Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 627–637)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 001–023). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 024–039). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 040–057). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 058–073). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 074–087). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 088–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 108–125). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 126–142). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
9. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 143–158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
10. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 159–174). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
11. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 175–190). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
12. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 191–207). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
13. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 208–223). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
14. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 224–238). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
15. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 239–256). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
16. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 257–272). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
17. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 273–281). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
18. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 282–293). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
19. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 294–308). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
20. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 309–321). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
21. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 321–332). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
22. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 333–349). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
23. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 350–352). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
24. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 353–355). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
25. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 356). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
26. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 357–358). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
27. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 359–361). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
28. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 362–364). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
29. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 365–367). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
30. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 368–372). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
31. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 373–376). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
32. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 377–382). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
33. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 383–384). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
34. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 385–388). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
35. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 389–403). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
36. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 404–427). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
37. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 428–443). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
38. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 444–456). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
39. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 457–477). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
40. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 478–506). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
41. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 507–526). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
42. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 527–547). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
43. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 548–567). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
44. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 568–583). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
45. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 584–599). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
46. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 600–607). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
47. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 608–614). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
48. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 615–618). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
49. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 619–626). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
50. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 627–637). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
51. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 638–651). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
52. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 652–665). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
53. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 666–671). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
54. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 672–678). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
55. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 679–690). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
56. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 691–694). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
57. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 695–703). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
58. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 704–707). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
59. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 708). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
60. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 709–722). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

627. Sinom

1. Ki Kulawirya alatah | suka Jèngraga Jèngrêsmi | mirsa banyoling wirayat | Ki Wuragil angling aris | mangke ta sun-miyarsi | ing kaol satêngahipun | bab ngèlmi pupucukan | wontên ingkang amêstani | apan dadya gêgèyonganing gêsang |[1]|

--- 10 : 190 ---

2. Pucuk guthul pucuk ilat | yèn wus bisa anyukupi | puniku utamèng titah | marêngi pucuk kakalih | kang pundi bedanèki | myang kang pundi saminipun | kang cêgah kang lêguta | sarèhning kaol kakalih | kula dèrèng sumurup mirading basa ||

3. Ki Sèk Ekawêrdi nabda | puniku kakang Wuragil | ingkang mastani utama | inggih lêrês toging ngèlmi | wêkasaning kadadin | kasidan kang bangsa ratu | palal nikmat kamulyan | ing dalêm donya puniki | ratu têtêp dadi musthikaning donya ||

4. Pandhita kang wus utama | têtêp dadi musthikaning | ngakerat pan pinardika | nikmat kamulyan swarga-kir | tan kenging dèn-ucapi | puniku babaring kayun | kang maksih janma mudha | bakal pugêl mring utami | mila kêdah winulang lalambar tapa ||

5. Suprandene supayanya | kacanthèl saking sacuwil | prayayi amandhita-a | surupa pratikêlnèki | miwah ngèlminirèki | kalih prakawis puniku | Ki Kulawirya mojar | dospundi lajênge malih | ingkang ngèlmi pratikêl suwitèng nala[2] ||

6. Ki Datuk Sèk Ekawêrdya | nauri wacana aris | pamulang-sun ring pra-mudha | ywa pêgat tatanya maring | sujanma kang linuwih | kang nêdya kèh gurunipun | (ng)gugulanga kawignyan | sabarang kabisan janmi | ana dhewe-dhewe rurumahanira ||

7. Andhap-asor dhêdhasarnya | pan iya tan kêna lali | angajiya ngawula-a | andhap-asor tan kêna lali |[3] prabot gênging utami | andhap-sor wêkasan luhur | Jayèngrêsmi ris nabda | liripun kadi-punêndi | andhap-asor dadya luhur wêkasannya ||

8. Inggih ingkang ingaranan | andhap-asor ingkang pundi | Ekawêrdi ris wacana | lirnya andhap-asor nênggih | angêsorakên dhiri | nisthaning pangan myang turu | sapala tan mirasa | tan drêmba boga sakalir | solah muna-muni pan sinumapala ||

9. Sapala sawiji sandhang | sapala sawiji guling | sapala sawiji pangan | sapala sawiji angling | sapala tan ngêkèhi | ngênês rajah-tamahipun | de janma ahli praja | suwita marang narpati | andhap-asor rèhning srawungan wong kathah ||

--- 10 : 191 ---

10. Jatmikaning sila-krama | jatmikaning sabda-krami | jatmikaning surèng karyya | jatmikaning karya bukti | liring jatmika ugi | ywa umbak angumbar sanggup | marang sasama-sama | myang mring jênênging bupati | sumawana ing panjênêngan narendra ||

11. Watak kang ngarsa sojaran | amurungakên kamuktin | yèn wus andhap-asorira | wêkasan dadya gunèki | guna yèn tan tabêri | sih kuciwa tunanipun | lan malih wêkasingwang | graita gulangên kaki | wruha lungit ing sêmu bêcik lan ala ||

12. Ing sêmu lèjêm upama | lir angadu pucuking ri | dèn-wasis ahlul sasmita | (ng)gulang nganam manut kaki | dèn-bisa wêrdi budi | langlang panglinging panguwuh | wèh wahya waraning tyas |[4] (m)bengkas nambung ganal alit | lukita hèng wong wus sinêbut sujana ||

13. Liring kang bangsa sujana | sujanma ingkang linuwih | putusing sandi-kirana | sastra wicitra ginati | wiweka winigati | yya wirang pruwitèng wuruk | wong wirang têmah nganggrang | liring nganggrang iku sêpi | liring sêpi sirnanting istiyarira ||

14. Dadi wus wong[5] tanpa karya | yèn anom ana pinurih | mukul amêmikul rosa | kinongkon kêbat lumaris | lamun wus tuwa kaki | kaya priye kang tinêmu | têpo cape raganya | jompo ati sêpa sêpi | tanpa rasa dumadi wong tuwa bangka ||

15. Bangsa bangka têgêsira | kumlêkêrên tanpa asil | krana bêcik angugulang | mupung padha sih taruni | sakèh wignyaning janmi | Ki Kulawirya amuwus | lah dospundi dhi Eka | lajênge wulang pèhnèki | anauri (ng)gih kang Ragil Kulawirya ||

16. Angèl traping wong ngawula | nanging luwih gampil ugi | puniku ewuh pinyarsa | liring ewuh durung ngrêti | liring basa mangarti | ngawruhi sadayanipun | barang karsaning nata | yèku panêngran janma-di | tan lêleda wus widagdèng ciptamaya ||

--- 10 : 192 ---

17. Liring maya kawistara | ulat kabayaning ati | kapti-marta kapti-duka | nèng netra susumuknèki | lèjêm sasmita liring | laire darma lumaku | laire utusaning tyas |[6] angsal yèn sampun kadugi | ing-angèle yèn dèrèng mangarti krama ||

18. Nanging wontên bedanira | ngawula marang narpati | prabu sêpuh wus pramarta | lan satriya sih taruni | sabarang karsanèki | yèn satriya nom puniku | pêrlu kalawan sunat | sami patrapipun ugi | dipun popo sinami siyasatira ||

19. Sarat wruh pasanging karsa | wontên pamêpêre kêdhik | kang adoh ing sêmu tatag | sabarang karsaning gusti | dèn-kêbat cukat trampil | kang parigêl barang sangkul | dèn-sarwa ngarti karya | trêngginas mêdhêsi kardi | dèn-abêtah lapa cêgah turu mangan ||

20. Sumêdya atarak-brata | ing puja lawan sêmèdi | amrih dhanganing sakarsa | yèn gusti anuju runtik | poma dèn-ngati-ati | ngawula ji taruna nung | ngadhêpi gustinira | yèn gusti anuju runtik | dèn prayitna prihên lêjaring duduka ||

21. Karana yèn gusti lagya | bêndu lir mubaling agni | angobar tahên suh sirna | tan ana ingkang nulaki | miwah gênging kang banjir | -bandhang sing katrajang larut | balikan dèn-angrêpa | atur kang aris patitis | têtêsêna amrih lipuring duduka ||

22. Aja amapas ing karsa | têmah amuwuhi runtik | malah sangsaya andadra | bêndune ambêbayani | aywatambuh anênggih | kabubuh kasabêt bêndu | wus kocap ing saloka | satriya nom ambêg wêrit | barang karya sring anggampangakên mangsa ||

23. Wus kaocap ing wirayat | satriya taruna nênggih | basa taruna artinya | taru godhong ênom tuding | ing caraka-basèki | liring tuduh barang laku | kandêl tipising karya | prêlu lan kang nora gati | gampang angèl apan pinadha kewala ||

24. Basa taruna artinira |[7] kayata godhong upami | yèn lagi ana gawenya | kalangkung ajinirèki | tan etang ing pangaji | nglimang-sukoni tinêmpuh | tur ta namung sadhela | sêtun sadina karyadi | yèn wus lawas dadi larahing pawuhan ||

--- 10 : 193 ---

25. Yèku warnining taruna | beda lan prabu-tuwèki | liring tuwa tuwuk nalar | basa nalar tan supe wit | wit ala lawan bêcik | kapirsa sadayanipun | ngragoni[8] jênêng tuwa | liring jênêng anjênêngi | beda lawan ngawula satriya mudha ||

26. Liring nom sih nganam-anam | sabarang kabisanèki | kèh karsane kang mirungga | kang anèh-anèh kinapti | kang angèl pinrih gampil | lamun wus kapanggih sêpuh | nuli bisa animbang | karya ala lawan bêcik | tan kalêmpit duduga lawan watara ||

27. Beda lawan prabu tuwa | kalangkung wingit awêrit | wong kang ngucap sapa bisa | wong iku ngrangkani kudhi | arang bisa ngladèni | angabdiya prabu timur | kèh wong kang tidha-tidha | tan tulatèn[9] cupêt budi | beda lan kang wus bisa ngawulèng mudha ||

28. Barang karsa kinawruhan | tinujon pangrèhing gusti | lir angêmban lare mular | lamun bisa ngarih-arih | anglela nyinyindhèni | lare rèrèh lajêng turu | nglilir dèn-êma-êma | boja langên dèn-sandhangi | kêkêmbangan kuning-bang myang papanganan ||

29. Lare lèngèh-lèngèh bungah | mari mular dènnya budi | agampil kêna pinolah | asal bisa angladèni | mring sang prabu taruni | arikat dêrajadipun | mulane wong ngawula | angèl-angèle angabdi | sinaua angabdi prabu taruna ||

30. Tandha ngalamat prawira | wit angèl wêkasan gampil | gampile yèn wus kacopan | tan sita-sita angsung sih | tandha sujanma wêgig | ngawula ing prabu timur | mukti alambar tapa | muktine dene antuk sih | tapanira nyata anglarani raga ||

31. Wus adat satriya mudha | yèn lagya nêdhêng karsèki | tan etang ing wayah mangsa | mung suka lêganing galih | puniku kang kinapti | mulane ywa kongsi tungkul | yitnanana sadaya | ing tata kalawan titi | duga-duga watara kira prayoga ||

32. Liring tatapa linggihan | saêngokkan[10] dèn-kaliling | ywa liru gêng alitira | liring titi angawruhi | traping sawiji-wiji | mring sasami myang sor luhur | liring kira miminta | basa kramaning gêng alit | dèn-watara myang riringa ing sareka ||

