dhumawah | adhapur coba rêncana | pêparinging Hyang Mahmulya ||

12. amanggiha wirya papa | wirang lamun suminggaha | wus sukur suka pirêna | nadhahi ganjaraning Hyang | sawawi wangsul ing wisma | kadangon anèng ing jaba | yèn sêlak ginraitanan | kathah-kathah kang rinasa ||

13. gya samya mangsuk ing wisma | gone wau dènnya lênggah | ing salu bale watangan | tan ewah gêlaranira | Ki Côndragêni wuwusnya | anuduh mring baturira | undangên sapa kang ana | kang tinuding sigra mintar ||

14. angundang têtangganira | tan adangu samya prapta | anyangking padudanira | tan ana nyandhang prayoga | kêmul bêbêt kèh kang cotha | ambubul srênti kang prapta | têpung du dhêngkul akapang | dhapure [dha...]

--- 13 ---

[...pure] akiwa-kiwa ||

15. maksih bêlêg ingkang prapta | sêsêk tan kaduman papan | samya wangsul nèng pandhapa | kathah namaning durjana | wasta Ki Brajalamatan | Mêrakjamprong lan Jarangas | Côndrakolik Bêncelidhah | Brêgirowa Gagaksetra ||

16. Kuwukkawul Kuwuknasak | Cèlèngbèlèk Sêndhangasat | Lalêrwilis KobangmêngêngGuru lagu seharusnya: 8a, | Citramêngêng LalêrmêngêngGuru lagu seharusnya: 8a, | Berangkècèr BrajakambyurGuru lagu seharusnya: 8a, | Simbartaji LintangKurang dua suku kata: | Tambakladhu Majujaja | Sômbangèrèng Sambangdalan ||

17. Sabukalu Lêsungbêngkah | Bonjorpêtung Jalumampang | Banthèngwarèng Gêmblangserang | Kêndhilwêsi Kalanêthêg | Lingsangtungkung Gilingwaja | Kidangtlakas Kêthèksumpêl | Gathikgayor Nilasraba | Prêtiyuyu Sawêtwana ||

18. Gunalèthèh Cabeguna | Prêtibèyès Bayangablak | Bêcewatu Satrutapa | Macangaèng Kêbogudag | Baruklinthing Gagaksipat | Rujakbêling Kawulrangah | Melotmèlèr Megantara | Dhandhangwiring Branjangkawat ||

19. Macangêlur Tapêljlarang | Bajingkirig Watukura | Sapuangin Trênggilingbang | Gathokrase Udangêlap | Cèlèngbolot Maducrêma | Gêntèngèrèng Taliwawar | Gligangjati Jatingarang | Lutungmènglèng Kêthèkmingkar ||

20. Dèrèngmèmrèng Sandhangrowang | Jalaklinglung Brajakalpa | Trênggilikêndhit Sônggabol | Jabugaking Dhuplakkawak | Sambêrnyawa Sêmburadas | Oporwewe Tajiwawar | Sandhanglawe Gancangawas | Sabêtmèyèk [Sabêtmèyè...]

--- 14 ---

[...k] Brungkahwaja ||

21. kathah warnane durjana | kang linggih salu sadaya | barungan bagèkkên samya | basane tan pati krama | winangsulan kawilujênganLebih satu suku kata: winangsul kawilujêngan | Côndragêni wuwusira | mring rowang kang sami prapta | lah sapa kang olèh paran ||

22. rêramban jamur janganan | nauri Brajalamatan | janganan kang cêlak-cêlak | maksih sami pêputhêsan | wikaning têbih tinêba | ingkang dèrèng dipun asag | pangadhanganing dêdalan | ing bubuk tan pati mingsra ||

23. wontêna kang laku marga | sèkêt satus têrkadhangan | lêt sawulan kalih wulan | sêmantên arêrêbutan | ukur dados sarewesan | prayogi dipun pêpara | mring tanah ngrika bêbahan | kathah roning lêmbayungan ||

5. Sinom

1. sadangunira mangkana | cêcaturaning alinggih | dènira ngampak ambegal | mêmaling nutur tan ering | satingkahing ajuti | kang samya suka winuwus | jaba jro tan prabeda | kang cinatur dènnya maling | mlêbu mêtu dêlajêgan tanpa karya ||

2. sore kongsi sirêp bocah | tan ana suguh mêtoni | kinang klabot bako nora | saya rusuh dènnya linggih | asila tumpang sikil | sôngga padutaning janggut | Glêbangserang angucap | mungguh wong lumakyèng margi | prèhpun ngriku candrane wong kang lumampah ||

3. lamun wong siji lumampah | lan lampah tiyang kêkalih | tuwin wong tiga sakawan | miwah gangsal wong lumaris | Cèlèngbèlèk nauri | wong siji bathang lumaku | wong ro bathang cap-ucap | wong têtêlu tôngga

--- 15 ---

mayit | yèn wong papat wus angêt lima Pandhawa ||

4. Jarangas sumambung mojar | yèn mungguh kula ngarani | lamun wong siji lumampah | candu lêlaku pinacit | yèn wong laro lumaris | puniku tike lumaku | wong tri apyun lêlampah | wong papat kutuk anggajih | yèn wong lima jambal matêng miwah mara ||

5. samya gumuyu agumyak | sasamur anglirik tami | akèh sami abisikan | ngrasani ngawirya katri | Sombongèrèng ngling lirih | kalawan Ki Prêtiyuyu | iku dhayoh wong apa | apa iku sanak ugi | lan Kyai Côndragêni myang kêkaruhnya ||

6. nênanggung lakune samar | tan nyantri nora mrayayi | tirakat anganggo bôndha | pêndhoke êmas angunir | lopak-lopake mawi | têlkêm cathut saga untu | sami salaka pêthak | patute wong liya kampir | yèn sanake tamtu rahab têtamuan ||

7. wong iku lir wong têbihan | tan wruh cêcaraning ngriki | kajaba iku dèn rujak | sinêrètan wonge bêcik | lumrah sadayanèki | mangkana bêbisikipun | Nuripin kadhêsêkan | linggih jrih tan wani têbih | pan kabêlêt nguyuh dèn ampêt tan kêna ||

8. nincing bêbêt tan katara | ambênggang lampit kinuwik | dèn lon-lon thore uyuhnya | kasamur gumêdêr angling | nguyuh mili nêlêsi | Kulawirya nyampingipun | myang bokonge Jèngraga | kailèn têlês kang nyamping | samya kagyat ririh ngêkêr kajatmikan ||

9. Ki Wirya bêbisik tanya | banyu apa iki Ripin | matur ngalêsik punika [pu...]

--- 16 ---

[...nika] | kawula ngompol sakêdhik | kula ampêt tan kêni | kêmpung mênthêng kêdah nguyuh | Jèngraga mèsêm myarsa | Ki Wirya abêkis ririh | dudu uwong Nuripin kaparat edan ||

10. dèn cêkuthi pupunira | pêngkêrêdan ajrih angling | manawa salah graita | durjana kang sami linggih | Jayèngraga bêbisik | gih paman pêpênêdipun | tumbas apyun sadaya | wênang angenaki ati | wajib anut tabyate kang gadhah griya ||

11. ngong lirik para durjana | bêdudan agung kinisik | lir sasêmon jaluk madat | kalamun datan kadyèki | pêsthi angicim-icim | mring dhayoh akarya dudu | dene yèn wus winoran | kêdah adamêl tan bêcik | inggih mupus nandhang cobaning Pangeran ||

12. ing rêmbak katur ing raka | Jayèngrêsmi amarêngi | Ki Kulawirya ris mojar | ngong tanya kang Côndragêni | ngriki inggih punapi | wontên tiyang wade apyun | Côndragêni ris mojar | o inggih dhi wontên ugi | Kulawirya ngulungkên arta sasêmat ||

13. punika kakang sapala | Côndragêni anampèni | nulya nuding rencangira | Tênggèrèng tyase kang linggih | kang tinuding gya prapti | Prêtibèyès tumbas apyun | apyun rêgi sareyal | apan angsal wrat satail | nulya kinèn ngathok pinara tigaKurang satu suku kata: nulya kinèn angathok pinara tiga ||

