Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  2. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  3. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  4. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  5. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  6. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  7. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  8. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  9. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  10. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  11. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  12. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  13. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  14. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  15. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  16. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  17. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  18. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  19. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  20. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  21. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  22. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  23. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  24. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  25. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  26. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  27. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  28. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  29. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  30. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  31. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  32. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  33. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  34. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  35. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  36. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  37. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  38. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  39. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  40. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  41. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  42. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  43. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  44. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  45. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  46. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  47. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  48. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  49. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  50. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  51. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  52. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  53. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  54. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  55. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  56. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  57. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  58. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  59. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
  60. Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini
Image

368. GirisaTeks asli: Gurisa.

1. Mangkana ta sang abrangta | kang wuru dènnira pana | apan wus sasontên mila | dènnya suhul ing Hyang Suksma | jênêg lagya kanikmatan | sarira wus tanpa sesa | saujur-ujure niba | katri priyangga priyangga ||

2. Mujur ngulon ngalor ngetan | tan ana ingkang salaya | sangating pana tan padha | tinêtah ing satariyah | jlalah barjah isbandiyah | amrat gaibing Pangeran | winêtara dangunira | apan tigang èwu napas ||

3. Sira Ki Sèh Amongraga | uwus bakda wiritira | asêgu lawan istigpar | tan antara ingkang garwa | Nikèn Tambangraras luwar | dènnira wirit sampurna | cèthi Cênthini tan beda | samya bakda dènnya bengat ||

--- 6 : 205 ---

4. Gya patakurpitêkur. ing Hyang Suksma | nalangsa minta apura | saking kiparat ing donya | akèh kang dadya gigila | taksistaksih. langiping kawula | aral kang bangsa riyah |Kurang satu suku kata: aral ingkang bangsa riyah. kontrak karaosing driya | lupute tan ana sêla ||

5. Katêlu pisan mangkana | ikraling nala nalangsa | dadya samya mênggak§ Prayoginipun / nênggak /. waspa | misêsêg napas dhucungan | ting salênggruk kawistara | karuna tanpa karana | karanane brangtanira | marang Hyang ingkang amurba ||

6. Wus mangkana Sèh Mongraga | tyasira lêjar wèntèhan | aningali maring garwa | kang mêntas luwaran padha | sih mingsêg-mingsêg karuna | lan Cênthini nora beda | Sang Monêng alon ngandika | sarta sung salam mring garwa ||

7. Lan Cênthini sinalaman | lingira Sèh Amongraga | yayi sira karahmatan | nugrahanira Hyang Suksma | yèku aplalu ngagêsang | pasêmon saking Hyang Suksma | pupucukaning nugraha | iku angrahmati sira ||

8. Yata Nikèn Tambangraras | umatur nalangsèng raka | kawula darmi kewala | amundhi brêkah paduka | jiwangga tan paja muga | lir sarah munggèng lautan | ing karsa ngrèh tanpa sesa | ing mangke praptèng wêkasan ||

9. Kang raka arum ngandika | yayi alkamdulilahi |Guru lagu seharusnya: 8a, yayi ya alkamdulilah. muga sira tinulusna | santosaning tokitira | nulya Ki Sèh Amongraga | maring patirtan akadas | Tambangraras tan kêna sah | myang Cênthini samya kadas ||

10. Wusnya toyastuti samya | rambah malih tangatira | sukril wuluki tahyatal | -masjidi kalih rêkangat | sawusira nulya ngangkat | tahajud rolas rêkangat | garwa cèthi makmum samya | pan wus saeka ing tingkah ||

11. Mangkat usali tangatan | tahjudi rakangatènirakangatêna. | lilahi tangala Allah | -hu Akbar kabiran walkam | -dulilahi kasiran pa§ Prayoginipun / wa /. | subkanalahi bukratan | wa asila nulya wajah | -tu waji iya lajêngnya ||

--- 6 : 206 ---

12. Lilahi patarasama | -wati walarli kanipan | wa musliman wa mahyaya | wa mamati§ Prayoginipun / wa ana min /. muslimina anulya |Lebih tiga suku kata, mungkin 'anulya' bagian dari baris berikutnya. [...] |Kurang satu baris: 8a. ngalêsik maca Patekah | surat Ikrak wêwacannya | subêkana bikamdika ||

13. Yèn nuju kalimahira | waswud tarib anulya |§ Prayoginipun / wasjud waktarib /. ing adêge sinujudan | ing sabên-sabên mangkana | gumulung rolas rêkangat | wus antara tangatira | nêm salam rêkangat akirGuru lagu seharusnya: 8a, nêm salam akir rêkangat. | tahyat sarta tumaninah ||

14. Têrtib ing iptitahira | nulya salam awal akir | sawusira bakda tangat | amapanakên ing bengat | wus lobok nora rêkasa | panarike wiritira | aguyêng ngayêngi rasa | rasa rasaning sarira ||

15. Sarira kang tanpa sesa | kumambang ing dhèwèkira | pan wus jomblah kajumbuhan | iya nyata nora nyata | iya tanpa nora tanpa | nora tanpa nyata tanpa | tan pae kang wus tan kêna | kinarsèng dening Hyang Suksma ||

16. Wus dangu wuru worira | mangkana Sèh Amongraga | (n)dodonga nglindhung ing Suksma | munkiri kiparat donya | wus linuwar wiritira | aris dènnira ngandika | mring garwa Kèn Tambangraras | yayi sira anuduha ||

17. Marang iku cèthinira | Cênthini konên pêpandam | gupuh kang garwa kèn pasang | pandam ni Cênthini sigra | tan adangu nulya prapta | patrangan sumaos ngarsa | wau Nikèn Tambangraras | umatur marang kang raka ||

18. Punika rayinta prapta | Rarasati saos dhahar | Sèh Mongraga ris ngandika | iya ing kene kewala | Rarasati majêng ngarsa | angladèni mring kang raka | Cênthini nampa rampadan | lancaran tinatèng ngarsa ||

19. Tambangraras saos tirta | anèng bokor pawijikan | ngandika Sèh Amongraga | payo yayi lan rinira | kêmbul nadhah lan manira | kang garwa ris aturira | pukulun anuwun duka | ajrih durakèng Hyang Suksma ||