--- 10 : 194 ---

33. Liring ringa kang ajrihan | barang-karya tan ngaduki | kang gampang pinèt angèlnya | lir pugal boboting kardi | karya gêng lan karya lit | tan tumpang-so garapipun | lira basa prayoga | pinrih sasêdhêngirèki | datan kurang tan kaduk sangkuling karya ||

34. Surup ingkang aduduga | mobahe karyaning ati | prayoga yèku pangucap | yèn wus kaduga prayogi | reka dadining ati | laire darma lumaku | titising pamicara | yèn wus têpung lawan pikir | surupipun riringa puniku netra ||

35. Andulu bêcik lan ala | barang kudu nguningani | kang patut lawan kang nora | surupe watara kuping | agati ing pakarti | tanggaping tangguh pitutur | suruping tata tangan | terampil candhaking kardi | basa titi suruping sikil lumampah ||

36. Acadhang sabarang karya | kudu aglis anglakoni | wong ngawula ing narendra | kudu wruh ing nêm prakawis | supaya tan amanggih | ing kadudoning sisiku | kawadakèng narendra | malincur ciliking kardi | dadya gusti datan arêmpêng sihira ||

37. Owêl sung sih wong leleda | malah-malah anyirèni | sajêge tan pinitayan | wong ngucira barang kardi | mila kang ngati-ati | katona sumungkêmipun | marang karyaning nata | minta sih rambatan kardi | kadi ugi tan manggih cêla cilaka ||

38. Rahayu sajênêngira | kang wus matêng nêm prakawis | dadya wawatoning praja | pinitayaning narpati | mêngkoni ring wadya ji | wong kang sêm sumungkêmipun | sumêdya ngèstu praja | atutup kalih prakawis | mawasing tyas suka-duka winaskitha ||

39. Wit suka anêmu duka | wit duka suka pinanggih | sadurunge kinawruhan | anêdya ambêg prihatin | yyambêg[11] suka kapati | yêkti duka kang tinêmu | kang kadya nayakèngrat | (n)jêng Nabi Rasullulahi | angirangi suka mung mèsêm kewala ||

40. Iya ajrih dhêndhaning Hyang | yèn wong suka iku manggih | duduka ingkang tumêka | sadurunge dèn-kawruhi | prayitna rèh ing batin | lawan pambêgannya alus | tan yun mojar lalahan | yèn angling amupangati | asih marang mitra kang ambêg agama ||

--- 10 : 195 ---

41. Aja kaya wong punggungan | yèn suka kacaryan angling | dèn-isis kabèh gusinya | cukakakan gumuywa ngling | eblis amblês ing lathi | saya (n)darung-kadalurung | dènnya asuka-suka | tan eling wirayat ngèlmi | angangrusak panrima saking sêmbrana ||

42. Kêna pangarading setan | eblise nora ngoncati | tan pilih margining beka | wus nunjêm sajroning ati | lamun eblis ngoncati | gêgêtun kapanggih pungkur | èngête kakasèpan | kaduwung yèn wus bilai | kaya priye yèn dadiya janma-tama ||

43. Karantên nak-putu samya | mrihnya utamaning urip | ayya[12] pêgat anastapa | ing siyang kalawan ratri | aja mèngèng ing kapti | tingalira ing Hyang Agung | watêke wong nastapa | tinêkan sakadarnèki | lantar dening nastijab pandonganira ||

44. Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri Ki Kulawiryèki | karênan miyarsa kojah | -ira Ki Sèk Ekawêrdi | Ki Wuragil ling aris | nora jamak adhi Dhatuk | layak yèn linukita | mring wong anom kang sêdyati | wus anjurudêmung pamulanging jalma ||

628. Jurudêmung

1. Ki Sèk Ekawêrdi nabda | inggih katêmpuh ing sêpuh | sawontên-wontêning kawruh | nyukupi nak-putu mudha | pangiwa panêngênipun | kang sênêng jaya sampurna | katambêlan têguh timbul ||

2. Miwah ngaji ngèlmu rasa | sewaka ngawulèng ratu | kathah lire kang tinêmbung | nak-putu ingkang sinêdya | datan wontên sêpênipun | kang têbih-têbih kèh prapta | angalap jangjine ngèlmu ||

--- 10 : 196 ---

3. Pra ngawirya tri samyojar | inggih kados yèn kadyèku | bêrkate katêmpuh sêpuh | pinandhita tuwanggana | mêrdika pinunjung-punjung | barang tinakon sarwa na | nyukupi sakèhing wuruk ||

4. Ki Ekawêrdi ris nabda | suwawi sasambèn ngriku | sawontênipun wong nganggur | agêmah ingkang liningan | angambil nyamikanipun | sinambi awirayatan | apan anutug sadalu ||

5. Ing wanci wus bangun enjang | Ki Sèk Ekawêrdi muwus | suwawi sami awêktu | awêktu mupung sih awal | ingkang liningan agupuh | samya mring pahèran kadas | sawusnya mèt toya wulu ||

6. Jèngraga dènnira adan | swaranira nganyut arum | anggandhang ngêmandhang landhung | wusnya adan nulya sunat | kinamatan ngangkat parlu | Jayèngrêsmi ingacaran | majêng angimami wêktu ||

7. Pinêksa nulya mangarsa | pasekat usalinipun | sadaya angangkat parlu | wawacan wusing Patekah | surat Sujada[13] asujud | rêkangat akir suratnya | sawuse Patekahipun ||

8. Surat Kasar[14] kinunutan[15] | praptèng tayat akiripun | wus bakda dènnya awêktu | sêlawat asêsalaman | pan samya atata lungguh | Jayèngrêsmi lon wacana | paman Sèk yèn parêng kalbu ||

9. Kawula yun papamitan | alaju lampah umantuk | mugi wontên lilahipun | paman Dhatuk Ekawêrdya | pan namung pandonganipun | supaya manggih raharja | Ki Sèk Ekawêrdi muwus ||

10. Dene ta agêlacutan | tyas-kula kalangkung kadung | tan kongsi tuwuk andulu | lamun pinarênging karsa | kongsiya sadasa dalu | nutug tan cuwa ing manah | pra ngawirya ris amuwus ||

11. Sangêt panrima kawula | (ng)gih sadèrèng-dèrèngipun | kawula gêng suka sokur | rèhning kalamèn nèng paran | yèn dadya pangayun-ayun [pa...]

--- 10 : 197 ---

[...ngayun-ayun] | raka paduka ing wuntat | têmah amêwahi wuyung ||

12. Ki Sèk Ekawêrdi sigra | amanggil rubiyahipun | nulya prapta maring ngayun | Ki Sèk nuding mring rabinya | kinèn angratêngi gupuh | babêkthaka[16] kang samêkta | ni rubiyah lon turipun ||

13. Inggih wus rumat sadaya | won-awon sawontênipun | lah ya wêtokna dèn-gupuh | kang liningan sigra mentar | anuduh mring putunipun | Ni Rara Muryati gêpah | angirid rampadanipun ||

14. Sasolahira rinêngga | pantês salêlewanipun | prapta angladèni ngayun | rampadanira tinata | wus ramut sadayanipun | rampadan tinatèng ngarsa | ni rara mire alungguh ||

15. Sumangga awawantinga | prayoga sasèmèk bucu | sarèhning arsa lêlaku | sawontêne sumapala | kang para ngawirya gupuh | sami atêturuh asta | pan lêkas bukti akêmbul ||

16. Pikantuk dènnira nadhah | kathah lam-ulamanipun | Jayèngraga tanpa-yantuk | nadhah pijêr lêliringan | tan pêgat pagut pandulu | lan Muryati pinurwèng tyas | gumantung tuntunging kalbu ||

17. Muryati apasang cipta | lir puspita sêkar kudhup | sinambramèng nêmbrama rum | angêjêri mara-mentar | juwêt jawating pandulu | ni rara lan Jayèngraga | kadrêng kidhung kadung-kadung ||

18. Anutug dènnira nadhah | ingancaran samya turuh | ambêng cinarikan gupuh | sinungkên mring pamong rencang | Nuripin tinuwukan wus | anêmên pamanganira | dangune angantu-antu ||

19. Ing bakda Subuh kongsi byar | Ki Kulawirya ris (m)bêkus | jêlèh bosên asu buntung | yèn lêga rak ngakak-akak | ambakna wong ngaji pupung | kaya wong nora kaopan | (m)bêbadhog tan unggah-ungguh ||

20. Nuripin agarundêlan | andêlna yèn nguwus-uwus | nora anglumuhi batur | wong arêp pangkat tangkatan | kudu marêgi

--- 10 : 198 ---

puluk |[17] watir gênjot nèng dêdalan | apêsing wong alêlaku ||

21. Nulya wisan dènnya mangan | ênting lan salawuhipun | wus ngombe atop jumêglug | Ki Wirya anjola mojar | bilah dene kaya bêdhug | atope wong edan buyan | (m)bok-sisan ajange iku ||

22. Lah iya untalên pisan | dimèn êntèk aja tanggung | lothung dadiya gagajul | Nuripin apalêrukan | kang myarsa samya gumuyu | mangkana para ngawirya | amumucung ing pamuwus ||

629. Pucung

1. Gya mangayun Jèngrêsmi alon umatur | pamit anor-raga | mring Ki Datuk Ekawêrdi | sarwi gupuh rahab samya sasalaman ||

2. Alon muwus Ki Sèk Ekawêrdi nêngguh | pitungkas kawula | namung salam sêmbah-mami | ka-aturna marang rama jêng-andika ||

3. Kakang ulun Kae Bayi Panutrèku[18] | tuwin ring ibunta | (m)bok-ayu Nikèn Malarsih | Jayèngrêsmi alon nuwun aturira ||

4. Sawusipun salaman gantya mangayun | Kae Jayèngraga | lawan Ki Kulawiryèki | andhèrèkkên kawirêjaning alampah ||

5. Naur wuwus kalangkung panrimanipun | yata pra ngawirya | madal pasilanirèki | (n)dan umangkat saking palanggatanira ||

6. Kae Datuk Sèk Ekawêrdi tumutur | marang tamunira | andonga raharjèng margi | ngawirya tri anolak pangatèrira ||

7. Gya tumurun ngampat lulungur gugunung | saking padhepokan | wanci wêdharing suryènjing | ngidul-ngetan mawan tirah pagalêngan ||

8. Kèh kadulu srining patêgilanipun | tatapa sabênan | atulus sarwi ngêmohi | miwah jalma mêgawe akukuduran ||

9. Kang maluku anggaru namping mamacul | amopok galêngan | watêse rinopoh ing ri | ingkang lagya anglèr ambêdhah tulakan ||

--- 10 : 199 ---

10. Ngambil ranu sawênèh anglèr wus tandur | kang gumun dha mapak | maratak kumêmping kuning | miwah ingkang lagya rame papanenan ||

11. Lirnya kang wus myang lagya angundhuh-undhuh | patêgilanira | jalu èstri myang raryya lit | kapinikul ginèndhong sinunggi samya ||

12. Yata wau kang lumampah (n)jog marga gung | pan laju mangetan | turut padhusunan asri | asêluran papagan janma papasar ||

13. Wancinipun wisan-gawe dènnya laku | nêrak têngah pasar | pasar Sarèn dhusun asri | dhusun Sarèn agêng laladan ing Rawa ||