14. kinathok ngambèn kewala | kang saênggèn kinèn apti | kang ngathok Ki Brajalintang | wawrat sareyal pribadi | ginadhog umêp malik | nulya kinêcêran jêruk | ilang rêgêt sumilak | rêsig gêlabate minggir |

--- 17 ---

gya ingêntas sinaring kêrtas kinarya ||

15. wus apuh pamêrêsira | rêsike agêtih pitik | bathokira ingarêngan | ginêbêg mancerong asri | lir syasa sinanglingKurang satu suku kata: lir suyasa sinangling | krên binuwang awunipun | wus rêsik ginênenan | kayu wilah malih aking | bathok sumangêt ingêcesanKurang tiga suku kata: bathok ingkang sumangêt gya ingêcesan ||

16. aloning pangrèwèsira | kumêtès sru rinungyas sring | dêmadol wus mata ula | tinanak palênthung saji | dinuga sêdhêngnèki | urubing gêni ingurut | nyandu bathok ingêntas | linèr ingulêt dariji | wus anglancêng binakalan yah-uyahan ||

17. cinukit anèng pangleran | amèlèr mêlês giniling | kang madad wus kinêbulan | sacupak sarate aglis | ngaturakên ing ngarsi | Côndragêni lon amuwus | ing kono saosêna | baguse ingkang anuding | ingaturakên pra awirya datan arsaLebh satu suku kata: ingaturkên pra awirya datan arsa ||

18. kang ngathok wus samya dadya | ingaturkên ngawirya tri | angling sampun susah-susah | andika êsês pribadi | samya suka ing ati | ginelengan madatipun | dinum sagèlèng edhang | prandene nora waradin | sagèlèngnya sinêrèt atêtogokan ||

19. rame samya sasêretan | asuka pating sarênthit | Côndragêni lon lingira | bok budidaya padha cit | dadakan bae aglis | wong wis wayah têngah dalu | kang kinèn sigra mentar | wong rolas ngupaya pacit | tan antara ting garobyak samya prapta ||

20. olèh nôngka wêwutuhan | gêdhang tundhun suluh kuning | katela pêndhêm kucingan | sêmakasêmôngka timun kêrai | ginembol [ginembo...]

--- 18 ---

[...l] ing jêjarit | têbu lonjoran pinanggul | dènnya ngambil rikatan | kang duwe sadhingahnèki | nyênyamikan winadhahan anèng panjang ||

21. rinumat sakênanira | sinaosakên nèng ngarsi | cinarakkên sinauran | sêlot-sêlote ing mangkin | myang suguhe pribadi | juwadah jênang nèng ngayun | pinangan ting kacapah | sadaya sami têtawi | anging para ngawirya tan karsa nadhah ||

22. ngambil kiwala asarat | sinèlèhakên ing ngarsi | supaya katon naratap | jatine tan rêna bukti | kang nyêrèt ting sarêlit | sarta kandhane kumruwuk | kang etang rêbat rêngat | rajamuka lawan bicil | kalamudhêng ginambuh gigisi dunya ||

6. Gambuh

1. Gêmblangserang amuwus | bêbicila kalamudhêng iku | lawan derah rajamuka kukuh êndi | Gagaksetra nambung wuwus | yèn ngong rajamuka kukoh ||

2. Cabeguna sumambung | rajamuka niku rupa têlu | kang sawiji derah wêwolu winilis | satêngah derah sapuluh | myang derah rolas inganggo ||

3. nauri Sabukalu | ingkang kula angge derah wolu | nambung angling mathênthêng Ki Jêbugaking | tan kaya derah sapuluh | wus sêngsêm derah pitados ||

4. Têkèksumpêl amuwus | tan madhani derah rolas ampuh | durung madal tatale yèn aniwasi | êndi kang sun gêpuk tumpur | gampang tan tau kacangkol ||

5. Bêncelidhah sumambung | dangu-dangu ngong yêktini iku | rajamuka yèn rujuk kalawan bincil | inggih kalamudhêngipun [kalamudhêngipu...]

--- 19 ---

[...n] | yèn narajang pacak pethot ||

6. de wontên warnanipun | pun Jarangas duk ngampak ing pulung | bêkta kônca wong tigang dasa sasiki | wong nênêm pangarêpipun | Jarangas kang dadi binggol ||

7. pangrasane tan luput | dhasar rôndha sugihe kalangkung | kang Jarangas sorene ngong ruh-aruhi | dènnya nukup têngah dalu | anarajang pacak abot ||

8. têmah kang mara rêmuk | kang tatu nêm kang mati tatêlu | duk patine bajing bang trênggiling mukti | katêlu kêcabak bisu | Duljaya ingkang abêstrong ||

9. tan kêna sinung pemut | ngandêl rajamuka majêmusKurang satu suku kata: angandêl rajamuka majêmus | wakne dhewe Jarangas dipun balêdig | kinuya-kuya binuru | mèh kurang thithik macethot ||

10. lah ora ta kadyèku | Jarangas gumuyu amanthuk-manthukLebih satu suku kata: Jarangas gumuyu manthuk-manthuk | katujune nora kacandhak wak mami | yèn aja gea aglundhung | ing jêjurang pasthi ladong ||

11. Jèngraga mèsêm dulu | Lèjêm sasmita mring pamanipun | myarsa kang samya cinatur durjanèki | duk pangampaking pulungKurang satu suku kata: duk pangampakipun pulung | kaum Duljaya kang jarot ||

12. sami guyu-ginuyu | sarwi nyêrèt jegang miwah timpuh | sila tumpang mathèngkrèng tuhu ron miring | myang pacitan saptanipun | têbu miwah rujak crobo ||

13. ana pacitan cêmplung | kang pacitan ayêm myang kêkêcut | kang pacitan sabun sinantênan tuwin | sêsêngêt pacitan sêntul | Côndragêni lingira lon ||

14. prayoginipun bagus | kula turi tilêm sampun dalu | anèng griya ing abèn agêng atrêtip | Jèngrêsmi nauri wuwus | gampil ing mangke kimawon ||

--- 20 ---

15. Côndragêni malih muwusLebih satu suku kata: Côndragni malih muwus | ingkang pitados andika agus | inginggihan Ki Côndragêni pan sarwi | anyêrèt pacitan candu | bêdutan punthang mas kaot ||

16. wênèh bêdutanipun | pring kuda pat kilan panjangipun | myang pring pêtung jêjalêran kang pring lêgi | pring lutung myang tutul wulung | lumrah kang cêndhak inganggo ||

17. dhapure lêbus-lêbus | tingkah gêcul diksura ing wuwus | wus tan awor ing dhapure wong bêcikKurang satu suku kata: wus tan awor ing dhapure wong abêcik | èndhèk dhuwur lêmu kuru | ulate alum ajenggot ||

18. mata ngatal anglamuk | surat abang lambe biru mlêcu | ulat cêlom lutih-lutih wani gêtih | magas mring pati tan gigu | pra durjana setan katon ||

19. Côndragêni amuwus | tutugêna lèhmu caturan mauLebih satu suku kata: tutugna lèhmu caturan mau | ti-atinên ayya kurang pirantiKurang satu suku kata: ti-atinên ayya kuranga piranti | karana paitan umur | manawa tiwas katanggor ||

20. Cabeguna agupuh | mojar nuduh marang Bêncewatu | mara bincilana krikil kang prayogi | ayya na kodhêng kaliru | mijilkên bincil kang manggon ||

7. Mijil

1. Côndragêni wuwusira aris | lah mara ing kono | bincilana ingon unènane | sun wiwiti iya Akat Lêgi | sami gangsalnèki | katêmu sapuluh ||

2. dèn arani aras pêpêt nênggih | ingeceran adhok | wayah sore nèng têngah lakune | wetan suwung kidul pacakwêsi | ing kilèn pan êsri | miwah lèr srinipun ||

3. lajêng têngah wênginipun malih | kang langkung anèng lor | têngah suwung wetan kalangantèn | kidul suwung kilèn goning êsri | lajêng bangun ênjing | nèng lèr lakunipun ||

4. têngah suwung kilèn ingkang êsri | wetan apotongwong [apo...]