--- 6 : 207 ---

20. Namung ngalap bêrkah tuwan | pakècèran tapak asta | têdhan kang dadya lorodan | Sèh Mongraga gya atirta | adan lêkas dènnya nadhah | pulukira sakêmlaka | adangu pangêpêlira | dhinahar tan pati ulam ||

21. Amung paru kang dhinahar | sakêdhik lawan lalaban | têmu poh lawan lêmpuyang | pikantuk dènnya adhahar | pan angsal pitung pulukan | atobe ping kawan-wêlas | tan kawawa nutugêna | nulya atêturuh asta ||

22. Wus suci dènnya atirta | rampadan ambêng linarad | Cênthini uthi anata | ingingsêd nèng ngarsanira | garwa ri nadhah carikan | tan pati piktuk nadhah |§ Prayoginipun / pikantuk /. wus nutug nulya luwaran | sigra ingundurkên samya ||

23. Cênthini nadhah lorodan | sarêng parèstri warata | samya tuwuk sadayannya | luwaran kang samya nadhah | lancaran tinatèng dhulang | kang anampa wus samêkta | Nikèn Rarasati nêmbah | mundur saking ngarsèng raka ||

24. Gya dhêdharan majêng ngarsa | woh-wohan olah-olahan | myang pateyan mêmanisan | wus samêkta anèng ngarsa | kang nampa mundur sadaya | yata Ki Sèh Amongraga | ngandika marang kang garwa | yayi mungguhing agêsang ||

25. Lah kawruhana dènnira | mungguh lakune kang bengat | kudu pinrih lobok lanyah | lanyahe kudu anêtah | saking patang prakaranya | sarengat ing wiritira | lawan tarekating wirit | miwah kakekating wirit ||

26. Tuwin makripat wiridan | iku yayi wruhanira | sarengating wirit ika | nêbut sawiji kalimah | pan la ilaha ilalah | nut panjang wêtuning napas | tanasubing mukaranahmukaramah. | ngling ing ati sanubari ||

27. Ya la ilaha ilalah | pan ora nana Pangeran | anging Allah ingkang Êsa | kang andadèkkên sadaya | kudu mangkono ciptanya | tan kêna kasêlan basa | ing dalêm sajroning cipta | dene tarekating wirit ||

28. Lapal ilalah ilalah | nut napas kang manjing mêdal | tanasubing [tana...]

--- 6 : 208 ---

[...subing] mukaranah | pamupusing ati puat | anging Allah kang sunsêmbah | pan mangkono tan kêna ra | yayi ywa kanti kasêlan | liyan osik kang kadyeka ||

29. Dene kakekating wirit | lapalira Allah Allah | nut tanapas manjing mêdal | tanasubing mukaranah | unining ati maknawi | angandêl nyataning Allah | kudu mangkono kang cipta | tan kêna kasêlan liyan ||

30. Dene makripating wirit | hu hu hu lapalira |Kurang satu suku kata: 8a,. pan anut wêtuning nupus |§ Miturut guru-lagu dhawah nglêgêna, nanging punika kêdah dhawah suku, jêr / nupus / punika ingkang mêdal ing grana, kasbut ing pada 31. tanasubing mukaramah | pamuwusing ati siri | Allah pan uripe langgêng | mangkono tan kêna nora | ana dene napas ika ||

31. Ingkang mêdal saking lesan | anpas kang mêdal ing karna | tanapas kang mêdal netra | nupus kang mêdal ing grana | dene wiriting sarengat | apan wirit Satariyah | apan kaji salatira | ambuntu tigang prakara ||

32. Karna netra grananira | amêngakakên sajuga | mung lesan apêngallulah | dene wiriting tarekat | iya wirit isbandiyah | apan kusta salatira | ambuntu tigang prakara | grana netra lesannira ||

33. Amêngakakên sajuga | mung talingan asma-ullah | dene wiriting hakekat | apan iya wirit barjah | iku daim salatira | ambuntu tigang prakara | lesan grana karnanira | amêngakakên sajuga ||

34. Mung paningal sipatulah | dene wiriting makripat | pan iya wirit jalalah | ismungalim salatira | ambuntu tigang prakara | netra karna lêsannira | amêngakakên sajuga | mung gêrana êdatolah ||

35. Iku yayi lanyahêna | yèn uwis nora rêkasa | ya ing dalêm bengatira | sampurnaning pat prakara | kang kaucap mau ika | ingkang dhingin sampurnanya | apêngalu tan rêkasa | ping kalih sampurnanira ||

--- 6 : 209 ---

36. Asma-ulah tan rêkasa | lan kaping tri sampurnanya | sipatulah tan rumangsa | kaping pat sampurnanira | datulah tan ana rasa | iya yayi iku ingkang | dènranni gaibing Allah | tan kêna kinaya-ngapa ||

37. Ora ana kang kalilan | ambuka-a gaibing Hyang | mung mukmin kang wus musliman | ya kang santosa bengatnya | maring Hyang kang Mahamulya | karana ingkang wus bisa | mujud mukal mung mukmin kas | yayi iku kang kalilan ||

38. Ambuka gaibing Allah | janma kang wus wujud makal | iku roroning ngatunggal | pamoring Gusti kawula | sanalikaning ing kana | mulane ingaran tunggal | sabab tunggal ing pinangka | dene mungguhing Pangeran ||

39. Dat sipat asma apêngal | de ta mungguhing kawula | wujud ngèlmu ênur suhud | nyatane amor tan beda | padha kênane ngaranan | dat sipat asma apêngal | wujud ngèlmu ênur suhud | karone kêna ngaranan ||

40. Gusti kalawan kawula | tan pae pinae sama | sira Nikèn Tambangraras | manêmbah matur ing raka | amba punapa kalilan | umatur ing (n)Jêng paduka | wau Ki Sèh Amongraga | aris dènnira ngandika ||

41. Iyèngsun lilani sira | aturira Tambangraras | bab dat sipat asma apngal | lan wujud ngèlmu nur suhud | nyatane ingkang sanyata | kang mugi tuwan sung wulang | marang gêbal padukamba | kang brangta kawêlas-arsa ||

42. Angga lir bantala bêlah | mangkya kadhawahan jawah | mèh rapêt bêlahing bumi | (n)jêng tuwan nampunakêna | tungtuming tyas kang anêla | nuwun balêbahing wulang | supaya bantala rahmat | idayat wuwulang tuwan ||

43. Sèh Mongraga ris ngandika | ya yayi pariksakêna | mungguh nyataning dat yayi | Êdat iku pan sawiji | tan kêna linoro tingal | dene nyataning kang sipat | sipat iku kaelokan | tan kêna ingèmpêr-èmpêr ||§ Miturut guru lagu dhawah lêgêna, têka punika dhawah e. Mila prayoginipun / datan kêna ingèmpêra /.