14. Lêngkung[19] agung dhusun ing Sarèn puniku | Lêgi pasarannya | ngadêg pajarananèki | pasar Sarèn timbang lan pasar nagara ||

15. Samya umyung tumawon mêmpêngira gung | nampang ing pagagan | randhat dènnira lumaris | saking sangêt kêbêge jalma papasar ||

16. Lampahipun para ngawirya katêlu | anaratas pasar | kêmput kikis pagêrnèki | mire ngaso anèng sandhaping karoya ||

17. Raryyan lungguh nèng ngandhaping karoya gung | Ki Kulawiryojar | marang ing santri Nuripin | hèh Nuripin baliya atutukuwa ||

18. Apa kang prayoga butuhing ngalurung | ing sasênêngira | mupung sarwa ana iki | iya mangsa bodhowa Nuripin sira ||

19. Nulya gupuh matur sandika tinuduh | tutuku nèng pasar | barang kang butuh nèng margi | miwah ingkang badhe binukti sakala ||

20. Tan adangu Nuripin prapta ngêndhuyuk | (ng)gendhong patumbasan | katur ing bêndarnnèki |[20] Ki Wuragil tanya sing ko(k) borong apa ||

21. Alon matur inggih saprayoginipun | kang kawula tumbas | sampun kawula dudugi | kilap kalêrêsan ingkang dados karsa ||

--- 10 : 200 ---

22. Mèsêm (n)dulu Ki Kulawirya amuwus | ya wus kabênêran | (ng)gonnira tutuku Ripin | nyanyamikan bubucu lan lawuh pisan ||

23. Lawan aduning kinang kang sira tuku | ya lah iki apa | rong buntêl dhe-gêdhe sami | matur inggih apu lawan asêm kawak ||

24. Sru amuwus Ki Kulawirya asêndhu | ih ko(k)-gawe apa | kêparat edan gigingsir | tuku ênjêt lan asêm sapirang-pirang ||

25. Lir wong gêmblung dhêngglêng apa sira bingung | nora kira kira | tutuku kang tanpa kardi | iya jêjêlêna ing cocotmu dhawak ||

26. Mèsêm matur (ng)gih ta lah kula gêgêtun | (ng)gèn-kula tutumbas | asêm suwang (n)jêt nêm dhuwit | dene sangêt mirah mila kula tumbas ||

27. Ngling gumuyu akale wong edan taun | liwat murah pisan | samantên nêmbêlas dhuwit | Jayèngrêsmi Jèngraga mèsêm tumingal ||

28. Lah ya uwus gêbacut (ng)gonnira tuku | nora dadi ngapa | Ki Kulawirya ngling aris | patukonmu bucu nyamikan caosna ||

29. Nulya gupuh Nuripin nyaoskên ngayun | kang sêkul myang ulam | papanganan wus nèng ngarsi | Ki Nuripin mèntar ngupaya lantingan ||

30. Marang dhusun lan tuku dhawêganipun | tan adangu prapta | anulya sami wawanting | dènnya nadhah ampingan witing karoya ||

31. Wusnya tutug bubucu linorod sampun | samya wiwijikan | santri Nuripin abukti | wus luwaran dènnya nadhah mamangsêgan ||

32. Sawusipun rêrêm dènnya so nèng ngriku | Jayèngrêsmi nabda | lah paman kadi-punêndi | ing lampah punapa-a laju kewala ||

33. Inggih mantuk wangsul margining kang wau | paran andugèkna | tirakat angampir-ampir | ing rêrêdèn manawi antuk pawarta ||

--- 10 : 201 ---

34. Saur wuwus paran sakarsanirèku | ngong anut kewala | saparan pan sun-tutwuri | Jayèngraga nambung aris aturira ||

35. Pênêdipun ing lampah wasisanipun | alajuning tikat[21] | uning jajahan ing têbih | mupung sagêd dadya tatanggêling lampah ||

36. Lingira rum ya bênêr rêmbugirèku | yèn makatên paman | suwawi nimpang ing margi | mring ngardi kang katingalan kidul-wetan ||

37. Patutipun lir sungsun-sungsun dinulu | angrêsêpkên manah | owêling lampah tan kampir | baya pundi rannipun wukir punika ||

38. Naur wuwus kang paman ya êmbuh iku | kajaba ta tanya | nulya katingal wong siji | gya ingawe-awe mring Ki Kulawirya ||

39. Praptèng ngayun tinanya wong (n)di sirèku | matur kang liningan | pan inggih ing Sarèn ngriki | awon-awon lêbe ing Sarèn kawula ||

40. Ngêndika rum Jèngrêsmi marang Ki Kaum | êndi arannira | gunung kang katon puniki | iya dene munggul patute sèbêtan ||

41. Lon umatur ranning ardi kang kadulu | kang ngandhap punika | ardi Wajak de kang nginggil | ardi Budhêl lan ardi Tèngèng wastanya ||

42. Dhusunipun Wajak-watuurip nêngguh | kalalading krajan | Bantal-padhomasanèki | angling malih pundi margane mring arga ||

43. Aris matur inggih kewala punika |[22] margi pasimpangan | maring Wajak-watuurip | kêncêng ngidul anabrang bênawi Rawa ||

44. Lajêng ngidul margi mangetan mangidul | kang anjog ing Wajak | margi kang ngetan puniki | margi agêng kang anjog karajan Rawa ||

45. Wusnya matur Jèngrêsmi malih lingnya rum | ya wus sun-tarima | paman pituduhirèki | (n)dan umangkat katrine anduduk lampah ||

--- 10 : 202 ---

630. Mêgatruh

1. Lampahira angidul anut pituduh | ing wanci surya nêngahi | pan tumampêg panasipun | margèng bubulak atêbih | tan ana kayon kang ngayom ||

2. Ara-ara bêbangkak têla-têlanggung | siti lincat ngrakal curi | Nuripin agigah-giguh | (ng)grêsah garundêlan angling | bilah murungakên uwong ||

3. Ngisor dhuwur ambutuhkên wong lumaku | dhuwur panas ngisor krikil | nora na kayon gêng ngaub | sasat dèn-pilara mami | dhasar onjotane adoh ||

4. Iki ara-ara arannipun |[23] ambane kapati-pati | nora mambu singkal pacul | bêbangkan sajêg-jêgnèki | lêmah nora wawoh uwong ||

5. Ki Wuragil Kulawirya sru amuwus | gagabêre andalêming | êmbuh-êmbuh kang dèn-tutuh | ngodhal-adhil bumi langit | tan idhêping nora ilok ||

6. Jayèngrêsmi angling marang santrinipun | yèn kêpanasên Nuripin | panase anèng sirèku | tawêkalna tyasirèki | aywa ngrêsula ing batos ||

7. Yèn wus ana sira raosing suryèku | panase nora nêkani | katulak ayêming kalbu | ya kaya mangkono ugi | caritane ngakerat donya |[24]|

8. Wong pinangan ing api naraka besuk | wong kang tanpa ngamal nênggih | kêkêl-kêkêl nèng nraka gung | matêng pinanganing gêni | myang saliyaning siksa bot ||

9. Beda lan wong kang duwe ngamal saèstu | rahayu saking yumani | api narakane linu | datan tumama namèngi | ngamale panulak jakom ||

10. Ati suci panrima amal linuhung | kang sukur marang Hyang Widhi | suruding siksa linuhung | lantar panrimaning ati | kiyasing Kadis mangkono ||

--- 10 : 203 ---

11. Kauripan ya ing dalêm dunya iku | utama sarèh ing budi | têgêl panarimanipun | kang ala tinampan têcik[25] | yêkti bêcike pinanggoh ||

12. Kaya kiye panas nglarani sakojur | yèn sira sukuring ati | titi kawuryaning ayu | yuwana nikmat pinanggih | kaya mangkono uga wong ||

13. Manthuk-manthuk Nuripin aris umatur | baya lêrês kang wirayit | ujaring Kadis puniku | mungguh panrimaning ati | tinarima ing Hyang Manon ||

14. Mung dilalah badan-kawula satuhu | kang apês kêpati-pati | tan wantala panasipun | ing surya miwah kang bumi | beda kang wus utamèng (n)don ||

15. Bokmanawi mantune Kyai Pangulu | ing Lêmbuasta sinandi | datan kawêkèning kalbu | antuk sawabe kang ngèlmi | Kulawirya krasèng batos ||

16. Yèn sinêmon Nuripin ingkang pamuwus | gya animpang ngukup curi | sinawurakên agupuh | (ng)graita Nuripin aglis | animpang sarwi malerok ||

17. Ngudubilah opène wong namur wuwus | wau ujare Nuripin | sarwi mungkur andêkukul | kinarutug padhas curi | gigire pating talèdhok ||

18. Bêkah-bêkuh ulate rangu asêngut[26] | Ki Ragil ngacungi bithi | sarwi mojar manis arum | lah mareneya Nuripin | sun-ganjar sangu sihingngong[27] ||

19. Luwih gêdhe lalabuhanira ing dangu |[28] sapa baya mitulungi | mung sira kakasih-ingsun | kang labuh lara lan pati | anèng sajroning pakewoh ||

20. Jayèngraga (ng)graita mèsêm ngacêmut | nanging datan nambung angling | ajrih ing raka kang sêmu | kadi anawung rudatin | dadya amung amalèrok ||

21. Jayèngrêsmi tan sambung ingkang sinêmu | wit tan wikan ing sasandi | yèn kang paman darbe laku | mangka usadaning sakit | angramuhi kuda wadon ||

--- 10 : 204 ---

22. Dadya angling malih kang mangka pêpemut | hèh Ripin ujaring Kadis | piyarsakna dèn-kalêbu | sarasaning rapal iki | manawa bisa amanggon ||

23. Amung lowung kinarya panamur laku | mangkono jarwanirèki | sing sapa arsa nunuwun | nikmat manpangating Widdhi | dèn-bêtah rakasèng batos ||

24. Kang sinandhang panas pêrih badanipun | iku mung panggawe lair | lamun winêngku ing kalbu | sabar tawêkaling ati | abêr tan karasèng batos ||

25. Yèn tyasira narima ing bêgjanipun | apa kang sinandhang iki | ketang bêkti mring Maha Gung | ing wuri iku sayêkti | winalês ganjaran kaot ||

26. (n)Tuk pitulung rasa kang nikmat satuhu | dèn-pracaya ing Hyang Widdhi | dene dahat asihipun | marang titahe puniki | datan mawi apilih wong ||

27. Ala ayu rinêksa maring Hyang Agung | tan kongsi kurang rijêki | pinrih ing rahayunipun | ing awal praptaning akir | rinêksa dening Hyang Manon ||

28. Ki Nuripin mung macucu datan muwus | lumaku agrigah-grigih | saking panas ngandhap luhur | karikil padhas acuri | Kulawirya angling alon ||

29. Lagi iki sun-wikan antênging wêdhus | jojogedan kadi kambing | kacitan gimbal kang wulu | abusana kadya janmi | mung yèn muni gêmbar-gêmbor ||

30. Lah nèng ngêndi sasamatira ing mau | apa wus kêntèkan Ripin | tekadira kang marusul | dharêsêlan kadya anjing | Nuripin tambuh malerok ||

631. Gambuh

1. Wanci Asar prapta wus | anèng Wajak-watuurip dhusun | pan kapapag ana wong mijil sawiji | ngancarani pinrih maju | katuran malêbèng dhukoh ||