--- 21 ---

[...tongwong] | kidul pacak apan sadalune | nulya Akat Paing dèn ècèri | lima lan sangèki | pan patbêlas mêtu ||

5. lakuning wulan kang adarbèni | bincilane andhog | ing sorene nèng têngah lakune | wetan suwung kidul kalangantin | ingkang têngah êsri | kilèn kalanyamur ||

6. wanci têngah wêngi lajêngnèki | yèku têngah mandhok | wetan suwung kidul suwung dene | kang lèr kalamomor kilèn êsri | bangun lajêngnèki | wetan lampahipun ||

7. kidul suwung ingkang kilèn êsri | kang lèr kalamomor | têngah êsri pan wus sadalune | nulya Akat Êpon dèn ècèri | lima pitu nênggih | rolas kang pinangguh ||

8. aras kêmbang iku kang darbèni | bincilane andhok | ing sorene nèng lèr lakuneKurang satu suku kata: ing sorene anèng lèr lakune | têngah suwung wetan kalangantin | ingkang kilèn êsri | kidul kalanyamur ||

9. lajêng têngah wêngi wancinèki | lakune ana lor | têngah suwung wetan suwung dene | kilèn kalamomor kidul êsri | bangun enjingnèki | nèng têngah kang laku ||

10. wetan suwung ingkang kidul êsri | kang lèr kalamomor | kilèn suwung pan wus sadalune | nulya Akat Wage dèn etangi | lima papat nênggih | katêmu sangèku ||

11. ingaranan pan lakuning angin | ingeceran andhok | wetan lampah kang kidul suwunge | kilèn pacak lèr kalamomori | têngah kalangantin | lajêng têngah dalu ||

12. wetan lampah ingkang têngah êsri | kilèn kalamomor | kidul suwung anèng lor pacake | bangun enjing kidul lampahnèki | lèr kalapangantin | ingkang kidul suwung ||

13. ingkang êlèr apan pacakwêsi [pa...]

--- 22 ---

[...cakwêsi] | têngah kalamomor | apan uwus prapta sadalune | nulya Akat Kaliwon binincil | pôncastha pinanggih | tiga wêlas iku ||

14. lakune lintang kang andarbèni | ingeceran mandhok | têngah kalamomor lèr pacake | kilèn suwung wetan ingkang êsri | kidul lampahnèki | lajêng têngah dalu ||

15. wetan lampah ingkang têngah êsri | kidul apotongwong | ingkang kilèn pan kalapangantèn | kang lèr suwung lajêng bangun enjing | wetan lampahnèki | ingkang kidul suwung ||

16. kilèn suwung kang lèr pacakwêsi | têngah kalamomor | pan wus sadalu ècèraneKurang satu suku kata: pan wus sadalu ingècèrane | gantya dintên ingkang Soma Manis | pat lan lima nênggih | katêmu sangèku ||

17. ingaranan ing lakune ngangin | ingeceran andhok | ing sorene nèng kilèn lampahe | têngah pacak kidul kalangantin | wetan kalamori | ingkang êlor suwung ||

18. lajêng têngah wêngi ingkang wanci | têngah kalamomor | kidul lampah nèng kilèn êsrine | kang lèr suwung wetan pacakwêsi | bangun enjingnèki | ingkang têngah suwung ||

19. ingkang kilèn pan kalapêngantin | wetan kalamomor | kidul êsri kang lèr pan lampahe | wus sadalu nulya Sênèn Paing | papat sanganèki | têlulas pinangguh ||

20. apan lakuning pan lintang nênggih | ingeceran adhok | ing sorene nèng lor ing lampahe | kidul kalamomor kilèn êsri | wetan pacakwêsi | ingkang têngah suwung ||

21. lajêng wanci têngahipun wêngi | laku anèng kulon | lèr suwung têngah kalapangantèn | wetan suwung ingkang kidul êsri | laju bangun ênjing | ingkang têngah suwung ||

22. wetan [weta...]

--- 23 ---

[...n] lampah ingkang têngah êsri | kidul ingkang towong | kilèn suwung pan wus sadayane | nulya Sênèn Wage dèn ècèri | sami papatnèki | pan katêmu wolu ||

23. ingaranan pan lakuning gêni | ingeceran andhok | ing sorene nèng kulon lakune | têngah pacak wetan kalangantin | ingkang kidul êsri | êlor iku suwung ||

24. lajêng têngah wêngi ècèraning | wetan kalamomor | têngah suwung lèr kalapangantèn | kilèn suwung kidul lampahnèki | bangunipun enjing | kilèn ingkang suwung ||

25. kidul lampah ingkang wetan êsri | têngah pacak ambot | kang lèr suwung apan sadalune | nulya Sênèn Kaliwon binincil | pat lan wolu nênggih | têmu rolas iku ||

26. ingaranan aras kêmbang nuli | ingeceran mandhok | sorenya kilèn kalapangantèn | kidul suwung lèr kalamomori | ingkang têngah êsri | lajêng têngah dalu ||

27. wetan laku kidul suwung lor sri | têngah kalamomor | têngah suwung lajêng ing bangune | kidul lampah kilèn suwung lor sri | wetan kalamori | têngah blabag suwung ||

8. Balabak

1. gantya dintên Salasa Lêgi winilis | bincile | têlu lima katêmu talu lakuning | gênine ||

2. ingeceran nulyandhok sarene wetan | suwunge | têngah lampah kidul pacak êlèr êsri | ênggone ||

3. kilèn kalapangantèn gya têngah wêngi | wancine | wetan kalapangantèn kang kilèn kala- | momore ||

4. kang lèr lampah têngah suwung anèng kidul | pacake | lajêng bangunipun ingjing ingkang têngah | suwunge ||

5. wetan suwung [su...]

--- 24 ---

[...wung] kidul pacak kilèn êsri | ênggone | kang lèr lampah apan wus praptèng sadalu | etange ||

6. nulya Slasa Paing têlu lan sangaKurang satu suku kata: nulya Slasa Paing têlu lawan sanga | nêptune | pan katêmu rolas iya aras kêmbang | arane ||

7. ingeceran kalamudhênge nulyandhok | sorene | kilèn lampah lèr suwung kang wetan kala- | pangantèn ||

8. wetan kalamomor ingkang kidul êsri | ênggone | binanjurkên ècèrane kalamudhêng | tutuge ||

9. têngah wêngènipun apan wontên kilèn | lampahe | têngah suwung lèr suwung kang kidul kala- | momore ||

10. kilèn lampah wetan êsri lajêngira | bangune | têngah suwung lèr suwung wetan êsriKurang satu suku kata: têngah suwung êlèr suwung wetan êsri | ênggone ||

11. ingkang kilèn kalamomor kang lèr laku | prênahe | nulya Slasa Pon pêpitu lan têluKurang satu suku kata: nulya Slasa Êpon pêpitu lan têlu | nêptune ||

12. pan katêmu sapuluh kang aras pêpêt | arane | têngah sri wetan sri kang kidul lampahKurang satu suku kata: têngah êsri wetan sri kang kidul lampah | sorene ||

13. kilèn suwung lèr pacak gya têngah wêngi | etange | wetan lampah kidul suwung kilèn kala- | pangantèn ||

14. têngah sri êlèr suwung ing wanci bangun | enjinge | kidul lampah kilèn suwung wetan kala- | pêngantèn ||

15. têngah êsri lèr suwung ing wanci bangun | enjinge | kidul lampah kilèn suwung wetan kala- | pêngantèn ||

16. têngah êsri lèr pacak nulya Salasa | Wagene | têlu papat katêmu pitu kang bumi | lakune ||

17. kilèn lampah têngah pacak wetan pacak | sorene | kidul êsri lèr suwung gantya ing têngah | bincile ||

18. kidul lampah kilèn suwung kang lèr suwung | karone | têngah pacak wetan êsri nunulya [nu...]