--- 6 : 210 ---

44. De yayi nyataning asma | asma iku apan langgêng | nora kêna pinaido§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | yayi nyataning apêngal | ya apêngal iku pêsthi§ Limrahipun guru lagu dhawah nglêgêna. | nora kêna sinikara | iku yayi wruhanira | dene wujud nyatanira ||

45. Anane kita punika | kalawan dating Hyang Suksma | dene ngèlmu kang sanyata | nyatane ngèlmu pan uni§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | ya kalawan sipating Hyang | dene nyataning kang ênur§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | nyatane pan urip kita | kalawan ya asmaning Hyang ||

46. Dene nyatane kang suhud | nyataning pan ajal kita | kalawan apêngaling Hyang | wujud kita ya dating Hyang | ngèlmu kita sipating Hyang | ênur kita asmaning Hyang | suhud kita apngaling Hyang | iku yayi ingaranan ||

47. Wujud mokal jatinèka | basa mokal iku yayi | patêmon kawula Gusti | iku mokal namanira | datan Gusti tan kawula | ya Gusti iya kawula | Gusti kang sipat kawula | kawula kang sipat Gusti ||

48. Yayi iya iku mokal | gaibing roroning tunggal | nora tunggal nora pisah | tan kêkalih tan sajuga | nora ewuh nora gampang | loro-loroning atunggal | iya ewuh iya gampang | ananing Hyang wujud kita ||

49. Ikram kita wujuding Hyang | iku wujud mokal rannya | paguting kawula Gusti | anèng jamaning akomplang | plêng wêng-uwêng suwung gêmplung | yèku mokal namanira | sira yayi dènwaspada | marang sajatining ora ||

50. Yèn wus bisa lobok yayi | yèku wujuding nugraha | wus mokale dhèwèkira | mokal tan kênaning rusak | urip tan kênaning pati§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | muni tan kênaning luput§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | langgêng bae sêlamine§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | lamine nora watêsan ||

51. Yèku pok-pokane ing kak | poma yayi ywa pêpeka | tokitêna ing tyasira | ingkang tan kalawan-lawan | sira kang amokal mring sun | sun mokal marang Pangeran | Pangeran mokal ing sira | sira kang rumangsa mokal ||

52. Ywa rumangsa yèn tan mokal | iku yayi mungguhing kak | kang tan kêna winicara | kajaba kang wus anunggal | ubaya saeka kapti§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | iku yayi pasênêtan | rasa kang nèng jroning

--- 6 : 211 ---

gaib§ Limrahipun guru-lagu dhawah nglêgêna. | yèn wus tumanêm ing sira ||

53. Pêpêtên ywa kêwanguran | ingkang agêmi akunci§ Limrahipun gurulagu dhawah nglêgêna. | kang narima maring titah | tutupên ing wêdi asih§ Limrahipun gurulagu dhawah nglêgêna. | maring Hyang ingkang amurba | angadili ing dumadi§ Limrahipun gurulagu dhawah nglêgêna. | adiling Hyang rong prakara | angganjar lawan aniksa ||

54. Dene yayi kang ginanjar | wong kang ngêgungakên ing Hyang | de yayi ingkang siniksa | wong kang angapêskên ing Hyang | iku yayi kawruhana | kang ngati-ati ing titah | aywa takabur ing manah | utawa yèn kawicara ||

55. Iku ngapêskên Hyang Suksma | ya kang mangkono têmahan | ganjaran asalin siksa | sabab dening kibirira | ya mulane yayi sira | kang wêdi asih apasrah | kang kumambang wisesèng Hyang | ywa pêgat sêmbah pujinta ||

56. Marang Hyang kang Mahamulya | poma yayi ywa nalimpang | mring cipta ingkang maksiyat | mangkana Ni Tambangraras | nêratas tyasira padhang | nêrawang nora sumêlang | mêlêng wuwulanging raka | kabuka kalbunira dyah ||

57. Cipta wus cakup kacupan | sakêcap tan ana ninang | lir kaywaking rinancaka | mèntèr-mèntèr antaranya | umatur sayèsmu waspa | tan sagêd kawula nabda | sumanggèng karsa (n)jêng tuwan | kawula darmi lumampah ||

58. Dhumatênga lara pêjah | tan sumêlang ngèstu pada | kang raka aris ngandika | ya yayi alkamdulilah | kang muga sira lulusa | sinung kanugrahaning Hyang | sarwi niyung lungayannya | ingusap srinatanira ||

59. Pinêtêg larapanira | astaning raka kangêtan | maruntus riwe sang rêtna | kêkêtêging githok sumyar | mung ukur-ukur kewala | wontên labête nêratab | kang raka anamur sabda | yayi mungguh kawasèng Hyang ||

60. Andhêkêt nora gêpokan | adohe nora wangênan | kita lir ulam sagara | sêgara upamaning Hyang | anglimputi iwak kabèh | jaba jro pari-polahnya | si iwak saking sagara | suprandene tan rumangsa ||

--- 6 : 212 ---

61. Lamun puniku kapurba | kawisesa ing sêgara | mangkono manèh kawula | tan uninga dhêkêtira | bênêr ujare pralambang | suluk kidung kitab Jawa | kêmasan tan wruhing rukmi | sarati tan wruhing gajah ||

62. Panêgar tan wruhing kuda | kawula tan wruhing Gusti | mulane akèh kang wigar | anggagar kawruhe bubar | kaburu ing kibirira | kaur ngèlmune kêsasar | jubar ambêlabar nasar | pangrasane wus ambabar ||