--- 10 : 205 ---

2. Wus samya tata lungguh | anèng salu jawi kering pintu | anambrama wau ingkang darbe panti | kapênêdan lampahipun | paduka praptaning ngêndon ||

3. Ing pundi kang kapungkur | miwah karsa kang sinêdyèng kayun | myang pinuji paduka prapta ing ngriki | baya têbih sangkanipun | kalarat ingkang pasêmon ||

4. Paran sinêdyèng kayun | baya karsa tirakat ing gunung | (ng)gih kawula mangka kuncining kang ardi | pangiriding lampahipun | sagung kang arsa tumonton ||

5. Jèngrêsmi lingira rum | rika paman tatanya maring sun | santri papa angumbara turut ardi | tirakat mung pamrihipun | karya ihtikating batos ||

6. Lamun rika panuju | ngatêr lampah sumêngka ing gunung | Kyai Kunci graita sêmune sandi | lamun ngawirya nanamur | dadya amung matur alon ||

7. Yèn kaparêng sang bagus | pan pun bapa arsa asusugun | sawontêne kadaripun tiyang ardi | Jèngrêsmi ngandika arum | tan susah paman susugoh ||

8. Sun-arsa munggah laju | yèn kasêlak Hyang Arka asurup | (ng)gih sumangga kawula ngatêring laris | mangkana sarêng manuntung | wong lima sarêng abodhol ||

9. Babondhot kayu taun | warna-warna wulusan arungkut | tan antara anon bêbêganing warih | malêmbung toya kumucur | sumrèwèh mili malorot ||

10. Watuurip jumujug | sêndhang Wajak iku wastanipun | sawabipun dadya patimbulan yêkti | (ng)Gra Kasih Jumuwahipun | muruh anglênga mancorong ||

11. Kang ngalap sami nginum | yèn katrima ana tandhanipun | sirah buthak malinthas rambut barindhil | prapta nyêng-unyênganipun | dadya têguh kadya paldhot ||

12. Anulya sami wulu | salat Ngasar praptèng bakdanipun | waktu rada kakirên ing salatnèki | Ki Kunci nulya mit wangsul | aris lampahe malorot ||

--- 10 : 206 ---

13. Wau ta kang nèng gunung | ngawirya tri lawan santrinipun | wanci surup anulya mèt toyastuti | salat sunat Mahrib laju | Ngisa bakda samya golong ||

14. Dhikir palilahipun | pan sadalu tawakup ing ngriku | enjingira anjajah pucuking wukir | pakarêmaning cêmpurung | garumbul kayu angayom ||

15. Katon pucak anjêmbul | kayu taun marnani arunggud | winastanan watu Dalêm pan awingit | êtuking tirta kumucur | kang mring Watuurip anjog ||

16. Sadalu anèng ngriku | dènnya nimpar asuhul tawakup | eningira anètèr mandhap sing wukir | manjing guwa Menak laju | alêrêm anèng ing kono ||

17. Kongsi dalu tawakup | ngawirya tri lawan santrinipun | guwa Menak dadya patimbulan ugi | yèn katrima tandhanipun | tèngèng sirahe anggèlo ||

18. Praptèng (n)jang bakda Subuh | pra ngawirya nèng jro guwanipun | Kulawirya ngandika ris mring Nuripin | lagi samêngko sun-wêruh | ilang unine si Daplok ||

19. Apa baya sirèku | kajudhêgan ing nala alimut | antènana yèn nginêp sawêngi maning | panyaure duk ing dangu | nèng Lêmbuasta ambadhog ||

20. Nuripin mèsêm matur | pangandika sampeyan puniku | sangêt lêbêtipun karirih karakih | kuru dalah swaranipun | sabênne kothot abèndhot ||

21. Ngawirya ro gumuyu | Ki Kulawirya mojar ambêkus | ih wong edan (n)dadak wani mêmoyoki | rikih pisan wong tan saur | têlung dina angêlowong ||

22. Dubilah ta sirèku | warêg banyu ngombe lir kaluwung | wêwadhukmu nyêmpli kaya impês isi | Jayèngrêsmi Jèngragèku | suka myat ingkang guguyon ||

23. Nuripin mentar mundur | wêlas mulat ing bandaranipun | nulya gita karya nyanyamikan bukti | asêm-kawak dènnya tuku | ingulêt lan apu gupoh ||

--- 10 : 207 ---

24. Dangu pangulêtipun | asêm-kawak cinampuran apu | pan wus piniliyan kalungsunirèki | ingêmplêng limang plêng sampun | binuntêling godhong wowo ||

25. Gya tinindhiyan watu | linêrêmakên Nuripin gupuh | angupaya kêmbang tulupan gya ulih | sangune bras kêtan wau | pinususan ingkang uwos ||

26. Dèn-isèkakên wau | ring kêmbange tulupan tinangsul | Ki Nuripin gupuh dènnya dadèk gêni | lêmêng kêtan kêmbang tulus | binênêm ing mawa marong ||

27. Antaranira uwus | matêng binênêm lêmênganipun | nulya angupaya kêmbang tapak-èsthi | pinèt sarine binubuk | lan kêmbang mênyawun winor ||

28. Myang kêmbang têmpuh-wuyung | lan kêmbang rara-wunan puniku | cinaruban asêm-kawak winêtawis | winungkus ing godhong têmu | pinè sak-aluming godhong ||

29. Rampung sadayanipun | yata kang samya kalêson lungguh | Ki Wirya ngling êndi mau si Nuripin | asuwe nora kadulu | tan adangu nulya katon ||

30. Mèsêm prapta ing ngayun | Jayèngraga angandika arum | iku apa kang sira-gawa Nuripin | kang tinanya lon umatur | inggih won-nganggur sasaos ||

31. Cara rare karyèku | duga-dalêm eca botênipun | akalipun raryyangon sadaya sami | nyanyamikan awon-nganggur | namung lothung tambêl-butoh ||

32. Sinaoskên ing ngayun | Ki Kulawirya latah gumuyu | si Dicêplok mêtu akale pratoin | anulya samya amundhut | lêmêngan kêtan rinaos ||

33. Samya mèsêm gumuyu | Ki Wirya ngling bilah de cumêthul | angluwihi lêmêngan kêtan bumbung pring | plèng-plèng-asêm-(n)jêd ya-enul | cumêthul lir jênang dodol ||

34. Lah iki kang dèn-wungkus | wis blêgtape rasane amadu | kêna sibat bisa lah-olah si Padhil | kang putra samya gumuyu | angalêmbana ing raos ||

--- 10 : 208 ---

35. Dènnira bukti tuwuk | sisa sinungkên mring santrinipun | wus mangkana nutug ing sawêngi malih | ing sadalu enjingipun | Ki Kunci prapta ngarsèng (n)don ||

36. Jèngrêsmi lingira rum | paman Kunci sirèku anusul | matur inggih yèn sampun luwaring kardi | kula turi raryyan dhukuh | kawula sampun sasaos ||

37. Jèngrêsmi ngandika rum | ênggèh sun-tarima sihirèku | manirarsa kewala laju alaris[29] | êndi margane kang mungguh | (ng)gwan kang wus kambah maring wong ||

38. Saenake lumaku | tirakat satibane ing ngayun | lon umatur Ki Kunci mring Jayèngrêsmi | lamun paduka kadyèku | kula sumangga kemawon ||

39. Jèngrêsmi ngandika rum | paman Kunci samya (n)dum rahayu | nulya sasalaman sadayanirèki | sawusira gya tumurun | angraras driya maring sor ||

632. Mijil

1. Mijil margèng ngidul-ngetan ardi | lulungur jurang jro | dadya randhat mangu-pangundhune | aluk-lukan lulukik kang têmbing | pèrèng lêsah miring | parang-rong aparung ||

2. Apan lêpas dènnira lumaris | adulure rondhon | praptèng ngampar sing panètèrane | ngambah wana tipisan tan wêrit | dhèng-èdhènging ardi | tarataban grumbul ||

3. Nampak tatêrusan ingkang margi | kang kaambah ing wong | tan kepêthuk janma sasikine | wanci surya tumawang manasi | sira ngawirya tri | laju lampahipun ||

4. Ngalèr-ngetan narutut dèsèki | padhadhahan ayom | anon ing sêndhang pinggir margane | pan kauban ing wrêksa gayamprit | rau baga bibis | karoya ngrêguyung ||

--- 10 : 209 ---

5. Samya raryyan nèng sêndhang we wêning | padesane Bopong | eca siram labêt grahuyange | wusnya angum ngambil hèr-astuti | mimilih (ng)gyan suci | samya wêktu Luhur ||

6. Kajênêkan gyan bêkti Hyang Widdhi | rêrêm amohansoh | sabakdanira salat Luhure | samya mucang poh ingaring-aring | Nuripin tinuding | atukuwa bucu ||

7. Gupuh lampahira Ki Nuripin | mring dhukuhan Bopong | panggya amitêmbung lan lêbene | kang liningan gupuh anaosi | woh-tiris tan kari | wus samakta gupuh ||

8. Ki Lêbe nutwuri mring Nuripin | praptèng ngarsa alon | tur pambagya mring kang lagya rèrèn | sarwi naoskên sugatanèki | tinarima ing ling | Jèngrêsmi tanya rum ||

9. Rika iku punapi patinggi | apa ta pamogok | kang tinanya alon ing ature | awon-awon kula lêbe-puri | Ki Kulawirya ngling | sarwa sru gumuyu ||

10. Lah kapriye ya basanirèki | lêbe-puri mono | matur nglêbe muni kêndhu bae | rika bisa parikan Ki Modin | Jèngraga Jèngrêsmi | amèsêm gumuyu ||

11. Nulya samya awawanting bukti | kakêmbulan royom | apikantuk lapake kalantèh | pan kapasuk panrimaning bukti | antaranira wis | cinarikan mundur ||

12. Ki Nuripin srigak dènnya bukti | nora nganti wisoh | wus nêngahi têtanya mring lêbe | wawang[30] kang lêbe sami abukti | puluk tan ngèndhani | mathêngkul tumungkul ||

13. Ki Kulawirya angling a(m)bêkik | Nuripin dudu wong | ambakna wong gajêlag bacote | tawa mangan nora (n)dêlêng rai | gawe-gawe angling | nyambat ukur-ukur ||

14. Ing batine sokur ora apti | tutugga ambadhog | sisan dhulange untalên age | yèn ngalontor wus dèn-tohi pati | kapanjingan eblis | murka ngulu-ulu ||

--- 10 : 210 ---

15. Tan angetung pangidhêping isin | sok anggêra nocor | Ki Nuripin macucu lambene | nuli wisuh êntèk kang binukti | sêga lawuhnèki | tan ana kang kantun ||

16. Aluwaran kang anadhah sami | nyamikan rinaos | wus antara nutug parèrène | Jayèngrêsmi angandika aris | wus tarima-mami | paman sunggatamu ||

17. Lan maninge sun-tanyèng sirèki | marga ingkang anjog | maring Wirasaba ing bênêre | kang tinanya anauri aris | pan inggih puniki | margine pinagung ||

18. Ngalèr-ngetan kewala kang margi | prayogi tan watos | palabuhan kang nginggil sabrange | dhusun Wunut wana ing Wrat-sari | ngalèr nabrang kali | mêdal ing wod rajut ||

