Almanak, Van Dorp, 1871, #1582

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

JAVAANSCHE ALMANAK

VOOR 1871 [Achttiende Jaargang] ONDER REDACTIE VAN A.B. COHEN STUART ambtenaar voor de Javaansche taal en letterkunde te BATAVIA. uitgegeven door G.C.T. Van Dorp & Co te Samarang

Sêrat Pananggalan Ingkang kaping 18 kangge ing taun Walandi 1871 Ingkang ngarang Tuwan A.B. Kohènsêtiwar Priyantun Amarsudi Kasusastran Jawi ing nagari Batawi. Ingkang ngêcap Tuwan G.C.T. Phan Dhorop en co ing nagari Sêmawis

--- 106 ---

[...][1]

--- 107 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, kumêndhir bintang Nidêrlansê Leyo, jendral mayur ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nidêrlan. Putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7 lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kala ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 Sawal, Jimakir, 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên Sampeyan Dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun Jimakir 1794, kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb utawi kaping 4 Dhisèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn Ajêng

--- 108 ---

Kustiyah, putranipun swargi Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhisèmbêr 1865, kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.[2]

Ing taun wingking punika para agêng ing kadhaton Surakarta sami sugêng sadaya, botên wontên ingkang jumênêng enggal.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta, 1. Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6,

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas. Putranipun swargi Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2. Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, namung satunggil. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Pangeran Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8, ... Jawi 23/7 8 94, Wlandi 11/12 65.

--- 109 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya

1. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

1.Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Pangeran Panji Priyambada.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

1. Pangeran Arya Săntakusuma. 2. Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing nagari Mênadho. 3. Pangeran Arya Suryakusuma.

3. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.

1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Pangeran Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta.

2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

3. Pangeran Arya Suryaatmaja, litnan kolnèl phanstaph, ajidanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphêrnur jendral. Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58,

4. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

--- 110 ---

5. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta.

2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Pangeran Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta.

3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6. Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika,

1. Pangeran Ngabèi, mayur phanstaph, Jawi 3/12 5 91, Wlandi21/5 63,

2. Pangeran Arya Mataram, kaptin phanstaph, ... Jawi 29/10 7 93, Wlandi 27/3 65,

3. Pangeran Arya Natakusuma, ... Jawi 25/4 1 95, Wlandi 6/9 66

4. Pangeran Arya Adikusuma, ... Jawi 19/1 2 96, Wlandi 23/5 67

5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sudibya rajaputra narendra Mataram. Kala rumiyin nama Bêndara Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, ibu Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Lêgi, Jawi 21/7 1 95, Wlandi 29/11 66

Kala jinunjung nama Pangeran Adipati Anom ing dintên Sênèn Lêgi, Jawi 27/6 4 98, Wlandi 4/10 69.

--- 111 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan

1. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, Pangeran Kusumadilaga, litnan kolnèl phanstaph.

Putranipun swargi Pangeran Arya Panular kapisan, Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Pangeran Arya Dipanagara, Pangeran Dipawinata.

2. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4,

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Kusumayuda,

1. Pangeran Kusumayuda. 2. Pangeran Purbanagara, kolnèl kumêndhan prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Pambayun. Patutan saking swargi Pangeran Mangkubumi kaping 2, Pangeran Riyaatmaja. Jawi 12/1 1 87, Wlandi 13/6 59,

Putranipun swargi Pangeran Arya Natapura kapisan, Pangeran Natapura kaping 2.

--- 112 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan, Pangeran Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Pangeran Arya Jayakusuma kapisan, Pangeran Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Pangeran Arya Widura, Pangeran Mandurarêja, Jawi 23/3 6 92, Wlandi 7/9 63,

Putranipun swargi Pangeran Răngga Danupaya kapisan,

1. Pangeran Răngga Danupaya kaping 2, wontên nagari Mênadho.

2. Pangeran Danukusuma, Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58

Putranipun swargi Pangeran Panji Anom, Pangeran Dipakusuma, ... Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58

3. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5,

Putranipun swargi Pangeran Arya Suryabrata kapisan, Pangeran Suryabrata kaping 2, ... Jawi 29/10 7 93, Wlandi 27/3 65.