63. Aywa maha sira rara | nêrak kang wus linarangan | upamane wong apasa | owêl batale sapala | sira wus sinung nugraha | ginanjar ilham tyasira | kang garwa nuwun turira | tyasnya rapèh tan nêratap ||

64. Pasang-surute wus kawrat | cipta tan tuwuh winulang | kalangkung ombèr tyasira | wus papêsthèn titahing Hyang | tinitah èstri utama | anglangkungi kadang darma | brangtine marang Pangeran | bêgyantuk krama kasaman ||

65. Kaidayating nugraha | winantu surasèng ngèlmu | sangsaya sênêning cahya | angulati ing awirya | yata wau nalikanya | ing ratri wus waktu pajar | wau ta ingkang trêbangan | anduduk suwuk gêndhingnya ||

369. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Abubaran pra bagor sadayanipun | nulya samya kinèn mulih | miwah wong nonton akukut | Jèngraga malbèng wismèki | acucul dènnya mêrabot ||

2. Sawusira lajêng mring patirtan adus | Widiguna amidèni | arta nèng bokor ingetung | totomboke angsalnèki | tigawêlas reyal bolong ||

3. Arta tigawêlas pan pinara têlu | saduman mring ringgit kalih | saduman mring kang ambadhut | saduman mring para santri | pandume sami kemawon ||

4. Ngawan reyal wolung uwang langkungipun | wolung dhuwit dènnya (m)bagi | wusnya sigra sami mantuk | pra santri ambage [amba...]

--- 6 : 213 ---

[...ge] malih | kaduman kawan wang kang wong ||

5. Langkung nigang dhuwit sadaya wus cukup | nulya lajêng maring mêsjid | samya dus mèt banyu wulu | kang wus suci ambêdhugi | Jamal Jamil adan Suboh ||

6. Abandhungan sabawane adan Subuh | lor kidul kulon angalik | -alik sanggèn-ênggènnipun | kang cêlak myang ragi têbih | kang sarênti barung ulon ||

7. Ing sadesa sawarnining tajug-tajug | kang lagya dan kang pupuji | swaranya sri nganyut-anyut | mawur sabawaning pêksi | wurahan myang ingon-ingon ||

8. Gêmak pêlung asêngut prêkutut manggung | jalak menco bèthèt nori | kruk babon sawung kaluruk | bèbèk banyak glathik êmprit | miwah mrak munya mangungong ||

9. Babon kruk-kruk lir wong wulu lagi kêmu | sawung kaluruk angêlik | kadya angadani Subuh | banyak ngak-ngok lir ngimami | bèbèk kadya Kunut alon ||

10. Jalak menco bèthèt nori lan prêkutut | pitik cilik glathik êmprit | lir pupujiyaning Subuh | gêmak mêngung§ Prayoginipun / melung /. sênguk muni | nguk-nguk lir dhikir lêlagon ||

11. Dalimukan lir andonga limang wêktu | dara (m)bêkur kadya amin | mrak munya nyêngungong cohung | èsthanira lir nangsibi | jaran ambrangingèh dhog-dhog ||

12. Kadya (ng)gugah santri angênthongi Subuh | wêdhus lir srêngên kon tangi | barung pêksi-wana umyung | sikatan munya cing-goling | cocak angroyok kumroyok ||

13. Wor kuthilang thithilungan bangun esuk | kêdhasih angasih-asih | si tuhu lir wong akukuk | nèng kaywa gêng mêmêlingi | têkèk munya othog-othog ||

14. Apan limrah wong sadesa (ng)gènnya Subuh | awal maksih pajar gidib | yèn wus adan barung umyung | punujiyan langkung asri | sauran rampak lêlagon ||

--- 6 : 214 ---

15. Datan liyan wong sadesa pujinipun | astagpirulah halngalim | minkuli dabin§ Prayoginipun / danbin /. ngalamu | walayagpiru dunubi | ila rabil ngalamino ||

16. Kanan kering kulon wetan lor myang kidul | samya alêlagon puji | anganyut swaranira rum | wong tuwa barung rarywalit | alayu-layu amelon ||§ Prayoginipun / amelog /.

17. Gurantangan lir sundari tri katiyub | ing pracandha sru angidid | sring srang-srangan kapyarsa rum | wor swararsa agêgrami | myang pêpasar ting karengkot ||

18. Bang-bang wetan lêkas tatrap awêwarung | lincaknya nyamikan enjing | lagya dadèn gêni murub | kang adol ledre surabi | anake alit dèn gendhong ||

19. Mèh byar rina rêma saput-lêmah pêdhut | sangsaya kèh sabawaning | desarja lêlangênipun | rame swaraning kang jalmi | (n)dulur nèng marga agolong ||

20. Cêcaturan guguyon tutur-tinutur | sawêngi tan bisa guling | karipan dènnya (n)dudulu | ana batur§ Prayoginipun / nyatur /. gus Suratin | ana Sênu kang dèn-omong ||

21. Ana Widiguna kang cinatur lucu | ana nutur Jayèngragi | asigit bagus abêsus | saselahe§ Prayoginipun / sasolahe /. jongkar angin | bisa wèh lam-lam ngêlamong ||

22. Ting kulikik para bakul turut lurung | sami pêpasar anggili | kèsèr pipikul andulur | tunggal kang cinatur sami | kalane andulu gamboh ||

370. Gambuh

1. Sirat mabang byar esuk | Hyang Surya mijil udayèng gunung | sirating Hyang Rawi mrabani salwirning | nahyani prêdapa wungu | sumringah sinoming kayon ||

--- 6 : 215 ---

2. Kitri ingkang ngêrêmbyungngrêmbuyung. | kawijilan ujwalaning samsu | gambiraning kitri ron katubing angin | lir wadya suka pinanggut§ Prayoginipun / pinagut /. | tampi ganjaraning katong ||

3. Mangkana èsthanipun | apan kathah alangên dinulu | ing sajroning desa ing Wanamartèki | saking harjaning dhusun gung | tan ana kang walang atos ||

4. Sadaya sami cukup | pan (n)Jêng Kyai Bayi brêkahipun | rare alit jalu èstri samya ngaji | tan ana tajug kang suwung | kêbak ing saênggon-ênggon ||