19. Anjog ing Sarengat ingkang margi | lajêngipun ngalor | ardi Pêgat wana ing truntume | pangêndhênge ardi alit-alit | Bagêndhul mantêsi | lan wana Salêmbur ||

20. Wana Panguncang pangalèrneki | ing Kantha dêmomol | tarutuning desa wawanane | tatasing wana ing Jêramwangi | mung kantun sa-ari | Wirasabanipun ||

21. Malah tan kongsi suruping rawi | lancaring lêlakon | wus tan ngambah wana grêng wêrite | namung tarataban wana nipis | pangrèyan desèki | sapêngaloripun ||

22. Jayèngrêsmi alon lingira ris | paman yèn mangkono | manira mit andum basukine | wus abangêt panarima-mami | rika awèh uning | marga kang saèstu ||

23. Muga samya basukiyèng wuri | sasalaman gupoh | Kae Lêbe nuwun-nuwun ture | nulya asung salam sadayèki | dan umangkat aris | anarimèng tuduh ||

24. Kang ingèngêt-èngêt ing samargi | tuding kang tinuhon | tan mirungga nimpang ing lampahe | datan arsa kampira dèsèki | milalu lumaris | tansah ing wana gung ||

25. Asru pangrêksanirèng abakti | ing waktu tan towong | sampun lêpas wau ing lampahe | tan cinatur solahirèng margi | gantya kang winarni | ing Wanamartèku ||

--- 10 : 211 ---

26. (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | gring tyasira giyoh | dening putra karo lan arine | nis tan pracayèng sudarmi |[31] têmah dadya woding | driyaning ramèbu ||

27. Duk samana Bayi Panurtèki | kalanira lunggoh | nèng surambi sakulawargane | miwah para lurah-lurah santri | sakbakdanirèki | jumungahan kondur ||

28. (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | èmêng tyasnya kepon | tanpatyantuk nadhah lawan sare | kang kaetang pangungunirèki | kang samya tan pamit | ri putra lan mantu ||

29. (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | kucêming pasêmon | tan na sojar lêlahan lamine | nadyan mulang tan lir sabênnèki | tyasira lagya gring | onêng maring sunu ||

30. (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | angandika alon | mring pra ari wis pira lawase | sutanira ro lan rinirèki | Swarja matur aris | wus tridasa dalu ||

31. (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | lingira ngêmu loh | ya ta lah de tan ana tuture | mung bojone kang padha diwangsit | ujare nis sami | tirakat sadalu ||

32. Nora pajar kang dèn-paparani | êmbuh ngetan ngulon | mung mangkono tuture bojone | kang liningan samya anor-ragi | lan malih manawi | sira antuk tutur ||

33. Sutanira lan arinirèki | mring ngêndi linakon | paran nusul ngupaya ipene | apa dhasar tirakat pribadi | dene kongsi lami | sasasi tan mantuk ||

34. Pêndhak tanggal kaping pitu iki | dènnya lunga (m)bolos | priye karêpira ing bêcike | têka bangêt dhêdhêle tyas-mami | têmah amuwuhi | kasusahan iku ||

35. Pra ri Swarja lan Wiradhusthèki | Panukma Panamor | samya matur tadhah dudukane | sring pitakèn-takèn bokmanawi | wontên ingkang uning | (ng)gyanning-kang jinujug ||

36. Sami datan wontên kang udani | dènnya lalana (n)don | Kae Bayi gèdhèg-gèdhèg linge | ya wus padha dodonga ing Widi | kang padha lumaris | salamêting laku ||

--- 10 : 212 ---

37. Sadaya tumungkul matur inggih | maksih ngandika lon | payo padha abubaran mulèh | sarwi ngadêg geyongan têkên cis | sigra santri Luci | nyandhak slêpènipun ||

38. Samya bubaran sadayanèki | jalwèstri tuwa nom | samya ngiring marang (n)Jêng Kyaine | praptèng paregolan kandhêg sami | nulak[32] laju mulih | mring pawismanipun ||

39. Sowang-sowang simpangan ing margi | sakèhe para wong | para ari miwah pangulune | (n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki | uluk-salam nuli | sinauran umyung ||

40. Praptèng wisma (n)Jêng Kiyai Bayi | sawusira Lohor | gya mangetan myang garwa karsane | maring wismanira ingkang siwi | Tambangraras nênggih | kang lagya monging kung ||

41. Salaminya tinilar ing laki | anandhang wirangrong | Nikèn tan arsa lungsur wastrane | nunggèng sinjang kakêmbênanèki | rukuh tan asalin | ing salaminipun ||

42. Sarwa seta sauyun tar lyaning | rupa kang inganggo | busananira duk pangantyane | citraning jalêngut pinrêmasi | buncanging praja-di | nglalamat alimut ||

43. Kasaban ing lêbu anglungsêti | martistang giniyon | ring mastatur sawat pangrêmite | rêngga pangun dayaning panuli | sabaking ngawasis | labête mangun-kung ||

44. Duk amulat maring yayah wibi | praptane kaloron | angurmati Nikèn ing lênggahe | wus satata nèng paningrat wingking | mangkana Ki Bayi | angandika arum ||

45. Adhuh-adhuh sutaningsun Nini | nyawaningsun yêktos | dèn-tawêkal Nini ing-cobane | ing Hyang Suksma sadaya puniki | baya ta ing wuri | pan ayu pinangguh ||

46. Nikèn Tambangraras datan angling | waspanggung drês miyos | kadadaut karasa driyane | ketang ingkang wus anis ing ratri | Malarsih nambungi | kang mangka pangrapu ||

--- 10 : 213 ---

47. Adhuh Nini ywa daya kinapti | pasrahna Hyang Manon | gung lalakon iki sakabèhe | nglaksanani karsaning Hyang Widdhi | tan bisa sumingkir | papasthèn Hyang Agung ||

48. Ingkang putra tan pisan nauri | ginêgêt ing batos | mung tumungkul lan sêgu lênggahe | dadya linggar wau (n)Jêng Kiyai | wangsul maring panti | sa-rubiyahipun ||

49. Gantya ingkang cinaturing kawi | kang gung lalana (n)don | Jayèngrêsmi lan Jayèngragane | Kulawirya kalawan Nuripin | samana wus manjing | Wanamarta dhusun ||

50. Wanci Asar jumujug ing panti | wau katri manggon | wus prasabên ing bakda Isane | dènnya arsa umarêg (n)Jêng Kyai | wus gilig kang jangji | Nuripin tan kantun ||

633. Pangkur

1. Nahan wanci bakda Isa | wau (n)Jêng Panurta Kyai Bayi |[33] mangetan lan nyainipun | Ni Malarsih tut-wuntat | Ni Sumbaling Ni Daya tansèng ing pungkur | sapraptaning wisma wetan | mulat Tambangraras lagi ||

2. Anata ambênganira | dènnya kajad arsa mumule maring | nênggih Kangjêng Nabi Rasul | sadasa kang ambêngan | dhudhulange isi ingkang sêkul wuduk | ayam sadasa lêmbaran | ing ingkung sadaya sami ||

3. Anèng ngêncèh dinuduhan | aglar mungging pandhapa ambanjêngi | Kyai Bayi duk andulu | sumambrana wuwusnya | lah bêgjane ingsun tutuwi panuju | pamumalèn sukaningwang | baya amungkasi kardi ||

4. Dhuh êbèng paraning karsa | de mumule makêndhung angêbêki | sumêmbah putra turipun | angsung dhahar kawula | mring (n)Jêng Nabi Mustapa ingkang linuhung | minta basuking samya |[34] kang anggung lalana anis ||

--- 10 : 214 ---

5. Ki Bayi malih ngandika | apa sira wus nuduh nyunyuruhi | pamanira lan pangulu | kula-wangsa sadaya | aturira Ni Tambangraras (ng)gih sampun | tan antara sami prapta | pra kadangira Ki Bayi ||

6. Paparêngan praptanira | Jayèngrêsmi Jayèngraga sarimbit | Kulawirya parêngipun | Nuripin anèng wuntat | Basarodin ingiring santrinipun |[35] samya angsung salamira | wau ingkang lagya prapti ||

7. Suka mulat asmu waspa | Kae Bayi Panurta sarwi angling | lah bageya satêkamu | huwalahu-tangala | dene laku karya sumêlanging kalbu | ingkang sinungan pambagya | mung andhêku tanpa angling ||

8. Aris malih andikannya | Kae Bayi Panurta lah ta aglis | donganana Ki Pangulu | kajatipun Ni Rara | angsung dhahar Mustapa panutanipun | pininta ing barkahira | rahayune kang samya nis ||

9. Basarodin tanggap sigra | kang winaca tilapat minta amin | sawusing tangawutipun | salam (n)Jêng Nabi duta | nulya maca donga swara rum anggalur | aiyêg kang aminira | kadya guyub anahidi ||

10. Anêmênakên kang donga | kèh paminta dadya nunggal panggusthi | wus sampat donga tinutup | lan Salamêt kabula | gya ngidêran ambêng lan wawantingipun | ngancaran samya lêkas-a | (n)dan nadhah sarêng abukti ||

11. Basarodin kokohira | anèng dhuwok pinggan putih ngêbêki | mêmblêg ingkang sêkul wuduk | pinukang ingkungira | saparo bêt rinucah daging angumbruk | nèng godhong lalambarira | Kulawirya mèsêm angling ||

12. Nêmu bêgja raganingwang | lagi prapta amarêngi kêndhuri | parandene nora kaul | beda kang Basar ika | tandangira sabên ari ngaji pupung | kêthaha wit cilik mula | wimbuh tuwa angêpêngi ||

--- 10 : 215 ---

13. Kinayang-kayang puluknya | kacombaran kokohira umili | puluke datanpa kantun | tan kêna kinêpêla | têmah buyar dening akakehan duduh | kadya ingoning kambangan | kuciwa kang Basarondin[36] ||

14. Tan wasis nocor lir banyak | bok-wis nuli dèn-uyub bae gêlis | apa kakang minta bantu | ingsun arsa ngilinga | Basarrodin malerok sih nyamuk-nyamuk | jenggode tètès drèwèsan | lubèring duduh naritis ||

15. Sadaya kang sami mulat | angèsêmi solahira Ki Rodin | rada kanggêg asmu gigu | tètèsaning tumiba | wênèh jaja wênèh pangkon miwah tuwung | tinututan pulukira | lir gogo ucêng kang kêsit ||

16. Tanduk imbuh ingêbyakan | sêkul wuduk silêm duduh kang kanil | nulya astanya angêbur | nèng tuwung kacopakan | saya sêngkut tandangira Ki Pangulu | sadaya wus tutug samya | rahab dènnya sami bukti ||

17. Kukucur cuwo wantingan | ambêngannya cinarikan mring wuri | linorod pra-santri pungkur | gya maju nyanyamikan | pisang raja sadasa tangkêp susuluh | pilihan kang tadhah udan | sadaya wus ngalap sami ||

18. Wau ta Ki Bayi nulya | atatanya mring putra Jayèngrêsmi | dhuh babo ta sutaningsun | paran pawartanira | sira lunga atêlu anis ngalangut | tan mawa angsung pawarta | maring raganingsun nguni ||

