Almanak, Van Dorp, 1868, #978

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

JAVAANSCHE ALMANAK voor 1868

[Vijftiende Jaargang], ONDER REDACTIE VAN A. B. COHEN STUART, ambtenaar voor de Javaansche taal en letterkunde te BATAVIA uitgegeven door G. C. T. VAN DORP te Samarang.

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 15, Kangge ing taun Wêlandi 1868, Ingkang ngarang Tuwan A. B. Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi,

Ingkang ngêcap Tuwan G. C. T Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 96 ---

Pangeran Arya Natapraja [Ngayogya] Wêlandi 12/1 55. Jawi 23/4 5 83.

Pangeran Arya Natadiningrat [Ngayogya].[1]

Radèn Tumênggung Martadiningrat [Ngayogya, sampun seda]

Pangeran Arya Purbaya [Ngayogya], Pangeran Arya Surya Mataram [Ngayogya] Wêlandi 29/11 65. Jawi 11/7 8 94.

Pangeran Arya Ngabèi [Sala]. Wêlandi 3/7 66. Jawi 19/2 1 95.

Kaptin.

[Pangeran Suryèngjurit Ngayogya. Wêlandi 21/10 64. Jawi 20/5 7 93]

Pangeran Adikusuma, Ajidan dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya. Wêlandi 29/11 65. Jawi 11/7 8 94.

Pangeran Arya Mataram [Sala] Wêlandi 3/7 66. Jawi 19/2 1 95.

Ritmistêr.

Pangeran Arya Cakranagara [Sala?]. Wêlandi 19/2 65. Jawi 23/9 7 93.

[Twidhê litnan]

[Radèn Tumênggung Arjawinata, Ngayogya. Wêlandi 22/5 63. Jawi 4/12 5 91]

--- 97 ---

Bab sasêbutanipun para agêng Jawi ingkang kirang kantênan lêrêsipun ingkang ngagêm utawi botên.

Ingkang kirang kantênan punika sasêbutan tigang prakawis, 1. kangjêng, 2. arya, 3. gusti.

Manawi nagari ing Surakarta: sasumêrêp kula sampun limrah sintên ingkang nama pangeran, inggih kenging kasêbut kangjêng pangeran arya anu, manawi pangeran panji pangeran tumênggung sapanunggilanipun, awis ingkang mawi nama arya, ewadene wênangipun inggih wênang kasêbut kangjêng pangeran panji arya anu, kangjêng pangeran tumênggung arya anu. Dene ingkang nama gusti, 1. para putraning nata patutan saking garwa padmi, kakung èstri, kala timuripun anama radèn mas gusti anu, utawi gusti radèn mas anu, gusti radèn ayu anu, sarêng diwasa: anama kangjêng gusti pangeran arya anu, para putri sarêng krama kaangkat nama gusti kangjêng ratu anu; 2. para pangeran adipati para panêmbahan anama kangjêng gusti pangeran adipati arya anu, kangjêng gusti panêmbahan arya anu, dene putra dalêm saking wingking kala timuripun anama bêndara radèn mas anu, bêndara radèn ajêng anu, yèn diwasa: kangjêng pangeran arya anu, bêndara radèn ayu anu, botên mawi sasêbutan gusti, dalasan para ratu garwa dalêm yèn dede putra nata saking ngajêng: botên kasêbut gusti, namung kangjêng ratu anu kemawon.

--- 98 ---

Wondene nagari ing Ngayogyakarta asring sulaya pratelanipun, dene anggèn kula mratelakakên ing Sêrat Pananggalan punika: ingkang kadamêl waton ing ngajêng: inggih pratelanipun tuwan jurubasa sêpuh ing Ngayogya, tur amèh sami kados ing Sala, wasana asring wontên ingkang mêmaoni, dipun wastani sulaya kalayan adat Ngayogya ingkang sampun kalampahan. Kados ta wontên ingkang pratela: nama kangjêng punika pancèn dados awisan dalêm Ingkang Sinuhun. Sanajan para ratu para pangeran dipati: salêrêsipun botên sênêng kasêbut kangjêng, satêngah amastani manawi putra dalêm kakung ingkang pambajêng patutan saking garwa padmi: punapa dene para ratu inggih ugi kasêbut kangjêng. Mênggah nama gusti wontên ing cariyos, salêrêsipun namung putra dalêm kakung putri ingkang saking ngajêng: sanajan pangeran dipati utawi panêmbahan, yèn dede putra dalêm saking ngajêng: botên nama gusti, anjawi wontên sih dalêm. Dene para putri sarêng krama: ambucal nama gusti, namung anama ratu anu kemawon. Wontên ingkang cariyos, para putri punika sanajan sampun krama: taksih têtêp nama gusti ratu anu, malah putra dalêm saking wingking ingkang pambajêng tumut nama gusti. Wondene nama arya punika wontên ingkang ngamungakên para pangeran putra saking wingking, minăngka lirunipun nama gusti, manawi pangeran santana utawi angkatan, namung nama pangeran kemawon. Satêngah pratela kados ing Surakarta wau, anggêr pangeran inggih kasêbut arya.