--- 25 ---

[...nulya] SalasaLebih dua suku kata: têngah pacak wetan êsri nulya Slasa | Kliwone ||

19. têtiga lan wolu katêmu sawêlas | nêptune | aras tuding wastanya gya ingeceran | sorene ||

20. wetan lampah kidul suwung kilèn pacak | wêsine | kang lèr kalamomor ing têngah pan êsri | ênggone ||

21. lajêng têngah wêngi lèr suwung nèng kilèn | lampahe | wetan kalamomori têngah kala-Kurang satu suku kata: wetan kalamomori têngahe kala | pangantèn ||

22. bangun enjing kilèn lampah têngah kala- | momore | têngah suwung lèr suwung kang kidul êsri | ênggone ||

23. nulya gantya ing dintên Rêbo Lêginya | wiwite | lima pitu katêmu rolas pan aras | kêmbange ||

24. kidul laku kilèn suwung kang lèr kala- | pangantèn | têngah suwung wetan sri gya bangun enjing | wancine ||

25. kidul laku kilèn suwung wetan kala- | momore | têngah pacak lèr suwung kadya asmara | danane ||

9. AsmaradanaTembang dalam pupuh ini tidak sesuai dengan aturan tembang asmaradana.

1. ingkang kidul pacak wêsi | ingkang kilèn kalamomor | wus anêlas sadina pêpitu | lan pasarannèki | Côndragêni lingira | iku padha èngêtana ||

2. nadyan wus pintêr ngècèri | yèn atine tan tuwajoh | tanggung pangandêlnya | nora ampuh kalamudhêngnèki | dadya kodhêng tyasira | dene yèn ngandêl pitaya ||

3. salakunira asêkti | apan bisa nora katon | krana lakunira | dolan umur yèn sisip bilaèni | ati kurang pracaya | marang kalamudhêngira ||

4. ngèlmune wong mara bêngi | kalamudhêng iku tanggon | lawan rajamuka [ra...]

--- 26 ---

[...jamuka] | datan kantun ingkang sun karêmêni | pan iya derah rolas | tanggal pisan jaba mênang ||

5. kang jro apês jayanèki | tanggal ping ro jro kang jarot | kang nèng jaba rusak | tanggal têlu sami jayanèki | yèn rusak sami rusak | rahayu sami raharja ||

6. tanggal ping pat jayèng jawi | tanggal ping lima jayèng jro | tanggal ping nêm ramya | kaping pitu jaya kang nèng jawi | ping wolu jro kang jaya | tanggal kaping sanga ramya ||

7. ping sapuluh jayèng jawi | pin sawêlas jaya kang jro | kaping rolas ramya | ping tri wêlasipun kang jaya ing jawi | patbêlas jro kang jaya | tanggal ping limalas ramya ||

8. nêmbêlas kang jayèng jawi | pitulas kang jaya nèng jro | ping wolulas ramya | lajêngipun sangalas kang jawi | kalih dasa kang jro jaya | tanggal ping salikur ramya ||

9. dyi likur kang jayèng jawi | tiga likur kang jayèng jro | kawan likur ramya | lima likur kang jaya nèng jawi | nêmlikur jro kang jaya | tanggal pitu likur ramya ||

10. wolu likur jayèng jawi | songa likur kang jaya jro | tigang dasa ramya | lah wus puput pangetangirèki | kalamudhêng lan raja- | muka kanthine tan pisah ||

10. Kinanthi

1. ya ta ngawirya katêlu | minggu tan ana karsa ngling | tan jumbuh raosing driya | gèsèh tan condhong ing kapti | arsa muwus mêgah-mêgah | tan pati kasdu ing galih ||

2. Jèngrêsmi micarèng kalbu | kèngêtan wuwusirèki |

--- 27 ---

ki tuwa ing padhangeyan | warga wastra dènira ngling | jarwane panitisastra | sarambut datan anilip ||

3. kayêktèn lêlèjêmipun | sadaya kang sami linggih | tan amethok kawistara | sêmune angincim-incim | muncêrêng lir kuncing mulat | ulat datan dèn sasabi ||

4. Jèngraga Kulawiryèku | kapagol pêgêl kang galih | lirike para durjana | tan ana wruh marang bêcik | cipta yèn nacak prakara | ing mêngko mriha ngalani ||

5. dadya sumuk netra rêngu | tan beda Kulawiryèki | kalêkête wus kadhadha | mapan ing tyas sêmu runtik | tinekatkên suranira | datan nêdya angoncati ||

6. marêngut tyasira rêngu | Nuripin tyasira sêdhih | mulat ing para durjana | gunêman pating barêsik | sinamur sambi sêretan | kang guyyan myang kang bêbincil ||

7. Nuripin ngêrês ing kalbu | pyang-pyangan tan duwe ati | kalangkung ajrih kumrengkang | rêp nguyuh tan wani mijil | kêmpunge makênêng lara | kabêlêt nguyuh tan sipi ||

8. mingkat-mingkot dènnya lungguh | murih-murih jroning ati | bilah uyuh iki apa | sabêne nora kadyèki | de tan warêg dene toya | kudu nguyuh bae iki ||

9. yèn nuju kasamur wuwus | Nuripin angègès lampit | galar winêngkang supaya | bisa nguyuh ing gènnèki | yèn kala tan ana mojar | ingampêt uyuhirèki ||

10. lamun gumêdêr gumuyu | gya nguyuh kumrowok pêsing | Ki Wirya nolih lon mojar | dudu wong setan [seta...]

--- 28 ---

[...n] Nuripin | ambakna nguyuh gêndhila | mêngko ga nyikut ing mami ||

11. nora mêgêng mênêng nguyuh | kaparat edan Nuripin | sasore nguyuh ping sanga | kajaba kang tan wruh mami | sak môngsa dak tapuk sira | cocotmu jêbat anjondhil ||

12. Nuripin abêkah-bêkuh | jrih umatur dèn dukani | Jèngraga mèsêm tumingal | mring paman abêkis ririh | Ki Côndragêni lon mojar | mring awirya kèn aguling ||

13. kang ngaturan datan ayun | maksih sakeca alinggih | Côndragêni malih mojar | mring rowange durjanèki | lan lakuning naga dina | têlu iku ayya lali ||

14. dhingin kalamudhêngipun | ping ro rajamuka iki | katêlu lan naga dina | rujukna parênge bêcik | yèn wus padha bêcikira | tri prakara iku pêsthi ||

15. tan ana kuwatiripun | sasat mêthik wohing ranti | luputing guna sarana | penan pêdhêman piranti | tulak tumbal japa môntra | miwah sastrambinêdhati ||

16. naga dina lampahipun | wit ing dina Akat nênggih | iku marêp ngalor ngetan | yèn dina Sênèn marêngKurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya 8i: yèn dina Sênèn marêngi | marêb ngetan bênêr gyannya | kalamun Salasa ari ||

17. ngidul ngetan adhêpipun | lamun dina Rêbo nênggih | marêp ngidul bênêr gyannya | kalamun ing dina Kêmis | marêb ngidul ngilèn naga | yèn dina Jumuwahnèki ||

18. ngalor ngulon arêpipun | lamun dina Saptu nênggih | marêp ngalor bênêr gyannya | wus jangkêp naga winilis | poma-poma [po...]

--- 29 ---

[...ma-poma] sira padha | anggonên ing tri prakawis ||

19. lan malih prantining laku | kang kanggo wong dadi tindhih | dèn arani nujum jaya | apês unggule pakarti | sarat gawea pangarsa | sulih pacalèng pakarti ||

20. prang nadyan totohan iku | myang padu rêbut prakawis | kalamun dina Jumuwah | wong lêkêr wadananèki | andik tingaling dikdaya | anèng lor jayanenèki ||

21. kalahane wong kang mêsum | kidul pomahanirèki | yèn dina Saptu kang jaya | wong kang mêsum talup putih | nèng kidul pomahanira | kang kalah wong tipis rai ||

22. ingkang lèr pemahanipun | yèn dina Akat wong tipis | wadanane ingkang jaya | lor wetan pomahannèki | kalahane wong dhêdhamplak | lèr kilèn pomahannèki ||

23. yèn ing dina Sênènipun | wong dhêdhamplak kang jayèki | lor kulon pomahanira | wong ngrangkung kalahannèki | kidul kulon pomahannya | yèn dina Salasa nênggih ||

24. kang dikdaya wong kang ngrangkung | kidul kilèn gyanirèki | wong ngedhor pangawak Sêmar | puniku kalahannèki | kilèn lêrês wismanira | nulya dina Rêbonèki ||

25. wong ngedhor kang digdayèku | lor kulon pomahannèki | puniku ingkang ajaya | kalahane wong dêdêling | kidul wetan pomahannya | kalamun ing dina Kêmis ||

26. wong kang dêdêling arurus | kang digdaya ing pakarti | kidul wetan pomahannya | wong lêkêr kalahannèki | lor bênêr pomahannya [pomaha...]