19. Karya wimbuhing sungkawa | dènnira nis kewala tanpa pamit | bêgja praptanta rahayu | lah kulup popojara | kadiparan entarira angaluru | marang ipenira ingkang | lalana andon ngasêpi ||

20. Tidhêm sadaya pra kadang | kang nèng ngarsa bela arsa miyarsi | wartane kang angêlangut | mangkana kang tinanya | Jayèngrêsmi manêmbah sarwi tumungkul | aris mangkana turira | ngalim paduka (n)Jêng Kyai ||

--- 10 : 216 ---

21. Tuhu kawula kalepyan | datan pamit maring paduka nguni | saking kadêrênging kalbu | ketang wêlasing kadang | mung sajuga wanudya kataman wuyung | nêdhêngira papasihan | nulya kapisah ing laki ||

22. Samana nuju rarasan | tiyang katri gya kênthêl kang panggusthi | denira arsa angluru | maring Ki Amongraga | mung dinadak sadalu agya lumaku | angampiri mring Pagutan | Nuripin ingkang kinanthi ||

634. Kinanthi

1. Lampah kawula ing dangu | tan ana tinujwèng kapti | amung osiking wardaya | nglalana aturut sêpi | wana arga sinalasah | tan etang pringganing margi ||

2. Kalamun nuju kapranggul | padhepokaning pra ngalim | kampir amrih tatanya |[37] manawi bangkit anuding | ingkang linuru ing lampah | putranta kang nis ing wêngi ||

3. Sinambi mèt warah wuruk | saparan-paran inaling | nanging ta lampah kawula | kadya kinuncang ing Widdhi | ngaladuk tan antuk warta | unggyane kang dèn-ulari ||

4. Mangidul pasisir jêdhug | mangilèn prapta nagari | ing Trênggalèk wangsulira | kathah mitranta kapanggih | ingkang anèng Lêmbuasta | Wiracapa Ki Ngabèi ||

5. Miwah ingkang anèng gunung | purwa aran Tekawêrdi[38] | karantan maring andika | ketang kumpul duk samya lit | kathah ing wawarahira | dhatêng ing kawula sami ||

6. Sangsaraning lampah ulun | titiga sami mêpêki | nanging bêgjane sadaya | dene rahayu pinanggih | kongsi bangkit praptèng wisma | umarêg paduka Kyai ||

--- 10 : 217 ---

7. Kongsi sacandra ing laku | mêksa datan antuk warti | dununge nênggih putranta | kang anis Sèh Amongragi | kalangkung sungkawa-amba | ketang kadang yayah wibi ||

8. Marmanta anulya wangsul | ngrasa jêdhuging panggusthi | bok-manawa dèrèng mangsa | karsane Sang Amongbrangti | maksih sinamar unggyannya | marmanira tan pinanggih ||

9. Mangkana Ki Bayi ngrungu | aturing putra tanapi | garwa miwah kadang samya | tarlèn sagung para santri | kalangkung pangungunira | kang waspa sami umijil ||

10. Tambangraras duk angrungu | aturing ri Jayèngrêsmi | kararantaning wardaya | karasa locitèng galih | kadya mangkata priyangga | nêmpuh ngulari mring laki ||

11. Osiking driya ngalangut | kararantan jroning ati | mangkana locitanira | katuwoning raga-mami | tinitah dadya wanodya | datan sinarjon ing laki ||

12. Saking gêng cedaning kalbu | tan layak ngong angabêkti | maring priya kang utama | kuciwa angaku luwih | kumudu-kudu ngakênna | rabining janma ngulami ||

13. Dhuh kakang pupujaningsun | apa ta tan tulus ing sih | maring cèthinta kasmala | apapa gung nandhang kingkin | paran mendra tanpa warta | rabine tinilar anis ||

14. Baya tan sarju maring-sun | luhung pulungên wak-mami | kadadawa larasmara | adangu manggung wiyadi | dhuh gustiningsun priyangga | lunasên ragèng puniki ||

15. Tambangraras marêbêl luh | tan kêna dipun-sayuti | angêbêsi jajanira | awlas kang samya umèksi | Ki Bayi sagarwanira | angrês mulat marang siwi ||

16. Dadya ris andikanipun | dhuh nini aywa kalantih | anggugu limuting driya | mangsa ta têmbe tan panggih | kalawan ing lakinira | manawa sampun pinasthi ||

17. Saking karsaning Hyang Agung | lagya cinoba sirèki | tiniti kasêtyanira | tan wurung bakal mangsuli | lakinta tuhu utama | mangsa niaya ing rabi ||

--- 10 : 218 ---

18. Anging wataking aluhung | tan kèrêm wibawa mukti | sêngsêm anèng kahênêngan | kulina sabèng asêpi | lamun wus jumbuh ing karsa | yêkti sira dèn-balèni ||

19. Mangkana sang Mangonêng-kung | Nikèn Tambangraras myarsi | pangrapuning ramanira | wontên lêjaring panggalih | katon bingaring kang naya | sumèndhè[39] karsaning Widdhi ||

20. Mangkana wus têngah dalu | Ki Bayi dènnya nuguri | nèng wismanira Ni Rara | anèng[40] lêrêm sawatawis | anulya sami bubaran | Ki Bayi kondur lan swami ||

21. Para kadang miwah sunu | miwah sagung para santri | sadaya bubaran samya | sewang-sewang maring panti | nahên ta ing Wanamarta | gantya kang andon pasisir ||

22. Wau Ki Sèh Amongluhung | anèng Mataram nagari | Ardi-kidul kang jinajah | angungkang urut pasisir | dadya pangèdhêpanira | sagung janma ing pasisir ||

23. Anèng Kanigara dhusun | dadya gununganing janmi | gêng luhur ing masjidira | kêbak ingkang para santri | nanging tan tulus santrinya | sarengate bosah-basih ||

24. Tanpa tata salatipun | saking kayungyun ningali | kaelokan sukanira | pakartine Jamal-Jamil | akarya pangeram-eram | dadya pangunguning janmi ||

25. Atilar salating waktu | sagunging wong tanpa budi | kadya ginêndam ing kêmat | bilulungan sabên-ari | jalu kalawan wanita | tanpa tata laki-rabi ||

26. Lir sato pipindhanipun | mangkana Ki Jamal-Jamil | inguja sasolahira | dene ri sang Amongragi | langkung manungku ing puja | tawakup marang Hyang Widdhi ||

27. Amapan anèng ing tajug | tan êsah ing siyang ratri | cêgah nadhah lawan nendra | ingkang ginusthi ing galih | amung purnaning sarira | sarana manjing utadi ||

--- 10 : 219 ---

28. Kèsthi sêrikirèng kalbu | bêdhahing Giri ing nguni | kasoring sudarmanira | Sunan Giri ing ajurit | binêdhah saking Mataram | Pangran Pêkik kang nindhihi ||

29. Dadya tyasira kalamun | jinurung marang ing Widdhi | arsa tandhing amalêsna | mèranging rama ing nguni | nênggih maring Kangjêng Sultan | Agung ing nagri Mantawis ||

30. Mangkana Sang Among Luhung | kadya wus rucating dhiri | alingga sarira Suksma | anjajah panimparaning | (n)Jêng Sultan nagri Mataram | datan kasamaran yêkti ||

31. Guwa Langse kang tinuju | Song-pati têpining tasik | miwah kawahing aldaka | nênggih pucaking Mêrapi | saparan wus kadhinginan | dening Sultan ing Mantawis ||

32. Atilar tatabêtipun | dudubang nêmbe kawijil | asru mèranging wardaya | wau risang Amongraga |[41] dadya gung manungku puja | anèng jro tajug tarêtib ||

33. Tan liyan ingkang sinungku | bangkita dènnya ngungkuli | wahyunira Kangjêng Sultan | nênggih nagari Mantawis | kawuwusa duk samana | wus mangsa dèn-asmarani ||

635. Asmaradana

1. Kadya pamêkaring sari | gandanya mêrbuk rum ngambar | kasilir samiranane | mangkana wahyuning janma | ingkang wus tinarbuka | kuncaranira manguntur | kaswarèng sajagad raya ||

2. Wau risang Amongragi | nurbuwahira kabuka | jinurung ing sakarsane | ginugu saujarira | saciptanira têka | ana sagung kang kinayun | mangkana kaswarèng praja ||

3. Gumyahing kanang pawarti | lidhah sinambung ing karna | ujaring wong pasarane | tumêka pangulu praja | ingkang ngrêksa agama | sarak andikaning Rasul | winênang dening sang nata ||

--- 10 : 220 ---

4. Wus tetela kang kapyarsa |[42] pangimpunira kang warta | pangulu umarêg age | atur wikan Sri Narendra | Sultan Nyakrakusuma | ing Mataram sang aprabu | mangkana ing aturira ||

5. Pukulun (n)jêng Narapati | patikbra atur uninga | kalamun ing wêktu mangke | Ardi-kidul anèng janma | ngaku santri utama | mung kalih sasabatipun | Jamal Jamil wastanira ||

6. Saking wetan dènnya prapti | sang wiku paparahira[43] | Amongraga wau Ki Sèh | inguyun-uyun pra janma | urut pasisir samya | sirna kamanungsanipun | tilar sarak (n)Jêng Mustapa ||

7. Ambuka kijab ri-ratri | ilmu sikir kang binabar | rinêngkuh kanyatan kabèh | salah-tonne sakèh janma | kaelokaning Suksma | tan ana kang singgun-singgun | ngrasa praptèng kang sunyata ||

8. Maèwu-èwu kang janmi | wus katungkul pangidhêpnya | tan mawi wirang isine | jalu kalawan wanita | lare miwah kang wrêddha | lir sato upamanipun | tan ana kang tatakrama ||

9. Lumuh ing pakaryan nagri | wus tilar kang bale-griya | tan ngrasa marang ragane | busana sakèh momohan | rinobyong gêgêdhongan | pangrasane sarwa luhung | wus dunung sunyatanira ||

10. Duk myarsa wau sang aji | maring sakèh aturira | pangulu lan ngulamane | sigra nimbali sang pata | tumênggung Wiraguna | ingkang tinuju lumaku | lan Ngabèi Wirajamba ||

11. Kalih wus sumiwèng ngarsi | aris pangandika nata | wruhanta sira karone | ingsun nampani turira | iki para ngulama | yèn mangke pasisir Kidul | ana santri saka wetan ||

12. Sèh Amongraga wêwangi | sabate mung kalih samya | karênan nguja sikire | dadya sinungsung ing janma | maèwu samya prapta | murang-tata solahipun | lali kamanungsanira ||

13. Sira karo ingsun-tuding | mulat ing kaananira | kang nèng pasisir dununge | kalamun nyata mangkana | panggiha Amongraga | karana pa kamipurun | mangrurah tataning sarak ||

14. Lamun datan angukiri | nglênggana ing dosanira | aywa tanggung sira age | rampungana ing kukumnya | linarung ing samodra | nèng bronjong ywa bisa mêtu | paripurnaning pidana ||

--- 10 : 221 ---

15. Lakunira sun-kanthèni | ngulama ing sawatara | manawa ana ujare | angrasa pamurung sarak | adunên wuwusira | lan ngulama ingkang mèlu | lakunira anèng paran ||

16. Têlas wijiling sabda ji | Ki Tumênggung Wiraguna | nêmbah sandika ature | kalilan mijil sadaya | lèngsèr saking ing ngarsa | Ki Tumênggung lan pangulu | sadaya sakanthinira ||