5. Gumrah ngaji nèng tajug | ana kang gêladhag ngaji Kulhu | ana lagya tutug Ikral§ Prayoginipun / Ikrak /. lan Watini | kang wus tamat Ngama Sajud | ana kang ngejah kemawon ||

6. Akèh kêrêng kang muruk | yèn tan bênêr sinabêtan wilur | gigitike wilah lir walêsan pacing | sêsrêngên sambi mumuruk | tansah nunutuh sarya kon ||

7. Jèh ambaèkkên tutur | yèn wong ngaji amrih gangsaripun | yèn tuttugtutug. Lamyakunil sidhêkah inthil | ekrak§ Prayoginipun / Ikrak /. opak Kulhu sêkul | Idaja-a iku jongkong ||

8. Akathah solahipun | harjaning dhusun tan wun cinatur | Ki Sèh Amongraga alênggah sarimbit | sarta lan kang rayi wau | Jayèngraga sakarongron ||

9. Cênthini tansèng ngayun | angladèni sêsaosanipun | Nikèn Rarasati kang anatèng ngarsi | pateyan tenonganipun | dharan enjingan sumaos ||

10. Sêrabi ledre puthu | tan kolak bikang jênang garêndul | gêmblong lèmpèng juwadah gulali gêbing | lan bakaran pisang suluh | dhèndhèng gêpuk apêm kocor ||

11. Munggwèng paningratipun | ing bale-watangan dènnya lungguh | gya kang rayi Jayèngwèsthi ingkang prapti | lan garwa rencang nèng pungkur | sarwi manggul dhulang loro ||

--- 6 : 216 ---

12. Dhêdharan lawan bucu | praptèng made Jayèngraga mudhun | ingkang raka Amongraga anginsêti | wus tata sami alungguh | dhêdharan lajêng sumaos ||

13. Wus aglar anèng ngayun | nulya wau ingkang paman rawuh | Kulawirya lan sagarwanira katri | rencangira sarwi manggul | dhulang têlu abot-abot ||

14. Dhêdharan lawan bucu | kupat lêgandha sa-abênipun | praptèng paningrat kang putra samya ngering | pan lajêng tinatèng ngayun | kupat lêgandha mirantos ||

15. Datan antara dangu | (n)Jêng Kyai Panurta ingkang rawuh | lan kang garwa sakucumbu samya ngiring | santri Luci anèng ngayun | ngirid jodhang sarêmbat bot ||

16. Kang putra duk andulu | lamun ingkang rama ibu rawuh | sigra samya mudhun sing bale ngurmati | (n)Jêng Kyai sêmada gupuh | myat ing putra mantu anor ||

17. Ki Bayi Panurta wus | lênggah lan garwa kang putra gupuh | samya nêmbah sadaya sarêng alinggih | (n)Jêng Kyai alon amuwus | hèh Wirya apa sireko ||

18. Banjur bae tan mantuk | ingkang rayi alon aturipun | inggih mantuk sakêdhap bibaran enjing | pajar gidip samya mantuk | pan lajêng Subuh kemawon ||

19. Byar siyang nulya wangsul | kang raka ngling gumujêng ya sokur | apa karo anggawa sarapan enjing | iki manèh bokayumu | anggawa sèmèkan wayon ||

20. Rada sompok gyanipun | saenggane ngalih ing (ng)gènnipun | ing pandhapa kang bawera bae bêcik | sadaya sami umatur | sumanggèng karsa kemawon ||

21. (n)Jêng Kyai nulya nuduh | hèh Tiraga gêlarana gupuh | ing pêndhapa lampit kêlasa dèn-aglis | ingkang dhinawuhan gupuh | tan adangu wus mirantos ||

22. Kang rama alon muwus | wawi anak nèng pêndhapinipun | matur inggih sumangga kula umuringumiring. | nulya samya linggar mudhun | lênggah ing pandhapa manggon ||

--- 6 : 217 ---

23. Dhêdharan sadayèku | samya ginawa sinaos ngayun | Ni Cènthini lan Sumbaling nglêladèni | wus tinata kadya wau | Ki Bayi ngandika alon ||

24. Luci undangên gupuh | si Pangulu Basarodin mupung | esuk yèn wus muruk marang santri-santri | kang liningan mentar dangu | tan antara nulya rawoh ||

25. Ki Bayi lingira rum | dimarene Pangulu alungguh | sira iku gêlis tuwa sunarani | tan sêmbada daging pupuk | sabobotmu gêlis repot ||

26. Ki pangulu umatur | ping sadasa kêcandhaking ribug | suku kula bêlakên tan sagêt mari | mila lampah griyah-griyuh | kawêwahan sakit encok ||

27. Kulawirya gumuyu | punapyajêng jampi kang Pangulu | jampi encok ampuh gathêg sêg gya mari | dene bobok pan pituduh | mung sarat nanging sayêktos ||

28. Yèn wontên manuk êngkuk | jinogèdan wontên ngandhapipun | sampun êmpun yèn botên mibêr kang pêksi | bêr bêr ya gawanên mabur | encokku ngaliha mrono ||

29. Puniku japanipun | kang sami myarsa suka gumuyu | Ki Pangulu ambêkuh mèsêm nauri | jêrku apa yèn kadyèku | tan pasaja mung guguyon ||

30. Nadyan yêktos puniku | mawi anjogèd pan botên mungguh | linampahan tiyang kadya awak mami | Ki Bayi mèsêm amuwus | hèh gus Jamal Jamil kono ||

31. Kalamun duwe kawruh | tamba encok wong tuwa wlas-ayun | Sèh Mongraga sumambung umatur aris | inggih Jamal sabênipun | sagêd anjampèni encok ||

32. Asênggak Ki Pangulu | dhuh inggih alkamdulilah sokur | kula ngalap bêrkah adhi Jamal Jamil | sarta idine wong bagus | prayogi ngriki alunggoh ||

33. Jamal Jamil turipun | nuwun ajrih lan dede dhêdhukun | Ki Baywa ngling munggaha gus Jamal Jamil | lungguha lan Ki Pangulu | cêlakan bae ing kono ||