--- 30 ---

[...nnya]Kurang satu suku kata: êlor bênêr pomahannya | lan ana kanthine malih ||

27. ing dina Jumuwah wau | wong kang lêkêr ulat andik | digdayane akanthia | wong ngedhor pangawak nyêmariLebih satu suku kata: wong ngedhor pangwak nyêmari | iku kang anjujung jaya | prayoga kinarya kanthi ||

28. kalamun ing dina Saptu | wong kang mêsum talup lutih | kang digdaya akanthia | wong kang lurus adêdêling | dadya panjujunging jaya | salamêt ginawe kanthi ||

29. yèn ing dina Akatipun | wong tipis wadananèki | digdayane akanthia | wong lêkêr tingale andik | yèku kang anjujung jaya | santosa dènira kanthi ||

30. yèn ing dina Sênènipun | wong ingkang dhêdhamplak nênggih | digdayane akanthia | wong kang talup lutih-lutih | prakosa anjujung jaya | prayogane kang pinasthi ||

31. yèn dina Salasanipun | wong kang ngrangkung kang linuwih | digdayane akanthia | wong kang wadanane tipis | kang mawa anjujung jaya | rahayu kalawan kanthi ||

32. yèn ing dina Rêbonipun | wong ngedhor pawak sêmari | digdayane akanthia | wong dhêdhamplak kang pinilih | sayêkti anjujung jaya | tan larang kinarya kanthi ||

33. yèn ing dina Kêmisipun | wong lurus ingkang dêdêling | ayya pisah akanthia | wong ingkang ngrangkung puniki | saèstu anjujung jaya | sarate ingkang kinanthi ||

34. tamat kang nujum jayèku | lakune wong dadi tindhih | yèku lamun sira padha | ngrèh wong akèh ing karywèki | tan kêna ra amiliha | wong anom ingkang nujoni ||

11. Sinom

1. Côndragêni malih mojar | pituhunên iku bêcik | yèn laku gêdhe kewala [kewa...]

--- 31 ---

[...la] | nujum jaya ayya lali | dene yèn laku cilik | tri kae mau wus cukup | kalamudhêng lan raja- | muka naga dina iki | tan kawatir yèn sira tumêmên nganggya ||

2. saur manuk pra jurjana | inggih kadospundi malih | kalamun tan mituhua | ing ngèlmi ingkang pinusthi | suprih lujênge kardi | wong sampun dèn tohi umur | yèn datan ngimanêna | angangkah wilujêngnèki | datan gadhah umur pamèr mung padinan ||

3. ginuyu rowange samya | Ki Lutungmènglèng guyoni | yèn mojar Si Kêthèk Mingkar | aguyokake wong linggih | paribasan wong angling | bisa mati kaping pitu | rinampok tinugêla | apan bisa gêsang malih | iku priye apora umur pameran ||

4. patine umur padinan | umur pamèr gêsang malih | mara ta yèku rasakna | kèhing wong ana kang sêkti | Kêthèkmingkar nauri | e lah ya iku ta êmbuh | mung ngrungu ing pocapan | kang mati bisa rip malih | aji pôncasona mawa bisa gêsang ||

5. pèkne mangkonone ingwang | maune iya wus ngaji | jaya aji pôncasona | pan akèh majani mami | kalasa bantal abrit | lan lawon sakêbar urup | myang jambe suruh pisang | tindhihe wutuh rong anggris | kang amurugi gagang aking ing mênggah ||

6. wus cakêp padha sadhela | nanging lakune ngluwihi | ambok arang wong kaduga | mutih patang puluh ari | pati gêni sapta ri | sartane karo ambisu | malêbu ing kuburan | garowong kang dèn ênggoni | datan mêtu yèn tan wus ing pitung dina ||

7. ngong lakoni tapanira |

--- 32 ---

durung tutug wangênnèki | kasêlak ngosok anyuthak | sun angkati wali-wali | lawas-lawasing sasi | ambungkah betal tan tutug | kongsi saprene iya | nora tutug gonku mutih | durung ngandêl tyas ngong aji pôncasona ||

8. ginuyu mring sakancanya | latah Lutungmènglèng angling | bênêr lèhmu tan pitaya | tapamu nora dumugi | kabèh kadya sirèki | ngaji pôncasona iku | nanging arang kang kuwat | yèn kuwat pasthi sayêgti | Mêrakjamprong gumugugumuyu sumambung mojar ||

9. lèhira angaji pônca- | sona mring Ki Gagangaking | mring uloning bubuk ika | ing mênggah ancala cilik | Lutungmènglèng nauri | lan Kêthèkmikar sumaur | inggih môngsa wontêna | Ki Gagangaking kêkalih | namung ngriku Ki Gagangaking ing mênggah ||

10. lèhmu ngaji pôncasona | têka seje lawan mami | tapanipun yèn manira | turu patang puluh ari | sadina lan sawêngi | apan tangi kaping pitu | apan mangan kaleyang | wuda tan anganggo jarit | iya sarta ambisu yèn dhaham batal ||

11. mangkono yèn mungguh ingwang | gyan ingong ngaji duk nguni | Ki Limut ing Panarukan | ing sêpi dhas wukir cilik | akèh ingkang guroni | wong Bali Madura mriku | samawana wong Jawa | kang samya olèh kasêktin | akèh bae kang katrima jayanira ||

12. mara priye ucapêna | ajimu pôncasonèki | yèn gèsèh kalawan ingwang | wuruke Ki Gagangaking | Lutungmènglèng ling lirih | mathêngthêng ngapalkên ngèlmu | ajiku pôncasona | ana wiyat jroning bumi | surya murup ing bantala buma sapta ||

13. anêlahi

--- 33 ---

sabuwana | raina tan kêna wêngi | urip datan kêna pêjah | sun pangawag jagat iki | amiti nora mati | tlêncêng gêni tanpa kukum | clêng culêng clêng culêngan | kasôngga ibu pratiwi | tangi dhewe urip dhewe anèng jagat ||

14. musthika lananging jaya | jayane Rawana Aji | hêm aku si pôncasona | ratuning nyawa sakalir | Mêrakjamprong ngèsêmi | sarya lon dènira muwus | apa mung sakêndhaga | tan ana lanjare malih | Lutungmènglèng ngling inggih mung sakêndhaga ||

15. Kêthèkmingkar nambung sabda | kakang Mrakjamprong dospundi | aji dika pôncasona | Mrakjamprong nauri aris | dene ing aji mami | pan mangkene êmèlipun | sang aji abitana | makutha raja sinêgti | jatimaya mrup sacakraning gilingan ||

16. manêjud jatining Suksma | Suksma wasesa sajati | Suksma jatining manungsa | yèng sun badaning Suksma di | tan ana angloroni | mung ingsun ratuning umur | urip tan kêna pêjah | langgêng uripku pribadi | risik putih tangia mulya wisesa ||

17. sun sang aji abisana | sabwana tan ana urip | hêm hêm turaba turaba | pan sarwi anatab bumi | tan ambêkan kaping tri | jroning gawe nora idu | kang samya gunêm jaya | badhêdhêk tan ana ering | ngiras umbak kaprawiraning durjana ||

18. Côndragêni mèsêm mojar | sarwi nyêrèt turon miring | liyangan bêkukan bantal | pacitane rujak ati | mara ing kono bêcik | padha ngapalêna ngèlmu | ngiras pêpagêr awak | ing wêngi ngapalkên aji | katambêlan kêmayan sêsirêp jaya ||

19. dadya tan ana rêringa | dènira ngapalkên aji [a...]