17. Sapraptanira ing jawi | nulya sanega ing lampah | samapta lan panêkare | mantrinira kawandasa | samya sikêp ing yuda | sadasa ngulamanipun | pinilih ngèntasi karya ||

18. Dupi wus samapta sami | Ki Tumênggung Wiraguna | anulya wau lampahe | mangidul sabalanira | datan winarnèng marga | samana dènnira rawuh | ing masjid agung rineka ||

19. Anuju suruping rawi | kapyarsa bêdhug tinatap | kadi têngara mahribe | dadya kèndêl lampahira | anèng jawi wiwara | pra ngulama ingkang laju | anglugas busananira ||

20. Mawor sakèhing kang janmi | salat anèng masjidira | sasêlingan ing lungguhe | lan sakèhe santri desa | mung ana sawatara | kang sami salat awaktu | anèng jroning masjidira ||

21. Watara mung kawandèsi | kang akèh nèng ara-ara | miwah masjid ing natare | jalu lawan wanita |[44] tan ana subasita | samya undhung ganti tanduk | lir raryya lit suka-suka ||

22. Busana datan pinikir | satêngah wuda kang kathah | sarwa gêgombal jarike | Ki Tumênggung Wiraguna | lawan pra santrinira | kalangkung pangungunipun | mulat solahe kèh janma ||

23. Kadi tan katon pra-mantri | sakèh janma (n)dulurira | tan siwah patraping sato | mangkana sabubarira | ing wanci bakda Isa | Jamal Jamil kang kadulu | pra ngulama mijil samya ||

24. Ngumpul lawan para mantri | singit tan mulad sing jaba | mamrih waspada dulune | sasolah sagung janma |[45] ingkang anèng jro sura | pandhapaning masjid agung | Jamal Jamil gya angatak ||

25. Kinèn mijilna kêndhuri | kumrubut janma lampahnya | malbèng jro masjid agunge | bali wus ngusung ambêngan | gotongan pira-pira [pi...]

--- 10 : 222 ---

[...ra-pira] | tumpêng janganan supênuh | wak-iwakan rupa-rupa ||

26. Kinêpung sagunging janmi | warata sami anadhah | jalu èstri apa dene | pikun miwah kang sih raryya | dinuman wus warata | nutug dènnira akêmbul | kadya pinasthi tèkira ||

27. Wawadhah binuwang sami | marang latar tanpa tata | anulya surut arame | Ki Tumênggung Wiraguna | miwah sakancanira | kalangkung ngunguning kalbu | umulat sasolahira ||

28. Tandya gumarubyug manjing | maring masjid uluk-salam | Jamal Jamil wangsulane | kang salam pandulunira | dahat ngunguning nala | anduga yèn ingkang rawuh | carakane Sri Narendra ||

29. Dadya lumayu umanjing | atur uninga bandara | marang Sèh Amongragane | kang anggung mupit kewala | samana ingaturan | kalamun ana priyagung | kang rawuh saka ing praja ||

30. Saksana dènnira mijil | marang surambi atata | ngancaran lênggah kabèhe | nor-raga ing patrapira | saryya tur manêmbrama | wong praja dupi andulu | wadananing Amongraga ||

31. Ing netya lir naraputi[46] | mèh tan kawawa micara | Ki Tumênggung ing driyane | èngêt lamun ta dinuta | dening (n)Jêng Sri Narendra | sanalika srênging kalbu | amêdharkên pangandika ||

32. Gya umênyat anèng ngarsi | arum manis wuwusira | hèh rêngên ta sira mangke | sabdane Sri Naranata | dhumawuh pêkênira | mangkana sang Amongluhung | andhodhok lan ngapurancang ||

33. Sarwi aturira aris | lah nêdha mugi dhawuhna | (n)Jêng Pamase ing sabdane | gya Tumênggung Wiraguna | andhawuhakên sabda | yèku andikaning prabu | salam mring sira tampa-a ||

34. Tur-nuwun Sèh Amongragi | kalingga murda kang salam | saking sabda (n)Jêng Pamase | anambung Ki Wiraguna | dhawuhakên sabda nata |[47] mangkana dhawuhing prabu | maring pakênira nyata ||

35. Andangu paraning kapti | pakênira kumawawa | mangrurah tata-sarake | miwah kurang tatapraja | datan atur uninga | anèng ngriki adudunung | ngadêgakên masjidira ||

--- 10 : 223 ---

36. Karya pêsantrèn baribin | pangeram-eraming jana | kayuyun kabèh limute | kawasesa sikirira | tan ngrasa lamun janma | winêngku dening sang prabu | ilang rurukuning desa ||

37. Sang Nata arsa udani | paran èsthining tyasira | karya gêndra nagarane | apa baya datan wikan | jumênêngira Nata | Sultan Kalipatullahu | tuhu wakiling Pangeran ||

38. Amêngku kukuming bumi | warata jajahanira | wijang-wijang ing kukume | lah ta mara umatura | kang kêna sun-piyarsa | Wiraguna wangsul lungguh | mangkana Sèh Amongraga ||

39. Satata sila nèng ngarsi | ngapurancang lênggahira | sarwi tumungkul ature | dhuh Kyai atur kawula | datan adawa-dawa | sadaya sampun kadulu | andika pirsa priyangga ||

40. Labêting kawula alit | langkung cubluk balilunya | tan wikan anggêr-anggêre | tumanduk wus dadya dosa | marang ing angga-amba | ingkang atumpuk angundhung | awrate among wong kathah ||

41. Parandene ing samangkin | Kiyai badan-kawula | amung sumarah karsane | anglampahi kukum praja | tan mingsêt ing sarema | jumurung karsa sang Prabu | tumadhah ingkang pidana ||

42. Nulya angandika malih | Ki Tumênggung Wiraguna | punapa andika mangke | wus tan lênggana parentah | dhawuhira Narendra | kang manira êmban tuhu | nindaki kukuming praja ||

43. Mongraga aturira ris | tuhu tan ana kawawa | mring Nata malang karsane | aprasasat ambalak-a | dhawuhirèng Pangeran | sintên ta ingkang sumaguh | suminggah anggêring praja ||

44. Wiraguna nolih wuri | tanggap para mantrinira | ngajokake baronjonge | samana wus praptèng ngarsa | Tumênggung Wiraguna | lah ta andika lumêbu | dhawuh kukume Narendra ||

45. Tan sêgu sang Amongragi | nulya umanjing bronjongnya | mangkana pra santri kabèh | dupi umulat mangkana | gurune pinidana | bubar sadaya lumayu | salang-tunjang padha rowang ||

--- 10 : 224 ---

46. Jamal Jamil ingkang kari | arsa wikan wêkasannya | sru sêtya maring gurune | mangkana Ki Wiraguna | wus prentah mêpêtana | beronjongira tinutup | nulya ginotong saksana ||

47. Mangidul lampahe sami | maring pasisir samudra | ing Tunjungbang tinujune | lalampah dalu duk prapta | anèng têpi samudra | ing wancine gagad bangun | kang surya tinawêng ima ||

48. Tis-tis diwangkara kingkin | tidhêm sagunging dumadya | sirêp tan ana bawane | samodra lêrêp tan molah | kang tirta anglir-gêdhah | ngantariksa angêndhanu | sirêm-sirêming Hyang Arka ||

49. Ramyang-ramyang anyênêni | kadya jumurung sungkawa | kang arsa linarung mangke | sèlèh wau bronjongira | nèng gigisik asigra | asru muwus Ki Tumênggung | lah ing mêngko wêkasannya ||

50. Pidananing Narapati | tumanduk mring pêkênira | sandhangên lêgawèng tyase | bokmanawa pêkênira | bisa munggah suwarga | saking pambantuning Prabu | amunah druhakanira ||

51. Amongraga amangsuli | dhuh Kyai sampun sandeya | sampun kadhadha ing mangke | kathahing dosa-manira | anandhang kang pidana | kawêngku adiling ratu | dadya kamulyaning Suksma ||

52. Tan antara andhatêngi | robing alun sing samudra | kadya prabata inggile | manaut ing gisikira | bronjong katarik sigra | manêngah samudra silum | wus musna tan kawistara ||

53. Langkung gawok kang ningali | Ki Tumênggung Wiraguna | dadya ririh pangucape | lah sun-sêngguh iku baya | wus uliya sanyata | de lêgawa nandhang kukum | lir Pangran Panggung ing kuna ||

54. Lêgawa alêbu gêni | nanging tan bisa tumama | rahayu jro pawaka-ne | sinambi angarang sêt |[48] Suluk Malang-sumirang | dene Mongraga puniku | mina katubing samudra ||

--- 10 : 225 ---

55. Tan antara kapiyarsi | uluk salam ngantariksa | dhuh salam-malaekume | Ki Tumênggung Wiraguna | gugup mangsuli sigra | wasalamu alaekum | mangkana ujaring swara ||

56. Dhuh Wiraguna Kiyai | aturna bêkti-kawula | maring (n)Jêng Sultan ing mangke | karsane Nata sadaya | wus sami kalaksanan | kasambadan karsaningsun | waluwa[49] saking ing dunya ||

57. Eram sagung kang miyarsi | èsmu atis ing wardaya | dadya wangsul age-age | katungka ing tibanira | bronjong kothong binuwang | maring kisma dening alun | tuhu wus gambuhing janma ||

636. Gambuh

1. Mangkana kang cinatur | Jamal Jamil dènnira tutpungkur | sisingitan lampahira praptèng gisik | wikan sakèh kang tinutur | dupi mêsat ingkang bronjong ||

2. Kumêlap manahipun | ingkang bronjong mangidul ngalangut | nèng têlênging samudra datan kaèksi | gidhuh ing tyas tanpa sêgu | wong ro anggung dhêlog-dhêlog ||

3. Dupi caraka mungkur | pagisikan asêpi asamun | mung swaraning tirta samudra kumrisik | miwah ngin-angin krumusuk[50] | tan ana sabawaning wong ||

4. Jamal Jamil ing kalbu | jrih wangsula mring masjiding dangu | ciptanira arsa sung wikan Ki Bayi | Panurta lan garwanipun | Ni Tambangraras sang sinom ||

5. Sigra dènnya lumaku | nasak wana mangaler wus laju | sisiliban anut palunguran ardi | datan anurut marga gung | wus anjog desa Badhoyo ||

--- 10 : 226 ---

6. Mangetan lampahipun | anaratas Kidang-layang gunung | tanpa lèrèh ing siyang ratri lumaris | datan kawarna ing ngênu | Wanamarta krajan anjog ||

7. Sapasar lampahipun | dupi panggih (n)Jêng Kiyainipun | Kyai Bayi Panurta anuju linggih | kalawan rubiyahipun | anèng paningrat amanggon ||

8. Ing wanci bakda Luhur | praptanira Jamal Jamil gupuh | santri Luci ingkang angirit mring wuri | kagyat (n)Jêng Kiyai (n)dangu | sumêdhot raosing batos ||

9. Jamal Jamil agupuh | asadhêpêg lênggahirèng ngayun | parêmbèyan umatur pan sarwi tangis | magêp-magêp wuwusipun | tan cêtha tansah (ng)galolo ||