--- 6 : 218 ---

34. Amêksa Ki Pangulu | ngawe cêluk-cêluk manthuk-manthuk | sampun ta (ng)gih sampun ran dènlilani |Kurang satu suku kata: sampun ta (ng)gih sampun aran dènlilani. Sèh Mongraga ngandika rum | lah ya lungguha ing kono ||

35. Ki Jamal Jamil gupuh | lênggah tunggil lan Kyai Pangulu | Kyai Basarodin suka angingsêdi | kadospundi tambanipun | ingkang nyarasakên encok ||

36. Ki Jamal aturipun | jampi encok inggih adatipun | ingkang sampun kalampahan kèh kang mari | sarate punika namung | isining bendha kang gesot ||

37. Kalawan cabe wungkul | pan salawe lan sarêm sawuku | sawuku thil kang bendha gesot satunggil | pinipis ingkang alêmbut | tinoyanan êmpon-êmpon ||

38. Kewala pathinipun | rambah ping salawe dènnya jamu | kaping kalih sawulan dènnira jampi | sarêng tanggal pisanipun | lan tanggal limalas kono ||

39. Sabên-sabên puniku | kang ajangkêp salawe jêjamu | insa-Allah kang sakit encok pan mari | oyoding sêsakit larut | kuwat balung daging otot ||

40. Sêgêr marang ing purus | dhatêng napas aring antêng landhung | lan tawêkal mêlèk ratri tan patya rip | badan asaras sakojur | manah enggar tan mirangrong ||

371. Wirangrong

1. Pangulu lêga tyasnèki | myarsa kojah jampi jompo | mituhu wirayat manthuk-manthuk | kêduga sarya ngling | dhuh bagus Jamil Jamal | kêlangkung alkamdulilah ||

2. Ki Bayi Panurta angling | Pangulu bêgja-lih kaol | apan manirarsa iya mèlu | agawe jêjampi | wis bunuhe wong tuwa | agujih krêp sakitira ||

3. Ki Pangulu matur aris | dhuh inggih apan sayêktos | kados wus adatnya tiyang sêpuh | cêpak kang sêsakit | Ki Baywa ngling ya talah | puluh wus ganjaraning Hyang ||

--- 6 : 219 ---

4. Apan sarwi ngancarani | ing dhêdharan kang sumaos | paran sinênêngan sadaya wus | nyamikan binukti | wedang myang pêpanganan | sami sakantuk dhêdharan ||

5. Dangu dènnira nyênyamik | Ki Bayi ngandika alon | bêcik sêsarapan mumpung esuk | Malarsih anuding | Sumbaling Cênthini gya | malbèng wisma paparentah ||

6. Sadaya sampun miranti | rampadan ingangkat gupoh | Cênthini nèng ngarsa manggul bucu | anèng panjang giri | sinaoskên nèng ngarsa | rampadanira tinata ||

7. Sumbaling lawan Cênthini | sawuse dènnya sêsaos | mundur saking ngarsa tan adangu | Kyai ngandika ris | lah payo samya nadhah | barêngan bae aenak ||

8. Bancakan pakolih bukti | lah mara padha wêwisoh | krana Lah kewala payo kêmbul | sigra kang sinung ngling | samya awiwijikan | adan lêkas samya nadhah ||

9. Nulya Wiradhustha prapti | Panukma Panamar katon | Ki Baywa sru lingnya lah dèn-gupuh | lagi lêkas iki | rayi gêpah alênggah | lajêng wijik kêmbul nadhah ||

10. Pakantuk kang samya bukti | lan garwa putra aroyom | samya rahabira Ki Pangulu | nunggil Jamal Jamil | bucu juga tinigan | lam-ulamane mawarna ||

11. Myang gudhang kulup mêpêki | jangan pindhang bobor loncom | sêkul gorèng pulên punar wuduk | myang rampadanèki | ingkang kinarsan ana | janganan ulam-ulaman ||

12. Ki Pangulu Basarodin | dènnya nadhah ngramês kokoh | cekoh mojar wawi ngriku | adhi Jamal Jamil | kang nênêm kalih kula | sami krana Lah kewala ||

13. Jayèngraga angêjèpi | mring Jamal Jamil wong loro | ingkang sinasmitan samyandhêku | ing sêmu wus tampi | mangkana Jamil Jamal | angangsêg dènnira sila ||

14. Samya angling anangguhi | wong têlu kokoh aserob | samya drêmbanira thêkul-thêkul | andhêngèngèk kudhi | Pangulu lêga tyasnya | kaecan dènnya anadhah ||

--- 6 : 220 ---

15. Dangu antaraning bukti | Ki Pangulu pantog tinog | ngling Ki Kulawirya kang Pangulu | saiki lèh tandhing | binut ro Gathutkaca | Antarêja Antasena ||

16. Lah mêngko kalah kang êndi | pêthèkku kalah kang roro | Ki Pangulu saya nyêrang puluk | abikut pakolih | tumpêng sawiji têlas | ulam sarampadan bebas ||

17. Jangan sakuwali ênting | bêsêngèk bêtutu opor | kari balung (ng)glethak bantu sêkul | punar pulên gurih | miwah kupat balendrang | ambandrêng dènnira nadhah ||

18. Akokoh balendrang pêtis | sambêl têlas lalab lombok | pan urap-urapan carub wor-suh | puluke sabithi | akrêp tan tulatènan | ingampêr bar-bêr kewala ||

19. Kokohe sapanjang lintrik | Jamal Jamil ya samono | Ki Pangulu mojar laminipun | nadhah tan kadyèki | langkung takêre saban | adhi pan eca kewala ||

20. Ki Jamal Jamil nauri | inggih sawêg eca mawon | apan sarêng têlas kokohipun | nulya luwaran bukti | Ki Bayi lon ngandika | wis padha dumên barêkat ||

21. Kang wrata lir dum kêndhuri | padha bae lanang wadon | nulya Kulawirya kang adungdum | barêkat waradin | pan pinara nêmbêlas | èstri pitu jalu sanga ||

22. Ki Pangulu Basarodin | tan dinuman brêkat mêngko | sabab ambêngira datan kantun | wus têlas binukti | Ki Pangulu malêngak | dhêlêg-dhêlêg tan micara ||