--- 34 ---

[...ji] | Ki Kuwukmingkar rêrasan | kalawan Ki Kêndhilwêsi | priye kang Kêndhilwêsi | sêsirêpmu ingkang ampuh | nauri êh êh iya | mangkene sêsirêp mami | Si Jêgot karubuhan gunung prakêmpa ||

20. mati dhase rip buntutnya | wong sakêthi padha mati | wong salêgsa padha wuta | wong sèwu turu kêpati | pan ora tangi-tangi | yèn sun tan nangèkkên iku | nulya sawur kêmaya | yèn sawur tan tibèng siti | pasthi tan ana nglêsêt kang duwe omah ||

21. sira priye sirêpira | Ki KawuknasakKuwuknasak nauri | ajiku si meganônda | têdhuh dhipêt kapuluti | nagapasa tan osik | jublêg mênêng kaya watu | hêm wuta wuta wuta | cat cat bêk satêngah mati | aja obah molah bacèt ana ula ||

22. nulya asawur kêmaya | anjêthèt gêdhèg sawiji | yèn adhêm gêdhège tôndha | kang duwe omah lir mati | kèh nglinge durjanèki | kang samya ngapalkên ngèlmu | jêjapa jaya-jaya | kadikdayan ing kasêktin | jurudêmung bèbèr jayaKurang empat suku kata: jurudêmung bèbèr jaya kawijayan ||

12. Jurudêmung

1. Ki Cèlèngbèlèk lon mojar | dospundi kang Dhadhungawuk | Lêmbusakilan puniku | êmèle Lêmbusakilan | nauri mangkene yèn sun | ajiku Lêmbusakilan | nèng jroning wayangan ingsun ||

2. braja mara magak-magak | mêdhak puwêr dadi banyu | sun wruh ing jêjêlahmuKurang satu suku kata: ingsun wruh ing jêjêlahmu | hêm aku Si Teyongmaya | anjêjak têmah ping têlu | mêgêng napas tan kumêdhap | makatên wuruking guru ||

3. lan dika punapa beda | nauri Ki Dhadhungawuk | yèn kula niki mèlipun | jiku Si Lêmbusakilan | tanpa kadang

--- 35 ---

braja kadung | liwang-liwung dhat clêng gêmplang | tanpa lawang sapda ayu ||

4. ayu-ayu tanpa kara | kara hêm aku Si Badhur | nylênthik panuduh ping têlu | sumambung Ki Bêncelidhah | yèn kula datan kadyèku | ajiku si bandungbônda- | wasa lênga bima cupu ||

5. pa hêm hêm aku Si Jongkot | anaking jangêt katêlu | gumêtêr sun Sapulêbu | braja pupak tanpa sesa | lêbur sumyur dadi banyu | ajaling banyu turaban | aturan sat agalêpung ||

6. pan sarwi amêrês tangan | ingusapakên ing ikud | datan ambêkan ping têlu | sumrêwo Ki Watukura | yèn mangkene ajiku | sabadhor blabak antolan | mêndat kiwul braja kêthul ||

7. kampal kampul ora têka | klewa-klewa hêm ya aku | Si Tênggês sarwi aidu | ping tri ing èpèk-èpèknya | dèn usapakên ing bau | Ki Sômbangèrèng ris mojar | yèn pamêpêsane bayu ||

8. sun matêk jiku si macan | binarong ingiring aku | sang kala ari ngarêpku | pinayungan kalacakra | kang adulu marang aku | pêcat biyas lêsu lupa | limprêk-limprêk tanpa bayu ||

9. hêh tanpa bayu si jabang | Ki Kalakêthêg amuwus | niki krosan kuwat junjung | pênthung ruyung sandhung pucang | rêrèncèk sarasah kayu | aking ampang têka ampang | hêm aku Si Kalarêngu ||

10. Ki Gêmblangserang ris mojar | iki lêlamporan aku | pêpacêl kêsi balitung | tangkêbing gapura mênga | mênga sêka ing ujarku | rontok rantas anarantas | bêdrèg ègrèk kancing runtuh ||

11. tanpa iwêr kupat luwar | luwar saking

--- 36 ---

pangidhêpku | Ki Prêtiyuyu amuwus | gêgambènku wêlut pêthak | iki êmèle ajiku | wêlut putih winadhahan | ing godhong lumbu alunyu ||

12. cot pêrosot bêsot uyah | kinubahi banyu luyut | lupud hêm aku Si Jungud | sumambung Ki Gagaksetra | kang sun pêputhi ismuku | pan iya amung limunan | wewe bang ngêba-ngêbani akuLebih dua suku kata: wewe bang ngêbani aku ||

13. angaup ing kayu muna | muni anglêla mun-amun | ilang blas hêm ya ku samun | Ki Tambakladhu angucab | mung Brajamusthi èsmuku | gêmpurkên barang tinêbak | tangan lir gandhèn lan alu ||

14. mangkene êmèle kang jayaLebih satu suku kata: mangkene mèle kang jaya | tirab-tirab ing dhadhaku | pukul wêsi pèk-èpèkku | kêmpêlaku watu buta | kaya gêrah suwaraku | hêh hêh hah aku si braja- | musthi ngras tangan ping têlu ||

15. Macangaèng nambung sabda | mung pangidhêpan pan agêmkuLebih satu suku kata: mung pangidhêpan agêmku | mangkene êmèle èsmu | ajiku suraking kala | angoyak jagat gumulung | gonjit sêbat sapta idhêp | kèdhêp marang sabawaku ||

16. mojar Ki Brajalamatan | pan agêman ngong èsmuKurang satu suku kata: pan agêman ingong èsmu | pan mangkene êmèlipun | ajiku Kidangkancana | amakutha mala mancur | arikat pan kadi kilad | kêsit lir thathit hêm aku ||

17. Si Kidangkancana mulya | Ki Sandhangrowang amuwus | yèn aku iki ajiku | si dhaliputih anyampar | paran lêpas majat cancud | trincing cingcing tinjomaya | dhat clêng dhat clêng dhat clêng dhat cut ||

18. mancêlut gêlis tumêka | ngusap dlamakan ping têlu | Ki Branjangkawat amuwus [a...]

--- 37 ---

[...muwus] | èsmu gêgambèn manira | tan kaya pangirup kalbu | ajiku si setankobêr | sun panahkên gunung jugrug ||

19. sun panahkên langit bêdhah | sun panahkên bumi amblung | sun panahkên ing alas gung | liwang-liwung sirna gêmpang | sun panahkên mêndhung larut | sun panahkên sagara sat | sun panah atine si anuLebih satu suku kata: sun panah atine anu ||

20. picak mati kapisanan | pêthot thêl gigal atimu | kerup kakukup kairub | kodhêng dhêglêng tanpa ngucap | pangucapmu amung ayo | iya ayo ayo iya | iya yo cub endhal dhulKurang satu suku kata: iya ayo cub endhal dhul ||

21. Ki Berangkècèr angucap | yèn sun mangkene èsmuku | ajiku setan waringut | kêri grisi gêrahuyang | srita-sritu kudu milu | mring aku pasrah dandanan | wêsing kono amêgatruh ||

13. Mêgatruh

1. pra ngawirya katri tyasnya sangêt rikuh | diksurane durjanèki | sêmu langar langguk-langguk | ambên umbak abadhidhig | sapolah tingkahe rusoh ||

2. Jayèngraga jroning tyas kalangkung rêngu | ewa myat ing durjanèki | Kulawirya mingut-mingut | mring sakèhing durjanèki | yèn kinawitana awon ||

3. tan talangke wus rinukti jroning kalbu | datan nêdya angoncati | mung nganti bêbukanipun | Nuripin dhêkêd nèng wuri | turu ngantuk maksih lunggoh ||

4. asênggoran Nuripin acêklak-cêkluk | anjêgluk sarira wingking | Ki Wirya nolèh amuwus | hus setan alas Nuripin | têka bisane angorok ||

5. sasuwene bijig gigir jêglak-jêgluk [jêglak-jê...]