Ingkang punika saèstu andadosakên ribêdipun ing manah kula, samăngsa kula [ku...]

--- 99 ---

[...la] têrangakên dhatêng tiyang sanès malih, inggih sanès-sanès pratelanipun. Botên wontên ingkang cècèg saking kêkalih, mila kula ajrih ngewahana yèn ta dèrèng angsal kayêktosan ingkang têrang bab lêrês saha kalihan lêpatipun. Dene ingkang dados atur panyuwun kula dhumatêng para priyantun utawi para sagêd, manawi saèstu wontên ingkang lêpat: ingkang mugi kaparingana pitêdah kawrata wontên ing sêrat Jurumartani kemawon. Sagêda dados parêbatanipun sintên ingkang botên angrujuki, bokmanawi ing wingking kapanggih lêrêsipun. Dene wontên bêbasan: timbuling kayêktosan punika awit saking tiyang abên rêmbag.

--- 100 ---

Bab Kadhaton Ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, Kumêndhir Bintang Nèdêrlansê leyo, Jendral Mayur ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nèdêrlan. Putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6: patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je, ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Welandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7 lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kala ing dintên Sênèn Pon kaping 4 Sawal Jimakir 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je, ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên sampeyan dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun Jimakir 1794 kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb utawi kaping 4 Dhesèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn Ajêng Kustiyah, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2, ing Surakarta, patutan [patu...]

--- 101 ---

[...tan] saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhesèmbêr 1865 kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing taun kapêngkêr punika para agêng ing kadhaton Surakarta miwah ing Kamangkunagaran sami wilujêng sadaya, dene ingkang jumênêng pangeran enggal namung satunggal. Bêndara Radèn Mas Rahmat putra dalêm Ingkang Sinuhun ingkang jumênêng sapunika, kajunjung nama Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, kala ing dintên Kêmis Lêgi kaping 19 wulan Sura taun Ehe, ăngka 1796, utawi kaping 23 wulan Mèi taun Wêlandi 1867.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta. [Su...]

--- 102 ---

[...rakarta.]

2). Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika. Jawi 23/7 8 94. Wêlandi 11/12 65.

1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma. 2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat wontên ing pulo Têrnate. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing nagari Mênadho.

--- 103 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6. 1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta. 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 3. Kangjêng Pangeran Arya Surya Atmaja, Litnan Kolnèl Phanstaph Ajidanipun Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana Guphêrnur Jendral. Jawi 8/4 1 87 Wêlandi 15/11 58.

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5) Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8. 1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta. 2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta.

--- 104 ---

3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping VI ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Angabèi, Mayur Phanstaph Ajidanipun Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana Guphêrnur Jendral. Jawi 3/12 5 91. Wêlandi 21/5 63.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram, kaptin Phansêtaph Jawi 29/10 7 93. Wêlandi 27/3 65.

3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. Jawi 25/4 1 95. Wêlandi 6/9 66.

4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. 19/1 2 96. Wêlandi 23/5 67.

5. Bêndara Radèn Mas Gusti Sayidin Malikulkusna, ibu Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Lêgi. Jawi 21/7 1 95 Wêlandi 29/11 66.

--- 105 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

--- 106 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolnèl Kumêndhan Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja. Jawi 23/3 6 92. Wêlandi 7/9 63.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kaping 2, wontên nagari Mênadho.

2. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma. Jawi 8/4 1 87. Wêlandi 15/11 58.

