Almanak, Van Dorp, 1881, #1585

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

JAVAANSCHE ALMANAK

VOOR 1881 [Acht en twintigste Jaargang] Uitgave van G.C.T. VAN DORP & Co te Samarang

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 28 kangge ing taun Wêlandi 1881

Ingkang ngêcap G.C.T. Phan Dhorêp èng ko ing nagari Sêmawis

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, ing Surakarta.

--- 137 ---

Ing Ngandhap Punika Kawontênanipun ing Sêrat Pananggalan Punika

Pratelaning tatêngêr, ... Kaca III-IV

Pratelaning grahana, … Kaca IV

Pratelaning kalêpatan saha kalêpatan ingkang kantun. Kaca V-XII

Pratelaning pananggalan, …Kaca 1-26

Pratelaning dintên agêng. Kaca 27-30

Kawontênanipun parentah agêng ing tanah Indiya Nidêrlan. Kaca 30-36

Kawontênanipun para tuwan-tuwan residhèn sapanunggilanipun para priyantun agêng-agêng ing tanah Jawi kalihan Madura. Kaca 37-91

Dene urutipun paresidhenan kados ing ngandhap punika .

Bantên, kaca 37, Batawi 39, Krawang 43, Prayanga-

--- 138 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, kumêndhir bintang Nidêrlansê Leyo, kumêndhir ingkang mawi bintang saking ordhê Phras Yosèph ing nagari Ostênrik. Jendral mayur ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nidêrlan, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7 lajêng kajunjung nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Kala ing dintên Sênèn Pon kaping 4 Shawal, Jimakir, 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858 dumugi sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên sampeyan dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun Jimakir 1794, kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb uta

--- 139 ---

kaping 4 Dhesèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn Ajêng Kustiyah, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhesèmbêr 1865, kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta,

1. Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6,

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2.Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, namung satunggil, Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8.Jawi 23/7 8 94. Wlandi 11/12 65.

--- 140 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya

1. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, Kangjêng Pangeran Panji Priyambada.

2. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

1. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma.

2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing nagari Mênadho.

3. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6.

1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta.

2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, kolnèl ajidanipun Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana guphêrnur jendral.Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58

4. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

Gusti Kangjêng Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

--- 141 ---

5. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

1. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta.

2. Gusti Kangjêng Ratu Buwana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6. Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Ngabèhi, litnan kolnèl. Jawi 3/12 5 91Wlandi 21/5 63

2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram, mayur, ... Jawi 29/10 7 93Wlandi 27/3 65

3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, ... Jawi 25/4 1 95Wlandi 6/9 66

4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, ... Jawi 19/1 2 96Wlandi 23/5 63

5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Kala rumiyin nama Bêndara Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, ibu Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Lêgi.Jawi 21/7 1 95 Wlandi 29/11 66

Kala jinunjung nama Pangeran Adipati Anom ing dintên Sênèn Lêgi.Jawi 27/6 4 98Wlandi 4/10 69

6. Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat.- - -

--- 142 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

1. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata

2. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Kusumayuda,

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, kolnèl komêndhan prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya, tilas mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kaping 2, wontên ing nagari Mênadho.

2. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma, ... Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom, Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma, ... .Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya kaping 2.

--- 143 ---

3. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan

Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. Jawi 29/10 7 93. Wlandi 27/3 65.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan,

Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara, ... Jawi 8/4 1 87. Wlandi 21/12 58.

2. Kangjêng Pangeran Arya Cakra Adiningrat. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 21/12 58

Putranipun swargi Radèn Ayu Adiwinata,

Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, mantu dalêm Ingkang Sinuhun ingkang sapunika. Jawi 21/7 2 88. Wlandi 13/2 60.

--- 144 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena, Kangjêng Pangeran Tumênggung Bratakusuma, mantu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma, Kangjêng Pangeran Panji Puspakusuma.

4. Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun Kangjêng Ratu Bêndara, patutan saking swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Adisurya,…Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58

5. Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Panêmbahan Jurumartani, Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, sampun kasêbut ing ngajêng.

6.Pangeran ing Mangkunagaran ingkang ngabdi ing karaton.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, litnan kolnèl phanstaph, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sapunika, …Jawi 7/8 8 94. Wlandi 25/12 65.

--- 145 ---

Ing Ngandhap Punika Kawontênanipun ing Mangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, rider Nèdêrlansê leyo, kumandhir bintang èkêng krun. ridêr saking ordhê makutha tosan ing nagari Ostênrik. Kolnèl ajidan dalêm mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan. Saha kumêndhan ing lisiyunipun piyambak. Kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya

--- 146 ---

ingkang kapisan, patutan saking ingkang garwa, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2, wiyosanipun kala ing dintên Akhad Lêgi kaping 8 Saphar, khuruph Arbangiyah, taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811. Sarêng diwasa kala ing taun Dal 1759 taun Wêlandi 1831, krama angsal putranipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawan wêlas. Ingkang wuragil miyos putri, seda sarêng kalihan ingkang ibu. Ing taun Jimakir 1778 taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Găndakusuma, pangangkatipun dados pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb, Jimakir 1778, utawi kaping 19 Mèi 1850. Sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi, tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul satunggal. Lajêng kagêntosan Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma wau, nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853. Tumuntên taksih tunggil sataun punika krama malih angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3, pambajêng saking

--- 147 ---

garwa padmi, wondening kala katêtêpakên nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4 sarta kawisudha dados kolnèl kumêndhan, ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun kangjêng guphêrmèn.

Ing ngandhap punika pratelanipun pangeran santana ing Mangkunagaran,

1. Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, litnan kolnèl kumêndhan kaping 2, lisiyun Mangkunagaran.

2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, ritmistêr honêrèr.

2. Putranipun Kangjêng Gusti ingkang sapunika, patutan saking swargi Radèn Ayu Găndakusuma.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sampun kasêbut ing nginggil, tumut ing Kasunanan.

--- 148 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, mayur inphantri lisiyun Mangkunagaran.

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, mayur ondrintêndhan, ridêr saking ordhê godhên leyo phan nasao, ridêr saking ordhê phras yosèp ing nagari Ostênrik.Jawi 25/10 6 92. Wlandi 3/4 64

4. Kangjêng Pangeran Arya Găndawijaya, mayur kaphalêri.Jawi 25/12 4 98. Wlandi 28/3 70

5. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara, mayur titêlèr, M.W.4.Jawi 25/12 4 98. Wlandi 28/3 70

6. Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja, ritmistêr.Jawi 25/12 4 98. Wlandi 28/3 70

7. Kangjêng Pangeran Arya Găndasubrata.Jawi 25/12 4 98. Wlandi 28/3 70

Dene ingkang patutan saking Radèn Ayu Mangkunagara.

1. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, mayur ajidan lisiyun.Jawi 25/3 4 89. Wlandi 2/7 69

2. Kangjêng Pangeran Arya Dayaningrat, …- -

3. Kangjêng Pangeran Arya Dayanata, …- -

4. Kangjêng Pangeran Arya Dayakusuma, …- -

--- 149 ---

Lisiyun Mangkunagaran

Tăndha makatên * punika katêranganipun mêdhali Acih,

Sêtaph

Kumêndhan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kolnèl. N.L., M.W. 3, kumandhir bintang Èkêng krun. Ridêr saking ordhê makutha tosan ing nagari Ostênrik [40]. Jawi 25/12 7 85. Wlandi 16/8 57

Kumêndhan kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat litnan kolnèl, [15]. Jawi 7/2 6 00. Wlandi 28/4 71

Ajidan, Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, mayur. Jawi 20/7 1 03. Wlandi 2/9 74.