--- 38 ---

[...gluk] | gêndhila bangêt si baring | tita têmên ora patut | wus tan bisa ngampêt arip | kudu tisna ing cêciplos ||

6. Ki Nuripin agalêrêg sêgu matur | inggih punika dospundi | kewala kêdah angantuk | ragi sangêt kaoskraos sakit | tan bêtah kula ajagong ||

7. apuntên dalêm kiyai nuwun maklum | Ki Kulawirya ambêkis | dhasar rada edan taun | ambêkan ngêmpus Nuripin | sêdhih atine ngêndharok ||

8. dadya gêring ngênês kêthêr manahipun | myat sacarane dur juti | samar tyase kêpyur-kêpyur | tan duwe ati samênir | mulês wêtênge karaos ||

9. pulilitan mêkênêng kêkêmpungipun | kabêlêt nguyuh angising | Ki Nuripin angling kalbu | lah kapriye mono iki | tan mênêng kabêlêt nguyoh ||

10. lak kabêlêt ngising amulês wêtêngku | yèn mêtua aku wêdi | lamun tan mêtu pakewuh | bangêt têmên sira tai | lawan uyoh gawe rikoh ||

11. datan kêna ingampêt dènira murus | krêngkèt Nuripin ngisingKurang satu suku kata: krêngkèt Nuripin angising | kasamur gêdêring wuwus | sruwal bêbêde cinincing | ngêbrog ngompol kambi lunggoh ||

12. pra durjana tingkahe sangsaya grêgut | gêguyon myang abêbisik | kang èbèr-èbèran ngèlmu | ana ingkang lèngsèr mijil | ting kalêsik bisik ngomong ||

13. Dhandhangwiring mojar mangkene èsmuku | ajiku si sêmarkuning | akuncung kancana murup | nalêcêr sundhul wiyati | cahyaku maya mancorong ||

14. angênguwung ngilat thathit ing kêdhèpku | sun linggih têngahing bumi |

--- 39 ---

sakèhing wong kang andulu | maring aku gêdhe cilik | tuwa anom lanang wadon ||

15. têka wêlas asih dulu sariraku | watêke salamêt bêcik | sanadyan wus tinalikung | kongsia arêp pinatin | dumadakan wêlas tumon ||

16. kadho-kadho têmahan wurung linampus | nauri Ki Lalêrwilis | kula rumaos tan luhung | sapikantuk balung pêking | èsmu ngong bunglon rêraton ||

17. gleca-glece seja rupa sun amulut | paningale rare pidhir | pilong pangling marang aku | nora nyana nora dimpi | pan ingsun ora kêtanggoh ||

18. watêkipun nyalong nyêlêr ngutil jipuk | gêgabro ngapus-apusi | lamun lumayu binuru | nalimpêt katêmu pangling | tan ana ngarani ingong ||

19. Lalêrmêngêng lah ajiku bilah bilu | ngampêlu kaya wong ngimpi | wong sajaman padha blilu | aku dhewe kang mintêri | kabèh dhêglêng dhêlok-dhêlok ||

20. lêngêr-lêngêr nora dhênglêr sak karêpmu | rêp-sirêp tan ana wani | ya aku si bila-bilu | ablilu sakèhing janmi | niku yèn kula mocung wong ||

14. Pocung

1. pamrihipun lamun katrima lêstantun | sakathahing janma | samya kadya rare alit | dèn bêlajodana rinêbuta gampang ||

2. Bêncewatu mojar ah dene sirèku | biyèn kae apa | diblêdig akêmpis-kêmpis | lèhmu apa ginêbugan ing ngakathah ||

3. gêr ginuyu samya

--- 40 ---

rowangira lungguh | Lalêrmêngêng mojar | dandanan wong mono lagi | kêna ing cilaka dumadakan candhak ||

4. kaya iku Sang Prêtibèyès puniku | anayap kacandhak | mèh macathod dèn gêbugi | nyêlêr sruwal amoh pineme ing latar ||

5. kèh kang buru ana wong rongpuluh langkung | gumêdêr angoyak | saplayune dèn cêgati | ya bah pira wong saji binut ing kathah ||

6. guyu-ginuyu gar gêr lir ngabên sawung | wa pra ngawiryaKurang satu suku kata: wa para ngawirya | sangsayewa jroning galih | Ki Nuripin ngampêt guyu kacêmutan ||

7. mèsêm muwus Côndragêni nanging iku | yèn mêntas kacandhak | nuli sun nêmu sêmbulih | sakadare olèh gawe jinurungan ||

8. iya êmbuh kang mawa samarganipun | têka sinung gampang | katrima sasolahnèki | Prêtibèyès jêngèngèk mathêngthêng kôndha ||

9. dhasar sèstu lir wuwuse kyai niku | wong sawuse tiwas | dumadakan awak mami | mring padesan anuju wismaning dêmang ||

10. nuju suwung ngêblak mênga lawangipun | satugêl tan ana | janma kang tunggu wismèki | dêmang jlêg krêngkèt tan anèng jro umahKurang satu suku kata: dêmang jlêg krêngkètan tan anèng jro umah ||

11. mlêbu mêtu manira kongsi ping têlu | tita tan na janma | kèh prabot jarik sumampir | ngong rayuti sasênêng kumèt dandanan ||

12. ambarêngkut kongsi mèh tan kêlar manggul | kèhe lèh manira | liwat ing latar lêstari | têtanggane siji tan ana uninga ||

13. nambung wuwus Ki Lalêrmêngêng ya iku | kêna ujarira | tan beda kalawan mami | sauwise katiwasan awak ingwang ||

14. nuli untung nora mênêng-mênêng nyandhung | bêgja kaslamêtan | lir jumput duwèk [duwè...]

--- 41 ---

[...k] pribadi | pra durjana dènira kôndha-kinôndha ||

15. wancinipun lingsir dalu gagad bangun | nglaras kang larasan | sawusing pating burisik | angunusi lar lêr mêtu maring jaba ||

16. rêmbagipun angêprês têtamunipun | kang mrabot pêndhok mas | ingincim kang dadi melik | myang gindhongan ngêdhukur sinandhing lênggah ||

17. pan sinêngguh isi kèh pangajinipun | wong dagang ètèran | nyamur laku ngaku santri | pan sasore rinêmbug maksih drigonjang ||

18. kang tan rêmbug nanging kèh kang sami rêmbug | anukup dhayohnya | prabote kang dèk meliki | kang wus anèng jaba akukuk braokan ||

19. kang alungguh ngaruh-aruhi ambêkuh | ih cangkême padha | ting barêngok si kêpandhil | ana apa kae cacode dèn umbar ||

20. ana muwus ye wong akèh mono iku | jêr sênênge dhawak | anggugu cangkêm pribadi | layak tanggung turu mulane braokan ||

21. pan gumuyu Ki Côndragêni amuwus | marang tamunira | wali-wali kèn aguling | saur pêksi wus samya akatanggungan ||

22. kang alungguh kêjepan dadining rêmbug | tumuntên ing karya | Côndragêni angèsêmi | sih sinambi nyrèt lêliyangang bantalKurang satu suku kata: sih sinambi nyêrèt lêliyangang bantal ||

23. ing jaba sru dènira ambarung umyung | lir angitêr sima | sauran pating jarêlih | têmbing kilèn kidul êlèr miwah wetan ||

24. ngawirya wus graita badhe tinungkup | tan wurung blarudan | Jèngrêsmi anênggak budi | mapanakên plêng cêngêng sapalungguhan ||

25. tyas sumungku cipta rahayuning

--- 42 ---

laku | muga kinuwatna | ing coba pôncabayaning | durjana kang sêdya mrih cidra milaya ||

26. ya ta wau durjana kang sami lungguh | Ki Brajalamatan | Brajalintang Kêndhilwêsi | Ki Sêndhangsad Kêndhanggumulung Jarangan ||

27. Tambakdhadhu Kêmblangserang Dhadhungawuk | miwah Gagaksetra | Kuwuknasak Lutungmènglèng | Gêrènggèntèng Sômbangèrèng Sandhangrowang ||

28. namung kantun wong limalas kang alungguh | nêmbêlas Ki Côndra- | gêni binggol dujarnèki | Ki Brajalamatan muwus paliringan ||

29. alas grubul kaèjêge wona sêpuh | bok padha binubak | lothung yèn ana mingsrine | Côndragêni wus wruh lèjême kêjepan ||

30. tangi lungguh dènira nyêrèt asaguh | mung kari sacupak | sinêrèt plês diyan mati | Brajalintang tanggap wêwangsitanira ||

31. santak muwus marang ing têtamunipun | bagus punapaa | tan purun ngaturan guling | kadipundi têgêse tan purun nendra ||

32. botên ngingus mring sami jagongan lungguh | myang kang duwe wisma | kèh wuwus tan dèn praduli | Jayèngrêsmi alon anauri sabda ||

33. nêdha maklum saking ngong rêmên angrungu | kang rêrasan jaya | Brajalintang angling malih | lah baguse kang angagêm rôngka ladrang ||

34. langkung luhung kalêrêsan kêndhitipun | kêncêng lir sinipat | lim dalêm kula ningali | Kulawirya asêngak nauri ujar ||

35. e lah niku botên suka yèn dinulu | anèng saba paran | tur winêling datan kêni | wontên tiyang sawiji ngupaya duran ||

36. longanipun ginagapan paculipun | gêgubrasan tinja | lan uyuh bangêring kêcing | priye kiye o ah rusuh pan kisanak ||

37. sarwi dulu diniyanan pacul [pa...]