--- 113 ---

Putranipun swargi Pangeran Arya Natabrata kapisan, Pangeran Natabrata kaping 2, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

Putranipun swargi Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, Pangeran Kusumabrata kaping 2, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.

Putranipun swargi Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, Pangeran Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Pangeran Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Pangeran Cakranagara, Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58

2. Pangeran Adiningrat, ... Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58

Putranipun Radèn Ayu Adiwinata, Pangeran Adinagara kaping 2, ... Jawi 21/7 2 88, Wlandi 13/2 60.

--- 114 ---

Putranipun swargi Pangeran Panji Suryadipura kapisan, Pangeran Panji Suryadipura kaping 2, Jawi 10/7 6 92, Wlandi 21/12 63

4. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8,

Putranipun Kangjêng Ratu Bêndara, patutan saking swargi Pangeran Adiwijaya kaping 2, Pangeran Adisurya,…Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58

5. Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Pangeran Riyaatmaja, sampun kasêbut ing ngajêng

2. Pangeran Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Pangeran Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Pangeran Arya Pamot, inggih Panêmbahan Jurumartani.

Pangeran Pamot kaping 3, putranipun swargi Pangeran Pamot kaping 2, ... Jawi 8/4 1 87, Wlandi 15/11 58.

--- 115 ---

Wayahipun swargi Pangeran Arya Adinagara kapisan, 1. Pangeran Adinagara kaping 2, sampun kasêbut ing ngajêng.

6. Pangeran ing Mangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

1. Pangeran Adiwijaya kaping 3, litnan kolnèl phanstaph, putranipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sapunika, Jawi 7/8 8 94, Wlandi 25/12 65

2. Pangeran Suryaamijaya kaping 2, putranipun swargi Pangeran Suryaamijaya kapisan. Ingkang putra swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, Jawi 29/5 7 93, Wlandi 1/9 64.

--- 116 ---

Ing Ngandhap Punika Kawontênanipun ing Mangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4, ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, rider Nèdêrlansê Leyo, kolnèl ajidan dalêm mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan. Saha kumêndhan lisiyunipun piyambak. Kala rumiyin nama Pangeran Găndakusuma, putranipun swargi Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kapisan, patutan saking ingkang garwa putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati ingkang kaping 2. Wiyosanipun kala ing dintên Akad Lêgi kaping 8 Sapar kurup Arbangiyah taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811. Sarêng diwasa kala ing taun Dal 1759 taun Wêlandi 1831, krama angsal putranipun Pangeran Arya Surya Mataram, panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawan wêlas. Ingkang wuragil miyos putri, seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing taun Jimakir 1778, taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Găndakusuma, pangangkatipun dados pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb, Jimakir 1778, utawi kaping 19 Mèi 1850. Sasedanipun [Sasedanipu...]

--- 117 ---

[...n] ingkang raka nak sanak Kangjêng Pangeran Adipati ingkang kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul satunggal. Lajêng kagêntosan Pangeran Găndakusuma wau, nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853. Tumuntên taksih tunggil sataun punika krama malih angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3, pambajêng saking garwa padmi, wondening kala katêtêpakên nama Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4 sarta kawisudha dados kolnèl kumêndhan ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun kangjêng guphêrmèn.

--- 118 ---

Ingkang jumênêng pangeran enggal ing taun punika sakawan, sami putranipun Kangjêng Gusti ingkang sapunika sadaya, tunggal ibu swargi Radèn Ayu Găndakusuma, dene namanipun satunggal-satunggal kados ing ngandhap punika:

1. Pangeran Găndawijaya, ingkang wau nama Radèn Mas Arya Găndawijaya.

2. Pangeran Găndasiswara, ingkang wau nama Radèn Mas Arya Găndasiswara.

3. Pangeran Găndaatmaja, ingkang wau nama Radèn Mas Arya Găndaatmaja.

4. Pangeran Găndasubrata, ingkang wau nama Radèn Mas Arya Găndamana.

Dene gènipun jumênêng pangeran sadaya punika inggih tunggal dintên, Sênèn Lêgi tanggal kaping 25 wulan Bêsar taun Je 1798, utawi kaping 28 Marêt 1870.