10. Ki Bayi aris muwus | lah sarèhna kariyin ywa tutur | tan tetela mundhak angrêrantan ati | nangisa dèn-kongsi tutug | tutura dipun-cumêplong ||

11. Ki Bayi sigra nuduh | animbali para kadangipun | putra jalu kalawan ingkang pawèstri | sadaya wus prapta gupuh | nèng ngarsa sarwi cumadhong ||

12. (n)Jêng Kyai ngandika rum | lah ta kabèh rêngênta ing tutur | lamun iki Jamal Jamil lagya prapti | dènnira nis atut pungkur | marang Ki Sèh angaloyong ||

13. Durung kongsi atutur | ing pawarta sadaya maring-sun | de-kasaru tangisira andarwili | tan cêtha ing wuwusipun | sun-atag dimèn akatog ||

14. Ing mêngko baya uwus | tangisira tutura sirèku | Jamal Jamil anêmbah anuli angling | dhuh Ki Bayi amba matur | kawula umiring manggon ||

15. Nèng Mataram jinujug | Ardi-kidul ing Sêmanu dhusun | putrandika dadya panguyuning janmi | angadêgên masjid agung | gangsal plênèng dènnya mandhok ||

16. Anulya tampi bêndu | ing (n)Jêng Gusti anduta tinuduh | anyêpênga putrandika wus lumirig | winot baronjong linarung | nèng Tunjungbang samudra rob ||

--- 10 : 227 ---

17. Wus sirna anèng ranu | putrandika tan wangsul kadulu | wangsulira kang duta maring nagari | kawula kalih alaju | mariki arsa tur wartos ||

18. Samana kang rumungu | ing pawartos wau sirnanipun | Seh Mongraga linarung têlênging tasik | sadaya mawêtu êluh | Tambangraras andarodos ||

19. Sadaya tanpa muwus | lêg ing[51] driya rinasa kadaut | sru sungkawa ing nala anggung matistis | lir sinambêr gêlap luput | tinêbak tuna dening mong ||

20. Antara dangunipun | Kyai Bayi nulya ngandika rum | lah ta uwis datan kadawa pinikir | ing wuri bae rinêmbug | sumarah karsaning Manon ||

21. Mungguh ing titah tuhu | datan bisa suminggah ing tamtu | papasthèning Hyang ingkang kinanthèkna nguni |[52] tinulis ing Lohkil-makpul | mung sadarma solahing wong ||

22. Pra kadang miwah sunu | tan ana ngling sadaya tumungkul | datan bisa ing wuwus yèn angluwihi | nanging sru wêlasing kalbu | maring putra kadang wadon ||

23. Kadaut rasanipun | têpa-têpa rasanirèng kalbu | mungguh èstri ingkang nêdhênge papasih | lan lakine dadya guru | kang wus sinêtyaning batos ||

24. Ing mêngko dadak pugud | kang sinêtyan tan ana kadulu | dadya wau sagung ingkang amiyarsi | mung Nikèn paraning kalbu | sru wêlas rasaning batos ||

25. Lir murcatma satuhu | Tambangraras tan kêna amuwus | pêt kasaput kapêtêking nala atis | anggêblag dènnira lungguh | tan èngêt maring kang katon ||

26. Sakala dadya kantu | Ni Malarsih ingkang cakêt lungguh | langkung gugup sadaya gita nyakêti | sinotyan wadananipun | dangu datan bisa anon ||

--- 10 : 228 ---

27. Pinêtik karnanipun | ingkang kering dening ingkang ibu | dangu-dangu èngêt nulya angalilir | aririh ngucap tangawut | angudubilah saeton ||

28. Wus kinèn ngunjuk ranu | radi lêrêm ing panggalihipun | gya ingatêr kondur ring rama ring panti | mangetan ing wismanipun | para tuwa gung ngaroyom ||

29. Ni Daya Sumbaling ku | kang wawarah sakèhing pangrapu | winursita Kae Bayi lan pra ari | miwah kalih ingkang sunu | kang anggung mangun wiraos ||

30. Mring putranira wadu | dènnya mamrih utamaning laku | para ari tansah anglipur panggalih | dhuh Kiyai kang saèstu | mênggah ingkang putra wadon ||

31. Tan ceda warnanipun | lan utama ngalim maring ngèlmu | datan kurang ing wuri kang angajêngi | anganti lêrêming kalbu | putrandika kang sayêktos ||

32. Jamal Jamil sumambung | dhuh Kiyai kalilana ulun | arsa pamit wangsul maring Karang nagri | ing ngriki datan sakantuk[53] | sanès asal-amba yêktos ||

33. Kiyai ngandika rum | lamun kêna rika ywa kasusu | mentar saking Wanamarta dipun aring | nging Jamal Jamil andarung | kumêdah anuli bodhol ||

34. Ki Bayi dadya asung | sarananing lampah mangka sangu | kalihdasa sêmat kang salaka putih | wus tinampan kalihipun | gya pamit anuli bodhol ||

35. Datan kawarnèng ngênu | Jamal Jamil mangkya lampahipun | Wanamarta ingkang gung nahên rudatin | nahên ta ingkang winuwus | ingkang amucung lalakon ||

637. Pucung

1. Kang cinatur carakanira sang Prabu | ing nagri Mataram | pinrih mariksa ngukumi | solahira kang aran Sèh Amongraga ||

--- 10 : 229 ---

2. Ardi-kidul kukuwu desa Sêmanu | dadya pangulunan | sakèh wong urut pasisir | mulang-sarak ilang pranataning janma ||

3. Ki Tumênggung Wiraguna kang tinuduh | lawan Wirajamba | mangka kondhanging tinuding | sapanêkar mantrinira kawandasa ||

4. Kanthinipun ngulama sadasa sampun | prapta ing dunungnya | Amongraga lan pra santri | nèng Sêmanu masjide gung Kanigara ||

5. Wus kapikut Amongraga dadya anut | binronjong saksana | binêkta marang ing gisik | nèng Tunjungbang linarung marang samodra ||

6. Wus sinaut ing alun sagara kidul | sirna nèng samodra | kari bronjong nulya bali | tibèng gisik undure sagunging duta ||

7. Lampahipun samarga-marga cinatur | pangunguning driya | sirnane Sèh Amongragi | nèng sagara nyabawa datanpa rupa ||

8. Baya iku tetela wus mulya tuhu | manjing waliolah | sarira Suksma tan kèksi | wus tinêkan gagayuhaning ngulama ||

9. Para kaum ngulama kang samyandulu | kaanan mangkana | ketang lamlaming kang ati | mung Tumênggung Wiraguna tanpa ngrasa ||

10. Sigra laju lampahira tan cinatur | praptaning Mataram | marêngi suruping rawi | samya mulih sadaya asosowangan ||

11. Enjingipun wangsul angumpul sadarum | anèng pagêlaran | marêngi Nata tinangkil | tinimbalan sadaya mring ngarsa Nata ||

12. Praptèng ngayun sang Nata nulya andangu | paripurnanira | dènnira samya tinuding | Ki Tumênggung Wiraguna awot-sêkar ||

13. Dadya matur sasolahira tinuduh | wiwitan wêkasan | sadaya katur sang Aji | langkung ngungun sadaya ingkang miyarsa ||

14. Mung sang Prabu ingkang mèsêm jroning kalbu | aris andikanya | marang kang samya sumiwi | wruhanira yèn ingsun tan ngukumana ||

--- 10 : 230 ---

15. Kang kadyèku awit ana aturipun | gugating ngulama | ngrasa cinamah ing janmi | murang sarak agama ingkang minulya ||

16. Jatinipun Amongraga kang satuhu | marma nèng Mataram | ngubalakên ngèlmu sikir | mèt dhadhakan sampurnaning raganira ||

17. Amung ratu kang wênang nampurna iku | tutuging kasêdya[54] | ingsun amung anuruti | pamintane kang wus dadi lakunira ||

18. Iya iku laku kang manggon satuhu | wêkasaning janma | ingkang wus (ng)gayuh utami | nora dosa dudu kukuming nagara ||

19. Marmanipun Amongraga duking dangu | sasirnaning raga | kabuncang sajroning warih | angalela sarira-Sukma nyabawa ||

20. Darbe atur marang panjênênganingsun | ngaturakên salam | tanapi narima yêkti | de sanyata kasêmbadaning parasdya ||

21. Kang rumungu dhawuhira sang Aprabu | wimbuh sukarêna | pangungunira tan sipi | wus kalilan undure para caraka ||

22. Tan adangu jêngkarira sang Aprabu | kang niwa bubaran | gung alit samya umulih | sowang-sowang maring wismane priyangga ||

23. Tan winuwus malih nagri ing Matarum | jênêngira Nata | (n)Jêng Sultan Nyakramartani | tata têntrêm kanthi sêmbadaning karsa ||

TAMAT JILID X

NYANDHAK JILID XI

 


Kurang satu suku kata: apan dadya gêgèyonganing agêsang. (kembali)
§ Prayoginipun | nata |. (kembali)
Lebih satu suku kata: 8i. (kembali)
§ Kirang sawanda, prayoginipun | warananing |. (kembali)
§ Prayoginipun | wong wus |. (kembali)
Lebih satu suku kata: 7a. (kembali)
Lebih satu suku kata: Basa truna artinira. (kembali)
ngranggoni. (kembali)
talatèn. (kembali)
10 saêngokan. (kembali)
11 ywambêg. (kembali)
12 § Prayoginipun | aywa |. (kembali)
13 § = As-Sajdah. (kembali)
14 § = Al-Kautsar. (kembali)
15 § Dipun dongani Qunut. (kembali)
16 babêthaka. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: 8u. (kembali)
18 Panurtèku. (kembali)
19 Langkung. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: katur ing bêndaranèki. (kembali)
21 § Prayoginipun | tekad |. (kembali)
22 Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
23 Kurang dua suku kata: 12u. (kembali)
24 § Kakathahên sawanda, prayoginipun | kerat |. [Biasanya guru lagu o: donyo]. (kembali)
25 bêcik. (kembali)
26 § Prayoginipun | (m)basêngut |. (kembali)
27 sihingong. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: Luwih gêdhe labuhanira ing dangu. (kembali)
29 § Prayoginipun | lumaris |. (kembali)
30 § Prayoginipun | wawi |. (kembali)
31 Kurang dua suku kata: nis pracayèng marang sudarmi. (kembali)
32 § Prayoginipun | nuli |. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: 11i. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: minta basukining samya. (kembali)
35 § Prayoginipun | ingiring ing |. (kembali)
36 Basarodin. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: kampir amrih atatanya. (kembali)
38 § Prayoginipun | Ekawêrdi |. (kembali)
39 sumendhe. (kembali)
40 § Prayoginipun | amung |. (kembali)
41 Biasanya guru lagu i: Amongragi. (kembali)
42 Biasanya guru lagu i: kapyarsi. (kembali)
43 paparabira. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: jalu kalawan wanita. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: sasolahe sagung janma. (kembali)
46 manaputi. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: dhawuhkên sabda nata. (kembali)
48 § Prayoginipun | sêrat |. (kembali)
49 § Prayoginipun | wal-uwal |. (kembali)
50 § Prayoginipun | kumrusuk |. (kembali)
51 lêging. (kembali)
52 § Kakathahên sawanda, prayoginipun | kang |. (kembali)
53 pakantuk. (kembali)
54 § Prayoginipun | tutuging kang sêdya |. (kembali)