--- 43 ---

[...cul] gluprut | wah cacing têtiga | kang duwe akidih girik | pandirangang undure kang dumuk tinja ||

15. Durma

1. asru mojar sira Ki Brajalamatan | jawakne dika niki | ladak ngagak-agak | mênêng-mênêng manyunyang | wontên lungan dèn isingi | mung tata dika | tan kongang mêtu ngising ||

2. Brajalintang sumambung lah ulungêna | kêrismu dèn agêlis | kalêbu nglarangan | gawe sawênang-wênang | tingkahmu kaya dipati | ing Pranaraga | ngising akon nadhahi ||

3. lah bok sisan binalangakên maring wang | Ki Sandhangrowang angling | dhasare gandhila | tingkah edan-edanan | Gêmblangserang ngling bok uwis | sêdhêng rinêncak | hyah pira wong tri glintir ||

4. Sômbangèrèng wus payo dha dhinedhelan | sumabung Kêndhilwêsi | wong kaparad edan | angina tyang kathahKurang satu suku kata: angina tiyang kathah | lah wis payo dèn dhêploki | ih tai jêjêlnaLebih satu suku kata: tai jêjêlna | mring cocote kang balêndhingLebih satu suku kata: mring cocote kang blêndhing ||

5. sru bramantya Ki Wuragil Kulawirya | mojar mawinga wêngis | e dubilah setan | alit tumêkèng wayah | durung tau dèn abani | sawiyah-wiyah | ayonana wak mami ||

6. tan kongsi sun tibani krisku si rôndha | dak tangan bae dhisik | sigra pra durjana | ambyuk parêng narajang | ting sarêdhèt ngunus kêris | Ki Kulawirya | Jèngraga Jayèngrêsmi ||

7. sarêng ngadêg gya rinêmpak pinarjaya | Kulawirya Jèngragi | kinarubut kathah | sinudukan tan pasah | kang mêdhang ngalewang nitir | sakèhing braja | tan ana kang nêdhasi ||

8. ting barêkuh rukêt rupêg drêg-udrêgan | braja kacangan tangkis | tambuh mungsuh rowang | rok caruk-cinarukan [caru...]

--- 44 ---

[...k-cinarukan] | samya rowange pribadi | ana kêdhotan | kang gonyèh gubras gêtih ||

9. durjana kèh ing jawi mirsa kêrêngan | parêng surak gora tri | mangrik barêkikan | gantya ngêbyuk maraKurang satu suku kata: gantya ngêbyuk amara | mangsuk jêjêl rêbut dhingin | datanpa rungyan | wor panjriting pawèstri ||

10. Ki Nuripin arsa lumayu tan bisa | gupuh gludhêngi tai | amblusuk ing lungan | wêdi yèn kapêdhangKurang satu suku kata: wêdi yèn ta kapêdhang | gragapan ngrukêpi cacing | amêgab-mêgap | kaplêsêk uyuh tai ||

11. pra durjana agidrah ulêng-ulêngan | jogan bêk dening janmi | myang ambèn kèdêkan | ting grêjêk wong kathahKurang satu suku kata: ting garêjêk wong kathah | dalika tugêl dèn ciki | pêdhot antolnya | anindhihi Nuripin ||

12. bêngak-bêngok kaidêgan ing wong kathah | Nuripin tan bisa sik | jêrat-jêrit sambat | dhuh kula bêndaraKurang satu suku kata: dhuh kawula bêndara | sangsaya ramene jurit | granggang talêmpak | pênthung tawok suligi ||

13. ting carêngkling katangkis sami gêgaman | carok rok silih ukih | ambacuk bat-bêtan | tan ana kang tumama | malèsèt liyaning pringKurang satu suku kata: malèsèt liyaning êpring | balik rowangnya | priyôngga kèh kang kanin ||

14. Jayèngraga raosing prang tan rêkasa | lir sinawuran sari | tumamèng ing ôngga | tan pae ingkang paman | raosing sarira kadi | grayanging rôndha | kalane dèn gablogi ||

15. Jayèngrêsmi lan kang rayi Jayèngraga | ngeca-eca tan osik | jumênêng kewala | namung Ki Kulawirya | anggrêgut nêngkah tan wigih | pan ora karsa | narik kêrisirèki ||

16. kewala mung tumandang kalawan asta | kang tinêpak jungkêlit | pisêg irungira | kang dinugang macicil mlumahLebih dua suku kata: dinugang mcicil mlumah | wênèh kang

--- 45 ---

ginêjil mlirik | tan ana tahan | katiban asta ting brêkikLebih satu suku kata: ktiban asta ting brêkik ||

17. pra durjana akathah kang katiwasan | cangkêm gêgubras gêtih | gogrok untunira | myang pêcah matanira | kèh kang kalêlêr tan eling | barkat wong kathah | gantya parêng ngêbyuki ||

18. angrarêjêng tan sêlan dènnya marjaya | Kulawirya tan gingsir | rinêbut ing kathah | ngiringan wingking ngarsa | myang Jèngrêsmi Jayèngragi | angeca-eca | rinampok kèhing janmi ||

19. Kulawirya kurdhanya anglir andaka | angrampêt tumbak kêris | granggang pêdhang klewang | berang myang arit bapang | pêpênthung lawan suligi | lir êmpyak kinêprakLebih satu suku kata: lir pyak kinêprak | kèh gigal tibèng siti ||

20. pra durjana tan tahan linawan tangan | tinapuk dhinupak glindhingLebih satu suku kata: tinapuk dhupak glindhing | lan tinatap cagak | binithi tênggok nuntak | bau sêmpal kiwir-kiwir | irungnya timpal | wênèh kupingnya pêthil ||

21. giris giras lumayu asalang tunjang | tan kongsi mêdal kori | gêdhèg brol kajêjak | rêbah gêdhasok kathah | syarane gumrêdêg atri | lir mingsa ginusahLebih satu suku kata: lir mingsa gusah | Dhadhungawuk kang giring ||

22. sirna larut sakèhing para durjana | samya lumayu gêndring | kang ambrug rumangkang | rêngkêng-rêngkêng lumajar | pêthut binggol ting palêncing | gusis sar-saran | siji tan ana kèri ||

23. Ki Wuragil Kulawirya sih gambira | balia sira baring | eman kakokira | jadhuk-jadhuk durjana | yèn nyêrèt pating palirik | liyangan bantal | tan sêmbada sidhangling ||

24. Ki Nuripin agruguh anèng jro lungan | dhuh bandara kamiKurang satu suku kata: adhuh bandara kami | lah kula bêndara | nuwun [nuwu...]

--- 46 ---

[...n] tulung kawula | gêgêr gèpèng ngambung tai | kaidak-idak | ing wong kathah wak mami ||

25. Jayèngrêsmi Jayèngraga Kulawirya | kagyat dènnya mirsani | sambate santrinya | Nuripun biyung-biyang | Kulawirya gya mring jawi | tinon tan ana | mirêng nèng jro wismèki ||

26. malbèng wisma angling nèng ngêndi gonira | santri matur nèng ngriki | sigra Kulawirya | muruki ing gènira | nèng longan santri Nuripin | nulya ingingkap | ambène kang nindhihi ||

27. wus kabênggang Nuripin tan bisa ngrengkang | tinarik kinèn tangi | Nuripin sêsambat | ingkang alon kewala | kawula tan bisa tangi | langkung sakitnya | samya gupuh nulungi ||

28. wus mangkana ing wancinya gagat enjang | Jèngrêsmi ngandika ris | kadipundi paman | punapa lajêng lampah | punapa rèrèh ngêntosi | kang darbe wisma | Ki Kulawirya angling ||

29. môngsabarong kawula anut kewala | Jèngraga matur aris | yèn parêng panduka | luhung lajêng kiwala | pan wus luwaring prakawis | tanpa damêlnya | akèndêl anèng ngriki ||

30. Jayèngrêsmi ngandika ya bênêr sira | payo mangkat tumuli | lah ta priye sira | Nuripin apa bisa | lumaku mangkat saiki | alon turira | lir pêksi sarkara ris ||