Wondene para pangeran santana ing Mangkunagaran, ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Putranipun swargi Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti ingkang kaping 2.

Pangeran Kusumadiningrat, mayur phanstaph, ingkang raka Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

2. Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3,

1. Pangeran Suryadiningrat, litnan kolnèl titêlèr.

2. Pangeran Surya Mataram, ritmistêr honorèr.

--- 119 ---

3. Putranipun Kangjêng Gusti ingkang sapunika, patutan saking swargi Radèn Ayu Găndakusuma

1. Pangeran Adiwijaya, sampun kasêbut ing nginggil, tumut ing Kasunanan.

2. Pangeran Găndasuputra, mayur inphantri lisiyun Mangkunagaran.

3. Pangeran Găndasiwaya, mayur ondêr intêndhan, Jawi 25/10 6 92, Wlandi 3/4 64.

4. Pangeran Găndawijaya, mayur kaphalêri lisiyun, Jawi 25/12 4 98, Wlandi 28/3 70.

5. Pangeran Găndasiswara, kaptin inphantri lisiyun, Jawi 25/12 4 98, Wlandi 28/3 70.

6. Pangeran Găndaatmaja, ritmistêr lisiyun, Jawi 25/12 4 98, Wlandi 28/3 70.

7. Pangeran Găndasubrata, ritmistêr lisiyun, Jawi 25/12 4 98, Wlandi 28/3 70.

Dene ingkang patutan saking Radèn Ayu Mangkunagara,

Pangeran Arya Prabu Prangwadana, …Jawi 22/3 4 98, Wlandi 2/7 69.

--- 120 ---

Sêtaph

Kumêndhan, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kolnèl, Jawi 25/12 7 85, Wlandi 16/8 57.

Ajidan, Pangeran Suryadiningrat, litnan kolnèl titêlèr, Jawi 9/11 5 91, Wlandi 27/4 63.

Kwartir mistêr, Radèn Panji Ranukusuma, irstê litnan, Jawi 27/3 3 89, Wlandi 10/3 61.

Inphantri

Mayur, Pangeran Găndasuputra, ... Jawi 9/11 5 91, Wlandi 27/4 63.

Ajidan, Radèn Mas Panji Natamijaya, irstê litnan, Jawi 10/12 4 98, Wlandi 13/3 70.

Kaptin, Radèn Mas Panji Suryasubrata, ... Jawi 16/2 6 84, Wlandi 28/10 55.

Radèn Mas Arya Suryaputra, ... Jawi 21/2 2 88, Wlandi 19/9 59.

Radèn Mas Arya Suryaudaya, Jawi 6/12 5 91, Wlandi 24/5 63.

Radèn Mas Arya Suryaudara, ... Jawi 3/6 6 92, Wlandi 15/11 63.

Pangeran Găndasiswara, Jawi 18/11 1 95, Wlandi 24/3 67.

Radèn Mas Panji Endrawinata, Jawi 10/12 4 98, Wlandi 13/3 70.

--- 121 ---

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Mangunkusuma, Jawi 29/5 7 93, Wlandi 30/10 64.

Radèn Mas Arya Suryakumara, Jawi 14/4 1 95, Wlandi 26/8 66.

Radèn Mas Arya Suryaasmara, Jawi 9/7 1 95, Wlandi 17/11 66.

Radèn Panji Puspadiwirya, Jawi 18/11 1 95, Wlandi 24/3 67.

Radèn Mas Arya Suryaatmaka, Jawi 5/11 4 98, Wlandi 6/2 70.

Mas Panji Jayaasmara, ... Jawi 10/12 4 98, Wlandi 13/3 70.

Radèn Mas Panji Yudaasmara. Jawi 7/7 5 99, Wlandi 2/10 70.