Ondritêndhan irstê klas, Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, ridêr saking ordhê godhên leyo phan naso, ridêr saking ordhê phras yosèph ing nagari Ostênrik, mayur titêlèr [15]. Jawi 9/11 4 98. Wlandi 18/2 70

Kwartir mistêr, Mas Karyasaroja, irstê litnan. Jawi 10/8 7 09. Wlandi 18/7 80.

Inphantri

Mayur, Radèn Mas Arya Suryaputra [15], …Jawi 27/11 7 01. Wlandi 26/1 73.

Ajidan, Radèn Mas Arya Suryaatmaka, irstê litnan. Jawi 27/11 7 01. Wlandi 26/1 73.

--- 150 ---

(Inphantri)

Mayur titêlèr, Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara, M.W.4 [15]* Jawi 2/5 5 07. Wlandi 4/5 78

Kaptin, Radèn Mas Arya Suryaudaya [15]. Jawi 6/12 5 91. Wlandi 24/5 63.

Radèn Mas Arya Suryaudara [15]. Jawi 3/6 6 92. Wlandi 15/11 63.

Radèn Mas Panji Natamijaya [15]. Jawi 1/11 5 99. Wlandi 22/1 71.

Radèn Mas Arya Suryaasmara [15]. Jawi 27/11 7 01. Wlandi 26/1 73.

Radèn Mas Arya Suryakumara [15]* Jawi 10/4 2 04. Wlandi 16/5 75.

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Purwawinata. Jawi 16/5 2 04. Wlandi 20/6 75

Radèn Mas Arya Suryadarsana. Jawi 19/12 2 04. Wlandi 16/1 76.

Radèn Mas Panji Surasasmaya* Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77

Radèn Mas Panji Darmasugănda. Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77

Mas Prawirawarsita*, …Jawi 25/10 6 08. Wlandi 12/10 79.

Mas Jagasumarta, …Jawi 23/4 7 09. Wlandi 4/4 80

Twidhê litnan, Mas Prawirasutagnya*, …Jawi 16/5 2 04. Wlandi 20/6 75.

Radèn Mas Panji Atmadilaga. Jawi 3/5 4 06. Wlandi 7/4 77

Radèn Mas Panji Prawirakusuma. Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77

Radèn Panji Saksadewa, …Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77

Radèn Panji Prawiraatmaja*, …Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77

Radèn Mas Panji Siswawinata, …Jawi 5/11 4 06. Wlandi 11/11 77.

--- 151 ---

[Inphantri]

Twidhê litnan, Radèn Mas Panji Atmakusuma. Jawi 1/11 5 07. Wlandi 27/10 78.

Radèn Mas Panji Găndasurasma. Jawi 16/2 6 08. Wlandi 9/2 79

Mas Prawiradikara, …Jawi 25/10 6 08. Wlandi 21/10 79.

Radèn Mas Panji Jayasukanwa. Jawi 1/12 6 08. Wlandi 16/11 79

Radèn Mas Panji Partaudaya. Jawi 18/3 7 09. Wlandi 29/2 80

Kaphalêri,

Ritmistêr, Radèn Mas Arya Suryadarmaja. Jawi 7/7 4 06. Wlandi 3/5 78.

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Partaningrat. Jawi 5/3 3 05. Wlandi 30/4 76.

Twidhê litnan, Radèn Mas Arya Suryadarmaya. Jawi 6/8 8 02. Wlandi 28/9 73.

Radèn Mas Panji Natabaya. Jawi 5/4 3 05. Wlandi 30/4 76.

Artilêri,

Mayur titêlèr, Radèn Mas Arya Găndawardaya. Jawi 12/12 6 08. Wlandi 17/11 79.

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Nitikusuma. Jawi 27/8 3 05. Wlandi 17/9 76.

Twidhê litnan, Mas Nitiprawira, …Jawi 6/8 8 02. Wlandi 18/9 74

Radèn Mas Panji Sumawardaya. Jawi 1/11 5 07. Wlandi 27/10 78