23. Ki Bayi ngandika aris | iku si Pangulu (n)jomblong | tan dinuman brêkat priye iku | katri Jamal Jamil | Kulawirya alatah | jêr anumpêr-numpêr mangan ||

24. Ki Pangulu anauri | inggih sampun bêgjaningong | sêmune isin tyas ginaguyu | tumungkul tan angling | sakêdhap byar katingal | ambêng kang sampun pinangan ||

25. Wêtah tan ana kang cuwil | Ki Pangulu andêngongok | miyat ambênge tyasnya agumun | mèsêm sarya angling | niki ambêng punapa | Jamal Jamil saurira ||

--- 6 : 221 ---

26. (ng)Gih ambêng wau puniki | kêdhik dèrèng kalong-kalong | Ki Pangulu Basar kagyat (n)jumbul | agiyak ambêkik | gumuyu kêkêlyogan | sing tak pangan mau apa ||

27. Dudu rasane Ki Jamil | bisa têmên karya gawok | sadaya kang myarsa sru gumuyu | Ki Kulawirya ngling | wit ning mundhak akathah | barêkate wutuh ayam ||

28. Nulya dinum pinara tri | Ki Pangulu muwus alon | niku mêngke uga kadi wau | adamêl prakawis | la (m)bok sampun dhi Jamal | mungna samèntên kewala ||

29. Samya ginuyu Ki Rodin | Pangulu malih têtakon | adhi Jamal Jamil nêdha tulung | kirang saprakawis | kang dadya kêmlaratan | sêsakite suku kula ||

30. Sangêt susah ingkang ati | saking bêlakên malêthok | tan sagêd lumampah griyah-griyuh | milane pun adhi | mugi suka-a têdah | jampi kang maraskên bêlak ||

31. Inggih sok sarasa nuli | kula nadar mring (n)dika ro | mragad wêdhus gibas wong têtêlu | bukti kang dumugi | Jamal lon aturira | babakan pocung kewala ||

372. Pocung

1. Kalih kayu urip lan widuri namung | punika ginêcak | ginodhog kang molak-malik | yèn wus ragi lêmpêr panase kang wedang ||

2. Suku kinum duga-duga panasipun | yèn uwus sumawah | pangêkume ywa dèn-(n)dhani | pan sadintên (m)bêngkêlêng kinum ing wedang ||

3. Wedang lamun asrêp ginodhog kur-ukur | sumawah kewala | suku kinumakên malih | ingkang tanak sadintên pisan tan têlas ||

4. Yèn wus tutug sadintên pangêkumipun | nulya kinêrukan | lawan wêlating pring lêgi | ingkang kanti têlas dlamakan kang bêlak ||

--- 6 : 222 ---

5. Lamun sampun têlas balêdhaganipun | nuntên jinampènan | mung tela pêndhêm pinipis | lan apu dèntraju kang sami wawratnya ||

6. Gya cinampucinampur. kaulêt pan sukunipun | pinopok ing tamba | kang wrata lamakanèki§ Prayoginipun / dlamakanèki /. | pinanggang ing wangwa kusambi kang panas ||

7. Ingkang dangu pêmanggangipun ing latu | kang karaos panas | dèn-kantos aking kang jampi | pan makatên kewala sa-Allah saras ||

8. Yèn wus mantun dêlamakan mantuk alus | kang sampun klampahan | tan wontên madal satunggil | wah mêkatên punika manawi madal ||

9. Lêrêsipun inggih botên-botênipun | pan wus dadi sarat | sakit dêlamakan sikil | êrang porang bêrak bêlak bubul-yuta ||

10. Ki Pangulu Basarodin manthuk-manthuk | anggêga kadugi | mring kojahe Jamal Jamil | angling inggih dhi sa-Allah botên mangmang ||

11. Nambung wuwus Kulawirya mring Pêngulu | untung kakang Basar | layak mau bêngi ngimpi | kèh bêrkate olèh kojah jampi mata ||

12. Alon muwus Kyai Bayi Panurtèku | bêgjane Ki Basar | kabèh ngêmum mring si Rodin | iku mendah sêsandhingan lan wong bisa ||

13. Lingira rum Ki Bayi marang Pangulu | hèh Pangulu Basar | mungguh kurup lan rukyati | pan manira masih sumêlang tan padhang ||

14. Yèn anuju wulan Ramêlan sring kuwur | kakirên kawalan | sabên mêgêng mutawatir | kang utama apa kurup apa rukyat ||

15. Kurup têlung prakara iku sun durung | kusus ing lampahnya | kang têtêp tanggaling sasi | kurup Kamsiyah Arbangiyah Jamngiah ||

--- 6 : 223 ---

16. Ki Pangulu umatur dèrèng tyas kusus | sumangga kewala | (n)Jêng Kyai ngandika aris | kadospundi anak mas Sèh Amongraga ||

17. Ingkang têmtu lampahe kurup têtêlu | punapa Kamsiyah | punapa Arbangiyahi | punapa Jamangiyah sèntune§ Prayoginipun / sèstune /. ingetang ||Lebih satu suku kata: punapa Jamngiyah sèstune ingetang.

18. Alon matur Sèh Mongraga mring marsêpuh | mênggah kang punika | ing kurup tigang prakawis | apan sami kêlampah katiga pisan ||

19. Lamun nuju ing taun Dal lampahipun | salêbêting Êdal | sami lumampah kurup tri | kurup Arbangiyah apan lawan wulan ||

20. Wiwitipun wulan Madilakiripun | Rêjêb Ruwah Siyam | saking Rêbo wit winilis | pan ingetang nêptuning taun lan wulan ||

21. De kang kurup Kamsiyah ing lampahipun | apan gangsal wulan | wit Sawal Dulkangidah Kaji |Lebih satu suku kata: Sawal Dulkangidah Kaji. lawan Rabingulakir Jumadilawal ||

22. Pan ingetung saking Kêmis naptunipun | lêrêse kang tanggal | sapisan kang botên sisip | lawan malih lampahing kurup Jamngiyah ||

23. Tigang tèngsu wit Sura Sapar lan Mulud | pangetange tanggal | saking Jumuwah winilis | kala Nabiulah têdhak marang donya ||