Twidhê litnan, Radèn Mas Panji Jayasuputra. Jawi 6/12 5 91, Wlandi 24/5 63.

Radèn Panji Atmawardaya, ... Jawi 18/3 7 93, Wlandi 21/8 64.

Radèn Panji Suraatmaja, ... Jawi 3/2 1 95, Wlandi 17/6 66.

Radèn Mas Panji Manguningrat. Jawi 16/5 2 96, Wlandi 15/9 67.

Radèn Mas Panji Wiraatmaja. Jawi 3/9 2 96, Wlandi 29/12 67.

Radèn Mas Panji Prawiraningrat. Jawi 5/4 3 97, Wlandi 26/7 68.

Radèn Panji Surawandawa, ... Jawi 5/4 3 97, Wlandi 26/7 68.

Radèn Mas Panji Kusumaningrat. Jawi 14/12 3 97, Wlandi 28/3 69.

Radèn Mas Panji Danuasmara. Jawi 29/1 4 98, Wlandi 11/5 69.

Radèn Mas Panji Purwawinata. Jawi 5/11 4 98, Wlandi 6/2 70.

Radèn Mas Panji Wiracitraksa, Jawi 10/12 4 98, Wlandi 13/3 70.

Radèn Mas Panji Surasumaya. Jawi 10/12 4 98, Wlandi 13/3 70.

Radèn Panji Suryadarsana, ... Jawi 7/7 5 99, Wlandi 2/10 70.

--- 122 ---

Kaphalêri

Mayur, Pangeran Găndawijaya, ... Jawi 20/6 5 99, Wlandi 16/9 70.

Ritmistêr, Pangeran Găndaatmaja, ... Jawi 21/10 7 93, Wlandi 19/3 65.

Radèn Mas Arya Suryadarmaja, ... Jawi 7/7 5 99, Wlandi 2/10 70.

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Darmakusuma, Jawi 12/2 7 93, Wlandi 17/7 64.

Radèn Mas Panji Brajaatmaja, Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67.

Radèn Mas Panji Mlayaatmaja, Jawi 7/7 5 99, Wlandi 2/10 70.

Twidhê litnan, Radèn Panji Samasudirja, ... Jawi 12/10 1 95, Wlandi 17/2 67.

Mas Samakaryasa, ... Jawi 14/12 3 97, Wlandi 28/3 69.

Radèn Mas Panji Partaningrat, Jawi 7/7 5 99, Wlandi 2/10 70.

Artilêri

Mayur titêlèr, Radèn Mas Arya Nataatmaja, Jawi 19/12 4 90, Wlandi 17/6 62.

Kaptin titêlèr, Radèn Mas Arya Găndawardaya, Jawi 16/1 5 91, Wlandi 13/7 62.

Irstê litnan titêlèr, Radèn Mas Arya Suryadiwara, Jawi 19/2 2 96, Wlandi 12/4 68.

Twidhê litnan, Mas Niti Suwirya, ... Jawi 7/6 2 96, Wlandi 6/10 67.

Upsir wahghèl

Radèn Mas Arya Surya Brajawinata, mayur kaplêri mirungga, Jawi 10/12 4 90, Wlandi 17/6 62.

--- 123 ---

Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat

Ing Ngayugyakarta ingkang jumênêng nata ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping 6, jendral mayur kumêndhir bintang Nèdêrlansê Leyo, kala rumiyin anama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolnèl Phansêtaph Mangkubumi, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Pasiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr, patutan saking Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapunika, kala ing dintên Akhad Pon, tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah, khurup Khamsiyah, taun Ehe 1748 utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasurudipun ingkang rama Kangjêng Sultan ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je 1750 utawi kaping 6 wulan Dhisèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, sawêg yuswa tigang taun. Sarêng surud dalêm Kangjêng Sultan Ingkang kaping 5 kala ing malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Dal 1783, u-[3]

 


Hal. 106 Tidak dialih aksara. (kembali)
Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat ini sama persis dengan judul yang sama di terbitan 1870. (kembali)
Halaman berikutnya tidak ada. (kembali)