--- 107 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom. Jawi 8/4 1 87. Wêlandi 15/11 58.

1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. Jawi 29/10 7 93. Wêlandi 27/3 65.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2. krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat

--- 108 ---

mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat. Jawi 8/4 1 87. Wêlandi 15/11 58.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kaping 2. Jawi 10/7 6 92. Wêlandi 21/12 63.

4). Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. Jawi 12/11 1 87. Wêlandi 12/6 59.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Juru Martani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3. putranipun [pu...]

--- 109 ---

[...tranipun]

swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2. Jawi 8/4 1 87. Wêlandi 15/11 58. Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2.

Putranipun Radèn Mas Kolnèl Arya Adiwinata. Jawi 21/7 2 88. Wêlandi 13/2 60.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran, ingkang ngabdi ing Kasunanan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, Litnan Kolnèl Phanstaph, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng sapunika. Jawi 7/8 8 94. Wêlandi 25/12 65.

2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. Jawi 8/4 1 87. Wêlandi 15/11 58.

3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya

--- 110 ---

Suryaamijaya kapisan, ingkang putra swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. Jawi 29/3 7 93. Wêlandi 1/9 64.

--- 111 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Kamangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4 ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng piyambak. Ridêr Nèdêrlansê leyo, Kolonèl Ajidan dalêm mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan saha Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak. Kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adiwijaya ingkang kapisan patutan saking ingkang garwa putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2, wiyosanipun kala ing dintên Akhad Lêgi kaping 8 Saphar, Khurup Arbangiyah, taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811. Sarêng diwasa kala ing taun Dal 1759, taun Wêlandi 1831, krama angsal putranipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawanwêlas. Ingkang wuragil miyos, putri seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing taun Jimakir 1778, taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Găndakusuma, pangangkatipun dados pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb Jimakir 1778, utawi kaping 19 Mèi

--- 112 ---

1850. Sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul satunggal, lajêng kagêntosan Pangeran Arya Găndakusuma wau, nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853, tumuntên taksih tunggil sataun punika krama malih angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3, pambajêng saking garwa padmi, wondening kala katêtêpakên nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, sarta kawisudha dados Kolnèl Kumêndhan ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun Kangjêng Guphêrmen.

Wondene para pangeran santana ing Kamangkunagaran ing ngandhap punika pratelanipun.

1). Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran [Pange...]

--- 113 ---

[...ran] Adipati ingkang kaping 2.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat. Mayur Phanstaph ingkang raka Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

2). Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolnèl Titêlèr.

2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Honêrèr.

3). Putranipun Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sampun kasêbut ing nginggil, tumut ing Kasunanan.

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, Mayur Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran.

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya. Ingkang titiga ngajêng punika sami tunggil ibu swargi Radèn Ayu Găndakusuma. Jawi 25/10 6 92. Wêlandi 3/4 64.

--- 114 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, ibu Radèn Ayu Mangkunagara, kala rumiyin nama Pangeran Arya Prabu Sudibya. Jawi 25/10 6 92. Wêlandi 3/4 64.

Nalika kaangkat nama Pangeran Arya Prabu Prangwadana. Jawi 1 95 Wêlandi 66

5. Radèn Mas Suprapta, ibu Radèn Ayu Mangkunagara, wiyosanipun kala ing dintên Saptu Wage. Jawi 3/6 1 95. Wêlandi 12/10 66.

--- 115 ---

Bab kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng nata ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatullah ingkang kaping 6, Jendral Mayur Kumêndhir Bintang Nèdêrlansê leyo. Putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Sedapasiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah, khurup Kamsiyah taun Ehe ăngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasurudipun ingkang rama Kangjêng Sultan ingkang kaping 4 wau kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ăngka 1750 utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, sawêg yuswa tigang taun. Sarêng surud dalêm Kangjêng Sultan ingkang kaping 5 kala ing malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Dal ăngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juni taun Wêlandi 1855, wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra kakung, ananging garwa dalêm Kangjêng Ratu Kadhaton putranipun Kangjêng Pangeran Ar-

 


§ [Wartosipun Pangeran Natadiningrat punika anggènipun dados mayur ngrumiyini Pangeran Arya Natapraja]. (kembali)