24. Lêrêsipun tanggal kaping rolas Mulud | lamun tan dènetang | saking Jumuwah pan sisip | dene lamun botên nuju taun Êdal ||

25. Ingkang kurup Kamsiyah kewala laju | apan wolung wulan | Sawal Dulkijah Dulkaji | Sura Sapar Mulud Rabingulakirnya ||

26. Kêlawan Jumadilawal jangkêpipun | wolung wulan ngetang | saking Kêmis kurupnèki | kurup Arbangiyah anggêr kawan wulan ||

27. Tan ewah Jumadilakir Rêjêbipun | Sakban lan Ramêlan | saking Rêbo etangnèki | mila Arbangiyah anggêr datan ewah ||

28. Sababipun ing dalêm sawulan ngriku | siyame supaya | jangkêp tigangdasa ari | dados botên mutawatir Ramêlannya ||

--- 6 : 224 ---

29. Yèn ta ngetung saking Arbangiyahipun | têmtu yèn sumêlang | sring tan jangkêp tridasa ri | sabab dede jumblahe kurup ingetang ||

30. Lamun tangsu Ramêlan tan liyan kurup | kêdah Arbangiyah | kang têtêp tan mutawatir | yèn Kamsiyah asring katunjang ing rukyat ||

31. Alon muwus Ki Bayi marang sang bagus | wontên malih etang | tan mawi kurup dèn-pêsthi | ing dintêne satunggal-tunggal (m)bên tanggal ||

32. Ris umatur Ki Sèh Amongraga arum | pan inggih punika | winastanan etang Taprik | kang rama ngling kadospundi ing lampahnya ||

33. Aturipun kang putra mênggah puniku | tan mawi pinetang | taun kang dipuntingali | pan punika etang saking kapujanggan ||

34. Wiwit taun Alip Kunthara kang windu | tanggale ing Sura | Kêmis Kaliwon marêngi | wuku Kulawu nuntên ing wulan Sapar ||

35. Tanggal Saptu Kliwon Landêp wukunipun | gya Rabingulawal | Akat Wage Warigalit | nuntên wulan Rabingulakir dintênnya ||

36. Tanggalipun Slasa Wage (ng)gih puniku | wukunya Galungan | gya Jumadilawal nênggih | tanggal Rêbo Pon wuku Julungpujudnya ||

37. Kang wulan Jumadilakir tanggalipun | ing dintên Jumungah | Êpon wukunipun Tambir | wulan Rêjêb tanggal Saptu Paingira ||

38. Wukunipun Manahil ingkang lumaku | nulya wulan Sakban | sarêng tanggal Sênèn Paing | wuku Kulawu nulya wulan Ramêlan ||

39. Tanggalipun Salasa Lêgi puniku | Landêp wukunira | Sawal tanggal Kêmis Lêgi | Wuku Gumbrêg nulya sasi Dulkaidah ||

--- 6 : 225 ---

40. Tanggalipun Jumungah Kaliwon nêngguh | nuju wuku Sungsang | wulan Bêsar tanggalnèki | Akad Kliwon wuku Julungpujud tamat ||

41. Gantya taun ehe nênggih kang lumaku | tanggale ing Sura | Sênèn Wage wuku Tambir | wulan Sapar tanggale Rêbo Wagenya ||

42. Wukunipun Manahil gya wulan Mulud | Kêmis Pon tanggalnya | wuku Wayang nulya sasi | Rabingulakir tanggal Saptu Ponira ||

43. Wukunipun Sinta anulya kang tangsu | ing Jumadilawal | tanggalipun Akat Paing | wuku Gumbrêg gya wulan Madilakirnya ||

44. Tanggalipun Sênèn Lêgi Sungsang wuku | Rêjêb tanggalira | Salasa Kliwon anênggih | wuku Mandhasiya nulya wulan Sakban ||

45. Tanggalipun Kêmis Kliwon Mrakèh wuku | gya wulan Ramêlan | tanggal Saptu Kliwonèki | wuku Wuye anuntên ing wulan Sawal ||

46. Tanggalipun Sênèn Kaliwon puniku | wukunipun Wayang | wulan Dulkangidah nênggih | sarêng tanggal dintên Salasa Wagenya ||

47. Ingkang wuku Sinta nulya Bêsaripun | dintên sarêng tanggal | Kêmis Wage wukunèki | Tolu tamat ing sataunipun lonthang ||

TAMAT JILID VI

NYANDHAK JILID VII

--- 6 : [0] ---

...

--- 6 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta.

Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi (Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi), sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr dèrèng wontên Cênthini ingkang Latin jangkêp satamatipun.

Kamajaya, inggih Karkono Partokusumo lair tanggal 23 Nopèmbêr 1915 ing Surakarta, sêkolah MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang, wêkasan ngayahi dados wartawan nasional, rêdaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta (1939), lajêng 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp rêdaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942) wakil pêmimpin rêdaksi 'Rakyat' (1945-1946).

Ing pergerakan nasional: Ketua IM Sala, Sekretaris Parindra Sala, Komisaris Surya Wirawan Jateng, Sekretaris Dep. Pengajaran Parindra, anggota PB Parindra (1936).

Ing jaman Jêpang rêdaktur harian 'Asia Raya', lajêng ing bagian pênêrbitanipun. Ing tahun 1943-1945 mimpin Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Cariyos Sandiwara karanganipun 'Solo di Waktu Malam' kadadosakên buku (1950) tuwin film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) tuwin buku 'Perawan Desa' (1981) kaolah dados film.

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, mimpin PNI, Staf Divisi Barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV (1946-1948).

Taun 1948 nindakakên ayahan nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subêno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir Nopèmbêr 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Salajêngipun aktip ing politik (PNI, Akting Ketua DPRD-DIY, anggota Konstituante), ekonomi (Ketua KENSI, Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut mandhegani Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi langkung 30 judhul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mêsir (1958, Delegasi Ekonomi RI), Amerika Serikat (grant) lan kêliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963), Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji 1974.

Taun 1986 dipun sahakên dados Perintis Kemerdekaan (SK Mensos RI 3-5-1986 No. Pol/V/5/1986/PK.)